Kawruh Dagang, H. Buning, c. 1915, #96

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Sêrat Kawruh Dagang][1]

--- 33 ---

Manawi Badhe Ngisèni Buku Padintênan Lampahipun makatên:

Sadaya padamêlan lêbêt wêdalipun arta sarta barang, sanadyan sade tinumbasipun barang wau dipun kontan, utawi dipun sambut, crediet dintên, tanggal sarta wulanipun kasêratana piyambak-piyambak, dumuginipun sontên tuwin pandamêlan ing gudhang sarta ing toko sampun kèndêl, sêratanipun sadintên punika wau ngandhap kawêwahana corèk, lajêng dipun gunggung.

Gunggunganipun satunggal-tunggaling kolêman ing sadintên-dintênipun, kagunggunga malih kalihan gunggunganipun padintênan ingkang sampun kalampahan, supados ing sabên tutup taun sadaya gunggunganing satunggal-tunggalipun kolêm lajêng sagêd sumêrêp.

Kolêm 1, panggenan dintên, tanggal, wulan sarta taun.

--- 34 ---

Kolêm 2 sarta 14, isi namanipun tiyang ingkang nglêbêtakên, utawi nampèni arta, utawi sade tinumbas barang, utawi katrangan sanès-sanèsipun, inggih punika samukawis padamêlan ingkang katindakakên.

Sasagêd-sagêd ing ngriku ugi anyêbutna ăngka-angkaning sêrat, utawi kwitangsi, utawi facteur (zie bab 4).

Kolêm 3 sarta 15, anyêbutakên, ăngka tuwin kaca-kacaning buku, buku II dumugi VI. Ing nglêbêtipun kasêrat satunggal-tunggaling padamêlan ingkang têrang larah-larahipun, supados anggampilakên anggènipun nocogakên isining buku-buku wau.

Kolêm 4 sarta 16, anyêbutakên manawi anampèni utawi amangsulakên arta andhil. Manawi badhe sumêrêp kathahing arta andhil: gunggunganing kolêm 4, kasudaa ing gunggunganing kolêm 16, kathahing

--- 35 ---

arta andhil wau tamtu cocog, manawi anggunggung sadaya arta ingkang kasêbut ing buku ăngka II kolêm 6.

Manawi botên wontên arta andhil, sabab ki sudagar ngangge artanipun piyambak, utawi arta saking anggènipun nyambut, sêbutanipun ing kolêm 4 sarta 16, kenging dipun santuni miturut punapa pêrlunipun.

Kolêm 5 sarta 17, manawi ki sudagar utawi pakêmpalan kêkirangan arta, utawi artanipun kathah sangêt, ngantos botên têlas kangge punapa-punapa, langkung prayogi piyambakipun adamêl prajangjiyan kalihan kantor bang ingkang cêlak kalihan panggenanipun, apdhèling bang utawi bang sanès-sanèsipun, miturut prajangjiyan punika sudagar kenging nyambut arta, ugi kenging nitipakên arta, punapa malih kenging nêdha wangsul artanipun ingkang sampun katitipakên, utawi ambayar sambutanipun dhatêng bang.

--- 36 ---

Supados botên kêkathahên sêratan, kasêbutna kemawon anglêbêtakên arta, utawi anampèni arta saking bang. Sadangunipun ki sudagar taksih gadhah sambutan dhatêng bang, bang tamtu nêdha sarêmanipun, ananging bilih ki sudagar nitipakên arta dhatêng bang, piyambakipun malah angsal sarêman, awit piyambakipun kadosdene nyewakakên arta dhatêng bang.

Dene etanging sarêman prayogi nêdha katrangan kemawon dhatêng bang, sarta ing sabên taun sapisan, ki sudagar nêdhaa sêrat katêrangan dhatêng bang, sapintên wontênipun sambutan, utawi anggènipun nyambutakên. Kang awit arta bang kalihan artanipun ki sudagar lumampaha wongsal-wangsul, prajangjiyanipun wau kasêbut: etangan ingkang lumampah, rekening courant.

Ing sêrat prajangjiyan wau anyêbutna kathahing arta ingkang langkung kathah kenging dipun sambut. Ing sabên-sabên [sabên-sa...]

--- 37 ---

[...bên] manawi ki sudagar mêndhêt arta saking bang, piyambakipun anyukani kwitangsi (pêthuk), sanadyan arta anggènipun titip, utawi anggènipun nyambut. Manawi ki sudagar anglêbêtakên arta, sanadyan nyaur sambutan, utawi anitipakên, piyambakipun ugi anampèni kwitangsi. Milanipun sadaya pandamêlan punika kasêbut ing buku kantor bang, sarta bukunipun ki sudagar, dados manawi badhe nyumêrêpi kawontênanipun sambut-kapisambut dhatêng bang, gunggunganing kolêm 17 kacêngklonga ing gunggungan kolêm 5, manawi kolêm 17 ingkang langkung kathah: inggih punika anelakakên bilih ki sudagar ingkang nitipakên arta dhatêng bang. Manawi kolêm 5 ingkang langkung kathah, bang ingkang nyambutakên dhatêng ki sudagar.

Dumuginipun tutup taunan, bang suka pratelan saking kawontênanipun arta sarta amêwahi sarêman.

--- 38 ---

Kolêm 6 sarta 18 ing kolêm 6 badhe dipun isèni angsal-angsalanipun arta sabên dintên, saking anggènipun sêsadean barang ingkang kontanan.

Dene sadean eceran rèhning sakêdhik sangêt, kenging dipun sêrat ing buku alit, sarta angsal-angsalanipun, sabên dalu kasêrat ing kolêm 6, langkung prayogi malih tiyang-tiyang ingkang tumbas kontan, tèkên bon. Bon-bon wau dalunipun lajêng dipun gunggung, gunggungan punika wau kasêrat ing buku I.

Kolêm 18 kangge nyêrati manawi ki sudagar utawi pakêmpalan tumbas barang-barang ingkang dipun kontan, punapa malih sakathahing waragad anggène ki sudagar dhatêngakên barang têtumbasan wau, ugi ingkang bayaranipun kontan. Manawi têtumbas botên dipun kontan, rêginipun kasêrat ing kolêm 25. Manawi bayaran wau kasêrat ing kolêm 19, kados ingkang katêrangakên [katêrangakê...]

--- 39 ---

[...n] ngandhap punika.

Kolêm 7, kangge nyêrati arta ingkang katampèn ki sudagar saking tiyang-tiyang ingkang sampun tumbas barang kalihan nyambut. Amirsanana katrangan kolêm 10 sarta 24 ing ngandhap punika.

Kolêm 8 tuwin 23, dipun kothongakên kemawon, pêrlu kangge nyêrati manawi nampèni utawi ngêdalakên arta ingkang kangge kapêrluan sanès-sanèsipun, mila sayoginipun kasudhiyanan kolêm kothongan blanco langkung saking satunggal ing sisih kiwa têngên.

Kolêm 19, kangge nyêrati arta ingkang sampun kabayarakên saking ki sudagar dhatêng tiyang ingkang nyambutakên dhatêng piyambakipun, inggih punika tiyang ingkang sampun sade barang dèrèng dipun bayar, amirsanana kolêm 9.

--- 40 ---

Kolêm 20, kangge nyêrati sadaya gajih-gajih, sarta bayaran dhatêng têtiyang ingkang sami dados punggawa (rencang) tuwin ingkang nêdha gajih saking ki sudagar utawi pakêmpalan.

Kolêm 21, kangge nyêrati sakathahing waragad (sanèsipun waragad dhatêngakên barang-barang sapanunggilanipun) inggih punika: blastêng, adamêl gudhang tuwin sanès-sanèsipun.

Kolêm 22, kangge nyêrati sadaya waragad sarta rêrêgèning barang, punapa malih bêkakas ing gudhang, kados ta: meja, kursi, lêmari sarta dhacinan sasaminipun, cêkakipun sadaya barang ingkang kangge ing toko tuwin ing gudhang (modhèl VIII) namung barang ingkang enggal risak tuwin ingkang tumuntên têlas, kados ta: kêrtas (dêluwang) tintah, pèn, sarta cap sasaminipun, dipun sêrat wontên ing kolêm 21, sabab botên [bo...]

--- 41 ---

[...tên] sapintêna pangaosipun, kenging dipun anggêp waragad kemawon.

Kolêm 27, kangge nyêrati kêkantunaning arta ing êkas, satutuping padamêlan ing sabên dintên, mila wontênipun arta tamtu cocog, manawi kakantunanipun arta ing dintên ingkang sampun, kawêwahan arta ingkang dipun tampèni dintên punika, lajêng kacêngklong arta ingkang kawêdalakên ing dintên punika.

Kolêm 9, 10, 24 sarta 25, pikajêngipun kolêm-kolêm punika kangge nyumêrêpi sambutan, tuwin tagihanipun ki sudagar utawi pakêmpalan, ingkang saking têtumbas, utawi sade barang botên bayar kontan (kalihan nyambut).

Manawi tumbas barang ingkang botên lajêng dipun kontan rêginipun, sarta waragad-waragadipun, kasêrata ing kolêm 25, ugi lajêng ing kolêm 9 kasêrat sapintên [sapi...]

--- 42 ---

[...ntên] kathahipun sambutan ingkang saking têtumbas barang wau.

Kalawau sampun kapratelakakên, bilih ki sudagar bayar sambutan supados kasêrat ing kolêm 19.

Dados manawi badhe sumêrêp pintên sambutan ingkang ki sudagar kantun ambayar, saking tumbas barang dèrèng kabayar rêginipun, ing kolêm 9 kacêngklong ing kolêm 19, nanging bilih ki sudagar sade barang kasambutakên, barangipun kasêrata ing kolêm 10 ugi kasêrat ing kolêm 24, inggih punika panggenan nyêrati kathahipun anggène nyambutakên saking anggènipun sade barang-barang wau, nanging ing kolêm 24 dipun sêrat malih wragad-wragad ingkang sampun kabayar rumiyin dening ki sudagar.

Tiyang-tiyang ingkang tumbas barang-barang kalihan nyambut, tamtu tèkên wontên ing bon. Dene bon-bon punika wau, ing dalunipun dintên punika dipun gunggunga sarta [sar...]

--- 43 ---

[...ta] lajêng kasêrat ing buku I lajêng kasêrat malih ing buku VI.

Ing nginggil wau sampun anyêbutakên: sabên-sabên bilih tiyang ingkang tumbas barang saking ki sudagar kalihan nyambut, ambayar sambutanipun, bayaranipun kasêrat ing kolêm 7. Dados manawi saking kolêm 24 dipun cêngklong ing kolêm 7, kakantunanipun, inggih punika kathahing arta ingkang kêdah dipun tagih dhatêng ki sudagar.

Kajawi punika manawi kolêm 18 dipun gunggung kalihan kolêm 25, ing ngriku lajêng kasumêrêpan rêgining sadaya barang ingkang sampun wontên wiwitanipun taun, punapa malih rêgining barang ingkang katumbas salêbêtipun taun ingkang lumampah, sarta sadaya waragadipun andhatêngakên barang-barang wau.

Bilih kolêm 6 dipun gunggung kalihan kolêm 10, lajêng sagêd anyumêrêpi angsal-angsalanipun bab panyadening [panya...]

--- 44 ---

[...dening] barang ingkang kakontan, sarta ingkang kasambut.

Ing kolêm 11 kangge nyêrat gunggunganipun kolêm-kolêm 4 dumugi 10.

Ing kolêm 26 kangge nyêrat gunggunganipun kolêm-kolêm 16 dumugi 25.

Ing kolêm 12 kangge nyêrati kauntungan ingkang sampun rêsik, inggih punika andhungan (reserve) taun ingkang kapêngkêr, nanging kolêm punika namung isi wiwitaning taun, sabab botên ewah ing salaminipun.

Manawi sêratan ing buku I sampun lêrês, ingkang mêsthi kolêm 13 ing salaminipun agênge utawi kathahe, sami kalihan kolêm 28, kadosdene ingkang sampun katêrangakên bab 2, ing nginggil.

c. Registêr Andhil (Modhèl II).

Sabên andhil angsal, ăngka urut (berturut-turut)

--- 45 ---

ing sabên polio kenging kasêbutakên andhil, 2 utawi 3, tumrap ing sabên andhil dipun sudhiyani sawatawis jidhar kathahipun.

Manawi rêgining andhil dipun sahi sadaya babar pisan, utawi kalihan angsuran, kasêrat ing kolêm 6.

Manawi badhe sumêrêp kathahing pokokipun pawitan andhil, gunggunganing kolêm 6 lajêng dipun suda gunggungan andhil ingkang kawangsulakên miturut kolêm 7.

Ing sabên tutup taun rigèstêr punika sampun (aja) dipun santuni enggal, prayogi dipun angge ngantos satêlasipun.

d. Buku Barang ingkang Katumbas (Modhèl III).

Sabên andhatêngakên barang kasêrata ing buku punika,

--- 46 ---

manawi wontên sêrat faktir facteur utawi rekêning, ugi kasêbutna ing buku wau, manawi kulinanipun (biasa) ki sudagar tumbas barang saking sakêdhik, kados ta: tumbas kalapa utawi sanès-sanèsipun bangsaning wulu wêdalipun siti, tumbas saking têtiyang idêr turut margi, sayoginipun têtumbasan punika wau kasêrata ing buku alit rumiyin, sasampuning dumugi anggène têtumbas, sami sadintên wau gunggunganing tumbasan kemawon kalêbêtakên ing buku III tuwin ing buku I nanging bilih tumbas barang kathah utawi borong babar pisan, lajêng kemawon kalêbêtna ing buku I sarta III punapa malih namanipun tiyang ingkang sade kasêrata ing kolêm 2, manawi panumbasipun barang-barang wau kalihan nyambut, crediet. sampun tamtu namanipun tiyang ingkang sade kasêbut ing buku crediteur. dados angkanipun urut ing salêbêting buku wau dipun sêrat ing kolêm 3 buku III ugi.

--- 47 ---

Dene sakathahing prabeya ongkos kangge dhatêngakên barang-barang, dipun bayar dening ingkang kintun, utawi kabayar dening ingkang tampi, dipun sêrat ing kolêm 6 buku III anyêbutakên rêgining barang-barang ingkang katumbas dhatêng ki sudagar kalihan bayar kontan. Dene rêgining barang-barang ingkang dipun tumbas kalihan nyambut, kasêbut ing kolêm 8 dalah sapintên wragad-wragadipun pisan.

Gunggunganipun kolêm 6 ing buku III amêsthi sami kalihan gunggunganipun kolêm 18 ing buku I.

Salêbêting kolêm 9 ing buku III kenging kasêrat sadaya katêrangan ingkang pêrlu, kados ta rêgining barang-barang bilih kasade, utawi titimangsanipun katamtuwaning bayar barang-barang ingkang katumbas kalihan nyambut, sarta sanès-sanèsipun. Punapa malih ing kolêm 9 kenging kasêrat malih, punapa prabeya-prabeya sampun [sampu...]

--- 48 ---

[...n] dipun bayar rumiyin dhatêng ki sudagar punapa dèrèng.

e. Buku Barang ingkang Dipun Sade (Modhèl IV).

Katranganing buku punika sami kalihan katrangan ingkang tumrap ing buku III namung gunggungan kolêm 6 mêsthi sami kalihan gunggungan kolêm 6 ing buku I punapa malih gunggungan kolêm 8 ing buku IV mêsthi sami kalihan kolêm 10 ing buku I.

f. Buku Crediteur (Modhèl V).

Satunggal-tunggalipun tiyang ingkang nyambutakên barang-barang crediet, dhatêng pakêmpalan, utawi dhatêng ki sudagar, kasudhiyanana papan sakaca kangge katrangan kathahipun arta ingkang pantês kabayarakên dhatêng piyambakipun, sarta punapa sabipun,[2] makatên ugi sadaya arta ingkang sampun [sampu...]

--- 49 ---

[...n] kabayarakên dhatêng piyambakipun, dados kolêm 5 ing buku V sami kalihan kolêm 9 ing buku I sarta ing kolêm 7 ing buku V sami kalihan kolêm 19 ing buku I dumugining tutup taun kakantunan anggène nyambutakên kapindhah dhatêng buku enggal.

g. Buku Crediteur (Modhèl VI).

Punapa-punapa ingkang kasêbut nginggil, bab modhèl V ugi maedahi kangge isi modhèl VI.

Prayoginipun kangge ing sabên-sabên dhêbitur debiteur katamtokakên langkung rumiyin, pintên ingkang kenging dipun sambuti: dhatêng ki sudagar, sarta sapintên sambutanipun, kasêrat ing pundi kacaning buku, manawi sampun dumugi utawi rampung, sampun nyambuti malih dhatêng piyambakipun.

Gunggunganing kolêm 5 buku VI mêsthi sami kalihan [kaliha...]

--- 50 ---

[...n] kolêm 24 buku I. Mila gunggunganipun kolêm 7 buku VI mêsthi sami kalihan kolêm 7 buku I.

h. Buku Gudhang (Modhèl VII).

Kangge satunggal-tunggalipun jinis barang ingkang padatanipun kasade utawi katumbas, utawi ingkang dipun lampahakên, kasudhiyanana papan sakaca utawi langkung.

Manawi ki sudagar tumbas barang saking sakêdhik-sakêdhik, măngka kajêngipun sapintên wontêning barang badhe kasade sadaya dhatêng sudagar agêng, punika ugi kenging têtumbasanipun sabên dintên dipun sêratana rumiyin wontên ing buku alit, gunggunganipun kemawon kalêbêtna ing buku I sarta VII.

Manawi ki sudagar tumbas barang-barang brês kathah, măngka badhe dipun sade wontên ing toko: ècèr. Punika sayoginipun sakathahing barang ingkang sabên-sabên [sabên-sa...]

--- 51 ---

[...bên] saking gudhang kabêkta dhatêng toko kangge sudhiyan, sadaya barang wau kasêbutna lumêbêt ing toko, dene ingkang jagi gudhang lajêng tampi bon saking ingkang jagi toko, supados buku-bukunipun kenging dipun cocogakên.

i. Buku Kawontênanipun Bêkakas Gudhang Sasaminipun (Modhèl VIII).

Buku punika botên pêrlu dipun têrangakên ingkang panjang.

j. Tutup Taun Balans (Modhèl IX).

Mênggah pandamêlipun balan Balans punika kêdah ingkang satiti, sadèrèngipun nyêrat sakathahing asil (Melik) sarta anggènipun nyambutakên, amriksaa sarta katandhingna ing buku-buku, punapa malih sadaya kawontênanipun [ka...]

--- 52 ---

[...wontênanipun] ing toko tuwin ing gudhang, kalihan lampah kados ing ngandhap punika.

langkung rumiyin sadaya buku-buku dipun gunggung sarta dipun tutup, ing buku I punika kadamêl tuladha anggunggung satunggal-tunggalipun kolêm, ing tanggal 31 Dhesèmbêr. Sasampunipun makatên lajêng kalampahna makatên:

a. Arta ing kas sarta sêrat-sêrat ingkang kadosdene sêrat dhêposito deposito (buku celengan) artanipun katandhingakên kalihan buku I kolêm 27. Arta ingkang dipun titipakên ing bang, inggih punika kapêndhêt saking kolêm 17 buku I, sasampunipun dipun kirangi, utawi kasuda kolêm 5. Ananging sabab ing kantor bang sarêmanipun pêrlu dipun etang, punapa malih kenging ugi sabab ing buku I, wontên ingkang kêsupèn, utawi lêpat, sayoginipun anêdhaa sêrat katrangan rumiyin saking kantor bang.

--- 53 ---

b. Sadaya barang dagangan ingkang kasêbut ing buku VII tuwin punapa kawontênanipun ing toko kasêrata ing sêrat: inpêntaris Inventaris (kolêm 1 dumugi 4) lajêng dipun tandhing kalihan kawontênanipun ing gudhang sarta ing toko. Lajêng dipun priksa punapa rêginipun mudhun. Sabab wontên barang ingkang ical, utawi risak, punapa malih mêdhuning rêrêgèn, utawi icaling rêrêgèn wau dipun sêrat ing kolêm 6 sarta kakantunaning rêgi kalêbêtakên ing kolêm 7 lajêng dipun gunggung.

c. Anggènipun nyambut-nyambutakên, inggih punika sadaya arta ingka[3] kantun anampèni saking tiyang-tiyang ingkang sami tumbas barang kalihan nyambut crediet katandhingna kalihan kolêm 24 buku I. Nanging dipun suda ing kolêm 7 angsal-angsalanipun lajêng katandhing malih kalihan buku VI kolêm 8 satunggal-tunggalipun kaca dipun [dipu...]

--- 54 ---

[...n] gunggung. Ananging manawi wontên tiyang ingkang nyambut, măngka sampun botên kenging kaajêng-ajêng panyauripun, ingkang makatên punika lajêng botên tumut kaetang.

d. Barang-barang pasrèning griya meubel, katandhingakên kalihan kolêm 22 buku I sarta kalihan buku VIII. Ananging kalihan rêrêgènipun dipun kintên-kintêna rumiyin.

e. Arta andhil ingkang dados pokoking pawitan, kaetang miturut kolêm 4 sasampunipun kasuda kolêm 16 saking buku I lajêng katandhingakên kalihan buku II.

f. Kathahipun anggèning nyambutakên, dipun etang miturut kolêm 9 buku I sasampunipun kasuda kolêm 19, lajêng katandhingakên kalihan buku V kolêm 8.

Manawi nyambutakên malih sarta sanès-sanèsipun, kados ta prabeya-prabeya ingkang dèrèng kabayar, punika [pu...]

--- 55 ---

[...nika] kenging tumut dipun etang, utawi botên tumut dipun etang, pambayaranipun kalêbêt ing taun enggal.

__________

Samukawis ingkang kêsêbut a. b. c sarta d dipun gunggunga, inggih punika sakathahipun asil melik.

Makatên ugi samukawis ingkang kêsêbut e sarta f inggih dipun gunggunga, sabab sadaya dados sambutan, manawi ki sudagar nyambut dhatêng bang, punika lajêng dipun kêmpalakên kalihan anggène nyambut sanèsipun.

Manawi gunggunganing a. b. c. d langkung saking gunggunganipun e. f manawi langkunganipun andadosakên ngamal, utawi kêkayaaning pakêmpalan (ningalia modhèl IX).

Manawi ngamal wau kasuda wontênipun ngamal ing têlas-têlasanipun [têla...]

--- 56 ---

[...s-têlasanipun] taun ingkang rumiyin, langkunganipun inggih punika kauntungan (bathi) ingkang pinanggih salêbêtipun taun punika.

prakawis pangetanging kauntungan, utawi kapitunan, sampun katêrangakên ing nginggil wau, inggih punika ngamal utawi kêkayaan taun punika, katandhing kalihan ngamal taun ingkang kêpêngkêr.

Etangan punika kenging kalampahakên miturut tuladha ingkang kasêrat sangandhapipun balan, modhèl (IX).

Ing sisih kiwa kasêrat sadaya waragad sarta sakathahipun asil ingkang ical. Ing sisih têngên kasêrat kauntungan saking anggènipun sade barang. Arta ing sisih têngên dipun kirangi arta ing sisih kiwa, inggih punika kauntungan ingkang sampun rêsik.

Sudagar ingkang pintêr supados angintên-kintên, utawi [uta...]

--- 57 ---

[...wi] angetang piyambak, sabab saking punapadene piyambakipun untung utawi rugi, kados ta sabab punapa rêgi sadeyan barang dagangan kirang agêng. Sabab punapa kathah barang ingkang ical, utawi risak. Sabab punapa tiyang ingkang sami tumbas barang botên ambayar sambutanipun. Sabab punapa balănja-balănja sarta wragad-wragad kathah sangêt.

Prayuginipun bab sadaya punika wau dipun priksaa, supados angsal margi ingkang sae anggène ngupados kauntungan.

8. Bab ambage kauntungan (balans).

Kauntungan punika ingkang sabagean pêrlu kangge ambayar dhatêng têtiyang ingkang sami gadhah andhil, dados dividend.

Sadèrèngipun bage kauntungan, kêdah amanaha miyambakakên sabagean, kangge sudhiyan bokmanawi [bokmana...]

--- 58 ---

[...wi] ing sanès taun ki sudagar kapitunan, kados ingkang sampun kapratelakakên ing bab I kasêbut ngajêng.

Kauntungan saking kêkayaan (băndha) sasampunipun kasuda bageyan kangge andhil, dipun namakakên reserve andhungan.

Sasampunipun têtêp sapintên kauntungan ingkang badhe dipun dadosakên andhungan, sarta sapintên ingkang badhe kadadosakên kauntunganing andhil-andhil (dividend) sanadyan arta kauntungan andhil kabayar dhatêng ingkang gadhah andhil.

Ambokmanawi wontên ingkang gadhah panêdha supados bageyaning kauntungan dipun angge andhil enggal, utawi dipun angge ambayar andhil ingkang dèrèng sah pambayaripun.

Manawi makatên supados ing dalêm taun enggal kasêbutna ing buku I ing taun enggal ugi. ing kolêman [ko...]

--- 59 ---

[...lêman] 8 buku enggal, kasêbutakên dividend ingkang dèrèng sah pambayaripun, ing sabên-sabên manawi kabayar dipun sêrat ing kolêm 23 buku I.

__________

9. Bab Ambikak Buku-buku Taun Enggal, sarta Bab Isinipun Buku-buku.

Ing sasampunipun punika, ing dalêm buku I ingkang badhe kangge ing taun enggal. Sakawit ingkang dipun sêrat inggih punika sakathahing asil, sarta anggènipun nyambut-nyambutakên, miturut balan taun ingkang kêpêngkêr, makatên punika ing kolêm 4 gunggunganipun sadaya andhil-andhil. Ing kolêm 5 sadaya anggènipun nyambutakên dhatêng ing êbang-êbang, kolêm 9 anggènipun nyambut-nyambutakên wontên ing crediteur, ing kolêm

--- 60 ---

12 sakathahing sudhiyan, utawi andhungan (reserve) nanging arta ingkang kasudhiyakakên kangge dados, dividend kenging dipun sêrat ing kolêm 8 (dividend ingkang badhe dipun bayar), ing kolêm 17 nyêbutakên sakathahing arta ingkang kantun wontên ing bang (uang tarohan) ing kolêm 22 rêgining bêkakas-bêkakas, ing kolêm 24 kasêrat gunggunganipun anggène nyambut-nyambutakên, ing kolêm 25 gunggunganing rêgi barang-barang ingkang wontên toko sarta ing gudhang, ing kolêm 27 kakantunanipun arta ing kas.

Sadaya wau miturut ingkang kasêbut balan taun ingkang kêpêngkêr ing salêrêsipun.

Dene gunggunganing kolêm-kolêm 4, 5, 8, 9, sarta 12 pêrlu kasêbut ing kolêm 13, punapa malih gunggunganing kolêm-kolêm 17, 22, 25 sarta 27 pêrlu kasêbut ing kolêm 28.

--- 61 ---

Dipun èngêt-èngêta: bilih gunggungan ingkang kasêbut ing kolêm 13 mêsthi sami kalihan kolêm 28.

Manawi taun enggal sampun wiwit lumampah, nanging balan taun ingkang sampun kêlampahan dèrèng sudhiya, kenging ugi buku I wiwit dipun angge, nanging garis ingkang wiwitan kêdah dipun kothongakên, kangge sudhiyan ungêl-ungêlan balan. Dene buku sanès-sanèsipun ingkang badhe kasantunan enggal, namung buku III sarta IV.

Buku V tuwin VI ugi kenging sinantunan enggal, anggêripun kakantunaning sambutan sarta anggènipun nyambutakên saking taun lami kaêlih dhatêng ing buku enggal wau, inggih punika gunggunganing satunggal-tunggalipun tiyang.

Buku VII ugi kenging dipun santuni enggal.

Wondene balan balans (modhèl 9) kasêrata [kasêra...]

--- 62 ---

[...ta] ing buku satunggal, sarta mêsthi dipun tandhani dening sadaya ingkang nguwasani sarta anjagi pakêmpalan.

__________

10. Bab Buku Sanès-sanèsipun.

a. Manawi tiyang ingkang tumut among dagang utawi sade tinumbas sawatawis kathah, langkung prayugi adamêl: klapêr satunggal, kangge nyêrati nama-namaning sadaya ingkang pakêmpalan, matsêkapei-matsêkapei, kongsi-kongsi sarta sanès-sanèsipun ingkang sade tinumbas dhatêng ki sudagar, utawi pakêmpalan, kasêrat namanipun miturut sastra a. b. c. salajêngipun, sarta sawingkingipun nama kasêbutakên nomêring buku tuwin nomêring polio (kaca) ing sabên nama tamtu nyêbutakên makatên punika.

b. Manawi barang-barang ingkang dipun tumbas badhe tumrap dhatêng praboting pabrik, prayugi sudhiyaa buku satunggal, kangge [kang...]

--- 63 ---

[...ge] nêrangakên sapintên barang-barang ingkang badhe dipun olah, sarta sapintên dadosipun matêng, dene polaning buku kenging dipun kintên piyambak dening ki sudagar.

c. Kajawi punika manawi ki sudagar utawi pakêmpalan amanah pêrlu nyêpêng buku sanèsipun malih, inggih botên wontên pakèwêtipun, nanging sampun pisan kêsupèn bilih sadaya padamêlan sade tinumbas amêsthi kalêbêtakên ing buku I.

__________

11. Bab Nyêrat ing Buku-buku.

Sampun mêsthi utawi limrah: bilih wontên sudagar utawi pakêmpalan botên sagêd, utawi botên kobêr anyêrat, utawi anyêpêng piyambak dhatêng buku-buku kadospundi mêsthinipun, tamtu adamêl rêgêding buku, kisruh utawi kirang jangkêp.

Manawi lami-lami wontên tiyang ingkang sampun sinau,

--- 64 ---

sarta sampun kenging dipun pitados kasagêdanipun, dados buk odhêr (boekhouder) tiyang ingkang sagêd punika wau purun tanggêl sarta purun nyêpêng buku-buku toko sasaminipun, kalihan tampi balănja:

manawi sudagar botên kuwawi angembali piyambak dhatêng boekhouder. Sayuginipun boekhouder wau aprajangjiyan kalihan sudagar utawi pakêmpalan, ing sabên dalu piyambakipun dhatêng anyêrat sarta analêsihakên sadaya sêrat-sêrat, bon-bon arta, sarta sakathahipun pèngêtan, lajêng katampèkakên dhatêng (boekhouder).

Sêrat kawruh dagang sambêtipun almênak taun 1916.

__________

Sintên ingkang badhe wêling utawi mriksani conto modhèl buku dagang ingkang kasêbut ing Sêrat Kawruh Dagang punika, kenging rawuh ing toko kula H. Buning.

 


Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
sababipun. (kembali)
ingkang. (kembali)