Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 001–072)

Judul
Sambungan
1. Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 001–072). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 072–143). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 265

Regi f 1.-

Carita Pêpêrangan Ing Acèh

Anggitane Tuwan L. F. van GENT, Mayor infantri wadyabala dharatan ing Indiya Nèdêrlan.

Nganggo gambar 48 iji.

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN BALE-POESTAKA

--- [0] ---

Serie No. 265 ... Rêgi f 1.-

TJARITA PEPERANGAN ING ATJÈH

ANGGITANE

Tuwan L. F. van GENT, Mayor infantri wadyabala dharatan ing Indiya Nederland.

Nganggo gambar 48 iji.

WEDALAN BALE-POESTAKA

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1921

--- [0] ---

COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

SERIE NO. 265

Carita Pêpêrangan ing Acèh

Anggitane Tuwan L. F. van GENT, mayor invantri, wadyabala dharatan ing Indiya Nèdêrlan.

Nganggo gambar 48 iji.

Wêdalan Bale Pustaka Wèlttêvrèdhên 1921

--- [1] ---

1. Bêbuka.

Paribasan: ora aruh ora wanuh, punika tumrap kawontênanipun para saradhadhu ing Indhiya ngriki sampun mathuk sangêt, amaragi sajatosipun limrahing ngakathah dèrèng patos wontên ingkang anggatosakên dhatêng lêlampahanipun para saradhadhu. Pramila inggih dèrèng sami sumêrêp dhatêng lêlabêtanipun. Dene katranganipun kados ing ngandhap punika.

Sampun pintên-pintên èwu cacahing băngsa Jawi ingkang sami labuh ing parentah, inggih punika sami lumêbêt dados saradhadhu, saha dasanan ingkang sampun sami tampi kanugrahan ganjaran saking kangjêng sri maharaja putri awarni bintang: Willêm Sordhê. Kathah sangêt ingkang sampun kaganjar mandhali, dening katitik saking kakêndêlanipun, kasêtyan tuwin saking tindak utawi sanès-sanèsipun. Ewa samantên lêlabuhanipun para saradhadhu wau, dèrèng kathah ingkang kasêbut wontên ing dalêm [dalê...]

--- 2 ---

[...m] sêrat babad. Ananging namanipun para saradhadhu ingkang sami utami wau botên badhe ical larinipun, jalaran sampun sami kapèngêtan sinêrat ing buku ingkang sumimpên wontên ing nagari Walandi utawi wontên ing Indhiya ngriki.

Sêdyaning manah kula, kula badhe anggiyarakên namaning para saradhadhu ingkang sami agêng lêlabuhanipun dhatêng nagari wau. Makatên wau bilih suraosing cariyos punika andadosakên sarjuning para maos.

Anggènipun Kumpêni pêrang mêmêngsahan kalihan tiyang băngsa Acèh, ngantos kirang langkung wontên kawan dasa taun laminipun, punika sabab băngsa Acèh wau pancèn satunggiling băngsa ingkang gêsangipun sampun atusan taun, pakaryanipun sami ambêbegal, angrubeda lampahing tiyang layaran, ngantos băngsa liyan ingkang sami rahayu ing budi: rumaos botên sagêd jênjêm manahipun. Dados anggènipun tiyang Kumpêni mêmêngsahan kalihan tiyang Acèh wau, mênggah prêlunipun namung badhe ngatingalakên ing kathah,

--- 3 ---

supados têtiyang ing ngriku sami têntrêm ing gêsangipun, ayêm manahipun, pasitènipun dados agêmah ripah. Wondene sarananipun: botên sanès namung saking tumindaking paprentahan ingkang adil.

Para saradhadhu Jawi anggèning ngêsrahakên jiwa raga labuh dhatêng kangjêng gupêrmèn, botên ngêmungakên pêrang wontên ing tanah Acèh kemawon, wontên ing bageyanipun pulo Sumatra sanèsipun ugi, kados ta: ing Borneo, Sèlèbês, Bali, Lombok, Plorès, Timur. Para saradhadhu Jawi wau sadaya kawuryan anggènipun sami ambiyantu dhatêng parentah. Samantên lêlabuhanipun tiyang Jawi ingkang sampun sami dados saradhadhu.

Ingkang punika, botên liya pikajêng kula namung badhe nyêbar cariyos babadipun para saradhadhu wau, murih sagêd kasumêrêpan ing kathah, bilih salugunipun băngsa Walandi tuwin Jawi punika prasasat sampun jinangêt ing kalamăngsa, botên badhe kalampahan sagêd pêdhot malih. Sanadyan ngantos atusana taun, ingkang sami maos sêrat punika

--- 4 ---

inggih taksih saged nelad dhatêng lêlabuhanipun para saradhadhu wau. Mênggah anggènipun Kumpêni pêpêrangan punika, botên saking sabab sumêdya mêmêjahi utawi niyat badhe ngêndhih kanthi tindak sawênang-wênang, punika botên babar pisan. Dene pêrlunipun namung badhe mulihakên katêntrêmaning panggenan ingkang nêmahi karisakan. Ingkang makatên punika sampun dados wajibing manungsa, amargi kathah lêlampahan ingkang pinanggih, kados ta tindaking para raja ingkang sawênang-wênang, upami tiyang ing wêwêngkonipun sami kasade dados rencang tumbasan, utawi pinêjahan tanpa dosa. Mênggah ingkang makatên wau botên pantês sangêt. Amila para Walandi tuwin Jawi sami sayuk asêsarêngan toh pêjah, sêdya campuh nanggulang dhatêng krodhaning mêngsah ingkang sami dêdunung ing sajawining pulo Jawi, inggih punika ingkang sami gadhah patrap utawi tindak daksiya wau.

Manawi dipun pèngêti, sampun kaping pintên kemawon para saradhadhu anggèning sami sêsarêngan nanggulang mêngsahipun kanthi nandhang kasisahan,

--- 5 ---

kasangsaran, nglampahi pait gêtir, panas pêrih wontên salêbêting paprangan, malah wontên ingkang sami kêtaton, têmahan dados cacad ing salaminipun, têrkadhang bilih sawêg dhumawah ing apês, dados lan pêjahipun, ingkang bangkenipun lajêng ingurugan dados saluwang.

Punapa malih kasangsaraning para saradhadhu bab prakawis têdha, sampun kêrêp sangêt, manawi pinuju kêtêndhagan têdha, kalampahan ambage rangsumipun kalayan cumpèn, sarta ngombe toya ingkang namung sakêdhik, agêgêntosan nunggil sawadhah. Adhuh, samantên gênging kasangsaranipun para saradhadhu bilih nuju pêpêrangan.

Ananging sami angemutana, ugi wontên sênêngipun, inggih punika manawi pinuju tampi kanugrahan dalêm kangjêng sri maharaja putri: amaringi ganjaran bintang: bilih tinrap wontên ing dhadha katingal abyor, dhasar ngadêg wontên sangajêngipun pabarisan, bintangipun kaêtrapakên dening pangagêng ingkang luhur piyambak, lajêng tinampèn suraking para saradhadhu pintên-pintên èwu, minăngka dados pratăndha pamuji: [pa...]

--- 6 ---

[...muji:] kalangkungan, kautaman, tuwin dadosa têtuladaning ngakathah, sarta lajêng sinambrama ing kănca-kancanipun, botên kêndhat tansah mêmuji ing kaprawiranipun, miwah asung ing pamuji arja.

Isinipun sêrat punika sampun tamtu botên ngêplêki kadosdene kawontênanipun ingkang sanyata, tuwin tamtu botên sagêd anggambar dhatêng èdining lêlampahan, ewasamantên bok manawi kenging kadamêl têtuladan dhatêng ingkang maos.

Ing wusana, botên langkung ing pamuji kula, mugi-mugi băngsa Jawi sami kasinungana watak kadosdene ingkang sampun pinanggih ing para saradhadhu, inggih punika: sêtya tuhu, kêldêl,[1] lan têmên.

Tarima kasih dhatêng Radèn Marsum, ing Têgalrêja, tuwin dhatêng Mas Harjawiraga, ing Wèltêprèdhên, anggènipun sami amitulungi nyaèkakên ukara saha angewahi têtêmbunganipun sêrat punika.

Tumrap dhatêng sadaya băngsa Jawi ingkang sami tampi kanugrahan bintang tanjung (Ridder Militaire Willemsorde)

--- 7 ---

dipun pinta supados sami angintunakên potrètipun, nanging namung sakêdhik tinimbang kathahing kawontênanipun. Pramila cacahing potrèt wau dèrèng anyêkapi kadosdene pangajêng-ajêngipun pangarang.

__________

--- 8 ---

2. Kaukum nanging Kaganjar.

Salawase ana pêpêrangan ing Acèh, akèh saradhadhu kang padha kêndêl-kêndêl, ananging emane jênênge sok ora ingelingan.

Ing ngisor iki nyaritakake bab kasuraning wong kang nganti ora ngèlingi marang patine.

Ing sacêdhake sawijining bètèng Kumpêni, katon ana bandera Acèh kang pinanjêr ana sadhuwuring gumuk, bandera mau nganggo têtêngêr gambar rêmbulan gambar klewang loro diestha marapat. Ora adoh saka adêging bandera kono: akèh wong Acèh kang mêmungsuhan karo Kumpêni, padha anjaga banderane: aja kongsi kêna rinêbut ing wong Kumpêni. Dene ênggone wong Acèh manjêr bandara mau, parlune mung kanggo ambedhung marang wadyabala kang ana sajroning bètèng, supaya padha panas atine. Katêmahan iya padha nêpsu tênan.

--- [0] ---

[Grafik]

Z. Exc. Luit. Generaal KAREL VAN DER HEIJDEN. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Litnan General KAREL VAN DER HEIJDEN.

[Grafik]

Z. Exc. Luit. Generaal J. B. VAN HEUTSZ. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Litnan General J. B. VAN HEUTSZ.

--- 9 ---

Tuwan kang dadi panggêdhe utawa kang nguwasani para saradhadhu mau, wus rambah-rambah anggone ngarsakake arêp ngrêbut tuwin nyingkirake bandera mau, nanging karsane tansah ora kalaksanan, sabên ngayati nêmpuh, akèh saradhadhu kang kataton utawa tiwas, mula karsane iku disandèkake.

Ewasamono ana sawijining saradhadhu kang sowan ing ngarsane tuwan kumêndhan, ature: manawa tuwan kumêndhan marêngake, dhèwèke arêp nyolong bandera Acèh kang katon mau. Dhawuh wangsulane tuwan kumêndhan ora marêngake, awit saka angèngêti marang bêbaya pati, mula dhawuh anyabarake bae.

Dene mungsuh wong Acèh, saka têpis iringing alas, ora kêndhat ênggone sêsumbar sarta nguwuh-uwuh marang wong Kumpêni, sêsumbare kongsi rong dina, ora kêndhat ênggone nyênyampahi. Nanging para saradhadhu padha mênêng bae, ora ana kang gêlêm sumaur.

Kacarita ana sawijining saradhadhu Jawa aran: Sumarja, ing sawiji dina nuju wayah byar

--- 10 ---

esuk: anyolong laku, mêtu marang ing jaba banjur anjujug ing gumuk pamanjêran banderaning mungsuh.

Sawuse mangkono, saka ing bètèng rinungu ana swaraning bêdhil barondongan, andadèkake orêging para upsir kang ana ing bètèng, kongsi padha mêdal saka baluwarti, parlu nyatakake apa kang dadi sababe. Sadumugine sajaban baluwarti iya banjur padha pirsa lan mangrêtos apa kang dadi mula bukaning bêbrondongan iku, katrangane kaya ing ngisor iki:

Kang dadi jalaraning orêg mau, iyaiku saradhu[2] kang ambêg wani, lakune katon wus purêngên, didrèli ing mimis dening mungsuhe wus ora pisan-pisan dirasakake, lakune malah saya ngangsêg, ewadene tondak-tanduke katon ayêm bae, anandhakake yèn pancèn kêndêl.

Para wong Acèh wus padha ngira, yèn si kêndêl mau wus masthi mati dening mimise, mangkono uga saka pangirane wong sajroning bètèng, [bè...]

--- 11 ---

[...tèng,] tansah padha uwas. Lan padha miris andulu marang patrape Sumarja.

Lakune Sumarja satêkane ing gumuk banjur lèrèn sadhela, nyawang marang adêg-adêging bandera, sarta banjur anjumput wêdhi sathithik saka ing lêmah, kanggo anggosok èpèk-èpèke kiwa têngên: supaya pêrêt. Sawuse mangkono banjur mènèk ing adêg–adêging bandera mau nganti tumêka ing dhuwur, bandera Acèh tumuli disêndhal, banjur ngrogoh kanthongane ngêtokake bandera Walănda, nuli pinasang ana ing adêg-adêg kono, kanggo ngijoli banderaning mungsuh kang wus dijupuk. Sawuse kukuh ênggone nalèni, banjur malorod mudhun, satêkane ing ngisor, banderaning mungsuh kang wus dijupuk mau, banjur ginawe ngusapi tlapakane. Patrap mangkono mau mung dadi tăndha pangerang-erang marang mungsuhe.

Kocap para mungsuhe, isih padha ambêdhili saka têpis iringing alas, banjur digêguyu dening si ambêk wani mau saka ing kadohan, sarta anudingi mandhuwur anuduhake

--- 12 ---

banderane kang arupa: abang, putih, biru.

Uwong Acèh padha bangêt ing nêpsune, amarga padha kacuwan atine, saya barêng ngrungu suraking saradhadhu ing bètèng mawantu-wantu.

Barêng Sumarja bali marang bètèng, tămpa paukuman propus, lawase patbêlas dina, jalaran saka kaluputan wani nêrak marang dhêdhawuhaning kumêndhan. Ananging sawuse malah banjur kasuwunake ganjaran mungguh kautamaning militèr.

Ora antara lawas, Sumarja tămpa kanugrahan ganjaran bintang, jalaran saka kêndêl, tuwin sêtyane, lan wus pinasthi yèn ganjaran kaya mangkono iku wajib tumiba marang saradhadhu kang kêndêl kaya sumarja iku.

__________

3. Bêdhahe Desa Surian.

Ing sakiduling dalan gêdhe saka kutha Ulèlèh marang Kutharaja, ana sawijining desa aran: Surian, desa iku dadi têlêng padununganing mungsuh kang nglawan marang Kumpêni.

--- [0] ---

[Grafik]

Generaal-Majoor G.C.E. VAN DAALEN Kangjêng Tuwan General Mayor G.C.E.VAN DAALEN.

[Grafik]

Z. Exc. Luit – General H.N.A SWART. Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Litnan General H.N.A. SWART.

--- 13 ---

Padatane lakuning tran sêporêt iku nunggang prau mêtu ing kali Acèh, nanging barêng ing măngsa rêndhêng kaline banjir, ora kêna diambah ing prau, dadi lakuning tran sêporêt kêpêksa kudu ngambah ing dalan kang ngliwati desa Surian mau.

Manawa lakuning tran sêporêt kasumurupan ing mungsuh, ora kêndhat banjur angrubeda lan ngrusuhi marang lakuning tran sêporêt mau. Awit saka kaparênge jendral mayor pèl. Murih lêstarine lakuning tran sêporêt mau, mungsuh kang ana desa Surian iku andikakake nêmpuh dhisik, para saradhadhu banjur bisa angêbroki desa kono, yèn bisa kalakon mangkono, banjur nyêranga desa Mêraksa, masthi uga bakal kena rinêbut, lan banjur padha rinêksaa kang bêcik, manawa wus tinêmu mangkono bakal gêdhe bangêt paedahe, iyaiku tumrap wong ing kutha kang wus padha saduluran lan băngsa Walănda, wus masthi bakal bisa anggarap palêmahane kanthi têntrêm.

Bètèng-bètènging mungsuh kang ana ing desa

--- 14 ---

Surian iku rinakit jèjèr-jèjèr sinambung-sambung, nanging wartane wong-wonge wus akèh kang lunga saka kono, amarga wus lawas padha ngrungu yèn ing bètèng kono mau arêp sinêrang dening patroli saka ing bètèng Blango, sabên bêngi wus diidêri angyêktèkake kaanane.

Jendral mayor pèl, wus dangu kagungan karsa arêp anindakake kaya ing dhuwur mau, lagi bisa kalakon ana ing tanggal kaping 26 sasi Juli, ing taun 1874, amarga lagi kagalih prayogane. Ing dina mau wayah jam 4 esuk, satêngah batalyun ing sawijining kolonê barisan kang dipanggêdhèni Tuwan Mayor Gros, andikakake mangkat saka Kutharaja marang Blango, amora lan kolonê kang dipanggêdhèni Tuwan Mayor Vaf.

Kira-kira wayah jam 6, lakuning kolonê mau wus têkan ing panggonan kang sinêdya, sawuse kumpul, banjur dibage dadi rong golongan, kang sabageyan kapatah bakal ngroyok, kang sabageyan kanggo sadhiyan bakal nulungi, dadi rêsèrvê-rêsèrvê iku

--- 15 ---

kèhe karo têngah Kumpêni, kaprênahake manggon ana ing desa Blango. Kolonê kang ana ing ngarêp nuli kadhawuhan nêmpuh lan ambêdhah desa Surian, kang dadi senapati upsir staf. Tumindaking gawe kaya ing ngisor iki:

Kira-kira wayah jam satêngah pitu, mriyêm ing Kutharaja lan ing Blango, padha sinumêd muni gumlêgêr tăndha amiwiti pêrang. Barêng ngarêpake jam pitu, rinungu ana slomprèt diunèkake têngara: akon maju, gêgolonganing wadyabala kang kapatah nêmpuh nuli wiwit maju, dene kang dadi tindhih cucuking baris Tuwan van dhêr Se (van der Zee).

Lakuning baris kêpalangan pagêr kang santosa, andadekake bangêt ing pakewuhe, bisane nêrak kudu sarana dirusak, mula ajuning baris mung anggrêmêt bae, wusana lakune bisa têkan ing desa Cut Arum. Barêng wus angliwati desa mau, katon ana pasawahan, dumunung ana saêloring desa Surian, dadi ana ing antarane desa Surian lan desa Cut Arum.

--- 16 ---

Upsir kang dadi têtindhih nuli angatag marang balane, pangandikane: He, para saradhadhu, mara padha dêlokên, kae desa Surian. Para saradhadhu kang ngrungu padha lantip ing panggraitane, mangêrti apa kang dadi karsane tuwan upsir. Atine banjur padha dadi gambira, mripate pating panthêlêng, adrêng kaya tumuli nêmpuha marang mungsuhe, para saradhadhu Aprikah katon padha ngisis untune kang putih kaya gadhing, sarta gumuyu ngakak-ngakak.

Golonganing saradhadhu kang ana ngarêp kadhawuhan angliwati pasawahan mau, tata lakune wus ora ngèlingi marang pangêdrèling mungsuh kang tanpa kêndhat, malah tansah ngangsêg kongsi têkan sapinggiring desa, nanging banjur kandhêg kapêngkok ing pêpagêr.

Gêgolonganing wadya kang gêdhe banjur ambarisake mriyême, kanggo anjaga lakuning golongan wadyabala kang arêp liwat ing pasawahan mau, mriyême banjur diunèkake.

Sawuse mangkono, wadya sapir banjur wiwit tumandang: gawe bêdhahan pagêr, sarampunge [sarampung...]

--- 17 ---

[...e] panggawene bêdhahan, gêgolonganing wadyabala mau nuli padha nlusup, ananging uga kapêntog ing pagêr manèh, malah luwih santosa, pambêdhahe luwih ewuh lan rêkasa, gêgolongan kang dadi cucuking kang laku nuli disêbar, lakune dadi pêncar. Sawuse mangkono, lakuning para wadyabala mau kinrutug ing mimising mungsuh, ewadene saradhadhu mau ora akèh sing kêtaton, utawa mati. Cucuking laku nuli bisa têkan ing lêlêbak kang ambane watara ana sèkêt mètêr pasagi. Ing imbanging lêbak mau ana bètènge kang santosa, kinubêng ing barongan pring ori kang kêtêl, sakiwa têngêne tuwin ing ngarêp. Ana jagange akèh, para saradhadhu bisa ambendrongi saka ing kono.

Satêmêne papan pabarisane para saradhadhu kurang prayoga, măngka panggonaning mungsuh bêcik bangêt, mula mungsuh mau ora kêna yèn tinêmpuha saka ngarêp, kajaba iku pakewuh, amarga kaling-kalingan, dadi ora kêna dibêdhil.

--- 18 ---

Adat kang wus kalakon, yèn ana lêlakon mangkono mau, pêrange kudu ngrangsang tuwin nêmpuh nganggo sangkuh, mula uga katindakake mangkono. Sawuse ana aba muni: maju kalayan malayu, gêgologaning wadya liyane banjur milu marang panggonaning wadya cucuking payudan.

Tuwan Litnan van dhêr Se, kang mandhegani cucuking baris kang kasêbut ing dhuwur, karsa anyobi nêmpuh bètènging mungsuh saka buri, amarga saka pangintêne, ing buri kono mêsthi ana papane kang luwih prayoga kanggo ngrangsang mungsuh. Bètènging mungsuh nuli kinêpung, tumindake kanthi sabar lan ayêm, wusana banjur wiwit nêmpuh. Panêmpuhe mau bangêt ing rêkasane, amarga yèn mung saka ngarêp bae ora bisa kalakon angrêbut bètènging mungsuh, awit bètènge ing ngarêp buri padha pinagêran barongan pring ori kêtêl bangêt, wah manèh kèhing saradhadhu kang dikanthi mung sathithik, ewadene atine padha ora uwas, lan ora suda kêkêndêlane. Mangkono manèh tumrap upsire, ing nalika iku katon [ka...]

--- 19 ---

[...ton] dhadhag, ora pisan-pisan gingsir galihe. Sakabèhing tindak kang mangkono iku, pancèn dadi wajibe tumrap marang sakabèhing para saradhadhu ing Indhiya, kudu kêdunungan utawa nênulad marang ambêk prawira lan bêcik ing salawas-lawase.

Kocapa Tuwan van dhêr Se, banjur anyobi ngrumiyini anusup ing barongan pring ori, kalawan angliga sabêt nasak narajang ing carang-carang kang kêtêl, ora metang marang êri kang landhêp-landhêp, ambrangkang ngênêr marang baluwarti kang jaba, wadana lan astane padha kacocog lan kabarut ing êri, nganti padha mêdal rahe, sabanjure tindake Tuwan van dhêr Se kongsi dumugi sacêdhaking baluwarti. Ing kono ana adêg-adêg pring loro kang minăngka cagak pambêdhilaning mungsuh, adêg-adêg mau tumuli dipènèk, sadumugine ing dhuwur banjur malumpat marang sadhuwuring baluwarti.

Tuwan van dhêr Se tumuli arêp ngatag marang saradhadhune, nanging siji bae ora ana kang katon, amarga ora ana kang bisa andhèrèk têkan ing kono, jalaran lakune para [pa...]

--- 20 ---

[...ra] saradhadhu padha kapêntog ing barongan pring ori, padha bêkah-bêkuh nêdya arêp maju, nanging padha tanpa guna, dene sababe anggone ora bisa nêrak barongan pring ori mau, jalaran kêrgane abot, dadi ngewuh-ngewuhi.

Ana sawênèhing sêrsan Walănda wêktu iku duwe atur marang tuwan litnan, têmbunge: O alah tuwan, suwawi panjênêngan tumêdhak, kula sadaya sami botên sagêd nyêlak dhatêng tuwan. Nanging Tuwan Litnan van dhêr Se ora karsa. Mimising mungsuh pating sriwing ana kiwa têngêne tuwan litnan, ora pisan-pisan rinaosake, ora kèngguh ing galih, kajaba mung têtêg, wusana akèh wong Acèh kang mrêpêki padha anggawa gêgaman pêdhang lan tumbak, Tuwan van dhêr Se ngasta pêdhang lan pistul ana ing asta kiwa têngên, anggone ngêntosi têkaning mungsuh kalawan ayêming galih, ora anggalih, yèn karoban ing akèh. Tumuli campuhing yuda, Tuwan Litnan Wantêr anggone nanggulangi pangrukêting mungsuh, mimising pistule ora ana kang malèsèt, kabèh padha [pa...]

--- 21 ---

[...dha] ngênani mungsuh, sabên lumêpas olèh wong siji, mangkono uga sumabêting pêdhang, tansah amarjaya marang kang padha maju.

Tuwan Kapitan Pêrêlar pirsa tandange Tuwan Litnan van dhêr Se, sumêlang ing galih, kuwatos yèn ora kuwawi anglawan mêngsahe. Enggal ngatag marang gêgolonganing wadyabalane, banjur karsa marêpêki tuwan litnan, kanthi angêtog karosan sêdya atêtulung, nanging tanpa gawe, amarga ora sagêd nêrak ing barongan. Mula mung cêluk-cêluk bae, Tuwan van dhêr Se didhawuhi mudhun saka baluwarti, ananing tuwan litnan ora mirêng marang dhawuh pangandikane tuwan kapitan mau.

Barêng para saradhadhu sumurup yèn upsire digawe lesan dening mungsuhe, atine karasa kaya dijêjuwing, sêdya arêp têtulung, ngamuk ing payudan, poporing bêdhile padha jinojoh-jojohake marang barongan ori kang ora kêna ditlusubi, ananing tanpa gawe. Dene tuwan litnan, ora karsa ngunduri jurite, tekade: luwung mati tinimbang kasoran jurit.

--- 22 ---

Tuwan van dhêr Se tumuli kêtaton janggane dening pêdhanging mungsuh, wadana lan jajane wus kasosoh ing tumbak, sampeyane kêna ing mimis, ewadene ora karsa tumêdhak saka ing baluwarti, panglawane malah saya kêndêl, lan wuwuh wantêre, kêna sinepakake kaya banthèng kêtaton.

Ora antara suwe astane kiwa tuwan litnan kêna ing mimis, mula pistule banjur anggrègèli, dene astane kang têngên isih ngasta sabêt ligan, tandange isih ngeram-eramake. Ananging suwe-suwe kêkiyatane Tuwan van dhêr Se kaya suda, sarira lêsah jalaran saka kêkathahên wêdaling rah saka ing tatu, ewadene taksih sagêd nangkisi sangkuh bêdhil kang arêp ditamakake. Ing wêkasan jajane kataman mimis, Tuwan van dhêr Se banjur ambruk, dhawah marang sajaban baluwarti cêdhak dununging saradhadhune, mung pistul pêdhang lan agême topi padha tiba ana sajêron bètènging mungsuh, bêgja dene tuwan litnan dhawah ing jaba.

Saambruke tuwan litnan suraking mungsuh gumuruh kaya panggêroning sato alas, lan padha [pa...]

--- 23 ---

[...dha] sêdya arêp ngrêbut tuwan litnan, kira-kira sêdya arêp dicacah lan dijuwing-juwing, awit wus misuwur yèn wong Acèh iku bangêt siyane.

Tujune ana saradhadhu Walănda kang wus bisa nalusup ing barongan, awit saka pitulungane wong sapir, banjur angangkat Tuwan van dhêr Se ginawa marang padunungane wong kêtaton.

Ing kono nulli ana saradhadhu Walănda irêng gêdhe dhuwur, sêsumbar nguwuh-uwuh nganggo basa Malayu: Hèh hèh asu ala, aja padha surak-surak mangkono, aku rupane kang bakal ngajar marang kowe. Sêsumbare mau winalês saka pambêdhiling mungsuh, muni dhêl sapisan, nanging mung ngênani topine bae. Walănda irêng mau banjur ngisis untune, kaya pamringising macan, upama ora kapêksa kudu mundur, mêsthi arêp munggah ing baluwarti, ananging banjur ana têngara mundur.

Saka panimbange Tuwan Kapitan Pèrêlar, ora mrayogakake yèn ta saradhadhu mau angrangsanga mungsuh, amarga mung sathithik, mula banjur kadhawuhan mapan ana saburining gumuk, kaprênah ana sakiduling bètèng mau,

--- 24 ---

dohe watara sapuluh mètêr. Dhawuhe tuwan kapitan: andikakake ngêdrèli marang mungsuh kang munggah ing baluwarti.

Wusana lakune golonganing wadya kang gêdhe wus têkan ing pagêr, Kumpêni kang ana ing ngarêp banjur kadhawuhan anggêlar barise sarta ngrangsang bètènging mungsuh, ananging lakune kêpêntog ing sêsangkrah kang santosa kongsi mêpêti dalan, ewadene atine para saradhadhu ora miris. Barêng Kumpêni mau kinrutug ing mimis, nuli mundur, banjur nunggal lan golongan wadyane Tuwan Kapitan Pèrêlar, ananging dhèk samana wus ana gêgolonganing wadya liyane kang wus bisa ngêpung bètèng. Saradhadhu kang padha andhêlik ing saburining pèrèng gumuk, rame padha ngêdrèli marang wong Acèh kang ana dhuwur baluwarti, akèh kang kataton padha tiba pating grègèl, tangane padha pating jêpalang.[3]

Dene wadya sêtabêlan, iya bangêt ambantu, katon saya sêngkut nulungi ngrusak mungsuhe, mangkono uga wadya sapir, kèhe salikur padha binubuhan ngrusak barongan.

--- 25 ---

Ing wêktu iku tandange para saradhadhu kaya nekad-nekada, mula wus kawêntar: salawase ana paprangan ing Acèh, para saradhadhu mau padha misuwur kêndêl-kêndêl lan padha rêbut wani. Barêng barongan iku wus kêna disingkirake, mungsuhe diatag supaya ngêsrahake pati urip, ananging wangsulane malah murang tata bangêt, amarga padha mêmisuh, ujar mangkono iku saya amuwuhi kurdaning Kumpêni.

Wêwatêkane Walănda irêng, yèn wus duwe kêkarêpan ora kêna cinêgah, kang bisa kajaba mung upsir kang dadi dhêdhuwurane, mula nalika dipênggak kêkarêpane tansah kandhêg dadi mandhêkêl bae. Amula barêng ing kono ana têngara swaraning slomprèt: ngrangsang, saradhadhu Walănda irêng mau sawuse ngrungu ora nganggo ngêntèni unining slomprèt kaping pindho, banjur anêmpuh asurak-surak, surake ngungkuli unining slomprèt, baluwarti kang dhuwure kira-kira rong mètêr banjur linumpatan bae, tandange kaya gogor, barêng wus anjlog nuli padha ngrukêt marang wong Acèh, mungguhing wong Acèh sinepakake [sine...]

--- 26 ---

[...pakake] kaya tinêmpuh ing angin lesus. Para upsir padha ngasta pêdhang, akèh kang padha ana ngarêp, suraking wong Aprikah awor lan suraking para saradhadhu Walănda tuwin Jawa, rinungu gumuruh kaya angorêgake bumi.

Kocapa, pangangsahe wong Acèh saya suda, anggone dhikiran andonga: laillahailullah, wus saya lamat-lamat. Ing wêkasan, para wong Acèh kang maune kêndêl-kêndêl panglawane, banjur sirêp tanpa sabawa, jalaran padha ambruk saka kataton, ewadene isih padha wani sarta padha sêdya matèni marang saradhadhu ing cêdhake kono, akèh saradhadhu kang nêmahi tiwas kêtaton, mung siji loro kang luput saka pangamuking mungsuh, jisiming manungsa anggalasah ana ing papan paprangan, jisiming Kumpêni lan jisiming wong Acèh padha awor dadi siji, yèn didulu agawe girising ati. Ing kono akèh panggêdhe băngsa Acèh kang tumêka ing pati. Sanadyan Kumpêni kêna ingaran unggul jurite, nanging cacahing wadya kang mati rada akèh, ngungkuli mungsuhe. Dene upsir kang kataton [katato...]

--- 27 ---

[...n] ana papat, saradhadhu kang mati utawa kêtaton ana sèkêt papat.

Kawantêrane Tuwan Kapitan Pèrêlar pantês pinuji, dene bisa ambêjad lawanging bètèng kang luwih santosa, mung kalawan wadung, mangkono uga tumrap Sêrsan Cakra Sumarma anggone ambiyantu marang tuwan kapitan nalika kinrutugan ing mimis dening mungsuhe.

Tuwan mayor sêtabêlan anggène mandhegani wadyane prasasat kaya saradhadhu, nganti ngasta mriyêm piyambak lan tumut ngêthungake marang mêngsahe.

Mangkono uga tuwan ajidan kang aran: pan Wènên, nalika panjêrane bandera tugêl, jalaran kêna ing mimis, pogogane nuli pinanjêr manèh, wusana tuwan ajidan mau ambruk jalaran kêna ing mimis.

Sabubaring pêrang iku, saka kaparênge kangjêng sri maharaja, para upsir lan para saradhadhu, akèh kang padha ginanjar bintang pêrang.

Sakabèhe kang nandhang kêtaton, kang rêkasa dhewe iyaiku Tuwan van dhêr Se, banjur kalêbokake marang romah sakit.

--- 28 ---

Sawuse diupakara sawatara sasi, panjênêngane karsa nyobi nindakake padamêlane manèh, nanging ora sagêd lajêng, wusana kadhawuhan marang tanah Nèdêrlan, parlu sagêda jêjampi tuwin dipulasara ana ing kana, supaya enggal waluya saka gêrahe babar pisan, nanging saka têtimbanganing para tuwan-tuwan kumisi, panjênêngane wus ora sagêd yèn anglampahana dados upsir manèh.

__________

4. Wêwatêkane Wong Wadon Băngsa Acèh.

Nalika ing Kutharaja isih kinubêng ing bètèng, ana sawijining desa padununganing mungsuh cêdhak ing pagunungan Acèh, aran desa: Lamyong, desa iku ora kasumurupan ing wong Pacalang, amarga prênahe ana saburining alas kang singub. Omahe wong ing desa Lamyong kono dununge pating prênca padha kinubêng ing wiwitan kang ngrêmbuyung, dalan kang rada gêdhe ora ana, anane mung lurung cilik-cilik kang marang alas, utawa saka sawijining panggonan marang panggonan liyane.

--- [0] ---

[Grafik]

Ie Luitenant H.M. VIS † 1899. Tuwan Litnan pangkat 1. H.M. VIS. Seda ing taun 1899.

Ie Luitenant mar. PIETER HOLTEN † 1918. Tuwan Litnan Marsuse pangkat 1. PIETER HOLTEN Seda ing taun 1918.

Luit. Kolonel W.B.J.A. SCHEEPENS † 1899. Tuwan Litnan Kolonèl. W.B.J.A. SCHEEPENS. Seda ing taun 1899.

Kapitein F. DARLANG † 1917. Tuwan Kaptin F. DARLANG seda ing taun 1917.

--- 29 ---

Uwonge kang manggon ing desa kono băngsa kang brangasan sarta têgêlan, lan isih kalêbu mêmungsuhan lan wong Kumpêni, atèn-atènane yèn katimbang lan wong Acèh mungsuh ing Kumpêni liyane, kalêbu kaku lan butêngan.

Uwonge lanang sabên dina padha mêtoni ing paprangan, gêgamane bêdhil lan kalewang, têtindhihe iman Islam, anggone ambêbaluhi marang kancane supaya prang sabil, wêgig bangêt ora liya jalaran saka pintêr wicarane, lan saka adhêdhasar kêndêl, kang dadi gêgamaning panggêdhene, kajaba anganggar klewang, sabên dina ora pisah tansah ngandhut kitab Kuran, parlu diwaca kanggo awèh pituduh marang kancane, amêdharake yèn băngsa Islam iku kudu sêngit marang băngsa kulit putih. Apamanèh sapa sing bisa numpês băngsa kulit putih, bakal tinarima ing nabine, dene sapa sing ora manut miturut milu kumpul lan wêwakile Kangjêng Nabi Muhkhamad, bakal katiban ing laknat.

--- 30 ---

Awit saka iku, saka karêpe wong Acèh nêdya nêmpuh marang bètènging Kumpêni, kang arêp digêpuk dhisik, iyaiku bètèng kang wus kacêkêl ing Kumpêni aran bètèng Lamyong.

Awit saka jalaran mau, dadi mèh sabên dina bae para Kumpêni sajroning bètèng kêpêksa madêg baris, parlu kanggo siyaga murungake panyêrange iman sakancane mau. Mungsuh mau sabên dina tansah ambêdhili marang Kumpêni kang padha nyambut gawe ana sajaban bètèng, kongsi jam-jaman, arêp diburu ora bisa, amarga pamanggoning mungsuh ana saburining kubur-kuburan, utawa wit-witan. Mungsuh mau cacahe akèh bangêt, lan tansah anggêgodha, dadi anane kuli-kuli kang nyambut gawe ana sajaban bètèng padha nganggo dirêksa ing wadya asikêp gêgaman, ewadene tanpa gawe, amarga tansah binêdhilan ing mungsuh, dadi kêpêksa padha ninggal pagaweyane.

Saka pratelane upsir kang wêktu iku manggon ana ing pos kang aran Sêlang, kang saka [sa...]

--- 31 ---

[...ka] Lamyong dohe ana lakon satêngah jam, amratelakake kaya ing ngisor iki:

Sabên wiwit esuk tumêkane sore, aku ngrungu gumuruhe swaraning paprangan ing Lamyong, swarane wela-wela bangêt. Ing sawiji dina aku nuju linggih ana ing kursi goyang, kalawan nyawang sakukubaning posku: katon ayêm têntrêm, hawaning bumi karasa sumuk, amarga ing kono mung ana kêkayon gêdhe sauwit, tak sawang godhonge ora ana kang obah, sanadyan ênênging godhong mau ora agawe paedah, ewadene kaya tandhaning milu ayêm lan têntrêm, mangkono kang tinêmu kaanane ing panggonanku.

Aku nuli ngrungu swaraning kênthongan, prênahe saka masjid panggonaning mungsuh, swarane ngungkung kaya kênthongan têngara ngêrigake wong, bokmanawa kênthongan mau kanggo têngara anglumpukake wong kang arêp nênuwun marang Kang Maha Sukci utawa marang kangjêng nabi. Kapriye mungguh prayogane anglawan Kumpêni, osiking

--- 32 ---

atiku: saiba bungahku saupama aku kalilan anglêpasi mimis marang panggonan antaraning wong kang padha andêdonga mau. Dumadakan sasuwene aku anggagas magkono mau, kasaru ngrungu pangêdrèling saradhadhu kang jaga, ambêdhili palêmahan sangarêp bètèng, tumuli ana swaraning slomprèt jaga, wusana para saradhadhu banjur padha anyandhak gêgamane, lan banjur mapan ana ing landhakan.

Dhèk samana aku ora ngêrti apa kang dadi sababing orêg iku, saka pamikirku, sanadyan anaa rêrusuh iya wus sirêp, amarga kaya kang tinêmu ing watara sasasi utawa rong sasi kang kapungkur, ana kuli utawa bojoning saradhadhu dibegal ing mungsuh, lan banjur dipatèni ana ing rawa sacêdhaking bètèng kono, ing sabanjure ora ana mungsuh kang ngarubiru Kumpêni manèh.

Sakiwa têngêning pos nuli dipriksa nganggo kèkêr, nanging ora ana kang katon nyalawadi, ananging aku wus ngêrti, mungguhing wong jaga anane wani ngunèkake bêdhil iku, mêsthi ana prakara kang gêdhe.

--- 33 ---

Nuli ana sêrsan Jawa kang awèh wêruh, yèn ana wong pirang-pirang katon lamat-lamat saka kadohan, kaya arêp nyêdhaki bètèng, lakune katon ambrangkang. Dhèk samana sêrsan sêtabêlan wus ngêthungake cangkêming mriyêm, para saradhadhune wus siyaga, kari ngêntèni aba: pêr (Vuur) nanging tuwan kapitan kang dadi panggêdhene malah ngunèkake slomprèt têngara, lèrèn ambêdhil, amarga ing waktu iku ana sawijining saradhadhu Jawa matur: yèn wong Acèh kang katon iku dudu mungsuh, nyatane wong wadon karo anak-anake. Bêgja dene kadadeyane mung mangkono bae, amarga upama oraa mangkono, wong Kumpêni mêsthi anglakoni panggawe luput, agawe kasusahaning liyan.

Ature saradhadhu ing dhuwur mau kapara nyata, banjur ana wong katon saka kadohan, nyêkêl kacu diobat-abitake minăngka sasmita supaya Kumpêni aja nganti samar ing pandulu, jalaran saka adoh. Ewadene kaanane mau mung katon rêmêng-rêmêng bae, [ba...]

--- 34 ---

[...e,] amarga saka kèhing tanggul, awit saka kang samar ing pandulu, sanadyan kang katon iku têmêne bocah, bisa katon kaya wong tuwa andhêlik ana saburining thêthukulan, nêdya ngrangsang marang bètèng, lakune ambrangkang.

Aku lan wong patroli siji nuli kadhawuhan nêmoni marang wong kang lagi têka mau, barêng lakune wong mau wus cêdhak, banjur taktêmoni ana sajabaning bètèng. Satêkane ing ngarêpanaku, wong wadon mau katon sêmune kuwatir, rambute diure, yèn mirit saka ulate, anggone miris mau pancèn wus saka kana, anake têtêlu padha ngadêg aling-alingan bokne, uga katon padha wêdi. Aku tumuli takon marang wong wadon mau, apa kang dadi sêdyane, uga banjur mangsuli apa kang dadi karêpe, aku nuli matur marang tuwan kumêndhan, wong wadon mau tinampi ing tuwan kumêndhan kalawan apik, lan banjur dhawuh maringi pondhokan marang wong wadon mau dalah saanak-anake.

Kacarita sanadyan para saradhadhu Kumpêni

--- 35 ---

iku durung suwe anggone manggon ana ing pos kono, atine wus padha prihatin, amarga ana kancane saradhadhu tuwin ana wong wadon têtêlu: kang padha disêrang ing wong Acèh kang kasêbut dhuwur mau, lan banjur dicacah-cacah, iyaiku nalika milu tran sêporêt, ewadene para saradhadhu mau ora sêrik marang wong wadon mau, malah padha awèh pêpanganan, sawênèh ana kang awèh dhuwit. Dadi wus têtela yèn saradhadhu Kumpêni iku sajatine padha ambêk wêlasan, ora têgêlan, sanadyan yèn măngsa pêpêrangan padha ora etung wêlas marang mungsuhe. Anane mangkono iku wus bênêr, amarga saka lagi lêlawanan, dadi mungguhing mungsuh-mungsuh sarwa ngêkèhake kaluputan.

Uwong wadon mau barêng ênggone ana ing posku wus rong dina, atine wus wuwuh kêndêl, lan têtêmbungane marang bojoning saradhadhu wus ngêdak-êdakake, awit saka wêwatêkane mau, banjur kakirimake marang Kutharaja.

--- 36 ---

Dene saka pangrunguku, anane wong wadon mau ngayom marang Kumpêni jalarane mangkene:

Wong wadon mau bojone wus mati dhèk paprangan ing sacêdhaking Lamyong kang wus kapungkur, anane banjur sowan marang Kumpêni parlu nyuwun pangayoman, amarga anane ing desane wus ora bisa golèk pangan dhewe.

Barêng wus antara ana sasasi utawa rong sasi, aku wus kaêlih marang ing bètèng pakan krungcut, ana ing kono aku kêpapag lan wong wadon mau, diiring wong Acèh kang ora mêmungsuhan lan Kumpêni, saka ing desa Cadhe liwat ing posku arêp marang Kutharaja. Ora antara lawas, nuju ing wayah esuk, aku pinuju anjaga pagaweyan ana sajabaning bètèng, wêruh wong wadon mau têka anggawa dodolan arupa wowohan. Sarèhning aku kêpengin wêruh lan ngrungu bab adat lan wêwatêkaning wong băngsa Acèh, mula aku banjur miwiti clathu marang wong wadon iku, ngiras arêp takon apa sababe anggone [anggo...]

--- 37 ---

[...ne] dhèwèke nyuwun pangayoman marang Kumpêni.

Ing kene aku angandhakake wangsulane wong wadon mau, bokmanawa kêna kanggo pêpiritan mungguhing wêwatêkane wong Acèh, dene bisaku nămpa calathune wong wadon mau, amarga sathithik-sathithik aku mangêrti marang basa Acèh, aku sawuse têtakon, wangsulane wong wadon mau mangkone:[4]

Kula nuwun bandara, ing suwaunipun kula punika manggèn wontên ing dhusun Lamyong, bojo kula tansah sakitên kemawon. Dados botên sagêd tumut pêrang. Awit saking minkin[5] kula, dados namung manggèn wontên ing griya alit kemawon, tuwin misah saking padununganing kănca kula, dêdunung wontên ing papan ciyut. Ewadene punapa pawêdaling pakarangan kula ingkang ciyut wau, kula taksih mandumi dhatêng sawênèhing khaji. Khaji wau tansah ngojok-ojoki dhatêng bojo kula kapurih mêmandung ing wanci dalu dhatêng ing posing Kumpêni, tuwin kapurih mandung dhatêng [dha...]

--- 38 ---

[...têng] pawoning saradhadhu ingkang manggèn sajawining bètèng, bojo kula ugi nglampahi, nanging yèn botên angsal-angsalan, andadosakên nêpsunipun, bojo kula lajêng dipun pisuh-pisuhi, malah dipun siksa.

Kula tuwin anak kula sami botên sagêd mênggak dhatêng kajênging khaji wau. Bojo kula wau sayêktosipun dede tiyang Acèh, aslinipun saking pulo Malaka, sanadyan anggènipun manggèn wontên ing tanah Acèh sampun wiwit nèm, ewadene taksih dipun anggêp tiyang enggalan, mila dèrèng dipun pitados dening băngsa tiyang Acèh, bojo kula sampun cariyos wongsal-wangsul ngajak kesah saking nagari Acèh sarèhning kula taksih kraos, dados botên purun, wusana sande kajêngipun.

Dumadakan tiyang ing dhusun kula lajêng pêpêrangan kalihan Kumpêni, sabên dalu bojo kula kêpêksa tumut kêrigan kêmpalan wontên ing masjid, parlu tumut rêrêmbagan.

Nuju satunggiling dintên bojo kula kêpambêng botên sagêd tumut kêmpalan, amargi sakit. [sa...]

--- 39 ---

[...kit.] Sarêng pun khaji sumêrêp bilih bojo kula botên wontên ing pakêmpalan, nuntên kengkenan tiyang kapurih ngundang bojo kula, supados dhatêng ing pakêmpalaning ngakathah, ingkang sami ulah rêmbag wontên ing masjid, sadhatêngipun kengkenan wau wontên ing panggenan kula lajêng suka sumêrêp tuwin pratela yèn bojo kula sawêg sakit, nanging ungêl kula wau tanpa damêl, kula malah dipun sikara, tuwin bojo kula lajêng dipun sèrèt mêdal dhatêng jawi, dipun gêbagi ngantos mêdal rahipun, lajêng kairit dhatêng masjid. Sadumugining masjid botên mawi dipun titi pariksa malih, bojo kula lajêng dipun talikung, dipun gêbagi dêling ori ngantos kalêngêr. Wontênipun dipun makatênakên wau, saking cariyosipun khaji, amargi bojo kula duraka dhatêng kangjêng nabi.

Sasuwene wong wadon iku calathu, ing sêmu katon prihatin bangêt, katitik saka mripate angêmbung luh, uwong wadon mau nuli ambanjurake calathune:

Sarêng têtiyag ing pakêmpalan ngriku sampun kathah [ka...]

--- 40 ---

[...thah] ingkang sami kesah saking masjid, kula lajêng malêbêt ing masjid kanthi siliban, bojo kula lajêng kula bopong mêdal, saha lajêng kula bêkta mantuk, tatunipun kula rêsiki, nalika kula ngupakara wau kanthi kula têgêl-têgêlakên. Sarêng anak-anak kula sumêrêp lajêng sami nangis, manah kula tumuntên kêraos-raos, saya sarêng kula mirêng pitakènipun anak kula têmbungipun makatên: Apa ta dosane bapak, manah kula saya kados dipun jêjuwing.

Enjingipun kênthongan dipun tabuh têngara ngêrigakên kănca badhe pêrang, bojo kula botên sagêd tumut, jalaran badanipun nandhang tatu tabêting gêbag, tanganipun sami botên kenging kangge anggulawat, kula lajêng manggihi pun kaji, nêdhakakên pangapuntên ing kalêpatanipun bojo kula, patrap kula kanthi andhap asor: mawi kurmat jèngkèng tuwin nyêmbah, tuwin botên kêndhat tansah nangis, ewasamantên panangis kula tanpa damêl. Wangsulanipun kaji wau: Kowe wong wadon arêp milu-milu apa, minggata, bojomu pancèn [pa...]

--- 41 ---

[...ncèn] cidra ing janji. Rai kula tumuntên dipun tapuki, irung lan cangkêm kula ngantos mêdal rahipun daleweran, manah kula saya botên kantên-kantênan, ananging kula botên purun sêsambat, kêkêncênganing manah kula: kula badhe malês dhatêng pandamêlipun kaji wau, botênipun inggih minggat saking panggenan ngriku. Kula punika dhatêng băngsa kula rumaos rêmên lan trêsna, ewadene sarêng badan kula kraos sakit sarta kaanggêp tiyang enggal-enggalan kemawon, manah kula lajêng tuwuh gêthing dhatêng băngsa kula piyambak. Dene sêdya kula badhe nilar panggenan wau botên sagêd kalêksanan tumuntên, taksih angagak-agak nandhang cintraka salêbêtipun gangsal taun malih.

Dene prangipun kănca kula băngsa Acèh botên sagêd lêstantun, malah tansah dipun angsêg ing Kumpêni, sarêng Kumpêni saya cêlak ing padunungan kula, manah kula saya bingah, ciptaning batos kula, iba bingahing manah kula mênawi kula sagêd luwar saking bêbaya paniksanipun khaji wau, mugi-mugi enggala kasêmbadan linuwaran dening băngsa Kumpêni, kula [ku...]

--- 42 ---

[...la] lajêng sagêd manggèn wontên ing Kutharaja, pamuji kula mugi Kumpêni karsaa nêmpuh dhatêng ing padhusunan kula, wusana sayêktos, pamuji kula wau badhe kasêmbadan, katitik saking kawontênaning bètèng-bètèng ingkang sami kadamêl ing wêkdal wau.

Sanadyan băngsa kula sampun nyobi rambah-rambah nêmpuh dhatêng Kumpêni: nêdya ngungsir saking bètèngipun, nanging băngsa Walandi botên keguh, malah kêndêl-kêndêl, wana-wana sami binabadan, pandugi kula botên sande, dhusun kula ugi tamtu badhe katêmpuh, sagêd kula ngintên makatên wau, amargi băngsa kula sampun wiwit ngêdrèli Kumpêni saking padhusunan kula, Kumpêni ugi animbangi tansah andhawahakên mimis dhatêng băngsa Acèh. Ing wusana salêbêtipun wulan ingkang kapêngkêr sêdyanipun băngsa kula badhe nêmpuh dhatêng bètènging Kumpêni, bojo kula kêpêksa tumut pêrang, sanadyan manahipun botên kajêng, nanging botên kenging selak, kêdah tumut, wêkasan anêmahi pêjah wontên ing paprangan sacêlakipun dhusun ing Lamyong. Jisimipun agubras [agubra...]

--- 43 ---

[...s] rah, lajêng kabêkta dhatêng ing panggenan kula, dipun brukakên wontên sangajênging griya, kula nalika ningali dhatêng warnining bangke wau: manah kula dados gêtêr lan miris, ananging dangu-dangu kula lajêng mupus ing pêpasthèn, malah manah kula lajêng sagêd sumèlèh, sukur dene bojo kula lajêng sagêd dumugi ing janji, sagêd angoncati saking gênging siksa, makatên malih mênggahing piyandêl kula, bojo kula sampun dumugi pangayunaning Pangeran.

Sangajaling bojo kula, sêdyaning manah kula lajêng badhe manggèn ing dhusun, nanging botên wontên tiyang ingkang anggape dhatêng badan kula, tuwin botên wontên ingkang purun nyukani têdha, mila sarêng ing wanci dalu, kula tuwin saanak kula têtiga lajêng lolos saking dhusun, sumêdya ngungsi dhatêng băngsa Walandi, ingkang kawartos kêdunungan manah sae, ambêk wêlasan, botên kados băngsa kula piyambak, tuwin pangintên kula: băngsa kulit pêthak punika tamtu badhe purun rumêksa dhatêng jasad kula, o, mugi-mugi gusti kangjêng nabi maringana bêrkah dhatêng băngsa panjênêngan.

--- 44 ---

Botên lami, sarêng kula sampun gêgriya wontên ing dhusun Cadhe, kula lajêng kapêndhêt bojo dhatêng tiyang Acèh ingkang botên mêmêngsahan kalihan Kumpêni.

Dhèk samana ana wong lanang băngsa Acèh liwat ing dalan sacêdhaking panggonanku, lan padha caturan lan wong wadon iku, uwong wadon mau banjur anudingi marang wong lanang rewange kêkandhan lan kăndha marang aku: yèn wong lanang kang ditudingi iku bojone. Wong lanang mau banjur nyêdhaki aku patrape urmat, têmbunge taklim: tabe tuwan. Ananging ing sêmu katitik kurang prasaja, amarga ora ana èmpêre wong arêp mêmitran, sêmune katon wong laku cidra, katara matane pandirangan, lan èsême ora barès. Sawuse mangkono, uwong loro mau padha pamitan, lan aku diarêp-arêp marang ing omahe ing desa Cadhe, mung parlu arêp disugata wowohan, saka panêmuku ora parlu nglêksanani têka marang panggonane, amarga pandugaku mung lamis bae. Lan aku banjur nitèni marang wêwatêkane wong Acèh

--- [0] ---

[Grafik]

Kapitein mar: K.V.D. MAATEN

Tuwan Kaptin Marsuse K.V.D. MAATEN.

Off. Van Gez. 1e kl. H.M. NEEB.

Tuwan dhoktêr militèr pangkat 1. H.M. NEEB.

1e Luitenant G.K. DIJKSTRA.

Tuwan litnan pangkat 1. G.K. DIJKSTRA.

2e Luitenant mar: H. CHRISTOFFEL.

Tuwan Litnan Marsuse pangkat 2 H. CHRISTOFFEL.

--- 45 ---

pancèn ora kêna tinămpa lămba.

Ora antara lawas saka kang tak caritakake mau, aku olèh katrangan, manawa wong lanang kang tak kandhakake ing dhuwur, pancèn bangsat lagi minggat saka paukumane, nêdya ngungsi marang bangsane, amarga saka kaluputan laku cidra. Dene kang wadon ora milu, lan pangandêle marang băngsa Walănda isih lêstari.

__________

5. Wong Marsose ing Tanah Acèh.

Nalika ing taun 1891, nuju ing sasi Juli tanggal kaping 7 wayah jam satêngah nêm sore, bêrgada ăngka sanga cacahe saradhadhu limalas, mung băngsa Ambon lan băngsa Jawa, têtindhihe sêrsan Walănda aran Wèrnêr (Werner) padha kadhawuhan mêtu saka Kutharaja, mênyang ing Lampêrme, dalane ngliwati Kuthaalam, parlu andikakae andhêlik ing wayah bêngi ana têngahing bètèng Lampêrme lan ing pos Sirun, ing saiki pos loro mau wus binubrah.

--- 46 ---

Lakuning bêrgada mau ingarah supaya têkane ing Lampêrme bisaa ana ngarêpake wayah surup, lakune kudu ditata, lan kudu ngati-ati, amarga dalane kang bakal kambah pating cêkluthik, mêtu ing antarane wit-witan kang kêtêl, lan gêgrumbulan kang rungkut, malah ing têngah ana gumuke, sanadyan ing wayah iku ora ana bêbaya, ewadene lakuning bêrgada ora tinggal kaprayitnan. Kira wayah jam pitu bêrgada mau wus têkan ing Lampêrme, dohe saka bètèng Sirun watara ana sèwu pitung atus mètêr, ora ana mungsuh kang ngrusuhi lakune, dene antarane desa Sirun lan pos Sirun mau ora ana aling-alinge apa-apa, kikising desa kang sisih wetan padhang, têpung watês karo sawah kang ămba, iyaiku dadi watêsing bumi kang wus kabawah ing Kumpêni lan bumining mungsuh. Sawetaning desa Sirun ana dalane ciyut mênyang krêtêg ing kali cilik, sacêdhaking dalan kang ngulon bênêr ana uwit gêdhe siji, dohe saka dalan kira-kira ana sapuluh jangkah, bokmênawa nalika palêmahan kono dibabadi alase:

--- 47 ---

uwit mau kèri. Ing poking uwit kang gêdhe mau ana luwangane kang ambane cukup kanggo andhêlik wong Marsose bêrgada.

Barêng bêrgada wus ngaso ana ing pos Lampêrme, nuli ambanjurake lakune, nanging kêwêngèn ana ing dalan, sanadya[6] lintang-lintang ing langit katon abyor, ewadene pêtênge isih andhêdhêt. Uwong Marsose padha ora karasa kêsêl, malah ambanjurake lakune mêtu ing tanggul-tanggul, wusana anjujug ing luwanganing wit gêdhe kang kasêbut ing dhuwur, lan banjur manggon ana ing kono. Panggonan iku prayoga bangêt, upama golèka manèh ora olèh kang prayogane ngungkuli iku.

Saradhadhu kang padha malaku padha prayitna tansah milang-miling ngiwa nêngên, drijine wus padha ditèmpèlake sêntilaning bêdhile, lakune padha dhêngkluk, sabên-sabên padha lèrèn, banjur padha mriksa sarta niling-nilingake swara kang kêprungu, kang lumaku ana ing ngarêp Sêrsan Wèrnêr, awèh sasmita tăndha maju. Barêng lakuning bêrgada mau wus cêdhak lan luwangan, kira-kira [kira-...]

--- 48 ---

[...kira] kari watara sèkêt jangkah, nuli ngrungu ana swara kumrèsèk, para saradhadhu banjur mandhêg sarta bajur nilingake tuwin nitipriksa manèh: apa kang nyuwara mau, ananing ora ana rêrupan kang katon, amarga saka pêtênge. Ing kono niyate para saradhadhu wus arêp ngêdrèl, nanging sarèhning ora ana kang katara obah: dadi wurung sêdyane. Barêng diantarakake rong mênit ora ngrungu apa-apa, nuli ambanjurake lakune, barêng anggone lumaku durung ana salikur jangkah, dumadakan bêrgada iku dibêdhili ing mungsuh, lakuning bêrgada banjur lèrèn. Mungsuhe anggone ngêdrèli saka sakiwa têngêning dalan, kèhe kira-kira ana wong satus, padha asikêp gêgaman, lan banjur padha mlumpat saka ing luwangan kang kasêbut ing dhuwur mau, tuwin banjur padha ngrukêt lan surak-surak, nalika mungsuh anêmpuh mau ana saradhadhu kang mati utawa kêtaton, kèhe lêlima, dadi gêgolonganing wadya ing sathithik mau mung kari saradhadhu sapuluh.

Sêrsan Wèrnêr tandange kêndêl bangêt, nuli ngatag [nga...]

--- 49 ---

[...tag] marang saradhadhune, têmbunge: Ayo trajangên. Lan sadurunge para saradhadhu iku wus diwulang, samăngsa kadadak tinêmpuh ing mungsuh aja ana mundur, malah kudu andhisiki nêmpuh. Awit saka iku saradhadhu mau banjur padha surak-surak sarta ngrangsang marang wong Acèh kang cacahe luwih akèh, pêrange rukêt anggêgirisi, suraking wong Acèh awor lan suraking para saradhadhu: ngumandhang ana ing awang-awang, unining klewang kumêmprang. Sanadyan mungsuh mau akèhe tikêl, ewadene padha mundur, bokmanawa jalaran miris atine. Sêdyane Sêrsan Wèrnêr arêp numpês mungsuhe kang ana ing ngarêpe, sawuse banjur nêdya arêp mapan ing luwangan, ananging ora bisa kalêksanan, amarga kancane kang padha kêtaton ora kêna digawa mrono, dadi mung nêdya arêp ambanjurake pêrang ana ing panggonaning kancane kang padha kêtaton, dipilaur mati angrungkêbi ana kono, tinimbang karo negakake kancane kang padha kêtaton. Sêrsan Wèrnêr banjur parentah marang kancane, supaya ngusêng marang [ma...]

--- 50 ---

[...rang] saradhadhu kang padha kêtaton, sabisa-bisa parlu rinêksa. Barêng mungsuhe mundur, para saradhadhu kang ora kêtaton bajur padha ngêdrèli, sarèhning anggone ngêdrèli saka ing cêdhakan, dadi mungsuhe akèh kang padha mati. Awit saka iku wong Acèh banjur ngroyok manèh, pamangsahe luwih riwut, ora kêna disêmbadani, wong Acèh awor lan wong Kumpêni wus padha liwung, ngobat-abitake klewange kang landhêp bangêt.

Agul-agule wong Acèh siji loro ana kang marani marang Tuwan Wèrnêr, ênggone narajang ngiwut, bêgja dene Sêrsan Wèrnêr sumurup marang bêbaya iku, saradhadhune siji loro ana kang tumêmên angêdrèli, nanging wong Acèh mêksa bisa malêbu marang sajroning kalangan, golonganing saradhadhu ana kang tatu siji loro. Ana sawênèhing wong Acèh arêp nyabêt marang saradhadhu aran Baltasar, nanging kêna tinangkis dening Si Sêmukil nganggo poporing bêdhile, ing wusana wong Acèh iku dibêdhil tumêka ing pati, dene kang loro dilunasi dening Sêrsan Wèrnêr.

--- 51 ---

Sarèhning kèhing mungsuh angêrobi, măngka ananing Kumpêni mung kari Sêrsan Wèrnêr kanthi saradhadhu lêlima, iyaiku Baltasar, Dipa Sêmita, lan saradhadhu têlu liyane, banjur padha nyingkirake kancane kang padha kêtaton, wusana padha gumun, dene kănca liya-liyane ora ana kang padha nandhang tatu, măngka yèn nitik labêting bêbacok ing bêdhile, têtela bangêt anggone nangkisi pambacoking mungsuh tanpa kêndhat.

Sajrone pêpêrangan iku wong Marsose dipisah dadi rong golongan. Karêpe bisaa mundur dadi rong păntha, amarga patrap mangkono iku banjur bisa tulung-tinulung ambêdhili mungsuh, ewadene bêrgada mau isih duwe sumêlang, sababe mangkene: awit barêng mungsuhe padha anggolèki kancane kang padha kêtaton utawa mati, katon padha arêp wani, tujune kêna padha diundurake dening saradhadhu kang padha titis pambêdhile.

Para saradhadhu kang ana sajroning bètèng ing Lampêrmelan Sirun, barêng ngrungu surak-surak [surak-sura...]

--- 52 ---

[...k] ngumandhang padha kagèt, banjur padha mêtu marag sajaban baluwarti, ing kono saya rinungu cêtha swarane kang padha pêpêrangan, wus têtela kang campuh ing ayuda mau wadya Marsose, wong Acèh padha anjêrit sarta jêlih-jêlih anggêgirisi bangêt, dene swaraning bêdhil Kumpêni anandhakake yèn ênggone nanggulangi mungsuh bangêt ing kêndêle. Saka pangarêp-arêpe para saradhadhu ing bètèng, muga-muga lakuning patroli kang didhawuhi ambiyantu aja kongsi kasèp ing têkane, nuli bisa angluwari marang para wadya Marsose saka paprangan. Saradhadhu ing sajroning bètèng nuli nglêpasake mimis kang bisa madhangi ing papan paprangan, ananging eman bangêt, amarga tibaning mimis mau ana saburining Marsose, dadi cacahing Marsose kang mung sathithik mau malah kajodheran ing mungsuh. Barêng mungsuhe padha wêruh, sanadyan maune wus kasoran, dadi wani manèh, amarga bangêt ing isine dene kasoran lan mungsuh kang mung sathithik bangêt, nuli angayati nêmpuh manèh, anggêro kaya macan.

--- 53 ---

Marsose mau wus tinêmpuh ambal kaping lima, rinangsang nganggo gêgaman kalewang, ananging padha ora kewran, dening saka kaprigêlane, ênggone nangkisi gêgamaning mungsuh nganggo pêdhang Kumpêni kang wangune uga kaya klewang, wêkasan mungsuhe kêpêksa mundur. Dhèk samana para saradhadhu wus ora kobêr ngisèni bêdhile, jalaran mungsuhe padha ngrukêt, mula pêrange bajur adu klewang bae.

Ana sawênèhing saradhadhu Ambon aran Sêmukil, bangêt panas marang mungsuhe, amarga ana kancane saradhahu Ambon kang kêbêdhil, upama Si Sêmukil ora diêndhakake dening Sêrsan Wèrnêr, kudu arêp nêmpuh marang kumpulane wong Acèh kang cacahe luwih akèh, tandange Sêmukil kaya singa kêtaton.

Sanadyan saradhadhu iku ajêk kêkêndêlane, ewadene mungguhing bêrgada mau durung mêsthi yèn ta unggula jurite, amarga wus kêntekan mimis, lan kêkuwatane wus suda, dening saka bangêt kêsêngka ênggone ngêtog karosan.

--- 54 ---

Sasuwene campuh ing paprangan, rinungu ana swaraning slomprèt, unining slomprèt mau sinambungan ing surak ambal-amabalan atăndha bungah, iyaiku lakuning patroli saka ing pos Lampêrme arêp nyêdhak mrono. Sêrsan Wèrnêr nuli ngatag marang saradhadhune supaya ngrangsang mungsuh, amarga mimis kang madhangi paprangan mus mati, têtindhing patroli kang lagi têka awèh tăndha marang Tuwan Wèrnêr, supaya ngundurake saradhadhune saka sapinggiring desa, wangsulane Tuwan Wèrnêr: Ora, kancaku kang tatu akèh.

Sêrsan Wèrnêr sakancane rumasa bêgja, amarga kang arêp têtulung wus cêdhak, kosok baline wong Acèh dadi uwas, lan cuwa atine, dene kapêksa nguwisi. Awit saka kagète wong Acèh: dadi gugup ênggone ngunduri, uwong Kumpêni banjur nglêpasake mimise kang pungkasan.

Si Sêmukil anguwuh kanthi manthêlêng, dening kabranang ing nêpsu lan saka riwut tuwin saka adrêng sêdya malês, têmbunge: Mêngko êntènana.

--- 55 ---

Wêktu iku patroli kang saka ing bètèng Sirun uga wus cêdhak, lakune cakrak nuju marang papan paprangan.

Saradhadhu kang padha kêtaton nuli padha ditulungi, nalika lagi têtulung, kagèt binêdhilan ing mungsuh saka ing Krunglingkar, barêng patroli kang saka ing Sirun sumurup banjur malês ngêdrèl marang mungsuh mau, saradhadhu kang kêtaton banjur digawa marang Lampêrme, rinêksa ing patroli.

Saradhadhu kang aran Baltasar nandhang tatu rêkasa, malah wus ora kêna diarêp-arêp uripe, amarga kang kêtaton êndhase, jalaran kêna mimis, mula satêkane ing bètèng banjur mati. Si Baltasar iku wiwit pêrang ing Acèh kang kawitan wus milu, ora tau lara lan ora tau kêmba ing atine, tansah ajêg kêkêndêlane, awit saka kawantêrane iku, dhèwèke wus tămpa ganjaran mêdhali, arupa mêdhali kang dadi têtêngêring wadya paprangan, aran mêdhali: sêtya tuhu labuh ing Kumpêni ing salawas-lawase, katon tansah rumêngga ana ing dhadhane. Lan manèh wus olèh tăndha titising pambêdhile,

--- 56 ---

kèhe loro. Sapatine Baltasar, kancane padha prihatin lan padha prasêtya ana sangarêping layon, prasêtyane: sêdya arêp malêsake ing patine.

Wayah jam sapuluh bêngi bêrgada mau banjur mulih, nunggang sêpur marang Kutharaja, satêkane ing Kutharaja banjur ingacaran dening tuwan kapitan sarta tuwan upsir sawatara. Tuwan kapitan ênggone mêdharake pangandika marang Sêrsan Wèrnêr sakancane, bangêt agawe ngêrêsing ati, dene pangalêmbana mungguhing kêkêndêlane nalika rukêt lan mungsuh: bangêt angrêsêpake, sarta agawe bungahe kang padha ingalêmbana.

Awit saka kêkêndêlane Sêrsan Wèrnêr, ênggone wani nanggulangi mungsuh akèh mung kanthi kănca sathithik, ginanjar ing bintang wilêm sordhe, lan tinarima ênggone bisa gawe têtuladan bêcik, kêkêndêlane bisaa tinulad ing para kancane.

Dene anane saradhadhu kang kêtaton, iyaiku băngsa Jawa aran: Karyadikrama, Dipasêmita, Ranataruna, lan Slamêt,

--- [0] ---

[Grafik]

VOLDERS. Tuwan VOLDERS.

VAN ZON. Tuwan VAN ZON.

HEIJNEN. Tuwan HEIJNEN.

KONIJN. TUWAN KONIJN.

VAN DEN BERG. Tuwan VAN DEN BERG.

--- 57 ---

bêgja dene padha bisa waras. Sawuse padha waluya banjur bisa nindakake pagaweyane manèh, kanthi têmên srêgêp tuwin mantêp.

6. Patroli kang Pagaweyane Mutawatiri.

Aku arêp mratelakake prakara prang ing Acèh kang wus kapungkur ing sawatara taun, iyaiku ing nalika sasi Sèptèmbêr taun 1876. Ananging sadurunge tak caritakake, aku parlu anêrangake dhisik mungguh nalar-nalare lêlakon iku.

Wus kêlakon rambah-rambah, mungsuh padha pêpanthan nêmpuh marang angkatan tran sêporêt, utawa marang patroli-patroli awit saka sabab kang mangkeno[7] iku, ora kêna ora ananing pos-pos kudu disantosani ing pangêpunge, lan manèh kudu angadêgake bètèng anyar, supaya lakuning tran sêporêt saka Kutharaja marang Kuwala Gigièng bisa dadi santosa. Kuwala Gigièng iku pos kang adoh dhewe, kaprênah ana gêgisiking sagara. Kajaba iku kudu nundhung mungsuh saka ing tanah kang kinubêng [kinu...]

--- 58 ---

[...bêng] ing rawa Krungcut lan sungapan Gigièng

Saka pamrayogane wong kang wus nyatakake marang papan mau, ing Krungcut prayoga diadêgi bètèng kang santosa. Dene wong Acèh kang pancèn wus bisa milih panggonan kang prayoga, wus padha gawe bètèng ana sapinggiring rawa Krungcut, ing kono akèh kali cilik-cilik kang iline anjog marang rawa mau, antaraning rawa iku lan sagara, ana palêmahane kang ora kêna diambah ing wong, jalaran saka rungkude, watêse kang lor, wetan tuwin kidul, padha gumuk mayat, sapucaking gumuk akèh kijinge, tuwin akèh gêgrumbulane, alase kêtêl, têbane kongsi têkan pagunungan, yèn disawang saka ngisor desane katon munggul kaya ana sadhuwuring kêkayon, wus mêsthi bae ing padesan kono dadi panggonaning mungsuh, amarga papane prayoga, ora wurung ing kono mau mêsthi bakal dadi papaning paprangan.

Kocapa, nalika ing sasi Sèptèmbêr tanggal kaping pat, ing taun kasêbut ing dhuwur, Kumpêni ambudhalake bala nglurug marang laladan iku, [i...]

--- 59 ---

[...ku,] kèhing bala ana sèwu têlu bêlah, padha asikêp sangkuh, wadya sêtabêlan ana têlung sèksi, sapir wong têlung puluh, kang mandhegani Tuwan Mayor pan Bènêkom.

Campuhing yuda kongsi rambah-rambah, wêkasan ing Krungcut bisa bêdhah. Dene sadurunge bisa ambanjurake laku, saka panimbanging senapati: bepak kang ana ing desa Cadhe andikakake muwuhi kèhe, nganggo kolonê kang katindhihan Tuwan Mayor van Tèin (van Teijn) jalaran saradhadhune wus akèh kang kêtaton, tuwin wus padha kêsêl bangêt. Măngka mungsuh padha tansah ngrusuhi bepak, sanadyan wus akèh kang padha mati, nanging ora cilik atine.

Amrih bisane lêstari ênggone Kumpêni gawe tangsi ana ing desa Cadhe, tuwin slamête kang bakal ngamping-ampingi ing bepak mau, Kumpêni banjur agawe omah minăngka bètèng, iyaiku angênggoni masjid ing Kliyèng, kang wus dibêdhah ing Kumpêni sarta wus didandani kukuh didadèkake tangsi, wangune

--- 60 ---

omah rinombak kaya bètèng, dijaga ing saradhadhu saplêtun.

Uwong Acèh nganggêp bètèng iku dadi klilipe, sêdya arêp dirêbut manèh, malah uga wus tau kêlakon anêmpuh marang masjid kang wus dadi bètèng mau, pangrangsange ngiwut.

Ing tanggal kaping nêmlikur sasi Sèptèmbêr, mungsuh nêmpuh manèh, panêmpuhe saya luwih kêndêl, nanging kêna kabalèkake, măngka anane saradhadhu kang nanggulangi mau mung sathithik, saunduring mungsuh mau, sabanjure ing bètèng kono ora tinêmpuh ing mungsuh manèh, amula wong Kumpêni angucap sukur.

Mangkono uga masjid ing Silang uga wus kalêksanan rinêgêm ing Kumpêni, sarta wus digawe santosa, masjid iku dohe saka masjid ing Kliyèng ana sèwu mètêr.

Awit saka karsane Tuwan Jendral Wiggèrs (Wiggers) banjur arêp ngrampungake dalan saka desa Cadhe marang desa Kuwala Gigièng. Dhèk samana dalan mau nuju digarap, mungsuh kang kawilang kêndêl, padha ora gêlêm sumingkir lan ora wêdi, tansah ngrusuhi marang Kumpêni, [Ku...]

--- 61 ---

[...mpêni,] yèn ngrusuhi cêdhake nganti kurang sapambêdhil, malah mapan ambêdhili marang Kumpêni, warna-warna ênggone nindakake piala kang amrih gawe pitunaning Kumpêni.

Patroli-patroli saka bepak ing Cadhe wus rambah-rambah marang ing Gigièng, parlu andhêdhêp lan andingkik marang laku jantraning mungsuh, pandhêdhêp mau kanthi anglakokake têlik marang panggonaning mungsuh, awit saka wartane wong kang padha nêlik mangkene: ing sacêdhake desa Kliyèng dohe saka desa Cadhe watara ana sèwu nêmatus mètêr, kaprênah ing sapinggir kulon desa Tukunyablang, ing kono ana bètènging mungsuh aran bètèng Kaju, gêdhe bagêt, lan ana mariyême. Nanging saka wartane, kang padha anjaga bètèng mau kurang rumêksane, malah yèn wus wayah lingsir kulon padha tininggal turu.

Sarèhning Kumpêni sêdya nglurug marang sauruting desa Blangbanjang, măngka sumêlang yèn mungsuh ing bètèng Kaju bakal agawe pakewuh marang lakuning Kumpêni, kang iku: saka karsane senapati andikakake matroli marang

--- 62 ---

bètèng mau. Upsir kang tinuding dadi têtindhih Tuwan Wikhêrs (Wichers) kang wus kaloka ing kêkêndêlane, lan katitik nalika ana ing Analabu, panjênêngane ora wêgah nyêrang bêbaya.

Mungguh saradhadhu kang andhèrèk Tuwan Wikhêrs, mung padha sakarêpe dhewe, upsir kang dadi têtindhih iku pancèn kêna ingandêl mungguhing pagaweyan kang mutawatiri. Dene kang andhèrèk iyaiku Sêrsan Mayor Yobsê, lan saradhadhu Jawa loro, Urip lan Sumasastra.

Dhawuhing senapati, kapisan andikakake nyatakake bètènging mungsuh, kapindho kadhawuhan ngrusak mriyêming mungsuh kang dumunung ana ing bètèng mau, kaping têlune nitia marang kaanane tuwin panggonane.

Uwong dadi têlik sandi marang jajahaning mungsuh iku parlu kêsinungan ati têtêg lan kêndêl, dene Tuwan Wikhêrs mau pancèn dhasar kadunungan budi mangkono.

Barêng tanggal kaping patlikur sasi Sèptèmbêr wayah jam 2 awan, patroli kang dipandhegani Tuwan Wikhêrs, mangkat saka bepak, lakune [laku...]

--- 63 ---

[...ne] anasak grumbul kang kayoman ing wit-witan kang gêdhe-gêdhe, lakune kongsi têkan ing desa Tukunyablang ora konangan ing mungsuh, nuli ambanjurake lakune, ananging wuwuh pangati-atine, amarga grumbul kang disasak saya kêtêl, para saradhadhu ora bisa andêdêlok ngiwa nêngên, kajaba mung gêgodhongan kang ana sacêdhaking kono. Sawêtune saka pagumbrulan banjur anjog ing alas grêng, bangêt ing rungkude, thêthukulan warna-warna katon kêtêl nganti kaya ara-ara, prasasat mèh ora kêna tinêrak, kaanan kang kaya mangkono mau kang tansah ngalang-alagi marang lakuning para saradhadhu.

Ananging mungguhing wong Acèh, alas kang kasêbut ing dhuwur mau inganggêp sapele bae, awit saka wus kulina ngambah ing ambah-ambahan kang sungil tuwin rungkud, dadi yèn mung alas kaya mangkono bae bisa gampang ing lakune, lan wêruh dalane kang nalusup-nalusup, wit-witan kang gêdhe-gêdhe malah dadi ancêr-ancêring laku, dene yèn tumrap saradhadhu Kumpêni dadi kosok baline, alas kang kaya mangkono [mangko...]

--- 64 ---

[...no] mau prasasat dadi mungsuh dhewe, sanadyan sinêranga ing gêgaman dikayangapa, oyode iya tansah tuwuh ngămbra-ămbra, wêkasan angarubiru manèh.

Barêng tindake Tuwan Wikhêrs tumêka ing alas mau, tuwuh èngêtane: yèn kudu masang kaprayitnan, amarga kuwatos yèn kêsasar, lan bisa uga ana ing gêgrumbulan kono kêprêgok ing pangaubaning mungsuh, sanalika kono panggalihe Tuwan Wikhêrs dados samar, ananging mung sakêdhap, panglocitaning galih: yèn mandhêg tansah dadi pikiran apadene banjur bali ing dalan. Wêkasan dhawuhing senapati bakal ora kalêksanan. Awit saka iku, Tuwan Wikhêrs banjur ngatag marang kănca-kancane, supaya ambanjurake lakune, sanadyan nêmua bêbaya kang kaya apa aja parduli, êmbuh kapriye kaanane ing buri, ing saiki mêsthi nglakoni ayahan.

Patroli mau banjur ora mlaku manèh, mung padha ambrangkang rêrambatan malembar turut wit-witan, sadhela-sadhela padha ngaso, ambêkane krênggosan, lan milang-miling ngiwa nêngên nginjên [ngi...]

--- 65 ---

[...njên] saka sasêlaning gêgodhongan. Lakune kang kaya mangkono mau kongsi suwe, ora kêpapag ing mungsuh, wêktu iku panase bagêt, ewadene wong papat kang padha nglakoni ayahan mau padha tumindak kalawan têmên-têmên, kongsi padha ora ngrasakake gumrobyosing kringêt ing awake, lan ora ngrasakake ênggone awake padha kêbalur-balur ing êri kang landhêp, gêtihe kongsi padha katon pating parêntul lan tumètès.

Ing kono lakuning patroli mau mandhêg, jalaran ngrungu ana wong nywara nganggo têmbung Jawa, nanging kang nyuwara ora katon, nanging manawa nitik sêruning swara mau, uwonge kang kêkandhan ora adoh saka ing panggonan kono. Barêng dinyatakake, ing sacêdhake kono katon ana omah cilik siji loro ana saburining wit-witan, ing sakubênge ana pagêre. Patroli mau banjur nyêdhaki, lakune ngati-ati, banjur mapan ana sacêdhaking pagêr, anggone andhêdhêp suwene kongsi saprapat jam, nuli ana [a...]

--- 66 ---

[...na] wong siji loro kang mêtu saka ngomah, jêbul wong mau wong pranteyan kang wus padha minggat nêdya arêp ngècu. Saupama kang mrêgoki mau dudu patrole Tuwan Wikhêrs, wus mêsthi wong pranteyan mau padha nêmu sangsara, ananging saka karsane Tuwan Wikhêrs, uwong pranteyan mau banjur padha kadhawuhan supaya mulih marang panggonane bae. Uwong pranteyan nuli padha matur marang patroli, yèn satêmêne panggonan ing kono iku sêpi ing mungsuh, banjur ngaturi katrangan ing ngêndi panggonan kang prayoga dituju. Lakuning patroli nuli mêtu dalan cilik, ora suwe têkan ing sawijining bètèng cilik tur sêpi, bètèng mau nuli kanggo pangauban, lan kaanggêp kêkuwatane cukup saupama kanggo nglawan mungsuh.

Mirit saka ing petungan, bètèng kang bakal ditêlik wus ora adoh saka kono, satêmêne adohe kari kurang karo bêlah mètêr, kaprênah ing lor wetan, tumbênging mariyêm loro lan lela wus katon, munggul ana ing sadhuwuring baluwarti, warnane anggêgirisi.

--- 67 ---

Barêng saradhadhu andêlêng iku, ora bisa ngampêt bungahing atine. Lan salugune tumapaking gawene iya ing wêktu iku, mula parlu padha ngêtokake kaprigêlan kapintêran, kêpriye mungguh prayogane linakon.

Sawuse lèrèn sawatara, Tuwan Litnan Wikhêrs, lan Sêrsan Mayor Yobsê mangkat, saradhadhu kang loro padha kadhawuhan kèri, lan padha diwêling kudu kang awas sarta ora kêna pating klêsik. Tuwan Wikhêrs lan Yobsê padha gêgandhengan, nlusup ana ing grumbuling thêthukulan kang akèh êrine, ngênêr marang ing dhapuran pring kang cêdhak lan bètèng kang arêp didhêdhêp. Sawuse têrang nuli nitipriksa landhakan, landhakan iku kinira têrusan lan kalenan ing bètèng. Sadurunge mêdhun marang kalèn mau, sakiwa têngêne wus dipriksa dhisik, banjur ngantarakake sawatara suwe, bokmanawa ana barang kang mutawatiri. Atine padha trataban, matane padha ting panthêlêng, ora padha wani ngucap, prentahe Tuwan Wikhêrs mung nganggo tăndha-tăndha bae. Ing kono [ko...]

--- 68 ---

[...no] ngrungu ana swaraning bêdhil dicêngkangake. Tuwan Wikhêrs miyak pang-pang kanthi ngati-ati, parlu arêp nyatakake, ananging panginjêne tanpa gawe, amarga ora ana sabawaning apa-apa manèh, ing kono tinêmu sêpi bae.

Sênadyan tuwan loro mau atine dikêndêl-kêndêlake, awake mêksa dadi gumêtêr, amarga angira: ora wurung bakal katêkan mungsuh kang ambêk siya lan têgêlan marang patining liyan. Ing wêktu iku tindake Tuwan Wikhêrs durung bisa olèh katrangan, apa bètèng mau dijaga ing mungsuh, apa wonge padha turu, utawa pira cacahe mungsuh, lan ngêndi panggonane wong kang jaga, kabèh mau padha ora kêna mung kalawan kinira-kira. Patrol mau banjur mudhun ing landhakan, padha angliga gêgaman, sawuse têkan ing kalèn banjur munggah ing baluwarti bètènging mungsuh. Lakune mau padha ora sumurup yèn satêmêne wus kasumurupan ing pacalang wong Acèh kang ana sajroning bètèng, sakawit padha ngrungu kumrosak ing grumbul, mula banjur padha siyaga, nyadhiyakake bêdhile tuwin anggugahi kancane [ka...]

--- 69 ---

[...ncane] kang padha turu. Barêng lakuning patrol têkan ing dhuwur baluwarti, nuli dipapagake ing mimis.

Tuwan Wikhêrs lan Sêrsan Mayor Yobsê isih pinayungan ing lêluwure, mimis kang kumrutug ngênêr ing wong loro mau ora ana kang ngênani, nuli padha api-api kêna mimis, angglundhung saka baluwarti niba ing kalèn manèh, lan enggal padha mlayu urut landhakan liyane, satêkane ing jaba padha lèrèn, ngaso ana saburining gumuk kang ngisor, parlu arêp rêmbugan kêpriye mungguh ênggone bisa ngoncati bêbaya iku, durung kongsi tutug ênggone rêrêmbugan, saradhadhu loro padha nusul mrono. Saka karsane Tuwan Wikhêrs, sarèhning dhawuhing panggêdhene durung kongsi kalêksanan kabèh, mula ora karsa kondur, malah arêp ngubêngi bètènging mungsuh dhisik, kêlakon nuli ngubêngi bètèng, apa kaanane kang wus kapriksa: padha digambar, ora pisan-pisan angèngêti manawa isih cêdhak lan bêbaya. Barêng wus arêp kondur, ing kono mirêng ana swara krèsèk-krèsèk [krèsè...]

--- 70 ---

[...k-krèsèk] kaprênah ing buri. Sanalika iku wong papat banjur ungkur-ungkuran, lan padha nyêpakake bêdhile, mapan nêdya nglawan mungsuh kang arêp têka, niyate padha ora gêlêm kalah: kajaba yèn wus mati.

Tuwan Wikhêrs nuli dhawuh marang kancane, aja padha uwas atine, wêkasan kancane padha dadi kêndêl, tatag atine, mripate pating panthêlêng, anjaga marang têkaning bêbaya. Sasuwene padha ngêntèni têkaning mungsuh, pangrasane kaya ora ana kawusanane, sanadyan mung mênitan pangrasane sasat jam-jaman, rumasa kaya wong siniksa, wêkasan nuli bisa luwar saka ing pasiksan iku, iyaiku: kang diarani mungsuh mau jêbul kancane dhewe, Tuwan Litnan Klèi (Kleij) anggawa kănca siji, katon anjêdhul saka pagrumbulan, awit saka têkane Tuwan Litnan Klèi lan kancane mau kang inganggêp angluwari panjênêngane saka ing bêbaya. Pangandikane Tuwan Wikhêrs: lêgane panggalihe kayadene uwal saka panêkaking mungsuh.

Dene mungsuhe padha ngira yèn bètènge

--- 71 ---

kinêpung ing saradhadhu akèh, mula banjur awag-awagan angêdrèli. Omahe wong Acèh katon saka ing panggonaning saradhadhu kono, uwonge katon padha mêtu asikêp gêgaman, sawênèh ambêdhil, kabèh padha marang ing bètèng, nuli padha ngawur ambêdhili, uwong wadon lan bocah-bocah padha milu gugup, ana kang anggawa tumbak utawa klewang.

Sakawite wong Acèh mau padha ora gêlêm ninggal bètènge, amarga ngira bokmanawa saradhadhu kang ana sajaban bètèng akèh, nanging barêng wêruh yèn mung sathithik, banjur lunjak-lunjak padha mêtu, niyate arêp ngêpung marang patrol mau. Sarèhning undure patrol mau kanthi têtêging ati sarta kêndêl tandange, amula wong Acèh ora wani nêmpuh.

Wayah jam lima sore, patrol mau bali marang bepake. Sasuwening bêdhil-bêdhilan lan mungsuh, kang kêtaton mung siji loro.

Esuke, saradhadhu Kumpêni kadhawuhan anglurugi marang ing Kaju, Saradhadhu karèrèhane Tuwan Wikhêrs lan Sêrsan Mayor Yobsê kang kapiji bakal angrangsang bètèng. Ing wêkasan: [wêka...]

--- 72 ---

[...san:] tuwan loro mau lan Si Urip kang bisa malêbu dhisik dhewe ing bètènging mungsuh.

Awit saka kawantêrane mau, bisa padha olèh ganjaran bintang wilêm sordhê. Kajaba iku, Tuwan Sêrsan Mayor Yobsê diwisudha dadi ajidan, ananging ora lawas banjur mati jalaran kêtaton. Iyaiku nalika ing taun 1880, nalika prang ing Samalanga kang kapindhone.

 


kêndêl. (kembali)
saradhadhu. (kembali)
jêpaplang. (kembali)
mangkene. (kembali)
miskin. (kembali)
sanadyan. (kembali)
mangkono. (kembali)