Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca)

Judul
Sambungan
1. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
2. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
3. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
4. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
5. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
6. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
7. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
8. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
9. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
10. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
11. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
12. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
13. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
14. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
15. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
16. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
17. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
18. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
19. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
20. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi
Citra

[CA]

Ca :
wanci, sukci
Pasangan Ca gêdhe ingaran: pasang yogyapara, kanggo ing tata prunggu zie Na, kaya ta Radèn Carangwaspa.
Kabupatèn Cianjur.
Lan manèh kanggo têngahane purwapada, ana sangisoring aksara: ba, kaya ta: [...][1] têgêse: bêcik.
Ca :
Tj.B. tingkah.
Ci :
1 Tj.B. lo 2 kw. kali.
Cu :
Tj.B. sikut.
Ce Kw. :
E.
Co :
niet.
Cah :
1 Tj.B. praba 2 kw. rêngat.
Cih :
niet.
Cuh :
niet.
Cèh Kw. :
bèlèk.
Coh :
niet.

--- 1 : 215 ---

Rabingulakir, Jumadilawal :
wetan en kidul - Jumadilakir: kidul, kidul - Rêjêp, Ruwah: kidul en kulon - Pasa: kulon, kulon - Sawal, Dulkangidah: kulon en lor - Bêsar: lor, lor
wong alih- alihan, wong lêlungan, apadene lakuning pangantèn, nyingkirana naga, luwih manèh yèn naga karo pisan nuju awor, iku ampuh bangêt, aja tinêrak.
Naga sasi :
1. zie abdi dalêm policie Surakarta. 2. dhapuring kêris nagasari luk 5 gandhig asu ajag. 3. zie bathikan. 4. kw. nagakusuma, santun en puspa. 5. sari wangsalan Tjent, olèh dening: sênên, nagasari = sarwa sênên.
Nagasruni :
zie bathikan.
Nagasasra (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris nagasasra luk 13 ula pêthite têkan pucuk, grènèng sungsun.
Nagasiluman :
(ed). Dhapuring kêris nagasiluman luk 13, gandhik naga tanpa pêthit, gănja kêlap lintah.

--- 1 : 216 ---

Nagalindhu :
gong kyai ... zie sakatèn letl. b.
Naga pasaran :
zie naga dina II.
Naga jatingarang :
zie naga taun III
Jatingarang en rijalulah
Iki kawruhana lakune naga jatingarang lan rijalulah, uga kanggo yèn alih-alihan, tirah utawa lêlungan kaya ta:
Sura, Sapar: jatingarang ana wetan, êndhas naga ana lor wetan, pêthite ana têngah, wêtênge ana lor kulon, gigire ana kidul wetan, nglirik.
Mulud: mangetan rijalolah ana lor.
Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir: jatingarang ana kidul, êndhas naga ana kidul wetan, pêthite ana têngah, wêtênge ana lor wetan, gigire ana kidul kulon, nglirik mangulon, rijalolah ana wetan.
Rêjêp, Ruwah, Pasa: jatingarang ana kulon, êndhas naga ana kidul kulon, pêthite ana têngah, wêtênge ana kidul wetan, gigire ana lor kulon, nglirik mangulon, rijalolah ana kidul.
Sawal, Dulkangidah, Bêsar: jatingarang ana lor, êndhas naga ana kidul kulon pêthite ana têngah, wêtênge ana kidul kulon, gigire ana kidul wetan, nglirik mangetan, rijalolah ana kulon.
Naga jatingarang :
kadadiane Sang Hyang Sindhula, naga raja ing sagara kidul P.R. II. 59-6.
Naga jenggot :
Kyai ... Jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV karsa yasa gamêlan sakatèn, kaparingan nama: Kyai Naga Jenggot.
Nagabănda :
zie têmbang gêdhe[2] nagabănda laku 18 (5,6,7) x 4 kancuh nagakusuma.
Nabi (asma) :
Ing ngisor iki têgêsing asmane para nabining Allah kang mêngkoni sarengat
a. Adam, sapiyullah, têgêse: nabi gêgêntining Allah. b. Nuh, nabiyullah, têgêse: nabining Allah. c. Ibrahim, kalilullah, têgêse: nabi ingakên mitra marang Allah. d. Musa, kalamullah, têgêse: nabi kang olèh pangandikaning Allah. e. Ngisa, rohkullah, têgêse: nabi ingakên putra marang Allah. f . Mukamad, kabibullah, têgêse: nabi kêkasihing Allah.

--- 1 : 217 ---

Nabi (naas) :
voor tanggal. Naasing nabi iku ora mung ana sawiji-wijining sasi kaya ing salumrahe, iya uga sabên sasi ing tanggal tibaning naas, kaya ta: 1. tanggal ping 3, sasasi-sasine: Kabil dipatèni adhine aran Habil, padha putrane Nabi Adam
2. tanggal ping 5 id: a. Nabi Adam katundhung saka ing suwarga, b. para umate Nabi Yunus arêp kasiksa dening Allah (ambarêngi Nabi Yunus kauntal ing iwak), c. Nabi Yusup kajêgurake ing sumur
3. tanggal ping 13 id: a. kasugihane Nabi Ayub, kapundhut ing Allah, Nabi Ayub dadi mlarat sarta banjur nandhang lara barah, b. Nabi Suleiman kalungsur saka karatone, c. para nabi dipatèni dening wong Yahudi
4. tanggal ping 16 id: a. rusake para umate Nabi Lut, jalaran bumi kang diênggoni anjêmbêlong, b. wong Nasarani nêmatus padha dadi cèlèng, c. wong Yahudi sawatara padha dadi kêthèk, d. Nabi Jakaria seda digraji ana sajroning kayu dening wong Yahudi
5. tanggal ping 2 id: a. miyose Raja Pirngon, b. Raja Pirngon seda kêtangkêp ing banyu sêgara, pêrang lan Nabi Mungsa, c. para wadyabalane Raja Pirngon kêtêkan wêwêlake Nabi

--- 1 : 218 ---

Musa, iya iku banjir gêdhe, walang, tuma, kodhok, sarta gêtih
6. tanggal ping 24 id: a. Raja Namrut ambêdhèli wêtêngane wong wadon cacah pitung puluh, b. Nabi Ibrahim diobong, c. untane Nabi Salèh dibêlèhi marang para umate
7. tanggal ping 25 id: para umate Nabi Hud padha karusakan dening kêtêkan wêwêlak angin ngakim, têgêse: angin gabug, iya iku angin kang ora anggawa udan
Bagus Ngarpah. zie kitab: Lataifu Ahbaril aol fi mantalamisrina arbabindual kaca: 44.

--- 1 : 219 ---

Nabi (naas) :
voor sasi I. ing ngisor iki naasing para nabi pêpitu, kaya ta: 1. Nabi Adam nalika tinurunake saka ing swarga, dina Sêtu tanggal ping 13 sasi Saban (Ruwah) ing taun Ehe. 2. Nabi Nuh, nalika kinêlêm jagade dening Allah tangala, saka murtating umate, nuju ing dina Rêbo tanggal ping 5 sasi Jumadilawal ing taun Wawu. 3. Ibrahim nalika ingobong marang Raja Namrut, nuju ing dina Kêmis tanggal ping 11 sasi Sapar ing taun Alip. 4. Nabi Yusup nalika linêbokake ing sumur marang kang para sadhèrèk, nuju ing dina Jumungah tanggal ping 16 sasi Sawal ing taun Be. 5. Nabi Yunus nalika inguntal ing iwak nun, nuju dina Salasa tanggal ping 24 sasi Dulkangidah ing taun Be. 6. Nabi Mungsa nalika tinukup ing pêrang marang Raja Pirngon, olèh pitulunging Allah malêbu ing sagara banyune piyak, Raja Pirngon anututi kêtangkêp ing banyu kabalabak sabalane mati kabèh, nuju ing dina Sênèn tanggal ping 12[3] sasi Ramêlan ing tau. 7. Nabi Mukhammad nalika umpêtan ing guwa kasêsêr ing prang, ginolekan marang balaning mungsuh ratu kapir, ginutuk ingkang waja nalika ing dina Sênèn tanggal ping 25 sasi Rabingulawal (Mulud) taun Dal.

--- 1 : 220 ---

Nabi (naas) :
voor sasi II. Ing ngisor iki naasing para nabi jaman kuna. Naas iku têmbung Arab, têgêse: sangar kw, dene: sangar, têgêse: busik utawa singkir zie j.z. I 286-7 v.o, kaya ta: 1. Sura tanggal ping 13 nalika Nabi Ibrahing kaobong marang Raja Namrut, zie I bov (3)
2. Rabingulakir tanggal ping 16 nalika Nabi Yusup kalêbokake ing sumur. zie I bov. (4)
3. Jumadilawal tanggal ping 5 nalika banjir patopan, Gusti Allah ngêlêm wong kapir, jamane Nabi Nuh. zie I bov (2)
4. Pasa tanggal ping 21 nalika Nabi Mungsa kaburu ing prang marang Raja Pirngon mlêbu têlênging sêgara. zie I bov (6)
5. Sawal tanggal ping 3 nalika Nabi Adam katurunake saka swarga. zie I bov (1)
6. Dulkangidah tanggal ping 24 nalika Nabi Yunus diuntal ing iwak nun. zie I bov (5)
7. Bêsar tanggal ping 25 nalika Nabi Mukamad kagutuk ing watu ingkang waja marang balane ratu kapir. zie I bov (7).

--- 1 : 221 ---

Nabi (naas) :
[Asmaradana]
utami bilih nyingkiri | naas nabi wulan Sura | tanggal kaping tri wêlase | punika nalikanira| Nabi Brahim binakar | kaping tiga wêlas Mulud | tinurunkên Nabi Adam ||
nêmbêlas Rabingulakir | Nabi Yusup nalikanya | linêbêtakên sumure | Jumadilawal ping gangsal | Nabi Nuh nalikanya | kinêlêm ing jagadipun | ping salikur wulan Siyam ||
kalamulah Musa Nabi | kala kalêbèng samodra | Sêla kaping patlikure | Nabi Yunus nalikanya | inguntal ulam lodan | Bêsar ping salawe nuju | jêng nabi kêkasihing Hyang ||
Mukhammad ingkang sinêlir | ginutuk sela wong kopar | rêntah kêkalih wajane | dene kang kikrik ing petang | sabên wulan kewala | janji tanggalnya panuju | kadi kang kawahyèng ngarsa || zie Tjent. I.

--- 1 : 222 ---

Nabi (kitab) :
Ing ngisor iki asmane para nabi kang katurunan kitab dening Allah
Adam 10 iji, Ibrahim 50 iji, Edris 30, Dhawud Jabur, Mungsa Torèt, Ngisa Injil, Mukamad Kuran, gunggung 104 iji.
Nabi (kuwasa) :
Mukjijating nabi (pangabaran), kramating wali (kamulyan), mangunahing mukmin (pitulung), istijrating kapir (nyênyuda), sikiring munapèk (ambalibuk).

--- 1 : 223 ---

Nabi(sangat) :
Ing ngisor iki sangat nabi wêwaton tanggal, ora etung pasaran, wiwit tanggal sapisan tutug tanggal ping 5 bali metung saka tanggal sapisan manèh = 6, sapiturute nganti tanggal ping 30, kaya ta: tanggal 1 - jam 6 Ahmad, pitutur - jam 9 Jabarail, rijêki - jam 12 Ibrahim, slamêt - jam 3 Yusup, pacakwêsi - jam 6 Ngijrail, kalangan
tanggal 2 - jam 6 Jabarail, kalangan - jam 9 Ibrahim, pitutur - jam 12 Yusup, rijêki - jam 3 Ngijrail, slamêt - jam 6 Ahmad, pacakwêsi
tanggal 3 - jam 6 Ibrahim, pacakwêsi - jam 9 Yusup, kalangan - jam 12 Ngijrail, pitutur - jam 3 Ahmad, rijêki - jam 6 Jabarail, slamêt
tanggal 4 - jam 6 Yusup, slamêt - jam 9 Ngijrail, pacakwêci - jam 12 Ahmad, kalangan - jam 3 Jabarail, pitutur - jam 6 Ibrahim, rijêki
tanggal 5 - jam 6 Ngijrail, rijêki - jam 9 Ahmad, slamêt - jam 12 Jabarail, pacakwêsi - jam 3 Ibrahim, kalangan - jam 6 Yusup, pitutur.

--- 1 : 224 ---

Nabi (sangat tatal) :
Iki iya sangat nabi wêwaton tanggal, nanging mawa rangkêpan pasaran, patrape padha bae karo kang wis kocap ing dhuwur, apa tibaning tanggal sapisan ana dina apa, iku kagathukake karo lakuning pasaran, pratelane kaya ing ngisor iki: dina pasaran | jam 6 | jam 8,24,m | jam 10,48,m | jam 1,12,m | jam 3,36,m
1 | Ahmad | Jabarail | Ibrahim | Yusup | Ngijrail - 2 | Jabarail | Ibrahim | Yusup | Ngijrail | Ahmad - 3 | Ibrahim | Yusup | Ngijrail | Ahmad | Jabarail - 4 | Yusup | Ngijrail | Ahmad | Jabarail | Ibrahim - 5 | Ngijrail | Ahmad | Jabarail | Ibrahim | Yusup - Lêgi | pitutur | rijêki | slamêt | pangkalan | pacakwêsi - Paing | rijêki | slamêt | pangkalan | pacakwêsi | pitutur - Pon | slamêt | pangkalan | pacakwêsi | pitutur | rijêki - Wage | pangkalan | pacakwêsi | pitutur | rijêki | slamêt - Kliwon | pacakwêsi | pitutur | rijêki | slamêt | pangkalan
[Grafik]
Ahmad, Jabarail: bêcik kanggo samubarang gawe - Ibrahim bêcik kanggo têtak lan sunatan - Yusup bêcik kanggo tingkêban - Ngijrail samubarang gawe: ala.

--- 1 : 225 ---

Nabi (laku) :
Ing ngisor iki sarate wong lêlungan supaya rahayu ing paran katêkan sakarêpe, anirua lampahe para nabi, yèn lêlungan ing dina: Jumungah, akêkêmu sarta susur, lampahe Nabi Mukammad - Sêtu, ngandhuta lêmah ing pusêr, lampahe Nabi Adam - Ngahad, asêsumping lampahe Nabi Yusup - Sênèn, natap lêlandhêp, lampahe Sayidina Ngumar - Salasa, manggang tanga ing gêni, lampahe Sayidina Abubakar - Rêbo, akêkêmul jarit, lampahe Nabi Yakup - Kêmis, tumênga ing langit, tumungkul ing bumi, lampahe Sayidina Ngali, zie J.Z. I 287.9 v.o.

--- 1 : 226 ---

Nabi (yuswa) :
1. Adam: a. 520 taun satêngah kaol, 909 taun T.A. 38-6, b. 999 taun ktb. wakaingoed dahoeri blz. 53, c. 1000 taun ktb. bada ingoed joehoeri furaka ingidda hoeri blz. 55, d. 930 taun ktb. genesis art.5. ayat voorb: zoo warn al de dagen van Adam dihij leetde, negen honderd jaren en dertig jaren; en hij strief., e. 960 taun ktb. tabsir sawi djil I blz. 151, f. 960 en 40 = 1000 taun kitab Ngarais blz. 32. Barêng wis yuswa 960 taun, kaparingan wuwuh dening Allah dadi têtêp yuswa 1000 taun
2. Nuh: a. 1000 taun, Prbm, b. 1300 taun, ktb. Ngarais blz. 39 ... sulaya
3. Ibrahim: a. 195 taun, T.A 68-5, b. 195 taun ktb. Ngarais blz. 65 ... cocog
4. Ngisa 33 taun ktb. Ngarais blz. 267
5. Musa 120 taun ktb. Ngarais blz. 164, 120 taun ktb. Soetj. blz. 128-4 v.o. ... cocog
6. Mukhammad 63 taun ktb samailoel moekhamadiah blz. 211
7. Iskak a. 300 taun T.A. 69-7, b. 170 taun ktb. ngarais blz. 68 ... sulaya
8. Yakub a. 147 taun ktb. Ngarais blz. 93, b. 147 taun ktb. Soetj. blz. 80-4 ... cocog
9. Yusup a. 110 taun ktb. Soetj. blz. 81-11, b. 120 taun ktb. Ngarais blz. 94 ... sulaya

--- 1 : 227 ---

10. Suleiman 53 taun ktb. Ngarais blz. 217
11. Idris 450 taun ktb. Tapsir Sawi djil III blz. 81
12. Ismangil 137 taun ktb. Ngarais blz. 66
13. Dawud 100 taun ktb. Ngarais blz. 32 en 193
14. Sis a. 712 taun ktb katratoelgais blz. 8, b. 912 taun ktb Genesis art 5 ajat 8. voorb: zero waren al de dagen van seth negen honderd en twaalf jaren; en hy stierf.
Nang :
niet.
Ning Kw. :
ing, bêning.
Nung Kw. :
kuwasa, luwih, linuwih.
Nèng :
niet.
Nong :
niet.
Nêng :
niet.
Năngka :
zie wit. Wangsalan Tjent. kang turăngga buntal, olèh dening plăngka.
Ningkah :
zie nikah.

--- 1 : 228 ---

Ca :
1. ca, ja, ya, nya, aksara cêthak
2. ca aksara: tayasastra zie ta
3. ca, sa, tanduke: nya, kaya ta nyatur, saka: catur, nyapu, saka: sapu
4. nanging yèn sinaroja sarta yèn purwaning lingga: sa, wêkasaning lingga: ca, ja (= {ca, ja}) tanduke liru: na, kaya ta: nucuk, saka: cucuk, nasak, saka: sasak, nêcang, saka: sêcang, nêja, saka: sêja
5. ca, ja, pa, ba bisa dadi rimbag dwiwasana, iya iku rangkêping aksara wêkasaning lingga kaya ta: canunuk, saka: canuk, jêkakang, saka: jêngkang, pêthènthèng, saka: pênthèng, badhêdhêg, saka: badhêg. Nanging akèh kang ora kasumurupan linggane, kaya ta cêkekal, jêbabah, mêkongkong, bêthuthut.
6. pasangan ca cilik, ana sangisoring aksara: nya, talawya utawa liyane kang dadi sêsigêging wanda, kaya ta.

--- 1 : 229 ---

Cahirasa :
brahmana rêsi ... zie păncaniti no. 16.
Cahya Kw. :
kuwung: kêkuwung, kaluwung, teja, wahyu, wangkawa, lêngkawa, pulung, plangi, mêrak, zie kaluwung.
Cohung Kw. :
kuwo, wayuninda,

--- 1 : 230 ---

lancung, manyura Manjoera sk, mayura, badhak, zie mêrak, Cincin
Wiwite ana cincin padondoman, saka anggite kêmasan ing Amstêrdham, aran Tuwan Nikolas pan Bènèskotên, saprene wis luwih 200 taun, brm.1838 no. 66.
Cinanagih :
zie gend.
Căndra :
Ing ngisor iki candraning rupa pêthikan saka layang Tjemp. II 69 en 73, sarta saka layang liya-liyane, kaya ta: untu: waja lir sotya rinipta rêntêt runtut adhamis, wangun lir tètèsing toya
waja: waja nglaring kombang mêngês arêntêt, têngahe matrêm kengis
irung: grana rungih, grana sêdhêng angrêrungih pindha kêncana pinatar
awak: sarira lurus || labêtira tajin dhahar | rarasing sarira kadi | pradapa sore sinêmpal | anglêlêntrih èsmu wilis | lir layoning apsari || Srikandi m.m.
alis: angroning imba
athi-athi: ngudhup turi, ngudhup mênur
cahya: andiwangkara ... cahya mancur pindha banguning kartika. Srikandi m.m.
cêthik: nyupit urang.

--- 1 : 231 ---

Căndra :
zie gend. slend. pat. sng.en zie bathikan.
Căndraupa :
gend. slend.
Căndranata :
gend. slend.
Cundrik :
zie lar ngatap (3).
Căndrakusuma :
zie têmbang gêdhe. Laku 16 pêdhotan 8,8 x 2 = 16x2 = 32x2 = 64 voorb.: || Sang Baladewa Narpati | tuwin Narèswara Krêsna | kalangkung ing trêsnanira | marang Dyah Banoncinawi | măngka pisah unggyanipun | mila tansah tanya warta | mring sang rêtna madubrăngta ||.
Căndrakumara :
zie têmbang gêdhe, laku 8x3 = 24x2 = 48. voorb.: || gusti yèn sinawang sira | lêkêr-lêkêring wadana | lir Dèwi Warsiki nama | ayu tur raga karana | mêrak ati yèn ngandika | citra lir căndra purnama ||.
Căndradimuka :
zie dhatu (1).
Căndrasari :
zie gend. bon. pat. lim. pel.

--- 1 : 232 ---

Căndrasangkala :
I. rupa têmên căndra wulan purnama sasi wulan jangkêp nabi wudêl sasa lintang dhara wêtêng bumi lêmah, budha luwih = namaning mangsa satunggal roning godhong mèdi jubur iku buntut dara pêksi dara. janma wong eka satunggal = wiji = tuduh wak badan sapata suta anak siti lêmah wêdhèn hawani kêndêl = srêngenge wungkulan, wutuhan = bundêran, wulan, wulan têmên, miyata yêkti tunggal kabèh watak satunggal punika sadaya.
II. netra paningal, caksuh pasuluhan nayana ulat, sikara tangan buja bau = namaning măngsa kalih, paksa uwang drasthi alis ama papasu = wêwêri locana urang-uranging mata carana athi-athi karna kuping karni ambaning kuping = sungu, anêbah tapukan = anêbak, talingan pangrunguning kuping mata ambaning mata, lèn tangana lan tangan loro lar wulu suwiwi anêmbah ngabêkti suku loro sikil karo.
III. bahni gêni pandhe pawaka gêni pucuking gunung siking gêni upêt = têkên guna gêni agaran, kasagêdan, dahana gêni tanpa sangkan, trining rana gêni tunon = gêni paprangan, uta lintah ujêl wêlut anauti cacing. Jatha gêni winadhahan = siyung wedha gêni pawon = sêrat pêpakêm = namaning măngsa tiga analagni gêni panasing ati utawaka gêni

--- 1 : 233 ---

wong manggang kaya lena gêni balubukan, puyika gêni dilah tiga têlu uninga gêni obor.
IV. wedang banyu panas, sêgara banyu ngidêri jagad, karti banyu sumur suci banyu padasan, jaladri banyu rawa = sêgara nadi banyu kali hèr banyu pucuking gunung nawa banyu adhêm, samudra banyu têlêng jalanidhi banyu angêdhung warna banyu sawangan toyadi banyu jêmbangan, wahana banyu udan waudadi banyu deresan = pancuran, sindu banyu susu warih banyu krambil dik padon sakawan tasik banyu oyod = sêgara caturyuga keblat papat = namaning măngsa sakawan pat sakawan.
V. buta buta lanang kang siyung pandhawa putraning Pandhu tata gêtih otot, gati kêkêtêg = pramana = namaning măngsa gangsal, wisaya panggawe = pirantos, indri bayuning mata yaksa buta wadon kang siyung sara lêlandhêp, maruta angin ngirid gandaning sêkar pawana angin adrês. Bana alas agêng margana angin anèng dalan samirana angin ngilangakên kringêt warayang sênjata pănca gangsal, bayu angin kang manjing mêdal, wisikan wuruking bapa gulingan barat mêtu paturon, lima gangsal
VI. masa măngsa nênêm, sadrasa rasa nênêm winayang anggang-anggang = namaning măngsa nênêm nggana tawon, rêtu kawor = uyêk-uyêkan anglês kayu ginggang = ibêr-ibêran oyog obah karêngya karungu = rinêngga = kaupakara

--- 1 : 234 ---

pangrarasing nêm pangrarasing watak nênêm. Tahên kayu taun, wrêksa kayu tinêgor prabatang kayu rubuh malang anèng dalan, kilating kanêm lêlidhah ing măngsa kanêm lona pêdhês mla[4] kêcut, tikta pait kyasa gurih dura asin, sarkara manis.
VII. ardi gunung urut pasisir prawata gunung têpung sami gunung turăngga jaran, giri gunung gêdhe rêsi pandhita suci ăngsa banyak = turun, biksuka sapi = namaning măngsa pitu cala sukuning gunung himawan mega pucuking gunung sapta pitu. Pandhita putus swara pandhita kalok gora anggung muni pandhita muruk = muni swakuda jaran kêbiri tungganganing gunung têngahing gunung wiku pandhita ing gunung ya pêpitu inggih pêpitu.
VIII. naga ula gêdhe panagan ênggon ula gêdhe salira manyawak, basu têkèk = kumaraning naga = namaning măngsa kawolu tanu bunglon murti cêcak = sangêt kunjara kandhang gajah = gêdhong pasakitan, gajah gajah anèng wantilan, dipăngga gajah tinitihan ratu hasthi gajah dèn palanani. Samadya gajah anèng têngah dalan manggala gajah binêkta prang = pangajêng dirada gajah mêta bujăngga ula lanang brahmanastha pandhita sabrang wêwolu dipara gajah binêkta cangkrama liman gajah ginawa midhang lan ula ula lanang.
IX. trustha lèng bêdhil = suka trusthi lèng tulup muka rêrai gapura lawanging ratu wiwara lawang sakèthèng dwara lawanging omah nanda lèng kodhok = sosot = namaning

--- 1 : 235 ---

măngsa kasanga wilasita lèng kombang, guwa lèng patapan, rago lèng samun. Ludra uluraning dewa gatra lèng gangsir gănda ambêt lèng lèng sêmut rong lèng ula song lèng landhak têrusan lawang butulan yèku ăngka inggih punika wêwilangan babahan lèng maling hawa sanga bolonganing badan.
X. boma sukêt mati = awang-awang = namaning măngsa sapuluh sunya suwung gêgana langit kèsisan mega barakan tan katon = sêndhalan adoh têbih ing langit, ing langit ana tan katon tan kagayuh windu tumbuking taun anèng wiyat langit kang amor lan mêndhung. Widik-widik katon nuli ilang malêtik satêngahing langit = manculat sirnèng gêgana sirna ing langit sagunging das sakathahe kang ilang walang mêsat kos anggusah watak sapuluh watak sadasa.
Căndrawilasita :
zie têmbang gêdhe en zie Kusumawicitra. Căndrawilasita laku 12 pêdhotan 4,8 x 2 = 24 x 2 = 48. voorb: || mangkana kro-| dha ngrik Krêsna têdhak saking | gènnya agu | nêm saksana triwikrama || wimbuh anèng | palataran jlêg sagunung | pitung gunung lir Hyang Kala ||

--- 1 : 236 ---

Cantrik :
zie pandhita (12).
Cintraka :
zie papa.
Candhi Kw. :
candhuyya, kabuyutan, darma.
Cabdhèn :
zie srandu warăngka tumbak.
Cêndhana Kw. :
kêtur, kayu ragas, gêndara.
Cêndhani :
zie pari.
Candhi Kêtăngga :
sinangkalan trus bujăngga sirna iku.[5]
Candhi Kalibêning :
sinangkalan brahmana loro sirnaning bumi = 1028.[6]
Candhi Sèwu :
sinangkalan: naga iku angrusak janma = 1018.[7] Kacarita candhi Sèwu ing Prambanan kang yasa Radèn Bandung, sinangkalan saliraning ratu sirna iku, padha karo ing dhuwur 1018.
Candhi Kalibêning :
bujanggèku anêmbah bumi ... = 1218.[8]
Candhi Sèwu :
naga iku angrusak jagad kalanipun 1018.[9]
Candhi Borobudhur :
(Baraboeda) tanpa ngrasa gunaning wong.[10]
Cindhe wilis :
zie bathikan.
Candhela :
= jandhela vorp. janella, candhelaning omah isih mênga nuju wêtuning candhikala. Wiwite ana candhela kaca nalika taun 1350 D.k 1907 no. 90.
Cundhamani :
Cundha = linangkung, mani = mundhangka of sêsotya cundhamani = musthika (of sêsotya) linangkung.
Condhong campur (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris condhong campur bênêr nganggo kêmbang kacang, lambe loro, grènèng, gusèn, sogokan banjur.
Canthuk :
zie Durmagati.
Canthèl :
Canthèl iku ditandur ana ing patêgalan, panandure ing măngsa labuh kapat, yèn wis patang sasi kêna kaundhuh. Pangupakarane kayadene pari digaringake dhisik banjur disosok. Wusana banjur diolah dadi bangsaning panganan masa adu gula krambil.
Cènthèng :
zie kimpul.

--- 1 : 237 ---

Caca :
Tj.B rêngat.
Cêcê :
niet.
Cêci :
Tj.B. wigih.
Cucu :
1 Tj.B. kalèn 2 kw.sikut, suduk.
Cece :
niet.
Coco :
niet.

--- 1 : 238 ---

Cacahan :
zie kêbo.
Cicir :
zie kêbo.
Cucur Bawuk :
zie gend. slend.pat.manj.
Cêcak Kw. :
Sêrpana, sêrpala, wêca, wêca-wêca, cêrca, murti.
Cècèk :
zie kêbo.
Cucuk graji :
Cucuk graji iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah sisih lor.
Cucud (padhalangan) :
Têgêse gawe banyolan kang bisa nglêgakake atining wong.
Cacading rat :
zie gend.bon.pat.bar.pel.
Cacing Kw. :
anwil, nauti, war(wêr)cita, war(wêr)jita, lusi. Tambane jaran lara cacingên, utawa kêrminên, cêplik pring apus satêkêm, walirang bobot sareyal, prusi saklungsu, uyah wuku sakojong, kabèh pinipis lêmbut, kajamokake sapasar sapisan.
Cacing kanil (kawruh êmpu) :
Tumbak dhapur cacing kanil luk 5 gilig anjêbèr ing ngisor.
Car :
Tj.B. sasmita.
Cir :
Tj.B. tăndha.
Cur :
Tj.B. kêna.
Cèr :
Tj.B. watara.
Cor Kw. :
grabah.
Cêr :
niet.
Cra :
Tj.B. cin ?
Ciri :
= mathi (jaran). Ing ngisor iki cirining jaran kang ala lan kang bêcik, ana ing unyêng- unyêngan saranduning awak ana jênênge dhewe-dhewe, kaya ta:

--- 1 : 239 ---

ondhèl mustaka: ala
asthadama, asthawindu, nilakăntha: bêcik
kalamăngsa, klabang anglèng: ala
dara manguntapa: bêcik
durgaracun: ala
dewa nglayang: bêcik
turun tangis: ala
traju mas: bêcik
tadhah luh, tambang arsa, tunggangtaya: ala - sandhangnyawa: bêcik - sonyantaka: ala - surènggana, saka panggung: bêcik - satriya kapanah, sayapala: ala - sabda tawang: bêcik - săngga kaling: ala - săngga buwana: bêcik - pêndhêman upas, pala katunu: ala

--- 1 : 240 ---

pujăngga ura-ura: bêcik - panggung rencog, dhandhang aring-aring: ala - dhandhang lêksantara, jaga mungsuh: bêcik - gondrèk ngilo, găndasaya, brancah, bramana lêbu gêni, bisuinu, baya kêpêthak: ala - zie .Z.I 143- 1.
Curi :
zie kêbo.
Coro Kw. :
cur, karlaka, wragna, lipasa.
Coro iku dadi usadaning kuwat, Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX sêpta bangêt marang coro ginorèng kaya dene gangsir. Coro iku ora bisa mati yen mung brodhol ususe bae, kajaba tinugêl êndhase, ewadene isih bisa urip suwe, wis dinyatakake di tugêl gulune ing wayah sore banjur tinutupan gêlas supaya ora rinubung ing sêmut, esuke dibukak, awaking coro isih bisa obah, iku nilakake kêkuwataning coro.
Carik :
zie 1 abdi dalêm iku, 2 abdi dalêm kadipatèn letl. h, 3 abdi dalêm kapatihan letl. h.
Carikan :
zie abdi dalêm pangrêmbe VIII.
Carik nagara :
zie abdi dalêm iku.
Carik wadon :
zie abdi dalêm wadon no. 47.
Carik limalasan :
zie abdi dalêm iku.
Carita (kawruh êmpu) :
a. Dhapuring kêris carita luk 9 kêmbang kacang jenggot, lambe loro, sogokan sarta ri pandhan. b. Dhapuring kêris carita luk 13, nganggo sogokan loro ing ngarêp nganggo kêmbang kacang sarta lambe gajah gănja ing buri nganggo grènèng. Yasane Sri Mahapunggung ing Purwacarita, kang kinon gawe Êmpu Sarpadewa, sinangkalan: anon rêtu sirnaning janma, taun 1062.[11] c. Dhapuring tumbak carita luk 11 gusèn ri pandhan.
Carita anom :
(id) Dhapuring tumbak carita anoman luk 11 gusèn ri pandhan sogokan tengah loro.
Carita cengkrong :
Bênêr utawa kuwalik tanpa gănja tanpa pejetan nganggo tikêl alis ing mburi grènèng. Yasane Sri Mahapunggung ing Purwocarita. Kang kinon gawe Êmpu Sarpadewa, sinangkalan anon rêtu sirnaning janma, taun 1062.[12]

--- 1 : 241 ---

Carik kaliwon wadana ... :
1. Kyai Ngabèi Saradipa. 2. Ngabèi Sastrawijaya. 3. Ngabèi Waladana I. 4. Ngabèi Sastrawiguna I (= Narawita Lurah Niti) sumare Ngendhe. 5. Ngabèi Waladana II (= Danamarta anak no. 3). 6. Radèn Tumênggung Sastradipura (= Ngabèi Narasastra Panèwu Gêdhong Kiwa = Ngabèi Sastrawiguna II) sumare Ngèndhèn. 7. Radèn Ngabèi Mangundipura (= Răngga Mangunsastra) sumare Jêthis. 8. Radèn Ngabèi Sastradipura (= Ngabèi Mangun Tênaya anak no. 7) sumare Rêjasari (Lawiyan). 9. Radèn Ngabèi Sastraukara (= Ngabèi Sastradikara anak no. 8) sumare Rêjasari (Lawiyan). 10. Radèn Ngabèi Sastradipura (= Ngabèi Mangun Widaya Mantri Panèwu Panumping = Sastrawidaya Panèwu Carik anak no. 9) winisudha dados bupati nama Radèn Tumênggung Sastradiningrat, lungguh bumi 24 jung. Taun 1837 katarima pasuwitane ing sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan PB X seda sumare Ngimagiri.. 11. Radèn Ngabèi Sastradipura (= Wăngsaatmaja Mantri Sèwu) ingkang rayi no. 10.

--- 1 : 242 ---

Căndra :
lambe: lathi lir manggis karêngat, abang mèngèr-mèngèr - pundhak: pamidhangan naraju êmas - pipi: pangarasan andurèn sajuwing, anjêruk salining, saajar - dhadha: jaja wijang, jaja wêlar awijang - janggut: lir êmas tinatar - mata: netra jait alindri, netra lir sêgara muncar ... tingal kocak èsmu balut | labête tajin nendra | liring galak èsmu lindri || Srikandhi m.m. - gulu: jăngga lumung rêspati, jăngga angolan-olan, jăngga manglung kadi manyura lumarap, jăngga nglunging gadhung, jăngga anglung rêspati - bau: buja anggandhewa gadhing - bokong: bocong lurus - bathuk: palarapan natar arga, linuding bêbayu ijo, palarapan anyela cêndhani.

--- 1 : 243 ---

Carita kalènthèng :
zie jalak ngore (2).
Carita kaprabon :
(id). Dhapuring kêris carita kaprabon, kêmbang kacang, lambe loro, sogokan gusèn têkan pucuk, ri pandhan sarta grènèng.
Carita dalêman :
(id). Dhapuring kêris carita dalêman, padha bae karo carita kaprabon, mung kacèk nganggo jenggot.
Carita paniwèn :
Luk 13 nganggo sogokan loro, ing ngarêp nganggo kêmbang kacang, lambe gajah, gănja ing buri nganggo grènèng. Yasane Sri Mahapunggung ing Purwacarita. Kang kinèn gawe Êmpu Sarpadewa, sinangkalan anon rêtu sirnaning janma, taun 1062.[13]
Carita pasaja :
(id) carita dalêm. Dhapuring kêris carita pasaja luk 11 nganggo kêmbang kacang, lambe loro.
Carita gênêngan :
(id). Dhapuring kêris carita gênêngan luk 11, kêmbang kacang, jenggot, sogokan ri pandhan, luk kêrêp ing pucuk.
Carita gandhu :
(id). Dhapuring kêris carita gandhu luk 11 kêmbang kacang, jenggot, sraweyan, ri pandhan luk kêmba.
Carita buntala :
(id). Dhapuring kêris carita buntala luk 15 kêmbang kacang, jenggot, sogokan, sraweyan, ri pandhan rangkêp, tinatah = kinatah spr.
Carita blawong :
(id). Dhapuring kêris carita blawong luk 11 ămba tanpa prabot.
Carita bungkêm :
(id). Dhapuring kêris carita bungkêm luk 11 kêmbang kacang buntêt.
Cêrwètèh :
zie wit (pace).

--- 1 : 244 ---

Crupung :
zie kêbo (sungu).
Cêrme :
Wit cêrme thukul ing pomahan, wohe rasane kêcut, kêna ginawe manisan woworan opor, sing adhakan dirujak. Babakan cêrme digodhog kêna ginawe tămba ngêkum bêlak. Oyod cêrme yèn pinangan matèni, rasane panas.

--- 1 : 245 ---

Cêrme Kw. :
cêrmeca, crêmèl, kama lagi. Cêrme wangsalan Tjent. pêngantèn atut olèh dening carêm.
Cêrmanăngsa,[14]
Cêrmatruna, Cêrmapangrawit, Cêrmajaya: Panatah wayang purwa zie M.N. II
Panatah wayang purwa dhèk jaman Kartasura panjênêngane Ingkang Sinuhun Pakubuwana II tutug jaman Surakarta awal, uga panjênêngane Ingkang Sinuhun Pakubuwana II mau, kang misuwur têtêlu Cêrma(Gănda) Pangrawit sarta Cêrmajaya.
Cariga :
zie abdi dalêm panyrigan.
Carobo :
wong ... dadi pangane Bathara Kala.
Carubuk (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris carubuk luk 7 nganggo kêmbang kacang, lambe siji, sraweyan sarta grènèng. Carubuk zie kêbo lajêr (2).
Carabalèn :
a. Kyai Sêpêt Madu laras pelog.
Gambyong sapangkon cacah 6, klenang sapangkon cacah 6, kênong 2 ... sorogan laras gêdhe lan cilik.
panonthong 1, kêmpul 1, kêndhang 2, gong 1

--- 1 : 246 ---

b. Kyai Madu Pinasthika laras salendro
gambyong sapangkon cacah 6, klenang sapangkon cacah 6, kênong 2 ... sorogan laras gêdhe laras cilik
panonthong 1, kêmpul 1, kêndhang 2, gong 1.
Carabalèn Srênggani Laras :
zie gamêlan karaton letl. i.
Carabalèn :
= mardyangga. Ricikane gamêlan carabalèn = mardyangga, kaya ta: gêmbyangan sapangkon cacah 4, klenang sapangkon cacah 4, panonthong 1, pananggung 1, grit 1, gubar 1, kala 1, sauran 1, têtêg 2. zie kartapati letl. b.
Carabalèn Prabu Kandhihawan, iya Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita, yasa gamêlan niru gamêlane wong ing Bali, katêlah tumêka saiki ingaran: carabalèn, sinangkalan dhuwuring gapura tanpa căndra, taun Jimakir 1090.[15]
Carang :
zie kêbo (sungu), kn. zie kambil karajan no. 29.
Carangsoka (kawruh êmpu) :
en zie Panji Sêkar (2). Dhapuring kêris carangsoka luk 9 nganggo kêmbang kacang, lambe siji, sraweyan sarta ri pandhan.
Caranggantung :
zie gend.
Cukèn karajan :
zie cukèn watangan

--- 1 : 247 ---

1. apus panyandhak, 2. apus dhadha, 3. apus buntut, 4. ambên kuswaraga, 5. ambên tumpang, 6. èbèg, 7. cêkathakan, 8. klanthe, 9. kalung, 10. talikapa, 11. talikêpuh, 12. talimonce, 13. sarungan, 14. sêsêr, 15. sănggawêdhi, 16. larab, 17. monce.
Pratelan namanipun agêm dalêm prabot pawatangan
1. Sarungan, warni baludru dhapur gilig, wiwit ing juluk mawi timangan mas, mangandhapipun dumugi ngandhap kuping kapal mawi êpang, nama sumping, pucukipun mawi sêkar songa jambon kaanam saha kapuntu. Mangandhap malih nêkuk maji nama walangkadhak, dumugi sacêlaking lambe mawi banyak, warni wêsi kalapis mas, pirantos cantholan kêndhali, sanginggiling banyak wau mawi panggathuk ngiwa nêngên nama ilu-ilu. Sanginggiling walangkadhak ugi mawi panggathuk ngiwa nêngên, nama bathukan, têrus mangandhap dados tali uwang, mawi timangan mas.
2. Sêsêr, warni songa kaanam kalih wêlas, patrapipun katangsulakên ing juluk mangandhap angsal kêndhali gêlangan ingkang nglêbêt, ananging gathukipun kêndhali mawi undhan-undhan warni kawat slaka.
3. Klanthe, tunggil warni akalihan sêsêr, namung beda patrapipun mawi mêdal sangandhaping tênggok, ugi mawi undhan-undhan.
4. Apus panyandhak, warni cindhe katampar tigan, patrapipun angsaling kêndhali mawi godhèg warni wêsi kalapis mas, pucuki[16] apus mawi sêkar songa kaanam saha kapuntu.
5. Kalung, warni renda, kacêplok cêplok mas, panunggul mirah utawi magori, patrapipun wontên ing kapal kumalung pucuk gulu, mawi canthelan angsal juluk, ing ngandhap mawi timangan mas.
6. Munce, warni rante wêsi bundêr, patrapipun ing pucuk cumanthèl ing kêndhali gêlangan ing lêbêt.
7. Tali munce, tunggil warni sêsêr, ananging mawi sawang pucuk mawi sêkar songa kaanam saha kapuntu, katangsulakên ing godhèg alit, godhèg wau lajêng cumanthèl ing bongkotipun munce, bongkotipun tali munce katangsulakên angsal ambên kuswaraga, anggèning nangsulakên nama sabun.
8. Apus dhadha, tunggil wêrni akalihan sarungan, ing têngah lêrêsipun andhêman mawi badhong mas, dhapur tanggalan, katangsulan angsal duga-duga sangajênging kêpuh, lajêng kumlèwèr nama ole-ole, pucuk kiwa têngên mawi sêkar songa, kaanam saha kapuntu.
9. Apus buntut, tunggil warni apus dhadha, katangsulan angsal duga-duga ing wingking, lêrêsipun sangajêng pok janggêl mawi carang mas, dhapur nyakunthêng ajêng-ajêngan, sangajêngipun carang mawi wangkong mas panunggul musthika toya, sangajêngipun wangkong mawi kadhal mas, pucuking apus buntut kumlèwèr nama ole-ole, saha mawi sêkar songa kaanam saha kapuntu.
10. Cêkathakan, warni kajêng jaran karugmi slaka, ing ngajêng ingkang mangul nama kêpun, kiwa têngênipun nama kupingan, têngah kapara wingking nama panumpak, wingkingipun malih ingkang buwêng nama tanggalan, sawingkingipun tanggalan nama srimpak, sangajênging kêpuh saha ubêngipun pinggiran nama lêmahan, lêmahan wau mawi kapasangan duga-duga, warni kados ali-ali, kangge nangsuli apus dhadha buntut utawi èbèg, sangajêngipun panumpak mawi katumpangan langkung, warni wêsi, pirantos canthelan săngga siti, utawi timangan ambên.
11. Sănggasiti, warni wêsi katatah cakran srasah mas, dhapur naga utawi banyakan, mripat saha katrètès sela pasèt, ulur-ulur mas mawi suh dhapur bèjèn utawi sêkar tanjung, sela pacèt patrapipun kacanthèlakên ing langkung wau.
12. Talikêpuh, tunggil warni sêsêr, ananging bongkotipun mawi kolong ing pucuk mawi bedhor, patrapipun [patrapi ...]

--- 1 : 248 ---

[... pun] katangsulakên duga-duga sangajêng kêpuh, bilih larapipun sampun kapasang, tali kêpuh lajêng kagubêdakên ing kêpuh.
13. Talikapa, tunggil warni sêsêr, bedanipun kaot alit ananging panjang, patrapipun amung kaikal anunggil duga-duga wingking.
14. Èbèg, warni cucal banthèng, kapulas dhasar pêthak adêg-adêg cêmêng, ingkang kadhasaran pêthak wau kasêkar modangan, alas-alasan, barong porong. Patrapipun katangsulan angsal duga-duga ngajêng wingking.
15. Larap, warni baludru, tunggil wêwangunan akalihan cêkathakan, kaplisiran cindhe, kawiru buntala, pinggiring larap katêpi renda, mawi banyon lurik bêrkutut, mawi kalèn saha widhêng, kasuran wontên ing nginggil, rangkêpan ngandhap lurik gêdhog madu.
16. Ambên kuswaraga, warni lawe kaanam saha mawi orean, patrapipun kasabukakên wontên ing wêtêng lajêng angsal timangan ing langkung.
17. Ambên tumpang, warni lawe kaanam sisik, patrapipun kasabukakên wontên sangandhaping larap, pungkasanipun wontên ing wêtêng mawi timangan.
Wondene agêm dalêm prabot titihan dalêm cukèn karajan, tunggil warni kados pawatangan, mênggah bedanipun botên mawi sêkar songa, ananging kalintonan bungkul nama kolèk, saha botên mawi munce, botên mawi carang, katambahan kêrkas kaisenan piltul,[17] patrapipun wontên kiwa têngêning kêpuh, utawi mawi jêmparing kawadhahan endhong, patrapipun wontên sangandhaping srimpak kiwa têngên, larapipun kacuki warêg, botên mawi kalèn saha widhêng. Plisiripun radi cêkak, aliya punika sadaya sami akalihan prabot watangan èbèg bintulu.
Kula nuwun, ingkang kasêbut nginggil punika sadaya namung saking èngêt-èngêt kemawon, amila prayogi kacocogakên akalihan nyatanipun, bilih wontên kakiranganipun pratelan kula wau, nyumanggakakên.
[Tanda tangan: Tambang ngarsa].

--- 1 : 249 ---

Căndra :
rambut, rema ngêmbang bakung, rema mêmak masmu wilis, rema mêmak ngendrawila, ... rema rawuhing jêjêngku, mêmak cêmêng sinawang, muyêg ngendrawila wilis. Srikandhi m.m.
kuku, kênaka lir mas kentir, kênaka andalapa wohan ... kênaka ngudayaning ri. Srikandhi m.m
kêmêl, mêmêt araras
dariji, mucuk ing ri, mirib tilarsa.
dêdêg, angronce nawangrum, pidêksa.
dalamakan, amisang mas, pindha sangsangan.
sinom, angron sumêmi.
sikil, sampeyan muluh gadhing, suku lir wratsari.
susu, pambayun ngênyu dênta.
sogokan, anglung pakis, mangimanda gêdhah ngêndhanu raras.
wadidang, andindang lungit, nglêngkèh alungit.

--- 1 : 250 ---

Carangbuntala :
(id). Dhapuring kêris carangbuntala luk 15 kêmbang kacang, lambe siji, sraweyan sarta ri pandhan.
Carangan :
zie wirautama. Abdi dalêm carangan kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, iku prajurite Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kang yasa Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III, gêgamane pajagane ana ing kori srimanganti kidul, têgêse carangan = pang.
Cukènraja :
zie kapa.
Cikêr :
zie dhatu (16).
Cakur wadhah gotri :
zie upacara letl. f.
Cakra :
zie kêris.
Cakar ayam :
zie bathikan.
Cakraningrat :
zie Ngimagiri no. 19 en 41.
Cakranagara :
Radèn Adipati ... Radèn Adipati Cakranagara pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VI, olèh 6 taun iku putrane: Radèn Tumênggung Cakranagara, putrane: Kyai Tumênggung Wirarêja.
Cakranagara :
Adipati ... zie P.N. no. 45 en zie patih no. 24.
Cakar rêngganis :
zie bathikan.
Cikrak :
zie tatahan.
Cakrakusuma :
zie Ngimagiri no. 153.
Cakradiningrat :
zie Ngimagiri no. 203.
Cakradipura :
Radèn Tumênggung ... zie mungup no. 2.
Cakrajaya :
Radèn Adipati ... Radèn Adipati Cakrajaya, pêpatih ing Kartasura, jumênêng dalêm P.B. I olèh 13 taun sarta jumênêng dalêm.
Soesoe. Pr. Mrt. olèh 7 taun, lan jumênêng dalêm P.B. II olèh 4 taun, iku putrane: Radèn Sastrawijaya, putrane: Panêmbahan Rama ing Kajoran, putrane Pangeran Radèn Kajoran, putrane Pangeran Agus ing Kajoran, putrane Panêmbahan Agung Kajoran II, putrane Panêmbahan Agung Kajoran I. en zie N.P.N. no. 40 en 41 en zie patih no. 13 [no. ..]

--- 1 : 251 ---

[... 13].
Cêkakan Kw. :
Usaya, ciptaka, triklakklak, D.N.k.
Cukit :
zie sor.
Cakil = panyarèng (padhalangan)
Anane buta cakil = panyarèng iku yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Sudha Anyakrawati kang seda krapyak, nalika taun 1552 zie Nyakrawarti. en zie panyarèng.
Cakul wangsalan :
Tjent. olèh dening thukul.
Cukul :
= thukul. Cêcukulan kang mawa wisa zie wisa.
Cèkèl :
zie pandhita (13).
Cèkèl baluluk (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak cèkèl baluluk: bênêr, ambêmbêng gilig.
Cakathak :
Cakathakan iku prabot jaran, kang ginawe bakal kayu jaran, kayu kuwèni, kayu têmpaos sapêpadhane kang anduwèni bobot ènthèng, kagawe tipis, ing ngarêp nyênthang ing buri ămba, pinggire ginawe mayat munggah wangun anglambe dang (verk. v. lambe dandang) dilarapi jarit nganggo isèn kapuk, ing pinggir diplisiri nganggo wiron, sarungane gilig kayadene sarungan kapa, nanging iki wuwuh nganggo gombyok, patute kang

--- 1 : 252 ---

nganggo priyayi basahan. Ing jaman kuna cakathakan iku kang mêsthi kanggo praboting jaran kang ginawe watang.
Cêkathakan :
Pusaka karaton, kaya ta: Kyai Rêmbaka, Rêmbaya, Sutaraja, Sêmak, Wimana, Panjajap, Pêksi Raja, Jêbat Bèdri, Mayang, Gadrungmanis, Gandrungmangu, Garudha, Balerante, Balesuta, Balelumur zie kapa of kêkapa.
Catu :
zie kêbo en zie srandu.
Catur :
Wiwite ana kasukan catur, saka Prabu Krêsna Dwipayana, ingkang para putra: Dhastharata, Pandhu sarta Yamawidura padha kinon ulah budi, kang onjo pangêrtine Pandhu.
Catur :
Wiwite ana kasukan catur kanggo ing tanah Eropah saka anggite sarjana ing nagara Pèrsi nalika taun 975. D.k. 1907 no. 90.
Citraka :
zie papa.
Citrasari :
zie Imagiri no. 35.
Catur wênara rukêm :
zie êndêm.
Citramêngêng :
zie têmbang gêdhe[18] en zie salisir.
Cuwêr :
zie kêbo.
Cuwiri :
zie bathikan.
Cawêt :
zie Indrajit en Burisrawa.
Cawas :
zie abdi dalêm Kalathèn letl. f.
Cuwis :
zie wit (jengkol).
Cawang :
Pirantining prau nganggo cawang.
Cuwung (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris cuwung luk 3, gêgêr papak têkan ing pucuk.
Calon :
zie ukiran.
Calana bunton :
Calana bunton kang kalilan nganggo watês bupati kang sasêbutan arya mandhuwur.
Clunthang :
zie ladr. slend. pat. sng.
Clèrèt Kw. :
= bleksemend. licht. talèrèp, dhaywana, gaywata, bayata.
Clèrèt taun :
bleksemend. schitteren. urur, sindhungkara, wrêsthibajra, bajrarumung.
Caluring :
zie suling.
Clêkuthikan :
zie srandu.
Clili :
= tlili. Wisaya manuk gêmak ingaran: clili utawa tlili.

--- 1 : 253 ---

Patrape masang clili disèlèhake ana ing grumbul kang sok diênggoni manuk gêmak kang kabênêr lawangan dirêsiki kang rada dawa. Babadane kasingkirke marang kiwa têngêne. Ditunggu ing wong ana sacêdhaking babadan iku. Mênawa ana manuk gêmak katon saba ing kono banjur digiring. Awit manuk gêmak iku ora gêlêm mabur, mung anjrunthul bae. Panggiringe diaraha malêbu marang clili ngambah ing panggonan kang dirêsiki mau. Adate iya mangkono mêsthi ngambah dalan kang dirêsiki mau, ora gêlêm nêlusup ing bêbondhotan, wusana kalêbu ing kala. Kang masang bungah karo anjupuki manuk gêmak kang kalêbu ing kala mau.
Calapita :
zie Mangkurat I ăngka 3.
Calêmpung :
a. Anane calêmpung surendra[19] kawate 12 calêmpung pelog kawate 14 iku anggite Sinuhun Sultan Prabu Adiawijaya ing Pajang, sinangkalan: trus ngèsthi sucining nabi 1489.[20] b. Wanguning calêmpung kasuda dawane sarta nganggo didokoki sorog kêna ginawe nglaras, saka anggite Kangjêng Panêmbahan Buminata putra dalêm P.B. IV.
Calung :
zie kêbo, zie srandu.
Cèlèng Kw.: [K ...]

--- 1 : 254 ---

[... w.:]
Andhapan, cêlêngan, durgangsa, sungkara, waraha, wijung, wag, wêg, jubris, jubis, bakwi.
Cèlèng iku ing ngêndi-êndi ana.
Cèlèng Têmbalung :
anake Puthut Jantaka M.M. 34.6.
Cap zie :
Abdi dalêm pangrêmbe II.
Cupu :
zie kêbo.
Cipir :
zie wit, cipir wangsalan Tjent. nimpang ing margi, olèh dening: mlipir.
Cèpèr :
zie abdi dalêm Kalathèn letl. f.
Cêpuri :
zie upacara letl. f en zie epok.
Cêpaka :
Wangsalan Tjent. kaawakan, olèh dening: kêpokoh.
Cêpaka mulya :
zie bathikan.
Cipta :
kang cinipta dadi, kang sinêdya ana, kang kinarêpake têka.
Cêplok sinupit :
zie bathikan.
Cêpaga sinapit :
abdi dalêm Bayalali letl. d.
Capang sinapit :
gend. slend. pat. manj.
Cedhok :
Wisaya iwak kali ingaran cedhok, panganggone sabên măngsa udan kali wis gêdhe sarta buthêk, patrape kang golèk, nunggang prau tembo kailirake, cedhok kacêmplungake ing banyu, garane dicêkêli saka ing prau, arêpe miturut ilining banyu, yèn cedhok mau kinira wis olèh iwak, banjur diêntas, adate olèh-olèhane iwak kada, wadêr cilik-cilik utawa lêmpuk, tarkadhang olèh badhèr, kalalèn, tagèh utawa wagal.
Codhot Kw. :
Condhot, cwatgora, syarima, laboka.
Cêmani (Kartasura): [( ...]

--- 1 : 255 ---

[... Kartasura):]
Kangjêng Pangeran Panji Suryakusuma, putra dalêm P.B. V = Sugih sumare ing kono.
Cêmara :
kumrisiking cêmara kamarutan kumrusuk Tjent.
Cêmpa :
nyai agêng ... ingkang ibu R. Patah zie Dmk. no. 3.
Cêmpa :
pari ... seta, slamêt, wilut, gawok zie pari.
Cêmpurit :
zie gapit letl. b. Anane cêmpurit sungu kêbo bule, saka anggite Ingkang Sinuhun Seda ing Krapyak, nalika taun 1552 sarta anane cêmpurit sungu banthèng saka anggite Ingkang Sinuhun Sultan Agung nalika taun 1556 zie Nyakrawati en Nyakrakusuma.
Cêmpala :
zie kothak.
Cêmpalarêja :
kang jumênêng nata Prabu Drupada, sinangkalan buja netraning pandhita, taun Jimakir 722.[21]
Cêmpluk :
zie kêbo pawakan.
Cêmpaluk :
zie wit (asêm).
Cumplung Kw. :
kumwalo, kumbina, kumbara, sumpra, potaka, murdyaka D.N.k.
Cumbana wong silitan, jaran matil, kêbo sapi enz wajangan, kucing gandhik, asu ganthèt.
Campur-bawur (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris campur bawur luk 3 sogokan jenggot bongkot pucuk bênêr.
Camêthi (katuranggan) :
Camêthi k.N. têmbung B.k. iku kang mupakat bakale pênjalin, dawane nganggo ukuran, ukurane dudu kilan utawa kakèn, lumrahe kêpêl, kang bêcik camêthi iku kang tinêmu ukurane 11 kêpêl, wujude ana rong rupa, siji tamparan

--- 1 : 256 ---

sijine giligan, sanadyan sing giligan pucuke iya kudu sinambungan tamparan, dawane ora kurang sakilan sarta nganggo bundhêlan naritik anaa lima utawa nêm prênthil, mungguh paedae bundhêlan camêthi iku yèn digêbugake luwih lara tinimbang kang tanpa bundhêlan. Kajaba mêngkono tumraping camêthi katon pating prênthil iku marahi sêmu. Pucuking tamparan kang kêlumrah nganggo karêngga ing jêmbul, bakale lawe utawa songa. Cêkêlaning camêthi agême para gêdhe akèh sing diponthang ing êmas utawa suwasa, yèn wong cilik salaka, dawa cêndhake garaning camêthi dipantêsa karo gêdhe ciliking jarane.
Cêguk :
zie wit.
Cagak talang :
zie kêbo (sungu).
Cabe Kw. :
cabe, ladha (= lada Malusche).

--- 1 : 257 ---

Cubung :
of kêcubung 257. Cubung putih utawa cubung wulung, rupane padha bae, mung warnane kang beda, putih karo wulung, godhonge ămba-ămba godhong terong, kêmbange kaya slomprèt, wohe bundêr pating cringih.
Woh kacubung kêna ginawe tămba matèni rasa, nanging yèn pinangan utawa winorake ing wedang kopi sawise binubuk angêndêmi, ngomyang lali ora duwe kaelingan pisan-pisan, sanadyan ditari arêp dibêlèh angguyu bae, iku dadi sarananing durjana, diarani nyubung wong. Nanging wong mêndêm cubung tanpa panawar anggêr wis sadina sawêngi mari mêndêm, bali kaèlingane lawas, mung kari limprêk-limprêke bae.
Kêmbang cubung kêna diudud dadi tambane wong lara napas.
Godhong cubung kêna ginawe tapêl utawa pupuk bayi lara racak[22] mêndhak kêrmi mati.
Cebong :
zie kêbo en srandu.
Cebong :
wangsalan Tjent. tarbang muni olèh dening bong.
Cêthak Kw. :
ludhaka, pakima, zie D.N.k.

--- 1 : 258 ---

Cêthak cilik :
zie kêbo.
Cêthak gêdhe :
zie kêbo.
Cêthik :
zie kêbo en srandu.
Cêthak dawa :
zie kêbo.
Cêthak bundêr :
zie kêbo.
Cithak :
zie kêbo.
Cathakasandi :
brahmana rêsi ... zie păncaniti no. 2.3.
Cêthèthèt :
zie wit (cipir).
Cang :
T.J.B. niet.
Cing :
T.J.B. niet.
Cung :
T.J.B. niet.
Cèng :
T.J.B. niet.
Cong :
T.J.B. niet.
Cêng :
T.J.B. niet.
Congor :
zie kêbo.
Cêngkir :
zie wit (krambil).

--- 1 : 259 ---

Cangkriman :
Ing ngisor iki cangkrimane Prabu Sri Maharaja Beraja marang Sang Hyang Wisnu.
Tuwuh doning mudratirta (= ênggoning têmuwuh têlênging banyu) seta tekang purwandaya (= putih kang uwit) mapatra pita laksmita (= godhong jênar sumunar) sirang puspa maharakta (= kang kêmbang luwih abang) mangbate kang pala krêsna (= nêdhêng kang wong irêng) mèsi nanda păncawarna (= isi sêsotya măncawarna) masdrasa marta wiswa (= rasa nêm prakara dadi tămba dadi wisa) taman kêna pisahna[23] (= ora kêna kapisahake). Têgêse cangkriman ing dhuwur iki: păncadriya, iya iku: putih kuning abang irêng sarta măncawarna P.R. I. 232- 6
Cingkarabala Upata:[24]
Ditya kang tunggu kori selamatangkêb, anake Dèwi Amatri, putrane Sang Hyang Triyata. Dèwi Amatri mau somah raksasa aran Gopatana. P.R. I. 130-4 en zie dhatu.

--- 1 : 260 ---

Cengkok (kaniyagan) :
Kang diarani cengkok, iku tibaning kênong kang ambarêngi karo unining gong, angon thuthukane wilahaning gamêlan, yèn gêndhing iku sabên tibaning gong ora ngalih-ngalih mung manggon siji bae, iku aran: cengkok siji. Yèn tibane ngalih marang wilahan loro, iya cengkok loro. Mangkono uga yèn tibane ngalih marang wilahan têlu, iya cengkok têlu, sapiturute.
Cangkêt :
zie gend.bon.pat.bar.pel.
Cangklakan Kw. :
kèlèk, kadhatya, goswa.
Cêngkalak :
Cêngkalak iki piranti dadakan pring apus galêndhêngan tutup ros, dibolong kiwa têngên banjur dilêboni kêndharat, kanggo miranti nyêngkalak durjana kang kacêkêl sanalika. Cêngkalak iku dipasang malang diolèhake ing gêgêr pênêr têpak, taline diolèhake ing gulu ambêlandhit bali diolèhake

--- 1 : 261 ---

sangisoring cangklakan malêbu marang bolongan pring manèh, turahane kumlawèr dicêkêli marang kang ngiringake.
Congklok :
= terong (padhalangan). Anane buta congklok, wong akèh ngarani: buta terong, iku anggite Ingkang Sinuhun Pakubuwana II ing Kartasura, minăngka sangkalan gone karsa yasa wayang nuju taun 1655.
Cêngklong :
zie long.
Congklang (katuranggan) :
Yèn arêp ngarah congklanging jaran zie laku letl. c.
Cangkêm Kw. :
rukmuka, dukara, tutuk, panglinga, jumara, mukita D.N.k.
Cangkêm lele :
zie srandu warăngka tumbak.
Cêngêl lele :
zie srandu ukiran.
Canggah :
Canggah iku wêsi tipis ambalêngkuk munggah pacak ngiwa nêngên, nganggo untu walang cringihe manjêro, garane landheyan kayadene tumbak, dawane 7 kaki, antaraning balêngkuk gonggang sawatara, kanggo nyanggah durjana kang diburu lumayu ora gêlêm nutut, kacêkêl ing durjana urip sarta ora tatu, amarga arêp polah ora bisa, lara kêna linciping untu walang.
Cènggèr :
zie kêbo.

Huruf Jawa: simbol purwapada. (kembali)
Huruf Jawa: simbol purwapada.
laku 18, pêdhotan 5, 5, 8 x 2 = 36 x 2 = 72 || anut lakuning | Kurawa ing ngu | ni patine Abimanyu | kêna ing cidra | sira Sang Sêtya | ki madêg ngambil sanjata || sarosa mênthang | langkap gya lumê | pas Burisrawa pinanah | pêgat jangganya | Burisrawa ma | ti katiban nagabănda ||. (kembali)
laku 18, pêdhotan 5, 5, 8 x 2 = 36 x 2 = 72 || anut lakuning | Kurawa ing ngu | ni patine Abimanyu | kêna ing cidra | sira Sang Sêtya | ki madêg ngambil sanjata || sarosa mênthang | langkap gya lumê | pas Burisrawa pinanah | pêgat jangganya | Burisrawa ma | ti katiban nagabănda ||.
21. (kembali)
21.
amla. (kembali)
amla.
Tanggal: trus bujăngga sirna iku (1089). (kembali)
Tanggal: trus bujăngga sirna iku (1089).
Tanggal: brahmana loro sirnaning bumi (1028). (kembali)
Tanggal: brahmana loro sirnaning bumi (1028).
Tanggal: naga iku angrusak janma (1018). (kembali)
Tanggal: naga iku angrusak janma (1018).
Tanggal: bujanggèku anêmbah bumi (1218). (kembali)
Tanggal: bujanggèku anêmbah bumi (1218).
Tanggal: naga iku angrusak jagad (1018). (kembali)
Tanggal: naga iku angrusak jagad (1018).
10 Tanggal: tanpa ngrasa gunaning wong (1360). (kembali)
Tanggal: tanpa ngrasa gunaning wong (1360).
11 Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062). (kembali)
Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062).
12 Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062). (kembali)
Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062).
13 Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062). (kembali)
Tanggal: anon rêtu sirnaning janma (1062).
14 Cêrmadăngsa. (kembali)
Cêrmadăngsa.
15 Tanggal: Jimakir: dhuwuring gapura tanpa căndra (1090). (kembali)
Tanggal: Jimakir: dhuwuring gapura tanpa căndra (1090).
16 pucuking. (kembali)
pucuking.
17 pistul. (kembali)
pistul.
18 § laku 12 pêdhotan 6,6 x 2 = 24 x 2 = 48 lamun sira kaki | dumadi prajurit | dèn bisa tulada | Patih Maèspati ||. (kembali)
§ laku 12 pêdhotan 6,6 x 2 = 24 x 2 = 48 lamun sira kaki | dumadi prajurit | dèn bisa tulada | Patih Maèspati ||.
19 salendro. (kembali)
salendro.
20 Tanggal: trus ngèsthi sucining nabi (1489). (kembali)
Tanggal: trus ngèsthi sucining nabi (1489).
21 Tanggal: Jimakir: buja netraning pandhita (722). (kembali)
Tanggal: Jimakir: buja netraning pandhita (722).
22 racêk. (kembali)
racêk.
23 pinisahna. (kembali)
pinisahna.
24 Bala Upata. (kembali)
Bala Upata.