Kawruh Nanêm Kalapa Sarta Paidahipun, Padmasusastra, 1912, #28

Prijs franco per post f ...

Verkrijgbaar bij het Depot van Leermiddelen te Weltepreden tegen toezending van een postwissel tot goneomd bedrag.

Kawruh Nanêm Kalapa Sarta Paidahipun

Karanganipun Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta. Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1912.

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 23.

Kawruh Nanêm Kalapa Sarta Paidahipun

Karanganipun Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta. Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1912.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

KAWROEH KALAPA

DOOR KI PADMA SOSESATRA TE SURAKARTA Semarang-Drukkerij en Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang 1912.

--- [4] ---

...

--- [5] ---

Bebuka

Tanêman kalapa punika kenging kaupamèkakên musthikaning tanêman ing alam dunya. Asilipun lumintu kados wêdaling toya umbul, ananging sapintên pitulunging Allah nyêkap kabêtahaning manungsa, kados ta: botên susah dening toya, botên susah dening latu, botên susah dening angin ingkang kenging kadamêl santun ambêkan, manungsa kasupèn ngantos botên gadhah panarimah dhatêng ingkang aparing gêsang, dene gampil ing pikantukipun. Makatên ugi tanêman kalapa, mintir kenging kapêndhêt asilipun sabên dintên botên dipun èngêti, tarkadhang malah dipun risak kapêndhêt janur manggaripun.

Tanêman sanès-sanèsipun ingkang kathah wêdaling wohipun namung sapisan sataun, kathah utawi sakêdhik, tarkadhang botên awoh, nanging kalapa botên makatên, kêmbang, apêntil, bèsèr tanpa kèndêl. Ingkang sagêd nahanakên pangundhuhipun kalapa sapisan ngantos garing, punika lajêng sagêd ngundhuh kalapa sabên wulan tanpa kêndhat. Saupami tiyang gadhah tanêman kalapa sadasa, sauwitipun sagêd ngundhuh 5x10 = 50 a 5ctsx50 = f 2.50x12 = f 30.- dados kalapa sadasa ing dalêm sataun mêdal asilipun 30 rupiyah utawi 60 rupiyah

--- 6 ---

bilih sauwitipun sagêd ngudhunakên sadasa, punika kajawi ajining kajêngipun.

Botên wontên tiyang ingkang botên sumêrêp warninipun tanêman kalapa, sarta botên wontên tiyang ingkang botên doyan raosing kalapa. Ing pulo Jawi kawradinan tanêman kalapa, tuwuhing kalapa wiwit saking pasisir dumugi ing tanah parêdèn, nanging tanah parêdèn ingkang inggilipun 1500 dumugi 2000 kaki sampun awis-awis kalapa, dening botên tahan kenging hawa asrêp, wontêna inggih sampun botên mêdal wohipun, ingkang sagêd mêdal wohipun namung sakêdhik, dados gêsangipun tanêman kalapa nêdha wontên panggenan ingkang hawanipun bêntèr, mila ing tanah Eropah botên wontên têtanêman kalapa.

Tiyang Jawi amastani: krambil N. kalapa K.

Nanging tiyang pasisir: krambil K. kalapa N.

Tiyang Malayu, Tiyang Sundha... amastani: kalapa.

Tiyang Riyo, Tiyang Johor... amastani: nyiur

Tiyang Malakah, Tiyang Madura... amastani: nyeor

Tiyang Bali amastani: nyo, utawi: niyu.

Têmbung Kw. Mungêl nyu, utawi tiris.

--- 7 ---

Têmbung Skr. Mungêl, nadhi kêla, utawi nari kêla.[1]

Tiyang Cina, amastani: cètêsao.

Awit saking punika kula manah pêrlu anggiyarakên kawruh bab pananêming kalapa sarta asilipun, anênangi manahipun bôngsa kula têtiyang Jawi ingkang dèrèng sumêrêp pigunaning kalapa. Pangajêng-ajêng kula supados pulo Jawi kaèbêkan tanêman kalapa dados padagangan agêng, amêwahi panggêsanganipun tiyang Jawi, sarta tiyang Jawi èngêta yèn katabêrèn nanêm kalapa botên sapintêna, namung linampahan sapisan rampung kangge ing salaminipun, kangelanipun kantun ngundhuhi kemawon kanthi bingahing manah.

Pasitèn ingkang namung katanêman kalapa nama: pakarangan Zie J. Z. I. 29-11. Ing bawah dalêm paresidhenan Surakarta, sapunika ingkang nama: pakarangan, sampun botên wontên. Kalapa sami katanêm wontên salêbêting pakampungan sarta padhusunan kaurutakên ing pinggir sacêlaking pagêr. Yèn ing bawah dalêm Ngayogyakarta sarta bawahipun kangjêng gupêrmèn, ingkang nama: pakarangan taksih wontên karang, têmbung Kw. Têgêsipun: kalapa.

--- 8 ---

Amargi saking têtiyang bumi mèh sabên dintên ngangge kabêtahan kalapa, katêdha utawi kadamêl bumbu olah-olah tuwin kangge jêjampi (kalapa ijêm) punapadene malih kapêndhêt kajêngipun, mila botên anglêngkara sadaya pemahan tuwin padhusunan wontên tanêmanipun kalapa, sagêd angrênggani misuwuripun tanah Jawi.

Saking katêbihan têtiyang sampun sumêrêp dhatêng wit kalapa, dening inggilipun katingal bagus angrêspatèni, blarakipun dados rêrêngganing wit, bilih katêmpuh ing angin, sanadyan namung angin sumilir, papahipun kêtingal kumlebat ngiwa nêngên, isthanipun kados tangan angawe-awe ngenggalakên lampah, amila ing basa Sangskrita amastani wit kalapa: nadhi kêla, nadi kêla.[2]

Inggiling wit kalapa sarta lurusing dêlêgipun, punapadene rompyoh-rompyohing blarakipun, tuwin biyêting woh kêmbang apêntil, sumêdhêng, sêpuh utawi garing, dados rêrêngganing wit, nêngsêmakên paningal, kenging winastan: wit kalapa musthikaning têtanêman.

Surakarta, Oktobêr 1906.

Ki Padmasusastra.

--- [9] ---

Cariyos

Ing dalêm Sêrat Manikmaya nyariyosakên kadadosaning wit kalapa.

Sêsotya Rêtna Dumilah ingkang tansah wontên gêgêmanipun Hyang Narada, punika sarêng sinidikara dening Sang Hyang Guru, malih wanodya sakalangkung ayu warninipun, kaparingan nama Dèwi Tisnawati. Sang Hyang Guru ngantos kagiwang ing galih brôngta dhatêng sang rêtna sarta lajêng kaangkah garwa, nanging sang rêtna sangêt lumuh, lajêng gadhah pêpanggil ingkang elok kinintên botên kenging dipun pinangkani, ananging pangintên wau lêpat, Sang Hyang Guru sagêd minangkani, punika adamêl kawêkèning galihipun Dèwi Tisnawati, nanging inggih taksih pêpeka kathah santolanipun, Sang Hyang Guru inggih nyarantosakên, nanging tanpa wasana. Sang Hyang Guru botên sagêd nyabarakên malih, saking adrênging karsa, Dèwi Tisnawati winisesa ing paprêman, wasana atêmah layon tanpa karana, Sang Hyang Guru kacuwan ing galih sangêt piduwungipun. Sang rêtna lajêng sinarèkakên ing Pantyastana ing dhukuh Mêndhangkamulan, katêngga ing abdi juru tani nama: Ki Jaka Puring. Wasana pasareanipun Dèwi Tisnawati thukul têtuwuhanipun kados ing ngandhap punika:

--- 10 ---

sapraptaning môngsa ingkang wiji / Nikèn Tisnawati layonira / apan thukul sadayane / wajane thukul jagung / gon parjine pan thukul pari / sirah thukul kalapa / ...

Awit saking punika kalapa satabonipun kenging kadamêl lintuning sirahipun wadyabala ingkang pêjah ing paprangan kakêthok sirahipun dening mêngsah, jisim pinanggih tanpa sirah, punika pamêtakipun mawi sirah kalapa satabonipun, lêlintuning sirah ical ingkang kakêthok ing mêngsah wau, piritanipun kadadosaning kalapa saking sirahipun Dèwi Tisnawati, mila kenging dados lêlintuning sirah.[3]

--- 11 ---

Kawruh Nanêm Kalapa, Sapanunggilanipun

Pasitèn

1. Pasitèn ingkang prayogi katanêman kalapa, punika siti ladhu ingkang kawoworan wêdhi, inggih punika tanah Pajang. Dene siti lêmpung abrit utawi cêmêng, punapadene siti nêla, kirang prayogi, inggih punika tanah Sukawati. Mila tanêman kalapa kathah tanah Pajang tinimbang kalihan tanah Sukawati, tur wiyaripun tikêl, malah kapara langkung.

Luwangan

2. Salêbêtipun damêl wiji cikal, adamêla luwangan rumiyin wiyaripun saasta mubêng, lêbêtipun inggih saasta mubêng, dipun soki brangkal utawi sela sawatawis, lajêng dipun urugi wuh utawi rabuk talethong, kaantawisakên ngantos dados siti rumiyin, punika sawêg kenging katanêman, dene lêtipun luwangan antawis kalih landheyan. Paidahipun mawi brangkal utawi sela, oyoding cikal sagêd kêkah, adêgipun badhe jêjêg, botên sagêd dhoyong sarta botên sagêd bacêk dening toya, rabuk adamêl lêmaning cikal.

Wiji

3. Wiji kalapa ingkang prayogi amiliha kalapa pusêr, [pu ...]

--- 12 ---

[... sêr,] inggih punika kalapa janjangan ingkang ngandhap piyambak, sarta sajanjangipun namung wontên satunggal. Punika badhe kathah wohipun sarta agêng-agêng, nanging kêdah kalapa ingkang witipun sampun sêpuh.[4] Dene kalapa nèm, utawi cikal, botên sae kadamêl wiji. Kalapa wau lajêng kagandhèng kalih-kalih, kagandhulakên wontên panging wit-witan ingkang ayom, supados kenging sumuking panas sarta kabaratan tuwin kajawahan rintên dalu. Mripating kalapa (wiji) lajêng katingal thikil, ing nglêbêt angênthos, mila inggih nama kênthos. Tiyang Malayu amastani: tombong, tiyang Sudha amastani: butuh. Kênthos eca katêdha, raosipun lêgi krapês-krapês. Kênthos angisêp toyaning kalapa ngantos têlas, kênthos dados sangsaya [sang ...]

--- 13 ---

[... saya] saya agêng lajêng anggronggong ngêbaki suwung, isining kalapa saya risak ngantos tipis, wasana têlas, kringêting kalapa dados lisah kênthêl, warninipun pêthak, thikiling cikal saya agêng, lajêng nyobrah angoyod sajawining bathok, kaprênah ing pok nginggil, nalêsêp dhatêng taboning kalapa katingal pating kringip, bilih cikal sampun agêng agodhong sakawan kaudhunakên.

Cikal

4. Sasampuning cikal kaudhunakên saking wit-witan, kasèlèhakên wontên ing pakiwan rumiyin, antawis sapêkên dangunipun lajêng katanêm, punika lajêng gêsang andêdêl enggal agêng,[5] bilih sampun wolung taun katingal anggênuki (bongkotipun ambalêndhuk badhe dados galugu) lajêng nama: kalapa.

Cikal kangge srakahing pangantèn, kathahipun kêkalih, sarta kangge isarat ngadêgakên griya sasaminipun, kagandhulakên ing molo kathahipun ugi kêkalih, kalihan pantun sabêlah dipun sandhingakên ing cikal wau wontên nginggil molo.

Cikal kenging kaangge pangèngêt-èngêt, katanêm sarêng [sa ...]

--- 14 ---

[... rêng] sadintên kalihan bayi ingkang sawêg lair, minôngka tôndha kathah kêdhiking umuripun bayi, kados ta: cikal sawêg anggênuki, umuring lare kirang langkung sakêdhik sawêg wolung taun, makatên sapiturutipun, awit ing jaman kina lairing jabang bayi anakipun têtiyang alit, awis kapèngêtan ing parimbon, dening taksih awis tiyang sagêd maos sarta nyêrat, ingkang dados lêlintuning cathêtan: cikal.

Kalapa

5. Antawis taun malih saking anggênuki wiwit wala (sêkar = manggar) satunggal, kalih, tiga sapiturutipun tundha-tumundha (kêmbang, apêntil, nèm sarta sêpuh) mila manawi pangundhuhipun sapisan dipun sarantosakên ngantos kiring (= garing) sabên wulan sagêd ngudhunakên kalapa kiring, kathah kêdhikipun botên kenging dipun tamtokakên, dening gogrog utawi botêning balulukipun. Wontên ingkang acariyos sawênèhing janjangan kalapa wontên ingkang ngantos salawe, nanging kula dèrèng nyipati piyambak, dene ingkang kathah: 5 dumugi 15. Kajawi kalapa risak dening lêpating pangundhuhipun, dèrèng wancinipun sampun kaundhuh, utawi kapêndhêt manggar janur tuwin dêganipun ingkang botên mawi kintên-kinintên, punika pancèn nama karisak, mila [mi ...]

--- 15 ---

[... la] kathah kemawon kalapa kantrak lajêng anglakani (botên awoh dening manggaripun tanpa baluluk, utawi wontên balulukipun nanging rontog) punika angèl anggènipun mulihakên, kêdah kakèndêlakên ngantos sawatawis wulan, sarta kêdah karêsikan tapas, manggar, mancungipun, punapadene bongkotipun ingkang sampun garing taksih tumèmplèk ing uwit, punika kabucalana sadaya, ing pupus dipun dèkèki sarêm saconthong. Mila ingkang prayogi sampun ngantos talompe sabên ngudhunakên kalapa garing kasambia kalihan angrêsiki wit kalapa pisan, dados botên kasèp, tansah rêsik kemawon. Makatên malih bongkoting wit kalapa sacêlaking pokipun karampasa ingkang rêsik, kiwa têngênipun kapaculan sampun ngantos wontên thukulan rumput, punika adatipun lajêng sagêd pulih wangsul sae malih, dene ingkang langkung prayogi: sasampunipun karêsikan lajêng kadèrès, bilih sampun kalampahan satêngah taun dipun kèndêli mantun dipun dèrès, punika wohipun kados dipun sokakên.

Peranganing Wit Kalapa, Asil Sarta Kanggenipun

Galugu

6. Wit kalapa ingkang taksih nèm nama: cikal, ingkang sampun [sa ...]

--- 16 ---

[... mpun] sêpuh nama: galugu, nanging botên patos karan, tiyang kathah amastani: wit krambil N. wit kalapa K. dene kanggenipun bilih badhe mastani galugu makatên: wote galugu jèjèr têlu, botên "krambil".

Bongkoting galugu tiyang pasisir amastani: bêdaga, utawi: bonggol, ing Surakarta ingkang nama bonggol, bongkoting wit pisang ingkang kêpêndhêm.

Galugu punika mêsthi wontên pancadanipun, dene pancadan wau dêdamêlanipun tiyang, kanamakakên: tataran, pirantos pancadan mènèk bilih badhe ngundhuh kalapa. Pancadan galugu kenging kadamêl wangsalan, kados ta:

ngatingala sakêdhap maskwari / sun têbase layon / pancadan munggèng galugu anggèr / kawêntara kawula tan ajrih / ... Kawêntar, angsal dening: tataran zie M. L. 329-4.

Galugu kenging kadamêl balungan griya inggilan, kados ta: blandar, pangêrêt, molo, andêr sarta bêkakas krêtêg, punapadene trucuk bêndungan, tuwin trêtaban gêdhogan, utawi slarak kandhang, lan alu, dene ingkang langkung kangge piyambak, kadamêl kajêng obong tumrap tiyang bêsmi banon. Kajêng galugu pinilala sangêt, awit urubipun langkung panas tinimbang kalihan latu kajêng sanèsipun. [sa ...]

--- 17 ---

[... nèsipun.] Kajêng galugu botên kenging kadamêl bêthak, awit asring sagêd angluluhakên dandang dening panas wau.

Pondhoh

7. Galugu bilih dipun têgor, pucukipun ingkang taksih êmpuk anama: pondhoh, tiyang Sundha amastani: umbut, raosipun anyêp tungtung lêgi botên eca dipun têdha mêntahan, nanging eca kadamêl lalab nêdha kalihan sambêl, dene ingkang langkung eca malih bilih kadamêl acar bumbon, karajang alit-alit, êmpuk miraos kêcut tungtung lêgi ngungkuli acar sanès-sanèsipun. Brètèn[6] kagudhêg inggih eca, nanging kêdah kapêrês ingkang ngantos apuh, supados raosing lêgi, ical.

Bongkok Utawi Papah

8. Panging galugu pokipun nama: bongkok, minggahipun dumugi pucuk nama: papah, tiyang pasisir amastani: bongkok = blungkang. Papah galugu ingkang taksih têlês kacara alu kangge andhêplok oran-oran dados jadah wontên ing kroso (zie blarak têlês) liya punika botên wontên damêlipun, kêjawi manawi sampun garing kadamêl kajêng obong.

--- 18 ---

Janur

9. Pupus kalapa nama: janur, warninipun kuning gadhing, awaking janur nama: sada. Janur kangge kupat, takir ponthang, panjang ilang, buntêl jadah, jênang, wajik, walanipun bêkêl dhusun dhatêng lurahipun patuh nagari sabên garêbêg Siyam, Mulud tuwin Bêsar, punapadene kangge gagar mayang rêngganing pangantèn, tuwin kangge tuwuhan, krun sarta ombak banyu (palêngkung alit-alit satêpining margi urutipun saking pasanggrahan, utawi saking satunggaling panggenan ingkang katêdhakan panjênêngan ratu utawi tiyang agêng sanèsipun, minôngka kaurmatan) januripun kasuwir-suwir.

Tapas

10. Buntêling janur ing pokipun nama: tapas, kenging kadamêl brongsong jambu, awèt anggenipun, botên risak dening jawah sarta panas, tuwin kenging kadamêl kandhi arta.

Blarak

11. Godhong kalapa nama: blarak, tiyang Sundha amastani barangbang.

a. Blarak têlês, kaangge blêktepe, bongkot kakêthok rumiyin, botên kalap ing damêl, papah kasigar, blarak dados kalih, papah dipun rampingakên supados sami utawi kaot sakêdhik kalihan pucukipun, lajêng dipun anam, tangkêbing blarak kawiyak dados adhapur

--- 19 ---

lômba katingal wiyar, bongkoting sada lêt satunggal kacoklèk dados dhawah mayat, ingkang botên kacoklèk: ngadêg, inggih kawiyak (kajèmbrèng = kajèrèng) kangge payoning tarub. Têtiyang Jawi manawi gadhah damêl mêsthi mawi tarub balarak, sanadyan sampun mawi tarub kajang, inggih taksih kêdah katumpangan balarak sapapah, minôngka isarat wilujênging anggènipun gadhah damêl, sampun nêtêpi tarub balarak.

Lan malih kenging kadamêl widhig lintunipun gêlaran, kangge lênggahan sarta tilêman, nanging panganamipun beda. Blarak bilih sampun kasigar sarta sampun karampingakên lajêng kaanam gathuk, dados ing pinggir kiwa têngên mawi waton papah, sarta panganamipun botên mawi kajèrèng, dados adhapur rangkêp, tuwin sadanipun botên kacoklèk, namung dipun balêngkukakên kemawon, pucuk kiwa tumali ing wêngku têngên, pucuk têngên tumali ing wêngku kiwa.

Uran-uran wontên ingkang ngangge wangsalan widhig, makatên:

gunung alit Kartasura / wijile bocah jêlanthir / balarak dèn anam kepang / badhidhig (= badhêdhêg) ana pawèstri / ...

Blarak kenging kadamêl kroso, kaanam maju pat, tirahanipun sakawan karangkus dados cêpêngan. Kangge wadhah [wa ...]

--- 20 ---

[... dhah] brêkatan jagong tiyang gadhah damêl ing dhusun.

b. Blarak kenging kadamêl talasar griya wêlit, sarta kenging kadamêl wêlit kados wêliting kambêngan, ugi kangge payon griya.

Kangge aling-aling sarana kagapit.

Kenging kadamêl payung bèbèk K.N. (payungipun lare angèn kambangan) sarana kaglamit.

Kangge oboripun tiyang nganglang ing wanci dalu.

Kangge isarat ngobori lare nampèni ganjaran (plênthingên) ing wanci sontên jam wolu ngubêngi griya lumampah mangiwa kalayan wuda. Ingkang nglampahi padamêlan punika kêdah bapakipun lare ingkang nampèni ganjaran wau (bilih sampun botên gadhah bapa, botên kacariyos).

Sada

12. Gagang utawi balunging blarak nama: sada, tiyang Malayu amastani: lidhi, tiyang Sundha amastani: nyêre. Sada satêkêm mangang dipun tangsuli utawi dipun suhi nama: sapu, kangge rêrêsik uwuh ing palataran, bilih sapu wau sampun cêndhak nama: sapu gêrang. Sapu gêrang kenging kadamêl isarat panulaking jawah, sarana winalik dipun dêgakên ing têngah latar, saubênging sapu dipun wur-wuri awu, sanadyan mêndhungipun sampun mêntiyung, insa Allah sande jawah. Punapa malih kenging kadamêl isarat têngga bayi lair,

--- 21 ---

sampun ngantos kenging ing sarap sawan, sapu gêrang ugi winalik kaadêgakên cêlak kalihan ajug-ajug dilah, ing pucuk dipun tanjêbi lombok abrit, brambang sarta bawang nyatunggal, tuwin êmpon-êmpon sapêpakipun nyairis. Sapu gêrang wau winastan: tumbak sèwu.

Manggar

13. Sêkar kalapa ingkang dèrèng mêgar winastan: patrêm, ingkang sampun mêgar winastan: manggar, manggar ingkang taksih nèm eca dipun gudhêg, woworanipun baluluk kalihan êmpoling cêngkir, ulamipun ayam babon madhêp (ngajêngakên nigan) punika ecanipun angungkuli gudhêg sanès-sanèsipun. Nanging ingkang kasêbut ing uran-uran, dhaharipun Radèn Lokajaya (= Sunan Kalijaga) ingkang eca gudhêg ayam alas, botên babon madhêp, kados ta:

êmpal banthèng padhamara sapi / gêcok kidang dhèndhènge mênjangan / maesa garangasême / maenda bècèkipun / opor bèbèk jago sinapit / blêgudhêg ayam alas / ...

Dolèr

14. Gaganging manggar winastan: dolèr. Dolèr bilih kagêpuk bongkotipun sakêdhik, dados usar labur, cêpênganipun wontên pucuk, bilih kagêpuk kathah, [ka ...]

--- 22 ---

[... thah,] dados kêlud ambèn.

Mancung

15. Manggar ingkang taksih nèm kêbuntêl kalothokanipun winastan: mancung, tiyang Sundha amastani: sintung. Bilih manggar sampun anjêbrol, mancungipun sigar sasisih, bilih sampun sêpuh kapêndhêt sarana kairis ing arit pokipun. Mancung kenging kadamêl upêt, ingkang kandêl dipun ongoti, dipun gêpuk kaangkah namung èmu, lajêng dipun pe, ingkang tipis dipun untingi, dipun sumêd ngurêng botên sagêd pêjah. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mawi ampilan upêt gêpukan karangkêp tiga katangsulan ing lawe wênang abrit, dados awujud gilig, ladosanipun abdi dalêm anggandhèk. Kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, bilih lênggah ing kantor mawi sudhiyan upêt untingan, kajagi ing upas wontên ing jawi. Sadèrèngipun wontên rèk bul, têtiyang alit ing Surakarta inggih sami mawi upêt kangge udud, sapunika namung kangge lumampah ing wanci dalu, minôngka tôndha yèn tiyang sae. Bilih botên ambêkta upêt, kaandhêg ing tiyang patrol. Mancung kaganthèt tiga utawi sakawan, kenging kadamêl timba, sami kemawon kalihan timba upih, malah mênang awèt timba mancung.

--- 23 ---

Lêgèn

16. Manggar ingkang taksih nèm, kenging kadèrès kados danguning arèn. Pucukipun pinancas tètès toyanipun, tètèsing toya katadhahan ing bumbung, bilih sampun kêbak kaudhunakên nama: lêgèn. Kasantunan bumbung malih[7] manggar kapancas malih sakêdhik, makatên salajêngipun ngantos satêlasing manggar, raosipun lêgi tungtung arum, mèh sami kalihan lêgèn arèn.

a. Lêgèn lajêng dipun godhog, bilih sampun nitis (sêpuh)[8] dipun êntas sarta lajêng dipun cithaki nama: gêndhis kalapa, raosipun lêgi lêd asin, pinggiranipun nama: kêrengan, gêndhis kalapa ingkang sayogi kangge olah-olah panganan, eca raosipun lêgi tungtung gurih. Utawi kenging kadamêl woworan bumbu pêcak ulam, nanging gêndhis têbu utawi pasir kangge olah-olah [o ...]

--- 24 ---

[... lah-olah] panganan, utawi kangge woworan bumbu pêcak ulam, kirang eca tinimbang kalihan gêndhis kalapa.

b. Lêgèn, manawi dipun pe dados cokak jawi, raosipun kêcut. Cokak kenging kadamêl woworan bumbu ingkang murugakên sêgêr raosipun, kados ta: ulam-ulaman tuwin jêjanganan, punapadene kenging kadamêl toya borèh sumyah dhatêng ing badan, utawi kenging kadamêl ambilasi pangumbahipun cêlêpan, sagêd mêlês sarta anyudakakên gandaning nila.

Bluluk

17. Pêntiling kalapa winastan: bluluk, dipun oncèki kulitipun lajêng dipun rajang tipis-tipis, eca kagudhêg kalihan manggar sarta êmpoling cêngkir. Bluluk, kaparud kangge borèh wangi.

Cêngkir

18. Agênging bluluk nama: cêngkir, toyanipun taksih raos pêsing, dipun pêndhêt êmpolipun karajang tipis-tipis, eca kagudhêg kalihan manggar sarta bluluk, punapadene eca karujak dhêplok wontên ing lumpang. Nanging cêngkir lêgi eca katêdha mêntah, ingkang êmpuk dipun ulu, sontrotipun dipun lêpèh, raosipun lêgi, mila nama: cêngkir lêgi, sarta kenging dipun lotis. Cêngkir gadhing kangge tuwuhanipun tiyang gadhah damêl, namung manawi [mana ...]

--- 25 ---

[... wi] kangge tuwuhanipun tiyang tingkêb mawi kasêrat, Kamajaya lan Ratih, utawi Janaka lan Sumbadra, punapa Panji lan Kirana. Zie T. Tj. 14-3 v.o. en 16-9 v.o.

Dêgan, verk. v. Dawêgan

19. Agênging cêngkir nama: dêgan.

a. Dêgan gêmarit, dèrèng kenging kapêndhêt isinipun,

b. Dêgan kêmlamut, dados têdhaning bayi ingkang sawêg lair,

c. Dêgan kêmêruk buntut, miraos sangêt, pamêndhêtipun sarana sendhok, lajêng katêdha, kajawi eca raosipun, kenging kadamêl jampi kuwat, tiyang sêpuh prayogi nêngênakên nêdha dêgan kêmêruk buntut,

d. Dêgan sumêdhêng, punika eca-ecanipun katêdha, kadamêl pipis dêgan, rujak dêgan, prol dêgan tuwin sanès-sanèsipun.

Kalapa

20. Daginging kalapa inggih nama: kalapa K. krambil N. tiyang Sundha amastani: bukur.[9]

a. Kalapa ingkang isinipun namung sakêdhik, utawi namung sapalih nama: kalapa dari.

--- 26 ---

b. Kalapa ingkang isinipun risak nama: garoh.

c. Kalapa ingkang isinipun nginggil pisah kalihan bathokipun nama: kalapa kopyor. Tiyang pasisir amastani: kalapa puhan.

d. Kalapa kêmendho sampun kenging kaparud, nanging dèrèng kakag, taksih pelah-peloh, pikantukipun kadamêl kendho urang, milanipun winastan: kêmendho, mawi dipun toyani ing toya kalapa punika, raosipun dados lêgi gurih mawi sêgêr dening wontên duduhipun.

e. Kalapa gêmobor, manggènipun kadamêl kêlan bobor, katut dalah ampasipun malah saya eca.

f. Kalapa kêmrêmpah sampun ragi kakag kenging kaparud, pikantukipun kadamêl rêmpah, pangolahipun kagorèng, sawênèh dipun wungkus lajêng kagodhog, nama: rêmpah godhog.

g. Kalapa kocak, tiyang ing Banyumas, amastani: kocok, tiyang Sundha amastani: koclak, punika sampun wiwit sêpuh.

h. Kalapa sêmantên, punika kathah-kathahing santênipun, nanging dèrèng patos kênthêl.

i. Kalapa kêmangrang, punika sêdhêng-sêdhêngipun kathahing santênipun, sarta sampun kênthêl, ingkang sayogi kadamêl olah-olah dhèndhèng ragi sarta têrik.

--- 27 ---

j. Kalapa kiring (garing) sampun kirang wêdaling santênipun, nanging pikantuk bilih dipun kalêntik kathah wêdalipun, rêrêgêd utawi ampasing lisah nama: blondho, katêdha eca, raosipun lêgi gurih ngantos anyir, mila manawi tiyang nêdha blondho asring murus kados usur-urus.

Lisah

21. Ing Watês (Ngayogyakarta) ing Kutharêja sarta ing Prêmbun, ing ngriku panggenan padagangan kalapa, têtiyang Cina sami tumbas kalapa kalêbêtakên ing gudhang, kacukil lajêng dipun pe nama kopra (= kopra) sarta lajêng dipun pèpèd dados lisah klêntik. Kopra sadhacin dados lisah rêsik 3 blèg, a f 4.50x3 = f 13.50, rêgêding lisah wau nama blothong, ambêtipun bangêr, pikantuk sablèg, kasade kangge abên pandamêling sabun, pajêng f 6.50 dados kopra sadhacin dadosipun lisah kalêbêt balothongipun pajêng f 20.-

Pandamêling lisah ingkang botên sarana kapèpèd, kalapa kabosokakên rumiyin, lajêng dipun pêrês kalayan tangan, lajêng dipun panasi namung sawatawis, mila taksih katingal pêthak kados dèrèng matêng, inggih lisah dagangan ingkang rêginipun mirah punika, beda kalihan lisah klêntik damêlan Surakarta matêng sayêktos, dening namung

--- 28 ---

damêl sakêdhik-sakêdhik cêkap dipun angge piyambak, kalapanipun dipun parud, mila rêginipun awis.[10]

Kopra botên namung kasade wontên ing pulo Jawi kemawon, inggih ugi kasade dhatêng tanah Eropah.[11]

Janjangan kalapa

22. Dhompolan kalapa nama: janjangan, tiyang ing Banyumas amastani: banyak, tiyang Sundha amastani: manggar. Janjangan kenging kadamêl wangsalan, kados ta:

pasêr langkap waja pinrih laking / manahira lir wong kênèng guna / dulu manising lathine / cacadira wong ayu / dhompolane kang tiris gadhing / sarira kurang janjang / ...

--- 29 ---

Parudan Kalapa

23. Parudan kalapa wontên warni kalih:

a. Bilih panyêpêngipun wawaraning kalapa kairingakên nama: parudan limrah, warnining parudan: alus, punika ingkang dipun purih wêdaling santênipun sagêd kathah.

b. Bilih panyêpêngipun wawaraning kalapa dipun lumahakên nama: parudan singgatan, punika ingkang kangge abên panganan sarta ulam-ulaman katêdha mêntah utawi matêng, kêraos gurihipun.

Tirahaning kalapa ingkang dipun parud, sampun angèl dipun cêpêng ing tangan nama: cikalan.

Parudan kalapa (a) dipun gorèng kalihan lisah mawi ulam maesa utawi lêmbu nama: dhèndhèng ragi.

Dipun gorèng tanpa lisah ngastos[12] kuning, kaêntas lajêng kadhêplok ing lumpang nama: uyah gorèng.

Dipun godhog kalihan gêndhis kalapa nama: êntèn-êntèn (panganan) raosipun lêgi gurih.

Kêtan kaêdang mawi parudan kalapa nama: oran-oran, lajêng kajojoh wontên ing kroso kalayan alu papah blarak nama: jadah utawi juwadah.

Parudan kalapa (b) kangge abênipun kêtan, cêthot (jadah tanpa kalapa) lopis (kêtan mawi sarêm blêng) lêgêndar (wos mawi sarêm blêng) canthèl sarta jèpèn.

--- 30 ---

Jênang katul mawi parudan kalapa sarta sisiran gêndhis kalapa.

Santên

24. Parudan kalapa (§ 23 lett. a) dipun ulèni kalihan toya lajêng dipun pêrês ing tangan katadhahakên ing kalo sanginggiling cuwo, toyanipun nama: santên.

a. Pêrêsan sapisan nama: kanil,

b. Pêrêsan kaping kalih nama: santên,

c. Pêrêsan kaping tiga nama: kabar.

Santên kanil kagodhog sarta tansah dipun kêbur, matêngipun nama: arèh, kangge opyok panganan (sêmar mêndêm, enz.) lawuhan (tomis, enz.) sarta ulam-ulaman (dhèndhèng age enz.).

Santên, kangge kêlan bukêt sarta sambêl gorèng enz.

Gêmpol plèrèd

Dhawêt, cimplung sarta[13]

Jênang abrit enz.

Santên kabar, namung kangge anggodhog ulam, bilih sampun matêng lajêng dipun soki santên nama: iwak duduh. Manawi kagaringakên nama: têrik.

Ampas Kalapa

25. Ampas kalapa taksih kalap damêlipun, kenging kaolah dados lawuhan, dipun pès nama: sêmayi.

--- 31 ---

Dipun gorèng tanpa lisah kacarub lan kacang nama: srundèng kabul, dados têdhanipun bau dhusun.

Gêbingan Kalapa

26. Gêbingan kalapa:

a. Dipun gorèng lajêng dipun wori kacang gorengan nama: srundèng sêmaradana.

b. Dipun bêsta kalihan kacang cina nama: glali gêbingan (panganan).

c. Jênang suran, d. Lêgondha (kêtan), e. Lonthong (wos)... mawi gêbingan kalapa.

f. Apêm ingkang mawi gêbingan kalapa wontên, kangge wilujêngan ngintun lêluhur. Apêm: isbating songsong, irisan kalapa: isbating dhandhan songsong wau.

Sêpêt

27. Kulit kalapa winastan: sêpêt, utawi tabon, kados ta: kalapa satabonipun, sasêpêtipun.

Tiyang pasisir amastani: têpês.

Tiyang Batawi amastani: tapas.

Sêpêt kenging kadamêl:

a. Kasur, guling tuwin bantaling pajêgan kobongan, katingal kêngkêng tanpa kimpès, botên kados kapuk. Sawanganipun [Sawang ...]

--- 32 ---

[... anipun] sae, tur botên dipun cacah ing tikus, dening tanpa klênthêng.

b. Kèsèd tuwin kêlud ambèn.

c. Upêt, sarana katampar.

d. Tangsuling baita layar sarana katampar têlon sarta kêkêr, nanging inggih botên ngawonakên tangsul manila, punika ingkang wulêd piyambak tinimbang kalihan tangsul sanès-sanèsipun.

e. Tangsuling cêmpurit ringgit purwa utawi gêdhog, sarta tangsuling canthing bathikan, nanging kapêndhêt lananganipun kemawon (sêratipun ingkang agêng-agêng).[14]

Kêcèr

28. Gantilaning kalapa nama: kêcèr.

Tiyang Bang Wetan amastani: tumpi.

Tiyang Banyumas amastani: kêncèng.

Tiyang Sundha amastani: tapok.

Kêcèr punika poking onteyan manggar mênthol badhe dados baluluk, bilih botên gogrog saya agêng dados kalapa. Gantilanipun inggih saya agêng anjêbrèt, nutupi pênêring mripat kalapa pindha angkup awêwironan bundêr, awaking manggar saistha cêpêngan, coplokipun [co ...]

--- 33 ---

[... plokipun] saking taboning kalapa apindha kêcèr, mila winastan kêcèr.

Bathok

29. Cangkok kalapa winastan: bathok.

a. Ingkang agêng kapagas sawatawis dados katingal nyalingup, kangge takêran uwos winastan: bêruk, wos sabêruk, sami kalihan 2 kati. Utawi kangge cewokan bayi kalambaran cuwo.

b. Manawi kapagas ragi wiyar kangge cidhuk toya ing jêmbangan pirantos adus, mawi garan cêndhak winastan: siwur.

c. Ingkang dhara pinagas sawatawis katingal nyalingup (zie a) nanging mawi garan panjang inggih winastan: siwur (zie b) sarta kadamêl ngêdusi tiyang pêjah, mila ing basa kasar wontên ungêl-ungêlan: modar dirubung siwur, utawi kangge wangsalan: siwur tukung: bok ngantèn ambruk kewala, angsal dening bêruk.

d. Kapagas ragi wiyar, dipun lus ngantos katingal mêlêng-mêlêng, clangapipun ing jawi saubêngipun antawis sanyari wiyaripun, dipun ukir ngrawit dhapur modangan, utawi sanèsipun, kangge agêmipun ambêng para putra wayah dalêm tuwin putra wayahipun para agêng ingkang taksih timur, namung winastan: bathok kemawon.

Bathok, kenging kadamêl paribasan: ajang bathok [batho ...]

--- 34 ---

[... k] suru dhulang, têgêsipun kêmaruk, angsal dening: bêruk, inggih punika tiyang mlarat lajêng kêcêkapan, purun mangangge ingkang dede lêrêsipun.

Tiyang ngêmis ing jaman kina inggih mawi ambêkta bathok, kangge nampèni sêkul pawèwèhing tiyang ingkang dipun êmisi, utawi kaathungakên kangge nampèni arta katadhahan ing bathok, awit tiyang wèwèh dhatêng tiyang ngêmis, botên tampèn-tinampèn kalihan tangan, mawi sarana ngathungakên bathok wau, nanging sapunika sampun botên kêcara tiyang ngêmis mawi ambêkta bathok. Pawèwèhing tiyang awarni yatra dipun uncalakên kêmawon, suda tatakramanipun, mila tiyang ngulangakên punapa-punapa kauncalakên nama: diksura. Sanadyan bathok pangêmisan sampun sirna, nanging ing paribasan taksih kangge, kados ta: anggawa bathok, têgêsipun: ngêmis, kangge ing basa Ks.

Cadhongan sêkul dhatêng rencang mawi takêran bathok, winastan: katèn.

e. Dene manawi kapagas kathah, namung dipun kantunakên kuwunging bongkotipun kemawon, kangge wadhah tapêl, pilis, pupuk, wêdhak tuwin sanès-sanèsipun (= padadahan) namung winastan: bathok kemawon.

f. Kalapa gabug bathokipun alit sangêt, sarta kalapa puyuh tuwin gadhing bathokipun inggih alit, punika [puni ...]

--- 35 ---

[... ka] dipun pagas ing nginggil sakêdhik, manawi dipun garani nama: canthing. Mila wontên wangsalan: canthing bumbung piyarsakna, angsal dening piyarsa, saking wontênipun canthing kalapa. Dene manawi botên dipun garani nama: bêruk pajamon. Ing jaman kina limrahipun tiyang èstri bilih ajêjampi kaombe wontên ing bêruk pajamon, sapunika namung sakengingipun kemawon, wontên ing cangkir utawi ing mangkok, namung manawi mêntas gadhah anak, ajêjampi sarta uyup-uyup wontên ing bêruk pajamon. Tiyang jalêr ajêjampi dipun untal sarana pisang, jampinipun dipun galintiri, agêngipun sawidara-widira,[15] ing jaman sapunika mèh sirna. Tiyang ajêjampi, ngombe urus-urus sarta nguntal pil saking juru ngracik jampi (Apotheker).

g. Bathok cuwilan pinagas sakengingipun, namung kapêndhêt kuwungipun sawatawis kapindha têpak mawi garan, winastan: irus, kangge olah-olah anggêgorèng sarta kêlan, sawênèh kangge enthong sêkul mawi garan kajêng, ingkang tanpa garan kangge kêruk sêkul tiyang sade ratêngan enjing, kawangun lincip kiwa têngên kados tanggaling rêmbulan, tuwin kangge ngênyèk-ênyèk ledre. Lan wontên malih kadamêl bundêr nyêkêdhung kacomplong-complong kangge nutupi mêngkurêb pucuking kukusan ing lêbêt, nama: panyaton.

--- 36 ---

h. Bathok kandêl kenging kadamêl sêsupe, sarana dipun urêki, têtiyang Jawi wontên ingkang rêmên ngangge supe bathok, kangge isarating kawilujêngan.

i. Bikiran (= gangsingan) bakalipun bathok kabundêrakên, antawis sakakanging bendha agêngipun, mawi suku iras têmpak saking lanciping silit bathok, mawi walêsan wilah sarta mawi tangsul kangge ngubêngakên bikiran wau.

j. Êmong-êmong bayi, ugi nama: inthuk-inthuk, kawadhahan ing bathok bolu Zie T.Tj. 75-6 v.o. inggih punika bathok ingkang winalik kanggenipun, ingkang bongkot kabucal, ingkang pucuk kangge, dados katingal bolong-bolongipun ing ngandhap mripating kalapa: têtiga.

k. Bathok wêdalan ing Balora, misuwur agêngipun, kenging kadamêl bokongan rêbab, sarana dipun sigar sacêlaking silit sawatawis, dados ingkang kathah sarta ingkang kangge malah mripatipun, mila inggih nama: bathok bolu (= lett. j.) têmbung: bolu, bokmanawi risakan (verk. v.) saking: bolong têlu, awit mripating kalapa inggih wujud bolong tiga, ingkang kalih isthaning mripat, ingkang satunggal ing têngah kapara ngandhap isthaning

--- 37 ---

cangkêm (panggenan wiji ingkang badhe kathukulan cikal).

l. Bathok kaobong, arêngipun kenging kadamêl jampi sakit untu.

Ing Watês (Ngayogyakarta) padagangan damêl lisah, bathokipun ngalêmpak, tumpukanipun ngantos pintên-pintên panggenan, punika botên namung kangge kajêng obong, inggih ugi kenging kadamêl arêng, saenipun angungkuli arêng kajêng êmpuk.

Toya Kalapa

30. Toya kalapa, tiyang Sundha amastani: cai kalapa, tiyang Malayu amastani: aèr kalapa.

Toya kalapa bilih kaombe sampun kirang lêginipun, naning manawi dipun pe wontên ing gêndul sagêd dados cokak, raosipun kêcut = art. 16 lett. b. sarta kenging kadamêl banyon (sisig untu) mawi abên sanès.

Toya dêgan punika miraos sangêt.

a. Dados pakurmatanipun têtiyang alit ing dhusun bilih karawuhan têtiyang agêng (= para luhur) sarta kadhatêngan lurahipun patuh nagari, sadèrèngipun kaaturan sugata, kaaturan toya dêgan rumiyin, dêgan parasan [para ...]

--- 38 ---

[... san] sarta sampun dipun bolong pisan, katutupan pancasanipun, pangunjukipun dipun lôngga.

b. Toya dêgan manawi dipun grog konyak, raosipun kados sampanyê. J. Z I. 141. 8. kula nyuwun madheranipun kemawon, kaombe kalihan toya kalapa: sêgêr.

c. Toya dêgan kalapa ijêm, kenging kadamêl jampi sakit bêngang, sarana dipun bênêm (kaurugan awu ingkang taksih panas) ing latu balubukan, lajêng dipun bun-bunakên sadalu, enjing kaombe.

d. Toya dêgan kalapa ijêm kenging kadamêl panulaking tiyang ingkang kalêbêtan wisa, kaombenan toya dêgan punika wisanipun sagêd tawar.

e. Toya dêgan kalapa ijêm kenging kadamêl jampi sakit kolerah, namung kaombe sakêdhik-sakêdhik, punika pamanggihipun Mas Ngabèi Sudira Husada, dhoktêr Jawi ing Ngayogyakarta.

Namaning Kalapa

31. Kalapa punika wontên wolung warni, kados ta:

1. Kalapa abrit, 2. Kalapa ijêm... parudaning kalapa sarta santênipun sami [sa ...]

--- 39 ---

[... mi] kemawon, namung manawi kadamêl olah-olah: beda, santênipun kalapa abrit: sae, katingal pêthak sumringah, nanging santênipun kalapa ijêm: awon, katingal cêmêng anjalêbut. Prayoginipun kalapa ijêm namung katêdha mêntah, manawi katêdha matêng namung kadamêl dhèndhèng ragi.

3. Kalapa sriwulan, warninipun pêthak.

4. Kalapa lêgi, baluluk sarta cêngkiripun raosipun lêgi, manawi sampun sêpuh inggih limrah kados kalapa sanès-sanèsipun.

5. Kalapa gimbal, warninipun agêng, mèh sami kalihan kalapa Balora,[16] kacariyos, kalapa gimbal wau wijinipun inggih saking Balora.

6. Kalapa kopyor, namung kapanujon salah satunggaling janjanganipun wontên kopyoripun satunggal, punika dados adi-adining kalapa, rêginipun ngantos tikêl tiga tinimbang kalihan kalapa limrah. Kalapa kopyor miraos sangêt dipun têdha kalihan toyanipun piyambak, dipun dèkèki gêndhis batu utawi pasir: sae, nama: rujak kopyor. Kadamêl isèn pipis inggih

--- 40 ---

kenging, nama: pipis kopyor.

7. Kalapa puyuh, 8. Kalapa gadhing... kangge pasrèn katanêm wontên ing ngajêngan.

Pangrêksaning Kalapa

32. Gêsanging kalapa botên namung dipun wakakên kêmawon, kêdah dipun opèni, supados kathah wohipun sarta botên gogrog, awit manawi dipun wakakên, wohipun sakêdhik, tarkadhang gogrog, dene pangrêksanipun makatên:

a. Sabên wulan sapisan, kalapa dipun rêsiki tapas, mancung sarta manggaripun (sanginggiling gatranipun baluluk dipun pagas sarana dêdamêl sêlok).[17]

b. Sabên satêngah taun sapisan, pupusing kalapa dipun dèkèki sarêm tampêr saconthong, punika sagêd damêl pêjahing tiganipun wangwung ingkang ngrisak janur, sarta sagêd damêl andadosipun wohing kalapa.

c. Botên kenging dipun pêndhêt janur, manggar sarta dêganipun, sanadyan ngundhuh kalapa ingkang dèrèng sêpuh inggih botên kenging, awit badhe ngrisakakên ingkang kantun.

d. Cikal botên kenging dipun dèkèki tataran rumiyin,

--- 41 ---

awit galugu ingkang taksih nèm sewal kangge tataran sagêd bosok sarta lajêng wontên kewanipun alit dados urèt bakaling wangwung nêdha atining galugu, têmahan gêring wasana pêjah. Kengingipun dipun dèkèki tataran bilih galugunipun sampun atos.

e. Oyoding kalapa sêpuh ingkang sampun katingal sanginggiling siti, dipun rampas ingkang alus, punika angênèmakên wit kalapa, wohipun sagêd wangsul kados kalapa taksih nèm.

f. Kalapa murih botên dipun colong ing tiyang dening kenging dipun pènèk, galugunipun kêdah dipun sêrung. (Dêling kasigar mrapat dipun lincipi ngandhap nginggil, panjangipun sadhêpa, kaanam ruji timun pêthukan, ing têngah ubênging galugu kaglamit ing iratan dêling, dados pucukipun ngandhap nginggil ngrangap kados tumbakan, botên kenging dipun pènèk saking ngandhap, utawi kadamêl mudhun saking nginggil kalayan kasêsa, awit badhe kacocog ing tumbakan wau. Dene bilih badhe ngundhuh kalapa, kêdah ambikak sêrungan).

Amaning Kalapa

33. Kalapa punika wontên amanipun, inggih punika

--- 42 ---

bajing. Kalapa ingkang taksih nèm kaprênah ing ngiringan dipun uyuhi sêpêtipun, sêpêt kenging uyuhing bajing lajêng mopol sarta lajêng dipun krikiti kalayan tansah dipun uyuhi sakêdhik-sakêdhik ngantos dumugi ing bathok. Bathok bolong bundêr namung sacêkaping awak bajing. Bolonging bathok, toya kalapa gumrajag mêdal, bajing malêbêt angrikiti kalapa ing pucuk[18] (cêlak gantilan) kalayan ngombe toya ing ngandhap, lajêng nêdha kalapa ing ngandhap ngantos têlas, sarêng kalihan têlasing toya, kalapa dados kothong, sarta lajêng alum, wasana rêntah saking wit nama: cumplung. Kêndhaking bajing sarana dipun gopraki (dêling sigar kalih tangkêban, katangsulan kalihan papah, mawi tangsul mangandhap kados tangsul kerekan pêksi. Samôngsa bajing katingal dhatêng lajêng dipun gopraki sarana tangsul wau ambal-ambalan) bajing ajrih lajêng lumajêng, nanging manawi kalimpe bajing botên ajrih dhatêng wujuding goprak, malah purun angênciki, dados ingkang dipun ajrihi wau: tiyang, mila ingkang sayogi, bajing namung dipun sanjatani

--- 43 ---

kemawon, kenging utawi botên, punika bajing ingkang sampun nate ngambah: kapok, bajing sanèsipun: ajrih.

Ama bajing botên sapintêna kangelanipun amurih kêndhak, ingkang anggêgirisi punika ama tikus. Tikus anêdhani êmpoling baluluk, sarta balulukipun lajêng sami rêntah. Sarananipun botên liya namung galugunipun dipun talakup ing gêmbrèng mubêng, ing nginggil: gêmbrèngipun kawalik mubêng dipun cakêdhungakên mêdal. Sanadyan tikus sagêd mancik utawi mrambat gêmbrèng lunyu, inggih ugi botên sagêd minggah bablas, dening kandhêg saking balêngkuking gêmbrèng.

Tamat.

--- [44] ---

...

--- 45 ---

Sambungan kaca: 10

Dene sanèsipun dongèng kadadosanipun kalapa, ing Babad Tanah Jawi (ed. Meinsma) p: 115. wontên dongèngipun bab kalapa kados ing ngandhap punika:

Kacariyos, Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing ki agêng anginggahi paderesanipun, ing ngriku wontên tirisan satunggil cakêt lan ingkang dipun inggahi ki agêng. Tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan, anuntên mirêng swara, prênahing swara wontên ing dawêgan satunggil wau.

Ujaring swara: Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dawêgan iki yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal bisa dadi ratu gêdhe amêngku tanah Jawa kabèh.

Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking anggènipun andèrès, wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan satunggal wau, sampun pinêndhêt kabêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah, amung dawêgan ingkang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên, pamanahipun ki agêng sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn kaunjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun ki agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika ki agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis, amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Sapêngkêripun Ki Agêng Giring, Ki Agêng Matawis dhatêng ing ngriku, sarta pitakèn dhatêng semahipun Ki Agêng Giring:

Bakyu, wakane têng pundi, dene botên wontên katingal.

Nyai Giring sumaur: Raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng.

Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon sumêja ngunjuk kilang. Sarêng aningali ing pawon sêpên, botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan [dawê ...]

--- 46 ---

[... gan] satunggil ingkang wontên, tumumpang ing paga enggal kapêndhêt dening Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan sumêja dipun unjuk toyanipun. Wicantênipun dhatêng Nyai Giring:

Bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn, kula dhatêng pawon ngupados lêgèn ajêng kula ombe botên wontên.

Nyai Giring sumaur: Inggih amung sadintên punika towong, karsane raka dika aso.

Saha Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dening Ki Agêng Matawis, wicantênipun Nyai Giring:

Adhi, dawêgan niku êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika.

Ki Agêng Matawis sumaur: Bakyu, êmpun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak.

Ki Agêng Mataram lajêng ngunjuk toyaning dawêgan, têlas sakala botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun. Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng, sarta angrêmbat kajêng anjujug ing pawon. Kajêng sampun kasèlèhakên, karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk toyaning dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng Giring enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis.

Pitakènipun Ki Agêng Giring dhatêng ingkang èstri: Wong wadon, dawêgan kang dak dokok ing paga mau ana ngêndi.

Semahipun amangsuli: Rayi dika niku kang mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk.

Ki Agêng Matawis sumambung: Inggih sayêktos, kula kang, kang ngombe dawêgan, tiyang sangêt anggèn kula ngêlak, sampeyan dukani inggih sumôngga.

p: 433. Dene dawêgan punika, ing salajêngipun dados gadhahanipun turuning Ki Wanakusuma.

Punapa malih ing p. 431, kasêbut wontên ulam lele kêkalih mènèk ing wit kalapa.

--- [47] ---

Alphabetisch register

Ampas kalapa ... § 25. | Cikal ... § 4. | Cêngkir ... § 18. | Kalapa, amaning ... § 33. | Kalapa, kêcèring ... § 28. | Kalapa, anggênuki ... § 5. | Kalapa, namaning ... § 31. | Kalapa, daginging ... § 20. | Kalapa, pangrêksaning ... § 32. | Dolèr ... § 14. | Dêgan ... § 19. | Tapas ... § 10. | Toya kalapa ... § 30. | Santên ... § 24. | Sada ... § 12. | Siti: pasitèn ... § 1. | Sêpêt ... § 27. | Wiji ... § 3. | Lisah ... § 21. | Luwangan ... § 2. | Lêgèn ... § 16. | Pondhoh ... § 7. | Parudan kalapa ... § 23. | Janjangan ... § 22. | Janur ... § 9. | Mancung ... § 15. | Manggar ... § 13. | Galugu ... 6. | Gêbingan kalapa ... § 26. | Blarak ... § 11. | Bluluk ... § 17. | Bathok ... § 29. | Bongkok ... § 8.

--- [48] ---

VERKORTINGEN

J. Z. I. = Javaansche Zamenspraken. | K. = Krama. | K. N. = Krama Ngoko. | M. L. = Menak Lare. | N. = Ngoko. | T. Tj. = Tatacara.

--- [0] ---

KAWROEH KALAPA

DOOR KI PADMA SOSESATRA TE SURAKARTA

Semarang-Drukkerij en Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang 1912.

Catatan kaki:

1. § Lêrês ingkang kasbut ing: Kawi-Balineesch Woordenboek, deel: 1 p. 602, sub: tiris, kawastanan, nyu, lan nyuh. Ing Sanskrit-woordenboek (Cappeller) kawastanan, nari kera, tuwin nali kêla. (kembali)
2. § Para maos amriksaa nut 1 ing kaca: 7. (kembali)
3. § Para maos amriksaa sambungan ing kaca: 45-46. (kembali)
4. § Manawi damêl bibit kalapa (cikal) kajawi kalapanipun piyambak kêdah sêpuh ingkang ngantos garing wontên ing janjangan, ugi kêdah milih wit kalapa ingkang sêpuh. Wit kalapa ingkang wohipun sampun kenging kangge bibit, inggih punika sakêdhikipun ngumur 20 taun, glugunipun ingkang katingal agêng, subur, tuwn kathah papahipun, wohipun ingkang agêng-agêng sarta kathah janjanganipun. Wiji kalapa ingkang nèm, ing têmbenipun manawi awoh bluluk, cêngkir, sarta dawêganipun tansah rontog, janjanganipun sami sèngklèh dipuh wastani: klapa gêbyog. Bibit ingkang sampun ngumur 5 dumugi 8 wulan, witipun sampun mêdal inggil: 40 a 60 cM. sarta sampun wiwit mêdal oyodipun saking lêbêt mêdal ing jawining tabon. Manawi oyod wau sampun mêdal kathah, sampun wancinipun kenging katanêm. (kembali)
5. § Supados cikal ingkang nêmbe katanêm punika botên katêdha dening rayap utawi rangas, luwangan ingkang kangge nanêm dipun wur-uwuri awu pawon ingkang ragi kandêl, langkung prayogi malih tatoning wiji dipun osèr-osèri tir. (kembali)
6. § Puwungan. (kembali)
7. § Andadosakên cuwa dene Ki Padma botên anyêbutakên pêrluning sajèn kalihan rapalipun tiyang andèrès manggar. (kembali)
8. § Ing sarèhning Ki Padma botên anyêbutakên aturanipun tiyang anggodhog lêgèn, pramila kula sambêti kados ing ngandhap punika: Lêgèn wau sasampunipun kalêbêtakên ing kawah, latu saya kaagêngakên, bilih lêgèn sampun umob lajêng kacêmplungan parudaning kalapa, kintên-kintên sacangkir kathahipun, mênggah pêrlunipun umobing lêgèn lajêng mêndha (kèndêl). Sapunika wiwit dipun ublêg ngantos katingal kênthêl, dene bilih sampun sêpuh, kenging lajêng katitisakên wontên ing cithakanipun, punapa wontên ing bathok utawi saprayoginipun. (kembali)
9. § Wondene salêrêsipun ingkang kawastanan bukur ing têmbung Sundha punika, klapa ingkang sampun dados isèn-isèning sêtrup (Surakarta: cao). (kembali)
10. § Kangge jampi. Supados tiyang sagêd tahan dhatêng hawa asrêp, badanipun sakojur kablonyoha lisah klêntik. Langkung pêrlu tumrap tiyang ingkang damêlipun pados ulam ing sagantên, sabab tansah kungkum toya sabên dintên. Makatên ugi lisah klêntik punika kenging kangge nulak sakit tèrêng, panganggenipun dipun ombe utawi dipun balonyohakên ing badan. Satunggiling dhoktêr acariyos, manawi piyambakipun nalika taksih alit sagêd saras saking sakitipun tèrêng, sarana sabên dintên badanipun kablonyoh ing lisah klêntik. Ugi prayogi kangge jampi sakit bèri-bèri sarana dipun angge blonyoh. Têtiyang ing: Samoa (Polynesie) ingkang pamêdalipun ing ngriku kathah klapa, sami kulina blonyohan lisah klêntik, nanging kadamêl sarupi lisah wangi. (kembali)
11. § Mênggah klapa ingkang kakintunakên dhatêng tanah Eropah kathah sangêt, ngantos pintên-pintên lêksa rêmbat, inggih punika ingkang andadosakên kauntunganipun tiyang Jawi anggènipun ananêm kalapa. (kembali)
12. ngantos. (kembali)
13. ngangge santên mêntah. (kembali)
14. § Sêpêt punika utaminipun kangge dhandhaning baita, dipun tampar ingkang agêng ingkang kêkêr, dhadhung sêpêt punika tumraping toya asin sagêd tahan, tur sagêd mulur botên gampil rantasipun. (kembali)
15. sawidara-widara. (kembali)
16. § Ing pulo Jawi namung ing Balora piyambak kalapanipun agêng. (kembali)
17. § Sêlok punika bêndho alit sarta tipis dipun asah landhêp. (kembali)
18. § Jambu, cêlak gantilan winastan: pucuk = kalapa, nanging pêlêm, enz cêlak gantilan winastan bongkot. (kembali)