Pêthikan Kawruh, H. Buning, c. 1915, #92

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pêthikan Kawruh saking Sêrat Warni-warni.

Angicali rêrêgêd balêthok wontên pangangge cêmêng: pangangge wau kagosoka kalihan iris-irisan kênthang walandi mêntah.

Anyimpên barang salaka supados pêthak kemawon: barang salaka wau karimatana ing wadhah ingkang mawi tutup rapêt, sarta salêbêting wadhah kasukanana kapur barus sapantêsipun.

Barang tuwin pêpasrèning griya ingkang warni kaca sasaminipun, supados sampun kaencokan lalêr: barang wau kakumbaha kalihan toya ingkang sampun kaêkuman bawang pêthak, nanging pangêkuming bawang punika sampun kirang saking 4-5 dintên.

Ambedakakên intên ingkang palsu kalihan ingkang sayêktos: amêndhêta êdom lajêng kasèlèhna sawingkingipun intên, [i...]

--- 53 ---

[...ntên,] bilih sinawang saking ngajêng namung katingal dom satunggal, inggih punika tăndha intên sayêktos, dene bilih katingal rangkêp, tăndha intên palsu.

Yatra kolu: manawi wontên rare ngulu yatra: ingkang sayogi lajêng dipun urus-urusi, sampun pisan dipun ombèni jampi ingkang adamêl mutahing rare.

Amêjahi băngsa gêgrêmêt alit-alit ingkang wontên badaning kewan, tuwin wontên wit-witan: angêjura tawas saprapat kati, dipun toyani tigang tuwung, toya jur-juran tawas wau lajêng kaanggea guyang kewan, tuwin kagosokakên ing pang sarta pokoking wit-witan, sakathahing gêgrêmêt amêsthi lajêng sami pêjah utawi kesah.

Ngicali sêmut ingkang wontên ing wit-witan: pokoking wit-witan ingkang wontên sêmutipun kagosoka toya sabun ingkang kênthêl.

--- 54 ---

Madosi tigan ayam ingkang botên kasumêrêpan panggenanipun: ing wanci enjing brotoling ayam ingkang botên kasumêrêpan anggèning nigan, kagosoka ing sarêm, sakêdhap kêmawon ayam wau murugi panggenaning tiganipun.

Angesahakên tinggi: angêjura tawas sacêkapipun ing toya bêntèr, lajêng kasikatna ing ambèn, dlika tuwin tatahaning waton ingkang sakintên kangge panglindhungan tinggi. Nanging padatan tinggi punika bilih sampun wanci enjing lajêng sami marambat dhatêng kepang utawi gêdhèg, dados ingkang kantun wontên ngambèn namung sakêdhik, amila langkung prayogi kepang utawi gêdhèg ingkang cakêt kalihan ambèn, kasikata ing jur-juran tawas wau.

Toya jur-juran tawas ingkang kasêbut nginggil punika wau, dayanipun botên namung angesahakên tinggi kemawon, lalêr ugi botên purun mencok dhatêng sabarang [sa...]

--- 55 ---

[...barang] ingkang sinikat toya jur-juran tawas.

Anggusah kewan alit-alit ingkang sami mabur wontên salêbêting kamar utawi sênthong. Anggantunga kapur barus wontên sanginggiling dilah murub (nanging sampun ngantos kobong), ingkang tamtu lajêng kumukus, dayaning kukus kapur barus sagêd anggusah dhatêng kewan alit-alit ing salêbêting kamar wau.

Angrêsiki kaca sarta barang kristal. Ambubuka nilawêrdi ingkang alus, lajêng kauwur-wurna ing suwekan sinjang rami ingkang sampun tinêlêsan toya, lajêng kagosokna ing kaca utawi barang kristal, lajêng kabilasana toya ingkang rêsik.

Angrêsiki gêndul. Gêndul ingkang rêgêd sarta botên eca gandanipun, rinêsikana sarana linêbêtan arêng lêmbat ingkang rêsik tuwin ingkang taksih dados wawa, lajêng kaêsurana toya, lajêng kalêrêmna ing sawatawis [sawatawi...]

--- 56 ---

[...s] dangu, nanging sakêdhap-kêdhap gêndul kakocaka, wêkasan binilasan ing toya rêsik.

Dayanipun lisah pêthak (lisah kajêng pêthak): lisah kajêng pêthak punika kenging kaangge jampi sakit watuk, encok, mulês tuwin ingkang winastan masuk angin, patrapipun kagosokakên ing pundi gèning sêsakit wau, dene manawi sakit padharan utawi wadhuk, lisah pêthak 5 dumugi 10 tètès lajêng dipun sukani toya utawi brèndhi, tumuntên dipun ombe. Makatên ugi manawi wontên tiyang kupingipun kêlêbêtan kewan alit, cere utawi bangsaning gêgrêmêt, lajêng katètèsana lisah pêthak, tamtu lajêng pêjah, manawi sampun pêjah langkung gampil anggène ngêdalakên.

Angawètakên barang grabah: siti lêmpung kaêjurana kalihan toya, lajêng kaborèhna ing kuwali sasaminipun barang [ba...]

--- 57 ---

[...rang] grabah: sarana sikat, sagaringipun tumuntên kasikata malih sapisan êngkas, bilih sampun lajêng kasikata mawi lisah cèt ngantos kaping rambah-rambah. Barang grabah yèn rineka makatên sagêd awèt sarta mêsi kados wêsi.

Istiyar angesahakên tikus: anyêpênga tikus 5 a 6, lajêng kalêbêtna ing sêngkêran kawat, nanging sampun dipun pakani, bilih tikus-tikus wau sampun sangêt ngêlihipun, tamtu lajêng sami kêrah kalihan kancanipun, pundi ingkang kawon lajêng dipun têdha, ngantos kakantuna 2 a 3 tikus ingkang mênangan wau watêkipun lajêng ewah kulina utawi lajêng karêm nêdha bangsanipun, punika lajêng kaêculêna, tamtu lajêng angoyak-oyak kancanipun sumêdya badhe katêdha. Awit saking punika tikus-tikus salêbêting griya tumuntên sami kesah dening pun tikus galak punika wau.

--- 58 ---

Wontên malih isarat panggusah tikus ingkang kalayan mayar, inggih punika ing pundi panggenan ingkang kêrêp kaambah ing tikus, ing rong tuwin sanès-sanèsipun, kasukanana sêkar têlasih, tikus lajêng sami kesah.

Jampi

Usadanipun tiyang kacakot ing sawêr mandi: anuthuk-nuthukna sela kaabên sami sela, ingkang tamtu sami kawonipun lan sami nabêk kados binubuk, bubukan sela ingkang tumèmplèk ing salah satunggaling sela punika wau kaidonana sarta lajêng dipun ulêta, manawi sampun mulêt lajêng kaborèhna ing tatu tilas cinakot ing sawêr wau. Insa Allah sagêd waluya sarta botên mawi abuh, anggêr dèrèng kasèp.

Jampi tiyang jalêr sakit nguyuh: dêgan kalapa ijêm dipun sukani kêmukus sajodho, bawang nêm siyung, lajêng dipun bênêm sarta lajêng dipun bun-bunakên, ing wanci enjing toyaning [toya...]

--- 59 ---

[...ning] dêgan wau lajêng dipun ombe, insya Allah sagêd saras.

Usadanipun tiyang kenging latu tuwin kêsokan malam sasaminipun: sampun ngantos kêdangon ing pundi ingkang kenging latu utawi kêsokan malam, lajêng kasirama lisah petroliyum utawi bènsin: ingkang waradin, insa Allah botên dados abuh sarta tumuntên saras, punapa malih raosipun lajêng asrêp botên anguntar-untar.

Jampi tiyang èstri sakit nguyuh: oyot bêsaran, oyot alang-alang sarta oyot kêji, kajêng anyang gangsal iris dipun bakar, sadaya wau lajêng kagodhog kangge wedangan, insa Allah sagêd saras.

Usadanipun tiyang kêpêrang utawi kenging dêdamêl landhêp: sasampuning tatu rinêsikan ingkang ngantos rêsik, lajêng kalèlètana [ka...]

--- 60 ---

[...lèlètana] talutuhing jarak cina (jarak pagêr), sarta lajêng binalêbêt ing sinjang ugi ingkang rêsik, ngantos sagaringing tatu alêbêt sawêg dipun uculi, sanadyan tatu wau wiyar tuwin lêbêt, insa Allah sagêd tumuntên waluya jati.

Jampi pilêg, githok kraos bêngêl akanthi watuk: angglindhingana inggu agêngipun saisi kapri ingkang agêng kalih iji, lajêng kalêbêtna ing asêm cêmêng kalih mata ingkang sampun dipun icali klungsunipun, lajêng kauntal, insa Allah sagêd mantun.

Manawi wontên tiyang gatêlên badanipun jalaran kenging wisaning ulêr: ambubuka banon ingkang ngantos lêmbat kalihan sarêm, tumuntên kagosokna ingkang karaos gatêl, insa Allah botên dangu lajêng sagêd ical gatêlipun.

Jampi tiyang watuk ingkang kanthi sêsêg: adamêla wedang kopi [ko...]

--- 61 ---

[...pi] ingkang sawatawis kênthêl, dipun saring, lajêng dipun kêcêri jêram pêcêl ingkang sêpuh ngantos karaos kêcut, mangêt-mangêt dipun ombe, insa Allah watukipun lajêng logro sami sanalika wau.

Jampi sakit bêbucal rah umbêl: gosokan kajêng cêndhana jênggi kaworakên ing tajin, lajêng dipun ombe, insa Allah sagêd saras.

Wudun ingkang kamikakon ngantos agêng sarta anguntar-untar raosipun: ngupadosa coro (kacowak) ingkang sawatawis kathah, lajêng kabêthotana sirahipun, ingkang mêsthi sadaya jêrowaning kacowak katut kadudut sadaya, punika lajêng kaosèr-osèrna ing wudun wau ingkang ngantos waradin, kêjawi raosipun nguntar-untar lajêng asrêp, insa Allah wudunipun tumuntên mêcah.

Jampi abuh: kêrikan sungu mênjangan, jahe sarta bawang pêthak, kapipis ingkang alus katoyanan coka

--- 62 ---

k jawi, lajêng kaborèhakên, insa Allah sagêd waluya.

Usadanipun tiyang kenging dhompa[1] godhong apa-apa kalihan unthuk cacing, dipun rêmêt lajêng dipun gosokakên ingkang waradin, insa Allah sagêd waluya.

Apêsing tiyang angulu bangsaning tosan ingkang landhêp utawi lancip, jalaran katut anggène nênêdha: sampun ngantos katalompèn lajêng kaombènana cokak sakêdhik kauworana toya, ngantos ing dalêm tiga utawi sakawan dintên, insa Allah cuwilan barang landhêp ingkang kolu dados sagêd pêpêr, salajêngipun sagêd mêdal katut ing tinja.

Jampi mênawi tiyang pêjah raose sukunipun: godhong luntas kalihan sari, kagodhog toya sagantên, kasukanan kopi sakêdhik, lajêng kangge angrêndhêm suku

--- 63 ---

ingkang pêjah raosipun wau, insa Allah lajêng gêsang malih raosipun.

Jampi watuk êrah: pranajiwa satunggal iji, gayam, adas pulawaras, brambang, kajêng widara laut, kagodhog kangge wedang lajêng kaombe, sarta kaborèhakên ing gulu tuwin ing padharan. Insa Allah sagêd mantun.

Jampi sakit kuping: kêrikan untu warak, sêmut irêng gêsang-gêsangan, bubuk kopi sakêdhik, kabuntêl ing suwekan, dipun sukani toya sakêdhik lajêng kapêrês kairasakên ing bolongan kuping, supados tètèsing toyanipun malêbêt ing kuping, insa Allah lajêng saras.

Jampi nguyuh êrah: manggar kalapa ijêm dipun pipis ingkang alus, katoyanan puwan lêmbu, lajêng kaombe. Insa Allah sagêd saras.

--- 64 ---

Jampi nguyuh nanah: godhong mêniran sagêgêm, kunci gangsal iris, jintên cêmêng, kêtumbar sèkêt iji, kagodhog lajêng kaombe. Insa Allah sagêd saras.

Rare botên doyan nêdha supados doyan nêdha: godhong sêmbung kalihan brambang dipun godhog, toyanipun kangge pangombèn, insa Allah lajêng doyan nêdha.

Jampinipun tiyang jalêr ingkang kirang kiyat pajalêranipun: buntut menda jalêr dipun kêthok-kêthok, lajêng dipun suri wedang umob, kulitipun lajêng kabucalana, balungipun nèm ing nglêbêt kapêndhêtana lajêng dipun cacah ingkang alus, lajêng kauntala kalihan pisang. Insa Allah lajêng sagêd kiyat sarta agêng napsunipun.

__________

 


dhampa. (kembali)