Primbon Jampi Jawi, Tan Kun Swi, 1933, #263

JudulCitra

PRIMBON DJAMPI DJAWI

Sêrat Primbon Jampi Jawi

Ngêwrat racikan jampi-jampi cara Jawi tulèn, turunan saking sêrat primbon kina, sampun kanyatakakên katindakakên, sarta kathah pitulungipun.

Ingkang gadhah waris primbon, Brata Suparta tiyang mardika ing Tulungagung.

(Diperlindungi hak karang-karangan Staatsblad 1912 No. 600 fatsal 11).

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi, Kadhiri.

2e. DRUK: 1933.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [1] ---

Sêrat Primbon Jampi Jawi

Ngêwrat racikan jampi-jampi cara Jawi tulèn, turunan saking sêrat primbon kina, sampun kanyatakakên katindakakên, sarta kathah pitulungipun.

Ingkang gadhah waris primbon, Brata Suparta tiyang mardika ing Tulungagung.

(Diperlindungi hak karang-karangan Staatsblad 1912 No. 600 fatsal 11).

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi, Kadhiri.

2e. DRUK: 1933.

--- [2] ---

PENERBIT TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

[Grafik]

Diperlindungi hak karang-karangan Staatsblad 1912 No. 600 fatsal 11. Kitab yang sah, ditandai tangan oleh si penerbit seperti dibawah ini:

[Tanda tangan]

--- [3] ---

VOORBERICHT

Anggèn kula ngêdalakên Sêrat Primbon Jampi Jawi punika, botên sumêdya nênangi sadhèrèk băngsa Jawi dhatêng babagan gugon tuhon, tuwin nênungkul kawruh nyata bab kadhoktêran, saèstunipun namung rumaos eman, manawi primbon tilaranipun lêluhur Jawi kina wau namung tansah dipun imbu kemawon, prayogi kaumumakên ing ngakathah, lowung-lowung bokmanawi wontên pigunanipun.

Ing sêrat primbon punika kathah jampi-jampi ingkang namung awarni isarat utawi ila-ila, tuwin sajakipun botên pinanggih ing nalar, ananging sintên ingkang sumêrêp manawi ing ngriku mèsi daya alus ingkang botên sadhengah tiyang mangrêtos.

Kajawi saking punika, ing sêrat primbon punika ugi kathah namaning sêsakit utawi namaning racikan jampi ingkang kula dèrèng nate sumêrêp, ing ngriki namung katurun sungging kemawon, măngsaborong para nupiksa.

Mênggah ing pamanggih kula, tumrap para sakit ingkang adêdunung cêlak kalihan dhoktêr, ing saèstunipun langkung prayogi nyuwun pitulunganipun dhoktêr, awit dhoktêr punika nama sampun têrang angsal pratăndha: ahli sêsakit tuwin jampi. Dene tumrap para sadhèrèk ingkang têbih dhoktêr, ingkang kaparêng ngagêm [ngagê...]

--- [4] ---

[...m] jampi Jawi, mugi sampun ngantos nilar dugi-dugi lan prayogi.

Primbon Jampi Jawi cap-capan ingkang kaping kalih punika sampun kula têrangakên mawi Bab I t/mXLII. utawi namaning sêsakit saha jampinipun kaurutakên 1 t/m290. kawêwahan Bladzijde, dados para nupiksa gampil sangêt mênawi madosi satunggal-tunggaling jampi, beda sangêt kalihan ingkang sampun.

Kaping 30 Juli 1933

Ingkang ngêdalakên: Tan Gun Swi Kadhiri.

--- 5 ---

Ing ngandhap punika pratelan racikan jampi-jampi Jawi, tuwin isarat-isarat sasaminipun, kangge anjampèni sêsakit warni-warni, turunan saking primbon tilaranipun lêluhur Jawi ing jaman kina.

Bab I. Jampi Sakit Ngêlu.

1. Sakit ngêlu limrah: 1. jae, 2. manis jangan, 3. kêmukus, sami kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

1. pala, 2. cabe, 3. kunir, kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

1. têmu pêthak, 2. dringo, 3. kunir, 4. apu, kapipis lajêng kapilisakên ing bathuk.

1. jae, 2. brambang, 3. sunthi, kapipis lajêng kapilisakê[1] ing bathuk.

1. bonggol sere, 2. dhèdhès, kapipis kapilisakên ing bathuk.

1. ron galing satêkêm, 2. kunir tigang iris, 3. jintên cêmêng sajumput, kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

2. Sakit ngêlu asal saking angin: jêram pêcêl satunggal, kairis sampun ngantos katut isinipun, punika lajêng katèmplèkakên ing pilingan kiwa têngên. Anggènipun nèmplèkakên radi kapêtêlakên sawatawis, manawi sampun kanthil kainggatan.

--- 6 ---

3. Sakit ngêlu asal saking encok (selakarang): 1. mripat sunthi, 2. mripat kêncur, 3. mriyos sajumput, sami kapipis lêmbat lajêng kapilisakên ing bathuk.

4. Sakit ngêlu mawi bêntèr: 1. sêdhah kêpanggih rosipun tigang lêmbar, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. sintok, 5. sêprantu, 6. jae, 7. brambang, 8. sunthi, sami kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

5. Sakit ngêlu asal saking encok (selakarang) sarta asring-asring kimat, asring glègèkên tuwin antop: 1. inggu, 2. bawang tigang siyung, kapipis mawi kaêmoran 3. mabên: kaombèkakên. Sasampunipun lêt watawis gangsal mênut, lajêng kaombènana: wedang jarang kaêmoran mungsi.

6. Sakit ngêlu kêmandèn (sêkalor) ingkang ngantos sangêt: amêthika ronipun jambêt kaluthuk, nanging pamêthikipun sampun ngantos ayang-ayanganing asta ngèngingi ron wau, punika kapipis kalihan apu ingkang ngantos lêmbat, lajêng kapilisakên ing bathuk sarta ing pilinganipun kiwa têngên. Ing nalika badhe wiwit mipis amaosa kulhu kaping tiga kalihan mêgêng napas, insya Allah sagêd waluya.

7. Sakit ngêlu ingkang kraos mingêr panonipun, utawi

--- 7 ---

kras mumêt, mripat kados mêdal konang-konangipun: 1. ron lênglêngan (bosah-basèh) kawan wêlas lêmbar, 2. dringo, 3. bawang, 4. mriyos sulah satunggal, 5. sarêm sawuku, sami kapipis ingkang lêmbat, lajêng kapilisakên ing bathuk sarta pilinganipun kiwa têngên, tuwin katuruhakên ing talingan kiwa têngên.

8. Sakit ngêlu ingkang kêdah sumaput panonipun: 1. kulit jêram wangi, 2. kêrikan kajêng cêndhana, kapipis ingkang lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

9. Sakit ngêlu ingkang botên doyan nêdha dening cangkêmipun kraos pait: 1. adas, 2. adas lêgi utawi adas Cina, kasami kathahipun, 3. kêtumbar, ingkang ragi kaduk, 4. kajêng lêgi, 5. ron kêndhal pitung lêmbar, 6. ron galing satêkêm, sami kapipis lajêng kapilisakên ing bathuk.

10. Sakit ngêlu ingkang mawi pilêg sarta talinganipun pating grêbêg: 1. apu, 2. bawang, kapipis ingkang lêmbat, kaêmoran 3. toya jêram pêcêl, 4. lisah wijèn, kaulêd dados satunggal lajêng kakicik, mangêt-mangêt kapupuhakên ing bathuk sarta ing pilingan kiwa têngên.

Bab II. Jampi Sakit Mripat.

11. Mripat lamur: 1. pokipun wit lêmpuyang, 2. brambang sasiyung kabênêm, sami kapipis lajêng kaêmoran 3. toya jêram linglang, [ling...]

--- 8 ---

[...lang,] kapupuhakên ing mripat. 1. ron pare wana (pare alit), 2. sarêm, 3. brambang kabênêm, 4. adas, sami kapipis ingkang lêmbat, kapilisakên ing bathuk. 1. ron têlasih, 2. sarêm sawuku, kapipis mawi kaêmoran 3. toya jêram linglang, katètèsakên ing mripat kiwa têngên.

12. Mripat ingkang manikipun malêtik sarta lamur: sabên enjing kalihan sontên dipun colokana mawi êlaripun ayam cêmêng mulus. Êlar ingkang taksih ênèm punika dipun bubud, băngkotipun awujud daging mawa toya, punika dipun colokakên alon-alon. Utawi: sabên enjing kalihan sontên kacolokana mawi êrahing cacing. Cacing siti punika kapêthêt pucukipun, mêdal êrahipun, punika kangge nyoloki manik ingkang mlêtik wau.

13. Mripat bèlèkên: 1. kêmukus, 2. bawang, 3. sarêm sawuku, kapipis ingkang lêmbat lajêng kasaring ingkang ngantos bêning, kapupuhakên ing mripat.

14. Mripat bèlèkên sarta blêrêng paningalipun: terong ngor ingkang matêng kapêndhêt toyanipun, kausap-usapakên ing mori pêthak lajêng kaêpe ngantos garing, manawi sampun garing, kakêrika sakêdhik, katoyanan [katoyana...]

--- 9 ---

[...n] toya tawa sawatawis: kapupuhakên ing mripat.

15. Mripat malêtik sabab dening sakit cacarên: tosan kabakar, manawi sampun mêngangah, katuruhana toya jêram linglang, turuhanipun katadhahana ing bathok, kaêbun-êbunabên[2] sadalu, enjingipun kasipatakên ing tlapukan kiwa têngên, dangunipun tigang kenjing. Sasampunipun punika, lajêng angêbun-êbuna sêkul, enjingipun ugi kasipatna ing mripat.

16. Mripat pêtêng: 1. kunci kalêbêtna ing woh jêram pêcêl ingkang sampun sêpuh, lajêng kaêpe ngantos garing, kunci wau lajêng kapêndhêta, kaparud mawi kaêmoran 2. mabên, 3. puwan lêmbu, kacarub dados satunggal, kasaring ingkang ngantos bêning: kapupuhakên ing mripat kiwa têngên.

17. Mripat ingkang raosipun ngêrês sarta blêrêng: oyod rumput walulangan kakumbaha ingkang rêsik lajêng kadhêplok, kawadhahan mangkok ingkang rêsik, dipun ênêbakên, bêninganipun kaangge nglimbang mripat, andadosakên asrêp sarta padhang.

18. Mripat abrit sabab dening bèlèkên, sarta ngêmbêng êluh: bêntulipun senthe cêmêng kaoncekan ingkang rêsik, kapipis ingkang lêmbat mawi puwan lêmbu, lajêng kaglintiran kados wêdhak, kaêpe ngantos garing, nuntên anggêcêka [anggê...]

--- 10 ---

[...cêka] ron sinom (ron asêm ênèm) kapêrês toyanipun, kaangge noyani glintiran senthe wau, lajêng kabuntêla ing mori pêthak ingkang rêsik, kakêcêrakên ing mripat.

19. Mripat rimang tuwin cadhok: kunir dipun oncèki ingkang rêsik, lajêng kalêbêtna ing woh jêram pêcêl ingkang sampun dipun krowoki, nuntên kaêpea ingkang ngantos garing. Kunir wau lajêng kapêndhêta, kaparud mawi katoyanan toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, lajêng kabuntêla ing mori pêthak: kakêcêrakên ing mripat.

20. Mripat ingkang tansah ngêmbêng êluh sarta warninipun sêmu jêne: tawas kapipis mawi kaêmoran toya jêram pêcêl, lajêng kakicik: kaparêmakên ing saubênging mripat. Sirikanipun botên kenging nêdha bêntèr-bêntèr sarta kêcut-kêcut, botên kenging kêkathahên wungu, sarta kêdah cêgah sarêsmi.

Woh jambe ingkang taksih ênèm kapipis ingkang lêmbat, katoyanan uyuhipun bayi ingkang dèrèng mêdal untunipun, lajêng kabuntêla mori pêthak, katètèsakên ing mripat.

Pucuk pare wêlut kacacah, kabuntêl ing mori pêthak, kapêrês katuruhna ing grana. 1. kunir pitung iris, 2.

--- 11 ---

uwos pitung êlas, sami kaêkum, manawi sampun êmpuk, kabuntêla ing mori pêthak, kapêrês dipun kêcêrakên ing mripat. Woh kêmlaka ingkang sampun matêng kawênyêt mawi toya tawa sakêdhik, kawêdhakakên saubênging mripat sarta rai ingkang waradin. Anak tikus ingkang taksih abrit, kabakar ingkang ngantos gosong, arêngipun kagêrusa ingkang lêmbat, kaangge cêlakan.

21. Mripat mundul (sajak mêdal): 1. tigan ayam têmbeyan kapêndhêt pêthakipun, 2. adas, 3. pulasari, kapipis lêmbat lajêng kabuntêl ing mori pêthak, katètèsakên ing mripat, mipisipun mawi maos kulhu kaping pitu.

22. Mripat abuh: 1. ron têlasih, 2. kêmiri jalêr, kapêndhêt isinipun 3. sarêm jalêr, kamamah kapupuhna ing mripat.

23. Mripat ingkang sawêg kraos badhe sakit: sarêm sajimpit, karêmêt kalihan toya tawa, mawi maos kulhu kaping tiga, kaparêmakên ing saubênging mripat. Manawi ingkang kraos sakit mripat kiwa, ingkang kangge marêmi tangan têngên. Manawi mripat têngên, ngangge tangan kiwa.

24. Mripat racêkên: 1. apyun wawrat sasaga, 2. sela cêlak wawrat gangsal saga, 3. karsani wawrat sadasa saga, 4.

--- 12 ---

muja-muju, sami kapipis, kaêmoran toya mawar, kaangge cêlakan.

25. Mripat kenging sambang: 1. ron sambang tigang punggêl, 2. ron jarak abrit tigang punggêl, 3. dringo, 4. bêngle, 5. brambang, 6. jamur impês, 7. jamur brama, 8. tinja sawêr sawa, kapipis lêmbat, kaborèhakên saubênging mripat. 1.lêmpuyang, 2, mripat kunir, 3. pucuk jantèn jagung ingkang taksih ênèm, kapipis lêmbat, kabuntêl mori pêthak, kakêcêrakên ing mripat. 1. bêngle pitung iris, 2. brambang tigang iris, kamamah lajêng kapupuhakên ing mripat. 1. majakan, 2. ganthi, 3. mêsoyi, 4. cêngkèh, 5. pucuk, 6. sintok, sêprantu, 8. inggu, sami kapipis lêmbat, kaêmoran toya jêram pêcêl linglang, kawadhahan ing barang têmbagi, kapupuhakên ing mripat.

26. Mripat abrit kaworan sambang: 1. asêm kawak, 2. lêgon dhadhap srêp, 3. sarêm sawuku, kapipis kapupuhakên ing mripat.

27. Mripat kenging sambang pusêr: 1. pare, 2. kunir, kamamah kapupuhakên ing mripat.

28. Mripat kêcolok utawi kêcocog barang sanèsipun: kunir pitung iris kawadhahan pinggan ingkang rêsik, dipun sukani toya sawatawis, kaêbun-êbunakên [kaêbun-ê...]

--- 13 ---

[...bunakên] sadalu. Enjingipun kasaring mori pêthak, kapupuhna ing mripat.

29. Mripat abrit, tlapukan kandêl, kraos ngêrês: 1. tigan ayam kapêndhêt pêthakipun, 2. tlutuh turi ingkang ijêm ronipun, kaêmor dados satunggal, kabuntêl ing kapas, kaangge mêtêl mripat. Mripat wau kaêrêmna, sarta kêdah ing wanci dalu, wontên ing pêtêngan. Manawi mripat wau kraos pêdhês, sarta mêdal êluhipun kados nanah, mratandhani manawi kêtrimah. Lajêng kajampènana isi dlima kapipis lêmbat, kabuntêl ing mori pêthak, katuruhna ing mripat, ing dalu punika ugi, têrus kaangge tilêm dumugi enjing.

30. Mripat prêcèh: 1. kunir, 2. brambang, 3. asêm, sami kabakar kapipis lêmbat mawi toya tawa sakêdhik, kawadhahana bathok ingkang cêmêng, kaangge pupuh mripat.

31. Mripat tansah kraos arip kêdah tilêm: 1. jêram wangi, 2. tlasih cêmêng, 3. mriyos sulah, 4. oyod têtêr jalêr, sami kapipis kapupuhakên ing mripat.

32. Mripat ngêmbêng êrah: 1. êrahipun ayam cêmêng mulus, 2. toya tuli (=toya pamêndhêtipun ambisu sarta ngampêt ambêkan) kaêmor dados satunggal, kaangge pupuh mripat.

--- 14 ---

33. Mripat saras, supados padhang: ron nyamplung ingkang taksih ênèm pitung lêmbar, karajang kawadhahan pinggan pêthak, mawi kaêmoran toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kawênyêt sarta kapêrês ingkang apuh, lajêng kasaringa ingkang rêsik, kaangge nglimbang mripat ing wanci enjing, mawi maos: alip, ba, ta, kaping tiga, sarta ngampêt ambêkan. Rêrêgêdipun mêdal, mripatipun asrêp sarta padhang. Utawi: timah dipun kothok, manawi sampun lèlèh, dipun êsoki toya tawa ingkang rêsik, sasampunipun asrêp, kaangge nglimbang mripat. Utawi malih: oyod bayêm êri dipun êpe ngantos garing, lajêng kabakar ngantos gosong, arêngipun kaêkum ing toya tawa sarta kaudhêk ingkang waradin, lajêng kasaringa ingkang rêsik, kangge nglimbang mripat.

Bab III. Jampi Sakit Lêstrung, Selakarang, utawi Sêkalor.

34. Lêstrung ingkang nêdhas ing grana: 1. kunir, 2. bêngle, 3. bawang, sami kaparud, katoyanan toya jêram linglang, kawêdhakakên ing rai ingkang waradin. 1. mriyos sulah, 2. sunthi, 3. kalandaru, 4. pungli (=kulitipun ayam woh pala), 5. kêmukus, 6. jintên pêthak, 7. mujamuju, 8. pulasari,

--- 15 ---

sadaya wau wawratipun kasami, kapipis mawi kaêmoran puhan lêmbu, kaglintiran agêngipun kintên-kintên satigan pêksi, kauntal. Tumrap tiyang jalêr sangang glintir kauntal nyaglintir kaping sangang dintên, tumrap tiyang èstri pitung glintir kauntal nyaglintir kaping pitung dintên.

35. Lêstrung ingkang minggah ing mripat utawi ing utêk, inggih punika mripat ingkang kados racêkên utawi katingal rèmbès, sirah asring ngêlu mumêt sarta mripat mêdak[3] konang-konangipun: 1. mênyan ampas, 2. brambang, 3. kunir, 4 bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe. 1. mênyan madu, 2. brambang, 3. kunir, 4. bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe ing wanci enjing, dangunipun gangsal kenjing. 1. mênyan madu, 2. brambang, 3. kulit bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 4. toya jêram linglang, kaombe, ampasipun kawêdhakkên ing rai ingkang waradin. 1. kulit bêngle, 2. bawang, kapipis, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, kawêdhakakên ing rai ingkang waradin. Laos Cina kaparud lêmbat, katoyanan cokak Jawi, kawêdhakakên ing rai ing[4] waradin.

36. Lêstrung ingkang minggah ing mripat sarta ing waja, inggih punika waja utawi gusinipun krowok katêdha ulêr sarta abuh. [a...]

--- 16 ---

[...buh.] 1. gagang sêdhah pitung iji, 2. kêncur, sami karajang sarta kawadhahan ing barang têmbagi, kaêmoran : 3. toya jêram pêcêl, kaparêmakên ing pundi prênahipun ingkang sakit.

Bab IV Jampi Sakit Talingan.

37. Talingan nyènyèhên: 1. ron pare wana, 2. jamur impês, 3. jamur brama, 4. jamur grigit, 5. tinja sawêr sawa, 6. kajêng angin, 7. brambang, 8. kajêng lêgi, 9. têmu lathi, kapipis ingkang lêmbat, lajêng mêndhêta tumpêr ingkang taksih mêngangah kaungkulakên, sarta katuruhan toya tawa, toyanipun tumuruh dhatêng pipisan jampi wau, lajêng kaulêt dados satunggal kaangge marêmi sakitipun.

38. Talingan kalêbêtan pinjal utawi ceremende: 1. candu, 2. isi jêram kaparud, kacarub dados satunggal, kabuntêl mori pêthak, katuruhakên ing talingan.

39. Talingan kalêbêtan lintah: isinipun jêram pêcêl kapipis lêmbat, katoyanan cokak Jawi, katuruhakên ing talingan.

40. Talingan kalêbêtan rêna: sarêm Armus utawi sarêm Arab, kapipis kalihan sêdhah, katuruhakên ing talingan. Utawi: 1. kunir, 2. lêmbayung, kapipis katoyanan toya ingkang dipun kumi kajêng gapuk ingkang sampun lami,

--- 17 ---

katuruhakên talingan. Utawi : 1. dhèdhès, 2. celengan (=namaning gêgrêmêt) kabakar, kapipis katoyanan dubang, kaangge ngilèni talingan.

41. Talingan abuh: kulit pisang kusta kapanggang ing mawa, mangêt-mangêt kapêrês toyanipun, katuruhakên talingan. Utawi: 1. apu, 2. bawang, kapipis, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, 4. lisah, lajêng kakicik kaangge amborèhi talingan.

42. Talingan suda pamirêng: ron suru-suru kapanggang ing mawa, mangêt-mangêt kapusus, katuruhakên talingan. Utawi: 1. woh jarak ijêm, 2. inggu, 3. dhèdhès, kapipis lêmbat, kaêmoran: 4. toya jêram linglang, kaangge ngilèni talingan.

43. Talingan suda pamirêng sarta kraos sakit: 1. bawang, 2. pala dipun bakar, 3. dhèdhès, sami kapipis, kakilèkakên ing talingan.

44. Talingan suda pamirêng sarta kopokên: 1. lisah wijèn, 2. bawang, 3. mriyos sulah, 4. mustakim, 5. sêkar lawang, kapipis ingkang lêmbat, kakicik mangêt-mangêt, katuruhakên ing talingan, lajêng katutupana mawi kapas, utawi: ron suru-suru kawênyêd kalihan lisah wijèn, kakicik mangêt-mangêt, toyanipun katuruhakên ing talingan, [ta...]

--- 18 ---

[...lingan,] lajêng katutupana mawi kapas. Utawi malih: 1. sarêm Armus utawi sarêm Arab, kaasab, 2. toya jae, sami kakicik, katuruhakên talingan.

45. Talingan suda pamirêng sarta kraos gumrêbêg: 1. ron sabrang (=ron lombok) 2. ron têtêr, kapipis lajêng kasaring katuruhakên ing mripat.[5]

46. Talingan suda pamirêng, kopokên, sarta ngêdalakên rah: 1. bawang, 2. sêkar lawang, 3. mustakim, sami kapipis lêmbat, kaêmoran: 4. lisah wijèn, kakicik mangêt-mangêt, katuruhakên talingan, lajêng katutupana kapas.

47. Talingan suda pamirêng, ngêdalakên nanah utawi rah, manawi kaangge ngombe kraos sakit: 1. bawang, 2. mriyos sasulah, 3 cêngkèh dipun gorèng, sami kapipis, kaêmoran: 4. lisah wijèn, kapêrês katuruhakên ing talingan, lajêng katutupana kapas ingkang katutulakên ing lisah.

48. Talingan kraos galêdhêg-galêdhêg, sirah ngêlu kapilêng: 1. ron bosah-basèh (=lênglêngan) 2. apu, 3. bawang, 4. lisah wijèn, 5. toya jêram pêcêl, lajêng kakicik, katuruhakên ing talingan.

49. Talingan kraos kados dipun sogok-sogok:

--- 19 ---

ron bobohan pêthak, kapipis katuruhakên talingan.

Bab V. Jampi Sakit Waja.

50. Waja katêdha ing ulêr: ron rêmbega (= widuri) kapipis lêmbat, kapopokna ing waja.

51. Waja krowok katêdha ing ulêr, sarta asring mêdal êrahipun: 1. woh rêgulo, 2. ron widuri, kapipis, kaêmoran: 3. cokak jawi, kapopokakên ing waja.

52. Waja kraos kêmêng, gusinipun abuh: ron lêgundhi kapipis, kaêmoran cokak jawi, kapopokakên ing waja.

53. Waja kraos gatêl: 2.[6] prusi utawi trusi: kabakar, 2. mriyos satunggal, 3. bawang, 4. inggu, kapipis, kaêmoran: 5. toya jambe ingkang taksih ênèm, 6. lisah taun (= lisah wangi) kagosok-gosokakên ing waja.

54. Waja moglak-maglik, gusinipun krowok katêdha ing ulêr: 1. kêrikan kukunipun piyambak, 2. rambutipun piyambak, kaobong, awunipun kagêrus sarta kaêmoran: [kaê...]

--- 20 ---

[...moran:] 3. sarêm sawuku, kapopokakên ing waja.

Bab VI. Jampi Sakit Watuk.

55. Watuk limrah: 1. dringo, 2. bawang, 3. bêngle, kamamah lajêng kaulu pisan, utawi: 1. têmulawak, 2. kêncur, 3. cikalan, sami kabakar, 4. brambang, 5. kajêng lêgi, 6. ron saga, 7. pêntil jêram pêcêl, 8. sarang burung, 9. jintên cêmêng, 10. inggu, kapipis kaombèkakên.

56. Watuk ngêdalakên êrah: 1. pênawar jambe, 2. brambang kabakar, kapipis kaombèkakên.

57. Watuk mawi bêntèr: 1. ron sinom (= ron asêm ênèm), 2. jintên cêmêng, 3. kêncur, 4. mêsoyi, 5. kajêng lêgi, 6. brambang, 7. cikalan, sami kapipis lêmbat, lajêng kawungkus kakukusakên bêthak, manawi sampun matêng, kapêrês kaombèkakên.

58. Watuk mawi asrêp: 1. tèh, 2. cêngkèh sajodho, kamamah lajêng kaulu pisan.

59. Watuk ingkang èsêk utawi sêrak: bawang tigang siyung kabucal kulitipun, kagodhog ngantos umob, toyanipun kalih cangkir kakantunakên sacangkir, lajêng kaêmoran mabên, sabên enjing kaombèkakên sasendhok nêdha, ngantos satêlasipun.

60. Watuk ingkang botên sagêd ngêdalakên riyak.

--- 21 ---

1. oyot ron darosa cêmêng, 2. sunthi, kapipis, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, kaombèkakên.

61. Watuk cêkèh (= tansah watuk): 1. cêndhana jênggli (= galihipun cêndhana sabrang), 2. pathi têmu lathi, 3. asêm kawak, 4. sarêm, 5. arêng, sami kapipis lajêng dipun saring, kaombèkakên.

Bab VII. Jampi Sakit Ampêk tuwin Mêngi.

62. Sakit ampêk: 1. ron sêmbung, 2. ron sandilata, 3. êmpu kunir kabênêm, 4. adas, sami kapipis, kaêmoran: 5. lăndha mêrang, kasaring kaombèkakên.

63. Sakit mêngi: 1. têmu lawak, 2. brambang, kapipis, kaêmoran: 3. santên, 4. toya jêram pêcêl, kaombèkakên. Utawi: 1. têmu giring, 2. kêncur, 3. brambang, 4.cikalan kalapa ijêm, 5. inggu, kapipis lêmbat kaêmoran: 6. toya jêram wangi, kaombèkakên. Utawi: 1. ron kêtèpèng Jawi, 2. adas, 3. pulasari, 4. têmu giring, 5. brambang kabênêm, 6. apu, kapipis lêmbat, kapêrês dipun ombèkakên. Utawi: 1. tinja truwèlu, 2. ron bêstru, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang, sami kapipis, kapêrês dipun ombèkakên.

64. Sakit mêngi ingkang sampun lami: kombang ingkang nuju nêsêp mabêning [ma...]

--- 22 ---

[...bêning] sêkar tiga, wêtêngipun kalêbêtan mriyos wêtahan nyatunggal, lajêng kapanggang ing mawa ngatos[7] matêng, kapurih nêdha.

65. Sakit mêngi mawi watuk: 1. sarêm, 2. jêbug jambe, agêngipun kasami, 3. laos sami kapipis, kasaring, kaombèkakên.

Bab VIII. Jampi Sakit Padharan

66. Mèncrèt: 1. babakan jambêt bol, 2. babakan dhuwêt, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Wontên malih: 1. ron patikan, 2. pulasari, 3. murmak daging, 4. êmpu kunir, 5. asêm kawak, 6. sarêm kawak, sami kapipis, lajêng kasaring kaombèkakên.

67. Murus botên kèndêl-kèndêl: 1. lêmpuyang tigang iris, 2. arêng, 3. sarêm, dipun mamah kaulu pisan. Utawi: 1. pêntil pisang kluthuk, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapêrês ing mori pêthak, toyanipun kawayokakên sadalu, ing wanci enjing kaombèkakên.

68. Padharan sêbah: 1. sunthi, 2. kêncur, 3. bawang, 4. jêmaka, 5. inggu, 6. mungsi, 7. cêngkèh pitung iji, kapipis lêmbat, katoyanan: 8. wêrak (= cokak jawi), kaombèkakên. Utawi: 1. laos tigang iris, 2. bawang tigang [ti...]

--- 23 ---

[...gang] siyung, 3. dringo, 4. bêngle tigang iris, 5. sarêm tigang wuku, sami kapipis, kaêmoran: 6. wêrak ingkang kagodhog, kasaring kaombèkakên.

69. Padharan sêbah, wawratan bêbêlên: oyod sêmbung sêkawan sendhok jangan, dipun toyani tigang cangkir, kagodhog kakantunakên sacangkir, kaombèkakên ing wanci enjing, kadadosakên tigang kenjing.

70. Padharan kêmbung, wawratan ngrêkaos: 1. ron mênyawuk, 2. apu, kapipis lêmbat, dipun galintir: kauntal, kaping tigang kenjing.

71. Padharan pating plilit: 1. anton-anton lêmpuyang, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. wiji sawi, 6. kêmukus, 7. kêdhawung, 8. sintok, 9. sêprantu, 10. jêmaka, 11. cabe, 12. kajêng lêgi, 13. kajêng tai, 14. inggu, 15. kêncur, 16. brambang, 17. lêmpuyang, sami kapipis lêmbat, kasaring dipun ombèkakên.

72. Padharan kraos sêgok-sêgok (?): 1. anton-anton pace, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. wiji sawi, 7. kêmukus, 8. manis jangan, 9. kajêng lêgi, 10. sintok, 11. sêprantu, 12. jêmaka, 13. kêdhawung, 14. cabe, 15. pace, kapipis lêmbat, dipun saring: kaombèkakên.

--- 24 ---

73. Padharan pating tlêsêp: 1. tuju kinang, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. kêncur, 7. kêmukus, 8. brambang, 9. bawang, 10. dringo, 11. bêngle, 12. jambe, 13. apu, sami kapipis lêmbat, dipun saring: kaombèkakên.

74. Padharan sênêp: 1. mriyos, 2. sêdhah panggih rosipun tigang lêmbar, kapipis, katoyanan wedang ayam (= wedang jarang), kasaring: kaombèkakên. Utawi: lisah dhêklonyo kalihan wedang ayam, kaèmbèkakên.[8] Utawi: 1. ron pare, 2. oyod pare, 3. brambang, 4. lêmpuyang, 5. adas, 6. inggu, sami kapipis kaêmoran: 7. toya jêram pêcêl, kasaring kaombèkakên.

75. Sakit padharan, badan gumêtêr: 1. ron têtêr, 2. jung rahab, 3. mungsi, 4 cêngkèh, 5. jêmaka, 6. sunthi, 7. bawang, 8. kêncur, 9. bêngle, 10. têmu lawak, 11. kajêng tai, 12. ron ilèr kapanggang ing mawa, pamagangipun[9] ngantos kawalik, sami kapipis lêmbat, dipun saring: kaombèkakên.

76. Padharan mulês: 1. kêdhêle dipun pipis lêmbat, 2. lisah klêntik, 3. tajin, kaombèkakên, dangunipun tigang kenjing. Utawi: 1. jae, 2 mungsi, 3. dringo, 4. manis jangan, kapipis lêmbat lajêng dipun latoni sakêdhap, sasampunipun asrêp kaombèkakên.

--- 25 ---

77. Padharan mulês sabab masuk angin: 1. gêndhis arèn, 2. cikalan, kapipis lêmbat, dipun saring kaombèkakên.

78. Sakit padharan, guwayanipun alum: êmpu têmulawak kaparud, kapêrês, toyanipun kaêmoran sarêm sawatawis, kaêbun-êbunakên sadalu, enjingipun ing sadèrèngipun nêdha kaombèkakên.

79. Sakit padharan asèp-asèpên: 1. anton-anton laos, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. wiji sawi, 7. kêmukus, 8. sintok, 9. sêprantu, 10. manis jangan, 11. kajêng lêgi, 12. jêmaka, 13. inggu, 14. jae, 15. kêncur, 16. laos, 17. brambang, 18. bawang, 19. kajêng tai, 20. kêdhawung, kapipis katoyanan: 21. lăndha awu layan, kasaring kaombèkakên.

80. Jampi murugakên lêga wawratan: 1. pisang kluthuk mêntah tiga, ingkang kalih dipun bakar, ingkang satunggal mêntahan, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. kajêng lêgi, kapipis lêmbat lajêng kasaring, kaombe ing wanci dalu. Wontên malih: 1. ron papasan saoyodipun, 2. ron gagan-gagan, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabakar, 6. kajêng lêgi, sami kapipis lajêng kasaring, kaombèkakên.

81. Sakit botên sagêd wawratan sarta nguyuh: 1. ron tapak [tapa...]

--- 26 ---

[...k] liman, 2. êmpu kunir, 3. lêmpuyang, 4. kêncur, 5. jintên cêmêng, 6. adas, 7. sarêm, kapipis lêmbat dipun toyani: 8. lăndha mêrang utawi awu, kasaring kaombèkakên.

82. Sakit padharan, suwaranipun pating kruwuk: 1. kêncur, 2. adas, kamamah têrus dipun ulu.

83. Padharan kakên sarta bêngka: 1. yuyu kabakar, 2. kêrikan kajêng cêndhana, 3. gêndhis arèn, 4. adas, kapipis kaêmoran: 5. wêrak (= cokak jawi), kaombèkakên.

Bab IX. Jampi Sakit Luntak Wawratan.

84. Luntak mawi wawratan: 1. brambang, 2. bawang, 3. jae, 4. sarêm, 5. wos sajumput, 6. mriyos, kamamah têrus dipun ulu. Wontên malih: 1. oyod juwawut, 2. dhangkèl papasan, 3. gêndhis arèn, 4. adas, 5. pulasari, 6. mênyan mabên, 7. brambang mêntah matêng, kapipis lajêng kasaring: kaombèkakên.

85. Luntak kaworan nanah: 1. êmpu kunir, 2. jintên cêmêng, 3. kapipis kaêmoran: 4. toya jêram pêcêl, 5. lisah wijèn, kaombèkakên, ampasipun kaborèhakên ing padharan.

86. Luntak tuwin ambêkanipun mênggèh-mênggèh, manawi tilêm tansah ngame: 1. ron imba, 2. têmbêlèk ayam

--- 27 ---

3. podhi, 4. asri, sami kapipis kaêmoran: 5. tigan ayam mêntahan kapêndhêt pêthakipun kemawon, kasaring dipun ombèkakên.

87. Luntak mawi ngêdalakên êrah, padharan kraos sakit: 1. bubukan manis jangan, 2. mabên, kacarub kaombèkakên ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing.

Bab X. Jampi Sakit Wawratan Rah Umbêl.

88. Wawaratan êrah: 1. kêrikan kajêng widara pêthak, 2. adas, 3. pulasari, 4 brambang, 5. kajêng lêgi, 6. kajêng angin, 7. sêcang, 8. manis jangan, 9. mênyan mabên, 10. tawas, 11. isi jambêt bol, 12. suwekan kopyah amoh, 13. suwekan lakên abrit, 14. jamur impês, 15. kunir, 16. lêmpuyang, 17. kêncur, 18. tlasih, 19. toya kêmarogan, kapipis kaombèkakên. Utawi: 1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. kajêng angin, 5. saga, 6. ron bayêm brama, 7. ron karuk lawak, 8. ron pêlêm ingkang taksih nèm, 9. ron balimbing wuluh, 10. babakan jambêlang, 11. ron bêsusu (= ron bêngkowang), kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi malih: 1. ron katu, 2. têmu, 3. brambang, 4. kêmiri, 5. majakan, 6. sidawayah, 7. kajêng lêgi, 8. adas, 9. pulasari, 10. jintên cêmêng, 11. jinten pêthak, 12. wêdhi pêthak, 13. bayêm siti, 14. babakan kêsambi, 15. sarêm, 16. arêng, 17 asêm [asê...]

--- 28 ---

[...m] kawak kabakar, sami kapipis ingkang lêmbat, kasaring kaombèkakên.

89. Wawratan êrah matêng: 1. ron dhadhap srêp, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, pala, sami kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

90. Wawratan êrah umbêl: 1. babakan dalima, 2. babakan waringin, 3. saga thunthêng, 4. apyun sauwos, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi: 1. ron bêsaran, 2. pantun jêne, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. trawas, 6. sidawayah, 7. jung rahab, 8. podhi, 9. sari, 10. murmak daging, 11. cabe, 12. kajêng angin, 13. têmu giring, 14. têmu, 15. kunir, 16. lêmpuyang, 17. bêngle, 18. kêncur, 19. sunthi, sadaya sami kabakar mawi latu kajêng lampês, 20. kêdhawung, lajêng kapipis, kaêmoran: 21. toya ron sèmbukan, kaombèkakên. Utawi malih: 1. tlutuh pênjatos bancar, 2. mênyan mabên, 3. tawas, 4. blêndok trêmbalo, 5. jambe jêbug, sami kaparud kaêmoran: 6. tajin, 7. toya tawa sawatawis, kaombèkakên enjing sontên. Wontên malih: 1. ron dalima, 2. cangkok sidawayah, 3. adas, 4. pulasari, 5. podhi, 6. kêtumbar, 7. mêsoyi, 8. pucuk, 9. jalawe, 10. jakêling, 11. majakan, sami kapipis kaombèkakên.

--- 29 ---

91. Mêjên wawratan umbêl: 1. kulit jaha, 2. tlasih cêmêng, 3. babakan kêsambi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. adas, kamamah dipun ulu pisan. Utawi: 1. ron lampês satêkêm, 2. pucuk, 3. majakan, 4. tlutuh kajêng sana, 5. sidawayah, 6. adas, 7. pulasari, 8. sarêm, 9. arêng jatos, sami kapipis lêmbat, kaêmoran: 10. bubur kêtan gajih, lajêng kasaring dipun ombèkakên. Utawi: 1. lêmpuyang mêntah tigang iris, 2. lêmpuyang matêng tigang iris, 3. podhi, 4. sari, 5. pucuk, 6. majakan, 7. murmak daging, 8. inggu, 9. sarêm, 10. arêng, kapipis kaêmoran: 11. toya jêram linglang, kaombèkakên.

Bab XI. Jampi Sakit Nguyuh.

92. Nguyuh ngêdalakên êrah: 1. dêgan kalapa ijêm ingkang taksih kumringêt, 2. woluntas, 3. sidawayah, kacarub lajêng katêdha. Utawi: 1. jintên pêthak, 2. sêdhah, 3. jambe jêbuk, 4. êbung rosan cêmêng tigang ros, 5. ron rosan cêmêng kalih lêmbar, 6. adas, 7. pulasari, 8. brambang bakaran, 9. kajêng loka, 10. cêndhana jênggli, 11. mêsoyi, 12. tlasih, kapipis lêmbat, kaombèkakên, tirahanipun kausap-usapna ing padharan.

93. Nguyuh mêdal pêthak-pêthakipun: wiji sawi kapipis, kaombèkakên.

--- 30 ---

94. Sakit nguyuh: manawi nguyuh botên ngraos: bawang sasiyung kapipis, katoyanan cokak jawi, kaombèkakên.

95. Sakit nguyuh amargi saking ewahing impês (= wadhah turas): dringo kapipis, toyanipun kaombèkakên.

96. Bèsèr: têngkuwèh kaêkum wedang ayam, kaangge ombèn-ombèn.

Bab XII. Jampi Sakit Bêngang.

97. Sakit bêngang nguyuh nanah: 1. pupus nanas ingkang taksih nèm tigang punggêl, 2. apu wăngka (= apu ingkang sampun garing lan atos, tumèmplèk ing papon), sami kapipis, katoyanan toya tawa sawatawis, kaêbun-êbunakên sadalu, enjingipun kaombèkakên, dangunipun gangsal kenjing. Wontên malih: êduk kabakar ingkang ngantos gosong, arêngipun kagodhog kalihan sêkul, lajêng kasaring, kaangge ombèn-ombèn.

98. Sakit tuju bêngang: 1. ron păncasona, 2. êmpu kunir, 3. pathi, 4. sarêm, 5. pathining asêm kawak, sami kapipis, kaombèkakên.

Bab XIII. Jampi Sakit Korèng, Borok, Sasaminipun.

--- 31 ---

99. Korèng: 1. dêbog bosok, 2. lisah tangyu, kaulêt katemplokakên sawiyaring tatunipun, sadintên kasantunan kaping tiga. Utawi: lêmpung sabin kapopokakên, sadintên kaping tiga. Utawi: 1. atal, 2. walirang, 3. cabe bakaran, kapipis lajêng kakicik kalihan: 4. lisah klêntik ingkang taksih enggal, kalèlètakên ing tatunipun.

100. Borok rambat: wit têtêr dipun êpe ngantos garing, lajêng dipun obong ngantos gosong, arêngipun kagêrus kaêmoran lisah gurih (= lisah klêntik ingkang warninipun ijêm) kalèlètakên tatunipun.

101. krumanên: ron pare wana kawênyêt kaêmoran cokak jawi, kakicik mangêt-mangêt kajampèkakên ing tatunipun. Tatu punika kêdah kakumbah rumiyin ingkang rêsik.

102. bêngkoyok: jambe jêbug kapipis lêmbat, kaangge anggosok tatunipun.

103. gudhig: 1. woh kêmrunggi, 2. kêmiri jalêr, kapipis lêmbat: kawêdhakakên.

104. canthêngên: 1. cabe tigang iji ingkang sami panjingipun, 2. kêtêpu (=katul ingkang lêmbat) kapipis ingkang lêmbat katemplokakên mawi kabuntêl. Sadèrèngipun [Sadèrèngipu...]

--- 32 ---

[...n] kajampènan, canthêng wau kapijêt-pijêta rumiyin.

105. Turuk bon: 1. sruwa arèn kabakar, kapêndhêt arêngipun, 2. kêrikan sêcang, 3. dringo, 4. bêngle, 5. brambang, kapipis lêmbat, kaêmoran: 6. toya jambe ingkang taksih nèm kawêdhakakên ing panggenan sakit.

106. Wudun: 1. ron tela rambat, 2. sarêm tigang wuku, kapipis ingkang lêmbat, kapopokakên. Wudunipun kêdah kasudhèt rumiyin mawi sujèn.

107. Cacarên: 1. tinja tikus kagorèng ngantos gosong, 2. toya terong kopèk satunggal, kapipis kaombe sapalih, tirahanipun kawêdhakakên sadaya ros-rosan.

Bab XIV. Jampi Sakit Tatu Kêdadak.

108. Kêpêrang: kêrikan kuku kauwur-uwurakên.

109. Kacokot sawêr: 1. rumput lulangan, 2. oyom brambang, 3. pulasari, kapipis kaombèkakên, wontên malih: tatunipun kabêlèk, lajêng katuruhana toya tawas wongsal-wangsul, nuntên kabuntêl. Utawi: tatunipun katumpangan obat lajêng kasumêd, insaallah wisa sawêr wau dados tawa.

110. Kaêntup tawon: sata ingkang ampêg kaêkum, kakêcêrakên [ka...]

--- 33 ---

[...kêcêrakên] ing tilasipun ingkang kaêntup wau. Utawi: gêndhis arèn kausap-usapakên.

111. Kapatil lele: 1. ron kelor tigang punggêl, 2. kunci tigang ênthik, 3. sarêm sawuku, 4. brambang, kapipis kapopokakên tatunipun.

Bab XV. Jampi Sakit Abuh.

112. Badan abuh: kêrikan singat sangsam kagodhog kalihan arak ciyu, kaêbun-êbunakên sadalu, kaangge marêmi. 1. cêngkèh, 2. pala, 3. manis jangan, 4. kajêng timur, 5. mêsoyi, 6. bêsole, 7. kêncur, 8. sêre, 9. bawang, 10. cabe, 11. babakan turi abrit, kapipis lêmbat kaêmoran: 12. arak kaangge marêmi. 1. kajêng kulit balung, 2. tinja sawêr sawa, 3. jamur impês, 4. kajêng angin, 5. uwos angkak (=uwos abrit saking nagari Cina), kapipis kaparêmakên. 1. têmu giring, 2. brambag kabênêm, 3. adas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kaparêmakên.

113. Abuh tanpa sangkan: 1. ron timanga, 2. kunir, 3. apu, 4. dringo, 5 bawang, kapipis lêmbat kaêmoran: 6. wêrak (=cokak jawi), kaangge marêmi sarta mawi sarat maos kulhu. 1. kêrikan sêcang, 2. kêrikan kajêng widara pêthak, 3. kajêng tai, 4. adas, 5. pulasari, 6. brambang, 7. jamur [ja...]

--- 34 ---

[...mur] impês, 8. jamur brama, 9. jamur keyong, 10. tinja sawêr sawa, 11. kajêng angin, 12. isi mundhu, 13. isi kêcipir pêthak kabakar, sami kapipis lêmbat kaangge parêman. 1. bêngle tigang iris, 2. brambang kabênêm, sami kapipis kaangge parêman. 1. isi mundhu satunggal, 2. apu kabakar, 3. mriyos sasulah tigang iji, kapipis mawi toya tawa sakêdhik, kawêdhakakên.

114. Abuh saênggèn-êngèn: 1. sêkar, ron sarta oyot kapas, 2. kêmiri jalêr, 3. adas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kawêdhakakên panggenan ingkang abuh.

115. Abuh ing suku utawi ing tangan: 1. bêngle pitung iris, 2. kêmukus kawan iji, 3. sarêm sawuku, 4. uwos sawidak tiga êlas, sami kapipis, kawêdhakakên ing panggenan abuh.

116. Abuh ing cangkêm: 1. majakan, 2. jakêling, sami kapipis katoyanan: 3. wêrak, kaangge kêmu sabên injing. Utawi: ron gagan-gagan kapipis lêmbat, kawêdhakakên panggenan abuh.

117. Abuh kontholipun: 1. kajêng jakma, 2. brambang kabênêm, 3. ron ilèr, 4. sarêm, kapipis lêmbat kaêmoran: 5. wêrak, kaêngêt mangêt-mangêt kawêdhakakên ing konthol.

--- 35 ---

118. Abuh kontholipun sarta kondhor: kleyang sêdhah pitung lêmbar, kausap-usapan lisah klêntik lajêng kapanggang mangêt-mangêt, kaangge ngurut kontholipun, wongsal-wangsul sabên asrêp kapanggang malih.

119. Abuh sangandhaping pusêr: kuthuk kapragat lajêng kasigara kabucal jêronipun, katemplokakên panggenan abuh, mawi kasabukan ingkang kêncêng.

120. Abuh padharanipun: 1. ron kêtepang, 2. pucuk mênir, 3. kunir, kapipis lêmbat katoyanan: 4. toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kaparêmakên padharan, utawi: jadham ingkang pait kagodhog kalihan wêrak, sasampunipun asrêp kaangge marêmi padharan.

Bab XVI. Jampi Sakit Lumpuh sarta Ngêrês Linu.

121. Sakit lumpuh: 1. ron ampon-ampon, 2. lung waluh, 3. apu wăngka (=intip apu ingkang tumèmplèk ing wadhahipun), 4. kunir bakaran, 5. keceran uwos sajumput, 6. awu layan, 7. sarêm, kapipis kaparêmakên. 1. uwos gaga salikur êlas, 2. mriyos kawandasa iji, 3. bêngle, 4. cabe bungkuk pitung iji, 5. ron pace mlumah mangkurêb, sami kapipis kaparêmakên. Kombang cêmêng mulus ingkang nuju ngêlèng, kapêndhêt kaangge nyampuri jampi.

--- 36 ---

122. Sakit tosan: 1. ron pacar, 2. jintên cêmêng kapipis kaombe ing wanci enjing, kaping gangsal kenjing. Utawi: 1. dringo tigang iris, 2. bêngle tigang iris, 3. bawang tigang siyung, 4. jae tigang iris, kapipis lêmbat kaangge parêman. Wontên malih: 1. awu blarak, 2. awu wuluh, kapipis mawi toya tawa sakêdhik, kasaring kaombèkakên.

123. Sakit linu sarta lumpuh: 1. sunthi, 2. wos tugi, kapipis katoyanan: 3. lêri bungkak, kaangge marêmi.

124. Sakit linu sarta raosipun anjarêm: 1. ragi, 2. brambang, 3. kêmangi, kapipis kaêmoran: 4. toya jêram pêcêl, kaangge marêmi.

125. Sakit ngêrês linu: 1. têmu lathi, 2. mriyos sajumput, 3. pala, sami kapipis kaêmoran: 4. wêrak, kaombèkakên. Utawi: 1. muja-muju, 2. mriyos, 3. pala, 5.[10] têmu cêmêng, kapipis kaparêmakên. Wontên malih: 1. asêm kawak, 2. muja-muju, 3. êmpu kunir, 4. kunir jalêr (=kunir ingkang lêncêng sarta botên wontên ênthikipun) kapipis lajêng kaêmoran: 5. toya jêram linglang, 6. lisah lajêng kaombèkakên.

126. Badan sarta suku kraos gringgingên kados pêjah: kêrikan singat sangsam dipun godhog kalihan arak, kaangge [ka...]

--- 37 ---

[...angge] marêmi. Utawi: 1. ron kêcubung, 2. ron lêgundhi, 3. ron jarak abrit, 4. mêsoyi, 5. sintok, 6. sêprantu, 7. ganthi, 8. brambang, 9. adas, 10. pulasari, 11. sari kuning, 12. jintên cêmêng, 13. jintên pêthak, sami kapipis lêmbat, kaparêmakên. Wontên malih: 1. jambe wangèn ingkang sampun sêpuh, 2. gênje, 3. têmu pêthak, 4. babakan widuri, 5. cabe, 6. mriyos sasulah, 7. gadhung cina, 8. laos, wawratipun kasami, kaêkum ing branduwin dangunipun sawulan, lajêng kagodhog mawi kaêmoran: 9. pala, 10. sêkar pala, 11. cabe, 12. cêngkèh, 13. kapulaga, 14. adas ingkang sampun kapipis lêmbat, 15. sêre ingkang sampun kadhêplok. Panggodhogipun ngantos umob, lajêng dipun asrêpakên kaangge marêmi tangan tuwin sukunipun.

127. Sakit pating crêkot, tosan kados dipun kêrik-kêrik: 1. jêram macan ing kulitipun ing lêbêt abrit, 2. sêkar jêginggèr cina ingkang bêlang-bêlang pêthak kabêdhol sadhangkèlipun, 3. ron turi abrit, 4. sarêm, 5. manisan kaledhung tigang iji, sami kagodhog mangêt-mangêt kaangge ngêkum suku sarta katuruh-turuhakên ing suku.

128. Sakit linu: 1. babakan crême ingkang kêpêndhêm ing siti, 2. oyod măndhakaki ingkang ngandhap piyambak, 3. oyod kêmrunggi, 4. oyod kelor, 5. jintên pêthak,

--- 38 ---

6. mêsoyi, 7. mungsi, 8. kêmukus, 9. kêncur, 10. cabe, 11. sintok, 12. sêprantu, 13. dringo, 14. bawang, 15. ganthi, 16. têgari, 17. têki, 18. têmu giring, 19. kunci, 20. bêngle, 21. pala, kapipis mawi kaêmoran: 22. wêrak, kawêdhakakên panggenan sakit.

129. Sakit linu ingkang sangêt: tigan ayam cêmêng mulus, kalêbêtakên ing gadhung, gadhung wau dipun sigar, dipun krowaki ing têngah, nuntên dipun tangkêpakên malih, lajêng kabênêm, manawi sampun matêng, tiganipun katêdha katêlasakên.

130. Sakit êmar sukunipun: 1. uwos angkak, 2. kêncur, 3. bawang, 4. sarêm, kapipis kaangge parêman. Sadèrèngipun parêman, suku wau kagosoka bawang mêntah.

131. Sakit êrah mandhêg, kraos pating srênut utawi pating crêkot: 1. jae, 2 sêre, 3. bawang, kapipis kaangge parêman, sadèrèngipun parêman, kêdah kaseka rumiyin mawi toya angêt ingkang kacampuran arak.

132. Sakit planjêrên: 1. kêrikan sêcang, 2. kapur, kagodhog kaangge mêdhaki panggenan sakit. Utawi: 1. ron luntas kapipis lêmbat, 2. wêrak kagodhog, kacampur [ka...]

--- 39 ---

[...campur] dados satunggal, kawêdhakên panggenan sakit.

Bab XVII. Jampi Sakit Bêntèr.

133. Sakit bêntèr: 1. dhangkèl rosan saoyodipun, 2. gêsdhis[11] arèn, 3. êmur (= mripat kucing) kagodhog kaangge ombèn-ombèn. 1. cèplukan rambat kaêpe ngantos garing, 2. gêndhis arèn kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Toya klapa ijêm satunggal, kaombe katêlasakên. 1. ron kêmbi, 2. ron maja, 3. ron wilada jati, 4. oyod turi, kagodhog kaangge adus enjing sontên.

134. Sakit bêntèr mawi gabagên: 1. klêmbak, 2. adas, pulasari, kagodhok kaangge ombèn-ombèn.

135. Sakit bêntèr nglêbêt: 1. oyod rumput lulangan, 2. oyod bayêm, 3. oyot pulutan, 4. oyot sidaguri èstri, 5. oyod papasan, 6. oyod măndhakaki, 7. adas, 8. pulasari, 9. jintên cêmêng, 10. kajêng lêgi, 11. manis jangan, 12. ati kêncur, 13. brambang, 14. kêrikan sêcang, 15. wida pêthak, 16. lêmpuyang, 17. cakma, 18. kajêng kunyit, 19. kajêng kunir, kapipis lêmbat katoyanan: 20. toya klapa ijêm, kaombèkakên.

136. sakit bêntèr tis: 1. babakan waru, 2. babakan kêndhal,

--- 40 ---

3. ron kêndhal, 4. brambang pitung iji, 5. dringo, 6. bêngle, kadhêplok kagodhog, kaangge ombèn-ombèn. 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. klabêt, 4. kajêng lêgi, 5. brambang, 6. tigan ayam satunggal kapêndhêt jênenipun, 7. pala, 8. toya jêram pêcêl, kagodhog kadamêl ombèn-ombèn. 1. ron mêniran, 2. ron picisan, kagodhog mawi toya tigang cangkir, kakantunakên sacangkir, 3. gêndhis batu, kaombe ing wanci enjing. 1. ron têlasih cêmêng, 2. sêkar têlasih cêmêng satêkêm, 3. mriyos sajumput, kapipis katoyanan wedang ayam, kasaring mori pêthak, kaombèkakên. 1. bonggol pisang saba kabakar, 2. ron waluh pêthak tigang lêmbar, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabakar, 6. sêcang, 7. kajêng tai, 8. kêrikan widara pêthak, 9. têmbêlèk lancung sakêdhik, sami kapipis kaombèkakên.

137. Sakit bêntèr tis ingkang asring-asring kimat: wêrak ingkang sampun kêcut kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun gangsal kenjing. Utawi : 1. cabe, 2. sêkar pala, 3. cêngkèh, 4. kajêng lêgi, 5. agêl, 6. sunthi tigang iris, 7. kêmukus, 8. jintên cêmêng, ukuranipun kasami, 9. ron trawas salêmbar, kapipis kaombèkakên. Wontên malih: 1. pêntil pace, 2. lêmpuyang pitung iris, 3. cabe tigang

--- 41 ---

Iji kabênêm, 4. ron pacar, 5. sarêm, 6. arêng jatos, kapipis lêmbat, kasaring, kaombèkakên.

138. Sakit bêntèr tis ingkang sampun lami: 1. têmu lawak, 2. brambang tigang bungkul, 3. kajêng lêgi, 4. pala, 5. cêngkèh, 6. jintên cêmêng, 7. mêsoyi, 8. klabêt kabênêm, 9. cikalan kabênêm, sami kapipis lajêng kasaring kaombèkakên.

139. Sakit bêntèr tis ingkang cangkêmipun kraos pait: awu angêt kasuru ing bêndho: pitung suru, kaulêt kalihan toya jêram wangi, kaangge anggosok padharan, suku, bathuk, tuwin pilingan kiwa têngên.

140. Sakit bêntèr tis kambuhan: 1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapipis lêmbat kaombe ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha, salêbêtipun gangsal kenjing. Utawi: 1. adas, 2. pulasari, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. jung rahab, 6. mriyos, 7. pala, 8. cêngkèh, 9. sukmadi luwih, 10. sintok, 11. sêprantu, 12. dringo, 13. kunir, 14. manis jangan, 15. kajêng lêgi, 16. ron trawas, 17. kunci, 18. brambang, 19. kêdhawung, 20. cabe, 21. walirang, 22. ron lêgundhi, 23. kajêng angin, 24. kêrikan sêcang, 25. bolong, 26. mêsoyi, kapipis lêmbat lajêng kasaring, kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun pitung kenjing.

--- 42 ---

Bab XVIII Jampi Parêm.

141. Parêm taun: 1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumar,[12] 6. mungsi, 7. jung rahab, 8. podhi, 9. sari, 10. murmak daging, 11. cangkok sidawayah, 12. jakêling, 13. jalawe, 14. cêngkèh, 15. pala, 16. muja-muju, 17. sari kuning, 18. pucuk, 19. manis jangan, 20. bêngle, 21. kunir, 22. kêncur, 23. brambang, 24. kajêng lêgi, 25. sêcang, 26. cêndhana jênggli, sami kapipis lêmbat lajêng kasaring kaombe.

142. Parêm asrêp: 1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. sêcang, 5. jung rahab, 6. kêncur, 7. mriyos tigang jodho, 8. kunir, 9. kajêng lêgi, kapipis lajêng kasaring, kaombe.

143. Parêm maedahi ing lêbêt: 1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. jintên, 5. mêsoyi, 6. kêtumbar, 7. kêmukus, 8. jung rahab, 9. kêdhawung, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12. sêprantu, 13. jêmaka, 14. sêcang, 15. arêng jatos, 16. kêncur, 17. brambang kabênêm, sami kapipis lajêng kasaring: kaombe.

144. Parêm rapuh (badan lêsu, aras-arasên): 1. adas, 2. pulasari, 3. jung rahab, 4. jintên, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. bolong, 8. pala, 9. cêngkèh, 10. sêcang, 11. kajêng timur, 12. manis jangan, 13. sêre, 14. kêncur, 15. kunir, 16. jae, 17. brambang, kapipis lêmbat, kasaring, dipun ombe.

145. Parêm rapuh (badan kraos sakit, anjarêm):

--- 43 ---

1. sêcang, 2. widara pêthak, 3. kajêng garu, 4. kêsturi, 5. kajêng tai, 6. cêndhana, 7. sintok, 8. mêsoyi, 9. jintên pêthak, 10. adas, 11. pulasari, 12. kulit jêram wangi, 13. sêkar kênanga, 14. lêmpuyang, 15. uwos, 16. kêncur, 17. kulit kêmiri kabakar ngantos gosong, kapipis lêmbat, kasaring, dipun ombe.

Bab XIX. Tapêl Warni-Warni.

146. Lare ambadhêdhêg padharanipun: 1. lampês, 2. ron sandilata utawi ron sèmbukan, 3. têmulawak, 4. kêdhawung, 5. kajêng angin, 6. brambang mêntah satunggal, 7. brambang matêng satunggal, 8. adas, 9. mungsi, kapipis lêmbat, kaangge napêli padharan.

147. Lare sêbah padharanipun: 1. kajêng angin, 2. bêton năngka kabubur mêntah, 3. kêdhawung, 4. tawon tutur, 5. kajêng timur, 6. kulit bawang, 7. kêrikan kajêng widara pêthak, 8. uwos tigang jumput, sami kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

148. Lare sênêb padharanipun: 1. ron galing, 2. ron kêtèpèng, 3. wos sajumput, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

149. Lare mulês padharanipun: 1. adas, 2. sarêm, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

--- 44 ---

150. Lare murus: 1. ron pintèn, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

151. Lare wawratan êrah matêng: 1. oyod rumput grinting, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapipis lêmbat, toyanipun kaombèkaken, ampasipun kaangge napêli padharan.

152. Lare wawratan êrah umbêl: 1. uwos, 2. sarêm, 3. bawang, 4. manis jangan, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan tuwin boyokipun. Sadèrèngipun dipun tapêli, sukunipun kawisuhana mawi wedang angêt.

153. Lare cacingên: 1. dringo, 2. bêngle, 3. bawang sasiyung, 4. lampês, 5. ron sèmbukan, 6. jintên pêthak, 7. kajêng angin, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan enjing sontên.

154. Tiyang sêpuh sênêp padharanipun: 1. cangkok tigan ayam ingkang sampun nêtês, 2. jae, kapipis kêmoran: 3. lisah sulung, kaangge napêli padharan.

155. Tiyang sêpuh kraos sakit sangandhaping pusêr: 1. kleyang ron kêmiri ingkang mlumah, 2. mêsoyi, 3. brambang, 4. bêngle, 5. wulu landhak, 6. untu têmbilus, sami kapipis lêmbat, kaangge napêli panggenan sakit mawi dipun bêngkungi.

156. Tiyang sêpuh botên sagêd wawratan, ngêntut, tuwin nguyuh: [ngu...]

--- 45 ---

[...yuh:] 1. brambang jalêr, 2. yuyu kabakar, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

157. Tiyang sêpuh padharanipun kraos pating plilit: 1. cucung bêlut, 2. uwos kaêkum, 3. lêmpuyang pitung iris, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

158. Tiyang sêpuh padharanipun kraos pêrih utawi mawi ambadhêdhêg: 1. apu wăngka, 2. sarêm kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

159. Tiyang sêpuh wawratan erah matêng: 1. ron balimbing wuluh, 2. babakan balimbing wuluh, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabênêm, kapipis lêmbat, toyanipun kaombe, ampasipun kaangge tapêlan.

160. Tiyang sêpuh bêntèr tis: 1. têmu lawak, 2. wiji sawi, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

161. tiyang sêpuh bêntèr tis ingkang sampun lami: 1. têmulawak, 2. brambang, 3. kajêng angin, 4. kunir, 5. jamur impês, 6. ron sandilata utawi sèmbukan, 7. kêrikan sêcang, 8. kêrikan kajêng widara pêthak, 9. kêdhawung, 10. jambe jêbug, 11. bawang, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

Bab XX. Borèh Warni-Warni.

162. Lare sawanên: 1. kêrikan kajêng cêndhana, 2. mêsoyi, 3. têgari, 4. mênyan mabên, 5. jintên pêthak, 6. lisah wangi

--- 46 ---

Ingkang wontên dhèdhèsipun, kapipis lêmbat, kaborèhakên sanginggiling pusêr. Ingkang mipis kêdah sêsuci (adus kramas) rumiyin, sarta anggènipun amborèhi anyêbut nyuwun barkahipun tabe-tabe Kangjêng Sunan Kalijaga.

163. Lare sawanên, sadhengah sawan: 1. ron wungu, 2. santên, kapipis kaangge amborèhi badan sakojur.

164. Lare sakit rumab, mungkat cacingipun: 1. ron jêram, 2. têmu, 3. dringo, 4. kêmukus, 5. sunthi, 6. bêngle, 7. wos wuluh, 8. sarêm, 9. arêng, kapipis kaborèhakên badan sakojur. Utawi: 1. bêngle, 2. mriyos pitung iji, 3. sarêm sawuku, 4. traos, kapipis kapupukakên êmbun-êmbunanipun, mawi maos kulhu kaping tiga.

165. Tiyagn sakit bêntèr: 1. ron sangkèt, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. dringo, 5. bêngle, 6. brambang, kapipis lêmbat kaborèhakên badan. 1. kêrikan kajêng cêndhana, 2. sari, 3. têmu giring, 4. ati kêncur, 5. mêsoyi, kulit jêram wangi, kapipis kaborèhakên badan.

166. Tiyang sakit bentèr tis: 1. brambang, 2. bawang, 3. lêmpuyang, sami kapipis lêmbat kaêmoran: 4. wêrak taun (= cokak jawi ingkang sampun lami sangêt) kaangge amborèhi badanipun, lajêng dipun kêmuli ingkang rapêt.

--- 47 ---

167. Tiyang sakit bêntèr tis ingkang cangkêmipun kraos pait, nêdha: botên eca: 1. ron senthe cêmêng, 2. têmu lawak, 3. lêmpuyang wangi, 4. kêncur, 5. dringo, 6. bêngle, 7. kêrikan sêcang, 8. kêrikankan[13] cêndhana, 9. kêtumbar, 10. jintên, 11. adas, 12. pulasari, 13. pucuk, 14. ganthi, 15. ubêd janur (= janur dipun bundhêlakên) 16. sêprantu, 17. kêmukus, 18. kêrikan alu, 19. kêrikan lêsung, 20. kêrikan ilir, 21. kêrikan jăntra lan gilinganipun, 22. ron galing, kapipis lêmbat kaangge amborèhi badanipun sakojur.

168. Tiyang sakit bêntèr, cangkêm pait, nêdha botên eca: 1. ron kara pêdhang satêkêm, 2. ron pare satêkêm, 3. bêngle tigang iris, 4. cabe tigang iji, 5. jintên pêthak sajumput, 6. kêncur tigang iris, kapipis lêmbat kaangge amborèhi badanipun sakojur, lajêng dipun kêmuli, kangge tilêman.

169. Tiyang sakit ing têlak: 1. brambang, 2. jae, 3. ganthi, 4. mêsoyi, 5. jintên cêmêng, 6. sarêm, 7. arêng, sami kapipis lêmbat, kaborèhakên ing badanipun sakojur.

170. Tiyang sakit guwayanipun alum, badanipun lêsu: 1. ron timanga, 2. ron jêram wangi, 3. ron sêrgancu, 4. ron têmulawak, 5. ron têmu pêthak, 6. mêsoyi, 7. gambir, [ga...]

--- 48 ---

[...mbir,] 8. jintên pêthak, 9. pucuk, 10. majakan, 11. cêngkèh, 12. pulasari, 13. ganthi, 14. laos, 15. jangkang, 16. ron trawas, 17. pala, 18. bawang, 19. brambang, 20. sêkar kênanga, 21. kapulaga, 22. jae, 23. manis jangan, 24. sêkar cêpaka, 25. sêkar tanjung, kapipis katoyanan, 26. toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kaangge amborèhi badan sakojur.

171. Tiyang nêsêpi kirang bancar wêdaling toya susu: 1. ron kêlabangan, 2. ragi, kapipis kaborèhkên ing susu. Sadèrèngipun kaborèhan, kêdah adus kramas rumiyin, sarta bilas mawi toya tirahan karon kacêmplungan ron kêkajangan.

172. Tiyang sakit gêrahuyang: 1. ron pucung, 2. oyod kalapa, 3. podhi, 4 sari, 5. murmak daging, 6. asêm, 7. sarêm, 8. ron orang-aring, 9. kêncur, kapipis ingkang lêmbat, kaborèhakên ing badan sakojur.

173. Tiyang mêntas sakit, badanipun lêsu lungkrah: 1. klêmbak, 2. kêrikan kajêng cêndhana, 3. kajêng garu, 4. kajêng tai, 5. kêrikan kajêng widara pêthak, 6. adas, 7. pulasari, 8. ron dalima, 9. manis jangan, 10. têgari, 11. jintên pêthak, 12. mêsoyi, 13. candu, 14. pucuk, 15. ganthi, 16. cêngkèh, 17. pala, 18. kêmukus pitu, 19. sintok, 20. sêprantu, 21. kêncur, 22. kulit [kuli...]

--- 49 ---

[...t] jêram wangi, 23. kulit kêmiri, 24. laos, sami kapipis lêmbat kaborèhakên badan sakojur.

174. Tiyang sakit sêkalor: 1. babakan pule, 2. sintok, 3. sêprantu, 4. mêsoyi, 5. manis jangan, 6. adas, 7. pulasari, 8. waron, 9. sunthi, 10. kêncur, 11. têmu lathi, 12. mriyos pêthak, 13. têgari, 14. jêmaka, 15. unêm kabakar, 16. pala, 17. cêngkèh, 18. kulit jêram wangi, kapipis lêmbat kaborèhakên ing badan sakojur.

175. tiyang sakit pêgêl sasaminipun: 1. mriyos pêthak, 2. adas, 3. pulasari, 4. sêprantu, 5. jung rahab, 6. mêsoyi, 7. pala, 8. sintok, 9. manis jangan, 10. têgari, 11. pucuk, 12. unêm, 13. cêngkèh, 14. kêrikan sêcang, 15. kajêng tai, 16. kajêng cêndhana, 17. kêncur, 18. asêm kawak, 19. bawang, 20. lêmpuyang, 21. sarêm kawak, 22. ron pandhan, kapipis lêmbat kaglintiran lajêng kaêpe, kaêjèr toya kaangge parêman.

176. Tiyang sakit cacarên: êrahipun wêlut kawêdhakakên ing ros-rosan sadaya.

Bab XXI. Jampi Cêkok Warni-warni.

177. Lare sakit murus: 1. kêtumbar, 2. trawas, 3. êmpu kunir, 4. arêng jatos, kamamah: kacêkokakên abên cangkêm.

--- 50 ---

178. Lare sakit botên sagêd wawratan tuwin ngêntut: 1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, 5. kajêng lêgi, kamamah: kacêkokakên abên cangkêm.

179. Lare sakit ambadhêdhêg padharanipun: 1. êbung kelor tigang punggêl, 2. brambang tigang iji, 3. sunthi, kamamah: kacêkokakên. Utawi: 1. klêmbak, 2. lêmpuyang, sami kaparud, 3. gêndhis batu, kacampuran toya sakêdhik, kacêkokakên ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha. Wontên malih: 1. ron sêmbung gunung, 2. kêtumbar, 3. mungsi, 4. gêndhis arèn, kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

180. Lare sakit wawratan êrah umbêl ingkang dèrèng mêdal bolipun: 1. ron kapas taun, 2. podhi, 3. sari, 4. murmak daging, 5. arêng jatos, 6. sarêm, kapipis lêmbat, kacêkokakên. Utawi: 1. mriyos sulah, 2. têmu, 3. apu, kapipis lêmbat, kacêkokakên.

181. Lare sakit bêntèr badanipun sakojur: 1. dringo, 2. bêngle, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang, kapipis kacêkokakên.

182. Lare sakit bêntèr nglêbêt: 1. ron mêniran tigang punggêl, 2. adas, 3. pulasari, 4. kêrikan sêcang, 5. kêrikan widara [wida...]

--- 51 ---

[...ra] pêthak, 6. kajêng tai, 7. ron brambang satêkêm, kapipis kacêkokakên.

183. Lare sakit kenging sarab: 1. ron dhadhap srêp, 2. adas, 3. pulasari, 4. jamur alang-alang, 5. sêkar kêsumba, kapipis kacêkokên. Utawi: 1. majakan, 2. jakêling, 3. garu ramês, 4. kajêng angin, 5. mêsoyi, 6. mênyan pêthak, 7. mungsi, 8. podhi, 9. jalawe, 10. pucuk, 11. kunci kuning, 12. lêmpuyang, 13. cêngkèh, 14. sidawayah, 15. sari kuning, 16. karsani, 17. murmak daging, 18. kêncur, 19. cêndhana jênggli, 20. sarêm, 21. toya sêdhah, sami kapipis kacêkokakên.

184. Lare sakit kenging sawan: 1. dringo, 2. bêngle, 3. kunir, 4. jintên cêmêng, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. brambang, kapipis kacêkokakên. Utawi: êrahipun ayam cêmêng mulus kakilèkakên ing cangkêm, supados luntak. Utawi: 1. bumbu gêcok, 2. êrahipun ayam cêmêng mulus, kacêkokakên.

185. Lare sakit bêntèr nglêbêt ingkang dhatêngipun dadakan sarta padharanipun malêmbung: 1. dringo, 2. bêngle, 3. kunir, 4. jintên pêthak, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. brambang, 8. kêmăngga gêsang kabakar, 9. wacucal ingkang kangge kancing kori kairis sakêdhik, ugi kabakar, sami kamamah kacêkokakên abên cangkêm.

--- 52 ---

186. Lare sakit sawan agung: 1. dringo, 2. bêngle, 3. kunir, 4. jintên cêmêng, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. adas, 8. pulasari, 9. brambang, 10. jamur impês, 11. jamur brama, 12. tinja sawêr sawa, 13. kêrikan kajêng tai, 14. kêrikan alu, 15. kêrikan uwod, 16. pucuk sada, 17. têmbêlèk lancung, sami kapipis kacêkokakên.

187. Lare sakit watuk: 1. ron brambang ingkang taksih nèm, 2. adas, 3 pulasari, 4. têmu giring, 5. cikalan, 6. kêncur, 7. kajêng lêgi, kapipis lêmbat lajêng kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên. Utawi: 1. ron patikan, 2. ron sêmbung gunung, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang, 6. cikalan, 7. kajêng lêgi, kapipis kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên. Wontên malih: 1. ron tayuman, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. cikalan, 6. kajêng lêgi, 7. têmu giring, kapipis kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên.

188. Lare sakit nguyuh: 1. ron turi abrit, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang ingkang ragi kathah, 5. jung rahab, 6. kajêng abang, kapipis lêmbat, kapêrês dipun cêkokakên. Wontên malih: 1. ron kêji, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, 5. kajêng angin, 6. kajêng abang, kapipis lêmbat, kapêrês dipun cêkokakên. Utawi: ron mêniran ingkang [ing...]

--- 53 ---

[...kang] taksih nèm, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi: 1. ron rêmak jun, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, kapipis kacêkokakên. Utawi malih: 1. ron prêjita, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, kabênêm, 5. kajêng angin, kapipis kacêkokakên. Wontên malih: ron kêmlandhingan kapipis katoyanan toya klapa, kacêkokakên.

189. Lare sakit gomên: 1. brambang, 2. ron saga, 3. ron katu, 4. kajêng lêgi, 5. gêndhon turi, kapipis kaêmoran: 6. santên kalapa ijêm, kapêrês kacêkokakên sarta kalèlètakên tatunipun.

190. Lare sakit lêmpungên: 1. ron uyah-uyahan cêmêng, 2. adas, 3. pulasari, 4. murmak daging, 5. sarêm, 6. arêng dêling wuluh, kamamah kacêkokakên kalêrês wêdalanipun. Utawi: 1, ron ilèr tigang lêmbar, 2. ron wora-wari brit tigang lêmbar, 3. adas, 4. pulasari, 5. murmak daging, 6. sarêm, 7. asêm kawak, kapipis kacêkokên.

191. Lare sakit cacingên: pala satugêl kapipis kalihan toya, kacêkokakên ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing. Utawi: 1. ron kapal tigang lêmbar, 2. cabe tigang iji, 3. dringo, 4. bawang, kapipis kacêkokakên. Utawi: 1. ron sêmbung utawi ron dhadhap,

--- 54 ---

2. kêtumbar, 3. trawas, 4. sêkar tapèn, 5. kêdhawung tigang iji, 6. kajêng angin, 7. brambang satunggal, 8. têmulawak, 9. têmu cêmêng kabakar, 10. pala, 11. jintên cêmêng, 12. arak sakêdhik , kagodhog kacêkokakên. Utawi: 1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêmukus, 6. pala, 7. kêdhawung, 8. brambang, 9. kajêng angin, 10. kêncur, 11. pulasari, 12. cabe, 13. walirang, 14. cêkluk, 15. bêngle, 16. têmu cêmêng, 17. pêntil pace, 18. pupus jarak Cina, 19. kajêng ulês, kapipis kacêkokakên. Utawi: 1. pêntil jarak Cina sêkawan iji, 2. ron jarak Cina ingkang taksih nèm, sami kabênêm, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. sintok, 6. pucuk, 7. klêmbak, 8. cabe, 9. manis jangan, 10. kajêng lêgi, 11. mriyos, 12. jintên cêmêng, 13. adas, 14. pulasari, 15. têmu cêmêng, 16. bêngle, 17. walirang, 18. kunci, 19. kêdhawung, 20. kêncur, 21. bawang, 22. kajêng angin, 23. trawas, kapipis kacêkokakên. Wontên malih: 1. babakan waringin, 2. bêngle, 3. jae, 4. bawang, kapipis kacêkokakên. Wontên malih: 1. ron trawas, 2. cêngkèh, 3 bawang, 4. brambang, 5 kunci, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên. Wontên malih: 1. wacucal kidang kabakar ngantos gosong, 2. bêngle, 3 brambang, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên. Wontên malih: 1. dringo, 2. bêngle, 3. bawang sasiyung, 4. lampês,

--- 55 ---

5. ron sèmbukan, 6. jintên pêthak, 7. kajêng lêgi, 8. kajêng angin, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên.

192. Cêkok sambêtan (tiyang sêpuh) : 1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. kêmukus, 7. jung rahab, 8. manis jangan, 9. pala, 10. dringo, 11. bêngle, 12. kunir, 13. bawang, kapipis dipun ombe.

193. Cêkok tiyang mêntas sukêr: 1. dumugi, 13 ing nginggil punika, kawêwahan: 14. trawas, 15. cêngkèh, 16. cabe, kapipis lêmbat, dipun ombe.

194. Cêkok sambêtan bantên (tiyang sêpuh): 1. dringo, 2. bêngle, 3. kêmukus, 4. kunir, 5. bawang, 6. kêtumbar, 7. trawas, 8. pala, 9. cêngkèh 10. cabe, 11. manis jangan, kapipis lêmbat, dipun ombe.

195. Cêkok cangkêm kancingên (lare utawi tiyang sêpuh): 1. tlethong maesa ingkang sampun garing, kaêjur, 2. tigan ayam mêntah, kapêndhêt pêthakipun kemawon, kacarub dados satunggal, kabuntêl mori pêthak, kapêrês ngiras kaombèkakên.

Bab XXII. Jampi Sêmbur Warni-warni.

196. Lare sakit sawanên: 1. êbung glagah tiga, 2. uwos wuluh, 3. mriyos, kamamah kasêmburakên padharanipun.

--- 56 ---

197. Lare sakit watuk: 1. sêkar blimbing wuluh, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêncur kabênêm, kamamah kasêmburakên padharanipun.

198. Lare asring nangis ing wanci dalu: ron wora-wari brit kamamah, kasêmburakên êmbun-êmbunanipun. Utawi: 1. kajêng kutu, 2. kajêng têngguri, 3. ron orang-aring, kapipis kasêmburakên sarta kapupukakên êmbun-êmbunanipun.

199. Tiyang sakit wawratan êrah: 1. êmpu kunir, 2. kêtumbar, 3. mungsi, 4. sarêm, 5. asêm kawak, kamamah kasêmburakên padharanipun.

200. Tiyang sakit mêjên, wawratan umbêl: 1. kulit jaha, 2. tlasih cêmêng, 3. babakan kêsambi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. adas, kamamah kasêmburakên padharanipun.

201. Tiyang sakit dhadha raosipun sêsêk: 1. kêmiri, 2. brambang, 3. adas, 4. pulasari, 5. sêprantu, 6. sunthi, 7. mêsoyi, 8. kêtumbar, 9. trawas, 10. kêncur kabênêm, sami kamamah kasêmburakên ing dhadha.

202. Tiyang sakit dhadha raosipun pêgêl: 1. ron dhadhap srêp kalih lêmbar, 2. mungsi tigang jumput, 3. kêmiri jêndhul kapêndhêt dhadhanipun, 4. sarêm, kamamah kasêmburakên ing dhadha ingkang waradin.

--- 57 ---

203. Tiyang sakit têkêm-têkêm: 1. ron găndarosa pitung punggêl, 2. jintên cêmêng, 3. jintên pêthak, 4 mêsoyi, 5. kunci, 6. kêncur, 7. mriyos, 8. mungsi, 9. arêng jatos, 10. sarêm, 11. arêng sujèn, kamamah kasêmburakên panggenan sakit.

204. Tiyang sakit sawanên tuwin sêkalor: 1. sêdhah panggih rosipun tigang lêmbar, 2. cabe, 3. dringo, 4. adas, 5. pulasari, kamamah kasêmburakên.

205. Tiyang sakit watuk: 1. angkup awar-awar tigang iji, 2. brambang, 3. kêncur, 4. pucuk, 5. cabe tigang iji, 6. mêsoyi, kamamah kasêmburakên ing dhadha tuwin walikatipun kiwa têngên.

206. Tiyang sakit ngêlu: 1. kêtumbar, 2. bêngle, 3. sêdhah panggih rosipun, 4. jambe, kamamah lajêng kasêmburakên ing bathuk, tuwin ing githok.

207. Tiyang sakit bêntèr: 1. kunir, 2. sarêm, kamamah kasêmburakên ing suku tuwin talapakanipun kiwa têngên.

208. Tiyang sakit purusipun: 1. sêdhah ingkang sampun garing, 2. dringo, 3. bêngle, kamamah kasêmburakên ing purus.

209. Tiyang sakit êpèh: 1. ron găndarosa sawêlas lêmbar, 2. bêngle, 3. mêsoyi, 4. sarêm, 5. arêng sujèn, kamamah kasêmburakên.

--- 58 ---

210. Tiyang sakit ing tênggak: 1. ron têgaron, 2. dhêdhak, kamamah kasêmburakên.

211. Tiyang sakit cacarên: 1. ron krêmah ingkang têbih griya, 2. brambang, kamamah kasêmburakên panggenan ingkang thukul cacaripun.

Bab XXIII. Jampi Tumrap Pawèstri.

212. Botên sukêr: 1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. mênyan mabên, kapipis lêmbat, kaombe.

213. Botên sukêr ingkang kraos bêntèr: 1. garu ramês, 2. jadham, 3. jae, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi: ron kêji kagodhog kalihan bêling, kaangge ombèn-ombèn.

214. Badhe sukêr: 1. oyod rumput walulangan, 2. oyod sêdhah, 3. oyod alas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kaparêmakên ing baga. Utawi: 1. mêsoyi, 2. manis jangan, 3. cangkok cabe, 4. cêngkèh, 6.[14] klabêt, 7. jintên cêmêng, 8. jung rahab, 9. babakan pule, 10. sêkar tapèn, 11. podhi, 12. mriyos pêthak, 13. majakan, kapipis kaêmoran: 14. toya tlasih, kaombe.

215. Bakda sukêr: 1. êmpu kunir kabakar, 2. mêsoyi, 3. jintên pêthak, 4. jintên cêmêng, 5. trawas, 6. sidawayah, 7. kêncur,

--- 59 ---

8. mungsi, 9. manis jangan, 10. cêngkèh, 11. pala, 12. sêcang, 13. klabêt, 14. brambang kabakar, kapipis kaombe.

216. sukêr kirang dêrês wêdalipun: 1. ron kêmladheyan satêkêm, 2. mriyos sulah pitulas, 3. bawang tigang siyung, kapipis lêmbat katoyanan: 4. cokak jawi ingkang sampun kêcut, kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing. Utawi: 1. dringo, 2. mriyos sulah salikur, 3. brambang, 4. bêngle, kapipis kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe.

217. Sampun nate sukêr, êlêt botên sukêr: 1. pandhan jalêr ingkang botên sêkar kapêndhêt dhangkèlipun, dipun oncèki, agêngipun kintên-kintên sapanuduh, 2. sêkar cêpaka ingkang taksih kuncup: tiga, 3. tlasih ingkang sampun alum satêkêm, 4. cabe nyadham tiga, 5. pace dipun oncèki sarta kakumbah rêsik, lajêng kaêbun-êbunakên sadalu, sami kadhêplok dados satunggal: 6. pantun kabakar kapêndhêt arêngipun, kagêrus kalihan: 7. toya tawa, 8. wêrak sakêdhik, kacarub dados satunggal, kasaring mori enggal, kaombe. Sadèrèngipun ngunjuk jampi, kêdah siram jamas rumiyin, mawi têlêsan mori enggal, sarta kêdah ing dintên Jumuwah, dalunipun lajêng sacumbana, enjingipun ngunjuk jampi wau.

--- 60 ---

Utawi : 1. ron găndarosa, 2. bawang, 3. mriyos sulah, 4. kunir, kapipis kaombe.

218. Supados kakung kraos angêt tuwin nikmat: 1. sunthi, 2. cabe, 3. kapur barus, 4. ganthi, 5. tlasih, 6. kêncur, kapipis kaêmoran: 7. toya sêkar lawang, 8. mabên, katuruhakên malêbêt sarta kawêdhakakên ing baga.

Bab XXIV. Jampi Kiyat.

219. Jampi ngiyatakên badan tumrap tiyang nèm utawi sêpuh: 1. cabe wungkuk, 2. kajar angkrik kaoncèkan lajêng kairis-iris: kaêpe, 3. asêm kawak, 4. sarêm, 5. mabên, kathah kêdhikipun kasami, 6. candu cako pangaos nêm uwang, kapipis dados satunggal ingkang lêmbat, lajêng kagăngsa mawi lisah wijèn ngantos tanak, lajêng kaglintiran agêngipun kintên-kintên satigan pêksi, kenging karimat dangu. Kauntal sabên tigang wulan gangsal galintir. Utawi: 1. kêrikan siyung kidang, 2. kêrika siyung sima, 3. kêrikan singat kidang ingkang sawêg thikil, klêmpakipun kêrikan warni tiga wau saprasêkawan cangkir pangombèn gêmak, 4. bawang tigang siyung, 5. sarêm tigang jumput, 6. laos sairis, 7. cabe wungkuk tiga, kapipis dados satunggal, kaombe, tigang wulan sapisan, utawi: 1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. adas, 4. pulasari, 5. jintên cêmêng, 6. sintok,

--- 61 ---

7. mêsoyi, 8. sêprantu, 9. bolong, 10. pucuk, ingkang ragi kathah, 11. ganthi, 12. jung rahab, 13. klêmbak, 14. majakan, 15. jakêling, 16. sidawayah, 17. kêncur, 18. jae, 19. laos, 20. bawang, 21. bêngle, ingkang ragi kathah, 22. mriyos, 23. pala, 24. cêngkèh, 25. manis jangan, 26. cabe, 27. kêmukus, 28. kanthong landhak, 29. gêndhis arèn, sami kapipis kêmoran: 30. santên, 31. mabên. Kaombe tigang wulan kaping kalih.

Bab XXV. Jampi Pawèstri mêntas Gadhah Lare.

220. Jampi sasak: 1. mriyos, 2. sêdhah paggih rosipun, kapipis lêmbat, kaombe.

221. Jampi sambêtan: 1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. kêmukus, 7. jung rahab, 8. manis jangan, 9. pala, 10. dringo, 11. bêngle, 12. bawang, 13. cabe, kapipis lêmbat, kaombe.

222. Jampi anton-anton: 1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. sintok, 6. sêprantu, 7. jêmaka, 8. kajêng angin, 9. kajêng ulês, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12 kêdhawung, 13. kêncur, 14. brambang, 15. têmulawak, 16. adas, 17. pulasari, 18. jung rahab, kapipis lêmbat, kaombe.

223. Jampi parêm angêt: 1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6 kêmukus, 7. jung rahab, 8. kêdhawung, [kê...]

--- 62 ---

[...dhawung,] 9. manis jangan, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12. sêprantu, 13. jêmaka, 14. sêcang, 15. arêng jatos, 16. kêncur, 17. bêngle, 18. têmu lathi, 19. brambang kabênêm, 20. bawang, kapipis lêmbat, kaombe.

224. Jampi kiyat: tigan ayam mêntah kapêndhêt jênenipun, kauntal.

225. Jampi parêm asrêp: 1. adas, 2. pulasari, 3. jung rahab, 4. kêdhawung, 5. kajêng lêgi, 6. kêncur, 7. brambang kabênêm, 8. bawang, 9. arêng jatos, 10. kajêng timur, 11. cabe sulah, 12. kunir, kapipis lêmbat, kaombe.

226. Jampi tuju laos: 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jung rahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng ulês, 10. kajêng angin, 11. jêmaka, 12. cêngkèh, 13. pala, 14. kêncur, 15. laos, kapipis lêmbat, kaombe.

227. Jampi santên kaping tiga: 1. adas, 2. pulasari, 3. jung rahab, 4. kêmukus, 5. kajêng rapêt, 6. sêcang, 7. kajêng timur, 8. manis jangan, 9. kêncur, 10. brambang, 11. kêtumbar, 12. trawas, 13. pala, 14. cêngkèh, 15. bolong, 16. jakêling, 17. jalawe, 18. murmak daging, 19. kajêng abang, kapipis lêmbat, kaombe.

228. Jampi bakda puput pusêr: tuju sêre: 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jung rahab, 7. kajêng [ka...]

--- 63 ---

[...jêng] lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng angin, 10. jêmaka, 1.1 kajêng ulês, 13. kajêng timur, 14. cabe sulah, 15. bawang, 16. sêre, kapipis lêmbat, kaombe.

229. Jampi tuju sunthi: 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêdhawung, 6. kajêng angin, 7. jêmaka, 8. cêngkèh, 9. pala, 10. kêncur, 11. sunthi, kapipis lêmbat, kaombe.

230. Jampi tuju luwing: 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jung rahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng angin, 10. jêmaka, 11. kajêng ulês, 12. kêncur, 13. bawang, 14. dringo, 15. bêngle, 16. ron luwing, kapipis lêmbat, kaombe.

231. Jampi pungkasan: tuju laos: 1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jung rahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng angin, 10. jêmaka, 11. kajêng ulês, 12. kêncur, 13. bawang, 14. laos, kapipis lêmbat, kaombe.

232. Jampi sasampunipun kawan dasa dintên: 1. adas, 2. pulasari, 3. jung rahab, 4. jintên cêmêng, 5. jintên pêthak, 6. mêsoyi sacêngkang, 7. manis jangan sacêngkang, 8. kajêng lêgi sacêngkang, 9. kêmukus kabucalan buntutipun, 10. kêtumbar, 11. mungsi, 12. wiji sawi, 13. sintok, 14. sêprantu, 15. mriyos sulah, 16. podhi, 17. sari, 18. cangkok sidawayah, 19. sêkar kêsumba, [kê...]

--- 64 ---

[...sumba,] 20. tlutuh pilang, 21. kajêng abang kabakar kapêndhêt kulitipun kemawon, 22. klabêt, 23. sukmadi luwih, 24. muja-muju, 25. sari kuning, 26. alim, 27. sêkar pala, 28. sêkar pitma, 29. sêkar lawang, 30. bonggol têgari, 31. bonggol jêmaka, 32. ubêd janur, 33. bluluk lapa, 34. cêngkèh, 35. pala, 36. pucuk, 37. majakan, 38. jênitri, 39. jakêling, 40. jalawe kabakar, 41. unêm, 42. uncung pandhan, 43. kajêng rapêt, 44. mênyan mabên, 45. mênyan pêthak, 46. sêcang, 47. widara pêthak,48. cêndhana jênggli, 49. kajêng kunyit, 50. kajêng kunir, 51. cakma, 52. kajêng lapis, 53. garu ramês, sami kapipis lêmbat, kaombe.

233. Jampi săngka: 1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. cêngkèh, 5. pala, 6. pucuk, 7. jênitri, 8. podhi, 9. sari, 10. murmak daging, 11. sêkar pala, 12. muja-muju, 13. sari kuning, 14. mênyan mabên sakêdhik, 15. toya kum-kuman lêmpuyang, 16. toya apu, 17. jêram pêcêl. Bilih sampun kaêjur lajêng kaseka kalihan wingka.(?)

Wêwahan Sêrat Primbon Jampi Jawi.

Bab XXVI. Ginanipun Kêtumbar.

234. Kêtumbar punika manawi kapipis mawi kaêmoran: 1. mustanggi (= mênyan arab, warninipun mèmpêr blêndok sêmu pêthak), 2. lisah wijèn, kaombèkakên [kaombèka...]

--- 65 ---

[...kên] lare utawi tiyang sêpuh ingkang asring ngompol sagêd saras.

Bab XXVII. Ginanipun Jintên Cêmêng.

Jintên cêmeng punika angsaripun panas, nanging kathi asrêp sawêtawis.

235. Manawi kapipis kaêmoran mabên, kaombe ing wanci enjing, sagêd anglunturakên riyak tuwin sakathahing rêrêgêd salêbêting padharan. Sagêd ngêdalakên angin ingkang awon, tuwin sagêd nyarasakên sakit gêgêr pêgêl utawi ros-rosan linu.

236. Manawi kapipis kaêmoran: 1. mabên, 2. wedang ayam (= wedang jarang). Kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên pawèstri anggarapsari ingkang kirang sae wêdaling êrah.

237. Manawi kapipis kaêmoran cokak jawi, kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên sakit budhugên (budhug basu). Manawi kapopokakên ing bêlang tilas korèng sasamipun, lajêng kabuntêl ing mori, sagêd ngicalakên bêlang wau.

238. Manawi kapipis lajêng kabuntêl ing mori, kasêrot ing grana, sawarni sênggruk, sagêd nyarasakên sakit pilêg sarta ngêlu ingkang jalaran saking angin.

--- 66 ---

Bab XXVIII. Ginanipun Mungsi.

239. Mungsi punika manawi katêdha (kauntut), sagêd murungakên tiyang ingkang badhe sakit katrapên, sarta botên badhe tuwuh malih.

Bab XXIX. Ginanipun Pala.

240. Pala punika angsaripun angêt, manawi katêdha sagêd ngiyatakên jantung, sagêd mêwahi mani, tuwin sagêd nyarasakên sakit tosan sarta mripat.

Bab XXX. Ginanipun Pulasari.

241. Pulasari punika manawi kapipis lêmbat, lajêng katapêlakên ing pusêr, salêbêtipun tigang dintên, sagêd ambancarakên wêdaling êrah pawèstri anggarap sari, tuwin sagêd ambancarakên wêdaling turas tumrap tiyang jalêr utawi èstri.

242. Manawi kapipis lêmbat, lajêng kauntal kalihan pisang, sagêd nyirnakakên ama ulêr ing padharan.

Bab XXXI. Ginanipun Kêlabêt.

243. Klabêt punika manawi kabubur kalihan gajih lêmbu, lajêng katêdha, sagêd nyarasakên sakit ngêrês linu, sakit ros-rosan, sakit badan kraos lêmês, tuwin sagêd ambancarakên uyuh.

--- 67 ---

Bab XXXII. Ginanipun Cangkok Jangkang.

Cangkok jangkang (kêpuh) punika angsaripun asrêp lan garing.

244. Manawi kagodhog kaangge ombèn-ombèn sagêd ngajurakên têtêdhan salêbêting padharan.

245. Manawi toya godhogan wau kacampuran: 1. puwan lêmbu, 2. gêndhis pasir, kaombe ing wanci bêdhug siyang, sagêd ngiyatakên badan.

246. Cangkok jangkang kaêkum sadalu, enjingipun kasiling toyanipun, kacampuran karang melik (= puwan kênthêl) ingkang sampun kêcut, lajêng kaombe, sagêd nyarasakên sakit murus ingkang jalaran kacorok têtêdhan, tuwin sagêd nyarasakên sakit wawratan êrah umbêl.

247. Cangkok jangkang kaglêpung, lajêng kagorèng mawi gêndhis pasir, katêdha, sagêd nyarasakên sakit padharan ingkang raosipun bêntèr.

Bab XXXIII. Ginanipun Jadham.

Jadham punika angsaripun angêt lan garing.

248. Manawi kaêjur kalihan wedang jarang, kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên sakit padharan ingkang raosipun asrêp anjêkut.

--- 68 ---

249. Manawi kaêjur kalihan toya tawa, kaombe, sagêd nyarasakên sakit padharan kêmbung masuk angin.

250. Manawi kabubuk lêmbat, watawis wawrat satail, kaêmoran: 1. mabên wawrat tigang tail, 2. bubukan tai bêsi wawrat kalih tail, kacampur dados satunggal lajêng kagorèng, katêdha, sagêd nyarasakên tiyang ingkang badanipun kraos lêsu lêsah.

251. 1. bubukan jadham, 2. mabên, 3. bubukan tai bêsi, 4. lisah wijèn, 5. malam pêthak, kacarub dados satunggal, lajêng kakicik ing thothokipun kêrang, kaangge anggosok dhêngkul sakit ingkang raosipun anjarêm, kêmêng, sagêd saras.

252. Jadham kaasap (kaêjur) kalihan cokak jawi ingkang sampun kêcut, sagêd mitulungi tiyang tatu kenging dêdamêl utawi putung balungipun, inggih punika: toyaning jampi wau kaombèkakên, ampasipun kawêdhakakên ing tatunipun, lajêng kabuntêl. Manawi putung balungipun, pambuntêlipun kêdah dipun uwat-uwati mawi blabag, supados sagêd pulih, tuntum.

Bab XXXIV. Ginanipun Inggu.

253. Inggu punika manawi kapipis mawi kaêmoran: 1. mriyos, 2. cokak jawi, 3. kagosok-gosokakên [kagosok-gosokakê...]

--- 69 ---

[...n] ing sirah ingkang rambutipun ambodholi, jalaran sakit lêstrung (sakit èstri), saged saras thukul rambutipun malih.

Bab XXXV. Ginanipun Jae.

Jae punika angsaripun angêt.

254. Manawi katêdha sagêd nyarasakên sakit abuh ing padharan utawi ing suku.

255. Jae kadhêplok lajêng kaêkum ing toya tawa ngantos tigang dintên, kasaring: kaêmoran mabên, kaombe, sagêd nyarasakên sakit watuk ingkang padharan sarta gorokanipun kraos sêsêk lan sêrak, tuwin sagêd ngiyatakên sarêsmi.

Bab XXXVI. Ginanipun Brambang.

Brambang punika angsaripun angêt sarta garing.

256. Manawi katêdha sagêd ngiyatakên sarêsmi, tuwin ambingarakên cahya ingkang pucêt.

257. Brambang kapipis kacampuran mabên, kausap-usapakên ing bêlang tilas sakit, sagêd ngicalakên bêlang wau.

258. Brambang kagodhog kalihan toya lèpèn. Kaombe, sagêd nyarasakên sakit padharan.

259. Brambang kadhêplok kalihan toya tawa sakêdhik, kausap-usapakên ing sirah ingkang asring bodhol rambutipun, [rambu...]

--- 70 ---

[...tipun,] rambut wau sagêd kiyat sarta mindhak kêtêlipun.

260. Brambang kapipis, toyanipun kapupuhakên ing mripat lamur utawi cadhok, sagêd enggal saras.

Bab XXXVII. Ginanipun Bawang.

Bawang punika angsaripun cêkapan, botên bêntèr, botên asrêp.

261. Bawang punika manawi katêdha, sagêd nêbihakên sakit dubur (ambèi) tuwin sagêd anglunturakên sakathahing riyak ingkang wontên gorokan utawi ing padharan.

262. Bawang kapipis, kapopokakên tatunipun tiyang kacakot utawi kaêntup kewan mawa wisa, sagêd nawarakên wisa wau sarta lajêng enggal saras.

264 Bawang kaêkum ing lisah wijèn, manawi sampun katingal jêne, lajêng kapêndhêt. Kapipis, kausap-usapakên ing dakar ingkang kirang kiyat sarêsmi, sagêd dados kiyat.

Bab XXXVIII. Ginanipun Asêm.

Asêm punika angsaripun asrêp sarta garing.

265. Manawi katêdha tiyang ingkang sakit bêntèr, tumuntên sagêd asrêp.

--- 71 ---

266. Asêm kaêkum tigang dintên, kaêmoran gêndhis pasir, kaombe, sagêd nyarasakên sakit mêngi, tuwin ngicalakên raos ênêk kêdah luntak.

Bab XXXIX. Ginanipun Wêrak.

Wêrak utawi cokak Jawi punika angsaripun asrêp sarta garing, prayogi sangêt kangge ambumboni bangsaning ulam ulaman.

267. Manawi katêdha tiyang saras, sagêd nêbihakên sêsakit, tuwin ngicalakên sêsakit ingkang asalipun saking êrah.

268. Wêrak kagodhog ngantos umob, mangêt-mangêt kaombe, prayogi sangêt dhatêng badan.

269. Wêrak ingkang sampun kêcut, kaombe tiyang tatu kêpêrang sasaminipun, utawi tiyang mimisên, tumuntên sagêd saras.

270. Wêrak kaêmoran lisah lêmbu, sagêd mitulungi tiyang kenging latu ngantos gosong, inggih punika kaombe sarta kawêdhakakên tatunipun.

271. Wêrak kaêmoran apyun, kapilisakên tiyang sakit ngêlu, sagêd saras. Kaombe tiyang sakit padharan ingkang atos lan bêngka (dhugal), sagêd enggal saras.

--- 72 ---

Kaombe tiyang sakit kuwaya, asring glègèkên, luntak pait.

Bab XL. Ginanipun Jêram Pêcêl.

Jêram pêcêl punika angsaripun asrêp sarta garing.

272. Toya jêram pêcêl kalihan gêndhis pasir, kaombe ing wanci enjing tangi tilêm, sagêd nawarakên sadaya wisa ingkang wontên salêbêting padharan.

273. Toya jêram pêcêl tanpa kaêmoran punapa-punapa, kaombe tiyang sakit kasrêpên, sagêd saras.

Bab XLI. Ginanipun Lisah Latung.

274 Lisah latung kenging kaangge anjampèni talingan ingkang kalêbêtan rêna utawi lintah, sarana katètèsakên malêbêt, kewan wau tamtu pêjah, kenging kapêndhêt kanthi gampil.

275. Lisah latung katutul kapas, lajêng kabuntêl ing mori ingkang rêsik, kapêrês katuruhakên ing baganing pawèstri ingkang nyakiti dangu, sagêd enggal anglairakên.

Bab XLII. Ginanipun Ron Sanamaki.

Ron sanamaki punika warninipun mèmpêr ron asêm, kathah paedahipun, kados ing ngandhap punika:

276. Ron sanamaki, babakan, dalah uwitipun, wawrat tigang dhuwit, kadhêplok lajêng kapipis lêmbat, kaêmoran [kaêmor...]

--- 73 ---

[...an] mabên, kaombe, sagêd nyarasakên sakit dhadha.

277. Manawi kaêmoran gêndhis pasir, sagêd nyarasakên sakit kasrêpên, tuwin ngiyatakên sarêsmi.

278. Manawi kaêmoran gêndhis batu, sagêd ngiyatakên tosan.

279. Manawi kaêmoran lisah lêmbu, lan gêndhis batu, sagêd ngicalakên sêsakit salêbêting badan.

280. Manawi kaêmoran martega ingkang taksih enggal (dèrèng mambêt sarêm) sagêd nyarasakên sakit ngêlu, sakit bingung kêkathahên pikiran, tuwin ngicalakên abab awon.

281. Manawi kaêmoran puwan lêmbu, sagêd nawarakên sakathahing wisa.

282. Manawi kaêmoran puwan menda, sagêd ngiyatakên badan, tuwin ngiyatakên sarêsmi.

283. Manawi kaêmoran kurma, sagêd ngicalakên gandaning abab ingkang awon, tuwin murugakên doyan nêdha.

284. Manawi kaêmoran dalima, sagêd ngiyatakên badan, sarta ngicalakên sakit dhadha.

285. Manawi kaêmoran woh anggur, sagêd nyarasakên sakit lamur tuwin cadhok.

--- 74 ---

286. Manawi kaêmoran cokak Jawi, sagêd nyarasakên sakit kasrêpên, sakit ing ros-rosan, tuwin sakit tosan.

287. Manawi kaêmoran toya jêram pêcêl, sagêd nyarasakên sakit bêntèr, tuwin tiyang ingkang badanipun kêra: sagêd dados lêma.

288. Manawi kaêmoran toya êbun, sagêd mêwahi guwaya, tuwin dhatêng paningal: awas.

289. Manawi kaêmoran godhogan babakan wit dalima, sagêd nyarasakên sakit wawratan êrah tuwin umbêl.

290. Manawi kaêmoran toya klapa, sagêd nyarasakên sakit nguyuh utawi bêngang.

__________

--- 75 ---

Namaning Sêsakit utawi Racikan Jampi ingkang Kalêbêt ing Sêrat Punika.

Ha ênêk, 226 blz. 71 Bab XXXVIII.

untu, 50-54 blz. 19 Bab V./36 blz. 15 Bab III.

Encok, 3-5 blz. 6 Bab I.

Anjarêm, 124 blz. 36 Bab XVI./ 145 blz. 43 Bab XVIII./ 252 blz. 68 Bab XXXIII.

Anjêkut, zie padharan, blz. 22 Bab VIII.

Êrah mandhêk, 126, 131 blz. 36 t/m 38 Bab XVI.

Arip, zie mripat 31 blz. 13 Bab II.

Irung, 34 blz. 14 Bab III.

Utêk, 35 blz. 15 Bab III.

Èsêk, zie watuk, 55 t/m 61 blz. 20 t/m 21 Bab VI.

Ulêr, zie waja, 50 t/m 54 blz. 19 Bab V.

Êpèh, 209 blz. 57 Bab XXII.

Ampêk, 62 blz. 21 Bab VII.

Ambadhêdhêk, zie padharan 66 t/m 83 blz. 22 t/m 26 Bab VIII.

Abuh, 22 blz. 11 Bab II./ 41 blz. 17 Bab VI./ 52 blz. 19 Bab V/ 112 t/m 120 blz. 33 t/m 35 Bab XV./254 blz. 69 Bab XXXV.

Abab awon, 280, 283 blz. 73 Bab XLII.

Angin, 2 blz. 5 Bab I./77 blz. 25 Bab VIII. /235, 238 blz. 65 Bab XXVII. /249 blz. 68 Bab XXXIII.

Na nangis wanci dalu (lare) 198 blz. 56 Bab XXII.

--- 76 ---

Ca canthêngên, zie wudun, 106 blz. 32 Bab XII.

cacarên, 107 blz. 32 Bab XIII. /176 blz. 49 Bab XX. /211 blz. 58 Bab XXII.

cacingên, 153 blz. 44 Bab XIX. /164 blz. 46 Bab XX. /191 blz. 53 Bab XXI.

cêkèh, zie watuk 55 61 blz. 20-21 Bab VI. /65 blz. 22 Bab VII. /187 blz. 52 Bab XXI./ 197 205 blz. 56-57 Bab XXII. /255 blz. 69 Bab XXXV.

cadhok, zie mripat, 11-33 blz. 7 t/m 8 Bab II/ 32 36 blz. 13-15 Bab III./240 blz. 66 Bab XXIX./260 blz. 70 Bab XXXVI./285 288 blz. 73-74 Bab XLII.

cangkêm, 9 blz. 7 Bab I./116 blz. 34 Bab XV. /167 168 169 blz. 47 Bab XX. /189 195 blz. 33 t/m 55 Bab XXI.

Ra racêkên, zie mripat 11-33 blz. 7 t/m 14 Bab II. /32 36 blz. 13-15 Bab III./240 blz. 66 Bab XXIX. / 260 blz. 70 Bab XXXVI. /285 288 blz. 73 74 Bab XLII.

rapuh, zie parêm 141 142 blz. 42 Bab XVIII.

rumab, 164 blz. 46 Bab XX.

rambut , 259 blz. 69 Bab XXXVI.

rimang, zie mripat 11 t/m 33 blz. 7 t/m. 14 Bab II.

Ka kaêntup kewan mawa wisa, 262 blz. 70 Bab XXXVII.

kaêntup tawon, 110 blz. 32 Bab XIV.

kondhor, 118 blz. 35 Bab XV.

konthol, 117 118 blz. 34-35 Bab XV.

kancingên, zie cangkêm 9 blz. 7 Bab I.

kacokot kewan mawa wisa, 262 blz. 70 Bab XXXVII.

kacokot sawêr, 109 blz. 32 Bab XIV.

kacolok, zie mripat 11-33 blz. 7 t/m 14 Bab II. /32-36 blz. 13-15 Bab III./240 blz. 66 Bab XXIX./ 260 blz. 70 Bab XXXVI./285 288 blz. 73-74 Bab XLII.

--- 77 ---

kêra, 287 blz. 74 Bab XLII.

krumanên zie korèng, 99 blz. 31 Bab XIII.

korèng sasaminipun, 99 t/m 107 blz. 31 t/m 32 Bab XIII.

katrapên, 239 blz. 66 Bab XXVII.

klêbêtan rêna zie talingan, 40 blz. 16 Bab IV.

klêbêtan lintah zie talingan, 39 blz. 16 Bab IV.

klêbêtan pinjal utawi ceremende zie talingan, 38 blz. 16 Bab IV.

kêpêrang, 108 blz. 32 Bab XIV. /269 blz. 71 Bab XXXIX.

kopokên zie talinga, 10 blz. 7 Bab I.

kapatil lele, 111 blz. 33 Bab XIV.

kuping, 10 blz. 7 Bab I. /37 49 blz. 16 18 Bab IV. / 274 blz. 72 Bab XLI.

kiyat sarêsmi, 255 blz. 69 Bab XXXV. /256 blz. 69 Bab VXXVI. /264 blz. 70 Bab XXXVII. /277 282 blz. 73 Bab XLII.

kiyat badan, 219 blz. 60 Bab XXIV. /245 blz. 67 Bab XXXII. /282 284 blz. 73 Bab XLII.

kêmbung zie padharan, 70 blz. 23 Bab VIII.

kêmêng, 53 blz. 19 Bab V./251 blz. 70 Bab XXXIII.

Da doyan nêdha (murugakên) 283 blz. 73 Bab XLII.

dubur, 261 blz. 70 Bab XXXVII.

Ta turuk bonên, 105 blz. 32 Bab XIII.

têkêm-têkêm, 203 blz. 57 Bab XXII.

tatu, 108 111 blz. 32 33 Bab XIV. /252 blz. 68 Bab XXXIII. /269 270 blz. 71 Bab XXXIX.

--- 78 ---

têlak zie cangkêm, 9 blz. 7 Bab I.

toya sêsêpan kirang bancar, 171 blz. 48 Bab XX.

tangan, 115 blz. 34 Bab XV.

tênggak, 210 blz. 58 Bab XXII.

Sa sênêp zie padharan, 74 blz. 24 Bab VIII.

sêrak zie watuk, 59 blz. 20 Bab VI.

sarab, 183 blz. 51 Bab XXI.

suku, 115 blz. 34 Bab XV. /126 blz. 36 Bab XVI.

sêkalor, 6 blz. 6 Bab I. /174 blz. 49 Bab XX. /204 blz 57 Bab XXII.

suda pamirêng zie talingan, 42 blz. 17 Bab IV.

sawanên, 162 163 blz. 45 46 Bab XX. /184 186 blz. 51 52 Bab XXI. /196 204 blz. 55, 57 Bab XXII.

selakarang, 3 5 blz. 6 Bab I./ 34, 36 blz. 14 15 Bab III.

sambêtan, 192 194 blz. 55 Bab XXI. /221 blz. 61 Bab XXV.

sambang zie mripat, 25 blz. 12 Bab II.

sêbah zie padharan, 68 blz. 22 Bab VIII.

Wu wudun, 106 blz. 32 Bab XIII.

watuk, 55, 61 blz. 32 Bab VI. /65 blz. 22 Bab VII. /187 blz. 52 Bab XXI. /197 205 blz. 56 57 Bab XXII. /255 blz. 69 Bab XXXV.

wêtêng, 66 83 blz. 22 26 Bab VIII. /120 blz. 35 Bab XV. /146 149 154 155 157 158 blz. 43 t/m. 45 Bab XIX. 179 185 blz. 50 51 Bab XXI. /236 blz. 65 Bab XXVII./242 blz. 66 Bab XXX. /244 249 blz.67 68 Bab XXXIII. /254 blz. 69 Bab XXXV. /258 blz. 69 Bab XXXVI. /261 blz. 70 Bab XXXVII. /271 blz. 71 Bab XXXIX. /272 blz. 72 Bab XL.

wisa, 262 blz. 70 Bab XXXVII. /281 blz. 73 Bab XLII.

--- 79 ---

La linu, 123 124 125 128 129 blz. 36 t/m 38 Bab XVI. /243 blz. 66 Bab XXXI.

luntak 84 t/m 87 blz. 26 t/m 27 Bab IX. /266 blz. 71 Bab XXXVIII. /271 blz. 71 Bab XXXIX.

lêsu, 144 blz. 67 Bab XVIII. /170 173 blz. 47, 48 Bab XX. /251 blz. 68 Bab XXXIII.

lêstrung, 34 36 blz. 14 t/m 15 Bab III. /253 blz. 68 Bab XXXIV.

lamur zie mripat, 11 t/m 33 blz. 7 t/m 14 Bab II.

lêmês zie (badan), 243 blz. 66 Bab XXXI.

lumpuh, 121 128 blz. 35 36 Bab XVI.

lêmpungên, 190 blz. 53 Bab XXI.

lungkrah zie lêsu, 144 blz. 42 Bab XVIII.

Pa panon, 7 8 blz. 6 7 Bab I.

pucêt, 253 blz. 68 Bab XXXIV.

prêcèh zie mripat ,30 blz. 13 Bab XXII.

parêm, 141 142 blz. 42 Bab XVIII.

pawèstri tumrap kakung, 218 blz. 60 Bab XXIII.

pawèstri sukêr, 193 blz. 55 Bab XXI. /212 blz. 58 Bab XXIII. /237 blz. 65 Bab XXVII. /241 blz. 66 Bab XXX.

pawèstri gadhah lare, 220 234 blz. 61 64 Bab XXV.

planjêrên, 132 blz. 36 Bab XVI.

pilêk, 10 blz. 7 Bab I. /248 blz. 67 Bab XXVII.

pêgêl, 175 blz. 49 Bab XX. /202 blz. 56 Bab XXII. /235 blz. 65 Bab XXVII.

Dha dhadha, 201 202 blz. 56 Bab XXII. /276 284 blz. 72 73 Bab XLII. Dhêngkul, 251 blz. 68 Bab XXXIII.

--- 80 ---

Nya nyakiti badhe gadhah lare, 275 blz. 72 Bab XLI. Nyènyèhên, zie talingan, 37 blz. 16 Bab IV.

Ma mèncrèt zie ngising, 66 blz. 22 Bab VIII.

mundul zie mripat, 21 blz. 11 Bab II.

murus zie ngising, 67 blz. 22 Bab VIII.

mripat, 11 t/m 33 blz. 7 t/m. 14 Bab II. /35 36 blz. 15 Bab III. /241 blz. 66 Bab XXXIX. /260 blz. 70 Bab XXXVI. /285 288 blz. 73 74 Bab XLII.

mlêtik zie mripat, 12 blz. 8 Bab II.

mulês zie padharan, 76 blz. 24 Bab VIII.

mêjên zie padharan, blz. 22 t/m 26 Bab VIII.

mimisên 269 blz. 71 Bab XXXIX.

mêngi 67 68 69 blz. 22 23 Bab VII. /266 blz. 71 Bab XXXVIII.

Ga gêrahuyang, 172 blz. 72 Bab XX.

gorokan, 254 blz. 69 Bab XXXV. /261 blz. 70 Bab. XXXVII.

gosong kenging latu, 270 blz. 71 Bab XXXIX.

guwaya alum, 78 blz. 25 Bab VIII. /170 blz. 47 Bab. XX. /288 blz. 74 Bab XLII.

gudhik, zie korèng, 99 blz. 31 Bab XIII.

gomên, 189 blz. 53 Bab XXI.

gêgêr, 235 blz. 65 Bab XXVII.

gabagên, 134 140 blz. 39 41 Bab XVII.

Ba bêntèr, 4 blz. 6 Bab I. /57 blz. 20 Bab IV. /134 140 blz. 39 41 Bab XVII. /160 161 blz. 45 Bab XIX. /165 166 167 168 blz. 46 t/m 47 Bab XX. /181 182 185 blz. 50 51 Bab XVI. /207 blz. 57 Bab XXII. 239 blz. 66 Bab XXVIII. /287 blz. 74 Bab XLII.

--- 81 ---

bêntèr tis zie bêntèr, 100 blz. 31 Bab XVII.

borok rambat zie korèng, 100 blz. 31 Bab XIII.

bèsèr zie nguyuh, 97 blz 30 Bab II.

bèlèkên zie mripat, 18 blz. 9 Bb II.

balung, 122 127 blz. 36 t/m 37 XVI. /240 blz. 66 Bab XXXIX. /252 blz. 68 Bab XXXIII./ 278 286 blz. 73 t/m 74 Bab XLII.

bêlang, 237 blz. 65 Bab XXVII.

budhugên, 138 blz 41 Bab XXVII.

bêngka zie wêtêng, 83 blz. 26 Bab VII.

bêngkoyok zie korèng, 99 blz. 31 Bab XIII.

bêngang, 97 98 blz. 30 Bab XII. /290 blz. 74 Bab XLII.

bingung, 180 blz 50 Bab XXI.

Nga ngêntut (botên sagêd) 156 blz. 44 Bab XIX. /178 blz. 50 Bab XXI.

ngising, 66 67 69 70 80 81 blz. 22 t/m. 25 Bab VIII. /84 blz. 26 Bab IX. /88 91 blz. 27 29 Bab X. /151 152 156 159 blz. 44 t/m. 45 Bab XIX. / 177 178 180 blz. 49 50 Bab XXI. /199 200 blz. 56 Bab XXII. 246 blz. 67 Bab XXXII. 288 blz. 74 Bab XLII.

ngêlu, 1 10 blz 5 7 Bab I. /48 blz, 18 Bab IV. /206 blz. 57 Bab XXII. /248 blz. 67 Bab XXVII. /271 blz. 71 Bab XXXIX. /280 blz. 73 Bab XLII.

nglêbêt, 135 blz. 39 Bab XVII./ 143 blz. 42 Bab XVIII. /182 185 blz. 50 51 Bab XXI. / 244 blz. 69 Bab XXXII./279 blz. 73 Bab XLII.

nguyuh, 81 blz. 25 Bab VIII. /92 96 blz. 29 30 Bal[15] XI. /97 blz. Bab XII. /188 blz. 52 Bab XXI. /234 blz. 64 Bab XXVI. /241 blz. 66 Bab XXX. / 243 blz. 66 Bal XXXI. /290 blz. 74 Bab XLII.

ngame, 86 blz. 26 Bab IX.

ngompol zie nguyuh, 94 blz 30 Bab XI.

__________

--- [0] ---

[3 halaman kosong]


kapilisakên (kembali)
kapilisakên
kaêbun-êbunakên (kembali)
kaêbun-êbunakên
mêdal (kembali)
mêdal
ingkang (kembali)
ingkang
talingan (kembali)
talingan
1. (kembali)
1.
ngantos (kembali)
ngantos
kaombèkakên (kembali)
kaombèkakên
pamanggangipun (kembali)
pamanggangipun
10 4. (kembali)
4.
11 gêndhis (kembali)
gêndhis
12 kêtumbar (kembali)
kêtumbar
13 kêrikan (kembali)
kêrikan
14 5 dan seterusnya. (kembali)
5 dan seterusnya.
15 Bab (dan di tempat lain). (kembali)
Bab (dan di tempat lain).