Kawruh Dhakon, Atmawiraga IV, #1878

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kawruh Dhakon

Karanganipun Radèn Atmawiraga IV.

Abdi dalêm urdênas, marasêpuhipun Ki Padmasusastra.

Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Punika ingkang nyêkarakên, karingkês salampahan cêkapa dados sapada-sapada, murih botên kasupèn amastani ăngka ingkang badhe kalampahakên.

Taun.

--- 87 ---

Marasêpuh kula Radèn Atmawiraga kaping sakawan, abdi dalêm urdênas kasêpuhan, punika kêkasih dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI, dening marasêpuh kula èstri Nyai Lurah Amongkarsa (semahipun marasêpuh kula Radèn Atmawiraga wau) dados palihan dalêm, sakendhang dalêm, marasêpuh kula lêstantun suwita ing karaton, alamipun Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII, VIII dumugi kaping IX. Sarêng sampun sêpuh angsal parimarma dalêm, kalihan botên mara sowan, nêdha nganggur wontên ing griya (botên pènsiyun) paring dalêm lênggah siti dhusun pamêdalipun anyêkapi. Salêbêtipun nganggur, kasênênganipun ngingah sêmut gramang, dipun têdhani gêndhis kalapa, sadintên sadalu ngantos têlas gangsal tangkêb, anjirap ewon griya wontên punthuk damêlan, katingalipun mênawi dipun pakani, mênawi sampun têlas pakanipun malêbêt ing guthaka sadaya, botên wontên ingkang kantun. Botên namung ingon-ingon sêmut, pêksi awang-awang kathah warni-warni sami jênak ngaub wontên ing kêkajênganing punthuk, amargi dipun sêbari uwos saha sêkul cadhong mawi pangombèn dipun cêmplungi satunggal punika, kathah ingkang tilêm sarta nusuh wontên ing ngriku (punapa gadhah kêtagihan kados manungsa). Dene ingkang ngeram-eramakên [ngeram-e...]

--- 88 ---

[...ramakên] ingon-ingonipun ayam sampun botên kawical, punika sadaya wulunipun cêmêng, nak-kumanak dados sami wulu cêmêng, satunggal botên wontên ingkang botên wulu cêmêng, wontên ingkang jambul, walik, rob, sanggar dlima tuwin sanès-sanèsipun, ayam wau botên suka dipun prêgad, ingkang nigan namung dipun têtêsakên salong dipun damêl êndhog-êndhogan, mênawi wontên ingkang ical satunggal kalih sampun botên katawis, katawisa inggih sampun dipun lilakakên kaanjingakên jakat pitrah. Kêplantrang anggèn kula badhe nyariyosakên katabêrènipun marasêpuh kula, sarêng kèndêl sampun botên mara sowan, botên kesah-kesah saking griya, sambènipun dhakon piyambak, botên wontên rencangipun, tiyang ingkang botên sumêrêp kajêngipun, inggih dipun wastani anèh, dhakon piyambak botên gadhah bosên, wusana botên makatên, dhakon punika wontên kawruhipun, limrahipun tiyang dhakon, botên kenging dipun baudi, wiwitanipun lampah sarêng, ing salah satunggilipun mêsthi andhok rumiyin, lajêng gêntos andhok, makatên salajêngipun, pundi ingkang kawon kêcik sarta kawon lampah: nandur kacang (= lumbung kalih).

--- 89 ---

Dados botên sagêd kawon têrus, gêntos mênang gêntos kawon, dening ingkang kawon kenging nandur kacang wau, sarta ingkang kêcikipun ing sabin taksih kathah kêdah kabanyokakên dhatêng ingkang kêcikipun kantun sakêdhik, dados ungêl-ungêlan dipun obong (têlas kêcikipun) punika botên, sayêktosipun namung gêntos mênang gêntos kawon, ing mangke sampun pinanggih ngilminipun dhakon, sayêktos sagêd ngobong mêngsahipun, mêngsahipun botên sagêd angsal kêcik langkungipun saking sanga, tarkadhang botên angsal babarpisan, awit mênawi taksih gadhah kêcik sanga dèrèng dipun obong, taksih gadhah sabin sakêdhok, bêra 7 kêdhok, kacangan sakêdhok, nama pêjah 8. Mêsthi kemawon saya mindhak sabinipun, awit tansah dipun banyoni rambah-rambah, ananging mênawi ngangge ngilmi padhakonan, sagêd ngobong sayêktos, sayêktos angwuyunakên paningal, saking anèhipun lampah botên andhok-andhok namung tansah minggah, sarêng andhok ambêdhil isining sabin ngantos lubèr.

Ngilmi padhakonan dèrèng kasumêrêpan tiyang sajagad, sapunika kula gêlarakên, nyulayani para putri ingkang kaparêng lêlangên kasukan dhakon, saiba ascaryaning galihipun bilih sampun sagêd nyakup ngilmi padhakonan, sarananipun ngapalakên uran-uran sangang pada, nanging

--- 90 ---

kapetang sapada salampahan, wiwit lampah jangkêp, lajêng pêjah 1 dumugi pêjah 8. Petanging kêcik 9x9 = 81x2 = 162 punika sagêd kadarbe ing tiyang satunggal. Apalan sêkar wau mêndhêt wataking căndrasangkala, kados ing ngandhap punika:

Lampah Jangkêp Sêkar Dhangdhanggula.

trustha rasa manising thi-athi ... 4.6.6.2.

suci Pandhawa ngobahkên wignya ... 4.5.6.3.

warna sapta margining we ... 4.7.5.4.

binabah buta rêtu ... 9.5.6.

lènging karna tirta kang manis ... 9.2.4.6.

trusing pandhita juga ... 9.7.1.

wignyaning para rum ... 3.6.

cinatur karna kagunan ... 4.2.3.

căndra catur ... 1.4.

sanga rasêksa rasêksi ... 9.5.5.

karasa anyanjata ... 6.

Pêjah 1 Sinom.

wil tri wignya nêbak tirta ... 5.3.3.2.4.

ji ro lu Nata Karna Ji[...] ... 1.2.3.1.2.1.

pandhita dwi guna sara ... 7.2.3.5.

wiku dwi wignyanglèng suci ... 7.8.8.9.4.

--- 91 ---

guna nêmbah we gati ... 3.2.4.5.

astha ditya karna wiku ... 8.5.2.7.

bayu rasa lar tiga ... 5.6.2.3.

catur krun obah wong kalih ... 4.9.6.1.2.

wiku lima dwi bujăngga sinanjata ... 7.5.2.8.

Pêjah 2 Dhangdhanggula.

buja catur krasa ngèsthi gêni ... 2.4.6.8.3

sapta karna bauning pandhita ... 7.2.2.7.

ngèsthi buja tri rasane ... 8.2.3.6.

buta tri mata iku ... 5.3.2.1.

dwi ekane angèsthi tunggil ... 2.1.8.1.

tri tunggal yaksa juga ... 3.1.5.1.

siking bumi rêtu ... 3.1.6.

guna ro catur dwi astha ... 3.2.4.2.8.

sapta rasa ... 7.6.

juga wiku trus bumi tri ... 1.7.9.1.3.

sapta lèng hèr nyanjata ... 7.4.4.

Pêjah 3 Asmarandana.

tri yaksa gunaning rêsi ... 3.5.3.7.

song buta tri godhong obah ... 9.5.3.1.6.

buja ro yêksa goranglèng ... 2.2.5.7.9.

sasadara gunèng warna ... 1.1.3.4.

--- 92 ---

lèk pindho siking karna ... 1.2.3.2.

suta tri nabi karungu ... 1.3.1.6.

janma kalih anyanjata ... 1.2.

Pêjah 4 Asmarandana.

catur rasa ngèsthi gati ... 4.6.8.5.

katon nabi gunèng karya ... 3.1.3.4.

netranglèng iku candrane ... 2.9.1.1.

karnèng nabi suta guna ... 2.1.1.3.

trus rasa wignya nêmbah ... 9.6.3.2.

wong loro pangrasanipun ... 1.2.6.

cature arsa nyanjata ... 4.

Pêjah 5 Dhangdhanggula.

buta sapta wiwara satunggil ... 5.7.9.1.

ji ro lu pat tri wiku pandhawa ... 1.2.3.4.3.7.5.

catur manis tri saptane ... 4.6.3.7.

ji pat jalu ji wolu ... 1.4.1.3.1.8.

karna catur sapta kang manis ... 2.4.7.6.

wong mănca lar we buja ... 1.5.2.4.8.

sad buta trus caksuh ... 6.5.9.8.

tri catur dwi ji ji sanga ... 3.4.2.1.1.9.

wignya manis ... 3.6.

ji astha dwi rasèng janmi ... 1.8.2.6.1.

hèr bayu wong nyanjata ... 4.5.1.

--- 93 ---

Pêjah 6 Sinom.

măngka sucining kawignyan ... 4.3.

ji ro lu bau rasêksi ... 1.2.3.2.5.

kêkalih rasèng pandhita ... 2.6.7.

pandhawa saeka kapti ... 5.1.1.

angèsthi dewa rêsi ... 8.1.7.

suta kalih wani padu ... 1.2.1.6.

wêka tri trus manêmbah ... 1.3.9.2.

tri asta bayu lar warih ... 3.2.5.2.4.

lu ji lu pat ... 3.1.3.4.

dwi wong wignya ngraya tunggal ... 2.1.3.6.1.

Pêjah 7 Asmarandana.

dwarastha ingkang kaèsthi ... 9.8.8.

ngrasa wignya catur papat ... 6.3.4.4.

wani pandhawa rasane ... 1.5.6.

rêsi ro lu tunggal tata ... 7.2.3.1.5.

ji ro ji lu myang ji pat ... 1.2.1.3.1.4.

eka astha eka catur ... 1.8.1.4.

ji ro ji nga anyanjata ... 1.2.1.9.

Pêjah 8 Asmarandana.

ngèsthi-èsthi pandhita tri ... 8.8.7.3.

--- 94 ---

yaksa loro wanèng tirta ... 5.2.1.4.

kawignyan catur kanthine ... 3.4.2.

wani yaksa paksa guna ... 1.5.2.3.

janma catur sikara ... 1.4.2.

lima nênêm wolu wolu ... 5.6.8.8.

buja tiga sikarastha ... 2.3.2.8.

Tamat.