Jampi Susah, Puja Arja, 1924, #1105


Serie D. No.... DJAMPI SOESAH Harga f 0.75.

Sêrat Jampi Susah

Mratelakakên apêsing manungsa nandhang sisah ingkang ngantos ngrisakakên manah, mawi sêkar macapat, anggitanipun R. Pujaharja ing Surakarta, kala ing taun Walandi ôngka 1918.

Utawi ing taun Jawi Je, sinangkalan: murti suci ngèsthi Widi.1924. 1824 (dan ditempat lain).

Kawêdalakên saha kasade dening: Toko Buku: Tan Kun Swi, ing Kêdhiri.

--- [1] ---

Sêrat Jampi Susah

Mratelakakên apêsing manungsa nandhang sisah ingkang ngantos ngrisakakên manah, mawi sêkar macapat, anggitanipun R. Pujaharja ing Surakarta, kala ing taun Walandi ôngka 1918.

Utawi ing taun Jawi Je, sinangkalan: murti suci ngèsthi Widi.1924.

Kawêdalakên saha kasade dening: Toko Buku: Tan Kun Swi, ing Kêdhiri.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Isinipun sêrat punika

I. Sisah saking sêsakit.

II. Sisah saking kêmlaratan.

III. Sisah saking botên angsal pandamêlan.

IV. Sisah saking botên gadhah griya ingkang dipun ênggèni.

V. Sisah saking sulaya kalihan bojo.

VI. Sisah saking kenging prakawis.

VII. Sisah saking manah gandrung.

VIII. Sisah saking sulaya kalihan sadhengah.

--- [4] ---

Diperlindungkan Hak Pengarang Stb. No. 600. tahun 1912. fatsal 11.

Ini kitab sah bila dipertandai tangan oleh penerbit sebagi dibawah ini:

Boekh. Tan Khoen Swie

KEDIRI

--- [5] ---

Sisah Saking Sakit.

1. Dhandhanggula

1. pupuling tyas kapraban mêmanis | jatining Hyang kang pinudyastawa | arsayamrih pakantuke | jana kang samyanggayuh | ing kamulyan waluyèng urip | supadya dadya dalan | rahayuning kayun | karya kayatnaning driya | têtakêran têtêping têpa palupi | tataning kamartanan ||

2. lir mangkana pêpuntoning kapti | têmah karya usada turida | kang tumindak sadinane | ing rèh jalma sawêgung | anom tuwa jalu pawèstri | ingkang sami kataman | prihatining kalbu | ywa kongsi kadawa-dawa | tanpa karya ngaurip anandhang kingkin | yogya dèn sêsukaa ||

3. paran dènnya angruwat prihatin | mangkya padha dipun sinaua | ulah prana sapantêse | samôngsa sira iku | sru kataman susahing ati | aywa kongsi dinawa | lêburên dèn gupuh | kadi ta sira kapraptan | susahing tyas jalaran roganing dhiri | enggal usadanana ||

4. dening budi pakarti pribadi | lara iku aja dipun uja | kongsi samarine dhewe | mangkono iku luput | yêkti kudu mawa usadi | sanadyan pirang warsa | lamun durung mantun | aywa sah budidayanta | ngêndi bae dununge usada jati | kang bisa maluyakna ||

5. nadyan kongsi tumêka ing miskin | labêtènnya angudi usada | yèn [yè...]

--- 6 ---

[...n] tinimbang sapêrlune | tan dadi apa iku | janji bagas warasing dhiri | awit nadyan sugiha | tur dadi tumênggung | lamun tansah nandhang roga | tanpa karya uripira anèng bumi | mung dadi sêsawangan ||

6. lan ngakèhkên prabeyaning urip | jêr wus kurang kasênênganira | wong nandhang roga jatine | kapitunan kang muput | tan ngamungkên badan pribadi | tuhu tular-tumular | susahirèng kalbu | mring batih sajroning wisma | sanak kadang mitra myang tôngga têpalih | kabèh kaduman susah ||

7. tuna bau suku miwah picis | ngèthèrakên wajibing wong kathah | ora karuan petunge | marma lamun kinalbu | lara ingkang wus madal jampi | ora kêna tinamban | tan antuk pitulung | amrih ludhanging ngakathah | wong kang lara luwih bêcik nuli mati | cuthêl banjur tan kocap ||

8. ingkang lumrah sakathahing waris | tansah owêl-owêlên ing manah | maksih kèlingan trisnane | ingkang mangkono luput | tan pinikir tumêkèng budi | nadyan eman trisnaa | nanging ora mantun | tur tan darbe kasênêngan | pêrlu apa wong lara dèn ênggik-ênggik | muwuhi ngêrêsing tyas ||

9. parandene kang padha manoni | mêksa maksih kogêlên ing driya | kang lara pinrih warase | mau ingsun wis tutur | aywa kêmba ngudi usadi | nanging lamun wus tita [ti...]

--- 7 ---

[...ta] | ihtiyare jamu | paran gone budidaya | ora liwat mung rinêksa ingkang sakit | aja bangêt ginagas ||

10. rèhne ora nyumurupi pêsthi | apa waras apa ta palastra | marmane dipun sumendhe | dèn eklas lamun lampus | dipun sokur yèn bisa mari | dhasar iku dèn ajap | ing siyang lan dalu | dimèn tan muwuhi susah | kapitunan susah anjaga wong sakit | susah ngudi waluya ||

11. dadi rangkêp susahe wong iki | dhingin susah rumêksa kang lara | winuwuhan susah manèh | ngudi waluyanipun | kang têtela wus datan mari | tur susahe wuwuhan | tanpa guna iku | tan karya warasing roga | mung nelakkên gone tan pracayèng pêsthi | sarta tan darbe eklas ||

12. yèn pinikir kakekating urip | apa durung tumêkèng antaka | êmbuh ta lawas enggale | ngaurip mêsthi lampus | mung kumambang karsaning Widi | apa lampus taruna | apa lampus sêpuh | bênêr wajibing ngagêsang | lamun kêna lara dipun ihtiyari | dimèn dadi waluya ||

13. rèhning kabèh ihtiyaring jalmi | ora kêna lamun dèn têtêpna | kang têtêp amung kodrate | pêrlu apa dèn ukur | iku kêna kinarya mirit | marang waris kang waras | aja mèlu-mèlu | anglalu luru sangsara | saranane mung narima jroning ati | ing

--- 8 ---

mêngko arêp apa ||

14. iya amung kudu ngati-ati | barang tingkah dipun ngarah-arah | aja kaladuk karêpe | supaya ora tuwuh | lêlara kang nusahkên ati | wong urip anèng dunya | iku kang dèn luru | mung enak lawan kapenak | ora luru lara lan susahing ati | lah kono rasakêna ||

II. Sisah Saking Kêmlaratan.

2. Asmaradana

1. kasmaran sung wasitadi | samôngsa anandhang susah | kang saka kamlaratane | kurang nyandhang kurang madhang | miwah tan darbe arta | aywa banjur anjêjaluk | yogya nglakonana brata ||

2. têgêse iku sêsirih | nglêluria jalma kuna | padha nahanake luwe | ambuwang kumpul pameran | ambuwang loba murka | buwang maksiyating kalbu | ingkang marang karoyalan ||

3. balik dèn bangêt marsudi | tumandang anambutkarya | iya sagawe-gawene | kang kalawan panarima | saolèhe kaskaya | aja kanggo jibar-jibur | gêmènana kalumpukna ||

4. nanging dèn mêsu ing batin | aja ngrasakake sira | sabarang kang tanpa gawe | muhung bantêra barata | kalawan nambutkarya | lamun santosa ing kalbu | yêkti adoh sambekala ||

5. têgêse mungkul ingkangdi [ingkang...]

--- 9 ---

[...di]kardi | ngudi pakolèhing karya | janji ora salah wèngwèng | mung eling purwaning susah | ing kono yêkti ana | pitulungirèng Hyang Agung | nêmbadani sêdyanira ||

6. antuk sarana kinardi | panulaking kêmlaratan | nyampêti kabutuhane | warêg nyandhang warêg madhang | kang sarta sêsrawungan | marang salamaking batur | tur tansah anggembol arta ||

7. wit saking nêmêning kardi | sarta bantêring barata | kanthi sêtya tuhu tyase | tan pisan mèngèng ing cipta | têrkadhang iku wignya | narik kabêgjan kang agung | kinasihan ing sasama ||

8. ginugu tiniru yêkti | sinungga sinungan urmat | wit saking têmên ciptane | gone sudhing nandhang susah | manggiha suka bungah | yèn wus mangkono sirèku | saya angati-atia ||

9. malah dèn amanting ragi | sarta anjêmbarna cipta | kang supaya lêstarine | kaskayanira ing karya | ingkang wus andêrbala | arahên dèn têkèng kalbu | aja kongsi sira nandhang ||

10. bali kacingkrangan maning | yèn wus ora kêkurangan | apa isih susah bae | kaya-kaya ora susah | yèn sira isih susah | tôndha tan ngèlingi iku | ing wulang panglêbur susah ||

11. kang wus pinikir prayogi | sanadyan sira elinga | tan linakon sapêrlune | watêke wong kasampêtan | kang dèn [dè...]

--- 10 ---

[...n] èsthi tan liya | mung kasusu arsa ngundhuh | woh kang durung kongsi tuwa ||

12. apa ta enak binukti | sayêktine ora enak | tan kadi matêng nèng wite | tur tandurane priyôngga | anggung dèn upakara | yèn nutug pangulahipun | yêkti ambiyêt wohira ||

13. yèku panglêburing sêdhih | nanging aja pinarusa | kang sabar sarta kang sarèh | karana sabaring driya | drajat kang luwih mulya | yèn santosa dangu-dangu | susahira yêkti sirna ||

14. mangan mung saka sathithik | janji tan karya sangsara | nyandhang samurwate bae | janji rêsik lan pasaja | iku aran narima | kaya-kaya sapandhuwur | tan kongsi nandhang braminta ||

15. yèn tan bisa anglakoni | lir warah kang wus sinorah | tan kêlar anahan luwe | lah ing mêngko arêp apa | lunga isin tan nyandhang | kang sarta tan darbe sangu | aparsa turu kewala ||

16. sangsaya tan antuk kasil | tuna tumraping kadonyan | mung supêna pakolèhe | sarta nglèrènake raga | sapa kang angsung pangan | marang wong kang doyan turu | malah kèh kang ora rêna ||

17. tanpa guna dènnya urip | ora kalap ing ngakathah | utawa awake dhewe | bathine mung lêsu lupa | wong lumuh marang karya | ora wurung tekadipun | nêmpuh mung nêdya mêminta ||

18. rèpèh darajating [dara...]

--- 11 ---

[...jating] jalmi | kang mangkono tindakira | nanging ta kapriye manèh | wong ora kuwat barata | miwah mlincuring karya | yêkti wus bubuhanipun | dadi kêdhung kasusahan ||

19. wit tan tumêmêning ati | lah apa bêcik culika | nyingkira darajat rèpèh | malah muput nisthanira | yèn nêmpuh kadurakan | ora sirna saya wuwuh | susahira anèng donya ||

20. kongsi tumêka ing akir | ora bisa ilang-ilang | krakêt nèng atine dhewe | rumasa yèn barang ala | tansah ngandhut sumêlang | saking rupak budinipun | wong kang nglakoni culika ||

21. sanadyan antuka picis | kang asli gone culika | ora bungah panganggone | mangana yêkti tan enak | nyandhanga ora lêga | kang awit dêdukanipun | kaskaya wêtuning karya ||

22. kang kalawan bênêr bêcik | kaya lumrahe wong kathah | gone padha nyambutgawe | dagang tani dadi kriya | guru juru suwita | buruh miwah dadi dhukun | mangkono lumrahing karya ||

23. yèn amung dèn olak-alik | dènnya mikir kêmlaratan | amrih nyampêti butuhe | apa utang anyênyêlang | apa ta budidaya | mring mitra sanak sadulur | nandukake doracara ||

24. awad-awad api-api | ulas-ulas reka-reka | samudana sasamane | saya muwuhi duraka |

--- 12 ---

wong ngumbar doracara | tur durung karuan iku | pakolèh ingkang sinêdya ||

25. marmane padha dèn eling | dènnya mrih tambaning susah | kang saking kêmlaratane | tan liya amung barata | lawan nêmêning karya | kanthi panrimaning kalbu | iku panglêburing susah ||

III. Sisah Saking Botên Angsal Pandamêlan.

3. Sinom

1. wong taruna lamun susah | saka datan antuk kardi | sira nuli angipatna | aja darbèni pamilih | lire aja ngajèni | pituwasing pakaryanmu | kaya ta sabênira | duk sira tumandang kardi | sadinane olèh bayaran sareyal ||

2. aja nêtêpakên sira | samono bayaring kardi | sira amung mituruta | kewala tibaning aji | saiki lagi aji | sapuluh sèn paminipun | ing dalêm sadinanya | lakonana bae bêcik | aja pisan-pisan nganggo kabicara ||

3. wong nambutkarya sadina | mung olèh rongpuluh bribil | apa sêdhêng yèn pinangan | tan cukup butuhing urip | o anggèr sira lali | purwane susah atimu | marga tan antuk karya | kang sinambut sabên ari | ing wêkasan mêngko sira darbe petang ||

4. bênêre ora mangkono | manuta tibaning aji | yèn bêcik pakaryanira | kalayan wêkêling [wêkê...]

--- 13 ---

[...ling] budi | suwe-suwe sayêkti | mundhak dheweajinipun | krana sakèhing karya | kabèh wus anggawa aji | upamane wong kang dadi juru basa ||

5. môngka gone nambutkarya | sadina antuk satali | kang mangkono apa iya | lêstari kongsi salami | mungguh tumraping budi | kaya-kaya ora patut | kosokbaline ana | wong nyambutgawe ambathik | yèn duwea pamêtu limang rupiyah ||

6. ing dalêm sadinanira | panggaweyane wong siji | mungguhing akal kang lumrah | apa ta bisa lêstari | awit ora ngèmpêri | iba ta mêthuthukipun | baya sugih dadakan | kaskayane wong ambathik | kang mangkono tan lungguh mungguhing akal ||

7. marmane dèn mantêp padha | kang marang tibaning aji | upama ingkang mangkana | tan kalakyan antuk kardi | prayoga salin pikir | ngèngèr bae dadi batur | nanging uga ngipatna | aja darbèni pamilih | amung kudu bêcik kalakuanira ||

8. wit bêciking kalakuan | nênarik ananing kardi | kang sinambut sabên dina | lire kalakuan bêcik | pêthêl têmêning ati | mring pangrèh sarwa miturut | dudu wong wignyèng karya | dudu wong lantiping budi | ingkang aran bêcike wong anyuwita ||

9. nadyan tan tumandang karya | wong kang klakuwane bêcik | akèh kang nguluri pangan | wit lagi

--- 14 ---

sêpi ing kardi | nanging mokal sayêkti | wong bêcik pambêkanipun | kongsi kasêpèn karya | tan gêlêm tumandang kardi | ingkang tamtu têmên tumindaking karya ||

10. jêr sakèhing panggaweyan | butuh marang kang nandangi | dadi yèn gêlêm tumandang | sayêktine ora sêpi | panggaweyan ing bumi | tan karuan cacahipun | môngka ta witing susah | marga ora antuk kardi | sajatine tan mangkono ananira ||

11. lamun sakèhing manungsa | rumasa apêsing dhiri | tan ngaku nganggêp kuwasa | marang awake pribadi | yêkti kang Maha Suci | angsung gampang marganipun | wêtuning sandhang pangan | kang saka uruping kardi | yèn mangkono apa isih susah sira ||

12. yêkti sirna susahira | janji mèpèd ing pamikir | lah ta wis aja sumêlang | mung manut tekad pribadi | lamun nganggoa isin | dumèh rèmèh karyanipun | sudhing nglakoni bêrah | kudu milih dadi mantri | wit wong buruh dèn anggêp nisthaning karya ||

13. mantri utama ing karya | sarwa alus ing pambudi | dhuh anggèr ora mangkana | aja kaliru ing tampi | nistha utamèng kardi | tan mangkono dunungipun | sanadyan wong bêbêrah | kang suci têmên ing ati | iku ora ingaran pakarti nistha ||

14. malah utama ing sêdya | sanadyan dadia mantri | lamun rusuh tindakira | doyan mring pakarti sisip | iku nisthaning mantri | adoh mring

--- 15 ---

utamèng kalbu | dadi mêngko si bêrah | pikire ngungkuli mantri | lah ta priye pilihên dimungguh sira ||

15. mêngko nuli winangsulan | mêksa pilih dadi mantri | nanging kang budi utama | nastiti tindaking kardi | suci tan karêm sisip | yêkti angungkuli buruh | tur buruh kang balasak | bênêr ingkang amangsuli | malah luwih bêcik pilih dadi jendral ||

15. kalamun padha kaconggah | wus sarwa wicaksèng budi | yèn ana lowongan jendral | balik ing samêngko sêpi | kasusu sêlak bukti | kang adhakan amung buruh | gêlis antuk kaskaya | tan rêkasa ulah pikir | apa mêksa ngêntèni lowongan jendral ||

16. ora wurung sida bêrah | ingkang gampang dèn lakoni | mangkono panulak susah | hara arêp apa maning | kalamun maksih isin | ora mêntala bêburuh | iku sulayèng sêdya | kang dadi witing prihatin | saka gone ora olèh panggaweyan ||

17. kang ana wêtuning pangan | ing samêngko salin gêndhing | tan susah bab panggaweyan | mung susah prakara isin | lah iku nyulayani | dudu kang dadi pêrlumu | pêrlune wong agêsang | nambutkarya lan ambukti | anggèr aja kêmêncitên ing panjangkah ||

18. ingkang gampang lakonana | kalawan slamêting budi | yèn panggah sayêkti munggah | bisa anggayuh kang inggil |

--- 16 ---

manut tibaning aji | ajining darajatipun | awit drajating donya | iku bisa owah gingsir | tinêtêpkên lawan pinocoting pangkat ||

17. ora pêrlu sira susah | ana mlarat dadi sugih | sugih atêmah malarat | kang gêdhe tumibèng cilik | kang asor cilik-cilik | satêmahandadi luhur | kang mangkono tan liya | saka pigunaning kardi | lan bêciking kalakuan kang anggawa ||

18. sasat tan butuh ing karya | kang sarta susahing ati | lamun sakèhing manungsa | ngèlingi piwulang iki | kanthi dipun lakoni | kalawan tekading kalbu | yêkti panglêbur susah | ing rèh pangudining kardi | pan ing donya gumantung anèng manungsa ||

IV. Sisah Saking Botên Gadhah Griya Ingkang Dipun Ênggèni.

4. Kinanthi

1. kanthia sabaring kalbu | samôngsa nandhang prihatin | susah ora darbe omah | tan ana ingkang dèn goni | ngrêsêpake badanira | wit saking apêsing dhiri ||

2. aja pisan anênutuh | batih myang badan pribadi | ing lupute tindakira | kongsi ngilangakên panti | dadia kaca bênggala | lêlakon kang wus kawuri ||

3. yèn nganti tutuh-tinutuh | mundhak amuwuhi sêdhih | mring batihira sadaya | utawa badan pribadi | wong kang ora darbe wisma |

--- 17 ---

iku wis susah ngluwihi ||

4. genea têka tinutuh | winuwuhan susah malih | tur ta iku susahira | tan ana gawene yêkti | tan wignya ngadêgkên wisma | kang kinarya soning dhiri ||

5. marmane lamun sirèku | mêngku andarbèni batih | bêcik dèn saekapraya | mrih aywa bèncènging pikir | manggona omah pasewan | kang kinira anyukupi ||

6. kinarya rêrêping turu | darapon tan kongkah-kongkih | ing têtêpe dunungira | miwah sumèlèhing pikir | kang supaya ora karya | pakewuh tindaking urip ||

7. lêlungan sapurugipun | luru pakolèhing kardi | kang minôngka buktinira | miwah pasewaning panti | ing sawanci-wancinira | ana ingkang dèn ulihi ||

8. yèku wisma kang jinujug | ing siyang kalawan ratri | sanadyan badan priyôngga | lire ora mêngku batih | bêcik aja ngulandara | kudu têtêp apêpanti ||

9. pan akèh paedahipun | wong maton kang dèn dunungi | manawa pinuju lara | karuan gone niliki | sarta lamun ana karya | dhayoh kang nêdya nêmoni ||

10. anggawa prakara pêrlu | kang dadi kasiling urip | gampang gone pêpanggihan | sokur bisa angurmati | myang nyawisi panginêpan | dhayoh ingkang sami prapti ||

11. yèn mangkono ananipun [ana...]

--- 18 ---

[...nipun] | sayêkti wis mari sêdhih | sasat isih duwe omah | miranti kaya kang uwis | kacèke mung omah sewan | ana bedane sathithik ||

12. panguwasa dènnya mêngku | lawan omahe pribadi | sakarêp-karêp katêkan | nanging yèn mirit kang uwis | malah iku kabênêran | tan bisa andhendhal malih ||

13. utawa nyalini wangun | sarta nganggo andandani | borong kang duwe pasewan | sira kari angênggoni | nanging aja bungah-bungah | dupèh wis bisa ngênggoni ||

14. ngèlingana sewanipun | kudu bayar sabên sasi | kang wis dadi janjinira | lamun ora anêtêpi | ora wurung iku bakal | nuwuhake susah malih ||

15. têmahan dadi tinundhung | kêpêksa angalih panti | luru pasewan lènira | apa iya nganggo sêdhih | wis bênêre kang mangkana | manggon tanpa amajêgi ||

16. yèn sira angalih dunung | salin pasewaning panti | ya mangkono tindakira | marmane bali pinikir | lamun sira ora bisa | manggon ing sewan nêtêpi ||

17. lir janji kang wus sinanggup | wit lagi apêsing dhiri | bayar manèh yèn bisaa | kang pinangan sabên ari | mung plêk-plêkan kadhang kurang | kang saking wêtuning kardi ||

18. dadi ing mêngko sirèku | ora bisa nglaksanani | manggon nèng omah pasewan | tuwuh [tu...]

--- 19 ---

[...wuh] susahira malih | rumasa tan lumrah jalma | kang padha urip nèng nagri ||

19. lah ora mangkono iku | lamun sira angèlingi | marang apêse manungsa | kang lagi kaèsi-èsi | wong kang ora duwe omah | iku mung prakara cilik ||

20. gêdhe êndi lan dèn laut | munggahe prakara pati | apadene pêpêrangan | nuju dahuruning bumi | manungsa bisa kalakyan | mangkono ananing urip ||

21. jêjêre mung anèng kalbu | kang mantêp eling mring bêcik | bêcike wong anèng donya | kudu condhong lan sasami | naning condhong iku aja | mung lamis ana ing lathi ||

22. kudu têrus trisnanipun | tumancêp ing lair batin | marma ora sapiraa | gonira tan darbe panti | janji eling antêpira | marang kalakuan bêcik ||

23. ing mêngko samarganipun | ana ingkang minangkani | awit uripmu nèng donya | pan ora amung pribadi | sayêkti kancan lan jalma | tan kêna lamun winilis ||

24. iku kang wênang tinêmpuh | têmonana salah siji | sokur yèn darbe gayutan | sanak sadulur pribadi | kang kinira darbe wisma | yèn kêna dipun pondhoki ||

25. lamun sira wis katêmu | têpunga rêmbug kang bêcik | dèn kongsi suka karênan | gonira aminangkani | sira nuli pasajaa | yèn tan ana [a...]

--- 20 ---

[...na] kang dèn goni ||

26. kinarya rêrêping turu | lawan batihira sami | samono iku manawa | sira maksih mêngku batih | dene yèn badan priyôngga | kaya-kaya banjur gampil ||

27. dènnya mitulungi dunung | kang bakal sira ênggoni | nanging sira dèn rumasa | kêpèpèd apêsing dhiri | lan nelakna karupakan | marang kang sira têmbungi ||

28. manawa runtuh sihipun | wêlas wit sira tangisi | ewadene lamun mêksa | tan kalakyan antuk panti | sabab sarupaning jalma | kang padha amêngku panti ||

29. ora wong sawiji amung | kudu sarujuk lan batih | yèn condhong sida kalakyan | lamun tan condhong ing galih | sayêkti ora kalakyan | gonirarsa mondhok panti ||

5. Mijil

1. larasing tyas durung anocogi | lawan sadhengah wong | apa pêrlu sira susahake | dhewe-dhewe gilutaning jalmi | sayêkti tan sami | lêlagehanipun ||

2. nanging apa tan ana sawiji | kang condhong-cinondhong | rèhning jagad samene jêmbare | yêkti ana kang jumbuh ing ati | gêlêm dèn pondhoki | anunggal sawangun ||

3. dadi kari gumantung nèng ati | gonira ngupados | wong kang nunggal lan sira larase | nadyan suwe antuke sayêkti | kudu atabêri | gonira angruruh [a...]

--- 21 ---

[...ngruruh] ||

4. lamun sêlak tan bisa nglakoni | dènira tan manggon | kang gumathok nèng ngêndi prênahe | sira nuli nekadna ing ati | manggona ing masjid | utawa ing tajug ||

5. lan masrahnabadan mring kang wajib | rumêksa ing kono | mratelakna ingkang sabênêre | apêsing kawula tanpa panti | yêkti pra agami | rila sung pitulung ||

6. dadi ora pêrlu susah ati | wong tan darbe wangon | walak-walak mung ana tekade | awit kabèh manungsa ing bumi | kang karèhnarpati | mêsthi manggonipun ||

7. ora kaya Gusti Allah yêkti | tan arah tan ênggon | nanging jagad kaèbêkan kabèh | saking angsung sumrambah ing urip | marang rèh sakalir | tan kêna cinatur ||

8. rinasakna wosing sorah iki | jalma yêkti manggon | apa mondhok mring mitra karuhe | apa manggon nèng pasewan panti | apa anèng masjid | apa anèng tajug ||

9. nanging mêngko sira kudu ngêrti | wong kang luru pondhok | dèn araha condhong sakarone | lanang wadon kang rujuk ing ati | kalakon sayêkti | sira adêdunung ||

10. dene lamun nèng pasewan panti | aja nganti linyok | nêtêpana bayar pasewane | sabên apa kang wus dadi janji | ora bakal bali | sira adêdunung ||

11. wêkas ingsun [ing...]

--- 22 ---

[...sun] sira dipun eling | sajêrone manggon | prihatina marsudi budine | kang supaya bisa nyaranani | karya wisma malih | kadi kang kapungkur ||

12. marga luwih bêcik dèn pondhoki | tinimbang lan mondhok | ewadene sasat padha bae | tumrap marang susahing pamikir | ugêre mung bêcik | kalakuanipun ||

13. wong kang mêngku ing wisma pribadi | yèn budine awon | tan mathuk lan tôngga têparone | nyulayani tataning aurip | sarwa andhèwèki | tan sumêdya rukun ||

14. lan kancane kang padha nèng bumi | ora bisa awor | wit tan lumrah lawan jalma akèh | ora rêna lamun dèn dhayohi | ambêsiwit milih | mung amara tamu ||

15. yèn mangkono sapa ingkang sudi | amarani dhayoh | omah gêdhe tan ana gawene | amung kanggo sawangan pribadi | dadi tanpa kardi | dènnya darbe wangun ||

16. têmah tuwuh susahirèng ati | kang ambêk mangkono | ora kanggo srawunganing ngakèh | nadyan mondhok yèn budine bêcik | lan kang dèn pondhoki | cundhuk lawan mathuk ||

17. ora pisan sulaya ing batin | pan sarwa rumojong | nglungguhake gone dadi gawe | manut lawan miturut sakalir | kang wus têtêp dadi | tatacaranipun ||

18. malah ingkang darbe wisma angling [a...]

--- 23 ---

[...ngling] | marang ingkang mondhok | sampun mawi pakèwêd ing tyase | kaanggêpa wismanta pribadi | kula lan pun adhi | wus sasat sadulur ||

19. miwah lamun manggihi têtami | sampun walangatos | bilih wontên ing kêkirangane | anganggea piranti ing ngriki | sampun ngantos mawi | nuwuhkên pakewuh ||

20. lah mangkono kaananing jalmi | kang wus padha condhong | bab kadonyan mèh pinadha bae | ugêre mung kalakuan bêcik | iku anjalari | rukun sapandhuwur ||

21. yèn manungsa wus sawiji budi | condhong sadhengah wong | ora pêrlu pijêr nusahake | gone ora andarbèni panti | yèn tuhu mangèsthi | yêkti antuk dunung ||

22. dadi aja bangêt pinrihatin | yèn tan darbe wangon | ambudia pakolèhing gawe | kang kalawan kalakuan bêcik | susah tanpa kardi | samono wus rampung ||

V. Sisah Sulaya Kalihan Bojo.

6. Mêgatruh

1. lir mêgatruh samôngsa jalma puniku | susah sulaya lan rabi | lire kumpul ora gathuk | pisah tan mathuk ing ati | jalaran dudu mangkono ||

2. kang kinarêpake dènnya susah iku | kudu nurut salah siji | jêbul tan turut-tinurut | ing kono dèn ngati-ati | iku

--- 24 ---

gawating lêlakon ||

3. luwih rungsit ora kêna grusa-grusu | akèh wong kang susah ati | nanging kuwurirèng kalbu | ora kaya wong kang lagi | susah sulaya lan bojo ||

4. ingkang tanpa dèn wijèni drêdahipun | dadakan tuwuhing pikir | kudu mangkene karêpku | batihe anyulayani | marmane dèn ngatos-atos ||

5. awit bojo wus sabadan têgêsipun | môngka bakal bèncèng pikir | kang ora nunggal saukur | mula bangêt angluwihi | pakewuh kang ora ilok ||

6. lamun batih isih kêna dipun êjum | têgêse tinata malih | tinêrangake kang urus | bênêr luputing pradondi | kang bênêr padha linakon ||

7. ingkang luput angakoni luputipun | ing kono sirêpên nuli | pasulayanira mau | ngalèndhèh salah sawiji | dimèn sarèh rada alon ||

8. dene lamun wus ora kêna dèn êjum | lire tan jumbuh ing ati | tan cocog kaananipun | tan nganggo panrimèng batin | ngêncêngi tekad kemawon ||

9. sakarone mung andarung drênging kalbu | nganggo karêpe pribadi | ing kono muring-muringmu | banjur sirnakna tumuli | salin salaga ing lagon ||

10. ulat manis têmbung aris patrap alus | aja pisan-pisan kengis | gêla cuwaning atimu | kang

--- 25 ---

tumuju marang batih | supaya gègèring wangon ||

11. bisa têntrêm dadi ora gawe gugur | pikire kang anèng panti | samôngsa wis rada lipur | sinorah kang sarèh ririh | ruruhên bisane golong ||

12. aja kêndhat dènira mrih rukunipun | rukun iku dudu adil | mung ngarah panrimanipun | anggêre tumibèng bêcik | yèn mêksa ora kalakon ||

13. têgêse wis ora kêna dipun urus | tan kêna dipun dandani | bêcik pêgatana rampung | tan karya ribêding pikir | karana cêngkahing bojo ||

14. nelakake dudu jodho têgêsipun | nanging wong pêgatan yêkti | tan gampang eklasing kalbu | tansah kèlingan ingkang wis | kabêcikaning sakloron ||

15. lan kacandhêt dening dhêmên warnanipun | utawa wêlas ing galih | mring wujude yèn wus sêpuh | ala lupute samangkin | kêsilêp tan katon nyongol ||

16. ya marmane mèh ora kêpikir iku | yèn purwane angisruhi | wus ora kêna dèn urus | kang mangkono mung muwuhi | gawe duraka kemawon ||

17. yèn wus gathuk kalakon sadhela thukul | ing pasulayane malih | jêr wus tau ora rujuk | kongsi darêdah pradondi | cipta sanalika pêdhot ||

18. winih nganggo karêpe dhewe ginugu [ginu...]

--- 26 ---

[...gu] | iku wus ora nêtêpi | kang aran turut-tinurut | kêlare padha nglakoni | wusana sakèhing waton ||

19. lan sakèhing pitutur wis padha lêbur | tan ana kanggo samênir | dadi wis tan bisa rukun | mulane kang luwih bêcik | luwung pêgatan kemawon ||

20. kang supaya nuli sirna susahipun | dene yèn wus asêsiwi | gumrayah kongsi pêputu | ya cikbèn aja pinikir | padhanên tininggal layon ||

21. dening bapa biyunge bocah puniku | Gusti Allah ora guling | datan kasamaran tamtu | kabèh sagunging kumêlip | rinêksa dening Hyang Manon ||

22. angèl bangêt wong jêjodhon condhongipun | tan kêna sinôngga miring | kudu ngarahamrih runtut | dene ingkang anjalari | sulayane wong jêjodhon ||

23. ana pitung prakara ingkang kasêbut | bèncèng lan sèdhènging pikir | kaping pindho gêmpalipun | pakurmataning akrami | kaping têlu cinariyos ||

24. sudaning kaskaya nipkahirèng kakung | kaping pat arêbut inggil | darajating èstri laju | kaping lima kang winarni | tan rêmên rupane awon ||

25. kaping nênêm tan cocog ing adatipun | lan kalakuane ugi | dene ta kang kaping pitu | kèthèr pangrêksaning krami | iku jugaring jêjodhon ||

--- 27 ---

26. yèn nêtêpi sampurnaning krama tuhu | mèh tan ana kang nglakoni | laki rabi sababipun | rèwèl karonehan pikir | marma amung gêndhon rukon ||

27. miwah gotong-royong kang padha cakipun | pêrlu nêngkarake wiji | pawèstri kalawan jalu | aja pinikir kêpati | kongsi mêcahakên raos ||

28. bab pisahe wong gèsèh lan bojo iku | tan pêrlu ginawe sêdhih | karana kungkulan tuhu | lan sêdhihe kumpul rabi | kang sajêge apadudon ||

VI. Sisah Kenging Prakawis.

7. Pangkur

1. kapungkur rênaning driya | yèn manungsa katêkan susah ati | kêna prakara ing kukum | kabèh nalare bubrah | marga saking mungsuh nagararsa padu | bètèh anèng pangadilan | nora kêna ginagampil ||

2. aja banjur tanpa ngrasa | ngèlingana yèn ananing prakawis | têlung warna kathahipun | ingkang sapisan saka | panggawene dhewe amijèni luput | kapindhone iku saka | kaliru tindaking dhiri ||

3. tan ngira dadi prakara | katêlune tan liya iku saking | pamaekanirèng satru | sira ora rumasa | kaluputan wêkasan kêna ing tuju | dinakwa agawe dosa | têmahan nusahkên ati ||

4. rèhning sira nandhang susah | panimbange [panimbang...]

--- 28 ---

[...e] rampungana tumuli | dene manawa sirèku | ngrampungi nora wignya | dipun enggal sarayakna wong kang baut | labda marang pangadilan | sabab kang sira susahi ||

5. wêdi manawa siniksa | saupama wong kang nandhang prakawis | bakal tan kêna ing kukum | sayêkti ora susah | mungguh gone ngrampungi prakara iku | mangkene dèn piyarsakna | prakara ing bab sawiji ||

6. kang mijèni kaluputan§ Kados ta mandung. | lamun kongsi kêna siksaning ngadil | tan pêrlu susahing kalbu | marga wus tinêmaha | susah iku tan ambatalakên kukum | mung wuwuh kalara-lara | rampunge yèn dèn lakoni ||

7. yèn mingkuh saka ing siksa | iku ora bênêr lan ora bêcik | marga sahing dosa iku | tan liya saking siksa | kajaba yèn olèh pangapura iku | sayêkti dosane sirna | dadi oncat saking adil ||

8. marma yèn bisa bêsilat | ngingêr têmbung ngikal paduning adil | sayêkti tan kênèng kukum | nanging pilih manungsa | prakara kang katon karampunganipun | pêrlu apa sinusahan | mundhak ngakèhakên pikir ||

9. malah kang luwih prayoga | lamun sira pancèn dosa sayêkti | darbea gêla pikirmu | kalamun ana dosa | datan kongsi kasauran [kasa...]

--- 29 ---

[...uran] dening kukum | iku nêtêpakên sira | sumurup marang ing adil ||

10. kapindho prakara ingkang | klèru saking tindakira pribadi§ Kados ta: ambuwang kulit gêdhang ora prênah, wêkasan anjalari kaplèsète wong lumaku dadi lan tiwase. P. | iku uga ora pêrlu | bangêt ginawe susah | ing samôngsa ana siksane puniku | anggêpên pèngêt lan wulang | nanging prakara kadyèki ||

11. sayêktine isih kêna | dèn uruskên lawan pratelan titi | lamun têmên ora luput | sarta ora sulaya | cocog karo ing titi pariksanipun | bisa luput saking siksa | lawan wêwênanging adil ||||

12. upama klèruning tindak | iku banjur tinêtêpakên sisip | dêstun mung kêna sirèku | dhêndha tan dadi apa | kang mangkono idhêp-idhêp tuku kawruh | nuli ana kang anyêntak | ah wong ora anglakoni ||

13. lan ora kelangan reyal | mêsthi gampang manawa amung muni | pan ora kêlêtan susur | balik kang nandhang susah | priye mêngko aku iki lamun kokum | tumêkaning pangadilan | rasaning tyas kêtir-kêtir ||

14. tan tau kêna prakara | lagi pisan pinênging susah ati | kapriye gone anglêbur | kang nyêntak winangsulan | iya bênêr saking durung bisa muput | pamikire [pamikir...]

--- 30 ---

[...e] mring prakara | mulane katon kuwatir ||

15. marang wosing karampungan | witning lamun ora darbe sirèki | panganggêp lir kang kasêbut | mantêp kalawan tekad | malah ora sumèlèh rasaning kalbu | tur tan wuwuh kawruhira | kang marang tindaking adil ||

16. kaping têlune prakara | pamaeka saking pikir kang drêngki | waspadakna dèn agupuh | purwane pamaeka | rong prakara sapisan saking kaburu | marang ing rèh kamelikan | kasêngitan kaping kalih ||

17. tanduk iku karo pisan | wiji saking kalakuan tan bêcik | lah ta iku dèn aemut | sambekalèng agêsang | anèng donya dipun wêweka ing kalbu | tan kêna lamun sêmbrana | nganggo karêpe pribadi ||>

18. nuli ana kang anjawab | têka anèh dene wong padha urip | ora kêna saksiripun | kudu manut ing liyan | adat cara apa kapenak ing kalbu | wong urip ora mardika | jawab mau tak wangsuli ||

19. angèl anggayuh mardika | janji isih kawêngku ing narpati | tan kêna sakayun-kayun | lamun dadi pandhita | iku bisa mardikèng rat têgêsipun | tan baku kanggo ing praja | mung ulah puja sêmèdi ||

20. marma tan susah sumêlang | wis mangkono kaananing aurip | wong anèng donya puniku | kêna ing sambekala [sambe...]

--- 31 ---

[...kala] | upamakna kacilakan kang tumimbul | mangsane ora karuan | manungsa tan nyumurupi ||

21. mangkono uga kabêgjan | tan karuan mangsane lamun prapti | dadi uwis ora pêrlu | iku ginawe susah | kacilakan wis ana sauranipun | yèku tibaning kabêgjan | marma tan susah pinikir ||

22. prakara sing pamaeka | lamun bisa tangkisên dimèn balik | kêna mring kang karya dudu | kalawan dakwanira | tumrap wong kang nyikara marang sirèku | dadi andakwa-dinakwa | darapon kawêlèh sisip ||

23. pamasanging panyikara | dene lamun tan kodal gonmu nangkis | yêkti tumiba ing kukum | sira anglakonana | marga siksa kang kongsi tumiba iku | satêmêne wiji saka | pakartinira pribadi ||

8. Pocung

1. kang pinocung pratingkah ingkang kaduwung | wit kurang wêweka | lan kurang prayitnèng budi | kurang bêcik kurang anoraganira ||

2. wos-wosipun tan sabar mênêping kalbu | iku watakira | kêrêp kataman ing sêdhih | kênèng sambekala dènira nèng donya ||

3. marmanipun dèn emut marang pitutur | tataraning jalma | tinêtêr saka ing budi | ala bêcik bênêr luput susah bungah ||

4. pintêr busuk sugih lan malaratipun | enak lan kapenak | tarlèn pakarti pribadi | ugêre

--- 32 ---

mung dumunung nèng kalakuan ||

5. iya iku kang nuntun ala lan ayu | pêrlu apa susah | karana ananing bumi | kabèh iku dadi bubuhaning jalma ||

6. luwih pêrlu agawe sênênging kalbu | myang warasing badan | iku kang wajib binudi | dimèn dadi dêdalaning karaharjan ||

6. sawusipun mangkono kang môngka guru | ambalèni ing bab | kang susah kênèng prakawis | lamun ora tumama paekanira ||

7. môngka banjur tan nêdya malês sirèku | marang kang maeka | gawe kasusahan gênti | malah iku kalakuan kang prayoga ||

8. suka sokur sinunga awas lan emut | saking lumuhira | tan dhêmên marang prakawis | sajatine iku kang karya mardika ||

9. kalamun wus cêtha ing kaananipun | rampunging prakara | kang saking paekan drêngki | kaya kang wus kapratelakkên ing ngarsa ||

10. luwar kokum amung rong prakara iku | luwar dhasar nyata | ora mijèni prakawis | lamun kokum wis bêgjane linakonan ||

11. bab puniku tan pêrlu susahing kalbu | marga wus katingal | karampunganing prakawis | dèn awaki apa aminta saraya ||

12. nanging kudu duwe tekad ora mingkuh | jamaking agêsang | basuki lawan bilai | luwung êndi ing benjang nêmahi pêjah ||

13. tutur ingsun kêna [kê...]

--- 33 ---

[...na] jinawab ing têmbung | mring kang nandhang susah | rasane pikirku isih | mêlang-mêlang sumêlang yèn ora ludhang ||

14. iya lamun bisa nangkis ora kokum | balik yèn tan bisa | nangkis ubêding prakawis | mêsthi bakal kênèng siksa têmah susah ||

15. priye iku ingsun wangsuli jawabmu | bênêr nèk tan bisa | sira kokum susah ati | nanging ênèk bisa ing panangkisira ||

16. yêktinipun sira dadi ora kokum | sarta ora susah | priye arêp apa maning | têmbung ênèk têgêse durung karuan ||

17. ora pêrlu mikir têmbung ênèk iku | marga ênèkira | tak sauri ênèk mami | rak uwis sah manawa olèh manawa ||

18. mung anggantung kasusahan bae iku | kang luwih kapenak | ora nganggo dèn dokoki | nèk manawa amung amuwuhi susah ||

19. pancènipun aja tinanêm nèng kalbu | lah pêrlune apa | susah nganggo dèn wuwuhi | jêr manungsa wis kakèhên nandhang susah ||

20. dadi angur sênêng bae kang lêstantun | nuli winangsulan | lho iku rak mung ginampil | tumrap ingkang muni bae ya kapenak ||

21. balik aku kapriye budidayaku | jêr ora kaconggah | ngipatake susah sêdhih | ingkang tansah tumèmplèk ana ing manah ||

22. têmbung iku tak wangsuli

--- 34 ---

manèh kulup | lah marmane sira | sinau santosèng budi | angipatna marang sagung kasusahan ||

23. yèn tan purun lah kapan kalakonipun | witning kadiparan | susah kang tumèmplèk ngati | têka ora cinukil sinalin bungah ||

24. apa banjur binarung jinurung ing kung | rak sangsaya susah | malah krakêt lir pinatri | susahira tansah tumanêm ing manah ||

25. kang kadyèku sayêktine bangêt luput | kang bênêr mung tekad | kanggo mancasi sakalir | lair batin rampung dening kanyataan ||

26. ing mêngko wus têtela wêwatonipun | sahing pambicara | kang mèpèd lambaran budi | yêkti lêbur sakathahing kasusahan ||

27. thokthêlipun jêbul mung ana ing lugu | lêgawaning manah | kang marang ambêg utami | tumama mring kaslamêtaning agêsang ||

VII. Sisah Ingkang Saking Manah Gandrung.

9. Gambuh

1. anggambuhna panêmu | lamun sira kênèng susah kalbu | ingkang saking kacuwan rasaning ati | tan kasêmbadaning kayun | iku gawating lêlakon ||

2. tan kêna grusa-grusu | kudu sarèh panyaringing kalbu | aywa banjur binutêngan dèn pancasi | yèn tan kalakon karêpku | luwih bêcik angur layon ||

3. iku aja kasusu | gawe tekad kang

--- 35 ---

kaworan nêpsu | yèn katliwêng têmah kaduwung ing wuri | kudu nganggo tinalusur | tinimbang lawan binobot ||

4. lamun kongsi kaliru | kang ginati dudu mèmpêripun | bisa uga anguwurake pamikir | yèn kuwur pamikiripun | têmah rusak kang lêlakon ||

5. kisruh saliring tanduk | tan tumiba laku ingkang jujur | daya-daya dudu dalan dèn wêtoni | nadyan kablasuk tinêmpuh | anggêre nuli kalakon ||

6. kang dadi sêdyanipun | ora ketang sangsaraning laku | kapitunan barana kalawan picis | malah lara praptèng lampus | tan pisan lamun rinaos ||

7. ingkang mangkono luput | tan ngèlingi tuladan ingkang wus | jalma priya kasmaran marang pawèstri | kadi duk lêlakonipun | Burisrawa sutèng katong ||

8. bangêt dènira gandrung | marang Wara Sumbadra sang ayu | rina wêngi ngolang-ngaling tanpa guling | saking kacuwaning kalbu | tan linanggat ing kalangon ||

9. nanging pêksa andarung | drênging driya Burisrawa nêmpuh | amisesa marang Dyah Banoncinawi | anèng wana duk kapêthuk | pinotha arsa pinondhong ||

10. sang dyah oncat lumayu | Burisrawa anglud ing sapurug | panarkane wanodya amung pribadi | tan wrin kang umiring pungkur | pulunanira sang sinom ||

11. ingkang sudibyèng pupuh [pu...]

--- 36 ---

[...puh] | Radyan Ôntasena lan rinipun | Gathutkaca satriya ing Pringgadani | sakalihan duk andulu | pratingkah ingkang mangkono ||

12. tandya tumandang magut | Burisrawa winisesa purun | kinalihan kinarya onclanging jurit | angganira rêmak rêmpu | binanting satêngah layon ||

13. remanya madhul-madhul | dhasar ala dhapure jalêbut | wastranira sami sêbit rontang-ranting | sirna kasatriyanipun | tan sipat atmajèng katong ||

14. saksana tinalikung | Burisrawa binônda amringkus | gya binêkta maring Ngamarta nagari | dadya tontonan jalma gung | wirang isin kang linakon ||

15. ana manèh winuwus | jaman Menak lêpiyan ing dangu | wong wanita kedanan mring priya pêkik | Kalajohar Sang Rêtna Yu | nêdya sèdhèng ing kalangon ||

16. marang atmajanipun | Bagendhambyah kang tuhu binagus | yèku Radèn Maryunani kang wêwangi | Kalajohar langkung gandrung | kapati sêdyaning batos ||

17. dènnya mrih pinulangyun | raosing tyas wus tan kêna surud | sang kusuma tarlèn mung ngèsthi sarêsmi | lawan wau sang binagus | pinasthi kudu kalakon ||

18. têmah cinidrèng laku | Maryunani nir graitèng kalbu | sampun praptèng puranira sang rêtna di | sinarèkkên ing tilamrum | radèn kapita ing batos ||

--- 37 ---

19. datan nyana saglugut | dene sampun wontên tilamsantun | lawan Dèwi Kalajohar sami guling | pinithing rakêt sang ayu | minta pinurwèng kalangon ||

20. nanging rahadyan lumuh | tan nuruti karsanya sang ayu | dumèh sang dyah puniku kalêrês bibi | lawan garwanya sang bagus | kang mangkono ora ilok ||

21. karana tindak rusuh | Sang Dyah Kalajohar tyasnya rêmpu | duk miyarsa pangandikanya sang pêkik | nanging tan kêna sinayut | dènira amrih karongron ||

22. samana sang binagus | mêksa têguh tan keguh tinangguh | sang rêtna yu mung tansah sinôngga krami | dupi wus tita satuhu | Maryunani karya linyok ||

23. datan nuruti kayun | mung sêmaya angecani têmbung | datan têtêp kasanggêmannya sang pêkik | ing ngriku tyasnya sang ayu | gumrêgêd kadya dèn obong ||

24. luwung aja andulu | manas ati wong bagus tan tulus | Kalajohar dahat dènnya wirang isin | anuju sawiji dalu | sare kapati sang anom ||

25. pinagas jangganipun | Radèn Maryunani sampun lampus | kapiyarsa gègèr wong ing Pusêr Bumi | Kalajohar gya tinubruk | katur wong agung linayon ||

26. lah iku wujudipun | wong kataman kacuwaning kalbu | ora nganggo binobot lawan binudi | marma mêngko

--- 38 ---

wêkasipun | aja kasusu mangkono ||

27. yèn kinira tan mathuk | ora pêrlu sinusahkên iku | luru manèh kang laras condhonging pikir | yèn mangkono sira tamtu | tan kongsi nandhang prihatos ||

28. kaya samono cukup | kanggo tômba kacuwaning kalbu | yèn tinimbang karo sangsaraning ati | ora mulih nalaripun | wis bêcik aja linakon ||

29. prihatin karya bingung | cikbèn apa kang mangkono iku | mung nuruti napsu pakartining iblis | apa kurang donya iku | kang karya bungah linakon ||

30. kaya-kaya wus cukup | môngka peling susah saking gandrung | ingkang bisa anjalari wirang isin | luwung gandrung marang ngèlmu | nênuntun mring karahayon ||

VIII. Sisah Saking Sulaya Kalihan Sadhengah.

10. Maskumambang

1. lir kancana ingkang tumimbul ing warih | sagunging manungsa | datan pêrlu walangati | tumrap ing rèh kasusahan ||

2. ingkang tansah tumanduk sawanci-wanci | karana manungsa | kapêksa kudu nanggapi | marang kaananing donya ||

3. kang tan condhong lan pôncadriyèng sujanmi | yèku nora laras | sayêkti dadi panyakit | têmah nuwuhakên susah [su...]

--- 39 ---

[...sah] ||

4. sarta manèh kasusahan ingkang saking | srawunganing jalma | jalaran cêngkah pamanggih | iku uga dadi susah ||

5. ing samêngko têtela tuwuhing kingkin | wit saking sulaya | rasane kang ananggapi | lawan ingkang tinanggapan ||

6. kadi ta lir papan pagêpokan dhiri | ingkang cinondhongan | jêmbar êmpuk miwah rêsik | mrih kobèt solahing badan ||

7. kaping kalih grana ingkang dèn condhongi | sêdhêping gêgandan | arum ngambar amrik wangi | dene ta kang kaping tiga ||

8. pangênyaming tutuk ingkang dèn condhongi | momol miwah rênyah | apadene lêgi gurih | ping sakawan pamiyarsa ||

9. ananggapi swara sabawa lan uni | ngês ulêm tur antar | runtut larase pakolih | ping lima tanggaping netra ||

10. condhong mulat rêrupan kang adi asri | tata wijang cêtha | yèn kaanan nyulayani | lan larasing pôncadriya ||

11. tan kapenak tumraping badan lan budi | dadi yèn mangkana | sayêkti kêna kaudi | mrih sirnaning kasusahan ||

12. mung sarana dinugi lan pinaryogi | miwah winatara | kang kudu dipun singkiri | yèku sagung pasulayan ||

13. aywa pisan sinambung linêbèng ati | dimèn tan kataman | susah kang tansah ngribêdi | ngrêridhu mring kawaluyan ||

14. sêsrawungan pasanjan miwah pambukti [pambu...]

--- 40 ---

[...kti] | kudu kapiliha | kang condhong larasing kapti | iku yogya arêpana ||

15. kang salenca sulaya gèsèh nalisir | yogya kasirika | aywa pinuwung kinapti | tan wande nêmahi susah ||

16. ewadene yèn waton ambêk utami | sarta tinanggapan | lawan mandhêsing pamikir | sakathahing kasusahan ||

17. sajatine luhur-luhuring pakolih | Sri Bathara Krêsna | mêdharkên kang wasita di | tataran patang prakara ||

18. susah iku tataran luhur pribadi | dêdalan kamulyan | tataran kang kaping kalih | susah ngumpulkên barana ||

19. iku dadi dêdalan sukaning ati | tataran ping tiga | susah sru amindi budi | ngudi mring kawicaksanan ||

20. iya iku dalan anggayuh utami | tataran kaping pat | nglungguhi wicaksèng budi | mêngku sagung karasikan ||

21. miwah sagung lêlakyanirèng aurip | kang samya ingambah | sayêkti kalih prakawis | suka lawan duka cipta ||

22. ing wusana wosing surasa kang gati | sagung kasusahan | tan karya sruning prihatin | mandar ngombulkên darajat ||

23. wiwit tamat panitranirèng palupi | warsa sinangkalan | naga catur ngèsthi juritSengkalan: naga catur ngèsthi jurit (1848 A.J., 1917/18, A.D.). | puja sru winantu arja ||

--- [41] ---

Bausastranipun sêrat punika.

1. itih = tamat, cuthêl.
2. antaka = pati, mati.
3. ari = dina, adhi.
4. aris = alon
5. arsaya = bungah.
6. adi = linuwih, bêcik.
7. atmaja = anak.
8. usada = tômba.
9. èsthi = tansah mikir.
10. êjum = urus.
11. aywa = aja.
12. agung = gêdhe.
13. ingsun = aku.
14. angga = awak.
15. nir = ilang.
16. narpati = ratu.
17. rèh = bab
18. rahayu = slamêt.
19. ratri = wêngi.
20. rema = rambut.
21. roga = lara.
22. rungsit = angèl.
23. kaèsi-èsi = wirang samata-mata.
24. kancana = mas.
25. kinalbu = pinikir.
26. karana = sabab.
27. krama = lakirabi.
28. krami = bojo.
29. kardi = gawe.
30. kakung = lanang.
31. kadi ta = kaya ta.
32. kadyèki = kaya iki.
33. kidung = têmbang.
34. kataman = katrajang.
35. kasmaran = kasêngsêm.
36. kewala = bae.
37. kalakyan = kalakon.
38. kalbu = ati.
39. kalangon = cumbana.
40. kapraban = kasunaran.
41. kapti = kapti.
42. kapita = kagèt.
43. kayun = karêp.
44. kayatnan = kèlingan.
45. kamartanan = kauripan.
46. kabicara = karêmbug.
47. kingkin = susah.
48. kung = susah.
49. kengis = mingip.
50. dahat = bangêt.

--- [42] ---

51. darapon = supaya.
52. driya = ati.
53. darbe = duwe.
54. dangu = biyèn.
55. ta = mu
56. tuhu = têmên.
57. tan = ora
58. tansah = ora kêndhat.
59.tandya = enggal, nuli.
60. tan wrin = ora wêruh.
61. tinuju = kaarah.
62. taruna = nom.
63. turida = susah.
64. tarlèn = ora liya.
65. tuwuh = thukul.
66. tilamrum = paturon.
67. tilamsantun = paturon.
68. tyas = ati.
69. saekapraya = tunggal karêp, golong rêmbug.
70. sinungga = kaaji-aji.
71. sira = kowe.
72. sirna = ilang.
73. surud = mêndha.
74. sarêsmi = sacumbana.
75. saksana = banjur, tumuli.
76. sudibyèng. = digdaya ing.
77. sêtya = têmên.
78. sutèng katong = anak ratu.
79. sawêgung = kabèh.
80. sawangun = nunggal saomah.
81. sampurna = rampung, gênêp.
82. sing = saking.
83. sung = awèh.
84. winardi = kacarita.
85. wanodya = wong wadon.
86. wanita = wadon.
87. winuwus = kacarita.
88. winilis = kaetung.
89. wicaksèng budi = wicaksana ing ati.
90. warih = banyu.
91. warsa = taun.
92. wastra = sandhangan.
93. wasita di = piwulang bêcik.
94. waspada = pramana.
95. wisma = omah.
96. waluya = waras.
97. walangati = sumêlang, sônggarunggi.
98. wêwangi = aran.
99. wignya = bisa, pintêr.
100. wangon = omah.

--- [43] ---

101. luhur = dhuwur.
102. lènira = liyane.
103. layon = mati.
104. lampus = mati.
105. labda = prigêl.
106. lathi = lambe.
107. pinudyastawa = sinêmbah.
108. panti = omah.
109. panitrèng = panulis.
110. winulanghyun = cinumbana.
111. picis = dhuwit.
112. prana = ati.
113. pura = kadhaton.
114. paran = priye.
115. purwa = kawitan.
116. prapta = têka.
117. praja = nagara.
118. priyôngga = dhewe.
119. pribadi = dhewe.
120. pakarti = panggawe.
121. pulunan = kaponakan.
122. palastra = pati, mati.
123. pupul = kênthêl.
124. palupi = layang, tuladan.
125. piyarsakna = rungokna.
126. dhiri = awak.
127. jana = manungsa.
128. jurit = pêrang.
129. jatine = têmêne.
130. jalu = lanang.
131. jalma = wong.
132. jugar = bubrah.
133. yêkti = têmên.
134. ywa = aja.
135. yoga = bêcik.
136. muhung = amung.
137. manoni = mêruhi.
138. manis = lêgi.
139. maning = manèh.
140. marma = mula.
141. miwah = sarta.
142. mêdharakên = anggêlar.
143. mêminta = anjêjaluk.
144. magut = mangsah.
145. myang = lan.
146. gandrung = kasêngsêm.
147. gati = pêrlu.
148. gawat = nyamari.
149. guling = turu.
150. gambuh = kulina.
151. binukti = pinangan.
152. brata = sêngsêm, sêsirih.
153. braminta = susah.
154. bukti = pangan.
155. budi = ati.
156. budidaya = luru akal.
157. nglaksanani = nglakoni.

--- [0] ---

[3 halaman iklan]