Tangkilan, a: Baukarya.

Baukarya, b: Kula.

a: Gawea krobongan têtakan, mung kalawan gêbêr bae ana wetan pêndhapa, adêg-adêg pring wulung maju pat tanpa payon, mawa sunduk rangkêp, dhapur pasagi, lawangane ana wetan, ing kulon pêpêt, lor kidul gêbêre diwingkis ing têngah bênêr, dadi katon saka ing jaba, ing wetan dokokana tuwuhan sakêmbaran, rutên karo cagaking krobongan, ing têngah gêlarana lampit, banjur tumpangana klasa pasir, banjur babut cilik, saburining babut pasangana dhingklik patêtakan, banjur tumpangana plèmèk,[1] besuk midadarèni lèkana sawêngi, gilirana karo kancamu bêkêl, kaumku kene Ki Amad Sêmangi iya konên milu [mi...]

--- 200 ---

[...lu] angêlèki, sajène[2] dokokên kiwa têngêning dhingklik. (Kacariyos sampun samêkta saupakartinipun tiyang gadhah damêl, kirang tigang dintên lare ingkang badhe têtak kasêngkêr wontên ing lojèn, botên kenging kesah-kesah, katêngga para sêpuh, sarta dipun lulur, sarêng sampun dumugi dintên badhe risipun, wanci jam 4 enjing sampun adus kungkum wontên ing kulah, supados mirut daginging ikutipun, nyakêdhikakên wêdaling rah, sarêng sampun rampung anggènipun adus kungkum, sarta sampun mawi pasatan, lajêng dipun dandosi, gêlung kadhal mènèk turut kuping, rinêngga sêsotya, mangangge sinjang lêmês, nanging anggènipun bêbêdan kawalik, pangasihipun wontên kiwa, ubêding sabukipun wala dhawah wontên wingking, namung timangipun ingkang taksih wontên ngajêng, mawi rangkêpan sêmbagi abrit tadhah êrah sampun ngantos ngèngingi sinjangipun lêmês, tanpa rasukan, mawi borèh garutan.

Ing wanci pukul 6 enjing tamu wiwit dhatêng asêsarêngan, sakêdhap ing pandhapa sampun jibêg kêbak tamu, tumuntên lèrèh ingkang badhe têtak kawêdalakên saking griya, dipun irid [iri...]

--- 201 ---

[...d] ing akrabipun, kasowanakên dhatêng pangagênging tamu lajêng dipun suwunakên ngabêkti (ujung) rampung ngabêkti lajêng kemawon dhatêng patêtakan, dipun garubyug ing para tamu sapandhapa sami ngadêk wontên sangajênging krobongan, tumuntên salah satunggiling priyantun sêpuh ingkang sugih anak putu kaaturan mangku dhatêng lare ingkang badhe têtak, ngalap barkah supados katularan sugih anak putu, lênggah wontên ing dhingklik patêtakan, mripating lare katutupan ing tangan saking wingking dening priyantun sêpuh sanèsipun. Bong sampun wontên ngajênging lare, andhodhok lajêng miyak bêbêd, pajalêran kacêpêng, ikutipun kadudutan, lajêng dipun lêbêti sujèn dêling, tumuntên dipun japit ing sujèn dêling kêkalih saking jawi, angsal daging sangandhapipun sogok wau, andadosakên kêncênging daging ingkang badhe kabêlèk, dening kacêpit ing japit kêkalih sagêd amêjahakên raos, botên kraos dipun iris, tumuntên dipun japani, lajêng kabêlèk kalayan lading gapit alit, sogok wau dados langgênaning pambêlèk, rampung anggènipun nêtaki, lare dipun kèn ngadêk lajêng lumampah, tètèsing rah dipun tadhahi ing cangkir

--- 202 ---

sêlaka, sarta lajêng dipun pasangi cêngkal, mawi nyêpêng kêbut kangge ngêbut lalêr. Jampinipun nama kecekan[3] pawèhing bong. Lare têtak têdhanipun kêdah apik, botên kenging crêbak, mênawi nêdha lawuhipun namung kalihan ulam paru sarta sarêm gorèng.

Para tamu sami wangsul lênggah ing pandhapa, pisêgah minuman lumados, lajêng lênggah dhahar wontên samadyaning pandhapa, mawi kondhisi, sapisan wilujêngipun lare ingkang têtak, kaping kalih wilujêngipun ingkang gadhah griya, kaping tiga wilujêngipun para tamu, kaping sakawan wilujêngipun karaton dalêm. Lajêng among suka nayuban utawi kasukan, sontên bibaran. Dalunipun ringgitan purwa).

Ing ngandhap punika rêringkêsan lampah-lampahipun tiyang badhe angemah-emahakên anak.

Bapakipun lare jalêr ingkang rumiyin pados padikan lare èstri, anaking priyantun utawi sudagar ingkang babag kalihan pangkating kalênggahanipun, utawi minggah mudhun, punapa ingkang dados sênênging manahe

--- 203 ---

tiyang sêpuhipun, botên kenging kapêksa saking pamilihing lare, bilih sampun pikantuk, lajêng anglampahakên congkok. Congkok punika tiyang ingkang lêbda wicara pamiluta sarta pangalêm, kados ta ngalêm dhatêng saening warni tuwin kalakuanipun lare, saha angalêm dhatêng saening panganggêp tuwin bèrbudining tiyang sêpuhipun, mênawi sugih dipun umukakên kasugihanipun.

Bilih anggènipun ngrêmbagakên sagêd kacondhongan, lajêng anontoni, bapa biyungipun lare jalêr sarta ambêkta akrabipun jalêr èstri sawatawis, martamu dhatêng ing griyaning bapakipun lare èstri, lare jalêr kabêkta. Tamu jalêr dipun panggihi wontên ing pandhapa, tamu èstri dipun panggihi wontên ing griya, namung kasêgah wedang, sarta botên kenging rêraosan bab pikraman, namung ginêman sanèsipun kemawon. Tumuntên bapakipun lare èstri angacarani dhatêng bapakipun lare jalêr malêbêt dhatêng ing griya, sêngadinipun kapanggihakên kalihan bojonipun, utawi sêngadi kasêrêpakên ing griya. Inggih lajêng malêbêt ing griya namung kalihan akrabipun ingkang wajib, lare jalêr tumut.

--- 204 ---

Salêbêtipun lêlênggahan wontên ing griya, tumuntên lare èstri angladosakên pawohan (= pakinangan) dhatêng ngajênging tamu èstri, lajêng wangsul kemawon, ing ngriku bapa biyung sarta akrabipun lare jalêr sami amaspaosakên warninipun lare èstri, lare jalêr inggih tumut ningali, nanging ingkang kathah isin, namung ningali saklebatan kemawon, dene lare èstri namung tumungkul botên ningali sintên-sintên, tarkadhang wontên ingkang nangis, dening rumaos lingsêm dipun tingali ing ngakathah.

Para tamu wau sarêng sampun antawis lajêng sami pamitan mantuk, sarta prakawis punika lajêng karêmbag sarta dhatêng para akrabipun, sayogi kasiyosakên utawi botên.

Mênawi pangrêmbagipun gilig kasiyosakên, lare jalêr mawi katantun utawi tinakenan punapa rêmên dhatêng lare èstri ingkang dipun tingali wau, mênawi rêmên, wangsulanipun namung miturut punapa sakajênging têtiyang sêpuhipun. Tiyang sêpuhipun lare jalêr lajêng damêl sêrat panglamar (= panêmbung) dene mênawi panantunipun wau dipun wangsuli botên rêmên, tiyang sêpuhipun lare jalêr botên mawi prasabên panampik namung

--- 205 ---

lajêng kèndêl kemawon, inggih punika pratandhaning panampikipun.

Tiyang sêpuhipun lare èstri namung kèndêl, angêntosi sêrat panglamaring tiyang sêpuhipun lare jalêr, mênawi panglamaripun kêtampèn, dipun wangsuli suka, sarta mênawi gadhah kêkudangan tuwin gadhah panêdha samuwaning margi (= sasrahan of lamaran) dipun pratelakakên wontên ing dalêm sêrat, dene mênawi panglamaripun wau katampik, dipun wangsuli larenipun èstri dèrèng purun imah-imah spr. (= omah-omah) utawi dipun wangsuli pinanggihing petanganipun wêdalan botên sae. Dene mênawi bapakipun lare jalêr botên suka sêrat panglamar, punika tôndha panampik, bapakipun lare èstri inggih sampun sumêrêp sarta lajêng kèndêl.

Mênawi kadadosan rêmbagipun, maningsêti.

Tumuntên bapakipun lare jalêr gadhah panêdha dhatêng bapakipun lare èstri, dhaupipun katêdha wontên salêbêtipun wulan anu (botên kenging namtokakên dintênipun, awit ingkang anggadhahi wajib pamilih ing dintên sae wontên bapakipun lare èstri).

--- 206 ---

Tiyang sêpuhipun lare èstri amangsuli sampun amrayogèkakên wontên ing wulan anu wau, sarta katêdha kalampahanipun wontên ing dintên anu. Dene mênawi ing wulan anu wau botên nyondhongi, kenging darbe pamilih wulan sanèsipun.

Ing dintên badhe dhauping pangantèn, kirang sadintên ing wanci siyang anglampahakên sasrahan, ing wanci sontên amasrahakên pangantèn (nyantri). Dalunipun midadarèni.

Enjingipun badhe nikah, punika bapakipun lare èstri anyêrêpakên dhatêng anakipun wau yèn badhe dipun imah-imahakên angsal bagus anu (lare èstri botên kenging lumuh, sanadyan lumuh sayêktos inggih dipun pêksa). Adat lare èstri bilih dipun tantun laki botên mangsuli, namung tumungkul kalihan uwik-uwik siti, ngantos patrap makatên punika dipun anggêp ing kêlimrahan purun dipun lakèkakên, sanadyan ing batos botên purun, inggih sampun dipun anggêp purun.

Ing wanci siyang nikah manut saat ingkang prayogi.

--- 207 ---

Ing wanci sontên panggihing pangantèn.

Mênawi panggihing pêngantèn wontên griyaning tiyang sêpuhipun lare èstri, saha lajêng kagondhol (kabêkta) sanalika nama ngundhuh mantu. Mênawi lajêng kèndêl ngantos sapêkên nama nyantri.

Mênawi panggihing pangantèn wontên griyaning tiyang sêpuhipun lare jalêr, punika rabi triman wayah buyuting ratu, pangantèn èstri mêdal saking karaton, katampèn wontên ing ngandhap êlo pamagangan, ingkang jalêr mawi mandhi waos.

Katrangan.

1. Jaka prawan nama tigas.

2. Prawan angsal dhudha sêkar (dèrèng gadhah anak) pangantèn èstri nyirami tumpêr wontên têngah kori, kosok wangsulipun jaka angsal walanjar (dèrèng gadhah anak) pangantèn jalêr nyiram tumpêr wontên têngah kori.

3. Pangantèn kêpanggih sadhèrèk misan, isarat mawi madung pipisan, ananging sanginggiling pipisan dipun dèkèki tumpêng, dados ingkang kawadung tumpêngipun.

4. Mantu bubak kawah (mantu anak pambajêng),

--- 208 ---

patrap-patrapipun sami kemawon kados salimrahipun, namung kaot mawi rujak lêgi kalihan rujak dêgan dados kalih wadhah, bibar panggih dipun ladosakên dhatêng pangantèn sakalihan sarta bapa, ingkang mitakèni biyung, têmbungipun: bapakne, sing kurang apane, wangsulanipun: wis ora ana sing kurang, wis enak wis manis. Lajêng pangantèn jalêr èstri dipun pitakèni kados ing nginggil wau, ugi mangsuli kados bapakipun.

5. Mantu tumpak ponjèn (= mantu anak wuragil, dados sampun têlas-têlasan), patrapipun sami kemawon kados salimrahipun, namung isining ponjèn kaisenan anggi-anggi kalihan yatra pêthak, yatra abrit sami sapêpakipun, utaminipun mawi yatra mas, punika dipun sokakên wontên sangajênging pangantèn, lajêng dipun rêbat dhatêng pangantèn sadhèrèkipun, pundi ingkang angsal kathah nelakakên yèn badhe kathah bêgjanipun, nanging yatra wau botên lajêng dipun pêndhêt, dipun wangsulakên dhatêng ponjèn malih.

6. Mantu ngundhuh pangantèn (besanan, botên nyantri) panggihing pangantèn wontên griyaning [gri...]

--- 209 ---

[...yaning] bapakipun pangantèn èstri, sasampunipun inggih lajêng kagondhol dhatêng griyaning bapakipun pangantèn jalêr, mila ing kina midadarèni ngajêngakên panggihing pangantèn, dipun agêngakên, awit panggihing pangantèn sasampune ing griyanipun lajêng suwêng, dumugining griyanipun pangantèn jalêr, ing ngriku agêng-agênging pasamuwan. Enjingipun wangsul dhatêng ing griyaning bapakipun pangantèn èstri, sapêkênipun wangsul dhatêng ing griyaning bapakipun pangantèn jalêr malih, têrus ngantos dumugi salapan dintên, lajêng mantuk dhatêng ing griyaning bapakipun pangantèn èstri nama bibar salapan, sampun botên wontên petangan malih. Salêbêtipun salapan dintên botên kenging kêkesahan têbih ingkang anglangkungi lèpèn, amung among raras karasikan.

7. Mantu nyantri, bibar panggih sarta sasampunipun bibar bujana, bapa biyung sarta akrabipun pangantèn jalêr sawatawis sami martamu (anjagong) tanpa dipun suruhi, inggih lajêng dipun panggihi ing besanipun, sarêng pangantèn jalêr sampun anjogèd, lajêng mantuk tanpa pamit.

Lêt kalih dintên, bapa biyung sarta akrabipun [akra...]

--- 210 ---

[...bipun] pangantèn jalêr sawatawis tuwi mawi ambêkta sangu sêkul ulam panganan, têmbungipun ngirim, lajêng katêdha kangge pisêgah.

__________

Tangkilan, a: Aku ora nyana pisan-pisan yèn si thole saiki dadi pangalêmaning akèh, dhasar nyata bagus, lêmbut bêbudène sugih kapintêran.

Radèn Ngantèn, b: Kula rumaos bêgja saantuke saking pondhok pasantrèn Panaraga manahe malih dados sae sangêt, ajrih dhatêng tiyang sêpuh, botên mogèlkul, rintên dalu ontên ing langgar andêrês kuran, sok ngantos kula susul, kula kèn bingah-bingah botên purun, kula sukani arta botên ajêng, malah karêmênane mulang ngaji têng adhine, saniki si ndhuk êmpun baud ngaji.

a: E, e, aku ora krungu, sukur ta, yèn wis baud ngaji, ingatase aku ora liwat mung sukur ing Allah ênggonku nêmu kabêgjan anak loro padha bangun turut marang wong tuwa, sarèhne anakmu karo pisan mau wis padha diwayah, prayoga nuli dipikir jodhone.

--- 211 ---

b: Môngga mawon, kula ming dhèrèk sakêrsa sampeyan.

a: Karêpku si thole arêp dak sêngkakake turune, balia kaya swargi eyang mênggung.

b: Kados eyang mênggung kêpripun.

a: Eyang mênggung iku olèh tariman putri wayah dalêm, putrane pambarêp pak gêdhe Kliwon Mangunonêng, anggêntosi kalênggahane eyang, nanging mung pinangkat kaliwon, panggulune bapak, iya uga dadi kaliwon, ganjaran katrima olèhe bisa nyêkêl kraman, dadi bapak iku isih buyut dalêm, aku canggah, si thole warèng, mulane si thole isih disêbut radèn dening warèng mau, iku wis kasêbut ing layang adhêling karaton.

b: La ênggih, karsa sampeyan wau kêpripun.

a: Si thole yèn bisa arêp dak rabèkake putri, sukur olèh wayah dalêm sing kêpering orane aja kongsi kurang saka buyut.

b: Kula êmpun dhèrèk karsa sampeyan niku, pandêngan sampeyan pundi.

a: Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, pangrunguku [pa...]

--- 212 ---

[...ngrunguku] isih kagungan putra wuragil putri, saka priyayi Radèn Tasikwulan, wis diwasa, sanadyan saka ampeyan, wayah dalêm sasat padha bae karo sing saka padmi.

b: Sagêde kalampahan pripun, wong pandêngan kalih srêngenge.

a: Iya pinikir kapenake, saiki kudu nglakokake dom sumurup ing banyu dhisik, iku ana ing aku, wis ta mujia bisane kalakon bae, dak rêmbuge karo kang Mandangjaplak, kae botoh jago kêkasihe kangjêng pangeran.

__________

Tangkilan, a: Mang maju mawon kang.

Mandangjaplak, b: Nun inggih. Wontên karsa sampeyan punapa nimbali sontên-sontên.

a: Botên ontên gawene, mung ajêng kula jak omong-omongan mawon, lawas si kakang botên kêtêmu-kêtêmu kula.

b: Inggih wiwit panjênêngan sampeyan kèndêl botên rêmên sawung, mèh kalih taun punika.

a: Mèmpêr, nanging nèk dhêmêne tasih, mung adu lèrèn.

--- 213 ---

b: Punapa panjênêngan sapunika botên nyêngkêri sawung.

a: Ontên niku loro, nanging botên pati bêcik, mung lagi lowung mawon.

b: Punapa dèrèng kenging kawêdalakên.

a: Ayake dèrèng, awake dèrèng pati waras, lan dèrèng pati otot, lagi kula coba ping pindho.

b: Sapunika kasêngkêran wontên pundi.

a: Ontên ngèmpèr pandhapa niku napa. Kênthiwiri, jago kuwe gawanên mrene siji edhang, arêp ditonton kang Mandangjaplak.

Kênthiwiri: Nun inggih.

b: Kene, le, siji-siji bae gêntèn. Wah sawung patohan punika, jangkêp pêthèkipun, punika wêdalan ing pundi.

a: Sing wido awar-awar niku wêton gunung Mrapi, sing abang sana mung wêton ing Gayamprit ngriku mawon.

b: Sasat sami kemawon, ing Gayamprit kalêbêt sukunipun ardi Marapi, sami panggenanipun sawung sae. Ingkang wido awar-awar punika damêl (ulah) ipun punapa.

a: Apik niku ngêmbun, yèn digêbug bayar.

b: Pamanah kula sampun kenging, cêpênganipun sawung sampun saras, sarta sampun [sampu...]

--- 214 ---

[...n] otot kuwawi dipun gêbag, namung ingkang abrit sana dèrèng kenging kaabên, ototipun taksih kirang.

a: Sukur yèn mang arani jago bêcik, botên kêmba olèhku lêlakon ngopèni.

b: Mênawa kaparêng ingkang wido prayogi kawêdalakên dhatêng ing kambêngan, kula ingkang ambotohi.

a: Bok ênggih, nanging kula sumêlang nèk têsih wêdi ing lara, wani kula mung nêmpil pangarêp mawon. Limang rupiyah, kalihdene mêlih saniki kula êmpun wêdi totohan okèh.

b: Prayogi, ing kambêngan môngsa kiranga ingkang tumut notohi. Ingkang mawi sapunika ragi jirih, tiyang dèrèng mêsthi kawon.

a: Ayang, gawok-gawok kang, wong botohan, yèn kêbanjur kalah sok banjur manasi, amburu kalahe, ênggih yèn kêcandhak, yèn botên saya jujul wuwul, beda kalih totohan sathithik, mung sênêng-sênêng. Kalangane saniki ing pundi.

b: Ingkang agêng inggih taksih kambêngan lami ing Martèngsarèn.

a: Kangjêng pangeran kok lawas botên kagung-kagungan [kagung-kagung...]

--- 215 ---

[...an] gawe mêlih, napa êmpun êntèk putrane.

b: Inggih, sampun lami botên kagungan damêl, nanging putra taksih satunggal putri wuragil dèrèng mêntas.

a: Napa êmpun olèh ênggon.

b: Pamirêng kula kados dèrèng, ingkang nyuwun inggih sampun kathah, nanging sami katulak sadaya, awit dara ajêng punika kalêbêt dados galih dalêm, dipun trêsnani, bokmênawi saking wuragil punika, kêrsa dalêm sagêda pikantuk lare ingkang bagus sarta sugih kasagêdan.

a: Upama anak kula kêpripun kang, napa bisa klêbu.

b: Duka sampeyan punika dèn bèi. Punapa putra sampeyan ingkang rêmên kasukan rumiyin punika.

a: Ênggih, nanging saniki êmpun ilang babar pisan labête dhêmên ngabotohan, saulihe saka ing pondhok pasantrèn Panaraga malik dadi santri, kêncêng ngibadahe, sabên bêngi andêrêp[4] kuran, lah nika sing krungu saka ing ngriki ngaji ontên ing langgar, kalihdene mêlih sabên esuk seba têng Sastrajendran, nyuwun barkah sinau kasusastran [kasusastra...]

--- 216 ---

[...n] Jawa, ngèlmu alam lan kodrat, napadene palak, kula eram gêlise pintêr, kula saniki rumasa kalah. Kajaba mêkotên kabèh kawruh praja dicaki, têng jogèd, dhèk bocah êmpun tau kula lêbokake wirèng, têng gêndhing wong duwe gamêlan dhewe malah bisa nabuh, têng katuranggan ênggih mangêrti, dhasar wiwit cilik mula êmpun kêndêl nunggang jaran, saniki saya baud maguru têng pak Bèi Talikapa, sabên Rêbo Sêtu milu têgar, wêruh têng têtali. Dalah wêsi aji digurokake. Têng gada gitik main tangan lan main pêdhang, anggar, plorèt sêkadrum, batonir, bisa kabèh, gurune okèh, sumurup kula sabên abis bulan kula nampani rèkêning bayaran, kula tanpa takon mung banjur kula bayari kalawan sênênging ati.

b: Kalêbêt bêgja panjênêngan sampeyan, kagungan putra alitipun murang sarak, agêngipun dados bangun turut, ingkang kathah asring kêlajêng mursal. Punapa karsa sampeyan wau kenging kula damêl rêraosan wontên ngarsa dalêm kangjêng.

a: Ênggih dhasar karêp kula mêkotên, nanging mang arah-arah ampun nganti kengis saka karêp [karê...]

--- 217 ---

[...p] kula dhisik, mung saka karêp samang dhewe, yèn katon mênga bakal kula lêboni, kula lajêng seba caos bêkti dhisik, sukur bisa kalih dèn ngantèn, sarta ngaturi pèni-pèni sing andandosake parênge panggalih dalêm.

b: Karsa sampeyan punika kula amrayogèkakên sangêt, benjing-enjing bibar kambêngan kula angkah-angkah lajêng badhe ngadhêp wontên ngarsa dalêm, mênawi katingal padhang langitipun, kula munjuk rêraosan bab wau punika.

a: Ênggih ta, môngsa bodhoa kapenake, mung yèn êmpun kêlakon munjuk mawon banjur mang mriki, besuk samang kula bungahake.

b: Ingkang makatên punika botên kula manah dèn bèi, namung sok ugi sagêd kalampahan manah kula sampun bingah, rumaos kula kados amêndhêm kasaenan ingkang botên ical ing salami-laminipun.

a: Dhasar ênggih mêkotên, niku kabêcikan sing botên kêna ilang.

b: Mênawi sampun têrang dhawah sampeyan kula lajêng kalilan mundur.

a: Ênggih kang. Jago kula sida kêpripun.

--- 218 ---

b: Janji sampun kaparêng gampil, mênawi sagêd benjing kambêngan ngajêng kemawon kula suwun.

a: Ênggih bêcik

__________

Radèn Dêmang Malang, a: Ibune.

Mas Ajêng, b: Ontên napa.

a: Kêpriye kang dadi kênthêle atimu prakara anakmu si thole, sarèhning wis akil balèg, bêcik nuli dipikir jodhone, apa mênyang putri, apa mênyang anaking priyayi, apa mênyang anaking sudagar.

b: Kula ngotên tiyang èstri, mêsthine ming miturut napa sakarsa sampeyan, awit purba wisesa ontên sampeyan.

a: Wis bênêr mêngkono, nanging luwih bêcik rinêmbug ing wong loro, dadi ora kêparan tutuh.

b: Sayêktose kula kiyambak ênggih ngraosake bingung, rabi putri ontên paribasane: nyunggi lumpang kênthèng, dening botên sagêd nyambut damêl napa satatane tiyang gêgriya, damêle ming wêdhak pupur, môngka tiyang jalêr niku botên sagêd marêming ningali ayune mawon, kêdah nêdha diladosi sarta dipanci-panci têdhane, sing adhakan [adhaka...]

--- 219 ---

[...n] watêking putri niku kathah purune têng tiyang jalêr, sarta botên èrèp têng tiyang sêpuh, basa inggih botên purun, dening rumaos mênang asli.

a: Aku wis kêrêp krungu paribasan rabi putri diumpamakake nyunggi lumpang kênthèng, nanging durung sumurup têgêse.

b: Kula mêlih mêngrêtosa, samang sing ahli budi botên mangrêtos.

a: Apa anggêr wong ahli budi sumurup marang apa-apa, kang dak gagas kuwi karêpe bae kêpriye.

b: Kintên kula cara Jawi, tiyang nyunggi lumpang kênthèng êmpun mêsthi yèn awrat tur aube mung sakêdhik.

a: Ah, saiki aku wis nyandhak karêpe, wong rabi putri olèhe diupamakake nyunggi lumpang kênthèng iku, têgêse ora kêna sinôngga miring (= abot) kudu mêrtasami, tur undhaking kajèn kèringane si lanang ora sapiraa (= ora aub).

b: Kados ênggih mêkotên.

a: Lah saiki kêpriye kang dadi kêncênging atimu, sarèhning wong rabi putri yèn ora [o...]

--- 220 ---

[...ra] mêrtasami têtela abot, apa rabi anaking priyayi apa anaking sudagar.

b: Yèn têng anaking sudagar kula êmpun botên mathuk thok thok mawon, awit tiyang bêbojoan kok tansah prakawisan sadintên-dintên, paribasane ontên wèkmu wèkku, wèkku wèkku dhewe. yèn sing jalêr botên nyukani blônja ênggih siyos anglikik botên nêdha. Kalihdene mêlih watêg sudagar niku botên gadhah antêp têng tiyang jalêr, botên kenging kêcuwik amale, anggêr sing jalêr kirang sêmbada ênggih cêpak pêgatane.

a: Ah giris aku kuwe, wis ta golèk anaking priyayi bae, anake kang Bèi Dhêlong sing panggulu, kae durung laki, sing pambarêp wis laki olèh Mas Bèi Warak, rupane bêcik bisa nyambut gawe, kowe rak iya wis wêruh ta.

b: Ênggih êmpun, nanging sanadyan priyantun Mas Bèi Dhêlong niku budine ênggih kados sudagar, anak-anake sami dikèn nyambut damêl mêdal gantos utawi kuwadean, sawênèh abêbakulan, budine sami mawon kalihan sudagar, yèn priyantun utami [uta...]

--- 221 ---

[...mi] botên ajêng bêbesanan kalih Mas Bèi Dhêlong.

a: Bênêr kandhamu iku, nanging jaman saiki ora mêngkono, akèh sing padha milih rabi sudagar, paribasane ana: bisa nyôngga wangkong.

b: Ênggih ming ontên ucap-ucapan mawon, yêktine botên, sok ontêna pyayi rabi sudagar awake ênggih klêbu ing utang, kêpêksa miturut sakarêping wadon, yèn botên miturut ênggih bakal kalêbu ing buèn, dening pambantinge sing wadon anjaluk balining dhuwite kang pinotangake. Sayêktose kula kapingin bêbesanan kalih priyantun, sapisan sami kaluhurane, dadose aji ingajèn, têbih têng sulayan, kaping kalih anaking priyantun niku kathah sing susila, sarta kathah kasagêdane, bêkti ing laki ajrih ing tiyang sêpuh, dene sing kula kapengini gadhaha besan kados Dèn Ngantèn Tangkilan, watêke andhap asor, rumakêt têng pasanakan, pambêkane utami, sêpi têng pamrih. Ga sampeyan (verk. v. duka sampeyan) dèn bèine, kula môngsa têranga.

a: O, yèn Dèn Bèi Tangkilan iku pikire [pikir...]

--- 222 ---

[...e] ambaludag bangêt sak dara, aku wis tamat, apa duwe anak wadon ta.

b: Gadhah ming satunggil, sawêg nêdhêng-nêdhênge birai, wêrnine sae tanpa cacad, dhèk sunate kula rak ênggih jagong mrika, sapriki êmpun langkung gangsal taun, samang êmpun kêsupèn.

a: O, iya saiki aku eling, malah ulihmu saka jagong lagi têkan ing pringgitan ngalêm ayune bocah iku.

b: La ênggih.

a: Karêpmu iku aku wis rujuk, saiki tak anglakokake congkok dhisik, kang Mugên kae wong lobokan, mau wis dak undang, nanging prakara jago, mêngko dak bobotane rêmbug iki pisan, ayake bisa awit marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, têpung bêcik.

Panakawan: Punika Ki Mugên sowan wontên ing pandhapa.

Dêmang Malang, a: E, Dene lagi dak rasani têka. Wis ta ibune, mêmujia bae bisane kêlakon karêpmu iku, tak nêmoni kang Mugên dhisik, majua mrene bae kang.

Mugên, b: Inggih.

--- 223 ---

a: Kowe mau apa kabênêran ana ing omah, tak undang gêlis têka.

b: Inggih.

a: Dhèk wingi sore aku wêruh kowe mangetan mênyang ngêndi.

b: Sowan rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan.

a: Ana gawemu apa.

b: Botên wontên damêlipun, namung pêrlu kaparingan sumêrêp angsal sawung kêkalih saking rêdi Mrapi.

a: Apa bêcik.

b: Sae.

a: Mulane kowe tak undang, ana pitakonku sathithik, mênawa kowe sumurup.

b: Punapa ingkang kadangokakên.

a: Putrane wadon adhi Radèn Ngabèi Tangkilan kae apa durung olèh ênggon.

b: Dèrèng, nanging pamirêng kula sampun dipun sawèni dhatêng Kangjêng Pangeran Dêmang Panangkil, badhe kapundhut ampil, amargi warninipun sae, antêng jêtmika kathah kasagêdanipun, karsa sampeyan andangu.

a: Iya ana, saiki kêpriye.

--- 224 ---

b: Kok kèndêl.

a: Sababe.

b: Kula kirang têrang, pandugi kula sandi, amargi kangjêng pangeran badhe krama pikantuk putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta.

a: Coba kowe tak kongkon, nanging isih laku sandi, yèn parêng putrane iku tak suwun dhewe, tak dhaupake karo anakku barêp thole Sarjana, yèn wis katon mênga bakal dak têmbung kalawan layang, nanging traping têmbung samarên bae, aja ngêblak kaya kandhaku iki.

b: Inggih sandika, mênggah karsa sampeyan punika punapa tumuntên.

a: Yèn bisa iya mêngkono.

b: Sok makatêna lajêng kenging kula lampahi ing samôngsa-mangsanipun, pados sêlaning padamêlan sarta nawang langitipun bilih nuju padhang.

a: Iya mêngkono, nanging olèh gawe utawa ora, aku nuli wèhana kabar.

b: Saèstunipun makatên, namung mênawi wontên pitakènipun rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan, putra sampeyan punika punapa dèrèng mêndhêt sêlir.

--- 225 ---

a: Wo, si thole iku tani bêntil ora mogèlkul, andhuwêl ana ing omah bae, dalah ngrasani wong wadon ana sangarêping wong tuwa ora.

b: Meda sanèsipun.

a: Iya ora duwe, ora saka ngalêm marang anak, mung satêmêne bae, dalah mênyang jago iya ora dhêmên, môngka aku kiyi dhêmên bangêt, ora beda kaya kowe mono.

b: Sukur mênawi makatên.

a: Kowe mêngko apa ngêtokake jago mênyang kalangan.

b: Inggih.

a: Jago sing êndi.

b: Pun genjong.

a: Apa wis pulih awake.

b: Kados sampun, têlihipun mênawi enjing sampun kothong (tôndha sarasing badan) ulatipun sampun balèngèr.

a: Aku bok nêmpil pangarêp limang rupiyah bae, arêp milu dhewe lagi akèh pagawean.

b: Sumôngga (= inggih).

a: Ênya gilo tampanana saiki bae têmpilaku.

--- 226 ---

b: Inggih. Mangke mênawi tarunge wontên unggulipun mawi kawangsulakên punapa botên.

a: Ora, aku iki botoh bodho, molak-malik iku ora bisa, mulane mung baku ana ing jago bae, yèn jago kang dak iloni mênang ngukup, kalah dikukup, beda karo botoh sing pintêr, jagone kang diiloni katon bakal kalah, banjur malih totohan unggul, tibaning ngêndon bisa mênang dhuwit, aku ora bisa mêngkono.

b: Kasinggihan dhawuh sampeyan punika, ananging mênawi wontên sawung molak-malik, botoh-botoh kathah ingkang bilai, têlas yatranipun dening ngiwa nêngên kawon.

a: Iya dhasar kuwi sing dak singkiri, mulane totohanku mung pathok bangkrung bae.

b: Sampun siyang kula lajêng kêlilan dhatêng ing kambêngan.

a: Iya, mêngko awèha kabar.

Mugên, a: Inggih. Êndi le jagone.

Panakawan, b: Kula sêngkêri wontên ngandhap prèh.

a: Jupukên mrene.

b: Inggih. Mênika.

a: Mau apa wis kobanyu.

--- 227 ---

b: Sampun.

Mugên, a: Êngga mang tandhing mas.

Mandangjaplak, b: Niki rak si genjong ta.

a: Ênggih, nanging awake dèrèng pati waras.

b: Môngsa, ulating jago mèngèr-mèngèr mêkètên dèrèng waras. Tandhinge si genjong ming kalih si mèsêm.

a: O, nèk kalih si mèsêm biyèn mula kula wêdi.

b: Sing mang wêdèni napane, padha dhuwure, padha gêdhene.

a: Ênggih, ning kalah otot.

b: Tobat-tobat, kalah otot kêpripun, dadi otote si genjong kaya wêsi galigèn niku kalah.

Botoh, c:Êmpun mas mang wanèkake, kula nêmpil ngarêp satus (= 100 duit)

c. Kula rongatus.

c. Aku limang atus.

a: Pangarêpe pintên ta.

b: Mung kalih èwu mawon.

a: Ênggih ta, yèn mung sêmontên kula wanèkake. Panjênêngan dalêm namung kalih atus kemawon, dara, amargi kala wau kula nampèni têmpilan pangajêng saking ingkêng kakang

--- 228 ---

Mas Ngabèi Wijamantri saringgit, saking ingkêng kakang Radèn Dêmang Malang 5 rupiyah.

c. Iya, saka duman kadumane bae.

c. Kula nêmpil pangarêp milu si mèsêm têlung atus.

c. Kula rongatus.

c. Kula satus.

b: Ênggih, ênggih, liyane êmpun botên, mêngke kula dhewe kapiran botên uman totohan. Êngga mas, mupung têsih awan padha nuli dibanyu.

a: Êngga. Tukokna sêga pulên le, aja sêga angêt (kadamêl nêdhani sawung bilih badhe dipun abên, dipun kêpêl-kêpêl panjang lajêng dipun lolohakên).

b: Êmpun mas

a: Êmpun.

b: Cul playu.

a: Cul playu.

b: Iya. Bae mèsêm, bae mèsêm.

a: Asor apit.

c. Unggul têlu patan.

c. Asor limalasan

c. Satus, satus, kula limalasi.

c. Satus.

--- 229 ---

c. Rongatus.

c. Ênggih rongatus.

c. Ora, ora (pun genjong kêjalingan) tak apite, tak limane.

c. Puluhan asor.

(Sawung lajêng kacêpêng wontên ing satêngah kambêngan, têgêsipun nêlasakên banyon, namung kantun sapisan punika, pun genjong lajêng dipun toya, makatên ugi mêngsahipun, lajêng dipun umbar, pun genjong kluruk (tôndha botên lirip manahipun) lajêng kathah botoh ingkang sami asor, rame tarungipun gêntos inggil, gêntos asor, pun Genjong malês anjalingi sarta jalunipun tumancêp ing mata, pun mesêm kabur lumajêng têrus kawon, surak ambata rubuh).

__________

P. Dhandhun Martèngsari, a: Plak (verk. v. Mandangjaplak)

Mandangjaplak, b: Nun kula.

a: Aja mulih dhisik, milua aku arêp dak jak omong-omongan.

b: Nun inggih sandika (kêbênêran ikiane (verk. v. arane), pancèn arêp seba malah [ma...]

--- 230 ---

[...lah] ditimbali bakale ora kawanguran karêpku).

a: Linggih ana ing jaba bae Plak, kene isis.

b: Nun inggih.

a: Olèhmu totohan katon bikut têmên.

b: Kasinggihan dhawuh dalêm, amargi sawung ingkang kula botohi ing ngajêng unggul lajêng asor malah lajêng badhe kawon, kula lajêng malik tumut sawunging mêngsah.

a: La sidane kêpriye, bisa mênang apa ora.

b: Sagêd, abdi dalêm piyambak namung kantun mênang saringgit, dening sampun kêkathahên toh numuti sawung ingkang kawon. Kala mêngsahipun kajalingan, abdi dalêm lajêng malik asor gangsal wêlasan sarta apit, nanging sarêng sawunging mêngsah gêntos unggul, abdi dalêm kula lajêng malik malih anggangsalwêlasi sarta ngapit, sarêng nglarug lajêng abdi dalêm rungkêbi pisan, niga gangsal (3 = 5), niga (1 = 3) nyakawan (1 = 4) anggangsal (1 = 5) ngantos dumugi nyadasa (1 = 10) mila taksih sagêd mênang saringgit, punika sanèsipun têmpilan.

a: Wong kowe prigêl, mulane arang kalah, [ka...]

--- 231 ---

[...lah,] beda karo aku, yèn jago molak-malik sing ana mung bingung. Sing cêpak dhêmên asor, mulane kêrêp kalah, yèn dhêmên unggul kaya kowe, rasaning atiku êmar, la wong dhuwit sadhuwit kok dipadhani suwang puluhan iku.

b: Tiyang sanès botoh gusti, umanipun abdi dalêm punapa.

a: Wis lawas Dèn Bèi Tangkilan ora tau nglurug ngadu jago mrene, apa wis ora dhêmên jago.

b: Taksih rêmên, malah mêntas pikantuk sawung enggal kêkalih wêdalan saking rêdi Mrapi, sae pêthèkipun, rêraosanipun badhe dipun saosakên ing panjênêngan dalêm (bêgja dora cara) radèn ngabèi namung badhe tumut notohi kemawon, awit ngopèni piyambak sampun botên sagêd kobêr. kalihan badhe manakawanakên anakipun jalêr.

a: Munakawanake kêpriye.

b: E, kulu nun nyuwun ngalap barkah sinau sêkar agêng kalihan gêndhing saha jogèd dhadhap gêlas tuwin dhadhap kareta.

a: Yèn mung mêngkono bae aku bisa, pira sing arêp diajarake anake.

--- 232 ---

b: Kulu nun abdi dalêm Radèn Ngabèi Tangkilan, anakipun jalêr namung satunggal.

a: Anak wadon.

b: Gadhah, inggih namung satunggal, sêpuh ingkang jalêr dados nama gêdhana gêdhini.[5] Mila anakipun jalêr sangêt dipun gala-gala, winêlêg ing piwulang, kenging winastan putus dhatêng sawarnining kasagêdan, dhasar bagus warninipun.

a: Aku kapingin marang kandhamu iku sumurup marang anake Radèn Ngabèi Tangkilan, yèn mrene konên ngajak.

b: Nuwun inggih sandika.

a: Bubaran plak.

b: Nuwun.

__________

Tangkilan, a: Kang, gêlis têmên bali, lagi rong dina napa êmpun kalakon seba têng kangjêng pangeran.

Mandangjaplak, b: Kalêrêsan dèn bèi, kala wingi bibar ngabên sawung kula kaandhêg kakarsakakên omong-omongan wontên ing palataran, kula lajêng masang gêlar sandi upaya, botên katawis pisan-pisan yèn ngandhut wadi (lajêng dipun cariyosakên kalayan titi) warninipun [war...]

--- 233 ---

[...ninipun] kangjêng pangeran sampun kêlêbêt ing gêlar, kagungan sampeyan sawung prayogi tumuntên kaaturakên, saya prayogi malih bilih panjênêngan sampeyan sarta Radèn Bagus Suwarna tumuntên kalampahan sowan.

a: Bênêr karêpe si kakang iku, malah prayogane jago niku bêcik kula dhewe mawon sing ngaturake, si thole milu iring-iring kula, nanging utamane kangjêng ajêng kula saosi têkên bungkul gadhing yasan kula dhewe, pantês kagêm ing wong gêdhe.

b: Punika saya prayogi malih. Karsa sampeyan sowan benjing punapa.

a: Saniki dinane Rêbo, kula rèh besuk êmbèn dadi ontên malêm Sêtu, si kakang milua kula, sêmayan mawon jam 4 êmpuna ontên ing regol.

b: Inggih sandika, mênawi sampun têrang dhawuh sampeyan, kula sampeyan lilani mundur.

a: Ênggih kang.

__________

Tangkilan, a: Lo, kadingarèn kowe têka mrene, kaya wis lawas têmên ora katon-katon. Apa lara.

Mugên, b: Botên, mêntas nglampahi ayahan [ayah...]

--- 234 ---

[...an] dalêm nyadran dhatêng Giri ngantos sawulan sawêg mantuk.

a: Apa bisa nyambi golèk kêcik.

b: Sagêd, angsal sakanthong, nanging kathah ingkang awon.

a: Yèn aku dhewe kêcik Giri iku ora dhêmên, awit musuhe iya kudu padha Giri, apêse jarak.

b: Kala wau kula sumêrêp putra sampeyan dèn bagus, kula pandung, kok enggal têmên katingal sampun jaka.

a: Iya, barêng mêntas têtak iku awake banjur andêdêl kaya diububi.

b: Sampun pintên ngumuripun.

a: Yèn ngumure mono durung pati akèh, lagi pitulas taun lumaku, wis kok arani jaka mung dening longgor, witne adhine wis ngungkuli kakangne.

b: Punika sampun limrah mênawi lare èstri enggal agêng tinimbang lare jalêr. Punapa sampun kagalih jodhonipun putra sampeyan dèn bagus.

a: Uwis, nanging durung karuwan dadine.

b: Kula namung ngajêng-ajêng tumuntênipun kalampahan.

--- 235 ---

a: Nanging yèn bisa arêp dak barêng karo adhine, iku yèn cêpak jatukramane.

b: Punapa dèrèng wontên ingkang ngraosi.

a: Wis akèh, nanging aku durung rujuk, malah wus disawèni karo Kangjêng Pangeran Dêmang Tanpanangkil, arêp dipundhut ampil, aku ora nyaosake, amarga rasaning atiku anak wadon dadi sêlir iku abot, iya yèn kêbênêran olèh sihing gusti, yèn ora mundhak kêlara-lara, yèn dadi rôndha ora payu laki, ana paribasane kae: kênthang-kênthang kaya randhaning satriya.

b: Raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang kados kagungan Pangeran Pati, bagus warninipun, kathah kasagêdanipun sarta botên gadhah meda. Punapa dèrèng matur rêraosan dhumatêng panjênêngan sampeyan.

a: Kok durung, dhèk aku barêngan tungguk kae rasanan ngalêm putrane, nanging ora pati tak tanggapi.

b: Saupami panjênêngan sampeyan sagêd kêlampahan dados besanipun raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, saiba bingah kula sasat bunci rangkêp, mrika kalêrêsan, mriki dipun alêm.

--- 236 ---

a: Prakara jodho iku dudu gaweaning manungsa, atas karsaning Pangeran, upama kangmas Dêmang Malang kapingin dadi besanku, aku mung sukur ing Allah, muga-muga kasêmbadana.

b: Sayêktosipun kula punika dipun boboti dhatêng raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, mênawi kêparêng saha sinêmbadan dening pangayubagyanipun para sêpuh, raka ijêngandika badhe manakawanakên putranipun pambajêng nama Radèn Bagus Sarjana mugi dadosa pamomongipun putra sampeyan Radèn Lara Suwarni. Amurih botên kuciwa ing sêmu, bilih sampun andadosakên condhonging panggalih, raka ijêngandika sakalihan badhe pinarak mriki, nyowanakên ingkang putra Radèn Bagus Sarjana.

a: Karêpmu iku kapasang yoga yèn dhasar tinakdir jodho, kapasang yogane, amarga aku lagi mikir jodhone si thole, ananging niyatku arêp dak golèkake momongan (jodho) putra sarta gawene arêp dak barêng karo adhine, coba tak rêmbuge karo dèn ngantèn dhisik mênyang omah, êntènana sadhela.

b: Inggih.

Tangkilan, a: Ibune.

--- 237 ---

Radèn Ngantèn, b: Kula.

a: Ana rêmbug yèn kowe condhong, kang Mugên mrene, dhapur dikongkon karo kangmas Dêmang Malang, nakokake anakmu si ndhuk.

b: Napa sampeyan êmpun priksa larene.

a: Uwis, dhèk isih ngaji mênyang Jamsarèn, aku sok wêruh yèn nuju mlaku-mlaku esuk, rupane gajêge bêcik, iku yèn aku lan kowe wis awèh, si ndhuk arêp ditontoni. Ênggonku banjur anggampangake rêmbug iku amarga kapasang yoga, kapasang yogane dene karêpku yèn si thole nuli bisa olèh jodho, arêp dak barêng pangêntasku.

b: Napa sampeyan bata rubuh, rak botên sae.

a: Donok (verk. v. ngêndi ana), bata rubuh mono yèn têmu barêng, iki ora mêngkono, karêpku, si thole têmu dhisik ana ênggoning besan, sapasare tak undhuh, nanging karo nêmokake si ndhuk, dadi ngundhuh sapasar karo nêmokake pangantèn, aran banyu mili.

b: La lare niku anak sêpuh napa anak nèm.

--- 238 ---

a: Anak tuwa pangeran pati, yèn anak nom, sanadyan becika rupane, aku môngsa awèha, amêsthi banjur dak tulak bae.

b: Kula ênggih êmpun amrayogèkake karsa sampeyan niku, tiyang gadhah anak èstri cekat-cèkêt nuntêna angsal jodho, kalihdene mêlih nontoni niku botên dados napa, yèn rujuk wêrnine lajêng, yèn botên ênggih sande, awit dèrèng ontên sêrate panêmbung, siyosan dene ming kêtitik saking sêmu

a: Yèn mêngkono rêmbug iki kêna dak wangsuli saiki.

b: Pamanggih kula ngotên.

Tangkilan, a: Wis ta tak mêtu. Kang, wis dak rêmbug karo dèn ngantèn, prakara karsane kangmas dêmang arêp pinarak mrene sakalihan, wong sadulur ora ana pakewuhe, oraa jalaran mêngkono iya kêna bae, dene bisaku nampani besuk dina Salasa tanggal ping patbêlas, nuju purnama wayah jam 7 sore, kondure kangmas ora pêtêngan, taklimku bae aturna.

Mugên, b: Nun inggih, kula lajêng kalilan mundur.

a: Iya kang.

__________

--- 239 ---

Tangkilan, a: Suwarna.

Suwarna, b: Nun kula.

a: Dandana le, milua aku tak sebakake marang Kangjêng Pangeran Panji Dhandhun Martèngsari, arêp dak suwunake barkah sinau marang têmbang gêdhe lan gêndhing apadene matêngake jogèdmu dhadhap.

b: Nun inggih sandika, (salêbêting batos Radèn Bagus Suwarna bingah dening angsal wêwah paguron, nanging botên anggraita bilih badhe dipun pitongtonakên. Karêmênipun Radèn Bagus Suwarna botên ngangge sarwa enggal, ngangge sarwa luwas, nyêngkanipun masêm, nanging gumrining adamêl rêsêpipun têtiyang ningali, taksih kadhal mènèk, amaruwun sinomipun barèh dening botên tinata, wulu kalong kêtêping palarapan taksih wêtah, botên risak dening birai, têtela yèn taksih wêtah dèrèng misik wanodya. Radèn Ngabèi Tangkilan lajêng mangkat anumpak siyas, Radèn Bagus Suwarna ngampil lopak-lopak wontên bak ngajêng, dumugi ing regol Martèngsarèn mudhun, Ki Mandangjaplak sampun dhatêng angrumiyini wontên ngriku).

Tangkilan, a: Êmpun suwe kang, samang wau.

--- 240 ---

Mandangjaplak, b: Sawêg dhog kemawon dèn bèi katungka panjênêngan rawuh.

a: Kêbênêranane, kangjêng napa êmpun lênggah.

b: Tingalipun sampun, wontên ngèmpèr pandhapa iring wetan punika, adat pinarakanipun wontên ing ngriku, lah punika sampun katingal wontên panakawan ngadhêp.

a: Nigu lo (van niku lo) jagone digawa ing panakawan kula loro, napa banjur digawa malêbu barêng.

b: Inggih dèn bèi, lajêng kabêkta sarêng kemawon, botên wontên pakèwêdipun.

a: Êngga ta.

b: Môngga.

Dhandhun Martèngsari, a: Lo Dèn Bèi Tangkilan, majua kene bae dèn bèi.

Tangkilan, b: Nuwun inggih sandika.

a: Bok kolinggihi lampite, mêstèr iku anyêp, yèn wong ora tahan linggih ing anyêp, sok banjur mangsuk angin.

b: Nuwun inggih.

a: Lawas olèhmu ora mrene, dhèk kalangan dina Rêbo kapungkur iki kowe dak rasani karo Si Mandangjaplak.

--- 241 ---

b: Kulu nun inggih, nanging abdi dalêm kula rumaos gêla sakêdhik.

a: Gêla apa.

b: Kulu nun dipun rumiyini ing atur dhatêng abdi dalêm pun kakang Mandangjaplak, yèn abdi dalêm kula badhe ngaturi pisungsung sawung abênan.

a: Iya dèn bèi, aku dikandhani.

b: Dados atur kula punika sampun cêmplang.

a: Môngsa, padha bae.

b: Sarèhning sampun wontên unjukipun kakang Mandangjaplak, dados abdi dalêm kula namung ngunjuk ngaping kalihi kados unjukipun pun kakang wau kemawon, ananging murih ragi sêdhêpipun unjuk kula, kula angunjukakên pisungsung malih awarni lantaran kajêng timaha sêmbur wêdalan ing Lodhaya, garan sarta pucukipun gadhing dêdamêlan kula piyambak, sanadyan botên pantês kagêm dening tanpa rêrênggan sêsotya, ananging punika tapak tangan kula piyambak, prasasat sêmbah kula botên oncat wontên ing asta dalêm salaminipun.

a: Kaya apa gaweamu spr. (van gaweanmu) têkên.

b: Kulu nun, punika.

a: Kourungi sutra kuning.

--- 242 ---

b: Kulu nun dipun cêpêng mênawi rêgêd.

a: Wa, apik têmênan, dèn bèi, gaweamu apa iki tapak tanganmu dhewe.

b: Nun inggih.

a: Ngungkuli gawean Eropah.

b: Tiyang panggarapipun namung sasêlot-sêlotipun kemawon, têkên satunggal punika rampungipun langkung sataun.

a: Jagone êndi.

b: Kulu nun punika.

a: Apik kabèh dèn bèi pêthèke, rak iya ta, Plak (verk. v. Japlak)

Mandangjaplak, c: Nuwun inggih.

a: Panakawan.

Panakawan, d: Nuwun kula.

a: Jago loro iki paringna marang Si Lurah Satarêksaka, konên ngopèni sing bêcik, sesuk arêp dak coba.

d. Nuwun inggih sandika.

(Sadangunipun ngandika, kangjêng pangeran tansah amirsani dhatêng Radèn Bagus Suwarna, ngalêm salêbêting batos, osikipun: nyata bocah iki bêcik rupane, alus solah bawane, tajêm polatane, jêtmika sugih wiweka, patut sugih kapintêran, katitik saka liringe amêngku kasujanan [kasuja...]

--- 243 ---

[...nan] sarta prasajaning panganggone, ora bêsus, nanging ekroh, tur rêsikan).

b: Kula nuwun gusti, pisowan kula ing panjênêngan dalêm, kajawi saos bêkti lami botên sowan, mênawi wontên kaparêngipun panggalih dalêm, abdi dalêm kula kami purun nyuwunakên barkah, pun Suwarna mugi kalunturan sih piwulang dalêm sêkar agêng, gêndhing sarta jogèd dhadhap.

a: Apa wis ana sing dibisani.

b: Kula nuwun, sadaya sawêg nama lumampah, namung kenging kadamêl pawitan nampèni dhawuh dalêm.

a: Ora ana pakewuhe dèn bèi, aku mituruti panjalukmu iku, amarga ing kene sabên malêm Sênèn wirèngan, malêm Kamis kalênengan ngiras ngajar bocah-bocah nabuh sarta nêmbang gêdhe, iku anakmu konên mrene banjur nunggala karo bocah-bocah mau.

b: Nuwun inggih sandika.

a: Anakmu iku umure wis pirang taun.

b: Kulu nun pitulas taun lumampah punika, anggèn kula nêtakakên kala taun ingkang sawêg [sa...]

--- 244 ---

[...wêg] kapêngkêr punika, dados ngumur 16 taun lumampah, têtêpipun sawêg ngumur 15 taun.

a: Isih bocahane (verk. v. arane), mungguh bocah têtak ngumur 15 taun iku sêdhêngan, ora kêgêdhèn, ora kêcilikên, aku biyèn rada kêgêdhèn, ngumur 17 taun lumaku lagi ditêtakake.

b: Kula nuwun, mênggahing kula rêmên kagêngên, tinimbang kalihan taksih kalitên, ewadene kathah-kathahipun tiyang wontên ingkang rêmên kalitên, sawêg ngumur 12 taun sampun dipun têtaki.

a: Iku malah dadi bungkik, andadak môngsa arane, ora bêcik tumraping bocahe kang nglakoni, wijine isih ênom, bubaran dèn bèi.

b: Nuwun inggih sandika

(Kacariyos Radèn Bagus Suwarna sabên Sênèn Kêmis ing wanci sontên sowan dhatêng Martèngsarèn sinau jogèd, sêkar agêng sarta gêndhing, limpad ing panggraita, punapa ingkang kawulangakên lajêng sagêd angungkuli kônca-kancanipun, kasok sihipun kangjêng pangeran, Radèn Bagus Suwarna winêlêg ing kramaniti, wontên ingkang karaos [karao...]

--- 245 ---

[...s] ing galih badhe kapundhut mantu, nanging taksih sinandi).

a: Suwarna.

b: Nuwun kula.

a: Ênggonmu sinau jogèd dak tonton kaya wis akèh kang kêlêbu, saiki kowe dak surupake anane jogèd-jogèd mau kabèh, kaya ta:

1. Tamèng Towok, kang anjogèd wong loro, gêgamane iya tamèng towok, gêndhinge Kalaganjur salendro pathêt sanga.

2. Lawung Gêdhe, kang anjogèd wong papat, gêgamane tumbak, pêdhang suduk, gêndhinge Liwung salendro pathêt nêm.

3. Gêlas Gêdhe, kang anjogèd wong papat, kang loro nyêkêl gêlas, kang loro nyêkêl gêr gêlèk, gêndhinge Kagok Madura salendro pathêt sanga. Iku dhèk jaman Mataram, panjênêngane eyang Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga.

4. Laras Panji anjogèd ijèn, nganggo rimong, gêndhinge Sumêdhang pelok pathêt nêm, iku dhèk jaman Kartasura panjênêngane eyang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. II.

--- 246 ---

5. Laras Panjinom, kang anjogèd wong loro, ora nganggo cêkêlan, mung sondhèr, gêndhinge Sobrang pelog pathêt barang.

6. Dhadhap Kanoman, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang Sêtyaki, gêndhinge Rangsang Tuban pelog pathêt barang.

7. Dhadhap Kareta, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang Sômba, gêndhinge Sêgaran pelog pathêt nêm.

8. Tamèng Glèlèng, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris sarta tamèng, gêndhinge Jong Mèrukudus, salendro pathêt manyura.

9. Tamèng Badhung, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris sarta tamèng, gêndhinge Kadhaton Bêntar, salendro pathêt nêm

10. Panah Gêdhe, kang anjogèd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Lèngkèr pelog pathêt nêm. Iki wis jaman Surakarta nanging awal, isih panjênêngane eyang mau.

11. Dhadhap Karna Tinandhing, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap wayang [wa...]

--- 247 ---

[...yang] Suryaputra, gêndhing Playon pelog pathêt barang.

12. Dhadhap Alus, kang anjogèd wong papat, gêgamane kêris, nganggo dhadhap kêmbangan tanpa wayang, gêndhing Playon pelog pathêt lima.

13. Lawung Cilik, kang anjogèd wong papat, gêgamane lawung, gêndhinge Êmbat-êmbat Pênjalin salendro pathêt nêm.

14. Panah Cilik, kang anjogèd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge ladrang Sêmang pelog pathêt nêm.

15. Gêlas Cilik, kang anjogèd wong papat, kang loro nyêkêl gêlas, kang loro nyêkêl gêr gêlèk, gêndhinge Boyong salendro pathêt manyura, iku anggitan dalêm eyang Ingkang Sinuhun P.B. IV.

16. Astra Kusuma, kang anjogèd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge Gôndakusuma munggah Calunthang salendro pathêt sanga, iku anggitan dalêm P.B. VIII nalika isih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati.

17. Panah Arjuna Wijaya, kang anjogèd wong loro, gêgamane panah, gêndhinge

--- 248 ---

ladrang Winangun pelog pathêt barang, iku anggitan dalêm P.B. IX.

18. Wirèng Bôndabaya, kang anjogèd wong papat, gêgamane pêdhang kêstul, nganggo tamèng, gêndhinge Bindri salendro pathêt sanga, iku anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan H.B. IV ing Ngayoyakarta.

b: Kula nuwun, liya punika punapa sampun botên wontên malih.

a: Isih akèh anggitane para agung, nanging mung angowahi kêkêmbangane bae, sarta sinalinan arane, nanging bakune ora owah.

b: Kula nuwun mênggah pathokanipun sinau sêkar agêng punika kadospundi.

a: Iku rada ana gampange, kang pêrlu ambisakake marang apalan sawiji, yèn wis apal banjur anitèni kèh sathithiking aksara pêdhotane, ora mawang guru lagu, awit têmbang kawi tanpa guru lagu, anggêr wis bisa angèlingi marang kèh sathithiking pêdhotane, iya wis bisa ngunèkake.

b: Punapa kathah cacahipun sêkar kawi.

a: Akèh bangêt sarta aku ora apal.

b: Ingkang panjênêngan èngêti kemawon [kemawo...]

--- 249 ---

[...n] saha lampahipun, abdi dalêm kula kapengin sumêrêp.

a: Cathêtana bae ta, dadi ora lali.

Nuwun inggih sandika.

Supaya gampang pangupayane têmbang kang dikarêpi, dak urutake dênta ywanjanane, kaya ta:

Irim-irim[6] lak. 22. pêd. 8.7.7 x 2 = 44 x 2 = 88.

Nagakusuma lak. 18. pêd. 6.6.6 x 5 = 30 x 2 = 60.

Nagabônda lak. 18. pêd. 5.5.8 x 2 = 36 x 2 = 72.

Côndrakusuma lak. 16. pêd. 8.8 x 2 = 32 x 2 = 64.

Côndrakumara lak. 8. pêd. 8.8.8 x 3 = 24 x 2 = 48.

Côndrawilasita lak. 12. pêd. 4.8 x 2 = 24 x 2 = 48.

Citramêngêng lak. 12. pêd. 6.6 x 2 = 24 x 2 = 48.

Rarabentrok lak. 16. pêd. 8.8 x 2 = 32 x 2 = 64.

Kuswalalita lak.23.pêd.5.6.6.6 x 2 = 46 x 2 = 92.

Kusumastuti lak.13.pêd.7.6 x 2 = 26 x 2 = 52.

Kusumawicitra lak.12.pêd.6.6 x 2 = 24 x 2 = 48.

Kawitana lak.17.pêd.5.6.6 x 2 = 34 x 2 = 68.

Kilayunêdhêng lak. 22 pêd.5.6.6.5 x 2 = 42 x 2 = 84.

Surarêtna lak.12. pêd. 4.8 x 2 = 24 x 2 = 48.

Sardulawikridita lak. 19. pêd. 6.6.7 x 2 = 38 x 2 = 76.

Saribrangta lak. 19. pêd. 6.6.7 x 2 = 38 x 2 = 76.

Sikarini lak. 17.pêd. 6.6.5 x 2 = 34 x 2 = 68.

Sudiradraka lak. 13. pêd.5.8 x 2 = 26 x 2 = 52.

--- 250 ---

Sudirawicitra lak. 12 pêd. 5.7 x 2 = 24 x 2 = 48.

--- 251 ---

Sastrakusuma lak. 12. pêd. 5.7 x 2 = 24 x 2 = 48.

Sastramanggala lak. 15. pêd. 7.8 x 2 = 30 x 2 = 60.

Sasadhara Kawêkas lak. 20. pêd. 7.7.6 x 2 = 40 x 2 = 80.

Swandana lak. 20. pêd. 7.7.6 x 2 = 40 x 2 = 80.

Sulanjari lak. 20. pêd. 8.6.6 x 2 = 40 x 2 = 80.

Salisir = Prawiralalita.

Salwarini lak. 21. pêd. 7.7.7 x 2 = 42 x 2 = 84.

Salyarini lak. 17. pêd. 6.6.5 x 2 = 34 x 2 = 68.

Sapartitala lak. 17. pêd. 6.6.5 x 2 = 34 x 2 = 68.

Wisatikandhêh lak. 13. pêd. 7.6 x 2 = 26 x 2 = 52.

Lêbdajiwa lak. 11. pêd. 4.7 x 2 = 22 x 2 = 44.

Langênjiwa lak. 27. pêd. 6.6.7.8 x 2 = 54 x 2 = 108.

Prawirasêmbada lak. 12. pêd. 5.7 x 2 = 24 x 2 = 48.

Prawiralalita lak. 16. pêd. 8.8 x 2 = 32 x 2 = 64.

Patramanggala lak. 16. pêd. 8.8 x 2 = 32 x 2 = 64.

Pamularsih lak. 15. pêd. 7.8 x 2 = 30 x 2 = 60.

Dhadhapmantêp lak. 13. pêd. 5.8 x 2 = 26 x 2 = 52.

Mêrak nguwuh lak. 18. pêd. 5.6.7 x 2 = 36 x 2 = 72.

Madurêtna lak. 12. pêd. 5.7 x 2 = 24 x 2 = 48.

Girisa lak. 16. pêd. 8.8 x 2 = 32 x 2 = 64.

Banjaransari lak. 19. pêd. 6.6.7 x 2 = 38 x 2 = 76.

Kramarawilasita. lak.11. pêd. 4. 7. x 2 = 22 x 2 = 44. Basônta lak. 14. pêd. 8.6 x 2 = 28 x 2 = 56.

Bôngsapatra lak. 17. pêd. 4.6.7 x 2 = 34 x 2 = 68.

Mung kuwi kaelinganaku.

Kula nuwun, Wirangrong kados kalangkungan dèrèng kapangandikakakên.

Ora, Wirangrong iku kalêbu têmbang têngahan, panunggalane: Rangsang Tuban, Kênya Kadhiri, Kuswaraga, Kuswawirangrong mau, Têbukasol, Lonthang, Puspanjali, Palugon, Jurudêmung, Maesalangit, Balabag.

b. Kula nuwun, Jurudêmung kalihan Balabag punika asring kangge wontên ing sêkar Macapat.

a. Bênêr, nanging kang aran têmbang cilik, utawa Macapat: Asmarandana, Kinanthi, Durma, Sinom,

--- 252 ---

Pangkur, Dhandhanggula, Maskumambang, Mijil, Mêgatruh, Gambuh.

b. Sapunika kula sampun têrang saking dhawuh dalêm punika.

a. Gunggunge kêtêmu pira.

b. Kula nuwun sêkar agêng pinanggih 44 sêkar, sêkar têngahan pinanggih 11 sêkar, sêkar alit pinanggih 10 sêkar, mênggah namaning gêndhing panjênêngan dalêm punapa inggih kathah ingkang apil.

a. Iya rada akèh.

b. Mênawiya dhangan ing panggalih dalêm, ugi badhe kula sêrati pisan.

a. Iya bêcik, nanging rada akèh, murih têrange tak ganêpake pisan kaya ta: gêndhing salendro pelog pathêt 5, 6, 9, barang sarta manyura, apadene araning ladrangane pisan winor dadi siji, sarta amurih ringkês bêcik tulisan mawa sastra Walanda bae cinêkak (= verk) kaya ta:

ar. verkorting van arang

bar. verkorting van barang

--- 253 ---

bon verkorting van bonang

gênd. verkorting van gêndhing

gênder niet verk

kên verkorting van kênong

kêr verkorting van kêrêp

kêt verkorting van kêthuk

ladr verkorting van ladrang

lim verkorting van lima

many verkorting van Manyura

pat verkorting van pathêt

pel verkorting van pelog

rêb verkorting van rêbab

slend verkorting van slendro

sng verkorting van sanga

Onang-onang gênd. slend. pat. sng kêt 2 kêr. kên 3

Endhol-endhol gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 2 kêr kên 3

Arum-arum zie Budhêng-budhêng.

Erang-erang 1 gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. Kên. 3

Erang-erang 2 ladr. slend. pat. nêm.

Erang-erang 3 ladr. pel pat nêm

Erang-erang 4 gênd. gênder

Erang-erang 5 gênd. slend. Pat nêm (voor topeng)

Erang-erang 6 gênd pel. pat nêm (bagêlen)

Okrak-okrak gênd. slend. pat. many. ket. 2 kêr kên 3

Udan Asih gênd. slend. pat. many. ket. 2 kêr kên 3

Udan sore gênd. slend. pat. nêm ket. 2 kêr kên 3

Udan mas gênd. slend. pat. nêm ket.

Èsèg-èsèg zie Gendhong

--- 254 ---

Êla-êla gênd. slend. pat. sng kêt. 2 kêr. kên 3

Êla-êla (Kaligêbêr) gênd. slend. pat. sng.

Uluk-uluk ladr. slend. pat. nêm.

Alas Padhang ladr. slend. pat. many.

Eling-eling ladr. slend. pat nêm.

Ayun-ayun gênd. pel. pat. many.

Agun-agun zie Mandulpathi.

Agul-agul gênd. bon. pat. lim.pel. kêt. 8 kêr. kên. 3

Abusinta gênd. gênder pat. nêm.

Angun-angun gênd. slend. pat. many.

Cinanagih gênd. pel. pat bar.

Côndra gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên 3

Côndraupa gênd. slend. pat sng.

Côndranata gênd. pel. pat. lim.

Côndrasari gênd. bon. pat. lim. kêt. 2 kêr. kên 3[7]

Cucurbawuk gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên3[8]

Cacadingrat gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3

Caranggantung gênd. slend. pat. many.

Calunthang ladr. slend. pat sng.

Capang gend. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3

Cangkêt gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên 3

Rahab Bala (Wrahatbala) slend. pat. many.

Rena-rena gênd. gênder pat. nêm.

--- 255 ---

Rèndèh gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 ker. ken. 3

Rèndèh zie Gondrong Pangasih

Rèndèng ladr. pel. pat. many.

Runtik gênd. slend. pat. many.

Rondhon gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 ar. ken. 3.

Rondhonunut gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Rondhonsari gênd. slend. pat. many.

Rindhik gênd. slend. pat. many. kêt. 4. Kêr. kên. 3.

Randhukentir gênd. pel. pat. many.

Randhat gênd. slend. pat. many. ket. 2 kêr. kên. 3. en ladrang Randhat zie Mêrak Kasimpir.

Rôndhamaya zie Mongkondhelik.

Rênyêp gênd. slend. pat. sng. kêt. 4. kêr. kên. 3.

Ranumanggala gênd. slend. pat. nêm.

Ricik-ricik gênd. slend. pat. many.

Rujak sêntul gênd. pel. pat. many.

Ramyang gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Rambu (gêndhing) gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Rêmbun gênd. slend. pat. many.

Rêmêng ladr. slend. pat. many.

Rimong gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.[9]

Rêbêng gênd. rêb. pat. nêm pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Rangu gênd. rêb. pat. nêm pel. kêt. 2 ar kên. 3.

--- 256 ---

Rangsang gênd. rêb. pat. nêm kêt. 2 ar kên. 3.

Kinanthi zie Ludira Madura.

Kêncrong gênd. gênder. pat. sng.

Kêncêng gênd. gênder. pat. sng[10]

Koncang ladr. slend. pat. sng.

Kênceng barong gênd. slend. pat. sng. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kunta gênd. slend. pat. sng. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kôndha, ladrang ladr. slend. pat. nêm.

Kôndha Manyura, ladrang.

Kanyut gênd. slend. pat. nêm. kêt 4 kêr. kên. 3.

Kocak gênd. slend. pat. nêm. kêt 4 kêr. kên. 3.

Krawitan gênd. slend. pat. nêm. kêt 4 kêr. kên. 3.[11]

Kaki-kaki tunggu jagung ladr.

Kadukmanis gênd. slend. pat. sng. kêt 2 ar. kên. 3.

Kadukmanis gênd. rêb. pat. sng. pel. kêt 2 ar. kên. 3.

Kawit gênd.gênder. pat. many.

Kuwung gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kuwung ladr. pel. pat. bar. pel.

Kalunta gênd. slend. pat. sng. kêt 2 kêr. kên. 3.

Klênthung gênd. slend. pat. sng. kêt 2 kêr. kên. 3.[12]

Klênthung gênd. bon. pat. lim. pel. kêt 4 ar. kên. 3.

Klênthung gênd. pat. lim.

Klèwèr Klênthung gênd. pat. bar. pel. kêt 2 kêr. kên. 3[13]

Klumpuk gênd. Carabalen

--- 257 ---

Kopyah ilang ladr. pel. pat. nêm.

Kapang-kapang ladr. pel. pat. nêm.

Kodhokan gênd. bon. pat. lim. pel.

Kadhaton bêntar gênd. slend. pat. nêm kêt 2 kêr. kên. 3.

Kêmbangdara gênd. pel. pat. many.

Kêmbang tanjung ladr. slend. pat. sng.

Kêmbangteja. Ladrang.

Kêmbangteja gênd. pel. pat. lim.

Kêmbang tiba gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Kêmbangpepe, ladrang.

Kêmbangmara gênd. bon. pat. lim. pel. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kombangmara gênd. bon. pat. lim. pel. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kêmbang gayam gênd. slend. pat. many. kêt 2 kêr. kên. 3.

Kagok ladr. pel. pat. nêm.

Kagok Madura gênd. gênder pat. sng.

Kagok Madura ladr. slend. pat. sng.

Kabor gênd. gênder pat. nêm.

Kabor gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 kêr. kên. 1.

Kabor gênder gênd. slend. pat. nêm

Danaraja gênd. slend. pat. sng. kêt 4 ar. kên. 3[14]

Doradasih gênd. slend pat sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.[15]

Doradasih gênd. pel. pat. lim.

Doradasih gênd. bon. pat. lim. pel. kêt 4 kêr. kên. 1.

Diradamêta gênd. slend. pat nêm.

--- 258 ---

Dalêpih gênd. slend. pat nêm. kêt. 2 ar kên. 3.

Damarkèli gênd. slend. pat many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Tunjung karoban gênd. slend. pat nêm. kêt. 4 kêr. kên. 4.

Tanjung gunung (Bancak) gênd. pel. pat many.

Turirawa gênd. slend. pat nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Turirawa ladr. pel. pat nêm.

Tropongan gênd. pel. pat nêm.

Tropongbang gênd. pel. pat nêm.

Tukarmaru gênd. gênder. pat sng.

Tukung gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Titisari gênd. slend. pat nêm. kêt 4 kêr. kên. 3.

Titipati gênd. slend. pat nêm. kêt 4 kêr. kên. 3.

Talakbodin, ladrang.

Talutur gênd. bon. pat lim. pel. kêt 2 kêr. kên. 1.[16]

Talutur gênd. slend.

Talutur gênd. pel.

Taliwôngsa gênd. bon. pat lim. kêt 4 ar. kên. 3.

Tejaningsih gênd. pel. pat lim.

Tejanata gênd. bon. pat lim. kêt 2 ar. kên. 3.

Tejasari gênd. bon. pat lim. kêt 2 kêr. kên. 3.

Têmantèn anyar gênd. gênder. pat sng.

Têmbung ladr. pel. pat. lim.

Tamenggita gênd. rêb. pat nêm. pel kêt 2 kêr. kên. 3.

Tunggul kawung gênd. pel. pat bar.

Sinom gênd. bon. pat bar. pel. kêt 4 kêr. kên. 3.

--- 259 ---

Sinta gênd. gênder (kanggo prang tandhing Bima lan Suyudana)

Srikaton ladr slend. pat many.

Saratruna zie Bondhan Kinanthi.

Sarilaya zie Sêmanggita.

Sarilaya ladr. pel. pat. lim.

Suralaya ladr. pel. pat. nêm.

Srêpêgan gênd. gênder pat. nêm.

Sarayuda, ladrang ... ladr. pel. pat. bar.

Sarayuda gênd. rêb. pat. nêm. pel.

Sêrang ladr. pel. pat. bar.

Sêring gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Surèngrana gênd. slend. pat. many.

Surungdhayung ladr. slend. pat. sng

Sukursih, ladrang ... ladr. slend. pat. sng.

Sêkar gadhung ladr. slend. pat. nêm.

Sidawaras gênd. slend. pat. many.

Sidawayah gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Sidamukti gênd. slend. pat. nêm.

Sawunggaling gênd. gênder. pat. sng.

Sawunggaling gênd. bon. pat. lim. pel. kêt 2 kêr. kên. 3.

Sawunggaling gênd. gênder. ladr. pat. sng. slend.

Silirbantên gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Slebrak gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Sèdhêt gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.[17]

Sumar gênd. gênder. pat. sng.

Sêmèru gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.

--- 260 ---

Sumirat, gênd. gênder pat. many.

Sêmarmantu ladr. pel. pat. nêm.

Sêmiring gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Sêmukirang gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Sumêdhang gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 1.

Sêmburadas gênd. bon. pat. bar. kêt. 4 kêr. kên. 3.[18]

Sêmbawa ladr. pel. pat. lim.

Sambul (Talèdhèk) gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 ar kên. 3.

Sambul (Laras) gênd. pel. pat. nêm.

Sambul (gêndhing) gênd. rêb. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Sêmbunggilang gênd. slend. pat. sng.

Sêmang ladr. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 8 kêr. kên. 3.

Sêmang ladr. pel. pat. nêm.

Sêmanggita gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4. ar. kên. 3.[19]

Sêgaran (kêtawang) gênd. pel. pat. nêm.

Sobrang ladr. slend. pat. nêm.

Sobrang Barang ladr. pel. pat. bar.

Sêngkawa gênd. rêp. pat. nêm pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Singa-singa ladr. pel. pat. lim.

Singa-singa ladr. pel. pat. bar.

Sangupati gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Wani-wani gênd. slend. pat. many.

Wrahatbala zie Rahab bala.

Widasari gênd. slend. pat. many.

--- 261 ---

Wêlas nangis gênd. pel. pat. lim.

Wêdhikèngsêr gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Wangsaguna gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 ar. kên. 3.

Lana (gêndhing) gênd. slend. pat. nêm.

Lêndhi gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Lonthang gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Lonthang gênd. rêb. pat. nêm pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Lonthang Kasmaran gênd. slend. pat. sng. kêt 4 kêr. kên. 3.

Lonthang Kasmaran zie Klênthung.

Laranjala gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 2 ar. kên. 3.

Laranangis gênd. slend. pat. nêm kêt. 2 kêr. kên. 3.[20]

Laranangis ladr. slend. pat. sng.

Larawudhu gênd. slend. pat. sng.

Lara-lara gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Lokanônta gênd. slend. pat. nêm kêt. 2 kêr. kên. 3.

Ludira (gêndhing) gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Ludira (Madura) gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.[21]

Ladrangan zie Lagu Dhêmpêl.

Ladrang Sêrang gênd. pel. pat. bar.

Liwung gêndèr. pat. many.

Lalana gênd. slend. pat. nêm kêt. 2 kêr. kên. 3.

Lalêrmêngêng gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 ar. kên. 3.

Lipur Erang-erang gênd. pel. pat. nêm.

Lipursari, ladrang ...

--- 262 ---

Loyo gênd. slend. pat. many.

Layu-layu gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Loyo-loyo gênd. gênder. pat. sng.

Layar Tukung gênd. pel pat. bar.

Layar bantên gênd. pel. pat. lim.

Lêmpang, ladrang ... gênd. slend. pat. sng.

Lêmpung Gunung gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 2 ar. kên. 3.[22]

Lambangsari gênd. slend. pat. many. kêt. 4. kêr. kên. 3.

Lambangsari zie sedhêt.

Lagu gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Lagudhêmpêl gênd. gênder. pat. many.

Lagudhêmpêl gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 1.[23]

Lobaningrat gênd. slend. pat. nêm.

Lobong gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.[24]

Lungkèh gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 ar. kên. 3.[25]

Lèngkèr ladr. pel. pat. nêm.

Longgor ladr. pel. pat. bar.

Longgor (Lasêm) ladr. pel. pat. bar.

Longgor (Lasêm) zie Sêmbur Adas.

Lung gadhung ladr. slend. pat. nêm.

Lung gadhung pel. zie Budhêng-budhêng

Pacarcina ladr. slend. pat. nêm.

Pucung gênd slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

--- 263 ---

Prihatin gênd slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Pareanom gênd slend. pat. many. kêt 2 kêr. kên. 3.

Pareanom zie Lobong Parimon gênd slend. pat. nêm.

Pracowan gênd slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Prawan pupur gênd. pel. pat. lim.

Pramugari gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 2 kêr. kên. 3.

Parigêntang gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 2 ar. kên. 3.

Pêksi Kuwung ladr. slend. pat. sng.

Pêksi Bayan gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Padaringan kêbak gênd. gênder. pat. sng.

Pêtung Wulung gênd. pel. pat. lim.

Puspasari gênd. pel. pat. bar.

Puspawêdhar gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Paseban gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 8 kêr. kên. 3.

Pasang gênd. pel. pat. lim.

Pasang wetan gênd. gênder. pat. nêm.

Pasang wetan gênd. pel. pat. nêm.

Pasang bandar ldr. pel. pat. nêm.

Plupuh ladr. slend. pat. nêm.

Playon ladr. pel. pat. bar.

Playon zie Talutur.

Playon lima ladr. pel. pat. lim.

Pangrawit gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 8 kêr. kên. 3.

Pangasih gênd. pel. pat. nêm.

Pangawe gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

--- 264 ---

Dhêndha gênd. gênder (iku wêtune setanan yèn anggo godha).

Dhandhun gênd. slend. pat. nêm. kêt. 3 kêr. kên. 3.

Dhêndhasandi gênd. gênder. pat. sng. (kanggo murwakala (ngruwat) yèn nuju nglaeng).

Dhêndhasèwu gênd. gênder. pat. many.

Dhêndhagêdhe gênd. gênder. pat. sng.

Dhandhanggula gênd. slend. pat. sng.

Dhalang Karainan gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Dhudha gathuk gênd. slend. pat. many.

Dhêngklung ladr. pel. pat. nêm.

Dhênggong gênd. bon.

Dhênggung Asmara gênd. bon.

Dhênggung laras gênd. bon.

Dhênggung Bantên gênd. bon.

Jênthar gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 4 ar. kên. 3.

Jaka Lêntho gênd. slend. pat. many.

Jakalola gênd. slend. pat. many.

Jatikondhang gênd. pel. pat. lim.

Jlamprang gênd. slend. pat. many.

Jalaga I gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Jalaga II gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 8 kêr. kên. 1.

Jômba gênd. slend. pat. nêm. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Jangkrik genggong gênd. gênder (iku wêtune buta parêpatan).

Jongkang gênd. gênder. pat. sng.

Jangkung koning gênd. pel. pat. bar.

Jong Mèrukudus gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

--- 265 ---

Jong Mèrubagong gênd. pel. pat. bar. (bênêre gênd. slend).

Jônggalana gênd. pel. pat. lim.

Manis, ladrang ... ladr. pel. pat. bar.

Muncar gênd. pel. pat. lim.

Moncèr gênd. gênder. pat. many.

Mandul gênd. slend. pat. sng kêt. 4 kêr. kên. 3.

Mandulpathi gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.[26]

Montro kêndho gênd. slend. pat. nêm.

Montro Madura gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 ar. kên. 3.

Muntap gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Mundhut gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 8 kêr. kên. 1.

Mènjêp gênd. slend. pat. many. kêt. 2 ar. kên. 3.

Mênyan kobar gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Mênyan seta gênd. slend. pat. nêm. kêt. 3 kêr. kên. 3.

Mênyansèwu gênd. gênder. pat. many.

Manyarsèwu gênd. slend. pat. many.

Mêrak kêsimpir gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 1.[27]

Murdaningkung gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Marasônja gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 ar. kên. 3.

Maraseba gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.[28]

Madukocak gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 ar. kên. 3.

Madubrangta gênd. pel. pat. bar.

Maskumambang gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 ar. kên. 3.

--- 266 ---

Mawur gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 ar. kên. 3.

Malarsih gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Miling gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Mêdhangmiring gênd. gênder. pat. nêm.

Majêmuk gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Majêmuk gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Mayar-mayar gênd. slend. pat. sng.

Mayangsari gênd. pel. pat. lim.

Mayangmêkar gênd. pel. pat. lim.

Mayangga gênd. rêb. pat. nêm. pel.

Megamêndhung gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Mangunkung ladr. pel. pat. nêm.

Mongkog gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Mongkog dhelik gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 ar. kên. 3.[29]

Mênggah gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Ginonjing, ladrang ...

Gênès gênd. slend. pat. sng.

Gêndari gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gêndrèh gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gêndrèh gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gêndrèh Kêmasan gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 ar. kên. 3.[30]

Gêndrèh kêmasan zie Doradasih

Gêdruk gênd. gêndèr (iku wêtune buta raton [ra...]

--- 267 ---

[...ton] utawa ratu sabrang panthêlêngan yèn wis pathêt manyura.

Gondrong gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Gondrong gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Gondrong Pangasih gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.[31]

Gandrungmanis gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gandrungmangu gênd. slend. pat. many. 2 ar. kên. 3.

Gandrung Mangunkung gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gôndakusuma gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.[32]

Gôndasuli zie Gondakusuma.

Guntur gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gantalwêdhar gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gêndhu gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gêndhiyêng gênd. slend. pat. many. kêt 2 kêr. kên. 3.

Gendhong gênd. slend. pat. many. kêt. 2 ar. kên. 3.[33]

Genjong gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gonjang gênd. slend. pat. many.

Gonjang, ladrang ...

Gonjang Anom gênd. slend. pat. many.

Gonjang Sèrèt gênd. slend. pat. many.

Gonjing Miring gênd. slend. pat. many.

Gonjang-ganjing, ladrang ... slend. pat. sng.

Genjung Goling gênd. pel. pat. bar. (bênêre slend. pat. sng)

Gunungsari gênd. pel. pat. bar.

--- 268 ---

Grompol gênd. pel. pat. bar.

Gêdrug gênd. gênder. pat. many.

Glana ladr. pel. pat. nêm.

Glêndhèh gênd. bon. pat. lim. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Glondhongpring gênd. slen. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.[34]

Glêndhêng gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Glewang gonjing gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gleyo ladr. pel. pat. nêm.

Gliyung gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Gleyong ladr. pel. pat. nêm.

Glompong gênd. slend. pat. sng. kêt. 3 kêr. kên. 3.

Gologothang gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Glebag gênd. slend. pat. many.

Glathik mungup (gêndhing bancak).

Gudhawa ladr. pel. pat. nêm.

Godhêg gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gadhung Mlathi gênd. gênder. pat. sng.

Gajah endra (kêtawang)

Giyak-giyak ladr. slend. pat. sng.

Goyang gênd. pel. pat. lim.

Gambirsawit gênd. slend. pat. sng.

Gègèrsore gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Gobêd gênd. rêb. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Ganggong gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 2 ar. kên. 3.

Ganggong gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.

--- 269 ---

Bindi gênd. gêndèr. pat. sng.

Bendrongan gênd. gêndèr. pat. sng.

Bontit zie Danaraja

Bondhan Kinanthi gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.[35]

Bondhèt gênd. bon. pat. bar. kêt. 8 kêr. kên. 1.

Bondhèt gênd. slend. pat. sng. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Bandhilori gênd. bon. pat. bar. kêt. 2 ar. kên. 3.

Banyak ngêlangi ladr. pel. pat. lim.

Banthèng warèng gênd. slend. pat. many.

Bêrkutut manggung gênd. slend. pat. many. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Bramara gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Badranaya gênd. pel. pat. lim.

Badranaya zie Condrasari.

Bawaraga gênd. slend. pat. sng. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Bèlèk gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Blabak ladr. pel. pat. lim.

Balung jagung ladr. slend. pat. nêm.

Bolang-bolang gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Bêdhat gênd. gênder. pat. nêm.

Bêdhati gênd. gênder. pat. nêm.

Badhaya gênd. bon. pat. bar. pel. kêt 4 ar kên 3.

Budhêng-budhêng gênd. rêb. pat. nêm. kêt. 2 ar. kên. 3.[36]

Bujang tawang gênd. slend. pat. many. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Bujôngga gênd. slend. pat. nêm. kêt. 4 kêr. kên. 3.

--- 270 ---

Bujangganom gênd. rêb. pat. nêm. pel. kêt. 8 kêr. kên. 3.

Bujôngga Gandrung gênd. slend. pat. nêm.

Bayêmtur ladr. pel. pat. lim.

Bimakurda ladr.

Babon angrêm gênd. slend. pat. many.

Bubaran nyutra gênd. gênder. pat. sng.

Babar layar gênd. bon. pat. lim. pel. kêt. 4 kêr. kên. 3.

Babar layar gênd. bon. pat. bar. pel. kêt. 4 ar. kên. 3.

Babat gênd. slend. pat. nêm. kêt. 2 kêr. kên. 3.

Babat Kêncêng gênd. slend. pat. sng.

Bang-bang Wetan gênd. gêndèr. pat. many.

Bango-bango Mati gênd. slend. pat. sng.

__________

Kaelingaku kaya wis ora ana manèh Suwarna, gunggungane kêtêmu pira, coba itungên.

b. Nuwun inggih sandika, kula nuwun sadaya pinanggih 413 gêndhing.

a. Lo, kok jêbul wis akèh, anaa sing kêliwatan, ayake mung kari siji loro bae. Nontoni tulisamu (van tulisanamu) dak dêloke.

b. Nuwun inggih, punika.

a. Êlo, kok jêbul durung bisa nulis Suwarna, kowe iku, tulisamu bubrah ora nêtêpi ugêring paramasastra, Karsa kotulis, [ko...]

--- 271 ---

[...tulis,] karsa, pathokaning panulis iku yèn aksara purwaning lingga karakêtan sandhangan panyigêging swara [tandha layar] wêkasaning lingga lêgêna kudu karangkêp, kaya ta: karsa, lirune karssa, warnna, ardda, arjja, karyya, wargga, sapanunggalane, dalah olèhmu nulis sigêganing aksara: na, sa, iya luput, waNda kotulis wanda, wasTa kotulis wasta, gurumu iku sapa.

b. Kula nuwun abdi dalêm Ki Padmasusastra ing kampung Lamongan.

a. O, la, layak, jêbul Ki Padmasusastra kang koguroni, kae rak dudu guru sarta dudu têdhak turuning pujôngga, wong kêtêpas-kêtêpus mêngkana, apa dadak bisa mênyang kasusastran, aku maido.

b. Bok mênawi kaluhuran dhawuh dalêm, amargi sampun nate kula culik punapa sumêrêp beda-bedaning têmbung karaton (unggah-ungguh) wangsulanipun rumaos kula kados botên manggèn, kathah ingkang dipun piyagah, pitakèn kula lajêng kèndêl, bok mênawi adamêl rikuhing manahipun dening kawêkèn.

a. Bênêr pêthèkku, rupane kêtara, gagah nanging ora kêconggah. Besuk bae kowe dak wuruki.

--- 272 ---

b. Kula nuwun, panuwun saha pamuji kula mugi kaèstokakên dhawuh dalêm wau, kula sagêd anampèni piwulang ingkang badhe kula pundhi ing salami-laminipun.

__________

a. Suwarna.

b. Nuwun kula.

a. Kowe apa wis sumurup beda-bedaning têmbung krama, ngoko tuwin madya.

b. Kula nuwun, sumêrêpipun wau nuwun sampun, nanging panganggènipun dèrèng sagêd sampurna, namung ingkang kula kapengini sagêd rumiyin, sumêrêpa beda-bedaning unggah-ungguhipun têmbung karaton, sarèhning abdi dalêm wau panakawan kêpilih, jolokan anampèni dhawuh pangandika dalêm, kautus mênawi ngantos lêpat unjuk kula, botên amung manggih cacad winastan bodho, inggih ugi sagêd anuwuhakên dêduka dalêm.

a. Bedane unggah-ungguhing têmbung karaton mau mangkene:

I. Nalika jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV putra saka pramèswari sinêbut putra dalêm, putra saka ampeyan sinêbut putra sampeyan, amarga [a...]

--- 273 ---

[...marga] ana putra dalêm saka pramèswari lan ana saka ampeyan.

II. Barêng jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI putra dalêm P.B. V ora ana kang saka pramèswari, mung saka ampeyan kabèh, dalah sarira dalêm piyambak P.B. VI, uga saka ampeyan, têmbung karaton diowahi baku saka:

[Grafik]

Ratu kang jumênêng

a. Eyang. b. Rama (= Uwa of Paman). c. Raka. d. Rayi Dalêm } putraning ratu. e. Putra. f. Wayah } wayahe piyambak } Dalêm

g. pun Bah. h.pun Wa. i. pun Paman. j.pun Kakang } P. wayah buyuting ratu kaprênah sêpuh

k.Rayi sampeyan[37] [samp...]

--- 274 ---

[...eyan] P. wayah buyuting ratu kaprênah nèm

l.putra sampeyan. m.wayah sampeyan } P. wayah buyuting ratu kaprênah nèm

b. Punapa botên wontên têmbung ijêngandika, tumrapipun panjênêngan nata.

a. Môngsa anaa, awit iku têmbunging kawula, dudu têmbunging ratu sarta têgêse: munggah, kaya ta

[Grafik]

a: êmbah. b: uwa. c. rama (= paman) } Ijêngandika (= mu)

d. raka

e. rayi. f. putra. g. wayah } Sampeyan (= mu)

b. Punapa sampun têtêp makatên, botên sagêd ewah dening kaluhuran.

a. Iya bisa owah têmbunge, sampeyan dadi ijêngandika, nanging rasane isih têtêp, kaya ta: wong nom kang pangkate luhur (= tuwa) tinimbang wong tuwa kang pangkate asor (= nom) iku nganggo têmbung ijêngandika, kaya ta:

a. rayi. b. putra. c. wayah } Ijêngandika

b. Saupami têmbung ijêngandika kagêm ing ratu, kados ta:

a: eyang. b: rama. c. raka. d. rayi. e. putra. f. wayah } Ijêngandika.

--- 275 ---

Punapa botên kenging.

a. Môngsa kênaa, awit wong ora bisa muni

a. putra sêntana ijêngandika

b. abdi ijêngandika

c. saudara ijêngandika (mungguhing ratu) enz, awit iku luwih asor tinimbang ing dhuwur mau, mêsthine iya kudu muni, putra sêntana dalêm, abdi dalêm lan saudara dalêm. Mung yèn tumrap ing têmbung kang têgêse: kowe, dadi kosok bali, luhur kang nyêbut tinimbang kang sinêbut kayata:

a. Layange Kangjêng Tuwan Residhèn, marang Kangjêng Radèn Adipati, nganggo têmbung: dhumatêng ijêngandika (= tumêka ing kowe).

b. Layange Kangjêng Radèn Adipati marang Kangjêng Pangeran Kolonèl (Senapati) iya nganggo têmbung: dhumatêng ijêngandika.

--- 276 ---

c. Layange Radèn Tumênggung marang Radèn Ngabèi Kaliwon, iya uga nganggo têmbung: dhumatêng ijêngandika.

b. Kula nuwun, manah kula sampun ragi padhang anampèni dhawuh pangandika dalêm wau, ananging taksih wontên malih ingkang kula unjukakên, abdi dalêm kula kêrêp mirêng dhawuh pangandika dalêm ingkang kadhawuhakên ing abdi dalêm anggandhèk dhumatêng Bêndara Kangjêng Radèn Adipati, punika abdi dalêm kula inggih kapingin sumêrêp.

a. Aku ora pati têrang kuwi, gajêge bae mêngkene.

1.(Tingalan Dalêm Pawukon)

a. Gandhèk: Radèn Adipati timbalan dalêm (uluk-uluk isih ngadêk) (Kangjêng Radèn Adipati isih lênggah)

b. Kangjêng Radèn Adipati: Inggih sandika (banjur padha andhodhog).

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira katêdhan hajat dalêm ancak canthoka (= kodhok) tingalan dalêm pawukon sarta pakênira dongakna dhatêng Mas Pangulu, yèn sampun kadonganan [kadonga...]

--- 277 ---

[...nan] wilujênge panjênêngan dalêm, pakênira bageya ingkang warata saabdi dalêm sadaya.

2.(Tingalan Dalêm Wiyosan)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira katêdhan hajat dalêm jatingarang tingalan dalês[38] wiyosan, sarta pakênira dongakna dhatêng Mas Pangulu, yèn sampun kadonganan wilujênge Panjênêngan Dalêm, anuntên pakênira bageya ingkang warata saabdi dalêm sadaya.

3. (Tingalan Dalêm Panjênêngan)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm pakênira kapatêdhan hajat dalêm tumpêng sèwu, tingalan dalêm panjênêngan sarta pakênira dongakna dhatêng Mas Pangulu, yèn sampun kadonganan wilujênge

--- 278 ---

panjênêngan dalêm, anuntên pakênira bageya ingkang warata saabdi dalêm sadaya.

4.(Kulawisudhan Pangeran Putra kang Andhawuhake Bupati Kaparak)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm pakênira kapatêdhan uninga, yèn karsa dalêm samangke putra dalêm Bêndara Radèn Mas Surati kakarsakakên nama Bandara Pangeran Hangabèi, pakênira mupakatna saabdi dalêm ing Surakarta sadaya.

5.(Kulawisudhan Pangeran Sêntana) id

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm pakênira kapatêdhan uninga, yèn karsa dalêm samangke, sasedanipun Bandara Pangeran Arya Pakuningrat, ingkang [ing...]

--- 279 ---

[...kang] kakarsakakên anggêntosi putranipun kakung ingkang sêpuh nama Radèn Mas Salamun, kapatêdhan nama Pangeran Arya Pringgalaya, pakênira mupakatna saabdi dalêm ing Surakarta sadaya.

6.(Kulawisudhan Wadana Kaliwon Sêntana)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, satilaripun abdi dalêm Radèn Ngabèi Pringgadipura, ingkang kakarsakakên anggêntosi lêlampahanipun Radèn Ngabèi Pringgadipura wau, sêntana dalêm ingkang nama Radèn Mas Salamun, kapatêdhan nama Radèn Mas Ngabèi Bratadipura, pakênira dhawuhna, yèn sampun kadhawuhakên, pakênira mupakatna saabdi dalêm ing Surakarta sadaya.

7.(Kulawisudhan Wadana Kaliwon Kawula)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 280 ---

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, satilaripun abdi dalêm Radèn Ngabèi Wangsanagara, anakipun jalêr ingkang nama Samsir kinulawisudha kajunjung saking ngandhap, kasêngkakakên ing ngaluhur kakarsakakên anggêntosi lêlampahanipun bapa Radèn Ngabèi Wangsanagara wau, kaganjar nama nunggak sêmi Radèn Ngabèi Wangsanagara. Dhawuhing timbalan dalêm, pakênira dhawuhna, yèn sampun kadhawuhakên pakênira mupakatna saabdi dalêm ing Surakarta sadaya.

8.(Sênèn Kêmis sarta Sêtu Marang Paresidhenan)

Tuwan Residhèn ijêngandika kapatêdhan tabe dalêm, ingkang tabe Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang tabe Kangjêng Ratu Agêng, ingkang tabe Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, ingkang tabe rayi-rayi dalêm, putra-putra dalêm kakung putri sadaya, lan malihe Tuwan Residhèn, ijêngandika kapatêdhan uninga yèn Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan karsa (of boya) miyos.

--- 281 ---

9.(Maringake Nawala Marang Kangjêng Radèn Adipati)

a. Radèn Adipati timbalan dalêm.

b. Inggih sandika.

a. Radèn Adipati Sasradiningrat.

b. Kula.

a. Pakênira tampa timbalan dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira kapatêdhan sêrat (nawala kasapit ing sungu kaampil ing tangan têngên, sipat rai, lajêng kasaosakên Kangjêng Radèn Adipati, dhatêng priyantun anggandhèk piyambak, Kangjêng Radèn Adipati lajêng wangsul ing pinarakanipun, priyantun anggandhèk kadhawuhan lênggah wontên ing lampit, sasampunipun sêrat kawaos, Kangjêng Radèn Adipati ngandika: kônca gandhèk, kowe tak wangsuli, aturipun: nuwun sandika, lajêng sami majêng saking lampit wangsul andhodhok malih).

Kônca gandhèk manira kapatêdhan sêrat, unjuk sêmbah manira: nuwun sandika.

Ênggèh B. K.

10.(Nawala marang Ngayogyakarta)

Satêkane prajaka dalêm ana ing nagara

--- 282 ---

Ngayogyakarta anjujug ing Kadanurêjam[39] têmbunge:

Radèn Adipati Danurêja.

Kula.

Kula suka uninga ing ijêngandika, yèn kula mundhi nawala dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, konjukipun kula sumôngga ing ijêngandika.

Inggih sandika.

Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kula nyaosakên ingkang tabe Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta Adiningrat, katur ing Panjênêngan Sampeyan.

Ingkang salam taklim, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur ing panjênêngan sampeyan.

Ingkang taklim, prayayi Bupati Wadana ing Surakarta Adiningrat jawi lêbêt sadaya, katur ing panjênêngan sampeyan.

(Gandhèk lajêng kairid ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja dhatêng ing loji kasowanakên ing Kangjêng Tuwan Residhèn, Gandhèk lajêng matur):

Tuwan Residhèn, ingkang tabe Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan dhatêng ing ijêngandika.

--- 283 ---

Ingkang tabe Kangjêng Ratu ... (garwa) ingkang tabe Kangjêng Ratu ... (Ibu) ingkang tabe Kangjêng Ratu ... (putra) ingkang tabe Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, dhumatêng Tuwan Residhèn. Kalih dening malih lampah kula mundhi nawala dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, konjukipun kula sumôngga ing ijêngandika.

Kangjêng Tuwan Residhèn, kula nyaosakên ingkang tabe Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta Adiningrat, katur Kangjêng Tuwan Residhèn.

Ingkang tabe Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur Kangjêng Tuwan Residhèn.

Ingkang tabe priyayi Bupati Wadana ing Surakarta Adiningrat jawi lêbêt sadaya, katur Kangjêng Tuwan Residhèn.

(Nawala dalêm lajêng katampèn ing Kangjêng Tuwan Residhèn saking prikônca ing gandhèk, enjingipun katur).

(Sasampunipun wontên ing ngarsa dalêm, prikônca anggandhèk lajêng dipun atag dhatêng Kangjêng Radèn Adipati, têmbungipun): nêdha B. K. prikônca anggandhèk, pakênira matura, (wangsulanipun):

--- 284 ---

Ênggèh B. K. (lajêng nyêmbah kaping kalih sarta lajêng matur, têmbungipun):

Kula nuwun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, ingkang salam donga rama (of eyang) (of ingkang salam taklim raka (of rayi, putra, wayah) dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, konjuk ing panjênêngan dalêm.

Ingkang salam, eyang (of rama, raka, rayi, putra ...) dalêm konjuk ing panjênêngan dalêm, dhumatêng ingkang eyang (of rama, raka, rayi, putra) dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ... of Kangjêng Gusti Pangeran Arya ... of Kangjêng Panêmbahan ... of Kangjêng Pangeran Arya ... of Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara (pintên kathahing Pangeran putra dalêm kapratelakakên satunggal-tunggal)

Kula nuwun, ingkang taklim eyang (of rama, raka, rayi, putra, wayah) dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati ... (of Kangjêng Gusti Pangeran Arya ... (of Kangjêng Panêmbahan ... of Kangjêng Pangeran Arya ... of Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara konjuk ing panjênêngan dalêm, dhumatêng ingkang ... eyang (of rama, raka, rayi, putra, wayah) dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati

--- 285 ---

... of Kangjêng Gusti Pangeran Arya ... of Kangjêng Panêmbahan ... of Kangjêng Pangeran Arya ... of Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara (pintên kathahing Pangeran putra dalêm kapratelakakên satunggal-tunggal).

Kula nuwun, ingkang salam donga eyang (of ibu) dalêm, of kang salam taklim bok ayu (of rayi, putra, wayah) dalêm, Kangjêng Ratu ... (garwa) konjuk ing panjênêngan dalêm dhumatêng ingkang ... rayi dalêm Kangjêng Ratu ... (garwa) (pintên kathahing garwa dalêm kapratelakakên satunggal-tunggal) of dhumatêng ingkang ... ibu dalêm Kangjêng Ratu ... (ibu).

Kula nuwun, ingkang salam donga id. Kangjêng Ratu ... (Ibu).

Kula nuwun ingkang taklim id. Kangjêng ratu (putra).

Kula nuwun, tabenipun Tuwin Residhèn ing Surakarta Adiningrat konjuk ing panjênêngan dalêm.

(Kangjêng Sultan, amangsuli pangandika dhumatêng prikônca anggandhèk, pangandika dalêm):

Eyang (rama, kakang, yayi, anak, kaki) prabu apa padha sugêng.

Kula nuwun, sugêng.

--- 286 ---

Apa ing mêngko kalangênane eyang prabu.

Kula nuwun, sawêk angarsakakên galadhi abdi dalêm badhaya Srimpi.

__________

a. Dêmang Malang: Majuwa bae kang.

b. Mugên: Nun inggih. Kulu nun sampun kula kautus sowan rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan lampah sandi, botên ngêblak bilih panjênêngan utus, namung saking kajêng kula piyambak, dados namung ngangge têmbung saupami, sarêng sampun katingal mênga, lajêng kula prasajakakên pisan yèn lampah kula wau panjênêngan utus, rayi sampeyan sampun andhanganakên, nanging sampun ngantos kuciwa ing sêmu kêdah sami nguningani dhatêng larenipun rumiyin (nontoni).

a. Dêmang Malang: Iku sing luwih prayoga. Ibune.

b. Mas Ajêng: Kula.

a: Mrenea sadhela.

b: Ontên damêle napa nimbali.

a: Tak kandhani, kang Mugên olèhe tak kongkon laku sandi (= dom sumuruping banyu) marang Tangkilan olèh gawe.

b: Napa êmpun dirêmbug pindhah.

a: Uwis, ananging saiki kudu mêrdhayoh mrana ing wayah sore (nontoni), kowe [ko...]

--- 287 ---

[...we] lan aku sarta anggawa akrab lanang wadon sawatara, si thole dijak diwêruhake marang bocahe.

b: Kula kêdah suka sêrêp têng sanak sadhèrèk kriyin, dijak mêrtamu têng Tangkilan.

a: Bisamu besuk kapan.

b: Benjing Anggara Kasih mawon tanggal kaping 7 rêmbulane êmpun inggil.

a. Dêmang Malang: Iku aku mathuk. Gulo kang Mugên, bisane mrana Mas Ajêng besuk Gara Kasih, banjur prasabêna marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan.

b. Mugên: Inggih sandika (Kyai Mugên lajêng dhatêng ing Tangkilan, prasabên yèn benjing ing dintên Anggara Kasih wanci jam 7 sontên badhe katamuwan Radèn Dêmang Malang sakalihan sarta ambêkta akrabipun jalêr èstri sawatawis, Radèn Ngabèi Tangkilan inggih lajêng sadhiya. Kacariyos sampun dumugi ing dintên Anggara Kasih, wanci satêngah pitu Radèn Dêmang Malang saanak bojo sarta akrabipun sawatawis saèstu anuhoni janji dhatêng ing Tangkilan, Ki Mugên botên kantun).

a. Tangkilan: Môngga kangmas, lajêng kemawon. (tamu jalêr kapanggihan wontên ing pandhapa).

b. Dêmang Malang: Inggih.

--- 288 ---

a: Saking dalêm kemawon (mitambuh kados botên samadosan).

b: Inggih.

a. Radèn Ngantèn: Môngga lajêng kemawon bok ayu (tamu èstri kapanggihan wontên ing griya).

b. Mas Ajêng: Inggih.

a: Bok majêng kemawon anggènipun lênggah punika.

b: Sampun.

(salêbêtipun tamu jalêr èstri sami lêlênggahan, punika botên pisan-pisan rêrêmbagan bab pikramèn ingkang anggêpok dhatêng saliranipun).

a. Tangkilan: kangmas punapa kêparêng lênggah ing griya, kêpanggih kalihan rayi sampeyan tiyang èstri, pun thole ugi kadhawahan dhèrèk pisan, sumêrêpa ibunipun.

b. Dêmang Malang: Inggih prayogi. (lajêng malêbêt ing griya satata lênggah, tamu jalêr wontên kilèn, tamu èstri wontên wetan, tumuntên pisêgah wedang lumados. (botên kenging kasêgah dhahar), sarêng wedang sampun kaunjuk, lare èstri ingkang dipun tontoni angladosakên pakinangan dhatêng ngajênge badhe mara sêpuhipun, lampah dhodhok mêdal ngajênging tamu, ing ngriku anggènipun namatakên [namatakê...]

--- 289 ---

[...n] para sêpuh tamu dhatêng lare èstri ingkang dipun tontoni, makatên ugi kosok wangsule anggènipun namatakên para sêpuh emahan dhatêng lare jalêr ingkang nontoni. Lare jalêr inggih tumut ningali, namung lare èstri tumungkul botên ningali sintên-sintên, sangêt ing isinipun, sarêng pakinangan sampun dipun selehakên, tarkadhang wutah grombyang dening kirang pangatos-atos, utawi dening dipun sodhokakên saking sangêting isinipun dipun tingali ing tiyang kathah wau, lajêng wangsul mêdal esmu merang (punika wataking prawan ingkang dèrèng kêpingin laki), salêbêtipun tamu jalêr èstri lêlênggahan, namung rêrêmbagan bab ingkang remeh-remeh kemawon, sarêng sampun sawatawis dangunipun, tamu lajêng sami pamitan mantuk, dumugining griya lajêng sami rêrêmbagan).

a. Dêmang Malang: Kêpriye ibune, pandêlêngmu marang bocah mau.

b. Mas Ajêng: Yèn kula kiyambak êmpun nonton, sae sayêktos, kêkulitane ambêngle keris, rambute kathah angêmbang bakung, sinome kados lunging pakis kabaratan, mripate anjait esmu ambalut, pipine [pipi...]

--- 290 ---

[...ne] ramping, irunge rungih, lambene menger-menger anyigar jambe, untune rata putih gumilar pindha ombaking warih, darijine mucuk êri, kukune mawa cahya pating karêlip, sikile mêrit kumilat pêthak pindha gadhing, pawakane wêwêg, mung susune sawêg gumana.

a: Ora hakok mêmpêng têmên pangalêmmu kuwe.

b: Tiyang sayêktose niku, kula ênggih êmpun matur dhèk sunate kula êmpun eram têng ayune lare niku, saniki êmpun nêdhênge birahi saya pêcah pamore.

a: Satêmêne aku iya kaya kowe, ngalêm bangêt marang ayune bocah mau, yèn kowe wis rujuk, banjur dak pacak ing layang panêmbung (= panglamar).

b: Ênggih, kula êmpun dhèrèk. Pun thole napa botên ditantun.

a: Ganêp-ganêpe iya tarinên, nanging lèjême wis kêtara yèn dhêmên.

b: Ênggih êmpun, botên susah mawon, lare rak ênggih miturut ing tiyang sêpuh.

a. Dêmang Malang: Wis ta, tak kone nulis layange si Sastrarepa. Sastrarepa.

b. Sastrarepa: Kula.

--- 291 ---

a: Nulisa layangku panglamar marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, tak unèni bae.

b: Inggih sandika, ngagêm dalancang punapa.

a: Plim kandêl, sarta têkuke mrapat panggonan cap.

(Sêrat saha ingkang taklim, winantu ing kaurmatan, saha ingurab sagunging pêpuji ingkang mijil saking manah suci, saking pun kakang Dêmang Malang sakalihan, katur panjênênganipun ingkang rayi Radèn Ngabèi Tangkilan sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sampun kapara lami anggèn kula kayungyun ing pawartos ingatasing kasusilanipun putra sampeyan èstri ingkang wuragil anama Radèn Lara Suwarni, saha ciptanipun manah kula sumêdya angabdekakên anak kula jalêr ingkang pambajêng anama pun Sarjana, ananging krêntêgipun manah kula ingkang makatên wau dèrèng sagêd kêlair, karana kala samantên lare taksih sami dèrèng diwasa. Ing mangke sarèhning anak kula sampun diwasa, saha saking pamawang kula putra sampeyan sampun nêdhênging birahi, mila bilih panjênêngan sampeyan sarju saha sinêmbadan dening pangayubagyanipun para wajib tuwin tinakdirakên ing Pangeran: jodho, anak kula pun Sarjana wau saèstu kula abdekakên, panuwun kula mugi kakarsakna dados pamomongipun putra sampeyan Radèn Lara Suwarni wau ing salami-laminipun.

Wusana panuwun kula ing panjênêngan sampeyan, mugi karsa

--- 292 ---

saha ananggapi saha animbangi anggèn kula sumêdya mêndhêt kadang sajati.o.

Tinêngêran ing dintên ... Pun kakang ...

b: Punika sampun rampung.

a: Kene tak capane lan tak tekêne pisan. Lan kowe mêtuwa, panakawan warahên konên ngundang kang Mugên, barênga salakune.

b: Kulu nun Ki Mugên sampun dangu dhatêng, lênggah wontên ing emper pandhapa.

a: E, kêbênêran ane, undangên mrene.

b: Inggih sandika. Kyai, sampeyan dipun timbali dara, lênggah wontên kantor panyêratan.

c: Ênggih.

a. Dêmang Malang: Kang Mugên.

b. Mugên: Kula.

a: Kowe mau apa wis suwe têkamu.

b: Sampun.

a: Aku ora wêruh, besuk mêneh yèn aku nuju linggih ana panulisan banjur nusula bae.

b: Inggih sandika.

a: Kowe tak kongkon sowana adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, kang dhisik aturna

--- 293 ---

taklimku, kang kaping pindho aturna layangku iki.

b: Inggih sandika.

a: Unèkna ta, dhisik layange, nèk wis patinên, dadi kowe wis sumurup surasaning layang.

b: Inggih. Punapa sampun têrang dhawah sampeyan.

a: Uwis.

__________

a. Tangkilan: Kang Mugên têka, cêdhaka kene bae, kang.

b. Mugên: Nun inggih. Kulu nun sowan kula ing panjênêngan sampeyan dipun kèngkèn raka ijêngandika Radèn Dêmang Malang, ingkang rumiyin ngaturakên ingkang taklim, kaping kalih nyaosakên sêrat.

a: Kene. (sêrat katampèn lajêng kawaos ngantos satamatipun). Matura kang, karo kangmas, paringe layang kangmas wis dak tampani, tak pikire dhisik, taklimku aturna.. Nèk aku olèh impen bêcik. Kowe tak wêkasake.

b: Inggih, kula lajêng kalilan mundur.

a: Iya, kang.

__________

--- 294 ---

a. Tangkilan: Ibune.

b. Radèn Ngantèn: Kula.

a: Gilo layang saka kangmas Dêmang Malang, wacanên.

b: (sêrat lajêng kawaos) kêpripun karsa sampeyan, kula ming dhèrèk mawon.

a: Kowe rak wis tamat mênyang bocahe ta.

b: Êmpun.

a: Nèk aku ngarani kae bocah brêgas, dhe gus wijang cacahane, yèn karo bocah bagus sing kripik-kripik bae aku dhêmên sing mêngkono, dhasar kuning blengah-blengah polatane andik, iku bocah bakal dadi dandanan kêna dipracaya.

b: Ênggih êmpun ta, yèn dhasar êmpun pêsthi jodhone si ndhuk, nuntên mang wangsuli.

__________

a. Tangkilan: Sastraubaya durung mulih kuwi.

b. Sastraubaya: Nun kula.

a: Mênyanga kantor panulisan.

b: Nun inggih.

a: Nulisa layang mênyang kangmas Dêmang Malang, tak unèni.

b: Inggih sandika, ngagêm dalancang punapa.

a: Plim wutuh sarta nganggo papan cap.

--- 295 ---

(Sêrat saha ingkang taklim, rinoban ing panyungga sungga, saha cinêncêm sarta ginubah ing sanggyaning pudyastuti pun Ngabèi Tangkilan sakalihan, katur panjênêngane ingkang raka Radèn Dêmang Malang sakalihan.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni paring sampeyan sêrat, katiti mangsan kaping ... suraosipun kula sampun mangêrtos trang.

Kula nuwun, karsanipun kangmas angumpulakên balung apisah dening têbih-têbih taksih wontên ambêtipun, mundhut dados kadang sajati dhatêng kula bilih soteh, kula sakalangkung dhangan saha mangayubagya amêmuji widadaning sêdya wau lêstantun ing salami-laminipun. Dene karsanipun kangmas, anak kula èstri nama pun Suwarni, kapundhut dadosa jatukramaning putranipun kangmas nama Radèn Bagus Sarjana, kula ugi sampun anyumanggakakên, pamuji kula mugi Gusti Alah anakdirna jodho tanpa sambekala, namung kalampahanipun kula dèrèng sagêd matur, awit lare wau taksih gadhah pangkalan, kakangipun dèrèng imah-imah (van emah-emah K omah-omah N), dados karsanipun kangmas punika badhe pinanggih ing wingking bilih anak kula jalêr sampun mêntas, punika kula sawêg sagêd manah dhatêng anak kula èstri, kauningana.o.

Kasêrat kaping ... Ngabèi ...

b: Kulu nun punika sampun.

--- 296 ---

a: Kene tak capane lan dak tekêne pisan, nya gawekna buntêle.

b: Nun inggih.

(sarêng antawis satêngah wulan saking tampining sêrat, sêrat wangsulan punika kalampahakên dhatêng Ki Mugên, sarta sampun katampèn dhatêng Radèn Dêmang Malang, pangrêmbagipun).

__________

a. Dêmang Malang: Ibune, sarèhning gawene anakmu durung karuwan enggal lawase dening pangkalan ngêntèni yèn kakangane bakal mantumu olèh ênggon, dadi yèn slamêt bakal gawene dibarêng, ngundhuh sapasar lan nêmokake pangantèn, iku kandhane kang Mugên, saka rasanane kana.

b. Mas Ajêng: Mênggahing kula êmpun ayêm mawon, ontêna kasepe lare jalêr botên dados napa, sing botên ayêm niku rak malah ngrika.

a: Bênêr panêmumu iku, ora susah nusu-nusu kana wis risi dhewe, paribasan kae ana, anak wadon iku diupamakake: mungsuh munggèng cangklakan, nanging isih ana sumêlange atiku yèn durung ditalèni dening kêna tinunjang ing liya, môngka bakal mantumu iku ayu [a...]

--- 297 ---

[...yu] têmênan, panêmuku saiki bakal dak paningsêti bae.

b: Kula mrayogekake sangêt karsa sampeyan niku, manah lajêng sagêd têntrêm.

a: Paningsêt iku sing baku apa.

b: Ming tapih kêmbên nyatunggil, tapihe bathik truntum, kêmbêne plangi, sarta sêsupe lintring pangantèn satunggil (sêsupe lintring kêkalih kadhempetakên pasangipun sarta ing ngandhap namung mawi êmbanan satunggal) jungkat, suri, lawe wênang, kisi, tropong pirantose tiyang nênun, panganan pala kapêndhêm, pala kasimpar sarta pala gumantung, kados ta: wi, gêmbili, kimpul, katela, linjik, kênthang jawi, kacang cina, kadhêle, jagung, otek, canthel, sêmôngka, krai, timun, tuwin panganan olah-olahan, jadah, jênang, wajik, gêmblong, ulen-ulen, karag, rêngginan, puthu, srabi, napa malih jajan pasar opak angin enz pisang pulut, sadantên niku diwadhahi ing tebok alit, dados sajodhang, mawi pangiring panganan wowohan, utawi olah-olahan, gorengan, utawi kêlêman, saprayogine sajodhang, dados kalih jodhang, botên [bo...]

--- 298 ---

[...tên] kenging mawi sêkul ulam, benjing lamarane kêdah tikêl dados kawan jodhang, yèn saniki dikathahi didamêl kawan jodhang, benjing lamarane inggih wolung jodhang.

a: Pangrasaku yèn mung rong jodhang bae kaya kurang samuwa, sarta kurang ngajèni mênyang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, saiki bêcik patang jodhang, mbesuk lamarane wolung jodhang.

b: Niku cocog kalih manah kula; sagêd misuwurake asma sampeyan, kêjawi ngotên, nèk sampeyan parêng, paring sampeyan sêsupe bandhilan sarakit sing pangaos sèwu rupiyah, niku ajêng kula lilakake têng anak mantu kula, dados sapangiringe sêsupe lintring, niku saya misuwurake asma sampeyan.

a: Aku saya bungah bangêt yèn kowe duwe karêp anglilalake barang marang bakal mantumu. Yèn pancen kêna nganggo pangiring, kabèh kêmbêne uga dokokana pangiring nyadhosin.

b: Lasar ênggih êmpun kula sudhiyani, kantun ngêntosi dhawah sampeyan mawon.

a: Lan kowe sumurupa ibune, paningsêt iku isih kêna dibalèkake dening panampiking wadon, saka sabab kang pêrlu, nanging [na...]

--- 299 ---

[...nging] kudu ambalèkake tikêl, kosok baline winurungake dening panampiking lanang, uga saka sabab kang pêrlu, nanging kudu ngilangake paningsête, dadi anane paningsêt murwat, iku ora cumah-cumah bae, utawa dudu umuk-umukan, dadi têtali kêncêng, ora bisa anggampangake wurunge. Yèn kowe wis condhong, aku arêp kongkonan kang Mugên, prasabên marang adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, yèn putrane arêp dak paningsêti. Mau kang Mugên wis dak undang.

b: Kula ênggih êmpun amrayogekake karsa sampeyan niku.

__________

a. Dêmang Malang: Kang Mugên, wis suwe kowe mau.

b. Mugên: Sawêg dhatêng kemawon.

a: Kowe arêp dak kongkon.

b: Badhe kautus dhatêng pundi.

a: Sowana adhi Radèn Ngabèi Tangkilan, kang dhisik aturna taklimku, kaping pindho sarèhning rêmbug bêbesanan iki wis dadi, nanging kalakone kudu angêntèni yèn putrane lanang wis olèh ênggon, dadi durung kêna dipêsthekake enggal lawase. Iku yèn kêparêng saiki arêp dak têngêri bae, [ba...]

--- 300 ---

[...e,] supaya agawe têntrêming ati, ora kêna kinarêpake ing liyan.

b: Punapa ijêman kemawon atur kula dhatêng rayi sampeyan Radèn Ngabèi Tangkilan.

a: Panêmuku bêcik ijowan bae kang, wong wis dadi sadulur, ana kurang luwihe ora dadi ngapa.

b: Inggih, kula lajêng kemawon sapunika.

a: Iya, mêngko saulihmu bae baliya mrene, padhang pêtêng aku arêp sumurup.

b: Inggih sandika.

__________

Catatan kaki:

1. § sami sunatan. (kembali)
§ sami sunatan.
2. § sami sunatan (yang dimaksud sama adalah peralatan yang dipakai). (kembali)
§ sami sunatan (yang dimaksud sama adalah peralatan yang dipakai).
3. § lisah klêntik dipun wowori brambang mêntah kairis-iris, sarta pathining têmu irêng, têmu giring ingkang mêntas dipun parud. (kembali)
§ lisah klêntik dipun wowori brambang mêntah kairis-iris, sarta pathining têmu irêng, têmu giring ingkang mêntas dipun parud.
4. andêrês. (kembali)
andêrês.
5. § ing sêrat Pustaka Raja blz. 172 nama kadhana kadhini = gêdhana gêdhini punika lare lair mêdal kêmbar sami èstri. Dene kêlimrahanipun ingkang winastan gêdhana gêdhini wau sadhèrèk namung kêkalih jalêr èstri sarta ingkang sêpuh jalêripun. (kembali)
§ ing sêrat Pustaka Raja blz. 172 nama kadhana kadhini = gêdhana gêdhini punika lare lair mêdal kêmbar sami èstri. Dene kêlimrahanipun ingkang winastan gêdhana gêdhini wau sadhèrèk namung kêkalih jalêr èstri sarta ingkang sêpuh jalêripun.
6. § lak. (verk. v. laku) pêd. (verk. v. pêdhotan). (kembali)
§ lak. (verk. v. laku) pêd. (verk. v. pêdhotan).
7. § munggah ladrang Badranaya. (kembali)
§ munggah ladrang Badranaya.
8. § munggah Pareanom. (kembali)
§ munggah Pareanom.
9. § kên no 2 kêt. 2. (kembali)
§ kên no 2 kêt. 2.
10. § kanggo murwakani = ngruwat (wiwitan). (kembali)
§ kanggo murwakani = ngruwat (wiwitan).
11. § munggah ladrangan. (kembali)
§ munggah ladrangan.
12. § munggah Lonthang Kasmaran. (kembali)
§ munggah Lonthang Kasmaran.
13. § munggah Playon. (kembali)
§ munggah Playon.
14. § munggah Bontit. (kembali)
§ munggah Bontit.
15. § Gêndrèh Kêmasan. (kembali)
§ Gêndrèh Kêmasan.
16. § munggah Playon. (kembali)
§ munggah Playon.
17. § munggah Lambangsari. (kembali)
§ munggah Lambangsari.
18. § munggah ladrang Longgor Lasêm. (kembali)
§ munggah ladrang Longgor Lasêm.
19. § munggah ladrang Sarilaya. (kembali)
§ munggah ladrang Sarilaya.
20. § munggah ladrangan. (kembali)
§ munggah ladrangan.
21. § Munggah Kinanthi. (kembali)
§ Munggah Kinanthi.
22. § munggah Gandrungmanis. (kembali)
§ munggah Gandrungmanis.
23. § munggah ladrangan. (kembali)
§ munggah ladrangan.
24. § munggah Pareanom. (kembali)
§ munggah Pareanom.
25. § munggah Randhamaya. (kembali)
§ munggah Randhamaya.
26. § munggah ladrang Agun-agun. (kembali)
§ munggah ladrang Agun-agun.
27. § munggah ladrang Randhat. (kembali)
§ munggah ladrang Randhat.
28. § kên. No. 2 kêt. 3. (kembali)
§ kên. No. 2 kêt. 3.
29. § munggah Rondhamaya. (kembali)
§ munggah Rondhamaya.
30. § kên. No. 1 kêt. 2 kên. Pungkasan kêt. 3. (kembali)
§ kên. No. 1 kêt. 2 kên. Pungkasan kêt. 3.
31. § munggah ladrang Rendeh. (kembali)
§ munggah ladrang Rendeh.
32. § munggah ladrang Gondasuli. (kembali)
§ munggah ladrang Gondasuli.
33. § munggah eseg-eseg. (kembali)
§ munggah eseg-eseg.
34. § munggah ladrangan. (kembali)
§ munggah ladrangan.
35. § nganggo sêsêgan Saratruna. (kembali)
§ nganggo sêsêgan Saratruna.
36. § munggah Arum-arum tiba ladrang Lung Gadhung pel. (kembali)
§ munggah Arum-arum tiba ladrang Lung Gadhung pel.
37. § verk. v. ampeyan niet sampeyan ( = mu) en niet adhimu, maar adhi ampeyan of adhi sangisoring sikil van sampeyan (sikil) en pun niet ( = mu) en pun kakang niet kakangmu. Maar raka dalêm ( = kakangmu). (kembali)
§ verk. v. ampeyan niet sampeyan ( = mu) en niet adhimu, maar adhi ampeyan of adhi sangisoring sikil van sampeyan (sikil) en pun niet ( = mu) en pun kakang niet kakangmu. Maar raka dalêm ( = kakangmu).
38. Dalêm. (kembali)
Dalêm.
39. Kadanurêjan. (kembali)
Kadanurêjan.