Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra)

Judul
Sambungan
1. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/1: Ha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/2: Na). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/3: Ca). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
4. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/4: Ra). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
5. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 1/5: Ka). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
6. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/1: Da). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
7. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/2: Ta). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
8. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/3: Sa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
9. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/4: Wa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
10. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 2/5: La). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
11. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/1: Pa). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
12. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/2: Dha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
13. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/3: Ja). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
14. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/4: Ya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
15. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 3/5: Nya). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
16. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/1: Ma). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
17. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/2: Ga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
18. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/3: Ba). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
19. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/4: Tha). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
20. Bauwarna, Padmasusastra, 1898, #205 (Jilid 4/5: Nga). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[RA]

Ra :
1. ra, la, dha, tha, aksara ilat.
2. ra, aksara anta sastra zie ha
3. ra, larê, lê, ... duwe aran manèh, aksara luluh, kaya ta: Rêbo Lêgi, lirune Rêbo[1] Lêgi[2]
4. pasangan ra, pasangan la, pasangan pa kêrêt, pasangan nga lêlêt iya aran: aksara luluh, kaya ta: Benjing wulan Rêjêp lêbar panèn kula badhe mantu, lirune: Benjing wulan Rêjêp[3] lêbar[4] panèn ...
5. ra, la, bisa dadi sêsêlan (hêr, hêl) iya ingaran: sêsêlan: ra, la (Prequentatief) kaya ta: crawak = carawak, kêrga = karêga, clathu = calathu, slêpa = salêpa.
Ra :
1. Tj. B. asru, 2. kw. sira.
Ri :
1. Tj. B. landhêp, 2. kw. adhi, ing, ing kono, kang, saka.
Ru :
= hru Tj. B. sanjata (gêgaman)
re niet.
Ro :
niet.
Rê Kw. :
sanjata (gêgaman).
Rah Kw. :
gêtih.
Rih :
niet.
Ruh :
niet.
Rèh :
Tj. B. pranata.

--- 1 : 263 ---

Rèh (katuranggan) :
a. Pangrèh marang jaran bandhol, sarta tansah anjondhil, iku kudu kawêngku sarta kawisesa, iya iku kudu diwanèni, sarana nandukake pangrèh kanthi pangroda kalawan digêbuka abangêt kang nganti bisa nuwuhake panggraita tampaning pangrèh mau. Yèn ana jaran diarah lakune mêksa ora kêna, amarga saka bangêting jondhile, iku pangrèhe kudu sarana dirubuhake, mungguh patrape ngrubuhake jaran, sasuwene jaran katandukan pangrèh măngka anjondhil kang luwih abangêt, katutuha kagêbug kang sêru, supaya anjondhila manèh, sajrone anjondhil, kang nunggang ambarêngana malumpat karo nyêndhal têtali, yèn lumpate nêngên, apus kang sisih kiwa kasêndhala, yèn lumpate ngiwa, apus kang sisih têngên kasêndhala, aja nganti lena, dene patrape malumpat saka ing jaran, yèn lumpate nêngên, tangan têngên anyêkêlit[5] longobing lapak kapadal kanggo lantaran malumpat, tangan kiwa nyêkêl apus kang sisih kiwa ngiras kacènèng utawa kasêndhal nêngên, mangkono uga kosokbaline yèn lumpate ngiwa, tangan kiwa kang nyêkêl talongobing [talo ...]

--- 1 : 264 ---

[... ngobing]
lapak, tangan têngên nyêkêl apus kang sisih têngên katarik, utawa kasêndhal ngiwa, pangrèh kang kaya mangkono mau bisa marèkake jaran kang tansah anjondhil, utawa kang akèh medane. Sokur yèn kang nunggang kaduga ngrubuhake sajrone ambandhang, patrape mangkene: jaran kagêbuga kang abangêt, măngka isih gêlêm anjondhil, iku banjur kabarêngana malumpat kare[6] nyêndhal kêndhali, patrape ngrubuhake jaran ambandhang iya kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, mulane rubuhing jaran kaaraha sajrone anjondhil, iku bisa gampang kalakone.
b. anyêbit, c. anglumba, d. angglarap ... id
e. Mundur, yèn ana jaran kaêrèh mung nêdya mundur bae, iya banjur kaundurna pisan kang nganti katog undure, sabên arêp ditunggangi iya kalakokna amundur dhisik, yèn wis kapatrapan pangrèh mangkono kêna tinamtokake marine olèhe duwe lêleda mangkono mau.
f. Angon, clangake kêndhali (sêdyane arêp [arê ...]

--- 1 : 265 ---

[... p] anglêpèh kêndhali sarana manthuk-manthuk). Yèn ana jaran ditunggangi duwe lagean mêngkono, panyêkêling apus kasăngga kang nganti luwih saka sakilan dhuwure karo jêjalak, sarta kudu dikêrêpi kucêkane, kucêkan iku kêndhali ucêk-ucêkake ing lambening jaran, isarating mangkono iku paedahe kajaba marèkake jaran kang anduwèni lageyan mangkono iya uga bisa ngènthèngake lambe.
g. Wêdèn, yèn ana jaran wêdèn, kaya ta wêdi marang rêrupan utawa marang swara, isarate murih marine, yèn kang diwêdèni kareta tuwin grobag, apadene cikar sapêpadhane, sabên ditunggangi dicêdhakna, yèn wêdi marang swara, dilantèhake kêrêp dirungoni swara kang diwêdèni mau, yèn wis kêrêp diwanèkake, amêsthi mari wêdine marang rêrupan utawa swara mau.
h. andhèngèr[7]
i. anyangkolake kêndhali[8]
j. amakêm[9]

--- 1 : 266 ---

Yèn ana jaran duwe kandhutan ala, kaya ta: andhèngèr, nyangkolake kêndhali tuwin makêm, panyêkêling apus kang prayitna, sarta kudu katalenan loro, paedahe yèn jaran kang duwe kandhutan ati ala mau meda, bisa nandukake saranane, kaya ta: 1. Yèn andhèngèr, kêndhaline kakêpyokna, măngka kakêpyok ora gêlêm anglêpèh kêndhali, utawa tumungkul, kêndhaline kacêkêla sarta banjur katarika mangisor nganggo kaucêka.
2. Yèn nyangkolake kêndhali kang sisih kiwa, apus kang sisih kiwa kauculna, apus kang sisih têngên kasănggaa, mangkono uga yèn nyangkolake kêndhali kang sisih têngên, iya apus kang sisih têngên kauculna, apus kang sisih kiwa kasănggaa.
3. Yèn makêm, kêndhaline kalèrègna ngiwa utawa nêngên, yèn ora gêlêm anglêpèh utawa ngêculake kêndhali banjur kacawukna[10] munggah yèn kaêrèh mangkono banjur nêmpuh, iya iku ambandhang, sasuwene ambandhang sikiling jaran kasidikna, yèn kandhange ngiwa, têgêse: sikile kiwa kang tumindak dhisik, iya apus kang kiwa kaseronga, sarta dikêncêngi. Yèn bandhange

--- 1 : 267 ---

nêngên, iya apus kang sisih têngên kaseronga sarta dikêncêngi, yèn jaran tandukan pangrèh kang kaya mangkono mau măngka isih nglantur pambandhange amêsthi banjur tiba ngrungkêb, nanging sing tamtu dipilaur mandhêg, salèrène banjur kabandhangna manèh kang kalawan sêdyane kang nunggang, sasuwene kabandhangake nganggoa karangkèt supaya tămpaa atine aja kongsi duwe meda utawa kandhutan ati ala kang agawe mutawatire kang nunggang. Anadene bandhanging jaran mau aja kongsi diandhêg yèn durung gêlêm lèrèn sakarêpe dhewe. Yèn wis mandhêg banjur karangkèta manèh kang abangêt kanthi panguring-uring, nanging ngarêp kakêmbanana, têgêse apuse diklowong utawa di kêndhoni, têngahe dikothongi, têgêse kang nunggang kudu kêmba, sanadyan pangrangkète nganti bangêt, wis mêsthi ora gêlêm nêmpuh manèh, dipilaur bêgogok karo gêrêng-gêrêng, yèn jaran iku wis katon andharêdhêg pangrangkète dilèrènana ing nalika iku kawaspadakna. Kang wis kalakon jaran mau sok banjur awèh sasmita[11] marang kang nunggang, yèn ta bisa angucap, anjaluk [anjalu ...]

--- 1 : 268 ---

[... k] katurutana bêbukaning pangêrèhe kaya sasmitaning karêpe mau. Mungguh tumanduke pangêrèh iku: cihnane yèn ora ana jaran kang ora kêna dipêrdi dening manungsa. Yèn ana panêgar nyaritakake jaran ora bisa dadi awit ora kêna ingêrèh, iku nelakake yèn panêgar durung paham marang kawruh pangrèhing jaran kang sanyatane. Dene rêringkêsan pathokane bakal bisa dadi panêgar, kudu pawitan patang prakara, sura, guna, rêkasa, lan lara.
k. Ambagêgêg, yèn ana jaran sawise ditunggangi dilakokake ora gêlêm, mung mêksa ambêgêgêg, pangrèhe mangkene: sawise kacengklak aja banjur dilakokake, kaubêngna ngiwa utawa nêngên dhisik, yèn wis kalakon mangkono, banjur bae kalakokna, yèn tansah ambagêgêg, banjur kaundurna sarana kêndhaline katarika ngiwa nêngên agênta-gênti, tumuli kaubêngna manèh kang bangêt kalawan digêbug kang sêru, sawise kaubêngake sawatara banjur kalakokna nganggo kagêbug sarta kagêbrag kang sêru, jaran kang duwe bêndana mogok kaya mangkono mau yèn wis katandukan pangrèh iku amêsthi mari medane. Yèn seje dina

--- 1 : 269 ---

ditunggangi isih eling medane lawas, iya ditanduki pangrèh manèh kaya ing dhuwur mau.
l. Ulih-ulihên utawa omah-omahên, yèn ana jaran duwe meda mangkono, kaya ta: ditêgari ngambah dalan enggok-enggokan kang wus tau diambah utawa pomahan kang wis tau diparani banjur kudu menggok, luwih manèh mogok, jaran kang kaya mangkono mau murih marine, sabên dina ditunggangi, măngka wis ngarêpake têkan ing panggonan kang arêp ditêkani, banjur katandukana pangrèhing sakarêpe, dene yèn ditunggangi barêng ulihe notol, iya banjur katandukana pangrèhing sakarêpe mulane pangrèhe mangkono, awit kang wis kalakon jaran iku sok kêslamur dening olèhe nanggapi pangrèh mau. Ing sadurunge ilang medane, sabên ditunggangi yèn ngarêpake têkan ing panggonan kang bakal dadi sabab utawa yèn mulih notol, iya katandukana pangrèh saprayogane nganti bisane mari babar pisan.

--- 1 : 270 ---

Roh :
door Bagoes Ngarvah: 1. roh ilapi, 2. roh rabani, 3. roh nurani, 4. roh rukani, 5. roh rahmani, 6. roh hulkudus, 7. roh jasmani, 8. roh nabati, 9. roh rewani[12]
van R. Ng. Rănggawarsita wirit: 1. roh jasmani = jisim, 2. roh rukani = nyawa, 3. roh khewani = urip, 4. roh nabati zie 8 bov. = cukul, 5. roh rahmani = murah, 6. roh nurani = cahya, 7. roh ilapi = wêning
van Theosofisch Centrum: 1. roh jasmani, 2. roh rabani, 3. roh rukani, 4. roh rahmani, 5. roh nurani, 6. roh ilapi, 7 . roh hulkudus.
Roh Kw. :
ubrês.
Rai Kw. :
aswa, nityaka,

--- 1 : 271 ---

naya, nayaka, swa, waktra, wadana, paraupan, pasuryan, muka, giwrasya, golaka zie kênong, reikas, adêge reikas 1910.

--- 1 : 272 ---

Rahu :
Anane kêndhang nganggo rahu saka anggite Kangjêng Panêmbahan Buminata, putra dalêm P.B. IV rahu iku.
Rohi :
zie bagong.
Rahayu :
Kang ingaran ciri rahayu, jaran kang duwe unyêng-unyêngan manggon ing sikil ngarêp mung siji, iku bêcik watêke kanggo pagaweaning nagara.
Ron :
Ngrompyoh verk. van ron kêpoh. Ngrangkung verk. van ron kangkung. Ngronje verk. van ron gênje. Ngropèk verk. van kèpèk (= kara nom). Ngrayung verk. van ron lêmbayung.
Rena-rena :
zie gend. gend.
Roning têki :
Dhapuring kêris roning têki: bênêr, nganggo kêmbang kacang, gandhik dawa, lambe rangkêp, sogokan siji banjur.
Ronce :
zie once.
Rencoh :
Jaran ciri rencoh, pancal sikile têlu, watêke ora bêcik, kang nunggangi nêmu kala ana ing dalan.
Rancakan :
Sajumênênge Ingkang Sinuhun Pakubuwana II karsa yasa rancakan ingukir têrus, sinangkalan: sirna tata manising dewa = 1650.[13]
Rancak hèrni :
zie banyu.
Renda :
zie abdi salêm kêmasan letl. g en gêrji letl. d en abdi dalêm wadon no. 43.
Rèndèh :
zie gend. slend. pat. sng. zie gondrong pangasih.
Rèndèng :
zie gend.
Rantansari :
Radèn ... Kartasura no. 21.
Ranti :
wangsalan Tjent. praptane ora barênga,[14] olèh dening sarênti.
Runtik :
zie gend.
Rontal :
zie kropak.
Rêntêng :
zie dhatu (24).
Randhu Kw. :
Randhêh: Randhya zie uwi en zie wit.

--- 1 : 273 ---

Rondhe :
zie pari.
Rondhon :
zie gend. slend. pat. sng. zie krêsna.
Rondhonunut :
zie gend. slend. pat. manj.
Rondhonsari :
zie gend.
Rindhik :
zie gend. slend. pat. nem.
Randhukentir :
zie gend.
Randhat :
zie gend. slend. pat. manj. en zie ladr. slend. pat. manj. en zie mêrak kasimpir.
Răndhamaya :
zie ladr. slend. pat. nem. en zie lungkèh. en zie mongkogdhelik.
Rênyêp :
zie gend. slend. pat. sng.
Ranumênggala :
zie gend.
Rènthir :
Rènthir iku bangsaning mênjangan, dumunung ing tanah Ruslan, mangan sukêt, kêna diingu ing wong ginawe rakitan kèsèr, kèsèr iku ing ngisore nganggo lingir wêsi piranti ngambah sêgara anjêndhêl.
Ricik-ricik :
zie gend. gêndèr.
Rêca Barabudhur :
sinangkalan apan tanpa gunaning wong = 1340[15] Primb.
Rêcêp :
zie kênong.
Rar :
Tj.B. anom.
Rir :
Tj.B. alus.
Rur :
Tj.B. mega.
Rèr :
Tj.B. salah.
Ror :
niet.
Rara :
1 Tj.B. rinêksa 2 kw kusut, prawan bocah.
Rêrê :
niet.
Riri :
1 Tj.B. alon, 2 Kw. sarănta, lilir.
Ruru :
1 Tj.B. runtuh 2 kw. upaya sênêp, mancur, mêrêm.
Rere, Roro :
niet.
Ricangkring :
zie srandu warăngka ladrang en gayaman, rarabentrok zie têmbang gêdhe[16]
Rok :
zie bêri letl. h.
Reka :
zie tulis, toya reka voor anak, siti reka voor sanak, sela reka voor bojo m.w. margawirya 24.
Rukun Islam :
Mungguh têgêse rukun Islam iku mangkene: a. nglakoni sadat, salat, jakat, puasa, sarta kaji.

--- 1 : 274 ---

Pracaya marang Pangeran, malaekat, kitab-kitab kabèh, utusan, dina kiyamat bakal kêlakon sarta kira-kira zie sadat.
Rukmi :
zie abdi dalêm pangrukmi.
Rakam :
Rakam iku nêptuning dina pasaran sarta păncasuda ginawe urut, kaya ta: 1. Jumungah, ... , 1. Pitutur, sawênèh Tuju padu
2. Sêtu, 1. Kliwon, 2. Dêmang Kandhuruhan, sawênèh Kalang tinantang
3. Ngahad, 2. Lêgi, 3. Mantri Sinaroja, sawênèh Sanggar Waringin
4. Sênèn, 3. Paing, 4. Sanggar Waringin, sawênèh Mantri Sinaroja
5. Slasa, 4. Pon, 5. Macan Kêtawang, sawênèh Macan Kêtawang
6. Rêbo, 5. Wage, 6. Nuju Pati, sawênèh Tuju Pati
7. Kêmis, ... , ... , ...
Pengetunge mangkene: saupama dina Rêbo Wage katêmu 6 + 5 = 11 nuli metung păncasuda 1-6 bali mênyang 1 manèh = 7 tutug 5 = 11 dadi tiba macan kêtawang. Nanging yèn tiba: 1 pitutur, 1 tuju padu ... surasane padha
2 dêmang kandhuruhan, 2 kalang tinantang ... gèsèh
3 mantri sinaroja, 3 sanggar waringin, 4 sanggar waringin, 4 mantri sinaroja ... winalik, êndi kang bênêr?

--- 1 : 275 ---

5, 5 ... macan kêtawang padha
6, 6 ... nuju (tuju) pati, padha.
Ratnagara :
Adêge Ratnagara kantore aran Sidhikara taun 1912.
Radèn :
Wiwite ana sêsêbutan radèn (sêsotya kang dadi) saka putrane Sri Maharaja Sundha kang kakung sinêbut radèn, kang putri sinêbut dèwi. Sinangkalan: rupa anrus ing bumi = 191[17] P.R. I. 165-6 v.o.
Radèn :
pangeran ... zie Kajoran no. 2.
Radèn Ngabèi Saloring Pasar :
zie Sutawijaya letl. u.
Radyapustaka :
zie abdi dalêm kapatihan. Adêge Radyapustaka nalika ing 4 Juni 1899.
Rata :
zie kareta. Wiwite ana titihan rata, yasane Prabu Surata ing Wiratha. Sinangkalan swara luhuring catur, taun Dal 407.[18]
Ratu :
Wiwite ana ratu jumênêng sapisan, ajêjuluk Rêsi Mahadewa Budha (Bathara Guru) angejawantah, sinangkalan yoga dadi raja = 144. P.R. 112-2. Ing ngisor iki asmane para ratu kasêbut ing layang D.N.k. 2.7 v.o. a sarta ing layang Javaansche Spraakkeens 40 art. 5. Apadene kang tinêmu ing layang liya-liyane, kadadèkake siji kaurutake dênta wyanjanane, kaya ta: Endra, hèrênghyasa, adipati, aji, nara, nara iswara, nareaji,[19] narendra (lagi sare kaya gunung, sawênèh dening sang ratu gêng aluhur tanpa timbang kadi gunung), narendradipa, naranata (ngunggahake, ambuwang, sawênèh dening sang ratu kuwasa angrêrakit) nararya, nararyadipa, narèswara (amranata wadya sri), narapati (yèn ngukum- ukumi), nata (lagi jumênêng parentah utawa yèn ratu jumênêng kalawan parentah), raja, katong, kangjêng, dipa, dhapa, dhipa, dhipati, sinuhun, sri (sarupaning kabagusan ngalumpuk, sawênèh dening sarupaning kabagusan kang gumêbyar, kang kumênyar, kang ngênguwung, kang sêmu, kang murub wus anèng [a ...]

--- 1 : 276 ---

[... nèng] ratu), sranda, srinda, sri nata, sri mulku, sri bupati, siti pati, susuhunan, sangulun, sang nata, sang siniwi, sang sri, sang aji, prabu (yèn ngrasuk busana, utawa yèn sang ratu ngrasuk agêm-agêmaning kaprabon), pamasa (kuwasa bengkas anambung, utawa dene sang ratu), pangêmpyun, maharaja, mangkubumi, buhpati, buhpala, buhpalaka, bupati (yèn ratu pêpak siniwèng bala), bupala, bupalaka, buminata, bumipala (sarwa sarwi tanpa pakewuh, sawênèh dening sang ratu sarwa sarwi pikolèh anèng saluhuring bumi), bumi palaka.
Ratu fram :
Ing ngisor iki asmaning ratu garwa kasêbut ing layang D.N.k 3.3. B. kaya ta: narendraswari, mahisi, garini, narèswari, narpaduhita, dayita, wadu, nata dèwi, mahisi, rajanari, rèni, duhita, dayita, sori, sri supadniswara, swari, sriyodati, swapani, supanaswari, supadni, swari, waramahisi, laksmiwati, prawara mahisi, pramèswari, paramiswari, padni, swara, padmi, padêmi, mahisi, garini, bini aji.

--- 1 : 277 ---

Wiyosan jumênêng sarta sedane para panjênêngan nata ing Surakarta
P.B. II
Salasa Pon ping 19 Sawal Jimakir 1634 Mrakèh miyos,[20] Sênin Paing ping 4 Sapar Alip 1651 jumênêng Kartasura,[21] Ngahad Kaliwon ping 12 Sura Alip 1675 seda Surakarta.[22]
P.B. III
Sêtu Wage ping 27 Ruwah Be 1656 Măndhasiya miyos,[23] Sênèn Wage ping 6 Sura Alip 1675 jumênêng Surakarta,[24] Jumungah Pon ping 5 Bêsar Jimakir 1714 seda.[25]
P.B. IV
Kêmis Wage ping 19 Rabingulakir Je 1694 Watugunung miyos,[26] Sênèn Paing ping 29 Dulkangidah Jimakir 1714 jumênêng,[27] Sênèn Paing 24 Bêsar Alip 1748 seda.[28]
P.B. V
Salasa Kliwon ping 5 Rabingulakir Dal 1711 Tambir miyos,[29] Salasa Kliwon ping 3 Sura Ehe 1748 jumênêng,[30] Jumungah Kliwon ping 29 Bêsar Je 1750 seda.[31]
P.B. VI
Ngahad Wage ping 18 Sapar Je 1734 Warigalit miyos,[32] Sênèn Kaliwon ping 9 Sura Dal 1751 jumênêng,[33] Kêmis Kaliwon ping 18 Bêsar Jimawal 1756 kendhang Ngahad Pon ping 12 Rêjêp Wawu 1776 seda.[34]
P.B. VII
Kêmis Wage ping 16 Sura Alip 1723 Julungpujud miyos,[35] Sênèn Wage ping 22 Bêsar Jimawal 1757 jumênêng,[36] Sênèn Lêgi ping 27 si[37] Pasa Jimakir 1786 seda.[38]
P.B. VIII
Sênèn Kliwon ping 25 Rêjêp Alip 1715 Wayang miyos,[39] Sênèn Pon kaping 4 Sawal Jimakir 1786 jumênêng,[40] Sêtu Wage ping 25 Jumadilakir Je 1790 seda.[41]
P.B. IX
Rêbo Wage ping 7 Rêjêp Je 1758 Galungan miyos,[42] Sênèn Lêgi 27 Jumadilakir Je 1790 jumênêng,[43] Jumungah Lêgi 28 Ruwah Je 1822 seda.[44]
P.B. X
Kêmis Lêgi 21 Rêjêp Alip 1795 Wugu miyos,[45] yuswa 3 taun jumênêng P.H. 1798[46], yuswa 16 taun supit 1811[47], yuswa 25 taun krama 1819[48], yuswa 28 taun jumênêng nata 1822[49], Kêmis Wage 12 Pasa Je krama Jogja 1822.[50]

--- 1 : 278 ---

Ratu :
Watêking ratu utama
a. 1. tanuita, têgêse: ulah kapandhitan sarta juru pamidih nuntun wong sungkanan, 2. saraita têgêse: olah kaprajuritan, sarta juru matrapake pêpacuh marang wong lêleda. 3. darmaita têgêse: ulah pangadilan sarta juru matrapake adil. 4. samaita têgêse: ulah tatakrama, sarta juru matrapake usada
b. 1. dhuwur kang ngungkuli gunung, ratu kang mratakake dana arta busana marang wadyabalane, muwah putra wayahe, atanapi kawulane. 2. jêmbar kang ngungkuli sêgara, ratu kang anggêlarake paramarta, asih ing kadang myang kulawarga, agung ngapura marang sakèhing wadyabalane. 3. padhang kang ngungkuli raina, ratu kang agung titipariksane marang wadyabalane kang antuk bungah sarta kang nêmu susah, tuwin kacukupe sandhang pangane. 4. rata angungkuli tanah lêta, ratu kang mratakake guna pangawikan, jêjêg pangadilane, asih marma marang wadyabalane, pinrih suka têntrêm, sinangkalan ... = 144 (taun surya sangkala) zie P.R. I. 109-1.
Ratu :
en Patih Wiwite ana ratu lan patih, jumênênge Rêsi Mahadewa Budha (= Bathara Guru) ana ing Mêndhangkamulan I patihe Rêsi Narada, nalika taun 144.
Ratu :
voor patih. a. dhawuhing pangandika dalêm
Kang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Adipati Sasradiningrat
Kapindhone ingsun paring wêruh ...
Dhawuhing pangandika dalêm, ing dintêna ... tanggal kakaping .. wulana ... i tauna[51] ... angkaning warsa: 1800.
b. dhawuhing pangandika dalêm
Adipati Sasradiningrat, aturira ing ngisor iki

--- 1 : 279 ---

ingsun wis marêngake ...
Kêmis ping ... Siyam Je 1800.
Ratu :
van dhudha. voorb: mênawi panjênêngan ratu tanpa sisihan, ila-ilanipun adat asring ngrêntêngakên nagari, awis têdha wêkasan andhatêngakên sêsakit P.R. III. 234-10 v.o.
Ratu :
voor karaton. Abdi dalêm karaton, patunggukane awan ana ing kori kamandhungan lor, yèn bêngi ana kori ijo kidul (wiwarakênya) kang jaba, nginêb sarta ngêngakake kori, nisihi patunggukane abdi dalêm gêdhong kiwa gêdhong têngên, pagaweane ngamping-ampingi joli titihane kangjêng ratu utawa jaga utusane kangjêng ratu mau.
Reta :
zie dhatu (9).
Rote (katuranggan) :
Jaran wêton Rote, kang akèh cilik-cilik, pasêmone kaya jaran wêton Sêmbawa, atine bantêr.
Ratu ayu :
zie subasiti.
Rêtna Adiningrat :
Radèn Ayu ... zie k.S. 10.
Rêtnakumala :
Ciri jaran rêtnakumala, jaran wulu irêng mulus matane putih, clakuthikane sikil: abang, iku jaran rêspati, luwih utama, kang ngingu suka sugih tur rahayu, tan ana sangsarane, luhur slamêt sapandhuwur.
Rêtna Dumilah :
Kangjêng Ratu ... zie k.g. no. 17 (Kuthagêdhe).
Rêtnasari :
Radèn zie k.S. no. 24 (Kartasura).
Rasa :
Ing ngisor iki araning rasa sawiji-wiji sarta pêncare kaya ta: anyir rasaning blondho, asin rasaning uyah, adhêm rasaning banyu, anglêk lêgi bangêt, cêmplang kurang bumbu, kêcut rasaning wowohan mêntah, kêmêtèp rasaning lombok jêmprit, tawa tanpa rasa, tumêk lêgi gurih, sêpêt rasaning sêmak, lêgi rasaning gula utawa madu, pait rasaning butrawali utawa godhong mêniran, pêdhês rasaning mrica

--- 1 : 280 ---

nyêthak, pait (of asin) bangêt
gurih, rasaning krambil - gêtar, lênga têngik - gêtir, jêruk gulung kêcut - ngudhêl-udhêl rasaning klayu.
Rasa :
zie păncadriya letl. d

--- 1 : 281 ---

Wijining rasa iku mung ana lima, muni ing Kitab Topah blz. 28 art. 54. kaya ta: asin, kêcut, tawa, lêgi sarta pait. Rasa kang muni ing layang Panitisastra blz. 2.1 v.o. (= 3) sulaya karo kang muni ing layang Căndrasangkala zie Dwija Iswara blz. 360 1 v.o. (= 47) kaya ta: amla P.S. = mla Tj.S.[52] (padha)
kayasa = sêpêt, kyasa = gurih (gèsèh)
kathuka = pêdhês, sarkara = lêgi[53]
tikta, tikta = pait (padha)
lawana = asin, lona = pêdhês (gèsèh)
madura = lêgi, dura = asin (gèsèh)
wus kacocogake karo layang Bausastra Kawi, tinêmune kaya ing ngisor iki: amla = kêcut: bênêr, nanging mla ora ana.
kayasa = sêpêt, bênêr, nanging kyasa ora ana.
kathuka P.S. sêpêt
kathuka Tj. S. ora ana
kathuka kw. asin
tikta, tikta = pait, cocog
sarkara = lêgi, bênêr
lawana, lona, padha anane sarta padha têgêse: pêdhês
madura = lêgi, bênêr, nanging: dura ora asin, muni: adoh ala lan anglêngkara

--- 1 : 282 ---

awit saka iku mirit saka pasêksèn Bausastra Kawi: bênêr unine layang Panitisastra karo layang Căndrasangkala, mung sula[54] têmbung: kathuka ora olèh pasêksèn manèh, pêdhês apa asin.
Rasaning tunggangan jaran (katuranggan) :
Jaran kang lana atine, tunggangane amêsthi kapenak, anggraita sarta rosa, iku kêna dadi titikan gêdhe.
Rase Kw. :
andaka, raswa, rasya, warwaga, widarsa, widarpa, widata, lodha, januka, julungwangi, mêrganabi, gandaka. Rase iku dumunung ing tanah Asiah.
Rêsi :
zie pandhita (3).
Rosa :
panggonan năndha karosan aran: batupatula, sarana anjunjung watu pampèr (= batu saraya).
Rêsik (katuranggan) :
Têmbung: rêsik andhêge, iku andhêging jaran lumayu sing mak grêg zie laku letl. d.

--- 1 : 283 ---

Residhèn :
Opperhoofd of Resident
1. Opperhoofd Majoor Hoogendorp K.S. en S.k, 2. Opperhoofd A. M. Hadnaam, 3. Opperhoofd Jan Hendrik Johan Abrahams, 4. Opperhoofd Frederik van Doel, 5. Opperhoofd Bujman Shalendorff, 6. Opperhoofd Adriaan Palm, 7. Opperhoofd Eysinger, 8. Opperhoofd Frederik Baron van Redee, 9. Opperhoofd Koopman Barjan van Nieuwe Kerken
Opperhoofd Genaam van Nieuwe Nim
10. Opperhoofd van Den Berg, 11. Opperhoofd van Taber, 12. Opperhoofd Jakob Adriaan nama Minister, 13. Minister Kolonel Adam nama Resident, 14. Resident C.H. Mr. Huppe, 15. Resident J.A. Jansen, 16. Resident D.W.V. van Haak, 17. Edel heer Kijêeldik Waarnemend, 18. Resident Rahik van Prehn, 19. Resident Ridder Mr. Hoiberp Geraard Nahuys., 20 Resident Albertus Ridder Baron de Salis, 21. 2 Resident Hendrik Magillavry, 22. Comissaris Nahuys, 23. Comissaris jan Asaak van Seven Heven
nama 1. Resident

--- 1 : 284 ---

24. Resident Wulêave van Nes Waarnemend, 25. Resident Hendrik Magillavry, 26. Resident Ridder Valk, 27 Resident Johannes Theodoris Majoor, 28. Resident Loderwyk Hartman, 29. Resident Mr. Wilken Karel Hendrik Baron de Heer, 30 Resident Buschkons Waarnemend, 31 Resident Niuwen Huizen, 32. Resident Sehonk Waarnemen, 33. 2 Resident Niuwen Huizen, 34. Resident Lammers van Tooren burg, 35. Resident Zoetelieff, 36. Resident J.H. Tobias, 37. Resident Keuchenuis, 38. 2 Resident Lammers van Tooren burg, 39. Resident K.A.S.J. Jeekel, 40. Resident Mr. P.A. Matthes, 41. Resident A.J. Spaan, 42. Resident O.A. Burnabij Lautier, 43. Resident Jhr. L. Th. Hora Sceeama, 44. Resident W. de Vogel, 45. Resident S. Th. Sehneidei, 46. Resident G.F. van Wijk, 47. Resident F.P. Sollewijn Gelpke, 48. Resident A.J.W. Harloff.

--- 1 : 285 ---

Rêspatikalpa :
Ing ngisor iki petungan rêspatikalpa, kanggo petungane bocah lanang wadon, saka nêptuning dina pasaran kalairane, kabuwang lima utawa lima lima, yèn kari:
a. lanang = narapriya
kêmbang - naga - panah - wadêr - gêndhaga
wadêr - kêmbang - gêndhaga - naga - panah
gêndhaga - wadêr - panah - naga - kêmbang
kêmbang - panah - naga - gêndhaga - wadêr
gêndhaga - kêmbang - wadêr - naga - panah
kêmbang - gêndhaga - panah - naga - wadêr
b. wadon = narawanodya
kêmbang - naga - panah - wadêr - gêndhaga
wadêr - kêmbang - gêndhaga - naga - panah
kêmbang - naga - panah - wadêr - gêndhaga
panah - wadêr - gêndhaga - kêmbang - naga
kêndhaga - kêmbang - naga - panah - wadêr
naga - panah - wadêr - gêndhaga - kêmbang.
Rawa :
Araning rawa bawah Paresidhenan Surakarta kang muni ing layang J.Z. I 228-5 kaya ing ngisor iki: Kartasura, Sarabojan, Langsur, Pawinihan, Jêmbangan, Majaraga, Gênting (Kalêgèn), Jombor, sarta ing Gêdhongan.
Rawe :
Lugut sarta wohing rawe iku yèn ginêpok anggatêli, panawane kagosok ing roning lêmbayung (= godhong kacang lanjaran) utawa ing godhong kara.
Ruwah :
zie brahat no. 3 en 4.

--- 1 : 286 ---

Rawan :
Rawan iku bangsaning manuk tanah Eropah. a. pasabane ing rawa tuwin ing talaga, b., c ... id nanging seje rupa.
Rawit :
zie dhatu (13).
Ruwat :
Wiwite ana wong ngruwat, nalika jaman Majapait taun 1300 kalawan wayang bèbèr II anggitane Radèn Suging[55] Braja Angkara zie bèbèr II.
Rapa :
Pasa ngrapa ora mangan sêga iwak, mung mangan karowodan (agama Sambu).
Ruwiyah :
Radèn Ajêng ... zie Ngimagiri no. 213.
Ri pandhan :
zie srandu warăngka ladrang.
Rêpaking :
zie abdi dalêm Bayalali letl. f.
Rêpit :
zie Ngimagiri no. 23.
Rajah kalacakra :
(prawiralalita lamp. 16)
Rajah kalacakra tumrap ing jajane Bathara Kala, kang bisa ngapalake luput ing pangrancanane Bathara Kala kaya ta: yamaraja, jaramaya, yamarani, niramaya, yasiyapa, payasiya, yamidoro, rodomiya, yamidosa, sadomiya, yadayuda, dayudaya, yasiyaca, cayasiya, yasihama, hamasiya,[56] jarwane: hèh pangrêncana maria luwih, hèh kang nêkani, ilanga kaluwihanira, hèh kang awèh luwe, amarêgana, hèh kang awèh mlarat, anyukupna,[57] hèh kang nyikara, maria nangsaya, hèh kang malarati bayu, kinuwatna, hèh kang palacidra, kogêl wêlasa, hèh kang dadi ama, yogya asiha.
Rajanari (katuranggan) :
Rajanari iku titikan wêtuning ati sarta panggraitaning jaran, yèn wêtuning ati sarta panggraitane saka pangosik, iya iku rajanarine ana ngarêp. Yèn saka panyêrêg utawa pandhêdhêg, iku tinêmu ana ing têngah. Yèn saka diwatoni rajanarine manggon ing buri.
Rajanari (katuranggan jêro) :
ha 1. marang ati: Untu kang cilik-cilik sarta putih. Idêp kang kêrêp arêmpêk sarta lămba. Ilat kang kumêt.
2. marang otot: Andhêman kang jêmbar

--- 1 : 287 ---

ula-ula kang gêdhe. Iga kang landhung sarta warata
3. marang rupa: Irung kang ciyut. Uwang kang gobog. Ugêl-ugêl kang gêdhe
na. ora ana
ca. 4. marang ati: Catu kang supit. Coblong kang jêro sarta jêmbar. Cêthak kang jêro sarta supit. Cithak kang mubêng ngiwa
5. marang otot: Clêkuthikan kang lêkik
6. marang rupa: Calung kang dawa. Cêthik kang malang
ra. ora ana
ka. 7 marang ati: Kuncung kang gumbala wêdhar. Kêmpung kang lênggang
8. marang otot: Konthol kang adhapur wohing manggis. Kutis kang dhuwur tipis. Kuping kang kaya pancasan wuluh.

--- 1 : 289 ---

9. marang rupa: Kintêl kang ngulêr jêdhung. Kucu kang nguku Bima. Kulit kang tipis
da. ora ana
ta. 10. marang ati: Têtiyange kang timbang sarta kang pajêg. Tapak hiyange kang warata sarta tipis.
11. marang otot: Tracak kang alus sarta sêrate kang mujur. Têpake kang warata. Tunggaranane kang ngêndhas têkèk
12. marang rupa: Tlapukane kang nglulang garing. Tlabikane kang ămba
sa. 13. marang ati: Siyung kang gêdhe cêndhak sarta kang putih
14. marang otot: Sikil kang lurus. Sakang kang lênggang. Sampil kang gêdhe sarta kang jêro supite.
15. marang rupa. Suri kang pêra. Silite kang dhapur kaya papon

--- 1 : 290 ---

wa. 16. marang ati: Wiron kang ganjil petungane
17. marang otot: Wadidang kang ngarit bengkong. Wajik kang lênggang. Wayang kang tipis sarta kêncêng.
18. marang rupa: Wulu kang pandhês sarta mêlês. Wadhuk kang gêdhe ora morod. Wangkong kang mungal
la. ora ana
pa. 19. marang ati: Pacêt kang nglintah. Praya kw. kang sêrêng nanging kang katon manis. Pathak kang rata.
20. marang otot: Pancadan kang malang tinonton. Purus kang gêdhe, nanging kang cêndhak. Pupu kang nyuthang gangsir
21. marang rupa: Pasu kang rata. Pusêr kang bênggang mangiwa. Pipi kang alus.
dha. ora ana
ja. 22 marang ati: ora ana [a ...]

--- 1 : 291 ---

[... na]
23. marang otot: Jalak kang munggul. Jêngku kI. (= dhêngkul kN) kang malang.
24. marang rupa: Juluk kang gêdhe. Jiling kang bênggang. Jompong kang munggul. Janggut kang kandêl. Janggêl kang gêdhe
ya. nya. ma ... ora ana
ga. 25. marang ati: Gusi kang rata sarta tipis
26. marang otot: Gandhik kang gêdhe sarta mapah gêdhang. Garês kang malira. Galêng kang gêdhe dawa. Gêdhog kang gêdhe sarta mungal.
27. marang rupa: Bulu kang dawa.
ba. 28. marang ati: Bathuk kang rata sarta kandêl
29. marang otot

--- 1 : 292 ---

Balung kang sarwa gêdhe. Bungur kang kandêl sarta kiyat
30. marang rupa: Bau kang gêdhe. Buntut kang ngêmbang bakung. Bokong kang ngêbo. Bangar kang ngêlung pakis
tha. nga ... ora ana.
Rajaniti :
jaksa tumênggung ... zie păncaniti no. 5, 14, 15 en 22.
Rujaksêntul :
zie gêndhing.
Rujaksenthe :
zie bathikan.
Raja kapa-kapa :
zie punggawa.
Raja Dwitarota :
patih ... zie păncaniti no. 4.
Rêjasa :
zie wit (widara putih).
Rajasangkaya :
patih ... zie păncaniti no. 4.
Rajawahana :
Ciri jaran rajawahana, unyêng-unyêngan ana ing gulu galèr dawa marang ing dhadha, watêke bêcik, nanggung sakèhe ciri ala, kang ana saburining gulu, ing dhadha kabèh, sapa kang ngingu cinêdhakake ing ratu.
Rijalulah :
zie jatingarang. en zie nakas[58]
Rijalolah iku lakune sabên dina ngalih pitung dina bali, kaya ta: Ngahad ana kidul, Sênèn ana wetan, Slasa ana lor wetan, Rêbo ana nglangit, Kêmis ana lor, Jumungah ana kulon, Sêtu ana kidul kulon.
Rijalulah gaib I :
Rijalulah lumaku sabên dina, wiwit tanggal sapisan têkan tanggal ping sapuluh, banjur bali marang wiwitane manèh, kaya ta: 1, 11, 21 ing langit tunggangane gêlap. 2, 12, 22 ing bumi tunggangane naga. 3, 13, 23 kulon tunggangane sapi. 4, 14, 24 kidul kulon tunggangane wêdhus. 5, 15, 25 kidul tunggangane macan. 6, 16, 26 kidul wetan tunggangane api. 7, 17, 27 wetan tunggangane gajah. 8, 18, 28 lor wetan tunggangane mega. 9, 19, 29 lor tunggangane jaran. 10, 20, 30 lor kulon tunggangane blêgdaba.
Rijalulah gaib II :
Rijalulah gaib lakune manêngên, wiwit saka kulon mangidul, kaya ta: Jumungah kulon, Sêtu kidul kulon, Ngahad kidul, Sênèn kidul wetan, Slasa wetan, Rêbo lor, Kêmis lor kulon.
Raja pandhita ing Grêsik :
zie wali 2.

--- 1 : 293 ---

Rajamuka :
Ing ngisor iki rajamuka, wiwit tanggal sapisan tutug tanggal ping 30 kaya ta: 1. kalah jêro, 2. 3 ... kalah jaba, 4. kalah jero, 5. padha slamêt, 6. kalah jêro, 7. kalah jaba, 8. 9. 10 ... kalah jêro, 11. 12 ... kalah jaba, 13. kalah jêro, 14. padha slamêt, 15. kalah jêro, 16. kalah jaba, 17. 18 ... kalah jêro, 19. 20 ... kalah jaba, 21. kalah jêro, 22. padha slamêt

--- 1 : 294 ---

23. kalah jêro, 24. kalah jaba, 25. 26 ... kalah jêro, 27. 28 ... kalah jaba, 29. kalah jêro, 30. padha slamêt.
Reyog :
Pangantèn nganggo tontonan reyog, iku miturut agama Kala P.R. II. 32-10.
Rama :
zie bathikan.
Rama :
panêmbahan ... zie wali no. 47 en 48.
Rama kêling :
sinêkaran roning kamal | ingkang pinurwa ing kawi | Ratu Rama kala arsa | anambak sagantên inggih | wadya wre pêpak sami | dene ingkang wontên ngayun | inggih Radèn Lêsmana | kalihe Radèn Dipati | Wibisana ingkang ngundhagèni rêmbag ||
Adipati Wibisana | cahyanira manthêr wêning | têrsondha matur raharja | jroning manah mingip-mingip | lir surya miyos enjing | sumirat bang langitipun | barbabak[59] ingkang arka | marah-marah kirna bumi | amung nganti wiyose ngandika nata ||
têgêse langit kang jarwa | Ratu Rama saupami | abang saking Wibisana | wukir Sugriwa upami | marahing jaja abrit | kang awit srunirèng atur | Dyan Arya Wibisana | manêmbah aturira ris | aturira tatrap trêpsila ing krama ||
tinata prasilanira | suku katon dèn sasabi | ing kampuh palangi jênar | kêlat bau anting-anting | gêgêlang dèn kêncêngi | angêlus ali panuduh | pan sarwi ngêpêl asta | jêmpol ngadêg luwês manis | ngapurancang anglênggak cangklakanira ||
lambung kang têngên ingêmbat | kang kering kaparèng wuri | jăngga manglung mènglèng ngiwa | amrih karna kang miyarsi | baranyak ngrêspatèni | sawatara gandêsipun | têmbung ririh èsêman | gumujêng tan ngrêkasani | ing polatan api nora tur pratela ||
adhuh anggèr sri narendra | kang pinujèng jayèng jurit | sagung bupati palwaga | punapa karsa mêpêti | ing saidêring bumi | kula gusti kang umatur | rayi dalêm Kiskêndha | dinangu untabing baris | sêngkut sêsêk parentah botên rêkasa ||
sadaya karya tan gethang[60] | sampun wontên kang nitèni | yèn arsa dhustha kang lêpas | têbih angèl ewuh rêmpit | sanajan muluk sungil | putra dalêm datan ewuh | Radèn Bayutanaya | yèn konangan jroning puri | tan sumêlang anggêpok kang băndayuda ||
yèn ngêmban layang panantang | putra dalêm Bayusiwi | saguh sagêd gagah kêras | sura jênggilêng tur wani | sudigbya tatag wêgig | botên ulap dadya campuh | patitis cêtha gênah | botên mundhak dèn dhawuhi | botên suda nyamlêng ingkang pangandika ||
yèn dangu jêmbaring jagad | pun daru mina udani | kalong jangkêpirèng jagad | sagêd ngambah ing wiyati | Radèn Andayapati | punika sagêd amumbul | nanging kantun waskitha [waski ...]

--- 1 : 295 ---

[... tha] | kantun sêpuh surya siwi | kalih sagêd karya pêtêng jroning rina ||
yèn amangun dalêm pura | pun Anala ngundhagèni | rêrênggan kadhaton pelag | murwèng guthat-guthit sami | sanajan kayu murni | ingukir rêmit tur bagus | akik mirah kêkaja | punika kang dipun ukir | anggitipun sami lawan Suralaya ||
kinarya ngukir sadaya | ing kanaka kanan kering | yèn kapêgok parangmuka | tur kêndêl amisesani | lan kiyat bêdhol wukir | kinarya anambak laut | kalamun dangu tanah | Kapi Jêmbawan udani | dèrèng ngambah tanah pan sampun waskitha ||
yèn arsa mundhut dhadharan | Satabali tuhu koki | sakèhing olah-olahan | punika pan dèn ungkuli | wadya sakit mèh lalis | mulya mangan sayuripun | kalawan mundhut marga | Druwenda akarya margi | radin rikat rêsik karya tan rêkasa ||
jêng gusti yèn dalu mêlang | kadhatêngan maling sakti | wontên kang darbe bubuhan | Kapi Menda kang jagèni | tan kenging dèn sirêpi | lisah gănda sipatipun | mêlèk ngantos nêm wulan | têbih ngantuk lawan arip | pêparinge Bathara Yamadipatya ||
kalih kêlar amandhia | gada kancana satiris | panjangipun kalih dhêpa | pêngkuh misesani maling | mituhu dèn dhawuhi | sumêrêp lêbêting pandung | midêr tan mawi sayah | punika punggawa luwih /kang wus pantês kinawulasudhèng nata ||
asagêd maring tanêman | nanêm sêkar wangi-wangi | saulah tanêming boga | palakirna lan rijêki | tanêman urut margi | ayêm-ayêm eyup edhum | eca sagung lumampah | toya mili urut margi | sakèh taru Kapi Jêmbawan uninga ||
pakèwêd wontên dahana | punggawa ingkang nyitèni | Sang Wêsanggêni prawira | sagêd manjing jroning api | latu datan manasi | kadi toya asrêpipun | bêtah pintên taunan | saking rajah asta kalih | rajah api kuwasa damêl dahana ||
andangu bangkiting sastra | kawiswara tuhu carik | sagêd sakathahing sastra | nulis ngiwa nêngên wasis | yèn surat liya prapti | lami kirang pitung dalu | dhatênge wus uninga | jroning sêrat sampun apil | lagi prapta wangsulane wus kadriya ||
kawula eram ing swara | lêga agêng untas gilig | ngêlik agêng alit cêtha | lampahan sadintên dugi | manawi maos lirih | galêndêm suwaranipun | manawi tinungkulan | cêtha botên barêbêgi | kanthi arum wacana angon carita ||
pakèwêd wontên jro toya | punggawa ingkang nyitèni | Rahadèn Nila Sêraba | Sang Hyang Ăntabogasiwi | sagêd manjing jaladri | kadi dharat padhangipun | bêtah pintên taunan | saking supe manik warih | pêparinge Hyang Bathara Ăntaboga ||
punika lamun dinuta | umanjing lêbêting bumi | lumampah kadi dharatan | gunung sela dèn usapi | bêngkah pan dadi margi | kuwasanipun kalangkung | dene langkung prakosa | jêng gusti yèn arsa mijil | kalih sagêd karya banjir bandhang toya ||
sanajan botên manjinga | Nilasraba pan udani | saisènipun sagara | kali kalèn sipat warih | jêro cèthèk[61] kaèksi | punika kuwasanipun | abdi dalêm wre nambak | manut punggawane sami | datan ewah ing karya sagêd sadaya ||
sagung bupati palwaga | tumiling ing atur manis | ring ature Radyan Arya | Wibisana ngrêspatèni | dongongira bupati | kèh sami kalêbon lêmut | bupati kang dèn ucap | kaprawiraning ajurit | sêmu isin ing batin rada kaduga ||
wontên ingkang nolih wuntat | wênèh nyukil-nyukil siti | wontên ingkang angujiwat | wênèh nolih nganan ngering | kathah kang konjêm siti | mung Dayapati atanduk | ginunggung malang-kadhak | mangkorok angêntrok wêntis | sila dhèngèk ngawêt lathi gigit waja ||
lir sinêktak pra dipatya | gujênge pra sukèng galih | gujênge Rama Lêsmana | Wibisana dèn pêrpêki | rinangkul têmbung manis | yayi kasinggihan atur | dhêku Sang Wibisana | Narpati Rama nambungi | yèn mangkana dhawuhna nambak sagara ||
rikating Natèng Kiskêndha | dhinawuhan maring gusti | lembat marang Sang Anoman | Darumina kang nampèni [nampè ...]

--- 1 : 296 ---

[... ni] | dêdêl marang wiyati | ngidul bêkta gonènipun | Dyan Arya Wibisana | Anoman dipun gendholi | mangke anggèr sampun kasusu ing driya ||
jêmbar ciyute kang tambak | anggèr ingkang amatawis | sandika Radèn Anoman | lèngsèr ngarsane narpati | lajêng mumbul wiyati | ngidul bêkta goni sampun | nusul Dyan Darumina | ing pasisir kidul prapti | kalih pisan bêdhol tal kalih cancangan ||
wus patut jêmbaring tambak | kalih siyang dèn dharati | punggawa kalih gya prapta | ngarsane sri narapati | matur sampun prayogi | kalih siyang wiyaripun | Dyan Arya Wibisana | alon pangandikanya ris | pan sumăngga yayi prabu ing Kiskêndha ||
punapa ingkang rinasa | jêmbare wus dèn watêsi | jênggirat Prabu Sugriwa | Radèn Ramadayapati | mumbul marang wiyati | dêdêl ing akasa sampun | kru[62] rame kadi gêlap | gumaludhug ing wiyati | bumi gonjing praptèng nagari Ngalêngka ||
Ramyang :
zie gend. slend. pat. manj.
Rêmbe :
zie a. abdi dalêm pangrêmbe nagara, b. abdi dalêm pangrêmbe desa.
Rêmbun :
zie gend.
Rambak :
zie kêbo.
Rambut Kw. :
rema, roma, kiswa, kesawa, kèlu, wèni, wrista, wulwita, jata.
Rambutan Kw. :
wêwulon, wunglon, wunglwan.
Rambutan :
wangsalan Tjent. sobrah sirah olèh dening rambut.
Rambut gêni (padhalangan) :
Buta rambut gêni iku buta murban, anggite Ingkang Sinuhun Sultan Agung, minăngka sangkalan gone karsa yasa wayang nalika taun 1553 zie Nyakrakusuma.
Rêmbulan :
araning rêmbulan kang kasêbut ing layang D.N.k. 7.2 a 19
J.Z.I. 26 + 7 - 3 v.o. mung 10 kang 9 cocog, wuwuh 1
saka layang liya-liyane 6
gunggung 26
kaya ta: [t ...]

--- 1 : 297 ---

[... a:] indu, indung j. z. i. id. candra of căndra, ranti, rati, ratih, kirana, tèngsu, sitarêsmi, sitangsu, sasi, sasadara, sasadhara, sasangka of sasăngka, salancana, wulan, lèk, lalwun, purnama, prabanca, prabancana, basănta.
Rêmbulan kăntha :
= pêtêng, banjur nom, banjur purnama (14) purnamasidhi (15) banjur panglong.
Rambut gêni :
zie gend. reb. pat. nem. pel.
Rêmbuyut wit :
wangsalan tjent. kakining bapa olèh dening: kaki buyut.
Rêmêng :
zie ladr. slend. pat. nem. en zie bathikan.
Rimong :
zie gend. bon. pat. bar. pel.
Ragaina :
kêmbang ... wangsalan, tjent. cacading awak olèh dening ina.
Ragawilah (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris ragawilah luk 15 kêmbang kacang, grènèng, lambe siji.
Regol :
= ludruk, panakawane R. Gunungsari.
Regol (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris regol bênêr, gandhik loro, pejetan ing pinggir gilig.
Regol lor kidul :
zie abdi dalêm wadon no. 30.
Rêgulo Kw. :
hèrtambang, hèrwara, hèrmawar, hèrgundhang, argulo, èrgulo.
Rubuh karna :
Jaran ciri rubuh karna, matine: kondur (= kêmundurên) iku ala watêke yèn kang ngingu lumaku ing gawe enggal lawas kaundur-kaundur kalungguhane, yèn kanggo pêrang cinidra ing mungsuh, kapocok utamanggane.
Rêbon :
wangsalan tjent. praboting mantri olèh dening kêprabon.
Robyong :
= tukang gawe topèng zie. P.B. III.
Rêbab :
zie gamêlan (ricikan) letl. m.
Rêbab :
zie gamêlan (laras) letl. l.
Rêbab :
= grantang. Anane rêbab = grantang, iku saka anggite Prabu Basurata ing Wiratha, nalika taun 407 zie Basurata.

--- 1 : 298 ---

Sajumênênge Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, mangun rêbab bathokane bathok krambil têmênan, kang pinilala bathoking krambil wêton tanah Bali, sinangkalan: ngèsthi guna tataning dewa = 1538.[63]
Rêbêng :
zie gend. reb. pat. nem. pel.
Rang Kw. :
arang, ing Rêngmyèt.
Ring Kw. :
ana ing, ing, ingkang, marang Rumyèt.
Rèng Kw. :
tumpang Rongmyèt.
Rangu :
zie gend. reb. pat. nem. pel.
Rangu :
Kyai ... Kangjêng Panêmbahan Buminata yasa gamêlan slendro, aran Kyai Rangu.
Ringin :
zie waringin.
Răngka :
k. N. sarungan k. D. Ing ngisor iki araning răngka ladrang sarta gayaman, kaya ta: capu, kadipatèn (ladrang), pamotan, kasatriyan, kagok kasatriyan ... gayaman, bancehan (antaraning ladrang sarta gayaman).
Rangkah :
Sajabaning rangkah, yèn tanah Pajang mangulon watês kali ing Gondhang, yèn tanah Sukawati mangetan watês kali ing Kêdhung Banthèng, têmbung: rangkah zie J. W. blz. 29.
Ringkêl :
Ing ngisor iki araning paringkêlan kaya ta: aryang: têgêse ringkêl janma
Wurungkung têgêse: ringkêl sato. Paningrong = paningron Spr têgêse ringkêl mina.[64] Uwas têgêse ringkêl manuk.[65] Mawulu têgêse ringkêl wiji. Tungle têgêse ringkêl godhong.
Rangkung :
zie Sumbadra.

--- 1 : 299 ---

Rangutan :
= orang otan. Rangutan iku pasabane ing alas pulo Borneo utawa Pilipinah, mangan wowohan.
Rangsang :
zie ldr. slend. pat. nem.
Rangsang :
zie (têmbang têngahan)
a - a - a | 12, 12, 12
Rongtilarsa wijiling raras driya | nanging amung dèn aririh karsanira | nadyan gêndra lamun wus saekapraya ||
Rangsang Tuban :
(id.). u - u - a - u -a - i - i - u || 12 - 6 - 6 - 8 - 8 - 8 - 7 - 8
Sintên anggi wancak driya jaman wakul | lamun sarèh masku | măngsa ta wandea | kawulanira kawêngku | singa ranu mirah ing wang | sêma kang warni[66] | jênang bang dèn conthongi | baya pantês angsung lulut ||
Răngga (waduaji) :
Têgêse: wêngku utawa pangrêngga, kuwajibane kabubuhan ambêciki wêwêngkoning bawahan, winênangake mangun sêsikoning padalêman lan liya-liyane sajroning pura, muwah ngrakit pasanggrahan, kaparingan lungguh bumi desa 250 karya utawa 62 1/8 jung.
Răngga (kawruh êmpu) :
Dhapuring tumbak răngga luk lima sogokan gusèn ri pandhan.
Răngga :
Radèn zie k. g. no. 19.

--- 1 : 300 ---

Rănggah :
zie abdi dalêm (policie) Surakarta letl. c.
Răngga calung (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris răngga calung luk 29 tanpa prabot.
Rêngga Rukmi :
Radèn ... zie k. S. no. 43.
Răngga Kusuma :
Radèn ... zie k. S. No. 5.
Ringgit :
zie dhatu (34).
Rănggawarsita :
sandiasma.
Ajipamasa I || Rasaning kang sarkara kaèsthi | dèn ta kêdah mamardi wardaya | ngayowara puwarane | bela-bela ing kalbu | Inukarta nis krêtèng gati | rongas rèhing ukara | gagaranirantuk | warta wasitaning kuna | sinung têngran janma trus kaswarèng bumi (= 1791) | talitining carita || = Radèn Ngabèi Rănggawarsita.
id. II.[67] ||Rarasing kang sêkar sarkara mrih | dèn aksama dening sang sudyarsa | ngawikani wêngkuning rèh | berowèng[68] para ratu | ilanga kang sasangkêr sarik | rongas wèsthining angga | gagating tyas antuk | wartaning kang parotama | sinung têngran nêmbah trus sukaning budi (= 1792) | talitining[69] carita ||
id. Cêmporèt: || Songsong gora căndra (1799) ning artati | lir winidyan sarasèng parasdya | ringa-ringa pangriptane | tan darbe labdèng kawruh | angruruhi wênganing budi | kang wirong[70] ruharèng tyas | jaga angkara gung | minta luwaring duhkita | aywa kongsi kewran lukitèng kintèki | kang kata ginupita || = Radyan Ngabèi Rănggawarsita.
Jayèngtilam: || Rarasing tyas sanityasa tis-tis | dèn ta mardi mardawaning basa | ngayowara puwarane | bela-bela ing kalbu | inokara tan wrining wèsthi | rongkab gatining gita | ganitanirantuk | wartaning kang parotama | sinawung ing nirmala turăngga jati (1790) | talitining carita || = Radèn Ngabèi Rănggawarsita.
Kutuk: || Tyas mirong murwèng gambuh | yayah roga tanposada tuhu | tangèh luwar saking maskating panyakit | malah kosi[71] sarwa kusut | kasat mata dadining don || = Rănggawarsita
Wedharaga: || Trusang rong saptèng lêbu (1799) | ki pujăngga panggupitanipun | tawi tawar ing surasa tanpa manis | marma kongsi karya pemut | mung mèt marta karahayon || = Rănggawarsita.
Sang Arjuna wisatèng palinggih | rongkaping paran doh | gatinira wus lêpas parane | warna-warna kang tinon ing margi | siluk-siluk sungil | tarungtuning gunung || = Sang Rănggawarsita
Kalatidha: || Sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aruara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malatsih | sanityasèng tyas mamasuh |

--- 1 : 301 ---

badharing sapudhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga suwarga mèsi martaya || = Rănggawarsita.
Iman Supingi: || Rongkob rungkuding badhan, garap[72] gangsuling lesan, warni awon, sipat kuciwa, taliti sudra = Rănggawarsita.
Sastra Sadpana of karudha: || Rongèh jlêg tumiba gêgaman[73] santosa, wartane mèh têka, sikara kangkrodha,[74] tatage tan katon = Rănggawarsita.
Sastra têtali: || Barang-barang ngêrong, saguh tanpa raga, katali kawawar, dhadhal amêkasi, tăndha murang tata = Rănggawarsita.
Wirit: || Rong naga mawarni sirata = Rănggawarsita namanira (1789).
id. || Rong naga warga sinuta = Rănggawarsita.
Rănggawarsita seda: Sedane Radèn Ngabèi Rănggawarsita nalika dina Rêbo Pon tanggal kaping 5 sasi Dulkangidah taun Jimakir angkaning warsa 1801. en zie păncaniti no. 48, 49 en 50
Rênggêp (padhalangan): Têgêse: nêmên tanpa kêmba, tur sêmbrana parikêna, amranani atining wong kang padha nonton.
Răngga pasung (kawruh êmpu) :
Dhapuring kêris gong[75] pasung luk 15 tikêl alis, grènèng.
Răngga janur :
pujăngga kyai ... zie păncaniti no. 40 en 41.

 


Bunyi 'Rê' menggunakan huruf 'ra' dipêpêt. (kembali)
Bunyi 'Lê' menggunakan huruf 'la' dipêpêt. (kembali)
Bunyi 'Rê' menggunakan huruf 'ra' dipêpêt. (kembali)
Bunyi 'lê' menggunakan huruf 'la' dipêpêt. (kembali)
anyêngkêli. (kembali)
karo. (kembali)
§ andhangak. (kembali)
§ kêndhaline kacangkolake ing êbam. (kembali)
§ ngingkêmi kêndhali. (kembali)
10 § kasêndhal mandhuwur. (kembali)
11 § mungguh sasmitaning jaran mau titikane sawise karangkèt ana kang pêndhapan, ana kang jojog, utawa mung lumaku bae. (kembali)
12 khewani. (kembali)
13 Tanggal: sirna tata manising dewa (AJ 1650). Tahun AJ 1650 jatuh antara tanggal Masehi: 9 September 1725 sampai dengan 29 Agustus 1726. Bandingkan hlm. 277 di bawah: P.B. II naik takhta pada tanggal 2 Sapar AJ 1651 (30 September 1726). (kembali)
14 barêng. (kembali)
15 1304. (kembali)
16 § laku 16 pêdhotan 8, 8 x 2 = 32 x 2 64 kang kataman larasmara | rarabentrok anglamlami | paran tumamèng tilamrum | kaya ruming sariranta || sumêr mêmêrdu mênuhi | dhuh mas mirah sang kusuma | ambuka gandaning sêkar | gambirsawit maratani ||. (kembali)
17 Tanggal: rupa anrus ing bumi (191). (kembali)
18 Tanggal: Dal: swara luhuring catur (407). (kembali)
19 nara aji. (kembali)
20 Tanggal: Salasa Pon 19 Sawal Jimakir AJ 1634. Tanggal Masehi: Kamis 11 Desember 1710. Pada bulan Sawal tahun AJ 1634, Salasa Pon jatuh pada tanggal 17, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Salasa Pon 17 Sawal AJ 1634 (Selasa 9 Desember 1710). (kembali)
21 Tanggal: Sênin Paing 4 Sapar Alip AJ 1651. Tanggal Masehi: Rabu 2 Oktober 1726. Pada bulan Sapar tahun AJ 1651, hari Sênin Paing jatuh pada tanggal 2, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênin Paing 2 Sapar AJ 1651 (Senin 30 September 1726). (kembali)
22 Tanggal: Ngahad Kaliwon 12 Sura Alip AJ 1675. Tanggal Masehi: Senin 22 Desember 1749. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
23 Tanggal: Sêtu Wage ping 27 Ruwah Be AJ 1656. Tanggal Masehi: Senin 25 Februari 1732. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1656, hari Sêtu Wage jatuh pada tanggal 25, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sêtu Wage 25 Ruwah AJ 1656 (Sabtu 23 Februari 1732). (kembali)
24 Tanggal: Sênèn Wage 6 Sura Alip AJ 1675. Tanggal Masehi: Selasa 16 Desember 1749. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
25 Tanggal: Jumungah Pon 5 Bêsar Jimakir AJ 1714. Tanggal Masehi: Sabtu 6 September 1788. Perbedaan satu hari (Jumungah versus Sabtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
26 Tanggal: Kêmis Wage 19 Rabingulakir Je AJ 1694. Tanggal Masehi: Jumat 2 September 1768. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
27 Tanggal: Sênèn Paing 29 Dulkangidah Jimakir AJ 1714. Tanggal Masehi: Minggu 31 Agustus 1788. Tanggal ini bermasalah karena jatuh sebelum wafatnya P.B. III pada 5-6 September 1788. Mungkin bulan yang dimaksud adalah Bêsar dan bukan Dulkangidah: Sênèn Paing 29 Bêsar AJ 1714 (Selasa 30 September 1788). Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Menurut Wăngsanagara (1938 hlm. 174) P.B. IV naik takhta pada tanggal Masehi: 29 September 1788. Bandingkan juga hlm. 1387 di bawah. (kembali)
28 Tanggal: Sênèn Paing 24 Bêsar Alip AJ 1748. Tanggal Masehi: Sabtu 22 September 1821. Tahun AJ 1748 adalah tahun Ehe dan bukan Alip, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn Paing 24 Bêsar Alip AJ 1747 (Selasa 3 Oktober 1820). Tanggal ini sesuai dengan tanggal P.B. V naik takhta (lihat di bawah). Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
29 Tanggal: Salasa Kliwon 5 Rabingulakir Dal AJ 1711. Tanggal Masehi: Selasa 15 Februari 1785. (kembali)
30 Tanggal: Salasa Kliwon 3 Sura Ehe AJ 1748. Tanggal Masehi: Rabu 11 Oktober 1820. Perbedaan satu hari (Salasa versus Rabu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
31 Tanggal: Jumungah Kliwon 29 Bêsar Je AJ 1750. Tanggal Masehi: Jumat 5 September 1823. (kembali)
32 Tanggal: Ngahad Wage 18 Sapar Je AJ 1734. Tanggal Masehi: Senin 27 April 1807. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
33 Tanggal: Sênèn Kaliwon 9 Sura Dal AJ 1751. Tanggal Masehi: Minggu 14 September 1823. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
34 Tanggal: Kêmis Kaliwon 18 Bêsar Jimawal AJ 1756. Tanggal Masehi: Sabtu 20 Juni 1829. Tahun AJ 1756 adalah tahun Ehe dan bukan Jimawal, dan pada bulan Bêsar tahun AJ 1756, hari Kêmis Kaliwon jatuh pada tanggal 23. Mungkin tahun yang dimaksud adalah AJ 1757, maka Kêmis Kaliwon 18 Bêsar Jimawal AJ 1757 (Kamis 10 Juni 1830). (kembali)
35 Tanggal: Kêmis Wage 16 Sura Alip AJ 1723. Tanggal Masehi: Jumat 22 Juli 1796. Tahun ini salah. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
36 Tanggal: Sênèn Wage 22 Bêsar Jimawal AJ 1757. Tanggal Masehi: Senin 14 Juni 1830. (kembali)
37 sasi. (kembali)
38 Tanggal: Sênèn Lêgi 27 Pasa Jimakir AJ 1786. Tanggal Masehi: Senin 10 Mei 1858. (kembali)
39 Tanggal: Sênèn Kliwon 25 Rêjêp Alip AJ 1715. Tanggal Masehi: Selasa 21 April 1789. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
40 Tanggal: Sênèn Pon 4 Sawal Jimakir AJ 1786. Tanggal Masehi: Senin 17 Mei 1858. (kembali)
41 Tanggal: Sêtu Wage 25 Jumadilakir Je AJ 1790. Tanggal Masehi: Sabtu 28 Desember 1861. (kembali)
42 Tanggal: Rêbo Wage 7 Rêjêp Je AJ 1758. Tanggal Masehi: Rabu 22 Desember 1830. Tanggal 7 bulan Rêjêp tahun AJ 1758 wuku Galungan jatuh pada hari Rêbo Kliwon dan bukan Rêbo Wage. (kembali)
43 Tanggal: Sênèn Lêgi 27 Jumadilakir Je AJ 1790. Tanggal Masehi: Senin 30 Desember 1861. (kembali)
44 Tanggal: Jumungah Lêgi 28 Ruwah Je AJ 1822. Tanggal Masehi: Jumat 17 Maret 1893. (kembali)
45 Tanggal: Kêmis Lêgi 21 Rêjêp Alip AJ 1795. Tanggal Masehi: Kamis 29 November 1866. (kembali)
46 1869-70. (kembali)
47 1881-2. (kembali)
48 1889-90. (kembali)
49 1892-3. (kembali)
50 Tanggal: Kêmis Wage 12 Pasa Je AJ 1822. Tanggal Masehi: Kamis 30 Maret 1893. (kembali)
51 dintên ... wulan ing taun. (kembali)
52 kêcut. (kembali)
53 (gèsèh). (kembali)
54 sulaya. (kembali)
55 Sungging. (kembali)
56 Mahasiya. (kembali)
57 anyukupana. (kembali)
58 naas. (kembali)
59 marbabak. (kembali)
60 gothang. (kembali)
61 cêthèk. (kembali)
62 cêthèk. (kembali)
63 Tanggal: ngèsthi guna tataning dewa (1538). (kembali)
64 § Ing layang pawukon blz. 38-10. Paningroning kêling pêksi ... ? (kembali)
65 § Ing layang pawukon blz. 38-12. uwase ringkêling mina ? Apalan mung murih ora lali: || Paringkêlan ngasmarani | tungle ringkêl taru lata | aryang sujanma ringkêle | wurungkung sato ring kênya | paningron ringkêl mina | uwase ringkêling manuk | mawulu: wiji ringkêlnya ||. (kembali)
66 Kurang tiga suku kata: sêmune kang warni. (kembali)
67 Witaradya. (kembali)
68 berawèng. (kembali)
69 tataning kang. (kembali)
70 mirong. (kembali)
71 kongsi. (kembali)
72 galap. (kembali)
73 gêgaran. (kembali)
74 karodha. (kembali)
75 răngga. (kembali)