Alakirabi, Wayuh Kalihan Botên, Suwara, 1913, #1272

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prijs franco per post f.____

Verkrijgbaar bij het Dépăt van Leermiddelen te Weltevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag.

Bab Alakirabi, Wayuh kalihan Botên

Karanganipun: Suwara (Sandinama)

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H.A. Benyamin, ing nagari Sêmarang,

ing taun 1913.

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 127.

Bab Alakirabi, Wayuh kalihan Botên

Karanganipun: Suwara (Sandiasma)

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H.A. Benyamin, ing nagari Sêmarang,

ing taun 1913.

--- [0] ---

MONOGAMIE EN POLYGAMIE

DOOR

S O E A R A

Semarang-Drukkerij en Boekhandel

H.A. Benjamins, Semarang.

1913.

--- [5] ---

Bab Alakirabi, Wayuh kalihan Botên.

Adat, tatacara ingkang kawastanan prayogi, saking pamanggih kula ingkang tumusipun adamêl sakeca tuwin mulya dhatêng ingkang gadhah adat lan tatacara wau. Manut ingkang katingal ing kathah băngsa kulit pêthak adat tuwin caranipun sae, pathokanipun angugêmi dhawuhing Allah, kados ta manusa kêdah nêdha kringêtipun piyambak, sintên ingkang botên purun kumlawe inggih badhe kaluwèn, sanak sadhèrèk botên badhe purun nguluri sandhang têdha, dalah tiyang sêpuh inggih lumuh ngrêmbag kabêtahanipun anak ingkang sampun wancinipun acêcèkèr piyambak. Mila sabên tiyang kapêksa mêsu badanipun, têmahan angsal pangupajiwa, undha-usuk manut kabêgjanipun tuwin kawignyanipun. Pituwasing kangelan kangge ing badanipun piyambak saha anak bojonipun. Bilih wontên tirahipun sakêdhik-sakêdhik dipun kalêmpakakên, [kalêmpaka ...]

--- 6 ---

[... kên,] lami-lami dados kathah, sadhiyan manawi manggih sêsakit utawi manawi sampun jêmpo. Kala-kala inggih kangge têtulung sasamining tumitah ingkang kasangsaran, lampah ingkang makatên punika anjunjung dhiri. Mila sanajan băngsa kulit pêthak kathah ingkang kacingkrangan, ingkang luhur tuwin mulya botên kirang-kirang. Wangsul băngsa kula Jawi saking miyar-miyuring watêk, manawi gadhah pangkat utawi pangupajiwa, sanajan sakêdhik pamêdalipun, manawi dipun êbyuki sanak sadhèrèk, botên sagêd selak. Ngukup sanak sadhèrèk ingkang lumuh ing damêl, wirang rumagang anggarap sadhengah pakaryan, sok ugi angsal têdha, nanging sami botên isin gêsang kados kêmadheyan. Têmahan ingkang dipun tèmpèli kêra kirang têdha, monggrak-manggrik têlas kakiyatanipun. Dados ingkang têtulung dhumawah ing sangsara, ingkang dipun tulungi botên dados mulyanipun. Băngsa kula Jawi agêng alit mèh sêpên ing donya brana, malah saupami botên karidhu ing sambutan dhatêng tiyang mănca kemawon sampun kasuwurakên sugih.

--- 7 ---

Kajawi adat ingkang kasêbut punika, ingkang dados tuking sangsara agêng dhatêng băngsa kula Jawi: wawênangipun jalêr rabi kalih, tiga, sakawan.

Ingkang sapisan: tiyang wayuh punika botên têntrêm ing gêsangipun, rabinipun sabên dintên tansah abratayuda, rêbat mênang, sagêda amboyong lakinipun, lulusa dados gadhahanipun piyambak, sampun ngantos nolih dhatêng marunipun. Ingkang botên kadumugèn, dhatêng lakinipun sabên dintên tansah muring. Dene ingkang jalêr tansah ngupados nalar kadospundi sagêdipun angrukunakên sadaya rabinipun, asring-asring lampah dora, ngalêm ingkang sawêg tampi gilir, nacad dhatêng ingkang botên pinuju dipun dhatêngi, ing salêbêtipun griya tansah dahuru, lăngka ingkang gadhah ulat sumèh, jalaran rèmèh kemawon murugakên grêjêgan.

Kala rumiyin wontên kaji gadhah semah tiga, tiga pisan tansah congkrah, nanging ing sawêktu èstri tiga wau sagêd rukun, nalika kyai kaji kesah kêndhurèn, bojonipun tiga pisan sami ngalêmpak ing pondhokipun [pondho ...]

--- 8 ---

[... kipun] êmbok sêpuh. Ing ngriku sami tanggap-tinanggap bab lampah-lampahipun ingkang jalêr manawi dhong gilir dhatêng salah satunggilipun. Tiyang tatiga botên kenging kumbi, kêdah walèh sablakanipun. Lah ing ngriku kawiyak sadaya lamisipun kyai kaji, pundi ingkang botên tampi gilir dipun cantên anggalur botên wontên ingkang kalêrêsan, olah-olahanipun sadaya cêmplang tanpa raos, dalah anggènipun wêdhak pupur supados lakinipun rêsêpa, dipun wastani kêmayu ora nyêbut. Ingkang pinuju dipun dhatêngi dipun gunggung ngantos munyung-munyung. Têmahan tiyang tiga pisan sangêt amuring-muring, sami lumêbêt ing sênthongipun piyambak-piyambak akancing kori.

Kocapa kyai kaji mantuk, brêkatipun agêng, ing batos badhe angsal alêm, dumugi ing ngajêng griya anguwuh-uwuh:

Wong wedok, wong wedok, padha mêtua kene ing pêndhapa dadi siji, brêkate padha didum.

Nanging semahipun satunggal kemawon botên wontên ingkang sumaur, sampun malih ngwêngani kori. [ko ...]

--- 9 ---

[... ri.] Ing wiwitan pun kaji botên andungkap punapa jalaranipun, nanging dangu-dangu sarêng èngêt bilih rabinipun atut, gadhah panggagas ambokmanawi wadul-winadulan bab lakinipun, wêkasan lamisipun kyai kaji kêwanguran. Mila ing batos sangêt kaduwungipun, tobat asrah bongkokan, têmbungipun ngasih-asih:

bojoku, kowe têlu pisan ayu kabèh, manis kabèh, mêrak ati kabèh, wêgig kabèh, aku anjaluk lawang, apuranên dosaku.

Rabinipun tiga pisan mêdal sêsarêngan, kyai kaji dipun uman-uman, dipun pulasara ngantos ngaru-ara sambatipun.

Tiyang èstri ingkang kawayuh botên mantêp sihipun dhatêng laki, manahipun mêlang-mêlang trataban, kirang pangrimatipun dhatêng anak, punapadene pangudinipun supados anakipun gadhaha kasagêdan. Watêkipun èstri manawi sumêrêp ingkang jalêr pikiripun malih mêrtiga, lajêng nglalu supe dhatêng kuwajibanipun biyung dhatêng anak, wusana anak-anakipun kapintên. Malah saking gênging susah supe dhatêng awakipun. Cêgah nêdha cêgah tilêm, manahipun risak,

--- 10 ---

badanipun anggagang aking, kathah ingkang pêjah ngênês, trêkadhang ewah budinipun.

Kaprahipun tiyang Jawi yèn rabi taksih kênèmên umuripun, dados inggih sawêg gadhah têdha sakêdhik utawi sawêg ngupados pangkat utawi padamêlan. Bojonipun tumut angraosakên pait gêtir, saangsal-angsal angrencangi jalêripun angwontênakên sandhang têdhanipun. Manawi tiyang sêpuhipun sagêd, inggih tampi jajan saking tiyang sêpuh. Asring-asring ingkang èstri dipun têlasakên panganggenipun, ngantos kenging katêmbungakên wuda, kasade kangge nomboki kabêtahanipun ingkang jalêr, ngaya-aya sagêda kalêksanan ingkang dados sêdyanipun, saking trêsnanipun dhatêng laki botên petang. Ciptanipun: bilih ing têmbe ingkang jalêr angsal padamêlan utawi dados abdining guprêmèn, sadaya badhe sagêd tumbas malih. Cipta ingkang makatên punika ingkang limrah botên lêrês, awit manawi ingkang jalêr dados priyayi, wiwitipun bayar sakêdhik, bêgja manawi cêkap kangge nêdha kalihan kangge tumbas sêmbêt, mokal sagêda tumbas [tu ...]

--- 11 ---

[... mbas] dandosan barang mas intên. Punapa malih manawi tiyang Jawi lumêbêt padamêlan partikêlir, blanjanipun sangsaya sakêdhik.

Kula gadhah pitêpangan, taksih dados murid sampun semah, sarêng mêdal saking pamulangan, anakipun sampun tiga, dados carik anak mindhak satunggal, gêsang sadaya. Bayar tigang dasa rupiyah kangge nyewa griya gangsal rupiyah sawulan, măngka adat Jawi sabên priyantun sakêdhikipun gadhah rencang kalih, dados juru sêrat wau kakirangan mindêng, sandhanganipun ingkang wujud sinjang botên sagêd tumbas, ingkang makatên punika ingkang èstri sabên dintên sasampunipun angolah-olahakên tiyang sagriya, lajêng nyêrat, malah manawi dalu inggih nglêmbur, amurih sagêdipun anyandhangi bojo saha anakipun. Măngka asring-asring katrocohan, amargi griyanipun awon, kirang brukut. Manawi siyang soroting surya lumêbêt ing griya mêdal ing payon, manawi dalu pinuju padhang bulan, rêmbulan wela-wela katingal, sanajan korinipun griya sampun minêb [mi ...]

--- 12 ---

[... nêb] sadaya. Lêlabuh ingkang makatên punika, manawi tiyang jalêr ingkang utami, botên badhe nganggêp sapele, èngêt ing salaminipun gêsang, botên badhe kolu nyakitakên manahipun ingkang èstri, saangsal-angsal bojonipun dipun babingah.

Watawis pitung taun anglampahi padamêlan juru sêrat, tiyang punika minggah asistèn wadana. O, kadospundi bingahipun bok juru sêrat, sapunika dados bok asistèn, ingkang jalêr gadhah bawah gadhah kuwasa. Sarêng asistèn enggal wau sampun kasumpah, lajêng nglampahakên padamêlan. Lurah dhusun sabawahipun sadaya kaklêmpakakên, manahipun bok asistèn agêngipun asor rêdi Slamêt, sumêrêp ingkang jalêr kaseba tiyang samantên kathahipun. Rumaos bêgja, rumaos luhur, rumaos kinacèk ing sasami. Bok asistèn supe dhatêng rêkaosipn kala rumiyin ngantos langkung saking kat. Panuwunipun dhatêng ingkang Murbèng Tuwuh mugi-mugi ingkang jalêr lulusa anggènipun anglampahi ayahan nagari, kanggêp padamêlanipun, sagêda minggah-minggah [ming ...]

--- 13 ---

[... gah-minggah] drajadipun, sagêda momong anak-anakipun dumugining diwasa tuwin angsal pangupajiwa. Nanging kabingahan makatên punika botên lami, watak wantuning Jawi manawi sampun mrintis badhe katingal ijêm, lajêng sanès nalaripun. Rumaosipun bandara asistèn, sarèhning ablănja satus rupiyah sawulan, badhe nyênêngakên manahipun, semahipun sampun katingal ragi sêpuh, badhe ngênèmakên. Botên pisan-pisan èngêt, manawi semahipun enggal sêpuh punika saking kakirangan, rêkaos anyambut damêl rintên dalu angrencangi ingkang jalêr, supados sampun ngantos kalirên sarta kêwudan. Sanajan ingkang èstri kipa-kipa botên purun dipun kêmaru, asistèn wadana wau anglêksanani pikajêngipun, mêndhêt sêlir anak lurah dhusun sawêg umur nêmbêlas taun. Sanajan warninipun botên patos sae, nanging sarèhning têksih lare, inggih ngawonakên padminipun. Prasasat padminipun wau dipun kêbonakên, lăngka sangêt dipun tuwèni. Wiwit samantên êmbok asistèn kados tiyang ewah, botên [bo ...]

--- 14 ---

[... tên] wontên barang ingkang dipun rêmêni, dalah dhatêng anakipun botên gadhah trêsna, supe nêdha supe tilêm, sambatipun mêlas-asih, rumaos botên kuwawi nandhang susahing manah. Dagingipun ical, cahyanipun kados layon.

O, ya talah, băngsa kula Jawi, têka têgêl ningali ingkang kados makatên. Punapa botên gadhah têpa-têpa, saupami bojonipun alambangsari kalihan jalêr sanès, punapa botên gadhah bêntèr. Manawi makatên tiyang èstri botên nate sagêd kadumugèn kajêngipun. Bilih botên kawayuh, kêdah kakirangan. Manawi kacêkapan kêdah gadhah maru. Benjing punapa Gusti Allah Ingkang Sipat Murah, badhe paring watêk jujur dhatêng tiyang Jawi. Punapaa sampun pintên-pintên atus taun kabawah ing Walandi, botên niyat niru caranipun alakirabi. Băngsa Walandi kamuktèning èstri wontên ingkang mèh sampurna.

Băngsa kula Jawi ingkang botên wayuh, trêsnaning èstri lair batin, botên asêmang-sêmang, jalêr èstri botên raos-rumaos, atut-runtut abrayan tulung-tinulung, [tulung-tinu ...]

--- 15 ---

[... lung,] awrat ènthèng kagotong tiyang kalih. Mulya lare ingkang gadhah bapa biyung makatên punika.

Lêrês tiyang ingkang bojo satunggal, kathah godhanipun, gampil sèdhèngipun dhatêng bojo, melik dhatêng èstri sanès. Nanging tiyang ingkang wayuh kalih tiga sakawan, inggih dèrèng têmtu narimah punika kemawon, amargi sadhengah kêkarêman, manawi hawanipun kapêkak, inggih sagêd narimah sakêdhik. Manawi dipun jor, tanpa wêkas, kajawi punika manusa rak ginanjar beda kalihan sato, manusa kêdah anggayuh ing kautaman, mathêt hawa ingkang lumèrèg dhatêng kanisthan, ngiyatakên napsu ingkang badhe anjunjung dhirinipun.

Salêrêsipun tiyang ingkang limrah kemawon tangèh sagêdipun asemah kalih, punapa malih tiga utawi sakawan. Amargi kasêbut ing kitab, botên ngêmungakên kabêtahaning ngagêsang kemawon, maru sadaya kêdah kasami, dalah giliring sarêsmi inggih kêdah adil. Punapa kadugi wontên tiyang jalêr ingkang sagêd anglampahi. Sasumêrêp kula pundi tiyang wayuh, bojonipun ingkang satunggal [satung ...]

--- 16 ---

[... gal] dipun sihi sangêt. Sanèsipun lajêng kalêmparakakên. Manawi mirid parentahing agami, tiyang jalêr ingkang wayuh punapa botên dosa.

Tiyang ingkang wayuh tumrap dhatêng anakipun inggih asring nalisir saking lêrês. Anakipun semah ingkang kadunungan asih kabasakakên kaêmban cindhe, nanging anaking bojo ingkang botên dipun trêsnani kaêmban siladan. Dados anak sami anak wiwit alit sampun kirang rukun. Kajawi saking makatên, lare-lare wau sabên dintên namung nyipati tuladha ingkang botên sae, kados ta: bapakipun pabên tanpa kèndêl, asring dora dhatêng bojo, slunthat-slunthit dhatêng gunakayanipun piyambak, ngumpêtakên kangge bojonipun ingkang kadhawahan sih. Punapa kalakuaning bapa ingkang makatên wau prayogi tumrapipun dhatêng wataking anak-anakipun. Manawi kapinujon tiyang Jawi pêjah tilar yatra, măngka anakipun saking biyung kalih utawi langkung, têmtu warisan punika dados rêbatan, nukulakên prakawis, têmahan ingkang angsal panduman kathah piyambak, para

--- 17 ---

anglampahakên rad agami. Saupami tiyang Jawi kathah ingkang pêjah tilar băndha maèwu-èwu kados Cina, saiba para lid rad agami bingahipun. Eman kănca Jawi manawi tilar donya prasasat botên sagêd ulês-ulês.

Ingkang kaping kalih: tiyang wayuh punika langkung kathah wragading gêsangipun, tinimbang kalihan ingkang botên. Manawi manut agami Islam, tiyang wayuh botên kenging baukapine, bojo kalih utawi langkung kêdah sami dipun sukani griya, sandhang, têdha ingkang sami. Sanajan cara Jawi bojo kathah katunggilakên sagriya, mêksa kathah têlasing yatra ingkang kaangge ngawontênakên kabêtahanipun tiyang punika sadaya. Tiyang èstri ingkang kamaru, tansah mèrèk-minèrèkakên, rêbatan kayaning lakinipun, jalaran gadhah panyana manawi tiyang jalêr botên adil. Sadaya ngangkah angsala bagean ingkang langkung kathah, punapa malih bab pangangge ingkang minăngka rarêngganing badan, sadaya panêdhanipun jor-joran botên kenging kantun, awit pangangge

--- 18 ---

punika sarananipun angrêngga badan, ngindhakakên rumêsêping laki dhatêng rabinipun. Tiyang kamaru botên kêndhat-kêndhat ambudi amurih lakinipun supe dhatêng marunipun sadaya. Bilih dipun pikat sarana solah tanaga tuwin pêpaèsing badan, tiyang jalêr mêksa tèblèk, tiyang èstri lajêng tuwuh nalaripun ingkang asring damêl susahipun tiyang sagriya.

Kados sabên tiyang Jawi sampun sami mirêng: tiyang kamaru asring madhukun, ngupados guna, guna kangge mikat sihing laki, guna ingkang sagêd ngentasakên maru. Punika botên sakêdhik beyanipun. Manawi taksih gadhah babundhêlan, inggih punika ingkang dipun angge, manawi celengan têlas, anggèn-anggènipun dipun sadèni, namung sagêda angsal yatra kangge mêjani. Mila tiyang kawayuh inggih nyranthil, botên băngsa alit utawi sêdhêng kemawon, dalah băngsa luhur inggih makatên. Rumiyin wontên priyatun Jawi agêng kalênggahanipun, sadèrèngipun jumênêng luhur, garwa namung satunggal, sabên dintên lir mimi lan mintuna, dados kêmbang lambe, [la ...]

--- 19 ---

[... mbe,] kakung putri kaupamèkakên Sang Prabu Salya ing Mandaraka kalihan Dèwi Sêtyawati. Tiyang sami pating clumik rêraosan, botên wontên tiyang jajodhoan ingkang tansah sih-sinihan kados makatên. Ingkang gadhah prawan sami amêmuji supados anakipun angsala bojo kados priyantun punika. Sarêng priyantun wau kagungan drajad, tumraping tiyang Jawi sampun mantog, lajêng mundhut kêlangênan. Garwa ingkang kulina kaputhun-puthun, ragi kasingkur, sangêt merangipun, prasasat botên sae ningali soroting Hyang Bagaskara, tumusing duka botên ngêmungakên dhatêng kakung kalihan ampeyanipun kemawon. Saisining dalêm botên wontên ingkang kalêrêsan. Nanging dukanipun wau tanpa guna, awit bandara kakung sangsaya sangêt asihipun dhatêng klangênan, prasasat sampun manjing ing salêbêting jêjantung, sakathahing daya sakathahing reka katamakakên kalis. Saking putêking panggalih, bandara radèn ayu lajêng utusan abdi kêkasih, ngupados dhukun, ngupados dhuyung utawi srana sanèsipun. Ing pundi wontên dhukun ragi kawêntar [kawê ...]

--- 20 ---

[... ntar] kawignyanipun, inggih kakarsakakên murugi, ingkang makatên punika sakathahing donya brana gusis kagêm paring mêjani dhatêng para dhukun. Ewasamantên tangèh bandara kakung sagêda bênggang sarambut kalihan ampeyanipun. Dene pun ampeyan sangêt angadi-adi, nyênyuwun ingkang botên-botên, têtêdhan tuwin pangangge ingkang rêgi kathah, sadaya dados jalaran malarat dhatêng bandaranipun, wêwah-wêwah klangênan punika dipun ngèngèri bapa biyung sadhèrèk pintên-pintên, sadaya sabên dintên namung nêdha tilêm kemawon, salah satunggal botên wontên ingkang purun gumlawat ngupados sarananing gêsang.

Ingkang kathah sêlir punika asal alit, èsthining manah botên liya namung sagêda dados ngajêng. Mênggah sarana ingkang katamakakên asring kemawon adamêl cilaka dhatêng padminipun salamining gêsang. Limrahipun tumamaning srana botên adamêl icaling nyawa, amargi manawi makatên, têmtu ingkang namakakên badhe kaukum. Tiyang kasêlir lantip ing budi sagêd angsal srana ingkang adamêl botên limrah dhatêng padmi, ngantos ingkang jalêr ngêmohi dhatêng [dha ...]

--- 21 ---

[... têng] semah padmi wau. Mila kajawi bêntèr manahipun, tiyang kawayuh sêlir tansah ngandhut kuwatos ambokmanawi cilaka saking pandamêling sêlir wau. Kathah para garwaning para luhur lajêng kagungan gêrah lumpuh, gêrah padharan, tuwin gêrah langkung sangêt ingkang botên kenging kula wêdharakên ing ngriki. Punapaa tiyang èstri purun kawayuh padmi utawi kamaru sêlir. La, punika jalaranipun bilih băngsa priyantun, isin dados rêraosaning kathah, sumêlang manawi anakipun badhe kaanggêp sawiyah dening biyungipun kuwalon. Panggagasipun manawi semah malih botên badhe pajêng, badhe ngupados têdha piyambak botên sagêd, cêkakipun: badhe lumajêng botên wontên purugipun. Mila manawi tiyang èstri băngsa asal, alitipun botên kaudi ngupados kasagêdan, salaminipun badhe cotho, kagarap mirah dening tiyang jalêr, kaanggêp măngsa botên badhe nuruti pikajênging lakinipun.

Băngsa tiyang alit beda sangêt, ingkang kathah anggènipun jêjodhoan, bêbrayan ngupados têdha, jalêr èstri caking padamêlan sami kemawon, malah têrkadhang

--- 22 ---

rêkaos tiyangipun èstri. Mila yèn tiyang èstri kasakitakên manahipun dening ingkang jalêr, lajêng nêdha pêgat, ngupados têdha piyambak. Aluwung tanpa bojo, tinimbang gadhah bojo botên sakeca manahipun.

Tiyang èstri ingkang botên kamaru, botên ambêbana dhatêng laki, narimah sawontênipun. Saking wêlas asihipun dhatêng laki ingkang rêkaos anggènipun ngupasosakên[1] guna kaya, bok èstri ngeman sangêt dhatêng yatra, gêmi nastiti, yatra blănja tirah sigar sadhuwit, dipun ênthil-ênthil kangge sêsimpênan, mrêlokakên dhatêng kuwajibaning biyung tumrap ing anak, anak kaudi sagêda gadhah paitan ingkang kangge gêsang manawi sampun diwasa. Bêgja langkung bêgja lare ingkang bapakipun asemah satunggal.

Manawi nitik kawontênanipun băngsa kulit pêthak, ingkang botên kenging wayuh, anakipun inggih sakêdhik, kuwagang amikul wragading ngupadosakên kasagêdan dhatêng lare-lare punika, sasampunipun anak mêntas sadaya, namung gêsang tiyang kalih jalêr èstri, ènthèng wragadipun. [wraga ...]

--- 23 ---

[... dipun.] Dados wancinipun jêmpo botên kacingkrangan. Wangsul băngsa kula Jawi pancèn warni ngêjor hawa, gêsangipun kaupamèkna tiyang nglangi botên sagêd dumugi ing pinggir. Sumăngga kagaliha, manawi anakipun kathah, nanging jalêr sadaya utawi èstri sadaya, lajêng nyêlir utawi rabi malih sêngadinipun angupados anak èstri utawi ngupados anak jalêr. Manawi bojonipun sampun botên gadhah anak malih, api-api kêpengin dolanan lare alit, inggih lajêng ngênèmakên. Kathah tiyang jalêr ingkang sampun umur sèkêt sawidak taun mêndhêt lare umur wolulas taun, langkung malih băngsa luhur Jawi. Tiyang ingkang makatên punika kabasakakên namung anjurungi hawa napsu, istingarah tiyang umur sawidak taun, enggal badhe santun jaman, dados sampun sumêrêp manawi botên badhe sagêd ngagêngakên anakipun, sampun sumêrêp manawi anakipun ingkang kantun badhe manggih sangsara, tuladhanipun botên kirang. Manawi kula gagas-gagas, tiyang Jawi punika dados budhaking hawa napsunipun. Krêkêt garêngsênging manah dhatêng wanita sami kalihan băngsa [băng ...]

--- 24 ---

[... sa] Arab, angungkuli Cina, nanging pamêrsudi dhatêng ngupados yatra tuwin simpên yatra sangandhaping sukunipun băngsa-băngsa punika, lêtipun satus tirisan.

Andhap, sêdhêng, luhur, tiyang Jawi mèh racak kemawon: kasugihanipun awujud anak, sêpên rajabrana. Manawi băngsa priyantun ingkang balanja sakêdhik, gadhah sambutan, punika limrah, wangsul ingkang bayaripun sagrobag inggih tharethekan, punika ingkang anggumunakên. Pintên kathahipun tiyang Jawi ingkang griya gêdhong, bêkakas sae, sawanci-wanci kêtamuan, botên gugup, panggenan rêsik, sêgahan pantês. Pundi tiyang Jawi ingkang gadhah montor, mulya-mulyanipun dados kusiripun. Manawi gadhah tumbas cicilan, dèrèng pundhat montor sampun risak. Sabên wontên wêrtos kacilakan, ingkang kalindhês tiyang Jawi, băngsa sanèsipun mèh botên nate kalindhês. Gêsangipun tiyang Jawi momong anak, manawi pêjah tilar anak alit. Manawi anak yatim punika èstri, kêlangkung-langkung nalangsanipun, bilih băngsa luhur nalika ingkang rama taksih sugêng, ajinipun kaupamèkakên [ka ...]

--- 25 ---

[... upamèkakên] satus rupiyah, sasedanipun ingkang rama namung sakêthip.

Kala rumiyin wontên băngsa luhur putranipun kathah sangêt. Putra èstri mèh sajinah. Nalika ingkang rama taksih jumênêng, putra-putra wau botên nyaruwe dhatêng băngsa madya kemawon, sanajan ingkang sampun kadrajadan, manawi priyantun alit kêlilan angêngakakên korining kreta ingkang dipun titihi kemawon, rumaosipun kêdhawahan daru, langkung malih manawi dipun ngandikani. Wusana putra èstri dèrèng krama sadaya, ingkang rama kondur ing jaman kalanggêngan, tilaran ingkang warni yatra botên wontên, namung wujud barang, kalelangakên pêpajênganipun taksih dèrèng cêkap kangge nyauri sambutanipun. Sarèhning prawan-prawan punika kuwatos bilih badhe luwas ing sampiran, mila lajêng nampèni panglamaripun tiyang băngsa alit namung gadhah pangkat. Malah wartosipun wontêning rêmbag jajodhoan punika botên saking jalêripun. Saupami ingkang rama taksih sugêng, sanajan dipun krapea băngsa alit botên badhe kamipurun nyuwun putranipun.

--- 26 ---

Para agêng ingkang anjurungi karsa têmahan asor, bilih anak èstri semah băngsa alit kemawon, botên sangêt nistha, wangsul ingkang nglampahi dados gundhik Cina, punika punapa pantês. Măngka kathah ingkang makatên, radèn ajêng radèn ajêng ingkang kangge lêlangên băngsa yatra botên lăngka. Botên sanès sababipun: para agêng botên anggalih manawi tiyang kaluwèn sarta kêwudan, supe dhatêng kautamèn.

Tiyang Jawi kathah ingkang ngakên turunipun Radèn Janaka, manut cariyosipun kyai dhalang, Radèn Janaka garwanipun tanpa wicalan, ing pundi-pundi wontên. Punika ingkang katiru băngsa Jawi, nanging supe dhatêng agênging tekadipun Radèn Janaka, kados punapa prihatosipun nalika kawon pêrangipun kalihan Prabu Bomantara, kadospundi rêkaosing saliranipun salamining Mintaraga, hawanipun sadaya dipun pêjahi. Manawi maos Sêrat Damarwulan, lare Jawi ingkang manjing ing sungsumipun namung sapuluh ingkang nyariyosakên Anjasmara putraning patih amboyongi satriya ing Paluhămba

--- 27 ---

kabêkta dhatêng dalêmipun. Para maos botên èngêt dhatêng nalangsanipun Radèn Damarwulan, nalika kapurih ngaritakên kapal pintên-pintên, tur ngangge arit timah. Botên sami gadhah krêkêt badhe mirib kemawon dhatêng kêkahing watêkipun.

Kula sampun sêpuh sampun apêputra, kathah têpa tuladha ingkang kula sumêrêpi, sintên tiyang ingkang badhe gadhah turun mulya kêdah agêng tirakatipun. Jaman samangke tirakatipun inggih namung ngêkêr hawa, ingkang rêkaos piyambak tumrap băngsa Jawi inggih hawa dhatêng wanita, sintên tiyang ingkang wêkêl ajrih dhatêng lampah jina narimah bojo satunggal, punika manawi tiyang Jawi sampun kaanggêp unggul sangêt, amargi tiyang ingkang makatên gêsangipun botên kêndhat-kêndhat anênuwun, supados badanipun wilujênga, turunipun amanggiha kawibawan. Sarèhning Gusti Allah botên cidra, sapa têmên tinêmênan, mila panuwun ingkang makatên inggih kadumugèn. Manawi nitik ingkang katingal kemawon, tiyang ingkang makatên punika pamrêdinipun dhatêng anak kêncêng, anakipun [anaki ...]

--- 28 ---

[... pun] nurut, sabab sumêrêp lampahing bapakipun sae, punapa rèhing bapa, anak angèstokakên, wêkasan manggih kamulyan.

Watawis sawidak taun kapêngkêr wontên tiyang Jawi băngsa sêdhêng kemawon, wiwit magang dumugi sêpuh namung rabi sapisan, botên nate nolih dhatêng wanita liyan. Salaminipun cêpêng damêl sungkêm sangêt dhatêng kuwajibanipun. Manawi nêdha sapantêsipun, tilêmipun namung sakêdhap-sakêdhap, supados sampun ngantos ngantuk, manawi wanci dalu ngêrok kapal, sarta nacahakên têdhanipun, utawi dhudhuk-dhudhuk ing pakêbonan. Saking palimarmaning Pangeran tiyang punika wêkasan angsal darajad luhur sarta mêningi anak-anakipun sami wêkêl sarta kangge sangêt ing pasuwitanipun dhatêng nagari.

Lêlampahanipun beda kalihan paman kula ingkang adêdunung tunggil sanagari. Nalika paman kula punika bojonipun jaka rara taksih gêsang, saking ajrihipun botên nate nylèwèng, nanging sarêng semahipun ajal, lajêng nyaur kaul, mêndhêt sêlir sakawan sarêng. Rèhning [Rèh ...]

--- 29 ---

[... ning] umur sawatawis lungse, pandugi kula botên kuwagang ngladosi tiyang sakawan punika. Sarêng para sêlir botên kadumugèn kajêngipun, lajêng sami beka nêdha yatra kathah, pangangge ingkang sae-sae minăngka lêlintuning kasênêngan. Paman kula ngantos brindhil. Sarêng yatranipun têlas, sêliripun sami ngupados sênêng piyambak-piyambak, manawi mêdal anakipun, inggih nama anakipun paman kula, amargi sêlir-sêlir punika dèrèng kapêgat. Dados paman kula punika dhapur mêmêlas, dhumawah ing kêmlararatan, wêwah-wêwah kawirangan.

Sampun malih paman kula namung băngsa sêdhêng kemawon, sanajan băngsa gung aluhur manawi tanpa sêbut, inggih makatên kadadosanipun. Kados têmbanganipun talèdhèk: kêmbang jagung, awak rusak ati bingung.

Limrahipun tiyang punika ngeman dhatêng yatra sakêdhik, manawi wiwit gadhah simpênan. Sarèhning tiyang Jawi mèh sadaya pamêdalipun botên nate nyêkapi kabêtahanipun, mila dhatêng yatra botên ngajèni. Manawi taksih gadhah yatra kêdah têlas, warni-warni purugipun, têrkadhang [têr ...]

--- 30 ---

[... kadhang] barang botên prêlu inggih katumbas, măngka panumbasipun dhatêng băngsa mănca, dados kêmpaling yatranipun tiyang Jawi dhatêng băngsa mănca wau, têmahan tiyang Jawi kawon ongkogipun. Punapa malih manawi sampun gadhah sambutan dhatêng băngsa mănca punika, andhap asoripun angudubilahi, pamrihipun manawi botên nicil, sampun ngantos dipun prêkawisakên.

Băngsa ingkang tampi bayar, manawi mêntas tampi blănja badhe kadamêl nyauri sambutanipun taksih kirang, lajêng kangge ngabotohan. Niyatipun inggih botên kalèntu badhe mênang, nanging ingkang kathah kawon ngantos têlas, dados mindhak sangsaranipun. Ingkang bêgja sagêd mênang, wontên ingkang ngrêmbag dhatêng sambutan tuwin kabêtahanipun sanès. Wontên ugi ingkang eman sangêt dhatêng yatranipun, dipun kandhut kemawon badhe kaindhakakên malih sarana kêrtu, ananging limrahipun yatra lajêng têlas.

Ingkang kaping tiga: ing sarèhning tiyang ingkang wayuh namung

--- 31 ---

ngrêmbag kabêtahanipun piyambak kemawon botên kêconggah, kadospundi badhe mikir dhatêng prakawis sanès-sanèsipun. Tiyang Jawi manawi kaanggêp rèmèh dening băngsa mănca sakit manahipun, nanging sakiting manah wau botên pisan dados pangasah, namung muring-muring, bibar muring lajêng nglalu. Salêrêsipun manawi kasêpèlèkakên punika lajêng metani awakipun piyambak, supados sumêrêpa punapa cacadipun, cacadipun wau kaudia icalipun, lajêng amarsudi sagêda nututi kagunanipun băngsa ingkang moncol. Manawi sagêd makatên, têmtu kemawon tiyang Jawi badhe mindhak ajinipun, botên kaanggêp asor ing salaminipun. Kados cariyos ing ngandhap punika.

Ing satunggiling nagari panggenan tiyang among dagang, wontên tiyang mlarat adêdunung sandhing kalihan tiyang sugih. Samăngsa-măngsa tiyang sugih wau gadhah damêl, sadhèrèk utawi pitêpanganipun ingkang têbih dipun ulêmi, namung tăngga pun miskin, sanajan anjathok, dipun langkungi. Pun miskin sangêt ing isinipun tuwin bêntèr, lajêng nilar bale

--- 32 ---

pakaranganipun kesah dhatêng ing ngamănca, pratignya botên badhe wangsul manawi dèrèng sami kalihan tangganipun sugih punika. Jalaran pawitanipun sakêdhik, prasasat namung bau-suku kemawon, wiwitipun daganganipun rèmèh sangêt, nanging saking srêgêp tuwin gêmi lami-lami dados juragan agêng, daganganipun awujud sata, têmahan sagêd gadhah yatra kalih lêksa rupiyah, rumaos sampun sami kalihan tangganipun sugih wau. Samantên tiyang punika lajêng wangsul dhatêng panggenan wutah rahipun, ngêdêgakên griya sapantêsipun dipun ênggèni ing saanak-bojonipun. Anggènipun ngêslupi griya punika mawi karamèkakên sawatawis, ingkang dipun ulêmi rumiyin piyambak, tăngga sugih wau. Sarêng tamu sadaya sampun kêmpal, pun tilas miskin kawêdal ujaripun makatên:

Tamu ingkang sami mrêlokakên dhatêng ing griya kula, sampeyan sami botên kakilapan dhatêng kamlaratan kula rumiyin, samangke kula dados tiyang cêkap. Dene jalaranipun kula sagêd makatên, saking pangasahipun tăngga kula punika. Mila tamu kula sadaya sami anêksènana: [anê ...]

--- 33 ---

[... ksènana:] wêktu punika kula nglairakên panarimah kula dhatêng tăngga kula punika, saupami kula rumiyin dipun anggêp sami kalihan piyambakipun, têmtu botên badhe thukul pikir kula ngudi dhatêng panggêsangan ingkang langkung sae.

Manawi băngsa kula Jawi ngilo dhatêng tiyang kulit pêthak, mêsthi merang utawi nêtah dhatêng awakipun piyambak, rumaos manawi èpèh sangêt. Băngsa Walandi warni-warni lêlabuhipun dhatêng kawruh, dhatêng paprentahan nagari, dhatêng sasamining tumitah. Para sarjana bab têmbung Jawi mêrsudi dhatêng basa pintên-pintên ingkang kakintên magêpokan kalihan basa Jawi, Arab, Sangskrita, Kawi, Mlajêng tuwin sanès-sanèsipun. Jalaran saking pamrasudi punika, sagêd gumathok ing kawruhipun bab têmbung Jawi, malah lajêng sumêrêp dhatêng babad-babad tanah Jawi ing jaman kina, ingkang sawantahipun, botên kamoran rêrênggan ingkang ngayawara. Kawruhipun bab kawontênaning tanah Jawi nglangkungi ingkang turun-tumurun manggèn ing ngriki.

Para sagêd tanpa pêdhot anggènipun ngupados akal anyampurnakakên pirantos ingkang kangge anggarap [ang ...]

--- 34 ---

[... garap] sadhengah damêl. Sintên ingkang botên bingah sukur ing Allah dene wontên tiyang sagêd damêl pirantos andondomi (naaimachine) punapadene tiyang ingkang rayatipun kathah. Garapan tangan sadintên cêkap kagarap mawi naaimachine sajam.

Jaman rumiyin tiyang kesahan kathah wragadipun tur kanthi rêkaos. Samangke tiyang kesahan prasasat mabur sarat sakêdhik. Inggih saking kagunanipun para sagêd. Sêpur trèm ing tanah Jawi minăngka suwiwinipun. Para hartawan awimana automobiel nganglang jagad kados lampahing thathit, malah ing têmbe manawi gêgêlitaning palwa gêgana sampun sampurna, anak putu badhe sagêd ngambah ing jumantara kadidene Prabu Krêsna saha satriya ing Pringgadani duk ing jaman purwa. Langkung-langkung kagunanipun băngsa Eropah ingkang maedahi dhatêng sadhengah tiyang. Pintên tiyang ingkang taksih kiyat, taksih bêning utêkipun, badhe botên kangge babarpisan, jalaran paningalipun sampun suda, manawi botên wontên para punjul gadhah akal damêl tismak. Băngsa Walandi kathah ingkang ngwêdharakên [ngwêdhar ...]

--- 35 ---

[... akên] pamanggihipun bab pranataning paprentahan, kawrat ing sêrat kabar utawi sanèsipun. Pundi ingkang sae kaanggêp nagari, katrapakên adamêl indhaking saenipun pranatan.

Pangrèhing praja ingkang kirang prayogi, kacacad ing sêrat kabar, parentah kaelikakên tuwin dipun caosi rêmbag sae mêdal saking manah suci, amurih sampun ngantos kalajêng dados pituna dhatêng kawulanipun.

Mênggah lêlabuhing băngsa kulit pêthak dhatêng sasamining tumitah kathah purugipun. Kados ta: para zendeling, tiyang Jawi mastani pandhita. Kula sampun nate mondhok ing griyanipun para sèndhêling ngantos sawatawis dintên. Ing ngriku kula sumêrêp anggènipun ngupakara tiyang sakit, têrkadhang tiyang ingkang nandhang mêmala anggêgirisi. Tiyang punika sami dipun garap botên mawi taha-taha, kathah ingkang dados sarasipun, tur ingkang mlarat dipun sukani têdha. Kula gadhah pitêpangan dhoktêr sèndhêling, manawi têtulung tiyang kadosdene dhatêng anakipun piyambak, tuwanipun anggarap ingkang angèl-angèl, nyonyahipun ngupakara [ngu ...]

--- 36 ---

[... pakara] ingkang gampil, prasasat ngantos supe dhatêng badanipun piyambak. Saupami tuwan dhoktêr punika purun manggèn ing kitha agêng, anjampèni tiyang ingkang sagêd ambayar beya, kados sampun sugih sangêt, nanging saking kadêrêngipun dhatêng pandamêl sae, botên gadhah melik dhatêng kasugihan, malah ambucal dhiri tunggil kalihan sasamining tumitah ingkang kanêlangsan. Kajawi têtulung tiyang sakit, para sèndhêling angudi dhatêng kasagêdanipun lare ingkang sampun kapasrahakên dhatêng piyambakipun. Awit umur 4 taun kagulang rêsikan, wicantênan, dolanan. Wiwit umur 6 taun kagulang kawruh pamulangan, supados sagêda gadhah èngêtan ingkang migunani dhatêng gêsangipun. Inggih sadaya punika lantaran anggènipun ngrimuk supados tiyang Jawi mlêbêt agami Srani, nanging sintên ingkang botên purun, botên kapêksa. Wangsul tiyang Arab, pangrimukipun dhatêng tiyang ingkang badhe dados Islam, botên mawi lêlabuh sae, malah tiyang Jawi manggih kapitunan. Sasumêrêp kula wulangipun tiyang Arab ingkang kêncêng sangêt, bab jakat sêdhêkah [sêdhê ...]

--- 37 ---

[... kah] pitrah, tiyang ingkang kêkah piandêlipun dhatêng Gusti Allah, botên prêlu simpên yatra. Wusana tiyang Arab damêlipun namung nglêmpakakên donya, sarana nampèni sidhêkah saking tiyang Jawi tuwin nganakakên yatra. Manawi sampun sugih lajêng ngêjor hawanipun dhatêng èstri. Pundi wontên băngsa Arab ingkang kaanggêp kramat dhatêng tiyang Jawi botên gadhah griya sae kados kraton, makatên punika bojonipun têrkadhangan langkung sakawan, tumpakanipun kareta pèni katarik ing kapal agêng-agêng. Saking pamanggihipun para Arab, tiyang Jawi botên prêlu sakolah, mindhak katuntun dhatêng maksiyatan. Ing pundi panggenan kathah Arabipun, tiyang Jawi kaingsêp ngantos têlas rah tuwin sungsumipun.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogyakarta Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalipatolah, aparing pasitèn dhatêng para Walandi pangurusing griya sakit ing kitha Ngayogya, minăngka panggenan ngêdêgakên griya-griya ingkang prêlu kangge mulasara tiyang sakit. Walandi punika tujuning manah damêl sae, inggih akanthi melik [meli ...]

--- 38 ---

[... k] supados tiyang Jawi puruna lumêbêt agami Srani. Punapa kadarman dalêm wau cihna saking karsa dalêm ambombong dhatêng para Walandi punika. Saking pamanggih kula botên, sampeyan dalêm kados botên anggalih prakawis agami, ingkang kagalih namung kasaenanipun para Walandi purun ngrimat tiyang Jawi ingkang nandhang papa cintraka. Măngka bangsanipun tiyang Islam piyambak sêpên dhatêng karêkat anglampahi pandamêl ingkang makatên punika.

Tiyang Jawi taksih kathah ingkang maibên dhatêng wêwatêkanipun băngsa kulit pêthak, panggraitanipun: anggènipun purun têtulung dhatêng Jawi inggih wontên melikipun. Inggih manawi para pangajênging agami, wangsul kacihnan sanèsipun, punapa inggih mêksa botên kagêga. Sumăngga kula aturi dhatêng Bandhung, kula aturi mriksani panggenan pamulasara tuwin pamrêdinipun tiyang calaina, kawastanan Blindeninstituut ingkang têtulung dhatêng sêsakit mripat anama Tuwan Dr. Westhoff, ingkang kabêbahan mulang kawruh sakolahan anama Tuwan Volkerts ing wulan Juli 1912 isinipun instituut punika [puni ...]

--- 39 ---

[... ka] tiyang Walandi langkung 30, tiyang Jawi tuwin Cina langkung saking 100. Sadaya punika kaprêsudi dhatêng kasagêdan maos, etang, gêndhing, musik, damêl abrag-abrag sasaminipun. Cêkakipun kaulig supados sagêda angsal têdha mêdal saking kaskayanipun piyambak, sanajan mawi pitulunganing liyan inggih namung sawatawis kemawon, sampun ngantos kapêksa papriman salaminipun gêsang, dados amaning tiyang sanès. Malah larenipun Walandi dèrèng lami punika wontên kalih katrimah anggènipun iksamên kleinmabtenaar kula mirêng panjênênganipun Tuwan Dr. Westhoff yuswanipun sampun sawidak taun, ewadene têksih kiyat sarta prigêl angupakara mripat sakit sarana dêdamêl ingkang landhêp. Kula gadhah bakyu nak sadhèrèk, anggènipun botên sumêrêp tiyang watawis tigang taun, ingkang suwau botên anggêga rêmbag kula, mripatipun dipun jampèni cara Jawi, saya lami saya sangêt. Sarêng kagarap Tuwan Dr. Weshoff namung kalih dasa dintên saras. O, kados punapa raosing manahipun, botên beda kalihan tiyang ingkang sagêd [sagê ...]

--- 40 ---

[... d] luwar saking kunjara pêtêng. Salaminipun gêsang botên badhe supe dhatêng kasaenaning panjênênganipun Tuwan Dr. Westhoff wau.

Sabên tiyang Jawi ingkang kadunungan kawruh sawatawis mêsthinipun sampun mirêng ing nagari Walandi kathah tuwan-tuwan ingkang aparing pitulungan rêmbag utawi yatra dhatêng lare Jawi ingkang mrêsudi kasagêdan ing nagari ngriku. Kados ta panjênênganipun Tuwan Mr. van Deventer malah samangke panjênênganipun pinuju lêlana ing tanah Indhiya ngriki. Saupami panjênênganipun botên karsa têtulung, pintên-pintên lare Jawi ingkang badhe mandhêg botên sagêd anglajêngakên sêdyanipun. Anggènipun angajawi kalihan angrêmbag badhe ngwontênakên pamulangan kangge lare èstri, tindakipun kalihan garwanipun, kula sampun amêrlokakên sowan. O, dene wontên priyantun makatên solah wêwatêkanipun, alus ing solah tingkah, sarèh ing pamuwus, limpad ing pambudi, luhur ing panggayuh. Măngga, kănca kula Jawi, melik punapa panjênênganipun dhatêng kula băngsa mlarat, panjênênganipun sampuN [sampu ...]

--- 41 ---

[... N] sugih singgih. Malah Tuwan Mr. van Deventer sampun angandharakên pamanggihipun: botên prayogi manawi tiyang Jawi kaudi manjinga ing agami Srani. Samangke kados sampun cêkap anggèn kula ngaturi pratăndha dhatêng băngsa Jawi, manawi băngsa kulit pêthak watêkipun purun adamêl sae dhatêng tiyang sanès. Saking pamanggih kula mila sagêd makatên, jalaranipun ingkang prêlu piyambak, anggènipun namung bojo satunggal, botên wayuh kalih, tiga, sakawan. Manawi băngsa Eropah kasinungan băndha utawi pamêdal kathah, anakipun botên ombol, sanajan taksih ngrêmbag bêbahanipun piyambak, yatranipun taksih sagêd tirah kenging kaangge suka pitulungan dhatêng liyan, ingkang băngsa luhur sakolahipun, manawi papikulan piyambak sampun mêntas sadaya, măngka taksih bagas kasarasan, kakiyatanipun kangge ngudi kawruh supados langkung inggil. Kawruhipun kadanakakên minăngka oboring tiyang ingkang lumampah ing pêpêtêng, kangge tatulung dhatêng sadhengah băngsa ingkang wontên salêbêting kasusahan.

--- 42 ---

Wangsul băngsa kula Jawi, bojo sontan-santun utawi tansah ngênèmakên, sangsaya mindhak umur papikulanipun sangsaya mindhak awrat, măngga kagaliha. Amargi sangsaya sêpuh kakiyatan suda, tandhingipun sangsaya ênèm, anakipun saya wêwah kathah, saya sêpuh saya ribut. Murih sagêda andhangani semah ênèm ing kabatosanipun, warni-warni jampi ingkang lumêbêt ing awakipun, wêkasan dados sakit, dèrèng wancinipun sampun athuyuk-thuyuk, ros-rosan gumêtêr, boyok pêgêl ajêgan. Tiyang ingkang gadhah bojo kathah tumrapipun abdi guprêmèn ingkang nyêpêng panguwasa, kathah sangêt awonipun. Manawi kakirangan, panguwasa wau kangge sarana ngupados yatra dhatêng kalerehanipun. Têmahan tiyang wau ical pangkatipun. Makatên ugi saking padamêlan tumrapipun tiyang gadhah bojo kathah, inggih botên srêgêp, katungkul alêlangên kalihan semahipun. Dèrèng lami punika wontên pangagêng Jawi kapêksa nyuwun lèrèh jalaran saking kathahing ampeyan, ngantos supe [su ...]

--- 43 ---

[... pe] babarpisan dhatêng kuwajibanipun. Kadospundi tiyang nêngênakên dhatêng pawèstri sagêd mikir dhatêng kawruh, sagêd urun-urun rêmbag dhatêng nagari, dhatêng sasami. Sanajan tiyang wau sugih, barang darbèkipun inggih kacadhang dhatêng anak-anakipun kalihan bojonipun sadaya, botên badhe kolu dhatêng sanès. Sampun malih tiyang mlarat sagêda adamêl kasaenan, ngrêmbag rayatipun piyambak kemawon botên kacêkap. Mila sadaya pakêmpalan ingkang kaadêgakên ing băngsa Jawi kaupamèkna bayi: sagêdipun nangis sawatawis sora manawi nêmbe jêbrol kemawon. Mindhak dintên mindhak lêrêk-lêrêk, botên antawis lami ical napasipun, amargi wiwit lair ngêmu sakit, toya sêsêpaning biyungipun botên santêr malah asring botên mêdal. Samubarang ingkang badhe katindakakên, tumindakipun sarana yatra, măngka yatra botên wontên, inggih kèndêl ing margi, botên dumugi ing panggenan ingkang kasêdya.

Sampun mêsthi wontên ingkang mabêni dhatêng kula: sing ora [o ...]

--- 44 ---

[... ra] wayuh iya pirang-pirang, genea kuwe ora dadi sugih, ora dadi pintêr. Ora tulung marang bangsane.

Wangsulan kula makatên: ingkang kaprah ing kathah, ingkang gadhah anak sakêdhik, pikulanipun mèh sami kemawon kalihan ingkang anakipun kathah: adhi, ipe, kaponakan, ingkang lairipun nalika bapakipun umur 50 têrkadhang 60 taun, têksih sêmripit sampun lola, sami anggamblok sadaya dhatêng akrab ingkang gadhah pangupajiwa, kakipatakên botên kenging, panapêlipun kadosdene pacêt.

Saking pamanggih kula piyambak, manawi badhe ngindhakakên dhatêng karaharjaning tiyang Jawi, băngsa kula kêdah nilar adat:

I. Tiyang jalêr kenging wayuh ngantos sakawan.

II. Para anèm angudia pangupajiwa rumiyin sadèrèngipun rabi. Bilih makatên lare Jawi sagêdipun semah yèn sampun umur likuran taun. Mêndhêt jodho sangandhaping umur 20 taun, kados ing têmbe pun èstri sagêd timbang, botên lajêng katingal langkung sêpuh katimbang [ka ...]

--- 45 ---

[... timbang] ingkang jalêr, wêkasan sami narimah kadumugèn ing pikajênganipun.

Para mudha tuwin trahing Eyang Janaka têmtu botên dhangan mirêng rêmbag kula punika, amargi manawi katurut, badhe adamêl suda dhatêng kamuktèning para kakung, gêsangipun ing donya sakêdhik paedahipun. Kathah băngsa Jawi ingkang gadhah pamanggih: tiyang wayuh punika inggih suka pitulungan dhatêng sasaminipun titah. Manawi tiyang jalêr botên kenging wayuh, badhe kathah tiyang èstri ingkang kasangsaran, amargi cotho botên sagêd ngupados têdha piyambak. Manawi sagêd semah sanajan kamaru, wontên ingkang nyukani sandhang têdha.

Têtulung ingkang makatên punika kula wastani dede pitulungan ingkang mêdal saking manah suci, nanging anggènipun purun tulung kabêkta saking kamelikan agêng, kamelikan dhatêng awakipun ingkang dipun tulungi. Saupami botên makatên, punapaa botên anglêmpakakên èstri sêpuh-sêpuh sakawan ingkang sampun jêmpo dipun sukani sandhang têdha, punapaa milih ingkang taksih mangkah-mangkah amanasbarani. [ama ...]

--- 46 ---

[... nasbarani.] Wêwênanging jalêr kenging wayuh punika ugi ngêndhokakên dhatêng kakiyataning tiyang èstri ingkang kathah-kathah, amargi tiyang punika sami anjagèkakên badhe wontên ingkang ngrimat. Dados botên tuwuh akalipun sagêda kuwasa madêg piyambak. Tiyang èstri băngsa kulit pêthak awit alit dipun prêsudi angsala kawruh ingkang minăngka lantaran ngupados têdha, botên kapasthèkakên bilih ing têmbe sagêd semah, manawi sampun agêng nilar tiyang sêpuh kesah dhatêng sapanggèn-panggenanipun angsal pandamêlan. Dene manawi sampun cêpêng damêl, badhe kasemah purun anglampahi, nanging bilih ingkang anjawab nècègi dhatêng pikiranipun. Botên pêksan kados tiyang Jawi. Tiyang èstri ingkang sagêd madêg piyambak, inggih kenging dipun wastani piguna dhatêng sasami, anggampilakên lampahing donya, kados ta: ingkang sami dados guru, dados dhoktêr, dados bêbau amulasara tiyang sakit, dhukun ngêdalakên bayi. Ing jaman sapunika lare èstri Jawi, ingkang kathah-kathah kaanggêp sapele ajinipun, lare [la ...]

--- 47 ---

[... re] jalêr saya mingklik-mingklik, bêbasan: jaka loro saga, prawan sigar sêlatar. Anak èstri ingkang sampun diwasa prasasat dipun soroh-sorohakên, botên kenging wontên jaka nyêpêng dhiploma, botên kenging wontên dhudha gadhah pangkat, dipun oyok-oyok puruna mêndhêt bojo. Saupami lare èstri kapintêrakên kados lare Walandi, lami-lami kados badhe kalampahan sami angsal pangupajiwa piyambak-piyambak, sagêd ngajèni dhirinipun, botên namung kacadhang dados lêlangênipun băngsa jalêr. Manawi tiyang lumuh kamaru karèntèng-rèntèng, tiyang jalêr badhe nglêmpak bandhanipun, awèt kakiyatanipun, awèt ênèmipun, sagêd anggayuh dhatêng kautaman, tuwin dhatêng kaluhuran. Samangke sampun bribik-bribik wontên lare èstri ingkang dados guru mulang lare ing sakolahan. Panuwun kula ing Gusti Allah, mugi-mugi kathaha lare ingkang tiru nglampahi makatên. Mugi-mugi kathaha lare èstri ingkang ngudi kawruh supados ing têmbe maNAWI [ma ...]

--- 48 ---

[... NAWI] dados biyung sagêd anuntun anakipun dhatêng jaman kamajêngan, dados lantaranipun tiyang Jawi luwar saking kamlaratanipun, minggah ajinipun. Sagêd dados lantaran angicalakên pitêmbungan: Jawa klas murah, anjunjunga tiyang Jawi dados klas sêdhêng, pintên banggi dados klas inggil.

Ing Batawi, kaping: 27 Juli 1912.

Suwara.

 


ngupadosakên. (kembali)