Tatamanguyun - Mas Ngantèn, Jayadiningrat I, 1922, #1209

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SOERAT TOTOMANGOEJOEN dan MAS NGATEN[1]

Sêrat Tata Manguyun inggih Ugi Nama Mas Ngantèn

Anggitanipun Radèn Mas Ariya Jayadiningrat ingkang sapisan, abdi dalêm bupati : bêkêl nayaka kaparak kiwa.

Kaêcap wontên ing kantor pangêcapanipun Tuwan Pogêl pan dhêr Hèidhê èn ko ing Surakarta 1852.

1922

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. rame dadèkkên unining Alip | Tumpak Kulawu Dite Mukaram | ingkang măngka wasitane | wong anom nèng praja gung | aja pêgat atatakrami | sewaka nitipraja | yèn kongang dipun wruh | supaya adoh mring nistha | aywa pêgat ing siyang kalawan latri | atakon têtirona ||

2. anênacat nistha agung malih | wong nora wruh tatrap tatakrama | pratingkahing kapriyayèn | sêlak jinunjung lungguh | isin tanya dupi wus singgih | pantêse yèn busana | kampuh sidaluhur | ana ciyute nging cêndhak | samparane kang kiwa nora nasabi | marang kakempolira ||

3. cincingane tibèng wêntis kering | paningsête renda gêbyar-gêbyar | luwih sing kêpuh koncère | pangasihe anjaprut | cêlanane jigrang tur nglinthing | sikêpan singsêt sêsak | baludru wus kluwuk | bênik dinar sakêmlaka | kotang mangkak bênik jăngga mung kêkalih | ginanthèt lawan tampar ||

4. kuluk logro ginanjêl ing suri | tali rambut mèh praptèng unyêngan | tur lawe putih pantêse | talining ulês cupu | pratandhane jêmbul [jê...]

--- 2 ---

[...mbul] mung sisih | kuluke sasêlangan | nyamate sapasung | curiga pêndhoke dinar | bot sakati mêndhake ijo garipis | pêsi sinêrêtema ||[2]

5. rêmbyang-rêmbyang rambute kaèksi | ukiran putih èsmu kèh babak | cara Yugya warangkane | dadak wukiran bêngkuk | kunca abang ganjêle kèksi | dhasar wrăngka bagoran | ginanjêl ing janur | sêmbada lan turangganya | gung aluhur andhêmane mung sajênthik | ulêse janjan napas ||

6. gulu panggêl iganira kèksi | suri panjang tur nora ginuyang | gubras talethong lêmpènge | sukune kadi kêlut | dhêngkul dhêngklang tracak tan kèksi | buntut barindhil sangar | kèh mêtu rahipun | sinawang saking kadohan | kadi dhawuk megantara wulunèki | yêktine tan mangkana ||

7. kang katon dhawuk wulung barindhil | labêt sangar konthole saasta | kuncung nasabi bungure | sêmbada kambilipun | mêntas tuku sangkêlat abrit | golèk samaja-maja | wangkonge sasumbul | kadhal pradane wus minggat | gêgayaman kang sasisih ngudhup turi | èbège [èbè...]

--- 3 ---

[...ge] sasêlangan ||

8. sungging bundhas lulangira nglinthing | kêndho sisih langkunge katingal | siladan talining èbèg | larap sêkap kadulu | kêkapane saking ing wuri | godhège gêgêrangan | cupêt moncènipun | anaiyèng kêndhalinya | tur mèh nglêpèh mung têtiga gêlangnèki | kinarung tali timba ||

9. kuda ngantuk rinubung ing rêngit | ilu mulur lir kuda mutah rah | turuhing ponang taliyèng |[3] ilêre mulur-mulur | tanna pêdhot mèh praptèng siti | lalêr ngrubung suluhan | agama kadulu | gobag-gabig lagi nora | ki mas dêmang nyandhak wêdhung sinangkêlit | nulya nyengklak turăngga ||

10. ki mas dêmang wus budhal anangkil | ginarêbêg pra dêmang atusan | wimbuh arikuh polahe | lungguhe angêdhungkrung | tangan kalih apus nyêkêli | kang têngên anèng ngandhap | têka wuwuh rikuh | sikute amêngkap-mêngkap | mring kang ngarung angajak rikat sathithik | ginêbrag turut marga ||

11. kiwa têngên gamêle nyabêti | pucuking kêndharat pangarungan | tangan sisih anggêgèwèng | godhèg sinurung maju | kongsi mulur guluning wajik | tan [ta...]

--- 4 ---

[...n] măntra yèn rikata | èbèg ting galêbrug | kapêdhak kiwa têngênnya | ambithèni marang iganing turanggi | kagyat ingkang kapapag ||

12. manggut-manggut wangkong tibèng cêthik | kêkadhale tarung kadi kêprak | nèng dhêngkul apus gulune | sănggawêdhi tan gaduk | labêt sêsak larape jêngking | angising urut marga | tan kobêr lumaku | talethonge garing abang | tur sathithik salong jamurên katawis | ujare lêmu anyar ||

13. ngisik saka lamun cinamêthi | panujune praptèng têngah pasar | dumadak kirig kudane | kêndhaline marucut | kuluk gigol curiga kengis | ganjêle ting salêbar | sănggawêdhi runtuh | gamêle ulêng lan jaran | pêndhok modot gănja mingêr saking wêsi | curigane katingal ||

14. kadi golok katingal sing têbih | sabab wadidange sirna ilang | dadi dhapur kêbo dhèndhèng | kêmbang kacang paruthul | duk pinêthak kasêlak Kêmis | tan kobêr marangana | dhêdhak mabul-mabul | rasukan sêsak tan bisa | ngingêr kêris pamayunge kang ngowahi | lawan tangane kiwa ||

15. kuluk tibèng lincak wus ingambil | mring kang dhasar

--- 5 ---

mas dêmang tan arsa | anampani rikuh tyase | bok nglêpèh kang kêndhangsul | saya kukuh dènya nyêkêli | mung manglung jangganira | kinèn masang kuluk | ni jagal nurut kewala | tangan kiwa kang têngên akuthah gêtih | dadya mèncèng patrapnya ||

16. kuwanuhane ngaruh-aruhi | adhuh kakang karsa dhatêng paran | sumêngguh gaib saure | mila yayi kasusu | datan kobêr nèng wisma mami | lagya mantuk sakêdhap | nuntên wontên numul |[4] upas têtiga sakawan | angenggalkên tinimbalan mring notaris | yayi damêl kawula ||

17. sayêktine mung kinèn jênêngi | galidhig dhudhuk kalèn kêstalan | ngaku mring tuwan residhèn | tobata dèn aulun | pratingkahe kumèng dèsi |[5] yèku janma sasêkan | tan wruh nisthanipun | ana nistha malih kocap | wong rumasa pawitan dora tan isin | pangrasane wirangan ||

18. mangkas-mangkas ulate katawis | tur gumaib satêngah pakehan | amegas-megos lungguhe | anjêgrêg mungat-mungut | ewan atèn yèn nêningali | lamun dulu manungsa | katon sakatêpu | tan ana wong kabênêran | kang aduwe

--- 6 ---

mara nyêlak dènnya linggih | lan para pinituwa ||

19. uwa paman kakang cêlak ngriki | amanggihi pun kakang mas dêmang | wus tata kupêng lungguhe | ana kang gunêm wuku | ana măngsa nujum prasami | pandangon myang padewan | ana gigis jagur | ana jabung paringkêlan | taliwangke păncasuda miwah malih | ringkêl si wanataba ||

20. kakang mas dêmang kadi punapi | mênggah wuku paran karsanira | ambêkuh mengos saure | ginêm punapa niku | ambakipun kula puniki | wuku căndra sangkala | tur sagêd sadarum | nging datan rêmên manira | botên langkung etang wau mung satunggil | dika jawab punapa ||

21. sami jinawab ing kanan kering | datan ana kang pêthuk pêthèknya | iladuni datan kangge | ngungsêt patakènipun | pijêr bêkuh agobag-gabig | èdhèg sukune kiwa | ngêlus-êlus janggut | muwus mila tan sajarwa | satuhune kula ajrih mring sang aji | dhuh yayi kêdhik edhang ||

22. kula anèh yayi dados janmi | nadyan wuku miwah păncasuda | gadhahan kula pan sanès | pun adhi mênggah wuku | wiwitipun wuku punapi | kakang gih wuku Sinta | Dite [Di...]

--- 7 ---

[...te] Paingipun | nuntên Landêp Wage Akad | yèn pun kakang wuku wiwite punapi | gih adhi wiwit Sinta ||

23. nanging Sinta wiwit Gara Kasih | Rêbonipun tampining pangluwar | katakon[6] katon èsême | ki tamu bêkah-bêkuh | wau mila kula tuturi | yèn seje lan wong kathah | ki wisma angrapu | inggih kakang kula nular | ing ngèlmune pun kakang kawula inggih | dadosa kang wasiyat ||

24. wiyosanipun kakang punapi | dintên taun wulan sawindunya | agancang malês têtakèn | wangsul dika puniku | punapa ta lairnèki |[7] dina taun windunya | matur nuju wuku | ing Dite Pok[8] Măndhasiya | Tungle Aryang Kunthara kang taun Alip | sakala[9] sirah tiga ||

25. tanpa tênggak pun kakang punapi | kula adhi ing wuku jujudan | măngsa gaga kathah garèng | anuju ringkêl satru | kèdhêp marang sasami-sami | nuju gêlis dangunya | ambyah taunipun | anuju windu prakosa | sasi Sura sami dintên Gara Kasih | dewane Sang Hyang Wênang ||

26. windu prakosa watêke adhi | datan kasor samining manungsa | taun ambyah ungsum kabèh |

--- 8 ---

sabarang sarwa usum | Sang Hyang Wênang awas ing wangsit | wruh sadèrèng winarah | ing sêngkalanipun | nglêrêsi sirah sawêlas | tênggak satus wêtêng kalih atus sikil- | ipun mung kawan dasa ||

27. sarêng sumyak kang samya miyarsi | kenthol napsu mundur palarasan | iku kanisthan rupane | kasusu dir lan lêngus | sungkan tanya ngrasane isin | wêkasan nunjang-nunjang | nisthane angumbruk | marmane bêcik kang bisa | takon tiron panggawe lumrah kinardi | wong anom ywa sungkanan ||

2. Sinom

1. ana pratingkah satunggal | kanisthan nging cèkli-cèkli | nisthane dadi sinoman | yèn wong duwe gawe asring | wong kang nêdha birabi | sandhang tênaga myang wuwus | narèthèk anyanyêlang | kang pinrih tigang prakawis | arêkasa nyanyêlang lêt sangang dina ||

2. kapengin kèdhêp ing prentah | lan panèt mulat pawèstri | myang têlêsing gondhangira | yêkti puniku kang pinrih | sawusnya dèn pasrahi | dandanan patehan gêndul | wus wiwit atênaga | kaya lodok manjing mijil | nora liwat rêmbuge karya prayoga ||

3. kêsêl tyasira [tyasi...]

--- 9 ---

[...ra] ki wisma | tan kobêr amung jinawil | kula anuwun parentah | magah patrapipun nglarih | ing mangke kadospundi | karsa sampeyan anayub | ki wisma angling sugal | ora noyab-nayub mami | yèn tan nayub kaping pintên mantu paman ||

4. rumiyin rayi andika | ing pagandhekan miyarsi | prayogane tinimbalan | ki wisma rada mathithil | tan ngundang-undang mami | têka sênênga sirèku | gya mring gêdhong panganan | tambuh solahing pakardi | wiwit munining gamêlan wanci ngasar ||

5. Mas Ngantèn ngrasuk busana | meretane wus malirit | kêmbangan sungsun sadasa | kadi kluwung obar-abir | cêcundhuk asasumping | agêgombyok sêkar dhuwung | pêpilis paras imba | kulambine sungsun katri | karang mêlok sakêcèr amunggèng sirah ||

6. akakêndhit usap tangan | agendhong kalungan nyangking | ana tinalèkkên sirah | esthane lara jêjiling | srêbèt sisih èrloji | gêbyar-gêbyar karsètipun | ngadêg leyangan saka | nèng gêdhong patehan cincing | saparane kang darbe wisma winulat ||

7. kang siji kêpala wedang | kaprênah nak-sanaknèki [na...]

--- 10 ---

[...k-sanaknèki] | pantês umur kawan dasa | mêthekal jênthu tur nyarik | sabuke watês cêthik | brewa-brewo tanpa dhuwung | ikête modang anyar | akêndho watêsing alis | tanpa klambi acincing sruwale mêmplak ||

8. mung kalung srêbèt satunggal | ngalor ngidul murang-muring | watêke lama tan nendra | labête wong bêtah pèi | gèsèh lan ingkang rayi | Mas Ngantèn wau yèn dulu | marang kang duwe wisma | mung nolèh yèn nêningali | sarêng ngumbah sru enggal nglumpati jodhang ||

9. nanging ta nora parentah | gêla surupe pribadi | sarira eman nganggura | rêmên rikas wus miranti | ting klêthêg ting kurincing | rikat gugup tandangipun | dèn inggal ingkang prapta | kakang mas radèn ngabèi | sira tan wruh apa karsane kakang mas ||

10. wus pêpak larih gya mêdal | Mas Ngantèn dadya pangirit | ulat ringas ambrêngangang | cumawis èsêmirèki | nanging tan dèn aruhi | saya sora swaranipun | têka tawa inuman | saanane dèn jarwani | punang anggur janèwêr tuwin madhera ||

11. kang tinawan nora gita | sêmune tan anginumi | andhêsêg [andhê...]

--- 11 ---

[...sêg] tênaganira | tinampan cinêcêp kêdhik | wusing nguyup pribadi | ngarsaning kursi anganyur | wus larih nuli wedang | Mas Prawira Jênthu prapti | saking wingking ngêmpus babisik ki wisma ||

12. wus bêbisik biyak-miyak |[10] undure mlerok mring rayi | sadangunira mangkana | Mas Ngantèn kewran ing pamrih | arsa angombe wêdi | marang ing wêwalêripun | kapengine kalintang | wasana duwèni pamrih | angon ulat ngundha ulat solahira ||

13. tur mêdhit bêngis ki wisma | arsa tan nginum kapengin | durung mangsane nginuma | kudu mêtu anglarihi | yèn prênah ambênêri | adoh lan ki wisma nuju | wanuhan prênah tuwa | kinêbakan dèn larihi | gêlas anggur kinêbak jênèwêrira ||

14. kang sinungan datan arsa | kakèhên dènnya ngêsoki | dhuh botên kangmas punika | wilujênge ingkang rayi | badhe pangantèn nênggih | sarat cinêcêpa sampun | yèn taksih rayi dika | kula ingkang anadhahi | rada rêngu pan maksih pinêksa-pêksa ||

15. ki tamu gêlis cinandhak | wus kinèn ngombe pribadi | wuwuse adhuh kakang mas | kang rayi dipun pêjahi | inggih

--- 12 ---

kula labuhi | yèn sampeyan ingkang angsung | suka tyase asila | ngliyêng grèmèh wuwusnèki | lah gantène kakang êmas prènèkêna ||

16. sasore tan kobêr nginang | tan awèh ingkang angampil | gya ngranggèh anylangkrak-nylangkrak | ki dhayoh têka nglungani | sêne sêngadinèki | prandene arsa tut pungkur | kancane kang sinoman | ana kang tuwa ing pikir | ginendholan Mas Ngantèn suwawi mêdal ||

17. sampun wayah tata meja | raka andika wus cawis | taplak bêkakèn wus mêdal | Mas Ngantèn anulya mijil | enggal anyandhak dhingklik | isining meja wus kusung | tandange karopyakan | wira-wiri ngrêspatèni | nulya nata nyandhak bèsi wadhah ulam ||

18. Mas Jênthu kang masang-masang | arikat cakut ngêntasi | lagya mungkur marang jodhang | Mas Ngantèn têka ngowahi | wêwadhah dèn ingsêri | tan ana ingkang panuju | gantya mungkur mring latar | kang raka prapta ningali | ngusap dhadha dalah dhayohe uninga ||

19. sadangunira mangkana | wis sore nganti jam kalih | pijêr owah-ingowahan | Mas Ngantèn sangsaya wani | gènira [gèni...]

--- 13 ---

[...ra] minum awis | saya gumêdêr nèng pungkur | têlèdhèke ginawa | mring sinoman ngambil kursi | nora kalap gawene saya lênggutan ||

20. ki wisma anyana tiwas | nututi mêdal ing jawi | timang dhuwung pinundhutan | amuwus ngujar-ujari | wus pinocot ing wêngi | nora nganggo sesak-sesuk | niba api kantaka | êndême tur nora pati | pasang lilin wisuhan anulya dhahar ||

21. Mas Jênthu nulya tumranggal | mobat-mabit nganan ngering | ana dhayoh kawêtara | kêmarun nèng meja bukti | wuru mung sawatawis | tumrampil pangirusipun | pamandume kakehan | dlêmok cung dhayohe sisih | nora uman dhayohe pinèt priyăngga ||

22. tandange agung gropyakan | pangiruse sring nyiprati | anyandhak lading tumandang | angiris mêcahkên piring | tan nêdya anawani | dangu ngiris datan antuk | kasusu sêlak arsa | cinuwol tangan kêkalih | bêbêt klambi akuthah duduhing ulam ||

23. sabên-sabên tinawanan | anjukuke tan ngumani | kongsi ngumbruk ngarsanira | agung nguncali mring wuri | bature kang nampani | sarwi [sar...]

--- 14 ---

[...wi] bèbèr kacunipun | sêmune tămpa wêkas | pambuntêle tanpa kering | pan cinandhak ulame sabèsi pisan ||

3. Mijil

1. mijilakên sêmur banyak bèsi | têka rêyang-reyong | linorokkên marang ing bature | gya tumanggal bature nampani | duduh dèn uyupi | bèsi glis jinaluk ||

2. ewuh tyase duduh dèn uyuspi |[11] tênagane kêthoh | sêmur banyak binuntêl kacune | duduh rêmbês têka kocar-kacir | datan wruh ing isin | ing bêndaranipun ||

3. sakêdhap-kêdhap ngajak kondhisi | anggung thothok-thothok | angêcuri gêlas tan rinèwès | lajêng ngadêg gêlase tinanting | usene pribadi | surak sarta nginum ||

4. agung main sendhok porok lading | wowohan binacok | nèng ambênge pan ingêcèh-êcèh | cinukit-cukit dèn iris-iris | lamun dèn tawani | mung mêrêm andhingkluk ||

5. lan tangane jêrbèbèh anampik | gèdhèg sarwi megos | agung kothekan cukit ladinge | mundhut kinang idune ngêcuwis | sidhakêp kang kering | kang têngên asusur ||

--- 15 ---

6. isthane sapa wruh ingsun iki | tau mangan awor | lan residhèn anèng meja gêdhe | tau pesta sapasar ping kalih | manggung datan bukti | pijêr main susur ||

7. agung imbal wacana mring wuri | bêkikik gêguyon | kèh warnane kang umbak solahe | ana maning kang sinoman siji | anyêdhaki kursi | mring wanuhanipun ||

8. kuwanuhane tan kêna nolih | trangginas sumaos | mundhut punapa kangmas karsane | muga dhawuha lawan kang rayi | kula kang ngladosi | barang kang pinundhut ||

9. nora jaluk nora kêdhah-kêdhih | amung nolèh thok-thok | têka sumlangkrak nawani êtèh | punapa tèh punapa brênduwin | ki tamu ngenaki | jalukêna anggur ||

10. atrangginas panjaluke ririh | kulmake angoso | sira iku mung nyêngkal wedang tèh | aja kakehan reka sirèki | wis mênênga dhisik | mêngko ngong kang angsung ||

11. rikuh tyase cêngkelak wus bali | nanging ngalih ênggon | bănda tangan angêdoh ênggone | yèku wadine arêp pribadi | mila agung sisip | suwene tan wangsul ||

--- 16 ---

12. ana siji sêsinoman nanging | gawene amojok | sabên nampani angundurake | ingkang lumrah marang tukang piring | tinata kang bêcik | nanging mung tinumpuk ||

13. iku bagus bisa adol piring | solahe mangkono | wênèh ana nglakokkên putrane | ing priyayi pirang bêcik-bêcik | wong nonton kinêthik | kinèn ngambil mêtu ||

14. yèku lambane ngidaki pamrih | têka tan antuk don | kèh solahe kang aduwe pamre |[12] wus bubaran tutug kang abukti | wus atata linggih | tan adangu mantuk ||

15. ki mas bèi angenaki tami | kang para nom-anom | kang sinoman kinèn nayub kabèh | wus kinata meja pribadi |[13] anèng gêdhong cangkir | kang kalêngêr wau ||

16. tan sinambat wus tangi cumlingkrik | angambul gêguyon | wusnya tutug rucat kamejane | ngalih pandhapa nayub ing latri | bêksa gênti-gênti | amung mungup-mungup ||

17. para priyayi nonton ing jawi | namur nanging katon | pan ampingan nèng saka amèncèng | karang mêlok gombyoke kaèksi | kalamun tinarik | marang Ki Mas Jênthu ||

18. anglungani sarwi [sar...]

--- 17 ---

[...wi] ngingêr kêris | mrih sêlute katon | saya suka kang nayub solahe | kang kumlebat sampun wangsul malih | dhumèpèl sakaning | ngèmpèr jroning tarub ||

19. ana kang gita asru ngaruhi | mring ki lurah nonton | mirêng rasan lungane anglèwèr | mlampah rindhik lungane tan têbih | tan asuwe bali | maju ênggonipun ||

20. wus dhumèpèl ing bêbatur kêdhik | anèng saka goco | ingkang duwe lurah gya dhumèpèl | mring Mas Jênthu punika ningali | radèn lurah sami | aturana purun ||

21. aja gumampang iku priyayi | yèn mung nêdya nonton | têka sira ênêngêna bae | mênèk dudu karsane ngong wêdi | adatipun nênggih | dados karsanipun ||

22. pinêksa-pêksa kathah nuruti | nanging rada dhoso | wus cènèngên malêbu marene | klerehane glis dènnya marani | kagyat api-api | nglayang arsa mêtu ||

23. wus cinandhak astane tinarik | panarike alon | awak nglayang tumindak sukune | wus nguculkên astane kang narik | panglayange maksih | tindak saya maju ||

24. wus linarih sapisan ping

--- 18 ---

kalih | sinambramèng kêplok | datan mawi ingatag bêgsane | kang duwe wisma têka nglungani | gêdhonge kinunci | wus tininggal turu ||

25. sakèh katon kinèn anglarihi | mundhut anggur gêdhong | wus kinunci alirih baline | mung sinamur singga kèn ramèni | niyaga wruh wadi | saya èsmu antuk ||

26. matur têlas langkungan bêrduwin | nèng gêndul cinambor | mung puniku kang dèn larihake | sinêngka gêlas dènnya ngisèni | kodal wurunèki | angrangkul angambung ||

27. Bagus Ngantèn anginjên nèng jawi | tansah gablog-gablog | dhadha sukune ingkang cinablèk | pangungune kaduwung sakêthi | êmbuh ing pakardi | katrucut barundhul ||

28. wong sadonya măngsa ana mirib | cuwane tyas ingong | sawadine gon ingsun narèthèk | bèsuk apa paman mana maning | besuk sun timbangi | kang anganggo sêlut ||

29. kang abêksa age mundhut larih | brênduwin wus êntong | mung dèn jogi kang gêndul wedang tèh | saya tulèn wedang tèh kang isi | niyaga ngladosi | mung kari kang ngantuk ||

30. gamêlane kari bonang siji | kêndhang kêthuk kênong |

--- 19 ---

sêsulaman pra sinoman akèh | găngsa umyung kang ngêploki gusis | lilin kari siji | jogète asêngkut ||

31. katuju bubar ringgit kapesing | lumayu mring kêbon | dhêradhasan ki tamu undure | nora nolih nora nganggo pamit | sujana patitis | singa ali wêruh ||

4. Mêgatruh

1. ana maning duduk esthane wong mantu | anênggih sudagar cilik | sawatara sugihipun | kapengin tata priyayi | ana mitrane kapanggoh ||

2. apanuju jajar ajidaning ngayun | wignya tataning priyayi | rowange rêmbagan mantu | lah ta adhi kadipundi | gèn kula arsa mêmanton ||

3. inggih kakang yèn ta dhahar kula matur | kang kadi tata priyayi | kang raka alon amuwus | dèrèng dhèngêr kula adhi | tata priyantun sayêktos ||

4. awitipun kang dèn cêlakkên priyantun | mas ajidan anyagahi | kakang sampun tumut-tumut | yèn pun kakang wus ngrojongi | sabarang dipun pitados ||

5. kang ngladosi tuwin dandanan kang nyambut | amunga kula pribadi | king sudagar têka nurut | mas ajidan [ajida...]

--- 20 ---

[...n] sigra mijil | wus mubêng dènnya pawartos ||

6. panyilihe ana bobos wismanipun | utawi suruhannèki | tan mawi tarèn kang mantu | sakarsanira pribadi | gamêlan salendro pelog ||

7. wusnya panggih lan juragan ingkang mantu | gya tutur barang wus olih | sarta para mitranipun | gènira badhe ngladosi | tan suwe gong reyong-reyong ||

8. dene adhi taksih kirang sawlas dalu | gamêlan dipun usungi | sintên kang ngrêksa puniku | lan panggonane ing pundi | wisma sêsêg ting kêthothor ||

9. sampun susah ingkang ngrêksa mangke dalu | kathah ingkang rayi-rayi | mila enggal kula ngusung | watak wulan Madilakir | akathah tiyang mêmanton ||

10. yèn tan uman sangsaya ing têmahipun | kang raka têka jurungi | inggih lêrês raosipun | măngsa boronga pun adhi | inggih sampun walangatos ||

11. kula takèn adhi ingkang usung-usung | punika sadhèrèk pundi | kakang inggih tiyang buruh | nuntên sampeyan paringi | kêdhik namung kawan kêton ||

12. ki sudagar duk mirêng anjêplup-jêpluk |[14] kyaine têka

--- 21 ---

gêrêngi | bêkakas wus tinatumpuk | gamêlan wus dèn rucati | tinumpuk sajroning gêdhong ||

13. nanging kakang prayogine mangke dalu | bak ayu ing sawatawis | sawawrat damêla sêkul | bilih wontên sawatawis | panganan tarimah awon ||

14. bage sèwu bilih wontên ciu-ciu | sanadyan badhèg prayogi | minăngka panggugah antuk | sadhèrèk kang nuju arip | ki pêngung têka rungojong ||[15]

15. lagi wayah mahrib dhayohe barubul | akathah tur pyayi-pyayi | ki wisma têka arikuh | mas ajidan ngacarani | lah suwawi sami lunggoh ||

16. têka rada malênggong sambatanipun | ajidan wruh sêmunèki | ki wisma pinêrdi sampun | têtamonira sayêkti | wangsane radèn kaliwon ||

17. jêr puniku amrih rubuhing sadulur | yèn kakang sagêt nyetani | sakeca sabarang catur | ki wisma saya bêstusi |[16] dalu-dalu kinèn ngopor ||

18. kang pêpitu sêntanane dyan tumênggung | punika kang nunggil kaki | mila dalu kakang rawuh | jêr sarêju lawan mami | saya gugup dènnya saos ||

19. mas ajidan bêbisike

--- 22 ---

tuku kêrtu | kakang klangênane pèi | bisik malih kinèn bratu | mas ajidan kang prayogi | ki wisma têka kumromoh ||

20. dhasar karêm sinogok anginum ciu | umbage saya kaèksi | tan rêringa ing pamuwus | marang kang aduwe kardi | yêkti yèn kêthèk saranggon ||

21. pan angucap ki juragan duk rumuhun | angruweya ingkang rayi | gajêg kakang inggih sampun | Ki Pêngung têka nanduki | yèn kali taksih mangisor ||

22. benjing mili punapa winêling bagus | kados tan cuwa ing kapti | gampil kakang benjing pungkur | yèn lajêng lampah puniki | lajêng ngêdalkên lêluson ||

23. yayi êmas kenthol-kenthol bagus-bagus | wangsula ing benjing-enjing | saure prasamya saguh | mas ajidan amrayogi | pênêt klênengan lon-alon ||

24. inggih pênêt pun adhi bêkta ajanggrung | mas ajidan amrayogi | babècèr băndha puniku | apênêt ngêmungna ringgit | ing griya sampun wontên gong ||

25. têka nurut dene têtamune guyup | wus tutug bubaran enjing | tan kawarna enjingipun | duk [du...]

--- 23 ---

[...k] asar wus sami prapti | akèh sumping karang mêlok ||

26. mas ajidan mrayogi gêdhèg kang ngayun | cinêngkala kang prayogi | hèh adhi wus samar dalu | kakang sampun walang-galih | kang rayi pan sami tanggon ||

27. pan tinurut tan dangu niyaga brubul | ki wisma têtanya ririh | tiyang punapa puniku | puniki niyaga sami | kakang kula jarwa yêktos ||

28. radèn lurah bêbisik ing wingi dalu | arsa tatilik ing kami | kula murina ing kalbu | tinarka juragan kripik | tilik tan arsa alunggoh ||

29. radèn litnan nak-sanake dyan tumênggung | malah-malah kula dugi | kang raka ingkang angutus | jêr kula sampun kapyarsi | yèn pun kakang kula bombong ||

30. têka enggar sumringah Si Kaki Pêngung | lah Rubiyah dipun bêcik | sarupane caosamu | iki marga gone ngrukti | kang arsa pinangan mêngko ||

31. kakang kula pribadi ingkang amêthuk | satuhune durung jangji | trangginas gya mangkat mêthuk | ki wisma ingkang cêcawis | dinadak tur binalêjog ||

32. radèn kula nyuwun ngapuntên kang agung | wontên kajat angaturi | sadhèrèk [sadhè...]

--- 24 ---

[...rèk] kawula tuhu | kapengin dipun têdhaki | mring paduka nging jrih ewoh ||

33. tur punagi kapencut kalangkung-langkung | yèn mantu kajat ngaturi | ing radèn litnan anayub | supados rahadèn prapti | tur karyane maksih adoh ||

34. yèn tindaka sanadyan ing mangke nayub | kang liningan sukèng galih | dhasar radèn ahli nglurug | ing pundi paman wismèki | tan têbih sabrangan Bêton ||

35. awon nganggur padhang bulan klênthung-klênthung | dawêg paman sapuniki | wus mangkat prapta ing Butuh | kinèn sêne anèng jawi | kula kène mêthuk obor ||

36. rênggos-rênggos mas ajidan kinèn mêthuk | lah kakang obor dèn gipih | lidok atur kula wau | kula mêthuk mèh kasilib | tinatabkên Kêbogiro ||

37. ting garonjal para tamu kusung-kusung | kănca mêngko kang adadi | kon rêmbugan padha nayub | ting kalècêm ting jêgigik | ngambil kursi pasang colok ||

38. ki juragan malongo asalang gumun | kapriye ta dene iki | durung jagongan wus nayub | kang lanang amanthêlêngi | wruh apa sira wong wadon [wa...]

--- 25 ---

[...don] ||

39. mas ajidan kaya Togog mlêbu mêtu | dêrmèmèl damêl prayogi | ki juragan têka nurut | prayogi kakang kang bêcik | utusana mring brang kulon ||

40. radèn litnan janèwêr unjukanipun | dèrèng nate tumbas adhi | salami ngong anèng Butuh | kakang ywa susah lumaris | ngong pun gindês sampun wanoh ||

41. têka nurut sakêton wus kinèn tuku | mas ajidan praptanèki | bêkta kawan plès puniku | ki wisma suka ningali | dene sakawan sakêton ||

42. aturipun kang tigang kopi puniku | ki wisma dhêlêg miyarsi | mas ajidan wruh ing sêmu | hèh kakang brêkating nagri | rumêksa kula sayêktos ||

43. yèn ngantosa radèn cuwa karsanipun | watêke cugêtan galih | prayogi ingkang lêstantun | sawêg sapisan mariki | etange bathi kemawon ||

44. têka lêjar ki juragan manahipun | kakang inggih sawêtawis | niyaga pinaring apyun | mrih tan kêmba angladosi | ki wisma têka rumojong ||

45. wusnya nginum sarta wedang nuli kêmpyung | ki wisma tan bisa budi | pinêrantèn ngalor [nga...]

--- 26 ---

[...lor] ngidul | mas ajidan bisik-bisik | ing radèn litnan wus kinon ||

46. nglarihana mring ki wisma wus tinurut | paman slamête putrèki | bakal pangantène iku | ki juragan sukèng galih | prapta ing ngarsa ngêdhongkrong ||

47. wus minuman winantu-wantu ping têlu | agirone anjurungi | ambêk nora etang-etung | bêngawan yèn maksih mili | toyane marang mangisor ||

48. sampun cuwa dhatêng pun paman puniku | mas ajidan gya bêbisik | adate radèn puniku | yèn bêksa tan dèn tomboki | rada lingsêm èsmu kapok ||

49. atrangginas ki wisma angranggèh rajut | sinêbar satêngah nglampit | sawatara amung suku | watêse ringgit winangsit | jinanji tan antuk tombok ||

50. mas ajidan kang darbèni tombokipun | wusing baksa ganti-ganti | anutug panayubipun | wusira wêdharan sami | kongsi dumugi kaliwon ||

51. tan kawarna ing dalu enjing winuwus | duk pangantèn arsa kawin | para priyayi tan rawuh | kapiran kang ngiring-iring | kang saguh kabèh lêlucon ||

52. pra sudagar sêmune kêmeron mutung | suruhan [su...]

--- 27 ---

[...ruhan] pating karênthil | mas ajidan pijêr turu | sawiyah tunggangannèki | wus mangkat areyok-reyok ||

53. sapraptane ningkahan sawontênipun | pra sudagar samya bukti | sinambi gunêman rêmbug | ki wisma sangêt maripih | mring têtăngga pinrih rawoh ||

54. agrubyugan pangantèn pangarakipun | sabiyantua prasami | wus bubar sore gya rawuh | ting karopyak ting karincing | ting galêbyar ting pancorong ||

55. watêkipun pra sudagar yèn mêmantu | sarwa êmas sarwa kêling | wus mangkat pangarakipun | sarwa mubyar busana di | pangantène nunggang bêlo ||

56. sarampunge ningkahan anulya wangsul | para sudagar kang ngiring | mas ajidan amung turu | mèh kapiran antuknèki | pyayi kapêthuk ing Bêton ||

57. dupi prapta panambangan samya dulu | atarap suruhannèki | prasamya nyêluk parau | akathah tur pyayi-pyayi | para sudagar duk anon ||

58. gêla tyase kasoran tênaganipun | pawartane mau enjing | wus nora nana kang rawuh | têmahan mêksa dalidir | cêngkelak gya sami bolos [bo...]

--- 28 ---

[...los] ||

59. wusnya nyabrang pangantèn saking parau | winot lan dhayoh kang prapti | mangilèn panyabrangipun | amontro angiring-iring | kang grêbêg amung sakrompol ||

60. para pyayi anggrubyug pating palangkruk | ing kursi mapan pribadi | pêpundhutane asêlur | ana ngatag gêndhing-gêndhing | ana mancèni kêndhang gong ||

61. sêsambène pangantèn duk durung rawuh | tan dangu pangantèn prapti | ki tamu wus rada wuru | nora pati amarduli | gêndhing muni Kêbogiro ||

62. gêndhing kurmat duk pangantèn praptanipun | anggêpe kang para tami | kancane ingkang jêjaluk | ronggèng tinarik manginggil | samya jèngklèk pacak githok ||

63. pangantène kapiran duk apêpangguh | mung para batur jalwèstri | kang ngupakara duk pangguh | nora kêna dèn sayuti | panayube para dhayoh ||

64. dhêdhayohe pra sudagar kabur-kabur | tan kaduman lungguh kursi | samya pamit kêdah mantuk | ki wisma durung pinanggih | ana nganti ana bolos ||

65. wusnya nayub gya dhaharan nulya mantuk | pangantène dèn tiliki | mas ajidan pijêr turu | ki wisma ngugun [ngu...]

--- 29 ---

[...gun] tan sipi | sumbangan tan ana rawoh ||

66. kang tinonjok sakèhe wong adol umuk | mas ajidan kang mrayogi | wis êntèk kêbo sapuluh | sabên bêngi kabèh prapti | sumbangan tan ana katon ||

67. sadhiyane bèbèk ayam sarwa nyatus | kajaba kang kêbo sapi | parandene nora cukup | kinuras sadarbèknèki | dalah darbèke wong wadon ||

68. mas ajidan katutugan pamrihipun | sukane mitranirèki | sabubare punang tamu | wong sawisma padha nglikik | ki juragan ngungun joto ||

69. ana ingkang linorot saka ing ngayun | tinata bangku mring jawi | sêsinoman ingkang nayub | ki juragan durung bukti | wong wadon grêmêng mêmisoh ||

70. tan winarna ing dalu kawuwus esuk | mas ajidan kinèn sami | angantukkên prabotipun | gamêlan myang panjang piring | dhuh kakang tingale awon ||

71. bok sumêne kalih dalu tigang dalu | kawula tan nyuwawèni | yèn tamu sami atugur | botên kêdah dèn prayogi | dene jêbule mêngkono ||

72. sakèh sumbul mulur dulur nora jêbul [jê...]

--- 30 ---

[...bul] | ting karêthap srêbèt putih | ting saladhang jodhang jadhug | panjang-punjung tutup saji | sampile pating gareyong ||

73. nora reyal nora jampêl nora suku | kapoka wus awak mami | de jêbul wong nora urus | kèh kenthol-kentholan anjing | angiwa agung anjoto ||

74. iku uga cacade uwong mêmantu | kudu caraning prayayi | yèn ngindhung caraning ngindhung | yèn pyayi cara priyayi | dadi tan nganggo paguron ||

75. wong mêmantu nora kêna nganggo guru | mung guru băngsa pribadi | yèn nganggo watêknya muwus | carane kaki lan nini | wragad kathah kêdhik kono ||

76. aja kaya kawruhe Si Kaki Pêngung | sudagar caraning priyayi |[17] yêkti ngalor lawan ngidul | dudu cara priyayi |[18] ngamungna kang wus kalakon ||

 


NGANTEN. (kembali)
sinêrêt rema. (kembali)
taiyèng. (kembali)
nusul. (kembali)
Kurang satu suku kata: pratingkahe kusumèng dèsi. (kembali)
kang takon. (kembali)
Kurang satu suku kata: punapa ta klairannèki. (kembali)
Pon. (kembali)
sangkala. (kembali)
10 miyak-miyak. (kembali)
11 uyupi. (kembali)
12 pamrèh. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: wus tinata mejane pribadi. (kembali)
14 anjêpluk-jêpluk. (kembali)
15 rumojong. (kembali)
16 bêntusi. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: sudagar caraning pyayi. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: dudu caraning priyayi. (kembali)