Pêrlambangipun Satunggal-tunggaling Nagari Tanah Jawi, Astranagara, 1902, #493

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Sêrat Pêrlambangipun satunggal-tunggaling nagari tanah Jawi.

Mawi kasêkarakên.
Kaêcapakên dhatêng tuwan: G.C.T. pan Dhorêp enko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, taun 1902.

--- 1 ---

1. Sinom[1]

1. prêlambange tanah Jawa | satunggal-tunggal nagari | inganggit marang sujona | dipun sami angawruhi | pasêmone puniki | dèn kingingna raosipun | satunggal-tunggal nagara[2] | kang padha jênêng bupati | dèn waspada sêmune ingkang nagara ||

2. nagari Bantên winarna | prêlambange kang rumiyin | nagasari jinêmbangan | lan watêk tiyang puniki | utawi ingkang siti | punika ta watêkipun | siti kathah sakitnya | lan tiyang watêk puniki | botên kenging siti tiyang ta punika ||

3. pasthi agêng manahira | wontên malih kang nagari | ing Jakarta lambangira | bêdhil muni ta puniki | anèng lautan nênggih | misuwur pasitènipun | watêke tiyang punika[3] | kathah ombake jêladri | watêkipun tan wontên kaananira ||

4. kaping tiga kang nagara | ing Karawang lambangnèki | tunggak ruyung ta punika | nèng jro banyu sêmunèki | katingal sangking siti | yèn kadamêl griya puniku[4] | pan sukêr sêmunira | watêke tiyang puniki | pangajêngan ing wingking awon tingalnya ||

5. gumantya kaping sêkawan | ing Galuh ingkang nagari | toya bêna lambangira [lambang...]

--- 2 ---

[...ira] | angêlêm ingkang nagari | ing siti ta puniki | sae ing sêsabinipun | nanging yèn kathah toyanya[5] | pan dados wurung puniki | tiyangipun saene bayani iya ||

6. kaping gangsal kang nagara | ing Dêrmayu lambangnèki | ênggone kang galang palwa | watêk siti puniki[6] | kampiran baita nênggih[7] | lan tiyang ta watêkipun | arêmên misaya ulam[8] | akathah ulame iki | kaping ênêm lambange ingkang nagara ||

7. ing Cirêbon ta punika | pandhita don narasèki | siti tiyang lah watêknya | kathah tiyang mandhitèki | samya sae bojaning puniki[9] | akathah ing dananipun | kaping pitu kang nagara[10] | ing Pandheglang plambangnèki | glathik munya sakurungan lambangira ||

8. siti rêmên rame iya | lan watêk tiyang puniki | sumăngsa kumpul-kumpulan | amabên kancanerèki[11] | tan wontên dèn padu singgih[12] | puniku ta sêmunipun | kaping wolu kang nagara[13] | ing Caringin plambangnèki | babon angrêm ing kurungan sêmunira ||

9. watêk siti sarta kirang | sarta panas watêknèki | lan malih watêking tiyang | botên kenging dèn rukêti | yèn pawong sanak iki | yèn dèn rukêt ta puniku |

--- 3 ---

angawoni têmahnya | kaping sanga kang nagari | ing Barêbês puniku ing plambangira ||

10. watang putung anèng têngah | lan siti ing watêknèki | ing dhusun tanêm tuwuhnya | abêcik kang tuwuh iki | kang cakêt lan nagari | pan awon ta wêdalipun | yèn sasanakan punika[14] | putung têngah kang pinanggih | ping sadasa ing Têgal nagaranira ||

11. watang putung ing alunan | siti watêke ta singgih | yaiku tan purun bêra | lan watêke tyang puniki | ngumăngsa kataros singgih[15] | ing prakawis ingkang pêrlu | tan wagêd saurira | wontên malih kang nagari | ping sawêlas ing Pamalang lambangira ||

12. banthèng warèng ginosongan | lan siti tiyang puniki | sumangsane dèn garapa | sae kang tuwuh puniki | tyange ta watêknèki | lumampah pan dipun gunggung | wontên malih kang pralambang[16] | kalih wêlas kang nagari | iya iku pasêmone kang nagara ||

13. ing Majalêngka lambangnya | sarah kentir ta puniki | marang dening ing alunan | anadene ingkang siti | andhèrèk sakajêngnèki[17] | maring ing têtiyangipun | andhèrèk ingkang marentah[18] | tiga wêlas kang nagari | Pakalongan puniku ing plambangira ||

--- 4 ---

14. rara ayu pêjah brănta | lan siti tiyang puniki | ing tanêm tuwuh bagusnya | tyange inggatan puniki | wagêd wiraos singgih | anyêdhihkên galihipun | wontên malih kang nagara[19] | kawan wêlas gunggungnèki | iya Bantang puniku ta plambangira ||

15. gêdhang dalu pangimbonan | lan watêk siti puniki | tan wagêd babar tuwuhnya | lan malih tiyang puniki | tan kenging kabêkta singgih[20] | ing liya nagarènipun | yèn anèng nagaranira[21] | andhèrèk parentah gusti | wontên malih gangsal wêlas kang nagara ||

16. ing Kêndhal iku plambangnya | layon tiba ta puniki | apan anèng ing gêlungan | lan siti tiyang puniki | yèn wana kadamêl sabin[22] | asae tuwuhe pantun | utawi watêke tiyang[23] | yèn sampun mantêp puniki | watêk sae puniku ing sêmunira ||

17. nêmbêlas ingkang nagara | Sukapuran lambangnèki | kuwuk muni jro lang-alang | lan siti kêdhik puniki | kathah wêrnane singgih | lan tiyang ta watêkipun | ing pangajêngan ajrihan[24] | yèn ing wingking nantang wani | sarta damêl awone tiyang aolia[25] ||

18. pitulas ingkang nagara | Sêmarang plambang kinawi | rara ayu ta wiraga | lan watêk [watê...]

--- 5 ---

[...k] siti puniki | arame kathah kang asri[26] | lan watêk tiyang puniku | yèn sampun agagriya | ras-arasên tyang puniki | lan milikan iya marang ing tontonan ||

19. wontên malih kang nagara | wolulas Dêmak puniki | bêras wutah pêdaringan | utawi siti puniki | kathah wiyose singgih | uwos lawan pantunipun | lan malih watêke tiyang[27] | kathah robane puniki | wicantênan atêmahan kawirangan ||

20. songalas ta lambangira | Salatiga kang kinawi | dêlêk mati nèng sumurnya | utawi watêke siti | wêdale amung kêdhik | lan malih ta tiyangipun | pêjah utawi gêsanga[28] | awon sae sami-sami | iya iku pan sami basa piyambak ||

21. yèn mêdal ing liya-liya | angawon-awonkên iki | wontên malih kang nagara | kalih dasa gunggungnèki | ing Japara winarni | watang kèli jroning banyu | sinampar dening wong tapa[29] | utawi watêking siti | lawan tiyang watêke ta iku iya ||

22. ing pangajêngan punika | saenira anglangkungi | ing wingking rungkah angkuhnya | sumăngsa dèn rampèk iki | nêracak wong puniki | punika ing sêmonipun |

--- 6 ---

salikur ingkang nagara[30] | puniku ingkang kinawi | wangsul malih mangetan ing lampahira ||

23. ing Kudus ta plambangira | dodot bêdhah ta puniki | pan anèng ing paseban[31] | lan watêk siti puniki | utawi tyange singgih | yèn pawong sanakan iku | yèn dèrèng katon ing kathah[32] | pan wagêd angalèngsêmi | sampun katinggal ing kathah amirangna ||

24. rolikur ingkang nagara | plambange nagari Pathi | kêthèk mati runtuh sêmunya[33] | utawi siti puniki | lan watêke tyang singgih | tan wuninga saenipun | maring tiyang ing liya | kathah tiwase puniki | pan kaecan angantuk tiba têmahnya ||

25. wontên malih prêlambangnya | têlu likur kang nagari | ing Bajanagara sêmunya[34] | satriya mati puniki | angamuk têmahe singgih[35] | lan watêke sitènipun | utawi watêke tiyang[36] | jajari tyang sae puniki[37] | nanging kathah tiwas dening kirang duga ||

26. kawan likur kang nagara | ing Juwana plambangnèki | jaran mati ing pandêngan | lan siti tiyang puniki | mabarang pandamêtlan kardi[38] | yèn tan kesah sing nêgrinipun[39] | pêjah ing gèn têmahnya | sumăngsa kesah puniki | apitêdah mawi kuda lampahira ||

--- 7 ---

27. sêlawe ingkang prêlambang | basuki ingkang nagari | rare tanpa byang lambangnya | lan siti tiyang puniki | kathah kirange singgih | angêrampèk tiyangipun | lan malih kirang duginya[40] | nêm likur ingkang nagari | iya Rêmbang puniku ta plambangira ||

28. băndha mawi tan piratunya[41] | lan siti tiyang puniki | wuninga maring gustinya | yèn kasaenan puniki | kêdah botên wagêd aglis[42] | kesah sangking gustènipun | pitu likur plambangnya | ing Lasêm ingkang nagari | pandhita sirna sangking pratapanira ||

29. lan siti tiyang punika | kathah wagêd saenèki | ananging botên alana | saene ical puniki | wontên malih puniki | pralambang nagari iku | punika kang winarna | watêke sawiji-wiji | wolu likur punika ingkang nagara ||

30. ing Tuban ta plambangira | ganjur kentir ta puniki | kasangsang sidagurinya | lan siti tiyang puniki | andhèrèk maring gusti | punapa ta rekanipun | nanging kacangkok basa | awon kêdhike puniki | malang-malang puniku ta sêmunira ||

31. songa likur kang nagara | Garêsik prêlambangnèki | satriya bêdhah kampuhnya | lan siti tiyang puniki |

--- 8 ---

pan kathah birak puniki[43] | nanging kathah wirangipun | dening panganggenira | yèn botên gadhah puniki | tigang dasa puniku ingkang nagara ||

32. ing Sêdayu plambangira | ratu pêjah ta puniki | kasetra ta iku iya | lan siti tiyang puniki | purun damêl rusiyannèki[44] | lan punapa damêlipun | akênthang-kênthang ika | tan pradulèn tyang puniki | tigang dasa sawiji ingkang nagara ||

33. ing Lamongan plambangira | buta mati ta puniki | katêkuk iku ta iya | lan siti tiyang puniki | rungkah watêke singgih | lan awon ing manahipun | sring tiwas dening cugêtan[45] | tan mawi kira puniki | tigang dasa kalih iku kang nagara ||

34. Surabaya plambangira | gajah mêta ta puniki | iya maring ing wantilan | lan siti tiyang puniki | kathah angkuhe singgih | nanging yèn jurita iku | yèn maksih wontên nagara[46] | pilih ingkang akuwawi | tigang dasa tiga iku kang nagara ||

35. Pasuruan plambangira | kaliyang tiba ing panti | lan siti tiyang watêknya | kang awon dadi prayogi | kang botên kangge ugi | dados kangge ta puniku | yèn pawong sêsanakan | tyang

--- 9 ---

awon purun puniki | tigang dasa sakawan ingkang nagara ||

36. ing Malang ta plambangira | lawang kêmbar jroning puri | lan siti tiyang watêknya | kirang pracados puniki | lan kathah angaku singgih[47] | kathah madha rupanipun | lawan malih akathah | amindha-mindha puniki | iya iku watêke ingkang nagara ||

37. tri dasa gangsal nagara | Prabalingga plambangnèki | banthèng mati nèng wananya | lan siti tiyang puniki | pêngkuh apan tan kenging | dipun kasapa puniku | yèn maksih wontên nagara[48] | kêdah pêjah gêsang singgih | iya wontên nagaranira piyambak ||

38. tigang dasa nêm nagara | ing Bangil ta plambangnèki | kayu mati sêkar wohnya | lan siti tiyang puniki | kang sêpuh tanpa kardi | tiyang ingkang anèm iku | kang padha olah pintêran[49] | wontên malih kang nagari | tigang dasa pêpitu ingkang nagara ||

39. ing Madura plambangira | macan galak ta puniki | apan akutha grêng ta iya[50] | lan siti tiyang puniki | watêke angajrihi | tan kenging kasanak iku | sangêt kèwêdanira | yèn mêdal sangking nêgari | tanpa damêl pan apês iku têmahnya ||

40. tri dasa wolu nagara | Mêkasan [Mêkasa...]

--- 10 ---

[...n] ingkang nagari | jalma mati kapêlagan | siti tiyang ta puniki | kaduk kirang dêdugi | punika ta watêkipun | sring atiwas dening tingkah[51] | tingkahe iku pribadi | tigang dasa songa ta ingkang nagara ||

41. ing Sumênêp plambangira | cèlèng mogok ta puniki | pan anèng ing garumbulan | lan siti tiyang puniki | carobo kang pinanggih | nanging yèn masih griyanipun[52] | pilih yèn ajurita | kawan dasa kang nagari | pulo Bali punika ta plambangira ||

42. buta loro măngsa jalma | lan siti tiyang puniki | yèn damêl awon watêknya | pan iya angarukuni | yèn pawong sanakan iki[53] | kêdah nêdha sêmonipun | kawan dasa ji nagara[54] | Limbangan ingkang nagari | ganjur ngadêg ing tawang iku sêmunya ||

43. lan siti tiyang punika | angkuh rungkah watêknèki | nanging tan wontên gunanya | wontên malih kang nagari | kawan dasa kêkalih | ing Kadhiri plambangipun | satriya mati ta iya[55] | asêsumping sêmunèki | kêlawan siti tiyang ta watêkira ||

2. Pocung

1. sêkar pocung tinêmbangan bari nganggur | kinarya lipur brăngta[56] | aja kaliru ing tampi | yèn kaliru

--- 11 ---

angur aja angawula ||

2. angidunga mênawa ana kang tulung | maring kang amaca | manawa olih rêjêki | pan sinambi anganggit plambang nagara ||

3. kang pinurwa nutugakên kang pitutur | wontên malih nagara[57] | kawan dasa tiga iki | Panaraga puniku ing plambangira ||

4. kuda ngêrap ing pandêngan sêmunipun | lan watêk siti tiyang[58] | yèn wontên griya pribadi | botên wagêd ngupados ing têdhanira ||

5. kawan dasa sakawan ta plambangipun | ing nagara Balora[59] | dhukut sirna ing tawange | lawan malih siti tiyang ta watêknya ||

6. apan sami ngupados ing têdhanipun | tuwin kasugihan | nanging ngalămpra ilange | wontên malih nagara ing Samarata ||

7. kawan dasa gangsal iku plambangipun | rare pêjah iya | tan ana babiyangnèki | lawan malih siti tiyang ta watêknya ||

8. barang karya tinuntun marang wong sêpuh | sumăngsa katilara[60] | pasthine iku bilai | kawan dasa nêm iku ingkang nagara ||

9. nagri Pacitan puniku ta plambangipun[61] | sapi wana jrum iya[62] | ana ing têngah kêkali | lawan malih siti tiyang ta watêknya ||

10. ing laire bodho ati ta puniku | ing batine [ba...]

--- 12 ---

[...tine] iya | arêsik ayêm manahe | wontên malih puniku ing plambangira ||

11. kawan dasa pitu iku angkanipun | Karanganyar nagara[63] | toya asin munggèng ardi | nagri kêlêm puniku ta sêmunira ||

12. lawan malih siti tiyang watêkipun | ing manah inggilan | nanging dipun karêmêni | maring tiyang sabuminira piyambak ||

13. wontên malih nagara ta plambangipun | kawan dasa wolu nagara[64] | blitar lambangirèki[65] | răndha kêmbar paputra siji kathahnya ||

14. lawan malih siti tiyang watêkipun | pan kathah amindha | kaya mindha-mindha miskin | nanging mindha pan ngarah melik kiwala ||

15. wontên malih nagara ta plambangipun | kawan dasa songa ika[66] | ing Brêbêg kang nagari[67] | dhudha kawak wiraga ta plambangira ||

16. lawan malih siti tiyang watêkipun | akathah kang mêskin ika[68] | angaku-aku asugih | kala anom kacukupan iku iya ||

17. ing sêpuhe akathah ta kirangipun | amindhak gêrubètnya[69] | wontên malih kang nagari | sèkêt lêrês puniku ingkang nagara ||

18. Wirasaba punika ta plambangipun | rare alit iya | ambêgawan langkung wingit | siti tiyang puniku [puni...]

--- 13 ---

[...ku] ing watêkira ||

19. yèn maksih nom micara langkung lungitipun[70] | kapanggih sêpuhnya | dhawah angkuhe kêpati | wontên malih pralambange kang nagara ||

20. sèkêt siji punika ta kathahipun | ing Japan nagara | prêlambange ta puniki | banthèng galak pêjah lawan rare jabang ||

21. lan watêke siti tiyang ta puniku | asangêt arungkah | tan wagêd ingkang dadugi | sumabarang pêndamêlanipun ala ||

22. angawoni marang bocah ta puniku | wontên malih nagara[71] | sèkêt loro kang winarni | ing Madiun puniku ta plambangira ||

23. sêkar sêpasang sarêng ingangge puniku[72] | siti tiyang punika[73] | jalêr èstri ta puniki | apikêdah pêndamêlaning kang kathah ||

24. tiyang èstri sae-sae damêlipun | nanging pikêdah kalihan[74] | pan arsa dipun wayuhi | wontên malih sèkêt têlu kang nagara ||

25. pan ing Tulungagung punika ta plambangipun[75] | sumur kêmbar iya | ing palataran asri[76] | lan watêke siti tiyang ta punika ||

26. yèn ngupaya ngèlmu kêdah kalih guru | lan kathah ngatingal | lakon ngèlmine puniki | wontên malih sèkêt papat kang nagara ||

27. ing Priyangan puniku [puni...]

--- 14 ---

[...ku] ta plambangipun | wiji tuwuh ta iya[77] | siniraman dening warih | lan watêke siti tiyang ta punika ||

28. yèn apurun amêrtapi ta puniku | inggal dadosira | punapa kang dèn sêjani | pawong sanak kêdah asor sêmunira ||

29. sèkêt gangsal punika ta plambangipun | ing Magêtan nagara[78] | tumbak ulês ta puniki | ing ngayunan punika ta sêmunira ||

30. lawan malih siti tiyang watêkipun | purun bêbagusan | lan purun andamêl iki | ulas-ulas puniku ta tindakira ||

31. sèkêt nênêm punika ing plambangipun | ing Băndawasa kang nagara[79] | kêris ilang ing wrangkane | lawan malih siti tiyang watêkira ||

32. sangêt bodho botên gadhah kira iku | kawagêdan ing manah[80] | puniku ta sêmunèki | sèkêt pitu puniku ingkang nagara ||

33. ing Karêksan puniku ta plambangipun | kêbo gupak ing jro kandhang[81] | lan siti tiyang puniki | botên wagêd apêncar ing liyanira ||

34. kêdah sami bangsanipun ta puniku | lan sampun pêsabinan[82] | wontên malih kang nagari | sèkêt wolu puniku ta plambangira ||

35. nagri Ngrawa puniku ingkang cinatur | tunjung tuwuh jêmbangan[83] |

--- 15 ---

lan siti tiyang puniki | botên wagêd têbih iku ing sabanya ||

36. apan kêdhik ing pandamêlanipun[84] | kêdah mathêngkrik iya[85] | wontên malih kang nagari | sèkêt songa puniku ingkang nagara ||

37. ya ing Japan puniku ta plambangipun | kidang wulung ta iya[86] | sungune kêncona adi | lan watêke siti tiyang ta punika ||

38. pan lumampah dipun pilala puniku | nanging manahira | akêsit tan lana iki | wontên malih sawidak ingkang nagara ||

39. Majalêngka puniku ta plambangipun | watu mungal ta iya[87] | akaton tunggake singgih | lawan siti tiyang iku watêkira ||

40. ngatingalakên sabarange puniku | nanging manahira | apêngkuh tan keguh iki | wontên malih sawidak siji nagara ||

42. nagri Lumajang punika ta plambangipun[88] | gêdhang wigar ta iya[89] | alêsah ta anèng uwit | lawan siti tiyang iku watêkira ||

43. sumabarang pandamêlane puniku | utawi pikirira[90] | yèn taksih wontên griyane | inggih kenging dipun alap ta punika ||

44. sumangsane kesah tanpa karya iku | wontên malih nagara[91] | sawidak loro nagari | Surakarta puniku [puni...]

--- 16 ---

[...ku] ta plambangira ||

45. ratu rusak dening èstri ta puniku | lan watêk siti tiyangnya[92] | amanut mring wadyaning[93] | yèn wontên ujar awon niku dipun gêga[94] ||

46. wontên malih ing Mêntaram plambangipun | sawidak têlu nagara[95] | prabu yêksa ta puniki | apan kêmpal warangkane iku iya ||

47. lawan nujum ilang ta itunganipun | lan siti tiyang watêknya[96] | brêngga rowa yèn maksih[97] | pênganggene yèn gadhah pikiran iya ||

48. asring tilar pitutur kang sae iku | wontên malih nagara[98] | suwidak papat nagari | ya ing Kêdhu puniku ta plambangira ||

49. sêmpal kayu gurda sirnane pandulu | lan siti tiyang watêknya[99] | bata tuli puniki[100] | sumabarang kang dèn garap ta punika ||

50. nanging pêjah gêsang kêdah ta puniku | kalawan kapalanya[101] | wontên malih kang nagari | suwidak lima puniku ingkang nagara[102] ||

51. ing Pagêlèn punika ta plambangipun | gunung gêmpal ta iya[103] | anrus pitung buminèki | lawan siti tiyang iku watêkira ||

52. apan agêng puniku ta manahipun | yèn sampun kacirenan[104] | botên wagêd pulih malih | angatut-atutake anak putunya ||

--- 17 ---

53. wontên malih prêlambange ta puniku | sawidak nênêm nagara[105] | Kithaarja plambange singgih[106] | sabuk jingga ilang ing simpênanira ||

54. lawan siti tiyang iku watêkipun | yèn sampun botên gadhah[107] | botên wagêd mêdal pikire[108] | langkung dening ajrihe puniku iya ||

55. wontên malih puniku ta plambangipun | suwidak pitu nagara[109] | Banjarnagara ta plambangnèki[110] | landhak mati puniku anèng êlèngnya ||

56. pan cinugak caritane ta puniku | amung plambangira | tan cinatur sadayane[111] | pan babone mêngkono caritanira ||

57. wontên malih punika ingkang cinatur | plambange nagara | suwidak wolu gunge singgih[112] | ing Lêdhok puniku ing plambangira[113] ||

58. lutung mati ngantuk iku plambangipun | suwidak songa nagara[114] | ing Kabumèn plambangnèki | juragan dagang kacêmplung baitanira[115] ||

59. wontên malih pitung puluh plambangipun | ing Banyumas plambangnya[116] | bayêm gatêl tuwuh têgil | ilang sirna rasaning aguna-guna ||

60. wontên malih punika ta plambangipun | pitung puluh siji nagara[117] | ing Purwakarta puniki | kêbo gupak ing talunan plambangira ||

--- 18 ---

61. pitung puluh loro iku gunggungipun | ing Tlacap nagara | wêdhung sumlandhang plambange[118] | wontên malih pitung puluh têlu gungira[119] ||

62. ing Purbalingga puniku ta plambangipun[120] | Pandhanrangkang iya | anèng jro pasebane[121] | wontên malih puniku ing plambangira ||

63. pitung puluh papat iku punjulipun | ing Sumêdhang plambangnya[122] | gunung jajar pasebane[123] | wontên malih pitung dasa gangsal nagara[124] ||

64. ing Karanganyar punika ta plambangipun[125] | jalma lêsu ta iya[126] | nèng têngahing pasare[127] | wontên malih pitung dasa nêm nagara ||

65. ing Têmanggung punika plambangipun[128] | wontên malih kang nagari | pitung puluh pitu iku kang nagara ||

66. Magêlang puniku ta plambangipun[129] | dodot ilang iya | anèng jro simpênane[130] | wontên malih pitung dasa wolu nagara[131] ||

67. ya ing Bandhung puniku ta plambangipun | jalma mati ta iya[132] | catu ing têngah wanane[133] | wontên malih pitung dasa songa nagara[134] ||

68. ing Cianjur puniku ta plambangipun | reyal wutah ta iya[135] | anèng ing pucak ardine[136] | wolung dasa puniku ing plambangira ||

69. lah ing Bogor puniku ta plambangipun | juragan santri ta

--- 19 ---

iya[137] | tan mawi băndha plambange[138] | sampun tamat nagara ing tanah Jawa ||

70. binabadan sêdaya ta kumpulipun | pulo Jawi ta iya[139] | jalma adi tibèng nagari[140] | mapan sarwi wiragata plambangira ||

Sangking Radèn Panji Astranagara, ing nagari Kudus

__________

--- [0] ---

[...]

 


Teks asli Puh Sinom. (kembali)
Lebih satu suku kata: tunggal-tunggal nagara. (kembali)
Lebih satu suku kata: watêke tyang punika. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn kadamêl griya niku. (kembali)
Lebih satu suku kata: nanging yèn kathah toya. (kembali)
Kurang satu suku kata: watêke siti puniki. (kembali)
Lebih satu suku kata: kampir baita nênggih. (kembali)
Lebih satu suku kata: rêmên misaya ulam. (kembali)
Lebih tiga suku kata: samya sae bojaning. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: ping pitu kang nagara. (kembali)
11 kancanirèki. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: tan wontên padu singgih. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: ping wolu kang nagara. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: yèn sanakan punika. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: ngumăngsa taros singgih. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: wontên malih pralambang. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: dhèrèk sakajêngnèki. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: andhèrèk kang marentah. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: wontên malih nagara. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: tan kenging bêkta singgih. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: yèn nèng nagaranira. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: wana kadamêl sabin. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: utawi watêke tyang. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: ing ngajêngan ajrihan. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: sarta damêl awone tyang aolia. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: rame kathah kang asri. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: lan malih watêke tyang. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: pêjah utawi gêsang. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: sinampar ing wong tapa. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: salikur kang nagara. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: apan anèng ing paseban. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: yèn dèrèng ton ing kathah. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: kêthèk mati runtuh smunya. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: ing Bajanagara smunya. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: ngamuk têmahe singgih. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: utawi watêke tyang. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: jajar tyang sae puniki. (kembali)
38 Lebih dua suku kata: barang damêlan kardi. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: yèn tan kesah nêgrinipun. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: malih kirang duginya. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: băndha mawi tan ratunya. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: kêdah botên wagêd glis. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: kathah birak puniki. (kembali)
44 Lebih dua suku kata: damêl rusiyannèki. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: sring tiwas de cugêtan. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: yèn maksih wontên nagra. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: lan kathah ngaku singgih. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: yèn maksih wontên nagra. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: padha olah pintêran. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: apan akutha grêng iya. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: sring tiwas dening tingkah. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: nging yèn masih griyanipun. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: yèn pawong sanak iki. (kembali)
54 Lebih satu suku kata: kwan dasa ji nagara. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: satriya mati iya. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: karya lipur brăngta. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: wontên malih nagra. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: lan watêk siti tyang. (kembali)
59 Lebih satu suku kata: ing nagara Blora. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: sumăngsa katilar. (kembali)
61 Lebih satu suku kata: nagri Pacitan puniku plambangipun. (kembali)
62 Lebih satu suku kata: sapi wana jrum ya. (kembali)
63 Lebih satu suku kata: Kranganyar nagara. (kembali)
64 Lebih tiga suku kata: kawan dasa astha. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: Balitar lambangirèki. (kembali)
66 Lebih dua suku kata: kawan dasa songa. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: ing Barêbêg kang nagari. (kembali)
68 Lebih dua suku kata: kathah mêskin ika. (kembali)
69 Lebih satu suku kata: amindhak grubètnya. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: maksih nom micara langkung lungitipun. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: wontên malih nagra. (kembali)
72 Lebih satu suku kata: sêkar spasang sarêng ingangge puniku. (kembali)
73 Lebih satu suku kata: siti tyang punika. (kembali)
74 Lebih dua suku kata: nging kêdah kalihan. (kembali)
75 Lebih dua suku kata: Tulungagung punika ta plambangipun. (kembali)
76 Kurang satu suku kata: ingkang palataran asri. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: wiji tuwuh iya. (kembali)
78 Lebih satu suku kata: ing Magêtan nagra. (kembali)
79 Lebih tiga suku kata: Băndawasa nagra. (kembali)
80 Lebih satu suku kata: kawagêdan manah. (kembali)
81 Lebih dua suku kata: kbo gupak ing kandhang. (kembali)
82 Lebih satu suku kata: sampun pêsabinan. (kembali)
83 Lebih satu suku kata: tunjung twuh jêmbangan. (kembali)
84 Kurang satu suku kata: apan kêdhik ingkang pandamêlanipun. (kembali)
85 Lebih satu suku kata: kêdah mathêngkrik ya. (kembali)
86 Lebih satu suku kata: kidang wulung iya. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: watu mungal iya. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: nagri Lumajang punika plambangipun. (kembali)
89 Lebih satu suku kata: gêdhang wigar iya. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: tawi pikirira. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: wontên malih nagra. (kembali)
92 Lebih dua suku kata: watêk siti tyangnya. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: amanut maring wadyaning. (kembali)
94 Lebih satu suku kata: wontên ujar awon iku dipun gêga. (kembali)
95 Lebih dua suku kata: swidak têlu nagra. (kembali)
96 Lebih dua suku kata: siti tyang watêknya. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: brêngga arowa yèn maksih. (kembali)
98 Lebih satu suku kata: wontên malih nagra. (kembali)
99 Lebih dua suku kata: siti tyang watêknya. (kembali)
100 Kurang satu suku kata: bata tuli ta puniki. (kembali)
101 Lebih satu suku kata: klawan kapalanya. (kembali)
102 Lebih satu suku kata: swidak lima puniku ingkang nagara. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: gunung gêmpal iya. (kembali)
104 Lebih satu suku kata: sampun kacirenan. (kembali)
105 Lebih dua suku kata: swidak nêm nagara. (kembali)
106 Lebih satu suku kata: Kithaarja plambang singgih. (kembali)
107 Lebih satu suku kata: sampun botên gadhah. (kembali)
108 Lebih satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, botên wagêd mêdal pikir. (kembali)
109 Lebih dua suku kata: swidak pitu nagra. (kembali)
110 Lebih dua suku kata: Banjarnagra plambangnèki. (kembali)
111 Guru lagu seharusnya: 8i, tan cinatur sadayaning. (kembali)
112 Lebih satu suku kata: swidak wolu gunge singgih. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: ing Lêdhok ta puniku ing plambangira. (kembali)
114 Lebih dua suku kata: swidak songa nagra. (kembali)
115 Lebih satu suku kata: jragan dagang kacêmplung baitanira. (kembali)
116 Lebih satu suku kata: Banyumas plambangnya. (kembali)
117 Lebih tiga suku kata: pitung pluh ji nagra. (kembali)
118 Guru lagu seharusnya: 8i, wêdhung sumlandhang plambanging. (kembali)
119 Lebih satu suku kata: wontên malih pitung pluh têlu gungira. (kembali)
120 Lebih satu suku kata: Purbalingga puniku ta plambangipun. (kembali)
121 Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, anèng jêro pasebaning. (kembali)
122 Lebih satu suku kata: Sumêdhang plambangnya. (kembali)
123 Guru lagu seharusnya: 8i, gunung jajar pasebaning. (kembali)
124 Lebih satu suku kata: wontên malih pitung dasa gangsal nagra. (kembali)
125 Lebih satu suku kata: Karanganyar punika ta plambangipun. (kembali)
126 Lebih satu suku kata: jalma lêsu iya. (kembali)
127 Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i,anèng têngahe pasaring. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: ing Têmanggung punika ta plambangipun/footnote} | wiji wutah ing tawang{footnote}Lebih satu suku kata: wiji wutah tawang. (kembali)
129 Kurang satu suku kata: ing Magêlang puniku ta plambangipun. (kembali)
130 Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, anèng jêro simpênaning. (kembali)
131 Lebih satu suku kata: wontên malih pitung dasa wolu nagra. (kembali)
132 Lebih satu suku kata: jalma mati iya. (kembali)
133 Guru lagu seharusnya: 8i, catu ing têngah wananing. (kembali)
134 Lebih satu suku kata: wontên malih pitung dasa songa nagra. (kembali)
135 Lebih satu suku kata: reyal wutah iya. (kembali)
136 Guru lagu seharusnya:8i, anèng ing pucak ardining. (kembali)
137 Lebih dua suku kata: juragan santri ta. (kembali)
138 Guru lagu seharusnya: tan mawi băndha plambanging. (kembali)
139 Lebih satu suku kata: pulo Jawi iya. (kembali)
140 Lebih satu suku kata: jalma adi tibèng nagri. (kembali)