Luhur lan Mulyaning Băngsa, Radèn Kasyadi, c. 1920, #133

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Luhur lan Mulyaning Băngsa, Radèn Kasyadi, c. 1920, #133: Citra 1 dari 1
Saening yasan, nyaèkakên ingkang yasa, papa mulya sampun sami kabêkta, luhuring pusaka, angluhurakên băngsa

Luhur lan Mulyaning Băngsa, awit Angluhurakên Pusakanipun.

(Sêsêrêpan ingkang gathuk kalihan nalar)

Anggitanipun: Radèn Kasyadi.

Ing: Sêtabêlan, Mangkunagaran, Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapan Jawi, Kêpatihan Kulon, Surakarta.

--- [0] ---

[Grafik]

Saening yasan, nyaèkakên ingkang yasa, papa mulya sampun sami kabêkta, luhuring pusaka, angluhurakên băngsa.

Luhur Lan Mulyaning Băngsa, Awit Angluhurakên Pusakanipun.

(Sêsêrêpan ingkang gathuk kalihan nalar)

Anggitanipun: Radèn Kasyadi.

Ing: Sêtabêlan, Mangkunagaran, Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapan Jawi, Kêpatihan Kulon, Surakarta.

--- [3] ---

Bêbuka.

Nuwun para maos, saking botên kaconggah nanggulangi adrênging manah kabêkta saking raos-rumaos, sarta kabatosan Jawi ingkang tansah anggêgês, anjalari: linali-lali tan lali, kagagas saya ngranuhi. Ardaning karsa jalaran: linali saya kadriya, driyasmara marang risang pindha Ratih, Ratih ratu, ratuning wong Cakrakêmbang, kêmbang wijaya: kusumaning tanah Jawa. Dene sadaya ingkang badhe kula andharakên punika, maligi dhatêng sadhèrèk kula Jawi, utawi langkung rumiyin dhatêng sadhèrèk kula ingkang sampun katanêman lan kathukulan bibit trêsna saudara sumrambah ing băngsa, lan trêsna dhatêng wutah rahipun. Sinaosa kula sampun ngandêl sangêt, awit saking nyatanipun, bilih tiyang Jawi lan Indhonesia wiwit saking ngandhap dumugi ing para luhur, limrahipun sapunika sami ambudidaya kadospundi sagêdipun katulungan rêkaosing sadhèrèk dalah ibunipun, lan malih wontên ing sêrat-sêrat kabar Jawi kula inggih asring maos, wontên ing sêsorah-sêsorah kula inggih sampun mirêng, ingkang dipun rêmbag ing ngriku ugi bab: badhe nulungi sadhèrèkipun, bab ingkang dakik-dakik, lan apêsipun bab pulitig [puli...]

--- 4 ---

[...tig] (akal ingkang lêmbat), ngantos sami dipun labuhi kabucal sêbrang-sêbrung, dhawah ing Dhigul lan sanès-sanèsipun, awit saking kawastanan nêrak awisaning pamarentah. Samantên ugi kula inggih botên maibên, utawi botên nêtah saking karsaning para trêsna sudara, ingkang wusananipun ngantos kados makatên punika, kabêkta saking pamanggihipun piyambak-piyambak. Ananging kula dèrèng nate mrangguli para linangkung anggènipun: ngajak andandosi lan amulyakakên pusakanipun piyambak ingkang asli. Punapa saking kirang jêmbaring wawasan kula, utawi saking budhêging pamirêng kula, punika kula nyumanggakakên, salajêngipun sarèhning kula rumaos dados tiyang Jawi (para lêluhur kula dumugi kula, lair lan agêng punapa malih gêsang ing bumi Jawi), dados inggih sampun salêrêsipun, bilih kula tumut-tumut angandharakên pamanggih kula ingkang magêpokan lan gêgayutan kalihan ingkang kula trêsnani lan ingkang kula sungkêmi. E bokbilih dados jalaranipun para sadhèrèk kula lajêng sami tumuntên saiyêg, cancut sêsarêngan lumampah ngantos sagêd kacêpêng punapa ingkang sami dipun maksudakên, utawi bokbilih dados jalaranipun luwar saking bêbêndu papa lan cintaka, sarana sami èngêt malih angluhurakên lan amulyakakên pusaka gadhahanipun [gadhah...]

--- 5 ---

[...anipun] piyambak ingkang asli. Dene andharan utawi anggitan kula punika, murih cêthanipun: kula damêl dhapur pitakèn lan wangsulan, sajak kados jagongan.

__________

Pêpanggihan ingkang Kapisan.

Wanci jam gangsal sontên, kangmas sawêg lênggah piyambakan wontên ing pandhapi, sajak wontên ingkang kagalih. Sowan kula taksih sawatawis têbih, kangmas sampun ngandika:

Kangmas sajak bingah: Dhik ! dhik ! ibune Tos (Santosa), gilo, adhimu bapakne Rata (Surata) mrene.

Adhi kanthi taklim: Kula nuwun bakyu, kula sowan.

Bakyu sajak taksih ribut wontên ing dalêm wingking lan sajak kagèt: E, bapakne Rata mrene, sokur, daradasih, dhèk mau wis mèh dak kongkon marani, bêtèkke aku kangên, wong adate jêdhal-jêdhul, kok banjur mak pêt pirang-pirang dina ora ngetok, gèk ana apa.

Adhi kanthi gumujêng: Sapunika sampun sowan, badhe dipun paringi punapa.

--- 6 ---

Bakyu kanthi gumujêng: Iya ora arêp awèh apa-apa, mung sak kangên, wis ta mas (kang raka), pinaraka dhisik, aku lagi ewuh.

Kangmas lumampah dhatêng papan panggenan tamu: Wis ayo padha linggih ana ing kene bae sing rada kiwa, lan sajak isis.

Sasampunipun sami linggihan wontên papan panggenan ingkang sampun kapilih:

Kangmas: Dhi, pirang-pirang dina iki, wataraku papat apa wis limang dina saprene, kowe kok ora mrene-mrene iku ana apa, lan ulatmu kok gèsèh karo adat sabêne iku ya gene, sajake kok anggembol gagasan, bok iya aja sêdhih, mundhak pun kakang mèlu susah. Sêdhih, kang kosêdhihi apa ta, wong gumêlare wis sarwa ora kêkurangan sawiji apa.

Bakyu sawêg mêdal: Ya gene ibune thole kok ora mèlu, bocah-bocah rak padha kuwarasan ta. Lajêng lênggah.

Adhi: Kala wau sawêg ngopèni griya, pikantuk pangèstu panjênêngan sakalihan inggih wilujêng, kasarasan [kasa...]

--- 7 ---

[...rasan] malah sami sêgêr bugêr, sarta nglajêngakên pitakèning raka.

Inggih kasinggihan dhawuh panjênêngan punika kangmas, botên kêkirangan satunggal punapa. Namung ingkang anjalari sêdhihing manah kula kok inggih wontên-wontên kemawon.

Kangmas: Yèn saka panêmuku kowe ora bisa kataman sêdhih, jalaran: mungguh omah, omahmu iya wis bêrgas, sak pirantine uga wis sarwa èdi pèni, kêna dak upamakake patamanan argasoka. Mungguh bojo, bojomu uga wis ayu, kaimbuhan gandês luwês mrak ati, tur bêkti ing laki lan tansah bisa nuju karsa.

Bakyu nyêlani lan anggablok kang raka kanthi gumujêng: Ahyah, yèn wis ngalêm ipene nèh, nganti sundhul langit.

Kangmas mèsêm: Rak iya nyatane. Lan anglajêngakên dhawuhipun. Mungguh anak, iya uga wis duwe anak. Lanang wadone bêcik-bêcik rupane, pintêr-pintêr lan ambangun turut, gèk isih sêdhih, sêdhih apa manèh ta kang disêdhihi.

Adhi: Inggih, manawi manut dhawuh panjênêngan punika kangmas, [kangma...]

--- 8 ---

[...s,] pancèn lêrêsipun kula botên kataman sêdhih, awit sadaya sampun sarwi kalêrêsan lan kacêkapan.

Kangmas: Lha iya, kok dadi isih sêdhih, gèk apa kang kopikir, nganti andadèkake cowong kaya mangkono.

Bakyu nyêlani: Apa iya uwong iku tansah ayêman kaya slirane. Dikon padha măngsa bisaa padha. Yèn slirane iku iya ora kagungan panggalih ika-iki.

Kangmas: Iya bae, marga gagasan utawa pikiran iku yèn dituruti tansah ngămbra-ămbra ora ana êntèke, yèn durung mlêbu kubur.

Adhi, wêdaling lesan sajak pakèwêt: Namung sapele kemawon kangmas, kula mirêng: wangsalanipun badhut, saking ruwêting anggèn kula anggagas, ngantos andadosakên sêdhihing manah kula.

Kangmas sakalihan sarêng gumujêng kados dipun sêntak, lan kapingkêl-pingkêl ingkang sangêt.

Kangmas, lan taksih gumujêng: Iladalah, bonggan sira. Wong unining badhut bae kok kogagas, nganti andadèkake cowong kaya mangkono.

--- 9 ---

Dak sêngguh anggagas apa, tibake mung sak badhut, kok sapele bae.

Bakyu, ugi taksih gumujêng: Basakneya ta dhi kowe iku, ambak wong sungkan nganggur kok kêbangêtên têmên. Wong mung sak badhut bae kok digagas nganti sêdhih. Apa iya kurang kang digagas. Badhut iku rak mrica kêcut, sauni-unine.

Adhi, sajak merang: Lakar inggih bonggan, ingatasing ungêling badhut kemawon kok kula gagas sangêt. Ananging gèk kadospundi, awit wangsalan wau saking pamanggih kula ngêmu raos ingkang lêbêt lan sajak maedahi. Mila inggih tansah kula gagas.

Kangmas, sêmu ewa: Coba kandhakna, dak rewangi anggagas, bokmanawa bisa wudhar kang dadi ruwêting gagasanamu iku. Ambak bocah kok sungkan nganggur.

Adhi, kanthi gumujêng sajak katuju: Makatên kangmas, wangsalan punika.

Kangmas, sajak daya-daya mirêngakên: Iya kapriye, mara dak rungokne.

Adhi, Kanthi mèsêm: Grimis-grimis mènèk kalapa,

--- 10 ---

kolang-kaling kanggo pacitan (kêmilan), kowe nangis ana apa, aku kèlingan barang kawitan.

Bakyu, sajak gumun: Lho iya dhi, aku lan kangmasmu dhèk padha andêlêng ana ing kêbon raja Sriwêdari kae iya uga krungu: wangsalan kang mangkono iku, ning ora dak rasakake. Êmbuh kangmasmu.

Kangmas, klayan mèsêm: Lho dhi, barêng kowe anggagas wangsalan iku, dak rasak-rasakake kok iya ngêmu rasa kang enak, lan mawa laras kang kapenak. Mèmpêr kogagas. Aku uga banjur dhêmên mèlu anggagas, gèk kapriye mungguh panêmuning gagasanmu, apa wis katêmu larase.

Adhi: Punika kula nyumanggakakên dhatêng panjênêngan sakalihan. Sumăngga kula aturi anggalih.

Kangmas: Iku mangkene dhi saka panêmuku, iku bênêr bangêt, manungsa kudu wêruh lan eling mênyang kawitane. Manut ujar padhalangan: wong kang lali, purwa madya wasana iku têkan padane kok ora bêcik, rak iya ta.

Bakyu, sajak mêmpêng: Ora manut ujaring dhalang ora barang, pancèn uwong kang lali mênyang bibit sakawite [saka...]

--- 11 ---

[...wite] iku ora bêcik, padhane: anak yèn nganti lali mênyang wong tuwane iku kapriye, rak iya ala ta.

Adhi: Inggih makatên, lakar inggih botên prayogi.

Kangmas: Sawise, banjur kapriye candhake panêmuning gagasanamu.

Adhi: Makatên kangmas, kula lan panjênêngan sakalihan punika rak tiyang Jawi ta. Lair, agêng lan manggèn ing pulo Jawi, dados kula lan panjênêngan sakalihan punika, rak inggih ngandêl lan ugi ngakên: bilih pulo Jawi punika gadhahanipun tiyang Jawi. Inggih kagunganipun para lêluhur panjênêngan kula, ugi gadhahan kula lan panjênêngan sakalihan.

Kangmas: Lakar iya mangkono, sawise banjur...

Adhi: Inggih, bumi Jawi punika kula upamèkakên griya, kula lan panjênêngan sakalihan punika ingkang manggèn lan mêngkoni, jalaran pancèn pusaka têtilaranipun swargi eyang-eyang panjênêngan kula.

Kangmas: Pancèn iya mangkono, mulane aku lan [la...]

--- 12 ---

[...n] kowe iki iya wis bênêre anggawe bêcik, ning kapriye rekadayane murih bêciking omah sakarase kang padha diênggoni iki.

Adhi: Saking pamanggih kula, rèhning griya punika sampun maatus taun botên nate dipun ulik-ulik, dados sampun saklêrêsipun bilih lajêng risak utawi dhoyong, saklajêngipun manawi kalajêng-lajêng risak utawi rêbah babar pisan, sintên ingkang kainan, sintên ingkang kecalan, lan punapa botên dados paran têtah.

Kangmas: Ora liya iya mung kowe lan aku kang padha ditutuh dening uwong akèh. Sabanjure kapriye manèh panêmumu, wong aku durung pati anggagas bab iki, dadi durung duwe panêmu kang mulur nganti pantog.

Bakyu, nyêlani: Iya dhi, bênêr panêmumu iku, wong liya mung saknyawang. Yèn ala iya ngarani ala, yèn bêcik iya ngarani bêcik, ning yèn nganti rusak, mrana-mrene padha ngluputake. Samono mau kok bakal mèlu tombok, rak durung karuhan ta.

Adhi: Lakar inggih makatên. Sumăngga kula aturi

--- 13 ---

anggalih kangmas. Kala wau panjênêngan sakalihan sampun dhawuh: bilih tiyang ingkang supe purwa madya wasana punika awon.

Kangmas: Iya, iya pancèn mangkono, mulane bêcike aku lan kowe iki iya kudu eling mênyang purwane, uga wiwitane, iya duwèke dhewe kang asli, apa manèh wêkasane. Sokur lagi eling mênyang sakabèh-kabèhane, samono uga upama kèlingan sathithik-thithik banjur dicêkêl kang kukuh lan dilakoni, rak wis kalêbu bêcik tinimbang kang ora kèlingan babar pisan, utawa manèh sanadyan wis kèlingan, nanging ora gêlêm anglakoni. Sawise banjur kapriye manèh karêpmu.

Adhi: Mênggah pamanggih kula makatên. Sarèhning griyanipun sampun sae, măngka griya punika sampun wontên pirantosipun ingkang asli (asal) tur inggih pêpak. Kadosdene pêpaking pirantosipun griyaning sanès băngsa. Dados inggih pirantosipun ingkang kêdah katata lan kabangun malih (kamulyakakên).

Bakyu nyêlani: Lho dhi, mêngko ta dhisik, yèn panyawangku [panya...]

--- 14 ---

[...wangku] piranti omahe liyan băngsa iku, pêpak bangêt lan uga bêcik-bêcik.

Adhi, sampun nyandhak lan sajak botên satuju: Ingkang panjênêngan dhawuhakên punika rak pirantosing griya, kados ta: lêmantun kaca, lan sapanunggilanipun punika. Rak inggih ta bakyu.

Bakyu: Iya, pancèn iya iku, panampaku rêmbugmu kuwi.

Adhi: Botên, ingkang kula maksudakên sanès punika, inggih punika pirantos asal bêktanipun pulo Jawi.

Kangmas, sajak wontên ingkang dipun galih: Êndi pusaka asal pirantine omah Jawa. Mara kandhakna, lan apa kang kokarêpake.

Adhi: Ingkang kula upamèkakên pirantos pusaka asal, inggih punika kadosdene: Walandi, Arab, Cina, punika rak sami gadhah dintên, tanggal, wulan, taun, windu lan aksara piyambak-piyambak, sinaosa Jawi inggih gadhah piyambak.

Kangmas: Pancèn iya nyata kandhamu iku, malah Jawa duwe pasaran barang, ananging Walănda, Cina,

--- 15 ---

Arab ora duwe. Mulane saka panêmuku malah luwih pêpak pirantining omah Jawa tinimbang omah liyan băngsa. Sawise apa jalarane dene aku lan kowe sak sadulur êmoh nganggo nganti mèh lali mênyang duwèke dhewe (pusaka kang baku).

Bakyu, nyêlani: Elingku, kira-kira nalika panjênêngane Radèn Patah jumênêng nata Islam ing Dêmak, ing kono wiwite dirusak lan diocar-acirake pusaka duwèke Jawa, ya duwèke dhewe, awit anggugu lan mituhu mênyang karêpe liyan.

Kangmas, sajak gêtun: O iya, saiki aku wis akèh rada ngandêl, yèn karêpe wong mănca (liyan) iku kabèh mungguh bisaa iya pancèn arêp anyirnakake babar pisan mênyang darbèk lan kagunaning uwong Jawa, ananging wong diilang-ilangi ora bisa ilang (kaya dene saiki, kaya apa bae panêmu lan panindake utawa akale pamarentah anggone arêp anyirnakake pakumpulane wong Jawa, iya uga ora sirna, nanging mandhak sangsaya andadra, kayadene [kaya...]

--- 16 ---

[...dene] aji cahcăndhabirawa),[1] gèk kapriye.

Bakyu, sajak mêmpêng: Yèn omahe, iya iku bumine isih ambêgêgêg, isih mêgêr-mêgêr kaya cupu manik, apa iya pirantine kalakon bisa ilang, kiraku ora bisa.

Adhi: Mila inggih cilaka utawi bongganing kula panjênêngan sak sadhèrèk, dene sampun gadhah piyambak tur inggih langkung pêpak, punapaa têka dipun tambuhi, malah lajêng kalajêng-lajêng rêmên ngangge gadhahanipun tiyang sanès (nyilih-nyambut).

Bakyu, sajak gêtun: Karo manèh, yèn dipikir kang dawa, lan dinalar kang mulur, apa bêcike nganggo barange liyan (nyilih), măngka wong nyilih iku bênêre kudu ambalèkake, wong utang iya kudu nyaur. Lan manèh mungguh barang olèhe nyilih mau dijaluk sing duwe, awit arêp kanggo dhewe, aku karo kowe (kang nyilih) arêp budi kapriye, apa iya ora arêp diulungake. Nanging mungguh diulungake aku lan kowe ora ana sing dianggo, bêtèke barange dhewe wis ilang marga lali, jalaran saka dhêmên nyilih lan kèrêm mênyang barang silihan mau. Gèk banjur kapriye.

--- 17 ---

Kangmas, sajak kèmêngan: Mulane gèk kapriye, upama dikukuhana wong barange liyan, tur sing duwe butuh arêp nganggo dhewe. Mungguh yèn ora diulungake wis mêsthi diarani uwong ala lan luput, nanging mungguh ora dikukuhi wong wis kabanjur dhêmên lan butuh nganggo. Arêp nganggo duwèke dhewe wis ilang jalaran lali. Ah, iki kaanan mêrkengkong yèn dipikir. Sawise kapriye manèh, sêga wis dadi jênang.

Adhi: Kangmas utawi bakyu rak inggih taksih kèngêtan dongèng: gagak ngangge êlaring mêrak, sasampunipun gagak wau ambubuti êlar lan wulunipun piyambak, lajêng ngangge êlar lan wuluning mêrak ingkang ambrondholi. Wusana lajêng kêmpal kalihan mêrak lan botên purun kêmpal gagak malih, awit rumaos sampun sarwa gumêbyar botên kusi kados gagak. Ananging pun mêrak botên purun dipun kêmpali malah nlabungi. Salajêngipun lajêng kêmpal kalihan gagak malih, ananging pun gagak ugi lajêng sami sumingkir, awit dipun ewak-ewakakên. Êliding dongèng: gagak ingkang ngangge laring mêrak wau lajêng pêjah ngênês.

--- 18 ---

Ingkang makatên punika, bilih kula lan panjênêngan sakalihan kalajêng-lajêng kados makatên (sêngit ngangge gadhahanipun piyambak, lan rêmên ngangge lan amulyakakên gadhahaning sanès, ngantos dipun rencangi rêbatan lan grêjêgan kalihan sadhèrèkipun piyambak), gênah sangêt dados tiyang mêrkengkong utawi kapir. Gèk lajêng kados gagak punika.

Bakyu: Iya bênêr dhi kang mangkono iku, ananging mungguh aku lan kowe iki diarani: wong kapir, rak iya êmoh ta. Lagi diarani gêblêg bae têrkadhang muring. Saiki kapriye murih prayogane, supaya bisa ilang watak lan kalakuan kang mangkono (kapir) iku.

Adhi: Lakar inggih makatên, cobi upami kula dipun wastani kapir utawi gêblêg, kula labuhi pênthêlêngan saèstu, apêsipun kula prênguti. Ananging sarêng kula wongsal-wangsulakên nalaripun, lêrês ingkang mastani. Samantên ugi sarèhning kula lumuh kawon tumraping lêpat, utawi isin mundur, mila kula inggih tansah ngèyèl, adrêng utawi brêngkolo kemawon.

--- 19 ---

Kangmas: Lha gèk kapriye, wong wis gênah lan wis wêruh utawa wis ngrumangsani luput, mungguh didunung-dunungake, wis wêruh dununge lan wis ngrumangsani dumunung luput, kok mêksa ngèyèl, mêksa ubêngan golèk brobosane luput, iku uwong kapriye.

Adhi: Punika kula nyumanggakakên dhatêng panjênêngan sakalihan.

Bakyu ngêmu raos sajak botên condhong: Yèn panêmuku, iku iya uwong nakal, wong arêp mênang-mênangan utawa wong ngèyèl.

Kangmas: Yèn nyata mangkono, iku iya diarani uwong ora gênah, utawa uwong ora urus, utawa manèh wong kang lumuh ing bênêr. Măngka aku wis ngandêl bangêt lan kanthi nyata, yèn karêpe uwong sajagad iki padha anjaluk bênêr, rak iya ta.

Adhi: Inggih, kula ugi sampun ngandêl, kajawi ngupados lan nêdha lêrês, tiyang sajagad punika mêsthi inggih ngupados lan nêdha: eca, sakeca, bingah, sugih, mulya, luhur lan linangkung.

--- 20 ---

Bakyu: Iya, iku lugu dhi kandhamu, wis mêsthi mangkono kabèh karêpe wong sajagad mau, ora luput.

Kangmas: Iya, wis bênêr, ora luput, ning iki dicuthêl bae dhisik, ayo padha anutugake ngrêmbug bab prayogane pirantining omah mau dhisik, dirêmbug nganti têkan padane panêmumu lan panêmuku.

Adhi: Inggih sumăngga kula andhèrèk.

Kangmas, mawi ambatêk napas sajak ngungun: Iya, yèn bab omah, mungguh panyawang lan panêmuku saiki malah sangsaya bêrgas tinimbang biyèn. Mung pirantine aku lan kowe kang wajib amulyakake lan nata, murih omah iku sangsaya imbuh asri lan pèni, kapriye patrap lan pratikêle.

Adhi: Punika saking pamanggih kula gampil kemawon kangmas, purba wasesa dhatêng ingkang gadhah, ugêr panjênêngan sakalihan sampun karsa, lan kula sak sêdhèrèk ugi sampun doyan, purun anandangi punapa malih mragadi, mêsthi kalampahan badhe dados sangsaya wêwah sae.

Bakyu: Iya bênêr dhi kang mangkono iku, mungguh uwong kêklumpuk mêsthine iya wiwit saka sathithik, ananging [a...]

--- 21 ---

[...nanging] lawas-lawas rak iya bakal sangsaya mundhak akèh.

Kangmas: Apa iya mangkono, ananging gèk kapriye panggarape, wong aku lan kowe wis padha lali, nganti ora wêruh babar pisan, bêtèke wis padha katlêtuh karêm mênyang duwèke liyan. Kajaba saka iku sarèhning barange liyan mau wis padha koarêpi lan komulyakake, wusana banjur padha kotinggal, apa ora andadèkake sêrike.

Adhi, sajak ngoso: Êlo, kangmas punika kok anèh, sumăngga kula aturi anggalih ingkang lêrês, damêl sêrik kadospundi ta, panjênêngan kula punika rak sampun gadhah piyambak, rak inggih ta bakyu. Dados sampun salêrêsipun barangipun piyambak dipun tata lan dipun mulyakakên piyambak, sintên ingkang badhe murina, lan sintên ingkang badhe sêrik. Kalihan malih punapa pêrlunipun lan punapa saenipun, dene gadhahanipun piyambak pating bêdhagrèg. Kok pêrlu andandosi lan amulyakakên gadhahaning sanès. Kalihan malih tiyang karasipun piyambak runggut anjêmbrung,

--- 22 ---

kok dados têgêl-têgêlipun angrêsiki karasipun tăngga. Punapa punika botên nama kalintu, punapa namung kapengin alêm.

Bakyu: E iya-iya dhi, pancèn ora bênêre. Dapak-dapak dièsêmi ing liyan.

Kangmas: Iya-iya dhi, bênêr kowe, aku kang luput, ananging gèk kapriye manèh, wong aku isih jubêl mênyang bab iku.

Adhi: Makatên kangmas, wiwitipun sumăngga sami dipun lampahi (dipun tandangi). Băngsa Walandi utawi Arab punika sami gadhah satunggiling dintên ingkang sami dipun mulyakakên, kadosdene Minggu dipun mulyakakên dening para Walandi, Jumuwah dening băngsa Arab, saking panyuwun kula tiyang Jawi inggih kêdah gadhah dintên ingkang kamulyakakên. Samantên punika kula pasrahakên dhatêng para sadhèrèk sadaya, dintên pundi salêbêtipun pitung dintên sapisan ingkang badhe kamulyakakên kadosdene Minggu utawi Jumuwah.

Bakyu: Bênêre iya mangkono, lagi sêpur utawa tram bae duwe palerenan lan iya dilèrèni, barêng manusa karêpe anggolèk kasil (nyambut [nya...]

--- 23 ---

[...mbut] gawe), kok ambandhang têrus, kuwata karêpe măngsa kuwata ragane, kuwata ragane măngsa kuwata rasane.

Kangmas: Yèn mangkono, manut ing bênêr tanggal sapisan sasi Sura iku iya uga kudu dimulyakake kaya tanggal sapisan sasi Sawal, utawa tanggal sapisan Januari. Awit tanggal sapisan Sura iku tanggal gantining taun Jawa (tanggap warsa) rak iya ta.

Adhi: Lêrêsipun inggih makatên, tinimbang mulyakakên satunggal Sawal utawi satunggal Januari, rak langkung utami mulyakakên sapisan, Sura tumraping sadhèrèk Jawi.

Kangmas: Mungguh bae, yèn bisa rak iya bêcik ta dhi, mèlu mulyakake duwèke liyan iku.

Adhi, sajak anyêl: Ah kangmas iku ta, tênèh ora dirêmbag ora dirêmbug ane.

Bakyu nyêlani: Bênêr kowe dhing dhi, wong dirêmbug ngaya-ngaya, jêbul mak plêthis, ngandika sing kaya ngono.

Adhi: Inggih sae kemawon, malah langkung utami, ananging mênggah lêrêsipun, inggih barangipun piyambak langkung rumiyin dipun damêl sae, manawi sampun sae [sa...]

--- 24 ---

[...e] sayêktos tanpa cacad, sawêg anggarap baranging sanès, punika nami langkung utami, tur inggih botên kainan utawi botên dipun èsêmi sanès.

Kangmas: Bênêr, ning saiki kapriye rèhning wong Jawa sapanduman akèh dadi kănca buruhing Walănda, lan Walănda anêtêpake dina Minggu kanggo anginggar-inggar driya (dina lèrèn), apa buruhe arêp ora manut, apa arêp nyambut gawe dhewe.

Adhi, sajak rumaos kalajêng-lajêng: Sampun rumiyin, kangmas utawi bakyu, rèhning sampun dalu kula kaparêng wangsul.

Kangmas: Mbok mêngko-mêngko dhisik, kok kasusu ana apa ta, wong durung rampung lan durung marêm olèhku rêmbugan.

Bakyu, nyêlani sajak gêla: Mbok iya ta dhi, ayo padha ditutugake dhisik, wong aku uga durung marêm lan durung mari kangên.

Kangmas: Saiki wis jam pira ta.

Adhi, mawi ngiling-ilingi arloji sajak kagèt: We lha, sampun jam kalih punika kangmas, benjing enjing rak karipan, kalihan malih rak dipun ajêng-ajêng kang rayi, [ra...]

--- 25 ---

[...yi,] mangke dipun kintên nyalèwèng, awit kala wau botên pêrsabên.

Bakyu sajak karênan: Mosok, ora-ora, ora-orane kowe diarani nyalèwèng, mêngko aku sêksine, sesuk utawa êmbèn yèn mèlu mrene utawa aku mrana, dak kandhanane. Uwong iku rak apa labête, kowe rak ora tau nyalèwèng ta.

Kangmas nyêlani: Bocah wiwit cilik mula, lugu, mulane bisa kaya mangkono, bêtèke ora tau slewengan.

Adhi: Inggih botên nate, nanging sarèhning sampun dalu.

Kangmas: Iya-iya, wis muliha, mundhak karipan lan mundhak dadi pangarêp-arêpe bojomu, sesuk utawa êmbèn bae balia, apa aku kang mrana.

Adhi, sampun ngadêg kanthi taklim lan gumujêng: Sampun kêparêng, sugêng sare kangmas, bakyu.

Kangmas: Iya, nyangoni slamêt.

Bakyu sajak kadugi kanthi gumujêng: Iya dhi iya, nyangoni slamêt. Wong bocah ngajak rêmbugan durung tutug lan kang diajak uga durung marêm, kok dipêdhot [di...]

--- 26 ---

[...pêdhot] dhewe. Iku diarani sak kêpenake dhewe = mêngko gèk nyalèwèng.

Adhi, sampun lumampah sarta gumujêng: Botên kadosa.

Pêpanggihan ingkang Kaping Kalih.

Sasampunipun kula rêsik-rêsik griya lan badan kula, antawis jam wolu enjing kangmas rawuh dhatêng griya kula (adhi).

Adhi sajak gita: Dhik ibune Rata, ibune Rata, gilo kangmas rawuh mrene.

Ipe, mêthukakên sajak gita lan bingah: Bakyu pundi kangmas, kok botên andhèrèk.

Kangmas, sampun lênggah sajak ayêm: Êmbuh mau, êmbuh apa sing durung kabênêran, swarane kok rame ana ing buri, banjur dak tinggal mrene iki.

Ipe, sampun linggih jèjèr kalihan ingkang jalêr kanthi gumujêng sajak sênêng: Bakyu bae, dina-dina pijêr rèbyèk suthik nganggur, apa iya ora kêsêl.

Adhi, nyêlani: Mbok ngilo, awake dhewe kuwi kapriye. Têrkadhang nganti ora wêruh wêngi.

Kangmas: Wong wis dadi karêpe mêngkono kapriye ta, dipênging măngsa gêlêma, iku iya sok dak elingake. [e...]

--- 27 ---

[...lingake.] Rak padha kaslamêtan kabèh ta. Bocah-bocah ana ing ngêndi.

Ipe: Pangèstu panjênêngan sakalihan inggih wilujêng. Ingkang agêng sami kesah sakolah. Duka, ingkang alit-alit. Kala wau inggih sami rame wontên ngriki, bokmanawi sami dolan, mênyang ngêndi ta mas bocah-bocah mau.

Adhi: Êmbuh, manawa diajak dolan êmbokne (êmbane).

Kangmas, kanthi mandêng ingkang rayi: Kowe wingi bêngi, têkan omah jam pira.

Adhi: Sampun jam satêngah tiga.

Kangmas: Iya mèmpêr, awit saka kana kae rak wis jam loro luwih ta.

Ipe nyêlani: Kawuningana kangmas, kula botên sagêd tilêm punika kangmas, awit botên pêrsabên kok ujug-ujug ical ngantos dalu.

Kangmas: Besuk manèh yèn ora ana kandhane, iya kudu sak kapenakmu dhewe.

Ipe: Dipun punapak-punapakakên mêksa botên sagêd punika kangmas, yèn botên katingal tansah [ta...]

--- 28 ---

[...nsah] dados gagasan kemawon. Tur inggih sampun sami sêpuhipun.

Adhi, kanthi gumujêng: Bonggan, mbok omong-omong karo anake, wong iya duwe anak.

Ipe, mawi ambalang ulat mrêngut lan anyablèk: Iya bae, uwong lanang iya kaya mangkono iku unine, sing nglakoni iki ta, yèn bocah-bocah wis padha turu...

Kangmas sajak nyêlani: Dhi, bapakne Rata, ayo padha nutugake ngrêmbuk wingi bêngi kae. Coba pikirên ta, sarèhning kănca buruh iku dicukupi butuhe dening kang amburuhi, mulane iya wis dadi bênêre manut dhèwèkne.

Ipe, sajak sampun mangêrtos dhatêng ancasing rêmbag: Inggih kangmas, kasinggihan dhawuh panjênêngan punika, lan inggih sampun saklêrêsipun, kănca bêrah punika kêdah manut ingkang ambêrahi. Samantên ugi nalika panjênênganipun Radèn Patah anata agami Islam, saking pamanggih kula sintên tiyangipun ingkang sagêd têmbung lan aksara Arab, lajêng kaparingan lênggah inggil lan têdha kathah, andadosakên pêpenginaning ngakathah. Salajêngipun [Sala...]

--- 29 ---

[...jêngipun] kadosdene jaman sapunika, nalika dèrèng patos kathah tiyang utawi lare ingkang sagêd têmbung Walandi, sintên kemawon tiyangipun ingkang sagêd têmbung Wêlandi aksara latin, inggih lajêng kaparingan lênggah inggil lan balănja kathah.

Adhi: Iya pancèn mangkono, ning saka panêmuku iku kabèh mung kanggo pulut bae, tandhane: barêng wis akèh kang padha bisa têmbung Walănda, apa rupane, kowe rak wêruh dhewe ta.

Kangmas: Pangiraku iya bênêr kaya kang padha kokandhakake iku, barêng lanang wadon wis padha mratah baut nulis lan pintêr têmbung Walănda, banjur anjupuk sakpêrlune bae. Ananging kang mangkono iku iya uga isih ana bêcike, sak ora-orane yèn wis pintêr, tinimbang kang ora wêruh babar pisan kaya aku iki.

Adhi: Punapa kangmas kasupèn, panjênêngan wau rak sampun dhawuh piyambak: kang akèh dadi buruhing Walănda. Inggih ingkang dados bêrahing Walandi, ingkang botên bêrah mriku punapa botên sagêd ada-ada piyambak, punapa sagêdipun namung

--- 30 ---

sak manut thok. Sumăngga ta kula aturi anggalih.

Kangmas: Yèn wis katêmu nalare lan yèn padha gêlêm mêsthi bisa ada-ada dhewe manut apa bênêre, lan ora monat-manut thok kaya bocah cilik, iya iku anut grubyug ora wêruh ing rêmbug. Ananging gèk kapriye manèh, kajaba manut Walănda, saperangan manèh sadulurmu iki padha manut agama Islam, lan kudu angluhurake lan amulyakake dina Jumuwah. Ta, kapriye.

Adhi sajak anyêl: Hara ta, kangmas dhawuhe rak mubêng. Kula botên ngrêmbag bab agami. Kawuningana dintên Jumuwah punika botên katêtêpakên kalêbêt rukuning agami Islam, lan malih têmbung Arab: jamangah punika têmbungipun Jawi: kêmpalan, dados sami kalihan dintên Minggu tiyang agami Kristên kêmpalan wontên ing Grija.

Ipe, sajak angrencangi kang raka ipe: Basakneya bapakne Rata iku nèh kok gampang anyêle, kangmas iku rak andangu ta. Sarèhning saiki-iki kang akèh padha angluhurake Jumuwah lan Ngahat, banjur aku sak sadulur iki milih lan nganggo [ngang...]

--- 31 ---

[...go] dina apa, kang arêp diluhurake.

Kangmas, mèsêm sajak katuju: Iya bênêr ibune Rata, sing dak karêpake, sawise padha gêlêm angluhurake dinane dhewe (kanggo lèrèn nyambut gawe pitung dina sapisan, kanggo anginggar-inggar driya), iku anjupuk dina apa.

Adhi: Ing sarèhning botên badhe kula panjênêngan piyambak ingkang badhe amulyakakên, mila kajawi kula sumanggakakên dhatêng para sadhèrèk sadaya, kula gadhah pamrayogi dintên Rêbo, awit Rêbo punika manut têmbungipun Jawi: buda, sarta manut laras lan suraosipun, buda budining Jawi punika inggih kêdah dipun enggar-enggar, dipun biraèkakên supados birai, wusananipun berag. Beraging budi angênèmakên pikajên, mahanani mêmpêng ing sadayanipun.

Kangmas: Dhi, panêmumu iku saka rasa rumangsaku iya wis mathuk bangêt, nanging kang isih andadèkake rangu-ranguku, dene aku krungu têmbung: kolod, lan Brawijaya, lan têmbung iku padha dimaksudake: ala. Jalaran tatanan lan cara kuna iku wis ora kanggo tumraping jaman saiki.

--- 32 ---

Mulane têmbung iku (kolod Brawijaya) kajaba mêtu saka lesane sanak utawi mitra, sing akèh uga mêtu saka lesane sadulurmu dhewe. Mulane aku uga ora gumun, sarèhning kolod lan Brawijaya iku padha dimaksudake ala, banjur padha ora gêlêm ngango lan anglêluri.

Adhi: Inggih kangmas, sak pirêng kula wontên têmbung kolod lan Brawijaya punika, sarêng wontên ebahing jaman, sadhèrèk kula thukul watak kasatriyanipun botên purun dipun rèmèhakên ing papan sarawungan (kêmpalan, kados ing pulo Jawi: papan sarawunganipun sadaya băngsa).

Kangmas: Êndi kang kok arani rèmèh, lan êndi wujuding rèmèh iku.

Adhi: Sumănga kula aturi anggalih. Nalika singkèk Cina utawi Arab mindringan dhatêng (sowan) wontên ing dalêmipun asistèn wadana utawi wadana, băngsa punika ngangge tatanan ingkang sajak taklim dhatêng ingkang dipun sowani. Ananging sarêng sowan sêsarêngan wontên ing ngarsaning ingkang bupati, wadana utawi asistèn wadana wau sampun lêrêsipun ngadhêp [nga...]

--- 33 ---

[...dhêp] kanthi sila wontên ing ngandhap, ananging singkèk Cina utawi Arab wau lajêng tumut linggih ing kursi. Punika punapa botên angrèmèhakên drajading sadhèrèk piyambak.

Ipè nyambêti: O inggih makatên kangmas, dados manawi asistèn wadana utawi wadana punika ngadhêp utawi nyêmbah ingkang bupati, prasasad ngadhêp lan anyêmbah Cina utawi Arab têpanganipun punika. Kajawi punika manawi wontên ing pasamuan agêng (kopêrènsi), sasampunipun para wadana sapangandhap lênggah sila jèjèr wontên ing ngandhap, pun Cina Arab utawi Wêlandi sindêr rosan wau lampahipun lajêng miyak mêdal sasêla-sêlaning ingkang sami sila. Manawi dipun raosakên prasasad angidak-idak sirahipun ingkang sami sila. Utawi malih bilih wontên sadhèrèk kula Jawi ingkang gadhah pratikêl utawi kalakuan ingkang angawon-awon sadhèrèkipun, lan angalêm pratikêl lan kalakuanipun piyambak kangge sarana ngupados pêndhok (pikantuk pamrih), punika ugi kalêbêt rèmèh.

Kangmas: O layak, iya mèmpêr lan uga bênêr karêpe [ka...]

--- 34 ---

[...rêpe] sadulurmu kang padha ambuwang rèmèh iku, awit iya pancèn katon saru tênan, prasasad tanpa aji. Kajaba saka iku, upama ditata nganggo êmpan lan papan, kiraku luwih bêcik.

Adhi: Pancèn inggih langkung utami, awit manut suraos lan larasing têmbung: tata lan êmpan papan punika kemawon sampun anandhakakên sae. Tur sapunika inggih sampun tata piyambak, tandhanipun: manawi sajak katingal rèmèh utawi saru, lajêng botên purun ngangge, wujudipun: upami pun mantri ngadhêp ingkang bupati, wusana kasêlan dhatênging sanès băngsa ingkang sajak dipun gatosakên dening ingkang bupati, sang mantri lajêng sumingkir, dene sang bupati ugi sampun tampi sasmitaning pun mantri.

Kangmas: Iya, lakar wis kaya mangkono, ning upama barêng katêkan liyan băngsa banjur ditata mangkene: si mantri ora kêparêng sumingkir, nanging banjur si mantri iku diunggahake, apa sang bupati mlorot, iku ana ing pangawasane sang bupati. Lan banjur bêbarêngan jagongan, yèn ana dhuwur iya ing dhuwur kabèh, dene yèn ana ing ngisor iya ing ngisor kabèh.

--- 35 ---

Adhi: Inggih, tumraping pasamuan sami mara tamu pancèn inggih utami, nanging tumrap wontên ing padamêlan kirang prayogi. Mênggah prayoginipun, sintên ingkang dhatêng rumiyin punika ingkang dipun rumiyinakên ngantos rampung, ingkang dhatêng kantun sinaosa sintên kemawon kêdah kapurih têngga. Makatên sasaminipun.

Kangmas: Lan manèh saka panêmuku, sakabèhing băngsa iku duwe adad lan tata cara dhewe-dhewe, nanging yèn ana uwong Jawa wis nganggo adad lan tatanan Jawa anyar (anyar atêgês manut ombaking jaman sêsrawungan), sarta uga wis manut êmpan lan papan, nanging kok isih diarani kolot utawa majapaitan iku kapriye.

Ipe nyêlani sajak ewa: Punika saking pamanggih kula tiyang ingkang badhe ical adadipun. Măngka saking sêsêrêpan kula: Walandi, Cina, Arab tuwin sanès-sanèsipun băngsa punika, sinaos[2] sampun maèwu-èwu taun wontên ing pulo Jawi, adad lan tata caranipun têka mêksa dipun angge, malah sami dipun tiru dening tiyang Jawi. Kajawi saking punika para pranakan ingkang sampun tigang [ti...]

--- 36 ---

[...gang] atus pêrsèn saking Jawi, kok inggih dipun wulang utawi dipun lantih adad lan tata caraning bapakipun.

Adhi: Punapa sampun gênah, lan punapa kangmas inggih ngandêl bilih têmbung kolot lan Brawijaya punika awon, manawi sampun gênah awon, sampun lêrêsipun bilih sami dipun lêpèh utawi dipun bucal, samantên punika bilih awon wau sampun botên kenging dipun ewahi utawi dipun damêl sae babar pisan. Dene manawi taksih kenging dipun ewahi utawi dipun dandosi, punapa botên langkung prayogi dipun dandosi.

Kangmas: Ora ngandêl, nanging isih rangu-rangu dene aku durung pati plong olèhku anggagas.

Adhi: Sumăngga kula aturi anggalih kangmas, bab kolot. Kolot têmbungipun sanès: lim utawi ancur, dayanipun plikêt, ginanipun kangge anganthilakên punapa kemawon, dados saupami tanah Jawi punika botên wontên kolotipn, gênah sampun risak kocar-kacir, sagêd ugi sampun ical musna. Nanging sarèhning wontên kolotipun, dados sinaosa [sina...]

--- 37 ---

[...osa] kocar-kacir kados punapa kemawon inggih mêksa taksih kanthil. Saha malih saking pamanggih kula saiba wêwahing plikêtipun, upami kolot wau dipun olah malih sarana dipun wêwahi barang ingkang langkung plikêt, kintên kula sagêd ugi sangsaya rakêtipun manawi kangge nglèngkètakên barang ingkang sampun kocar-kacir, wusana sagêd tuntum malih kados dayaning aji păncasona. Kajawi saking punika Brawijaya punika rak asmaning nata binathara ing tanah Jawi. Awon punapa Sang Prabu Brawijaya. Punapa panjênêngan kasupèn kangmas, nalika taksih panjênênganipun Sang Prabu Brawijaya, kajawèn punika rak kombul lan kuncara sangêt.

Ipe nyêlani: Kalihan malih, Sang Prabu Brawijaya punika panggalih lan ambêgipun pinandhita, rak inggih ta kangmas, cobi upami botên saea panggalihipun Sang Prabu Brawijaya, punapa Sèh Maolana Mahgrib dipun lilani manggèn wontên ing pulo Jawi, dipun paringi panggenan lan têdha, punapa malih dipun lilani mêncarakên kawruh (ilmu) ingkang wusananipun mandhak angèngsêrakên panjênênganipun saking

--- 38 ---

praja. Ta kadospundi punika, sintên ingkang dumunung awon.

Kangmas: Ambalèni bab panacad, sing dak gumuni iku dene sadulurku dhewe uga mèlu nacad darbèk lan lêluhure dhewe, iku kapriye.

Adhi: Panacad ingkang badhe tumut tanggêl kapitunèn punika, panacad atêgês badhe nglêrêsakên, dene manawi namung sak kèndêl nacad thok punika atêgês badhe ambibrahakên. Sarèhning pun badhut sampun mangêrtos têgêsing panacad, lajêng amangsuli ngangge wangsalan: êmbêl ana ing cèrèt, ora tambêl aja crèwèt, kajawi manawi: klobot kacêmplung êmbêl, mulane repot awit tambêl, wangsalan punika tunggil têgês kalihan: kêplok ora tombok.

Ipe nyêlani: Kangmas, mila sadhèrèk kula purun nacad gadhahanipun piyambak, punika kajawi pikantuk pangojok utawi prabawaning sanès, sagêd ugi wêdaling lesan wau tanpa dipun nalar ingkang panjang utawi dipun raosakên, kadospundi mênggah kadadosanipun.

--- 39 ---

Kangmas: Pangiraku uga mangkono. Măngka bênêre: yèn darbèk utawa yasanku mau dicacad ing liyan awit pancèn kurang bêcik, iku banjur dak owahi utawa dak dandani murih bêcik utawa mundhak bêcike.

Adhi: Mila sadhèrèk kula sapunika pating balêsar awit namung sak monat-manut utawi namung sak ela-èlu thok, inggih punika namung sak anut grubyug ora wêruh ing rêmbug.

Kangmas: E iya iya dhi, iya, dadi yèn mangkono aku kowe lan sak sadulur iki kang padha kalèru, dene suthik padha angulur nalar lan angulir budi.

Adhi: Punika ugi lêrês kangmas, mila kula sak sadhèrèk botên purun angulur nalar utawi angulir budi, awit gêsang kita Jawi nalika taksih kawêngku dening Jawi, wontênipun namung sak ayêm lan têntrêm, jalaran sandhang têdha sarwa mubra-mubru, siti pandumanipun wiyar-wiyar tur inggih êloh sangêt, ngantos kenging kawastanan, gêmah ripah loh jinawi. Kabêkta saking mirahing sadayanipun, kathah ngamănca sami ngungsi mriki, ngantos dumugi sapunika [sa...]

--- 40 ---

[...punika] inggih malah sangsaya kathah băngsa mănca ingkang sami ngindhung utawi mondhok ing ngriki.

Ipe nyambêti rêmbag: Saking dayaning ayêm lan têntrêm sarta kula sadaya dèrèng sami mangrêtos bilih jagad punika mubêng, wusana lena. Sarèhning bawana punika mubêng lajêng ngawontênakên kosok wangsul, inggih punika ingkang ayêm dados gorèh, ingkang bingah dados sisah sasaminipun. Salajêngipun sarèhning sangsaya lami sangsaya kathah para mănca ingkang sami dêdunung, wusana lajêng andhêsêk saking sakêdhik, pandhêsêkipun wau mawi reka daya (akal sasaminipun), dhasar ingkang dipun dhêsêk kajawi lena inggih namung salugu, ngantos botên kêraos. Ingkang makatên punika mila inggih tansah kadhêsêk, inggih kèngsêr sayêktos, wusana inggih sami kataman rêkaos saèstu.

Kangmas: Sawise padha rêkasa lan padha ngrêsula kaya mangkene, dalan êndi kang bêcik padha diêtoni murih lakune ora rêkasa manèh, sokur bagi sèwu bisa bali mênyang ayêm lan têntrêm.

Adhi: Botên sanès inggih kêdah purun rêkaos, kadosdene lêlampahanipun Sêcalêgawa,

--- 41 ---

katlarak dumugi pucaking rêdi Malehawan. Kacriyos saking inggil lan gawating rêdi, kabasakakên: janma mara janma mati, setan mara setan mati, sampun cacak sipating manusa ing arcapada, sanadyan dewa pisan mêsthi musna tanpa karana wontên ing rêdi ngriku. Lêlampahan ingkang kados makatên punika ngantos anggumunakên dhatêng pun wanara seta inggih Sang Anoman. Sasampunipun imbal sabda, lajêng dhawuh mawi sêkar dhandhangêndhis:

kunêng lingnya Rama Dayapati | angandika Sri Rama Wijaya | hèh Anoman sira kiye | gampang tanapi ewuh | uwis ana ingkang darbèni | yèn mung anjaluk gampang | wêdi ing pakewuh | kabèh karêp tan katêkan | gampang angèl yèn dipuntu dadi siji | purwa madya tan ana ||

Cêthanipun: tiyang badhe sakeca punika kêdah purun rêkaos, lan bilih pêrlu ugi kêdah purun pêjah.

Kangmas: Rêkasa kapriye kang kokarêpake, apa rêkasa ngluyur kaya lakune Sêcalêgawa.

Adhi: Bab purun rêkaos, punika manut punapa ingkang dipun maksudakên. Upami kêpengin badhe sugih, inggih kêdah purun rêkaos nyambut damêl ing

--- 42 ---

kang pikantuk kasil, lan ugi kêdah purun rêkaos ngirit wêdaling kasilipun, makatên sasaminipun.

Ipe nyêlani: Dadi yèn mangkono ya bapakne Rata, sarèhning aku kabèh iki kapengin kapenak, mulya lan luhur kaya dhèk jaman Brawijaya. Nalare kudu diulihake, yaiku: luwih dhisik kudu angluhurake lan amulyakake pusaka-pusakane dhewe kang asli. Anjupuk kaca brênggala kang gêdhe-gêdhe lan kandêl rasane, kanggo ngilo.

Kangmas sajak rêna: Iku bênêr panêmune ibune Rata, dadi rasane mulih karo nalare, lan manèh samubarang yèn ora direwangi rêkasa, lan yèn ana pêrlune uga kudu wani mati, wis mêsthi ora kalakon karêpe.

Adhi: Lakar inggih makatên. Saminipun tiyang kêpengin sae, nanging botên purun mêdal margining sae, kadospundi sagêdipun sae. Tangèh lamun, awit manut ing nalar botên mantuk.

Kangmas: Mandhêg dhisik, iki dak cuthêl, liya dina padha dirêmbug manèh. Rèhning iki wis awan nganti lungse, lan aku ora kăndha yèn mrene, mêngko [mêng...]

--- 43 ---

[...ko] mundhak dadi pangarèp-arèpe bakyumu.

Ipe sajak gêla: Kok kasêsa kemawon ta kangmas, mangke bakyu rak rawuh mriki madosi, punapa kula kengkenan ngaturi bakyu. Dhahar rumiyin inggih kangmas.

Kangmas jêngkar lajêng lumampah alon-alon: Anggone anggolèki mênyang ngêndi. Wis ora, mêngko aku madhang ing omah bae. Liya dina bae padha ditutugake. Wis ya padha karia slamêt.

Ipe, ugi ngadêg anguntapakên: Kangmas kok kasêsa kemawon, andhèrèkakên wilujêng kangmas.

Adhi, ugi anguntapakên: Andhèrèkakên wilujêng kangmas.

Kangmas: Iya, wis ya. Lajêng pisahan...

Pêpanggihan ingkang Kaping Tiga.

Wanci jam satêngah ênêm sontên kangmas lan bakyu pinuju lênggahan ing latar sajak anginggar-inggar panggalih. Dhasar ing awang-awang katingal sumilak rêsik, langitipun katingal biru laut maya-maya, tur kalêrês tanggal kaping tiga wêlas wulan Jawi. Pêpêthetan katingal [ka...]

--- 44 ---

[...tingal] sêgêr-sêgêr. Sêkaripun sami ngrompyoh kados sinoming kênya ingkang endah ing warni tur gandês luwês mrakati doyan ing damêl katiyup ing samirana midid. Toya labêting siraman ingkang sami tumèmplèk ing ron utawi sêkar, parêntulipun kadosdene riwening kênya wau sawêg anandangi damêl. Soroting damar sasăngka tumanduk ing ron konthol bêlang ingkang warni abrit pêthak, amujudakên kadosdene umbul-umbuling karaton Jawi ing praja Surakarta Adiningrat, anyasmitani: wani lan suci, utawi wani ing rêsik, inggih wani ing bênêr utawi wani jalaran bênêr. Rumput-rumputipun katingal papak ijêm royo-royo, kadosdene banderaning praja Mangkunagaran, ing Surakarta Adiningrat. Anyasmitani bilih: ayèm sarwa botên kêkirangan satunggal punapa. Sadaya punika katingal asri lan sari, ambêkta hawa ingkang eca. Asrining paningal lan ecaning hawa anumusi dhatêng panggalih têntrêm lan ayêm. Ayêm lan têntrêming panggalih, amudharakên ruwêting sadaya gagasan, wusana anggampilakên sadaya sêdyaning manah (pikajêng). Gampiling sêdya anumusi raos eca sakeca.

Kula kêkalih taksih sawatawis ragi têbih, bakyu sajak sampun pirsa:

--- 45 ---

Bakyu anjawil kangmas: Mas, galo ibu lan bapakne Rata mrene.

Adhi lan ipe sajak taklim: Kula nuwun kangmas, bakyu.

Bakyu sajak bingah: Pancèn padha dak arêp-arêp, kêbênêran padha mrene.

Kangmas: Wis ayo padha linggihan ing kene kêpenak, lan sajak laras.

Sasampunipun sami linggihan tiyang sakawan.

Bakyu: Kalihan gumujêng sajak bingah, rak padha kêslamêtan, bocah-bocah êndi kok ora ana sing padha mèlu.

Ipe kanthi gujêng: Pangèstu panjênêngan sakalihan, inggih sami wilujêng. Lare-lare sami botên purun tumut, awit sami mêmpêng anggènipun sinau, ingkang alit piyambak tumut êmbokipun.

Kangmas kanthi mèsêm: Kêbênêran ta, tansah sarimbitan kaya dadi pangantèn anyar manèh.

Bakyu kanthi gumujêng: Dhèk wingènane bêngi kae pakne Rata têkan omah jam pira, rak ora koarani nyalèwèng ta.

--- 46 ---

Ipè kanthi gumujêng: Jam satêngah tiga, bakyu: sawêk dumugi ing griya. Botên nate kula ngintên utawi mastani nyalèwèng, tiyang jalêr kemawon têka dadak dipun wêstani mêkatên, yèn kêrsa măngsa ora bisaa. Kula tansah mêrêm mêlik botên sagêd tilêm punika bakyu, gèk lunga mênyang êndi uwong iki mau, tanpa ana kandhane apa-apa jêbul mak blas nganti wayah ngene durung têka.

Adhi, mawi gumujêng sajak anggodha ingkang èstri: Botên dhing bakyu, gênah yèn ana uwong arêp lêlungan pijêr andhêdhês-dhêdhês bae nganti nganyêlake. Rak inggih bonggan ta bakyu, têka botên sagêd tilêm punika, aku ta iya ora akon ora bisa turu.

Ipe, kanthi ambalang ulat lan gumujêng kêcut sarta anggablog ingkang jalêr mawi tumungkul: Pring dhèmpèt. Karo manèh aku ora tau andhêdhês-dhêdhês. Bok ora kondur pisan apa aku ngarêp-arêp.

Bakyu kanthi gumujêng: Wong dhèk wingènane bêngi kae lagi dêdrêg rêmbugan karo kangmase, malah padane aku dhewe uga durung marêm, ning dhèwèke

--- 47 ---

ambêrot awit wêdi yèn koarêp-arêp utawa kouring-uring, banjur dhèk wingi gênti kangmasmu kang ilang, jam loro lagi rawuh.

Ipe: Inggih, lakar inggih têdhak mrika, ugi dêdrêg angrêmbag sambêtipun manawi.

Kangmas: Ayo dhi saiki padha angrêmbug bab pirantine omah manèh, kapriye murih dadi bêcike. Kowe rak isih eling ta, wis pirang-pirang taun saprene sadulurmu kabèh iki padha kèlingan mênyang sadulure manèh, yaiku padha ngajak rukun. Awit rukun iku andadèkake rosa lan santosa.

Bakyu nyêlani: Pancèn iya bênêr, rukun iku andadèkake rosa lan santosa. Tăndha yêktine: sada kang pating balêsar, barêng diklumpukake lan banjur ditalèni dadi siji, kêna kanggo nyapu angilangi uwuh.

Kangmas, nglajêngakên dhawuhipun: Ananging barêng tansah ora bisa rukun, banjur ana kang duwe panêmu, nacad lan angêmohi duwèke dhewe manèh, yaiku aksara Jawa (pusaka Jawa asli), kandhane: iya bae sadulur Jawa ora bisa rukun.

--- 48 ---

awit manut aksarane tansah pengkalan, tarungan, kêrêt-kêrêtan, ulu-ulunan, patèn-pinatèn sapanunggalane.

Adhi: Kangmas, saking pamanggih kula, aksara kangge watonan kula sak sadhèrèk botên sagêd rukun, punika kula botên ngandêl lan botên mantuk nalaripun.

Bakyu nyêlani lan sajak ewa dhatêng pamangih wau: Iku uwong ora urus, awit aksara kok kanggo waton jalarane uwong Jawa ora bisa rukun.

Ipe ugi sajak ewa: Lakar inggih punika bakyu, kula inggih sok mirêng rêmbag makatên punika, nanging sarèhning kula dèrèng manggih nalaripun, mila kula inggih namung sak kèndêl, nanging ing batos inggih maibên.

Kangmas: Yèn disawang sak kêplasan, lan diulah-ulihake iya rada mulih, ananging nglêngkara dene aksara kanggo pathokan margane ora bisa rukun.

Adhi: Sajak inggih sagêd mantuk ing nalar, ananging manawi dipun manah ingkang saèstu, punika namung satungiling akal ingkang lêmbat, supados tiyang Jawi anglêpèh

--- 49 ---

gadhahanipun piyambak ingkang pêrlu, wusana lajêng sangsaya rèmèh, bêgjanipun dipun ece. Jare êmoh rèmèh, nanging kok anjaluk rèmèh.

Bakyu sajak gêtun: Iya, aku ngandêl bangêt, sakabèhing uwong mêsthi duwe pamrih supaya rêmbuge diturut lan gaweyane diarêpi dening uwong akèh. Kajaba saka iku, sanadyan wong Jawa ora doyan, nanging wis dadi pandumane si Jawa, mulane iya tansah kanthil ora bisa ilang. Dapak-dapak kaya paribasan: ngêbur tai ing bathok, muncrat mênyang raine dhewe.

Ipe sajak gêtun: Aksara Jawi punika rak inggih pusaka Jawi asli ta bakyu, sapunika ragi botên pajêng, dados ragi katilêp, nanging mangke manawi kula Jawi sampun kèngêtan rak sagêd katingal mêlok malih ta.

Adhi: Cobi kangmas kula aturi anggalih ingkang lêrês lan dipun raosakên ingkang saèstu. Cangkrimanipun petruk makatên: sajroning badan ana tulis, yèn ora kosumurupi, rusak gamanira. Ingkang makatên punika [pu...]

--- 50 ---

[...nika] bilih sami ngandêl ing panacading sanès, lan lajêng anglêpèh dhatêng pandumanipun piyambak, kintên kula badhe sangsaya kalintu lan sangsaya rèmèh. Ora mundhak mandhak mêndhak, ora luhur ning mandhak kojur.

Bakyu nyêlani saha gumujêng: Ora, kowe iku ta dhi, sing kogagas liyane badhud, petruk, kok angguyokake.

Ipe: Inggih punika bakyu, sabên-sabên lajêng sumingkir ngiwa, lan ugi lajêng kèndêl kemawon, sajak lêngêr-lêngêr kados wontên ingkang dipun gagas, manawi kula cakêti botên purun, manawi kula ajak omong inggih lajêng nyêntak, mila kula inggih lajêng sumingkir lan ugi lajêng tumut kèndêl.

Kangmas: Yèn dak pikir lan dak rasakake iya ngêmu rasa kang bênêr bangêt cangkrimane petruk iku, awit uwong Jawa uga kudu eling aksara lan têmbunge dhewe.

Adhi: Manut aksara, kacriyos Wêlandi sagêd rukun. Punapa kula sadaya botên mirêng bilih Wêlandi sami tarungan, pengkal-pengkalan ugi pêjah-pêjahan, [pêjah-pê...]

--- 51 ---

[...jahan,] damêl gègèring tiyang sajagad, aksara Cina ingkang gêmbêl kados rêmpèyèk utawi gimbal urang, punapaa Cina sami Cina ugi sami kêrêt-kêrêtan jăngga, Jêpang ingkang tunggil aksara kalihan Cina, kok inggih pêrang layaran, ta: kadospundi, aksara kangge pathokan rukun.

Bakyu: Dadi saiki aku wis mangêrti, yèn uwong kang tansah ela-èlu iku sawijining uwong kang ora antêpan, bisa uga uwong kang lamis, gawene mung sak adu-adu. Upami diajak lara tumêkane mati wis gênah lumuh.

Kangmas: Kira-kira iya ora adoh karo nyatane kang kokandhakake iku. Ananging uwong iku rak bêcik kang manut ta ora rêkasa.

Adhi sajak ngalulu: Inggih pancèn inggih botên rêkaos tiyang ingkang manut punika, jalaran punika drajading abdi utawi magang, lan ugi sampun eca, awit botên rêkaos sampun tampi cadhong sêkul utawi sandhangan. Manawi sampun trimah inggih sokur. Dados magang inggih sampun eca sakeca, mbok magang kemawon, sampun kapengin [ka...]

--- 52 ---

[...pengin] anggayuh răngga utawi dêmang sapanginggil.

Bakyu nyêlani: Măngka aku krungu calathuning sanak, yèn ana sadulur kang sajak nglêluri pusakane banjur diarani gugon tuhon, utawa uwong kuna.

Adhi: Punapa bakyu ajrih dipun wastani makatên, punapa awonipun tiyang kina, lan punapa awonipun eyang-eyang panjênêngan.

Kangmas: Têmbung gugon tuhon iku lugune saka têmbung lingga gugu lan tuhu, dadi wis bênêre manusa kudu ana kang digugu lan dituhoni, kaya ta: băngsa Arab padha kekah utawa kurban, băngsa Cina padha lomban, băngsa Walănda sinikolas, gawe uwong irêng lan liya-liyane.

Bakyu: Karo manèh, paribasan: desa mawa cara, iku iya uga nyata yèn seje băngsa iya seje adad lan carane, mulane iya ora bisa ilang. Lan sarèhning ora bisa ilang, apa ora luwih bêcik sangsaya padha dibêcikake.

Ipe: Bakyu, kathah tiyang wicantên: manut dhawuhing kitab, uwong nyêmbah kayu watu iku karam (ora kêna), ananging kula sumêrêp piyambak

--- 53 ---

sabên dintên ngêlangke (Anggara Kasih utawi Jumuwah) kathah tiyang sagêd ugi atusan utawi ewon pating blêbêr sami kesah dhatêng pundhèn-pundhèn utawi patilasan-patilasan, wontên ingkang ngubêngi tembok panti Mangkunagaran, waringin kurung tuwin sanès-sanèsipun, punapa punika botên nyêmbah kayu watu utawi gugon tuhon.

Bakyu: Iya, aku dhewe uga sok mrono, awit barêng aku anggugu lan mituhu manut antêping atiku, dilalah sarwa gampang apa kang dak karêpake. Lan manèh saka panêmuku bocah utawa uwong kang ora ngandêl mênyang gugon tuhon iku wis mêsthi olèh utawa krungu wulange liyan. Ananging barêng wis ora nganggo gugon tuhon, wêkasane banjur ora antêpan.

Kangmas: Iya bae, awit piwulang mau mawa pamrih supaya uwong Jawa ilang gugon tuhone, banjur rusak adad lan carane, wusana ilang kagunane marga olèh pasode kang ora digugu lan ora dituhoni.

Bakyu: Mulane aku iya gumun, lan manèh ya gene [ge...]

--- 54 ---

[...ne] yèn kuburane wong Jawa padha dirusak, nanging kuburane dhewe padha diluhurake lan dimulyakake.

Ipe: Cêkakipun kula sampun ngandêl sangêt bakyu, bilih sadaya wau mawi pamrih supados tiyang Jawi ical kasêntikanipun, wusana gampil dipun ocar-acirakên. Kadosdene criyosipun Rêsi Durna dhatêng para Korawa: yèn Si Wrêkodara (satunggiling tiyang ingkang lugu, têmên lan antêpan) sirna, patine Pandhawa suwe mijêt uwohing ranti. Makatên ugi saking pamanggih kula: watak lugu, têmên lan antêpan tumraping Jawi inggih tansah dipun obat-abitakên murih sirna, lan sasampunipun mobat-mabit mèh sirna, punapa wujudipun sapunika.

Kangmas: Dadi saiki aku uwis ngandêl lan mudêng bangêt, samubarang iku murih bêcike kudu diulah-ulihake nalare. Yèn kaanan lan nalar mau wis bisa mulih, bêcike maksud iku banjur padha dilakoni kanthi mantêp lan têtêp, iya iku digugu lan dituhoni, nganti têkan kapriye bae. Adad kang

--- 55 ---

wis kalakon dilalah gampang katêkan maksude. Mungguh mlèsèda iya ora akèh utawa ora adoh.

Adhi kanthi mengo ningali ingkang èstri: Ibune Rata, sajake kok wis wêngi, ayo padha bali.

Bakyu sajak gêla: Kok kasusu bae ta, mbok mêngko-mêngko dhisik.

Ipe sajak kasêsa: Mangke lare-lare kadospundi, lan rencang-rencang gèk taksih sami têngga, awit botên kula pêrsabêni.

Kangmas: Iya wis padha balia, lan iya uwis wêngi, mêsakake bocah-bocah.

Sadaya lajêng sami ngadêg bibaran.

Wusana atur kula dhatêng para maos, panganggit kula buku punika, botên gadhah maksud anatoni utawi damêl sêriking sanès, ananging namung sak lugu gadhah maksud ngajak anglêrêsakên punapa kemawon ingkang sajak lêpat utawi kirang lêrês, angèngêtakên sintên kemawon ingkang kasupèn, lan anêdahakên margining kawilujêngan ngantos kadumugèn [kadumugè...]

--- 56 ---

[...n] punapa ingkang sami dipun jăngka. Sambêting maksud kula badhe kawrat ing buku: margining rukun inggih margining utami. Lan panyuwun kula andharan ing nginggil punika mugi sami dipun galih ingkang saèstu, mawi larasan suraos.

[Grafik]

Utamining budi, ngutamèkakên agami.

 


căndhabirawa. (kembali)
sinaosa. (kembali)