Margayuwana, Tan Kun Swi, 1934, #1065

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Margayuwana

--- [0] ---

Anyariosakên saking kawontênanipun para wanodya anggarbini, tuwin pangupakaranipun anggèning badhe nglairakên jabang bayi

Tjitakan ke V

Diperlindoengi hak pengarang Stb. 1912 No. 600 fatsal 11.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Kun Swi ing Kêdhiri.

--- 1 ---

Boekhandel TAN KHOEN SWIE, Kediri. Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

A.

Amoerwa Kala ... f 0,35 | Ardjoena Wiwaha ... f 1, 50 | Ari Wara ... f 1,25 | Asmaralaja ... f 0,40

B

Babad Gianti deel I sampe V ... a f 1,50 | Babad Kediri ... a f 1,- | Babad Mochamad ... a f 1,35 | Babad Rasoel ... a f 0,35 | Babad Tjirebon ... a f 1,50 | Babad Toeban ... a f 0,45 | Bab Wawadosing Gesang ... a f 1,25 | Bagawad Gita ... a f 1,35 | Bambang Dwihasta ... a f 0,75 | Bawa sagerongipoen ... a f 0,60 | Bima Boengkoes ... a f 0,45 | Bodja Boesana ... a f 0,35 | Boekoe Sembahjang ... a f 0,60 | Boerat Aroem ... a f 0,45

D

Darma Sabda ... f 0,65 | Dewa Roetji ... f 0,65 | Djaka Lodang ... f 0,10 | Djampi Soesah ... f 0,50 | Djampi Ghaib ... f 0,50 | Djati Moerti ... f 1,10 | Djitapsara ... f 0,60 | Djiwandana ... f 1,25

G

Gatolotjo ... f 1,-

I

Idajat Djati ... f 1,- | Iladoeni ... f 0,35 | Ilmoe Spiritisme ... f 0,50 | Inl. Gem. Ordonnantie ... f 0,30

J

Jatnamaja ... f 0,30

K

Kabar Kijamat ... f 1,- | Kaboetoehan ... f 0,35 | Ka'koel Islam ... f 1,50 | Kalam Wadi ... f 1,75 | Kalatida ... f 0,10 | Kanda Bumi ... f 0,65 | Kapratjajan ... f 0,50 | Katja Wirangi ... f 0,65 | Kawroeh Kasoeksman ... f 1,65 | Kawroeh Mantig ... f 0,80 | Kawroeh Pangoengsed ... f 0,50 | Kawroeh Sanggama ... f 0,75 | Kawroeh Sasadji ... f 0,35 | Kawroeh Theosofie ... f 1,50 | Kebo Kenanga ... f 1,25 | Kidoengan ... f 0,50 | Krida Atmaka ... f 0,65 | Krida Graita ... f 2,70 | Krida Sastra ... f 0,20

L

Lambang Pradja (Djaja Baja) ... f 0,60 | Langen Drijan (Pestakaweni) ... f 0,60

M

Madoe Rasa ... f 1,50 | Marga Joewana ... f 0,35 | Ma Sapta Baja ... f 0,35

N

Ngedja Arab ... f 0,60 | Ngelmoe Kak Sadjati ... f 0,35 | Ngelmoe Pangasihan ... f 0,50 | Ngelmoe Pangroetjat ... f 0,45 | Ngelmoe Panoedjoeman ... f 0,30 | Ngelmoe Pirasat (Pirasating djalma) ... f 0,35 | Niti Prana ... f 0,30 | Niti Sroeti ... f 0,45 | Nitik Kraton ... f 0,35

O

Oegering Palakrama ... f 0,50 | Oesoeloeddin ... f 2,25

HARGA DIATAS BELOEM TERHITOENG ONKOST KIRIM.

--- 2 ---

DITERBITKEN DAN DIDJOEAL OLEH TAN KHOEN SWIE KEDIRI

PENERBIT TAN KHOEN SWIE KEDIRI

[Grafik]

Diperlindoengi hak pengarang Stb. tahoen 1912 No. 600 fatsal 11.

Kitab jang sjah, mesti ada tanda tangannya si penerbit seperti di bawah ini:

Tan Khoen Swie

--- 3 ---

Bêbuka

Kodrat punika kiyat, botên wontên daya sanès ingkang sagêd ngawonakên, ananging punapa manungsa sagêd andungkap kodratullah: layak botên, wontêna bokmanawi sèwu satunggal, inggih punika ingkang sinêbut ing ngakathah: sampun asarira suksma. Dados jamaking manungsa masthi botên sumêrêp badhe dhumawah ing lêlampahan, yèn makatên sarèhning manungsa pinaringan budi sampurna dening Hyang Maha Nata, dados kêdah ngangge dayaning budi wau minăngka sarana panulaking bêbaya ingkang badhe dhumawah, inggih punika: ihtiyar.

Băngsa Jawi kathah ingkang botên sêpên ihtiyar, nanging limrahipun dèrèng mantra-mantra sampurna, malah saking cupêting nalaripun dening sakêdhiking kawruh, sami klintu panyrapatipun dhatêng sunatan pêrlu, punapa malih tumran[1] dhatêng panjagining anak ing bab kasarasan tuwin kabêgjanipun ing têmbe, adhuh: tangèh kenging winastan cêkap, mila kula reka-reka ngimpun kawruh sawatawis, kangge gêgaran pangrêksaning anak wiwit taksih wontên gua garbaning biyungipun.

Pangajêng-ajêng kula, sêrat punika sagêd dados kanthinipun para priyantun èstri, punapa malih ingkang sawêg anggarbini.

PENGARANG

--- 4 ---

Katrangan isining Sêrat Margayuwana

Bab 1. Anggarbini ... kaca 5

2. Pangrêsaning[2] Têdha ... kaca 8

3. Solah Tingkah lan Kalakuan ... kaca 9

4. Pangrêksaning Badan ... kaca 11

5. Nyakiti ... kaca 13

6. Lairing Jabang Bayi ... kaca 14

7. Pangupakaranipun Jabang Bayi ... kaca 17

8. Pangrêksanipun Bayi Sêsêpan ... kaca 20

9. Bibar Sapihan ... kaca 22

10. Sasampunipun Pupak ... kaca 24

--- 5 ---

1. Anggarbini

Bapa tani ingkang kêpengin gadhah tanêman sae wohipun mêntês, kêdah milih pasitèn ingkang loh tuwin wiji ingkang sae, tumraping manungsa ugi botên prabeda, bab punika para maos masthi botên kêkilapan, dening pancèn sampun dados pusakanipun băngsa kita Jawi wiwit jaman kina, mila botên pêrlu kaandhar ing ngriki.

Uwit ingkang sampun dumugi ing măngsa punika sagêd uwoh, makatên ugi manungsa. Têngêranipun manawi wanodya sampun anggarap sari, limrahipun sêsamapunipun[3] umur: 14: utawi 16: taun, ewadene ugi wontên ingkang sawêg umur: 12:taun, dene lungsènipun sasampunipun umur: 45: taun, samantên punika yèn botên wontên pambênganipun.

Wanodya anggarap sari punika sampun kinodrat ing Gusti Allah, mila limrahipun sami botên sakit, namung ing salêbêtipun: 3: utawi: 4: dintên, sok kraos pêgêl, malês, lungkrah utawi kêdah muring-muring kèmawon, dados yèn kraos sakit, punika masthi wontên sababipun, mênggah anggènipun anggarap sari wau limrahipun, pun sabên: 27: 30: utawi: 31: dintên sapisan, wontên ugi ingkang pêndhak: 15: 18: 20: dintên.

--- 6 ---

Wanodya ingkang sampun nambut silaning akrami, sasampunipun anggarap sari, măngka lajêng botên, ngantos sawatawis lami utawi beda kalihan padatanipun, punika pratăndha yèn anggarbini, punapa malih yèn lajêng doyan tilêm kêpengin nênêdha, ototipun sami mrêngkêl, untunipun kraos sakit, utawi asring munêk-munêk kêdah mutah, ingkang makatên punika bokmanawi jalaran ewah ing urat-uratipun lêmbat, sabab ing salêbêting guwa garbaning wanodya wau wontên kanthonganipun bayi: ambadhodhog dening kisènan wiji.

Wiji wau lami-lami lajêng kabuntêl malih, sarta isi kawah, kumambang ing ari-ari. Dene ari-ari kêmpal kalihan otot margi rah, ing ngiku gandhèng kalihan pusêripun bayi, inggih punika ingkang minăngka margining têdha, mila sagêd gêsang sarta mindhak agêng, anjalari sêsaking wêtêng.

Mênggah indhaking agêngipun bayi wau pancèn angebat-ebatakên sayêktos manut pangetangipun sarjana ingkang sampun putus ing bab kawruh padhukunan bayi makatên:

ing wêkasaning wulan sapisan panjangipun 1 cm. x 1 = 1 cm.

ing wêkasaning wulan kaping kalih panjangipun 2 cm. x 2 = 4 cm.

ing wêkasaning wulan kaping tiga panjangipun 3 cm. x 3 = 9 cm.

ing wêkasaning wulan kaping sakawan panjangipun 4 cm. x 4 = 16 cm.

--- 7 ---

ing wêkasaning wulan kaping gangsal panjangipun 5 cm. x 5 = 25 cm.

ing wêkasaning wulan kaping nêm panjangipun 6 cm. x 5 = 30 cm.

ing wêkasaning wulan kaping pitu panjangipun 7 cm. x 5 = 35cm.

ing wêkasaning wulan kaping wolu panjangipun 8 cm. x 5 = 40 cm.

ing wêkasaning wulan kaping sanga panjangipun 9 cm. x 5 = 45 cm.

ing wêkasaning wulan kaping sadasa panjangipun 10 cm. x 5 = 50 cm.

(petangan ing nginggil punika kangge bayinipun băngsa Êropah, wangsul kangge bayining băngsa kita Jawi kirang saking samantên).

Ingkang makatên punika kanthongan bayi ugi tansah mêlar, sakawit sami kalihan jambu kluthuk ingkang kapèjèt, lami-lami dumugining măngsa cocok kalihan petangan ing nginggil punika.

Yèn anggènipun anggarbini sampun tiga utawi sakawan wulan, ebahing bayi sagêd kraos ing sakiwa têngêning wêtêng malah yèn sampun langkung saking: 4: wulan, tiyang sanès sagêd ngraosakên, asarana dipun grayangi, mila yèn lajêng botên ebah-ebah punika anyamari, bokmanawi pun jabang manggih tiwas.

Yèn makatên kêdah kapriksa: asarana èpèk-èpèk ingkang sampun asrêp katumpangakên sakiwa têngêning wêtêng, yèn bayi taksih wilujêng: masthi kraos ebah ing tangan utawi [u...]

--- 8 ---

[...tawi] sukunipun, malah sangandhapipun prênahing bayi sagêd kêmirêng kados swaraning arloji, dene yèn botên makatên kêdah enggal-enggal ngundanga dhoktêr.

Tigang wulan êngkas kanthongan bayi dumugi ing pulung manah, pusêripun ingkang anggarbini waradin kalihan wêtêng. Sangang wulanipun wêtêng katingal lètèr, dene yèn kangge lumampah kraos ènthèng botên kados adatipun, punika nelakakên lairipun bayi kirang satêngah wulan, jalaran kanthongan bayi sampun tumurun.

2. Pangrêksaning Têdha

Ing salêbêtipun guwa garbaning biyung bayi botên ambêkan, nanging nêdha rah kasêsêp mêdal usus ingkang gandhèng kalihan ari-ari, dados rahipun wanodya anggarbini punika kajawi lumampah kados padatan ugi nyarambahi ari-ari saha kanthongan bayi, dados kêdah gadhah rah langkung kathah tinimbang sabênipun, mila limrahipun sami mindhak tadhahipun, nanging sampun lajêng kauja, kêdah èngêt yèn têdha wau ugi dados têdhaning bayi, sarta mawi dugi-dugi sampun ngantos kêladuk, malah ing wanci sontên kêdah kapara kirang, supados tilêmipun sagêd sakeca. Prayoginipun kêdah nêdha têtêdhan ingkang gampil ajuripun, dados têtêdhan ingkang bumbu utawi pandamêlipun sarana kadhêplok, kados ta: kêtan, lombok [lombo...]

--- 9 ---

[...k] sapanunggilanipun kêdah dipun singkiri, makatên ugi têtêdhan ingkang gajih ngêmu lisah, pêdhês, kêcut saha ingkang sagêd ngêdalakên angin upaminipun: boncis, ugi kêdah kasirik, sanèsipun punika kenging kemawon.

Limrahipun tiyang anggarbini punika sami kapingin nênêdha têtêdhan ingkang anèh-anèh, punika yèn wontên ugi prayogi dipun turuti nanging yèn pancèn botên wontên, botên susah dipun prihatosakên, sabab botên badhe anjalari punapa-punapa, sampun angrèwès dhatêng ujar lalawora: kêdah dipun turuti, mindhak anu-anu, punika dora.

Ombèn-ombèn ingkang prayogi piyambak punika toya tawa, nanging ingkang sampun kulina kaombe kala sadèrèngipun anggarbini, kados ta: wedang tèh, bubuk, sanadyan sayêktosipun ugi kirang sae, botên susah kacêgah namung minuman kêras ingkang wajib dipun cêgah.

Ing wanci enjing tangi tilêm limrahipun munêk-munêk, punika prayoginipun katêdhanana biskuit mawi daging, sêpênipun saking punika: sawang ingkang kumlêndhang ing patilêman prayogi sangêt katêdha, yèn taksih munêk-munêk kaombenana lisah sladha.

3. Solah Tingkah lan Kalakuan

Sawênèhing tiyang gadhah pangintên, yèn anggarbini punika kalêbêt ewoning sêsakit, mila sangêt pangatos-atosipun [pangatos-a...]

--- 10 ---

[...tosipun] panjagining dhiri, sabên dintên namung thênguk-thênguk kemawon botên purun nyambut damêl, wasana lajêng dados tiyang kêsèd.

Pamanggih ing nginggil punika lêpat sangêt, anggarbini: dede sêsakit dados tiyang anggarbini inggih kêdah nyambut damêl kados padatan, para èstri ing dhusun kenging kangge tuladhan, ewadene ugi sampun tilar dugi-dugi, botên kenging plajêngan, lumpat-lumpatan, numpak kapal utawi kreta ingkang ngambah margi pating pandhukul, bêngak-bêngok, anjunjung barang awrat, nêgori wit-witan ingkang inggil, andhodhok sarwi ngêgèt, ambêgagah sapanunggilanipun, awit sadaya punika sagêd anjalari kêluron.

Salêbêtipun anggarbini kêdah tansah ambêbingah manah, ngayêm-ayêm badan, sampun maos buku ingkang nyariosakên rajatatu utawi rajapêjah, makatên ugi mirêngakên cacriyosan ingkang adamêl girising manah, ningali kumidhi, tuwin[4] tiyang sakit utawi kêsripahan, (kajawi kulawarga piyambak) sadaya kêdah dipun singkiri.

Wulangipun tiyang sêpuh: aja sok nênacad, mundhak anakmu kêtularan, punika kaèstokna, jalaran pancèn asring sagêd namusi[5] saèstu, dening dayaning asamar tumama ing manahipun ingkang sawêg anggarbini: kêdhêr mahanani wêwangunan [wêwa...]

--- 11 ---

[...ngunan] enggal. Dene daya samar wau bokmanawi ingkang sinêbut magnestische stroom dhatêng para sarjana Wlandi ingkang ulah sakridhaning kaalusan. Mila kêdah ngêgungakên budi utama, nutupi murka angkaraning manah, sarwi nênuwun ing Gusti Allah, yèn kasêmbadan panuwunipun badhe mahanani dados jabang bayi gêmblèngan sayêktos.

4. Pangrêksaning Badan

Salêbêtipun anggarbini kêdah mlampah-mlampah sajam sabên dintên dhatêng palataran utawi panggènan ingkang nyênêngakên manah supados bingar, saha sakeca badanipun tur lajêng sagêd ngraosakên eca anggènipun nêdha, dening sampun kêsêl, nanging sampun dhatêng panggenan ingkang kathah tiyangipun jalaran ing ngriku hawanipun rêgêd.

Tiyang ambêgan punika nyêrot hawa rêsik, angwêdalakên hawa rêgêd, dene hawa rêgêd wau kasêrot ing têtuwuhan minăngka têdhanipun, dados kosok wangsul balêjêd kalihan tiyang, mila prayogi mlampah-mlampah dhatêng ara-ara utawi panggènan ingkang jêmbar, sukur kathah têtuwuhanipun. Makatên ugi kakulinakna ambikaki jandhela enjing sontên supados hawanipun salêbêting griya utawi kamar tansah rêsik, sukur patilêmanipun kasêbari sêkar utawi dipun krukupi supados gandanipun sêgêr.

--- 12 ---

Tilêmipun ugi kêdah karêksa sampun kêladuk utawi kirang, ingkang prayogi piyambak jam sadasa dumugi jam nêm, dados wolung jam ing dalêm sadintên sadalu, ewadene yèn siyangipun bibar nêdha raos arip, ugi prayogi katilêmakên sajam, supados botên ngêlu utawi nuwuhakên sêsakit.

Limrahipun wanodya anggarbini punika kringêtipun anggănda botên eca, mila kêdah rêsikan: asring adus ngangge toya asrêp, dene yèn kulinanipun ngangge toya angêt inggih kenging, sasampunipun anggarbini nêm wulan botên kenging kalajêngakên, punapa malih ngêkum sukunipun ngangge toya angêt, punika awisan, kajawi yèn namung kangge wisuh kemawon, nanging ugi kêdah enggal dipun srêbèti ngantos garing.

Sawênèhing wanodya anggarbini wirang dening rumaos saru wêtêngipun, mila yèn kêkesahan anggènipun dandan ngantos singsêt, supados botên katawis yèn anggarbini, pamanggih ingkang makatên punika lêpat sangêt, pangangge kêdah ingkang sarwi longgar, punapa malih wêtêng saha payudara kajagia sampun ngantos kêpênêt, malah gêlungan kemawon ugi botên kenging kêkêncêngên.

Sadaya wêwarah ing nginggil punika nuwun mugi kagatosna,

--- 13 ---

supados sêgêr kasarasan badanipun nyarambahi dhatêng jabang bayi, malah dumugining măngsa ugi gampil anggènipun anglairakên, tur badanipun sang jabang wêtah lêma botên kenging sêsakit.

5. Nyakiti

Kirang: 4: minggu kalihan lairing jabang bayi kanthongan bayi sampun wiwit mangkêrêt, mila ingkang anggarbini tarkadhang kraos mulês, nanging sakêdhap kemawon pun saras, jêr pancèn dede sakit wêtêng, yèn sampun karaos makatên punika prayogi sadhia punapa-punapa ingkang parlu ing atasing tiyang gadhah anak.

Sasampunipun kirang saminggu pangkêrêding kanthongan bayi kathah sangêt, ngantos alit, ingkang anggarbini kraos sakit, inggih punika ingkang winastan nyakiti sapisan, yèn kraos badhe bêbucal, prayogi dhatêng wingking sakêdhikipun sadintên sapisan ing waktu punika botên parlu kasêsa ngundang dhukun.

Sawênèhing wanodya ing waktu wau botên kraos sakit, kraos-kraos sampun dumugi lairipun jabang bayi.

Ing waktu punika sampun alit ing manah, kuwatos kadospundi-kadospundi, anggêga ujaripun tiyang bodho, èngêta yèn sabên wanodya sampun tinakdir kêdah nglairakên [nglaira...]

--- 14 ---

[...kên] anak, manut petanganipun para sarjana ingkang sampun nyatakakên, yèn wontên tiyang: 200: kathah-kathahipun namung: 1: ingkang rêkaos saha nandhang tiwas dening nglairakên anak, mila botên susah kuwatos: kêdah sabar saha ngiyat-ngiyatakên sarwi lumampah-lumampah rambatan tembok utawi gondhelan saka, ngiras ngêntosi wêdaling kawah. Rambut kaore, rasukan dipun tutup rapêt, nanging sinjang kêdah kasuwêlakên kemawon, botên dipun bêntingi (sêtagèni) êwadene yèn mêksa botên kiyat kadamêla tilêman mapan ingkang sakeca, limrahipun malumah dhêngkulipun manginggil, dhukun ngêmulana sinjang tipis saha anjagènana wontên ing daganipun ingkang nyakiti, sukur manawi ingkang nênggani dhukun ingkang sampun angsal piwulang (vroedvrouw).

Papanipun miliha ingkang rêsik, ambêt-ambêtan ingkang nyêgrak-nyêgrak kasingkirna punapa malih khewan utawi lare ingkang cangkêmipun braokan, mugi kapurih kesah, ingkang kenging wontên ing kamar namung dhukun, sêmah tuwin biyung utawi sanaksadhèrèkipun ingkang kenging kapitados salah satunggal.

6. Lairing Jabang Bayi

Salêbêtipun nyakiti punika murih saenipun sampun dados tanggêlanipun dhukun, mila patrap pratikêlipun botên susah kaandhar ing ngriki, nanging sampun anggêga sadaya pakènipun [pa...]

--- 15 ---

[...kènipun] têtiyang bodho utawi dhukun tanpa pangajaran, ingkang botên pinanggih nalar, prayogi katulak, kados ta dipun sêsêpi sêpah kinang, kapurih ngombe toya kum-kuman êmbing-êmbing kucing, wêtêng dipun pijêt-pijêt, malah dipun sukani opyok-opyok pipisan ronan, punika sadaya sisip-sisip sêmbiripun malah nuwuhakên sangkala, botên susah dipun punapak-punapakakên, yèn sampun dumugining wanci, masthi lair piyambak, mila pamanggih kula sanadyan mawi ambayar prabêya sawatawis, prayogi ngundang vroedvrouw kemawon, awit punika ingkang sampun nampi pangajaran sayêktos.

Sasampunipun bayi lair, limrahipun patilêmanipun kagêbrag-gêbrag, sanjangipun supados ing têmbe botên kagetan, yèn vroedvrouw namung kacêblèk-cêblèk bokongipun kemawon, sadaya wau bokmanawi namung pun jabang bayi kajêngipun nangis kemawon, jalaran inggih cêngèr sapisan punika pratandhaning bayi gêsang sarta wiwit ambêkan nyêrot hawa, mila sampun weya panjagining hawa, ing kamar ngriku kêdah tansah rêsik.

Pusêr kairis ngangge wêlad kapanggang rumiyin, nanging ngangge gunting utawi lading kenging kemawon, ugêr kapanggang utawi kacêlup [ka...]

--- 16 ---

[...cêlup] ing lisol rumiyin supados pêjah krumanipun (bacterie)nipun.

Limrahipun sang jabang bayi lajêng dipun sèlèhakên ing tampah, prayoginipun dipun lambarana sinjang rêsik ingkang êmpuk, sabab bayi punika badanipun taksih ringkih sangêt, lajêng karêsikana mawi toya rêsik, kakosokana ingkang alon ngangge kapuk, sêpênipun kapuk, kenging ngangge pipih ingkang alus, punapa malih mripatipun, punika ingkang prêlu piyambak, yèn sagêd ngangge boorwater sabab bayi ingkang mêntas lair punika badanipun taksih ngyiyid (slijmerige stof) sasampunipun dipun rêsiki lajêng dipun bungkus katilêmakên ing panggenan ingkang garing ngangge kasuran saha bantalan ingkang bongtên[6] kêmpukên, inggih punika ngangge ron pakis utawi kambêngan kaêpe, utawi wulu ayam dipun rêsiki.

Salêbêtipun bayi dipun upakara biyungipun botên kenging ebah, ari-ari lajêng kawêdalakên sarana kapijêt ing dhukun, yen sampun kaombènana wêdang bubuk dipun wori jampi tumbasan apotik sarana pitêdahipun dhoktêr, lajêng dipun rêsiki ngangge toya winoran lisol, makatên ugi ing panggenan ngriku, dados ingkang nandhang rêkaos prayogi kapindhah alon-alon dhatêng panggènan ingkang garing lan rêsik, sarta ugi lajêng botên kenging ebah-ebah [ebah-...]

--- 17 ---

[...ebah] rumiyin ngantos badanipun kraos kuwagang, salajênging pangupakaranipun sampun kêsupèn anggènipun ngrêsiki masthi ngangge lisol, murih icaling gănda awon tuwin pêjahing kruma.

Sadaya ingkang badhe kangge ing nginggil punika kajagia sarta kasadhiyakna sadèrèngipun, kados ta: rêsiking kamar, bantal lan kasur bayi, saha jampi warni-warni manut caranipun nagari ngriku.

7. Pangupakaranipun Jabang Bayi

Ing salêbêtipun sadintên sadalu malah tarkadhang ngantos tigang dintên tigang dalu lare dèrèng purun nêsêp susuning biyungipun ugi dèrèng mêdal toyanipun, punika botên susah dipun kuwatosakên, jêr samăngsa lare sampun purun nêsêp ugi lajêng mêdal toyanipun susu. Yèn panêsêpipun rêkaos dening mundrinipun alit, utawi kulitipun tipis: sakit yèn kasêsêp, punika prayogi dipun tutupi rumiyin ngangge pipih rêsik ingkang sampunan[7] kacêlubakên ing brèndhi Rum. Mangke masthi lajêng sagêd anyêbar piyambak, sawênèh tiyang wicantên: kêdaha sarana dipun lêbêti sêsupe punika klintu, jalaran agênging mundri namung sakêdhap: botên sagêd lêstantun.

Sarèhning têdhanipun bayi punika namung maligi toya sêsêpan [sêsêpa...]

--- 18 ---

[...n] kemawon, mila toya sêsêpan kajagia sampun ngantos nuwuhakên sêsakit, inggih punika têdhaning biyungipun kêdah ingkang sae, kados ingkang sampun kawrat ing ngajêng saha asring adus, prayoginipun adus grujug.

Aggènipun nêsêpi kaangkaha sadintên-dintênipun kaping sakawan utawi nêm ambalan, sukur sagêd namtokakên waktunipun ingkang ajêg, sabibaripun nêsêp cangkêmipun karêsikana mawi kapuk katêlêsan toya rêsik kapêrês, supados botên nuwuhakên sêsakit.

Dede[8] yèn wontên pambênganipun biyungipun botên sagêd nêsêpi dening sakit utawi sabab sanèsipun, kêdah kaêdhot ngangge powanipun lêmbu ingkang saras, nanging kêdah kacuwèrakên sarana kamomoran toya tigang bageanipun powan, utawi ngangge mèlêk kacuwèrakên toya angêt, kathah sakêdhiking mèlêk kêdah manut pratelaning dhoktêr, sampun pisan lare kadublag mawi sêkul ulêkan, jalaran pirantosing pangêjur têdhane dèrèng kiyat, ing têmbe yèn lare sampun mêdal untunipun sawêg kênging dipun dulang saking sakêdhik.

Kajawi punika bayi ugi nêdha hawa asarana ambêkan, mila kêdah kajagi sampun ngantos nyêrot hawa rêgêd, dados sênthong patilêman bayi kêdah tansah rêsik, sampun têlês, saha murih

--- 19 ---

gampiling panyêrotipun lare sampun kagêdhong kêncêng-kêncêng, prayoginipun botên susah kagêdhong: cêkap dipun gritani wêtêngipun kemawon, nanging kêdah ingkang kêndho sangêt, sabab sêsêking ambêkan, sagêd anjalari sêsakit ingkang ambêbayani, manawi lare sêsêk ambêkanipun enggal kacêlupna ing toya asrêp sakêdhap, tumuntên kaêntas, punika adatipun sagêt tulung, sirahipun sampun dipun kopyohi prayogi kabikak kemawon supados asrêp.

Ênjing sontên bayi kêdah dipun rêsiki kados nalika lair utawi dipun dusi kemawon sadintên sapisan, sabab badanipun dèrèng kiyat, lèmèkipun kêdah ingkang rêsik, sampun kados limrahing akathah ngangge sinjang rêgêd mêntas kangge, sasampunipun dipun rêsiki utawi dipun dusi lajêng kabungkus kados ingkang kawrat ing nginggil, nuntên katilêmakên ing panggènan ingkang ragi pêtêng, jalaran mripat bayi dèrèng kulina dhatêng pêpadhang soroting surya, mila anggènipun ngrêsiki wau ugi kajagi sampun ngantos kêpadhangên sangêt, ing têmbe manawi sampun kulina kenging kaajak dhatêng pêpadhang, nanging sampun lajêng weya kaajak dhatêng bêntèran tanpa kudhung utawi payung, ngantos kathah soroting surya ingkang ngengingi mripat: punika badhe ngrisakakên mripat, anjalari sakit wuta.

Makatên ugi salêbêtipun kalih wulan utawi langkung sabên [sabê...]

--- 20 ---

[...n] tangi tilêm sampun kêsupèn mripatipun kêdah dipun rêsiki kados nalika lair, nanging poma sampun ngantos kapênêtakên.

Yèn bayi sampun umur sapêkên utawi saminggu pusêripun coplok, limrahipun lajêng dipun wur-wuri gêrusan griya tawon tutur utawi gêrusan arêng bathok, sawênèhing nagari caranipun gèsèh: dipun wur-wuri mawi kêrikan irus utawi gêrusan siti tilas panggènaning lairipun jabang bayi, sadaya wau sêdyanipun namung supados enggal garing labêtipun, sabab manawi ngantos mêdal rahipun, sanadyan namung marêntul kemawon, asring anjalari dumugining tiwas, mila manawi ngrêsiki kêdah ingkang alon.

Bayi punika dèrèng sagêd punapa-punapa kajawi nangis, mila manawi nangis kaupadosana sababipun, punapa kasrêpên utawi sumuk, punapa kêkêncêngên anggènipun anggritani utawi liyanipun, sampun namung lajêng dipun sêsêpi kemawon, utawi kaisik-isik tuwin kabandul, punika lêpat sangêt, jalaran lare lajêng kagetan utawi gugupan.

8. Pangrêksanipun Bayi Sêsêpan

Ing ngajêng kula sampun matur: lare kêdah kajagi sampun ngantos nyêrot hawa rêgêd, mila sênthong patilêmaning lare kêdah tansah kajogan hawa rêsik, saha ngêdalakên hawa [ha...]

--- 21 ---

[...wa] rêgêd, inggih punika ênjing sontên jandêla kêdah kabikak, joganing sênthong kêdah garing, makatên ugi sampun ngantos wêya dhatêng rêsik saha garinging panganggènipun bayi, saha pangangge wau kaangkaha ingkang sarwa tipis.

Tilêmipun lare kêdah karêksa sampun ngantos gragapan, saha yèn sagêd sampun katunggilakên kalihan tiyang sêpuh, supados tansah nyêrot hawa rêsik, sirahipun kaprênahna kapara langkung andhap tinimbang badanipun, githokipun kaganjêla bantal utawi guling, punika anggampilakên lampahing rah, dados sampun pisan-pisan bayi dipun sukani bantal ngundhung-undhung.

Manawi bayi sampun umur gangsal utawi nêm wulan kêdah lajêng kacacarakên, malah yèn panggènan ngriku kapinujon tuwuh sêsakit cacar, nadyan sawêg umur gangsal wulan sampun kenging kacacarakên, samantên wau kêdah ngèngêti kasarasaning bayi, punapa badanipun kintên-kintên kiyat dipun cacar, jêr yèn tiyang kiyat malah asring nuwuhakên sêsakit dhatêng bayi wau.

Yèn sampun umur: 9: wulan, adatipun lajêng mêdal untunipun, badhe wêdaling untu wau nuwuhakên gatêling gusi, anjalari lare kêdah nyênyakot punapa-punapa, mila kêdah kajagia sampun ngantos nyakot barang ingkang mawi racun, utawi ingkang atos-atos, punapa malih barang

--- 22 ---

lancip mila sampun pisan-pisan kapurih ngêmong lare ingkang dèrèng kathah dugi-duginipun.

Sakawit ingkang katingal untu ngajêng ing ngandhap sapasang, lajêng ing nginggil inggih sapasang, kalih wulan êngkas untu inggil mêdal malih sapasang ngapit-apit ingkang sampun wontên, lajêng ing ngandhap ugi makatên, kawan wulan êngkas tuwuh siyung saha bamipun, salajêngipun yèn sampun umur tigang taun sampun jangkêp kalih dasa, ing salêbêtipun tigang taun punika lare asring sakit, dening wêdaling untu wau, jalaran nrajang urat ingkang lêmbat-lêmbat, limrahipun lajêng doyan tilêm, nanging bab punika botên dados punapa.

Nalika lare sampun mêdal bamipun punika pratăndha sampun sagêd mamah punapa-punapa, mila ing waktu punika lare sampun kenging dipun dulang, malah saèstunipun sampun kenging kasapih.

9. Bibar Sapihan

Yèn bayi sampun umur: 15: wulan, sampun mangsanipun kasapih, dados sampun mantun nêsêp, mila tiyang sêpuh kêdah ngrêksa têdhanipun, kêdah ingkang pasaja, sampun dipun sukani têtêdhan ingkang angèl ajuripun, saha ingkang anggajih sarta ombèn-ombèn saliyanipun toya, makatên ugi sampun ngantos nyarêng panêdhanipun tiyang sêpuh, sabab manawi sumêrêp [su...]

--- 23 ---

[...mêrêp] têtêdhan warni-warni, lajêng tuwuh kapenginipun, punapa malih yèn sampun ngraosakên, masthi lajêng mrèntèk-mrèntèk nêdha têtêdhan ingkang pancèn dede mêsthinipun, punika badhe anjalari kirang sêgêring badan, wowohan punika prayogi sangêt tumrap lare, nanging tiyang sêpuh sampun ngantos weya, nyukani wowohan ingkang sagêd anjalari sêsakit, sabab bayi punika wiwit lair dumugi umur: 3: taun badanipun taksih ringkih, manawi ngantos katrajang ing sêsakit pilêk, watuk, bêntèr, utawi sakit wêtêng sarta racêkên, punika manawi nyarêngi apêsipun asring botên ngukup, sêsakit gabag punika ugi ambêbayani, punapa malih sarap utawi sawan: mèh kènging katamtokakên tiwasipun.

Mênggah sarap utawi sawan punika tuwuhipun saking kêtumusan sêsakiting tiyang sêpuh, mila tiyang ingkang gadhah sêsakit punika asring botên waris anak-anak, srananipun dede japa mantra, ugêr purun jêjampi ingkang sagêd ngrêsikakên rah kemawon: sagêd wilujêng.

Yèn lare sampun sagêd wiwit lumampah sampun sok dipun tetah, kêdah kasrantosakên ngantos sagêd lumampah piyambak, sabab lare botên sagêd lumampah yèn dèrèng dumugining măngsa, sampun bingah-bingah dupèh anakipun sagêd [sa...]

--- 24 ---

[...gêd] makatên, èngêta rakaosipun lare, jêr dipun tetah punika tumrap lare kalêbêt pandamêl awrat.

Lare kêdah kakulinakakên tangi tilêm gregah lajêng têrus mêdal saking patilêman, adus utawi raup saha dandan sapantêsipun, supados sampun ngantos dados tiyang kêsèd, wiwit alit kêdah kaparsudi srêgêp saha kêndêl tumrap pandamêl lêpas, mila sampun sok dipun ajrih-ajrihi, utawi dipun dongèngi ingkang mokal-mokal, mindhak dados tiyang jirih utawi gugon tuhon, dene mênawi kapinujon rewel, kaimur-imura kanthi têmbung manis manuhara, tiyang sêpuh kêdah sabar, sampun dipun srêngêni ngangge têmbung kasar, punapa malih têmbung saru, sabab lare dèrèng pêcah nalaripun, ewa sêmantên inggih sampun kauja sakajêngipun lare punika badhe dados lare unggungan, kêdah kapardi kautaman, ambangun miturut, saha sumêrêp ing tata krama sawatawis.

Sagêdipun enggal tumama piwulangipun, tiyang sêpuh kêdah nuladhani, kados ta: lare kapurih nyukani panganan dhatêng kancanipun dolan: kaulungakên piyambak, solah tingkah saha solah bawa kêdah kajagi sampun ngantos saru sapanunggilanipun.

10. Sasampunipun Pupak

Yèn lare sampun andungkap umur: 7: taun untunipun sampun pupak punika sawêg kenging kalêbêtakên ing pamulangan, langkung utami ing wanci sontên kapardi ngaos, sampun nyinau garapan pamulangan, sadaya garapan pamulangan kapardia dipun sinau enjingipun, supados sagêd manjing, jalaran utêk taksih sêgêr, lare ingkang sampun kulina sinau sontên, manawi malih: sinau enjing masthi badhe ngraosakên piyambak bedanipun.

Dolananipun lare kaangkaha ingkang sagêd mêcahakên nalar utawi murugakên kasarasan, kados ta: mul-mulan, catur, gobag, selat, sapanunggilanipun dene lare èstri prayogi kapardi ing kasagêdan tangan kados ta: dondom-dondom, nyulam, sapanunggilanipun, ing toko-tokoTyonghwa kathah ingkang sade dolanan lare, ngiras kangge nyumêrêpi punapa dhasaring kasagêdanipun lare kados ta: nênukang, damêl griya, sapanunggilanipun.

Kathah lare ingkang dados wungkuk utawi yèn lumampah nuklun, botên sigrak, punika jalaran kulina saking alit [a...]

--- 26 ---

[...lit] mila lare karêksaa sampun ngantos kalampahan makatên, asarana asring dipun abani makatên: linggih jêjêg, ngadêg jêjêg, sirah jêjêg, dhadha mangarêp (mungal), pundhak mamburi, mlaku rikat.

Salajêngipun tiyang sêpuh kêdah rumêksa supados anakipun ing têmbe sagêda nêtêpi kudangan: anak anung prawira ngungkuli bapa. Itih.

--- 27 ---

Sêrat-sêrat ingkang kasêrat ing ngandhap punika pilihan, lan ingkang sangêt dipun prêlokakên mundhut dhumatêng ingkang rêmên maos.

Asmaralaya t. Bab kawruh kasampurnan, wasitanipun para guru ingkang sami mêdharakên tekading kasidan. Rêgi f 0,40 prangko f 0,08.

Dewaruci tg. Aryasena maguru dhatêng Sang Hyang Durna kapurih ngupados toya gêsang, sêkar macapat dipun wrêdèni gancaran dening Swargi M Ng. Mangunwijaya ing Wanagiri, rinêngga ing gambar 4 iji. Rêgi f 0,65 prangko f 0,13.

Hidayat Jati g. amêdharêkên wisikan wali 8 kawêwahan saking kitab sanès-sanèsipun ingkang mêdharakên ngèlmi makrifat, rêgi f 1,- prangko f 0,15.

Kidungan t. inggih punika sêrat kina ingkang ngêwrat pralambangipun ngèlmi, ikêtanipun Kangjêng Sunan Kalijaga: Waliyullah, kasambêt Kyai Rănggasutrasna pujăngga, tamat. Rêgi f 0,50. prangko f 0,10.

Ngèlmi Khak Sêjati g. Inggih punika primbo ngèlmi khak sêjati barkah saking Pangeran Sêcawijaya, kawêwahan gambar mêloking ngèlmi kasampurnan, rêgi f 0,35 prangko f 0,08.

Ngèlmi Panujuman g. kawruh gaip ingkang mratelakakên wahananing Lohkil Makful inggih punika marahakên [maraha...]

--- 28 ---

[...kên] papaning bêkja tuwin cilaka ing dalêm sadintên sadalunipun, rêgi f 0,30 prangko f 0,08.

Ngèlmi Pirasat t. inggih punika pirasating sujalma. Mratelakakên candraning jalma ingkang awon miwah ingkang sae wêwatêkanipun, katandha saking kawontênanipun pêpukiraning, ingkang sampun dipun mupakati dening para Jamhur ing Tanah Ngarab, rêgi f 0,35 prangko f 0,08.

Wulang Rèh t. punika Wulang Rèh ingkang lugu botên kaewahan, anggitan Dalêm P.B. IV, rêgi f 0,50 prangko f 0,10.

Jampi Gaib g. piridan saking karanganipun Yogi Kangkara Krêsna, pandhita ing Tanah Hindhustan, rêgi f 0,50 prangko f 0,08.

Wuninga ing Gaib g. piridan saking buku: Helder ziendheid sarta nieuwe zielkunde anggitanipun Sang Sinukci Nyonyah: Anibesan tuwin Sang Sinukci Tuwan C.W. Ead Beater mawi piwulang sarta lampah-lampah ingkang sagêd anjalari wuninga sadèrènging winarah, dalasan awisan sarta pratikêlipun, rêgi f 0,60 prangko f 0,10.

Ingkang nyênyadhong wêlingan: Toko Buku, TAN GUN SWI ing Kêdhiri.

Boekhandel TAN KHOEN SWIE, Kediri. Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

P

Pamboekaning Tjipta ... f 1,50 | Pandam Prana ... f 1,- | Panggardjita ... f 2,- | Panembrama ... f 0,50 | Paniti Baja ... f 0,45 | Paniti Sastra ... f 0,45 | Papali Nabi Kh. H. Tjoe ... f 0,10 | Pastika Maja ... f 0,35 | Pastika Warna ... f 1,25 | Pati Tjentini ... f 2,- | Patkoel Karib (Kawroeh Pekih) ... f 0,65 | Pawoekon 30 gambar ... f 1,50 | Pedjah Poenika saladjengipoen kados poendi ? ... f 1,65 | Pitoetoer djati ... f 0,45 | Poerwa Kanti ... f 1,25 | Poerwa Karana ... f 0,60 | Poestaka Rantjang (Patak Modin) ... f 0,75 | Prabangkara ... f 1,- | Pralambanging djagat ... f 0,50 | Pramana Sidi ... f 0,60 | Prasida Djati ... f 0,70 | Primbon Djampi Djawi ... f 1,10 | Primbon Ngadoe Djago ... f 0,30 | Primbon Ngimpi ... f 0,60

R

Rangka Angrong ... f 0,60 | Rangsang Toeban ... f 1,25 | Rekasaning Batin ... f 0,60 | Rerepen ... f 0,20

S

Sangoe Gesang ... f 0,35 | Sara Sadija ... f 1,- | Sasmita Warni-warni ... f 0,50 | Sastra Hardjendra ... f 0,35 | Satoenggaling Oetoesan ... f 0,30 | Senarodra ... f 1,10 | Sendon Langen Swara ... f 0,35 | Siswi Sogata ... f 0,70 | Siti Djenar ... f 0,35 | Soebasita ... f 0,50 | Soekanda Karma ... f 1,25 | Soeksma Wiwara ... f 0,95 | Sopanalaja ... f 0,30 | Srie Krisna Barata ... f 0,50 | Swaraning Asepi ... f 1,-

T

Tjandra Rini I sampe II a ... f 0,20 | Tjandra Sangkala ... f 0,20 | Tjipta Goegah ... f 0,30

W

Walisana ... f 2,- | Wangsalan ... f 0,35 | Warat Maja deel I-II a ... f 1,10 | Warna Prana ... f 0,45 | Warna Sastra ... f 0,45 | Warni pitoe djejer doemadosing manoengsa ... f 1,65 | Wawarah Samadhi ... f 1,50 | Wedda Agama ... f 0,35 | Wedda Asmara ... f 0,30 | Wedda Jatmaka ... f 0,20 | Wedda Poerwaka ... f 0,70 | Wedda Raga ... f 0,20 | Wedda Sanjata ... f 2,- | Wedda Satija ... f 0,30 | Wedda Tama ... f 0,35 | Widdija Kirana (Darma sonja) ... f 0,90 | Witjara Keras ... f 0,50 | Wolangreh ... f 0,50 | Woeningo ing Ghaib ... f 0,60 | Wawadining Rasa ... f 1,50

HARGA DIATAS BELOEM TERHITOENG ONKOST KIRIM.

 


tumrap. (kembali)
Pangrêksaning. (kembali)
sasampunipun. (kembali)
tuwi. (kembali)
numusi. (kembali)
botên. (kembali)
sampun. (kembali)
Dene. (kembali)