Srijuwita, Sasrasudirja, 1919, #1166

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi dalah wragad ngintunakên mêdal ing pos f 0.42

Kenging tumbas dhatêng Depăt van Leermiddelen ing Wèltiprèdhên, kalayan ngintunakên yatra wau mawi pos wissêl.

Layang Srijuwita

Nêrangake kaanane wong wadon padesan ing tanah Jawa, lan kapriye prayogane, wong lanang pamêngkune mênyang wong wadon.

Anggitane Mas Sasrasudirja

Mantri guru ing pamulangan ăngka II

Kêrtêk

Kaêcap ing kantor pangêcapane Kangjêng Guprêmèn ing nagara Batawi taun 1919.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 190.

Layang Srijuwita

Nêrangake kaanane wong wadon padesan ing tanah Jawa, lan kapriye prayogane, wong lanang pamêngkune mênyang wong wadon.

Anggitane Mas Sasrasudirja

Mantri guru ing pamulangan ăngka II.

Kêrtêk

Kaêcap ing kantor pangêcapane Kangjêng Guprêmèn ing nagara Batawi taun 1919.

--- [0] ---

LAJANG SRIDJOEWITA

NERANGAKE KAANANE WONG WADON PADESAN ING TANAH DJAWA, LAN KAPRIJE PRAJOGANE, WONG LANANG PAMENGKOENE MENJANG WONG WADON.

ANGGITANE M. SASRASOEDIRDJA

MANTRI GOEROE ING PAMOELANGAN ANGKA II

KERTEK.

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1919.

--- [5] ---

Pangupajiwa

Wong bumi ing tanah Jawa kene pangupajiwane kêna kabedakake dadi loro, kang sawarna kanthi alus lan ènthèng, sijine kanthi rêkasa. Panguripan kang dak arani alus mau sakèhing priyayi, upas, mandhor, lan liya-liyane pagawean kang ora ngêtokake karosan, ora pêrlu manthêng otot, lan ora adus kringêt. Seje karo pagawean kasar, kaya ta: têtanèn, buruh mikul, dadi batur lan rayating sudagar, dol-tinuku, nênukang, iku kabèh băngsa angkat junjung utawa ngêdu kêkuwatan. Akèh êndi wong kang pagaweane alus tinimbang kang kasar, wis mêsthi akèh kang kasar. Wong kang pangupajiwane kalayan alus, durung ana

--- 6 ---

sapara sèkête. Mulane akèh kang nglakoni mangkono, amarga sing lumrah wong bumine padha têtanèn, angupakara lêmah, sawênèh bêbakulan. Wong-wong mau saupama dikon milih, wis mêsthi kapengin lan sênêng marang pangupajiwa kang alus, awit awake ora rêkasa. Nanging anane kang kalakon bisa olèh pagawean ènthèng durung sapiraa, jalaran wong mau padha ora ambudidaya lêlantarane. Ing nalika anak-anak ora gêlêm mulang marang anake supaya ing têmbe bisa olèh panguripan kalawan gampang. Wêkasane barêng bocah mau dadi wong tuwa, yaiku kêpêksa anglurokake pangan sarayat, ora bisa golèk akal liyane, kajaba mung anglêluri lan niru lêlabuhane wong tuwane utawa tăngga-tanggane, awit iku kang dikulinani. Saupama wis sumurup pratikêle

--- 7 ---

apadene dilantih lan disinau wiwit cilik, wis mêsthi wêkasane uripe ora rêkasa.

Wong kang olèhe pangan sarana pagawean alus, yaiku kang tămpa bayar ajêg, ora dak rêmbug, amarga kèh sathithiking pamêtune wis wêruh, dadi yèn kongsi kêkurangan gêdhene tumiba ing kamlaratan, iku nelakake luputing kalakuwane, kaduk panganggone dhuwit, utawa nglojok, cêkake inane dhewe. Lah kapriye uripe wong kang pangupajiwane ora ajêg olèhe. Tumindake kudu sarana waras rosa, tahan marang panas utawa udan, têrkadhang lêlaku kongsi pirang-pirang dina. Wong-wong mau ora mêsthi bodho kabèh, mung saking kuranging piwulang lan weyane kang uwis-uwis. Barêng tuwuh rekadayane amurih kapenaking uripe, wis ora

--- 8 ---

bisa nindakake, iku pirang-pirang alangane, ana kang jalaran ora duwe pawitan, ana kang marga karibêdên anak bojo, ana kang wis cacad awake, ana manèh sabab wis kadaluwarsa. Măngka ingatasing urip kang wis mêngku rayat, ora kêna ora kudu ngupajiwa, kanggo angingoni anak bojone lan ngrukuni sapadha-padhane. Dadi cothoa dikaya apa, ing sabisa-bisane iya mêksa luru pangan, măngka simpênan utawa tandhon ora ana, sarèhning sabên dina mangan lan nganggo dhuwit, dadi sabên dina iya kudu golèk. Sapa kang mulang golèk pangan mau, ora ana, mung jajal-jajal kayadene wong tuwane utawa liya-liyane kang wis disumurupi. Dalah para tani, kang turun-tumurun padha anggarap lêmah, ora pisan mêtu akale kang muwuhi kèhing pamêtu, malah mênawa ana kang marahi, ngarani arêp ngowah-owahi [ngo ...]

--- 9 ---

[... wah-owahi] kang wis kalakon, dadi ora gêlêm manut babarpisan.

Kawruhe kănca tani ingatase bab nênandur, saprene ora sapiraa undhake, malah kêna diarani sangsaya weya, pamêtune sawah lan patêgalan kang dijagakake dadi pangan salawase, akèh kang ora dadi, amarga saka kurang pangudine. Luwih manèh pathokan mangsane nandur, panggarape lêmah lan panggawene winih ora gêlêm ngrekadaya kalawan têmên-têmên, mung manut adat kang wis kalakon.

Wong kang padha bêbakulan akèh kang tumiba ing kamlaratan amarga mênawa ora payu, kang dipangan nyorok pawitan, saking durung sulang marang laku-lakuning dagang, dadi kurang petung, wusanane tuna, lawas-lawas bobrok babarpisan. Măngka adate wong cilik, êndi pangupajiwa kang wis dilakoni, bênêra, luputa,

--- 10 ---

ora gêlêm nyambi liya-liyane, iya ngêmungake sawarna iku bae, măngka samubarang kang dilakoni mau durung dhamang têmênan, kêpriye bisane tumindak bênêr. Mulane anggêr wis luput sapisan, sabanjure kasurang-surang.

Wong kang nênukang arang kang gêlêm mrasudi bêcik lan mojoning pagaweane. Malah manawa kêlarisên, kang lumrah saya weya, marakake suda pangupajiwane.

Tani, bakul lan tukang iya ana kang lêstari, nanging ora sapiraa, kang akèh-akèh wis mêsthi saya lawas saya kêkurangan. Wis nyata bangêt saka anane saiki, lêmah akèh kang didoli mênyang liyan, kasugihane desa ora ana, malah akèh kang maune duwe bale pomahan, banjur dadi mondhok. Kang padha bêbakulan katandhêgan utang akèh. Măngka pagawean têlung [tê ...]

--- 11 ---

[... lung] warna iki, mungguh wong dêdagangan wis aran duwe pawitan. Wong tani pawitan lêmah, tukang pawitan kapintêrane, dene bakul asarana pawitan dhuwit. Ewadene durung ana têlung prosèn kang panguripane mau nyukupi. Luwih manèh kang pawitan bau suku thok. Ing sadina-dina lunga luru wong kang gêlêm amburuhi. Ana kang mênyang pasar, ana kang mênyang sêtatsiyun, padha golèk gawan. Ana manèh kang anggawa barang mênyang liya nagara, aninggal anak bojone kongsi lawas. Olèhing buruhan ora ajêg kèh sathithike, lan ora mêsthi sabên dina, kapriye bisane cukup pangane. Apadene yèn kabênêr ana ngêlu mulêse, ora bisa bêburuh, klakon koncatan pangan.

Sanajan wis têtela uripe kănca cilik mau kanthi rêkasa tur ora nyukupi, ewasamono ora ana kang

--- 12 ---

thukul budidayane kang prayoga. Gêlêm mêncar nalare, nanging marang laku kang ora bênêr, kaya ta: mêmaling, ngutil, ngapus-apusi, ngêmis, iku kabèh tuwuhe saka kêkurangan pangan ora bisa ngreka liyane.

Anaking wong cilik.

Sabab saka kang ditêngênake mung luru pangan, wêkasan wong mau kang dicipta rina wêngi mung iku bae, prakara liya-liyane prasasat ora kèlingan babarpisan. Manawa wis ana sadhiyane pangan kanggo sawatara dina, banjur ngenak-enak têturon, pêpetan, omong-omong utawa dolan, ora pisan gêlêm mikir kang pêrlu ingatase uripe. Dene kang ora duwe tandhon, sabên dina lunga luru pangan. Kang mangkono mau bale pomahan, bojo lan rayate wis ora kopèn. [ko ...]

--- 13 ---

[... pèn.] Saking rêkasane ênggone ngupajiwa, ing sadina-dina kang wadon iya mung têtulung kasusahaning wong lanang, lan ambudidaya anane kang dipangan, ana kang mèlu mênyang sawah, ana kang amèk kêkuluban, banjur olah-olah. Salawase wong wadon mau suwita wong lanang, ora tau olèh piwulang saka bojone, dhèk mèlu wong tuwane iya mangkono uga. Êndi saiki kapintêrane wong wadon.

Ing nalika mêntas sêsomahan, isih mèlu wong tuwane. Lawas-lawas omah dhewe. Maune ora tau mikir apa-apa, ing saiki padha sanalika kudu mikir pangan, omah, dandanan sapanunggalane kang pêrlu ingatase wong omah dhewe. Wis mêsthi ora bisa tumindak, sarèhning kang dipêrlokake mung ngupajiwa, dadi lanang wadon iya mung mikir olèhe pangan, anggêr

--- 14 ---

wis olèh banjur nganggur. Nganti tumêkane anak-anak lanang utawa wadon. Wêktu iku dhuwit ora duwe, tandhon pari, jagung ora ana. Sabab anggêr tandho iya dipangan nganggur, dadi mêsthi êntèk. Măngka carane wong cilik yèn ambayèni, diirita dikayaapa iya mêksa akèh wragade, kanggo ambayar dhukun, kanggo slamêtan lan kanggo nyuguh wong kang padha tilik, luwih manèh mênawa nganggo lèk-lekan, wragade saya akèh. Saking kêkurangane, kang lanang kapêksa golèk wragad, wong wadon kang mêntas duwe anak ana ing omah dhewe. Saking kudu-kudune mitulungi sajroning ngomah, lagi têlu patang dina wis nyambut gawe, nutu, ngangsu, ngumbah-umbahi lan sapanunggalane pagawean caraning desa. Mangane, kawarasane, lan pangganggone biyung sabayine wis ora dirêksa babarpisan. [babarpisan ...]

--- 15 ---

[... .] Sabanjure bayi mau ênggone ngrumati kasambi luru pangan. Amarga saka iku uripe prasasat kêna diarani urip-uripan, pathok uwis didulang lan disusoni iya uwis. Wiwit bayi nganti bisa mlaku, lananga, wadona, tansah ora pisah karo biyung, yèn biyunge mênyang sawah, si bayi iya ana ing sawah, yèn biyunge ngupajiwa ana ing pasar, iya mèlu ana ing pasar, nganti wis rada gêdhe, bisa mlayu-mlayu lan lunga dolan dhewe. Wong tuwane saiki bungah, amarga anake wis kêna ditinggal luru pangan. Bocah kang wis mundhak gêdhe iku ora wiwit diwènèhi piwulang, nanging malah dilêmparakake sagêlêm-gêlême. Bapa biyunge lunga, anake dolan saparan-paran, yèn ngêlih banjur mulih anjaluk mangan, yèn wis warêg lunga dolan manèh. Mênawa bocah mau uwis umur 6 utawa [u ...]

--- 16 ---

[... tawa] 7 taun, banjur wiwit dirèh ing wong tuwane, bocah lanang iya mitulungi pagaweaning bapa, utawa anggarap pagawean liyane, golèk kayu, angon kewan, sapanunggalane. Yèn wong tuwane wis anak-anak manèh, bocah mau ya dikon momong adhine. Dene anak wadon kêpêksa mitulungi biyung utawa nyambut gawe sajroning omah. Saya lawas bocah mau saya mundhak gêdhe. Mundhak kêkuwatane, pitulungane mênyang wong tuwane iya sangsaya wuwuh, dadi wong tuwane kapienakên olèh rewang anake. Ora pisan duwe pikir anake arêp diajarake, lan diwulang kawruh rupa-rupa, kang pêmburine bakal maedahi ing uripe. Wong tuwa melik marang kaskayaning anak kang sapele, kaya ta: bisa luru kayu, ngarit, dêrêp, sapanunggalane kang rèmèh-rèmèh. Bocah wadon iya

--- 17 ---

mèlu bêbakulan biyunge. Yèn biyunge ora duwe pagawean kang mêsthi, anak wadon iya wis ora ana pagaweane.

Kalamangsane wong desa tandur utawa panèn, iku bocah-bocah wadon ana kang ngrewangi tandur utawa dêrêp. Nanging sarèhning akèh wong tuwa kang nganggur, dadi bocah iya arang-arang kang olèh pagawean. Bocah lanang kang wis kapara gêdhe, umur 10 utawa 11 taun, ana kang dadi pangoning liyan, ing sawatara taun bisa olèh pêdhèt. Panêmune wong tuwane anake mau wis monjo, lan srêgêp, dene pagaweane wis olèh pêdhèt, ora ngèlingi yèn ing wêkasane bakal ora lêstari. Manawa wong tuwane ora duwe pagawean kang ajêg, lan ora duwe lêmah, anak-anake iya wis ora nyambutgawe babarpisan, [babarpi ...]

--- 18 ---

[... san,] sadina-dina tansah dolan pating gluyur sakarêp-karêpe, ora pisan dijaga dening wong tuwane.

Ana uga bocah lanang ing padesan kang gêlêm lumêbu sakolah, nanging satêmêne atine dhewe ora karêp, mung kêpêksa dening parentahing wong tuwa. Sarèhning salawase durung tau diêrèh, măngka ana ing pamulangan diparentah kalawan têmên-têmên, piwulanging guru warna-warna kudu disinau, wis mêsthi bocah mau ora duwe sênêng babarpisan. Saking bingunge tuwuh rekadayane bisaa angilari sêkolah, awad-awad lara, tilik wong tuwa lan liya-liyane. Lawas-lawas kêrêp ênggone ora mlêbu, nganti wêgah babarpisan. Ing salawase sêkolah, wong tuwane arang kang gêlêm niti priksa tumêmên lan munduring anake, dalah diapusi iya ora dhêngêr. Marga saka iku ênggone sêkolah durung

--- 19 ---

olèh kawruh apa-apa wis mêtu, ambalèni pakarêmane lawas, sadina-dinane mung kloyongan andurusi sênênge dhewe. Barêng wis dadi wong tuwa, ora duwe kapintêran apa-apa, lagi ngrasa kaduwung, ananging wis tanpa guna.

Bocah Wadon

Samăngsa wis kêna dikongkon, bocah wadon mau iya diparentah ing wong tuwane, kang mêsthi mung ngrewangi olah-olah, lan momong adhi-adhine. Dene pangan kang diolah ing sadina-dinane, ngadat mung sathithik, lan saanane bae. Dadi sanajan bocah wadon mau kongsi lawas ênggone ngolah pangan, nanging iya ora bisa ngolah kang adi-adi utawa kang enak, sabab durung tau mrangguli. Kang ditiru mung kapintêrane biyungne, ênggone ladèn mung pathok [pa ...]

--- 20 ---

[... thok] ana, têrkadhang kurang matêng, kurang bumbu, sapêpadhane. Wong lanang saking sayah lan ngêlihe, utawa sabab kêsusu, apa ladène kang wadon mau dipangan bae, ora pêrlu ngaruh-aruhi, ciptane: mêntah matêng mêsthi mlêbu wêtêng. Sarèhning mangkono kabisaning biyung, si anak ora bisa nyêbal, ora adoh saka biyunge.

Bocah wadon kang dipurih momong adhine, ora ngrêti babarpisan pratikêle kapriye ênggone ngopèni momongane, dadi kang ditindake iya kang wis disumurupi saka biyunge, ngêlih didulang, ngising dicewoki, yèn nangis digendhong, yèn mênêng diumbar, mung iku thok. Bocah cilik kang manggon ing panggonan rêgêd, brangkangan ing panggonan kang mutawatiri, apa manèh dolanan kang ambêbayani, iku wis ora dijaga babarpisan. Biyangne biyèn iya [i ...]

--- 21 ---

[... ya] mangkono. Anggêr wis nurut lêlakoning biyung, anggêpe wis bênêr. Sarèhning kang momong bodho, dadi bocah kang dimong mau iya ora bisa bêcik, ana kang lara sabab tiba, kêgulung, lan sabab saka mêmangan kang dudu mêsthine. Kalakuan watêk lan pakarêmaning bocah akèh padha niru kang momong, samăngsa pamomonge kêmproh, kang diêmong iya kêmproh. Măngka bocah-bocah padha diêmong sadulure, pamomonge mung manut panggarape biyunge. Panggaraping biyung kang diturut dening anak mau: ora bênêr lan ora bêcik, marga saka iku anak-anake kabèh iya ora ana kang kadadeyan.

Bocah wadon anaking bakul, manawa wis bisa, iya dikon bêbakulan, nanging apa wis tau diwulang laku-lakuning wong dol-tinuku, petunganing dhuwit, pamilihing dagangan, sapanunggalane

--- 22 ---

kang marakake bathi, wis mêsthi durung ana kang mulang. Kang dilakoni iya plêk kaya biyunge bae. Măngka biyunge iya ora bisa, dadi sanajan bocah mau bêbakulan kongsi lawas, iya ora bisa mundhak kapintêrane, malah saya lawas saya akèh tunane, wêkasan mari dadi bakul, banjur ana ing omah bae ora karuhan gawene.

Wiwit jêbrol saka guwa garbaning biyung, kongsi diwasa, ora akèh bocah wadon kang olèh piwulang bêcik saka wong tuwane, luwih manèh kang disakolahake ora ana babarpisan. Pamikire wong cilik, bocah wadon kang disakolahake samăngsa wis pintêr banjur gêlêm nglakoni panggawe ala, sabab wis bisa gawe layang, tur akèh akale. Mangkono uga mênawa omah-omah mundhak wani wong lanang. Saking sujanane lan êmohe

--- 23 ---

nyakolahake bocah wadon, anganti bisa gawe undhang-undhang dhewe, sapa-sapa wong wadon kang bisa marang tulisan, iku duraka gêdhe.

Bocah wadon mau ing sadina-dinane mung kêkumpulan karo kancane tunggal sadesa, kang uripe padha bae karo dhèwèke, dadi iya sêpi ing tuladha bêcik. Kalane wis diwasa, wong tuwane nglarangi bangêt mênawa anake kêrêp mêtu saka omahe mênyang tăngga-tăngga, luwih manèh lunga mênyang liya panggonan kang kapara adoh. Kuwatir bokmênawa laku ngiwa utawa disêmbranani wong. Wêkasan bocah mau ora bisa wêruh lan ora bisa mikir ala bêcik, kajabane kang tinêmu sajroning omah. Dhèk isih cilik durung patia rumagang păncadriyane, kêna ana ing ngêndi-êndi, iya bênêr bisa wêruh omahe wong akèh, lan liya-liyane kaanan [kaa ...]

--- 24 ---

[... nan] kang disumurupi, naning[1] durung rumasuk ing ati. Saiki barêng wis mangsane nyumurupi, êndi prakara kang pêrlu ingatase wong wadon, si bocah malah ora olèh lunga-lunga. Têtela uripe bocah wadon mau nalăngsa bangêt, ora diwulang, ora kêkumpulan, lan ora bisa wêruh tuladha, kapriye bisane cukup, pintêr lan bêciking kalakuane, utawa pambêkane.

Salawase mèlu wong tuwa, si bocah uga nitèni marang laku-lakuning biyung, ananging biyunge mau iya dudu wong pintêr, sabab dhèk bocahe iya ora olèh pangajaran, kang dirungu, didêlêng, lan diantêpi dening bocah mau kabèh ora prayoga. Malah ing kalamăngsa sumurup tuladhane wong padu, wong angglêndhêngi uwong, udur-uduran, anggêgadhèkake, utang-piutang sapanunggalane kang dadi ala. Apadene [A ...]

--- 25 ---

[... padene] yèn biyunge dhewe kabênêr padu, si bocah bangêt nyathête ing ati, dadi wong tuwa mau malah awèh tuladha ala.

Ing wayah bêngi sadurunge padha turu, wong desa padha omong-omongan karo tanggane, utawa rêrasan karo kang wadon. Ingatase wong tanpa kawruh, apa kang dirêmbug sajroning jêjagongan, wis mêsthi rêmbuge lalawora. Pangrêmbuge barang pêrlu mung sadhela, banjur ambiyayah omong kang saru, kasar, angrasani alaning liyan. Bêgja-bêgjane bangêt ngrêmbug dongèng ing jaman kuna, prakara jim setan, wong digdaya, wong nyolong putri, wong molah-malih warna lan liya-liyane. Ênggone padha ngrêmbug kaya iya-iyaa, măngka iku angrusakake atine bocah kang ngrungu, sabab ing jaman saiki wis ora ana. Sawênèh padha ngomong bab prakara [pra ...]

--- 26 ---

[... kara] lêlara, suwe-suwe omong dhukun kang pintêr lan mandi, banjur bab tumbal-tumbal, srana, bab wong amèk kasugihan, maguru kadigdayan, utawa golèk-golèk pênglarisan, dadi yèn panuju gêlêm omong-omongan, apa kang diomong ora migunani, malah manawa dirungu bocah bisa uga ambilaèni. Sabab ngrusak pikiraning bocah.

Wong wadon manawa pinuju rêrasan kêna kapasthèkake mung ngrêmbug pangan, banjur ngrasani kang lanang, wong kang wis duwe mantu iya ngrasani mantu lan besane, utawa manèh sok ngomongake pagaweane dhewe ing sadina-dina, wusanane dalah wadine diomongake kabèh. Lah anake wadon apa ora bakal tiru kaya mangkono.

Caraning desa yèn arêp ngomah-omahake anake, ora mêrlokake [mêrloka ...]

--- 27 ---

[... ke] nari marang bocah, gêlêm lan orane, apadene ora dipikir supaya ing têmbe rakêt rukun ênggone bêbrayan, nanging kang diimanake bangêt mung petungan. Wiwite wong tuwane bocah lanang duwe panêmbung marang wong tuwane bocah wadon, anjaluk anake wadon kang jênênge si anu, arêp diolèhake anake aran si anu. Manawa kapanujon ing ati, wong tuwane bocah wadon banjur takon wêtone calon pangantèn lanang, sarta banjur dietungi. Sanajan bocah lanang mau ingatase padesan wis kalêbu monjo kapintêrane, pêthêl ing gawe lan warnane lumrah, yèn petungane tinêmu ala, wong tuwaning bocah wadon iya nampik. Dadi watêk, panguripan, rupa lan liya-liyane kang munpangati ingatase wong bêbrayan ora patia dipikir. Bodhoa, alaa, anggêr

--- 28 ---

tibaning petungan bêcik, iya klakon dijodhokake. Bocah wadon kang isih cilik, lagi umur 9 utawa 10 taun, uga ana kang wis didadèkake pangantèn, si bocah durung ngrêti apa-apa, isih dolan bae, iku saking kasusuning wong tuwa. Mumpung bisa mragadi utawa mung pêrlu melik sumbangan, awit wis akèh ênggone nyumbang mrana-mrana durung tau gênti disumbang.

Bocah wadon kang wis omah-omah

Sawise dadi pêngantèn, kurang luwih saminggu lanang wadon isih manggon dadi siji karo wong tuwane, pêngantèn wadon, banjur ngalih mênyang omahe wong tuwane pêngantèn lanang. Sabakdane iku ana kang têrus mèlu maratuwa nganti sawatara lawase, wusanane banjur omah dhewe, wiwit iku kêpriye kaanane [kaa ...]

--- 29 ---

[... nane] pêngantèn wadon. Ing salawase kêna diarani mardika, lan tansah momoran karo wong kang wis dikulinani, yaiku bapa biyung lan sanak sadulure, saiki kumpul karo wong liya kang durung tau disumurupi, watêk-watêke utawa kêkarêpane, măngka wong mau kang bakal marentah marang dhèwèke. Mulane yèn durung lawas ngadat pikire sing wadon durung jênjêm, kaya-kaya ora krasan manggon dhewe, sênêng kumpul wong tuwane bae. Apa manèh mikir êndi kang pêrlu dilakoni ana ing omah, iku banjur sangsaya bingung. Ewadene ati putêk mau bisa kaslamur utawa ilang, amarga adat kalumrahane, manawa durung lawas dadi pangantèn iku prasasat isih diêmong dening wong tuwane, kongsi sasasi rong sasi durung diiri pagawean, pangane dirêngga, sabên dina mung kloyang-kloyong bae, tilik mênyang wong tuwa-tuwane [tu ...]

--- 30 ---

[... wa-tuwane] utawa sanak kadange, lungane sakloron, lawas-lawas rikuh lan wêdining wong wadon bisa ilang. Dadi wanuh bêcik kaya sadulur.

Wiwit samana kang lanang iya wis gêlêm marentah marang kang wadon, bab anjaluk ladèn utawa liyane. Kang wadon wiwit amanut lan anjaga wong lanang. Sakarone padha mong-kinêmong akanthi sabaring ati, lawas-lawas dadi kulina. Yèn wis mangkono, iku kang banjur akèh pangkalan utawa alangane, andadèkake ora lêstari. Manawa wis bêbojoan lawas, lanang wadon wis mêsthi wêruh marang bêbudène, ing kalamangsane kang lanang luput, sing wadon wani nutuh lan ngumpah-umpah, luwih manèh manawa wong wadon kang luput, ora sarănta, kang lanang banjur nglabrag wani. Yèn wis tau padu sapisan, adat ora bisa mari, nanging malah andadi. Saya lawas saya [sa ...]

--- 31 ---

[... ya] pinggêt atine, wusanane cêcongkrahan, dadi pêgatan. Wong wadon iku dadi wajibing wong lanang, mulane yèn wis duwe bojo, saking ngadi-adine lan kadêrênge, kawêtu panjaluke marang sing lanang, arupa sandhangan, rêrêngganing panganggo, utawa prabot paturon. Wusana kang lanang ora bisa nuruti, dadi wong wadon pinggêt atine, anjalari weyaning lêladèn. Kang lanang sumurup sudane bêktining sing wadon, ora kanthi dinalar dhisik banjur srêngên, saka dhadhakan mangkono wusanane iya banjur angămbra-ămbra, ilang katrêsnane lan rukune, dadi pêpisahan. Sawênèhing wong lakirabi, ana kang pancèn satêmêne ora sênêng marang bojone, ênggone gêlêm nglakoni mung saka dipêksa dening sing tuwa. Kang mangkono iku wiwit kumpul wis ora dhêmên, sabanjure tansah luru-luru

--- 32 ---

dhadhakan, amurih bisane pêpisahan, mulane iya kêlakon.

Aliya saka kang kacaritakake mau, isih akèh alangane wong salakirabi, kaya ta: marga saka ngrêmbug barang rèmèh dadi kaliru tămpa, ana kang sabab sing lanang royal, ana manèh sabab kang wadon katarka laku ngiwa, lan liya-liyane. Sawise kalakon pêgatan, kang kêrêp dadi rasan ala mung bocah wadon, luwih-luwih mênawa nganti laki ping pindho ping têlu isih pêgatan manèh, sangsaya dadi pocapan. Ana sawênèhing wong jêjodhoan, salawase tansah rakêt rukun, iya lumrah ingatase lêladèn lan kêkumpulan iku ana kaluputane, nanging mung sawatara, lan ora dadi nêpsune salah siji. Ewasamono iya bisa kalakon pêgatan, amarga ana kalane maratuwane ora sênêng [sê ...]

--- 33 ---

[... nêng] marang mantune, anake kêrêp diicuk-icuk mungsuha marang bojone, lan disumurupake utawa dijak ngrasani alaning bojone mau. Sanajan pambujuk iku wiwitane ora migunani, nanging saking tlatèn lan busuking anake ing wêkasan kalakon sêdyane si tuwa. Malah saking sêlak kêsusune ora sênêng marang mantune, anake sanalika dipêksa pisaha karo bojo, dikon manggon dadi siji manèh karo wong tuwane.

Lêlakon mangkono iku kabèh, sanajan têtela ala, saru, rusak uripe, apa manèh gawe pituna, jalaran duwe gawe utawa pêgatan iku kanthi wragat, ewadene akèh wong kang nglakoni. Malah ana salah sijining panggonan, wonge wadon mèh ora ana kang omah-omah mung sapisan, apêse ping pindho. Ana manèh [ma ...]

--- 34 ---

[... nèh] kang omah-omah nganti ping nêm, utawa ping pitu, yèn pinikir kang satêmêne, kang padha pêgatan mau iya nyata saru, ananging durung mêsthi luput. Manut sêsorah ing ngarêp, sing bocah wadon suwitane wong lanang tanpa kapintêran, ora wêruh kawajibaning wadon, sabarang kang disêdya ora gêlêm dipênggak, cuwa lan jèngkèl manawa ora kêturutan. Ênggone ngladèni kang lanang mung disambi-sambi bae, awit ora wêruh mêsthine. Budine kasar, ora sabaran, lan ora bisa nahan hawa murkaning ati. Kang dadi bojone iya kaya mangkono, sabab iya ora pêngajaran, sanajan wêruh bêbudène kang wadon kaya mangkono, ora bisa mulang utawa nênuntun amrih bêcike, malah dhèwèke animbangi brangasan. Sungkan kasoran, lan kudu arêp ngêpak marang kang wadon, ora kêna ora kumpule

--- 35 ---

mêsthi tansah udur arêbut bênêr. Sabab padha dene cotho ing panêmu, ora bisa nimbang-nimbang, wong lanang mung tansah pêgêl andêlêng kaliru lan luputing bojo, anggêpe wong lanang iku kuwasa, măngka sajatine ora dhêngêr mungguh wajibe mêngku wong wadon. Karo-karone wis rumăngsa bênêr, mulane ora ana kang gêlêm ngalah.

Kabèh mau mung saka lupute sing tuwa, sabab ora mulangake anake dhèk cilik, ing samăngsa anake wis tuwa padha nandhang kasusahan lan karusakan, ora ngêmungake anake bae, saiki wong tuwane iya mèlu susah. Sabodhon-bodhonaneya, yèn anake wadon padha lêgan, wis mêsthi dadi pikiran. Samăngsa ana wong pagatan[2] sanajan ora sangkutan apa-apa, tăngga-tanggane lan sadhengah kang wêruh iya pêrlu mêrtakake, lan ngurus apa sababe. [sa ...]

--- 36 ---

[... babe.] Nganti tăngga desa kang adoh-adoh padha ngrungu kabèh. Nalikane kabar-kinabaran, wangsulane wong kang ditakoni ora nyata, sabab olèhe iya saka gêthok tular, ewasamono kang diwangsuli iya nrima lan ngandêl bangêt.

Manawa kabaring akèh ênggone pêgatan marga saka luputing wong lanang, iku ora dadi apa. Balik saka lupute sing wadon, iku kang andadèkake kasusahan. Sanajan pawarta mau durung yakin, ewadene wong kang ngrungu wis padha mêsthèkake, dadi ora gêlêm ngalap răndha mau. Kongsi lawas ora omah-omah manèh. Saking susahe sing tuwa, kabênêr ana kang nakokake anake, ora kanthi pinikir dawa banjur angrujuki bae. Sawise klakon ana manèh cacade mangkene mangkono, lan banjur pêgatan, [pê ...]

--- 37 ---

[... gatan,] iku sababe wong wadon ênggone omah-omah bola-bali ora bisa jodho. Kongsi ana siji loro kang kêbanjur ora payu laki amarga dening murang sarake. Sawise dadi lêgan polah tingkahe ora wuwuh bêcik, nanging malah sangsaya saru, angluwihi dhèk duwe bojo. Panganggone kêrêp solan-salin, karêpe aja kongsi diina ing liyan, wusanane malah disujanani tinarka duwe laku sèdhèng.

Pamrayoga

Sanajan ora padha pêgatan, wong lakirabi kaanane saiki isih akèh kang durung têntrêm, ing kalamăngsa sok udur-uduran, utawa wong wadon purik mênyang omahing wong tuwane. Kang mangkono iku asale mung marga saka sêling [sê ...]

--- 38 ---

[... ling] surup lan dhadhakan kang sapele, ora ana kang nyulang-nyulangake, dadi kêbanjur-banjur andurusi kanêpson. Mungguh sajatine wong omah-omah lan lakirabi iku kang kudu kuwat lan dadi pangarêp iya wong lanang. Têgêse kang murba misesa bojo sarayate kabèh iya wong lanang iku, dadi samăngsa kang kajibah mangkono wis ora mraduli, wêwêngkone iya dadi bubrah, wêkasan rusak uripe.

Wong lanang kudu ngupajiwa, apa olèhe dipasrahake marang bojone. Sing wadon kang nindakake lan rumêksa kabutuhan ing sadina-dina, asarana nganggo dhuwit pêkahe sing lanang mau. Pirangbara wong wadon bisa reka-reka mitulungi kabutuhan sawatara amurih ènthènging guru laki. Orane jangji wis bisa ambage apa kang ditămpa iku bae wis aran cukup. Aliya

--- 39 ---

iku sarèhning wong lanang wus abot ênggone luru pangan, dadi kang mranata rêsik lan prayogane sajroning omah iya wong wadon iku, apa kang pêrlu kanggo, lan apa kêkurangane kabèh wong wadon mêsthi mêruhi.

Ora gampang lan ora sabên wong anêtêpi wajibing wadon, ana wong mulang anake wadon amrih lêstarine bêbojoan, nanging pitutur mau anjupuk tuladha saka dongèng jaman kuna, bab diwayuh akèh, mara andhodhok mundur andhodhok, yèn kang lanang têka saka lêlungan, sikile diwisuhi lan diusapi nganggo rambut. Piwulang mangkono iku ora tumănja babarpisan marang wong wadon, awit kajaba ora ana èmpêr-èmpêre karo jaman saiki, kang dicaritakake mau dudu wong sapêpadhane, mulane ora patia dipikir. Para Eropah [Ero ...]

--- 40 ---

[... pah] racak wonge wadon dhèk cilike padha sinau, mulane sawise omah-omah, ora jiguh ênggone mranata padunungane, lan sumurup marang rêkasaning wong lanang kang anggolèkake pangan lan kabutuhan, wusana sing wadon rumêksa bangêt marang guru lakine. Kang lanang iya mangkono, sarèhning rumăngsa dirêksa, apa manèh wong wadon wis kêna diculake, anyukupi panatane sajroning omah, dadi tansah trêsna marang kang wadon mau. Dadi arane wis timbang, apadene padha dene trêsna, mulane mèh kêna diarani arang-arang ana băngsa Eropah kang pêgatan. Mênawa ana wong salakirabi kang cêcongkrahan, arêbut bênêr, wis mêsthi banjur diadili, êndi kang luput iya banjur narima. Seje karo băngsa Jawa kang durung pêngajaran, yèn wis padu, dikalahake, mêksa ora gêlêm, dipilaur bubrah ênggone [êng ...]

--- 41 ---

[... gone] rêrayatan, luwih manèh wonge wadon. Sarèhning wis kêbanjur bodho, kapriye rekadayane amurih wong wadon bisa mranata bêcike sajroning omah, lan bisane nêtêpi wajibe.

Prakara iki ora liya wong lanang kang duwe bagean, ing sagadug-gaduge, wong lanang aja kêndhat amituturana marang kang wadon, anganti bisa ambuwang luput lan kalirune. Racak-racake wong wadon padha lantip, aja manèh yèn diwulang kalawan urut lan cêtha oraa bisa, dalah sêmuning polatan bae ngadab[3] bisa nampani. Supaya piwulange bisa cumanthèl, lan kang diwulang aja kaliru tămpa, kang pêrlu bangêt wong lanang kudu anyumurupi watêking wong wadon.

1. Mèh sabên wong wadon ora bisa nyimpên wadi, anggêr krungu rêrasan, alaa bêcika iya bakal ditularake,

--- 42 ---

têrkadhang kang dirungu mau ênggone ngomong-omongake diundhaki utawa disuda, nganti beda bangêt karo kanyatane, wusana kang ora sênêng ngarani wong mau dobol lambene utawa gatêl cangkême. Dadi wong lanang aja pisan-pisan angajak rêrasan karo bojone bab kalakuaning liyan, lan iya anjagaa, aja olèh wong wadon kêkêrêpên ngendhong, têgêse lunga kang tanpa pêrlu. Sabab pikolèhe wong endhongan iku suwe-suwe mung rêrasan ala, tur agawe pituna ing omahe dhewe, yèn kabênêr nyambut gawe, wong kang diendhongi mau kêpêksa ninggal pagaweane mêrlokake nêmoni, dadi pangendhonge agawe pitunaning liyan. Marga ora dijaga lan ora digrètèhi dening guru laki, anganti wong wadon kêbanjur-banjur ênggone [ênggo ...]

--- 43 ---

[... ne] padha rêrasan karo kang dikumpuli, barêng kêkurangan kăndha, nuli ngandharake wadine dhewe. Saking kêrêpe omong-omongan, ing nalika ngrasani lan mêdharake wadi mau kaya-kaya ora disêngaja, mulane sok kawêtu kabèh, wêkasan bisa nuwuhake kawirangan lan kasusahan.

2. Watêking wadon cugêtan atèn lan isinan, samăngsa ngrungu basa kang kasar utawa saru, apadene kang nacad marang awake, ora sarănta kudu arêp anglawan, marga saka sêriking ati lan wirange, manawa ditimbangi sêrêng wong wadon amêsthi nekat. Mulane poma yèn wong lanang arêp nyênthok utawa ngowahi luputing wadon, diarah-araha tumibaning pitutur lan panyeda mau yèn lagi lêga atine bênêr mangsane, kang sumèh wicarane, lan kang sarèh tandange, luwih prayoga mênawa [mê ...]

--- 44 ---

[... nawa] ênggone nuduhake kaluputan mau ora dicêplakake, nanging kanthi pasêmon utawa tuladha liya. Kaya ta yèn wong wadon arêp ngendhong, sawise pamit măngka wong lanang ora ngrujuki, banjur diwangsulana: iya bêcik, nanging kiraku ora katêmu, sabab aku ngrungu, jare ing dina iki lagi lunga mênyang anu. Tinimbang mêngko kêcêlik, bêcik êmbèn-êmbèn bae. Utawa prayoga diwangsuli: aku mupakat, nanging sabab mêndhung, utawa sabab ing kana lagi anu, anu, sapêpadhane wangsulan kang bisa murungake karêpe ora kanthi sêrik. Mangkono uga yèn arêp nyêgah pikarêp liya-liyane. Kang kêrêp kalakon, lan kang kêrêp andadèkake anjarêm mênyang atining wong wadon iku yèn dicacad lêladène. Sarèhning sakabèhing kawruh ora ana [a ...]

--- 45 ---

[... na] kang dhamange ngungkuli kawruhe bab olah-olah, dadi pangirane mêsthi bênêr lan cukup enake, wusana dicacad, iku anjalari tatuning ati. Manawa wong lanang kabênêr mangan ladèn kang ora enak amarga saka weyaning pangolahe, yèn arêp nuduhake utawa nacad akanthia ngasorake awake dhewe. Kaya ta jangan kang cêmplang, kakandhakna: awakku kok rada ora kêpenak, tandhane wêtêng ngêlih, nanging mangan ora karasa enak. Cangkêmku kanggo mamah sêga ora ngrasakake apa-apa, mangan jangan iki rasane cêmplang, coba kowe mangana, yèn ora kêrasa kaya aku, wis mêsthi aku kang rada lara awak. Saka tarekah mangkono, wong wadon kêlawan dhangan ênggone ngicipi pangan, sarta ora susah dituduhake êndi kang luput, samăngsa wis mangan, wong

--- 46 ---

wadon mau mêsthi banjur wêruh olah-olahane kang ora kabênêran.

Manawa ora ana pralambang utawa pasêmon kang kêna digawe mulang, iya kêna uga wong lanang nuduhake ala lan luputing wong wadon wantahan bae, têgêse apa kang dadi cacade kapratelakna, ananging sadurunge kawêtu, wong lanang kudu mikir dhisik kang dadi sababing luput, manawa wis têrang undêrane pancèn saka wong wadon, saupama dinêngake bae bakal ambilaèni lan nyilakani, lah ing kono wis sêdhênge ditêrangake.

Pitutur marang wong wadon iku kajupuka sapêrlune bae, nêrangna laku kapriye, kêdadeyane kêpriye. Wong lanang kang dhasar bangkit, waskitha marang pasang sêmuning wadon. Siji-sijining wong wadon duwe piyandêl dhewe-dhewe, ana kang wêdi marang agama, ana kang wêdi marang sumpah,

--- 47 ---

ana kang wêdi marang wong tuwa, sawênèh wêdi marang dhêdhuwurane. Dadi amurih gampang manute, pitutur mau wêkasane kêkanthènana mangkono, yèn wong wadon ora anggugu, mêsthi cilaka saka anu, yaiku kapilihna êndi kang diwêdèni salah sijine, kang kasêbut ing dhuwur iku.

3. Lăngka wong wadon kang bisa mranata barang-barang isining omah, mulane sadurunge dilakoni dening bojone, wong lanang aja pakewuh, ngêmèka dhewe, utawa mrentah bature, nanging nalikane nata-nata mau kudu kang wadon nyumurupi, luwih prayoga manawa dikon ngrewangi. Karo nyambut gawe iku kang lanang ethok-ethoka anjaluk timbangan marang kang wadon, apa bêcik yèn barang iki didèlèh kene, prêlune anu. Lan iki apa prayoga ana ing kana, supaya anu.

--- 48 ---

Sarèhning ora ngrêti apa-apa, sapitakone sing lanang, wong wadon amêsthi mung ngêgongi bae. Sukur manawa bisa awèh wangsulan, ngowahi karêping wong lanang, akanthi nyatakake sababe kang patitis. Sarana trekah mangkono wong wadon gêdhe atine, amarga ngrasa pintêr, tandhane dijaluki timbangan bojone, nanging batine nyathêt lan nênitèni pagawean kang lagi digarap iku. Sarèhning isèn-isèn sajroning omah iku warna-warna, apa manèh ênggone ngrêngga ora kêna kapasthèkake, mulane yèn mulang bab iki ora rampung sadina rong dina bae. Sabên mangsane nganggur, wong lanang niti priksaa, êndi kang arêp dipranata, lan êndi kang ora pantês banjur katuduhna marang wong wadon, tumuli kagarap kapriye bêcike. Lan aja kêlalèn rewa-rewa

--- 49 ---

anjaluk muphakat, kaya ta: apa prayoga ing kene didèlèhi canthelan. Apa bêcik yèn ing kene ana sampirane. Gambar kae arêp dak pasang ing kana apa patut. Lah iki kathok rêgêd, apa yèn dikumbah saiki bisa garing. Sênthir iku kok ana ing ambèn apa arêp kanggo. Jogan iki apa mau durung disaponi, kok rêgêd. Pitakon mangkono bae wis mêsthi wong wadon ngêrti yèn karêpe wong lanang prentah. Ewadene yèn mêksa ora nyandhak, iya katêrusna pisan, upama: arit iki wis dak dèkèk ana ing pagêr kana, saiki têka ana ing meja, apa arêp diênggo, mara balèkna kana bae. Payung kang diêpe kae manawa wis garing êntasên, banjur dèlèhna ing plangkan, sabab adêge ana ing kana. Sabanjure manawa wong

--- 50 ---

lanang talatèn nênuntun, parentahe aja sarana songol, têmbunge aja ana kang kasar, luwih manèh bisa amèk-amèk ati, wong wadon amêsthi miturut kanthi sênêng, malah bisa wuwuh trêsnane marang sing lanang. Wusana tansah anjaga amrih sênênging bojone, dadi gêlêm mikir lan niru kang wis diwulangake supaya bungaha. Lawas-lawas pituturing guru laki kacakup kabèh, saiki pangarêp-arêpe sing lanang wis kasêmbadan, wong wadon ora kanthi diparentah, amêsthi bisa lan gêlêm mranata sajroning omah. Wong wadon manawa wis ajêg gêlêm mranata sajroning omah, kalamăngsa sok tuwuh rekane, muwuhi rêrênggan utawa pangaturan mêtu saka akale dhewe, pamurihe supaya dialêma, lan nêdya agawe bungahing bojo. Marga saka iku, sanajan olèhe reka-reka [reka- ...]

--- 51 ---

[... reka] mau durung bênêr utawa ora bêcik, wong lanang iya ngalêma, lan ngaranana bênêr. Mung wêkasane bae diimbuhana têmbung: nanging .... Kaya ta: bênêr yèn lêmari iku kodèlèhi slèmèk daluwang, lan pinggirane daluwang diguntingi mangkono iku dhasar dadi asri, cacade guntingane iku kang kurang alus, upama alus saiba bêcike. Têmbung kang mangkono iku surasane rak nacad marang guntingan, wong wadon iya wis ngêrti, nanging ora lara atine. Pêmburine gêlêm reka-reka manèh, lawas-lawas reka utawa pratikêle kabênêran kabèh. Padha dene nacad nanging upama têmbunge mangkene: ah, wong durung bisa bae kok reka-reka, guntingan daluwang kaya mangkono iku kasar, ora patut gawean uwong. Ukara iki iya nacad, nanging saking bangête lan wantah [wa ...]

--- 52 ---

[... ntah] bae, wêkasan wong wadon lara atine, sabab sêdyaning atine olèha pangalêmbana saka sing lanang, wasana ora, malah-malah diewani. Wong wadon dadi isin mungkrêt kêkarêpane, ing sabanjure ora gêlêm ngreka apa-apa manèh. Yèn ora diparentahi, iya ora gêlêm tumandang ing gawe, kuwatir bokmanawa diceda kaya kang uwis. Dadi sabab saka wong lanang luput ênggone ngabani, ing wusana gawe pituna lan kangelan dhewe.

Pangrêksa

Kajaba awèh pitutur, ana manèh kang pêrlu pangrêksaning wadon. Sarèhning kacêkakên nalar, lan wis kêntekan rekadaya kang kanggo mulang wong wadon, wêkasane wong lanang anuduh-nuduhake [anuduh-nuduha ...]

--- 53 ---

[... ke] kangelane, lan mratelakake samubarang kang wis diwènèhake, utawa dirilakake marang bojo, cêkake wong lanang banjur ngundhat-undhat, iku ora prayoga bangêt. Sapira bae nalăngsa lan asoring wong wadon, ing nalika isih bocah dipêksa lan karèh ing wong tuwane, barêng wis omah-omah banjur karèh ing bojo, yèn duwe karêp apa-apa kudu ngêntèni idin. Lah besuk apa bisane wong wadon ora ana kang ngêrèh. Ewasamono wong wadon iya gêlêm nglakoni. Kajaba manut kalumrahan, dhèwèke rumăngsa yèn sandhang pangan lan kajèn keringane saka wong lanang. Dadi ora susah dilairake, sabên wong iya wis sumurup. Mulane yèn wong lanang nganti kawêtu panguman-umane, iku ngadhul-adhul wadine dhewe. Kaya apa pinggête atine [ati ...]

--- 54 ---

[... ne] wong wadon kang kataman ing pangundhat-undhat mau. Kang sapisan eling ênggone dadi sor-soran, kapindho rumăngsa cotho panguripane, nyandhang mangan saka pawèwèhing bojo, wusana banjur kaduwung ênggone gêlêm rêrayatan, lan kèlingan lêlakone wiwit cilik mula, nyipta tansah dadi gawening liyan, pikire karănta-rănta. Luwih manèh manawa awit bocah nandhang kasangsaran, apa kang tinêmu ing awake biyèn sanalika kagambar ana ing pangangên-angêne, kaya-kaya isih cêtha wela-wela, wêkasan wong wadon mau ngênês. Atining wong wadon diarani ati malam, têgêse: gampang kaku utawa nêpsune, lan iya enggal lêmês utawa lilih, kadadeane kang mangkono mung walak-walak panggawene sing lanang. Băngsa Jawa kabèh ngrasa, yèn wong lanang diarani: ămba jangkahe, lan lêpas parane [para ...]

--- 55 ---

[... ne] yèn ditimbang karo sing wadon. Mulane kang tanpa nalar, anyawiyah bangêt marang bojone, panganggêpe kaya marang batur tukon. Yèn parentah saêdêg sanyêd kudu kalakon. Karêping bojo kang ora nocogi dipênggak sanalika kalawan têmbung sora. Ananging yèn karêpe dhewe dielikake, sanajan têtela wong lanang kang luput, iya isin mundur, malah srêngên amurang-muring. Yèn pinuju akèh kang dinalar, ing măngka bojone duwe panjaluk apa-apa, iya banjur nêpsu. Saking arêp-arêpe ngatokake gagah lan karosane, apa manèh rumăngsa dadi pangarêp, kêna nindakake saksiring ati: jujuling angên-angên kaduk nêpsune, kang wadon dipilara, ana kang digêbugi, ana kang ditêndhangi, sawênèh diulêng-ulêng kanthi dipisuh-pisuhi. Paukuman kang tumiba ing wadon kaya mangkono [mang ...]

--- 56 ---

[... kono] iku dudu mêsthine. Saupama kongsi kalaran, gêdhene katiwasan, sapa kang kangelan,[4] iya awake dhewe. Watêk siya lan nyawiyah sapadha-padha iku alaning ala, mratandhani budine kasar, lan ora duwe kawêlasan, luwih manèh siya marang bojo, iku kêna diarani tanpa utêk.

Sajroning wong wadon diwêngku ing bojo, ora bakal kèlingan marang wong tuwa utawa sanak sadulure, kang dadi têlênging ati mung guru laki. Samubarang kang dilakoni ora bakal ngungkurake wong lanang. Pilaur awake dhewe kurang, anggêre cukup bojone. Kang mangkono iku sabab rumăngsa awake kapurba kawisesa, dadi manawa ana karêpe, ora kêna ora mêsthi anjaluk marang sing lanang. Kaya ta: sandhangan, dandanan, sapanunggalane. Saupama barang

--- 57 ---

kang sinêdya wong wadon panjaluke marang liyan, bokmanawa wong lanang muring-muring, kang wadon didakwa laku kang ora bêcik. Amarga saka iku, manawa wong wadon duwe panjaluk, bisa anuruti oraa, poma wong lanang aja nêpsu. Yèn dhasar bisa lan pêrlu, panêmbunge wong wadon mau dilêksananana kanthi sumèhing ulat. Dene yèn ora nglêgani wangsulane kang sarèh, kang patitis kongsi mêdhaking atine bojo ora nganggo cuwa. Măngka kaanane ora mangkono, sadina-dinane wong wadon kêpêksa anjaga bojone, aja nganti muring-muring. Yèn bojone lêlungan, ing mangsane mangan măngka durung bali, wong wadon ora gêlêm mangan dhisik, ngêntèni têkaning bojo. Wong lanang kang lunga ora pisan mikir yèn bojone bêkti kaya mangkono, ênggone ninggal mangan ing omah ora gêlêm tutur, [tu ...]

--- 58 ---

[... tur,] agawe kapiran lan panganti-anti. Sanajan caraning desa wong wadon dadi bawah parentahe bojo, ewadene sing lanang ora mraduli. Pangane, sandhange, sapanunggalane ora disêdhiyani. Malah ana siji loro kang dikon luru dhewe. Guna kayane sing lanang arang-arang tămpa, sabab kanggo andurusi pikarêp. Wong wadon bangêt pangarêp-arêpe marang pawêtune sing lanang, dijagakake kanggo kabutuhan. Glèthèk pêthèle barêng wis têkan mangsane tămpa, wong wadon mung tămpa angin lan tămpa petung thok, wujude wis ora ana. Dadi wong wadon mau dikon nurut saprentahe, ora dicukupi sandhang pangane. Sawênèh ana kang dijaluki, apadene dikon nyambi mranata sajroning omah lan momong anake, apa kang mangkono iku wong lanang ora aran siya [si ...]

--- 59 ---

[... ya] lan nyawiyah wong wadon. Wis mêsthi bae, wong wadon trêsnaa dikaya apa, lan pintêra anjaring angin, manawa kaya mangkono panganggêpe lan pamêngkune sing lanang, katrêsnane lawas-lawas sirna, bêkti lan wêdine malih dadi gêthing lan murang tata. Sumungkême marang guru laki wusanane dadi sungkan, pangemaning wong wadon salin panguman-uman, ilang pangarêp-arêping wadon, tangèh bisane olèh pitulungan, wusana wong lanang ènthèng bobote.

Wong lanang iku tumrape sajroning omah prasasat ratu, kudu mêngku lan ngawruhi omah sawawêngkone, apadene bisa mranata lan ngadili bojo sarayate kabèh. Samăngsa ratu kurang adil, nindakake sawênang-wênang, ora mikir marang wawêngkone, kang dituruti hawa kamurkaning ati, wis mêsthi laladane rusak. Wong lanang kang nyapèlèkake [nyapèlèka ...]

--- 60 ---

[... ke] marang wong wadon, iya mangkono uga, uripe tansah kêtula-tula, sajroning omah ora bisa jênjêm, têmahan karusakan.

Lumrahe wong wadon cilikan atèn, kêrêp wêdi marang prakara kang ora bêbayani. Nanging gathekan, yèn krungu kabar apa-apa kang mèmpêr karo sadhengah sing diwêdèni, pikire banjur nyamut-nyamut. Sarèhning ora kêlair, panêmune kang ambiyayah mau tansah kèlingan. Ora ana kang ambênêrake, ing wusanane anggêringake awak, utawa ngêndhokake sêdya kang bêcik, marang pagawean iya kurang srêgêp, nalare sasar-susur. Upama wong wadon krungu kabar bocah cilik tiba banjur mati, măngka duwe anak cilik, wis mêsthi sanalika iku uga pikire sar-saran, kuwatir bokmanawa anake tumiba ing bilai kaya kang dirungu, saking samare, nganti

--- 61 ---

anake mau ora kêna pisah lan awake, ora gêlêm mracayakake marang liyan, sadina-dina tansah eling kabar mau. Saupama kalimput ing pêrlu liya, anake iya bisa pisah, samangsane wis kèlingan, ênggone anggolèki anake wis kanthi uwas. Dadi sabab saka kabar sapele, bisa angrusakake atining wong wadon. Kang iku aja pisan-pisan wong lanang angabarake prakara kang sakira gawe uwas. Manawa bojone mau wis kêbanjur krungu saka ing liyan, iya ora dadi apa, nanging enggal kasumurupna, yèn wadining bilai mau marga saka inane dhewe, kurang anu, kurang anu, sapêpadhane. Yèn wis bisa anggone nêrangake, wong wadon mêsthi ora kêbanjur uwas. Wong Jawa duwe bêbasan: sing sapa uwas iya tiwas. Bêbasan iki dhasar mathuk tur nyata, ati uwas utawa samar ana [a ...]

--- 62 ---

[... na] ing ngêndi-êndi ya tansah kêrasa, kacithak ing utêk, si ati tansah kêdhêr, angowahake lakuning gêtih, lan ngowahake urat utawa anggota. Wusana sabarang kang digarap kurang sampurna, sacalathu-calathune ora cêtha, tumindake kurang pangati-ati, amarga wis kanthi uwas, ora wurung iya katiwasan.

Bagean lan peranganing awake wong wadon iku luwih ringkih tinimbang pawakaning lanang, mulane kêkuwatane iya kurang, têgêl lan kêndêle ora nyandhak wong lanang, kêndêling pikir mung sathithik bangêt, samăngsa kakehan pikir, luwih manèh kataman ing kasusahan, ora patia kuwat nahan, bisa uga ngowahake saranduning awak, wêkasan dadi lara. Mulane wong wadon dirêksaa, aja kongsi cilik atine utawa maras. Luwih manèh panjagane marang wong

--- 63 ---

kang lagi mêtêng. Gugon tuhone akèh, manawa ana wong mêtêng nyêngit marang kalakuan utawa salah sijining kawujudan, măngka sêngite mau bangêt kongsi têrus ing ati ora ilang, ing têmbe anake sok tiru mangkono. Piandêl mêngkono iku durung mêsthi nyata, ananging prayoga dadi pangeling-eling. Ora ana bêcike wong sêngit lan ewa ing liyan. Mangkono uga wong kang duwe sêsêngitan, urat kang kanggo mikir mêsthi tansah isi utawa kanggo ngangên-angên sêngitane mau, urat ora ngaso-ngaso, andadèkake owahe, wêkasan nyuda kawarasan. Tumraping wong mêtêng, kabèh saranduning awak mêsthi padha owah, amarga saka manthênge kanthongan sajroning wêtêng, kang isi bayi. Urat-urat kabèh iya wuwuh manthêng, samăngsa bangêt nyêngite marang sawijining wujud, saka urat kang kanggo mikir [mi ...]

--- 64 ---

[... kir] gampang bangêt tular-tumulare marang urat liyane. Sêngitan kang tansah kacipta, ora ilang-ilang kaya maujud ana ing utêke, nganti ngowahake urat liyane, wêkasan numusi marang bêbayi, dadi ana èmpêre yèn bayine bisa tiru. Wong mêtêng aja olèh anyambut gawe kang abot-abot bangêt, sabab bisa uga ngrusakake urat. Utawa ngowahake panggonan bayi, nanging iya aja tansah nganggur utawa têturon bae, yèn mangkono otot gantelan bayi dadi tansah wulêt, têrkadhang samăngsa ngarêpake manak, andadèkake suwening laire, awit urat gantelan bayi ora pêdhot tumuli. Prayogane ing sadina-dina iya dikona ngobahake anggota, nanging aja kaduk, iku ora marakake aras-arasên, tur ing têmbe laire bayi kalawan gampang. Luwih manèh wong

--- 65 ---

kang wis mêtêng tuwa, dirêksaa aja nganti nyambut gawe, sabab kandhutane wis abot, samăngsa nyambut gawe rêkasa, bisa uga ambilaèni. Pagawean abot lan susahing ati, bisa agawe gogroging bayi. Mulane wong padesan akèh kang padha kaluron, amarga akèh kang kasusahan lan kabotan pagawean.

Aliya iku wong mêtêng aja kongsi ngrungu kabare wong konduran, mundhak andadèkake uwas, wêkasan tiwas têmênan. Yèn wis kêbanjur krungu, katêrangna tumuli jalaraning konduran. Nanging prakara kang dilakoni dening sing wadon sajroning mêtêng, aja digawe nyababake.

Pigunaning wadon

Omah-omah iku wajib ingatasing [ingata ...]

--- 66 ---

[... sing] wong urip. Wong lanang kang dadi ratune, wong wadon minăngka patih, saupama kêris warangkane. Panggawean kang dikarsakake ing ratu, kudu karêmbug lan katindakake ing patih. Ratu kang masesani, patih kang mranata lan ngawruhi ing sawêwêngkone. Mangkono uga tumraping bêbojoan, wong wadon kudu ngawruhi thêk kêliwêre omah. Ora cukup ngawruhi bae, nanging iya kudu nindakake lan ambudidaya amrih bêcik lan tata. Wong wadon prasasat dadi pangawat kiwa têngên tumrape sing lanang, mulane wong lanang angatokna pitulunganing bojone kalawan bungah. Pintêra, cukupa, dikaya apa, yèn wong lanang koncatan wong wadon, kaya ratu koncatan patih, wis mêsthi cotho têmênan. Sanajan bangêt bodhone, sarèhning wis lawas akêkumpulan, wis mêsthi wong lanang bisa nyumurupi,

--- 67 ---

karêpe sing wadon, wêkasan bisa nênuntun marang dalaning karahayon. Sabêcik-bêcikane ratu duwe patih anyar, aluwung nganggo patihe lawas, kang wis dikulinani ing kawulane. Mangkono manèh wong bêbojoan, ora ana bêcike ambuwang wong wadon kang wis dadi bojone, banjur omah-omah olèh wong liya. Kajaba sathithik-sathithik wis nindakake laku ambangun turut, wong wadon kang wis lawas dadi bojo iya wis akèh kabêcikane marang kang lanang, lan wis wiwit nênitèni pakarêmaning guru laki, kang bisa lan prayoga iya gêlêm nyawisi. Balik bojo anyar, apa mangkono, lagi katêmu lan omong-omong bae wis rikuh, luwih manèh diparentah, wis têmtu ora bisa bênêr tumuli. Sing sapa karêm bola-bali salin rayat, amêsthi tumiba ing karusakan. Wong lanang kang wis jênjêm ênggone

--- 68 ---

rêrayatan akanthi sabar narima, uripe tansah kapenak, sugiha, miskina, arang tumiba ing kasusahan, samubarang karêpe bisa sêmpulur, ora ngăngsa-ăngsa kapengin kang elok-elok. Ratu cidra angrusakake kawula, lan ora diasihi dening bawah parentahe. Wong lanang kang nyidrani marang bojo, iya marakake bubrah têntrêming omah. Wong wadon kang wis kabênêran ladènane, panganggêpe mênyang sing lanang kaya mênyang ratu gustine. Asihe kaliwat-liwat, prihatine nêmên yèn kang lanang nganti kurang sênêng. Saking lèngkèting katrêsnan, kêna dibasakake ati loro dadi siji. Mulane saupama wong lanang cidra lan slingkuh, dikêkêra, lan disingida, wong wadon iya karasa bingung. Iku ngowahake têntrêming ati, dadi iya ngowahake bêcike wong omah-omah. Akèh wong ngarani,

--- 69 ---

yèn omah kang ora ana wonge wadon iku dirênggaa iya ora katon ngêngrêng, ananging sêmu sêpi lan samun, iku dhasar nyata, samăngsa koncatan wong wadon, sajroning omah ora ajêg dipranata. Yèn wong lanang lunga banjur sêpi. Sanajan ditunggonana uwong, mlêbu mêtune ing omah solahe beda, sabab kanthi rikuh. Beda karo lêbu wêtune sing duwe omah. Mulane samăngsa wis ora ana sing wadon, ing omah iya banjur samun. Aliya tumrap marang omah lan marang sing lanang, wong wadon dadi bapa babuning jagad, têgêse mulasara marang anake, kang bakal turun-tumurun padha anak-anak. Ing saupama wong wadon ala, panggarape lan pamulasarane anak iya dadi ala, anake mau ing têmbe duwe turun, iya ala manèh. Saiki apa ora nyata, yèn sabab saka alaning [a ...]

--- 70 ---

[... laning] laning biyung wong siji, wêkasan dadi sumrambah alane ngêbaki jagad. Manawa biyunge bêcik, turune lan kang diopèni iya dadi bêcik, ing sapiturute bêcik kabèh. Watêking biyung dadi lanjaran, yaiku diturut dening anake, pamulasarane kang bêcik minăngka lêmon, andadèkake bagas kawarasaning anak, kalakuwan ala mungguhing wit-witan kaya jamur upas, tumanjane ing bocah dadi wisa, agawe cacading urip ing salawas-lawase. Biyung iku papaning bocah, kaya upamane wiji, minăngka lêmahe. Winih kang thukul ing papan loh amêsthi lêmu, pamêtune andadi, balik katandur ing wadhas, tangèh bisane lêstari urip. Kaya mangkono uga ingatasing bocah, yèn biyunge dhasar bêcik, anake ora bakal ala. Adat kalakuwan salawase urip, kang dadi pathokan biyung, bapa ora bisa [bi ...]

--- 71 ---

[... sa] dadi paugêraning anak, amarga ora kulina anggalawênthah. Dadine samubarang watêk lan padatan asal saka dhèk cilik, yèn wiwit cilik mula wis kabênêran, ing sapiturute iya mangkono. Anak kang murang sarak, wani wong tuwa, malahi, malah ana kang tega agawe rusak lan cilakaning bapa biyung, iku ora liya, wiwit cilike ora bênêr pangupakarane. Saking ora sumurup urut-urutane kang dadi sabab alaning anak, wêkasan wong tuwa kawêtu basane sawiyah, ngarani anake wong edan, babi, sapanunggalane, kalalèn yèn kang diunèk-unèkake iku sêmpalane awake dhewe. Batur lan rayat kang tunggal saomah, iya dadi wêwêngkon lan ngimbuhi pagawean. Amarga anjaga kalakuwane, mêsthèkake garapan, lan mituturi wajibing batur, apadene awèh sandhang

--- 72 ---

pangan. Ing sadina-dina ngrupakake pangane sarayat, iya ora mêsthi ngawaki dhewe, ananging kudu nyumurupi. Mulane ala bêcik, bênêr luput, iku dadi tanggunganing wong wadon. Batur lan batih luwih abot trêsnane marang bêndara wadon, tinimbang bêndarane lanang, sabab iku kang mulasara lan marêgi pangane salawase. Wong wadon kang pintêr panyêkêling marang batur, awake ora rêkasa, tur sajroning omah bisa slamêt. Batur kang minggat utawa gêlêm ngumpêtake panganan, lan ambathi marang dhuwit kang diênggo têtuku, luwih manèh gêlêm ngăndha bêndarane saênggon-ênggon: iku ora liya mung saka kurang bisa pamomonge. Apa ta kamarêmaning batur, kang pêrlu diwarêgi, pamulange kang alus kanthi talatèn, apadene diwènèhana ulat manis. Kalamăngsa diwènèhana ganjaran

--- 73 ---

lan dialêma, nanging aja sok digêgulang sêmbranan, mundhak kurang ngajèni, wêkasane wani. Lan manèh batur kudu diulat-ulatake kalakuwane, nanging aja ngêtarani. Yèn nuduhake lupute kang aso lan sêpi, supaya ora isin marang liyan, batur akèh aja dipilih asih, supaya ngarani si bêndara tumindak adil. Manawa wong wadon bisa nindakake mangkono, bature wis mêsthi trêsna. Batur kang eman marang bêndara, ora mung wadal kangelan bae, ana kalane gêlêm labuh pati. Gêlême mangkono ora anjaba saka pamêngkune.

Têtela bangêt ora gampang uripe wong wadon, pirang-pirang prakara kang pêrlu disumurupi amurih bêcik lan lumrah ing akèh. Sanajan wong wadon kang padha misuwur kapintêrane mêksa isih akèh kêkurangane, luwih manèh wong wadon ing tanah Jawa kang ora anggêgulang [anggêgu ...]

--- 74 ---

[... lang] kawruh. Wong wadon kang ora dhêngêr kawajibane, ora têtêp aran wadon. Wong wadon kang wis kêbanjur tuwa, kapriye manèh, iya kudu narima. Apa kang pêrlu didandani, ora liya anake wadon iku kang durung kêdaluwarsa, prayoga padha diajokake, supaya padha wêruh marang pangajaran utama, ing têmbe sawatara bisa ngirib-iribi sampurnaning wadon. Sarèhning kang tuwa pêrlu ngupajiwa, lan kurang kawruh, ora bisa mulang kalawan slêsih. Mulane padha pasrahna marang wong kang mung gawene mulang bae, yaiku dilêbokake ing pamulangan. Wis pirang-pirang taun kangjêng gupêrmèn yasa pamulangan, ananging lăngka bocah wadon kang disakolahake. Sing sapa maca layang iki bokmanawa banjur ngrêti lan gênah pêrlune, bocah disakolah- [disakolah ...]

--- 75 ---

[... -] ake mau. Wusana bisa akèh bocah lanang wadon kang sêkolah, kayadene ing jaman saiki anaking para priyayi lan sapanunggalane.

--- [0] ---

Isinipun sêrat punika: Kaca

1. Bab pangupajiwa ... 5

2. Bab anaking wong cilik ... 12

3. Bab bocah wadon ... 19

4. Bab bocah wadon kang wis omah-omah ... 28

5. Bab pamrayoga ... 37

6. Bab pangrêksa ... 52

7. Bab pigunaning wadon ... 65

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 190

LAJANG SRIDJOEWITA

NERANGAKE KAANANE WONG WADON PADESAN ING TANAH DJAWA, LAN KAPRIJE PRAJOGANE, WONG LANANG PAMENGKUNE MENJANG WONG WADON.

ANGGITANE M. SASRASOEDIRDJA,

MANTRI GOEROE ING PAMOELANGAN ANGKA II

KERTEK

BATAVIA

LANDSDRUKKERIJ 1919

 


nanging. (kembali)
pêgatan. (kembali)
ngadat. (kembali)
kelangan. (kembali)