Sêsorahipun Tinsastrawirya Wontên Ing Konggrès Wanita, Tinsastrawirya, 1929, #792

Judul
Sambungan
1. Sêsorahipun Tinsastrawirya Wontên Ing Konggrès Wanita, Tinsastrawirya, 1929, #792. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Sêsorahipun Tinsastrawirya Wontên Ing Konggrès Wanita, Tinsastrawirya, 1929, #792. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 30-09-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sêsorahipun Tinsastrawirya Wontên ing Konggrès Wanita Indhonsiah[1] ingkang Sapisan.

Ing Ngayugyakarta.

Cap-capan kapisan.

Kaêcap saha kawêdalakên ing pangêcapan: N.V. Mardimulya Ngayugyakarta.

(1929)

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

Kongrès Wanita Indhonesiah.

Kula nuwun, nalika kula mirêng kabar, bilih ing Ngayogyakarta badhe wontên Kongrès Wanita Indhonesiah, manah kula bingah sangêt. Kula kapengin sangêt sagêda ningali, amêsthi agêng sangêt paedahipun tumrap lare èstri. Măngka konggrès wanita ingkang sawêg sapisan, iba wigatosipun. Ngèngêti agênging pigunanipun tumrap kaum wanita, kula lajêng nyuwun pamit dhatêng tiyang sêpuh, punapa kaparêng ningali konggrès wanita Indhonesiah kapisan wau, amargi pamanah kula, wajib kasumêrêpan sadhengah tiyang èstri. Wasana panyuwun kula dipun parêngakên, malah dipun prayogèkakên urun-urun pamanggih ing sasagêd-sagêd kula. Manah kula bingah sangêt, nanging kosokwangsulipun, inggih wontên grêgipun. Gèk punapa ingkang pantês kula pisungsungakên ing konggrès, punapa ingkang sagêd maedahi ing ngakathah, pêtêng kemawon raosing manah. Dangu anggèn kula manah-manah, wasana lajêng wontên gagasan jumêdhul, makatên suraosipun:

"Iya olèhmu urun-urun kuwi sing kudu kok mulyakake. Prakara kang diurunake iku rêmbug buri,

--- 4 ---

niyat sarta gêlêmmu, kuwi aja kok kalahake karo barange kang kok urunake."

Sanalika kula lajêng nyandikani. Wiwit nalika punika kula lajêng ngothak-athik milihi kuwajibanipun tiyang èstri, kula wêwahi maos-maos buku, koran-koran. Ugi takèn-takèn, sarta nyawang-nyawang caranipun gêsang bêbrayan (Maatcshappij) kula sêrati cara Jawi. Nanging wongsal-wangsul botên dados, angkah kula badhe milih basa Jawi ingkang brêgas, nanging botên sagêd. Sarêng dlancang mèh têlas, wontên malih gagasan jumêdhul, suraosipun: yèn kowe arêp gawe ukara Jawa sing brêgas, wis bêcik aja urun-urun lèsêng bae, sabab măngsa kalakona, wong pancèn kowe ora bisa. Ing batos, kula gumujêng. Lêrês, pancèn makatên, tiyang agêng kula wontên pasisir, sinau kula ugi wontên ing pasisir, srawungan kula băngsa warni-warni, botên ngêmungakên băngsa Jawi kemawon, sanajan kula lare Jawi, nanging lêrês kados gagasan ingkang jumêdhul wau, wasana lèsêng lajêng kula sêrat, cawujud-wujudipun,[2] dados kados ingkang kula bêkta mriki punika.

I. Ingkang rumiyin, kula mêmuji, mugi-mugi konggrès [konggrè...]

--- 5 ---

[...s] wanita Indhonesiah ingkang kapisan punika, gadhaha woh ingkang miraos tumrap Indhonesiah dalah para putranipun. Punapadene sagêda nênangi (anggugah) panggalihipun para putri sa-Indhonesiah. Lajêng gumregah, tumut tumandang nêtêpi kuwajibanipun dados putri, nêtêpi kuwajibanipun dados garwa, nêtêpi kawajibanipun dados juru mrana bale pemahan saisinipun sadaya (huivsrouw), nêtêpi kuwajibanipun dados ibu, nêtêpi kuwajibanipun sagêd anggulawênthah putranipun (opvoedster). Cêkakipun sagêda dados têtimbanganing priya sayêktos. Para priya sapunika sawêg sêngkut ngupadosakên kabêtahanipun tanah Indhonesiah, ingkang sakalangkung mulya. Punika para wanita kêdah ngêrtos, kêdah tumut rêrencang, gotong royong kalihan para kakung. Sabab ing salami-laminipun jagad punika namung isi priya lan wanita, dados wanita inggih kajibah tumut damêl rahayunipun jagad. Pandamêlan ingkang sapalihing jagad pancèn dados sêsanggêmanipun wanita. Jagad tanpa wanita botên lumampah. Makatên ugi tanpa priya inggih botên tumindak, dados sami pêrlunipun.

II. Kajawi punika, taksih kula pêpuji malih ing sabên taun [tau...]

--- 6 ---

[...n] tansah sagêda ngwontênakên konggrès, sarta pamanggènipun sampun namung ngundhêr wontên Ngayugya kemawon, pêrlunipun sagêda anggugah panggalihipun para putri ing panggenan ngriku (ingkang kanggenan konggrès). Makatên pamuji kula dhatêng konggrès wanita, tansah widadaa tuwin kalampahan ingkang sinêdya, sagêda anggayuh gêgayuhanipun ingkang mulya.

Lèsêng punika mawi kula bukani pitakèn, inggih punika:

Kêdah kadospundi tumindakipun kaum wanita ing jaman sapunika sarta ing jaman ingkang badhe kalampahan, gandhèngipun kalihan ebah-ebahaning jaman enggal.

Pitakèn kados irah-irahaning lèsêng punika, wangsulanipun warni-warni sangêt, nanging suraosipun kados ambage jaman dados kalih perangan, ingkang sampun kapêngkêr dangu (kina), kalihan ingkang sawêg dipun ênciki sarta lêlajênganipun. Limrahipun kawastanan jaman enggal. Tuwuhipun pakêmpalan-pakêmpalan wanita ing pundi-pundi nagari warni-warni sêdyanipun. Kados ta:

Tulung-tinulung yèn gadhah damêl, tuntun-tinuntun bab olah-olah, sinau nyêpêng bale griya, sinau motong-motong [motong-mo...]

--- 7 ---

[...tong] tuwin ngrenda saha sanès-sanèsipun malih. Sadaya wau gunggungipun kenging kula anggêp mangsuli pitakèn ing nginggil wau. Nanging namung sami mêndhêt saperangan. Malah konggrès sapunika-punika, ugi kenging kula ewokakên badhe anjawab pitakèn wau sarana rêmbag. Wangsulan ingkang sarana tandang mêsthinipun kalihan lampah, botên sami sanalika rampung. Lèsêng kula punika ugi tumut-tumut badhe nyaosi wangsulan, botên ketang namung saperangan alit.

Kula badhe mêrlokakên nyawang kawontênan-kawontênan sakiwa têngênipun Indhonesiah rumiyin, kadospundi ebahipun kaum wanita, pêrlunipun mangke kenginga kangge lêlimbangan.

Ing tanah kilènan (Eropah lan Amerikah) punika para kaum wanita katingal tansah pating bêkênêng, ngupados kalonggaran. Sabab rumaosipun dèrèng mardika. Dèrèng kasami kalihan kaum priya, dèrèng kenging tumut-tumut nyêpêng pusaraning praja, dèrèng kenging tumut-tumut damêl wèt.

Dene ingkang dados wêwatonipun: sarèhning ingkang sami katata dening wèt punika inggih tiyang ingkang sami dumunung ing ngriku (Maatschappij) inggih jalêr kalihan èstri, sadaya

--- 8 ---

kêdah têluk dhatêng wèt. Măngka ingkang damêl wèt namung golongan jalêr thothok, punika taanggêp[3] nisih (geen evenwicht), sarèhning ingkang sami nglampahi pranataning wèt, inggih jalêr èstri, ingkang damêl pranatan adilipun ugi kêdah jalêr èstri.

Lho samantên pangrangsangipun kaum èstri ing tanah kilènan. Măngka manawi dipun sawang saking wetanan, sajak sampun mardika sangêt tindak satindak, nyandhang ngangge, sêsrawunganipun jalu wanita, sampun sakeca sangêt, malah katingal sangêt bilih kaum priya sampun wontên sangandhapipun. Ewadene taksih ngangsêg ngupados: sampun kawêngku.

Ing tanah Inggris, usrêgipun kaum wanita ngrêmbag prakawis punika, prasasat pêrang alit-alitan, inggih mawi ngawontênakên rêrêsah barang. Ngantos sami maras manahipun têtiyang kathah. Para priyantun agêng (ministêr-ministêr) sami ajrih mêdal saking dalêmipun, jalaran saking rêrêsah wau. Kangge anjagi katêntrêman, prêlu pulisi tumut anjagi para priyantun kakung ingkang pangkat agêng. Inggih kalampahan para kaum putri ingkang sami damêl ontran-ontran makatên wau dipun cêpêngi, lajêng katahan wontên ing pakunjaran. Sarèhning saking mêmpêngipun, katahan wontên ing pakunjaran, ugi sami [sa...]

--- 9 ---

[...mi] dipun lampahi, malah ingkang kathah lajêng sami nekad botên purun nêdha sarta ngombe, cadhongipun pilalah botên katêdha. Têkadipun aluwung pêjah kalirên tinimbang niyatipun botên kadumugèn. (Lho, kok samantên kawantêranipun kaum wanita tanah kilènan).

Sapunika ing tanah Turki. Ebah-ebahanipun para kaum wanita inggih sampun ngèmpêri tanah Eropah. Sadaya kemawon ingkang kamanah ngalang-alangi kamajêngan, sampun dipun ewahi, dipun ombèrakên. Kapracayan adat-adat kina, sampun sami dipun rantasi. Srawunganipun jalêr èstri sampun gampil, ing jaman kina dados awisan agêng. Nitik kawontênan-kawontênan wau, sakêdhap êngkas tamtu badhe ngêplêki cara Eropah. Ebah-ebahan makatên wau, kaum kolot, inggih botên kirang panacad, botên kirang panduwa. (Amila botên prêlu rêgêjêgan kalihan kaum kolot. Kêdah dipun sabari).

Ing Afganistan, sapunika ugi sampun rame, wiwit nata sarta nglaras ewah-ewahan, kaum wanita inggih longgar, bab wayuh-wayuhan ugi dipun suda kados tanah Turki. Jalêr èstri sami balapan sêkolah.

Ing nagari Cina, sapunika inggih sampun santun cara. Para wanita [wa...]

--- 10 ---

[...nita] sampun ombèr, tumut-tumut rêrencang kaum priya. Wiwit adêgipun republik ingkang kawitan, sampun ewah sadaya cara ingkang kamanah ngribêdi lampah. Suku buntêlan, supados kados bumbung sampun ical.

Ing tanah Jêpang. Kaum wanita malah sampun ngrumiyini ebahipun, malah sapunika kenging dados tuladha anggènipun nyukani opvudhêng dhatêng anak-anakipun, pangêmongipun, anggènipuna[4] anglêbêtakên piwulang sarta inggil-inggiling gêgayuhan (ideaal), sadaya tumuju dhatêng bangsanipun piyambak, dhatêng tanah wutah rahipun piyambak. Prakawis pangudangipun dhatêng anak, sampun beda kalihan kaum wanita ing tanah sanès-sanèsipun (amila prêlu dipun panggalih, kangge nênangi).

Sapunika Lajêng Nyandhak Kaum Wanita Indhonesiah, Kadospundi.

Lah sumăngga sami karêmbag, mangke manawi sampun gilig, lajêng kantun tumindak. Nanging kula manah prêlu amadhangakên nalar-nalar ingkang ajêg ngisruhi lampah, kados ta: gugon tuhon, utawi ucap-ucapan ingkang asring kawêdal saking kaum kita piyambak, salong ucap-ucapan saking golongan priyayi kolot. Sadaya kula klêmpakakên wontên [wo...]

--- 11 ---

[...ntên] sawatawis ukara-ukara ingkang asring dipun angge ngece utawi ngrèmèhakên kaum wanita.

Prêlunipun kula rêmbag ngriki, supados suda cacahing ucap-ucapan makatên wau, sabab sampun botên pantês mêdal saking tutukipun kaum kamajêngan (jalu utawi wanita). Ungêl-ungêlan wau upaminipun makatên: kula tiyang èstri, sagêd punapa.

Pangucap makatên wau sampun gênah mêdal saking tiyang ingkang botên purun nyambutdamêl bêyrayan,[5] kirang manah dhatêng kuwajibanipun.

Wangsulan kula janji purun, măngsa kiranga margi.

Wontên malih pangucap: wong lanang dadia ngono ămba jangkahe, barêng wedok, kêrubêdan tapih.

Pangucap punika ugi mêdal saking tiyang ingkang kirang akal, ngapêsakêna[6] awakipun piyambak, prasasat ngakêni bilih tiyang èstri punika tanpa rekadaya.

Wangsulan kula malih: saking botên purun ngangge akalipun utawi wêgah ing pandamêlan, dados inggih bangsanipun tiyang ingkang botên niyat gêsang bêbrayan malih.

Wontên malih ingkang mungêl: wong wedok we, arêp [a...]

--- 12 ---

[...rêp] apa. Bisa anjara langit, tibane iya mung nyang pawon.

Ungêl-ungêlan makatên punika sami kalihan: wong wedok kuwi, anggêre wis bisa ngliwêt karo anjangan, iya wis. Tiyang ingkang makatên wau gadhah kajêng, botên jodho yèn tiyang èstri punika kasêkolahakên saya malih sêkolah inggil. Punika botên pêrlu dipun wangsuli kathah-kathah sabab sampun têrang, ingkang ngucap makatên punika botên nate srawungan kalihan para ulah kawruh. Ing batos kula gêntos pitakèn: punapa inggih, luhuring băngsa kita, misuwuring tanah wutah rah kita, namung sarana dipun janganakên eca, dipun bêthakakên ingkang pulên, măngka wiwit kina-makina inggih sampun sami sagêd ucal-ucal ingkang cêsplêng, gudhêg ing Ngayogya kirang punapa.

Satunggal malih ingkang pêrlu kula aturakên, malah nalika kula badhe mangkat mriki punika taksih mirêng, makatên: hayah wong wedok we, padha arêp konggrès barang, sing arêp dirêmbug apa, ora wurung iya arêp ngrasani tanggane, nyatur maratuwane, anggunêm wong nyandhang nganggo, unggul-unggulan titêle, akèh-akèhan bayare sing lanang, ngojahake sêkolahe anake, dadi priyayi anu-anu.

--- 13 ---

Têtêmbungan wau botên kula wangsuli, namung kula gagas: e, bokmanawi caranipun kaum wanita ing jaman rumiyin inggih makatên, sampun têmtu dumugi sapriki inggih taksih wontên koredanipun kados makatên, nanging sampun botên kathah. Punapa malih kita kaum wanita, ingkang sagah gêsang cara kamajêngan enggal. Kêdah sampun botên gadhah watak kados makatên, sabab panggalihipun sampun sanès, gêsang cara jaman enggal, sampun botên kobêr luhur-luhuran, ungkul-ungkulan, ingkang dipun pêlêng anggènipun badhe nêtêpi wajibipun wanita, anggènipun badhe gotong royong bêbrayan kalihan kaum priya, ngantos dumugi anggènipun badhe mulyakakên băngsa sarta tanahipun. Dados pangucap makatên wau, kita kaum enggal, botên prêlu tumut angucapakên, sarta botên prêlu gadhah watak makatên.

Sêsanggêman kita kaum wanita, yèn karaosakên pancèn awrat, sami awratipun kalihan kaum priya, sapalihing kuwajibanipun donya kabêbahakên dhatêng kaum wanita, nanging sarêng nyuwun wêwênang sami, kamardikan ugi sami, ing sêmu tiyang kathah (Maatschappij) botên rila, nanging ingkang botên rila wau sarêng kasatitèkakên, jêbul golongan kina.

--- 14 ---

Malah asring kawêdal pangandikanipun makatên: wong wedok mono, mênthang-mênthanga iya kudu kalah karo wong lanang, kudu manut, kudu miturut sapangrèhe wong lanang, bêbasane: suwarga nunut. Wong lanang kuwasa bisa golèk guna kaya.

Samantên anggènipun angrèmèhakên titah wanita, botên ngajèni bausukunipun wanita, botên ngrêgèni kangelanipun wanita. Tujunipun ucap-ucapan makatên wau mêdal saking kalanganipun kaum kina, upami mêdal saking ginêmipun tiyang ingkang niyat anjunjung darajading băngsa, rak rame sangêt ngatên. Coba kangelanipun kaum wanita kula jèrèngipun sawatawis, supados ragi katingal ajinipun.

Kaum priya, ingkang pados guna kaya. Lêrês pancèn makatên.

Kayanipun lajêng kapasrahakên dhatêng kaum wanita. (Yèn gêsangipun sami suci mêmanahanipun).

1. Tiyang èstri ingkang anjèrèng-jèrèng, nyêkapakên kabêtahan salêbêting griya. Yèn mêksa botên cêkap, têrkadhang dipun wêwahi bêbêrah punapa kasagêdanipun. Kangelan ingkang makatên punika punapa tampi bayar.

--- 15 ---

Kenging kula anggêp, adminisêtratur tanpa bayaran.

2. Nalika saba pawon, olah-olah, dhatêng pêkên, wande, asah-asah, punapa tampi bayaran. Punika nama koki gratis.

3. Nalika umbah-umbah, rêrêsik griya, tata griya sapantêsipun, nisik-nisik pangangge ingkang suwèk, punapa inggih tampi bayar. Punika babu prodheo.

4. Nalika gadhah anak, pangrêksanipun botên kenging mèngèng, lairipun totohan umur, kirang-kirang bêgjanipun botên sumêrêp alam padhang malih. Asring dipun têmbungakên: sabil. Nalika ngandhêg, pêntheyat-pênthèyèt, ing sêmu rêkaos lampahipun, tandangipun 9 wulan tansah botên sakeca. Punika inggih tanpa bayaran.

5. Nalika anakipun ragi agêng, nêsêpi, ngêmban, mulang muruk. Prasasat dados inya ugi tanpa bayaran.

6. Samantên punika dèrèng manawi wontên sukêr sakit salêbêting griya, ingkang dados pêrplihsêtêr inggih tiyang èstri malih, ugi tanpa bayaran. Saya malih manawi ingkang sakit wau anak utawi bojonipun, dipun rencangi botên tilêm, têrkadhang supe nêdha. Saking anggènipun ngraosakên anak utawi semah sakit. Enjingipun [Enjing...]

--- 16 ---

[...ipun] sanajan badan sayah, manah susah, mripat arip inggih botên kêsupèn ngrampungakên wajibipun tiyang gêgriya, rêrêsik, damêl wedang, nganguk pawon. Punika inggih ugi tanpa bayaran malih.

Dados pandamêlanipun tiyang èstri ingkang tumrap bab gêgriya, pancèn botên wujud yatra. Inggih punika gunakayanipun tiyang èstri. Upami dipun ajèni mawi yatra gèk pintên. Amila botên prêlu dipun undhamana dupèh tiyang èstri botên gadhah kaya. Pancèn kuwajibanipun beda-beda, manawi kuwajibanipun kaum wanita ingkang samantên awratipun, punika dipun sampurnakakên mawi kawruh ingkang luhur, sampun têmtu wohipun badhe saya angedap-edapi.

Kawruh ingkang prêlu dipun luhurakên tumrap kaum wanita umum. Kados ta:

1. nata bale griya (Huishouding)
2. caranipun ngopèni bayi
3. mulang muruk putra (Opvoeding)
4. kawruh kabangsan
5. kawruh kautaman
6. kawruh umum warni-warni
7. kagunaning wanita.

--- 17 ---

Pitung bab punika kêdah langkung dipun prêlokakên kangge nyampurnakakên kuwajibanipun wanita. Manawi sampun mawi dhêdhasar kawruh, wohipun kirang langkung badhe kados ing ngandhap punika:

1. Nata bale griya kanthi kawruh, badhe sagêd damêl kawilujêngan (gezond) sarta gadhah simpênan arta sawatawis. Manawi prêsènanipun, wanita kathah ingkang mawi cara makatên, dumugining: sabăngsa badhe dados băngsa ingkang waras tur botên mlarad.

2. Ngopèni bayi mawi kawruh, wohipun badhe kathah wilujêngipun. Yèn kathah lare ingkang tanpa sambekala, cacah jiwanipun sabăngsa badhe saya kathah. Wasana badhe dados: băngsa ingkang agêng tur santosa.

3. Mulang muruk lare mawi kawruh, têmtu sagêd mangun wataking putra, ingkang luhur, ingkang santosa, ingkang kêndêl, ingkang trêsna ing băngsa, ingkang trêsna ing tanah kalairanipun, ingkang sugih wiweka, gunggungipun inggih sadaya watak, ingkang dados utamining bangsanipun. Wasana sagêd dados: băngsa ingkang utami sarta prakosa.

4. Wulang kawruh kabangsan. Punika anyêrêp-nyêrêpakên, kawontênan-kawontênan utawi babad-babading satunggal-satunggaling băngsa, dipun sinau adatipun, wêwatakanipun, kapracayanipun, kasantosanipun, cacadipun, [caca...]

--- 18 ---

[...dipun,] tatakramanipun. Prêlunipun badhe sagêd srawungan kalihan băngsa-băngsa wau. Nanging kabangsanipun piyambak, kêdah langkung dipun gatosakên. Wasana sagêd dados: băngsa ingkang sugih guna sarta wiweka.

5. Kawruh kautaman. Punika kêdah milih watak-watak ingkang damêl luhuring băngsa sarta kêdah nilar watak-watak utawi pakulinan ingkang angrisakakên badanipun, utawi sadaya pakarti ingkang asor. Salajêngipun dumugi ing kasucian, nanging kêdah ngatos-atos sangêt, sampun ngantos nyulayani.

6. Kawruh umum warni-warni. Kasumêrêpakên dhatêng ebahipun donya, babading donya, srawunganing băngsa sami băngsa, lampahipun dêdagangan, sapanunggilanipun. Prêlunipun sampun ngantos thingak-thinguk sangêt.

7. Kagunaning wanita, prêlu kasinau, sagêda mrèmbèt dhatêng ekonomi inggih gandhèng kalihan kasugihan.

Miturut kawruh lajêng cêtha, yèn kasêmbadan kados makatên wau, punapa botên badhe dados băngsa ingkang: agêng, waras, santosa, kêndêl, rukun, pintêr, wêweka, suci tur utami. Sabên băngsa inggih lajêng purun ngakên mitra, ngakên sobat, wusana tanahipun inggih misuwur saking kagunan lan ekonominipun.

--- 19 ---

Dumugi samantên jangkanipun kaum wanita anggènipun badhe tumut rêrencang dhatêng kaum priya. Sabab manawi kangelan wanita ugi tumut kangelan, manawi sakeca samantên ugi. Nalaripun botên sagêd yèn badhe kapisaha. Bêgja cilaka tansah sarêng badhe sami nglampahi.

Saking pundi pinangkanipun kawruh-kawruh ingkang luhur tur cocog dados kabêtahanipun băngsa kita. Inggih saking sinau. Namung dèrèng kathah sakolahan ingkang mulangakên kawruh luhur ingkang laras kalihan kabêtahan kita.

Sarêng nyumêrêpi bêtahing kawruh, têtela kaum wanita kirang ingkang botên kantênan punika. Punapa tiyang kathah taksih purun mungêl: bocah wedok ora prêlu sêkolah.

Mêsakakên tiyang ingkang makatên wau. Nanging upami gadhah anak, ingkang langkung mêsakakên malih punika anakipun, têmtu botên dipun sumêrêpakên punapa-punapa. Nanging dhawahipun ingkang tumut nyanggi kojur agêng-agêngan, inggih băngsa kita piyambak (een heele natie).

Katrangan kula sadaya wau, nama sawêg nyêlakakên panganggêp-panganggêpipun tiyang ingkang dèrèng purun ngrêgèni kangelanipun tiyang èstri, dèrèng purun ngajèni dhatêng kaum èstri. Kaum wanita taksih kaanggêp titah ingkang asor, namung dipun anggêp [ang...]

--- 20 ---

[...gêp] pêparinging Gusti Allah kangge kasênêngan, kangge dolanan, sasat tanpa aji, malah gadhah anak jalêr kalihan gadhah ana[7] èstri, ing salêbêting batos, mantêp yèn gadhah anak jalêr. Panganggêp ingkang makatên punika anèh (jaman rumiyin botên anèh) nanging sapunika nama gugon tuhon. Yèn pancèn nyata ngandêl dhatêng Gusti Allah, punapa jalêr utawi èstri punika sanès pêparinging Allah. Yèn sami pêparinging Allah tiyang sadaya namung nama gadhuhan, punapaa mawi ambedakakên, mantêp jalêr tinimbang èstri.

Golonganipun kaum ingkang gadhah panganggêp kados ing nginggil wau, jalêra utawi èstria, nama ngrêndhêti lampahing kamajênganipun băngsa, dèrèng ngêrtos dhatêng bêtahing băngsa, dèrèng ngêrtos dhatêng sangsaraning băngsa ingkang jalaranipun sabageyan agêng ugi saking ngangkah mukti piyambak, sênêng piyambak, wibawa piyambak, têmahan sadaya bangsanipun lajêng dhawah sangsara. Sintên ingkang badhe ngêntas sangsaranipun băngsa kita piyambak, botên sanès inggih kita piyambak, jalêr èstri, sami kapanduman bêbahan awrat piyambak-piyambak.

Inggih saking sabab makatên wau, pamanah kula, kaum wanita kêdah angsal kaomberan saking kaum priya utawi saking umum, sagêda tumut tumandang damêl kanthi mardika tanpa kamunasika,

--- 21 ---

sadaya tindakipun kaanggêpa sami, botên mawi kabeda-beda. Jalaran sami badhe nglampahi pandamêlan ingkang sami awratipun, anjunjung drajating băngsa ngantos dumugining angsal kamulyan. Manawi botên dipun sukani kamardikan, gèk kadospundi, punapa sagêd nyambutdamêl sêsarêngan. Yèn sampun kalampahan kasami, ing ngriku lajêng sami êmbat-êmbatanipun, sami trajangipun, sami jujugipun, namung beda wujuding wajibipun. Prakawis kuwajibanipun tamtu sami. Amila inggih namung punika ingkang langkung kula pêrlokakên rumiyin.

Yèn dèrèng kacêpêng, dèrè[8] kula wastani: èstri têtimbanganipun jalêr. Nanging taksih têtêp nama: èstri dados kalangênaning jalêr.

Anggènipun kaum wanita ngoyak wêwênang nêdha kasami, punika kados sampun kajêngipun jaman, botên kenging dinuwa mawi rekadayaning manungsa. Sanadyan wanita punika tinitah ringkih, saranduning badan sarwa alus, sarwa mêsês, nanging wênang tumut nyarêngi măngsakalanipun, kados kinodrat, dados inggih sagêd kasêmbadan sêdyanipun anggayuh wênênang[9] sami. Yèn dipun nalar-nalar, inggih tansah botên pinanggih ing nalar, [na...]

--- 22 ---

[...lar,] badhe mênang saking pundi, manawi kaum priya dèrèng purun ngêculakên wawênangipun.

Nanging wontên tuladhanipun ingkang sabên dintên kasat mripat. Mriksanana wiji kênari utawi klapa. Botên timbang sangêt yèn dipun tandhing kêkiyatanipun isi kalihan cangkokipun, malah nama sanès têtandhingan. Kenging punapa sarêng sampun dumugining măngsa, pun isi kawawa anjêbol pun cangkok. Têrus andêdêl anggayuh gêgana ngupados padhanging surya. Dados kula ngandêl, kaum wanita ugi badhe angsal darajad ingkang sami saking umum.

Sapunika anglajêngakên ngrêmbag kuwajibanipun wanita, ngiras mangsuli irah-irahanipun lèsêng punika.

I. Pangèsthi.

Saking pamanah kula sadaya tiyang jalêra èstria, nèma sêpuha, prêlu sangêt sami gadhah pangèsthi. Trêsna dhatêng bangsanipun, trêsna dhatêng siti wutah rahipun. Kêdah èngêt sabên dintên, kadosdene donga utawi lapal.

II. Pandamêl.

Sadaya pandamêlipun, prêlu utawi botên prêlu, alit utawi agêng, katindakna sarana ngèngêti băngsa saha siti wutah rahipun, kaanggêpa kadosdene kurban tumrap [tumra...]

--- 23 ---

[...p] băngsa sarta siti wutah rahipun wau, angèsthi luhur saha mulyaning băngsa.

III. Antêping Wanita.

Antêping wanita kêdah sêtya dhatêng lakinipun, sêtya dhatêng bangsanipun, trêsna dhatêng putra-putranipun, makatên ingkang kêdah kapilih kadamêl dhêdhasar. Milanipun kula gadhah pamanggih makatên, awit sadaya pandamêl, tindak, tanduk, tandang, punika pinangkanipun saking pangèsthi utawi pamikir rumiyin. Dados pamikir punika kula anggêp tuking sadaya pandamêl. Amila yèn pikiran dipun santosakakên kados makatên, pandamêlipun ugi badhe nurut kados pamikiripun. Ngrêmbag wajibing èstri, utamaning èstri, kasêtyaning èstri, punika mangke wêkas-wêkasanipun inggih dumugi băngsa.

Wondene satunggal-tunggaling ihtiyar, panindakipun badhe kula grambyang kados ing ngandhap punika:

I. Bab Lakirabi.

A. Caranipun lakirabi, pamanah kula botên prêlu kawasesa kados jaman kina, kêdah namung nurut thok dhatêng kajêngipun tiyang sêpuh. Prakawis umur têrkadhang kênèmên sangêt, sampun têmtu angrisakakên bibit. Bibit nèm sarêng tuwuh inggih uncrit-uncritên, tansah sêsakitên, botên [botê...]

--- 24 ---

[...n] sagêd ngêdalakên woh ingkang sae. Adhakanipun gêringên lajêng pêjah, yèn kêkathahên ingkang makatên badhe ngrisakan[10] băngsa.

B. Lakirabi ingkang taksih kêlarenên, kalih-kalihipun sami dèrèng ngrêtos caraning gêgriya, dèrèng ngrêtos caranipun gêsang sêsarêngan umum, wusana dipun pêksa, dhawahipun ingkang kathah inggih sangsara, jalaran dèrèng ngrêtos caranipun bale griya, dados risak kawontênaning băndha lan artanipun. Yèn kêkathahên ingkang makatên, inggih dados băngsa ingkang mlarad, ugi nama ngrisak băngsa.

C. Lakirabi kênèmên, adhakanipun dèrèng ngêrtos prakawis pangrêksaning bayi. Sarêng gadhah anak botên kopèn, jalaran botên sagêd anjagi, wasana kathah ingkang sakit, masuk angin sasaminipun, inggih kathah ingkang kalajêng pêjah. Dhawahipun inggih namung ngakathahakên cacahing kasusahan utawi kasangsaran.

Sarèhning lakirabi saking kajêngipun tiyang sêpuh, sarêng dumugining wanci birai têrkadhang botên sênêng wêkasanipun pêgatan. Dados ngathahakên cacahipun răndha utawi dhudha, yèn sampun kêlampahan dados răndha utawi dhudha, lajêng sami lakirabi piyambak. Nanging sarèhning sampun nate [na...]

--- 25 ---

[...te] pêgatan mangke wontên nalar sakêdhik kemawon, ugi botên wêgah pêgatan malih, punika nama risak watakipun. Cara makatên punika andhêdhêr wijining watak kirang trêsna dhatêng simahipun sabab têrang kathah botên saenipun, prayogi kapasrahna ingkang badhe nglampahi piyambak, sabab punika ingkang badhe nyanggi bêgja cilakanipun.

II. Bab Wayuh.

Wayuh-wayuhan, punika wohipun gênah botên têntrêm. Manawi tiyang gagriya namung isi manah botên têntrêm, têgêsipun inggih koncatan kabêgjan. Saya manawi botên sagêd damêl tatanan ingkang adil, pabên gêng-gêngan, anggènipun botên têntrêm tiyang samantên cacahipun, punika inggih langgêng. Saya malih gèk botên sêmbada prakawis rêjêki utawi kadonyanipun, langkung ngêrês-ngêrêsi malih. Upami wontên ingkang ngandika: lho, ana, wong diwayuh iya bêcik wae. Kula pitados yèn wontên ingkang sae, nanging rak namung wontên: dados botên sadaya. Kalihan malih ingkang kula rêmbag, têntrêming manahipun, sanès anggènipun sae tangkêpipun. Upami taksih dipun wangsuli ora, patine wong mau iya têntrêm. Kula ugi botên sagêd maibên. Nanging upami kula gêntos pitakèn, punapa [puna...]

--- 26 ---

[...pa] panggalihipun putri ingkang tansah têntrêm dipun wayuh wau, manawi lajêng botên dipun wayuh, malah botên têntrêm. Yèn nyata makatên inggih sukur. Ing ngriki ingkang kula manah umumipun. Sami botên têntrêm.

Ingkang langkung damêl kapitunan ingatasipun băngsa makatên: maru sami maru, adatipun botên cocog, lajêng sami pêputra. Para putra wau lajêng sami dipun lêbêti piwulang manut ibunipun, botên cocog dhatêng ibu sanèsipun, dhawahipuna[11] sami dene sadhèrèk tunggil rama, mêksa botên rukun. Manawi ingkang rama seda, lajêng rêbatan warisan, tilaran krajan, salajêngipun turun-tumurunipun, nglêstantunakên botên cocog. Punapa makatên wau botên prasasat mêcah-mêcah badan utawi băngsa piyambak (verdeel en heersch door eigen daad) makatên adatipun wohing wayuh, sagêd angringkihakên băngsa, sabab turunipun sami mêmêngsahan.

Dados wayuh punika prayogi dipun singkiri dening para trêsna băngsa, para tiyang ingkang nêdya anjunjung băngsa, para têtiyang ingkang sagah gêsang cara kamajêngan enggal. Sabab sampun têrang wanita punika agêng sangêt dayanipun tumraping putra. Punapadene malih inggih kathah sangêt bêbaya ingkang mêdal saking prakawis wayuh-wayuhan wau.

--- 27 ---

Pikantukipun botên wayuh, punika sagêd angrukunakên băngsa, nanêm manah trêsna dhatêng bosa[12] sarta siti kalairanipun. Wayuh ingkang kula kajêngakên ing ngriki, botên namung ingkang têrang-têrangan kemawon, nadyan wayuh pêtêng, ningkah utawi botên wohipun mêksa angrisakakên băngsa, ujar gugon tuhon ingkang sampun rumangsuk ing băngsa, sagêd wayuh kathah punika malah gagah, kaanggêp kadosdene Radèn Arjuna. Ingkang dipun tiru kok wayuhipun, sanès kawantêranipun, kasatriyanipun, kasêtyanipun dhatêng sadhèrèk, anggènipun ambelani sadhèrèk, utawi anggènipus[13] trêsna dhatêng tanah wutah rahipun, anggènipun ngrêbat nagari tilaranipun tiyang sêpuh, dipun rencangi toh jiwa. Niru makatên rak ingkang sae. Tur sayêktosipun, yèn miturut Sêrat Mahabarata, Radèn Arjuna punika botên royal kados pangintênipun tiyang ing tanah Jawi, malah dados tuladha utami ing samukawisipun, inggih punika sarjana pêng-pêngan (ideale man).

Tiyang jaman sapunika kêdah anggatosakên sangêt dhatêng bab saening lakirabi wau, ingkang ing têmbe sagêd anglairakên băngsa ingkang santosa, waras, rukun, sagah angluhurakên namaning băngsa tuwin siti wutah rahipun. Bab lakirabi, ingatasipun prakawis andandosi [andando...]

--- 28 ---

[...si] băngsa, kalêbêt baku, botên kenging kasupèn.

III. Opvoeding (Panggulawênthah utawi Wulang Kasusilan).

Sarèhning sadaya-sadaya kêdah dipun bangun, dipun dandosi, murih sagêd nuju dhatêng kêmajêngan sarta gêsang ingkang mulya, sami kalihan sanès-sanèsipun titah, prakawis opvoeding ugi kêdah dipun tandangi, botên kenging sinambi sasêkecanipun. Saking dayaning opvoeding ingkang runtut sarta laras kalihan bangsanipun, sagêd mangun watak ingkang utami sangêt, sadaya kêlakuan ingkang dados bêtahing băngsa, sadaya mêmanahan ingkang sagêd anyanjung drajating băngsa, sagêdipun kalêbêt namung mêdal saking opvoeding. Prêlu sangêt sabên-sabên kêdah ngwontênakên parêpatan ingkang ngrêmbag bab opvoeding. Ingkang sami nindakakên para wanita saha para guruning băngsa. Băngsa kita badhe kapengin sapintên luhuripun, utaminipun, kawantêranipun, kêdah kapêtha wontên ing opvoeding rumiyin. Opvoeding punika kenging kula upamèkakên pabrik watak, tuking gêgayuhan.

Kacariyos băngsa Jawi punika têdhak turuning tiyang rêmên ulah brata, ulah wiweka, santosa manahipun, luhur kaprawiranipun, [ka...]

--- 29 ---

[...prawiranipun,] ulah kasatriyan, kawantêran. Lah kenging punapa kok lajêng dados kados makatên. Punika mêsthi wontên sababipun. Sarta sabab-sabab wau botên badhe pinanggih wontên ing sajawining băngsa piyambak, amila yèn badhe andandosi, inggih kêdah tlatos, madosi tindak utawi lêkas ingkang klèntu, pundi pakulinanipun utawi watak ingkang murugakên karisakan utawi asor, kêdah dipun singkiri, dipun bucal. Kula kintên yèn sampun sagêd saiyêg andandosi watak, ambucali pandamêl ingkang nuntun dhatêng karisakan, botên dangu inggih waras malih. Jêr sampun gadhah dhasar ingkang sae. Manawi êmbah-êmbah kita rumiyin sampun nate sagêd luhur lan mulya, kenging punapa kita sapunika botên sagêd. Măngka kodrat punika salami-laminipun botên nate dora wangsulanipun mêsthi ajêg, janji pitakènipun ugi sami. Dados manawi kita sapunika dhawah asor, gênah anggènipun ngalampahi gêsang utawi mangun watak botên kados lêluhur kita ingkang sampun nate ngalami angsal kaluhuran. Ingkang sami dipun sêngguh tiyang kamulyan utawi kaluhuran dening tiyang kathah, punika kintên kula sanès kaluhuran ingkang kula kajêngakên. Yèn luhur utawi mulya namung tumrap slira piyambak, namung prayogi dipun wastani: tiyang sugih, tiyang mukti. Sabab ingkang kula kajêngakên luhur lan mulya [mu...]

--- 30 ---

[...lya] punika tumrap sabăngsa. Kalêrêsan Ki Hajar Dewantara wiwit wulan Oktobêr 1928 punika nyêdhiyani papan kangge ngrêmbag opvoeding, wontên ing pustakawarti wulanan: Wasita. Pangajêng-ajêng kula, sagêda wêwah malih sêrat kabar ingkang ngrêmbag opvoeding makatên wau.

Ingkang pêrlu dipun opèni, punika lare-lare jaman sapunika, jalêra èstria sami kemawon, kêdah angsal opvoeding. Kados ingkang kirta[14] kajêngakên. Sabab inggih lare-lare wau ingkang badhe anggêntosi para sêpuh. Para sêpuh sapunika sampun kasèp. Prayogi andhapuk, prabot-prabot ingkang sagêd mitulungi ajênging lare-lare, inggih punika nata opvoeding, pangajaran, kagunan ekonomi, dene ingkang nampèni sadaya wau lare-lare. Mênggah ingkang kajibah nuntun dhatêng lare, wiwit bayi inggih kita para wanita.

IV. Cara ingkang Sampun Botên Laras Kêdah Katilar Mindhak Ngalang-alangi.

Kathah prakawis cara utawi pakulinaning băngsa ingkang kêdah dipun ewahi, dipun bangun, dipun laras, yèn sampun tanpa damêl inggih kabucal. Kula badhe milihi ingkang ênggêl kemawon, inggih sakêcêpêngipun. Kados ta:

--- 31 ---

1. Bab sarawunganipun jalu wanita. Prakawis punika, pêrlu kula rêmbag sawatawis, sabab ing pundi-pundi, umumipun, tansah dados rêmbag, cara rumiyin, èstri punika botên kenging srawungan kalihan jalêr, malah têrkadhang dipun pingit, botên sumêrêp ing alam padhang, prasasat kalêbêtakên ing bui. Măngka lajêng dipun pasrahi mulang wuruk anak-anakipun, gèk ingkang badhe dipun wulangakên punapa, punapa makatên punika badhe sagêd anjunjung drajating băngsa, ngantoc[15] sagêd mapaki băngsa klas I.

Manggihi kakung piyambak putri piyambak, ngantos wontên têmbung: kêputrèn, têgêsipu[16] mligi namung kangge wanita (nanging kok botên wontên têmbung: pakakungan pisan), pancèn sampun watakipun kodrat. Santun pakulinan, punika botên sagêd sami sakala. Makatên ugi tiyang-tiyang ingkang sampun kulina cara kina, sarêng sumêrêp cara enggal kagèt, botên tahan, lajêng têrus nacad kemawon. Nanging sayêktosipun makatên wau namung saking pakulinan. Mangke yèn sampun santun ngangge pakulinan ingkang enggal, inggih lajêng anglêr malih. Nalika sang pramèswari ing Afganistan lêlana dhatêng tanah Eropah, priksa kawontênan warni-warni sangêt, sarta mèngêti cara ingkang pundi pantês kapêthik. Taksih wontên satêngahing margi, lajêng ambêg sarosa ngewahi pakulinan (cara)

--- 32 ---

ingkang sampun maèwu-èwu taun dipun angge dening bangsanipun, inggih punika krudhuk (makêna) sarta lajêng ngewahi srawunganipun jalêr èstri, botên dipun kurung kados rumiyin. Sapunika ngêblak, para wanita manawi badhe sumêrêp jagad ing jawi botên prêlu andadak injên-injên ing bolongan ciyut. Nanging para ingkang sampun ngoyod cara kina punapa botên kagum, inggih ajêg kemawon, ing pundi-pundi pancèn damêlipun makatên, sarèhning badhe mangun sabăngsa. Prêlu mêndhêt tuladan sang pramèswari Prabu Amanullah wau, anggènipun santosa. Dados prayogi para wanita ingkang niyat anjunjung băngsa kêdah sagêd mangun sariranipun piyambak rumiyin. Dene para jalêr èstri piyambak-piyambak, pingitan makatên puka[17] ing ngriki ugi taksih, sanadyan botên kêncêng, prayogi tembokipun nuntên kabikak. Wanita ingkang gadhah ada-ada badhe nyirnakakên cara pingit-pingitan punika emut kula R.A. Kartini C.P.J. mrayogèkakên ngiyatakên sêdya ingkang utami wau.

II. Madat Sarta Minum.

Salêbêting bale griya punika ingkang nata tiyang èstri, wajib anjagi kawilujênganipun sadaya têtanggêlanipun. Yèn bale griyanipun sabăngsa ugi wanita malih ingkang kêdah tumut ngrêmbag.

--- 33 ---

Ebah-ebahan jaman sapunika sajak nganggêp sapele dhatêng prakawis karisakan ingkang saking nglêbêt, inggih punika ingkang dipun lampahi dening băngsa piyambak. Para priya namung ngawasakên karisakan-karisakan, ingkang pinangkanipun saking sajawining băngsa kita. Punika nama mapan utawi lênggah, jêr priya punika padamêlanipun ugi wontên sajawinipun griya. Sintên ingkang kêdah dipun lêpatakên, prakawis madat sarta minum, inggih băngsa kita piyambak. Sintên ingkang kêdah andandosi, inggih ugi kita piyambak.

Madat lan minum, pancèn sêsakit salêbêting băngsa, upami wit-witan, sanès witipun ingkang sakit, nanging oyodipun. Sampun têmtu witipun punika gêring, sanès ulêr utawi ama sanèsipun, ingkang saking jawi dipun oprak-oprak, nanging yèn oyodipun dèrèng dipun sarasakên, inggih taksih gêringên kemawon.

Kula botên pêrlu manjang-manjangakên awonipun madat sarta minum, cêkap mriksanana bukti-bukti ingkang kêtingal sabên dintên, utawi maos sêrat-sêrat bab karisakanipun madat sarta minum. Ing ngriki namung kula têtêpakên bilih pakulinan kalih bab wau angrisakakên tiyang, ugi ngrisakakên băngsa. Gandhèng kalihan andandosi băngsa, pancèn C.P.I. ugi wajib nandangi prakawis punika.

--- 34 ---

Ing tanah Amerikah, praja ingkang ăngka satunggal, sugih tur santosa, pintêr, botên kuciwa ing samukawis, ewadene sarêng sumêrêp dayaning minuman punika awon sangêt, samisanan tuwin tiyang minulika kabucal, ngawisi tiyang damêlan, tiyang sade minuman. Punapaa makatên, inggih anjagi karahayon, kasarasan kasantosan, sampun ngantos kêplorot klasipun.

Ing nagari Cina, sarèhning ngêrtos cacadipun kenging ama candu, sanalika ugi dipun sirnakakên. Sabab nama panyakit, nglêbêt, dipun usadani sagêda saras blas.

Ing tanah Arab, Prabu Ibnu Saud, ugi ngawisi tiyang udud (sês) rokok.

Pakêmpalan P.S.I. ugi gadhah ada-ada ambucal sês. Nanging anèhipun, sês wau sapunika malah dipun emba ing kaum wanita, anggènipun ngulinakakêp[18] saking sakêdhik, waunipun wontên ing griya kemawon, dangu-dangu purun ngêdhang, utawi ing pasamuan (openbaar).

Ingkang kula kajêngakên ing ngriku bab madat, kalihan minum. Prakawis minum, ingkang kathah para priyantun, sabab wau-waunipun kenging daya saking băngsa mănca, lajêng dados cara kangge kabrêgasan nanging dhawahipun nyilakani. Sarèhning dayanipun têrang awon C.P.I. prayogi nyuwun dhatêng pamarentah, [pamare...]

--- 35 ---

[...ntah,] pamarentah mugi ngèmutna, sampun ngantos para priyantun bumi wontên ing pasamuan (kêmpalan dhinês) kaparingan minuman kêras dening pangagêngipun băngsa Eropah. Kosokwangsulipun para rangagêng[19] Eropah, manawi rawuh dhatêng dalêmipun priyantun bumi andhahanipun, upami botên dipun caosi minuman sampun ngantos paring dêduka. Dene wujudipun dhawuh, kasuwuna kados caranipun nalika mradinakên urmat sirkulèr. Kaurmatan ugi botên wontên wêwatonipun kêdah nyêmbah, kêdah andhodhok lan sanès-sanèsipun. Nanging sanajan tanpa waton, sarêng parentah karsa paring sirkulèr tumindakipun lajêng longgar. Makatên ugi minuman, yèn sampun wontên sirkulèr, badhe nampik utawi botên nyêgah minuman botên pakèwêd amila pêrlu nyuwun sêrat pêpacuh bab minuman kêras (Sterkedrank-circulaire).

III. Katrêsnan.

Trêsna dhatêng băngsa, punika cak-cakanipun pancèn angèl, sabab wiwit alit dèrèng kêdhasaran manah makatên, amargi oppudhêngipun kirang. Punika dadès[20] bageyanipun kaum wanita malih.

Kula badhe ngrêmbag rekanipun andhêdhêr katrêsnan. Caranipun makatên: sapunika darajating kawula (volk) ngriki taksih [ta...]

--- 36 ---

[...ksih] wontên pilah-pilahan, tiyang alit, priyantun sarta tiyang ingkang asal. Tiyang tigang golongan wau gêsangipun beda-beda, pambêganinapun[21] ugi beda. Sênajan makatên nanging jaman rumiyin taksih cêtha sêsambêtanipun. Sapunika sampun botên katingal, kados kalis kemawon. Dene ingkang cacahipun agêng piyambak, golongan I (tiyang alit). Sarêng anak-anakipun tiyang tigang golongan wau sami sêkolah, lajêng wêwah sagolongan malih inggih punika: tiyang ingkang pintêr (intellectueelen). Nalika jaman kina tiyang alit sêtya tuhu dhatêng priyantun utawi băngsa luhur wau, manut miturut sapangrèhipun, dhasar watêkipun kumawula. Pun luhur sarta pun priyantun, nalika punika inggih sagêd mitulungi saèstu dhatêng kasusahanipun tiyang alit. Upami namung wontên sêkul sakêdhik, băngsa luhur aluwung awon dipun paringakên abdinipun. Nama tumbu olèh tutup, sami labuhipun. Sarêng danguning dangu santun salaga, sabab bokmanawi santun jaman. Titang[22] alit jaman sapunika botên kados tiyang alit jaman rumiyin, makatên ugi priyantunipun, ugi botên kados priyantun jaman rumiyin. Wusana sapunika sêsambêtanipun titang alit kalihan priyantun botên cêtha. Sarêng jumêdhulipun golongan ingkang kaping IV inggih punika tiyang pintêr, punika angebahakên manahipun [manahi...]

--- 37 ---

[...pun] tiyang alit. Sabab tiyang alit gadhah kapitadosan, bokmanawi sagêd mitulungi nyukani pratikêl punapa-punapa ingkang maedahi tumrap gêsangipun tiyang alit. Kalih golongan wau sêmunipun gandhèng, nanging katingal dèrèng patos gulêt. Mênggah sababipun sanès tiyangipun alit ingkang botên purun, nanging gelongan[23] tiyang pintêr ingkang dèrèng prigêl, ngladosi mêmanahanipun tiyang alit. Mangke manawi sampun sagêd gêsang campur sarta gulêt, ing ngriku tuwuh katrêsnaning volk dhatêng tiyang pintêr. Yèn sampun trêsna, têmtu gadhah kapitadosan, têmtu rukun, wasana santosa. Amila para intellect kêdah sagêd nampèni katrêsnanipun tiyang alit, inggih kêdah kenging dipun pitados yêktos. Mripatipun tiyang alit sapunika wiwit mandêng panjênêngan. Panjênêngan ingkang kêdah ngatos-atos, ingkang sagêd momong. Saparipolah panjênêngan dados piwulang ingkang tanpa têmbung, dipun tiru lan dipun gatosakên dening tiyang kathah (massa). Amila kêdah ingkang utami (eerlijk, waardig, sympathiek tuwin adil). Kajêng kula ing ngriki namung nyaosi pêpèngêt, bilih panjênêngan sadaya para kaum wanita, purun gêsang gulêt kalihan kaum wanita tiyang alit, têmtu andadosakên kabingahanipun têmtu lajêng sênêng, wusana trêsna, panjênêngan ugi trêsna. Wasana sagêd angradinakên sadaya kawruh lan opvoeding tumrap [tu...]

--- 38 ---

[...mrap] sadaya wanita. Dados pados katrêsnan punika botên saking dipun ece, botên saking dipun luhuri, botên saking dipun umuki utawi dipun pamèri. Tindak asor sadaya punika wau, malah andhêdhêr wiji gêthing, sêsêngitan, wêkasan mêmêngsahan, dados ringkih malih.

Sagêdipun golong, rukun, trêsna saking watak sih, purun tulung, wêlas sarta purun angurbanakên kangelan, bausuku têrkadhang inggih mawi pêparing barang-barang sawatawis, utawi paring pratikêl. Dados gampilipun saking watak sih sarta trêsna, purun kurban samurwatipun, miturut agênging sihipun.

IV. Kaum Wanita Indhonesiah Kêdah Kadospundi.

Nitik tăngga têpalih kiwa têngên, kados ta: Jêpang, Indhu, Arab, Apganistan, Turki tuwin Eropah satangganipun, sampun sami majêng, pamanah kula botên patut, manawi kaum wanita Indhonesiah botên tumuntên nututi.

Tanah Indhonesiah botên kuciwa, siti loh, pêpêlikan kathah, wana wiyar, rêdi agêng-agêng sugih têlaga, sêndhang, lèpèn agêng-agêng mêpaki, sawangan ingkang asri botên kirang, mriksanana gambar kart Indhonesiah, kinubêng ing samodra asri sangêt, kesah mrika-mriki mawi baita [bai...]

--- 39 ---

[...ta] prigêl, manawi katêmbungakên Walandi: "Het is een land van groote natuurlijke schoonheid" cacah jiwanipun volk inggih sugih (mriksanana cathêtan sangking Staatiestiek). Kenging punapa kaum wanita kok taksih ngayêm-ayêm. Kuciwanipun kaum wanita ingkang angsal pasinaon taksih kirang sangêt. Kintên kula saking kathahing pêpalang, kados ta: adat misah-misah jalêr èstri, adat-adat kina, gugon tuhon, pamanggih-pamanggih ingkang sampun botên anjaman. Katrangan samantên wau limrahipun sumimpên ing para sêpuh tur ingkang botên sinau srawungan kalihan jagad ing jawi. Amila sumăngga kaum wanita sapunika kêdah tumandang. C.P.I. agêng kuwajibanipun, kathah ingkang kêdah dipun ayahi, upaminipun kados ta:

1. Mêrdi murid lare èstri sarta jalêr, nyêkapana pasinaonanipun, sabab wanita (priya) ingkang botên sumêrêp ing sastra, punika kêmajênganipun sasat botên wontên.

2. Rêrencang nyaèkakên gêsang bêbrayan ngantos dumugi sabangsanipun pisan.

3. Kêdah tumut-tumut ambantu sirnanipun pandamêl awon utawi nistha (inggih punika ingkang angrisakakên băngsa).

4. Nyaèkakên kagunaning wanita.

5. Angewahi sadaya adat cara, pranatan sarta sanès-sanèsipun, [sanè...]

--- 40 ---

[...s-sanèsipun,] sagêda prigêl (praktisch) kangge gêsang sêsrawungan kalihan băngsa-băngsa sajagad.

6. Sanès-sanèsipun malih.

Punapa samangke punika botên sampun dumugi ing wancinipun, para wanita kêdah tumandang piyambak, nata awakipun piyambak, kula kintên sampun wancinipun. Cara kina sampun kapêngkêr, botên pêrlu anggondhèli barang ingkang mêsthinipun kêdah sampun ical. Criyosipun, ing donya botên wontên barang langgêng, dados têgêsipun tansah sontan-santun. Kenging punapa sarêng sampun mangsanipun santun, jêbul mêmpêng nyêkêthêm barang ingkang wajib ical. Dados kita piyambak nyulayani dhatêng anggêring kodrat, têmtu inggih badhe ngraosakên rêkaos piyambak. Cara kina anggènipun damêl pranatan mawi: pangawasa, cara Landinipun "gezag" ingkang dipun angge dhêdhasar: ajrih. Samukawis kawontênan mawi wêwaton kalih bab punika. Măngga dipun satitèkna, upaminipun:

1. OPVOEDING. Ingkang dipun gulawênthah mawi dipun ajrihakên, kêdah manut miturut, dipun kulinakakên mawi ukuman (inggih ngajrih-ajrihi) cara makatên wau nama: mêksa (punika gezag).

--- 41 ---

2. Tatakrama. Dhasaripun ugi mawi ajrih, yèn lêpat dipun sikokakên, dipun ukum. Kêdah makatên, kêdah andhap asor, kêdah ajrih, kêdah namung sanurut (punika ugi gezag).

3. ONDERWIJS. Caranipun mulang ugi mawi dhêdhasar ajrih, manut miturut sapakèn. Murid dhatêng guru, ngantos kados tikus dhatêng kucing. Sampun têmtu pikiranipun lajêng botên gêsang (punika ugi nama gezag).

4. Wulang kasucian. Ugi mawi dhêdhasar ajrih, lampahing pikiran, pangraos, namung dipun pêksa nurut dhatêng satunggaling katrangan (formule), yèn botên purun nurut, badhe manggih cilaka, siksa sasaminipun (inggih ngajrih-ajrihi) wusana pikiran, pangraos, tuwin tekadipun lajêng dipun cithak kadosdene formule-nipun, (punika ugi nama gezag malih).

5. Tiyang èstri. Namung kêdah manut miturut dhatêng tiyang jalêr thok. Makatên ugi lare dhatêng tiyang sêpuh, dhatêng priyantun, dhatêng bêndara, kêdah namung kapurih ajrih. Sarèhne kulina ajrih, nalaripun botên sagêd malur. [24] Tiyang èstri malah kêsangêtên. Kapurih nganggêp Pangeran dhatêng tiyang jalêr (punika inggih gezag malih) yèn dipun tampi lămba.

--- 42 ---

6. Sapiturutipun, têksih kathah sangêt panunggilanipun.

Tuladha kula bilih jaman rumiyin punika wêwaton pamêksa (gezag) lan ajrih, pancèn nyata, sanèsipun ugi taksih kathah tuladhanipun. Inggih sabab sampun sami dipun lairakên wontên ing alam gezag, jaman gezag, lajêng ayêm kemawon sarêng wontên cara enggal ingkang botên gezag, lajêng mastani anèh. Dudu carane wong wedok. Jawab kula: inggih. Nanging wedok ingkang dipun gezag.

Sapunika sampun santun jaman santun cara santun gagrag. Barang-barang inggih kêdah santun modhèl. Rumiyin dhêdhasaring pamardi mawi pamêksa (gezag) sapunika mawi trêsna. Rumiyin namung kapurih ajrih thok, jaman sapunika, kapurih mikir piyambak, mardika (VRIJ) têgêsipun dipun sukani têtanggêlan (verantwoordelijkheid) (barang-barang kapurih tanggêl piyambak). Rumiyin namung kapurih anggêga, ngandêl, pracaya dhatêng piwulang sae. Nanging sapunika kapurih ngêrtos piyambak lan anglampahi, dados sagêd sumêrêp piyambak.

Kudangan cara rumiyin: besuk dadia priyayi, sugih bayar, mukti wibawa. Nanging kudangan sapunika: besuk dadia wong sing akèh gunane tumrap băngsa, sing trêsna, sing rukun lan sing trêsna marang tanah kalairanmu. Besuk bisa amalês nyang wong

--- 43 ---

tuwa. Dipun santuni: besuk bisaa amulyakake băngsa. Langkung malih tekadipun wanita Jêpang: pikiran lare-lare sapunika punapa purun namung kapurih ngandêl thok, punapa purun namung dipun ajrih-ajrihi, upaminipun: yèn ora anggugu ora ilok, yèn ora mangkene bakal cilaka, yèn ora mangkono iku dosa, bakal olèh ukuman nyang nraka langgêng.

Jaman sapunika dipun makatênakên punika namung gumujêng kemawon botên ajrih lan inggih botên purun ngandêl. Nanging ingkang dipun têdha: pasêksèn, kanyataan. Yèn sampun angsal pasêksèn ingkang marêmakên. Lajêng purun ngandêl. Nanging ngandêl punika taksih dèrèng kantênan purun anglampahi. Purunipun anglampahi mênawi sampun ngêrtos piyambak, lajêng nanggêl piyambak. Lho dados pikiran sapunika gênah sampun botên purun dipun ajrih-ajrihi sarta dipun wasesa utawi pêksa (gezag). Punika sampun ebahing jaman. Amila para sêpuh kêdah awas panyawangipun dhatêng ebah-ebahan. Sampun ngantos angalang-alangi lampahing jaman. Nanging malah mitulungana.

Minăngka panutup: kula amêwahi usul (Voorstel) makatên:

--- 44 ---

1. Konggrès wanita punika: angaturna panuwun dhatêng pamarentah: sadaya sakolahan (botên mastani) lare èstri ugi kakengingna lumêbêt.

2. Amêwahana cacahipun sakolahan-sakolahan èstri ingkang mulangakên kuwajibanipun tiyang èstri.

3. Pamarentah angidinana, tiyang èstri, kenging nyêpêng pangkat warni-warni kados tiyang jalêr lan anglilani tiyang èstri kenging dados lid sadaya rad-rad (botên mastani).

Makatên atur kula matur nuwun dhatêng pangarsa konggrès.

__________

 


Indhonesiah. (kembali)
sawujud-wujudipun. (kembali)
kaanggêp. (kembali)
anggènipun. (kembali)
bêbrayan. (kembali)
ngapêsakên. (kembali)
anak. (kembali)
dèrèng. (kembali)
wêwênang. (kembali)
10 ngrisakkên. (kembali)
11 dhawahipun. (kembali)
12 băngsa. (kembali)
13 anggènipun. (kembali)
14 kita. (kembali)
15 ngantos. (kembali)
16 têgêsipun. (kembali)
17 punika. (kembali)
18 ngulinakakên. (kembali)
19 pangagêng. (kembali)
20 dados. (kembali)
21 pambêganipun. (kembali)
22 Tiyang (dan di tempat lain). (kembali)
23 golongan. (kembali)
24 mulur. (kembali)