Pasalatan Jawi, Ridwan Katib Candhana, 1934, #1224

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-11-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pasalatan Jawi

Amarsitakakên patrap pratingkahing salat tuwin waosanipun, mawi gambar, karanganipun Radèn Ridwan Katib Candhana, ing Surakarta.

KITAB PASALATTAN DJAWI.

Kaêcap ingkang kaping tiga.

10.000 buku.

Kaêcap sarta kawêdalakên dening pangêcapan Jawi: Porstênlandhên, Kaprabon - Surakarta.

1864 - 1934.

Adêging pangêcapan Porstênlandhên nalika 6 Juli 1918.

--- 2 ---

Isinipun Pasalatan Jawi.

1. Bêbuka, ... 3.
2. Khadis buniyal Islam, ... 5.
3. Wêktunipun salat, ... 8.
4. Wiwitan tumandanging salat, ... 9.
5. Bab wulu, ... 9.
6. Niyatipun salat, ... 11.
7. Pêpèngêt, ... 29.
8. Bab Jumungah, ... 31.
9. Panganggenipun tiyang salat, ... 32.

[Grafik]

--- 3 ---

Bêbuka.

Kula nuwun, awit saking panêdhanipun sadhèrèk Mas Khaji Ngabdul Jabar, dhirèkturipun pangêcapan Jawi "Porstênlandhên", Kaprabon M. N. Surakarta, kula kapurih ngarang buku pasalatan têmbung Jawi. Mila piyambakipun gadhah panêdha makatên, amargi kathah para sadhèrèk ingkang sami dhatêng ing tokonipun, pêrlu pados buku pasalatan Jawi, nanging kapêksa ambangsulakên, jalaran saking botên sudhiya, lah saiba gêlaning manahipun para sadhèrèk wau. Ingatasing manah sampun binuka kêpengin anglampahi ngibadah salat, măngka dèrèng angsal buku ingkang mratelakakên patrap lan pêpujanipun ingkang kenging kasinau piyambak, sampun mêsthi sisah sangêt, sisahipun wau dening rumaos sampun lalu măngsa, badhe ngaji utawi têtakèn sampun botên kobêr, jalaran ing sabên dintên sampun kablêdiki agêng butuh, ingkang makatên punika, sampun saèstu kêpenginipun wau amung tansah kèndêl wontên ing manah kemawon, tarkadhang manawi manahe sampun sangêt adrêngipun, lajêng trimah tumindak salat rubuh gêdhang [...][1] nêtêpi [nêtê...]

--- 4 ---

[...pi] kuwajibanipun agami, mêmêlas sangêt. Awit sapunika mila dhirèkturipun pangêcapan Jawi (dhrikkrèi) "Porstênlandhên", badhe ngêcap buku Pasalatan Jawi punika, lajêng badhe kasiyarakên kalayan rêgi mirah, supados para sadhèrèk Jawi ingkang kêpengin nêdya anglampahi salat sagêda tumuntên kalampahan kêpenginipun sarana amung amaos buku punika.

Ing sarèhning sêdya punika lèrègipun amung badhe mitulungi dhatêng sadhèrèk Jawi ingkang badhe nglampahi ngibadah salat, mila panêdhanipun sadhèrèk Mas Khaji Ngabdul Jabar kasêbut ing nginggil, sasagêd-sagêd kula: inggih kula pituruti kalayan dhanganing manah. Botên langkung panyuwun kula ing Allah, buku punika sagêda maedahi dhatêng sadhèrèk kathah, amin.

Ing Kauman tanggal kaping 14 Mulud, Dal 1855.

R. Ridwan Katib Candhana.

--- 5 ---

[Bismillahirahmanirahim][2]

Awit ingkang asma Allah, Ingkang Maha Murah, tur Kang Maha Asih.

Kasêbut ing khadis pangandikanipun Kangjêng Nabi Mukhammad, trang saking Allah Ingkang Maha Agung lan Maha Kawasa, andhawuhakên makatên:

Buniyal Islam ngala komsin, sahadadtu anla Ilaha ilalloh, waanna Mukhammadar rasululloh. Waikomussolah, waitaus zakat, wasaomu ramadon, wakijulbaiti manistatonga ilaihi sabila.Buniyal Islam 'ala chomsin, sahadatuan la Ilaha illal'lah, waanna Muhammadar rasulul'lah, waiqomus'solah, waitaus' zakat, wasaomu ramadhon, wahijulbaiti Manis tatonga ilaihi sabila.

--- 6 ---

Jawinipun:

Agama Islam iku didêgake ing atase rukun (paugêran) limang prakara, yaiku:

1. Sahadat: anêksèni lair têrusing batin: yèn ora ana Pangeran kang wajib sinêmbah kang satêmên-têmêne, kajaba mung Allah. Lan anêksèni lair têrusing batin: Kangjêng Nabi Mukhammad utusaning Allah.

2. Nglakoni salat limang wêktu, subuh, luhur, ngasar, mahrib, ngisak.

3. Awèh zakat marang fakir miskin, yèn wus sugih arta băndha, sarta ganêp sarat rukune.

4. Puasa sêsasi ing wulan Ramlan.

5. Nglakoni ngibadah khaji marang Baetul Kharom ing nagara Makah, yèn wus kuwasa lan kacukupan sangune mênyang tumêka mulihe, sarta tinggalan anak rabine ing sajrone katinggal uga cukup, apadene ing dêdalan tata lan têntrêm.

Sadhengah tiyang ingkang sampun ngakil balègh, sami katêtêpakên nêtêpi rukuning Islam kasêbut ing nginggil [...][3] -gal-tunggaling [gal-tung...]

--- 7 ---

[...galing] rukun gangsal wau, botên katêrangakên sadaya kalayan panjang, punapadene bab kikmah-kikmah tuwin paedah saha asroripun inggih botên kapratelakakên, bilih badhe nyumêrêpi kikmah tuwin paedah utawi pigunanipun rukun Islam gangsal prakawis wau, cêkap amriksanana ing buku "Kikmah Sarngiyah" jilid II, ing ngriku sampun katêrangakên cêtha sangêt.

Dene ingkang badhe katrangakên wontên ing buku punika amung rukun Islam, ăngka 2, inggih punika adêging salat, saha nêrangakên lampah-lampah: wanci tuwin patrap punapadene wêwaosanipun tiyang salat, mawi dipun kanthèni gambar ingkang nêdahakên kawujudaning patrap, kados ta: adêg, rukuk, iktidal, sujud, linggih iptiros, tuwin linggih tawarok, sarta patraping tangan sapanunggilanipun. Mila buku punika dipun namakakên: "Pasalatan Jawi" awit isinipun amung mligi anêdahakên patrap pratingkahipun tiyang salat, saha wêwaosanipun sadaya mawi basa tuwin aksara Jawi, malah sadaya wêwaosan wau kasêrat Jawi dipun rangkêpi aksara latin, supados kenginga ka-[...][4] -cêr-ancêr angungalaklên[5], lajêng maknanipun kasêrat [kasêra...]

--- 8 ---

[...t] Jawi. Sarèhning hurup Arab punika wontên ingkang beda kalihan aksara Jawi, sagêdipun fasèh = cêtha waosanipun, priyogi tabêri têtakèn dhatêng sadhèrèk ingkang sampun nate ngaos.

Waktunipun Salat.

Wêktu subuh, punika wanci sadèrèngipun malêthèk surya, dene wiwitipun manjing salat subuh punika, samasa ing langit wetan sampun mêdal meganipun malang, pajar sidik. Potipun samasa surya sampun malêthèk, (jam 5 dumugi jam 6 enjing).

Wêktu luhur, punika samasa surya sampun anggalewang utawi lingsir mangilèn. Akiripun ngantos dumugi bilih ukuraning ayang-ayanganipun piyambak sampun mèh sami kalihan dêdêgipun (jam ½ 1 dumugi jam 3 siyang).

Wêktu ngasar, punika bilih ayang-ayanganipun sampun anglangkungi dêdêg, ngantos dumugi mèh sêrap surya (jam ½ 4 dumugi jam 6 sontên).

Mahrib, wiwitipun manjinging wêktu sasêraping surya, dumugi icaling mega abrit ing kilèn (jam 6 dumugi jam ½ 8 dalu).

--- 9 ---

Wêktu ngisak, wiwit saicaling mega abrit, ngantos dumugi mèh bangun enjing (jam ½ 8 dumugi jam 4 ½).

Wiwitanipun Tumandang badhe Salat.

Manawi kita badhe salat, wiwit manjing wêktu: kita kêdah sêsuci langkung rumiyin, yèn kita anggantung junub (mêntas sarêsmi), kêdah adus rumiyin, mawi niyat salêbêting manah makatên: sêdyaku adus iki, parlu angilangake khukume khadas gêdhe. Niyat wau sarêng kalihan anggrujug ing sirah, mawi toya suci, saha adusipun kêdah waradin badan sakojur. Dene yèn kita botên mêntas junub, punika manawi badhe salat, cêkap amung wulu kemawon mawi toya suci. Mênggah patrapipun wulu wau kathah pêprincènipun, sarta kêdah tartib, têgêsipun urut miturut wêwaton ingkang sampun katêmtokakên, mila ing ngriki prêlu katêrangakên supados apsah wulunipun, makatên:

Wulu.

Wulu punika pokokipun ingkang kêdah katindakakên kalihan mêsthi, wontên nênêm prakawis, inggih punika:

1. [...][6] niyat makatên têgêsipun, panêdyaning manah

--- 10 ---

kumrêntêg: anggonku wulu iki, parlu ngilangake khadas cilik. Niyatipun makatên wau kasarêngakên kalihan rukun ăngka kalih, inggih punika:

2. Ngraupi rai, mawi toya suci sawradinipun[7].

3. Masuh tangan kalih (kiwa têngên), wiwit èpèk-èpèk, dumugining sikut kalih pisan.

4. Ngusapakên toya ing êmbun-êmbunaning sirah.[8]

5. Masuh suku kalih dumugi ing polok (kêmiri kalih).

6. Tartib, têgêsipun wiwit rukun ăngka 1, dumugi ăngka 5, punika kêdah urut. Dados upami anggènipun wulu wau amung sapurun-purunipun kemawon, masuh suku rumiyin lajêng raup, waton jangkêp, punika dèrèng kaanggêp nama wulu, upami lajêng kangge anglampahi salat inggih botên dados, alias botên afsah.

--- 11 ---

Sasampunipun rampung anggèn kita sêsuci, adus, wulu kalayan tartib, sarta sampun mangangge sandhangan rêsik (suci saking najis), tuwin manggèn ing papan suci, têgêsipun wontên ing gêlaran, klasa, lampit sasaminipun ingkang rêsik, botên kaicak-icak suku ingkang rêgêd, utawi kenging najis, kados ta uyuh têlèk sapanunggilanipun. Kita lajêng wiwit tumandang salat.

Niyatipun Salat.

Salat ing wêktu gangsal ingkang katêmtokakên dhatêng sadhengah tiyang akil balègh (diwasa), kêdah sami anglampahi, punika beda-beda cacahing rakangatipun,[9] wontên ingkang sakawan rakangat, kados ta: salat luhur, ngasar tuwin ngisak, wontên ingkang tigang rakangat, kados ta: salat mahrib, tuwin wontên ingkang namung kalih rakangat, inggih punika salat subuh. Mila niyating salat gangsal wêktu wau ugi sanès-sanès, katêranganing lapal utawi ungal-ungalanipun niyat, kados ing ngandhap punika:

--- 12 ---

Usalli parda salatis subki rakangataini adaan lillahi tangala.[10]Usolli vardha solatis subki rak'ataini adaan lil'lahi ta'ala.[11]
Usali parda salatid[12] duhri arbanga rakangatin adaan lillahi tangala.[13]Usolli vardha solatil' duhri arba'a raka'atin adaan lil'lahi ta'ala.[14]
Usali parda salatil ngasri arbanga rakangatin adaan lillahi tangala.[15]Usolli vardha solatil' asri arba'a raka'atin adaan lil'lahi ta'ala.[16]
Usali parda salatil mahgribi salasa rakangatin adaan lillahi tangala.[17]Usolli vardha solatil magribi salasa raka'atin adaan lil'lahi ta'ala.[18]
Usali parda salatil ngisai arbanga rakangataini adaan lillahi tangala.[19]Usolli vardha solatil' isyai arba'a raka'atin adaan lil'lahi ta'ala.[20]
Usali parda salatil jumngati rakangataini adaan makmuman lillahi tangala.Usolli vardha solatil jum'ati rak'ataini adaan makmuman lil'lahi ta'ala.

--- 13 ---

Lafaling niyat-niyatipun salat ing nginggil punika, pamaosipun sasampuning kita ngadêg jêjêg sarta madhêp ing kiblat (madhêp mangilèn) tangan kêkalih taksih kadlojorakên, kados gambar ăngka 4 ing ngandhap punika.

[Grafik]

Takbiratul ihram.

Lajêng takbiratul ihram, maos: Allahu akbar, kasarêngakên kalihan anjunjung asta kalih sarta dipun adhêpakên kiblat, pucuking darijinipun dumugi papaking talingan ing nginggil, kadosdene gambar ăngka 1 ing ngandhap punika.

--- 14 ---

[Grafik 1]

Allahu akbar.

Wiwitipun anjunjung asta kalih punika, kasarêngakên akalihan wiwitipun maos takbir (= al) pungkasanipun takbir (= bar): kasarêngakên kalihan minggahipun asta kalih dumugi ing papaking talingan nginggil, sarta salêbêtipun tangan kajunjung wau, ing manah kumrêntêk utawi gumregah: èngêt dhatêng jawinipun niyat ingkang kawaos nalika badhe takbiratul ihram wau, inggih punika upami salat subuh ing salêbêting manah nêdya:

Aku salat parlu subuh, rong rakangat.[21]

Aku salat parlu luhur, patang rakangat.[22]

Aku salat parlu ngasar, patang rakangat.[23]

--- 15 ---

Aku salat parlu mahrib, têlung rakangat.[24]

Aku salat parlu ngisak, patang rakangat.[25]

Aku salat parlu jumungah, rong rakangat, manut imam.[26]

Lajêng sadhakêp, asta ingkang kiwa wontên ngandhap, kalêrêsakên ing sangandhaping susu kiwa, ugêl-ugêlipun kacêpênga mawi èpèk-èpèk ingkang têngên, kados tuladha gambar ăngka 2 ing ngandhap punika.

[Grafik 2]

Sadhakêp.

Lajêng maos donga iptitah (bêbukaning salat), pamaosipun amung kalayan lirih, lafalipun Ngarab makatên:

--- 16 ---

Allahu akbar kabiron walhamdulillahi kasiron wasubkanallohi bukrotan, waasila, wajahtu wajhi lilladi pataros samawati wal arla kanipan, musliman, wama ana minalmusrikin, inna salati wanusuki wamahyaya wamamati lillahi robbil ngalamin, lasarikalahu wabidalika umirtu waana minal muslimin.[27]Al'lahu akbar kabiron walhamdu lil'lahi kasiron wasubhanal'lohi bukrotan waasila, wajahtu wajhi lil'ladi vatoros' samawati wal'ardha kanivan musliman wama-ana minal musrikin, inna solati wanusuki wamahyaya wamamati lil'lahi robbil'alamin, lasarikalahu wabidalika umirtuwaana minal muslimin.[28]

Jawinipun.

Kula ngadhêpakên manah kula, kula adhêpakên dhatêng Allah ingkang nitahakên bumi langit, sarta manah kula condhong dhumatêng agami Islam, kula sanès gêgolonganipun tiyang musrik (malih tingal, utawi nyêkuthokakên), salat [sala...]

--- 17 ---

[...t] saha ngibadah kula, gêsang tuwin pêjah kula punika: sadaya kagunganing Allah ingkang mangerani ngalam punika sadaya, botên wontên ingkang nyamèni. Kula sadaya kadhawuhan anêtêpakên ingkang kasbut sadaya wau, kula sami sandika, dhèrèk angèstokakên. Lajêng maos fatikhah.

Bismillahirrohmanirrokim. Alkhamdulilahi robbil ngalamin, arrohmanir rokim, maliki yaumiddin, iyaka nakbudu waiyaka nastangin, ihdinas sirotol mustakim, sirotol ladina anngamta ngalaihim, ghairil maghdubi ngalaihim, waladdolin, amin.Bismil'lahir'rohmanir'rokim. Al'hamdu lil'lahi robbil'alamin, Arrohmanir'rokim, maliki yaomid'dhin, iyaka nak-budu waiyaka nasta'in, ihdinas sirotol mustaqim, sirotol lazina an'amta 'alaihim goiril magdubi'alaihim walad-dhollin. Amin.

Jawinipun.

Awit ingkang asma Allah, Ingkang Maha Murah, tur Kang Maha Asih. Kabèh puji kagunganing Allah, kang mangerani ngalam kabèh. Kang Maha Murah tur kang Maha Asih. Kang ngratoni ing dina

--- 18 ---

agama (dina kiyamat). Kawula nêmbah ing paduka, saha kawula nyuwun pitulung ing paduka. Paduka mugi nêdahna wot lêrês dhumatêng kawula. (têgêsipun margi ingkang lêrês, inggih punika sarengat agami Islam), uwotipun para tiyang ingkang sami paduka paringi nikmat. Dede tiyang ingkang sami kenging bêbêndu, lan dede tiyang ingkang sami kêsasar. Dhuh Allah, panyuwun kawula wau mugi paduka parêngakên. Lajêng maos surating kuran ingkang dipun sagêdi,[29] upami surat Ihlas (Kulhu) makatên:

Bismillahirrohmanirrokim. Kul huwallahu akhat, Allahussamad, lamyalid, walamyulad, walamyakullahu kufuan akhad.Bismil'lahir'rohmanir'rokim. Qul huwal'lahu akad, Al'lahus'samad, lamyalid, walamyulad, walamyakul'lahu kuvuan akad.
Samingallahu liman khamidah.Sami'al'lahu liman hamidah.

Jawinipun.

(He Mukhammad), sira dhawuha: Allah iku mung siji. Allah iku kang disuwuni samubarang kabutuhan. Ora pêputra, [pêpu...]

--- 19 ---

[...tra,] lan ora pinutrakake. Lan ora ana siji-sijia kang madhani Allah. Lajêng rukuk, sarta mawi anjunjung asta kados nalika takbiratul ihram (gambar ăngka 1), sarta maos: Allahu akbar, pungkasaning takbir (= bar) sarêng kalihan nyêpêng dhêngkulipun kêkalih. Rukuk punika andhingkluk, sirah tumungkul, gêgêr kalihan githok kêdah pas utawi warata, mripatipun mandêng dhatêng papan ingkang badhe kangge sujud (pasujudan). Suku kêdah jêjêg, dhêngkulipun kabêngganga kintên-kintên sakilan, kados gambar ăngka 3 ing ngandhap punika.

[Grafik 3]

Rukuk.

Sarta maos, subhana robbiyal ngalim = Subhaana robbiyal'adzim.

Kaping sapisan utawi kaping tiga, jawinipun: Maha Suci Pangeran kula ingkang agung. [a...]

--- 20 ---

[...gung.] Lajêng iktidal (wangsul ngadêg malih kados gambar ăngka 4), sarta mawi anjunjung asta kalih, kadosdene gambar ăngka 1 ing ngandhap punika:

[Grafik 4]

Sarta maos.

Samingallahu liman khamidah.Sami'al'lahu liman hamidah.

Jawinipun:

Wong kang mêmuji ing Allah, iku mêsthi kamirêngakên dening Allah. Dhuh Allah Pangeran kita, sadaya puji kagungan paduka. Lajêng sujud mawi maos, Allahu akbar, kasarêngakên kalihan tumandangipun sujud. Pungkasaning takbir (= bar), sarêng kalihan tumèmplèkipun bathuk ing pasujudan, bathuk kalihan pasujudanipun botên kenging kaling-kalingan punapa-punapa, kados ta: kuncung agêng ingkang ngantos nutupi bathuk, utawi mêkêna, rukuh ingkang nutup dumugi sanginggiling alis.[a...]

--- 21 ---

[Grafik 1]

[...lis.] Sujud punika sumèlèhipun bathuk ing pasujudan, dipun pêtêlakên sawatawis, kintên-kintên saawrating sumèlèhipun sirah. Irung katèmpèlakên dhatêng pasujudan, bokong kêdah langkung inggil katimbang sirah. Darijinipun suku tuwin asta kêkalih, kêdah tumèmpèl ing pasujudan, èpèk-èpèk kêdah katapakakên sumèlèh ing lêrêsipun kuping, sikutipun kabênggang kalihan lêmpèng, sarta kêdah kajunjunga sampun ngantos tumèmpèl utawi sumèlèh mangandhap, dhêngkul kabêngganga kintên-kintên sakilan, sarta kêdah sumèlèh, kadosdene gambar ăngka 5 ing ngandhap punika:

--- 22 ---

[Grafik 5]

Sujud.

Sarta maos, subkhana robiyal akla = Subhana robiyal'akla.

Jawinipun:

Pangeran kula Kang Maha Luhur Maha Suci. Kawaos sapisan, utawi kaping tiga.

Lajêng lênggah, sarta maos: Allahu akbar, patrapipun, tlapakan ingkang kiwa kalumahna sarta dipun lênggahi, tlapakanipun têngên kaadêgakên, darijinipun kapadalakên utawi kapancatakên dhatêng pasujudan.

Astanipun kalih katumpangakên sumèlèh ing dhêngkulipun kalih, pucukipun dariji papak kalihan dhêngkul, kados gambar ăngka 6 ing ngandhap punika:

--- 23 ---

[Grafik 6]

Lênggah antawising sujud kalih.

Sarta maos. Robbighpirli, warkhamni, wajêburni, warfakni, wahdini wangapini.

Robbigvirli, warhamni waj'burni, warva'ni, wahdini, wangavini.

Jawinipun:

Dhuh Pangeran kula, paduka ngapuraa dhatêng kula, asiha dhumatêng kula, anambêla kêkirangan kula, ngluhurna ing drajat kula, nêdahna margi lêrês dhumatêng kula, tuwin paringa waras dhumatêng kula. Lajêng sujud malih kalihan maos: Allahu akbar. Dene patrap pratingkahipun botên beda kadosdene sujud ingkang kasêbut nginggil (gambar ăngka 5), lajêng ngadêg malih kalihan maos: Allahu akbar,[30] kados gambar ăngka 4, sarta maos fatikhah tuwin surat malih kados ingkang sampun.

--- 24 ---

Lajêng rukuk, iktidal, sujud, lênggah sawatawis, lajêng sujud malih, kados patrap pratingkah ingkang sampun kapratelakakên sadaya. Amung sasampunipun sujud ingkang kaping kalih botên lajêng ngadêg malih tumuntên, nanging lajêng lênggah malih rumiyin, kangge maos takiyat awal (sapisan), dene lênggahipun botên beda kalihan lênggah antawising sujud kalih wau, kaotipun amung darijining asta têngên, sadaya kagêgêmakên kajawi dariji panuduh, cêthanipun anduding makatên:

[Grafik].

Dene lênggahipun kados gambar ăngka 6, ing ngandhap punika:

[Grafik 6]

Takiyat awal (sapisan).

Waosanipun:

Attakiyatul mubarokatus salawatut tayibatu lillah, assalamu ngalaika ayuhan nabiyu, warohmatullahi wabarokatuh, assalamu ngalaina wangala ngibadillahis-solikin, [soli...]

--- 25 ---

kin, asshadu alla ilaha ilallah, waashadu anna mukhammadar rasulullah, Allahumma solingala sayidina Mukhammad.Attahiyatul mubarokatus'solawatut thoyibatu lil'lah, assalamu'alaeka ayuhan-nabiyu warohmatul'lohi wabarokatuh, Assalamu 'Alaena wa'ala 'ibadil'lahissolihin, Asshadu anla ilaha 'il'lal'loh, waashadu anna Muhammadar rosulul'loh, Al'lohumma solli'ala sayidina Muhammad.

Jawinipun:

Kabèh pakurmatan kang bêcik-bêcik, apadene salat limang wêktu, iku kagunganing Allah. Dene rahmat lan salaming Allah kang mundhak-mundhak kabêcikane, iku muga katêtêpake ing Kangjêng Nabi Mukhammad. Dene salaming Allah lan rahmate, têtêpa ing kita kabèh apadene marang kawulaning Allah kang salèh-salèh kabèh. Aku nêksèni lair têrusing batin: têmên ora ana Pangeran kang sinêmbah sajati, kajaba mung Allah. Lan manèh aku nêksèni lair têrusing batin, Kangjêng Nabi Mukhammad iku têmên utusaning Allah. Dhuh Allah, paduka mugi paring tambahipun rahmat lan salam dhumatêng gusti kita Kangjêng Nabi Mukhammad. Sarampunging maos takiyat awal punika, lajêng têrus ngadêg malih, sarta [sar...]

--- 26 ---

[...ta] lajêng maos fatikhah malih, nanging botên susah mawi maos surat, lajêng rukuk, iktidal sapiturutipun kados ingkang sampun katêrangakên ing nginggil wau. Manawi sampun jangkêp sakawan rakangat, lajêng lênggah tahkiyat akir (ingkang kaping kalih), mênggah bedanipun lênggah takiyat awal kalihan lênggah ing takiyat akir punika, namung kaot sakêdhik, inggih punika suku ingkang kiwa botên dipun lênggahi, nanging kabrojolakên utawi kabrobosakên sangandhaping suku ingkang têngên, kadosdene gambar ăngka 7 ing ngandhap punika.

[Grafik 7]

Nganggah takiyat akir.

Maos takiyat akir.

Takiyat akir punika waosanipun (ukaranipun, utawi ungal-ungalanipun) sami kemawon kalihan takiyat awal, namung wontên bedanipun sakêdhik, inggih punika [pu...]

--- 27 ---

[...nika] sasampunipun maos salawat nabi = (Al'lahumma sol'li'ala sayidina Muhammad) kawêwahan, wangala ali sayidina Mukhammad = Wa'ala ali sayidina Muhammad, sambêting jawinipun makatên: tuwin paringa rahmat salam dhumatêng putra santana sumarambah para umatipun sadaya. Lajêng uluk salam kaping kalih, inggih punika maos: (assalamungalaikum warohmatullah)= (Assalamu'alaekum warohmatulloh). Sarta nolèh manêngên lan mangiwa. Panolèhipun wau sakintên sagêd katingal pipinipun saking ing wingking.

Manawi salat subuh mawi donga kunut, pamaosipun wontên salêbêting iktidal ingkang kaping kalih (rakangat akir), donganipun makatên:

Allahummah dini piman adait, wangapini piman ngafait, watawallani piman tawallait, wabarikli pima aktoit, wagini sarroma kodoit, fainnaka tagdi wala yugdo ngalaik, wainnahu layadillu man walait, walaya ngishu man [ma...]Al'lahumma ahdini viman hadait, wa'avini viman 'avait, watawal'lani viman tawal'lait, wabarikli vima akthoit, waqini syarroma qodhoit, vainnaka taqdhi wala yuqdho 'alaik, wainnahu layadillu man walait, walaya 'izzu man 'adait, tabarokta robbana wata 'alaita ['ala...]

--- 28 ---

[..n] ngadait, tabarokta robbana wata ngalait, falakal khamdu ngalamakodoit, astaghpiruka waatubu ilaik, wasollallahu ngala sayidina mukhammadin nabiyil umiyi wangala alihi wasohbihi wasallam.[...ita] valakal hamdu 'alamaqodhoit, astagviruka waatubuilaik, wasollol'lahu 'ala sayidina Muhamadin nabiyil Ummiyi wa'ala Alihi wasohbihi wasallam.

Jawinipun.

Dhuh Allah, kawula mugi paduka têdahakên kadosdene tiyang ingkang sampun paduka paringi pitêdah, kawula mugi paduka sarasakên kados tiyang ingkang sampun paduka paringi saras, kawula paduka asihi kados tiyang ingkang paduka asihi, paduka paringa tambah malih barang ingkang sampun paduka paringakên ing kula, kawula mugi paduka rêksaa saking awon-awoning pêpêsthèn paduka, awit paduka kuwaos ngukumi, lan botên kenging dipun ukum. Amila sayêktosipun botên sagêd badhe ina tiyang ingkang paduka asihi, kosokwangsulipun tiyang ingkang paduka satru, punika inggih botên badhe mulya. Dhuh Pangeran kawula, kasaenan [kasa...]

--- 29 ---

[...enan] paduka tuwin kaluhuran paduka punika tansah tambah-tambah, amila sadaya puji punika amung kagungan paduka, tumrap khukum paduka, kawula tobat nyuwun pangapuntên ing paduka. Allah paringa tambahing rahmat lan salam dhumatêng gusti kita Kangjêng Nabi Mukhammad, sakulawarga sakhabatipun.

Pêpèngêt ingkang Kêdah Kita Wigatosakên.

Katrangan patrap pratingkahipun salat kasbut ing nginggil wau, manawi kamanah ingkang sayêktos, kados sampun nyêkapi kangge sinau badhe tumindak nglampahi salat, langkung malih manawi purun tabêri têtakèn, utawi nyênyawang dhatêng tiyang salat, saya lajêng enggal mangêrtos. Dene manawi kita sampun sagêd ngadêg salat, kita kêdah èngêt dhatêng prakawis ingkang dados anjugarakên (batal), salat kita, inggih punika salêbêtipun kita salat, sampun ngantos: ginêman, gumuyu cêkikikan, watuk-watuk, dhèhèm-dhèhèm, ngebahakên anggotanipun ngantos kasangêtên, inggih punika anjangkah tigang tindak, ngêdalakên khadas alit utawi agêng, kados ta: kêpoyuh, ngêntut, sapanunggilanipun, kêdhawahan najis, kêtingal nguratipun,

--- 30 ---

(kawiranganipun) ewah niyatipun, kados ta: nêngah-nêngahi salat gadhah sêdya badhe mêdhot, nêdha, ngombe tuwin murtat, punika sadaya sampun ngantos katrajang wontên salêbêting salat, manawi kita ngantos purun nrajang prakawis kasbut nginggil wau, sanadyan amung salah satunggal, punika andadosakên jugari- (batali-) pun salat kita.

Kita ing salêbêting salat, badan kita ingkang antêng, ebahing anggota kangge rukuk lan sujud sapiturutipun ingkang sarwa alon, alus utawi tumakninah, manah kita ingkang manthêng sarta mathênthêng, angrumaosi ngadhêp ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung Maha Kuwasa, wênang adamêl sakarsa-karsa. Ing salêbêtipun kita mêmuja maos fatikhah sapanunggilanipun, manah kita ingkang èngêt dhatêng suraosipun, sampun ngantos manah kita ing salêbêting salat mêmikir dhatêng pundi-pundi, utawi gagasan ingkang angămbra-ămbra. Yèn kita sagêd anindakakên kados ingkang kasbut wau sadaya, salat kita sinêbut kawastanan: lair têrusing batin, sarta sampun nama nêtêpi samêsthining salat, inggih punika: kusuk, khudur, kuduk.

Tamat, wallahu aklam, bisawab.

--- 31 ---

Katrangan Bab Jumungah.

Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih niyating salat Jumungah punika makatên:

Sêdyaku salat parlu Jumungah, rong rakangat manut imam, nanging manawi dados imam, niyatipun inggih dados imam. Salat Jumungah punika kalêbêt gêgolonganing kuwajiban sadaya tiyang jalêr ingkang sampun ngakil balègh, (diwasa) ingkang sêpên alangan, katêmtokakên sami nglampahi salat Jumungah dhatêng ing masjid. Dene wêktunipun sami kalihan wêktuning salat luhur (jam 12¼ bêdhug), salatipun kalih rakangat kadosdene salat subuh, kaotipun amung botên mawi donga kunut, sarta kêdah linampahan kalihan jamangah, têgêsipun sêsarêngan tiyang kathah, apêsipun kêdah wontên tiyang sakawan dasa kalêbêt imamipun, dados botên kenging dipun lampahi salat piyambakan kadosdene salat luhur ing sabên dintênipun, manawi sampun anglampahi salat Jumungah kalayan absah, sampun botên kuwajiban angrangkêpi salat luhuripun, amargi ing dintên Jumungah punika salatipun luhur, sampun cêkap wontên salat Jumungah kalih rakangat wau.

--- 32 ---

Panganggènipun Tiyang Salat.

Tiyang salat botên katêmtokakên kêdah mawi sandhangan cara makatên, punika botên, watonipun ugêr suci sarta nutupi nguratipun (kawirangan) inggih punika tumrap tiyang jalêr wiwit ing wudêl mangandhap, tuwin watês ing dhêngkul minggah punika sampun cêkap tur apsah salatipun, dados inggih kenging kemawon tiyang salat mangangge bêbêdan, sruwalan, sarungan, clanan utawi sanès-sanèsipun, nanging inggih punika wau kêdah suci, sarta nguratipun katutupan, sanadyan sruwalana pisan manawi pancèn suci botên pêrlu kauculan, kapara malah langkung priyogi sangêt dipun angge kemawon, ambok manawi sinjangipun wontên ingkang amoh sruwalipun wau sagêd nutupi nguratipun. Namung sirahipun kemawon sasagêd-sagêd mawi tutup, kados ta: ikêt, kêthu, kupluk, kopyah, têrbus, kêthu udhêng sasaminipun, awit tiyang salat ingkang botên nutupi sirahipun (gundhulan, utawi kadhal mènèk) punika mêkruh, têgêsipun kirang tatakraminipun, kenging kawastanan diksura, inggih kirang utami.

--- [0] ---

Adrès manawi mundhut buku pasalatan.

Pangêcapan Porstênlandhên, Kêprabon, Surakarta.

Kantor Mardi Kintaka, Pangulon, Surakarta.

Pangêcapan Porstênlandhên, Pacinan, Klathèn.

 


Naskah sobek. (kembali)
Teks asli ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Naskah sobek. (kembali)
Naskah sobek. (kembali)
angungêlakên. (kembali)
Naskah sobek. (kembali)
§ Ing sadèrèngipun niyat kalihan ngraupi rai, dipun sunatakên kêkêmu rumiyin ingkang ngantos rêsik tutukipun. (kembali)
§ Sarampungipun ngusapakên toya ing êmbun-êmbunan, dipun sunatakên anyêlani ngusap toya dhatêng ing talingan kalih rumiyin, lajêng anindakakên rukun ăngka 5. Pengarang. (kembali)
§ Rakangat, punika têmbung Arab, têgêsipun: sadhingklukan, utawi saadêgan. Pengarang. (kembali)
10 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kangge salat piyambak, manawi makmum,sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
11 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
12 salatil. (kembali)
13 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
14 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
15 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kangge salat piyambak, manawi makmum,sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
16 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
17 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kangge salat piyambak, manawi makmum,sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
18 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
19 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kangge salat piyambak, manawi makmum,sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
20 § Lapaling niyat makatên punika, sampun cêkap tumrap kanggesalat piyambak, manawi makmum, sasampuning lafaladaandipun tambahi makatên:makmuman,jangkêpipun dados mungal:adaan makmuman. Pengarang.. (kembali)
21 § Niyat makatên punika, tumrap kangge salat piyambak, sampun cêkap, nanging manawi salat jamangah piyambakipun makmum, niyatipun kawêwahan makatên: manut imam. Pengarang. (kembali)
22 § Niyat makatên punika, tumrap kangge salat piyambak, sampun cêkap, nanging manawi salat jamangah piyambakipun makmum, niyatipun kawêwahan makatên: manut imam. Pengarang. (kembali)
23 § Niyat makatên punika, tumrap kangge salat piyambak, sampun cêkap, nanging manawi salat jamangah piyambakipun makmum, niyatipun kawêwahan makatên: manut imam. Pengarang. (kembali)
24 § Niyat makatên punika, tumrap kangge salat piyambak, sampun cêkap, nanging manawi salat jamangah piyambakipun makmum, niyatipun kawêwahan makatên: manut imam. Pengarang. (kembali)
25 § Niyat makatên punika, tumrap kangge salat piyambak, sampun cêkap, nanging manawi salat jamangah piyambakipun makmum, niyatipun kawêwahan makatên: manut imam. Pengarang. (kembali)
26 § nutipun punika ing kaca ăngka 30. Pengarang. (kembali)
27 § Donga iptitah punika amung sunat, kawaos utami, botên kawaos inggih botên dados punapa,kenging kemawon, sarta salatipun inggih dados (apsah).Pengarang.. (kembali)
28 § Donga iptitah punika amung sunat, kawaos utami, botên kawaos inggih botên dados punapa, kenging kemawon, sartasalatipun inggih dados (apsah).Pengarang.. (kembali)
29 § Maos surat sasampuning fatikhah punika, amung kautamèn (sunat), dados upami botên mawi maos surat inggih sampun cêkap, salatipun inggih apsah. Pengarang. (kembali)
30 § Dumugi ing ngriki punika dipun wastani: sarakangat, sabên kalih mantên rambahan inggih kawastanan: kalih rakangat, makatên sapiturutipun. Pengarang. (kembali)