Pamor Dhuwung, Stoomdrukkerij De Bliksem, 1929, #1266

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pamor Dhuwung

Jilid 2,

Babon asli saking Surakarta.

Mratelakakên pamoring dhuwung, ingkang awon tuwin ingkang sae watêkipun, katêrangakên satunggal-tunggal, mawi gambar: 164 rupi.

Kaimpun saking sêrat-sêrat tilaranipun para ahli dhuwunging jaman kina.

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL

STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"

SOLO 1929

--- 2 : [1] ---

Sêrat Pamor Dhuwung

Jilid 2,

Babon asli saking Surakarta.

Mratelakakên pamoring dhuwung, ingkang awon tuwin ingkang sae watêkipun, katêrangakên satunggal-tunggal, mawi gambar: 164 rupi.

Kaimpun saking sêrat-sêrat tilaranipun para ahli dhuwung ing jaman kina.

1e DRUK

UITGEVERIJ EN BOEKHANDEL

STOOMDRUKKERIJ "DE BLIKSEM"

SOLO 1929

--- 2 : [2] ---

[...]

--- 2 : [3] ---

Nama-namaning Pamor.

Alip ... ăngka: 1 ... III

Alip ... ăngka: 1 ... IV

Ikar ... ăngka: 10 ... II

Ilkas ... ăngka: 17 ... II

Inkal ... ăngka: 6 ... II

Ijram ... ăngka: 27 ... II

Ijram ... ăngka: 50 ... II

Arima ... ăngka: 31 ... II

Êjun ... ăngka: 8 ... III

Nur ... ăngka: 35 ... III

Nagagini ... ăngka: 6 ... IV

Nagagiri ... ăngka: 6 ... III

Nurbuwat kaputrèn ... ăngka: 20 ... III

Canthèl ... ăngka: 22 ... III

--- 2 : 4 ---

Rante ... ăngka: 111 ... II

Ratuning kasugihan ... ăngka: 81 ... II

Ratu pinayungan ... ăngka: 7 ... II

Ratama ... ăngka: 25 ... II

Raja arima ... ăngka: 55 ... II

Raja kasuhan ... ăngka: 17 ... III

Raja kasihan ... ăngka: 14 ... III

Raja kipêl ... ăngka: 18 ... III

Raja suleman ... ăngka: 2 ... II

Raja likasan ... ăngka: 9 ... II

Rajah pilulut ... ăngka: 13 ... III

Raja gundhala ... ăngka: 32 ... II

Rêgêp bayu ... ăngka: 66 ... II

Kêrik ... ăngka: 49 ... II

Kurak ... ăngka: 69 ... II

Karajahan ... ăngka: 56 ... II

Kaska tukari ... ăngka: 19 ... III

Kalacakra ... ăngka: 99 ... II

Kêndhil gumantung ... ăngka: 21 ... II

--- 2 : 5 ---

Kayu têlaga ... ăngka: 7 ... IV

Kayulaga ... ăngka: 8 ... IV

Kumbala gêni ... ăngka: 8 ... II

Kutha Mêsir ... ăngka: 5 ... II

Tamsul kinurung ... ăngka:12

Tulak bilai ... ăngka:83

Tumpuk ... ăngka:79

Tapêl ... ăngka:12 ... III

Tapêl ... ăngka:33 ... III

Tujah ... ăngka:114 ... II

Tanggal ... ăngka:26 ... II

Tanggal ... ăngka:32 ... III

Tambal ... ăngka:27 ... III

Sang hyang lumèr ... ăngka: 28 ... III

Sang hyang lumuriku ... ăngka: 21 ... III

Sirat ...ăngka: 15 ... II

Suralaya ... ăngka: 4 ... III

Sri kêpung ... ăngka: 51 ... II

--- 2 : 6 ---

Sisik sèwu ... ăngka: 71 ... II

Sri saganjang ... ăngka: 30 ... II

Suwaralaga ... ăngka: 4 ... IV

Sêmar ayu ... ăngka: 23 ... III

Sumur bandhung ... ăngka: 7 ... III

Sambêr rêtna ... ăngka: 18 ... II

Wedang kara ... ăngka: 20 ... II

Wadêr sinujèn ... ăngka: 30 ... III

Lintang kumukus ... ăngka: 61 ... II

Lintang kumukus ... ăngka: 31 ... III

Laga ... ăngka: 5 ... III

Lagagiri ... ăngka: 26 ... III

Panah ... ăngka: 29 ... III

Panah rajuna ... ăngka: 15 ... III

Pucuk sèwu ... ăngka: 22 ... II

Pakar ... ăngka: 16 ... II

Putêran ... ăngka: 11 ... III

--- 2 : 7 ---

Pantula ... ăngka: 24 ... III

Pantulan ... ăngka: 2 ... III

Pring sadhapur ... ăngka: 68 ... II

Palela giri ... ăngka: 5 ... IV

Pangurutan ... ăngka: 19 ... II

Panguripan ... ăngka: 11 ... II

Pangasihan ... ăngka: 78 ... II

Dhingkiling ... ăngka: 115 ... II

Jong isi donya ... ăngka: 28 ... II

Jaga donya ... ăngka: 85 ... II

Jaga musthi ... ăngka: 57 ... II

Mikrap ... ăngka: 13 ... II

Mustar ... ăngka: 24 ... II

Gur ... ăngka:3 ... II

Gaibul guyup ... ăngka: 1 ... II

Gadaruni ... ăngka: 16 ... III

--- 2 : 8 ---

Gadaruwo ... ăngka: 34 ... III

Gêdhong ... ăngka: 10 ... III

Gêdhong mingkêm ... ăngka: 14 ... II

Gilma ... ăngka: 46 ... II

Gambar soniyo ... ăngka: 23 ... II

Batulapa ... ăngka: 3 ... III

Batulapa ... ăngka: 3 ... IV

Batulapak ... ăngka: 4 ... II

Batulapak ... ăngka: 25 ... III

Batulapak ... ăngka: 2 ... IV

Brajawarni ... ăngka: 9 ... III

Bributan ... ăngka: 29 ... II

--- 2 : [9] ---

Bagian 2.

Saking babon sanès.

Babon asli saking Surakarta.

Ing ngisor iki caritaning pamor kang bêcik, panggonane ana ing bongkot.

1. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: gaibul guyup, panggonane ing bongkot, rêgane satus nagara, têgêse, kang olèh pamor mangkono mau kudu kanthi wahyu, kasiyate yèn digawe pêrang, kang nganggo têguh sarta bisa ngaling-alingi wong akèh iya iku pangagêming ratu.

2. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: raja suleman, rêgane satus nagara, sapa kang nganggo barang karêpe katêkan, lan kêna ginawe tumbal lêlara, yèn digawe pêrang bisa ngaling-alingi kang nganggo, lan diwêdèni ing setan, lan ora kêna dialani.

--- 2 : 10 ---

3. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: gur, rêgane sanagara, gawene kêna digawe jimating wong lara, lan ora kurang rajabrana sajroning omahe, yèn ana gawe diunus bisa murup, lan akèh sawabe, lan diwêdèni ing wong, iya iku pangagêming ratu.

4. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: batulapak, iku panganggoning ratu, kang sugih ora kêkurangan, wajib tinurunake anak putune, lan akèh kang mêmule, lan akèh jodhone, lan ora kasusahan sajroning omahe.

5. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: kutha mêsir, sapa kang nganggo bisa ora katon, sanadyan kakêpung tan ana bisa nyêkêl, lan ora kêna dialani banjar pomahane, lan têguh bisa ngaling-alingi rewange, lan ora kêna ing mimis, lan bisa simpên arta, apa kang dadi karêpe ga-

--- 2 : 11 ---

mpang, samargane kudu ditrêsnani wong akèh.

6. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: inkal, gunane sapa kang nganggo kuwat, lan diwêdèni ing sato kewan, lan bisa ngrusak kang angkêr-angkêr, yèn digawe kêrêngan ora kalah, sarta ora kêna didhisiki, lan kang nganggo bisa ora katon.

7. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: ratu pinayungan, kasiyate yèn digawe lêlana ing ratu, bisa mrentah uwong, lan bisa tata nagara, satibane bêcik, kang nganggo bisa katutugan karêpe.

8. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: kumbala gêni, iku luwih kasêktène, yèn ana gawe diunus katon murub, kaya arêp amburu bae, utawa sakèhing lêlêmbut padha wêdi, lan katrima pamuwuse, lan kang nganggo

--- 2 : 12 ---

pamor iku ora bisa kêna ing gêgaman, lan gêdhe kêkêndêlane, ora duwe kuwatir.

9. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: raja likasan, gunane yèn kinêpung mungsuh bisa ora katon, sanadyan ana jroning omahe ora kêna dialani, lan donyane slamêt, lan ora kêna digorohi, yèn ana kang niyat ngalani bingung, yèn ora bingung edan, lan ora kêna ing lêlara, lan rada kalis ing gêni, sarta bênêr kang dadi kasugihane, yèn ginawe lumaku gêlis tumêka ing paran, lan kêrêp dikedani wong wadon.

10. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: ikar, iku panganggoning prajurit, yèn ana ing paprangan, diunus nêkakake prabawa angin prahara, lan akèh kasêktène, wong siji bisa katon sapuluh, yèn kaarêpake ing mungsuh krasa adhêm, lan kamitênggêngên, lan wêdi pangrasane kaya ana kang buru, utawa yèn katibakake ing lêmah sarupaning [sarupa...]

--- 2 : 13 ---

[...ning] kang dêlêng padha tiba, lan bisa anjagani ing nagara, kang nganggo pamor iku sasat kêndhit mimang, lan gêlis olèh kalungguhan, lan wuwuh-wuwuh kauntungane, pamor iku jaluk jodho pamor kumbala gêni, sangsaya agung sawabe.

11. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: panguripan, gunane sapa kang duwe bisa dadi ratu, utawa panggêdhe, saturun-turune, ora kêna diênggoni ing mungsuh, lan misuwur karatone, utawa nagarane, dèn unggulake ing wong akèh, karana asring wêlas marang wong pêkir, lan diluluti marang wong cilik, kang padha trêsna kongsi lali marang anak bojone.

12. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: tamsul kinurung, gunane yèn ana ing paprangan, kang nganggo pamor iku ora ana gaman kang bisa tumama, yèn arêp ditibani gêgaman marang mungsuhe dumadakan lumpuh, yèn ana gawe diunus kang nganggo ora katon, yèn lumaku ing alas kewan kang padha

--- 2 : 14 ---

galak padha lumayu, lan slamêt saanak bojone, lan bisa golèk gaman dadi rewange, yèn ana wong duwe gaman pamore mangkono mau, yèn ditinggal utawa disilih ing wong mêsthi dadi kamlaratane, sabab pamor iku ora gêlêm diênggo wong mlarat.

13. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: mikrap, iku panganggone wong gêdhe, yèn kaanggo dagang kacêluka jênênge, lan dikon ngrewangi, dadi bisa golèk donya ing nagara liyan, lan akèh wong gêdhe kang trêsna, lan diturut sapanjaluke marang kang kawasa, yèn digawe lêlaku ana ing lautan, kêbat lakuning prau, yèn ginawe pêrang, măngka diunus kacêluka jênênge, iku bisa ora katon, lan bisa ambungkêm marang mungsuhe, lan sato galak, yèn ana wong padu dumadakan bisa micara, yèn digawe amèt wong wadon sanadyan adoh yèn pasthi kêna dhewe, yèn digawe lungan adoh pangrasane akèh kang ngiring.

14. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani [diara...]

--- 2 : 15 ---

[...ni] pamor: gêdhong mingkêm, gunane digawe simpên arta bisa golèk dhewe, lan sêrêpan digawe utang, utawa nagih, samargane kudu olèh rijêki, yèn digawe ngawula bêcik, sarta ditrêsnani ing wong wadon.

15. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: sirat, yèn digawe ngawula ditrêsnani ing ratu, lan dadi prajurit, lan padhangan atèn, sapanjaluke katêkan dening wong gêdhe, sapa kang nganggo pamor iku pasthi akèh bojone, lan ditrêsnani wong wadon.

16. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: pakar, gunane diwêdèni ing mungsuh, sapira mungsuhe kêkês kabèh, marang kang nganggo pamor iki, lan kuwat angkat junjung, lan yèn ana gawe murub, lan ora kêna diwanèni sapadhane, sapa kang wani dadi lara, yèn tiba banyu pasthi kumambang.

--- 2 : 16 ---

17. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: ilkas, gunane yèn digawe dagang akèh bathine, lan omahe ora kêna dèn ambah ing maling, yèn ngambah pasthi bingung, lan sapa duwe kêris pamor mangkono pasthi olèh gêgaman akèh, sarta sugih bêras pari, lan sugih ingon-ingon, lan akèh prasanakane, lan antuk kabêcikan, sarta slamêt salawase.

18. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: sambêr rêtna, gunane sapa nganggo pamor iki pasthi sugih lan awas, akèh wong kang nêkakake dhuwite, lan samargane ditrêsnani wong wadon.

19. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: pangurutan, iku gêdhe gawene, manungsa jin setan sato kewan, kabèh padha wêdi, gêgaman utawa racun ora pisan-pisan yèn wania mangan, lan gêlis olèh kalungguhan.

--- 2 : 17 ---

Iki Caritaning Pamor kang Bêcik, Panggonane Ana ing Pucuk.

20. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: wedangkara, yaiku panganggoning ratu prajurit, angluwihi kêkêndêlane, sapa kang duwe pamor iki ora duwe wêdèn, lan ora kêna susah atine, karêpe kudu suka bae, lan ora kêna ing mimis, utawa gêgaman kang landhêp, yèn niyat arêp dialani ing uwong amêsthi bilai awake dhewe, yèn digawa lumaku bêngi utawa yèn didêlêng ing mungsuh pasthi murub.

21. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: kêndhil gumantung, gunane bisa madhangake banjar pomahane, lan ora kêna dialani, lan kêna ginawe tămba wong edan, dinokokake sajroning bantal, lan kêmbang sêtaman, banjur ginawe adus, lan dadi pintêr kang nganggo pamor iki, lan ora kêna disirêpi wong ala, yèn diunus [diunu...]

--- 2 : 18 ---

[...s] bisa ngilangake mêndhung, lan bisa nglungakake setan, kang ana ing kayon gêdhe, utawa lêmah sangar, lan sapa kang nganggo pamor iki kudu rêsik.>

22. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: pucuk sèwu, iku panganggoning prajurit kang luwih gêdhe, yèn diunus ana ing paprangan katon kaya wong sèwu, lan warna-warna panganggone, samăngsa digawe lumaku nêlik ora ana kang wêruh, sapa kang nganggo kêris pamor mangkono iku, ayu lêksana lan sugih.

23. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: gambar soniyo, utawa: gambar sonya, yèn ana gawe mêtu kaya manungsa, iya iku rumêksa marang kang nganggo, lan dadi tulaking gêgaman landhêp, lan yèn ana tênung apês ora bisa têka, marang kang nganggo pamor iki, kaya wong ingon-ingon prayangan, dene yèn dina kang bêcik kaukupana mênyan madu, utawa dupa, sapa kang nganggo

--- 2 : 19 ---

pamor iku pasthi sugih lan dadi prajurit.

24. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: mustar, gunane yèn didêlok ing mungsuh padha kamitênggêngên, lan ora kêna ing gêgaman, yèn mimis pasthi muluk bae, watêke slamêt lan akèh kang trêsna, lan kêna ginawe tulak gêni, manawa ana wong gêdhe duka utawa wong ngamuk, ditêkani wong kang nganggo pamor iki, amêsthi sarèh nêpsune kaya gêni siniram ing banyu.

25. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: ratama, gunane yèn ana mungsuh utawa satru, yèn arsa nyidra dumadakan konangan, yèn ana dandanan ilang măngka digolèki wong kang nganggo pamor iki, pasthi yèn kêtêmu, lan digawe golèk sato gêlis antuk, yèn ginawe tanèn sabarang tinandur tulus, kasugihane mêtu saka gone nênandur, yèn ana gawe ora kêna kadhinginan, kang nganggo pamor iku.

--- 2 : 20 ---

26. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: tanggal, sapa kang nganggo pamor iku pasthi dadi êmbananing wong gêdhe, bisa mundhak-mundhak kasugihane, lan bisa golèk sanak wong gêdhe, yèn ginawe golèk pangan gêlis olèh, yèn digawa pêrang slamêt.

27. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor:ijram, yèn digawe pêrang mênang, lan bisa anggêdhèkake atine kang kanggo, lan akèh angsare kang bêcik, apa kang wis dadi basane mêsthi katêkan.

28. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor:jong isi donya, sapa kang nganggo pamor iki pasthi sugih, lan parentah uwong, lan ora kêna dialani donyane, yèn tuku murah yèn adol larang, karêpe kudu untung bae, yèn digawe amèk wong wadon gêlis olèh.

--- 2 : 21 ---

29. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: bributan, gawene têlung prakara, 1. Yèn digawe dagang hawa ing laut, măngka arêp binegal bajag dumadakan praune ora katon, 2. Yèn digawe pêrang iya bisa ora katon sarta têguh. 3. Yèn digawe amèt sato kewan bisa tutut, lan ditrêsnani wong gêdhe, yèn duwe karêp pasthi kêna, iku panganggoning prajurit panglima.

30. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: sri saganjang, gunane digawe pêngasihan, sapa kang nganggo pamor iki amêsthi dikasihi ing ratu, ora kêna lali, lan sinuyutan wong akèh, yèn kaluputan ingapura, lan bisa marentah sapêpadhane, lan slamêt yèn ginawa pêrang, yèn ginawe dagang akèh bathine.

31. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: arima, watêke angkêr, lan duwe prabawa mêdèni kang

--- 2 : 22 ---

nganggo pamor iku, yèn didêlok kaya wong dêlok macan, yèn digawe lunga mênyang alas wruh sato galak pasthi konus kaya arêp buru, sarta murub, lan bisa ngilangake bayuning uwong, yaiku panganggoning senapati.

32. [Grafik]

Yèn ana pamor mangkene rupane iki, diarani pamor: raja gundhala, yaiku kang dadi dewaning pamor, yèn ana gêgaman landhêp, ana pamore kaya wong lanang utawa wadon, yagiku[1] gambare kang tunggu, utawa yèn anggawa rêmbulan karo ula, iya iku eyang-eyangane Bathara Surya, mulane para êmpu jaman kuna iku, yèn gawe gaman kang landhêp, nganggo gambar manungsa, utawa nganggo gambare Êmpu Ramadi, supyaa bisa olèh sawab. Iya iku kang pasthi dadi ratuning prajurit, kang angluwihi kuwasane, samangsane ana paprangan, yaiku kang ngamuk utawa kang numpês marang mungsuhe, yèn duwe karêp ala utawa bêcik pasthi katutugan.

--- 2 : 23 ---

Iki Caritaning Pamor kang Sêdhêng, Saênggon-ênggone Bêcik, Sawabe Slamêt.

33. [Grafik]

Pamor iki saênggon-ênggone bêcik, yèn digawe dagang pasthi olèh bathi, yèn digawe ngawula olèh kalungguhan.

34. [Grafik]

Pamor iki saênggon-ênggone bêcik, tur akèh kang dadi kasiyate.

35. [Grafik]

Pamor iki sapa kang nganggo pasthi dadi juru gêdhong, lan kuwat wayuh akèh, yèn digawe nênandur tulus.

36. [Grafik]

Pamor iki yèn ginawe dagang bêcik, yèn ana ing laut slamêt kang nganggo pamor iku.

37. [Grafik]

Pamor iki yèn ginawe sowan utawa

--- 2 : 24 ---

nyênyuwun marang wong gêdhe, pasthi yèn olehan, tinurut apa kang dadi clathune.

38. [Grafik]

Pamor iki ginawe dagang olèh kauntungan, nanging ora kêna digawe goroh, yèn goroh ilang donyane, sapa kang nganggo pamor iki pasthi bisa bicara.

39. [Grafik]

Pamor iki ginawe ngawula bêcik, yèn digawe dagang sugihan.

40. [Grafik]

Pamor iki kêna ginawe amèt kewan, lan kêna ginawe tumbaling nagara, kajèn kinawêdèn ing wong akèh.

41. [Grafik]

Pamor iki sapa kang ngangge[2] sakarêpe katêkan, sarta kudu cucut saunine, lan dadi têturutaning wong dagang, slamêt anak bojone.

--- 2 : 25 ---

42. [Grafik]

Pamor iki yèn ginawe ngawula diêndêl, yèn digawe tani sugih tur slamêt, ora kêna dialani wong.

43. [Grafik]

Pamor iki gunane ora kêna ditibani ing gêgaman, yèn ana wong niyat ala ora wêruh, lan akèh kabêcikane, sapa kang nganggo mêsthi sadinane katêkan ing rijêki.

44. [Grafik]

Pamor iki sapa kang nganggo yuwana, lan slamêt sakarêpe katêkan, lan bisa ngingu kewan akèh.

45. [Grafik]

Pamor iki sapa kang nganggo slamêt, barang kang cinatur bêcik, sarta bênêr tan gêlêm goroh.

46. [Grafik]

Iki pamor: gilma arane, bisa gawe ngêlèhing uwong, utawa sato kewan, dadia gêgaman landhêp ora

--- 2 : 26 ---

kêna diunus, yèn ana wong duwe niyat ala marang kang nganggo pamor iki, pangrasane ana rewange wong satus, yèn digawe lumaku bêngi kacêluka jênênging pamor, dadi yèn ana gawe bisa ngaling-alingi kang nganggo.

47. [Grafik]

Pamor iki digawe dagang akèh bathine, tur slamêt sapiturute.

48. [Grafik]

Pamor iki bêcik digawe ngawula, gêlis olèh kalungguhan, yèn digawe ngawula akèh kang padha trêsna.

49. [Grafik]

Iki pamor: kêrik arane, yèn digawe lungan adoh, olèh rewang akèh.

50. [Grafik]

Iki pamor: ijram, gunane apa kang dèn ingu urip, lan tulus anak putune, yèn duwe anak lanang pasthi yèn gêlis olèh kalungguhan, [ka...]

--- 2 : 27 ---

[...lungguhan,] lan bisa ngaubi wong tuwane, lan diturut sanak sadulure, lan bisa anggolèkake rijêki tur slamêt.

51. [Grafik]

Iki pamor: sri kêpung, gunane digawe panglarisan, lan duwe wong wadon kang bisa golèk sandhang pangan, lan akèh kang têtulung apa kang dadi gawene katurut wong akèh.

52. [Grafik]

Pamor iki yèn ana ing bongkot bêcik tur slamêt, yèn ana gawe bisa ora katon.

53. [Grafik]

Pamor iki yèn ana ing gănja bêcik, watêke bisa ora katon.

--- 2 : 28 ---

Dene Kajaba Pamor Kasêbut ing Dhuwur Mau, Ana Pamor kang Wus Tumrap Ana ing Kêris, Sanadyan Bênêr utawa Luk Padha Bae, Dene Pratelane Kaya ing Ngisor Iki.

54. Iki pamoring kêris panganggoning senapatining prajurit, mungguh gunaning pamor: 1. Kuwasa, 2. Ora kêna kadhisikan, 3. Prajurit luwih, 4. Sugih bala, 4. Kêrêp dhisiki, 6. Luput ing mimis, 7. Tundhung mungsuh.

[Grafik]

55. Iki pamoring kêris: raja arima, mungguh gunaning pamor: 1. Tulak bilai, 2. Têguh, 3. Tulaking gêgaman landhêp, 4. Jagani kang nganggo, dèn wêdèni wong akèh, satibane kajèn kèringan.

[Grafik]

--- 2 : 29 ---

56. Iki pamoring kêris: karajahan, mungguh gunaning pamor: 1. Dadi pangalêmane wong akèh, 2. Têguh, 3. Tinurut wicarane, 4. Ditrêsnani ing wong, 5. Sugihan, 6. Jimat parentah donya.

[Grafik]

57. Iki pamoring kêris: jagamusthi, mungguh gunaning pamor: 1. Digawe golèk pangan gêlis olèh, 2. Lan mênang yèn ana prakara, 3. Olèh bojo ayu, 4. Olèh rijêki, 5. Sri jagad, 6. Suka ati, 7. Olèh kauntungan, akèh kang sami mêmuji.

[Grafik]

58. Iki pamoring kêris kang kanggo ing ratu, ingkang kêras parentahe, mungguh gunaning pamor: 1. Pagolekan donya, 2. Ora ana tandhinge, 3. Ratu kang diwêdèni

--- 2 : 30 ---

marang wong akèh.

[Grafik]

59. Pamor kêris mangkene iki, panganggoning ratu, kang misuwur ing kabêcikane, mungguh gunaning pamor: 1. Bisa golèk kalungguhan, 2. Kasuwur kabêcikane, 3. Dèn wêdèni sakèh uwong, giris manungsa kang sumurup.

[Grafik]

60. Iki pamoring kêris panganggoning ratu, lan kêna digawe tumbal nagara, utawa gêni, mungguh gunaning pamor: 1. Digawe tumbal nagara, 2. Jimat kang nora katon, 3. Pangagêming ratu.

[Grafik]

--- 2 : 31 ---

61. Iki pamor: lintang kumukus, dadi panganggoning ratu kang utama, apa kang dèn ucapake ana, ora kêna luput, yèn digawe pêrang ora kalah, lan bisa ngilang sajroning paprangan.

[Grafik]

62. Iki pamoring kêris panganggoning sudagar, kang luwih kasugihane, mungguh gunaning pamor: 1. Prapti[3] panggolekan, 2. Adol tuku akèh kauntungane, 3. Simpên arta akèh.

[Grafik]

63. Pamor kêris mangkene iki, pasthi ditrêsnani wong akèh, mungguh gunaning pamor: 1. Tulaking cilaka, 2. Didhêmêni wong wadon, 3. Panjalukane ing rasa, 4. Dicêdhakake wong gêdhe.

--- 2 : 32 ---

[Grafik]

64. Sapa kang nganggo pamor kêris mangkene iki, pasthi gêlis olèh kalungguhan, tur slamêt, sarta ora kêkurangan sawiji apa.

[Grafik]

65. Sapa kang nganggo pamor kêris mangkene iki, samargane ditrêsnani ing ratu, mungguh gunaning pamor: 1. Sri tuduh carita, 2. Pangasihan marang ratu, 3. Sakarêpe katutugan.

[Grafik]

66. Iki pamor: rêgêp bayu, rêgane saprapat nagara, yèn digawe pêrang bisa ora katon, lan akèh

--- 2 : 33 ---

bêcike, kang nganggo pamor iki satibane kudu slamêt.

[Grafik]

67. Iki pamor digawe mêmungsuhan, satibaning bicara bisa jaya, lan kinawêdèn marang mungsuhe, sapa kang arêp wani-wani dumadakan ora tutug sasêdyane, awit saka gêdhe prabawane, utawa pantês dadi panganggoning wong gêdhe.

[Grafik]

68. Iki pamor: pring sadhapur arane, iku dadi pangagêming ratu, yèn ana gawe bisa ngaling-alingi kang nganggo, satibane têka rahayu.

[Grafik]

69. Iki pamor: kurak arane, dadi agêming ratu

--- 2 : 34 ---

kang sugih, utawa prajurit kang utama, sapa kang nganggo pasthi ditrêsnani wong akèh, lan apa kang sinêdya bisa katurutan.

[Grafik]

70. Iki pamor pangagêming ratu, apa sakarsane katêkan, karêpe kudu luhur bae, lan kudu sugih, nanging karêpe murahake dana, lan ditrêsnani marang manusa ing donya kabèh.

[Grafik]

71. Iki pamor: sisik sèwu, panganggoning senapatining pêrang, apa kang jinaluk katutugan, lan ora kêkurangan sawiji apa, luhur karêpe, akèh kabêgjane.

[Grafik]

--- 2 : 35 ---

72. Pamor iki pasthi dadi agêming priyayi gêdhe, gunaning pamor: 1. Digawe têtulak, sarta nêkakake rijêki, 2. Ambêk arja, lila naning ora katon, lêmbut adile.

[Grafik]

73. Iki gunaning pamor: 1. Panganggoning ratu prajurit, kang luwih sajroning paprangan, 2. Digawe dagang akèh bathine, 3. Pangagêming ratu kang diwêdèni wong akèh, têtulaking mungsuh.

[Grafik]

74. Mungguh gunaning pamor iki: 1. Digawe dagang olèh kauntungan, 2. Dèn trêsnani wong wadon, 3. Yèn ginawe seba dirêrêpi wong gêdhe, apa saature bisa klêbu.

--- 2 : 36 ---

[Grafik]

75. Iki gunaning pamor: 1. Angrêjêkèni, 2. Katêkan apa sakarêpe, 3. Dadi panganggoning prajurit, bisa mêngku bala lan diwêdèni mungsuh, dumadakan akèh prabawane.

[Grafik]

76. Yèn ana pamor satêngahing sogokan mangkene rupane, kang nganggo pasthi têtêp ing gawe, lan akèh kabêcikane.

[Grafik]

--- 2 : 37 ---

Iki Caritaning Pamor kang Bêcik, utawa kang Kanggonan.

77. Iki pamor akèh rêgane, lan akèh bojone, yèn ana nêdya ngalani dumadakan ora katon, dadi gawe girising mungsuh.

[Grafik]

78. Iki pamoring kêris: pangasihan, mungguh gunaning pamor: 1. Lanang, ora kêkurangan rijêki, bisa marentah wong akèh, luput ing mimis.

[Grafik]

79. Iki pamoring kêris: tumpuk arane, yèn duwe karêp ora luput, iki dayaning pamor: 1. Awas, 2. Pangurutan donya, 3. Lanang sakarêpe katêkan.

--- 2 : 38 ---

[Grafik]

80. Kêris pamor mangkene iki, kêna digawe jimat, mungguh gunaning pamor: 1. Pambungkêman bicara, 2. Jimat kabèh, 3. Ora katon, 4. Bisa mayungi kang nganggo.

[Grafik]

81. Iki pamor ratuning kasugihan, mungguh gunaning pamor: 1. Panguripane kang nganggo, 2. Bisa simpên donya, 3. Sri kumpul, 4. Kauntungan, 5. Bisa golèk arta, 6. Bisa ora katon.

[Grafik]

28. [4] Pamor mangkene iki, yèn kagawe ngawula gêlis olèh kalungguhan, lan slamêt saanak bojone.

--- 2 : 39 ---

[Grafik]

83. Iki pamoring kêris: tulak bilai.

[Grafik]

84. Iki pamor olèh untung krana bêcik.

[Grafik]

85. Iki pamor: jaga donya, diwêdèni wong.

[Grafik]

86. Iki pamor digawe pêrang ora katon.

--- 2 : 40 ---

[Grafik]

87. Iki pamor digawe dagang olèh untung.

[Grafik]

88. Iki pamor panganggone wong olèh nagara.

[Grafik]

89. Iki pamor yèn ana gawe bisa ora katon.

[Grafik]

90. Iki pamor ditrêsnani ing ratu, sakarêpe katutugan.

--- 2 : 41 ---

[Grafik]

91. Iki pamor yèn digawe padu mênangan, lan bisa marentah wong akèh, simpên arta.

[Grafik]

92. Iki pamor didhêmêni wong wadon.

[Grafik]

93. Iki pamor katutugan sakarêpe.

[Grafik]

94. Iki pamor panganggoning prajurit luwih.

--- 2 : 42 ---

[Grafik]

95. Pamor iki sapa kang nganggo bisa parentah, utawa diwêdèni wong akèh.

[Grafik]

96. Iki pamor kinawêdèn wong akèh.

[Grafik]

97. Iki pamor ora kêna dialani, lan tundhung mungsuh.

[Grafik]

98. Iki pamor sapa kang nganggo pasthi sugih, lan apa

--- 2 : 43 ---

kang dèn ingu tulus.

[Grafik]

99. Iki pamor: kalacakra, yèn ana gawe murub.

[Grafik]

100. Iki pamor luput ing gêgaman kang landhêp, lan dadi sudagar gêdhe.

[Grafik]

101. Sapa kang nganggo kêris pamor mangkene, yèn lumaku tan krasa sayah.

[Grafik]

--- 2 : 44 ---

102. Iki pamor êmas: lintang jukjuktal, sabasane tinurut.

[Grafik]

103. Iki pamor ora kêna susah atine, lan ditrêsnani wong.

[Grafik]

104. Sapa kang nganggo pamor mangkene iki, jin setan manungsa padha wêdi.

[Grafik]

105. Iki pamor sapa kang nganggo dèn trêsnani wong.

--- 2 : 45 ---

[Grafik]

106. Sapa kang nganggo pamor iki, pasthi yèn têguh.

[Grafik]

107. Iki pamor kêris panganggoning senapati, lan akèh kauntungane.

[Grafik]

108. Iki pamor kêris pangagêming ratu, marentah padha ratu.

[Grafik]

109. Iki pamoring kêris agêming ratu kang kawasa

--- 2 : 46 ---

jroning pêrang.

[Grafik]

110. Iki pamor pangagêming ratu, kang ditrêsnani wong akèh.

[Grafik]

111. Iki pamor: rante, yèn katêmu ganjil sapa kang nganggo pasthi ora bisa ilang.

[Grafik]

--- 2 : 47 ---

Iki Caritaning Pamor kang Ala, Ora Kêna Kaanggo Manungsa, Samargane Gawe Sangsara Gêdhe.

112. Yèn ana pamor mangkene iku panas, lan kêrêp kamalingan, apa kang dèn ingu mati, kêrêp olèh rêrasan ala.

[Grafik]

113. Yèn ana pamor mangkene, kang nganggo kêrêp kataton, lan kêrêp olèh basa ala, kêrêp tinutuh wong.

[Grafik]

114. Iki pamor: tujah arane, watêke kêrêp kataton.

--- 2 : 48 ---

[Grafik]

115. Iki pamor: dhingkiling, kang nganggo dhêmên nyolong, saparane dèn niaya ing ngakèh, tur miskin.

[Grafik]

116. Sapa nganggo kêris pamor mangkene, mati kaamuk ing wong.

[Grafik]

117. Sapa kang nganggo kêris pamor mangkene, pasthi makan darah.

[Grafik]

--- 2 : 49 ---

118. Sapa kang nganggo kêris pamore mangkene, pasthi kabănda.

[Grafik]

119. Pamor kêris mangkene iki, panas, lan kêrêp kapatèn.

[Grafik]

120. Sapa nganggo kêris mawa pamor mangkene, pasthi kêrêp kamalingan.

[Grafik]

121. Sapa kang nganggo kêris pamor mangkene, pasthi

--- 2 : 50 ---

kêna pambatangan ala.

[Grafik]

__________

--- 2 : [51] ---

Bagian 3.

Saking babon sanèsipun.

Pêthikan saking Sêrat Parimbon Tarekat, karanganipun Kiyai Kasan Abutara, ing Sêmbuyan, nalika taun Jawi ăngka 1799.

__________

Iki lah bab mratelakakên watêke pamor ala bêcik, wêtuning pamor saking martabat têlung prakara, iki sawiji-wijine.

1. Akadiyat, pamor: alip.

[Grafik]

2. Wahdat, pamor: pantulan.

[Grafik]

3. Wa akadiyat, pamor: batulapa.

[Grafik]

--- 2 : 52 ---

4. Ngalam arwah, pamor: suralaya.

[Grafik]

5. Ngalam misal, pamor: laga.

[Grafik]

6. Ngalam ajsam, pamor: nagagiri.

[Grafik]

7. Ngalam insan, pamor: sumur bandhung.

[Grafik]

8. Pamor: êjun, rupane iki

[Grafik]

lêksanane lamun nyuduk mati, lamun dèn suduk luput.

9. Pamor: brajawarni arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane wani.

--- 2 : 53 ---

10. Pamor: gêdhong arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane maring arta.

11. Pamor: putêran arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane maring arta.

12. Pamor: tapêl arane, rupane iki

[Grafik]

lêskanane ora ilok gugu.

13. Pamor: rajah pilulut arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane kinasihan dening ratu lan wong wadon.

14. Pamor: raja kasihan arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane maring dèn sihi ing ratu.

15. Pamor: panah rajuna arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane lamun dèn ênggo luput sabarang.

16. Pamor: gadaruni arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane para sudukan.

17. Pamor: raja kasuhan arane, rupane iki [i...]

--- 2 : 54 ---

[...ki ---

[Grafik]

lêksanane iki watêke wani kêndêl.

18. Pamor: raja kipêl arane, rupane iki

[Grafik]

lêksanane ora kuwasa, ananging ora gugupan.

19. Pamor: kaskatutari arane, rupane iki

[Grafik]

iki wakêke[5] ora ana mungsuhe, akèh rewange ora gugupan.

20. Pamor: nurbuwat kaputrèn arane, rupane iki

[Grafik]

iki watêke panas para sudukan, akèh rewange.

21. Pamor: sang hyang lumuriku arane, rupane iki

[Grafik]

watêke maring arta.

22. Pamor: canthèl arane, rupane iki

[Grafik]

watêke maring arta.

23. Pamor: sêmar ayu arane, rupane iki

[Grafik]

watêke iki kinasihan dening ratu, utawa [u...]

--- 2 : 55 ---

[...tawa] anggon-anggoning mantri.

24. Pamor: pantula, bêcik. Ngalam arwah.

[Grafik]

25. Pamor: batulapak, bêcik. Ngalam arwah.

[Grafik]

26. Pamor: lagagiri, bêcik.Ngalam ajsam.

[Grafik]

27. Pamor: tambal, ala.Ngalam ajsam.

[Grafik]

28. Pamor: sang hyang lumèr, ala.Ngalam ajsam.

[Grafik]

--- 2 : 56 ---

29. Pamor: panah, watêke bantêr.Ngalam ajsam.

[Grafik]

30. Pamor: wadêr sinujèn, ala watêke.Ngalam ajsam.

[Grafik]

31. Pamor: lintang kumukus, bêcik anging ora sinung.Ngalam ajsam.

[Grafik]

32. Pamor: tanggal, bêcik.Ngalam insan kamil.

[Grafik]

33. Pamor: tapêl, ala.Ngalam akadiyat.

[Grafik]

--- 2 : 57 ---

34. Pamor: gadaruwo, ala.Ngalam wahdat.

[Grafik]

35. Pamor: nur, panasan, ala.Ngalam wa akadiyat.

[Grafik]

Sampun têlas sastrane gaman ala lan kang bêcik, tamat, wallauaklam.

__________

--- 2 : [58] ---

Bagian 4.

Saking babon sanèsipun malih.

Pêthikan saking sêrat parimbonipun Kiyai Mangunprawira, ing Surakarta, nalika taun Jawi ăngka 1796.

1. Punika pamor: alip, mêtu saking akadiyat, lêksanane yèn ana gawe mêtu gênine.

[Grafik]

2. Pamor: batulapak, iki mêtu saking wahdat, kuwasane yèn ana gawe rusak mungsuhe.

[Grafik]

3. Pamor: batulapa, mêtu saking wa akadiyat, lêksanane yèn ana gawe ora katon dening mungsuh.

[Grafik]

4. Pamor: suwaralaga, mêtu saking ngalam arwah, kuwasane dèn gawe ngawula utawa têtanèn.

[Grafik]

--- 2 : 59 ---

5. Pamor: palelagiri, iku mêtu saking al ahsalamra, lêksanane ora kobong omahe.

[Grafik]

6. Pamor: nagagini, mêtu saking al sisal, kuwasane kinarya dagang laris.

[Grafik]

7. Pamor: kayu têlaga, iku rêrênggane wolung tail mas.

[Grafik]

8. Pamor: kayulaga, iku rêrênggane sareal mas.

[Grafik]

Tamat.

--- 2 : [60] ---

Lajêng nyandhak sêrat: Kerata Kris.

Ngêwrat pêpêncaraning basa, ingkang tumrap kaananipun dhuwung saparabotipun pisan. Babaring suraos dados pralambanging ngèlmi, tuwin manjing dhatêng piwulang warni-warni.

Waris saking Jêng Sunan Kalijaga, waliyulah ing nungsa Jawi, tuwin saking Pangeran Karanggayam, pujăngga karaton ing nagari Pajang.

--- 2 : [0] ---

[Grafik]

 


yaiku. (kembali)
nganggo. (kembali)
Pranti. (kembali)
82. (kembali)
watêke. (kembali)