Barabudhur, Anonim, 1915, #1191


Candhi Barabudhur

--- 1 ---

Bêbuka.

Sasampuning atur taklim kula sakônca ing ngarsanipun para maos, nuwun wiyosipun, sakalangkung andadosakên suka bingahing manah kula, dene kula sagêd angêdalakên Sêrat Cariyos Candhi Barabudhur punika, minôngka waosanipun sanak sadhèrèk bôngsa Jawi, ingkang sumêdya nyumêrêpi ing sawatawis bab candhi wau. Saking pamanggih kula, sêrat punika kathah sangêt paedahipun tumrap para ingkang sumêdya rawuh mirsani Candhi Barabudhur. Pamuji kula, mugi-mugi sêrat punika sagêda anênangi manahipun para sadhèrèk Jawi, amarsudi kagunan saha kawruh jaman kina.

Wasana kula sakônca rumaos wajib anglairakên gênging panuwun kula ing ngarsanipun Paduka Kangjêng Tuwan Directeur van Onderwijs en Eeredienst saha paduka tuwan Dr. N.J.Krom, Chef van den Oudheidkundigen Dienst, dene sami kaparêng paring palilah anjarwèkakên saha ngêdalakên Sêrat Cariyos Candhi Barabudhur punika, punapa malih ing ngarsanipun Paduka Kangjêng Tuwan Cef van den Topografischen dienst dene kaparêng paring pitulungan ngêcap gambar-gambar ing sêrat punika.

Ngayogyakarta, Marêt 1915.

Up Bêstir Budi Utama.

--- 2-3Halaman 2-3 hilang. ---

--- 4 ---

sami kemawon kalihan agami Budha inggih bêktan saking tanah Hindhustan.

Ing samangke yêyasan ingkang dipun wastani stupa punika ing tanah Hindhustan taksih kathah, sarta ingkang limrah wangunipun ambathok mêngkurêb, wontên ingkang tumumpang dhêdhasar pêsagèn, wontên ingkang botên, saha ing nginggil mawi dipun dèkèki songsong, ananging wêwangunan makatên punika saya lami saya ewah, kados ta: wangun ambathok mêngkurêp lajêng dipun ulur minggah (dados kados timun kakêthok têngah lajêng dipun dêgakên) utawi kadamêl têmpak (kadosdene kênongan sêkul cithakanipun lèpèk, lambaran cangkir) songsongipun dipun wêwahi saya kathah, sarta dhêdhasaripun dipun santuni undhak-undhakan tundha-tundha (kados lorogan sabin). Punapadene dhêdhasaripun ingkang kathah kadamêl langkung agêng katimbang plênukipun ing nginggil ingkang pancèn dados jêjêripun grênging candhi wau.

Pandamêlipun stupa punika gadhah pikajêngan kalih prakawis.

1. Wontên ingkang kangge têtêngêring kramatan ingkang dipun pêndhêmi sabageyaning awu utawi balung saking jisimipun Sang

--- 5 ---

Hyang Budha§ Awit mirid cariyosipun tiyang agami Budha sarêng Sang Hyang Budha punika seda, awu utawi balungipun lajêng kabage waradin dhatêng tanah ing pundi-pundi ingkang tiyangipun agami Budha, kangge pêpundhèn, makatên ugi barangipun, kapirsanana: Geschie denis van het Buddhisme deel II kaca 124 salajêngipun, anggitanipun H. Kern, Haarlem 1884). utawi jisimipun salah satunggaling sakabatipun Sang Hyang Budha, bilih botên makatên inggih dipun pêndhêmi jimat ingkang kaanggêp dados pêpundhèn.

2. Wontên ingkang botên kangge têtêngêr kramatan (dados botên dipun pêndhêmi barang-barang) namung kangge pangèngêt-èngêt bilih ing ngriku punika kala rumiyin kangge angêdalakên kaelokan utawi mukjijatipun Sang Hyang Budha utawi salah satunggaling sakabatipun, dados cêkakipun stupa punika namung kangge têtêngêr pangèngêt-èngêt kemawon, amila wangunipun beda sangêt kalihan candhi-candhi ingkang kathah-kathah punika.

Stupa ingkang pinanggih wontên ing tanah Jawi punika namung satunggal, inggih punika ing Barabudhur, dene ing Sumatra kathah tilasing stupa, malah ingkang wontên ing Muara Takus (tanah Padhang Dharat, Padangsche Bovenlanden) taksih maujud, namung wangunaning plênthukipun sajak katarik minggah (dados kados tugêlan timun dipun dêgakên). Ingkang makatên punika kosokwangsul kalihan ing Barabudhur.

Bilih Candhi Barabudhur punika tlundhagipun ingkang wiyar ing ngandhap piyambak ingkang tumemplok ing sukuning candhi botên kapetang, lajêng kêtingal wujud tumpukan talundhak sakawan tumpuk, [tumpu...]

--- 6 ---

[...k,] wangun mojok kathah§ "veelhoekig" têmbungipun Jawi kula gagas-gagas ingkang prayogi namung: mojok kathah, awit têmbung pasagi punika saking pat sagi= pojok papat (sagi= pojok) Holl. Vierhoek, amila veelhoekig kula prêtal, mojok kathah, yèn ta kenginga: kèh sagi, ngoko, kathah sagi: krama, nanging botên limrah utawi botên sagêd tumindak. mawi dipun lêt-lêti tembok sela, sata ing nginggilipun tumpukan talundhag wau dipun tumpangi bundêran sungsun tiga karêngga ing kupêl sakalangkung kathah, lajêng stupanipun dumunung ing têngah nginggil piyambak adhapur gêntha agêng sangêt. Dados manawi mirid kawontênan wujuding candhi, stupa ing nginggil punika kenging dipun wastani masthikanipun grênging candhi dalah sadhêdhasaripun ingkang dipun sukani rêrênggan sakalangkung kathah wau, ananging manawi candhi wau dipun tingali saking kêtêbihan sawatawis, kados ta saking pasanggrahan, garis têpining candhi ing nginggil lajêng kêtingal mawi kêlir langit ing wanci sêraping surya, kadosdene palêngkung buwêng (cirkelvormig).

Wondene grênging tlundhag tundha sakawan kalihan bundêran ingkang sungsun tiga punika kenging kaèmpêrakên kênongan têmpak utawi irisan jêram pêcêl, mawi panunggul ing nginggil, inggih punika stupa wau.

Sukuning candhi (voet).

Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih tlundhag ing ngandhap [ngandha...]

--- [0] ---

[Grafik]

I. CANDI BARABUDHUR, KATINGAL SAKING KATÊBIHAN (GEZICHT OP BARABUDUR).

--- 7 ---

[...p] piyambak ingkang tumemplok sukuning candhi punika kêdah botên tumut dipun petang, awit punika ing salugunipun sakawit botên tumut dados grênging candhi, amila plataran ingkang ngandhap piyambak sasampunipun minggah undhak-undhakan sapisan inggih kêdah botên tumut dipun petang.

Dados ing sapunika tambahan talundhag ing ngandhap ingkang wiyar punika kaanggêpa botên wontên, ing salajêngipun tembok ingkang magêri margi tlundhag tulèn ingkang sapisan kaanggêpa têrus mangandhap sarta namung radi ambêgagah mêdal sakêdhik kemawon. Ingkang makatên punika wangunipun candhi ingkang sakawit ingkang lugu, sarta ing ngandhap ing sukuning candhi ingkang tulèn mawi karêngga ing ukir-ukiran sakalangkung kathah§ Ing sapunika botên kêtingal awit kêtutupan talundhag wêwahan ing ngandhap piyambak wau punika. ananging ukir-ukiran wau sarêng kasatitèkakên, salong dèrèng rampung, awit saking punika lajêng nuwuhakên pamanggih: ing sadèrèngipun candhi rampung babar pisan, sampun wontên pikir yèn candhi wau kêdah dipun sukani uwat-uwat, ambokmanawi saking sumêlang bilih jugrug utawi amblêg, amila cêngkorongan ingkang sakawit lajêng botên dipun têtêpi, têmahan dipun sukani tambahan minôngka dhanyang murih radi kêkah.

Tlundhag (Gaanderij).

--- 8 ---

Ing sasampunipun sukuning candhi lajêng tlundhag tundha sakawan saya minggah saya malêbêt (alit, ciyut) sarta sanadyan talundhag wau luguning wangunipun amojok kathah ananging manawi dipun tingali cêngkoronganipun, wêwangunaning trêpipun ingkang bundêr taksih kêtingal.

Tlundhag-tlundhag wau iringipun ing jawi mawi dipun kêliri ing tembok sela, sarta windunipun kiwa têngên dalah satembokipun sela wau mawi karêngga ing ukir-ukiran rêca (bas-relief)§ Gambar lêgok mandhukul tumrap ing tembok. ing sanginggiling bas-relief wau wontên caluwêkanipun sawatawis kathah (nis) mawi panunggul stupa alit saha isi rêcanipun Sang Hyang Budha.

Tlundhag iring sakawan wau (wetan, kilèn, lèr, kidul) ing têngahipun lêrês kapêdhot ing undhak-undhakan kangge margi minggah, sarta ing kiwa têngênipun mawi singa andhêkêm, punapadene ing lêrêsing tlundhag ingkang kapêdhot ing undhak-undhakan punika wontên gapuranipun.

Ing wêngkuning relief ing nginggil mawi cucuk margi toya jawah manglung mêdal (lêtipun radi sawatawis têbih), ingkang ing ngandhap dhapur makara (ulam sirah gajah)§ Ing Bali rêrupèn makatên wau nama gajah mina. ingkang ing nginggil dhapur sirah banaspati (Monsterkop).

--- 9 ---

Rêrênggan (Versiering).

Ingkang radi anggumunakên punika kathahing rêrêngganipun talundhaging candhi wau, kados ta: ingkang kados oncèn-oncèn sêkar utawi kados kalung punika sakalangkung kathah tumrap sanginggil sarta uruting relief, punapadene ingkang kados kurdhèn,§ Lugunipun arabesk. (Gordijn) utawi ingkang kados pilar§ Spiraal motieven, anggèn kula anjawèkakên radi gagap-gagap, awit botên wontên têmbungipun Jawi ingkang cocog. minôngka lêt-lêtaning relief sarta malih wit-witan ingkang kadhapur kêmbar mayang tuwin jun ingkang minôngka sêsêlaning relief ingkang tumrap ing temboking talundhag ing nginggil, mênggah rêrêngganing calowokan (nis), ing nginggil mawi sirah banaspati (monsterkop) kiwa têngên mawi makara, saya malih gapuranipun ingkang taksih wêtah, mawi sajak jamang, malah ing tlundhag ingkang ôngka sakawan mawi widyadhara-widyadhari nglayang ing sanginggiling gapura.

Sarèhne sêrat punika namung parlu kangge panuntun§ gids. para ingkang sumêdya anguningani candhinipun, dados ing ngriki anggènipun nêrangakên bab rêrênggan botên parlu kaoncèrakên, awit mangke manawi kapurugan, lajêng kêtingal piyambak.

--- 10 ---

Lorogan (Terras).

Lorogan bundêr sungsun tiga ing nginggil punika kosokwangsul sangêt kalihan talundhag ingkang sakalangkung kathah rêrêngganipun, dene namung lugu tanpa rêrênggan barang-barang kêjawi jejeran stupa (kupêl) kados gêntha katingal ing lêbêtipun isi rêcanipun Sang Hyang Budha, sarèhne kosokwangsulipun wau kêsangêtên, dados ingkang makatên punika tamtu dipun jarag.

Têtungguling Stupa (Hoofd-stupa).

Têtungguling stupa punika ingkang dumunung ing nginggil têngah lêrês, sarta langkung agêng sangêt katimbang stupa (kupêl) sanès-sanèsipun. Ing nglêbêting stupa tunggul wau kala rumiyin inggih wontên rêcanipun Sang Hyang Budha, ananging rèhne stupa punika pêpêt, dados botên nate wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng rêca ingkang wontên ing nglêbêtipun, kajawi punika sanginggiling stupa, dados inggih sanginggilipun grênging candhi (minôngka pucak) mawi mênu utawi nyamat panjang nistha wolu kala rumiyin dipun dèkèki songsong sela sungsun tiga.§ Ing sapunika songsongipun sampun botên wontên, dados dhapur pothol.

Kiwa têngêning candhi (Omgeving).

Ing sacêlaking candhi punika kintên-kintên ingkang tamtu kala rumiyin [rumi...]

--- 11 ---

[...yin] wontên griyanipun mardikan (wihara Klooster = vihara) (ambokmanawi inggih wontên trêping pasanggrahan ing sapunika) dipun ênggèni para kaum utawi pandhita ingkang rumêksa satunggal-tunggaling stupa wau, sarta ing ubênging candhi punika kala rumiyin kintên-kintên inggih ugi kathah stupanipun alit-alit utawi têtêngêr sanès-sanèsipun kangge mêndhêm awuning jisimipun para pandhita tuwin sadhengah ingkang sumêdya kapêtak wontên ing tanah suci ngriku punika kapiridakên tanah Hindhustan.

Margi ngajêngan (Hoofdingang).

Dumugi sapriki ingkang kaanggêp ngajênganing candhi punika dèrèng kasumêrêpan, awit iring sakawan pisan punika plêng botên wontên bedanipun sakêdhik-kêdhika, punapadene ukuran saha rêrêngganing gapura utawi undhak-undhakan ugi babar pisan botên wontên bedanipun, namung nitik saking cariyos ingkang kawujudakên sarana relief punika ingkang sampun kasumêrêpan, sadaya wiwitipun wontên ing iring wetan, awit saking punika lajêng dipun kintên bilih kori ingkang kaanggêp ngajêng punika ingkang iring wetan, dados ingkang têbih piyambak saking pasanggrahan utawi ingkang ngajêngakên padhusunan.

__________

--- 12 ---

II. Rêca-rêca sarta relief.

Rêca-rêca sarta relief punika katranganipun miturut piwulang saha panyuraosipun agami Budha.§ Relief= gambar ukir-ukiran adhapur tiyang, sato, thêthukulan, sami mandhukul, tumraping sela. Têgêsipun, rêca-rêca tuwin relief wau kêdah namung dipun têrangakên miturut kadospundi anggènipun agami Budha nêrangakên rêca-rêca sarta gambar-gambar relief wau punika, dados sanadyan agami Siwah (Ciwaisme) punika ugi anêrangakên bab rêca-rêca, nanging botên kenging katumrapakên dhatêng rêca-rêca ing Barabudhur.

Agami Budha (Buddhisme).

Agami Budha punika piwulang suci minôngka sarana supados tiyang (nyawa) punika sampun ngantos pijêr lair lajêng pêjah, lair, pêjah§ Ing têmbung Sanskrêta dipun wastani sangsara (samsara) lajêng dados têmbung Jawi sangsara atêgês: rêkaos, cilaka enz. Têrangipun bab gêsang pêjah, gêsang, pêjah enz. (samsara) katêrangakên ing Buddhisme deel I kaca 9 kalihan kaca 367. kemawon, awit sadaya pandamêl (solah tingkah) punika awon sae, sakêdhik kalih kêdhik tamtu anjalari dosa utawi tampi ganjaran, wondene wohing dosa utawi ganjaran wau badhe pinanggih benjing ing salêbêtipun gêsang malih, awit saking punika sarèhne gêsang punika têtela rêkaos, dados tiyang punika ing sasagêd-sagêd anyêkêdhikna pandamêl (solah tingkah), supados bilih sampun botên gadhah pandamêlan ingkang kêdah dipun [di...]

--- [0] ---

[Grafik]

II. KAMARAN, RECA SAHA UKIR-UKIRAN, INGKANG KATINGAL SAKING GELADRI (JERAMBAH) INGKANG SAPISAN (INGKANG NGANDHAP PIYAMBAK). (GEZICHT IN DE EERSTE GAANDERIJ).

--- 13 ---

[...pun] lampahi ing benjing yèn gêsang malih, nyawanipun sagêda sampurna.§ Botên wangsul gêsang malih= botên nandhang sangsara, awit sampun dumugi ing nirwa[nirwana].

Mênggah piwulang ingkang makatên punika ing sabên-sabên dipun wulangakên dhatêng dunya dening satunggaling Budha§ Dados Budha punika ing sadèrèngipun Sang Hyang Budha Sakyamuni, Sirdhata utawi Gotama (Gautama) sampun kathah, sarta badhe wontên malih (zie: buddhisme deel I blz. 318 en J. Kats "Sang Hyang Kamahayanikan" blz. 17.). dene tumêdhakipun para Budha punika lêtipun pintên-pintên atus taun, sarta piwulang wau ingkang kantun piyambak (agami Budha ing jaman sapunika) ingkang amulangakên satunggaling Budha§ Inggih punika Sri Sakyamuni, Radèn Sidharta utawi Gotama. ingkang kaanggêp wontên sayêktos, seda kala taun 483 (v. Ch.) sadèrèngipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos.§ Dados sapriki sampun 2397 taun.

Ingkang badhe dados Budha punika ing sadèrèngipun angsal wahyuning kabudhan tamtu kêdah sampun nate gêsang kaping pintên-pintên, sarta ing salêbêtipun gêsang ingkang rumiyin-rumiyin punika kêdah tansah anglampahi kasaenan, amitulungi sarana angurbanakên badanipun, enz. kangge anyampurnakakên badan utawi nyawanipun piyambak, wondene nalika piyambakipun gêsang ingkang rumiyin-rumiyin saha gêsang ingkang cakêt piyambak kalihan [ka...]

--- 14 ---

[...lihan] anggènipun badhe dados Budha, punika dipun wastani Bodhisattwa (Bodhisattwa).

Awit saking punika lajêng sagêd anelakakên kalih prakawis.

1. Anêrangakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha ingkang kaanggêp wontên sayêktos punika (historisch) kala taksih dados Bodhisattwa nitis dhatêng sadhengahing rêrupèn.

2. Ing sapunika ugi sampun wontên Bodhisattwa ingkang badhe dados Budha ing binjing bilih sampun dumugi ing wancinipun, namung wujudipun, saha ing sapunika nitis dhatêng sintên utawi punapa, botên kasumêrêpan.

Piwulang ingkang kasbut ing nginggil punika lami-lami anuwuhakên panggagas (pangiyas),§ Têmbungipun Walandi bespiegeling, luguning têgêsipun: pangilo, nanging lajêng suraos panginjên dhatêng dat ingkang suci, anggèn kula anjawèkakên: panggagas (pangiyas) punika kula rumaos yèn kirang plêng, ananging pados têmbung Jawi sanèsipun ingkang plêng dèrèng angsal. warni-warni ingkang lajêng kenging sarta prayogi kangge anêrangakên bab Cadhi Barabudhur, inggih punika kados ta: pangiyas wau amastani yèn asalipun dunya sadaya punika saking Adi-Budha§ Jawinipun: Budha kawitan, têmbungipun Walandi oer-Buddha, têmbung Sanskrêta: adi têgêsipun: kawitan, pangajêng enz. ingkang sipatipun babar pisan [pisa...]

--- 15 ---

[...n] botên kenging kinaya ngapa ananging Adi-Budha wau lajêng angejawantah dados Budha gangsal, dipun wastani dhyani Budha§ Jawinipun, Budha Samadi, têmbungipun Walandi overpeinzings-Budddha's (Buddhisme deel I blz. 274, 323, deel II 139 vg. 172 vgg). ingkang anguwasani keblat sakawan, gangsal pancêr.

Sarèhne dhyani Budha punika namung Budha gagasan§ Geestelijke Buddha's. dados sanadyan wujuding rêcanipun sami kemawon kalihan Budha ingkang wontên sayêktos (historische Buddha's) inggih kêdah kabedakakên kalihan Budha sayêktos wau.

Pratelan ingkang kasêbut nginggil wau kalêbêt nama ringkês sangêt, ananging kados sampun cêkap kangge mariksani punapa ingkang kawujudakên ing Candhi Barabudhur.

Wondene agami Budha ingkang kala rumiyin kangge wontên ing tanah Jawi punika kêgolong agami Budha lèr utawi Budha Mahayana, ingkang ugi kangge wontên ing tanah Nepal, Tibèt, tanah Cina sarta Jêpan, inggih punika têtimbanganipun agami Budha kidul, utawi Budha Hinayana ingkang kangge wontên ing tanah Selon (Ceylon) sarta ing Hindhu wingking§ Siyam, Birma, Anam, Kamboja enz. (Achter-Indie).

--- 16 ---

Namung ing sapunika ing tanah Hindhustan sampun botên wontên agami Budha.§ Kêsuk dening agami Siwah, Brahma, Wisnu, sapanunggilanipun.

Rêca Budha (Buddha-beeld).

Budha punika ing pundi-pundia tamtu kawujudan rêca mawi panganggening wiku, sarta mawi ciri ing têngahing sirah (unyêng-unyêngan mawi manjoto manginggil,§ Usnisa (usnisa). tuwin mawi pênthol alit utawi andhêng-andhêng agêng dumunung ing têngahing bathuk.§ Urna (urna).

Ing salêbêting calowokan.

Rêca Budha ingkang wontên calowokan saubênging tlundhag sakawan pisan punika sadaya dhyani Budha (Budha samadi). dhyani Budha punika warni-warni, dene anggènipun ambedakakên, sarana panggenanipun utawi patraping tanganipun.

Calowokan kawan larik saking ngandhap, dumugi nginggil, punika ing dalêm sairing isi rêca Budha 92 iji.

Ing iring wetan, Budha Aksobya (Aksobhya) tanganipun têngên tumumpang ing dhêngkul, mangkurêp, drijinipun katungkulakên mangandhap (bumisparsamudra§ Traping tangan sarana amêndhêt saksi: Bumi (mudra= traping tangan). bhumisparcamudra).

--- 17 ---

Iring kidul, Ratnasambawa (Ratnasambhava) traping tangan sami kemawon, ananging kalumahakên (waramudra§ Traping tangan angganjar (wara= ganjaran). varamudra).

Iring kilèn, Amitaba (Amitabha) tanganipun kalih pisan kapangku (dhyani mudra§ Traping tangan samadi. dhyani mudra).

Sarta iring lèr Amogasiddha (Amoghasiddha) tanganipun têngên kainggahakên watês dhadha, èpèk-èpèk ngadêg majêng mangajêng (abaya mudra§ Traping tangan tanpa ajrih. Abhaya-mudra).

Ing salarik nginggil piyambak, larik kaping gangsal. Ugi dhyani Budha majêng dhatêng keblat sakawan, cacahipun 64 inggih punika Buda werocana ingkang anguwasani pancêr (zenith) tanganipun têngên ugi kainggahakên ananging pucuking panuduh kagathukakên kalihan pucuking jêmpol (witarka mudra§ traping tangan amêmikir. vitarka-mudhra).

Ing lorogan bundêr (terras).

Ingkang wontên ing lorogan bundêr punika sadaya dede dhyani Budha, punika rêcanipun Sang Hyang Budha ingkang kaanggêp wontên sayêktos, lênggah ing salêbêting kupêl cacahipun 72, tanganipun têngên wontên sanginggilipun ingkang kiwa, kajunjung watês [wa...]

--- 18 ---

[...tês] ing dhadha, kadosdene tiyang badhe angubêngakên jôntra alit, awit saking punika milanipun lajêng dipun wastani: traping tangan (angubêngake) jantraning tata pranata,§ Dharma Dharma têgêsipun kathah sangêt, prêtalanipun têmbung Walandi: Wet, anggèn kula anjawèkakên, tata pranata, punika namung kula pêndhêt prayoginipun. (Dharmacakramudra Dharmacakra-mudra) pikajênganipun, patrapipun anggiyarakên piwulang (agami) sabab anggiyarakên piwulang (agami) punika têmbungipun ingkang luhur: angubêngake jantraning tata pranata.

Sapunika ing stupa tunggul.

Ing stupa tunggul punika kala rumiyin inggih wontên rêcanipun Sang Hyang Budha ingkang kaanggêp wontên sayêktos punika (historische Buddha) ananging rêca wau panggarapipun botên karampungakên, ambokmanawi punika turunanipun rêca Budha ingkang sakalangkung misuwur wontên ing tanah Hindhustan, dumunung ing panggenanipun Sang Hyang Budha nalika tampi wahyuning kabudhan, rêca ing Hindhustan wau punika panggarapipun ugi botên karampungakên.

Dados kintên-kintên pandamêlipun Candhi Barabudhur wau inggih namung kangge angluhurakên rêcanipun Sang Hyang Budha§ Meester= guru. ingkang kaanggêp pêpundhèn punika kemawon, awit jimat, utawi [uta...]

--- 19 ---

[...wi] pusaka sanès-sanèsipun botên wontên.

Wondene rêca wau ing sapunika sampun kawêdalakên saking stupa, kadèkèk wontên sacêlakipun sukuning candhi iring lèr kilèn, ingkang cêlak kalihan pasanggrahan, mawi dipun sukani bancik.

Gambar lêgok mandhukul ingkang urut-urutan (relief).

Gambar-gambar (relief) wau anggènipun nêrangakên angèl sangêt.

Ingkang sapisan: gambar-gambar ingkang sakintên angribêdi dhatêng sungkêmipun ingkang sami dhatêng ing ngriku punika botên dipun wontêni dening ingkang damêl gambar-gambar wau punika, kados ta bab amêmêjahi, punika botên kalêbêtakên ing cariyos ngriku.

Ingkang kaping kalih: sanadyan panggarapipun relief punika saenipun angebat-ebatakên, ananging ciri ingkang kangge ambedakakên satunggaling gambar tiyang kalihan satunggalipun, punika pancèn kirang, inggih wontên cirining ratu, wiku, brahmana sasaminipun, ciri-ciri wau sampun têtêp, botên nate ewah, ananging manawi ing satunggal cariyos wau upaminipun mêdal ratu kalih, lajêng botên sagêd têrang sintên ingkang kapêtha ing relief wau punika, awit saking punika dados sagêdipun anêrangakên namung bilih kalêrêsan wontên sêratipun ingkang lajêng kenging kangge nitik utawi nêrangakên [nêranga...]

--- 20 ---

[...kên] gambar-gambar wau, sabab sêrat cariyos wau têrkadhang dipun plêki kawujudakên gambar dening ingkang damêl, têrkadhang namung kapêthik kemawon, dene sanès-sanèsipun, sagêdipun nêrangakên, namung kalayan dipun gagapi (kintên-kintên) kemawon.

Bilih badhe amriksani relief punika wiwitipun kêdah saking gapura ingkang wetan (ingkang têbih piyambak saking pasanggrahan), sarta lampahipun kêdah anêngênakên candhi minôngka urmat,§ Ing têmbung Sanskrêta dipun wastani, pradaksina. dados sadumuginipun ing gapura wau, lampahipun kêdah menggok mangiwa (mangidul).

Sukuning candhi (voet).

Ing sukuning candhi ingkang sapunika botên kêtingal, punika wontên gambaripun warni-warni mêtha lêlampahaning tiyang ing sadintên-dintênipun, lajêng dipun sambêti gambar lêlampahan ing swarga tuwin ing naraka, ingkang makatên punika ambokmanawi badhe nêdahakên dhatêng sadhengah ingkang dhatêng ing ngriku, kadospundi ing benjing badhe kêdadosanipun sadaya pandamêl (awon utawi sae) punika, sarta angèngêtakên dhatêng rêkaosipun tiyang nandhang sangsara,§ Sangsara ing ngriki dede têmbung Jawi, punika têmbung Sanskrêta têgêsipun pijêr gêsang lajêng pêjah, gêsang, pêjah, salajêngipun, nanging bilih cèthèk-cèthèkan ingkang tamtu mangrêtosakên, inggih kenging lajêng dipun têgêsi kados têgêsipun sangsara têmbung Jawi. ing salajêngipun suka

--- 21 ---

pitêdah murih sagêda luwar saking sangsara wau.

Ing sanginggilipun, ingkang kêtingal cakêt saking tlundhag tambahan, punika namung minôngka rêrênggan kemawon, sarta punika yèn miturut cêngkorongan ingkang sakawit dunungipun pancèn radi sawatawis inggil, wontên sanginggiling relief ing suku ingkang sapunikanipun kêtutupan talundhag tambahan wau punika.

Kêliring tlundhag ingkang sapisan (tlundhag tulèn) Eerste gaanderij balustrade.§ Kêlir utawi balustrade punika pagêr ingkang andhap.

Ing tembok kêliring tlundhag ingkang sapisan punika wontên gambaripun urut-urutan (relief) kalih larik ngandhap nginggil, kalih larik pisan wau grêbanipun sami anyariyosakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha nalika gêsang ingkang rumiyin-rumiyin, ingkang ôngka 1 dumugi ôngka 135 ing larikan nginggil, punika cacriyosanipun sampun pinanggih, kasêbut ing sêrat têmbung Sanskrêta ingkang dipun wujudakên wau, nama Sêrat Jatakamala (Jatakamala) amila pikajênganipun dalah ingkang angèl-angèl inggih kenging dipun udhari sakêdhik-sakêdhik miturut sêrat cariyos wau kados ingkang kapratelakakên ing wêwahan I.

Ing salajêngipun, cakêt ngajêngakên gapura ingkang iring kilèn wontên cariyosipun tiyang wanan (wildeman), anêdha lare,

--- 22 ---

bilih sampun langkah gapura lajêng cariyosipun Bodhisatwa wujud bulus amitulungi tiyang kathah ingkang sami kêrisakan baitanipun, gambar punika ing samangke kêrêp dipun mêmule dening tiyang sapunika, parlu dipun suwuni barkah sagêda gadhah anak.

Tembok baku,§ Inggih punika pagêr iring nglêbêt utawi iring têngênipun ingkang mariksani. Hoofdmuur.

Ing tembok talundhag ingkang sapisan wau ugi wontên gambaripun cariyos kalih larik, ngandhap nginggil, ingkang nginggil anyariyosakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha (historische Buddha) wiwit nalika badhe mandhap saking swarga badhe karsa tumêdhak dhatêng ing dunya awujud manusa, dumugi nalika wiwit anggiyarakên piwulang (agami) mênggah lêlampahan punika ugi kenging dipun cocogakên kalihan sêrat têmbung Sanskrêta nama: lalitawistara (Lalitavistara) kapratelakakên ing wêwahan II.

Larikan ingkang ngandhap ugi anyariyosakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha nalika gêsang ingkang rumiyin-rumiyin, sarta sampun salong wontên ingkang kacocogakên, kapratelakakên ing wêwahan III, ananging inggih namung ingkang sampun kasumêrêpan kemawon.

Kêlir tlundhag ingkang kaping kalih (tweede gaanderij balustrade).§ Yèn ringgita: 2 adêgan.

--- [0] ---

[Grafik]

III. GAPURA ING GELADRI INGKANG KAPING SEKAWAN. (POORT DER VIERDE GAANDERIJ)

--- 23 ---

Kêlir§ Ingkang kasêbut kêlir utawi balustrade punika pagêr andhap. punika ambokmanawi anglajêngakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha kala gêsang ingkang rumiyin-rumiyin, ananging ingkang kasumêrêpan sawêg sakêdhik, kados ta: kajawi sanès-sanèsipun, ing pojok lèr kilèn, punika wontên gambaripun Bodhisatwa awujud paksi cohung kêcêpêng, lajêng anggiyarakên piwulang (agami).

Tembok baku Hoofdmuur.

Ing ngriki wiwiting gambar anyariyosakên Sang Hyang Budha sawêg anggiyarakên piwulang (agami), dados sajakipun anyambêti tembok baku ing tlundhag ingkang sapisan, lajêng cariyosipun Bodhisatwa, kêtawis mawi ciri praba ing sawingkinging sirah, amartamu dhatêng panggenaning tiyang warni-warni, kados ta: Bodhisatwa (sanès-sanèsipun), para wiku, brahmana, endhang sapanunggilanipun, sami cêcantênan, lajêng anglajêngakên lampahipun amêmuja dhatêng candhi-candhi utawi dhatêng panggenan stupa, ananging luguning cariyos punika dèrèng kasumêrêpan, makatên ugi ing tlundhag nginggil-nginggil inggih dèrèng sami kasumêrêpan. Pungkasaning larikan punika tumraping relief kêkalih, wosing cariyos, bab pamuja dhatêng stupa, ingkang makatên punika sajak lajêng minôngka katrangan, [ka...]

--- 24 ---

[...trangan,] utawi panuntun dhatêng tlundhag-tlundhag sambêtipun.

Tlundhag ingkang kaping tiga, kêlir kalihan tembok baku, Derde gaanderij balustrade en hoofdmuur.

Gambar-gambar ing ngriki punika sadaya (namung ingkang sampun kasumêrêpan) anyariyosakên lêlampahanipun Sang Hyang Budha ingkang badhe dhatêng, ingkang sapunika sawêg dados Bodhisatwa Metreya (Maitreya), ajêg kenging dipun titèni mawi stupa alit dumunung ing jamang, mênggah ingkang kacariyosakên ing relief punika wiwit kawitan dumugi têngah-têngahan, bab pamuja dhatêng candhi-candhi sawatawis kathah.

Ing kêlir amratelakakên cariyos sawatawis panjang saking pojok kidul kilèn dumugi gapura lèr, ing ngriku wontên sêkaripun tunjung sakawan, thukul saking balumbang, sami mêdal rêrupèn beda-beda, sarta Sang Metreya cêlak wontên ing ngriku, ambokmanawi punika nalika Sang Metreya angêdalakên kaelokanipun (mukjijat).

Cariyos ingkang tumrap talundhag ing ngriku punika sadaya kintên-kintên miturut sêrat cariyosipun Sang Metreya, ananging sêratipun, dumugi sapriki dèrèng kasumêrêpan.

Tlundhag ingkang kaping sakawan, kêlir, vierde gaanderij balustrade.

--- 25 ---

Kêliring tlundhag ingkang kaping sakawan punika sajakipun anglajêngakên cariyos lêlampahanipun Sang Metreya, dumugi gapura kilèn, ing salajêngipun kintên-kintên anglajêngakên cariyosipun para Bodhisatwa sanès-sanèsipun.

Tembok baku, Hoofdmuur.

Ing wiwiting cariyos ingkang tumrap ing tembok baku ngriku punika wontên Budhanipun saha Bodhisatwa sakalangkung kathah, ananging cariyos wau ugi dèrèng sagêd katêrangakên ingkang ngantos andamêl lêganing manah.§ Sampun wontên ingkang ngintên bilih punika ugi nalika Sang Hyang Budha angêdalakên kaelokanipun.

Ing ôngka 13 wontên cariyosipun ingkang pantês kauningan, inggih punika wontên satunggaling Budha lênggah wontên salêbêting stupa, kados lênggahipun wontên ing krêtêg ing ôngka 46.

Ing salajêngipun ingkang dados bakuning lêlampahan, satunggiling Bidhisatwa mawi ciri nyêpêng pang wontên angkupipun (pênthol) têtiga, ananging punika namanipun kemawon dèrèng kasumêrêpan, saya malih cariyosipun, inggih dèrèng.

--- 26 ---

III. Cacriyosaning Candhi. Geschiedenis

Pandamêling candhi.

Dumugi sapriki dèrèng wontên sêsêratan, tumrap ing sela utawi têmbagi (sarta pèngêtan oorkonde), ingkang pinanggih, ingkang amratelakakên bab pandamêlipun Candhi Barabudhur, namung nitik saking wêwangunan, rêrênggan sarta ingkang kawujudakên ing ngriku, punika sagêd anelakakên yèn candhi wau wohing kasagêdanipun tiyang Hindhu ingkang sami dhatêng ing tanah Jawi saking tanah Hindhustan wiwit kala taun pitung atusan langkung sakêdhik dumugi taun 800.

Bab pandamêlipun candhi wau kala punapa, punika kenging kacocogakên kalihan sêsêratan ingkang tumrap sanginggiling relief ing suku, ingkang sapunika botên katingal, awit sêratan ingkang wontên ing ngriku punika wangunipun kêgolong sêsêratan ingkang kangge kala taun Walandi ± 850, dados kintên-kintên ingkang tamtu sêratan wau panyêratipun inggih ± taun punika, amila kintên-kintên candhi wau ing taun punika inggih sampun wiwit kagarap.

Nama.

Makatên ugi namaning candhi: Barabudhur punika têgêsipun [têgêsi...]

--- 27 ---

[...pun] inggih botên têrang, wontên ingkang ngintên-ngintên, atêgês para Budha, ananging luguning namanipun kala rumiyin tamtu botên makatên, punika yèn botên ewah-ewahaning nama lugu ingkang sapunika botên kasumêrêpan, inggih nama damêlan enggal.

Wiwitipun risak (verval).

Nalika wiwit kintên-kintên taun 925, punika karajan ing tanah Jawi Têngah, risak sadaya, dene jalaranipun dèrèng kasumêrêpan, kosokwangsulipun karajan ing tanah Jawi Wetan sami mumbul dados agêng-agêng, sarisaking krajan ing Jawi Têngah, candhi-candhi (ing tanah Jawi Têngah) sami katilar lajêng sami risak, makatên ugi Candhi Barabudhur ugi tumut risak, punapa malih ing salajêngipun sarêng jumênêngipun karajan Islam, sanadyan candhi wau ugi kasumêrêpan, ananging bab pangupakara dhatêng candhi, sirna babar pisan.

AnggènipanAnggènipun candhi wau wiwit dipun opèni malih. Wiwitipun Candhi Barabudhur kalêbêt ing pamanahan malih punika kala salêbêtipun gupêrmèn Inggris angasta tanah Jawi, inggih punika kala Tuwan Litnan Gupêrnur Raffles utusan anggambar candhi wau, wiwit titi môngsa punika lajêng saya kathah ingkang amarlokakên bab ing Barabudhur, ananging sanadyan makatêna, anggènipun [anggènipu...]

--- 28 ---

[...n] candhi wau kêtingal dipun opèni ingkang pantês, inggih sawêg sapunika, malah sanadyan saya lami saya kêtingal anggènipun badhe kêlajêng risak, ewadene dumugi sapriki dèrèng wontên ihtiyar ingkang sampurna kangge anjagi supados botên kêlajêng risakipun.

Anggènipun dipun dandosi.

Anggènipun Candhi Barabudhur dipun ihtiyari supados botên kêlajêng risak punika sawêg sapunika kemawon, ngiras sadaya relief dipun gambar sorot (gefotographeerd), dene ingkang kagungan kêparêng makatên punika kangjêng gupêrmèn. Ingkang dipun dhawuhi Tuwan T. van Erp opsir genie saha lajêng anindakakên kalayan prayogi.

Sêrat-sêrat ingkang anyariyosakên Candhi Barabudhur (Litteratuur).

Sêrat ingkang anyariyosakên Candhi Barabudhur punika samangke ingkang prayogi piyambak namung sêrat agêng maligi nyariyosakên Candhi Barabudhur (monografie) ingkang kawêdalakên dening Tuwan Dr. Leemans, mawi gambar-gambar (gambaran tangan) sakalangkung kathah, dene sêrat wau ing pasanggrahan wontên satunggal exemplaar, ugi nalika punika Tuwan van Kinsbergen andamêl gambar sorot sakalangkung kathah.

--- 29 ---

Sêrat kasbut ing nginggil punika ing samangke sampun kenging katêmbungakên: kina (kawak), amila sapunika badhe andamêl malih kalayan wragad paringipun gupêrmèn, mawi pratelan bab kawruh yêyasan (bouwkunde), sarta bab kawruh rêca-rêca (iconografische beschrijving) bab yêyasan ingkang andamêl Tuwan van Erp bab rêca-rêca, Tuwan Dr. J. Ph. Vogel.

Panuntun tumraping candhi sampun wontên, inggih punika damêlanipun Tuwan Dr. Groneman sarta badhe wontên malih damêlanipun Tuwan T. van Erp.

Sakathahing pratelan pêthik-pêthikan bab ing Candhi Barabudhur, ingkang kathah warni karangan tumrap ing tijdschrift punika tamtunipun botên parlu kapratelakakên sadaya, dados ing sapunika (kêjawi ingkang kasbut ing ngajêng) namung kantun amratelakakên namanipun para tuwan sawatawis, inggih punika:

1. Tuwan J.W. Ijzerman. ingkang rumiyin piyambak nyumêrêpi sukuning candhi ingkang sapunika kêtutupan (Tijdschrift voor Ind. Taal-, Land en Volkenkunde 31, 1886).

2. Tuwan S. von Oldenburg. ingkang paham dhatêng cariyos Jatakamala (Kern in Bijdragen Koninklijk Instituut v.d. Taal-, Land en Volkenkunde van Ned. Ind. 6e reeks, 3. 1897).

--- 30 ---

3. Tuwan C.M. Pleyte. ingkang anyêrati cariyos lêlampahanipun Sang Hyang Budha (Die Buddha-legende in den Skulpturen des Tempels von Boro-Budur 1901).

4. Tuwan A. Foucher. Kêjawi kathah anggènipun anocog-nocogakên, mawi suka katrangan tumrap dhatêng wosipun sadaya (Bulletin de I'Ecole francaise d'Extreme-Orient 9. 1909).

Ing wasana nunggil bab punika:

5. Tuwan Dr. J.L.A Brandes, ingkang paham sangêt dhatêng Candhi Barabudhur inggih botên kenging kêlangkungan kêdah kapratelakakên.

__________

--- [0] ---

[Grafik]

IV. UNDHAK-UNDHAKAN SAHA STUPA INGKANG NGINGGIL PIYAMBAK, INGGIH PUNIKA INGKANG MINANGKA MUSTAKANING CANDHI. (TERRASSEN EN HOOFDSTUPA).

--- 31 ---

Wêwahan Ôngka I.

Cariyos Lêlampahanipun Budha nalika mangejawantah ingkang rumiyin-rumiyin, kapêthakkapêthik saking sêrat ingkang nama: Jatakamala (Jatakamala).

(Kêlir ing tlundhag ingkang sapisan, larikan nginggil).

Gapura ingkang wetan.

1. Cariyosipun sima èstri.

1. Bodhisatwa ngejawantah dados anaking Brahmana, kala lairipun dipun rêsiki, dipun gulawênthah kados adatipun para Brahmana.

2. Sarêng sampun diwasa saha dados guru, kathah sangêt muridipun.

3. Ing satunggiling dintên, Sang Bodhisatwa wontên ing wana kadhèrèkakên muridipun satunggal. Ningali sima èstri kalirên, botên sagêd nêsêpi anakipun. Sang Bodhisatwa masrahakên badanipun, supados katêdhaa ing sima wau. (Ing gambaran, simanipun èstri sampun ical, namung anakipun katingal satunggal).

4-5. Gambaranipun botên sampurna.

2. Cariyosipun Sang Ratu Sibi.

6. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados rajanipun bôngsa Sibi. Anampèni pisowanipun tiyang ingkang sami nênuwun, sadaya kaparingan kadarman.

--- 32 ---

7. Ing ngriku Sang Bathara Sakra mendha-mendha kere, sowan ing ngarsanipun sang prabu, badhe nyoba kadarmanipun. Kere nyuwun tingalipun sang nata, inggih kaparingakên.

8. Ing pawingkingipun, sang mindha kere nyuwun tingal ingkang sasisih malih. Wasana tingal kalih pisan, kaparingakên malih dhatêng sang prabu dening Bathara Sakra.

3. Cariyosipun bubur saêmplokan.

9. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados ratu ing Kosala, sakalangkung rêmên paring dana dhatêng tiyang pêkir miskin. Sang prabu taksih kemutan dhatêng lêlampahanipun nalika ngejawantah ingkang rumiyin-rumiyin. Ambokmanawi gambar ôngka 9 punika mratelakakên Raja Sibi, sasampunipun tingalipun kalih pisan kaparingakên wangsul malih.

10. Kala ngejawantah ingkang rumiyin, sang prabu dados bêrah (kuli). Ing satunggiling dintên nyukani bubur sapiring dhatêng biksu sakawan ingkang sami kalambrangan, bêrah narimah luwe sadintên.

11. Pramèswarinipun sang prabu kèngêtan, yèn kala ngejawantah ingkang rumiyin dados rencang tumbasan. Kala samantên nyukani têdha dhatêng biksu.

--- 33 ---

12. Anggènipun sami manggih kamulyan dados ratu punika minôngka ganjaranipun kadarman wau.

13. saha 14. Sang prabu paring piwulang dhatêng para ingkang sowan, ingandikakakên sami rêmên sidhêkah dhatêng pêkir miskin.

4. Cariyosipun lurahing para kriya.

15. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados lurahing para kriya. Ing satunggal dintên ngatag ingkang èstri, kapurih nyukani têdha dhatêng Pratyeka Budha (Pratyeka-Budha) ingkang sawêg ngadêg ing ngajênging kori (Pratyeka Budha punika tiyang ingkang sampun angsal wahyu kabudhan, ananging botên anggêlarakên dharma).

16. Tiyang kalih jalêr èstri wau murugi Sang Pratyeka Budha, badhe nampèkakên sidhêkahipun.

17. Dèrèng ngantos dumugi, siti ing ngajêngipun katingal mêngkab-mêngkab, ing ngriku dados naraka, saking pandamêling setan.

18. Ewadene pangagênging kriya saha ingkang èstri botên ajrih anglajêngakên lampahipun. Naraka lajêng sirna, ingkang katingal namung sêkar tunjung. Pratyeka Budha lajêng mumbul ing awang-awang musna, kapêthukakên para widyadhara-widyadhari.

5. Cariyosipun Awisahya (Avisahya).

19. Bodhisatwa ngejawantah dados pangagênging para kriya, anama Awisahya.

--- 34 ---

20. Sakalangkung rêmên dêdana.

21. Saking rêmênipun dêdana, ngantos malarat, kapêksa ngarit wade rumput kangge tumbas têdhanipun.

22. Wasana sadaya rajabrananipun kaparingakên wangsul dening Bathara Sakra, minôngka ganjaraning kadarmanipun.

6. Cariyosipun truwèlu.

23. Bathara Sakra mendha-mendha Brahmana, malêbêt ing wana.

24. Sang Bodhisatwa mangejawantah dados truwèlu, mêmitran kalihan lingsang (wrêgul), sagawon ajag, sarta kêthèk. Brahmana nêdha sêkul dhatêng sato sakawan wau, sabab badhe kaluwèn, lingsang nyukani ulam, sagawon ajag nyukani puwan, kêthèk nyukani pêlêm dhatêng Brahmana.

25. Sarèhne truwèlu botên gadhah punapa-punapa, badanipun ingkang kasukakakên, nyêmplung ing latu supados matêng, dadosa têdhanipun Brahmana.

7. Cariyosipun Agastya (Agastya).

26. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados tiyang bôngsa Wesya (Waisya= tiyang mardika) sakalangkung rêmên dêdana, lami-lami lajêng martapa. Kala samantên Bathara Sakra mendha-mendha Brahmana. Ngantos gangsal dintên, sang tapa ngaturakên têdhanipun dhatêng Brahmana wau.

--- 35 ---

27/28. Brahmana sakalangkung agêng panarimahipun dhatêng sang tapa, lajêng maringi têdha sakalangkung kathah supados kadum-dumna. Dene ingkang sami kaduman, punika Pratyeka Budha kathah sangêt (ingkang katingal ing gambaran namung satunggal).

8. Cariyosipun Mètribala (Maitribala).

29. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados raja, ajêjuluk Mètribala.

30. Sakalangkung rêmên dêdana.

31/32. Wontên danawa gangsal (tiyang wanan), sampun watawis lami anggènipun nandukakên ilmunipun patênungan, botên angsal damêl, danawa mirêng pawartos saking pangèn lêmbu, bilih sababipun patênunganipun tanpa damêl wau, amargi kenging pêrbawanipun Sang Prabu Mètribala, ingkang kinasihan ing dewa.

33/34. Danawa gangsal sowan ing ngarsanipun sang prabu, nyuwun daging sarta rahipun sang prabu minôngka têdhanipun. Inggih kaparingan.

35. Bathara Sakra tumurun, nglairakên dhanganing panggalih saha pangalêmbana dhatêng kadarmanipun sang prabu.

--- 36 ---

9. Cariyosipun Wiswantara (Viçvantara).

36. Sang Bodhisatwa mangejawantah dados rajaputra, ajêjuluk Wiswantara, sakalangkung rêmên dêdana.

37. Saking rêmênipun dêdana, titihanipun liman, sanajan sakalangkung sae, kaparingakên dhatêng tiyang.

38. Ing pawingkingipun Sang Wiswantara kapêksa martapa, garwa putranipun kaparingakên ing tiyang.

39. Ing wasananipun sang rajaputra angsal pitulungipun Bathara Sakra, sadaya rajadarbèkipun, sarta garwa putranipun, ingkang sampun kadarmakakên, kaparingakên wangsul. Sang rajaputra binayangkare, kaarak wangsul dhatêng nagarinipun.

10. Cariyosipun bantên utawi tawur (wilujêngan, tulak).

40. Sang Bodhisatwa jumênêng raja, mirêng pawartos bilih nagarinipun kaparag ing pacêklik. Saking aturipun para Brahmana, ingkang minôngka têtulakipun, botên wontên malih, kajawi tiyang kapêjahan, kangge tawur.

41-42. Sang prabu dhawuh ngundhang-undhangakên, anyêpêngi sakathahing durjana, badhe lajêng kangge tawur.

--- 37 ---

43. Durjana sami kêkês manahipun, têmahan lajêng mantuni kadurjananipun, sami dados tiyang sae sadaya. Jalaran saking punika nagari lajêng dadondados têntrêm, saha gêmah raharja, sang prabu kaalêmbana ing ngakathah.

11. Cariyosipun Bathara Sakra.

44. Bodhisatwa dados rajaning para dewa, jêjuluk Bathara Sakra.

45-46. Kasukanipun mirêngakên gôngsa saha alangên taya (bêksa).

47. Ing satunggiling dintên Sang Bathara Sakra nglurugi brêkasakan, pêrangipun nitih rata. Karetanipun mèh kemawon narajang wit, ing ngriku wontên susuhipun garudha, anakipun taksih alit-alit, dèrèng sagêd mibêr, sang bathara dhawuh dhatêng wuruk (kusir), andikakakên nyimpangi wit wau. Anggènipun ngenggokakên rata kalihan ngagètakên, brêkasakan sami kagèt, malajêng sarsaran. Dados pêrangipun Bathara Sakra unggul.

Pojokipun wetan (selanipun ical satunggal). Cariyos ingkang kaping kalih wêlas, botên kapratelakakên ing gambaran.

13. Cariyosipun Unmadayanti (Unmadayanti).

48. Bodhisatwa ngejawantah dados raja, mirêng kabar, wontên [wo...]

--- 38 ---

[...ntên] putri sakalangkung endah ing warni, arum-arum Sang Dèwi Unmadayanti. Lajêng utusan Brahmana kalih, nitipariksa prakawis wau.

49. Brahmana kêkalih mêrtamu ing dalêmipun ingkang rama sang putri. Sang putri kadhawuhan angladosi Brahmana. Brahmana kêkalih sangêt kacaryan sumêrêp endahipun sang putri.

50. Sarêng wangsul sowan ing sang prabu, aturipun: Sang Unmadayanti punika warninipun namung limrah kemawon, botên pantês dados garwaning ratu. Mila Brahmana matur dora, ciptanipun: Manawi sang prabu anggarwa Unmadayanti, saking kasmaranipun dhatêng garwa, amasthi badhe kasupèn kawajibanipun nyêpêng nagari.

51. Ing satunggiling dintên sang prabu amêng-amêng ing nagarinipun, dumadakan ningali tiyang èstri ayu, linggih ing payoning griyanipun, inggih punika Unmadayanti, ananging kala samantên sampun semah, sang prabu sanalika kasmaran.

52. Lakinipun Unmadayanti sowan ing ngarsanipun sang prabu, ngaturakên ingkang èstri, supados kagarwaa sang prabu. Ananging sang nata kêkah ing panampikipun.

--- 39 ---

14. Cariyosipun Suparaga (Suparaga).

53. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados juru mudhi anama Suparaga, dipun têdhani pitulung ing sudagar sawatawis, kapurih nglampahakên baitanipun.

54. Wontên ing sagantên baita katêmpuh ing prahara. Saking sagêdipun Suparaga wilujêng. Juru mudhi suka rêmbag dhatêng para sudagar, baitanipun kamotana wêdhi saha sela saking sagantên wau.

55. Sarêng dumugi ing griya, sela saha wêdhi wau malih dados jêne (mas), para sudagar sakalangkung agêng panarimahipun dhatêng Suparaga.

15. Cariyosipun ulam loh.

56-57. Bodhisatwa ngejawantah dados lêlurahing ulam loh sapôntha, manggèn ing balumbang. Ing môngsa katiga, balumbang wau asat. Lurahing ulam lajêng nênuwun dhatêng dewa, maringana jawah, sarèhne ulam wau kinasihan ing jawata, panuwunipun kasêmbadan, lurahing ulam angsal pangalêmbana saking Bathara Sakra.

16. Cariyosipun anak puyuh.

58. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados anak puyuh, sagêd anyirêp wana agêng kabêsmèn.

--- 40 ---

17. Cariyosipun kuwali.

59. Sang Bodhisatwa dados dewa, nama Bathara Sakra, mendha-mendha Brahmana, ambêkta kuwali kêbak sajêng (inuman kêras), sowan ing ngarsanipun raja ingkang salangkung karêm dhatêng sajêng saha asring wuru. Makatên ugi abdinipun sang raja wau, inggih sami karêm dhatêng sajêng saha asring mêndêm.

60. Sang Bodhisatwa anêrangakên awoning sajêng.

61. Sang raja saabdinipun mantuni anggènipun karêm dhatêng sajêng.

18. Cariyosipun tiyang botên gadhah anak.

62. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados Wesya, botên gadhah anak. Tilar bale pemahan saha bojonipun, martapa ing wana.

63. Ing satunggaling dintên kêtamuan mitraning bapakipun. Sang tapa nyariyosakên susahing manah saha sababing tapa.

64. (Botên wontên).

19. Cariyosipun gagang tunjung.

65-66. Sang Bodhisatwa martapa sêsarêngan kalihan para sadhèrèkipun jalêr.

67. Sabên dintên rencangipun èstri nyadhiyakakên gagang tunjung, kawadhahan ron, sabên tiyang tapa satunggal, kasadhiyanan saron.

--- 41 ---

68. Ngantos gangsal dintên, gagang tunjung sadhiyanipun Sang Bodhisatwa kapêndhêt ing Bathara Sakra, dados Sang Bodhisatwa botên sagêd dhahar, ewadene anggènipun tapa botên kasandèkakên. Bathara Sakra ngalêmbana dhatêng antêping manahipun Sang Bodhisatwa.

20. Cariyosipun juru gêdhong.

69. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados juru gêdhonging ratu. Ing satunggaling dintên, ingkang èstri saha marasêpuhipun èstri sami rêraosan, wontên ingkang sumêrêp saha mirêng, ananging kêlintu tampi, dipun kintên angginêm, juru gêdhong martapa. Gumyahing pawartos, juru gêdhong sampun martapa.

70. Kala samantên juru gêdhong kalêrêsan mêdal saking kadhaton, mirêng pawartos, anggènipun kasuwurakên sampun martapa, sakalangkung agêng manahipun.

71. Lajêng nuwun idin ing sang prabu badhe martapa saèstu, inggih kalilan.

21. Cariyosipun Cuddhabodhi. Cuddhabodhi.

72. (Ing gambar ôngka 72 wontên raja kêkalih, sami ngasta sêkar tunjung, saha kadhèrèkakên tiyang kathah, ananging ing sêrat [sêra...]

--- 42 ---

[...t] Jatakamala, botên kasêbut cariyos raja ingkang makatên).

73. Sang prabu amêng-amêng ing wana, pinanggih Sang Bodhisatwa sawêg martapa kalihan garwanipun.

74. Sang prabu nguthik-uthik, utawi nocog mawi jêmparingipun (ananging ing sêrat, botên wontên cariyosipun ingkang makatên).

75. Dhawuh nyêpêng garwanipun Sang Bodhisatwa, andikakakên ambêkta dhatêng kraton, badhe kadamêl sêlir.

76. Sang Bodhisatwa matur ing sang prabu, nêrangakên, yèn pandamêl wau lêpat. Sang prabu ngraos ing kalêpatanipun. Tiyang èstri botên siyos kabêkta dhatêng kraton.

22. Cariyosipun angsa (sato iwèn, saèmpêr banyak, ulêsipun pêthak mêmplak, sakalangkung endah ing warni, ing basa Walandi nama Zwaan).

77. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados ratuning angsa sapôntha.

78. Raja ing Bênarès dhawuh andikakakên nyêpêng raja angsa wau.

79. Sang Bodhisatwa kenging kalaning tiyang ambabêdhag. Angsa kalèrèhanipun, sami mabur sadaya, namung satunggal ingkang sêtya tuhu, nglabuhi rajanipun, tiyang ambêbêdhag wau

--- 43 ---

utusanipun Sang Raja Bênarèn, murugi angsa wau.

80. Utusan matur sang prabu bab anggènipun angala angsa. Sang prabu mirêngakên piwulangipun raja angsa bab dharma.

23. Cariyosipun Mahabodhi (Mahabodhi).

81. Wontên raja mirêng kabar, yèn Sang Mahabodhi, inggih punika tiyang mara tapa lêlana, badhe dhatêng nagarinipun sang prabu wau.

82. Mahabodhi wau inggih Bodhisatwa, katimbalan ing sang prabu.

83. Andikakakên manggèn ing patamanan.

84. Mahabodhi dipun awon-awon, katur sang prabu, lajêng botên wontên tiyang ingkang purun sapa aruh kalihan sang tapa wau. Mahabodhi matur sang prabu.

85. Sang prabu andhahar piwulangipun Mahabodhi, nglampahi pandamêl sae malih.

24. CariyosipukCariyosipun wanara agêng.

(Cariyos ingkang sapisan).

86. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados wanara agêng, manggèn ing wana.

87. Ing satunggaling dintên Sang Bodhisatwa nulungi tiyang ingkang dhawah ing jurang, kaêntasakên. Tiyang wau botên kenging

--- 44 ---

kadamêl sae, ing pawingkingipun, malah badhe mêjahi Sang Bodhisatwa.

88. Ananging Sang Bodhisatwa botên pisan sêrik manahipun, tiyang wau kaapuntên. Ewadene saking kaduwungipun, kacandhak ing sakit. Kala samantên karawuhan ing satunggaling raja.

89. Sang nandhang sangsara ngaturakên lêlampahanipun.

(Gambar ôngka 89 wau ambokmanawi kalêbêt ing cariyos ôngka 25, ing ngandhap punika, sang prabu ngandikakakên karsanipun badhe ambêbujêng).

25. Cariyosipun Saraba (Çarabha). (Saraba punika sangsam asuku wolu, ingkang sakawan, wontên ing gigir).

90. Wontên raja ambêbujêng, nitih titihan (kapal).

91. Sadangunipun ambujêng Saraba, sang nata kalêbêt ing jurang.

92. Saraba wau sayaktosipun pangejawantahipun Bodhisatwa, punika ngêntas sang ratu saking jurang.

93. Saraba lajêng anggêlarakên dharma dhatêng sang ratu.

(Gapura Kidul).

26. Cariyosipun Sangsam.

94. Ing satunggiling dintên, pramèswarinipun sang nata, nyupêna, [nyupê...]

--- 45 ---

[...na,] ningali sangsam sagêd tata janmi, sang prabu dhawuh andikakakên dangu dhatêng para abdi, punapa wontên ingkang sumêrêp sangsam makatên wau. Wontên tiyang satunggal, sagah nêdahakên panggenanipun sangsam wau.

95-96. Tiyang wau kala rumiyin sampun nate kapitulungan ing sangsam ingkang sagêd tata janmi, wontên ing wana, sangsam wau ngêntasakên tiyang punika saking toya.

97. Sang nata tindak dhatêng wana kadhèrèkakên tiyang wau, dumugi ing wana ningali sangsam ingkang kapadosan, enggal badhe kajêmparing. Sangsam lajêng matur dhatêng sang ratu, purwa madya wasana.

98. Sangsam kabêkta dhatêng kraton, ing ngriku anggêlarakên piwulang.

27. Cariyosipun wanara agêng.

(Cariyos ingkang kaping kalih).

99-100. Para garwanipun satunggiling raja sami siram ing lèpèn agêng, ing ngriku manggih woh sakalangkung miraos, katut ilining toya. Sang nata nêdya tindak, ngupadosi uwit, ingkang wohipun miraos wau.

101. Sang prabu lajêng bidhal, wasana dumugi ing

--- 46 ---

102. wit ingkang kapadosan. Wit wau dipun dunungi wanara kathah, rajanipun punika pangejawantahipun Sang Bodhisatwa. Sang Bodhisatwa nêrapakên gantar panjang saking pucaking wit wau dhatêng satunggaling rêdi (ing gambaran, dede rêdi, ananging wit sanèsipun), sarèhne gantaripun cupêt, Sang Bodhisatwa badanipun kasambêtakên. Badan saha gantar wau minôngka krêtêg, kaambah wanara sagêd ngungsi dhatêng rêdi. Sang wanara raja dangu-dangu kêsêl sangêt dawah ing layar ingkang kapênthang ing sangandhaping wit, sabab saking dhawuhipun sang nata. Sasampunipun anggêlarakên dharma, Bodhisatwa lajêng pêjah.

28. Cariyosipun Ksantiwadin (Ksantivadin).

103. Wontên ratu amêng-amêng ing wana kadhèrèkakên para garwanipun. Sang ratu sare.

104. Sarêng wungu, garwanipun katingal botên wontên sadaya, sang nata tindak angupadosi.

105-106. Para garwa wau sampun sami kesah.

107. Kala samantên lampahipun para garwa dumugi ing ngarsanipun tiyang tapa, nama Ksantiwadin, inggih punika pangejawantahipun Sang Bodhisatwa. Para garwa sami kacaryan mirêngakên [mirênga...]

--- 47 ---

[...kên] pituturipun sang tapa. (Sang prabu duka dhatêng Sang Bodhisatwa, amargi pangintênipun, para garwa wau kasmaran dhatêng sang tapa, mila lajêng kapêjahan.)

29. Cariyosipun tiyang ingkang manggèn ing swarganipun Bathara Brahma. (Widyadhara ing swarganipun Bathara Brahma).

108. Sang Bodhisatwa manggèn ing swarganipun Bathara Brahma. Tumurun dhatêng ngarcapada.

109-110. Tindak dhatêng ngarsanipun raja, ingkang awon kalakuanipun.

111. Sang prabu dipun sêrêpakên lêpatipun. Rumaos lêpat, lajêng tobat.

30. Cariyosipun liman.

112. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados liman. Ningali tiyang kasasar kathah.

113. tiyang wau kasagahan badhe katêdahakên margi, saha badhe kasukanan têdha, sami kapurih tut wingking, inggih miturut.

114. Liman anawurakên badanipun, supados dadosa têdhanipun tiyang kasasar wau.

115. Sapêjahipun liman, kayasakakên stupa, minôngka tôndha pamundhi-pundhinipun dhatêng kasaenanipun liman wau.

--- 48 ---

31. Cariyosipun Sutasoma (Sutasoma).

116. Bodhisatwa ngejawantah dados rajaputra, ajêjuluk Sutasoma, nampèni pisowanipun satunggaling Brahmana.

117. Sawêg eca imbal wacana, kasaru dhatêngipun danawa, nyêpêng sang rajaputra kabêkta kesah.

118. Sang rajaputra ngandika dhatêng danawa, sanajan kasedanana, manawi sampun wangsul kondur, badhe angganjar Brahmana wau.

119. Sang rajaputra kaêculakên dening danawa. Botên dangu wangsul dhatêng ngajêngipun danawa malih. Danawa sakalangkung trênyuh ing manah, rumaos lêpat lêlampahanipun, wasana tobat dados tiyang sae.

32. Cariyosipun Ayogrêha (Ayogrha).

120-121. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados rajaputra, ajêjuluk Ayogrêha, kala timuripun, kawulang dening para pandhita ingkang sagêd-sagêd. Sakalangkung sae panggulawênthahipun.

122. Lami-lami sang rajaputra sampun diwasa.

123. Ing satunggaling dintên, sang pangeran wontên ing pasamuan, bujana andrawina, sarêng nêningali, têtela sumêrêpipun, yèn donya punika sapele sangêt aosipun.

--- 49 ---

124. Mila kakênthêlaning panggalih, sang pangeran nêdya tilar mukti kawibawan.

125. Para abdi kadang kadeyan sami mênggak, sang pangeran maksa, ananging nyuwun palilahipun ingkang rama rumiyin.

126. Sang pangeran tindak, nilar nagarinipun.

127. Lajêng mara tapa.

33. Cariyosipun maesa.

128. Sang Bodhisatwa ngejawantah dados maesa, manggèn ing wana.

129. Maesa wau dipun pisakit, dipun bêbeda dening kêthèk, purun kemawon, ciptanipun, supados pikantuk ganjaran ing akerat.

130. Lêlampahanipun wau kacariyosakên dhatêng satunggaling danawa. Ananging lami-lami maesa wêlas dhatêng kêthèk, awit manawi kalajêng-lajêng lêlampahan punika, amasthi kêthèk agêng dosanipun.

131. Mila maesa sumingkir, ngesahi kêthèk.

132. Danawa sangêt amundhi-mundhi dhatêng maesa wau.

34. Cariyosipun pêksi platuk.

133. Wontên singa manggèn ing wana.

134. Ing satunggaling dintên, kaslilidên balung, botên sagêd nêdha. [nê...]

--- 50 ---

[...dha.] Lajêng nêdha pitulungipun paksi platuk, inggih punika pangejawantahipun Sang Bodhisatwa.

135. pêksi platuk ngêdalakên balung wau.

Wêwahan Ôngka II.

Lêlampahanipun Sang Sidharta Gotama= (Buddha = Buddha) miturut suraosipun Sêrat Lalitawistara (Lalitawistara = Lalitavistara).

Pagêr ingkang inggil (tembok baku), ing tlundhag ingkang sapisan, larikan ingkang nginggil.

Gapura Wetan.

1. Sang Bodhisatwa wontên ing swarga Tusita (Tusita).

2. Paring sêrêp dhatêng para dewa putra, anggènipun karsa badhe ngejawantah dados manusa.

3. Para dewa putra tumurun dhatêng ngarcapada, anggêlarakên Wedha.

4. para Pratyeka Budha angsal pawartos, yèn Sang Budha badhe rawuh, lajêng sami mumbul dhatêng swarga.

5. Sang Bodhisatwa anggêlarakên gapuraning dharma (piwulang bab dharma) dhatêng para dewa putra.

--- 51 ---

6. Sarêng badhe tumurun dhatêng ngarcapada, agêmipun tiyara (makutha) kaparingakên (kapasrahakên) dhatêng Sang Budha ingkang badhe têdhak ing akiring jaman, inggih punika Sang Metreya (Maitreya).

7. Para dewa sami rêmbagan, ingkang karêmbag, Sang Bodhisatwa anggènipun mangejawantah badhe awarni punapa.

8. Madêg Prabu Suddhodana (Çuddhodana) saha ingkang garwa pramèswari Dèwi Maya (Maja), inggih punika ingkang badhe pêputra Sang Bodhisatwa, sami imbal wacana.

9. Pramèswari lajêng malêbêt ing dhatulaya.

10. Para dewa sami sêmadosan, badhe andhèrèkakên tumurunipun Sang Bodhisatwa.

11. Bodhisatwa wontên ing swarga Tusita, kaurmatan ing para dewa, minôngka pamitan.

12. Lajêng tumurun dhatêng ngarcapada.

13. Sang pramèswari Maya supêna, ningali liman pêthak, malêbêt ing guwa garbanipun.

14. Bathara Sakra saha pangagênging longkang-longkang (keblat-keblat) sami prasêtya badhe ngayomi Sang Dèwi Maya.

15. Pramèswari Maya tindak dhatêng wana Asoka (Açoka).

--- 52 ---

(Padon Kidul Wetan)

16. Prabu Suddhodana kaaturan nusul, inggih lajêng tindak.

17. Dèwi Maya matur sang prabu, mênggah ing supênanipun.

18. Sang prabu nimbali Brahmana, kadangu wahananipun supêna wau, aturipun, sang pramèswari badhe kagungan putra kakung, punika ing têmbe jumênêng Budha, sagêd angradin jagad (jumênêng ratu nyakrawati marentah jagad sadaya).

19. Sang prabu paring ganjaran dhatêng para Brahmana wau sakalangkung kathah.

20. Para dewa sami ngaturakên kaswarganipun dhatêng Dèwi Maya, supados sang dèwi karsaa dêdalêm ing ngriku.

21. Supados sampun ngantos andadosakên rêngating panggalihipun para dewa wau, Sang Bodhisatwa nyipta wêwangunan, jiblès kados ingkang ibu, katingal sami dêdalêm ing kaswargan wau sadaya.

22. Kathah tiyang sakit sami marak ing ngarsanipun Sang Dèwi Maya, sami kausadanan.

23. Para pangeran santananipun sang prabu, paring sidêkah dhatêng pêkir miskin.

24. Sang prabu ngantos sawatawis laminipun, botên nate miyos sinewaka, anungku puja.

--- 53 ---

25. Ing nagari Kapilawastu (Kapilawastu) kathah mukjijat ingkang katingal. Kados ta: singa sami anjêrum sangajênging gapuraning kitha, liman sami ngabêktos dhatêng sang prabu, para widyadhara, widyadhari malêbêt mêdak ing kraton.

26. Sarêng sang pramèswari rumaos, yèn sampun andungkap lèkipun anggènipun ambobot, sang prabu saha garwa sami busana ingkang sakalangkung samuwa adi luhung.

27. Pramèswari têdhak dhatêng taman Lumbini (Lumbini).

28. Ing ngriku sang dèwi ngasta uwit-uwitan mawi asta têngên, lajêng ambabar, mêdal kakung. Sanalika jabang bayi jumênêng ing sêkar tunjung, jumangkah pitung jangkah andhatêng keblat sakawan. Para dewa anjawahakên toya, kangge siram sang jabang bayi.

29. Para wali satanah Hindhu sami sowan ing ngarsanipun Prabu Suddhodana, mangayubagya sang prabu kagungan putra. Para wali wau kasugata.

30. Pramèswari Maya seda konduran. Sang Bodhisatwa dipun upakara kagulawênthah ing Dèwi Gotami (Gautami) inggih punika ingkang rayi Dèwi Maya.

(Gapura Kidul)

31. Brahmana Asita (Asita) munjuk ing sang prabu, yèn putranipun [pu...]

--- 54 ---

[...tranipun] punika badhe jumênêng Budha.

32. Para dewa sami ngurmati dhatêng Sang Bodhisatwa.

33. Tiyang sami rêmbagan, badhe jiarah dhatêng kabuyutan (pêpundhèn).

34. Bodhisatwa nitih rata têdhak dhatêng pêpundhèn wau.

35. Sarawuhipun Sang Bodhisatwa ing kabuyutan, rêcanipun para dewa ing kabuyutan wau sami mancolot, nilar umpak-umpakanipun, sami caos bêkti dhatêng Sang Bodhisatwa.

36. Para pangeran sami nyaosakên rajabrananipun dhatêng Sang Bodhisatwa, sanajan rajabrana wau adi-adi, pating galêbyar, ewadene kawon kalihan ujwalanipun Sang Bodhisatwa, sami katingal tanpa sorot. Têtiyang ingkang wontên ngriku sami gumun, lajêng dipun sêrêpakên dhatêng widadari ingkang ambaurêksa patamanan.

37. Sang Bodhisatwa tindak dhatêng parcabakanpacrabakan (pamulangan) badhe sinau. Gurunipun ing pamulangan wau saking kawon ing pêrbawa, ngantos kalêngêr, lajêng dipun dhêdhabyang dening para dewa, wasana emut malih.

38. Sarêng Sang Bodhisatwa wiwit sinau sastra, lajêng ngandikakakên piwulang saha paribasan warni-warni.

--- 55 ---

39. Sang Bodhisatwa nitih rata tindak dhatêng dhusun.

40. Sadumuginipun ing ngriku, lênggah sangandhaping wit, ayang-ayanganipun wit wau botên pindhah-pindhah, kados anongsongi Sang Bodhisatwa. Pinuju wontên tiyang awas gêgangsal, mabur ing awang-awang, sarêng dumugi sanginggiling Sang Bodhisatwa aburipanaburipun kandhêg, botên sagêd bablas, sami tumurun caos bêkti ing Sang Bodhisatwa.

41. Para pangeran matur ing ngarsanipun Sang Bodhisatwa, kaaturan nambut silaning akrama.

42. Sang Bodhisatwa utusan mariksa, sintên putri ingkang pantês dados garwanipun. Saking pamanggihipun Sang Bodhisatwa, botên wontên sanès, kajawi Sang Dèwi Gopa (Gopa) lajêng kaparingan sêsupe, minôngka paningsêt.

43. Ananging saking pêpanggilanipun ingkang rama Sang Dèwi Gopa, Bodhisatwa andikakakên nêdahakên kagunanipun. Prabu Suddhodana saha Sang Sidharta lajêng damêl sayêmbara.

44. Nalika para raja saha para satriya sami bidhal dhatêng papan sayêmbara, Dewadatta (Dewadatta) putra kaponakanipun sang prabu anjagur liman, liman pêjah kapisanan.

45. Bathanging liman kacandhak ing Sang Bodhisatwa mawi jêmpoling suku kalihan driji satunggal, enggal kauncalakên dhatêng

--- 56 ---

sajawining pagêr têmbok, dhawah têbih sangêt, ngantos pintên-pintên mil.

(Padon kidul kilèn).

46. Ingkang wiwitan, Sang Bodhisatwa unggul ing sayêmbara bab etang-etang.

47-48. Lajêng unggul malih, ananging punika botên kasêbut ing sêrat Lalitawistara.

49. Ing wasana unggul ing sayêmbara jêmparingan.

50. Sang Dèwi Gopa kadhaupakên kalihan Gotama. Têtiyang sami nacad, dene sang putri botên ngagêm mêkêna. Sang putri sagêd anggênahakên sabab-sababipun.

51. Sang Bodhisatwa kalihan garwanipun bidhal dhatêng kraton.

52. Para dewa sami rawuh nuwèni.

53. Sang Bodhisatwa kagungan karsa badhe angêntas manusa saking kasangsaranipun. Wontên dewa putra sawatawis saking swarga Tusita sami sowan Sang Bodhisatwa, matur yèn sangêt amangayubagya. Bodhisatwa sangsaya mêmpêng dhatêng karsanipun.

54. Karsanipun Prabu Suddhodana, putranipun sagêda lulus rêmên dhatêng mukti wibawa. Kayasakakên karaton têtiga sakalangkung endah.

--- 57 ---

55. Sang pangeran kajagi, sampun ngantos miyos-miyos saking karaton.

56. Ing satunggaling dintên sang pangeran amêng-amêng nitih rata, mêdal saking karaton. Aningali tiyang sampun sêpuh.

57. Sarêng amêng-amêng malih, ningali tiyang sakit.

58. Sarêng amêng-amêng kaping tiganipun, ningali tiyang pêjah.

59. Sarêng amêng-amêng kaping sakawanipun, ningali biksu. Ing ngriku têtela sumêrêpipun, yèn bêbaya têtiga wau kenging kasirnakakên sarana ingkang kaping sakawan.

60. Sang Dèwi Gopa supêna awon. Dipun pangandikani ingkang raka, yèn punika botên dados punapa.

(Gapura kilèn).

61. Ing satunggaling dalu Sang Bodhisatwa imbal wacana kalihan ingkang rama, nuwun idin, badhe tilar mukti wibawa. Inggih kalilan.

62. Ewadene mêksa dipun isarati, nyandèkakên karsa wau. Para putri kadhawuhan andikakakên anglêgani punapa karsanipun, sadaya kori kadhawahan anjagi.

--- 58 ---

63. Ing wanci dalu Sang Bodhisatwa ningali para putri tilêm, pratingkahipun sakalangkung saru, têmahan Sang Bodhisatwa gila sangêt dhatêng kadonyan.

64. Lajêng miyos saking kraton, sarana malipir urut ing para ingkang sami jagi, dhawuh angambili titihanipun.

65. Wasana oncat saking kraton, kadhèrèkakên para dewa.

66. Sarêng sampun têbih lampahipun, matur dhatêng para dewa, sangêt ing panuwunipun dene kajagi lampahipun. Para dewa kaaturan kondur.

67. Remanipun kaparasan, lajêng dipun tadhahi para dewa. Titihan saha gamêl kadhawuhan wangsul.

68. Wontên satunggaling dewa putra mendha-mendha tiyang ambêbujêng, ngaturi pangangge biksu.

69. Sang Bodhisatwa lajêng kaurmatan dening para dewa.

70. Lampahipun Sang Bodhisatwa sangsaya têbih, lêrês ing griyanipun tiyang èstri bôngsa Brahmana, anama Padma (Padma).

71. Saking ngriku nglajêngakên lampahipun, dumugi ing griyanipun sujana, anama Aratha Kalama (Arata Kalama).

72. Sang Bodhisatwa manjing dados muridipun.

--- 59 ---

73. Lami-lami têtela sumêrêpipun. Yèn piwulangipun sang sujana wau tanpa damêl, mila Sang Bodhisatwa lajêng tindak dhatêng nagari Rajagrêha (Rajagrha) tiyang sanagari sami angurmati.

74. Makatên ugi sang prabu ing Rajagrêha, inggih têdhak dhatêng padhepokanipun Sang Bodhisatwa prêlu badhe caos bêkti.

75. Anuntên Sang Bodhisatwa manjing dados muridipun Brahmana Rudraka (Rudraka).

(Padon lèr kilèn).

76. Ananging botên lami inggih lajêng sumingkir saking ngriku, muridipun Sang Rudraka ingkang gangsal andhèrèk Sang Bodhisatwa, lajêng sami dhêdhepok ing rêdi Gaya (Gaya).

77. Wontên ing ngriku Sang Bodhisatwa anggênturakên tapanipun, saha misakit saliranipun.

78. Ibunipun Sang Bodhisatwa ingkang sampun muksa, sampun dados widadari, sarêng mirsa ingkang putra sangêt amati raga, kuwatos, lajêng tumurun nuwèni. Aturipun Sang Bodhisatwa, ingkang ibu botên susah kuwatos.

79. Rintên dalu Sang BèdhisatwaBodhisatwa kajagi para dewa.

80. Rajanipun lêlêmbat awon, anama Mara (Mara) anggêgodha dhatêng sang tapa, ananging tanpa damêl.

--- 60 ---

81. Lamining lami têtela sumêrêpipun, yèn tapa ingkang makatên punika tanpa damêl. Jalaran saking punika muridipun gangsal sami nilar dhatêng Sang Bodhisatwa. Sang Bodhisatwa lajêng karsa dhahar malih, dene ingkang kadhahar, têtêdhan pisungsunipun lare èstri ing nagari Uruwilwa (Uruvilva).

82. Sang Bodhisatwa pêrlu santun busana, lajêng mundhut panganggenipun tiyang èstri rencang tumbasan, sampun pêjah, punika mawi kakumbah rumiyin wontên ing balumbang.

83. Wontên satunggiling dewa putra ngaturakên pangangge biksu dhatêng Sang Bodhisatwa.

84. Enjingipun wontên lare èstri nama Sujata (Sujata) ngaturakên bubur mawi puhan dhatêng Sang Bodhisatwa.

85. Sang Bodhisatwa lajêng tindak dhatêng lèpèn Neranjana (Nairanjana).

86. Wontên ing ngriku Sang Bodhisatwa siram, para dewa sami nelakakên kaparênging galih.

87. Anakipun èstri sang nagaraja, ngaturpingaturi palênggahan. Nagaraja wau namanipun Sagara (Sagara).

88. Sang Bodhisatwa lajêng lênggah ing palênggahanipun, nêlasakên tirahan bubur puhan.

89. Piring wadhah bubur lajêng kabucal ing toya, dipun tadhahi

--- 61 ---

ing Sagara, ing pawingkingipun, piring wau kaaturakên dhatêng Bathara Sakra, kapundhi-pundhi.

90. Sang Bodhisatwa tindak dhatêng nagari Bodhimandha (Bodhimanda) kadhèrèkakên para dewa, ing ngriku Sang Bodhisatwa badhe pikantuk kawicaksanan ingkang luhur piyambak. Wontên tiyang ngarit, ngaturi rumput sabongkok dhatêng Sang Bodhisatwa, minôngka palênggahanipun. Sang Bodhisatwa lajêng lênggah iing rumput wau.

(Gapura lèr).

91. Bathara Brahma kadhèrèkakên para dewa, Kalika, inggih punika rajanipun para naga kadhèrèkakên naga sami sowan Sang Bodhisatwa badhe saos bêkti.

92. Anuntên para dewa ngrêngga-rêngga sadaya uwiting kawicaksanan (wit Bodhi).

93. Sang Bodhisatwa wiwit tapa malih, ngrampungakên anggènipun tapa brata, wontên sangandhaping wit Bodhi ing nagari Bodhimandha.

94. Para prajuritipun ratuning lêlêmbat awon, inggih punika Mara (Mara), sami ngrêsahi Sang Bodhisatwa anggènipun tapa, ananging botên angsal damêl, jêmparingipun malih dados sêkar dhawah ing ngarsanipun sang tapa.

--- 62 ---

95. Para putri, putranipun Mara, warninipun sakalangkung endah, sami anggêgodha dhatêng sang tapa, ugi tanpa damêl.

96. Lah ing ngriku Sang Bodhisatwa manggih wahyu, anggayuh kawicaksanan ingkang luhur piyambak, lajêng jumênêng Budha.

97. Kala samantên Sang Budha lênggah sangandhaping wit Bodhi wau ngantos pitung dintên pitung dalu, para widyadhari sami caos bêkti.

98. Para widyadhari sami nyirami Sang Budha, mawi toya ingkang gandanipun arum.

99. Lajêng sami ngluhurakên asmanipun.

100. Sarêng sampun pitung dintên pitung dalu, Sang Budha lajêng lêlana, laminipun ugi pitung dintên pitung dalu, lajêng wangsul dhatêng wit Bodhi wau malih.

101. Sarêng sampun angsal pitung dintên pitung dalu kaping sakawan, nagaraja ingkang nama Mucilinda (Mucilinda) sowan, caos bêkti dhatêng Sang Budha, laminipun inggih pitung dintên pitung dalu.

102. Kala samantên Sang Budha anggènipun jumênêng Budha sampun angsal salapan (7 dintên x 5) lajêng tindak dhatêng uwit Tarayana (Tarayana) kadhèrèkakên para dewa.

--- 63 ---

103. Wontên sudagar kêkalih sami lêlampah, sarêng dumugi ing wana, lampahipun tansah wongsal-wangsul, kados anglangkahi oyod mimang, sudagar wau nyaosi dhêdhaharan dhatêng Sang Budha ingkang lênggah sangandhaping wit Tarayana.

104. Sarêng badhe kadhahar, para pangagênging keblat sakawan sami nyaosi piring sela. Piring sakawan kadadosakên satunggal dening Sang Budha.

105. Anuntên Sang Budha kacaosan bubur puhan.

(Padon lèr wetan).

106. Bathara Brahma sowan ing ngarsanipun Sang Budha, gadhah panuwun, mugi Sang Budha kaparênga anggêlarakên dharma.

107. Para dewa sanèsipun ugi sami nyuwun makatên.

108. Sang Budha andhangani panuwun wau. Ing ngriku mirêng pawartos, yèn Rudraka saha Arathakalama sampun sami tilar dunya, dados botên sagêd mirêngakên piwulangipun Sang Budha.

109. Sang Budha pêpanggihan kalihan têtiyang, ananging bab punika botên kasêbut ing sêrat Lalitawistara.

110. Sang Budha kasaosan panêmbrama dening biksu bôngsa Ajiwaka.

111. Lajêng kaampirakên, kaaturan lêrêm dening nagaraja ingkang nama Sudarsana (Sudarçana).

--- 64 ---

112. Ing nagari Rohitawastu (Rohitavastu).

113. Makatên ugi ing nagari Uruwilwakalpa (Uruvilvakalpa).

114. Saha ing nagari Sarati (Sarathi).

115. Anuntên lampahipun dumugi ing pinggiring banawi Gangga (Silugangga, Ganges), Sang Budha karsa nyabrang, ananging juru baita ingkang damêlipun nyabrangakên tiyang, botên purun nyabrangakên Sang Budha, bilih botên kaparingan tambangan rumiyin, Sang Budha lajêng mibêr nglangkungi lèpèn wau, andadosakên kagètipun juru tambangan.

116. Sang Budha malêbêt ing kitha Wanarasi (Bênarès, Benares).

117. Karsanipun badhe nuwèni tilas muridipun gêgangsal. Murid wau sami wontên ing Bênarès, ananging botên purun sowan Sang Budha.

118. Sarêng Sang Budha rawuh ing ngajêngipun, sadaya sami kawon pêrbawa, lajêng sami prasêtya badhe andhèrèkakên. Murid gangsal wau lajêng dados awujud biksu.

119. Para murid wau nyirami Sang Budha mawi toyaning talaga ingkang kathah sêkaripun tunjung.

120. Sang Budha wiwit anggêlarakên dharma.

__________

--- 65 ---

Wêwahan Ôngka III.

Lêlampahanipun Sang Budha, kala gêsang ingkang rumiyin.

(Pagêr ingkang inggil (têmbok baku) tlundhag ingkang sapisan, larikan nginggil).

(Gapura Wetan)

Cariyosipun Pangeran Sudhara.

1. Ing nagari Pancala (Pancala) ingkang sisih lèr gêmah raharja.

2. Ananging ing Pancala ingkang sisih kidul botên. Sang prabu pêpara mubêng-mubêng ing nagari, ningali tiyang alit sami nandhang sangsara.

3. Gêmah raharjanipun nagari ingkang sisih lèr punika jalaran angsal bêrkahipun satunggiling naga, ingkang dêdunung ing ngriku. Mila Sang Prabu Pancala kidul, paring dhawuh dhatêng Brahmana satunggal, andikakakên ngesahakên naga wau sarana japa môntra. Naga ngungsi dhatêng tiyang ahli ambabêdhag, ingkang nama Alaka (ing gambar dumunung sisih têngên), Alaka nulungi dhatêng sang naga, ing nalikanipun Brahmana wiwit matêk japa mantranipun.

4. Saking gênging panarimahipun, bapa biyungipun naga sami ngabêkti dhatêng tiyang ahli ambabêdhag wau, lajêng dipun sukani

--- 66 ---

kala, manawi kauncalakên kangge ngala, botên nate lêpat, amasthi angsal damêl (ing jaman samangke tiyang ing tanah Jawi botên wontên ingkang ngangge kala kados makatên. Ingkang taksih wontên ing tanah Amerika, kala wau kawastanan lasso).

5. Alaka lajêng dhatêng parêdèn, sumêrêp widyadhari kathah manggèn ing padhepokaning tiyang tapa. Ingkang satunggal, anama Manohara kenging dipun kala, sanès-sanèsipun sami oncat.

6. Alaka sowan dhatêng ngarsanipun sang pangeran dipati anom, ing nagari Pancala lèr, ingkang jêjuluk Pangeran Sudhana, widyadhari Manohara kacaosakên sang pangeran, lajêng kagarwa.

7. Ingkang rama sang pangeran, raja ing Pancala lèr, nampèni atur rêmbagipun Suranata (biksu ingkang damêlipun mêmulang, sêmbahyang saha mêmuji salêbêting kraton). Pangeran dipati anom kadhawuhana nglurug pêrang, mêrangi tiyang ingkang sami ngraman.

8. Sadèrèngipun sang pangeran bidhal anglurug, ingkang garwa kapasrahakên dhatêng ingkang ibu, nuwun mugi kajagia.

9. Pêrangipun sang pangeran dipun bantu danawa.

--- 67 ---

10. Ing satunggiling dalu, sang prabu supêna awon, saking aturipun Suranata, wahananipun supêna wau makatên. Nagari Pancala badhe kaparag ing gêgêring saha bêbaya sanèsipun. Sagêdipun wilujêng namung sarana tawur widyadhari.

11. Manohara sakalangkung kuwatos, ambokmanawi kadamêl tawur, lajêng oncat mêdal ing awang-awang kapitulungan ingkang ibu marasêpuh.

12. Sarêng sampun sawatawis lami, sang pangeran kondur, sowan ing ngarsanipun ingkang rama, nyaosakên angsal-angsal, inggih punika jarahan saha bulubêktinipun para kraman ingkang sampun nungkul sadaya.

13. Sangêt kampita ing galih sarêng mirêng yèn ingkang garwa, Sang Dèwi Manohara sampun musna, lajêng rêmbagan kalihan ingkang ibu.

14. Kala samantên Manohara sampun wangsul ing dalêmipun ingkang rama, ingkang jêjuluk Druma (Druma), anyariyosakên lêlampahanipun, purwa madya wasana.

15. Sang Pangeran Sudhana ngupadosi ingkang garwa, dumugi ing padhepokanipun sang tapa (ing ngajêng kasêbut ing gambar ôngka 5). Ing ngriku sang pangeran kaaturan têtilaranipun ingkang [ing...]

--- 68 ---

[...kang] garwa, arupi sêsupe kalihan sêrat cariyosipun anggèning lêlana.

(Padon kidul wetan).

16. Sang pangeran sampun dumugi ing nagarinipun ingkang rama marasêpuh Druma, ningali inya saha para nyainipun ingkang garwa sawêg sami ngangsu, badhe kangge siram Sang Manohara, sêsupe kacêmplungakên ing junipun para nyai wau.

17. Sarêng Manohara sumêrêp sêsupenipun, lajêng ngêrtos, yèn ingkang raka wontên ing nagari ngriku, ananging sarêng matur ingkang rama, Druma botên karsa ngakên mantu dhatêng sang pangeran, yèn botên sagêd unggul anggènipun abên kagunan anjêmparing (kala samantên Druma ngwontênakên sayêmbara jêmparingan).

18. Sang pangeran sagêd unggul, lajêng kaakên putra mantu.

19. Sang pinangantyan sakalihan sami lêlangên bêksa saha gôngsa.

20. Lajêng kondur dhatêng Pancala, para pêkir miskin kaparingan dana kathah.

Ôngka 21 dumugi 30 dèrèng katêrangakên.

(Gapura kidul).

Cariyosipun Mandhatar (Mandhatar).

31-32. Prabu Uposodha (Uposodha) paring dana kathah sangêt dhatêng [dha...]

--- 69 ---

[...têng] pêkir miskin, mundhut pandonganipun, supados pêputra kakung.

33. Ing satunggiling dintên têdhak lêlana, prêlu badhe paring pitulung (pangayoman) dhatêng satunggiling pratapan.

34. Wontên ing margi sang prabu ngunjuk toya ingkang pancèn badhe kaombèkakên tiyang èstri, ingkang katingkêban, pangunjukipun sabab botên pirsa, dados botên kajarag. Toya wau sampun kamantranan.

35. Sanadyan sang prabu wau kakung, ewadene saking karsaning dewa ambabar, miyos kakung. Sang jabang bayi kaparingan nama Mandhatar.

36. Saking pamêcanipun para Brahmana, sang pangeran badhe jumênêng ratu agêng kuwasanipun.

37. Mila para Brahmana kaganjar sakalangkung kathah.

38. Sang pangeran sampun diwasa, pêpara anjajah nagari.

39. Sasedanipun ingkang rama, Mandhatar anggêntosi kaprabon, kagungan rêtna pêpitu (utawi sapta ratna. Ingkang kasêbut sapta ratna punika tumrapipun raja, punika princènipun: patih, senapati, garwa pramèswari, dipangga, kuda, cakra saha sêsotya).

--- 70 ---

40. Botên têbih saking kratonipun sang prabu, wontên pratapan. Para martapa sami nêpsu jalaran swaranipun pêksi bango, bango lajêng dipun lumpuhakên swiwinipun dening para martapa. Sang prabu dhawuh dhatêng bango, andikakakên kesah, inggih lajêng sami mibêr sadaya.

41. Sang Prabu Mandhatar kagungan mukjijat, andhatêngakên jawah wos.

42. Lajêng andhatêngakên jawah pangangge saking langit.

43. Wasana andhatêngakên jawah jêne (mas) wontên ing kraton.

44. Sang prabu bidhal saking nagari, kairid ing sapta ratna, badhe ambêdhah nagari.

45. Sabên sampun unggul yudanipun, lajêng andangu, nagari pundi ingkang dèrèng nungkul, punika kalurugan.

(Padon kidul kilèn).

46. Wasana panguwasanipun anyamèni Sang Bathara Sakra. Bathara Sakra maringakên sapalihing singasananipun dhatêng Sang Prabu Mandhatar.

47. Para jawata kalurugan ing danawa, jawata kapitulungan manusa, unggul pêrangipun.

48. Sang prabu andangu, sintên ingkang unggul prangipun. Para abdi [a...]

--- 71 ---

[...bdi] munjuk, ingkang unggul namung sang prabu piyambak, andadosakên kumalungkungipun (têkabur).

50. Saking kumalungkungipun, sang prabu karsa ngêndhih kratonipun Bathara Sakra, mila sang bathara botên karsa mêmitran kalihan prabu Mandhatar malih.

51. Sanalika sang prabu kalungsur saking kaprabonipun. Namung kantun awunipun ingkang kapundhi-pundhi wontên ing stupa.

Ôngka 52-55 dèrèng katêrangakên.

Cariyosipun Sibi (Çibi).

56. Wontên pêksi dêrkuku kabujêng ing alap-alap, ngungsi dhatêng ngajêngipun Sibi, inggih dipun sagahi kapitulungan. Botên dangu alap-alap dhatêng, nêdha lintunipun pêksi dêrkuku, awarni dagingipun Sibi, wawratipun kasamia kalihan dêrkuku wau.

Ôngka 57-63 dèrèng katêrangakên.

(Gapura kilèn)

Cariyosipun Rudrayana (Rudrayana).

64. Prabu Rudrayana ing nagari Roruka (Roruka) andangu dhatêng sudagar saking nagari Rajagrêha (Rajagrha) bab Prabu Bimbisara (Bimbisara) raja ing nagari Rajagrêha wau.

--- 72 ---

65. Para sudagar sangêt angalêmbana dhatêng Prabu Bimbisara, Prabu Rudrayana lajêng kintun sêrat dhatêng Prabu Bimbisara.

66. Utusanipun Prabu Rudrayana kasuba-suba, kasugata wontên ing Rajagrêha.

67. Prabu Bimbisara kakintunan pisungsung dening Prabu Rudrayana, arupi pêthi alit, wadhah sêsotya.

68. Lajêng gêntos kintun barang tênunan ingkang sakalangkung pèni-pèni sapêthi dhatêng Prabu Rudrayana, minôngka wangsulan.

69. Anuntên Prabu Rudrayana ngintunakên rasukanipun kêre (harnas) ingkang sampun kuncara ing amôncapraja, dhatêng Prabu Bimbisara.

70. Prabu Bimbisara asung kintunan dhatêng Prabu Rudrayana, arupi gulungan, punika sunggingan gambaripun Sang Budha.

71. Prabu Rudrayana minta pirsa, bab asal-usul, wiyosan, saha lêlampahanipun Sang Budha.

72. Biksu ingkang nama Mahakatyayana mêmulang Sang Prabu Rudrayana.

73. Dene ingkang mêmulang para putri ing dhatulaya, punika endhang.

74. Sarêng ngajêngakên seda, sang pramèswari ing Roruka lajêng malêbêt dados endhang.

--- 73 ---

75. Sang pramèswari minggah swarga. Ing satunggiling dintên tumurun dhatêng ngarcapada, nuwèni sang prabu, ngaturi pirêmbag.

(Padon lèr kilèn)

76. Atur pirêmbagipun sang pramèswari, sang prabu kaaturan sèlèh kaprabon, lajêng malêbêta dados biksu. Sang prabu andhahar rêmbag wau, lajêng paring pirsa dhatêng ingkang putra ingkang jêjuluk Sikandhin (Çikhandin) Sikandhin anggêntosi.

77. Prabu Rudrayana sampun dados biksu, angsal pisungsung saking Prabu Bimbisara, ananging botên karsa nampèni.

78. Sang biksu mirêng kabar, yèn ingkang putra awon parentahipun, mila lajêng rawuh ing nagari, badhe nata paprentahan (ing gambaran katingal ing sisih têngên), Sang Prabu Sikandhin utusan nyedani ingkang rama (kiwa).

79. Sang Prabu Sikandhin mirêng aturipun utusan, yèn ingkang rama sampun kasedanan (têngên), kaduwung sangêt, dene nglampahi dosa samantên agêngipun, botên namung nyedani ingkang rama kemawon, inggih ugi nyedani wali (tiyang mulya). Awit ingkang rama wau wali, saking sangêting sungkawa putêk saha kaduwungipun, lajêng marak ingkang ibu, nuwun kalipur. Ananging dhawuhipun ingkang ibu, Prabu Rudrayana punika dede ingkang rama.

--- 74 ---

80. Para mantri saha patihipun sang prabu sami ambêg durjana, punika matur ing sang prabu, yèn ingkang rama anggènipun sèlèh kaprabon, dados biksu sapanunggilanipun punika sayaktosipun nama lampah sapele, botên kenging kawantanankawastanan mulya. Para mantri saha patih wau gadhah kucing sawatawis, punika sami dipun wulang, sagêd wicantên, kaingah ing stupanipun tiyang mulya (wali) kêkalih. Kucing wau sami kapurih munjuk ing sang prabu.

81. Sang prabu dhawuh, andikakakên mêndhêm sang biksu Mahakatyayana, ananging sang biksu lajêng mêdal saking pêndhêman, asung sêrêp dhatêng patih kêkalih ingkang ambêk sae, anama Hiru (Hiru) saha Biruka (Bhiruka), yèn nagari ing Roruka badhe risak jalaran jawah wêdhi.

82. Sadèrèngipun jawah wêdhi, wontên jawah sêsotya manik nawarêtna, patih kêkalih kesah numpak baita, ambêkta rajabrananipun.

83. Nagari Roruka risak, katutupan wêdhi, Mahakatyayana kesah saking ngriku kadhèrèkakên cantrik satunggal, saha widyadhari ingkang ambaurêksa nagari Roruka. [Roru...]

--- 75 ---

[...ka.] Widyadhari wau sarêng dumugi ing nagari Kara (Khara) lajêng kèndêl, botên tumut anglajêngakên lampah. Bathok ajangipun sang biksu kapêtak ing siti, saha kaadêgan stupa.

84. Sarêng dumugi ing nagari Lambaka (Lambaka) cantrikipun sang biksu kadadosakên raja.

85. Sarêng dumugi ing nagari Wokkana (Vokkana) têkênipun sang biksu kapêndhêm, ing ngriku kaadêgan stupa.

86. Kala samantên Hiru yasa nagari ingkang nama Hiruka.

87. Sang biksu Mahakatyayana wangsul dhatêng padhepokanipun.

88. Hiruka yasa nagari ingkang nama Birukaca (Bhirukaccha).

Cariyosipun Kinara (kinara punika badanipun kados badan pêksi, sirahipun kados manusa).

89. Sang prabu ing Bênarès ambêbujêng, ningali kinara kêkalih jalêr èstri sami rêrangkulan, tangis-tinangisan.

90. Sang prabu andangu sababipun, atur wangsulanipun. Anggènipun jajodhoan sampun sèwu taun, botên nate pisah, sawêg pisah sapisan, namung sadalu, ewadene susahipun dèrèng mantun.

--- 76 ---

(Gapura lèr).

Ôngka 91 dumugi 105 dèrèng katêrangakên.

(Padon lèr wetan).

106. Metrakanyaka (Maitrakanyaka) punika kêmasan. Bilih angsal kauntungan, kasukakakên êmbokipun.

107. Anggènipun nyukakakên kauntungan malah mawi dipun tikêlakên kaping 4, 8, 16 saha 32 (têngên). Ing satunggiling dintên Metrakanyaka badhe kêkesahan, ananging êmbokipun botên suka, nêdya kapambêngan. Kêmasan wau nêpsu, êmbokipun dipun têndhang (kiwa).

108. Metrakanyana mangkat lêlana, numpak baita. Wontên ing margi baitanipun kèrêm. Metrakanyaka katut ombak, dhawah ing pulo wontên widyadharinipun sakawan.

109. Lajêng dumugi ing pulo wontên widyadharinipun wolu.

110. Tumuntên dumugi ing pulo wontên widyadharinipun nêm bêlas.

111. Ing wasana dumugi ing pulo wontên widyadharinipun tigang dasa kalih.

--- 77 ---

112. Lami-lami dumugi ing naraka, ing ngriku panggenanipun tiyang ingkang nalika gêsangipun nêndhangi biyungipun. Metrakanyaka sumêrêp tiyang murugi piyambakipun, ing bathukipun wontên rodhanipun mêngangah. Metrakanyaka kapurih anggêntosi padamêlanipun tiyang wau, namung ing sawatawis laminipun. Wasana ciptanipun, padamêlan wau badhe kalampahan ing salami-laminipun, supados manusa ing alam donya manggih kabêkjan. Sêdya ingkang makatên wau katêmahanipun Metrakanyaka luwarankaluwaran saking naraka.

__________

--- 78 ---

Caritane Wong Tênggêr.

Wong Tênggêr iku padunungane ana ing èrèng-èrènge gunung Tênggêr, ing afdeeling Pasuruan lan Prabalingga; padesane kaya ta Purwana, Wanakitri, Padakaya, Ngadiwana, Tosari, sapanunggalane.

Ing jaman kuna padesan ing èrèng-èrènge gunung Tênggêr iku kalêbu pêrdikan, ing jaman samana kaaranan desa ila-ila (ila-ila) utawa Kabajradaran (Kabajradaran).

Ana layang piagêm saka Prabu Hayamwuruk (Ratu Majapait) taun Walanda 1351-1389 nyêbutake yèn wong ing desa Walandhit lan ing padhukuhane padha kaluputake saka ing pajêg têtilêman (pajêg kang kudu kabayar ing nalikane rêmbulan turu rêmbulan kang wis ora ana sorote sithik-sithika utawa rêmbulan kantha) sabab desa mau kalêbu desa ila-ila, wong ing kono dadi ulune§ Ulun = abdi = batur tukon. Sang Hiyang G. Brahma.

Ing layang kandha nyêbutake yèn nalikane Majapait katêkan mungsuh saka Wandan lan Inggris ana ajar saka gunung Tênggêr aran Guntur Gêni anggawa cantrik 40. Sasirnane mungsuh, ajar mau nêmu mriyêm loro, kang siji banjur kaaranan Guntur Gêni, dadi wasiyat karaton sang ajar banjur sêsilih aran Ajar Pamênggêr, sarta dadi Adipati ana ing Blambangan, ing sabanjure caritane kayadene kang kasêbut ing layang Damarwulan.

Kasêbut ing dongènge wong Tênggêr, olèhe padha bisa nandur brambang bawang iku saka piwulange ajar ing gunung Sêmèru.

Ing nalika jamane Sultan Agung (1613-1646) nagara Singasari (Gajahmada) kabêdhah ing wong Mataram, wonge salong ana kang kaboyong mênyang Mataram, nalika iku wong Tênggêr iya ana kang katut kaboyong, wong Gajahmada lan Singasari mau bokmanawa padha kapatah mèlu anggarap karaton ing Plèrèd, padha manggon ing sacêdhake kali, ora adoh saka karaton. Sarèhne wong Gajahmada mau kalah pêrange, mulane banjur kaparaban wong Gajahmati sarta kaline kaaranan Gajahuwong. Kaya mangkono pangirane sawijining pujangga, nanging mungguh bênêr lupute durung kêna katamtokake.

Ing jaman saiki ing Solo lan Ngayogya isih ana abdi dalêm kang kaaranan wong Gajahmati (liman pêjah) utawa Sumontali,

--- 79 ---

iku turune wong boyongan saka Tênggêr mau, gawene rumêksa abah-abahing titihan dalêm, gawe cêmêthi, pêcut, l.l.l.

Nalika jaman Kartasura wong Tênggêr isih kabawah karaton Jawa (Mataram) panggêdhene apangkat ngabèi.

Wong Tênggêr iku bangêt naluri maring adat kuna, nanging sarèhne wis lawas sasrawungan karo wong Islam, mulane adate bêda karo adate wong Majapait, katandha saka bab pangetunging taune. Wong jaman Majapait. Pangetunging sasi wong Majapait manut rêmbulan, dadi 1 taun 354 dina, nanging sabên 8 taun, ana taune têtêlu kang umure nêlulas sasi, sabab saka iku windu (8 taun) umure 354 x 8 + 30 x 3 = 2832 + 90 = 2922 dina, dadi padha karo taun Walanda, pangetunge taun wong Tênggêr mèmpêr etungane wong Indu lan iya mèmpêr etungane wong Arab, sasine manut lakune rêmbulan, dadi 1 taun umure 354 dina, nanging windune mung 5 taun, kang 1 taun umure 13 sasi, dadi 5 taun = 354 x 5 + 30 dina = 1800 dina, dadi racake sêtaun 3800:5 = 360 dina, kajaba etungan taun lan sasi, wong Tênggêr iya anduwèni etungan pasaran, mawulon = paringkêlan, wukon, paguron, padangon.

Wong Tênggêr iku caturane iya cara Jawa, ananging ora duwe basa krama, sarta nganggo têmbung sawatara kang saikine wis ora kanggo, kaya ta: reang = aku pakêcapane aksara lêgêna ora mèmpêr Sundha, ora mèmpêr Jawa, kêna kaaranan dumunung saantarane swara a lan å mèmpêr pakêcapan Madura lan Bali.

Agamane wong Tênggêr iku kêna kabedakake dadi loro.

1e mêmule mênyang dhanyang mêrkayangan.

2e mêmule Sang Hyang gunung Brama.

Dadi rada mèmpêr agama Siwah sathithik, ora ana èmpêr-èmpêre karo agama Buda, wong kana ora duwe masjid utawa pêpundhène wong akèh.

Sêdhêkahe sataun ping pindho.

1e nyèwu.

2e pahuman.

Sêdhêkah nyèwu iku tanggal 14 utawa 15 kasadasa, uga kaaranan darma kaki moyang, utawa pasuruan, padhane mungguh ing wong Islam ruwahan, olèhe slamêtan ana ing omahing lurahe.

Pahuman saka têmbung: ong = om = wanda suci = wanda pêpundhèn; yèn wong muni ong (om), nyêbut asmane Dewa têtêlu (Trimurti: Brahma, Wisnu, Siwah), pahuman padhane nglabuh sandhangan mungguh ing para Ratu Surakarta lan Ngayogyakarta, olèhe sêdhêkah mau ana ing kawahe gunung Brama, kang minangka imame dhukun utawa lurahe, iku anggawa prasène, yaiku cangkir têmbaga mawa gambaran pêthikan saka ngèlmu palintangan. [pa...]

--- 80 ---

[...lintangan.] Prasèn mau gêdhe bangêt kasiyate. Ing nalika sêdhêkah pahuman, dhukun iku manganggo sêmua, klambi antakusuma, plêngkungan antakusuma (plêngkung = mêkêna) slempang, sabuk sutra, jarit bathikan. Ing jaman saiki kang dilabuh iku, panganggo, panganan, dhuwit, pitik l.l.l. ing jaman kuna bokmanawa ana uga kang nglabuh wong, kayadene kang kasêbut ing critane Kyai Dhadhap Putih, kang nurunake wong Tênggêr mau.

Wong kang padha nglabuh iku kajabane nêtêpi wajibe, ana uga kang ngluwari nadare utawa anduwèni panuwun.

Wong Tênggêr iku omahe kaya omahe wong Jawa lan Bali, yaiku ora mèmpêr langgar, kaya omahe wong Sundha lan Malayu, omahe wong Tênggêr jogane iya lêmah bae, bangêt gêdhene, dawane nganti 20 M, ambane 8 M ora kauban wit, pagêre blabag kasar, payon wêlit, candhelane kèh-kèhe mung 2 mulane pêtêng lan sumpêg, kabèh padha mujur ngidul, yaiku pênêre gunung Sêmèru, lawange mung siji ing kidul wetan; sabên omah ing têmbing lor ana badhiyange, ngiras kanggo pawon, olah-olah; saurute pagêr ana ambène kanggo plinggihan, ing têngah disingggêt-singgêt, kanggo paturon, omah siji diênggoni wong saanak putune.

Kang aran sanggar pamêlêngan iku dumunung ana sacêdhaking lawang, awujud saèmpêr kaya paga, ing kono panggonan ngrawati pusaka tinggalane wong kuna; yèn pinuju dina bêcik disajèni, pêngantèn diningkahake ana sandhinge kono.

Wong Tênggêr iku pangane kang baku sêga jagung, mung kala mangsa mangan sêga, bêras utawa gabahe olèh saka wong tanah ngare, olèhe nutu utawa nosoh ana ing lumpang kang digawe lulang sapi.

Wong Tênggêr iku pangupajiwane têtanèn, tandurane kaya ta: bawang, brambang, kênthang, kobis, buncis, jarak, sapanunggalane. Ingon-ingone sapi, jaran, wêdhus, lan babi.

Wong kono sênêng bangêt marang gamêlan, ananging wayang arang-arang kang duwe. Sanajan wong Brama, ewodene kabèh padha têtak, ananging arang-arang kang wayuh, mung para dhukun utawa lurahe, iku ana kang wayuh nganti têlu. Dhukun ing Ngadiwana iku kaanggêp lurahe para dhukun, iku kang ngrawati klambi klonthongan (klambi sangsang) arupa klambi tanpa lêngênan, tinggalane wong ing jaman kuna.

Panganggone wong lanang wadon mèh ora ana bedane karo panganggone wong Jawa. Yèn mati mayite dipêndhêm mujur ngidul, yaiku ngujurake gunung Sêmèru.

__________