Layang Ilmu Ukur Bumi, Bruk, 1876, #492

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tutuge Layang Ilmu Ukur Bumi

Anggitane Tuwan Palmêr van Dhèn Bruk.

Amratelakake bab panganggone piranti ngukur bumi kang ingaranan ikirêlan watêrpas.

Karangane Tuwan Dhoktêr Y.Y. van Limburêh Bruwêr.

[Grafik]

Kaêcap ing kantor pangêcapan ghuprêmèn ing nagara Batawi.

1876.

--- [1] ---

Tutuge layang ilmu ukur bumi anggitane Tuwan Palmêr van Dhèn Bruk, amratelakake bab panganggone piranti ngukur bumi kang ingaranan ikirêlan watêrpas.

Mungguh kayu mrapat ukuran (Meetkruis) kang wis kapratelakake lan digambar ing Layang Ilmu Ukur Bumi, ing kaca 7, gambar ăngka 14, iku samêngko wis ora kanggo, kang dianggo dening para juru ngukur: mung piranti kang ingaranan: ikirê iku bae, awit cilik lan santosa sarta ringkês ing panggawene, apamanèh pakolèhe gawe ngukur bumi bangêt ing bênêre.

--- 2 ---

[Grafik]

Dene wujude ikirê mau bumbungan têmbaga nêstha wolu, dhuwure 7 sèntimètêr, ambane ing dalêm sarai-raine 2 utawa 2½ sèntimètêr, ing ngisor ditrapi garanan bumbungan tambaga gilig nganggo ulir-uliran ing ngisor bolong piranti dilêboni kayu lêncêng katancêbake ing lêmah minăngka sikile mênawa pinuju kagawe angukur. Raining ikirê kang papat kang katêngêran sastra c iku bolong ciyut lan dawa, awit saka ngisor mandhuwur kongsi têkan ing dhuwur pisan. Wêkasane kang dhuwur padha bolong bundêr kabèh. Kang katêngêran ing sastra b iku bolong ciyut lan dawa, awit saka ngisor têkan ing têngah-têngah tumuli bolong rada ămba nganti tumêkaning dhuwur pisan. Mêngkono uga kang katêngêran sastra a iku bolong rada ămba, awit saka ngisor têkan [têka...]

--- 3 ---

[...n] ing têngah-têngah tumuli bolong ciyut nganti tumêkaning dhuwur. Ing sajroning bolongan kang rada ămba, kang katêngêran sastra b lan sastra a, iku padha ditrapi bobat kapasang kêncêng, awit saka ngisor têkan ing têngah-têngah, utawa saka têngah-têngah nganti têkan ing dhuwur. Bobat lan bolongan ciyut iku tibane ing dhasar: kaya tibaning sipat gantung.

Dene panganggone ikirê iku iya padha bae karo kayu mrapat ukuran. Dianggo anggolèki tibaning garis loro kang andadèkake pojok bênêr utawa saparone pojok bênêr.

Anadene pamariksane, diincêng saka ing bolongan ciyut kang buri, kongsi bobat kang ana ing sajroning bolongan ngarêp dadi sagaris karo anjir kang wis didêgake ing garis bênêr kang andadèkake antaraning ikirê lan anjir, sawise mêngkono ikirê iku aja nganti ana wong kang ngobah-obah manèh, banjur angincênga ing bolongan ciyut êlêt sarai mangiwa utawa manêngên, saka bolongan kang koincêng mau, tumuli akona nancêbake anjir siji,

--- 4 ---

anjir iku nganti dadi sagaris karo bobat kang ngarêpake.

Godhagan antaraning garis loro saka anjir mau tibane marang panggonaning ikirê: iku kang aran pojok bênêr.

Yèn amawas anjir manèh, nanging pangincênge saka bolongan ciyut kiwane utawa têngên, iku kang diarani saparone pojok bênêr.

Mênawa arêp nitèni bênêr lupute ikirê, sawise andadèkake pojok bênêr siji kaya kang wis kapratelakake ing dhuwur mau, ikirê iku ingêrên. Anjir loro mau incêngên saka bolongan liyane kang wis koincêng mau, mênawa anjir karo-karone mau ijèh dadi sagaris karo bobat kang ngarêpake, iku tăndha wis bênêr.

Kajaba kang iku, pojok bênêr mau iya kêna kadadèkake saka rante ukuran kang maju têlu, dawane ing dalêm sapojok-pojoke: 8, 15 lan 17, satêngahe mètêr, antaraning pojok kang dawane [da...]

--- 5 ---

[...wane] 8 lan 15 satêngahe mètêr, iku kang dadi pojok bênêr.

Pojok kang kadadèkake ikirê mau, iya kêna katandhing karo rante ukuran maju têlu iku.

Ing wasana sarupaning wong kang maca layang iki padha sumurupa, mulane bolongane raining ikirê ora ditrapi bobat kabèh, awit arang bangêt wong andadèkake saparone pojok bênêr, karodene mênawa ditrapi bobat kabèh mundhak andadèkake kurang santosaning piranti, apamanèh mênawa wong wis pintêr ngukur, ora susah ngincêng bobat, ngincêng bolongan ciyut lan bolongan bundêr iku bae iya wis cukup.

__________

Wulang Kaping Wolu.

Bab Ukuran Banyu utawa Watêrpas.

Kang diarani ukuran banyu utawa watêrpas (Waterpas) iku lumahing banyu kang mênêng. Dene kanggone: digawe [di...]

--- 6 ---

[...gawe] nitèni kacèke dhuwuring panggonan loro utawa luwih.

Mungguh pakolèhe watêrpas iku digawe angukur mênawa wong arêp gawe susukan. Kang supaya ilining banyu bisa ajêg lan alon. Utawa digawe angukur mênawa wong arêp gawe dalan kang papane mêndhak mandhukul. Dipurih bisaa rata kabèh.

Mênawa lête panggonan loro mau ora adoh, iku gampang bangêt anganggo watêrpas kaya kang dianggo dening para undhagi bae.

[Grafik]

--- 7 ---

Dene watêrpas iku kang digawe kayu lêncêng têlu, dipasang dadi dhapur maju têlu, utawa blabag kang dhapure maju têlu, anganggo bandhul timah gilig siji kagantung ing bênang kaya gambar ing dhuwur iki, têngahing kayu utawa blabag dikrowak piranti panggonan bandhul mau, sêmono iku mênawa lêncênging kayu utawa blabag mau wis rata kabèh.

Yèn arêp mriksani bênêr lupute krowakan panggonan bandhul, anancêpna pathok loro kang padha dawane, watêrpas iku tumpangna ing pathok kono, yèn bandhule wis malêbu ing krowakaning kayu utawa blabag mau, watêrpas iku ingêrên. Kaya ta: bandhul mau gumantung ana sisih lor, samêngko gumantung ana sisih kidul. Mênawa bandhul iku malêbu ing krowakan ora owah kaya nalika gumantung ana ing sisih lor, iku tăndha wis bênêr, yèn ora kaya mêngkono, iku kudu dibênêrake, têngahing krowakan iku grajinên manèh digawe krowakan anyar, supayane bandhul lan taline iku yèn malêbu ing krowakan dadi têngah-têngah bênêr.

--- 8 ---

Mênawa wong arêp ngukur nganggo watêrpas iku, anancêpna pathok jèjèr loro-loro, êndhasing pathok kang rampak. Lête pathok siji lan sijine sing cêdhak bae. Dene pathok jèjèr loro kang lête cêdhak bae iku banjur ditumpangi watêrpas. Mênawa watêrpas katumpangake êndhasing pathok loro iku ora miring, bandhul lan taline bisa malêbu ing krowakan mau, iku tăndha wis padha dhuwure. Mulane yèn nancêbake pathok aja jêro-jêro dhisik. Awit sanadyana durung padha dhuwure, mênawa wis ditumpangi watêrpas ing salah sijine iya kêna dijêrokake alon-alon. Kongsi êndhasing pathok iku bisa padha kabèh.

Dene arange pathok jèjèr loro-loro iku, lêt 5 mètêr, banjur ditumpangi blabag utawa kayu kang kandêl siji kang dawane padha karo aranging pathok mau, tumuli watêrpas tumpangna ing blabag utawa kayu kono, èndhèk dhuwure pathok amêsthi katăndha dening watêrpas. Êndi kang kadhuwurên jêrokna, [jê...]

--- 9 ---

[...rokna,] kang èndhèk dudutên, nganti êndhasing pathok iku rata kabèh.

Bedane dhuwuring pathok siji-sijine kang ana sadhuwuring lêmah, iku kang nuduhake èndhèk dhuwuring lêmah kang katancêban pathok mau, êndi pathok kang dhuwur dhewe: amêsthi lêmah kang ditancêbi pathok iku lêdhok bangêt.

Yèn arêp angukur kacèke dhuwuring panggonan loro, nanging antarane adoh, kaya ta: dohe ana 100 mètêr, iku kang digawe angukur piranti kang diarani: plèsyêswatêrpas (flesjeswaterpas) karo anjir watêrpas loro.

--- 10 ---

[Grafik]

Mungguh anjir watêrpas iku kang kagawe kayu lêncêng kang santosa, dawane 2 utawa 3 mètêr, ambane 5 sèntimètêr, kandêle watara 3 sèntimètêr, raine kang ngarêp ditulis ăngka peranganing ukuran mètêr nganti milimètêr, pucuke karo pisan ditapêl kuningan,supaya aja gêlis rusak,lan ditrapi blabag pêsagi, kêna diunggahake utawa diudhunake, ambane blabag iku 25 sèntimètêr, diperang papat. Dicèt polèng putih lan abang, ing têngah dibolong pêsagi, amurih katona angkane perang-peranganing mètêr kang ana ing sajroning blabag iku, sarta burine blabag pêsagi iku ditrapi sêkrup. Piranti digawe ngêncêngake supaya aja nganti nglorog mudhun mênawa pinuju kagawe ngukur.

Dene wujude plèsyêswatêrpas mau sêmprongan têmbaga, [têmba...]

--- 11 ---

[...ga,] dawane 1 mètêr, pucuke karo pisan nêkuk mêndhuwur, sadhuwuring patêkukan ditrapi bumbungan gêlas.

[Grafik]

Têngah sêmprongan têmbaga kang ngisor ditrapi garan gilig lan bolong, kêna dilêboni kayu lêncêng, bumbungan gêlas mau diisèni banyu abang utawa irêng, nganti kêbak sêmprongane têmbaga lan gêlase karo pisan. Lumahing banyu sajroning bumbungan kang siji karo kang sijine bisaa padha, kayadene dadi sagaris. Mênawa bumbungan gêlas iku diisèni banyu, gone ngiling banyu sing alon-alon bae, amurih ilanga hawa sajroning sêmprongan iku. Sawise diisèni banyu bumbungan gêlas karo-karone iku banjur disumpêli gabus, supaya banyune aja nganti wutah.

--- 12 ---

Mênawa arêp angukur kacèke dhuwuring panggonan loro anganggo piranti plèsyêswatêrpas, akona wong loro ngadêg arêp-arêpan ana ing panggonan loro kang kaarêp diukur mau, wong loro iku padha konên anggujêngi anjir watêrpas. Tumuli plèsyêswatêrpas dokokna têngah bênêr antaraning anjir loro iku, lumahing banyu kang ana ing sajroning bumbungan gêlas karo-karone iku incêngên. Pangincêngmu karo amundura satindak, rong tindak utawa têlung tindak. Wawasên karo anjir, wong kang gujêngi anjir konên ngunggahake utawa ngudhunake blabag pêsagi kang tumrap ing anjir mau, yèn lumahing banyu karo bolonganing blabag pêsagi wis dadi sagaris, sêkrupe blabag pêsagi iku konên ngêncêngake aja nganti owah. Sawise mêngkono tumuli angincênga anjir kang sijine, patrape iya mangkono uga. Dene kang nuduhake kacèke dhuwuring panggonan loro mau, ăngka peranganing mètêr kang ana sajroning blabag pêsagi iku.

--- 13 ---

Yèn antaraning panggonan loro mau dohe luwih saka 100 mètêr, pangukure dipindho ping têloni, patrape iya kaya kang wus kapratelakake mau. Saupama: pangukure saka lor mangidul, sapira gunggunge angkaning anjir lor lan anjir têngah utawa anjir kidul. Iku itungên. Êndi kang akèh iku dicêngklong kang sêthithik. Sapira karine iku kang nuduhake kacèke dhuwuring panggonan loro mau.

__________

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[2 halaman iklan]

--- [0] ---

BIJVOEGSEL TOT DE HANDLEIDING

VOOR DE

LANDMEETKUNDE

VAN

Dr. PALMER VAN DEN BROEK

DOOR

Dr. J.J. VAN LIMBURG BROUWER,

ADJUNCT-INSPECTEUR VAN HET INLANDSCH ONDERWIJS

BATAVIA

LANDSRUKKERIJ

1876