Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 156–247)

Judul
Sambungan
1. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 001–081). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 082–156). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 156–247). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab ingkang kaping pitu.

Mulasara tiyang sakit manut pratikêl parentahing dhoktêr.

Asring sangêt dhoktêr parentah dhatêng tukang mulasara supados [supa ...]

--- 157 ---

[... dos] tiyang ingkang sakit punika kapulasaraa manut saparentahipun, manawi makatên botên pisan-pisan tukang mulasara kenging nyulayani. Dene ingkang limrah parentahipun dhoktêr dhatêng tukang mulasara wau kados ta:

1. ngombèni utawi nguntali jampi,

2. ngêmoni lan ngrêsiki cangkêm,

3. nètèsi jampi lan ngrêsiki mripat,

4. ngisêpakên uwab,

5. ngompa utawi nglêbêtakên sètpilên ing kuliting bokong,

6. ngompa nglêbêtakên utawi ngêdalakên,

7. ngangêt-angêti utawi ngasrêp-asrêpi badanipun tiyang sakit,

8. amblonyohakên utawi anggosokakên jampi.

1. Bab ngombèni utawi nguntali jampi.

Punika kêdah sampeyan tandangi piyambak manawi pancèn padamêlan sampeyan, mangsanipun angombèkakên [angombèkakê ...]

--- 158 ---

[... n] utawi nguntali jampi sarta kathah kêdhikipun jampi kêdah têtêp manut parentahing dhoktêr, manawi kêdah kaombe ajêg, upami sabên kalih jam sêpisan, kenging ugi kaundurakên sawatawis manawi ingkang sakit pinuju tilêm, kajawi manawi wontên parentahing dhoktêr kêdah kagugah, punika inggih kêdah katangèkakên lajêng kaombenan jampi wau. Manawi botên purun ngombe utawi jampi dipun idokakên malih, utawi mutah sasampunipun kaombe, punika lajêng angaturana priksa dhoktêr.

Jampi ingkang kêdah kaombe utawi kauntal tiyang sakit punika warni-warni, limrahipun:

a. jampi ombèn-ombèn, | b. jampi tetesan, | c. pil utawi tablèt, | d. owêl utawi kapsilês.

a. Ombèn-ombèn.

Punika mêsthi kawadhahan gêndul pêthak lan katèmpèlan kêrtas pêthak ugi, ing ngriku dipun sêrati minăngka pêpèngêt [pê ...]

--- 159 ---

[... pèngêt] kadospundi panganggenipun jampi wau, kêrtas ing botol jampi ingkang mawa sêratan makatên punika ing têmbung Walandi dipun wastani: ètikèt (etiquet) dene botol ingkang warni biru utawi abrit, saha ètikètipun botên pêthak, (limrahipun kêrtas biru) punika namung kangge wadhahipun jampi ingkang botên kenging pisan-pisan dipun ombe, kengingipun namung kangge jampi ing jawi, kados ta: kagosokakên utawi katètèsakên ing anggotaning badan jawi. Limrahipun para juru mulasara punika dipun sukani gêlas alit panakêran jampi kados ingkang sampun katêmtokakên kathahipun, gêlas ingkang kangge ngombe jampi makatên punika ing têmbung Walandi dipun wastani: inneemglaasje, têgêsipun gêlas pangombèn jampi, ing sisihipun sampun kagarit-garit saha dipun angkani ingkang minăngka dados pitêdah kathah sakêdhiking jampi ingkang kêdah dipun ombe wau sampun miturut wêwatoning dhoktêr punapa dèrèng. Manawi mêntas kangge lajêng karêsikana tumuntên, manawi jampi wau botên eca raosipun, ingkang [ing ...]

--- 160 ---

[... kang] sakit bakda ngombe prayogi dipun sukani sêkul utawi roti saking sakêdhik minăngka kangge angicalakên raos ingkang botên eca wau. Pangombenipun lisah urus-urus kastorolie kenging kamomoran wedang kopi ingkang bêntèr kaombe rikatan, lan ugi kenging kaêmorakên ing puhan bêntèr supados ical ambêtipun. Jampi ombèn-ombèn ingkang sampun munthuk, awon utawi buthêk, sampun ngantos dipun angge malih.

b. Jampi tetesan.

Punika panganggenipun kêdah katètèsakên ing gêlas utawi mangkok isi toya, kathahing tetesan manut ingkang sampun katêmtokakên, lajêng kaombèkna ngantos têlas. Sadèrèngipun jampi wau katètèsakên ing gêlas kêdah kacobi rumiyin katètèsna satètès, manawi lambening wadhah jampi wau sampun têlas jalaran tètèsing jampi wau, punika sawêg kenging katètèsakên ing gêlas toya ingkang badhe kaombe lan inggih gampil tètèsipun. Jampi

--- 161 ---

punika inggih kenging kaombe sarana katètèsakên ing gêndhis ingkang kawadhahan ing sendhok.

c. Pil utawi tablèt.

Punika sampun dipun mamah, kêdah katumpangakên ing têngahing ilat lajêng kaulu, wontên ugi tiyang sakit ingkang rumaos langkung gampil manawi jampi wau sasampunipun dumunung ing ilat lajêng dipun ombèni, murih gampil lêbêtipun. Jampi ingkang makatên sampun ngantos kamamah utawi kaêmut, awit manawi awujud pil kênini utawi tablèt lajêng karaos pait jalaran bungkusipun gêndhis ingkang tipis sangêt punika lajêng lèlèh dening idu. Wontên ugi bangsaning tablèt ingkang botên kenging lajêng kaulu, ananging kêdah kaêmut rumiyin ngantos ajur, bab punika dhoktêr têmtu badhe maringi priksa langkung rumiyin.

d. Owêl utawi kapsilês.

Panganggenipun jampi punika sami kemawon kalihan pil, [pi ...]

--- 162 ---

[... l,] ananging manawi badhe kauntal, owêl punika kêdah dipun têlêsi sakêdhik rumiyin.

e. Puyêr.

Punika awujud bubukan utawi galêpung, manawi sampun dipun timbang lajêng dipun bungkusi alit-alit ing kêrtas, manawi badhe kangge bungkusipun kêdah kabikak lajêng kaêsokakên ing ilatipun tiyang ingkang sakit lajêng kaombenan.

2. Ngrêsiki cangkêm.

Măngsa kala tiyang sakit punika kêdah kêmu jampi, jampi wau sampun ngantos kolu sakêdhik kemawon. Manawi jampinipun kêdah kangge gorah, prayogi manawi sampun dumugi ing cangkêm lajêng kadhêngakna, jampi kagêrok-gêrokakên supados angèngingi gorokan, sasampunipun makatên lajêng kawêdalakên malih. Patrapipun nalika punika kados angêdalakên napas, suwara sampun ngantos mêdal kathah-kathah.

Manawi jampi wau namung kangge kêmu kemawon, kêdah kaangkah sagêda amradini cangkêm sadaya.

--- 163 ---

3. Nètèsi utawi ngrêsiki mripat.

Têrkadhang dhoktêr punika parentah nètèsakên jampi ing mripat utawi kuping. Saèstunipun kalintu sangêt manawi tiyang wicantên anètèsakên jampi ing salêbêting mripat utawi kuping. Mripat punika bundêr, dumunung ing cupuning mripat, inggih punika panggenanipun ebah-ebah, saking jawi botên wontên bolonganipun, dados botên sagêd anglêbêtakên punapa-punapa ing salêbêting mripat, mila pikajênganipun têmbung: nètèsi jampi ing salêbêting mripat punika: têgêsipun anètèsi jampi ing salêbêting tlapukan, tlapukan punika ing lêbêt kabungkus kulit ayam utawi kêndhangan, ing têmbung Walandi dipun wastani: oogbindvlies inggih punika ingkang kêdah dipun dhawahi jampi.

Kuping makatên ugi. Ingkang sêjatosipun nama kuping punika botên katingal saking jawi, dados jampinipun botên sagêd dhatêng ing ngriku, ananging namung dumugi ing bolongan margi ing kuping ingkang sêjatos.

--- 164 ---

Nètèsi mripat punika kêdah ngangge pirantos ingkang dipun wastani drêppêlbuwis (druppelbuis), ingkang kadamêl pipa gêlas agêngipun sapotlot, panjangipun kintên-kintên 10 sèntimètêr, pucukipun ingkang satunggil mawi cucuk, pucuk satunggilipun mawi kanthongan karèt, ingkang badhe dipun jampèni kêdah andhangak, têlapukan ngandhap lajêng kajèwèr ngangge dariji ingkang sampun dipun rêsiki, dipun cêlèkakên, ngantos katingal oogbindvlies ipun, ingkang abrit, inggih punika ingkang kêdah dipun tètèsi jampi sarana druppelbuis wau. Kathah kêdhikipun tetesan manut pitêdahing dhoktêr, pucuking druppelbuis wau sampun pisan-pisan angèngingi têlapukan utawi idêpipun, manawi jampi sampun tumètès têlapukan kaêculna malih, yèn mripatipun dipun ebah-ebahakên, sampun têmtu jampi wau wradin, manawi badhe nètèsi mripatipun lare alit punika kêdah dipun rencangi tiyang sanès, dipun pangku lan dipun gujêr tanganipun, sirahipun kacêpêng lajêng kakêmpit ing pupu,

--- 165 ---

purihipun sadangunipun dipun tètèsi botên ebah-ebah, tanganipun ingkang mulasara sagêd tumandang kalih pisan. Patrap punika gampil sangêt dipun sinau sarana kaêcakakên.

Manawi badhe nètèsi kuping, ingkang sakit kaènglèngna sirahipun sarwi tilêman ing meja utawi ing patilêman, ingkang kangge anètèsakên kenging ngangge pirantos tetesan utawi katètèsakên saking wadhahipun kemawon, pucuking druppelbuis utawi cangkêming wadhah wau inggih kaangkaha sampun angèngingi kuping. Manawi jampi wau sampun kalêbêt ing kuping lajêng kasumpêtana kapuk utawi gombalan, anggènipun anglêbêtakên sarana supit wêsi, ingkang dipun wastani: Oorpincet, pucuking sapit punika kêdah dipun panggang rumiyin ing dilah sêpiritus sadèrèngipun kangge nyapit sumpêl wau. Oorpincet punika awujud sapit alit pucukipun ambangkêluk.

Manawi badhe ngrêsiki mripat, kêdah sêdhiya botol satunggil isi jampi, mangkok rêsik, bokor

--- 166 ---

alit lan kapuk, tangan kêdah rêsik. Juru mulasara kêdah ngulinakakên angrêsiki tanganipun manawi badhe nyêpêng mripat utawi kupingipun tiyang sakit. Angrêsiki mangkok punika limrah kemawon, inggih punika dipun sêrèbèti rumiyin lajêng dipun tètèsi sêpiritus salajêngipun dipun obong, manawi sampun rêsik lajêng dipun êsoki tota jampi, lan kapuk-kapuk wau kacêmplungakên ing ngriku, mripatipun tiyang sakit lajêng kacêpêng ngangge driji kalih tangan kiwa ingkang alon-alon kaêlèkakên ingkang wiyar, tangan ingkang têngên lajêng mêndhêt kapuk wau saking mangkok. Manawi ingkang sakit sampun andhêngak kapuk lajêng kakêcêrakên, dados jampi sagêd mlêbêt, ingkang sakit utawi ingkang ngrencangi kêdah nyêpêng bokor katadhahakên ing sacêlaking mripatipun tiyang sakit wau, kangge nadhahi jampi ingkang mêdal saking mripat. Inggih makatên patrapipun ngrêsiki mripat ngantos rambah kaping kalih utawi tiga anggènipun ngêcêrakên kapuk wau. Jampi wau kêdah wradin nêlêsi ing mripat [mripa ...]

--- 167 ---

[... t] sadaya. Kajawi kapuk, ingkang kangge angêcuri mripat wau inggih wontên pirantos malih awujud pompa alit dipun wastani: ballonspuitje, awujud plênthon karèt kandêl mawi cucuk balung.

4. Nglêbêtakên hawa.

Têrkadhang tiyang sakit punika dipun parentahi dhoktêr supados anyêrot uwab toya ingkang dipun wowori jampi, patrap ingkang gampil piyambak anyêrot uwab punika makatên:

Tiyang ingkang sakit kapurih tumungkul ing sanginggiling wajan isi toya ingkang nguwab sarta kapurih anyêrot uwabipun, kenging ugi tiyang sakit lan wajan isi toya wau kakrukub sinjang dados satunggil, purihipun uwab botên wura.

Pratikêl ingkang kaping kalih ngangge pirantos corong kêrtas kabikak kiwa têngên, cangkêmipun ingkang agêng katutupakên ing wajan isi toya bêntèr, irungipun tiyang sakit wau katèmplèkakên ing cangkêming torong

--- 168 ---

ingkang alit, lan nyêrot uwab, wontên malih pirantos sanès, dene wujudipun inggih punika gambar ăngka 8.

Gambar 8.

[Grafik]

Pirantos punika awujud lampu sêpiritus alit kasèlèh ing ngandhaping cèrèt alit, panganggenipun ing têmbe sampeyan badhe dipun têdahi. Cèrèt wau sampun ngantos kêbak pangisinipun, satêngah kemawon sampun cêkap, makatên ugi pangisinipun dilah sampun ngantos kêkêbakên lan sêpiritusipun botên kenging kècèr, awit manawi kècèr, sagêd kabêsmi. Pangisinipun cèrèt lan lampu wau inggih prayogi sinau rumiyin. Manawi sêpiritusipun [sêpiritu ...]

--- 169 ---

[... sipun] sampun têlas kabêsmi, punika kêdah taksih wontên kêkantunaning toya sakêdhik ing lêbêtipun.

Cèrèt wau sampun ngantos garing manawi lampunipun taksih murub, manawi ngisi cèrèt wau kêdah ngangge toya ingkang sampun angêt murih tumuntên nguwab, kajagia sampun ngantos anjalari kabêsmèn.

5. Ngompa ngangge irrigator, zetpil.

Ngompa ngangge irrigator punika pêrlu nglêbêtakên toya ing wêtêng saking dubur. Yèn sampeyan badhe ngompa makatên punika, kêdah sêdhiya: irrigator dalah usus-ususipun karèt punapadene canule nipun, steekpan, verband bekken lan imitatieleer, toya ingkang badhe kalêbêtakên wau dhoktêr ingkang nêdahakên, makatên ugi kathah kêdhikipun, limrahipun ingkang dipun angge toya angêt utawi toya asrêp 1½- litêr, têrkadhang dipun êmori jampi.

Tiyang ingkang sakit punika kapurih tilêman mawi lèmèk imitatieleer, prayoginipun miring ngiwa. Sadèrèngipun canule kalêbêtakên ing dubur, toyanipun kailèkna [kai ...]

--- 170 ---

[... lèkna] rumiyin mêdal ing canule wau. Irrigator lajêng kajunjung inggil amurih hawa ingkang wontên salêbêting usus-usus mêdal, manawi sampun makatên usus-usus wau lajêng kapithêta, utawi manawi mawi kran, kakancingna kranipun. Irrigator wau kajunjunga sêtêngah mètêr inggilipun saking dubur, canule ingkang sampun rêsik lan dipun têlêsi wau lajêng kalêbêtakên ing dubur ingkang alon-alon lan ngatos-atos sarta dipun unyêr-unyêrakên ingkang lêrês nuju dhatêng boyok lan lêbêtipun sapênuding. Sasampunipun makatên, usus-usus wau kauculnya pamithêtipun, utawi kabikakna kranipun, supados toyanipun mili malêbêt dhatêng wêtêng, kaangkaha toya wau ingkang alon sangêt lampahipun. Kala-kala toya wau inggih botên sagêd mêdal saking irrigator manawi makatên canule kêdah katarik sakêdhik, manawi toyanipun mêksa dèrèng mêdal irrigator kabikaka kemawon lajêng kapriksaa bokbilih kasumpêlan punapa-punapa. Kala-kala toya wau sampun mili mêdal malih saking dubur sadèrèngipun rampung, manawi

--- 171 ---

makatên ingkang sakit wau kaawisana mêgêng napas, sarta kaparentahana ambêkan ingkang sakeca, bokongipun kiwa têngên kapipita murih panjêpitipun canule sagêd rapêt, toya ingkang mêdal katadhahana verbandbekken manawi toyanipun sampun lumêbêt ing wêtêng sadaya, sampun enggal-enggal kawêdalakên malih, kaampêta watawis samênut utawi kalih mênut. Murih sagêdipun ngêmpêt samantên dangunipun, bokongipun tiyang ingkang kapompa wau sampeyan ingkêmakên ngangge tangan.

Têrkadhang juru mulasara kaparentahan dhoktêr anglêbêtakên toya sakêdhik ing wêtêng lan kaangkah toya wau sampun ngantos mêdal.

Manawi badhe ngompa lare alit, toyanipun sampun ngantos kathah-kathah, kintên-kintên satêngah kemawon sampun cêkap, asring sangêt toya punika botên kalêbêtakên mawi pirantos irrigator cêkap ngangge balonspuit kemawon, (gambar).

--- 172 ---

Hawa ing pompa wau kêdah kawêdalakên rumiyin sadèrèngipun wiwit mompa toya punika.

Manawi nglêbêtakên lisah ing wêtêng, (kintên-kintên 20 cM³.) Limrahipun ngangge kompa ingkang mawi panyêrotan Zetpil punika wujudipun gilig numpêng kados kukusan, ingkang kadamêl gajih utawi sabun isi jampi, punika kalêbêtakên ing dubur wiwit saking pucuk ngantos kalêbêt sadaya.

6. Ngompa.

Sampeyan têmtunipun sampun asring ningali patrapipun tiyang ngangge sêmprot, dene sêmprot punika paedahipun:

a. kangge nglêbêtakên jampi ing badan,

b. kangge ngêdalakên toya saking badan,

c. kangge nglêbêtakên toya ing bolong-bolongan supados nanah utawi sêsakit ingkang nular ingkang wontên ing ngriku sagêd mêdal katut toya wau. Sêmprot punika wontên kalih warni: ballonspuit gambar ăngka 9

--- 173 ---

lan zuigerspuit pompa kêkalih wau satunggil-satungilipun wontên pintên-pintên warni. Ingkang golongan ballonspuit punika wontên ingkang cangkêmipun atos, canule naminipun, wontên malih ingkang saking karèt. Manawi tiyang badhe ngisi ballonspuit punika sakawit balêndhukipun kêdah kapijêt, pucuking sêmprot lajêng kalêbêtakên ing jampi ingkang badhe kaisèkakên wau, pamijêting plêmbungan, lajêng kaêculakên, mangke jampi lajêng mlêbêt piyambak.

Gambar 9.

[Grafik]

Zuigerspuit punika warni-warni agêng alitipun utawi panjang cêlakipun, wontên ingkang mawa jarum, wontên ingkang botên, bolonganing jarum wau kenging kalêbêtan kawat têmbagi ingkang sakêlangkung alit, paedah kangge anjagi sampun ngantos bolonganing jarum wau kabuntêtan punapa-punapa. Pirantos punika enggal sangêt risakipun manawi botên sae-sae ing pangrimatipun, [pangrimatipu ...]

--- 174 ---

[... n,] lah punika kêdah sami dipun kawekani dening juru mulasara.

Manawi ballonspuit punika sampun kangge, pucukipun kêdah kakêsut mawi kapuk ingkang sampun dipun têlêsi sublimat toya 1/10% lajêng kaisêpna toya ngantos kêbak, lajêng kasêmprotakên mêdal malih.

Manawi badhe karimat sampun ngantos kalêbêtan toya satètès-tètèsa.

Zuigerspuit punika prayogi karimat ing plès utawi bak ingkang isi toya jampi, (instrumentenvloeistof, zeepspiritus) sadèrèngipun karimat kêdah dipun gojagi lan dipun kêsudi ingkang ngantos garing rumiyin, makatên ugi jarumipun. Têrkadhang sakêdhik-kêdhikipun saminggu sapisan panyêrotipun ingkang karimat ing toya jampi wau kadudut minggah, nuntên kablêsakên malih wongsal-wangsul. Toyanipun jampi manawi sampun buthêk utawi muruh, sinantunan ingkang taksih sae, manawi zuigerspuit botên karimat ing toya, panyêrotipun kêdah dipun têlêsi lisah utawi glycerine amurih sampun ngantos mingkus, [mingku ...]

--- 175 ---

[... s,] jalaran kagaringên, ngantos logro, awit manawi panyêrotan wau logro, botên kenging kangge malih.

Manawi zuigerspuit ingkang mawi jarum wau kasimpên tanpa toya, ingkang rumiyin kêdah dipun ciprati toya lajêng alkohol lan wêkasanipun gasolinê, salajêngipun kawat têmbagi ingkang alit wau lajêng kalêbêtakên ing bolonganing jarum. Kala-kala dhoktêr inggih parentah anggodhog pompa punika. Manawi pompa wau ingkang kadamêl gêlas utawi bangsaning pêlikan, panggodhogipun kêdah kacopotan rumiyin pêperanganipun, lajêng kacêmplungakên ing toya asrêp, salajêngipun toya wau kagodhog, manawi botên makatên pompa wau sagêd pêcah.

Mênggah panganggenipun tumrap sawênèhing tiyang sakit têrkadhang namung kapasrahakên dhatêng juru mulasara kemawon, kados ta:

a. Mompakakên jodoform.

b. Mompakakên glycerine.

--- 176 ---

c. Mompa pajalêran pisbuis.

d. Mompa kuping.

a. Mompakakên jodoform. Manawi wontên, sabên tiyang sakit kasadhiyanana pompa piyambak-piyambak, pompa wau kêdah karimat ing plès ingkang isi karbol. Toya jodoform sadèrèngipun kangge, kêdah kagojag-gojag rumiyin, lajêng kaêsokna ing mangkok ingkang rêsik kakintêna sapintên badhe kanggenipun, lajêng kasêrota ing pompa. Sasampunipun makatên, pompa kaadêgakên, cucukipun wontên ing nginggil, panyêrotanipun kasurung manginggil ngantos hawa ing lêbêting pompa wau mêdal sadaya. Anuntên cucuking sêmprotan wau kalêbêtakên ing dubur, bokong kalih pisan karapêtakên sagêda mipit rapêt pompa wau, sasampunipun makatên lajêng wiwit kapompa alon-alon, ingkang sakit kaparentahana saangsal-angsal anahana jampi wau ing padharan sawatawis dangunipun.

b. Mompakakên glycerine (5-10 c.M.³). Patrapipun inggih kados mompakakên jodoform, paedahipun [pa ...]

--- 177 ---

[... edahipun] mompa punika supados ingkang sakit sagêd ambêbucal, mila inggih kêdah dipun sêdhiyani steekpan.

c. Pompa pajalêran punika beda-beda wujudipun gumantung kawontênanipun sêsakit, pirantos wau inggih kêdah karimat ing gêlas isi toya jampi, sublimat 1/20%, manawi badhe mompa margining uyuh, ingkang sakit kapuriha nguyuh rumiyin, pangisinipun sêmprot punika patrapipun inggih kados ngisi jodoform, kathah sakêdhikipun ingkang badhe kalêbêtakên punika, dhoktêr ingkang maringi priksa, limrahipun 10 c.M.³. Pucuking sêmprot wau lajêng kalêbêtna bolonganing margi uyuh sarta kêdah kajêpit rapêt, lajêng wiwit kapompa, manawi sampun rampung pamompanipun, ingkang sakit wau kapurih amithêt bolonganing margi uyuh wau watawis sêdasa mênut dangunipun lajêng kaêculakên malih, manawi makatên têmtu jampi wau sampun amradini lêkit-lêkitaning margi uyuh wau.

d. Mompa kuping. Têrkadhang tiyang sakit punika kupingiipun [kupingi ...]

--- 178 ---

[... ipun] kêdah dipun lêbêti toya kathah lajêng kawêdalakên malih, paedahipun kangge ngicali rêrêgêd ingkang ambuntêti utawi nanah ingkang wontên ing lêbêtipun. Sadèrèngipun tumandang, juru mulasara kêdah ngrêsiki tanganipun rumiyin, dene ingkang kangge mompa kuping punika limrahipun ballonspuit, sadèrèngipun kangge canule kêdah kakêsudan kapas sublimat rumiyin, canule wau ugi kenging kasambêtan usus-usus karèt ingkang dipun wastani ventilbuis dados ingkang sakit botên patos karaos sakit, ventilbuis punika kenging dipun gantos-gantos, ingkang rumiyin gulunipun ingkang sakit kêdah dipun sampiri sêrbèt ngantos nutupi bau supados panganggenipun sampun têlês kêkeceran toya nalika dipun pompa, ingkang sakit kapuriha linggih sarta nyêpêng bokor kacadhongakên sangandhaping kuping, toya ingkang badhe kangge mompa wau kadamêla mangêt-mangêt, lajêng kaisèkakên ing sêmprotan ngantos sakêbakipun amurih hawa ing lêbêtipun mêdal sadaya. Manawi badhe wiwit mompa, roning kuping wau katarika manginggil sêmu dhatêng [dha ...]

--- 179 ---

[... têng] wingking sakêdhik, pangompanipun ingkang alon-alon sarta sampun katujokakên ing têngah lêrês, prayogi kapara mangandhap, awit manawi botên makatên toya wau lajêng angèngingi kêndhanganing kuping (trommelvlies) punika andadosakên sakit. Dene trommelvlies wau awujud kêndhangan utawi bangsaning kulit ayam ingkang wontên ing saantawising kuping ingkang saèstu [inggih punika peranganing kuping ingkang dumunung ing salêbêting sirah] lan kuping jawi.

7. Ngasrêp-asrêpi lan ambêntèri tiyang sakit.

Tiyang sakit punika wontên ingkang pêrlu dipun asrêp-asrêpi badanipun, wontên ugi ingkang pêrlu dipun bêntèri, têrkadhang pêrlu badanipun sakojur, têrkadhang namung saperanganing anggota kemawon.

Pratikêl angasrêp-asrêpi lan angangêt-angêti badanipun tiyang sakit punika warni-warni, kados ta:

a. Sarana dipun bungkus (kêmuli badanipun).

--- 180 ---

b. Sarana dipun rêndhêm.

c. Sarana ngangge kêndhi bêntèr, ijskap.

d. Ngangge Priesnitz-verband.

a. Manawi tiyang sakit sangêt bêntèr badanipun, kakêmulana sinjang têlês ingkang sakalangkung asrêp, sampun têmtu bêntèripun ical. Patrap ingkang makatên wau ing têmbung Walandi dipun wastani: inwikkeling, sêpintên dangunipun ngêmuli wau, punika kêdah pitakèn dhatêng dhoktêr, makatên ugi sêpintên asrêping toya ingkang kangge nêlêsi sinjang wau. Manawi badhe nindakakên padamêlan punika, ingkang rumiyin kêdah sadhiya: èmbèr sêtunggil utawi kalih, siwur, sarung utawi sinjang 4, imitatieleer, sêpre utawi kêmul, andhuk, lan malih manawi wontên parentahipun dhoktêr inggih kêdah sadhiya: ès, ijskap, sêrbèt lan badthermometer.

Sadèrèngipun tumandang prayogi anglêmpakakên rumiyin sadaya pirantos ingkang badhe kangge, punika pêrlu sangêt sarta kangge salaminipun manawi tiyang badhe mulasara tiyang sakit angrencangi dhoktêr. Juru mulasara ingkang

--- 181 ---

satêngah-têngahipun mulasara kêdhap-kêdhap kesah nilar ingkang pinulasara pêrlu mêndhêt punapa-punapa ingkang kasupèn, punika botên sae sangêt.

Èmbèr ingkang satunggil kaisènana toya tawa satêngahipun kemawon, dene ingkang satunggilipun kacêmplungana ès lajêng dipun soki toya wontêna kalih siwur nuntên kakèndêlna kemawon ngantos asrêp, manawi sampun toya ès wau lajêng kacidhuka ing èmbèr ingkang isi toya tawa kaudhêk mawi badthermometer ngantos ukuraning asrêpipun kados ingkang sampun kaparentahakên dhoktêr. Asrêpipun wau inggih kenging kaladukan kalih grad saking parentahing dhoktêr, awit sadangunipun nguculi panganggenipun ingkang sakit toya wau têmtu sampun kirang sakêdhik asrêpipun, manawi botên pêrlu mawi ès sampun cêkap ngangge toya tawa saèmbèr kemawon, sarung utawi sinjang sêkawan wau lajêng kacêmplungna ing ngriku, ingkang sakit kalèmèkana imitatieleer, (pitulungan limrah: ngêdusi lan ngrêsiki tiyang sakit) lajêng amêndhêta sinjang saking ing èmbèr wau kalih iji kapêrês ingkang atus, kasèlèh [ka ...]

--- 182 ---

[... sèlèh] ing sisihipun ingkang sakit ing patilêmanipun, ingkang sakit nuntên kawudanana ingkang ngatos-atos. Sinjang kêkalih ingkang têlês wau lajêng kakêmulakên, ingkang satunggil saking gulu dumugi wêtêng, satunggilipun saking wêtêng ngantos dumugi suku, sirah lan sukunipun ngandhap sampun ngantos katutupan, tangan kajujurakên, ingkang sakit lajêng kairingna sakêdhik, ingkang rumiyin mangiwa lajêng manêngên, sinjang wau lajêng kagulungna ngantos nutupi badanipun sadaya. Manawi wontên parentahipun dhoktêr, sirahipun inggih kenging dipun sèlèhi ijskap. Manawi sinjang wau sampun radi bêntèr, lajêng kasantunana ingkang wontên ing èmbèr, ingkang sampun kangge kacêmplungakên ing ngriku, manawi pêrlu inggih kêdah dipun wêwahi ès malih.

Manawi pambungkusipun kadugi sampun cêkap, sinjang têlês wau lajêng kabikakana, badanipun kausapan ngantos garing, lajêng dipun panganggèni lan dipun kêmuli lămba utawi rangkêp manut parentahing dhoktêr.

--- 183 ---

b. Ngrêndhêm.

Têrkadhang dhoktêr parentah ngrêndhêm tiyang sakit punika ngantos dumugi ing gulu, panggenan ngrêndhêm wau ing têmbung Walandi nama badkuip lan pratikêlipun dipun wastani: volbad, dene paedahipun kungkum utawi ngrêndhêm badan makatên wau kala-kala inggih namung supados rêsik bandanipun kemawon. Tiyang ingkang kabêsmi badanipun punika wontên ingkang dipun êkum mawi toya mangêt-mangêt ngantos sawatawis dangunipun. Tiyang ingkang sakit tipês (typhus) ugi makatên, ngangge toya mangêt-mangêt utawi asrêp, manawi wontên tiyang sakit ingkang kêdah dipun êkum, sampun têmtu dhoktêr amratelakakên sapintên bêntèring toya ingkang kangge kungkum lan sêpintên dangunipun, manawi sagêd prayogi ingkang sakit wau dipun usung ngangge ambèn-ambenan ing jamban, ing ngriku dipun sêdhiyani jêdhing pakungkuman (badkuip) ananging manawi sakitipun sangêt, panggenan kungkum wau prayogi dipun sèlèh sacêlaking patilêman, panyèlèhipun kêdah katata amurih gampilipun juru mulasara anjunjung ingkang sakit saking patilêman [patilêma ...]

--- 184 ---

[... n] kasèlèh ing pakungkuman. Kala-kala panggenan kungkum punika wontên mătha utawi sendhenan pênjatos kadosdene sendhenan kursi, manawi makatên ingkang sakit botên linggih ing dhasaring badkuip ananging kajunjung manginggil sakêdhik, sanajan makatêna badanipun kêdah kaêkum sadaya. Anyèlèhakên tiyang sakit ing pakungkuman wau langkung gampil tinimbang anjunjung saking ngriku, manawi ingkang sakit kêdah dangu kungkumipun ing toya bêntèr, badkuip wau kêdah katutup kêmul satunggil utawi kalih, amurih toyanipun sampun tumuntên asrêp, kêmul wau kajagia sampun ngantos têlês. Manawi tiyang sakit kêdah dipun êkum ing toya bêntèr rambah-rambah ngantos pintên-pintên dintên lan sadintên-dintênipun kêdah pintên-pintên jam dangunipun, sampun têmtu badhe êmpuk sangêt dêlamakanipun suku salajêngipun rêkaos kangge lumampah, ingkang punika sadèrèngipun dipun êkum dêlamakaning suku wau kêdah dipun lisahi rumiyin mawi vaseline utawi lisah sanèsipun amurih sampun ngantos têlês lan êmpuk dêlamakan wau, manawi anggènipun kungkum wau namung kêdah sakêdhap [sakê ...]

--- 185 ---

[... dhap] kemawon, punika kêdah kajagia sapun[1] ngantos dangunipun kungkum wau kirang utawi langkung saking parentahipun dhoktêr, mila pêrlu sangêt juru mulasara ngangge jam, punapa malih ingkang kungkum inggih kêdah dipun ladosi, awit sagêd kêlampahan sêmaput lajêng kalêngêr. Punapa ingkang kêdah dipun tandangi dening para juru mulasara tumrapipun tiyang sakit ingkang sampun dipun êkum wau, punika dhoktêr ingkang nyukani pitêdah, manawi tiyang wau sakit tipês, panggosokipun wêtêng sampun sangêt-sangêt, punapa malih juru mulasara, salaminipun kêdah èngêt anglêmpakakên samukawis ingkang badhe kangge rumiyin, upami: èmbèr satunggil utawi kalih, andhuk kalih, sêpre kalih, sabun manawi pêrlu, badthermometer, toya bêntèr utawi toya asrêp, supados bêntèripun toya wau sagêd ajêg, sanèsipun punika èrloji inggih kêdah sêdhiya.

Manawi tiyang sakit ingkang dipun êkum sêmaput utawi ngêlu sangêt sirahipun utawi kasrêpên, punika

--- 186 ---

kêdah lajêng dipun junjung, prayogi sangêt manawi lajêng dipun ombèni anggur sacêgukan.

Pangumbahipun badkuip cêkap namung dipun êsoki toya kalih èmbèr lan awu miwah wêdhi kalih raup lajêng dipun sikat ingkang sangêt ingkang waradin, kêjawi awu lan wêdhi ugi kenging ngangge sodha sakilo, manawi sampun rêsik lajêng kabilasana mawi toya rêsik.

c. Kêndhi bêntèr lan ijskap.

Tiyang sakit ingkang asrêp sangêt badanipun têrkadhang botên sagêd angêt, sanajan dipun kêmulana rangkêp-rangkêp, tiyang ingkang makatên wau pêrlu kaseka ngangge kêndhi utawi botol isi toya bêntèr, utawi kasèlèh cêlak badan lan sukunipun, lajêng dipun kêmuli, ananging kêdah kajagia, toya ing botol wau sampun kêbêntèrên ngantos sagêd malocotakên badan, mila langkung rumiyin botol wau kêdah kadêmèk rumiyin, punapa kintênipun kenging kacêpêng utawi botên, tutuping botol utawi kêndhi wau kêdah rapêt lan kêdah sampun ngantos sagêd kècèr toyanipun angèngingi kulitipun [kuliti ...]

--- 187 ---

[... pun] tiyang ingkang sakit, dados pêrlu sangêt botol wau dipun tutup ingkang kêkah lan rapêt rumiyin lajêng dipun tangsuli pisan sampun ngantos sagêd copot. Botol wau lajêng kabuntêla sinjang utawi sêpre, samăngsa toyanipun sampun asrêp kêdah kasuntak kasantunan ingkang têksih bêntèr.

Ijskap, prayogi maosa bab ingkang kapisan, ăngka 19 ing ngriku kapratelakakên pratikêlipun ngisèni lan ngrimat, manawi kasèlèhakên ing kulitipun tiyang sakit, kêdah dipun lèmèki sinjang. Kêjawi punika prayogi sangêt manawi sanginggiling patilêman dipun sukani lagrangan dêling utawi kajêng kangge anggantung ijskap wau, supados namung anggêpok kulit ingkang kêdah dipun asrêpi botên sumèlèh ing kulit, manawi tiyang sawêg sêmaput sampun ngantos ijskap wau kaênggêngakên ing sapanggenan kemawon ngantos sajam dangunipun, sabên satêngah êjam kajunjunga.

Manawi ngrimat ès, prayogi kabungkusa karung goni [go ...]

--- 188 ---

[... ni] utawi tilas kêmul, lajêng kasèlèhna ing pêthi alit utawi kakrodhongan paidon.

d. Priesnitz-verband, pirantos punika paedahipun kangge ambalêbêd badanipun tiyang sakit supados badanipun wau têlês ananging bêntèr.

Manawi badhe nindakakên padamêlan punika langkung rumiyin kêdah angguntingi montên pêthak ngangrangan ingkang dipun wastani: hijdrophile gaas sadasa lêmbar, agêngipun kakintên-kintêna sacêkapipun, lajêng katêlêsana mawi boorwater toya ingkang isi boorzuur 3% utawi toya jampi sanèsipun ingkang kêtêdahakên dhoktêr. Manawi sampun têlês lajêng kapêrêsa, ing wêkasan kasèlèhna ing badan ingkang sakit wau lajêng katutupan Mosetig-batist utawi băngsa sinjang sanès ingkang botên sagêd tumus, Mosetig-batist wau pinggiripun sêkawan pisan kêdah nutupi pinggiring tutup kapisan kakintên-kintêna langkung tigang driji, ing nginggilipun pisan lajêng katutupan kapas lan sadaya wau lajêng kabalêbêd, manawi ambalêbêd dhadha utawi wêtêng inggih kenging ngangge gurita.

--- 189 ---

Pratikêl ambalêbêd makatên punika rumiyin ingkang manggih akal, satunggaling pangèn mènda nama Priesnitz, mila nama pabalêbêdan wau inggih mirid namanipun tiyang punika.

8. Amblonyohakên utawi anggosokakên jampi.

Tiyang sakit punika wontên ugi ingkang kêdah dipun blonyohi utawi dipun gosok jampi badanipun, peranganing anggota wau ingkang rumiyin kêdah dipun kumbah rumiyin, manawi kulit wau wulunipun kathah kacukura, dene ingkang mulasara inggih kêdah ngrêsiki tanganipun rumiyin, panggosokipun ingkang alon-alon. Asring sangêt sakit èstri ingkang sangêt ingkang limrah dipun wastani: syphilis punika kêdah kagosok salêp biru (kwikzalf), sêsakit punika tularan saking tiyang sanès, kalanipun carêm.

Kulit ingkang kathah wulunipun sampun dipun gosok salêp biru, kagosoka saking watêsing wulu kemawon, [kemawo ...]

--- 190 ---

[... n,] anggènipun anggosokakên ngantos ical sipating salêp, limrahipun ngantos sêprapat jam dangunipun, ingkang sakit piyambak inggih kenging anggosokakên jampi wau, ananging manawi pamanggihipun dhoktêr prayogi dipun tandangi para juru mulasara, inggih kêdah dipun lampahi. Manawi ingkang kêdah kagosok punika gêgêr, inggih kenging dipun tandangi para tiyang sakit piyambak gêgêntosan, tangan ingkang badhe kangge anggosok kêdah dipun buntêl rumiyin mawi pipih utawi Mosetigbatist.

Manawi ingkang kêdah kagosok badan sakojur, limrahipun anggène nindakakên makatên:

Dintên kapisan ingkang kagosok: suku têngên,

dintên kaping kalih ingkang kagosok: suku kiwa,

dintên kaping tiga ingkang kagosok: lambung têngên, (dhadha ingkang mawa wulu botên),

dintên kaping sêkawan ingkang kagosok: lambung kiwa,

dintên kaping gangsal ingkang kagosok: lêngên têngên,

dintên kaping nêm ingkang kagosok: lêngên kiwa,

--- 191 ---

dintên kaping pitu, adus (kungkum ing toya mangêt-mangêt), makatên salajêngipun wola-wali.

Ngurut otot.

Ngurut utawi mijêti punika paedah anglêmêsakên otot-otot utawi bayu ingkang kakên, ingkang kêndho sagêda kêncêng malih, ingkang pating karêncang sagêda ical, ananging para juru mulasara botên kenging pisan-pisan tumandang manawi botên wontên parentahing dhoktêr. Jalaran dipun urut makatên wontên ugi sêsakit ingkang lajêng dados sangêt. Ngurut utawi mijêti tangan utawi suku punika salaminipun kêdah saking ngandhap kapanginggilakên, makatên ugi ngurut gulu, paedahipun êrah sagêda mili ing jantung, awit jantung punika dunungipun ing salêbêting dhadha kiwa.

Manut kalimrahan tiyang ingkang badhe ngurut utawi mijêti punika kêdah wisuh rumiyin, makatên ugi tiyang ingkang badhe dipun urut, manawi badanipun rêgêd inggih kêdah dipun kumbah rumiyin, pangurutipun kêdah ngang- [ngang ...]

--- 192 ---

[... -] ge lisah utawi vaseline amurih pucuking dariji ingkang mijêt wau gampil angèngingi otot ingkang dipun angkah.

Bab ingkang kawolu.

Sêsakit ingkang nular.

Harak inggih kathah ta bangsaning sêsakit ingkang sagên[2] nular, ananging punapa sampeyan sadaya sampun nate manah punapa sababipun dene têka makatên, kadospundi mula bukanipun dene wontên bangsaning sêsakit ingkang sagêd nular lan wontên ingkang botên. Sêsakit kadhas kudhis, korèng utawi cacar gampil sangêt tumularipun dhatêng tiyang sanès ingkang sêsrawungan kalihan tiyang ingkang bêbuka gadhah sakit makatên. Ananging tiyang pincang sanajan kêmpala sabên dintên botên mutawatosi punapa-punapa dhatêng tiyang sanès, pincangipun botên sagêd nular.

Punapa sababipun dene têka makatên, ing ngandhap punika badhe kapratelakakên.

Wontênipun tiyang kenging sêsakit ingkang nular punika, mula bukanipun badaning tiyang wau kaencokan utawi

--- 193 ---

katèmplèkan bangsaning kewan ingkang alit sangêt utawi inggih kenging dipun wastani bangsaning têtuwuhan ingkang alit sangêt. Ing têmbung mănca wijining sêsakit wau dipun wastani basil (bacil) punika lajêng tuwuh tangkar-tumangkar, lami-lami ngawontênakên sakitipun tiyang wau, kathah sangêt warnining sêsakit ingkang makatên kadadosanipun, dene ingkang ambêbayani sangêt inggih punika sakit kolerah, ambêbucal rah (dysenterie), typhus, cacar, kadhas kudhis, leprah (budhug) watuk garing (longtering), malariya lan pès.

Sawarnining sêsakit ingkang nular punika botên sami agênging bêbayanipun, wontên tiyang ingkang kenging bangsaning sêsakit ingkang nular ananging kenging manggèn sakamar kalihan tiyang ingkang sakit sanès, wontên ugi ingkang kêdah kapiyambakakên, pundi ingkang kenging katunggilakên pundi ingkang botên, punika dhoktêr ingkang anêmtokakên.

Kewan utawi têtuwuhan ingkang wontên satunggil-tunggiling sêsakit punika botên sami wujudipun, kados [ka ...]

--- 194 ---

[... dos] ta: basil ingkang wontên ing kadhas kudhis punika warninipun kados kêmăngga lan sukunipun inggih wolu, sampun jiblès kêmăngga saèstu. Tiyang ingkang kenging kolerah punika salêbêting wadhukipun ênèm utawi ususipun kadunungan maèwu-èwu basil ingkang warninipun kados têtêngêr komma, titik utawi cêcêk mawi buntut, mila inggih dipun wastani: komma basil. Manawi tiyang kenging sakit bêntèr malariya, sampun têmtu ing salêbêting êrahipun kadunungan basil ingkang kados sêsupe wujudipun. Dados sabên-sabên sêsakit ingkang nular punika jalaran saking basil-basil ingkang beda-beda wujudipun sarta alit-alit sangêt ngantos botên katingal ing mripat walaka, katingalipun namung sarana sêmprong ingkang sagêd ngagêngakên barang ingkang dipun tingali, mikroskup namanipun.

Basil-basil wau botên namung ajêg manggèn ing salêbêting badanipun tiyang ingkang sakit kemawon, kala-kala inggih mêdal lajêng mencok ing badanipun tiyang sanès, dangu-dangu [dangu- ...]

--- 195 ---

[... dangu] tiyang ingkang dipun encoki inggih lajêng sakit kadosdene tiyang ingkang kapisan.

Manawi sampeyan sadaya mangêrtos punapa ingkang kacariyosakên punika, têmtunipun inggih mangêrtos bilih tiyang ingkang kenging sêsakit ingkang nular punika ambêbayani sangêt dhatêng tiyang sanès, ananging punika botên dados punapa, awit manawi kula sadaya sampun sumêrêp sabab-sababipun, sampun têmtu sagêd nulak. Dene pratikêl panulakipun ing ngandhap punika badhe kapratelakakên.

Pratikêlipun botên liya kajawi namung kêdah anjagi supados basiling tiyang ingkang sakit wau sampun ngantos mencok ing badan kula sadaya, dene sagêdipun ngolah-ngalih basil-basil wau inggih badhe kula cariyosakên pisan, ananging sadèrèngipun punika prayogi kula cariyosakên rumiyin salah satunggiling sêsakit ingkang nular, kados ta: dhesèntri, kolerah lan tipês.

Dhesèntri punika bangsaning sêsakit wawratan êrah kaworan umbêl, pinangkanipun saking usus, mêdalipun [mêdalipu ...]

--- 196 ---

[... n] sêsarêngan tinja, dene wontênipun êrah lan umbêl punika saking pêndamêlipun kewan ingkang dumunung ing usus.

Tiyang ingkang kenging sêsakit kolerah kawontênanipun tansah ambêbucal, wujuding sêsukêr ingkang kathah-kathah botên warni abrit sêpuh, ananging pêthak kadosdene bubur ingkang cuwèr sangêt, tiyang sakit kolerah punika limrahipun mawi mutah-mutah, manawi sangêt tanganipun asrêp, mripatipun ngowok, suwaranipun alit, jalaran makatên kawontênanipun, mila salêbêtipun kalih tigang jam ingkang sakit inggih sagêd tilar donya, usus utawi wadhukipun ênèm kêbak basil, punika sagêd mêdal sarêng sêsukêr lan utah-utahan.

Tandhanipun tiyang kenging sakit tipês punika sarana kasrêpên ngantos sawatawis minggu laminipun, jampi kênini botên sagêd nyarasakên, ususipun labêt-labêt kados sêkaring pathèk, inggih punika pêndamêlipun basil-basil ingkang dumunung ing ngriku, manawi ingkang sakit punika nênêdha ingkang atos-atos, upaminipun gêrèh

--- 197 ---

labêt punika lajêng mêcah, inggih punika ingkang asring anjalari pêjahipun ingkang nandhang sakit wau. Basil tipês punika mêdalipun saking badaning tiyang ingkang sakit sarêng kalihan sêsukêr utawi uyuh.

Dados têtela sangêt sêsakit dhesèntri, kolerah lan tipês punika ambêbayani sangêt dhatêng tiyang sanès jalaran wêdaling sêsukêr saking tiyang ingkang sakit, makatên ugi utah-utahanipun tiyang sakit kolerah lan uyuhipun tiyang sakit tipês, ananging utah-utahan utawi uyuh punika botên patos ambêbayani manawi katimbang kalihan sêsukêripun.

Manawi badhe nulak sêsakit: dhesèntri, kolerah lan tipês, kêdah kajagia sampun ngantos sêsukêr wau ngèngingi badan sampeyan. Kathah tiyang lajêng wicantên: bêja lan cilaka, sakit lan pêjah punika takdir.

Punika inggih lêrês, ananging sumêrêpa, sanajan sakêdhik kemawon sêsukêr punika sampun mêsthi ambêbayani, upami tiyang nyêpêng sinjang utawi panganggenipun tiyang ingkang sakit wau, kenging ugi darijinipun anggêpok sêsukêripun, [sê ...]

--- 198 ---

[... sukêripun,] lan manawi tiyang wau lajêng nênêdha, basil wau lajêng nemplok ing têtêdhan salajêngipun malêbêt ing cangkêm, jalaran saking punika tiyang wau lajêng kenging sêsakit kolerah, awit sanajan namung sakêdhik basil ingkang lumêbêt ing usus, sakêdhap kemawon sampun sagêd nak-kêmanak.

Punapa malih sêsakit kolerah punika sagêd nular-nular jalaran basilipun kabêkta lalêr, ing sakawit lalêr punika angrubung sêsukêripun tiyang sakit, lajêng ngalih mencok ing têtêdhan, nalika ngalih saking sêsukêr wau sukunipun têmtu inggih katutan sêsukêr, salajêngipun sêsukêr wau nemplok ing têtêdhan, saya agêng malih bêbayanipun manawi sêsukêripun tiyang sakit: dhesèntri, kolerah utawi tipês punika klêbêt ing toya, manawi makatên sakêdhap kemawon sêsakit wau sampun sagêd tular-tumular dhatêng tiyang kathah.

Mila pêrlu sangêt sêsukêr wau lajêng dipun tawar, inggih punika dipun siram toya apu utawi toya jampi sanès-sanèsipun ingkang sagêd amêjahi basil wau,

--- 199 ---

bab punika sampun kapratelakakên ing piwulang pratikêlipun angrêsiki rêrêgêd ingkang sagêd anjalari sêsakit. Basil wau inggih sagêd pêjah dening toya umob utawi uwabing toya bêntèr.

Manawi tiyang kapêksa kêdah mulasara piyambak, anak, semah, ingkang kenging salah satunggiling sêsakit tiga wau, pênjaginipun makatên:

1. Manawi ingkang sakit wau ambêbucal, sêsukêripun enggal-enggal kasirama toya apu utawi toya pênawar wisa sanèsipun, kathahing toya wau kaangkaha sami kalihan sêsukêripun.

2. Patilêmanipun lan gêlaran-gêlaran ingkang wontên ing ngriku sarta panggenan sakubêngipun kêdah dipun rêsiki.

3. Panganggenipun ingkang kenging sêsukêr kaêkuma ing sapukarbol utawi toya jampi sanèsipun ingkang pancèn kangge makatên.

4. Manawi mêntas nyêpêng tiyang sakit wau tangan kêdah kakumbah rêsik, makatên ugi sabên-sabên badhe nêdha inggih kêdah wisuh.

--- 200 ---

5. Sampun nênêdha ing panggenanipun tiyang sakit wau.

6. Sampun nêdha têtêdhan ingkang sampun dipun cêpêng tiyang sakit.

7. Sampun udut manawi sawêg mulasara tiyang sakit wau.

8. Sampun ngombe sanèsipun toya wedang utawi toya saking sumur bur.

9. Amrayitnanana manawi pinuju kathah lalêr, têtêdhan ingkang dipun rubung lalêr prayogi dipun bucal kemawon, sampun ngantos wontên rêrêgêd, panggenan ingkang rêgêd-rêgêd kêdah dipun kêpyuri petroleum-residu utawi dipun bêsmi.

Manawi sadaya piwulang ingkang kapratelakakên punika dipun èstokakên, sampun tamtu amulasara tiyang sakit kolerah, dhesèntri lan tipês punika botên sapintêna bêbayanipun. Manawi ing satunggiling nagari wontên pagêblug kolerah, prayogi tiyang-tiyang ingkang saras dipun cuthat kolerah. Tiyang ingkang sampun dipun cuthat kolerah limrahipun kalis ing sêsakit punika, utawi sanajan kenginga, inggih botên sangêt, beda kalihan tiyang ingkang dèrèng dipun cuthat. Manawi măngsa pagêblug [pa ...]

--- 201 ---

[... gêblug] makatên, prayoginipun tiyang sami nêdhaa ing wanci ingkang ajêg lan sampun ngantos kêtuwukên, nêdha mawi lawuh warni-warni punika inggih kathah bêbayanipun.

Sêsakit tigang warni ingkang sampun kapratelakakên punika ingkang ambilaèni sangêt namung sêsukêripun. Sapunika kula badhe nyariyosakên warni-warni sêsakit ingkang tumanipun, utawi krumanipun sêsakit wau, inggih punika wujud utawi wiji ingkang angwontênakên sêsakit, dumunung salêbêting kulitipun tiyang ingkang sakit, sêsakit ingkang makatên wau, kados ta: cacar, kadhas kudhis lan budhug utawi leprah.

Bab sakit cacar.

Sêsakit cacar punika bangsaning sêsakit ingkang sagêd nular, ingkang kenging sakit wau ing sakawit karaos bêntèr, manawi sampun tiga utawi sêkawan dintên bêntèripun kirang, ananging kulitipun lajêng sami katingal malênthung, manawi punika sampun agêng, ingkang kathah-kathah pucukipun sami dhêkok-dhêkok, ing wêkasan sami mêcah kimpès lan salajêngipun garing anggègrègi. Daya ingkang sagêd nulak sêsakit wau namung cuthatan cacar.

--- 202 ---

Manawi tiyang badhe mulasara tiyang sakit cacar pêrlu sangêt kêdah dipun cuthat piyambak rumiyin, inggih punika manawi salêbêtipun gangsal tauh ingkang sampun tiyang wau botên nate dipun cuthat-cuthat malih.

Ingkang kathah-kathah pratikêl panulaking sêsakit kolerah lan dhesèntri punika inggih kenging kangge nulak sêsakit cacar. Manawi tatuning cacar punika sampun garing, wijining sêsakit lajêng mabur nunggil hawa salajêngipun sumêbar ing pundi-pundi, jalaran saking punika panganggenipun ingkang rêgêd-rêgêd tiyang ingkang sakit wau kêdah dipun cêmplungakên ing toya pênawar.

Tiyang ingkang sakit cacar punika kêdah kapiyambakakên panggenanipun, kasetrakakên, samukawis ingkang dipun angge tiyang sakit wau, utawi sadaya pirantos ingkang kaangge mulasara, kados ta: pangangge lan pirantosipun nêdha tuwin sapanunggilanipun, punika sampun ngantos kaêmorakên barang sanès lan sampun kabêkta dhatêng panggenan sanès sadèrèngipun dipun kumbah rêsik.

--- 203 ---

Kadhas kudhis utawi korèng.

Punika bangsaning sêsakit ingkang sagêd nular ugi, raosipun gatêl sangêt, ingkang kathah tuwuhipun ing sêla-sêlaning dariji, ugêl-ugêl, ngandhaping cangklakan, sakiwa têngêning panggenan wêwados lan ing bokong, sêsakit punika gampil sarasipun, ananging inggih ugi gampil tuwuhipun malih.

Leprah utawi budhug.

Punika ugi bangsaning sêsakit ingkang nular lan lami sangêt sarasipun, wujuding sêsakit wau, kulit katingal pating jêngkêrut, pating parênthol utawi kados pathèkên, kulit wau lajêng kathah ingkang pêjah raosipun, kala-kala suku lajêng lumpuh tangan apus, wontên ugi ingkang lajêng mrithili darijinipun tangan lan suku.

Bêbayanipun sêsakit wau tumrap tiyang sanès, inggih punika manawi gagêpokan kalihan badan, pangangge utawi pirantos patilêmanipun tiyang ingkang sakit wau. Punapa kemawon ingkang mêdal saking kulitipun tiyang sakit makatên, kados ta: klèthèkaning labêt, upil [upi ...]

--- 204 ---

[... l] lan nanahipun, punika sagêd nularakên sêsakit, makatên ugi riyak lan umbêlipun tiyang sakit leprah lan cacar, punika inggih ambêbayani.

Longtèrêng utawi sêsakiting paru.

Punika bangsaning sêsakit ingkang manggèn, tiyang ingkang sakit makatên tansah watuk lan kasrêpên, langkung-langkung manawi wanci dalu, saya lami badanipun saya kêra. Wijining sêsakit dumunung ing riyak lan idunipun, wiji wau inggih bangsaning kewan utawi têtuwuhan alit-alit ingkang dipun wastani: Tuberkelbacil dados bêbayaning sêsakit wau inggih dumunung ing riyak lan idu, jalaran saking punika riyak lan idunipun tiyang wau kêdah katadhahan ing paidon isi toya pênawar, upami sapukarbol utawi kreolinê. Wontên bangsaning paidon ingkang pancèn kangge tiyang sakit makatên, wujudipun tutupan ananging ing têngah-têngah bolong, botên gampil dipun lêbêti lalêr utawi sêmut ingkang nêdya ngrubung riyak wau. Tiyang sakit longtèrêng punika botên kenging riyak lan idu saênggèn-ênggèn, [saêng ...]

--- 205 ---

[... gèn-ênggèn,] makatên ugi sampun ngantos dipun tadhahi kacunipun.

Manawi tiyang wau watuk, kringêtên utawi kasrêpên, punika kêdah dipun ladosi.

Malariyah.

Punika bangsaning sêsakit ingkang asring tuwuh ing panggenan-panggenan sacêlaking pasisir, tiyang ingkang sakit malariyah punika karaos kasrêpên, têrkadhang mawi ngêrog rumiyin, sawatawis dintên kemawon limrahipun sampun saras, ananging sakêdhap-sakêdhap inggih kumat malih, lami-lami lajêng abuh (mêlar) limpanipun, jampi ingkang sae piyambak kangge nyarasakên sêsakit wau namung kênini.

Dene ingkang anjalari sêsakit wau inggih bangsaning kewan utawi kruma ingkang alit sangêt dumunung ing êrahing tiyang ingkang sakit. Tiyang ingkang sakit malariyah manawi dipun cakot jingklong, jingklong lajêng ngisêp êrahipun, ing ngriku kewan malariyah wau mlêbêt ing badanipun jingklong, manawi jingklong wau lajêng nyakot tiyang ingkang

--- 206 ---

saras, kewaning malariyah lajêng ngalih ing badaning tiyang saras wau, watawis saminggu malih ingkang dipun cakot punika lajêng kêtularan malariyah. Inggih makatên punika jalaranipun jingklong sagêd nular-nularakên sêsakit malariyah, dados têtela sangêt jingklong punika kala-kala inggih ambêbayani. Ing panggenan ingkang botên wontên jingklongipun sampun têmtu inggih botên wontên tiyangipun ingkang sakit malariyah, nanging panggenan ingkang makatên punika botên kathah. Ewadene kiranging jingklong punika kenging dipun budidaya. Jingklong punika limrahipun sami nigan ing toya ingkang kèndêl, dados manawi satunggiling kampung botên wontên toya ingkang mambêg, jingklongipun inggih botên sagêd manak. Sintên ingkang lumuh sakit malariyah sampun dêdunung ing panggenan ingkang wontên toyanipun kèndêl, ananging panggenan ingkang makatên wau awis sangêt.

Prayoginipun sampun anandho toya ing paso utawi ing jedhi dangu-dangu, mindhak dipun tigani ing jingklong, luwang-luwangan ingkang wontên ing pakarangan kêdah

--- 207 ---

kaurugan wêdhi, sadaya luwangan ingkang sampun dipun urugi manawi taksih wontên toyanipun mêmbêg-mêmbêg, kêdah dipun siram lisah latung, amurih pêjahing tiganipun jingklong ingkang wontên ing ngriku.

Pès.

Inggih punika satunggiling sêsakit ingkang ambêbayani sangêt, rumiyinipun ing tanah Jawi botên wontên sêsakit wau, ananging wiwit taun 1912 Jawi Wetan kaparag ing pagêring pès sakalangkung anggêgirisi. Tiyang ingkang kenging sêsakit punika karaos kasrêpên lan asring karaos sakit ing wêlakang lan ing cangklakanipun. Ingkang adhakan kenging sakit pès punika tikus, mila băngsa Cina mastani sakit pès punika inggih: sakit tikus. Wuluning tikus punika asring kathah tumanipun, manawi tumaning tikus ingkang kenging pès punika nemplok ing badanipun tiyang saras lajêng nyakot, tiyang wau lajêng sagêd kêtularan pès, dados ing panggen-panggenan ingkang katrajang ing sêsakit pès, tikusipun ambêbayani.

--- 208 ---

Bab ingkang kaping sanga.

Mêjahi krumaning sêsakit (ontsmetting)[3]

Sampeyan punapa têksih èngêt sadaya ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng bab kawontênanipun sêsakit ingkang sagêd nular. Ing ngriku sampun kapratelakakên bilih anggènipun sakit wau jalaran badanipun dipun lêbêti krumaning sêsakit utawi basil. Sêsakit punika kenging dipun singkiri sarana kajagi sampun ngantos badan kita kalêbêtan basil, utawi têtuwuhan ingkang lêmbat, amila prayoginipun samukawis ingkang sagêd andhatêngakên bêbaya wau kasirnakna. Para dhoktêr sampun ambudidaya saha ngêcakakên warni-warni pratikêl kangge anyirnakakên basil wau, pambudidaya makatên punika ing têmbung Walandi dipun wastani: ontsmettingsmiddelen. Mêjahi basil wau ing têmbung Walandi dipun wastani: ontsmetten,

--- 209 ---

samangke badhe katêdahakên satunggil-tunggiling pratikêlipun:

1. Ngumbah lan ngosoki mawi toya lan sabun.

Manawi badhe anindakakên padamêlan punika kêdah sêdhiya: sikat, sabun, èmbèr lan toya rêsik.

2. Anggodhog.

3. Anggaringakên, ingkang sae piyambak dipun êpe utawi dipun panggang ing latu.

4. Ambêsmi.

Punika sadaya pratikêl ingkang gampil piyambak linampahan, ing pundi-pundia kenging sampeyan tindakakên, sanadyan têbih apotik, tur inggih prayogi piyambak kangge anyirnakakên têtuwuhan alit-alit ingkang ambêbayani wau. Kajawi punika wontên malih ontsmettingsmiddelen ingkang wontên ing apotik, inggih punika:

5. Sublimat.

6. Kreolin.

--- 210 ---

7. Sapukarbol.

8. Sêpiritus.

9. Yodhiyum tingtir.

10. Gamping.

11. Pormalinê, sêtum.

12. Prusi.

Punika sadaya wujuding ontsmettingsmiddelen ingkang asing kangge, dene sanèsipun punika inggih taksih wontên malih. Manawi dhoktêr parentah sampun têmtu ugi badhe dipun têdahi pratikêlipun matrapakên.

Ambokmanawi sampeyan sadaya anggagas, apa paedahe kudu nyumurupi ontsmettingsmiddelen nganti rolas prakara kanggo anyirnakake wijining lêlara, genea ora mung dipilih salah siji kang maedahi dhewe bae tumrap matèni wijining lêlara mau.

Manawi makatên pamanggih sampeyan sadaya, dados inggih sami kemawon kalihan lare-lare ingkang dèrèng angsal wulangan babar-pisan, makatên liripun:

Manawi tiyang kuwatos bilih toya ingkang badhe dipun [dipu ...]

--- 211 ---

[... n] ombe punika wontên basilipun, toya wau harak namung kêdah dipun godhog kemawon, botên kêdah dipun êpe utawi dipun soki sublimat awit sublimat punika racun, jalaran saking punika mila inggih pêrlu sangêt tiyang kêdah nyumêrêpi satunggil-tunggling ontsmettingsmiddelen kalih wêlas warni wau sadaya, awit sampun cêtha wontên paedahipun piyambak-piyambak manut kawontênanipun samukawis ingkang badhe dipun tandangi.

1. Ngumbah.

Manawi wontên pangangge utawi sinjang ingkang gupak sêsukêripun tiyang sakit kolerah, utawi wontên gunting ingkang kenging nanah, punika kêdah dipun kumbah. Jalaran dipun kumbah, dipun gosok lan dipun sikat punika kruma-kruma ingkang wontên ing sinjang ingkang gupak sêsukêr, ingkang wontên tangan, ingkang wontên badanipun tiyang sakit, gêlaran, temboking kamar lan sanès-sanèsipun, sagêd sirna, pratikêl punika gampil sangêt lan botên angrisakakên punapa-punapa, ananging sêjatosipun tilasing rêrêgêd ingkang alit sangêt botên sagêd [sagê ...]

--- 212 ---

[... d] ical, dados pratikêl punika kala-kala inggih kirang sampurna.

2. Ingkang kenging dipun godhog punika, toya, puhan, lan bangsaning ombèn-ombèn sanèsipun, manawi punika sampun umob sêprapat jam dangunipun, sampun têmtu basil-basil ingkang dumunung ing ngriku pêjah sadaya, ananging botên namung toya kemawon ingkang kenging dipun sirnakakên basilipun sarana dipun godhog. Manawi wontên pirantos ingkang kakintên wontên basilipun, punika inggih wontên ingkang kenging dipun godhog, kados ta: pirantosipun dhoktêr, gêlas, mangkok, piring, lan sanès-sanèsipun ingkang botên sagêd risak jalaran kagodhog, makatên ugi barang suwèk, sinjang lan rasukan inggih kenging dipun godhog. Ananging manawi barang-barang wau rêgêd kenging sêsukêr, êrah utawi nanah, sadèrèngipun dipun godhog kêdah dipun kumbah rumiyin mawi sabun. Bangsaning sutra utawi ingkang mawi sulaman jêne utawi ingkang mawa pulas warni-warni, punika têmtunipun risak manawi dipun godhog.

--- 213 ---

3-4. Mepe, manggang utawi ambêsmi. Punika ontsmettingsmiddelen ingkang gampil piyambak, ananging botên mêsthi kangge, basil-basiling sêsakit kolerah utawi pès punika enggal sangêt pêjahipun manawi sampun garing saèstu, ananging basil sanès-sanèsipun botên makatên, upaminipun sinjang, manawi kenging sêsukêripun tiyang sakit kolerah sanajan namung sakêdhik sangêt, sêsukêr wau kêdah sagêd garing sangêt, manawi botên makatên basil ingkang wontên ing sêsukêr wau têmtu botên pêjah. Bab ngêpe samukawis punika asring pêrlu dipun tindakakên, griya ingkang mêntas dipun ênggèni tiyang sakit kolerah punika isinipun ingkang warni: meja, kursi, ambèn lan sapanunggilanipun kêdah dipun êpe sadintên muput, sadangunipun dipun êpe wau kêdah dipun wolak-walik supados waradin kasorotan surya, manawi sampun makatên sawêg kenging dipun angge malih tanpa kanthi bêbaya, griya ingkang mêntas dipun ênggèni tiyang sakit pès punika asring dipun bikaki payonipun.

Manawi wontên barang ingkang gupak nanah, sêsukêr utawi idunipun [i ...]

--- 214 ---

[... dunipun] tiyang sakit ingkang ambêbayani, punika têrkadhang dipun bêsmi, dados krumaning sêsakit ingkang wontên ing sêsukêr wau inggih lajêng pêjah, dene barang ingkang dipun bêsmi punika sampun têmtu kemawon ingkang mirah rêginipun utawi ingkang botên badhe risak jalaran kabêsmi, kados ta: gêlaran ingkang mêntas dipun angge tiyang pêjah kolerah, punika prayogi dipun bêsmi kemawon, makatên ugi kapas utawi pirantos pamblêbêdan tiyang sakit leprah.

Ing verbandkamer sampeyan sadaya têmtunipun asring sumêrêp mangkok-mangkok lan bokor ingkang dipun tètèsi sêpiritus lajêng dipun bêsmi, punika inggih paedah ambêsmi basil-basil ugi ingkang wontên ing ngriku, barang-barang bangsaning pêlikan, upami pincet manawi rêgêd, inggih kenging dipun rêsiki sarana dipun bêsmi amurih awèt anggenipun.

Ing samangke măngga sami ngrêmbag ontsmettingsmiddelen ingkang saking apotik pinangkanipun.

5. Sublimat. Punika warninipun pêthak, wujudipun [wujudipu ...]

--- 215 ---

[... n] kados tawas ananging langkung awrat, manawi dipun cêmplungakên toya lajêng luluh kados gêndhis, toyanipun mandos sangêt, manawi kaombe, mêjahi, mila inggih ambêbayani sangêt manawi kaêjèr ing toya namung makatên kemawon, awit warninipun botên beda kalihan toya limrah. Limrahipun sublimat wau dipun êmori wujud ingkang abrit utawi biru mawi sarêm sakêdhik, dipun ulêd dados satunggal, lajêng dipun glindhingi alit-alit dipun wastani: sublimaat-pastiljes, saglindhing-glindhingipun sublimat wau satunggal gram, punika cêkap kangge momoranipun toya salitêr utawi kalih litêr, dene toya momoran punika paedahipun kangge ngumbah tangan ing verbandkamer utawi kangge ngumbah kulitipun tiyang sakit supados pêjah krumanipun, labêt korèng, utawi pathèk. Têrkadhang toyanipun kêdah langkung kathah, manawi badhe kangge ngumbah mripat saglindhingipun kêdah ngangge toya gangsal litêr, manawi damêl makatên sampun ngangge sublimat: 1/10%, kêdah: 1/50%.

--- 216 ---

Piratos ingkang bangsaning pêpêlikan manawi kenging toya sublimat punika warninipun lajêng burêk, manawi karêndhêm ing ngriku, lami-lami têmtu lajêng risak babar-pisan. Manawi ngumbah griya tilasipun tiyang pêjah jalaran sakit ingkang nular ngangge sublimat, punika kêdah ngatos-atos sangêt, awit sublimat punika bangsaning racun ingkang mandos sangêt, kêdah tukang mulasara piyambak ingkang nandangi, sampun pisan-pisan namung kapasrahakên dhatêng ingkang gadhah griya piyambak. Pangangge lan sinjang-sinjang ingkang kangge lèmèk tilêm kêdah karêndhêm ing wajan utawi paso isi toya sublimat: 1/10%, manawi sinjang-sinjang wau sampun waradin têlêsipun ing dalêm sêdasa mênut, sampun têmtu basilipun sêsakit sampun sami pêjah, botên wontên bangsaning toya jampi ingkang mandos kangge mêjahi basil kados sublimat, dados manawi botên sabar inggih prayogi nganggea sublimat, manawi sinjang wau sampun dipun êntas saking sublimat, lajêng kakumbaha ngangge toya tawa ngantos rêsik.

6. Kreolin, punika wujudipun kênthêl warninipun [warnini ...]

--- 217 ---

[... pun] abrit sêpuh, manawi kaêmoran toya dados pêthak kados puhan warninipun, gandanipun anèh sangêt, panyampuripun: kreolin 5 dumugi 50 bagean, toya 1000 bagean, campuran ingkang èncèr sangêt inggih punika 5 bagean kreolin 1000 bagean toya, cêkap kangge ngumbah gêlaran lan tembok, papan lan kalèn-kalenan, dene ingkang langkung kênthêl, upami 2% utawi 3%, kenging kangge wisuh utawi ngumbah meja kursi, ingkang langkung kênthêl malih 5% punika kangge mêjahi basil ingkang wontên ing sinjang-sinjang, inggih punika sarana dipun rêndhêm ing ngriku ngantos saêjam dangunipun. Piring utawi pirantos nêdha sanès-sanèsipun prayogi sampun dipun kumbah kreolin, awit ambêtipun nyêgrak, raosipun botên eca lan angèl icalipun.

7. Sapukarbol. Punika warninipun mèh kados kreolin, inggih abrit sêpuh sêmu cêmêng, ingkang dipun damêl campuraning sabun ijêm kalihan bibit karbol, manawi sapukarbol wau kaêmorakên toya, warninipun botên pêthak, ananging abrit sêpuh, dene panganggenipun [pa ...]

--- 218 ---

[... nganggenipun] inggih kados kreolin, makatên ugi campuranipun toya. Gêlaran ingkang dipun kumbah mawi sapukarbol ingkang sampun dipun campuri toya punika sawatawis dintên malih lajêng klimis. Manawi kangge wisuh langkung prayogi toya kreolin tinimbang toya sapukarbol.

8. Sêpiritus. Patrap panganggenipun sêpiritus ingkang kangge nyirnakakên krumaning sêsakit punika wontên ing verbandkamer têmtu sampeyan sadaya badhe dipun wulangi. Sêpiritus punika botên limrah kangge ngrêsiki griya, awit awis sangêt rêginipun.

9. Jodium-tinctuur punika jampi pirantos kangge ngrêsiki kulitipun tiyang sakit ing kamar operatie.

10. Gamping punika pirantos kangge mêjahi basil ing sêsukêr, utah-utahan lan sanès-sanèsipun, gêlaran tembok lan sanès-sanèsipun ugi kenging dipun rêsiki ngangge gamping. Gamping punika asalipun saking sela gamping dipun bêsmi, ingkang sae piyambak inggih punika ingkang bêsmèn enggal utawi ingkang dipun rimat ing

--- 219 ---

gêmbrèng ingkang kapatri rapêt, manawi karimat ing panggenan ingkang bikakan sampun têmtu enggal risak, botên sae kangge pirantos mêjahi basil.

Supados gamping punika kenging kangge ngrêsiki krumaning sêsakit, kêdah dipun jênang rumiyin ngantos dados apu, ing têmbung Walandi dipun wastani: kalkmelk utawi kalkbrij, anggènipun anjênang makatên:

Mêndhêta gêmbrèng lisah patra lajêng kaisènana gamping watawis sapragangsalipun, ingkang agêng-agêng prongkolanipun prayogi dipun gêpuki palu tosan ingkang ngatos-atos sampun ngantos mlêtiki mripat, lajêng kaêsokana toya ingkang sami kathahipun kalihan gamping wau, manawi gamping sae sampun têmtu toyanipun bêntèr lan umob, manawi sampun kèndêl umobipun lajêng dipun êsokana toya malih alon-alon ngantos kêbak sarwi kaudhêk, samangke gamping wau sampun dados jêladrèn lan kenging kaangge, ananging sampun ngantos karimat langkung saking sadintên, manawi badhe mêjahi basil ingkang wontên ing sêsukêr, utah-utahan [utah-utaha ...]

--- 220 ---

[... n] lan sapanunggilanipun sarana apu wau, sêsukêr punika kaêsokana apu kaangkaha sami kathahipun lajêng kaudhêk lan kakèndêlna ngantos sajam dangunipun.

Apu punika inggih kenging kangge nyaput gêdhèg, tembok, pagêr, lan gêlaran, manawi sampun sêdintên sêdalu gêlaran utawi lampit punika lajêng kenging dipun rêsiki malih, dipun kumbah murih icala saputipun, prayoginipun manawi nyaput punika ngantos rambah-rambah salêbêtipun kalih tigang dintên, lampit wau ngantos pêthak sangêt dados basil sagêd pêjah, kewan-kewan ing kakus ugi sagêd pêjah sarana dipun sirami apu wau.

11. Formaline punika barang cuwèr warninipun kados toya, gandanipun sêngak, manawi dipun gănda mripat lan êlêd-êlêd karaos sakit, punika sae sangêt kangge pirantos mêjahi basil. Dene ingkang kangge punika saèstunipun dede formaline-nipun ananging uwabipun, dados manawi badhe kangge kêdah dipun godhog rumiyin utawi dipun angêt-angêti ngantos dados uwab, nalika punika inggih kêdah anggodhog toya

--- 221 ---

malih kapêndhêt uwabipun, uwab formaline lan uwab toya punika lajêng dipun ilèkakên sarana torong ing kamar ingkang sampun katutupan rapêt. Sadaya bolongan lan lêkit-lêkitan ing griya wau kêdah katutupan rapêt, dados manawi griya gêdhèg dêling têmtu botên kenging dipun sirnakakên basilipun ngangge pratikêl punika. Uwab ingkang kalêbêtakên wau lajêng sumrambah ing salêbêting kamar mêjahi sawarnining gêsang ingkang wontên ing ngriku, jalaran saking punika sadaya bara ing griya wau kêdah dipun tata ingkang sae amurih gampil sagêdipun kasumukan uwab wau, pêthi ingkang isi pangangge, ingkang katutup utawi ingkang namung kabikak sapalih, sampun têmtu botên waradin kengingipun uwab.

Kajawi ing momoraning uwab formaline lan uwab toya, uwab toya thok inggih sampun kenging kangge mêjahi basil, ananging kêdah langkung bêntèr malih ngantos dados sêtum, tiyang ingkang badhe nyirnakakên basil sarana formaline utawi stoom punika kêdah ngangge pirantos [pi ...]

--- 222 ---

[... rantos] ingkang dipun wastani: desinfectie-oven, formaline kamer, punika botên sabên panggenan wontên.

12. Prusi punika ing pundi-pundi panggenan wontên tiyang sade, ing pêkên lan ing apotik kathah, warninipun biru, paedahipun kangge mêjahi basil kolerah ing toya ingkang badhe kaombe, manawi badhe damêl prusi 25 gram kêdah kacampur kalihan toya 1000 litêr, prusinipun kêdah kaêjèr rumiyin ing toya, lajêng kadamêl campuran 10 perangan prusi kalihan 100 perangan toya, upami prusi sakati toyanipun sadasa botol anggur, campuran punika manawi mêndhêt 250 c.M3. Inggih punika sa-splitglas kêbak, sampun cêkap kangge angrêsiki toya ombèn 1000 litêr, dados manawi badhe ngrêsiki toya ing sumur kêdah kasumêrêpan rumiyin pintên litêr isining sumur wau, lajêng ngetang kêdah sêpintên panganggeninan[4] toya prusi, punika lajêng kaêsokakên ing sumur sarta kaudhêk, patrap makatên wau kêdah katindakakên rambah kaping kalih utawi tiga ing dalêm saminggu, prusi ingkang wontên ing

--- 223 ---

toya sumur punika botên kathah, dados inggih kenging dipun ombe.

Asring kalampahan dhoktêr parentah angrêsiki griyanipun tiyang ingkang pêjah jalaran sakit nular, manawi makatên kêdah pitakèn dhatêng dhoktêr kadospundi pratikêlipun, manawi ing tanah Jawi pratikêl ingkang dipun lampahakên manut pranatan ing ngandhap punika.

Pranatan kangge angrêsiki utawi nyirnakakên basiling sêsakit (ontsmetting).

I. Padamêlan punika ingkang nindakakên para bêbau ingkang dipun wastani: ontsmettingsploeg inggih punika juru ngrêsiki satunggil, kuli kêkalih, tiga pisan kêdah mangangge ingkang mêsthi, inggih punika ontsmettingskleeren dene pirantosipun:

1 blèk lisah patra apu, | 2 plès sapukarbol, | 1 kilo sodha,

--- 224 ---

1 bumbung isi glindhingan sublimat, | 1 gêmbor, | 1 siwur, | 3 blèk lisah patra kothong, | 1 pangaron, | 1 sapu, | 1 golok, | 2 karung rumput, | 2 tampar, satunggil-tunggilipun panjangipun kintên-kintên 6 M. agêngipun sajênthik, | 5 until kajêng dang.

Ingkang kangge ngusung pirantos wau sadho utawi ontsmettingskar, manawi wontên ingkang kirang, juru ngrêsiki wau enggal nêdhaa jangkêpipun ing kantor kasarasan, (gezondheidpolitie).

II. Manawi bêbau juru rêrêsik punika dipun undang ing griyanipun băngsa Eropah, kêdah lajêng kemawon kesah dhatêng griya wau, ananging manawi kaundang ing griyanipun [griyanipu ...]

--- 225 ---

[... n] băngsa sanès, kêdah anjujug ing griyanipun lurah kampung rumiyin supados dipun atêrakên.

III. Sadèrèngipun bêbau juru rêrêsik punika tumandang, kêdah santun pangangge rumiyin, pangangge ingkang mêsthi, inggih punika ontsmettingskleeren, santunipun pangangge wau manawi ing griyanipun băngsa Eropah, kêdah ing kamar ingkang botên dipun ênggèni tiyang sakit, manawi ing griyanipun băngsa sanès kêdah ing griyanipun lurah kampung utawi ing tangganipun tiyang ingkang sakit wau. Dene ingkang badhe kangge ngrêsiki wau:

1. toya bêntèr sablèg lisah patra,

2. tosa sapukarbol sablèg lisah patra, (1 plès toya sapukarbol toyanipun sablèg lisah patra),

3. tigang blèg toya apu. Panyampuripun: sêpêrtigan blèg apu, kalih pêrtigan toya, lajêng dipun udhêg, punika kantun piyambak,

4. toya sublimat tigang paso, sublimatipun tigang glindhing.

--- 226 ---

IV. Mêndhêt toya ingkang badhe kangge ngrêsiki.

V. Sadaya barang ingkang kenging kaêlih, punika kêdah kawêdalakên sadaya saking kamaripun tiyang ingkang sakit wau, lajêng kapilihana dening bêbau juru rêrêsik, pundi ingkang mêsthi:

a. dipun bêsmi,

b. dipun godhog,

c. dipun bêkta dhatêng griya panggenan ngrêsiki, (ontsmettingsinrichting),

d. dipun siram toya sapukarbol.

VI. Ingkang kêdah dipun bêsmi inggih punika barang-barang ingkang mirah rêginipun, kados ta: ambèn, gêlaran ingkang kangge tilêm ingkang sakit, pangangge-pangangge ingkang sampun amoh tuwin sapanunggilanipun.

Barang-barang ingkang dipun bêsmi wau kêdah dipun murwat rumiyin rêginipun dening lurah kampung kalihan ingkang gadhah, ingkang gadhah lajêng dipun sukani bon rêgining barang-barangipun ingkang dipun risak, ing têmbe angsal lintu saking kantor kasarasan.

--- 227 ---

VII. Barang-barang ingkang kêdah dipun godhog punika, kados ta: piring, basi, mangkok, sendhok, porok, tuwin pirantos nêdha sanès-sanèsipun, sadaya wau kasèlèh ing blèg lisah patra isi toya lajêng dipun godhog, ing ngriku ngantos toyanipun umob sadasa mênut dangunipun, prayogi sangêt manawi toya godhogan wau dipun soki sodha wontêna kalih gêgêm.

VIII. Barang-barang ingkang kêdah kabêkta dhatêng panggenan pangumbahan (ontsmettingsinrichting) inggih punika: kasur, bantal, guling, klambu, kêmul, sarta barang-barang ingkang awis rêginipun, barang-barang wau kêdah dipun sêrati dening bêbau juru rêsik-rêsik rangkêp kalih, ingkang salêmbar kacêpêng ingkang gadhah barang, ingkang salêmbaripun malih kacêpêng dening pangagênging griya pangumbahan wau, saha ingkang gadhah barang dipun sukani priksa bilih sampun pikantuk kawan dintên, barang-barangipun sampun kenging kapêndhêt ing griya pangumbahan tanpa ambayar punapa-punapa, cêkap namung nêdahakên sêrat cathêtan wau.

--- 228 ---

Ingkang kangge wadhah ambêkta barang-barang punika karung rumput ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng. Karung wau rumiyinipun kêdah kacêlub ing toya sublimat lajêng dipun untir-untir, têlêsipun kêdah wradin, ananging toyanipun sampun ngantos kètès, barang-barang lajêng kabungkusa karung ingkang sampun têlês punika, lajêng katangsulana sabungkus-bungkusipun murih kêncêng, salajêngipun kaêwratna ing grobag pangumbahan ingkang sampun mirantos wau.

IX. Samangke lajêng wiwit ngrêsiki kamar ingkang sampun kothong wau, panggenan ingkang mêntas kangge nyirami jisim wau kêdah dipun siram toya apu saêblèg, dene toya apu ingkang sawadhah malih kangge nglabur gêdhèg-gêdhèg ing sacêlakipun ngantos samètêr inggilipun (tumrap sêsakit cacar lan dhiptèri ngantos kalih mètêr inggilipun) toya apu ingkang sawadhah malih kaêsokakên ing kakus, kakusipun băngsa Walandi kêdah dipun gosok pêntholing kancing korinipun lan palinggihanipun ngangge toya sapukarbol, kakusing tiyang kampung bolonganipun mubêng kêdah dipun siram toya apu.

--- 229 ---

Manawi padamêlanipun sampun rampung, bêbau juru rêrêsik wau lajêng cucula panganggenipun wontên ing pundi paggenan ingkang dipun sênêngi, sadaya pirantos kabungkusana, tanganipun kêdah kakumbah toya sublimat, manawi sampun rampung sadaya sawêg kenging santun panganggenipun piyambak.

Pranatan punika namung kenging dipun tindakakên manawi tiyang ingkang sakit punika sampun tilar donya utawi kabêkta ing griya pamulasaran utawi ing griya sanèsipun, dados manawi ingkang sakit sampun botên wontên ing ngriku. Dene manawi taksih, sadaya barang ingkang kenging sêsukêr, idu utawi sanès-sanèsipun saking ingkang sakit, punika kêdah tansah dipun rêsiki, kajawi punika kajagia lêrês supados toya ombèn, têtêdhan lan sadaya pirantosing nêdha sampun ngantos kenging rêrêgêd, punika sadaya sampun kapratelakakên ing bab panjaginipun sêsakit nular.

--- 230 ---

Bab ingkang kaping sadasa.

Pitulungan ingkang wiwitan dhatêng tiyang ingkang manggih cilaka.

Manawi ing satunggilipun panggenan wontên kacilakan punapa-punapa, sadèrèngipun dhoktêr dhatêng, inggih kenging ngundang juru mulasara ingkang cêlak ing ngriku, makatên ugi manawi ing griya pamulasaran kadhatêngan tiyang labêt ingkang sangêt, utawi wontên tiyang sakit ingkang dadakan lajêng sangêt.

Dene pitulungan ingkang kenging katindakakên para juru mulasara punika, tumrap tiyang ingkang:

1. Labêt.

2. Ngêdalakên êrah.

3. Tupung[5] balungipun.

4. Kalêngêr.

5. Badhe pêjah kalêlêp.

6. Kêslalabên, utawi klêlêgên.

1. Manawi wontên tiyang labêt, labêtipun sampun kêrêp-kêrêp sampeyan grayang utawi sampeyan dumuk, ingkang [ing ...]

--- 231 ---

[... kang] sakit piyambak punapa malih tiyang sanès inggih botên kenging pisan-pisan nyêpêng labêt wau, botên pêrlu dipun boboki ron-ronan utawi apu, labêt wau kenging kakèndêlakên kemawon ngantos pintên-pintên jam manawi dhoktêr botên wontên. Sadangunipun punika namung kêdah kajagi sampun ngantos dipun encoki lalêr utawi kewan sanèsipun. Ing griya sakit tiyang labêt ingkang sawêg dhatêng wau kenging dipun komprès ngangge pipih pamblêbêdan ingkang rêsik sangêt ngantos sadhatêngipun dhoktêr, anggènipun tilêman kasakecakna amurih labêtipun sampun karaos sakit sangêt. Angirangakên raos sakit wau têrkadhang namung cêkap badan ingkang labêt wau dipun ganjêli bantal utawi gulungan sinjang. Manawi kadugi dhoktêr taksih dangu dhatêngipun, utawi ingkang sakit wau badhe kabêkta têbih, prayogi labêtipun dipun blêbêd. Pamblêbêdipun namung kaangkaha sapêrlunipun, paedah anjagi sampun ngantos kalêbêtan rêrêgêd, dados blêbêdipun wau inggih kêdah rêsik sangêt, dene ingkang sae piyambak inggih punika sinjang

--- 232 ---

pirantos pamblêbêd ingkang pancèn kasade minăngka sadiyan. Sinjang blêbêd ingkang mawi cap Utermohlen punika sae piyambak kangge tiyang ingkang dèrèng kulina amblêbêd. Manawi sinau ngêcakakên, para juru mulasara sampun têmtu dipun sukani priksa wujudipun sarta dipun wulangi panganggenipun, manawi ing labêt wau wontên êrahipun ingkang sampun kênthêl, punika botên pêrlu dipun bucal, prayogi namung dipun jampèni perubalsem, labêt wau kaêcurana ingkang waradin lajêng kablêbêd, ing nginggilipun katumpangan kapuk malih salajêngipun kablêbêda kados cara-cara ingkang sampun kawulangakên bab amblêbêd, manawi botên wontên sinjang ngangrangan ingkang mêsthi kangge nutupi labêt wau, kapas kemawon inggih sampun cêkap, lajêng kablêbêd. Sinjang ingkang kangge nutup labêt utawi kapas wau sampun ngantos dipun rapêtakên sangêt-sangêt.

Pèribalsêm punika tumrap labêt ingkang enggal lan lêbêt maedahi sangêt, jampi wau kêdah mradini sadaya labêt ngantos ing lêbêt pisan, murih sagêdipun makatên, [maka ...]

--- 233 ---

[... tên,] anggota ingkang labêt kêdah kaêlak-êluk, kaingar-ingêr utawi katarik sakêdhik ngantos sagêd mênga sadaya lajêng dipun curi jampi wau. Manawi labêtipun dumunung ing wêtêng utawi ing dhadha lan sirah, sampun dipun jampèni peribèlsêm.

2. Ngêdalakên êrah. Têrkadhang labêtipun ngêdalakên êrah kathah, malah inggih wontên ingkang ngantos mancur-mancur, manawi ngantos kêkathahên wêdaling êrah sampun têmtu tiyang wau lajêng mumêt salajêngipun sêmaput, ing wêkasan pêjah. Manawi ingkang mêdal rahipun kathah wau tangan utawi suku, prayoginipun anggota ingkang ngêdalakên êrah wau kaêcungna minggah ngadêg jêjêg, pangangge utawi sabukipun, punika prayogi dipun uculi, lajêng dipun yêktosana, sasampunipun makatên wau wêdaling êrah suda punapa botên, manawi suda, anggènipun ngêdêgagên tangan utawi suku wau inggih kalêstantuna. Manawi tiyang wau badhe kausung, inggih kabudidayaa amurih anggotanipun ingkang labêt wau lastantun ngadêg, upami: dipun congkogi sarana bantal, pêthi utawi [u ...]

--- 234 ---

[... tawi] kranjang, utawi kagantung mawi slendhang, sampeyan sadaya têmtunipun sagêd manah piyambak kadospundi sakecanipun, manawi sadhiya blêbêd, inggih kêdah dipun blêbêd kados ingkang sampun kacariyos ing ngajêng. Dados labêt wau prasasat kasanggi dening godhinipun.

Têrkadhang wontên labêt ingkang langkung kathah malih anggènipun ngêdalakên êrah ngantos tanpa paedah saupami anggota ingkang labêt wau kajunjunga, êrahipun tansah mêdal malah ngantos nyêmprot-nyêmprot, labêt ingkang makatên wau amutawatosakên sangêt, kenging ugi ingkang labêt tumuntên pêjah, ananging ambokbilih inggih kenging dipun tulungi sarana pratikêl makatên:

Mêndhêta kajêng ingkang kandhêlipun kintên-kintên kalih dariji lan panjangipun sakilan, lajêng mêndhêta malih blêbêd ingkang kiyat, kajêng punika kaangea nutupi labêtipun, dene sumèlèhipun manut ujuring suku utawi tangan, dados saking ing gêmbung kajêng wau langkung cêlak tinimbang labêtipun, kajêng lajêng kagodhia ngangge tangsul ing lêngên utawi ing pupu, salajêngipun kaputêr-putêra supados [supa ...]

--- 235 ---

[... dos] sinjangipun blêbêd sangsaya kêncêng, patrap makatên punika kêdah kalajêngakên ngantos wêdaling êrah mampêt. Samangke kajêng wau katangsulana ingkang kêncêng sampun ngantos dhawah, manawi blêbêd kirang kêncêng kenging ugi wêdaling êrah sangsaya kathah.

Kajawi blêbêd lan kajêng, ugi kenging ngangge corong karèt, punika kêdah kaputêr-putêrakên ing lêngên utawi ing pupu mawi dipun tarik kêncêng lajêng kapanthênga ingkang kiyat, manawi makatên corong punika lajêng dumunung ing antawisipun gêmbung lan labêt.

Manawi ingkang sakit wau kenging dipun tulungi sarana pratikêl punika, lajêng enggal kausunga ing griya sakit, awit pamblêbêd ingkang kiyat makatên punika botên kenging langkung saking kalih jam dangunipun.

Pratikêl sanès kangge nulak wêdaling êrah ingkang kathah punika, manawi dununging labêt ing wêlakang, cingklok utawi ing sanès-sanèsing anggota badan sabăngsa punika, inggih punika ing têkuk-têkukan, anggota wau lajêng kablêngkukna rapêt salajêngipun dipun blêbêda ingkang [ing ...]

--- 236 ---

[... kang] kêncêng sampun ngantos mêgar malih, tiyang ingkang makatên labêtipun kêdah enggal kabêkta ing griya sakit.

3. Balung putung. Manawi wontên tiyang dhawah, kagilês punapa-punapa utawi kenging bêbaya sanès-sanèsipun, asring sangêt wontên balungipun ingkang putung, raosipun sakit sangêt, botên kenging dipun ebahakên malih, têrkadhang lajêng abuh lan santun sipatipun. Manawi tiyang wau ngangge sruwal utawi rasukan ingkang mawa lêngênan lajêng kauculana, manawi kakintên botên badhe nyakitakên anggota ingkang risak wau, prayogi lêngênaning rasukan utawi sruwal kaguntinga kemawon, manawi tiyang wau kêdah dipun usung, sampun têmtu sadaya ingkang ngebahakên badanipun andadosakên sakit, jalaran saking punika kêdah kabudidaya rumiyin amurih anggota ingkang sakit wau sampun ebah-ebah lan kasakecakna sumèlèh ing badanipun.

Manawi ingkang putung punika balungipun pupu cêlak wêlakang saha ingkang sisih têngên, tilêmipun kairingna manêngên, manawi ingkang kiwa, inggih miring mangiwa, suku ingkang sakit wau, [wa ...]

--- 237 ---

[... u,] pupu lan dhêngkulipun kêdah dipun sêdhêkokakên, punika patrap ingkang prayogi, têrkadhang suku wau kêdah kaganjêl bantal ing ngandhaping dhêngkul ngantos dumugi ing êpoking pupu. Mêsthinipun makatên anggota ingkang putung punika kêdah kagodhi, supados balung ingkang putung wau botên ebah, ingkang kenging kangge anggodhi punika kathah sangêt, kados ta: tugêlan dêling kalih kablêbêd kêmul ingkang tipis utawi sinjang, utawi gêdêbog pisang, kêrtas kandêl, cêkakipun samukawis ingkang kakintên kenging kemawon inggih lajêng kenging dipun angge, ananging kêdah kajagia sampun ngantos sinjang utawi sanès-sanèsipun punika mipit kulit lan godhinipun kaangkaha sampun pisan-pisan anyakitakên.

Godhi-godhi, punika kêdah kajagia sampun ngantos mlesat-mlèsèt, manawi ingkang putung tangan ingkang ngandhap, prayoginipun dipun êmban, awit ingkang makatên wau nyêkecakakên.

4. Manawi tulung tiyang ingkang kalêngêr, ingkang kapitulungan kêdah dipun tilêmakên ing kanthil utawi ing ambèn lan panganggenipun [pa ...]

--- 238 ---

[... nganggenipun] lajêng dipun uculi, manawi lambenipun katingal biru, kagulingna kemawon sampun ngangge bantal, ananging manawi lambe lan rainipun abrit, kêdah dipun ganjêli bantal kathah ngantos sèndhèn kados lênggah, manawi badanipun karaos bêntèr sangêt, kêdah dipun êtrapi ijskap utawi dipun komprès sarana dipun ubêl-ubêli sêrbèt têlês sirahipun, manawi karaos asrêp inggih botên pêrlu.

Manawi ilatipun dipun gêgêt, prayogi cangkêmipun dipun angapakên, ilatipun lajêng kalêbêtna, lajêng tumuntên ngaturana priksa dhoktêr. Manawi kengkenan tiyang ngaturi dhoktêr, murih enggalipun dhatêng, kabêktanana sêrat sakêdhik (kitir). Kitir wau kasêbutna: namanipun tiyang ingkang sakit, griyanipun lan sêsakitipun, dados dhoktêr lajêng sagêd mirantosi punapa ingkang kêdah dipun bêkta.

5. Tiyang kalêlêp, kacêmplung toya. Manawi tiyang punika sawêg kaêntas katingalipun sampun pêjah, ananging sajatosipun taksih gêsang, amargi piyambakipun [piyambakipu ...]

--- 239 ---

[... n] botên sagêd ambêkan jalaran parunipun kalêbêtan toya, têrkadhang tiyang ingkang makatên punika kenging dipun pulasara ngantos gêsang malih. Pratikêlipun makatên:

Tiyang wau katilêmna ing ambèn lan panganggenipun kauculana sadaya, sasampunipun lajêng kakurêbna, sirahipun kabêkuk mangiwa utawi manêngên, ingkang mulasara lajêng jèngkènga nglangkahi ingkang sakit wau ngajêngakên sirahipun, gêgêripun kapijêt tangan kalih ingkang alon-alon lajêng kaurut mangandhap, dangunipun mulasara makatên wau upami tiyang saras saunjaling napas, tangan lajêng dipun inggatana malih ugi saambêkan dangunipun, lajêng dipun urut malih, makatên salajêngipun ngantos rambah-rambah. Manawi ngantos watawis dangu tiyang wau mêksa dèrèng sagêd ambêkan, punika lajêng kalumahna, irungipun dipun kilènana, dhadhanipun kagêblèga sinjang têlês. Manawi ngangge pratikêl makatên mêksa dèrèng sagêd ambêkan, prayogi santun patrap makatên: ingkang sakit wau kalumahna ing ambèn sirahipun kagantungna mêdal, baunipun [ba ...]

--- 240 ---

[... unipun] dipun ganjêli bantal, ilatipun katarika mêdal sarana lambaran sinjang, ilatipun wau kapurih nyêpêngi tiyang sanès, sampeyan lajêng jèngkènga ing nginggiling sirahipun angajêngakên sukunipun, tanganipun kalih pisan lajêng kacêpênga ing pêrnah sikut lajêng kasêndhala manginggil ngantos ngungkuli sirahipun, ing ngriku kakèndêlna sakêdhap watawis kalih tigang sêkon lajêng kawangsulna mangandhap malih angêgèt, trapipun sikut sagêda mipit dhadha, tangan wau dipun wolak-walika makatên rambah-rambah, kaangkaha kaping nêmbêlas sabên samênut ngantos sampeyan sayah, lajêng kapurih anggêntasana tiyang ingkang nyêpêng ilat wau.

Manawi sampun sawatawis dangu, ingkang sakit wau inggih kenging dipun lumahakên malih sakêdhap lajêng kaambalana kapulasara malih kados ing ngajêng wau, makatên salajêngipun gantos-gantos patrap ngantos sajam dangunipun. Limrahipun manawi dèrèng kêlajêng pêjah, dangu-dangu jalaran pamulasara ingkang makatên punika inggih lajêng sagêd ambêkan.

Tiyang ingkang kenging bêbaya sanès têrkadhang inggih kenging dipun [di ...]

--- 241 ---

[... pun] tulungi sarana pratikêl makatên, kados ta: manawi kaurugan wêdhi. Ing sakawit wêdhi ingkang wontên ing cangkêm lan ing irung wau kaicalana rumiyin, lajêng katingalana taksih ambêkan punapa botên, manawi botên lajêng kapulasaraa kados pratikêl ing ngajêng.

Tiyang inggih wontên ingkang kalêngêr jalaran kaplêpêkên gas ing kamaripun amargi kranipun mênga lampunipun botên dipun sumêt, manawi tiyang wau sampun botên ambêkan ananging badanipun taksih bêntèr, punika lajêng kapulasaraa kados tiyang ingkang kalêlêb wau, sanalika punika enggal ngaturana dhoktêr.

6. Botên kirang tiyang sakit watuk ingkang botên wontên kêndhatipun ngantos sêsêg dhadhanipun kadosdene tiyang klêlêgên, limrahipun ingkang watuk kapingkêl-pingkêl makatên punika lare ingkang ngêmut dolananipun, satêmah dolanan wau kolu. Manawi nulungi pratikêlipun makatên: sukunipun kalih pisan kacêpênga lajêng kajantur sirahipun wontên ngandhap, pratikêl makatên wau kenging kalampahakên ngantos sawatawis mênut, sampun kèndêl [kè ...]

--- 242 ---

[... ndêl] manawi taksih watuk, awit barang ingkang nglêlêgi wau sagêd ugi mêdal jalaran dipun watukakên punika.

Bab ngusung utawi ambêkta tiyang sakit.

Kathah kemawon tiyang sakit ingkang botên sagêd utawi pancèn botên kenging lumampah, dados manawi kêdah ngalih panggenan inggih mêsthi dipun usung utawi dipun êmot ing tumpakan, nalika punika juru mulasara kêdah têtulung.

Ingkang pêrlu sangêt kaangkaha ingkang sakit wau sampun ngantos karaos sakit nalika dipun usung utawi dipun êmot ing tumpakan wau.

Pangusungipun cêkap tiyang kalih kemawon, ananging tiyang tiga inggih langkung sae. Manawi namung tiyang satunggil têrkadhang botên nyêkapi, ananging manawi pêrlu juru mulasara punika inggih kêdah sagêd ambopong ijèn.

Manawi sampeyan badhe anjunjung tiyang sakit dipun kalihi, punika kêdah jèngkèng, suku ingkang satunggal dalamakanipun mancad gêlaran, suku satunggale dhêngkulipun kapadalakên [kapada ...]

--- 243 ---

[... lakên] ing gêlaran wau. Makatên punika manawi ingkang sakit wontên ngandhap, ananging manawi wontên ing ambèn utawi ing kanthil, cêkap sami ngadhêg lajêng ambungkruk, tangan kalih pisan malumah kaslobokna ing ngandhaping gêgêr alon-alon, peranganing badan ingkang sakit sampun ngantos kagêpok utawi sampun sangêt-sangêt. Ing sakawit tangan kaslobokna ing panggenan ingkang botên sakit, tiyang satunggilipun kêdah anylobokna tanganipun ingkang satunggil ing ngandhaping cêngêlan satunggilipun ing ngandhaping walikat, tiyang satunggilipun malih anylobokna tanganipun ing ngandhaping bokong lan pupu, manawi kêdah kajunjung tiyang tiga, inggih kenging kêcêpêng sanès-sanèsipun panggenan. Manawi sampun kajunjung, kajagia murih badanipun tiyang sakit wau jujur lêrês, mila nalikanipun anjunjung wau inggih kêdah waradin inggilipun lan rêmpêg lampahipun.

Manawi tangan utawi sukunipun tiyang punika sakit, prayogi dipun blêbêd rumiyin, manawi makatên dados inggih kêdah dipun uculi rumiyin panganggenipun, dene [de ...]

--- 244 ---

[... ne] pratikêlipun amblêbêd lan anguculi anggèn-anggènipun tiyang ingkang sakit tangan utawi sukunipun wau ing têmbe sampeyan sadaya badhe dipun wulangi. Manawi botên wontên pirantos sanès prayogi suku ingkang sakit wau dipun godhi ngangge kêthokan dêling satunggal utawi kalih, utawi ngangge gêdêbog, manawi ingkang badhe kajunjung wau lare alit cêkap kapondhong kemawon. Manawi kêdah anjunjung tiyang sêpuh piyambakan, tangan ingkang têngên kaslobokna ing ngandhaping gêgêr, ingkang kiwa ing ngandhaping cingklok, dene tanganipun ingkang sakit karangkulna ing gulu sampeyan, nalika anjunjung wau badan kêdah andêgèg sakêdhik, manawi sagêd anjunjung radi inggil inggih sangsaya sakeca pambêktanipun. Manawi tiyang wau sêmaput utawi sumèlèh ing siti, punika pakèwêt sangêt panjunjungipun manawi dipun piyambaki, mila manawi makatên inggih kêdah nêdha tulung dhatêng juru mulasara sanèsipun.

Manawi ingkang sakit sagêd ngadêg lan lumampah sakêdhik, punika kenging dipun ijèni, makatên pratikêlipun :

--- 245 ---

tanganipun têngên tiyang sakit wau karangkulna ing gulu sampeyan lajêng kacènèng mangandhap kacêpêng ugêl-ugêlipun, lêngên sampeyan ingkang kiwa karangkusna ing gêgêripun tiyang ingkang sakit kapêrnah ngandhap, dados tangan sampeyan lajêng dhumawah ing êpoking pupunipun tiyang ingkang sakit. Suku sampeyan ingkang kiwa katulakna ing pupunipun têngên tiyang ingkang sakit wau, makatên patrap sampeyan amondhong kados lampah kesodan.

Manawi badhe ngêlih tiyang sakit dhatêng kanthil sanès, utawi saking brancard (pirantos ingkang kangge ngusung tiyang sakit) dhatêng kanthil, dipun kalihi utawi tigani, punika kêdah sami karêmbag rumiyin tiyang ingkang sakit wau badhe dipun ujurakên dhatêng pundi, amurih lajêng sami sagêd mapan piyambak-piyambak badhe panjunjungipun, awit manawi botên sêmadosan makatên kenging ugi ujuripun kuwalik, sirah sumèlèh ing panggenan suku, pratikêl punika langkung gampil manawi sampun nyipati piyambak tinimbang namung sinau ing sêrat.

Tiyang sakit punika botên kenging kajunjung têbih-têbih

--- 246 ---

manawi namung ngangge tangan kemawon, dene manawi kêdah kabêkta têbih, kêdah ngangge tandhu utawi brancard. Kadospundi pêndamêlipun pirantos wau lan panganggenipun, punika prayogi sami ningali piyambak, dene limrahipun ingkang kangge ngusung tiyang sakit punika:

Ambèn-ambenan,

tandhu damêlan manut pamanggihipun Dr. de Mooy,

fietsbrancard mèrêk Simplex utawi mèrêk sanèsipun,

wontên ugi ingkang ngangge karèt utawi oto mobil.

Tamat.

--- 247 ---

Isinipun sêrat punika.

... Kaca

Bêbuka ... 3

Bab ingkang kapisan, anggotanipun manungsa miwah paedahipun Anotomie en physiologie ... 9

Bab ingkang kaping kalih: pirantos ingkang wontên ing griya pamulasaran ingkang pêrlu dipun sumêrêpi nama lan paedahipun dening para juru mulasara ... 66

Bab ingkang kaping tiga: kamar pêrban lan opêrasi ... 82

Bab ingkang kaping sêkawan: padamêlan ing kamar-kamar griya pamulasaran ... 104

Bab ingkang kaping gangsal: samukawis patrap ingkang kêdah dipun èstokakên para tukang mulasara nalika mulasara tiyang sakit ... 115

Bab ingkang kaping nêm: nulungi tiyang sakit ... 124

Nulungi tiyang ewah ... 150

Pitulungan ingkang kêdah katindakakên dhatêng tiyang ingkang badhe pêjah ... 154

Bab ingkang kaping pitu: mulasara tiyang sakit manut parentahing dhoktêr ... 156

Bab ingkang kaping wolu: sêsakit ingkang nular ... 192

Bab ingkang kaping sanga: anyirnakakên basiling sêsakit (ontsmetting) ... 223

Bab ingkang kaping sadasa: pitulungan wiwitan dhatêng tiyang ingkang manggih bêbaya ... 230

Anjunjung utawi ambêkta tiyang sakit ... 242

--- [0] ---

[...]

PRATELAN ISINING TÊTÊDHAN SABÊN 100 GRAM

Têtêdhan asal saking kewan.

Daging lêmbu sêtêngah anggajih [Grafik]

Daging maenda sêtêngah anggajih [Grafik]

Daging babi kêra [Grafik]

Daging kapal [Grafik]

Godhogan daging lêmbu [Grafik]

Sarining daging (kaldhu) [Grafik]

Daging asêpan [Grafik]

Tigan ayam [Grafik]

Tigan kambangan kamalan [Grafik]

Tigan pênyu [Grafik]

Ulam mas [Grafik]

Cumi-cumi [Grafik]

Dhèndhèng daging lêmbu [Grafik]

Krupuk maesa [Grafik]

Krupuk urang [Grafik]

Puan [Grafik]

Kèju [Grafik]

Mêrtega [Grafik]

Têtêdhan asal saking têtuwuhan.

Uwos [Grafik]

Jagung [Grafik]

Sagu [Grafik]

Glêpung gandum [Grafik]

Glêpung haver [Grafik]

Kêtela kaspe [Grafik]

Glêpung kêtela kaspe [Grafik]

Talês [Grafik]

Kênthang [Grafik]

Kêdhêle pêthak [Grafik]

Kacang Cina [Grafik]

Kacang abrit [Grafik]

Botor [Grafik]

Toge [Grafik]

Êmping mlinjo [Grafik]

Isi kênari [Grafik]

Isi klapa [Grafik]

Terong [Grafik]

Pisang [Grafik]

Glêpung pisang raja [Grafik]

Durèn [Grafik]

Gêndhis [Grafik]

Soklat [Grafik]

--- [0] ---

PAPAN II.

[Grafik]

--- [0] ---

PAPAN III.

[Grafik]

--- [0] ---

PAPAN IV.

[Grafik]

--- [0] ---

[Iklan]

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 242.

SERAT PITEDAH BAB PAMULASARANING TIYANG SAKIT,

ANGGITANIPUN TUWAN Dr. C.D. OUWEHAND tuwin D.J. SIAHAIJA

KAJAWÈKAKÊN DENING R. DJAJASOEDIRA ING BÊTAWI.

BATAVIA N.V. Uitgevers Mij. "PAPYRUS" EERTIJDS H.M. VAN DORP & Co 1917.

 


sampun. (kembali)
sagêd. (kembali)
§ Kruma sêsakit = basil. Mêjahi krumaning sêsakit = ontsmetten, têrkadhang têmbung ontsmetten punika dipun Jawèkakên: ngumbah, mila ing sêrat punika inggih kathah têmbungipun: ngumbah. (kembali)
panganggenipun. (kembali)
Putung. (kembali)