Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 082–156)

Judul
Sambungan
1. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 001–081). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 082–156). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 156–247). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab katiga.

Kamar Pêrban lan Kamar Pambêdhelan.

Labêt, kowak lan bangsaning sakit pathèk punika manawi dipun blêbêd têmtu enggal saras, dene dangu lan enggaling sarasipun punika taksih gumantung pintên-pintên prakawis malih. Manawi tiyang ênèm ingkang saras lan kiyat badanipun ingkang nandhang labêt, sampun têmtu langkung enggal sarasipun tinimbang tiyang sêpuh ingkang sêsakitên lan ringkih. Labêt ingkang jalaran dipun bêdhèl ngangge pirantos ingkang landhêp punika limrahipun langkung enggal sarasipun tinimbang labêt kenging gêgitik utawi pênthung wêsi ingkang awrat, dene sabab ingkang agêng piyambak ingkang murugakên danguning saras wau inggih punika rêrêgêd ingkang mlêbêt ing labêt punika, lah punika pêrluning labêt kêdah dipun blêbêd wau. Dene pirantos ingkang kangge amblêbêd punika limrahipun mori lan kapuk, manawi makatên, sampun têmtu rêrêgêd saking jawi botên sagêd lumêbêt, ananging mori lan kapukipun inggih kêdah rêsik, makatên ugi tangan ingkang badhe nyêpêng blêbêd wau. Manawi

--- 83 ---

sampeyan sadaya angrencangi tiyang ingkang nyambutdamêl makatên, punika kêdah angèngêti ingkang badhe kacariyosakên ing ngandhap punika:

Sampun ngantos wontên rêrêgêd ingkang mlêbêt ing labêt, sampun kagrayang langkung saking pêrlunipun, punapa malih samukawis ingkang ngèngingi labêt wau kêdah ingkang sarwa rêsik, kados ta: blêbêd lan kapukipun. Manawi tiyang badhe têtulung ing kamar pamblêbêdan, tanganipun kêdah dipun kumbah ingkang rêsik rumiyin, kuku kêdah dipun kêthoki lan dipun rêsiki. Dene patrapipun ngrêsiki blêbêd, kapuk, pirantos lan tangan punika, mangke badhe kacariyosakên. Sapunika măngga sami nyupêrêpi rumiyin sadaya pirantos ingkang limrah kangge ing kamar pamblêbêdan, awit punika pêrlu sangêt kêdah dipun sumêrêpi wujud lan namanipun, supados sagêd angladosi panêdhanipun dhoktêr, dene ingkang wontên ing kamar pamblêbêdan punika limrahipun:

A. samukawis ingkang pêrlu kangge amblêbêd,

B. pirantos,

C. jampi,

--- 84 ---

D. samukawis ingkang kangge ngrêsiki: mori ingkang kangge amblêbêd, pirantos, tangan lan kulitipun tiyang ingkang sakit.

A. Verbandstoffen ingkang limrah kangge pirantos amblêbêd punika kados ta: sinjang ngangrangan tipis, kapuk, mori bolah, mori tipis, gurita, bêngkung, plèistêr, sinjang karèt.

Sinjang ngangrangan ingkang kangge pirantos amblêbêd punika wontên warni kalih, inggih punika pêthak lan jêne, ingkang jêne punika ingkang sakawit inggih pêthak, ananging sampun kacêlub bangsaning toya jêne lan mambêt yodhoporêm, dene ingkang pêthak punika namung bangsaning sinjang ngangrangan ananging tipis sangêt, manawi dipun têlêsi sagêd ngisêp toya kathah, manawi dipun angge wontên ingkang dipun guntingi alit-alit, inggih punika ingkang dipun wastani: krulgaas wontên ingkang panjang lan wontên ugi ingkang wiyar-wiyar lan dipun rangkêp-rangkêp ngantos 4-8 lêmbar, inggih punika kangge ngomprès. Ugi wontên gulungan alit-alit ingkang dipun wastani: tampons punika [pu ...]

--- 85 ---

[... nika] pirantos kangge ngicali êrah utawi nanah, têrkadhang inggih kangge nutupi tatu utawi kangge mêpêti wêdaling êrah. Manawi sampeyan sadaya angrêsiki nanah kajagia sampun ngantos dariji sampeyan kenging, awit nanah ingkang tumèmpèl wau sanajan namung sakêdhik manawi ngèngingi tatu sanès ingkang dèrèng wontên nanahipun, kenging ugi lajêng kêtularan ngêmu nanah lan dangu sarasipun. Kapas ingkang kacriyos ing ngajêng wau wontên tigang warni, inggih punika ingkang sampun dipun rêsiki, kapas bubukan lan kapas mêntah.

Ingkang dipun wastani kapas bubukan punika: kapas ingkang dipun campur kalihan bubukaning kajêng ingkang alus sangêt, upami bubukan grajèn. Kapas ingkang sawêg dhatêng saking apotik punika limrahipun taksih bungkusan agêng-agêng, punika kêdah dipun udhal alit-alit rumiyin lajêng dipun gulungi malih ingkang anggronggong kemawon. Makatên ugi pangupakaranipun ngangrangan, manawi sawêg dhatêng saking apotik kêdah dipun guntingi alit-alit rumiyin. [rumi ...]

--- 86 ---

[... yin.] Mênggah badhe panganggenipun sadaya wau sampun têmtu ing têmbe sampeyan sadaya badhe dipun wulangi.

Ingkang kangge angguntingi pirantos-pirantos wau pancèn wontên guntingipun piyambak lan sadèrèngipun tumandang tangan kêdah dipun rêsiki rumiyin.

Kapas ingkang sampun kaupakara wau kêdah katumpangakên ing baki utawi meja ingkang rêsik, punika botên pêrlu dipun guntingi, manawi tiyang sampun kulina têmtu langkung gampil ngudhal mawi tangan kemawon, lajêng dipun prapati kagulung ingkang cêkapan agêng alitipun, manut pêrlunipun.

Zalfdoek punika bangsaning mori kandêl lan ing sisihipun mawi wulu, mila dipun wastani makatên awit salêp ingkang badhe katèmplèkakên ing labêt wau kasèlèh ing mori punika rumiyin. Sinjang ingkang kangge amblêbêd punika inggih bangsaning mori pêthak utawi ngangrangan, nalika sawêg dhatêng saking apotik taksih awujud gulungan agêng-agêng, mila inggih kêdah dipun suwèki rumiyin, kapantêsa panjang lan wiyaripun, ananging nalika [nali ...]

--- 87 ---

[... ka] nyuwèki wau sampun ngantos rêgêd jalaran kenging siti. Sasampunipun makatên lajêng kagulungana malih alit-alit katataa ingkang sae, padamêlan punika kenging katindakakên sarana tangan kemawon, ananging inggih wontên pirantosipun piyambak ingkang sae lan gampil, dipun wastani: zwachtelwinder.

Pirantos ingkang kangge amblêbêd punika warni-warni: ngangrangan, mori lan planèl, wontên malih bangsaning ngangrangan ingkang kanjèn. Manawi dhoktêr nêdha blêbêd ingkang kanjèn punika sadèrèngipun sampeyan angge kêdah kacêlub ing toya rumiyin lajêng kapêrês supados atus. Dados ing sakawit têmtu têlês lan krakêt, ananging manawi sampun kablêbêdakên dangu-dangu lajêng garing lan kêncêng.

Gipszwachtel punika pirantos amblêbêd awujud planèl utawi bangsaning barang suwèk sanès ingkang kacêlub ing basaning[1] kapur gipsê, manawi punika dipun cêlubakên toya lajêng kakên.

--- 88 ---

Driehoeken punika bangsaning suwekan, blêbêd kadamêl wangun pojok tiga.

T. verband punika inggih bangsaning blêbêd wujud kados aksara T.

Kleefpleister punika bangsaning plèister (popoking tatu) ingkang kêlèt sangêt, pirantos kausap-usapakên ing blêbêd alit-alit utawi sanès-sanèsipun, ingkang limrah dipun wastani: rekverband manawi plèistêripun sampun botên sagêd nyakot malih ing kulit, punika kêdah dipun têlêsi ngangge kapas lan gasolinê, têmtu lajêng kêlèt malih, dene plèistêr sanèsipun manawi sampun botên sagêd kêlèt malih punika kêdah dipun panggang ing lampu sêpiritus. Samangke badhe kacariyosakên mênggah paedahipun rekverband.

Kala-kala wontên tiyang ingkang putung balungipun jalaran dhawah utawi kenging bêbaya sanès, asring sangêt balung ingkang putung punika ewah saking panggenanipun lami, dados pisah kalihan putungan satunggilipun, malah inggih wontên ingkang mlêsêk, dados anggota ingkang putung wau,

--- 89 ---

upami suku, langkung cêlak tinimbang ingkang suwau, utawi lajêng bengkong, manawi punika kadudut ingkang lêrês têmtu lajêng jujur malih pulih kados suwaunipun, ananging tukang mulasara utawi dhoktêr têmtu botên sagêd rintên dalu mindêng pamanthêngipun, mila murih sagêdipun kêlampahan makatên uruting anggota ingkang putung kiwa têngên kêdah dipun tèmplèki plèistêr ingkang kiyat wau, dene plèistêr ingkang wontên ing dêlamakan suku punika lajêng dipun tèmplèki kajêng alit ingkang tipis, lajêng dipun tangsuli. Tangsul punika dipun tarik mêdal saking patilêman urut kerekan lan pucukipun dipun tangsulakên malih ing baluh, upami karung wêdhi, inggih baluh punika ingkang narik plèistêr wau, satêmah tangan utawi suku ingkang putung wau kadudut mindêng.

Blêbêd punika ing têmbung Walandi dipun wastani: rekverband manawi tiyang badhe damêl pirantos punika kêdah sinau rumiyin.

Sinjang karèt punika inggih bangsaning sinjang ingkang tipis sangêt, [sa ...]

--- 90 ---

[... ngêt,] ananging sampun kalapis karèt kandêl ngantos toya botên sagêd tumus, punika pirantos kangge amblêbêd ugi ingkang dipun wastani: Priesnitz-verband punika kathah warninipun. Wontên ugi blêbêd ingkang minăngka godhi, paedahipun godhi wau sampun ngantos badan ingkang dipun sambung sagêd ewah. Godhi punika wontên ingkang saking pênjalin, kawat, kajêng, lan blèk, têrkadhang dhoktêr inggih andamêl godhi piyambak, badhenipun kêrtas kandêl utawi gipsê, dene godhi punika wangunipun warni-warni manut ingkang badhe dipun godhi.

Pratikêlipun tiyang amblêbêd ngangge ngangrangan, kapas lan sanès-sanèsipun utawi godhi, punika ing têmbe sampeyan sadaya badhe kawulang. Gambar ăngka 7.

Gambar 7.

[Grafik]

--- 91 ---

B. Pirantos. Asring sangêt dhoktêr punika nêdha pirantos warni-warni dhatêng tukang mulasara, mila sampeyan sadaya kêdah sumêrêp lan kulina wujudipun pirantos ingkang kangge sêdintên-dintênipun ing griya pamulasaran, dene paedahipun inggih gampil dipun sumêrêpi manawi pinuju dipun angge dhoktêr. Pirantos-pirantos wau kapratelakakên ing ngandhap punika:

1. Lading, pucukipun gilig mawi pênthol, landhêpipun kiwa têngên.

2. Gunting lurus, ambalêngkuk lan ingkang mawi pênthol pucukipun.

3. Pincetten (anatomische chirurgische Pean, kocher oorpincet, ooghaarpincet).

4. Sondes (genopte, gesleufde).

5. Spatel.

6. Sendok landhêp.

7. Naaldvoerder.

8. Jarum.

9. Sutra, catgut.

10. Agrafe.

11. Agrafe pincet [supit].

--- 92 ---

12. Injectie spuit (met canule) pămpa kangge nglêbêtakên jampi.

13. Haak wontên ingkang landhêp, wontên ingkang kêthul, ugi wontên ingkang mripat kalih lan mripat satunggil.

14. Cloroform kap.

15. Aechter kap.

16. Botol tetesan.

17. Tongtang sapit ilat.

18. Mondsperder kangge nyangap.

19. Koorntang.

20. Kiezentangen cathut untu.

21. Vaccinostyle dom kangge nyuthat.

22. Object glas gêlas êrah.

23. Oogspiegel tropong mripat.

24. Oorspiegel tropong kuping.

25. Voorhoofd spiegel tropong bathuk.

Pirantos punika wontên sawatawis ingkang karimat ing satunggiling panggenan ingkang isi toya racun ingkang sagêd [sa ...]

--- 93 ---

[... gêd] mêjahi kewan alit-alit (kruma) mila punika sampun ngantos kapêndhêt mawi tangan kemawon, pamêndhêtipun mawi sapit lan inggih sapitan makatên anggèn sampeyan ngaturakên dhatêng dhoktêr. Pirantos ingkang mêntas kangge, sampun ngantos kaêmor kalihan ingkang dèrèng kangge, kêdah kapiyambakakên rumiyin kasèlèh ing verbandbekken lajêng kakumbaha ingkang rêsik, sasampunipun makatên sawêg kenging kaêmor kalihan ingkang sampun rêsik.

C. Warnining jampi-jampi ingkang wontên ing kamar pêrban punika ingkang kathah-kathah kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Sublimaat. | Spiritus. | Zeepspiritus. | Instrumenten vloeistof. | Jodium - tinctuur. | Perubalsem. | Jodoform. | Dermatol. | Nitras argenti. | Boorzuur-oplossing. | Zinkzalf. | Boorzalf. | Billroth-zalf. | Lassar-pasta. [Las ...]

--- 94 ---

[... sar-pasta.] Kangge anjampèni mripat lan kuping wontên bangsaning jampi malih ingkang kêdah kasumêrêpan, inggih punika:

Sulfas Cupri stift.

Gele zalf.

Cocaine oplossing.

Atropine oplossing.

Boorzuur poeder.

Kalomel poeder.

Boorzuur spiritus.

Karbol glycerine.

Taksih kathah sangêt warnining jampi ingkang asring kangge, dene ingkang kapratelakakên ing ngajêng wau ingkang limrah kangge ing griya pamulasaran kula sadaya. Jalaran sadaya wau asring kangge, sampun têmtu inggih gampil tiyang ngèngêti nami lan gunanipun satunggil-tunggil.

Manawi sampeyan ngaturakên jampi dhatêng dhoktêr kêdah èngêt pintên-pintên prakawis, ingkang sapisan kêdah ningali plès utawi dhusipun, punapa inggih punika ingkang dipun kajêngakên, lan malih inggih kêdah dipun tingali sêratanipun ing sisih (etikèt) manawi ambikak plès utawi dhus sampun pisan-pisan dariji ngèngingi pinggiripun lan etikètipun.

Kaatos-atosa dariji sampeyan sampun ngantos [nga ...]

--- 95 ---

[... ntos] kenging jampi, manawi ngiling jampi ingkang cuwèr, punika kêdah ngangge pirantos mangkok utawi sanèsipun ingkang rêsik, inggih punika kakêsut sinjang ngangrangan rumiyin, lajêng katetesan sêpiritus salajêngipun kaobong, manawi sêpiritus kobong, mangkok punika kaingêr-ingêrna ingkang ngatos-atos. Angrêsiki cara ingkang makatên wau ing têmbung Walandi dipun wastani: flambeeren. Kaangkaha mangkok wau kasalat latu sadaya dalah pinggir-pinggirpun. Manawi badhe nètèsakên jampi saking plès, punika kêdah kajagia sampun ngantos nètès kalêrês ing ètikèt, supados jampi wau sampun lèlèh ing ngriku angrêgêdi. Manawi badhe mêndhêt salêp saking wadhahipun, punika kêdah ngangge sendhok salêp, sampun ngangge tangan kemawon. Manawi badhe kangge, limrahipun salêp punika katèmplèkakên ing gombalan salêp rumiyin, ananging ugi wontên ingkang lajêng kaosèrakên ing labêd ingkang dipun upakara kemawon, manawi makatên êtrapipun, kajagia sendhok wau sampun [sampu ...]

--- 96 ---

[... n] ngèngingi labêt, amurih sampun ngantos karêgêdan sêsakit, mila langkung prayogi manawi anggènipun ngusapakên salêp ing labêt wau mawi lambaran kapas utawi pipihan sarta manawi sampun kangge lajêng kabucal.

D. Pirantos ingkang kangge angrêsiki pêrban sêtop, pirantos, kulitipun tiyang sakit lan tanganipun tiyang ingkang mulasara.

Sadaya barang pirantos ingkang wontên ing pêrban kamêr punika kêdah ajêg rêsik, angêdalakên pêrban sêtop ingkang badhe kaangge dhoktêr lan angrêsiki pirantos-pirantos ingkang mêntas kangge punika kalêbêt padamêlan sampeyan sadaya, anggènipun ngrêsiki botên cêkap namung kasêrbetan kemawon kados patrapipun tiyang nyêrbèti piring, manawi makatên kemawon dhoktêr botên ajêng. Nalika anyariyosakên bab sêsakit ingkang nular, sampeyan sadaya sampun mangêrtos sabab-sababipun sêsakit wau sagêd nular, inggih punika jalaran ngalihipun kewan alit-alit saking tiyang ingkang sakit dhatêng tiyang saras, makatên ugi

--- 97 ---

kewan wau inggih sagêd katut lumêbêt ing labêt lajêng tumangkar gêsang ing ngriku, manawi makatên têmtu labêt wau angèl sarasipun lan tansah ngêmu nanah, awit ingkang makatên punika, sagêd ugi tiyang wau lajêng sakit sangêt ngantos botên sagêd ngangapakên cangkêmipun lan salajêngipun kakên. Manawi labêt ingkang kêtularan wau kêsenggol driji utawi pirantos, kewan alit-alit wau lajêng katut ing ngriku.

Manawi driji lan pirantos ingkang katutan kewan alit-alit punika angèngingi labêtipun tiyang sanès, têmtu lajêng nular ing ngriku lan angwontênakên sêsakit, nanah utawi rêgêd sakêdhik kemawon sampun sagêd anjalari sakit. Kuwajibaning dhoktêr punika anjagi sampun ngantos sêsakit wau ngalih ing labêtipun tiyang sanès, punapa kemawon ingkang gagêpokan kalihan labêt wau (blêbêd pirantos lan driji) kêdah rêsik, amurih botên anularakên sêsakit, manawi sarwa rêsik makatên ing têmbung Walandi dipun wastani: steriel. Sadaya pirantos lan pêrban sêtoffên ingkang wontên kamar

--- 98 ---

pêrban punika kêdah dipun steriel. Manawi punika sampeyan tindakakên têmên-têmên, têmtu dhoktêr lajêng pêrcados kèngkèn sampeyan.

Ing ngandhap punika kula badhe nyariyosakên bab pangupakaranipun pirantos wau.

Pirantos ingkang mêntas kangge punika limrahipun kenging nanah utawi êrah, punika lajêng enggal kacêmplungna toya, manawi pirantos wau kenging dipun bikaki, kabikana rumiyin, kados ta: gunting, pean, pinsètên. Êrah utawi nanah wau kêdah dipun sêrbèti rumiyin ngangge sinjang blêbêd, manawi angèl icalipun kêdah dipun kumbah sabun sêpiritus gantos-gantos kalihan toya, makatên salajêngipun ngantos têlas nanah utawi êrah wau ical babar-pisan, manawi sampun rêsik lajêng kapasang malih, punika kêdah ngatos-atos sampun ngantos kuwalik, awit limrahipun sadaya pirantos ingkang kenging dipun othaki punika peranganipun sami ngangge têngêr ăngka, punika kêdah rujuk, dados manawi sanalika punika badhe kangge malih botên wontên pakèwêdipun.

--- 99 ---

Ananging manawi sasampunipun kangge namung kêdah karimat, anggènipun masang malih punika botên pêrlu kêsêsa. Samangke pirantos punika kêdah dipun godhog rumiyin amurih baktèrinipun sami pêjah, panggodhogipun kenging ugi ngangge toya tawar, ananging limrahipun ngangge toya sodha 1%, sadaya ingkang warni kriyuk, panci lan sanèsipun anggêr rêsik kenging kangge panggodhoganing pirantos wau, ananging ing kamar pêrban limrahipun wontên pirantos panggodhogan saking têmbagi, ugi kangge angrêsiki pêrban sêtoffên. Pirantos punika namanipun steriliseertoestel, manawi sadaya pirantos wau sampun dipun godhog toya sodha gangsal mênut dangunipun, punika sampun rêsik, lajêng kenging kaêntas ngangge sapit, ananging sadèrèngipun kangge sapit wau kêdah kapanggang ing dilah sêpiritus rumiyin pucukipun. Têrkadhang pirantos wau inggih kagodhog kalihan wadhahipun babar-pisan, manawi makatên inggih kenging kaêntas saking steriliseertoestel dalah wadhahipun.

Manawi kêdah karimat, pangêntasipun ing nalika

--- 100 ---

taksih bêntèr, lajêng kasèlèhna ing sinjang ingkang garing, punika lajêng sagêd garing piyambak, manawi pangêntasipun nalika toya sodha sampun mangêt-mangêt utawi sampun asrêp, sampun têmtu garingipun dangu sangêt, punika andadosakên nai, dados manawi pirantos wau kaêntas saking toya ingkang sampun asrêp, punika kêdah dipun sêrbèti rumiyin, lajêng dipun sêrbèti malih ngangge ngangrangan ingkang sampun kasiram sêpiritus. Wêkasan kasêrbetan malih ngangge ngangrangan ingkang garing, manawi sampun makatên pirantos ingkang dipun othaki wau lajêng kapasanga malih.

Manawi sasampunipun kagodhog kêdah lajêng kaangge malih, punika sampun kasèlèh ing sinjang, kalêbêtna ing wadhah ingkang pancèn kangge nyèlèh pirantos wau, inggih punika ingkang dipun wastani: Instrumentenbak, sadèrèngipun kangge Instrumentenbak wau kêdah dipun flambeerd rumiyin.

Lading lan pirantos sanès ingkang băngsa landhêp, têrkadhang dhoktêr ngawisi dipun godhog, awit lajêng enggal [engga ...]

--- 101 ---

[... l] kêthul, manawi makatên têmtu dhoktêr nyukani pratikêl anggènipun ngrêsiki.

Pirantos punika kêdah karêndhêm ing toya sabun sêpiritus kalih jam dangunipun. Makatên ugi pêrban sêtoffên, punika inggih kêdah dipun rêsiki, pratikêlipun makatên:

Ing sakawit, blêbêd ngangrangan punika kêdah dipun guntingi alit-alit, sadèrèngipun nyêpêng, tangan kêdah dipun rêsiki rumiyin, makatên ugi meja lan guntingipun. Guntingan-guntingan wau lajêng kalêbêtna ing wadhah alit-alit ingkang mawa bolongan, wadhah punika katumpangakên ing toya ingkang wontên ing steriliseertoestel uwabing toya ingkang umob punika kêdah nyumuki pêrban sêtoffên wau tigang prapat jam dangunipun, punika sawêg dipun wastani sampun steriel. Dene pênganggenipun steriliseertoestel punika sampeyan sadaya kêdah sinau rumiyin, ananging wiwit sapunika kaèngêtana, manawi wadhah wau katumpangakên ing latu kêdah tansah isi toya, awit manawi tanpa toya têmtu

--- 102 ---

lajêng risak. Ingkang kenging dipun rêsiki ing steriliseertoestel punika namung bangsaning sinjang-sinjang pêrban sêtoffên, kados ta: blêbêd ngangrangan, kapas, andhuk, lakên lan pangangge manawi pinuju mulasara utawi ambêdhèl tiyang sakit.

Kathah-kathahipun tiyang sakit punika wontên ingkang kêdah dipun bêdhèl utawi dipun potong anggotanipun, supados ical sêsakitipun, manawi pêrlu makatên dhoktêr mêsthi ngangge warni-warni pirantos mêrban lan sanès-sanèsipun ingkang sampun steriel. Makatên ugi kulit ingkang badhe kabêlèk punika kêdah dipun rêsiki rumiyin manut cara ingkang sampun katêmtokakên dening ngèlmi padhoktêran, makatên malih tanganipun dhoktêr lan tiyang ingkang sami têtulung, ananging cara ing satunggil-tunggiling griya pamulasaran punika botên sami, dados punapa ingkang kêlampahan ing ngriki dèrèng têmtu ing ngrika inggih wontên. Dene ingkang asring kêlampahan ing ngriki makatên:

Têrkadhang tiyang ingkang sakit punika dipun êdus utawi [uta ...]

--- 103 ---

[... wi] dipun êkum rumiyin ngangge toya mangêt-mangêt, sasampunipun makatên kulit utawi anggota ingkang badhe dipun bêlèk punika lajêng dipun sêrbèti pipih ingkang sampun steriel lan ingkang sampun dipun têlêsi sêpiritus, panggosokipun kêdah ngangge sêrbèt gantos-gantos, sasampunipun makatên kulit wau lajêng dipun usapi jodiumtinctuur manawi punika sampun garing lajêng dipun ambali malih ngantos rambah-rambah.

Dhoktêr lan ingkang sami têtulung wau anggènipun ngumbah tangan makatên:

Sakawit tanganipun kêdah dipun kumbah toya mangêt-mangêt mawi sabun sêdasa mênut dangunipun, lajêng ngangge sikat kuku ingkang sampun kagodhog, manawi sampun lajêng kakumbah malih ngangge toya ingkang sampun kaêmoran sublimat 1/10% kulit lan kuku kasikat malih ingkang waradin, kuku inggih kêdah dipun kêthoki lajêng dipun kumbah malih ngangge sabun sêpiritus gangsal mênut dangunipun, ngangge sêpiritus inggih gangsal mênut, wêkasan dipun kumbah malih ngangge sublimat 1/10%.

--- 104 ---

Patrap ngumbah tangan punika warni-warni, wontên ugi ingkang namung dipun gosok pipih ngangrangan ingkang sampun dipun kumbah bran sêpiritus sêpêrapat jam dangunipun.

Bab ingkang kaping sêkawan.

Padamêlan ing kamar pamulasaran.

Padamêlanipun tukang mulasara tiyang sakit ingkang nyambutdamêl ing kamar-kamar pamulasaran punika botên angêmungakên anjagi lan mulasara tiyang sakit kemawon, inggih kêdah angrukti kamar-kamaripun lan sadaya padamêlan ing ngriku kêdah tumindak ajêg. Sagêdipun kalampahan makatên:

1. Kamar-kamar punika kêdah rêsik gumrining, sabên enjing dipun saponi lan dipun kêludi, punika botên cêkap ngangge sapu utawi kêsud kemawon, kêdah kakumbah toya ingkang rêsik mawi èmbèr, jêrambahipun kakorèk lajêng dipun kêsudi toyanipun ngantos asat. Samăngsa tiyang sakit sampun bibar nêdha, lajêng kêdah dipun saponi, manawi tiyang-tiyang ingkang sakit punika ambucal rêrêgêd ing

--- 105 ---

jêrambah, sanalika lajêng kasaponana, kajagia ing kamar-kamar wau sampun ngantos wontên griya kalamăngga. Lêmantun, patilêman, meja lan sanès-sanèsipun sampun ngantos jamurên, manawi ngicali blêdhug kêdah ngangge sêrbèt têlês, amurih blêdhug wau sampun kabur, awit manawi kabur mlêbêt ing badan sagêd andadosakên sêsakit.

2. Kamar-kamar wau kajagia sampun ngantos anggonda, mila sabên enjing kori-kori lan jandhelanipun kêdah dipun bikaki sadaya, ing panggenan ingkang bêntèr inggih pêrlu manawi dalu wontên salah satunggiling kori utawi jandhela ingkang kaêngakakên kemawon, têrkadhang dhoktêr inggih marentahi mangsaning nutup kori utawi jandhela wau, manawi botên wontên prentah makatên, prayogi sadaya kori lan jandhela manawi siyang kaêngakna, ananging manawi wontên pêrlunipun tukang mulasara wau inggih kenging nutup salah satunggiling kori lan jandhela wau, upami manawi pinuju jawah utawi angin, manawi pinuju asrêp sangêt utawi soroting [soro ...]

--- 106 ---

[... ting] surya ngengingi tiyang sakit utawi mlêbêt ing kamar ngantos kêsangêtên, manawi makatên prayogi kori lan jandhela wau dipun tutup, klambu-klambu patilêman dipun tangkêbakên amurih sakecanipun ingkang sami sakit, ananging punika sampun ngantos mêlangkah ing pêrlu, awit saya kathah hawa ingkang mlêbêt ing ngriku sangsaya sae.

Têrkadhang sanajan kori lan jandhela wau sami dipun bikak, ewadene inggih taksih wontên gănda ingkang botên eca, awit asring kalampahan tiyang ingkang sami sakit wau ambêbucal utawi nguyuh botên kasumêrêpan, utawi amargi kathah tiyang sakit ingkang asring ambêbucal ngoprok jalaran botên kuwawi ngadêg, manawi makatên sabên-sabên tiyang wau ambêbucal kêdah nuntên dipun santuni panganggenipun, santun wau kapêndhêtna pangangge ingkang sampun rêsik, dene rêrêgêd ingkang awon sangêt gandanipun lajêng kasirama ngangge toya sapukarbol utawi kreolinê supados ical ambêtipun.

Bab ukuran panganggenipun karbol utawi kreolinê [kreo ...]

--- 107 ---

[... linê] ingkang kaêmor ing toya punika, katêrangakên ing bab angrêsiki lan anjagi sêsakit ingkang nular.

Manawi dhoktêr kêdah badhe mriksa tinjanipun tiyang sakit, tinja wau karimata ngantos sadhatêngipun dhoktêr, ananging sampun ngantos kawoworan punapa-punapa, lan botên pêrlu tinja sêdintên sêdalu karimat sadaya. Tiyang sakit punika kala-kala wontên ingkang anggănda idunipun, utawi labêtipun, irung utawi cangkêmipun. Manawi wontên ingkang makatên, punika lajêng sukaa sumêrêp dhatêng dhoktêr, piyambakipun mangke ingkang ningali lan nyukani pratikêl.

3. Ing kamaripun tiyang sakit kajagia sampun ngantos wontên suwara ingkang rame, sampun ngantos wontên tiyang bêngok-bêngok, grobyagan, klothakan lampahipun utawi thothok-thothok kori.

4. Sadaya pirantos lan pangangge sadhiyan ingkang wontên ing kamar, punika kêdah sarwa rêsik lan karimata ing panggenanipun ingkang têmtu, supados tiyang sanès ingkang anggajuli [ang ...]

--- 108 ---

[... gajuli] utawi anggêntosi padamêlan sampeyan botên kangelan anggènipun ngupadosi.

5. Manawi dhoktêr dhatêng ing kamaripun tiyang sakit badhe ningali, punika kêdah sampeyan caosi utawi sampeyan sêdhiyani pirantosing nyêrat lan angrêsiki tangan, kados ta: mangsi, gagang pèn, blabag alit, kêrtas abrit sêkaran, dhaptaripun tiyang sakit ingkang dèrèng kasêrat, toya, sabun, andhuk lan sublimat.

6. Blabag alit ingkang kagantung sacêlaking patilêman punika namanipun dieet-plankje papan punika kêdah sampeyan isèni sapêrlunipun manut caraning ngriku. Wontên ugi ingkang kados conto ing ngandhap punika wujud lan isinipun:

[Grafik]

--- 109 ---

Ăngka kiwa ing nginggil anêdahakên kawontênanipun tiyang sakit, mangke sampeyan badhe dipun wulang dhoktêr pikajênganipun ăngka wau, ingkang têngah anêdahakên têtêdhan punapa ingkang kêdah dipun têdha tiyang ingkang sakit wau, dene ingkang sisih têngên inggih punika nomêripun tiyang ingkang wontên ing griya sakit, ingkang wontên sisih kiwa ngandhap punika panggenan anyêrati bêntèripun ingkang sakit nalika kapriksa ing wêktunipun jam wau, dene ingkang sisih têngênipun panggenan anyêrati jampi ingkang kangge tiyang sakit wau, dene dhaptaripun kêdah kagantungakên ing pinggiring papan. Ingkang kenging nyêpêng dhaptar wau namung dhoktêr lan tukang mulasara.

Ing kori kamar punika têrkadhang wontên papan alit kalih ingkang kagantung, ingkang satunggil dipun sêrati cacahing tiyang sakit ingkang kêdah wontên ing kamar wau, dene satunggilipun dipun sêrati sawarnining têtêdhan ingkang dipun têdha tiyang sakit sadaya, punika sabên dintên kêdah kaisenan ingkang titi.

7. Ing sabên-sabên kamar wontên lêmantunipun satunggil,

--- 110 ---

kangge wadhah pangangge sêdhiyan, pirantos amulasara tiyang sakit, jampi lan sapanunggilanipun. Sadaya barang ingkang karimatan ing ngriku kêdah ajêg panggenanipun piyambak-piyambak sarta sarwa rêsik. Sisaning têtêdhan botên kenging karimat ing ngriku, kuncinipun lêmantun kêdah kacêpêng juru mulasara ingkang dados sêsêpuh.

Manawi sampeyan dhatêng ing kamar ingkang kêdah sampeyan jagi ing wanci enjing ingkang sampun katêmtokakên, punika kêdah nakèkakên rumiyin dhatêng tiyang jagi dalu sadaya ingkang sampun kêdadosan kala wau dalu, sasampunipun makatên lajêng wiwita nyambutdamêl.

Ing sakawit sampeyan kêdah santun pangangge ingkang limrah kangge ing ngriku, lajêng wiwit angukuri bêntèripun tiyang sakit lan napasipun manut prentahing dhoktêr, lajêng angraupi lan ngrêsiki tanganipun tiyang sakit ingkang botên sagêd tumandang piyambak. Ugi wontên tiyang sakit ingkang kêdah lajêng dipun santuni panganggenipun, ingkang rêgêd kacêmplungna ing toya sapukarbol utawi ing toya jampi sanèsipun ingkang pancèn kangge, patilêmanipun tiyang [ti ...]

--- 111 ---

[... yang] sakit ingkang sangêt kêdah dipun rêsiki lan dipun tata ingkang sae lan kapriksaa punapa sampun sami wontên toyanipun pangombèn sadaya, dene tiyang sakit ingkang botên sangêt kenging kaajak angrêncangi padamêlan wau. Sasampunipun punika lajêng ambage têtêdhan, dene ingkang sangêt kêdah dipun ladosi panêdhanipun, lajêng sami dipun jampènana, manawi punika sampun rampung lajêng gêntos anuwèni tiyang sakit ingkang sami botên sagêd lumampah angrêsiki wadhah têtêdhanipun, ing ngriku lajêng wiwit angrêsiki kamar.

Sadaya padamêlan ingkang kapratelakakên ing ngajêng punika kêdah rampung sadaya sadèrèngipun dhoktêr dhatêng mriksani, urut-urutaning nyambutdamêl inggih botên pêrlu katêtêpan kados ingkang kacariyosakên wau, dene ingkang pêrlu piyambak pamriksaning lampahing êrah lan napas, punika ingkang kêdah karumiyinakên sadèrèngipun tiyang sakit dipun rêsiki utawi dipun santuni panganggenipun, awit kenging ugi lampahing êrah tiyang ingkang sakit wau sasampunipun dipun sucèni langkung rikat [ri ...]

--- 112 ---

[... kat] tinimbang sadèrèngipun. Manawi ingkang nyambutdamêl ing ngriku langkung tiyang satunggil, prayogi padamêlan wau dipun pinta-pinta piyambak.

Manawi dhoktêr sawêg mriksa tiyang sakit, sampeyan kêdah tumut ambêkta kapur lan sêrbèt têlês supados dhoktêr wau sagêd ngewahi sêrat-sêratan ing papan, awit manawi piyambakipun parentah anggantos têtêdhan lan jampinipun tiyang ingkang sakit wau, punika inggih kêdah kasêrat ing ngriku pisan. Manawi dhoktêr badhe ningali badanipun tiyang sakit, punika kêdah sampeyan ladosi, upami ambikak panganggenipun, pirantos nyêrat lan angrêsiki sampun ngantos kantun, manawi sampun rampung pamriksanipun lajêng kasadhiyanana buku panyuwunan jampi dhatêng apotik lan papan ingkang kagantung ing ngajêng kamar kangge nyadhong têtêdhan dhatêng koki, sasampunipun punika lajêng amulasaraa tiyang sakit sapêrlunipun.

Manawi sampun wanci jam kalih wêlas siyang lajêng wiwita nyambutdamêl malih: ngukur bêntèr, nyadhongi têdha, anjampèni lan sapanunggilanipun. Manawi wontên tiyang sakit ingkang [ing ...]

--- 113 ---

[... kang] sawêg dhatêng lajêng kapirantasana sacêkapipun, pangangge lan barang darbèkipun kapasrahna dhatêng administratur, punika sadaya ingkang rumiyin kêdah dipun sêrati, punapa malih namanipun ingkang gadhah lan dintênipun lumêbêt, sêrat wau lajêng kawaosa ing ngajêngipun ingkang gadhah sadèrèngipun kalêbêtakên ing gudhang. Tiyang sakit punika botên kenging ngrimat payambak[2] arta lan barang darbèkipun.

Manawi tiyang ingkang sawêg dhatêng wau botên sangêt sakitipun, kêdah dipun êdusi rumiyin, sasampunipun makatên sawêg kenging ngangge pangangge ing griya sakit.

Tiyang sakit ingkang sampun angsal palilah mantuk, punika botên kenging lajêng kesah sakajêngipun piyambak, jam wêdalipun katêmtokakên, panganggenipun piyambak kêdah kawangsulakên, dene sadaya ingkang kantun ing patilêman: pirantos nêdha, ngombe, sêpre lan sapanunggilanipun, kalêbêtakên ing gudhang.

Sabên sêrap tiyang sakit ingkang botên sagêd ngadêg kêdah dipun êdusi ing patilêmanipun kemawon, lan sadèrèngipun [sa ...]

--- 114 ---

[... dèrèngipun] pêtêng tiyang sakit ingkang botên sagêd ngadêg wau kêdah dipun sukani toya ngombe malih, lajêng masang dilah, kori lan jandhela katutupan sapêrlunipun.

Samangke kacariyosakên bab pênjagèn dalu:

Manawi sampeyan angsal giliran jagi dalu inggih kêdah dipun lampahi têmên-têmên lan sampun ngantos cucul pangangge, prayoginipun manawi dalu dipun saratana ngombe wedang kopi sakêdhik lan nêdha sampun kathah-kathah. Tiyang ingkang sakit sangêt kêdah kapulasara lan dipun ladosi, sadaya wau kêdah tansah angèngêti punapa ingkang sampun dipun wulangakên, sêdaya kêdah dipun tingali klayan titi, sampun ngantos wontên latu ingkang sagêd anjalari kabêsmèn lan kajagia supados ing salêbêting kamar wau têntrêm sadaya kawontênanipun.

Manawi wontên tiyang sakit ingkang badhe mêdal, punika kêdah dipun ulatakên dhatêng pundi purugipun, awit tiyang sakit punika botên kenging kesah kêjawi dhatêng ing jamban, manawi katingal dangu anggènipun wontên ing ngriku,

--- 115 ---

kêdah dipun tuwèni, manawi wontên tiyang sakit ingkang botên kuwawi kasorotan dilah, kêdah dipun aling-alingi kêrtas, papan utawi sanèsipun, manawi wontên tiyang ingkang sangêt sakitipun dadakan, lajêng ngaturana priksa dhoktêr ingkang jagi.

Ing wanci enjing sampeyan kêdah nyukani priksa dhatêng tiyang ingkang anggêntosi sampeyan, sadaya ingkang kêlampahan ing ngriku nalika sampeyan jagi.

Bab ingkang kaping gangsal.

Samukawis ingkang kêdah dipun sumêrêpi manawi mulasara tiyang sakit.

Ing sadintên-dintênipun anggèning ningali tiyang sakit dhoktêr punika namung sakêdhap. Ingkang dangu anggènipun sarawungan tiyang sakit, inggih namung juru mulasara, mila pangajêng-ajêngipun para dhoktêr sadaya juru mulasara tiyang sakit sami têmên-têmêna anggènipun ngopèni tiyang sakit lan anyukanana priksa ing salêrêsipun dhatêng dhoktêr samukawis ingkang sampun kêlampahan, dene ingkang pêrlu dipun sumêrêpi inggih punika :

--- 116 ---

1. sêsakitipun, | 2. pikiranipun, | 3. raosing wêtêng utawi badan kêjêng, | 4. tilêmipun, | 5. bêntèr asrêping badan lan kringêtipun. | 6. anggènipun ambêbucal, | 7. mutah, | 8. nguyuh, | 9. watuk, | 10. lampahing êrah lan napas, | 11. êrah ingkang mêdal saking labêt, | 12. wicantênanipun tiyang sakit, | 13. tuwin sanès-sanèsipun malih.

Satunggil-satunggilipun kawontênan ing nginggil punika katêrangakên makatên:

1. Sêsakitipun.

Manawi wontên tiyang sakit ingkang angadhuh sambat-sambat utawi ngruntuh jalaran saking sakitipun, punika sampun pisan sampeyan gosok utawi pijêti manawi [mana ...]

--- 117 ---

[... wi] botên angsal palilahipun dhoktêr, lan malih sampun sampeyan jampèni, ananging kenging dipun tulungi supados kirang sakitipun, kados ta: kapapakakên tilêmipun ingkang sakeca sarana dipun wêwahi bantal kiwa têngênipun, têrkadhang tiyang ingkang dipun blêbêd punika pêrlu dipun kêndhoni sakêdhik blêbêdipun, sampun ngantos sakit sangêt-sangêt, utawi pêrlu dipun lambari kapuk ing antawisipun labêt lan blêbêd. Manawi wontên tiyang angadhuh dadakan, jalaran sangêting sakitipun, lajêng angaturana priksa dhoktêr. Manawi ingkang angadhuh wau tiyang ingkang dipun bêdhèl, upami tungkak utawi darijinipun ingkang karaos sakit, sampeyan nuntên ngaturana priksa dhoktêr. Dene manawi dhoktêr botên wontên ing griya pamulasaran, enggal sampeyan kengkenan tiyang angaturakên sêrat cêkakan bab wau dhatêng dhoktêr.

2. Pikiranipun.

Tiyang ingkang sami sakit punika kêdah dipun tingali ingkang titi, ambokbilih wontên ingkang supe, klêngêr, sêmaput jalaran sakitipun, andalêming utawi gêragapan. [gêragapa ...]

--- 118 ---

[... n.] Manawi wontên tiyang sakit ingkang lajêng sêmaput dadakan, punika enggal ngaturana priksa dhoktêr.

3. Kala-kala tiyang sakit punika pijêr ambanting-banting tangan utawi sukunipun botên kasêdya utawi botên kraos, kawontênan makatên wau ing têmbung Walandi dipun wastani: krampen, têrkadhang anggota badan utawi wêtêng ingkang kraos makatên wau kakên sangêt botên ngalih-ngalih, manawi wontên lêlampahan makatên, lajêng katitia dununging badan ingkang kakên wau lan saking pundi sangkanipun, manawi sampun nyata, ugi lajêng ngaturana priksa dhoktêr manawi pinuju dhatêng mriksani.

4. Juru mulasara ingkang jagi dalu punika kêdah pratela dhatêng ingkang anggêntosi manawi wontên tiyang sakit botên sagêd tilêm utawi kirang sakeca tilêmipun.

5. Bêntèr asrêping badan.

Dhoktêr têmtu parentah dhatêng juru mulasara, tiyang sakit ingkang pundi kêdah kaukur bêntèripun, dene pratikêlipun sampun kapratelakakên ing ngajêng. Kala-kala [Kala- ...]

--- 119 ---

[... kala] wotên tiyang sakit ingkang botên kadhawuhakên ngukur bêntèripun, ingkang sakit piyambak botên anyariyosakên sakitipun wau, ananging lêrês sakit kasrêpên, punika inggih kêdah dipun sumêrêpi manawi pinuju kêmulan, ngêrok badanipun utawi mênawi ngringêt, grayanganing badan asrêp punapa bêntèr, lajêng ngaturana priksa dhoktêr utawi ingkang anggiliri sampeyan. Tiyang sakit wau inggih lajêng kenging kaukur bêntèripun ngangge têrmomètêr botên susah ngêntosi dhawuh saking dhoktêr.

6. Ambêbucal.

Tiyang ingkang jagi têmtu sumêrêp pundi tiyang sakit ingkang asring kesah ing jamban, ugi priksa ingkang ambêbucal ngobrok, lan ugi wontên ingkang sambat sakit nalika ambêbucal. Manawi sêsukêripun tiyang wau beda kalihan padintênanipun, punika kêdah kapêndhêt lajêng kaaturna priksa dhatêng dhoktêr.

7. Mutah.

Manawi wontên tiyang sakit ingkang mutah-mutah, sampeyan [sampe ...]

--- 120 ---

[... yan] kêdah ngaturi priksa dhoktêr, manawi mutahipun sangêt lan kawontênanipun beda kalihan adat, inggih kêdah kapêndhêta utah-utahanipun, kaaturakên priksa dhoktêr.

8. Nguyuh.

Manawi wontên tiyang sakit rêkaos anggènipun nguyuh, kêdah ngaturi priksa dhoktêr, wontên ugi tiyang sakit ingkang babar-pisan botên sagêd nguyuh, lan inggih wontên ingkang bèsèr. Limrahipun tiyang ingkang sampun diwasa, ing dalêm sadintên nguyuh kaping tiga utawi sêkawan, wontên ugi ingkang ngraos sakit sangêt manawi nguyuh, lan wontên malih tiyang ingkang wêdaling uyuhipun namung tès-tèsan kemawon, utawi mili klingking-klingking, manawi sampeyan sumêrêp kawontênan ingkang makatên lan ingkang sakit piyambak botên suka sumêrêp, punika kêdah kaaturakên priksa dhoktêr, têrkadhang dhoktêr inggih parentah ngrimat uyuh wau ingkang mêdal ing dalêm sadintên, manawi wontên parentah makatên punika kêdah ngangge gêndul ukuraning uyuh, inggih punika urinemeetflesch, [urinemeet ...]

--- 121 ---

[... flesch,] sabên ambêbucal ingkang sakit kaprentahana nadhahi uyuhipun ing urinaal ngriku ing sadangunipun utawi sadèrèngipun ambêbucal. Awit manawi botên makatên, têmtu uyuhipun wau wontên sapanduman ingkang ical kabucal sarêng kalihan tinja. Dados manawi makatên, botên sagêd kasumêrêpan kathah kêdhiking uyuhipun ing dalêm sadintên sadalu. Ugi wontên tiyang sakit ingkang pancèn pêrlu kapriksa dhoktêr uyuhipun, manawi makatên prayoginipun ingkang dipun aturakên dhoktêr punika uyuh ingkang taksih enggal.

9. Watuk.

Bab punika dhoktêr inggih kêdah dipun aturana priksa, manawi tiyang ingkang sakit watuk wau idu, punika kêdah dipun rimat, manawi watuk angêdalakên êrah enggal kaaturna priksa dhoktêr.

10. Têrkadhang dhoktêr parentah ningali lampahing êrah lan napasipun tiyang ingkang sakit. Kêdut lampahing êrah kapetang kaping pintên ing dalêm samênut, dene pamriksaning napas prayogi ningalana kêtêging dhadha utawi ing wêtêng [wê ...]

--- 122 ---

[... têng] sampun ngantos kasumêrêpan dening ingkang sakit. Mênawi mriksa lampahing êrah anirua patraping dhoktêr manawi mriksa sêdintên-dintênipun, inggih punika sarana mijêt ugêl-ugêl sacêlaking jêmpol tangan.

11. Wêdaling êrah saking labêt.

Manawi pêrban katingal abrit jalaran kêtumusan êrah utawi têlês jalaran toya ingkang mêdal saking labêt, punika kêdah kaaturakên priksa dhoktêr, panggenan ingkang têlês jalaran êrah utawi toya labêt punika sampun ngantos sampeyan grayang utawi dipun dumuk tiyangipun piyambak ingkang sakit. Sadèrèngipun dhoktêr dhatêng, tatu wau kajagia sampun ngantos dipun encoki lalêr lan kaangkaha kasorotan surya. Manawi dhoktêr panci marentahi, labêt ingkang ngêmbês wau katutupana kapas lajêng kablêbêd.

12. Wicantênipun tiyang sakit.

Tiyang sakit punika têrkadhang cariyos saking kajêngipun piyambak dhatêng sampeyan bab punapa-punapa ingkang migunani sangêt dhatêng dhoktêr tumrap sakitipun wau, upami

--- 123 ---

cariyos kala rumiyin sampun nate kapênthung ing tiyang, dhawah, utawi rumiyin sampun nate ambêbucal êrah, utawi sakit èstri lan sanès-sanèsipun, punika sadaya kêdah kapratelakna dhatêng dhoktêr, samantên punika manawi ingkang sakit piyambak dèrèng cariyos dhatêng dhoktêr wau.

13. Bab sanès-sanèsipun.

Kawontênanipun tiyang sakit ingkang kêdah dipun sumêrêpi dening juru mulasara punika saèstunipun kathah sangêt, dados botên kenging kapratelakakên sadaya, ananging manawi tiyang tansah anênitèni, sampun têmtu lami-lami sagêd sumêrêp sadaya.

Sapunika cêkap namung kapêndhêtakên contonipun kemawon, kados ta: wontên tiyang sakit cariyos mbotên sagêd mangap sakeca, wontên tiyang sakit ingkang botên sagêd mamah têtêdhanipun, wontên ingkang ambucal jampinipun ingkang kêdah dipun ombe utawi dipun ulu, wontên ingkang ngrêbat têtêdhanipun tiyang sanès, wontên ingkang dhawah kêjungkêl lajêng andadosakên [anda ...]

--- 124 ---

[... dosakên] kêjênging tangan utawi sukunipun, punika sadaya kêdah dipun cariyosakên dhatêng dhoktêr, botên kenging kalintu, lan sadaya cariyos sampeyan dhatêng dhoktêr punika kêdah awaton ingkang sampeyan sipati, pirêngakên, gănda, utawi raosakên piyambak, pema sampun waton pangintên-kintên kemawon. Manawi botên èngêt sadaya prayogi dipun sêrati.

Bab ingkang kaping nêm.

Mulasara tiyang sakit.

Mulasara tiyang sakit punika kuwajiban sampeyan ingkang pêrlu piyambak, punika kaperang dados tiga:

A. Pitulungan ingkang pêrlu ingatasipun tiyang sakit. Pitulungan punika kêdah katindakakên botên susah ngêntosi parentahipun dhoktêr. Pitulungan ingkang makatên punika dipun wastani: pitulungan limrah.

B. Pitulungan ingkang namung mawi papan lan êmpan, kados ta: mulasara tiyang ewah, sêmaput, badhe pêjah, tiyang ingkang sakit nular lan labêt sangêt, punika dipun wastani: pitulungan maligi.

--- 125 ---

C. Pitulungan ingkang namung kenging dipun tindakakên manawi wontên parentahing dhoktêr, kados ta: mompa, nètèsakên jampi lan sapanunggilanipun, punika dipun wastani: pitulungan manut parentahing dhoktêr.

Dene katêranganipun satunggil-tunggiling bab amitulungi wau kapratelakakên ing ngandhap punika.

A. Pitulungan limrah.

Tiyang sakit punika kêdah rêsik, makatên ugi patilêman lan panganggenipun, manawi malumah kêdah sagêd sakeca, nêdha lan ngombenipun kêdah ajêg mangsanipun, punika sadaya paedah anyarasakên sakitipun, manawi ingkang sakit botên sagêd tumandang piyambak, kêdah dipun ladosi, pitulungan limrah punika wontên pitung prakawis:

a. ngrukti patilêman sapirantosipun,

b. manganggeni tiyang sakit,

c. ngêdusi utawi nucèni,

d. ngladosi têdha lan ngombenipun,

e. ngladosi manawi ambêbucal utawi nguyuh,

--- 126 ---

f. mitulungi nalika mutah, watuk lan kringêtên,

g. mulasara tiyang nandhang tatu ingkang kêdangon anggènipun tilêman.

a. Patilêman

Manawi wontên tiyang sakit ingkang sawêg dhatêng, punika kêdah lajêng dipun pirantosi patilêmanipun, lan sabên dintên patilêman wau kêdah dipun rêsiki, punika manawi ingkang sakit botên sagêd nandangi piyambak. Manawi ngantos lami tiyang sakit angênggèni patilêmanipun, punika prayogi kagantos-gantos pirantosipun, ingkang lami kawêdalna. Dene manawi ingkang sakit badhe kaêlih panggenan sapatilêmanipun, kêdah kagotong tiyang sakawan ingkang alon-alon kajunjung sami inggilipun sampun ngantos oyag sangêt-sangêt, panyèlèhipun patilêman sampun ngantos mirang-miring sukunipun.

Pirantos ingkang wontên ing patilêman punika botên sabên griya pamulasaran sami, ing ngriki wujuding patilêman wau mawi lèmèk pênjalin kados pênthangan, ngangge [ngang ...]

--- 127 ---

[... ge] gêlaran lan bantal, wontên panggenanipun nyèlèh piring, pangombèn lan wadhah jangan.

Lan malih ingkang limrah kasèlèh ing patilêman: botol satunggil isi toya pangombèn, dhiyit plangyê, têrkadhang kalih utawi langkung, ing ngandhap utawi ing sisihipun patilêman punika mêsthi wontên paidon, wontên ugi ingkang ngangge meja alit, punika manawi pêrlu prayogi kasèlèh ing têngênipun ingkang sakit, manawi ingkang sakit botên sagêd linggih, sadaya ingkang pêrlu kangge piyambakipun prayogi kasèlèhna sacêlaking tanganipun, dados gampil kapêndhêt piyambak, makatên ugi pangombènipun.

Tiyang sakit ingkang sangêt murih sakecanipun têrkadhang dipun sukani bantal ngantos tiga, wontên ingkang pêrlu kangge ganjêl tangan, bokong utawi kangge ngampingi badanipun.

Tiyang watuk sangêt punika sagêdipun kararos sakeca manawi sagêd linggih, mila pêrlu dipun sukani bantal kathah kangge sèndhèn. Manawi patilêman punika dipun rêgêdi [rê ...]

--- 128 ---

[... gêdi] tiyang sakit, punika lajêng enggal karêsikana, manawi asring sangêt rêgêdipun, prayogi dipun sukanana patilêman kalih kangge sontan-santun sabên dintên. Lèmèk pênjatos wau sabên dintên kêdah dipun wêdalakên lan kagantos-gantos, dipun kumbah lan kaêpe, manawi ingkang sakit sagêd mlampah-mlampah, patilêman dalah lèmèkipun pênjatos, gêlaran lan bantalipun kêdah kawêdalakên kaêpe sabên minggu sapisan utawi kaping kalih, kajawi manawi jawah utawi mêndhung. Kajagia ing lêbêt, lowah-lowahan, ing ngandhap lan kiwa têngêning patilêman sampun ngantos wontên rêrêgêd, kados ta: upa, têgêsan lan sapanunggilanipun.

Tiyang sakit botên kenging pisan-pisan andhêlikakên sisaning têtêdhan, madat, utawi arta ing patilêmanipun.

Paidon punika botên angêmungakên kangge wadhah idu kemawon, mutah inggih kenging katadhahakên ing ngriku. Sadaya ingkang warni rêrêgêd kados ta: upa, têgêsan, kulit wowohan lan sapanunggilanipun inggih [ing ...]

--- 129 ---

[... gih] kenging kabucal ing ngriku. Sabên dintên paidon punika kêdah dipun kumbah ingkang rêsik lajêng dipun soki sapukarbol 2% utawi toya jampi sanèsipun, punika paedah sampun ngantos karubung lalêr, awit lalêr punika ambêbayani tiyang sakit, malah inggih sagêd anularakên sêsakit dhatêng sanès-sanèsipun tiyang.

Pirantos nêdha sabên mêntas kangge kêdah karêsikan sabên dintên, manawi sagêd tiyang ingkang sakit piyambak ingkang kêdah ngrêsiki, manawi botên sagêd inggih tiyang sanès. Manawi tiyang sakit punika badhe mantuk jalaran sampun saras, sadaya pirantosipun nêdha kêdah kabêkta ing pawon lajêng kagodhog.

b. Manganggèni tiyang sakit.

Panganggenipun tiyang sakit kêdah rêsik, amila ing dalêm saminggu kêdah kasantunan kaping kalih, manawi pêrlu inggih kenging kakêrêpan santunipun, sanajan sadintên santun rambah-rambah inggih botên dados punapa. Sadaya pangangge ingkang kenging rêrêgêd kêdah karêndhêm ing sapukarbol

--- 130 ---

4% tigang jam dangunipun, manawi sampun lajêng kakumbah ngantos rêsik salajêngipun kaêpe. Manawi sampun garing karimata ing gudhang.

Mila ambêbayani sangêt manawi panganggenipun tiyang sakit ingkang kenging rêrêgêding sêsakitipun lajêng kasèlèh ing saênggèn-ênggèn ngantos karubung lalêr, malah sanajan sampun dipun êpe inggih dèrèng sêpên bêbaya, jalaran saking punika inggih kêdah tansah ngatos-atos panjagining pangangge wau sanajan rêrêgêding sêsakit botên katingal babar-pisan, awit wijining sêsakit ingkang botên katingal wau sagêd nular dhatêng tiyang saras, dados pangangge wau botên kenging kajèrèng-jèrèng utawi kakêbat-kêbatakên. Manawi nyantuni pangangge kajagia sampun ngantos wijining sêsakit kabur-kabur, pangangge ingkang rêgêd kakêmpalna dados satunggil lan dipun gulung ingkang sae lajêng kapasrahna dhatêng tukang umbah-umbah.

Tiyang ingkang sakit sangêt kêdah dipun ladosi manawi cucul pangangge utawi santun, ingkang langkung pêrlu kaangkaha sagêdipun tilêman sakeca.

--- 131 ---

Manawi badhe anganggèkakên rasukan kêbayak, ing sakawit tanganipun katarika ing sirahipun lajêng kalêbêtna ingkang alon-alon tanganipun kalih pisan ing lêngênaning rasukan wau, pawakaning rasukan wau lajêng katarik ing githok salajêngipun urut gêgêr.

Tiyang ingkang sakit botên susah kalinggihakên. Dene bab ambikak kêbayak, punika kosokwangsulipun angênggèkakên, kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngajêng.

Manawi tiyang wau sakit tanganipun, saangsal-sangsal sampun ngantos kacêpêng, prayogi kakèndêlna kemawon, dene manawi nganggèkakên kêbayakipun, tangan ingkang sakit wau karumiyina lêbêtipun ing lêngênan rasukan lajêng katarika alon-alon ing sangandhaping githok lan gêgêr, manawi sampun sawêg tangan ingkang botên sakit ingkang kalêbêtakên.

Manawi badhe ambikaki rasukan, patrap ing ngajêng wau kêdah kawalik, dados tangan ingkang sakit wau kêdah kabikak [ka ...]

--- 132 ---

[... bikak] kantun. Tangan ingkang sangêt sakitipun botên susah kalêbêtakên ing lêngênan.

Padamêlan sadaya punika kêdah dipun yêktosi samăngsa sinau angêcakakên. Panganggenipun tiyang sakit punika kajagia sampun ngantos kalumbrukan ing ngandhaping badanipun.

Samăngsa sampeyan nuwèni tiyang ingkang sakit sangêt, sadaya punika kêdah kaèngêtana. Prayoginipun pangangge punika kasêtrika supados lunyu, dados sanajan dangu anggènipun tilêman botên karaos sakit badanipun.

c. Ngêdusi utawi nucèni.

Tiyang ingkang sakit sangêt sampun têmtu botên sagêd lumampah piyambak dhatêng pasudan. Ananging prayogi lan mikantuki sangêt tumrap ing sêsakitipun manawi sagêd adus ajêg mangsanipun. Manawi sampeyan botên sumêrêp punapa tiyang ingkang sakit punika kenging dipun êdusi ing padusan utawi namung ing patilêmanipun kemawon, punika kêdah kapitakèkakên rumiyin dhatêng dhoktêr.

--- 133 ---

Sabên dintên tiyang sakit punika kêdah dipun raupi lan dipun wisuhi tanganipun mawi toya kemawon lan sabun.

Têtiyang sakit ingkang dipun êdusi kêdah ngangge andhuk piyambak-piyambak, inggih punika wujud kanthongan ingkang kadamêl andhuk kandhêl kangge wadhah tanganipun tiyang ingkang ngêdusi. Sabên tiyang satunggil kêdah dipun sadhiyani toya rêsik sawadhah, kajagia ingkang ngatos-atos sampun ngantos mripat lan kupingipun kalêbêtan sabun, manawi sampun kaêdusan badanipun lajêng dipun usapana ngantos garing.

Kala-kala tiyang sakit punika kêdah dipun êdusi badanipun sakojur, ananging kêdah saking sakêdhik, gantos-gantos ngantos waradin badanipun sadaya.

Rambah kaping pintên anggènipun ngêdusi ing sadintên-dintênipun, punika manut parentahing dhoktêr. Ing bageaning badan ingkang karaos bêntèr kêdah ngangge toya asrêp, ananging ingkang asrêp kêdah ngangge toya ingkang mangêt-mangêt, toya asrêp kacampuran wedang.

Utaminipun kêdah dipun cobi rumiyin sampun ngantos [nganto ...]

--- 134 ---

[... s] kêbêntèrên utawi kasrêpên, utawi inggih kenging ngangge badthermometer ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng bab panganggenipun. Ing sarèhning pirantos wau kala-kala inggih sagêd lêpat, mila inggih prayogi kagrayang tangan kemawon anggènipun ningali bêntèring toya wau.

Supados patilêmanipun tiyang ingkang dipun êdusi ing ngriku botên têlês, patilêman wau kalèmèkana imitatie-leer utawi hospitaal-linnen, ing sakawit, imitatie-leer wau kêdah kagulung kiwa têngên ngantos dados gulungan kalih ingkang sami agêngipun, lajêng kaslorogakên ing ngandhaping bangkekanipun lajêng kabèbèr malih, ingkang satunggil manginggil ngantos dumugi sirah, ingkang sagulungan mangandhap ing suku, patrap ingkang makatên punika manawi ingkang sakit wau botên sagêd linggih. Têrkadhang dhoktêr parentah supados tiyang sakit wau kakungkumakên ing jedhi, bab punika ing wingking badhe kacariyosakên.

--- 135 ---

Sabên dintên rambutipun tiyang sakit ingkang sangêt punika kêdah dipun jungkati, manawi panjang dipun gêlung, kala-kala kukunipun inggih kêdah kapriksa, rêgêdipun dipun rêsiki, cangkêmipun kêdah dipun rêsiki sabên dintên, manawi sagêd dipun puriha kêmu, ananging manawi botên sagêd jalaran loyoning badan utawi wontên sabab saking parentahing dhoktêr, punika kêdah juru mulasara ingkang ngrêsiki.

Ing sakawit driji pênuding kêdah kablêbêd ing gombalan ingkang rêsik sarana kakumbah utawi mawi jampi ingkang sampun kaparentahakên dhoktêr, pênuding wau lajêng kalêbêtakên ing cangkêmipun ingkang sakit lajêng kagosokna ingkang waradin, punapa malih ilat lan gusi-gusinipun. Cangkêmipun tiyang sakit ingkang sawêg dhatêng punika limrahipun rêgêd sangêt, botên sagêd rêsik manawi namung ngangge toya lan sabun sêpisan kemawon.

Dados panggenan ingkang sangêt rêgêdipun punika kêdah dipun gosok ing gombalan utawi kapas ingkang sampun dipun têlêsi ngangge gasolinê.

--- 136 ---

Ugi kêdah dipun tingali punapa wontên tiyang sakit ingkang sugih tuma.

Manawi wontên, kêdah kawulanga anggènipun ngrêsiki lan mêjahi tuma wau, manawi botên sagêd nandangi piyambak inggih kêdah kapitulungan.

Ing ngandhap punika pratelan pintên-pintên patrap bab amêjahi tuma.

1. Rambutipun kêdah kagosok jampi tuma.[3]

Jampi punika nyakiti mripat, mila manawi pinuju anjampèni, mripat kêdah katutupan, jampinipun sampun ngantos ical ing rambut kemawon, ananging kêdah ngantos rumêsêp ing kuliting sirah. Manawi sampun waradin, sirahipun lajêng kabungkus ngantos kalih wêlas jam dangunipun.

--- 137 ---

2. Kajawi jampi tuma inggih kenging ngangge lisah patraliyun, ananging kêdah ngatos-atos sampun ngantos kenging latu. Manawi sampun kalih wêlas jam dangunipun lajêng dipun surèni, suri wau sakêdhap-sakêdhap kakumbah cokak ing bokor.

Rêrêgêding suri wau kêdah dipun kêruki ing bokor, manawi sampun makatên lajêng kapriksaa malih ambokbilih taksih wontên lingsanipun, lingsa wau wujudipun gilig panjang alit-alit lèngkèt sangêt ing rambut, manawi dhasar têksih wontên, sawatawis dintên malih dipun ambalana, ngantos rêsik babar-pisan.

3. Tiyang sakit ingkang sugih tuma sangêt, prayogi dipun gundhulana utawi dipun cukur, lajêng kagosoka jampi tuma sirahipun, ngangge lisah patraliyun utawi salêp blawu.

Ananging wontên ugi tiyang ingkang botên rêmên gundhulan, langkung malih tiyang èstri, ing rambut sanès-sanès panggenan ingkang winados utawi ing cangklakan têrkadhang inggih wontên tumanipun, ananging sanès warni.

--- 138 ---

Manawi badhe ngicali, wulunipun inggih kêdah kacukur lajêng kagosok pèri balsêm utawi salêp biru.

Tinggi utawi pinjal punika limrahipun botên manggèn ing badan tiyang, ingkang dipun ênggèni lêkit-lêkitaning patilêman lan ing gêdhèg-gêdhèg, tumèmplèkipun ing badan tiyang namung manawi nêdha ngisêp êrah. Angicali tinggi sarta pinjal punika angèl sangêt manawi sampun kêlajêng mlêbêt ing griya, ananging kewan punika ajrih sangêt dhatêng bêntèring surya, lisah patraliyun utawi tèrpêntèin. Dados manawi badhe mêjahi, patilêman utawi barang ingkang dipun ênggèni wau kêdah kaêpe, kasiram lisah patraliyun utawi tèrpêntèin.

Kajawi makatên, panggenanipun wau ugi sae kaêkum ing sapukarbol 4% ngantos sawatawis jam dangunipun, utawi kacêmplungakên ing ontsmettingsoven.

d. Ngladosi nêdha lan ngombe.

Sampun nate kêlampahan, ing satunggiling griya pamulasaran wontên tiyang ingkang kapulasara ing ngriku jalaran tanganipun kalih pisan kabêsmi, tiyang wau radi budhêg, sarêng

--- 139 ---

tanganipun wau dipun godhi, katingal bingah sangêt jalaran sakitipun suda, ananging botên antawis dintên sadèrèngipun saras piyambakipun nêdha mantuk, sarêng dipun pitakèni punapa sababipun badhe mantuk, wangsulanipun: kula botên nate dipun sukani ngombe. Manawi ing têmbe sampeyan sampun dados juru mulasara, angèngêtana sampun ngantos wontên nalar ingkang makatên. Sawênèhing tiyang sakit manawi nêdha kêdah kadulang, manawi ngombe, kêdah kaombèkakên, inggih punika tiyang ingkang botên sagêd ngebahakên tanganipun jalaran labêt utawi pêjah, tiyang sakit sangêt utawi ingkang mèh botên èngêt, lan têrkadhang tiyang edan. Sadèrèngipun ngladosi nêdha wau, tangan sampeyan kêdah wisuh rêsik. Patrap punika sae sangêt, makatên ugi yèn sampeyan badhe nêdha, wisuha tangan rumiyin, ingkang rêsik, amargi tangan punika gampil sangêt gêgêpokan kalihan rêrêgêdipun tiyang sakit, punapa malih tanganipun juru mulasara, dados manawi tangan wau botên kawisuhan rumiyin ingkang rêsik, tiyang ingkang sampeyan [sampe ...]

--- 140 ---

[... yan] dulang sagêd katularan sêsakit ingkang tumèmplèk ing tangan wau.

Manawi ingkang sakit botên sagêd linggih kêdah kaganjêl bantal sirahipun utawi kasanggi tangan murih andêngèngèk sakêdhik, ananging sanajan sagêd linggih manawi sakitipun sangêt inggih kêdah kaganjêl makatên, awit manawi kakèndêlakên kemawon sampun têmtu rêkaos pangulunipun punapa malih tumraping têtêdhan cuwèr.

Tiyang sakit sangêt punika sampun dipun têdhani kathah-kathah, prayogi saking sakêdhik kemawon ananging ingkang kêrêp, mila manawi anggènipun sami nêdha ing kamar agêng sampun bibar, têtêdhanipun tiyang sakit sangêt wau kenging karimatan. Aliha saking sabab ingkang makatên, botên kenging ngrimat tatêdhan ing kamar agêng. Makatên ugi tiyang sakit ingkang kêdah dipun ladosi, punika prayogi dipun sukani ngombe ingkang sawatawis kêrêp, punapa malih tiyang sakit bêntèr punika kêrêp ngombe. Lan malih kêdah kajagi sampun ngantos wontên tiyang sakit nêdha cadhongipun [cadhong ...]

--- 141 ---

[... ipun] tiyang sanès, ingkang makatên wau tumrap tiyang ingkang sakit bêntèr ngantos lami, mutawatosi sangêt.

Têrkadhang tiyang ingkang sakit bêntèr punika wontên ingkang sami labêt wadhukipun, inggih punika sakit tipês (typhus) manawi labêt wau kenging têtêdhan ingkang atos-atos, upami ulam garing, sampun tamtu labêtipun saya sangêt, tiyang ingkang makatên sakitipun kêdah namung dipun têdhani têtêdhan ingkang sarwa cuwèr lan lêmês. Manawi wontên tiyang sakit katingal namung sakêdhik sangêt nêdha cadhongipun, lajêng kacariyosna dhatêng dhoktêr. Tiyang sakit punika kêdah ngangge pirantosipun nêdha piyambak-piyambak, kajagia sampun ngantos nêdha utawi ngombe ngangge pirantosing liyan.

e. Ngladosi ambêbucal lan nguyuh.

Kêrêp wontên tiyang sakit botên sagêd kesah dhatêng jamban, manawi makatên kêdah bêbucala ing sal kemawon katadhahan ing bril ingkang kasêdhiyakakên ing sacêlaking patilêmanipun utawi ing nginggiling patilêman ing sêtikpan lan irinal, wontên malih tiyang sakit ingkang ngoprok [ngo ...]

--- 142 ---

[... prok] kemawon manawi ambêbucal utawi nguyuh, lah punika ingkang pakèwêd pangupakaranipun.

Tiyang ingkang ambêbucal ing sêtillêcê punika têrkadhang inggih pêrlu katulungan linggihipun, toya wisuhipun kêdah kasêdhiyanan ing wadhahipun piyambak, kados ta: ing èmbèr dalah cidhukipun pisan awarni bathok. Manawi dhoktêr badhe ningali sêsukêripun, punika sampun ngantos kaworan toya pawisuhanipun, mila kêdah katadhahan wadhah sanès, upami paidon.

Ing bril punika mêsthi wontên wadhahipun awujud bêling utawi sèng, ing pinggiring wadhah wontên bolonganipun alit mubêng kaisenan toya sakêdhik supados sêsukêr wau sampun anggănda sumrambah ing salêbêting sal sadaya. Manawi wontên parentahipun dhoktêr, sêsukêr wau kêdah kasiram ing jampi kangge mêjahi kewan rumiyin sadèrèngipun kabucal.

Tiyang sakit ingkang botên sagêd kesah saking patilêmanipun kêdah ambêbucal ing sêtikpan lan nguyuh ing botol. Kathah tiyang sakit ingkang badhe ambêbucal sarwi andhodhok, [a ...]

--- 143 ---

[... ndhodhok,] awit pangintênipun kêdah makatên manawi ambêbucal.

Manawi botên dipun awisi dhoktêr, makatên punika inggih botên dados punapa.

Tiyang ingkang sakit sangêt wau katangèkna alon-alon lajêng kajagenan kalinggihakên ing sêtikpan.

Ananging kala-kala tiyang sakit punika botên kenging linggih, manawi makatên dados kêdah ambêbucal sarwi tilêman kemawon. Manawi ing sêtikpan, pirantos punika kêdah kasèlèh ing antawising pupu, tangan sampeyan ingkang satunggil kablosokna ing bangkekanipun ingkang sakit lajêng kajunjunga sakêdhik bokongipun alon-alon, tangan sampeyan ingkang satunggilipun anyurunga sêtikpan wau ngantos dumunung ing ngandhap bokong.

Manawi sampun rampung anggènipun ambêbucal, duburipun lajêng kakêsudana ngangge kapas utawi kêrtas, wontên ugi tiyang sakit ingkang ambêbucal ing sêtikpan langkung rêmên dipun rêsiki ngangge kapas tinimbang dipun cewoki,

--- 144 ---

ananging manawi dhoktêr badhe mriksani sêsukêr wau, sêtikpan sampun ngantos kawoworan toya.

Wontên tiyang sakit ingkang botên sumêrêp manawi ambêbucal utawi têtoya, utawi sêsukêripun tansah mêdal sakêdhik-sakêdhik, punika manawi botên dipun jagi sampun têmtu patilêmanipun kuthah sêsukêr lan anggănda. Punika pangruktinipun wontên kalih warni:

Ingkang sapisan: bokongipun kalemekan houtwol lajêng kablêbêd T pêrban utawi driuk ingkang agêng.

Patrap pamblêbêdipun wau badhe kacariyosakên ing bab sanès.

Houtwol punika kêdah asring dipun santuni, manawi ingkang sakit botên suka sumêrêp piyambak, prayogi asring dipun tingalana punapa houtwol wau sampun rêgêd, manawi rêgêd lajêng enggal kasantunana, bokongipun kakumbaha ingkang rêsik, kajawi houtwol punika, ugi kenging ngangge pirantos sanès ingkang katêdahakên dhoktêr.

Wontên tiyang sakit ingkang asring sangêt ambêbucal ngantos [nga ...]

--- 145 ---

[... ntos] rambah kaping 40 utawi langkung ing dalêm sadintên, wontên ugi ingkang ambêbucal utawi têtoya botên wontên kêndhatipun, punika pangruktinipun wontên patrap malih, inggih punika:

Patrap ingkang kaping kalih.

Ing sakiwa têngêning pajalêran utawi pawadonan lan bokongipun kêdah kablonyoh bur salêp ingkang ngantos kandêl, ingkang sakit wau lajêng kasèlèhna ing ram[4] inggih punika nam-naman pênjatos mawi bolongan.

Paedahipun bolongan wau kangge wadhahing bokong, dados wiyaripun inggih sacêkaping bokong, perangan wingking cêlak bokong kenging kalemekan houtwol manawi ingkang sakit punika pijêr ngolang-ngaling kemawon kêdah dipun jagèni zandzak kiwa têngênipun, ing sangandhaping ram kasèlèhan pispot kaisenan toya apu sapêrtiganipun. Gêlaran ing sakiwa têngêning

--- 146 ---

pispot inggih kêdah kasiram toya apu wau utawi sapukarbol. Prayoginipun tiyang sakit ingkang rêsah makatên kêdah dipun sadhiyani ram kalih kangge patilêmanipun, dados sabên dintên sagêd gantos-gantos, ingkang sampun rêgêd kawêdalakên lajêng kakumbah lan kaêpe. Tiyang sakit punika pêrlu dipun sukani sarung, ananging sampun dipun anggèkakên, namung pêrlu kanggea kêmul, manawi sarung wau sampun rêgêd inggih kêdah dipun santuni.

Tiyang sakit ingkang botên kèndêl-kèndêl ambêbucal, punika prayogi bokongipun dipun bêlonyohi bur salêp, sabên dintên salêp wau kêdah dipun bucal, inggih punika dipun gosok ngangge kapas ingkang sampun dipun têlêsi lisah gas (Gasoliene) manawi sampun lajêng kagosoka malih ngangge kamfêr sêpiritus, manawi sampun lajêng kablonyohana salêp malih.

Makatên ugi pangruktining pajalêran utawi pawadonan manawi tiyang wau anggènipun nguyuh tanpa kèndêl,

--- 147 ---

tiyang ingkang sakit makatên sampun ngantos dipun sukani ngombe kathah-kathah.

f. Ngladosi tiyang watuk, mutah, kringêtên.

Tiyang sakit ingkang lêmês sangêt badanipun manawi badhe mutah kapuriha tilêman kemawon, kacêpênga sirahipun kairingna lajêng kajunjung sakêdhik katadhahakên ing paidon, sirahipun inggih kenging kaanglungakên mêdal saking patilêman, ananging kêdah kasanggi lan kapurih miring badanipun, paidon kenging kasèlèh ing gêlaran, manawi sampun mutah lajêng kasukanana toya utawi tèh kangge kêmu, utah-utahanipun manawi pêrlu badhe kapriksa kêdah kasèlèh ing jawining sal.

Manawi tiyang sakit asring watuk lan mutah, punika kêdah dipun sêdhiyani paidon isi toya apu utawi sapukarbol kasèlèh ing ngiringanipun.

Manawi dhoktêr tumuntên dhatêng, ingkang sakit wau kasukanana gêlas rêsik kangge wadhahing riyak lan utah-utahanipun, lajêng katêdahna dhoktêr manawi sampun dhatêng.

--- 148 ---

Manawi watuk angêdalakên riyak sampun ngantos kaulu.

Gêlas ingkang isi riyak utawi utah-utahan ingkang badhe katêdahakên dhoktêr wau kêdah katutup, amurih sampun ngantos dipun encoki lalêr ingkang lajêng nularakên sêsakit wau dhatêng tiyang sanès.

Ambêbayani sangêt manawi riyak punika kabucal ing siti utawi lampit ngantos garing, awit kewan wijining sêsakit wau sagêd mibêr salajêngipun lumêbêt ing badanipun tiyang sarêng lêbêting napas.

Tiyang sakit ingkang kringêtên kathah punika kêdah kausapan ngantos garing badanipun.

Kajagia sampun ngantos cucul rasukan lan kenging angin.

g. Labêt jalaran kêdangon tilêman.

Tiyang sakit sangêt ingkang kêlamèn anggènipun tilêman punika badanipun asring labêt utawi mlicèt. Mlicèt kulitipun jalaran kenging patilêmanipun wau, inggih punika ing pêrnah gigir ngandhap, walikat, bokong, têrkadhang ing pupu lan ing pêrnah iga-iga, labêt ingkang

--- 149 ---

makatên wau ing têmbung Walandi dipun wastani: doorliggen utawi decubitus.

Ingkang gadhah sêsakit makatên wau limrahipun tiyang lumpuh utawi ingkang kêra sangêt, sêsakit wau asring kenging katulak.

Manawi badhe tuwuh sêsakitipun ingkang makatên sampun têmtu katingal rumiyin tandhanipun, inggih punika sami abrit-abrit kulitipun.

Dene minăngka panulaking sêsakit wau, inggih punika:

1. Ingkang sakit wau kêdah dipun rêsiki, punapa malih manawi mêntas ambêbucal.

2. Kêdah kaingar-ingêr lan kaêlah-êlih êtraping tilêmipun, miring mangiwa lan manêngên.

3. Pangangge lan lèmèkipun sampun kalumbrukan dangu-dangu.

4. Pêrnahing badan ingkang limrah kenging sakit makatên wau sabên dintên kêdah kagosok kamfêr sêpiritus utawi jêram.

--- 150 ---

5. Manawi kulitipun sampun katingal abrit, prayogi ingkang sakit wau katilêmakên ing bantal angin utawi ing bantal alit saking houtwol wujudipun bundêr kados gêlangan, bantal ingkang alit punika inggih kenging bantal panjatos, kapas, kleefpleister lan balêbêd. Panggenan ingkang abrit-abrit wau kêdah kakurung gêlangan amurih sampun ngantos kenging patilêman, utawi nadyan kagêpoka, sampun ngantos kêsangêtên, bantal angin wau sampun ngantos kasêbul sangêt-sangêt sarta kêdah kalemekan sarung utawi sinjang, awit botên sakeca manawi kuliting badan punika kêdangon kosodan kalihan karèt. Manawi kulit ingkang abrit-abrit wau botên tumuntên saras, kêdah ngaturi priksa dhoktêr, makatên ugi manawi sampun kêlajêng labêt saking danguning tilêman.

Amulasara tiyang edan.

Tiyang edan punika jalaran sakit, botên kok kalêbêtan setan, ingkang sakit wau utêkipun, dene gunanipun utêk punika kangge migatosakên, [migatosakê ...]

--- 151 ---

[... n,] mikir, ngiras panggenaning kêkajêngan. Mênggahing tiyang edan, panganggening utêkipun sarwa lêpat, sarwa kalintu, katarik dening sakiting utêkipun wau, tiyang edan punika sampun dipun gêgujêng, dipun godha utawi dipun gêbag, manawi piyambakipun gadhah patrap ingkang botên sae kêdah kalêrêsakên, ananging sampun kakasar. Tiyang ingkang mulasara tiyang edan kêdah sabar, ananging sampun dipun uja kemawon sapikajênganipun, ingkang botên sae kêdah dipun awisi.

Wancinipun nêdha lan wancinipun adus tiyang edan punika kaajêgna, manawi badhe ambêbucal sampun ngantos ing saênggèn-ênggèn, kêdah ing jamban, manawi mêksa, prayogi dipun pênging klayan alus lajêng kabêktaa dhatêng panggenanipun. Tiyang edan sampun ngantos dipun gorohi utawi dipun ajrih-ajrihi, kados ta: dipun wicantêni: mênênga, yèn ora mênêng mêngko kowe digitiki tuwan dhoktêr. Manawi makatên têmtu tiyang edan wau lajêng ajrih, satêmah botên sae sangêt tumrap piyambakipun, [piyambaki ...]

--- 152 ---

[... pun,] malah salajêngipun piyambakipun botên pêrcados malih dhatêng wicantên sampeyan, manawi ngantos kalampahan manawi tiyang edan wau ngomyang utawi andalêming, kados ta: ngakên dados ratu utawi sanèsipun, punika sampun ngantos dipun bantah, prayoginipun sampun wicantênan kathah-kathah kalihan tiyang edan.

Sawênèh tiyang edan kèndêl anjiblêg lan sakalangkung sabar, punika kêdah dipun titi pariksa purun nêdha utawi botên, manawi botên, kêdah kaajaka nêdha. Kala-kala tiyang edan punika botên ajêng nêdha babar-pisan, manawi makatên kacobia kasukanan nêdha lan kapuriha linggih piyambakan ing sal, manawi makatên têrkadhang lajêng purun nêdha, utawi kasukanana nêdha kadosdene caranipun nyukani lare alit, têrkadhang pêrlu sampeyan tumut nêdha sakêdhik têtêdhanipun wau, minăngka pangajak supados icala panyananipun bilih têtêdhan wau isi wisa, manawi mêksa botên purun nêdha, lajêng ngaturana priksa dhoktêr.

Tiyang edan punika sasolah-bawanipun kêdah dipun awat-awati, [a ...]

--- 153 ---

[... wat-awati,] sampun ngantos anatoni utawi ngêndhat, makatên ugi inggih kêdah kajagia sampun ngantos misakit tiyang sanès utawi ambêsmi griya, dados sampun pisan-pisan dipun sukani dêdamêl utawi barang landhêp punapa malih barang ingkang sagêd ambalêdhos utawi murub, kados ta: êrèk.

Kathah sangêt tiyang edan ingkang tansah ngomyang utawi andalêming, lumampah wira-wiri botên wontên kèndêlipun sarwi apratingkah makatan-makatên. Tiyang ingkang makatên prayogi kaudia murih purunipun tilêm ing patilêmanipun, manawi botên sagêd, sawêg kenging kagêdhong ing kamar piyambakan. Sampun ngantos dipun sukani barang-barang bala pêcah. Kêrêp kemawon wontên tiyang edan, manawi badhe dipun êdusi, dipun kèn nêdha utawi dipun santuni panganggenipun, andadak dados damêlipun tiyang kathah.

Ing griya sakit tiyang edan ingkang sakalangkung puguh punika sok dipun ênggèni rasukan kurung, ingkang pancèn namung kangge tiyang edan, rasukan wau ing têmbung Walandi dipun [d ...]

--- 154 ---

[... ipun] wastani: dwangbuis, manawi badhe nganggèkakên kêdah ngêntosi parentahing dhoktêr. Rasukan wau kiyat sangêt, wujudipun landhung, kancinganipun saking wingking, lêngênipun inggih landhung. Ingkang nganggèkakên rasukan punika sakêdhikipun kêdah tiyang kalih. Manawi rasukan sampun mathuk, tanganipun kalih pisan kasêdhakêpna, dene lêngênaning rasukan lajêng kaubêtakên dhatêng wingking, dipun tangsuli.

Pitulungan dhatêng tiyang ingkang badhe pêjah.

Manawi wontên tiyang sakit ingkang sampun badhe tilar donya, juru mulasara ngaturana priksa dhoktêr. Sampun dados kalimrahan lan pranatan ing griya sakit manawi wontên tiyang sakit badhe pêjah lajêng kapiyambakakên panggenanipun, kadèkèk ing satunggilipun kamar dipun aling-alingi warana, supados sampun ngantos kasumêrêpan tiyang sakit sanèsipun.

Ananging pêrlu lan botênipun warana wau tumrap dhatêng tiyangipun ingkang badhe pêjah, punika wallahualam. Panggenanipun tiyang ingkang sawêg alêlampah, kêdah sêpên [sê ...]

--- 155 ---

[... pên] sarta botên kenging kapadhangên, kala-kala pêrlu sangêt tiyang wau dipun ladosi utawi dipun tulungi, kalêrêsakên ujuripun sagêda sakeca lan kêdah dipun rêsiki. Manawi cangkêm utawi irungipun muruh, punika lajêng kausapana ngangge kapas ingkang rêsik, kapas ingkang sampun kangge wau lajêng kabucala ing wadhah ingkang isi sapukarbol utawi toya pênawar sanèsipun. Manawi wontên sanak-sadhèrèkipun ingkang nuwèni, prayogi katilara nêbih sakêdhik, sampun pisan sampeyan mirêngakên wêlingipun tiyang ingkang badhe tilar dhatêng sanak-sadhèrèkipun wau, botên kenging sampeyan nyêlaki kêjawi manawi pêrlu têtulung, sadaya ingkang sampeyan pirêng saking tiyang ingkang badhe tilar donya lan sanak-sadhèrèkipun wau botên kenging pisan-pisan kacariyosakên dhatêng tiyang sanès.

Manawi kakintên tiyang ingkang badhe tilar donya punika sampun lêlampah, tumuntên ngaturana priksa dhoktêr malih. Mayit wau kajujurna ing patilêmanipun, makatên ugi suku lan tanganipun katataa sampun ngantos ambalêngkuk,

--- 156 ---

awit botên watawis dangu malih badanipun mayit wau badhe kakên, manawi sampun kêlajêng makatên sasampunipun tilar donya, sampun têmtu angèl anggènipun nglêrêsakên. Mripatipun kaêrêmna ingkang alon-alon, dhêngkul dumuginipun sirah katangsulana sinjang murih cangkêmipun botên mangap, manawi rambutipun panjang lan modhal-madhil, punika lajêng kagêlunga, salajêngipun mayit wau kakrukuba sinjang.

Manawi jisim wau sampun kapriksa dhoktêr lêrês sampun tilar donya, watawis kalih jam malih sawêg kenging kabêkta ing kamar jisim, ananging manawi wontên parentahipun dhoktêr inggih kenging tumuntên kabêkta dhatêng kamar jisim, sanajan dèrèng antawis kalih jam.

Jisimipun tiyang ingkang sakit nular punika kêdah lajêng dipun ulêsi sinjang ingkang wiyar ingkang sampun kacêlubakên toya sublimat 1/10%.

 


bangsaning. (kembali)
piyambak. (kembali)
§ Jampi tuma wau kenging tumbas ing apotik, rêsèpipun makatên: Rp. Semen sabadilae: 100 gr, Brandspiritus:1 L., Water: 300 cc, Macereer: 7 dagen; filtreer. (kembali)
§ Ram punika awujud lèmèk nam-naman pênjatos pirantos kangge tilêm tiyang sakit, murih gampilipun prayogi dipun wastani lèmèk pênjatos utawi ram. (kembali)