Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 072–143)

Judul
Sambungan
1. Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 001–072). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Carita Pêpêrangan ing Acèh, L. F. van Gent, 1921, #110 (Hlm. 072–143). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 18-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

7. Bab Wong kang Anggawa Barang Pêtêng marang Mungsuh.

Nalika ing taun 1890, ana sawijining bètèng aran Lamjamu (Lamdjamoe) prênahe ana ing sakidule desa Lamjamu, dohe bètèng mau saka kutha Olèhlèh (Olehleh) watara lakon 20 mênit. Sakiduling bètèng mau ana pasawahane, ambane 500 mètêr, ing têmbing kanane sawah iku pagunungan, ing pagunungan iku ana desaning mungsuh kinubêng têpung ing alas kêtêl, uwonge padha clêmêr sarta dhêmên mêmatèni.

Ing sabên dina Kumpêni ing bètèng tansah dirusuhi [di...]

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. Inf. 1e kl. SODIKROMO stb. No. 25770. Saradhadhu Jawa inpantêri pangkat 1 Sadikrama, sêtambuk ăngka 25570.
Inl. sergt. WISAM Stb: No. 28497. Srêsan Jawa, Wisam, sêtambuk ăngka 28497.
Inl. sergt. genie DRONO Stb No. 13487. Srêsan seni Jawa, Drana, sêtambuk ăngka 13487.
Inl. Inf. 1e kl. KARTOSEMITO Stb. No. 30570. Saradhadhu Jawa inpantêri pangkat 1 Kartasêmita, sêtambuk ăngka 30570.

--- 73 ---

[...rusuhi] dening mungsuh kang manggon ana ing pagunungan mau, tarkadhang mungsuh mau yèn gêlêm ambêdhili marang ing bètèng: suwene kongsi jam-jaman, yèn ing wayah bêngi padha ngrusak cagaking kawat tilgram, utawa nyolongi kawate.

Saya suwe mungsuh mau saya wuwuh ing kuwanène, jalaran saka tuwuhing tindak mangkono iku, dadi Kumpêni nganakake patroli kang binubuhan rumêksa cagak kawat lan dalan sêpur, sabên bêngi midêr abaris pêndhêm, anjaga kalawan laku sêsingidan, aja kongsi ana wong ngrêrusak manèh.

Sacêdhaking bètèng ing Lamjamu ana muara kang kêna diambah ing prau. Sarèhning ing taun kang kasêbut ing dhuwur, sakèhing muara kalilan dipêpêti, dadi anuwuhake samaring panggalihe tuwan kumêndhan: ingatase prakara barang-barang kang padha digawani marang panggonaning mungsuh, kang kanthi laku siliban.

Kang iku awit saka kaparênging panggêdhe, sakabèhing praune wong tukang amèk iwak andikakake nitipriksa, amarga tuwan [tu...]

--- 74 ---

[...wan] kumêndhan piyambak wus midhangêt: yèn satêmêne prau iwak mau kang padha diênggo anggawani barang pêtêng, kaya ta: bêdhil, obat, mimis, lan sapanunggalane.

Dene kang nguwasani bètèng Lamjamu iku Tuwan Van Blomêstin (Van Blommestein) tuwan iku wus amitaya marang wong Acèh ing padesan kang wus saduluran karo Kumpêni, aran: Muris, ing desa Lamjamu lan Nyamusah ing desa Bital, sabên-sabên wong iku kang nyaosi katrangan ing bab laku-lakuning barang pêtêng, awit saka tindak mangkono mau, lakuning patrol wus bisa mrangguli marang panggawaning barang pêtêng ing desa kono.

Ing ngisor iki ana carita kang amratelakake kasusahaning Kumpêni yèn pinuju nglari mungsuh ing wayah bêngi.

Nalika ing taun1890 mau, nuju ing sasi Oktobêr tanggal kaping 16 ing wayah bêngi, para sêkilwak ing bètèng Lamjamu padha analatèni nitipriksa pasawahan sangarêping bètèng, parlu arêp sumurup, apa ana mungsuh kang padha laku silib ing wayah pêtêngan [pêtêng...]

--- 75 ---

[...an] iku, dene sawah kang kasêbut ing dhuwur mau ambane kongsi têkan pinggir desa, yèn katone sawah iku sêpi bae, ananging mungguhing wong Acèh kang padha julig-julig, akale tansah anjalimêt.

Bètènging Kumpêni uga wus disangkrahi, sarta ora kêna tinêmpuh ing mungsuh, ewasamono uga parlu dijaga aja nganti ana mungsuh kang bisa liwat ing watês, parlune aja nganti ana omah pajagan kêna dilêboni durjana utawa diobong ing mungsuh. Saradhadhu kang pancèn dhêdhasar mangêrti, ênggone anjaga iya kalayan tumêmên, niling-nilingake bokmanawa ana swara kang nyalawadi, mangkono uga sêkilwak bisa anitèni yèn ana wong caturan bêbisikan, utawa liwat ing dalan sêpur kang saka bètèng Bêlang. Saka panduganing sêkilwak, yèn ing kono katêkan patrol, ora bakal bisa dêdingkik ing mungsuh ing wayah bêngi.

Tuwan kumêndhan barêng diaturi sêrsan kang pinuju jaga, nuli tindak marang ing sêkilwakan mau, parlu arêp mriksa piyambak, ora antara suwe [su...]

--- 76 ---

[...we] ing kono banjur ana wong kang nyuwara, têmbunge: Lamjamu, uwong ing bètèng kono kabèh wus padha ngêrti marang karêping têmbung pangundang iku, iyaiku atêgês yèn ana wong arêp kêtêmu karo tuwan kumêndhan: kudu nganggo têtêmbungan pangundang mau. Uwong mau sawuse nyuwara Lamjamu, banjur dikon nyêdhak ing panggonan êting, amarga yèn durung cêtha sapa wong kang undang-undang mau, bakal ora diwêngani lawang ing panggonan sêkilwak kono, wusana kang têka iku Si Nyamusah, lakune alon-alon anyêdhaki êting, dening wêdi bokmanawa ana mungsuh kang cêdhak. Tuwan kumêndhan nuli andangu: Apa mungguh kang dadi karêpe arêp malêbu ing bètèng, ature mangkene: Tuwan-tuwan, wontên parlu, badhe ngaturi kabar saking suruan (suruan iku araning omah pondhokaning para nonoman kang durung padha rabi), wontên barang pêtêng warni-warni, dalu punika badhe kabêkta ing mêngsah, cacahipun ingkang ambêkta kathah sami asikêp dêdamêl, kula ingkang sagah ngirid, yèn lajêng dipun tututi tamtu sagêd kêtututan. [kêtutu...]

--- 77 ---

[...tan.] Tuwan kumêndhan sawuse midhagêt ature Nyamusah: ora karsa nindakake kaya ature, karsane arêp ngroyok mungsuh mau ana ing desane.

Ora suwe nuli dhawuh marang Tuwan Litnan Brutèl (Brutel)) andikakake siyaga dikanthèni saradhadhu têlung puluh kang kêndêl-kêndel, arêp kadhawuhan anglurugi mungsuh mau, dene kang arêp nindhihi tuwan kapitan piyambak.

Mungguh prênahe desa Bital iku, saloring dalan sêpur kang saka bètèng Lamjamu marang bètèng Bêlang, dene dohe saka bètèng kono watara ana wolung atus mètêr, suruhane desa iku panggonane kaprênah sapinggir desa ing pojokan kidul wetan. Desa Bital iku ana korine adon-adon, kajaba iku ing wetan ana korine butulan, nanging butulan mau dialing-alingi, nganti ora bisa kasumurupan.

Lakuning patrol urut pinggir dalan sêpur, ora ngambah ing dalan kang ana krikile, parlune supaya aja nganti karungu ing wong desa. Satêkane [Sa...]

--- 78 ---

[...têkane] ing têngah dalan, iyaiku sacedhake desa Blang, lakuning patrol mau banjur menggok mangalor anjujug ing desa Bital, lakune ngancas nrajang pasawahan kang pancèn ora kêna diambah, parine ing sawah mau durung diênèni, banyune kêmplung-kêmplung nganti nêlêsi pari, amarga hawane mêntas udan dêrês. Lakuning saradhadhu prasasat nyabrang kali, banyune kongsi têkan ing wêtêng, swarane pating krubyuk, dhasar sawah mau lêmahe lincad, dadi lakune saradhadhu mau rêkasa bangêt.

Tuwan Van Blomêstin rumaos cuwa ing galih, saka ciptane: ênggone para saradhadhu pating krubyuk ana ing banyu iku, wus mêsthi kasumurupan ing wong Acèh, sire arêp nyêkêl mungsuh, nanging malah bakal kadêkêp ing mungsuhe. Ananging pangintêne tuwan mau luput. Banjur dhawuh supaya padha nyêngkakake lakune, parlune saupama mungsuhe arêp nyingkirake barang pêtêng, kêna anuli dialang-alangi, ewadene lakune para saradhadhu ora bisa rikat, amarga lêmahe kang diambah

--- 79 ---

bangêt ing baladhêre. Barêng lakune wus cêdhak ing desa, dohe watara kurang patang puluh jangkah, banjur padha mlaku urut tanggul, kang anjog marang sapinggiring desa mau kang sisih wetan, iyaiku kang ana korine butulan kang wus kasêbut ing dhuwur.

Dhèk samana wus angliwati suruan, kang dadi pangarêping Kumpêni nuli akon lèrèn, amarga ing saburining wit-witan ing ngarêp katon ana ngrêgêmênging wong sawatara. Wusana banjur ngabani marang para saradhadhu supaya padha jèngkèng, sawuse mangkono Tuwan Litnan Brutèl nuli mêngkurêp lan ngesot marang ing panggonane tuwan kapitan kang ana ing buri. Wêktu iku para saradhadhu padha niling-nilingake bokmanawa ana swara kang karungu, nanging diantarakake kongsi watara suwe ora ana apa-apa.

Sawuse mangkono tuwan kapitan banjur anggêgalih rekadaya bisane anggampangake pangroyoke marang mungsuh, saka pamanggihe tuwan kapitan, mungsuh mau kêna ditukup bae, nanging ora gampang pratikêle. Gêgolongan mau nuli dibage dadi

--- 80 ---

rong păntha, sapanthane ana saradhadhu limalas, kang mandhegani Tuwan Litnan Brutèl, kanthi didhèrèkake Si Nyamusah, tuwan litnan mau dibubuhi anjujug ing butulan pinggir desa, dalane mêtua desa kang kabênêr ing panggonan suruan, desa iku bakal dikêpung, lan bakal dibroki patrol mau.

Tuwan kapitan saradhadhu kang sapăntha manèh padha ngèri ana ing panggonan kang prayoga, parlune arêp angrêksa ana saburining cucuk, utawa arêp nulungi. Yèn suruan wus dikêpung, arêp padha maju.

Lakuning cucuk mau kanthi colongan lan bangêt ing pangati-atine, padha rêrentengan, gonggange ora adoh, banjur marani marang panggonan kang dituju. Barêng lakuning saradhadhu mau têkan pinggir desa, dohe watara ana sapuluh jangkah, nuli ana wong cêluk-cêluk nganggo têmbung Acèh, ananging saradhadhu mau ora ana kang sumaur, pacalang Acèh nuli cêluk-cêluk manèh saya sêru, nanging sadurunge bisa awèh sasmita utawa nuturi marang kancane, apamanèh ambêdhil marang saradhadhu,

--- 81 ---

tênggoke pacalang mau wus kêna ditêkak Tuwan Brutèl, klewange kêna dirêbut.

Ana saradhadhu aran: Van dhê Pol (Van de Pol) kang milu andhèrèkake upsire, nuli nêmpuh marang pacalang liyane kang cêdhak ana ing kono. Uwong Acèh loro mau nuli dirêbut gêgamane, lan nuli dicêkêl, malah kongsi ora bisa cumuwit. Nalika nukup pacalang loro mau, saradhadhu liyane banjur padha ngrukêt mungsuhe, lan banjur kêna kinêpung kabèh, uwong Acèh mau banjur padha anjaluk ngapura, jalaran saka wêdine lan saka kagète kêpranggul ing Kumpêni mau.

Tuwan kapitan nuli paring janji, yèn kabèh padha nurut sarta ora obah iya bakal dingapura, nanging yèn ana kang arêp minggat, kabèh bae bakal dilunasi.

Uwong Acèh mau nuli diirid Kumpêni marang suruan ing Bital, dene wong Acèh têliking Kumpêni, awit saka wêdine yèn kêtitik, banjur mundur marang panggonane tuwan kapitan, tuwan kapitan banjur matah kopral [ko...]

--- 82 ---

[...pral] siji lan saradhadhu lima didhawuhi kèri, parlu kadhawuhan anggledhah ing panggonan kono.

Golonganing wadya kang ana ing ngarêp nuli padha ngirid wong tawanan, mêtu ing dalan saburining pangaubane tuwan kapitan. Saradhadhu kang kapatah dadi pêpintan banjur padha ngira yèn ana mungsuh, nanging saka karsane tuwan kumêndhan ora kalilan ngunèkake bêdhil, kalilane mung nganggo sangkuh bae. Ing wêkasan kêna ingaran bêgja, dene ora ana kang nêmu sambekala. Wêktu iku ngrungu ana swara suling muni, iku kang anandhakake yèn kang dikira mungsuh mau satêmêne kancane dhewe, iyaiku kang padha didhawuhi kèri.

Sanadyan gêgamane wong Acèh wus dijaluk utawa dirêbut, ewadene Tuwan Van Blomêstin adhawuh nitipriksa manèh. Bokmanawa isih ana gêgaman kang kaliwatan diumpêtake ana sajroning sandhangane, amarga wus dadi padatane, uwong Acèh iku asring ngumpêtake gêgaman ana sajroning kulambine. Dhawuh kang mangkono

--- 83 ---

mau kabênêran bangêt, tandhane isih ana wong tawanan têlu kang kanggonan gêgaman, diumpêtake ana sajroning sruwale, uwong tawanan mau sawuse ngalumpuk nuli disingkirake marang panggonan liya, ing panggonan kono banjur digledhah, akèh bangêt barang pêtêng kang kêcêkêl, kaya ta: pisêr-pisêr, mimis, timah budhêng, bêdhil, lan sapanunggalane.

Si Nyamusah matur manèh, yèn ing desa Bital kono isih ana barang pêtêng manèh. Nanging sarèhning wong Acèh wus padha tămpa sasmita yèn Kumpêni têka ing kono, saka karsane tuwan kapitan mrayogakake mulih bae, baline Kumpêni kanthi angirid wong tawanan, lakuning tawanan diapit-apit saradhadhu.

Ing wêkasan, mungsuh ora wani padha nyêdhaki bètèng Lamjamu, mangkono uga patrol-patrol kang padha midêr, banjur padha ora kêpranggul wong kang anggawa barang pêtêng.

__________

--- 84 ---

8. Pambêdhahe Bètèng Anakgalung.

Ana sawijining kapala băngsa Acèh aran: Tuku Umar (Toekoe Oemar) maune wus mêmitran lan sabiyantu karo Kumpêni, nanging nalika ing taun 1896, barêng Kumpêni nêdya nglurugi desa-desa kang santosa bangêt, Tuku Umar mau lêleda, samudanane anggone arêp têtulung anjaluk sumêne, nanging banjur lunga, minggat sakancane ambalik tingal, wêkasan dadi mungsuh manèh.

Awit saka cidrane Tuku Umar mau, andadèkake susahing Kumpêni, amarga patrol-patrol lan bètèng kang adoh saka Kutharaja padha dicêgati, ewon wong Acèh kang padha ngêpung pos-pos, nêdya arêp gawe bilai marang isining pos mau.

Awit saka iku dhawuhe Tuwan Jendral Vèttêr (Vetter) andikakake ngêtokake bala-bala ing saisining bètèng, kadhawuhan anglumpukake ana sacêdhaking Kutharaja. Parlune bisa amiwiti pêrang manèh nganggo bala kang wus ngalumpuk dadi siji.

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. Korp. SANGAT, Kopral Jawa, Sangat.

[Grafik]

Inl. Korp. KROMODRONO Stb, No. 27725, Kopral Jawa, Kramadrana, sêtambuk ăngka 27725

--- 85 ---

Awit saka tindak mangkono mau, uwong Acèh kang mêmungsuhan banjur kêna diundurake.

Ing ngisor iki aku arêp nyaritakake lêlakoning Kumpêni nalika tanggal kaping 21 ing sasi Juni taun 1896.

Miturut pawarta, bètèng Anakgalung (Anakgalung) iku, sawuse ditinggal Kumpêni, wus dilêboni mungsuh kèhe 50 iji, mangkono uga ing desa Rakat (Rakat) lan desa Sibrèh (Sibreh) uga wis ditêkani mungsuh saka desa Sêlimun (Selimun).

Awit saka iku, Tuwan Obrus van Hutsê (van Heutsz) kadhawuhan ambêdhah bètèng mau, sarta kadhawuhan numpês mungsuh kang ana ing desa Rakat, lan desa Sibrèh.

Ing wayah bêdhug bêngi ana Marsose rolas bêrgada lan saradhadhu rong batalyun, kang ditindhihi Tuwan Obrus mau padha mangkat saka Kutharaja, nêdya arêp nêmpuh bètèng ing Anakgalung, yèn wus kalakon arêp ambanjurake laku marang desa-desa kang wus kasêbut ing dhuwur mau.

--- 86 ---

Wadya Marsose kang manggon ana sangarêping barisan, katon kêndêl lan srêgêp marang wajibe, upama sumurupa marang kèhing mungsuh kang ana sajroning bètèng, bokmanawa rada samar atine, tujune ora ana kang sumurup marang kèhing mungsuhe, amula ing wêktu iku ora ana saradhadhu kang katon cilik atine.

Ing saburine wadya Marsose: saradhadhu batalyun, barêng lakune têkan ing bètèng Lambaru (Lambaru) padha lèrèn, suwene saprapat jam, banjur têrus lumaku ora lèrèn manèh kongsi tumêkane ing Anakgalung.

Barêng lakune têkan ing sacêdhake desa kang arêp dijujug mau, ngrungu swaraning wong Acèh kang padha andonga, para saradhadhu nuli padha nyarèhake napase, parlune yèn wus têkan ing panggonaning mungsuhe aja krênggosan utawa cêkak ambêkane.

Ora suwe bètèng mau wus kinêpung ing saradhadhu, sêdyane arêp banjur ngrangsang bae, amarga padha eling marang kancane dhèk biyèn, kang wus padha disikara utawa dipatèni dening

--- 87 ---

wong Acèh. Ewasamono para saradhadhu mau padha nyabarake ing karêpe, amarga bètèng mau kinubêng ing sangkrah kawat wêsi. Tumuli padha mêmikir kapriye prayogane anggone arêp malangkah kawat mau, saupama tinatasa lan gêgaman, ora bisa, anggone mêmikir durung olèh-olèh panêmu, tumuli ana sijining saradhadhu Marsose, kang wani narajang sangkrah mau, lan ana saradhadhu loro kang milu, parlune arêp ngêngakake korining bètèng kang pinalangan saka jêro, para saradhadhu liyane padha ngêntèni ana sajaban bètèng, ngêntèni kapriye bakal kadadeyane yèn kori bètèng wus diwêngakake. Lakune saradhadhu têtêlu padha bangêt ing pangati-atine, lakune padha ambrangkang, kang loro andhodhog kori, sarta ngliga klewange, kang siji anjupuk palange. Ing sadhuwur kori mau ana wong Acèh kang jaga, nanging sêmune padha turu.

Dumadakan ana bêdhil ing pos kang muni, tujune korining bètèng wus kêna diwêngakake, Marsose nuli padha malêbu ing bètèng. [bè...]

--- 88 ---

[...tèng.] Uwong Acèh nuli padha tangi amarga saka ngrungu swaraning bêdhil ing pos, lan bangêt ing wêdine.

Isining bètèng mau mung kinira ana wong sèkêtan, ananging satêmê ana satus sèkêt, nuli wiwit padha pêpêrangan karo saradhadhu mung nganggo gêgaman kalewang. Tandange bagêt anggêgirisi, saya anggêgirisi manèh tandange: barêng wong Acèh mau weruh yèn ora bisa oncat saka sajroning bètèng.

Tuwan Litnan Wahnêr (Wagner) campuh karo wong Acèh, kèhe sapuluh, ana ing pojokan bètèng, jubungane (patrume) wis diunèkake kabèh. Tuwan Litnan Rènên (Rijnen) wus ngrangsang mungsuh kang cêdhak ing kono, sabab sumurup yèn kancane bakal kuwalahên panangkise. Nanging Tuwan Rènên banjur kêna mimis, wêkasan ambruk, bajur diundurake ing Tuwan Litnan Wahnêr marang panggonaning dhoktêr.

Dene Tuwan Litnan Dhèksêtra (Dijkstra) kang bangêt anggone mlathoki êndhasing mungsuhe [mungsuh...]

--- 89 ---

[...e] nganggo pêdhang, nanging uga banjur kêtaton, ewadene larane ora dirasakake. Ngatag marang saradhadhune murih nulungi kancane, sawuse mangkono tatune nuli diblêbêt.

Tuwan Graplan (Graafland) kang nguwasani korêp (Korp) Marsose uga kêna ing mimis, nuli dirêrămpa ing panylomprèt sarta jinaga wong papat. Tuwan Graplap[1] mau kang amuwuhi kêkêndêlaning para saradhadhu, dening saka tandang lan têmbunge ing wêktu prang iku bisa nênangi kuwanèn.

Sanadyan pêrange wong Acèh wus kaya kewan galak, ewadene kuwalahên mungsuh tandanging saradhadhu, amula iya angèl yèn ta bisa ananggulangi panyêranging mungsuh kang padha gêdhe atine mau dhasar prigêl ngolahake gêgaman, manut wulangane kumêndhane.

Ing wayah byar sawuse srêngenge malêthèk, cacahing bangke wong Acèh kang kaprajaya ana sajroning bètèng ana satus rongpuluh. Ing wêktu iku ana mungsuh kang ngamuk ana sajaban bètèng, uga banjur dibêdhili.

--- 90 ---

Dene lakune saradhadhu batalyun wus têkan ing desa Sibrèh lan desa Rakat, mungsuh kang ana ing desa kono nuli ditundhung, ewadene baline kolonê mau isih dirusuhi ing wong Acèh kang padha mapan ing sacêdhake pasar Sibrèh. Nanging brandhal iku tumuli kabubarake dening Kumpêni.

Ing saikine bètèng Anakgalung wus dibubrah, kang isih mung kari sumur gêdhe lan baluwarti sabageyan. Sarèhning dalan sêpur kang saka Lambaru mênyang Sêlimun ora urut dalan gêdhe, dadi yèn wong nunggang sêpur ora bisa wêruh tilas panggonane bètèng Anakgalung mau.

9. Pangluruge Kumpêni marang Desa Tangse.

Kaya kang wus kacaritakake ing dhuwur, wong Acèh kang aran Tuku Umar maune wus dadi mitraning Kumpêni, cidra minggat nuli dadi mungsuh manèh.

Wiwit nalika iku Kumpêni banjur nglurug marang Acèh, lakuning wadya Kumpêni angliwati pagunungan ing Lêpong (Lepong) kongsi têkan ing

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. sergt.inf. ABDUL MADJID Stb. No. 42413. Srêsan Inpantêri Jawa, Abdul Majid. Sêtambuk ăngka 42413.

Inl. inf. 1e kl. KASIDIN Stb. No. 36554. Saradhadhu Inpantêri Jawa pangkat 1. Kasidin. Sêtambuk ăngka 36554.

Inl. Hoornblazer KASIRAN.Stb. No. 37800. Panylomprèt Jawa, Kasiran. Sêtambuk ăngka 37800.

Inl.inf. 1e kl. TJITRO Stb. No. 41379. Saradhadhu Inpantêri Jawa pangkat 1 Citra, sêtambuk ăngka 41379.

--- 91 ---

watêse tanah Pèdhir (Pedir) dadi wiwit taun 1898, mungsuh wus katundhung saka ing tanah Pèdhir mau.

Uwong Pèdhir anggone ambendrongi bètèng ing Sigli wus rambah-rambah, ewasamono kapala lan panglimane ora ana kang miturut marang karêping bangsane, nanging barêng Tuku Umar ambêbaluhi marang sawijining turunan sunan kang ana ing desa Garut, uwong ing kono tumuli iyêg padha wani mungsuh lan Kumpêni. Awit saka iku, amula parlu bangêt wadya Kumpêni nglurugi marang tanah Pèdhir.

Ing nalika sasi Marêt taun 1898 Tuwan Kurnèl Pan Hutsê (Van Heutsz) kajumênêngake dadi guprênur ing tanah Acèh sawêwêngkone. Ing sasi Juni panjênêngane piyambak nuli mandhegani wadyabala Kumpêni kang wus padha ngumpul ana ing bètèng Sigli.

Bètèng sarta desa-desaning mungsuh kang dikukuhi, nuli padha ditêmpuh lan dibêdhah kabèh, mungsuh mau anggone nanggulangi uga kêndêl lan tatag, ananging iya mêksa kasoran yudane, amarga kawantêrane kalah karo [ka...]

--- 92 ---

[...ro] wadya Kumpêni, ing satêmahane barêng wus ana sasasi lawase, tanah Pèdhir mau banjur kêna ingaran wus kacêkêl ing Kumpêni, mung ana sawatara kang isih wani ngrusuhi marang patrol-patrol, nanging iya mung kalawan anglimpèkake.

Ewasamono ing papan pagunungan isih akèh cacahing panggonan kang dadi pangaubane mungsuh, iyaiku ana ing lêlowahing pèrèng-pèrèng lan jurang-jurang, măngka Walănda têtindhihing bala Kumpêni padha durung sumurup marang panggonan mau, dadi iya bangêt ing susahe, amarga yèn Kumpêni angliwati jurang-jurang utawa pèrèng-pèrèng mau, ing kono ana mungsuhe kang padha singidan, mungguh rêkasa lan kasusahan mau, pratelane kaya ing ngisor iki:

Wus sawatara lawase ana wong desa matur marang Tuwan Obrus Wilêmês (Willems) amratelakake yèn têtindhihing brandhal, iyaiku Tuku Umar, Panglima Polem, lan sakancane, wus padha makuwon ana ing lêlêdhok Tangse (Tangse) prênahe ing sakidul [sakidu...]

--- 93 ---

[...l] bètèng Sigli, dohe watara patang puluh pal.

Awit saka iku, ing sasi Agustus ping patlikur, Tuwan Obrus nuli mêpak balane, karsa amadosi dalan kang anjog marang lêledhok mau. Dalane ing sakawit ciyut, wêkasan malah rungkut kêtêl akèh thêthukulane. Barêng lakuning Kumpêni juru panginte têkan ing sawijining lêlowah, kang ana ing ngarêp dhewe nalika lagi malêbu ing lowahan mau, nuli dikrutugi mimis lan watu dening mungsuh, anggone ngrutug prênahe saka ing landhakan kang ora katon, amarga kêtutup ing thêthukulan lan sangkrah.

Kumpêni mau nuli mundur, amarga ana kancane loro kang kêtaton utawa mati. Kajaba iku, anggone ora ambanjurake lakune, amarga pèrènganing gunung andêdêr, măngka ora ana dalan liyane manèh liyane iku, dadi aluwung mundur bae.

Lêt wolung dina saungkure iku, Tuwan Kurnèl Pan Hutsê (Van Heutsz) andhawuhake supaya ngayati manèh, nitik dalan kang kasêbut [ka...]

--- 94 ---

[...sêbut] ing dhuwur mau, nyenapatèni Tuwan Obrus Wilêmês, tindak ana pungkasaning baris, ambêkta wong pranteyan anggawa pangan kanggo patang dina lawase.

Wayah jam nêm esuk, lakuning kolonê mau têkan ing ngarêp lêlowah, dene mungsuhe manggon ana ing lêlowah sisihe. Rekane mungsuh mau arêp anglawan Kumpêni, lan ora ngira yèn katêkan mungsuh, amarga saka pangirane: unduring Kumpêni wus ora wani bali manèh.

Tuwan Kurnèl ora nêdya dhawuh nêmpuh marang mungsuh, amarga panggonane bangêt prayogane. Saka kaparênge, Kumpêni supaya ngubêngi lêlowah mau, parlune supaya mungsuh mau kênaa kacêkêl utawa diundurake. Bala Kumpêni kadhawuhan ngunggahi gunung kang ana sisih kulon, lakune alon-alon urut kacang, awit saka papane nyêngkrèk bangêt, rambah-rambah ana wong kang padha tiba kaglundhung mangisor tuwin tatu jalaran kêna ing êri, ewadene para saradhadhu mêksa padha miturut dhawuh sarta têtêg ing ati, [a...]

--- 95 ---

[...ti,] amarga panjênêngane Tuwan Kurnèl piyambak kang paring têtuladan minggah gunung.

Dene gêgolongan tran sêporêt kang anggawa panganing saradhadhu uga kudu milu munggah gunung, wusana Kumpêni bisa têkan ing sawijining gigir gunung kang dhuwure rongèwu kaki, saka kêtêle kêkayon kang gêdhe, Kumpêni ora bisa têrang pandêlênge, amula lakune mung padha nurut tapak gajah (ing tanah pagunungan Acèh kono pancèn isih ana gajahe alasan). Sawatara jam suwene Kumpêni padha maju munggah mudhun jurang-jurang kang rumpil sarta jêro-jêro, angliwati pucak-pucak kang andêdêr, saka karsane senapati, adhawuh gawe dalan têmbusan malang, ambênêr lêlowah mau, nanging dhawuh mau ora bisa kalêksanan, amarga saka kèhing wit pênjalin kang angalang-alangi, ora kêna ditlusupi, mangkono uga akèh dhangkèling wit kang gêdhe-gêdhe ana ing panjalinan mau. Awit saka iku Kumpêni banjur maju manèh, lakune nganti têkan ing wayah jam nêm sore.

--- 96 ---

Sasuwene padha mlaku ora mrangguli kali, utawa kewan, apamanèh omah wong nanging suwe-suwe têkan ing sacêdhake kali Krungdhodho (Krungdodo) lakuning Kumpêni dilèrènake, nuli padha gawe bepak, ing kono banjur agawe gêni bêdhiyan, lan arêp adang, utawa arêp anggodhog wedang bubuk. Wêktu iku langite kasaput mêndhung, ora suwe udane tumiba kaya disokake, bangêt ing dêrêse, uwong Kumpêni kongsi ora bisa ngayati padha adang, ewasamono para saradhadhu katon padha têntrêm bae, banjur ora eling pangane, amarga saka sayah bangêt, barêng padha mapan turu nuli kapati, esuke wayah jam pitu lagi padha tangi, banjur padha wiwit mangan.

Watara wayah jam wolu, Tuwan Kurnèl dhawuh supaya wiwit maju manèh, nurut lakuning kali Krungdhodho, saka pangintêne Tuwan Kurnèl, kali iku iline mangidul, kang mêsthi bakal anjog marang kali gêdhe kang aran Tangse (Tangse) iline ngliwati ing panggonan lêlowah kang kasêbut ing dhuwur, kaprênah ing saburi papaning mungsuh.

--- 97 ---

Sasuwene kolonê mau lumaku, rumasa susah bangêt, amarga kudu nyabrang urut kali mau, măngka banyune jêro, ana kang sadhêngkul, ana kang sadhadha, lan manèh kali mau ing dhêdhasare akèh watune kang lunyu, rambah-rambah ana saradhadhu utawa kuli kang kaplèsèd. Saya adoh lakune, saya akèh watune pagunungan kang kudu diambah, saya akèh kang padha kaplèsèd. Kang padha nyabrang mau ora ngêmungake saradhadhu bae, dalah kuli kang mikul barang, sapanandhone, jaran tunggangan, sapi, kabèh mau uga kudu milu pating krubyuk urut kali. Sapinggiring kali kiwa têngên bangêt rungkude, pèrènge dhuwure rong atus mètêr, saka rungkude, langite kongsi ora katon, kêkayone bangêt kêtêle padha dhoyong manglung ing kali, upama ing wêktu iku lakuning saradhadhu kêpapag mungsuh, wus mêsthi banjur kêna tinukup, awit saka iku lakune saradhadhu padha gêgancangan, nêdya ngoncati marang papan kang gawat mau, saya suwe kali mau saya katon ămba, atine para saradhadhu dadi wuwuh sênêng. Barêng wayah jam têlu awan, [a...]

--- 98 ---

[...wan,] para saradhadhu mau padha katon lêga atine, amarga tukang cêngkal matur marang Tuwan Kurnèl, yèn watara rongatus mètêr manèh kali iku bakal anjog ing kali kang luwih gêdhe. Ature mau bênêr, barêng watara limang mênit manèh, lakune Kumpêni têkan ing kali Tangse, sakiwa têngêne kali iku katon ana lurunge cilik sarta ana tapak uwong, tăndha yèn ing kono dadi ambah-ambahaning uwong, saya suwe lurung mau saya bêcik.

Ing kono nuli ana kukus katon, kumêlun ana sadhuwuring patêbon, lan ora adoh saka panggonan Kumpêni mau, kang mêsthi ana omahe wong Acèh, patrol kang ana ing ngarêp dhewe nuli kadhawuhan anlusupi patêbon mau. Ananging sasuwene Kumpêni arêp ngêpung omah mau, katon ana wonge Acèh têlu padha nyêkêl bêdhil anyar, malayu lunga, uwong têlu mau ana siji kang rupane kaya saradhadhu panylomprèt Kumpêni kang wus minggat, măngka salugune wong têlu mau dadi têlike Tuku Umar, kang pinatah

--- 99 ---

ngulat-ulatake utawa awèh wêruh yèn ana apa-apa kang mutawatiri. Dene ing omah kono ana wonge wadon, uwong mau amratelakake yèn desa Tangse dohe saka kono kari lakon satêngah jam.

Awit saka lungane wong têtêlu mau, lakuning kolonê prasasat ora olèh gawe. Satêkane ing lêdhok Tangse, mungsuhe wus ora kêna ditêmpuh, amarga wus padha lunga saka panggonane.

Wadya Kumpêni nuli ngêbroki pangaubaning mungsuh kang prayoga iku, dene Tuku Umar kapêksa oncat marang tlatah Tênom (Tenom) lan Mêlabu (Melabu) ing wêkasane Tuku Umar mau sakancane bisa katumpês ing prang, nganti dadi lan patine ana ing kono.

Kêpala ing Pèdhir dhèk samono durung nungkul, nanging sapatine Tuku Umar banjur seba marang ngarsane Tuwan Kurnèl, asrah bongkokan.

Mangkono kawusanane, iku ora liya sabab saka piyandêle para upsir tuwiwin [tuwi...]

--- 100 ---

[...win][2] saradhadhu marang têtindhihe, ilang rasaning ngêlu lan luwe, têmahan kalêgan atine sarta katêkan ing kajate. Sumurupa, pangarah iku yèn dilakoni kanthi kêndêl, têmên lan pracaya, mêsthi bisa katêkan

__________

10. Pambêdhahe Kutha Blang Jêrat (Blang Jerat).

Tanah Pasangan (Pasangan) iku kagolong bageyan tanah Acèh. Nanging sadurunge taun 1899 Kumpêni durung tau têka mrono.

Nalika tanggal kaping 30 Dhesèmbêr taun 1901, ana kolonèl Marsose patang bêrgada lan saradhadhu batalyun rong sèksi, padha mangkat saka desa Pante Long (Pante Long) parlu arêp kumpul têmpuk karo bêrgada papat, kang ditindhihi Tuwan Kapitan Wèb (Webb) kang têka saka ing Kutharaja, têmpuke mau kadhawuhan ana ing desa Sawang (Sawang). Dene Tuwan Kapitan Wèb, anggone mangkat saka Kuwala Mane (Kuala Mane) wus wiwit bangun umun-umun, lakune ora slamêt, amarga lakune [laku...]

--- [0] ---

[Grafik]

Van links naar rechts: Inl. mar. WONGSOTARIO Stb. No. 50476: Inl. mar. sergt. REDJOKROMO Stb. No. 20325; Inl. fus DONONG stb. No. 43183; Inl. mar. SONO Stb. No. 33625.

Saka kiwa manêngên: marsuse Jawa, Wăngsatarya, sêtambuk ăngka 50476: srêsan Jawa marsuse, Rêjakrama, sêtambuk ăngka 20325: saradhadhu Jawa, Donong, sêtambuk ăngka 43183: marsuse Jawa, Sana, sêtambuk ăngka 33625.

--- 101 ---

[...ne] ana ing dalan: ana Sêrsan Ambon siji kang ditatoni dening wong Acèh.

Mangkono uga lakuning bêrgada kang saka Pante Long uga susah bangêt, amarga kudu ngliwati kali Pasangan, măngka iline santêr. Barêng para saradhadhu mau padha nambang, ana praune siji kang angglewang, nanging saradhadhu kang padha ana ing prau kabèh padha kêtulungan, mung ana bêdhil siji kang ilang.

Ing dina kang kasêbut ing dhuwur, wayah asar uga kalêksanan saradhu[3] rong bêrgada mau padha kumpul ana ing desa Sawang, sawuse dadi siji, banjur dipanggêdhèni Tuwan Kapitan Pan dêr Matên (Van der Maaten).

Wêktu samono nuli ana kabar yèn ing desa Lêbu (Lebu) ana bètènge aran: Kutha Blangjêrat, kang agawe bètèng mau iya wong ing laladan Sawang lan Glumpang Dhuwa (Glumpang duwa) panggêdhene aran: Pang Habib Amat (Pang Habib Amat) panggêdhe iku angojok-ojoki marang wong desa supaya padha ambalela marang Kumpêni, amarga dhèwèke [dhèwè...]

--- 102 ---

[...ke] iku rumasa bakal kinunjara dening Kumpêni jalaran saka anggone ambalela.

Ing sasi iku tanggal kaping 31 tuwan komêndhan dhawuh andikakake nêlik bètèng mau, yèn ora ana pakèwuhe banjur kadhawuhan ambêdhah.

Sawuse mangkono, wayah jam pitu esuk para saradhadhu wus mangkat, barêng kira wayah jam sawêlas têkan ing sacêdhake panggonan mungsuh kang wus padha mapan ana ing sadhuwuring gumuk.

Sasuwene lumaku, Kumpêni ora amrangguli apa-apa, mung wêruh ana mungsuh wong Acèh kira-kira ana wong sapuluh padha ana ing pagunungan, adoh saka panggonaning Kumpêni.

Lakuning Kumpêni banjur lèrèn, ngaso ana sangisoring gumuk mau, sawuse mangkono, tuwan kapitan loro pisan padha sêsarêngan nyêlaki bètèng akanthi saradhadhu lima, parlune arêp mirsa ing ngêndi kang prayoga ditêmpuh, sarta ing ngêndi panggonane lawang bètèng, mangkono uga dalan kang êndi kang

--- 103 ---

prayoga diambah tuwin ing ngêndi prênahe dalan-dalan mau, dene tinêmuning papriksan kaya ing ngisor iki.

Bètèng mau dununge ana sapinggiring gunung anakan, dhuwure watara têlung puluh mètêr, gunung mau rungkut bangêt, baluwartine majupat, jagangane jêro sarta ămba, ing bètèng mau ana papane kang dipayoni kaya alang-alang, dene saubênge bètèng mau ana pagêre limang iji lapis loro, dhuwure limang mètêr, saubênging pagêr mau akèh borange, lawanging bètèng ana ing kidul, ana dalane kang kêna diambah, katitik saka anane wong Acèh kang liwat ing kono. Saka panyawange Kumpêni dalan mau ora dipasangi borang, kajaba iku yèn ana wong mlaku ana ing dalan mau ora kêna dibêdhili saka saburining baluwarti.

Nalika Kumpêni ana sacêdhake bètèng mau, durung ana mungsuh kang sumurup, amarga padha katungkul nuju lagi ambêlèh wêdhus Jawa siji ana ing èmpèr kang kaprênah sajabaning bètèng, dohe kira-kira ana 50 mètêr.

--- 104 ---

Kumpêni anggone nêlik nganti têkan jam satêngah siji, saka pandugine tuwan-tuwan kapitan mau, bakal panêmpuhe bètèng mau kanthi rêkasa sarta nganakake pêpati akèh, dening saka santosaning sangkrah-sangkrah bètèng, ananging para saradhadhu mau padha kêna diandêlake ing gawe, amarga saka kacihna ing trêsnane marang Tuwan Wèb, apamanèh saka bangêt anggone angurmati marang panggêdhene, apa sadhawuhe padha linakonan kanthi trampil, lan uga bangêt pangandêle marang tuwan kapitan, kajaba iku bêrgada mau salawase yèn pêrang padha unggul.

Wêktu iku para Marsose wus adrêng arêp nêmpuh, sêlak ora sarănta ngêntèni prentah. Tumuli saradhadhu sasèksi padha kadhawuhan golèk panggonan ing saêlor bètèng, lan wong Marsose sabêrgada dibubuhi mapan ing sakulone, dhawuhe tuwan kumêndhan, lakune supaya padha ngati-ati, aja kongsi konangan mungsuh, mulane padha kadhawuhan mapan mangkono, parlune anjaga [a...]

--- 105 ---

[...njaga] aja nganti ana wong sajroning bètèng kang bisa oncat.

Bêrgada papat kang ditindhihi Tuwan Kapitan Wèb, kadhawuhan sadhiya bakal ngroyok, ana manèh rong bêrgada kang dadi canguk.

Barêng gêgolongan kang bakal nitipriksa bètèng wus têkan, gêgolongan kang gêdhe tumuli maju mêtu dalan kang ciyut, kongsi jam satêngah têlu nuli padha lèrèn. Wêktu samono ana swaraning bêdhil muni saka kadohan, bokmanawa iku têngaraning mungsuh kang awèh wêruh marang kancane: yèn ana Kumpêni têka, ing pagunungan ana swara jêlih-jêlih sarta ana kuli băngsa Cina êndhase kêglundhungan watu kang katibakake saka ing dhuwur kaprênah pèrèng gunung, Cina mau bangêt sêru anggone gêmbor-gêmbor.

Kumpêni lèrène ora suwe, nuli kadhawuhan mangkat manèh, lakune banjur disêbar ana ing gumuk kaprênah sikiling bètèng, ora suwe manèh Tuwan Wèb nuli dhawuh ngrangsang.

Surake wong marsuse sêru bangêt, sarta padha anjajal ambrobosi sêsangkrah,

--- 106 ---

dene bêrgada kang ana ing satêngêne lawang, rumasa kuwalahên bangêt anggone maju ngrangsang. Kang bisa malêbu ing bètèng dhisik dhewe iyaiku Sêrsan Hèinên (Heijnen) nanging uga kanthi rêkasa, awit kudu anglangkahi sakabèhing pagêr dhisik. Bêrgada kang ana ing sakiwane lawang mèh ora bisa maju, mung ana saradhadhu sawatara kang kabawah Sêrsan Jawa aran Amad Kastam kang padha bisa nêrak pêpagêr.

Uwong Acèh barêng wêruh pandhêsêking Kumpêni nuli wiwit padha lumayu, nanging Tuwan Kapitan Wèb mirsa marang lakuning mungsuh mau, banjur angadhangi playune.

Barêng saradhadhu kang padha nglangkahi pagêr wus cêdhak ing jugangan gêdhe, mungsuh sajroning bètèng nuli nyumêt obat kang ana ing tong, banjur anjêblos, kongsi agawe katatoning saradhadhu lima, èmpèring omah dadi kobong.

Ewadene para saradhadhu padha ora mundur, malah padha nyêdhaki baluwarti. Uwong Acèh anggone nanggulangi pangrampiding Kumpêni uga kêndêl, nanging tanpa gawe. Ora suwe pêrange wong Acèh mau kasoran,

--- 107 ---

akèh kang padha mati kêna ing mimis, utawa klewang, amarga saka padha ora gêlêm asrah jiwa marang Kumpêni. Uwong Acèh kang mati kèhe pitung puluh sanga, kang bisa oncat mung ana wong wolu, dene Kumpêni kang mati mung ana saradhadhu loro, kang kêtaton patlikur, kang tatu kêna mimis nênêm, liyane kêna ing klewang utawa borang, nanging tatu mangkono mau bisa nuli waras sarana ditambani.

Sabubaring pêrang saradhadhu kang tatu nuli padha ditambani, tatune diblêbêd. Saka dhawuhing panggêdhe, kêpala ing desa Lêngbu lan ing Sawang padha kadhawuhan ambubrahi tuwin angrata papan bètèng sasangkrahe, bêrgada loro kadhawuhan kèri ing kono, anunggoni anggone tumandang gawe kongsi sarampunge.

Wayah jam satêngah nêm, Kumpêni bali marang bepake, lakune rêkasa bangêt, amarga dalane mêndhak mandhukul, sarta kasaput ing wêngi, saya barêng wayah bêdhug bêngi, obore padha mati jalaran kodanan dêrês, tuwan kumêndhan nuli dhawuh andikakake lèrèn sarta golèk panginêpan ing desa kono, [ko...]

--- 108 ---

[...no,] kang ambanjurake lakune mung saradhadhu têlung bêrgada, wayah jam papat esuk têkan ing bêpak sajroning desa Sawang, bêrgada kang padha kèri baline barêng wus liwat jam sawêlas awan, awake padha karasa sayah awit saka katlangso.

Gêgolongan kang ora milu pêrang, iyaiku kang kèri anjaga bepak, nuli kadhawuhan mangkat marang kutha Blang Jêrat, anggiliri bêrgada kang kèri ing kono. Kang anggiliri mau kèhe sasèksi padha ora anggawa gêgaman, parlune bakal anggawa mulih gêgamane kancane kang padha mati utawa kêtaton.

Wayah jam nêm sore Kumpêni wus padha kumpul ana ing desa Sawang, tuwan kumêndhan kang ana ing buri uga banjur rawuh, paring kabar yèn jisime wong Acèh wus padha dipêndhêm, jarahane kang arupa bêdhil ana sèkêt iji, sarta prabot pêrang warna-warna, kabèh wus padha dirusak.

Barêng tanggal kaping pindho Januari ing taun 1902 wayah esuk, jisime wong

--- 109 ---

Marsose loro kang wus padha kapracondhag ana ing paprangan, nuli kakubur nganggo pakurmatan, kuburane dirumati kepala desa aran Tuku Pang Sawang (Tuku Pang Sawang).

Sawuse mangkono, Kapitan Wèb sakarèrèhane tuwin saradhadhu kang padha kataton, ambanjurake lakune marang Têluk Sêmawe, ananging anggone lêrêp ana ing kono ora lawas.

Watara dina manèh Tuwan Wèb, kadhawuhan anglurug marang tanah dharat saurute Krungkêrti (Krungkerti) lan Krung Pira (Krung Pira) ananging tuwan kapitan mau ora lêstari sagêd mandhegani balane, amarga nuli seda, uga ana ing sasi mau tanggal kaping salikur, mungguh sedane mau jalaran saka apêse, dene sababe kaya ing ngisor iki:

Nalika tuwan kapitan ana ing alas, nuju ana sangisoring kayu dêlêgan kang ditalèni ana ing antarane wit loro, dumadakan tali kang kanggo nalèni pêdhot, kayu mau anibani mastakane tuwan kapitan, kongsi andadèkake ing sedane.

--- 110 ---

Mungguh sedane tuwan kapitan mau agawe pitunaning balane, măngka panjênêngane iku panggêdhe kang ditrêsnani bangêt, kajèn sarta kinurmatan ing upsir lan saradhadhunene,[4] awit saka kuwantêrane, bêciking budine, bèrbudi, gapyaking tangkêpe, mungguh ing kautamène wus kayêktèn ing wong akèh.

Sedane Tuwan Wèb adoh karo sanak kulawargane, layone nuli digawa mênyang Kutharaja, disarèkake ana ing pasarean Pêcut (Pecut).

__________

11. Pangluruge Wadya Kumpêni kang Dipandhegani Tuwan Obrus Pan Dhalên (Van Dalen) marang ing Tanah Gayu (Gayu).

Para upsir lan para saradhadhu mêsthi wus padha sumurup marang asmane Tuwan Obrus Van Dhalên, mungguhing bab kasudiran tuwin kasagêdane wus misuwur ing wong Acèh. Para saradhadhu kang wus tau andhèrèkake Tuwan Obrus mau nalika mandhegani Korêp (Korps) marsose [marso...]

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. Fus. ATMODIKROMO Stb. No. 63701. Saradhadhu Jawa, Atmadikrama, sêtambuk ăngka 63701.

Inl. hosp. soldaat RASIMAN Stb. No. 64702. Saradhadhu rumah sakit Jawa, Rasiman sêtambuk ăngka 64702.

Inl. Korp. WONGSOKARIJO Stb. No. 58486. Kopral Jawa, Wăngsakariya sêtambuk ăngka 58486.

Inl. Inf. 1e kl. WAGIMAN Stb. No. 63271. Saradhadhu inpantêri Jawa pangkat 1 Wagiman sêtambuk ăngka 63271.

--- 111 ---

[...se] wus mêsthi padha ora kalalèn karo panjênêngane.

Wiwit ing taun 1904 ing tanah Acèh wiwit saka tanah Tamiyang (Tamiang) sisih wetan, têkan ing tanah Trumon (Trumon) kang sisih kulon, wus padha têluk marang Kumpêni, ing padesan kang wus padha têntrêm, uwonge kang padha laku begal utawa ngècu, wus padha kêplayu marang saburining pagunungan, kang milu jajahan tanah Gayu lan tanah Alas. Brandhal mau anggone manggon ana ing kono wus lawas, upama ditêmpuh saka ing desa kang tanahe ngare, padha bali mênyang ing padesan tanah Gayu, măngka pêrnahe saka pasisir adoh bangêt.

Rong taun kang kapungkur wus tau ana patrol kang nglurug têkan ing Laut Tawar (Laut Tawar) ananging wong ing kono wus digosoki rêmbug dening brandhal mau supaya padha ngukuhana desane, lan wania marang Kumpêni. Sarèhne wong ing desa kono isih bodho-bodho sarta durung wêruh marang kêkêndêlane wong Marsose, apamanèh durung wêruh yèn bêdhil [bê...]

--- 112 ---

[...dhil] Kumpêni luwih bêcik katimbang lan bêdhile wong Acèh, dadi panggosoke wong brandhal mau uga kalakon, wêkasan wong desa mau padha mêmungsuhan karo Kumpêni.

Eman bangêt dene wong Gayu mau padha gêlêm sakuthu karo wong ala, ananging wong Kumpêni kang ana ing pulo Sumatra sisih êlor, wus kawajiban rumêksa marang wong ing padesan kang padha diarubiru ing katêntrêmane, dadi ing ngêndi pamanggoning brandhal mau mêsthi dilari, malah panglarine mau têkan ing tanah Alas, măngka ing tanah mau salawase durung tau diambah wong liyan băngsa.

Ing sasi Pèbruari taun 1904 tanggal kaping 9 Tuwan Obrus kanthi Marsose rolas bêrgada lan angkatan tran sêport, uwong paranteyan watara limang atus, padha mangkat saka Têluk Sêmawe (Teluk Semawe), watara rong sasi saka angkating Kumpêni mau, ana kabar angin, yèn kolonê mau kêpêksa mundur, nanging ora ana kang ngandêl marang kabar mau.

--- 113 ---

Barêng sasi April, tuwan gupêrnur ing Kutharaja nampèni pratelan layang saka Tuwan Obrus, surasane agawe ayême kang padha maca, saya manèh marang bojoning para saradhadhu kang padha ditinggal, mungguh layang mau mratelakake mangkene:

Wiwit mangkat tumêka tanggal 29 Pèbruari, bala Kumpêni padha midêr ana sakiwa têngêning Laut Tawar, sarèhning kolonê mau anane ing kono ora ana kang nanggulangi, lan manèh kapala-kapala kang ditimbali uga padha sowan marang ngarsane tuwan kumêndhan, dadi pagaweyane para saradhadhu ora pati abot, ananging uga ana brandhal sawatara kang sok ambêdhili Kumpêni. Kumpêni nuli dhawuh marang kapala, yèn kongsi ana bêdhil muni, bakal kadhêndha kêbo siji, awit saka pratikêl mangkono iku bisa muwuhi katêntrêmaning Kumpêni.

Barêng lakuning kolonê mangidul, ora mêtu dalan kang ngliwati Intên-intên (Intên-intên) kang isih dikukuhi ing wong desa sawatara, wong kang dadi cucuking laku aran Panghulu Cèk [Cè...]

--- 114 ---

[...k] (Pangulu-Cek) bingung, ora sumurup dalane, ewadene Kumpêni ambanjurake lakune ora kanthi uwas. Rambah-rambah ngambah ing ara-ara utawa ing alas, nanging sarèhning Kumpêni mau wus kulina lumaku ana ing alas, dadi suwe-suwe iya bisa nêmu dalan kang prayoga kêna diambah.

Tuwan upsir kang lumaku ing cucuk barisan kanggo pandom, êpang-êpang tuwin trubusaning wit-witan kang ngalang-alangi padha dipêcoki, supaya lakune aja kêliru ênêre marang panggonan kang sinêdya, kala-kala ana saradhadhu siji utawa loro didhawuhi munggah ing gumuk, golèk sawangan kêkayon kang gêdhe kanggo ancêr-ancêr laku.

Saka petange Tuwan Obrus, bisane têkan ing desa kang sinêdya kira-kira limang dina, yèn mangkono panganing saradhadhu bêras salawuhe bisa cukup. Nanging barêng lakune wis ana têlung dina durung paja-paja têkan ing desa mau, cadhonge para saradhadhu bajur disuda. Barêng andungkap pitung dina bêras wus êntèk, para saradhadhu ing sadina-dinane mung kaparingan dhèndhèng [dhè...]

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. Korp. DONOKARIJO Stb. No. 35367. Kopral Jawa Danakariya sêtambuk ăngka 35367.

Inl. Sergt. Inf. BAIDIN Stb. No. 33738. Srêsan Jawa Inpantêri Baidin sêtambuk ăngka 33738.

Inl. Korp WIROSETIKO Stb. No. 32320. Kopral Jawa Wirasêtika sêtambuk ăngka 32320.

Inl. Korp. SEMODJOJO Stb. No. 32827. Kopral Jawa Sêmajaya sêtambuk ăngka 32827.

--- 115 ---

[...ndhèng] nyacuwil, ewadene iya padha narima, lan padha manut miturut ing prentah, ora ana kang wani kèri, amarga ana satêngahe alas gêdhe, sabên dina padha mangan gêgodhongan saolèhe. Para upsir ora ana kang sambat, iku kang andadèkake wuwuhing piyandêle para saradhadhu marang panggêdhene.

Barêng andungkap sapuluh dina nuli ana sawijining desa, kabèh padha katon bangêt ing bungahe, desa mau aran Kla (Kla) wonge ing desa padha kagèt, dene Kumpêni bisa têkan ing kono, ora ngira yèn bisa nratas alas, sarèhning wong desa mau ora ana kang nglawan, dadi kapêksa iya banjur dadi pangiride Kumpêni, satêkane Kumpêni ing desa kono banjur ora kêkurangan pangan, mung bêrase sathithik, dadi kapêksa mangan iwak kêbo bae, lan ing kono akèh kêbo, katon pating rênggunuk padha dingon ana ing palêmahan kang êloh.

Ewadene dhawuhe tuwan kumêndhan,

--- 116 ---

ora marêngake lèrèn suwe-suwe ana ing desa Kla mau, Kumpêni nuli ambanjurake lakune, mungguh parlune aja kongsi ana wong liyane bisa lumayu kanthi rajakayane.

Barêng lakune sawijining kolonê têkan ing desa Pasèr (Pasèr) wonge ing kono katara arêp wani sarta ngukuhi desane, mula desa mau nuli karangsang Kumpêni: kabêdhah, sajroning desa kono ana wonge Gayu kang mati kêbêdhil, kèhe 41 mungguh saradhadhu kang kataton mung ana papat, gêgamaning mungsuh arupa bêdhil, pisêr, obat, klewang, kang padha kajarah, nuli rinusak kabèh.

Balane Tuwan Obrus ana sabageyan kang liwat ing desa Padhang (Padang) desa mau wus ditinggal ing mungsuh, lakuning Kumpêni iku nuli marang desa Pasèr, nunggal karo kancane, măngka desa Pasèr mau cêdhak karo tanah Gayu Luwas (Gayu Luwas) rêja sarta gêmah bangêt.

Awit saka pratelaning wong, ana desa liya kang bakal dikukuhi ing mungsuh, apamanèh [apama...]

--- 117 ---

[...nèh] wong desa Pêparèk (Peparek) iku wartane arêp nekad nanggulangi Kumpêni ngêtohake jiwane, anak bojone ora ana kang diilèkake, malah dikon asikêp gêgaman, pêdhang utawa kêris, milua pêrang mungsuh Kumpêni.

Dene sakubênging desa iku ana sangkrahe utawa jugangan kalèn akèh, saka pangirane wong ing desa kono, Kumpêni masthi ora bisa malêbu ing desa. Pangira mangkono iku mung jalaran saka bodhone, ora wêruh utawa ngrungu warta yèn Kumpêni kang uwis-uwas[5] tansah bisa narajang ing êndi bae kang sinêdya.

Saka karsane kang dadi têtindhihing Kumpêni, pambêdhahe desa Pêparèk, bakal katibakake ing tanggal 18 sasi Marêt, mungguh kang kapatah ngrangsang iyaiku Marsose pitung bêrgada, kang padha kari andikakake rumêksa kuli sabarange.

Barêng andungkap ing dina tanggal kang kasêbut ing dhuwur, saradhadhu kadhawuhan maju alon-alon, ngênêr marang pagêring desa, lakune

--- 118 ---

padha ambrangkang, parlune aja nganti katon methok kêna kanggo lesaning mungsuh.

Barêng lakune wus têkan panggonan kang dohe saka pagêr kira-kira satus mètêr, saradhadhu mau nuli padha ngadêg banjur lumayu marang panggonan sangkrah, ewadene mungsuhe ora ana kang ngawiti ambêdhil, sadurunge para saradhadhu mau têkan sacêdhaking sangkrah.

Rame unining bêdhil, awor suraking saradhadhu, lan panjêlèhing mungsuh wadon, awit para wong wadon padha ora gêlêm ninggal panggonane ing baluwarti. Ing sakawit para upsir sarta saradhadhu ora padha gêlêm ngarubiru utawa ambêdhil marang mungsuh wadon mau, ananging barêng mungsuh mau anggone ngamuk nganggo klewang marang Kumpêni wantêr bangêt, padha karo pangamuke mungsuh lanang, saradhadhu uga banjur kêpêksa nglawan marang mungsuh wadon mau, amarga ora kêna dieman.

Sanadyan mungsuh anggone nanggulangi saka baluwarti kanthi kêndêl, ewadene Kumpêni iya bisa malêbu banjur nglunasi marang kang padha wani sarta ora asrah bongkokan.

--- 119 ---

Cacahe mungsuh kang mati utawa kêtaton ing desa kono, kang lanang ana satus sawidak wolu, wonge wadon kira-kira ana satus, dene wong Marsose kang mati ana loro, kang tatu ana pat bêlas.

Saka pangajêng-ajênge Tuwan Obrus wong desa liyane aja ngati padha nglawan. Ana sawijining wong pranteyan, kadhawuhan nyêbar warta marang desa liya-liyane mau, mungguhing karêping Kumpêni, ora sêdya mung arêp mêmatèni utawa anjarah-rayah, saka karêpe mung supaya desa-desa ambuwangana bètènge, landhakan tuwin baluwartine, ewa samono karsane Tuwan Obrus mau ora dipaèlu mungsuh, malah wus mirêng warta ana desa kang luwih kukuh, wonge ora wêdi marang Kumpêni. Awit saka iku panggalihe Tuwan Obrus, desa iku ora kêna ora mêsthi tinêmpuh.

Ing sasi Marêt tanggal kaping 22, lakuning Kumpêni têkan ing sacêdhake desa Pênêmpakan (Penempakan) têtela yèn desa iku kang gêdhe, [gê...]

--- 120 ---

[...dhe,] wonge lanang wadon wus nêdya nglawan kaya wong Parèk kang kasêbut ing dhuwur.

Pagêring desa dhuwur lan rapêt, nanging tumraping wong Marsose prasasat dudu apa-apa, amarga padha sikêp kêlewang landhêp-landhêp.

Ing wayah umun-umun, barisan dharatan wiwit pêrang, rame bêdhil-binêdhil, saradhadhu kang ana ngarêp dhewe bangêt ing rêkasane, mula akèh kang kêtaton.

Kumpêni satêkane ing jagang, wong Acèh isih ajêg pangamuke, ora padha gêlêm mundur, dadi akèh kang kêbêdhil dening Kumpêni. Mungguh cacahe ana wong satus sawidak, mungsuh samono mau wadone ana sapuluh.

Tuwan Obrus panggalihe ngeman marang wong-wong wadon mau, mula dhawuh wong-wong wadon iku supaya diwèhi dalan kang sêla kanggo lumayu. Mungguh wong Marsose kang padha pêrang ora ana kang mati, dene upsir kang kêtaton ana loro, saradhadhu ana 22.

Kajaba desa kang kasêbut ing dhuwur ana manèh [ma...]

--- 121 ---

[...nèh] desa Badhak (Badak) kang gêdhe bangêt sarta dikukuhi ing mungsuh kayadene desa-desa kang wus kabêdhah. Dhawuhe Tuwan Obrus, desa Badhak mau bakal katêmpuh ana ing sasi April tanggal kaping têlu.

Esuke wayah jam satêngah papat, ana patrol kang kapatah mapan ing dhuwur gumuk kang cêdhak ing kono, parlune: yèn ana mungsuh kang katon lumayu kênaa didrèl saka kono.

Wêktu samono nuju padhang rêmbulan, dadi atine para saradhadhu padha berag, amarga wus sawatara dina sabên dina udane dêrês.

Watara jam satêngah nêm, bêrgada kang ana ing gumuk mau padha wiwit ngêdrèli marang wong sajroning desa kang padha mapan ana ing saburi baluwarti, kang padha ngalang-alangi Kumpêni.

Sanadyan sangkrah-sangkrah ing kono kukuh bangêt, ewasamono para Marsose padha rêbut dhucung dhisik-dhisikan bisane malêbu sajroning pagêr, sêdyane supaya kasudirane katona ing tuwan kumêndhan, lan ing têmbe bisa olèh ganjaran bintang militèr, ing sarèhning [sa...]

--- 122 ---

[...rèhning] mungsuh padha ora gêlêm mundur, sarta têrus ing pangamuke, saradhadhu kang mati ana lima, kang kêtaton ana nêmlikur, ananging timbangane: mungsuh kang mati dalah kapalane watara ana 122, kajaba iku akèh obat bêdhil kang kajarah, uga ana bêras pirang-pirang karung kang dirayah ing saradhadhu.

Ing dina sadurunge ana lêlakon mau, ana kapala-kapala saka desa sakiwa têngêne kono, padha sowan marang Tuwan Obrus: nyuwun pangapura, lan aprajanji bakal manut miturut apa kang dadi parentahing Kumpêni.

Ananging cacahing wong kang padha sumurup ing bênêr mau mung kawilang sawatara. Patrol-patrol kang kapatah nganglang desa-desa padha dibêdhili ing mungsuh, malah ana warta: ana desa kang luwih santosa manèh, wonge nêdya arêp angukuhi desane, amarga saka ngêndêlake santosa lan warna-warnaning sangkrahe.

Pagaweyane Kumpêni kajaba nglurug marang ing desa-desa lan rumêksa tukang cêngkal kang anggambar tanah ing kono, uga ana patrol liyane [li...]

--- [0] ---

[Grafik]

MARTOSETIKO. Martasêtika

Inl. Sergt. SATIMO Stb. No. 5729. Srêsan Jawa Satima, sêtambuk ăngka 5729.

SOERAWINDJANA. Surawinjana.

Inl. Korp. WAGIMAN Stb. No. 3716. Kopral Jawa Wagiman, sêtambuk ăngka 3716.

--- 123 ---

[...yane] kang binubuhan golèk dalan kang prayoga, kang bakal diambah Kumpêni kang ambanjurake lakune marang ing tanah alas.

Ing sasi April tanggal kaping 19 ana sawijining patrol kang diarubiru mungsuh nalika ana ing pagunungan kang ora adoh saka ing desa Rèkèt Goip (Reket Goip) sabên lakune saya cêdhak desa mau, saya kêrêp dibêdhili ing mungsuh, mulane desa mau banjur dinyatakake ing ngêndi papane kang prayoga bisane tinêmpuh. Barêng wus wanci jam 8 patrol mau bali marang bepak ing Kutha Lintang (Kuta Lintang), dene kaanane desa kang dititipriksa mau wus kasumurupan silak-siluke, amula saka karsane Tuwan Obrus, desa mau bakal kabêdhah ana ing tanggal kaping 27.

Sarèhning lakune kolonê mau saka Têluk Sêmawe lawase wus ana rong sasi, dadi sandhang lan pangane wus nipis, lan manèh tămba tuwin piranti kang kanggo ambêbêd tatu wus êntèk. Awit saka iku Kumpêni kang ditindhihi Tuwan Kapitan Dhê Grap (de Graaf) kang ana ing sacêdhaking sagara, panganggone andhungan [a...]

--- 124 ---

[...ndhungan] andikakake kanggo anggênêpi panganggone saradhadhu mau.

Kumpêni mau mangkat saka ing Kuwala Simpang (Kuwala-Simpang), iyaiku sawijining bètèng ing paresidhenan Sumatra Wetan, anggawa barang rupa: sandhangan, pangan, mimis.

Saka panggagase para saradhadhu kang anggawa barang mau lungane bakal ora kongsi lawas, sawuse ngaturake barang nuli bali bae, nanging luput ciptane, amarga saka karsane Tuwan Obrus, kadhawuhan nulungi dhisik ngalahake desa kang durung têluk.

Kumpêni mau sawuse ngaso sadina, esuke wiwit pêrang, Marsose wolung bêrgada watara saradhadhu 120, lan saradhadhu batalyun watara 90, padha budhal saka ing bepak, kang padha kari mung kari saradhadhu kang isih nandhang tatu ènthèng, tuwin kang padha lara jalaran saka sayah.

Tindake Tuwan Obrus ana cucuking baris, parlu nênangi atining para saradhadhu, duwea pangandêl yèn jurite bakal unggul manèh. Kolonê mau lakune angliwati

--- 125 ---

padesan kang wus suwung ditinggal ngili, ora ana wonge siji-sijia, dalane ngliwati gumuk-gumuk, kongsi têkan wayah jam 12 awan Kumpêni ora kêpranggul mungsuh siji-sijia, ewadene barêng têkan ing papan lêdhokan ing Rèkèt Goip, ana bêrgada loro kang kadhawuhan mapan ing gunung sisih kidul, lan ana bêrgada loro manèh kadhawuhan angêdrèli playuning mungsuh saka lor. Ing samăngsa bètènge wus bêdhah, wêktu iku patrol loro mau dikrutugi mimis dening mungsuh, ewadene uga padha bisa tutug ing panggonan kang wus tinuduh ing panggêdhene.

Desa Rèkèt Goip dikukuhi kaya desa liyane, saya manèh palêmahan ing saubênge desa Êndhut, mula panêmpuhing Kumpêni luwih pakewuh katimbang lan kang uwis-uwis.

Bêrgada kang ana ngarêp dhewe dadi rèrèhane Tuwan Kapitan Sêkèpênês (Scheepens). Ana manèh sabageyan saradhadhu kang lagi têka saka ing Kuwala Simpang, kang kabawah Tuwan Kapitan Dhê Grap, kang uga amanggon ana ngarêp barisan. Kang ana ing buri dadi rêsèrpê, iku [i...]

--- 126 ---

[...ku] kang bakal ngrêksa wong kuli lan panggonane Tuwan Dhoktêr Nib (Neeb) ora tau kèri ana ing bipake, anaa pêrang ing ngêndi-êndi iya milu, parlu arêp têtulung kang padha kasangsaran.

Watara jam siji wiwit pêrang, kang padha ngrubyuk ing êndhut padha kandhêg kapêntog sangkrahing bete,[6] sangkrah mau mèh ora kêna dibrobosi, sanadyan para saradhadhu padha anggawa klewang, ewadene ora bisa angliwati pêpagêr.

Barêng watara ana saprapat jam, ana Marsose bisa lumêbu, ananging saradhadhu batalyun ora ana kang bisa maju, măngka wus diwuwuhi saradhadhu patang puluh, lan saradhadhu rêsèrpê uga kadhawuhan biyantu, ananging ora bisa malêbu ing bètèng, ewasamono wadya kang kabawah Tuwan Sêkèpênês, wus bisa ngundurake mungsuh kang magrok ana ing panggonane.

Suwe-suwe Kumpêni padha bisa lumêbu, mungsuh kang padha durung têluk bnajur padha ditumpês babar pisan.

--- 127 ---

Wong Gayu kang wus kapêrjaya ing prang cacah ana wong 180, lan akèh bêdhil lan gêgamane kang padha dijarah, ewasamono saradhadhu Kumpêni iya ana kang mati, cacahe ana 7, kang kêtaton ana 26, wong kang kataton samono mau upsire ana 5.

Sanadyan mungsuh mau kang mati kawilang akèh, ewasamono wong Gayu mau durung mangêrti yèn anggone nglawan marang Marsose pancèn tanpa guna, mangkono uga anggone ngukuhi desane utawa anggone ora ngeman marang balane dhewe, prasasat tanpa petung.

Kapala desa kang padha sowan asrah bongkokan marang Tuwan Obrus mung ana sawatara, kang akèh durung padha gêlêm têluk, utawa isih wêdi sowan.

Awit saka iku, Tuwan Obrus utusan andhawuhake marang kapala-kapala mau, kabèh supaya banjur padha sowan asrah kaluputane, amarga yèn ora, saka karsane senapati bakal numpês sakabèhing

--- 128 ---

mungsuh kang padha andhèrèk karsane, lan bakal katindakake ana ing sasi ngarêp.

Sawuse dhawuh mangkono, dhawuhe Tuwan Obrus, aja kêndhat sabên dina ana patrol kang midêr, utawa abaris pêndhêm ing wayah bêngi, kala-kala ana mungsuh kang wani ambêdhil, nanging iya banjur kêprêgok ing saradhadhu kang midêr anggolèki brandhal, utawa golèk gabah kanggo pangane Kumpêni, kang bakal ditutu ing wong pranteyan.

Wong ing tanah Gayu Luwas Kulon, wus padha wêruh têkane bala Kumpêni, ananging padha anggugu pikire dhewe, dumadakan malah wani ngarubiru lakuning wadya kang nêlik mrono.

Ana desa loro aran desa Pênosan (Penosan) lan desa Tampèng (Tampèng) desa loro mau wonge padha nglumpuk dadi siji, sêsumbare marang Kumpêni: Apa wani nêmpuh, sabên bêngi desane diubêngi obor, parlune aja nganti weya samăngsa ditêmpuh Kumpêni ing wayah bêngi.

Ewasamono barêng ing sasi Mèi tanggal kaping 9, ana tran sêporêt saka Kuwala Simpang [Si...]

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. sergt. SAKIJOEN Stb. 56177. Srêsan Jawa Sakiyun sêtambuk ăngka 56177.

Inl. inf. 1e. kl. TARIMAN Stb No. 56790. Saradhadhu inpantêri Jawa pangkat 1 Tariman sêtambuk ăngka 56790.

Inl. sergt. KARTODIRIJO Stb. No. 55558. Srêsan Jawa Kartadirya, sêtambuk ăngka 55558.

Inl. sergt. SARKOEM Stb. No. 51838. Srêsan Jawa Sarkum, sêtambuk ăngka 51838.

--- 129 ---

[...mpang] têka, anggawa mimis lan barang rupa-rupa kanggo kabutuhane wong kang padha lara, Tuwan Obrus nuli andhawuhake katêmtuan pambêdhahe desa Pênosan, bakal tumiba ana ing tanggal kaping 11.

Saubênging desa mau ana bètènge cilik-cilik, saka panduganing mungsuh, Kumpêni măngsa bakal bisaa lumêbu, bisaa iya kanthi pakewuh tuwin rêkasa bangêt.

Awit saka iku, panêmpuhe desa iku kabubuhake ing Marsose sapuluh bêrgada, sarta saradhadhu batalyun kadhawuhan amêpêti dalane, parlune yèn mungsuh kang wus kalah ora gêlêm têluk, supaya banjur kêna dibêdhil.

Kira-kira wayah bêdhug awan, kabèh wadyabala wus sadhiya ana ing panggonane, bêrgada kang ana ing ngarêp dhewe ajune katon ayêm bae. Mungguh bêrgada kang ana ing buri kabubuhan angêdrèli wong kang saka desa Tampèng kang padha arêp nulungi wong desa Panosan.

Mungsuh ing sajroning bètèng ora ana kang

--- 130 ---

miwiti gêlêm ambêdhil, ngêntèni manawa Kumpêni wus cêdhak ing sangkrah. Barêng Kumpêni wus amiwiti mêthèli sangkrah, lagi padha ngêdrèl.

Para saradhadhu Marsose ora ngrèwès marang pangrutuging mungsuh, mung abikut nyingkirake sangkrah bae. Barêng mangkono, wong sajroning bètèng nuli ngamuk, nganggo klewang lan kêris, ananging wus kasèp, amarga para saradhadhu wus bisa nglumpati baluwarti lumêbu ing bètèng. Ing kono nuli wiwit pêrang tandhing, wong Acèh ora padha gêlêm mundur, dadi iya kêpêksa padha dilunasi ing klewang.

Ewadene uga ana kang bisa ngungsi marang desa Tampèng, wonge wadon watara ana 50 diklumpukake dening Tuwan Kapitan Dhê Grap, nuli kadhawuhan marang desa liya. Nalika pêrang kang kasêbut ing dhuwur, para wong wadon uga padha milu pêrang, kaya wong ing desa Gayu, malah pangamuke ngungkuli, dadi pancèn ora kêna dieman.

Andungkap jam papat, wus ora ana wong Acèh kang wani pêrang, gunggunging mungsuh kang wus kasoran ana 285, bêdhil kang dibêskup ana

--- 131 ---

100 iji, lela siji, gêgaman warna-warna, kabèh mau banjur padha dirusak. Dene bala Kumpêni kang tatu akèh, kang mati ana saradhadhu 5.

Sawuse pêrang kasêbut ing dhuwur, padesan ing sakiwa têngêne tanah Gayu kang isih dikukuhi ing mungsuh, mung kari desa Tampèng, wonge durung gêlêm têluk, miturut ing pawarta kang wus kamirêngan Tuwan Obrus, kabare ana warna-warna, martakake yèn wong desa iku ambangkang, sawênèh martakake yèn arêp têluk, tuwin ana manèh kang martakake yèn arêp ninggal padesane.

Mula barêng sasi Mèi tanggal kaping 15, Tuwan Obrus utusan paring wêruh marang kapala desa ing Tampèng, kaparingan inah tumêkane tanggal kaping 18, yèn kapalane durung asrah kaluputan, utawa ora manut miturut marang karsaning Kumpêni, ing desa Tampèng bakal nêmahi kaya desa liya-liyane, kang padha ambangkang marang parentah, lumuh anut ing rêmbug bêcik.

Mungguh desa Tampèng iku kawilang cilik,

--- 132 ---

ambane kurang luwih mung ana 160 mètêr, kinubêng ing barongan pring ori kang kêtêl bangêt, katon wus kawak. Biyèn mula ing desa kono mau pancèn tansah mêmungsuhan karo desa liyane, kang padha bangsane dhewe.

Kajaba kinubêng ing pring ori mau, uga ana jagange, lan ana pathok kayu gêdhe kang kanggo ngalang-alangi korining bètèng, parlune digawe makewuhi mungsuh, malah ana borang lan jêgongane akèh, mangkono uga pagêr wit pandhan ri, trucuk utawa granggang, cêkake apa bae kang kêna ginawe mêmalangi mungsuh, iya dianakake, mungguh baluwartine ambane kira-kira ana rong mètêr, dhuwure saka ing jaba ana pitu têngah mètêr, ana bumbung kang kanggo dalan wuluh bêdhil kapasang ana ing buri baluwarti.

Sanadyan para saradhadhu wus sumurup marang bêbaya tuwin rêkasa kang kasêbut ing dhuwur, ewadene ora ana kang cilik atine, malah gambira, sukur dene pêpêrangan nuli enggal rampung, janji mungsuhe ora manut miturut mêsthi bakal tinumpês.

--- 133 ---

Barêng andungkap tanggal kaping 18 sasi iku, bala Kumpêni nuli siyaga, amarga wus têtela wong ing desa Tampèng arêp ambangkang.

Ing wayah byar esuk, para saradhadhu kang ditindhihi Tuwan Kapitan Dhê Grap mêtu saka bepake, kabubuhan rumêksa dalan-dalan kang anjog ing Tampèng. Dene wadyabala kang golongan gêdhe, iyaiku Marsose sapuluh bêrgada, cacahe kira-kira ana wong satus patang puluh, kabudhalake ing wayah jam pitu. Watara rong jam lakune têkan ing sawah sawetan desa Tampèng nuli ngambah pasawahan anyêdhaki desa mau, mungsuh padha wiwit ambêdhili, ananging saradhadhu mau ambacutake lakune bae, banjur padha anjajal gawe butulan.

Anggone saradhadhu pating prakênêng miyaki sangkrah wis prasasat tanpa guna, saradhadhu rêsèrpê kadhawuhan padha biyantu nyambut gawe, mangkono uga saradhadhu kang padha rumêksa kuli kang anggawa barang, uga padha kadhawuhan milu ambiyantu. Sanadyan wus mangkono, ewadene tumindaking pagaweyan mung mundhak sathithik, [sathi...]

--- 134 ---

[...thik,] kongsi jam têlu lagi bisa têkan ing papan baluwarti, para saradhadhu padha bangêt ing lêsune, jalaran saka kêsêl bangêt, ananging atine isih padha gêdhe, rêbut ngarêp rêbut dhisik bisane lumêbu ing bètèng, amarga saka ngarêp-arêp tumibaning sih kanugrahan bintang pêrang. Awit saka iku saradhadhu Kumpêni pancèn kêna ingaran bêcik, kacihna saka tandang lan kalakuwane kaya kang kasêbut ing dhuwur, ora ana saradhadhu kang gêlêm kèri.

Barêng Kumpêni wus bisa munggah baluwarti, satêkane sajroning desa nuli campuh pêrang, sabên omah wus rinakit kaya bètèng cilik, wong Acèh padha nanggulangi sarta angukuhi, ananging iya kapêksa kasoran padha mundur utawa ngamuk, nanging tanpa gawe, saya manèh kawuwuhan ana omah kobong, gênine banjur mrèmèn, jalaran saka kasilir angin gêdhe, cacahing omah kang kobong ing desa mau mèh êntèk saprapat, malah desa Rêmo (Remo) kang dohe saka kono ana 500 mètêr, uga ana omahe kang kaplêtikan gêni kongsi kobong,

--- 135 ---

tujune enggal katulungan, desa Rêmo mau banjur katon manjêr bandera putih, têgêse dadi pratăndha badhami.

Mungguh prang ing dina iku saradhadhu kang mati mung siji, kang tatu sanga likur, dene mungsuh kang padha mati lanang wadon 154 kang wadon 47, wonge alas 18, bêdhil kang kajarah ana 114 iji, banjur karusak.

Sabubaring pêrang, bètèng-bètèng ing tanah Gayu wus bêdhah kabèh, desa kang ora pinukul ing prang padha kadhawuhan angladèkake bêdhile kabèh, ora antara lawas bêdhil mau uga banjur diladèkake, saka desa Rêmo lan sakiwa têngêne kono kabèh ana bêdhil 160.

Ing satêmêne, wong Gayu sakawite iya wani marang Kumpêni, nanging nuli padha têluk, mung kari wong alas bae kang durung mangêrti marang karêping Kumpêni bab anggone nglurug mau. Awit saka ing pawarta, ana bètènging mungsuh cacah papat lagi dibangun sarta disantosakake, kang iku awit saka karsane Tuwan Obrus, sakabèh wong kang nandhang tatu lan kang lara [la...]

--- 136 ---

[...ra] andikakake ngangkatake dhisik marang pasisir, parlune supaya gancang lakuning wadya Kumpêni. Awit saka iku, barêng tanggal kaping 24 Mèi ana tran sêporêt kang budhal saka bepak ing Kutha Lintang.

Wong lara kang diangkatake ana 29, samono mau ana upsire 4 padha ditunggangake tandhu, kang nandhang tatu isih bisa mlaku ana 21, tran sêporêt mau lakune dirêksa saradhadhu 41, cacahing wong kang padha mikul tandhu utawa barang liyane kang parlu kagawa, ana wong 270.

Miturut saka wartane kang milu tran sêporêt mau, lakune wong kang lara mau bangêt ing susah lan kêkurangane, ngungkuli ing kasusahane dhèk sasi kang kapungkur.

Kuli kang padha milu mau ana wonge băngsa Mlayu lan Cina, mangkono uga wong saka Srawak, wonge pranteyan mung sawatara, kuli-kuli mau kulinane mung nyênyunggi utawa manggul, yèn mêmikul ora kulina, mula barêng ana kangelane sathithik, utawa barêng têkan dalan kang jêblog, banjur padha lèrèn,

--- [0] ---

[Grafik]

Inl. Sergt. RONOSEMITO Stb. No. 49474. Srêsan Jawa Ranasêmita sêtambuk ăngka 49474.

Inl. Inf. 1e kl. WIROMENAWI Stb. No. 45277. Saradhadhu Inpantêri Jawa Wiramênawi sêtambuk ăngka 45277.

Inl. Fus. SALIM Stb. No. 42308. Saradhadhu Jawa Salim sêtambuk ăngka 42308.

Inl. korp. cav. MASAN Stb. No. 44241. Kopral Kapalèri Jawa Masan sêtambuk ăngka 44241.

--- 137 ---

utawa ngaso ana sapinggiring dalan, saya barêng mlêbu ing alas, akèh oyod lan wit-witan kang padha ngalang-alangi lakune, êpanging wit-witan mau rambah-rambah tansah kudu dipêcoki, supaya dalane kêna kanggo liwat tandhu.

Sajrone padha lumaku nuli udan dêrês, sarta banjur kasaput ing wêngi, udane isih riwis-riwis, ing kono ana wong lara kang tiba saka ing tandhu, amarga kang mikul kêplèsèt. Ana manèh wong kang lara sêsambat anjaluk pitulungan dhoktêr, ana manèh kuli kang ora bisa ambacutake lakune, kapêksa katunggangake ing tandhu, lakuning tran sêporêt mau kongsi 12 dina suwene lagi têkan ing Kuwala Simpang.

Sapa kang wus tau milu lakuning tran sêporêt gêdhe, wus mêsthi bisa wêruh lan ngrasakake mungguh susahing laku utawa pakewuhe, anjaga aja kongsi ana kang kèri, mangkono uga rumêksa marang wong lara kalawan prayoga. Sajrone lumaku mau ana upsir siji kang mati jalaran saka lara kadhêmên, [kadhê...]

--- 138 ---

[...mên,] lan ana saradhadhu siji kang mati jalaran saka tatune.

Ewadene kang padha lara padha bungah atine, amarga rumasa wus andungkap mangsane bakal kaupakara tuwin ditambani larane. Barêng tanggal kaping 5 sasi Juni, lakuning tran sêporêt mau têkan ing Kuwala Simpang ora kurang sawiji apa.

Sabêdhahe desa Tampèng, sajroning tanah Gayu ora ana mungsuh kang nglawan Kumpêni manèh, patrol kang tinuduh midêr-midêr ing padesan ora tau mrangguli mungsuh, mung nalika ana ing sacêdhake desa Pasèr ana wong kang wani ambandhêm watu saka ing gunung, nanging kapalane tumuli têka nyuwun ngapura, wong-wonge desa banjur padha mulih mênyang omahe dhewe-dhewe.

Nalika iku Tuwan Obrus wus paring dhawuh marang kapala Gayu kabèh, supaya padha sowan ing ngarsane, katamtokake ana tanggal kaping 2 Juni.

Ing dina kang wus katamtokake, sakabèhing kapala wus padha sowan, banjur prasêtya

--- 139 ---

marang Kumpêni Walănda, tuwin nampani dhawuh prajanjiyan.

Dene wong alas isih padha ana kang andablêg. Awit saka iku barêng sasi tanggal nom, Kumpêni nglurug mrana, uga tinêmu ana bètèng-bètènging mungsuh, nanging akèh kang ora diênggoni ing wong, kang mêsthi wus padha sumurup marang kadadeyane saupama arêp ambangkanga kaya wong Gayu.

Ewasamono ing desa Bambêl (Bambel) ana wong kang dadi juru ngojok-ojoki kancane, supaya wani marang Kumpêni. Saking mandining pambujuk utawa saka bodhone wong kang dibujuk, têmahan wong desa mau banjur padha ngukuhi desa Kutha Rèh (Kuta Reh) desa mau nuli ditêlik ing patrol.

Kaananing bètèng, santosaning sangkrah-sangkrah, tuwin têmpuhing mungsuh lan wadya Marsose mirib kaya nalika pêrang ing tanah Gayu, katrangane mung kapratelakake kalawan ringkês kaya ing ngisor iki.

Desa kang banjur dibêdhah ing Kumpêni, iyaiku ing Kutha Rèh, nalika tanggal kaping 14.

--- 140 ---

Ing Likat (Likat) ana ing tanggal ping 20 ing Kutha Lengat (Kuta Lengat) ana ing tanggal ping 23.

Cacahe wong kang padha mati utawa tatu sajrone têlung dina mau, gunggunge kaya ing ngisor iki:

Mungsuh kang mati 1647, kang tatu 154, kang lara 108. Dene wadya Kumpêni kang mati ana 8, tatu 57, samono mau upsire ana 6.

Sawuse pêrang gêdhe iku, têtindhihe wong băngsa alas nuli padha sowan, padha gêlêm rukun lan Tuwan Obrus, anggone mangkono mau amarga saka mirise, dene Kumpêni bisa têkan ing ngêndi-êndi lan ora kêna dikalahake.

Barêng wêkasane sasi Juni tanah alas mau wus dadi têntrêm, ora sêsatron manèh, dening wus padha wêdi yèn katêkan ing bilai kaya kang uwis.

Sawuse mangkono ana tran sêporêt lumaku marang Kuwala Simpang manèh, anggawa saradhadhu batalyun karerehane Tuwan Kapitan [Kapita...]

--- [0] ---

[Grafik]

KERKHOF PECUT. Pasareyan (Krêkop) ing Pêcut.

--- 141 ---

[...n] Dhê Grap, diulihake marang kutha Medhan (Medan).

Ing sasi Juli tanggal kaping 1, Tuwan Obrus nuli budhal saka ing tanah alas, mêtu ing tanah Batak (Batak) ngliwati talaga Toba (Toba) marang ing kutha Taruntung (Taruntung) saka kutha Taruntung ambanjurake tindake marang kutha Siboga (Siboga) kaprênah ing pasisir sagara kulon, ing kono ana kapal Kumpêni loro kang wus nunggoni ing têkane kolonê mau, satêkane ing kono kolonê mau tumuli munggah ing kapal banjur mangkat, pinèngêtan nuju tanggal kaping 21 Juli.

Lakuning kapal barêng wus rong dina têkan ing palabuhan Olèhlèh (Olehleh), para tuwan-tuwan upsir sarta para saradhadhu akèh kang padha mêthukake rawuhe Tuwan Obrus, saradhadhune kang padha unggul ing jurit, Tuwan Obrus sawadyane padha suka-suka, katêmu karo garwa putra utawa anak bojone, wus padha mêthuk kanthi bangêt ing pangarêp-arêpe, lan têtakon kapriye kaanane, sapa kang kêtaton, sapa kang wantêr jurite,

--- 142 ---

utawa sapa kang bakal tămpa ganjaran bintang, sapanunggalane.

Sawuse mangkono nuli padha ngaso ing Kutharaja. Lan manèh sarèhning balanjane wadya Kumpêni kang padha pêrang mau wus ditandho lawas, dadi ngalumpuk akèh, nuli padha têtuku olèh-olèh kanggo sanak kulawargane, apa kang dadi kasênêngane. Dhèk samana banjur padha lali marang kasangsarane kang uwis-uwis.

__________

--- [143] ---

Isine Layang Iki

Kaca:

1. Bêbuka ... 1

2. Kaukum, nanging kaganjar ... 8

3. Bêdhahe desa Surian ... 12

4. Wêwatêkane wong wadon băngsa Acèh ... 28

5. Wong Marsose ing tanah Acèh ... 45

6. Patroli kang pagaweyane mutawatiri ... 57

7. Bab wong kang anggawa barang pêtêng marang mungsuh ... 72

8. Pambêdhahe bètèng Anak Galung ... 84

9. Pangluruge Kumpêni marang desa Tangse ... 90

10. Pambêdhahe kutha Blang Jêrat (Blang Jerat) ... 100

11. Pangluruge wadya Kumpêni kang dipandhegani Tuwan Obrus Pan Dhalên (Van Daalen) Marang ing Tanah Gayu (Gayu) ... 110.

__________

 


Graplan. (kembali)
tuwin. (kembali)
saradhadhu. (kembali)
saradhadhune. (kembali)
uwis-uwis. (kembali)
bètèng. (kembali)