Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 001–095)

Judul
Sambungan
1. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 001–095). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
2. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 095–190). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
3. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 191–288). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
Citra
Terakhir diubah: 17-09-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Pakêm Tarugana

Kanggenipun murih anggugah manahing tiyang sèkèng supados sagêd tangi sawatawis, sarta lajêng purun ngrêmbag dhatêng kawêkêlan.

Kaanggit dening Mas Ngabèhi: Prawira Sudira.

Cap-capan ingkang kaping: 4. Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1913.

--- [1] ---

Punika Pakêm Tarugana

Kanggenipun murih anggugah manahing tiyang sèkèng supados sagêd tangi sawatawis, sarta lajêng purun ngrêmbag dhatêng kawêkêlan.

Kaanggit dening Mas Ngabèhi: Prawira Sudira.

Cap-capan ingkang kaping: 4. Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1913.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

JAVAANSCH LEESBOEK

PAKÊM TAROEGANA

VERVAARDIGD DOOR WIJLEN

MAS NGABEHI PRAWIRO SOEDIRO.

4e DRUK.

Semarang-Drukkerij en Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang 1913.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

Punika Pakêm Tarugana

1. Pamulasaraning siti.

Bilih wontên pasitèn sabin ingkang kapara ragi asring kakirangan toya jalaran têbih saking tuk, sumbêr utawi lèpèn ingkang toyanipun mili ajêg, pasitèn wau supados sagêd mêdal asilipun, kêdah kapulasara kados ing ngandhap punika.

Pasitèn ingkang nyabuk, sadangunipun taksih katiga sadèrènging wontên jawah, kêdah kagarap sarana kapacul, kabrujul gêgaringan. Paculanipun kêdah kalêmbatakên ngantos sagêd alus kadosdene siti ingkang kagaru, murih sagêd angumês. Manawi sampun alus, kadugi lêt sawulan sadèrèngipun măngsa jawah, [ja ...]

--- 6 ---

[... wah,] kenging kauwuran gabah saking kalih warni punika salah satunggil: 1. gabah pantun gaga, kawastanan tanêman gaga, 2. gabah ing pantun ingkang asring katanêm mawi toya, kawastanan tanêman pantun gaga rancah.

Mênggah patrapipun makatên: lêlahan wau kabrujul ingkang kêrêp sawatawis, gabah kaècèrakên, dhumawah urut kaelananing brujul. Manawi panguwuripun sampun rampung sadaya, lêlahan lajêng kagaru ngantos rapêt, supados gabah wau kaurugan ing siti, sampun ngantos katampêk sangêt dening bêntèr. Yèn sampun watawis sadasa dintên langkung, gabah wau masthi katingal tuwuh, lajêng kajagi ingkang sae-sae, sampun ngantos risak dening khewan. Bilih sampun măngsa jawah, gaga rancah punika masthi sampun inggil, dados ing têmbe botên badhe kantun tinimbang kalihan tanêman pantun sabin ingkang pikantuk toya, sabab sadaya sabin [sabi ...]

--- 7 ---

[... n] ingkang angsal toya, wiwitipun anyêbar bilih sampun wontên jawah. Makatên ugi pamatunipun gaga rancah, cêkap sarana mawi pacul utawi pancong.

Gaga rancah punika yèn ing tanah ampah dipun wastani tiparan utawi ipukan. Manawi kalajêngakên kaingah ngantos awoh botên kabubut inggih kenging, nama tiparan utawi gaga rancah.

Dene yèn siti lincad, pamulasaranipun makatên: siti punika kêdah kapaculan murih pêjaha rumputipun kemawon. Rumputipun kakêbutakên sarta kabêsmi, sabab punika siti atos, botên kenging kadamêl lêlahan alus. Manawi sampun wontên jawah, paculan wau masthi ambyar, awit sampun ginêmplang dening bêntèring surya. Yèn sampun katingal ambyar lajêng kagaru ingkang alus, kapănja lan kauwuran gabah, sabên lèng-lengan pănja kasukanan gabah tiga utawi

--- 8 ---

sakawan. Sasampunipun tuwuh kêdah kajagi, sampun ngantos risak dening khewan. Wondening pamatunipun kenging mawi pancong awit nama gaga rancah ugi. Punapa malih pangingahipun, mawi kaêlêb toya kadosdene sabin loh inggih kenging, kangingah asat-asatan kados têgil inggih kenging. Ananging bilih wijinipun gabah ingkang nama pantun gaga têgil, pangingahipun sadangunipun kêdah asat-asatan kemawon, botên kenging dipun toyani kadosdene sabin loh. Upami kapêksa makatên, masthi kirang prayogi kadadosanipun.

2

Bilih siti patêgilan ampah, salêbêtipun taksih măngsa katiga sadèrèngipun wiwit dhumawahing jawah rêndhêng, sadaya siti kêdah sampun sêdhiya lêlahan kasar, murih rumputipun pêjah lan lungkanipun [lungkani ...]

--- 9 ---

[... pun] lêlahan sagêd gêmplang dening bêntèring surya. Kadadosanipun manawi kadhawahan jawah lungkanipun sagêd ambyar.

Ing wêktu siti sampun ambyar kenging jawah sapisan, tumuntên kapaculan utawi kabrujulan kalêmbatakên, kapănja dipun dhawahi wiji punapa kasênênganipun.

Warninipun wiji ingkang cocog kalihan patrap ingkang makatên wau, inggih punika ingkang nama: 1. gabah pantun gaga, 2. jagung, 3. canthèl, 4. jali, 5. juwawut, 6. wijèn, 7. gudhe, 8. kadhêle, 9. kacang landhês, 10. kacang grubug, 11. kajang ijêm, 12. kacang cina, 13. kapas, 14. sêmăngka, 15. krai, 16. timun, 17. waluh tuwin sapanunggilanipun.

Mênggah panguwuripun wiji, ing dalêm salènging pănja botên kenging langkung saking 4 wiji. Salajêngipun tanêman wau kêdah kajagi sampun ngantos kasèp watunanipun.

Mênggah patraping pananêmipun palawija,

--- 10 ---

kados ingkang kasêbut ing nginggil, ananging manawi mangsanipun kasèp saking jawah sapisan wêktu siti mawur abrit, masthi kirang dadosipun.

3

Bilih têgil siti rêdi ingkang miring, pamulasaranipun kêdah dipun kothaki rumiyin, mênggah patraping pangothakipun kados ing ngandhap punika.

Siti katêksira: wiyar, ciyut, panjang utawi cêlakipun kothakan, makatên ugi ingkang kadamêl galêng, siti ingkang ngandhap kêdah kainggahakên, murih sampun ngantos kuwalik lêmènipun. Wondening manawi kadugi sampun ngungkuli siti ingkang nginggil, lajêng karadin, sampun masthi sagêd dados prayogi, tur taksih loh.

Damêl kothakan punika upami siti ingkang nginggil kaudhunakên kadamêl galêng, dadosipun [dado ...]

--- 11 ---

[... sipun] masthi baras, cêngkar utawi gêthak, jalaran dados siti kuwalik. Ingkang masthi ing salêbêting tigang taun siti gêthak wau anjalari botên sagêd andados tanêmanipun. Mila sadaya siti ingkang kacithak kadamêl kothakan, sanadyan badhe sabin utawi badhe têgil, pandamêlipun galêng kêdah siti ingkang ngandhap kainggahakên, murih lêmènipun botên katutupan ing siti dhahas.

Siti kothakan wau manawi sampun dados lêrês-lêrês, patrapipun pananêming wiji-wiji inggih kadosdene ingkang kasêbut ing ăngka: 1 lan 2 ing ngajêng wau.

4

Siti rêdi ingkang kenging kapulasara kothakanipun, ananging botên purun rujuk katanêman wiji palawija kados ingkang kasêbut ing bab 2, jalaran saking asrêpipun, [a ...]

--- 12 ---

[... srêpipun,] pamulasaranipun kêdah kaupadosakên wiji ingkang rujuk purun katanêm wontên ing papan parêdèn ingkang tanah asrêp. Mênggah warninipun wiji kados ing ngandhap punika: 1. gandum, 2. sata, 3. kobis, 4. bawang saha sapanunggilanipun. Anamung pananêmipun sadaya wau sitinipun kêdah mawi kalêmèn.

5

Siti parêdèn ingkang sakalangkung miringipun, krakalan ingkang kathah selanipun, utawi ingkang sakalangkung inggilipun, punika pamulasaranipun kêdah kadadosakên wanagung. Mênggah patrapipun makatên:

Kaupadosakên wijinipun kitri taunan, katanêm wontên ing panggenan ingkang badhe kadadosakên wanagung wau. Warninipun wiji ingkang migunani sangêt ingatasipun wontên ing wanagung inggih punika :

--- 13 ---

Yèn pasitèn ingkang ragi andhap panggenanipun, kenging katanêman wiji: 1. arèn, 2. durèn, 3. manggis, 4. năngka, 5. pête, 6. jengkol, 7. pucung, 8. sêdhah, 9. mrica, 10. kêmukus, 11. cabe, 12. dêling, 13. siwalan, 14. kêmiri, 15. gêbang, 16. klapa, 17. wohan, 18. asêm, 19. pêlêm, 20. kuwèni, 21. cêngkèh, 22. pala, 23. sarangan, 24. manis jangan, 25. kapundhung, 26. kêmudhu, 27. rambutan, 28. gowok lan sapanunggilanipun. Sadaya punika yèn sampun tuwuh kenging kategakakên, botên kenging mawi kapulasara sarana kadhangir.

Pasitèn rêdi ingkang nglangkungi inggil saha miringipun, punika tanêmanipun ingkang rujuk namung wijinipun kolang-kaling (arèn) kalihan kêmlandhingan rêdi lan kajêng cêmara.

Măngka kajêng arèn kenging kaewokakên nama tanêman ingkang agêng pamêdalipun, awit upami kajêng arèn wau

--- 14 ---

sampun wiwit agêng, kenging kapêndhêt duk saha kawulipun. Mênggah wohipun ingkang nama kolang-kaling, ugi kenging katêdha, nanging rêkaos pamulasaranipun. Wondening ingkang gampil pamêndhêting asilipun, inggih namung kadèrès kapêndhêt badhègipun kadamêl gêndhis. Mênggah patrapipun andamêl gêndhis makatên:

Wit arèn ingkang sampun awoh kolang-kaling, masthi ing têmbe mêdal sêkaripun ingkang nama dangu. Dangu punika wêdalipun kenging kapetang sataun kaping 2, ing sapisan wontên ingkang sêsarêngan mêdal 2 utawi 3.

Dangu ingkang sampun manglung saking wit, dipun rêsiki tapasipun, gaganging dangu kapalu alon-alon mawi gandhèn kajêng ingkang agêngipun watawis salêngên, panjangipun kalihan ingkang dipun cêpêngi kalih têngah kaki. Pamalunipun sabên gangsal dintên sapisan, ngantos rambah kaping gangsal, [gang ...]

--- 15 ---

[... sal,] dados tigang dasa dintên. Manawi dangu wau sêkaripun sampun mêgar lajêng kabucal manggaripun kakêthok watês ing krompolipun manggar. Tuwin manawi gagangipun dangu wau sampun ragi mêmbut, lajêng kapagas mawi dèrès murih papak sarta alus kêthokanipun. Lajêng kapăncawara (panggenan papakan dipun tapêli godhong dhadhap srêp ingkang sampun kapusus), manawi papakan wau sampun purun mêdal badhègipun têmètès ragi kêrêp, lajêng katadhahan ing bumbung dêling ingkang agêng, panjangipun kawan ros. Salajêngipun sabên kalih wêlas jam (enjing lan sontên) bumbung ingkang isi badhèg kaudhunakên, papakan dangu kairis sakêdhik (kapagas) lajêng kagantosan bumbung ingkang rêsik sarta ingkang taksih kothong. Bumbung wau sabên-sabên sadèrèngipun kainggahakên kadamêl wadhah badhèg, kêdah dipun kumbah ingkang rêsik mawi wedang, sarta lajêng kasumpêt,

--- 16 ---

murih garing. Nanging sabên-sabên badhe kainggahakên kêdah kasukanan laru, dene ingkang nama laru kados ing ngandhap punika:

Salah satunggiling tatal galihipun kajêng năngka utawi kulit manggis ingkang sampun garing, kacuwil-cuwil ingkang watawis sanyari agêngipun dipun kum ing toya apu, sabên bumbung satunggil kasukanana toya apu ingkang sampun mambêt laru tigang canthing, nanging canthing cangkanging kluwak.

Bilih dangu wau badhègipun dêrês sangêt masthi sagêd ngudhunakên ing dalêm nêm jam sapisan, dados manawi wêktu dalu bumbung wau kêdah kasungsun kadamêl nadhahi leberanipun nalika bumbung ingkang nginggil kêbak. Wondening dangu wau yèn pancèn kalêrês ingkang dêrês sangêt, botên susah kapagas, masthinipun amung dipun rêmpêlas kemawon panggenan papakan.

Patrapipun andèrès makatên: ing witipun arèn kasukanan ăndha

--- 17 ---

dêling ingkang panjangipun nyandhak dumugi panggenan dangu. Sanginggiling dangu kasukanan kerekan pirantos ngudhunakên bumbung ingkang isi badhèg utawi kangge nginggahakên bumbung ingkang kothong.

Patrapipun damêl gêndhis: badhèg arèn kasaring mawi tapas utawi mawi kalo, yèn sampun rêsik nuntên kaindêl, pangindêlipun wontên ing kuwali siti utawi têmbagi ingkang agêng. Yèn sampun wiwit katingal muruh umob, umplukipun kêdah kaleroban mawi irus sarta kabucal. Manawi sampun wiwit sêpuh lajêng kadhawahan ipah, ipah punika: rajangan kalapa, kacang cina, jarak kêpyar, isining kêmiri utawi lisah klêntik. Sadaya wau namung salah satunggalipun kemawon. Manawi sampun wiwit kênthêl lajêng dipun dhêpluk dangunipun ngantos sêpuh dados gêndhis. Kuwali nuntên kaêntas, gêndhis katitis ing bathok utawi ing blêngkêr wilah ingkang sumèlèh [sumè ...]

--- 18 ---

[... lèh] ing balabag utawi ing tampah, manawi sampun garing gêndhis kacoplok.

Dangu satunggal ingkang dêrês, sagêd ngantos kangge satêngah taun, sarta sagêd pikantuk arta f 50.- dados manawi kathahipun dangu ngantos kalih iji, ing dalêm sauwit, masthi pikantuk arta f 100.- ing satêngah taunipun. Ananging ingkang limrah, dangu satunggal i[1] dalêm sadintên amung pikantuk arta 14 dhuwit, dados bilih ngantos satêngah taun namung pikantuk arta f 25.48. Măngka kajêng arèn wau manawi sampun wiwit mêdal dangunipun, kenging kadèrès ngantos 12 utawi 15 taun.

6

Mênggah ingkang andadosakên cêngkaripun siti pasabinan, ingkang jalaran saking kirang toya utawi kirang lêmèn punika,

--- 19 ---

awit saking wanagung ing parêdèn sami risak, dados padhang.

Wanagung punika saèstu mitulungi sangêt, andamêl lohipun sadaya pasabinan ingkang tadhah luh saking toyanipun wanagung wau. Mênggah têrangipun makatên:

Ingkang sapisan: ing wêktu măngsa mêndhung, sabên mêndhung wau lampahipun kabêkta ing angin, ugêr kasanggrok ing wana parêdèn, masthi kathah toyanipun ingkang wutah ing panggenan ngriku, dados saurutipun kêdah kathah toyanipun ingkang tumètès saking gêgodhongan.

Ingkang kaping kalih: sadaya pluruhanipun godhong ingkang sami rêntah ing siti, ugêr bosok têmtu dados lêmèn, bilih jawah dêrês sadaya lêmèn kèli saking rêdi dhumawah ing corah-corah anjog ing sabin, utawi ing lèpèn ingkang toyanipun kabêndung kailèkakên dhatêng sabin.

--- 20 ---

Ingkang kaping tiga: sadaya kêkajênganipun wanagung sagêd angiyomi sawiyaripun siti, dados siti wau awèt têlês, botên ngêrak jalaran saking katêmporong ing surya utawi katiyup ing angin.

Ingkang kaping sakawan: sadaya oyod-oyodipun kêkajêngan sagêd ngêmu toya sadangunipun, dados amurugakên panggêng wêdaling tuk sarta sumbêr-sumbêr.

Ingkang kaping gangsal: sampun kacihna ing pundi-pundi ingkang nama wanagung, sanadyan kêtiga panjang, tumètèsipun bun ingga sadintên muput ugi têksih lêstantun, sagêd anêlêsi siti saurutipun, punika ugi ingkang mitulungi rêmbêsing tuk ing sumbêr-sumbêr tuwin ing lèpèn-lèpèn.

Ingkang kaping nêm: pratandhanipun, ing pundi-pundi pasabinan ingkang tadhah luh saking parêdèn, nalika kinanipun rêdi wau taksih dados wanagung, sabin wau ugi taksih [ta ...]

--- 21 ---

[... ksih] loh. Ing pawingkingipun sarêng wananipun sampun padhang tur sami kathah ingkang jugrug, anjalari dados cêngkaring sabin wau, awit kaisèn latrèn jugrugraning siti rêdi ingkang warni lêmpung kêlèt, krikil utawi pasir.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipadi Arya Mangkunagara ing Surakarta sampun anyobi sagêd ambudi kagunganipun siti parêdèn ingkang sampun cêngkar wusana wontên ingkang dados loh, jalaran saking pambudining panggalih, rêdi padhang cêngkar sagêd mêdal toyanipun kathah kadosdene ingkang kasêbut ing Bramartani taun 1878 ăngka 6, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang sampun kacariyos ing sêrat kabar rumiyin, ing mangke watawis sampun 2 taun laminipun. Satunggaling rêdi tanah ing Sêmbuyan kabawah ing kadipatèn Mangkunagaran, awit saking dhawahipun ingkang [ing ...]

--- 22 ---

[... kang] kagungan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, rêdi wau kadhudhuk sarta lajêng mêdal toyanipun, ngantos saprêki[2] têksih lêstantun ilinipun saha amaedahi dhatêng ingatasing para abdi băngsa alit. Toya wau rèhning anyuwara gumrojog, mila rêdinipun kaparingan nama Tirtaswara.

Sarèhning toya punika ingatasipun among tani prêlu sangêt, kados saminipun tatêdhan ingatasing tiyang gêsang, mila Gusti Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara dèrèng antawis lami aparing dhawuh malih dhumatêng abdinipun wadana panêkar Radèn Mas Wiraasmara, sawarnining rêdi ing tanah Sêmbuyan, ingkang sami êmbês ngêtuk mêdal toyanipun kapurih andhudhuk.

Sasampunipun Radèn Mas Wiraasmara lumampah anitipariksa, manggih panggenan ingkang dumunung wontên ing rêdi Kidanglayang, punika wontên toyanipun anyumbêr, [anyu ...]

--- 23 ---

[... mbêr,] lajêng kadhawuhakên andhudhuk. Sarêng sampun watawis lêbêt, pandhudhukipun jêdhug ing guwa, panjangipun 4040, wiyaripun 7 kaki, ing ngriku toyanipun gumrojog mêdal tigang panggenan, agênging toya saking satunggal-tunggaling panggenan, kintên-kintên wontên 6 dim pasagi.

Toya wau ing mangke sampun kenging kaangge dening tiyang tani kadamêl angurit winih pantun, saking antawis anyêkapi kangge sabin sorotan kirang langkung 400 bau. Dene rêdi punika saking karsanipun kangjêng gusti kaparingan nama Tirtaupaya.

Prênah salèr kilènipun ing rêdi Tirtaupaya wontên rêdi malih kawastanan ing Pancuran, sarèhning punika ugi wontên êmbêsanipun, mila inggih lajêng kadhawuhan ambikak. Sarêng sampun kadhudhuk angsal 10 kaki lêbêtipun, panjangipun 160 kaki, toya lajêng mêdal, kathah kêdhikipun [kê ...]

--- 24 ---

[... dhikipun] katimbang kalihan ing Tirtaupaya watawis tikêl tiga.

Sakidulipun rêdi Tirtaupaya, watawis 2 pal têbihipun, wontên rêdi malih ing Salam, punika inggih kadhudhuk saha lajêng anjêdhug ing guwa, panjangipun 170, wiyaripun 5, inggilipun 3 kaki. Ing ngriku wontên umbulipun, agênging toya 2 kaki pasagi. Wondene guwa wau mawi anyuwara gumlêdhêg.

Rêdi kêkalih punika saking karsanipun kangjêng gusti sami kasantunan nama. Ing Pancuran kaparingan nama ing Giriwaya, ing Salam ing Tirtasêbawa.

Toyanipun rêdi kêkalih kasêbut ing wingking wau, ing mangke ugi sampun lajêng kaangge para tiyang alit anggènipun sami angurit winih pantun. Dene para abdi băngsa alit ingkang lumêbêt dhatêng guwa, sami kaparingan ganjaran warni arta tuwin pêngangge sapêngadêg.

--- 25 ---

Saking prakawis punika upami ing sanès panggenan wontên toya sumbêr utawi tuk-tuk ingkang sakintên toyanipun kenging katadhahan dhatêng sabin utawi têgil, bokinggih wontêna karsanipun ingkang kagungan pasitèn anyobi kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau.

7

Mênggah pasitèn pasabinan ing tanah ampah, pundi ingkang sakintên sitinipun nyabuk, sanèsipun saking tanêman pantun ing waktu katiga, masthi katanêman palawija. Punika tanêman palawija kêtiga wontên warni: 1. canthèl, 2. kapas, 3. jarak, 4. sata, 5. lombok, 6. terong, 7. krai, timun, sêmăngka, waluh lan kacang warni-warni, 8. kêdhêle, 9. kêtela warni-warni, lan 10. kimpul cinthang, luwakan, laos sarta bêtèn.

--- 26 ---

8. Pananêming canthèl kapas lan jarak.

Sarêbahing dami kêdah kababadan damènipun, kapănja lan kauwuran, ing dalêm saêlènging pănja 3 utawi 4 wiji. Manawi wiji wau sampun tuwuh watawis sakilan inggilipun, tumuntên kadhangiran rumputipun. Mênggah prayogining pandhangir kêdah kaping kalih. Wondening awis kêrêping pamănja sampun ngantos kirang saking tiga têngah kaki, langkung awis langkung sae.

Yèn canthèl sampun sêpuh, pamulasaranipun kababad ing panggenan gagang, kauyun sapocong-sapocong kagodhog satêngah matêng utawi kajarangan, (murih kenging kasimpên lami, botên katêdha ing bubuk) lajêng dipun pe ngantos garing. Kajawi ingkang nêdya kasimpên lami, kagêntang kadosdene pantun, panosohipun [panosoh ...]

--- 27 ---

[... ipun] mawi katêlêsan murih ambaludhuk, lajêng kaolah kadosdene uwos.

Yèn jarak, bilih sampun sêpuh kaundhuh kalihan dhêdhompolanipun kaêpe ing siti. Manawi sampun sami ambyar pisah saking gêndhokanipun, kalekepan sarta anggras-anggrasipun dipun ayabi kabucal, jarakipun kapisah dipun wadhahi. Sabên dintên kêdah kaêpe ingkang garing sangêt, lajêng dipun tapèni ingkang rêsik sarta kasimpên. Manawi badhe kadamêl lisah makatên:

Jarak wau dipun pususi rêsik, kaêpe ngantos tuntas, lajêng kagorèng asat-asatan wontên ing sangan, mênawi sampun gêmambirang (kêmrăngga) mèh satêngah gêsêng kaêntas saking sangan kaasrêpakên. Yèn sampun asrêp kabêbak ing lumpang ngantos lêmbat dados lumèng, lajêng kagodhog mawi wedang ingkang waunipun kangge anggodhog mêranging pantun, ingkang kapara kaladukên [kala ...]

--- 28 ---

[... dukên] wedang murih dhêplokan jarak wau sagêd kumambang. Yèn panggodhogipun sampun umob masthi lisahipun sampun katingal sêmliwah, tumuntên dipun lerobi utawi kailing.

9. Bab pananêm saha pamulasaraning sata.

Manawi tiyang satunggal namung kuwawi nanêm sapara sêkawan bau, kêdah milih siti ingkang nyabuk utawi walêd sabau. Nujoni ing măngsa sadasa damèn sampun rêbah, kadhedhelan damènipun ngantos rêsik, katumpuk-tumpuk, mênawi kadugi sampun garing kêdah kaobar. Sitinipun kabrujul mujur ngidul, dipun ping kalih kabrujul mujur ngetan, kêdah dipun ping tiga kabrujul mujur ngalèr, lajêng dipun ping sakawan kabrujul mujur ngilèn, tumuntên kagorèk mawi pacul murih sitinipun sagêd garing kagêmplang dening bêntèring surya,

--- 29 ---

dene urut pinggiran ingkang botên kaambah ing brujul kêdah kapacul. Manawi siti wau sampun satêngah ambalêdhug, upami kasiram toya sampun purun mungêl gumrujus, punika sawêg kenging dipun uwuri.

Pangipukipun bibit sata ugi kasarêngakên nalika wiwit andhèdhèl damèn badhe panggenan lêlahan wau, patraping angipuk makatên:

Siti ingkang sae loh utawi nyabuk, kadamêl prapèn inggilipun kadugi 1/2 kaki, panjang sasênêngipun, wiyar sadhêpa kaunthuk-unthukakên, ngantos wiyaripun kantun 3 kaki. Manawi sampun kadamêl ambaludhuk dipun lus sarta kagêblèg murih sagêd madhêt, katêlêsan lajêng dipun wuri wijining sata ingkang sampun dados wos saha garing, awis kêrêpipun botên kapasthi ugêr sampun ngantos tumpangan. Ingkang lajêng kasasaban ngangge godhong pisang ingkang sawatawis rapêt,

--- 30 ---

lan sanginggiling godhong kêdah kasasaban ing blarak sapapah, murih godhong pisang wau botên anglingkab. Manawi sampun watawis kawan dintên katuwenan, bilih wiji sampun katingal manthingil, sadaya sasab kabucal, nanging kêdah kasukanan iyub-iyub balarak kaênam kadamêl kadosdene bango, wiyaring iyub-iyub ugi sacêkaping angiyomi prapèn kemawon, murih sampun ngantos bibitipun sata kabêntèrên. Mênggah inggiling tratag 2 1/2 kaki, ingkang sasisih kêdah kadamêl andhap, dugi-dugi kasuda sakaki. Bibit kêdah kajagi sampun ngantos kasaba ing khewan bangsani[3] ayam tuwin pêksi sapanunggilanipun. Bibitan wau kêdah sadangunipun sitinipun botên kenging garing, mila sabên badhe garing enggal kakêpyurana toya ngantos sitinipun têlês. Manawi godhonging bibit sampun wontên 3, 4 utawi 5 lêmbar sawêg kenging

--- 31 ---

kabubut katanêm. Pambubuting bibit sitinipun prapèn kêdah katêlêsan rumiyin, murih êmpuk botên anjalari moproling oyod.

Pananêmipun sata makatên: amanthênga kênthêng ingkang sampun tinêngêran badhe papêsthèning kowakan lêtipun nigang kaki, sabên panggenan dhawahing têngêr sitinipun karadin dipun lus sarta kasiram ing toya. Lan dipun sundêpi ngangge driji kangge nancêbakên bibit, sabên sakowak namung bibit satunggal. Unduripun kênthêng ugi lêt tigang kaki.

Uwuran sata wau pananêmipun kêdah wiwit ing măngsa wanci jam kalih siyang (lingsir kilèn) ngantos sasontên pisan, lajêng dipun kudhungi mawi punapa ingkang sagêd angiyomi, warninipun kados ta: godhong năngka, jati, ngangge sêpêt utawi kêthokaning klèkèpan gadêbog. Sabên dintên pêndhak sontên kêdah kasiram.

--- 32 ---

Tanêman sata punika yèn sampun umur 10 dintên mantun kasiram sarta kudhungipun kabikak. Salamining godhongipun dèrèng têpang kêdah pandhangiripun ing dalêm kalih dasa dintên sêpisan.

Tanêman sata wau pangrimatipun sabên wit kêdah dipun tuwèni kabucal amanipun ingkang warni ulêr gutho utawi walang, punapa malih godhongipun ing ngandhap piyambak ingkang kangsrah ing siti kêdah kabucal. Sata punika manawi sampun umur kadugi kalih wulan langkung sakêdhik wiwit sêkar, kêdah kapunggêl sêkaripun kabucal, nanging ingkang pancèn nêdya kadamêl wiji kêdah kaingah satunggal kalih kemawon.

Wit sata punika manawi sampun kapunggêl sêkaripun masthi mêdal pangipun kathah, nanging pang wau kêdah kabucalan sabên dintên.

Yèn sampun umur 100 dintên langkung, godhongipun katingal pating jakêthut mawi balênthong-balênthong, [ba ...]

--- 33 ---

[... lênthong-balênthong,] punika mratandhakakên sampun sêpuh kenging kaundhuh.

Patraping pangundhuh: godhong dipun pipiki, nanging kêdah kapara tiga. Godhong tiga utawi sakawan lêmbar ingkang ngandhap piyambak nama kapal dados sata nomêr 3, godhong ingkang têngahan kadugi gangsal lêmbar kapisah nama sata têngahan dados nomêr 2, godhong ingkang nginggil piyambak kadugi gangsal lêmbar utawi langkung nama kitir dados sata nomêr 1. Ing dalêm sapangkat-pangkating godhong kêdah kadadosakên satunggal kagulung mawi bêdhodhot (anam-anaman balarak) kabêkta mantuk, dumugining griya, bêdhodhot kakêndhokakên tangsulipun murih sampun ngantos lanas.

Watawis gangsal dintên laminipun kapriksaa, ingkang jêne dipun rowèki. (kabucal gagang utawi ada-adanipun.) Godhong ingkang sampun ical sadanipun dipun [dipu ...]

--- 34 ---

[... n] lintingi, sabên sadasa lêmbar kalinting piyambak, nanging godhong ingkang ijêm wau kêdah kaimbu malih murih dados warni jêne.

Pirantosing angrajang: sadhiya dhingklik inggilipun sakaki langkung kawan dim (42 sèntimètêr) panjangipun kawan kaki, wiyaripun sakaki, kasukanan cacak ingkang kagapit mawi sigaran dêling kandêl. Gamanipun nama gobang, wangunipun kados bêndho nanging wiyar ing pucuk sarta tipis.

Patraping angrajang makatên: lintingan sata wau kairis ing pucuk, katêkuk kaslêmpitakên ing cacak, katênêtakên ing tangan kiwa, kapagas mawi gobang ingkang kacêpêng ing tangan têngên, pangrajangipun kêdah alus.

Pirantosipun angêpe nama rigèn ingkang kadamêl dêling, warninipun anam-anaman wilah ingkang lêmbat, dipun anam awis-awis kadugi mrojol jênthik, murih sata sampun ngantos lèthèh. Rigèn kêdah [kê ...]

--- 35 ---

[... dah] dipun sukani uwat-uwat murih kêngkêng, lan urut pinggir kêdah kagapit.

Rajangan sata wau kawiwir, dipun jumi kajèrèng ing rigèn, nanging rigèn wau kasukanan wilah gumlethak kalih iji lêtipun sakilan. Sasampunipun katumpangan wiwiran sata, wilah kajunjung kalangkibakên manêngah, dados wiwiran sata wau katingal tata. Yèn rigèn sampun kêbak, kaêpe ing tlawungan ngantos sadintên, sontênipun rigèn wau kaiyubakên. Yèn sampun ragi ayêm rigèn ingkang isi sata katutupan ing rigèn kothong, lajêng kakurêbakên kawalik, ingkang nginggil dados ngandhap ingkang ngandhap dados nginggil, murih sata wau sagêd malik, rigèn ingkang satunggal kothong kasingkirakên. Sata kaêpe malih kaêntas sontên. Manawi sampun ayêm dipun lintingi sajamang-sajamang kawadhahan ing pirantos panyimpêning sata. Pandamêling pirantos wau makatên :

--- 36 ---

Irat-iratan dêling ingkang alit-alit kaanam nama kranjang. Kranjang wau kêdah kasèmèkan gadêbog garing ingkang sampun kadhèndhèng kabucal kulitipun, dados kantun atinipun kemawon.

Sata lintingan jamangan wau kalêbêtakên ing kranjang katata ingkang sae, koncèring gadêbog kagubêdakên manginggil, dipun pantèk mawi slukat wilah alit ingkang lêmês kalancipan ing bongkot pucuk kacublêsakên. Kranjang ingkang isi sata wau kasimpên, manawi watawis sampun langkung saking kawan wulan laminipun, sata wau sampun katingal gumrining abrit sêmu cêmêng kenging kabikak, kaangge susur, udut utawi kasade.

Bilih siti sabau masthi pikantuk arta langkung saking f 250.- măngka yèn katanêman sanèsipun sata namung sagêd pikantuk arta f 80.-.

Pandamêlipun wiji makatên: uwoh

--- 37 ---

ingkang sêpuh kapancas dalasan êpangipun kagêbung, ing dalêm sagêbung kawêlangsang piyambak, kaêpe kaadêgakên sampun ngantos sinungsang supados wijinipun botên sami mêdal.

10. Tanêman timun.

Sadaya siti lincad lêmpung utawi nyabuk, ugêr garing kenging katanêman timun, ing dalêm tiyang satunggal namung kuwawi nanêm sapara wolon bau utawi 62 obin.[4] Siti wau kapacul cinacah dipun kêpyuri toya lan kagêblègan, murih sagêda lêmbat sawatawis. Yèn sampun ragi lêmbat dipun gobag-gobag sawêtawis kemawon botên susah mawi got lêbêt, ing têngah-têngahipun kadamêlakên sumur kangge pirantos nyirami. Prapèn kalajur lêlarikaning katimun, kêrêpipun kowakan sakaki pasagi, ananging sabên kawan larik [lari ...]

--- 38 ---

[... k] kêdah kasukanan longkang tigang kaki pirantos wira-wiri nyiram utawi mulasara. Tanêman timun punika panyiramipun enjing sontên salaminipun, nanging yèn sampun umur slapan dintên wiwit sêkar utawi awoh, ugêr sampun wiwit sêkar kêdah pinagêran mubêng sarta kasukanan angkrib-angkrib, murih witipun timun sampun sangêt kasêntor ing angin kantêr.[5] Timun wau ugêr sampun katingal ragi abrit kêdah kaundhuh, awit manawi kasêpuhên botên eca katêdha. Sanès prakawis manawi pancèn kasadhiyakakên kangge wiji masthi kasêpuhakên ngantos goblog.

Timun punika ugêr sampun kalih wulan masthi lêbaran, pikantukipun arta pêpajênganipun ing dalêm sabau f 200.-.

Pandamêlipun wiji makatên: timun ingkang sêpuh kasigar kinêrukan isinipun dipun pupusi ngantos rêsik, lajêng kaêpe ngantos garing.

--- 39 ---

11. Pananêming lombok.

Siti saobin ingkang loh, sadèrènging măngsa pancas pantun, kagêbrus alus dipun radin kagêblèg, mubêng kapagêran rapêt, kawuwuran wiji kadugi sampun ngantos tumpangan, lajêng katutupan sawatawis mawi godhong pisang. Sabên dintên kasiram murih enggala agêng. Bilih sampun angsal kawan dintên kapriksaa, yèn sampun katingal manthingis kabucal tutupipun, nanging kêdah kasukanan payon ingkang awis-awis kemawon. Yèn sampun umur sawulan kabucal payonipun. Sasampuning măngsa pancas pantun kenging katanêm.

Pandamêling lêlahan: siti ingkang nyabuk sabau, sarêbahing damèn kapacul utawi kawluku rambah kaping kalih. Yèn sampun sawatawis lêmbat utawi ladhuk lajêng katanêman [ka ...]

--- 40 ---

[... tanêman] bibiting lombok ingkang sampun kenging katanêm panjangipun kalih têngah kilan langkung, kabubut saking ipukan katancêbakên ing lêlahan. Panancêbipun botên kenging kalêbêtên, kêdah namung sasilêping oyod kemawon. Lêngkanging pananêm kaetang radin niga têngah kaki pasagi.

Sasampuning wit lombok wiwit gêsang kapagêran mubêng, yèn godhong lombok dèrèng têpang, pandhangiripun kêdah rambah ping kalih. Yèn sampun wiwit mêdal wohipun masthi tinêngga rintên dalu, awit tanêman lombok gampil panyidranipun ingatasing tiyang durjana. Yèn uwohipun sampun abrit, kaundhuh sabên gangsal dintên sapisan, lajêng kasade. Manawi badhe katanêm wijinipun kaêpe ngantos garing kumripik, lajêng karêmêd dipun tapèni kulitipun kabucal, isinipun kasimpên cinarub kalihan awu, benjing pêndhak măngsa kaipuk [ka ...]

--- 41 ---

[... ipuk] malih. Tanêman wau umuripun namung kawan wulan dumugi lêbaran.

Tanêman lombok punika gampil, ing dalêm tiyang satunggal kuwawi nanêm sabau, măngka ingkang nama mêdal, sabau sagêd pajêng f 300,-.

12. Pananêmipun sêmăngka kalihan krai.

Siti sabau ingkang walêd, salêbaring pancas pantun kalêrês ing măngsa katiga, damènipun kadhèdhèl kaobong, siti kapacul utawi kabrujula rambah kaping kalih ngantos ladhuk, lajêng dipun kowaki watawis lêt sadhêpa pasagi kauwuran wijining sêmăngka utawi krai salah satunggalipun, lajêng kapagêran mubêng, kasiram sabên sontên. Yèn tuwuhipun sampun wiwit mêdal lungipun anjlampar, botên kasiram malih. Yèn sampun wiwit awoh kêdah katêngga siyang dalu murih têbih durjananipun.

--- 42 ---

Yèn krai: ugêr kagănda mambêt sêmu wangi, punika sampun matêng măngsa kaundhuh. Dene yèn sêmăngka: ugêr kathothok sampun mungêl dhug-dhug sêmu ragi kêndho, punika sampun sêpuh măngsa kaundhuh.

Pandamêlipun wiji ugi kadosdene pandamêling wiji timun. Nanging sêmăngka lan krai punika ragi kirang asilipun tinimbang kalihan lombok.

13. Pananêmipun terong.

Patrpipun sami ugi kadosdene ananêm lombok. Naning pambubuting bibit saking ipukan kêdah sasampuning mêdal godhongipun 5 utawi 4 lêmbar, punika sêdhêng katanêm. Naning tanêman terong punika asilipun kirang tinimbang kalihan tanêman lombok.

--- 43 ---

14. Pananêmipun kacang ruji, kacang ijêm, kacang grubug utawi kacang solor.

Siti cabuk utawi siti walêd, măngsa rêbahing damèn lajêng dipun kowaki kemawon, watawis sadhêpa pasagi lêngkangipun, ananging yèn kacang ijêm kenging tigang pêcak pasagi lêngkangipun. Yèn siti ingkang kirang loh sabên sakowak kêdah kalêmèn mawi siti bladhêg utawi siti walêd sagêgêm, sabên kowakan kauwuran wijining kacang sampun ngantos langkung saking tigang las. Yèn tuwuhipun kacang watawis sampun satêngah kilan inggilipun, dipun rêksaa sampun ngantos karisak dening khewan. Damèn kababad kagalêngakên anurut sêlaning larikan. Yèn pananêmipun ing wêktu kêtiga, botên susah kadhangir, ugêr lungipun wiwit anjlampar, rumputipun masthi kawon, sabab katutupan [katutu ...]

--- 44 ---

[... pan] ing lunging kacang wau. Nanging yèn kacang ijêm masthi kadhangir, awit lungipun ngadêg anjalari botên sagêd anasabi rumput.

Sadaya kacang yèn katanêm nuju măngsa rêndhêng wontên ing patêgilan inggih kêdah kadhangir, awit rumputipun rikat sangêt pandêdêlipun, ngantos kacang wau kawon kaungkulan dening rumput.

Yèn sampun awoh kêdah kajagi ingkang sae sampun ngantos dipun gêgampil ing durjana.

Pangundhuhipun ingkang nama kacang solor: ugêr sampun cêkapan kajangan inggih kaundhuh. Dene ingkang kasadhiyakakên kadamêl wiji pandamêlipun makatên: kacang dipun kawakakên ngantos katingal alum wontên ing uwit. Lajêng kaundhuh dipun pe ngantos garing kumripik, lan karêmêt kulit kabucal isinipun kasimpên.

Pangundhuhipun kacang landhês, grubug utawi [u ...]

--- 45 ---

[... tawi] kacang ijêm: yèn sampun katingal gumadhing kêdah dipun pêthiki kawadhahan ing sênik sapanunggilanipun. Dipun pe wontên ing latar linemekan gêlaran utawi kepang ngantos rambah-rambah pangêpenipun. Yèn sampun garing kumripik, tumpukan kacang dipun gêdhig (dipun gêbagi mawi kajêng agêngipun salêngên panjang tigang kaki.) Yèn tumpukan kacang sampun katingal lêmbat ngantos kulit dados mêrang kabur tinapenan. Isi dados uwos kasimpên. Pangundhuhipun kacang wau kêdah rambah-rambah, nanging sabăngsa-bangsaning kacang masthi kapisah-pisah botên kenging kaêmorakên dados satunggal.

15. Pananêmipun kadhêle.

Ing wêktu katiga sadaya siti ingkang botên ngêmplung toyanipun masthi kenging katanêman kadhêle. Patrapipun makatên :

--- 46 ---

pantun sabin taksih ngadêg, kadugi lêt sadintên sadèrèngipun kapugut kasawurana kadhêle kawradinakên sawiyaring siti, ingkang sawatawis kêrêp kadugi ngungkuli kêrêping tancêbipun dhapuran pantun. Yèn sampun lêt sadintên saking pamuguting pantun, damèn karêbahakên mawi kagaru murih manawi wontên kadhêle ingkang kasangsang ing damèn sami sagêd rêntah ing siti. Yèn sampun langkung saking gangsal dintên, têmtu katingal tuwuh, nanging kêdah kajagi sampun ngantos karisak dening khewan. Makatên ugi manawi sitinipun ngêrak inggih kêdah dipun lêb saleraman. Yèn sampun langkung saking umur tigang wulan uwoh miwah godhongipun sampun katingal ragi kathah ingkang sêmu jêne, punika sampun sêpuh kenging kaundhuhan. Pangundhuhipun kêdah kajadhêl (kabubut dalasan dhangkèlipun), dipun gêbungi kabêkta mantuk, dipun pe rambah-rambah wontên ing latar kalemekan [ka ...]

--- 47 ---

[... lemekan] kepang. Yèn sampun garing kumripik dipun gêdhig, yèn sampun satêngah lêmbat katapenan, uwuh kabucal kulit kabur dados mêrang, isi dados uwos kasimpên.

Tanêman kadhêle punika gampil sangêt, ing dalêm tiyang satunggal sagêd nanêm ngantos gangsal bau. Nanging pananêmipun kêdah sêsarêngan kalihan kancanipun sabêbulak, awit manawi pananêmipun piyambakan kirang saking sabin sèkêt bau, asring botên sagêd dados, jalaran katêdha ing ama ulêr utawi gabug. Mênggah asilipun ugi kapetang kathah tinimbang saking gampiling pamulasaranipun. Ing dalêm sabau sagêd pikantuk arta f 80.-.

16. Pananêmipun kêtela rambat.

Patrapipun makatên: siti cabuk utawi walêd salêbaring pancas pantun damènipun [damè ...]

--- 48 ---

[... nipun] kababat, kinêmpalakên kabêsmi, siti kapacul utawi kabrujul rambah kaping kalih murih ragi ladhuk, lajêng lungipun kêtela dipun kêthoki watawis nyakaki panjangipun, utawi kapasthi ing dalêm satêngkêl kêdah wontên rosipun kêkalih utawi tiga. Siti dipun kowaki jèjèripun sakaki unduripun tigang kaki, lêbêtipun satêngah kaki. Sabên kowakan kasukanan bibit kalih lêr, lajêng kaurug lan kaidak urug-uruganipun. Urug-urugan punika dumunung namung wontên ing ngiringaning bibit kemawon. Tanêman wau sadèrèngipun umur kalih wulan kêdah têksih kadhangir rabah kaping kalih. Yèn sampun umur langkung saking tigang wulan kapriksaa, manawi oyodipun ingkang kawastanan uwoh sampun katingal agêng inggih sampun sêpuh kenging kaundhuh, awit bilih kasèb punika tanêman kêtela rambat saèstu wontên wadosipun [wadosipu ...]

--- 49 ---

[... n] ingkang nguwatosi kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika. Saluwasing sêkar kêtela ingkang pating plorok, bilih ngantos godhongipun katingal ngêmarang (kathah ingkang jêne) măngka dèrèng kadhudhuk, uwohipun masthi bolorên (burik) botên kenging katêdha sabab raosipun pait sangêt. Mila ingkang langkung utami bilih sêkaripun sampun luwas kêdah kadhudhuk sampun ngantos kasèp kasêpuhên. Patraping pangundhuh makatên: lung kadhèdhèl, murih sampun ngantos kajojoh pacul, kasusukakên sangandhaping ganthaning oyod agêng punika. Woh kabêkta mantuk kasade utawi katêdha, nanging yèn badhe katêdha murih eca raosipun lêgi, kêtela ingkang nêmbe kadhudhuk wau kêdah kasarèhakên. Panyimpênipun sampun ngantos tumèmpèl ing siti awit sagêd murugakên gonyèh. Ingkang langkung [lang ...]

--- 50 ---

[... kung] utami kêdah kagantang ing prênah nginggil. Bilih sampun sadasa dintên wiwit kaocal dipun matêngi, amasthi raosipun tuntung manis.

17

Sadaya tanêman rêndhêngan pambikakipun siti masthi kasadhiyakakên sadèrènging măngsa jawah, kadosdene ingkang kasêbut ing ăngka 2 ngajêng wau. Yèn sampun wiwit wontên jawah sapisan, rinambah malih ngangge brujul murih ambyaring siti, nuntên kenging dipun lus. Manawi badhe katanêman băngsa agal, sae kalarik mawi brujul. Manawi badhe katanêman băngsa lêmbat kêdah karadin mawi garu. Ing wêktuipun siti gêminggrang sadaya wiji saha bibit mangsanipun kauwur.

18. Ananêm budin (pohung).

Bibitipun ngangge turus witipun budin ingkang [ing ...]

--- 51 ---

[... kang] sampun kaundhuh, dipun têngkêl-têngkêl panjangipun nyakilan sampun ngantos kirang saking kalih ros. Ing panggenan bongkot kalancipan sawatawis, kangge nêngêri sampun ngantos kasungsang pananêmipun, awit manawi wontên ingkang kasungsang dadosipun uwoh asring pait, yèn katêdha dados muroni. Têngkêlaning bibit katancêbakên ngadêg lêrês, lêngkangipun botên kenging kirang saking tigang kaki pasagi, lêbêting panancêbipun botên kenging langkung saking kawan nyantun, awit yèn kalêbêtan amurugakên kirang uwoh. Makatên malih manawi panancêbipun dhoyong, ingkang sisih ngandhaping wit ugi botên badhe mêdal wohipun, awit ujuring oyod kaprênah ngandhap lêrês purugipun. Măngka sadaya ingkang nama oyod sênêngipun botên purun mangandhap lêrês, sêbab siti ingkang ngandhap wau panggenan lêmpung cêngkar. Mênggah pangrêksanipun ing sadèrènging godhongipun [go ...]

--- 52 ---

[... dhongipun] têpang kêdah kadhangir rambah kaping kalih. Yèn sampun umur nêm wulan langkung sakêdhik, punika budin sampun sêpuh kenging kaundhuh dipun bubudi. Ingkang winastanan woh inggih punika oyod ingkang agêng. Woh wau dipun tugêli saking dhangkèl kabêkta mantuk, kasade utawi katêdha. Yèn badhe kacècèk panêdhanipun kenging ugi, dipun oncèki kulitipun ingkang kandêl ingga lulang kabucal, lajêng dipun ocal sakajêngipun. Bilih sêdya kadamêl pathi, sasampuning kaoncekan lajêng kaparud ngantos lêmbat, dipun pêrêsi katadhahan ing pangaron. Toyanipun pêrêsan dipun ênêbakên, bêningipun kabucal alon-alon, nêb-nêbanipun punika dados pathi.

Bilih sêdya dipun ocal dadakan, ingkang eca piyambak inggih punika dipun damêl panganan ingkang nama bandhos, lêmèt [lê ...]

--- 53 ---

[... mèt] utawi pipis gulung. Patraping pamulasara makatên: pathinipun budin ingkang nêmbe kabucal, klêkanipun wau kêdah kagimbang malih (wontên ing pêngaron dipun soki toya) murih kumambang malih klêkanipun ingkang warni jêne kasilir kabucal. Ampasing pathi (parudan ingkang nêmbe kapêrês wau) dipun morakên malih kalihan pathinipun ingkang mêntas kagimbang wau, dipun ulêt lan dipun sukani parudan, klapa kadugi-dugi sagêdipun raos gurih, lajêng kacarub utawi dipun ulêt kalihan sisiran gêndhis ugi dipun dugi-dugi sagêdipun raos lêgi. Lajêng dipun lintingi mawi godhong pisang kaêdang ngantos matêng, lajêng katêdha, utawi bakda kaêdang dipun êntas kadèkèk ing sangan utawi ing parotèn, bilih sampun garing katêdha nuju mangêt-mangêt.

Yèn sêdya katandho budin kasimpên lami, patrapipun makatên: budin ingkang [ing ...]

--- 54 ---

[... kang] sampun kabucal lulangipun, kakumbah rêsik lajêng kadhèndhèng tipis-tipis, dipun jiwir katata ing rigèn kaêpe ngantos garing sadintên, awit yèn botên sagêd garing sami sadintên, namanipun gaplèk wayu warninipun biru kadosdene tayumên, cêmêng saha gandanipun wêngur. Gaplèk ingkang sae warninipun pêthak mêmplak, yèn sampun garing sangêt kasimpên ing krêmbêng. Yèn badhe ngocal kêdah kakumbah malih, lajêng kaglêpung wontên ing lumpang. Yèn sampun alus kenging kaocal sasênêngipun, awit budin punika kalêbêt nama palawija ingkang lêmês sangêt kanggenipun, kathah purugipun, kenging kadamêl panganan warni-warni, kados ta: dipun godhog, kaêdang, dipun pathi, kadamêl gêthuk, dipun damêl hawug-hawug, kadamêl tape. Punapa malih pathinipun kenging kadamêl dhêdhaharan warni-warni sawatawis, kados ta: kêlak kêling sapanunggalanipun ingkang băngsa

--- 55 ---

gorengan, utawi kadamêl lêmèt sapanunggalanipun ingkang băngsa dipun dang. Gaplèkipun ingkang sampun dados galêpung inggih kenging kadamêl panganan gorengan utawi dang-dangan.

19. Pananêmipun kacang cina.

Wijinipun kacang ingkang sampun dipun oncèki dipun pilihi, ingkang cêmêng tugêl utawi nglinthing masthi kabucal, kapêndhêt ingkang mêntêr-mêntêr kaêkum ing toya ngantos sadalu. Enjingipun kauwurakên ing siti ingkang sampun kalarik mawi brujul, wiji kalih utawi tiga kadhawahakên ing kalenaning brujul, kaurugan siti ingkang gligir ing brujulan kasampar mawi suku kemawon. Lêngkangipun jèjèr tigang kaki, majêngipun manut sabên kalèning brujulan. Pandhangiripun rambah kaping kalih sadèrènging êlungipun têpang.

--- 56 ---

Yèn sampun umur 6 wulan kacang wau masthi awoh manggèn ing oyod, ugêr godhongipun sampun katingal mriyang-mriyang sêmu jêne, masthi kacangipun sampun sêpuh kenging kaundhuh (kadhudhuk). Patrapipun makatên: lung kadhèdhèl ngantos têlas, sitinipun kadhudhuk mawi pacul nanging pandhudhukipun kêdah kasusuk ing ngandhap, supados kacangipun sampun ngantos kêbacok ing pacul. Yèn sampun kakêmpalakên dipun pe ngantos garing kulitipun, lajêng kabêkta mantuk kawadhahan ing lumbung. Manawi badhe kadamêl lisah patratipun makatên: kacang ingkang garing kagêdhig, yèn sampun nyunyur dipun tapèni, kulit dados mêrang kabur, isi kapêndhêt pinususan ngantos rêsik, lajêng kaêdang, manawi sampun matêng kabêbak ing lêsung. Yèn sampun lêmat[6] dipun gologi agêngipun saklapa dalasan tabonipun, lajêng kalêbêtakên ing kompol, kaplèpèt [kaplè ...]

--- 57 ---

[... pèt] ing pamipitan nama kagathok. Lisahipun katadhahan, yèn sampun tuntas bungkilipun kabikak malih lan dipun gologi kagothak malih rambah kaping kalih. Sasampuning tuntas, bungkilipun kadamêl tempe inggih kenging, kadamêl tatêdhan, kangge têdhan ayam sae sangêt, utawi yèn sampun kakum inggih prayogi sangêt kadamêt[7] ngrabuki tanêman rosan.

20. Pananêmipun kênthang cêmêng.

Yèn tiyang ingkang rêti kêdah simpên bibitipun, inggih punika kênthang prênthilan ingkang alit-alit, kawur ing dalêm sakowak satunggal, kêrêpipun kalih têngah kaki, unduripun kawan têngah kaki. Sadèrèngipun lung andhampyak kêdah kadhangir rumputipun mawi pacul rambah-rambah, yèn [yè ...]

--- 58 ---

[... n] lung sampun wiwit andhampyak sabên ngrêmpoyok ngadêg kêdah kawiyak karêbahakên. Ing satêngahipun piyakan kaurug siti ngantos rambah-rambah, kandêling pangurug sampun ngantos langkung saking tigang nyantun.

Mênggah tiyang ingkang langip, pananêmipun kênthang ing măngsa sampun kathah jawah, awit bibitipun namung ngupados thukulaning kênthang ingkang sampun ragi lêma, kapunggêl lungipun botên langkung saking sacêngkang lajêng katanêm. Mênggah patraping rumêksanipun sami ugi.

Yèn ing măngsa marèng utawi langkah sawulan, wit kênthang sampun wiwit ngarang badhe pêjah, punika kaundhuh dipun dhudhuki. Pangundhuhipun manawi ngantos kasèp kalih wulan malih saking măngsa punika, masthi kirang prayogi, awit dados gonyèh, jalaran ambadhêdhêg badhe tuwuh malih, dumunung nama kênthang budhurên.

--- 59 ---

21. Pananêmipun wijèn.

Lêlahan ingkang sampun kagaru alus, katanêman wijining wijèn kêdah kêrêp sangêt, kadosdene wuraning ipukan, namung kaot sakêdhik ragi awis pananêmipun wijèn. Êlêtipun larikan satunggal dhatêng larikan sanèsipun kêdah sadhêpa, yèn sampun wiwit tuwuh kêdah kajagi sampun ngantos bêra dening rumput, masthi kadhangir rambah-rambah ngangge pacul tuwin pancong. Ingkang longkangipun wiyar kadhangir ngangge pacul, ingkang supit kadhangir ngangge pancong, ingkang supit sangêt kabubutan kemawon rumputipun. Yèn sampun umur tigang wulan langkung têmtu awoh. Yèn woh utawi godhong sampun kathah katingal jêne, punika sampun sêpuh kenging kaundhuh. Pangundhuhipun makatên: witing wijèn watês wêgaripun pang kababat dipun [di ...]

--- 60 ---

[... pun] gêbungi satêkêm-satêkêm sabêkta mantuk, dipun pe wontên ing latar ingkang sampun kasukanan pirantos dêling kasladhangakên cinagakan kêkah inggilipun kalih kaki. Gêbungan wijèn kasèndhèkakên ngadêg, bongkotipun ngandhap pucukipun wontên nginggil, awit bilih kasungsang utawi kaglethakakên masthi wosipun mawur ing siti, mila kêdah kasèndhèkakên sampun ngantos kasungsang. Manawi sampun garing saèstu wohipun sami mangab, lajêng katètèr, patrapipun makatên: gêlaran ingkang rapêt sarta rêsik ginêlar ing siti, gêbungan wijèn ingkang sampun garing sagêbung cinêpêng tangan kiwa kasumpêt sanginggiling gêlaran. Bongkot wontên nginggil, pucuk ing ngandhap, masthi isinipun kumrutug kemawon. Bilih murih tuntasipun babar-pisan, tangan têngên nyêpêng wilah kasabêtna ing gêbungan wijèn ingkang kasumpêt ing tangan kiwa. Yèn cangkangipun wontên ingkang

--- 61 ---

katut rêntah, kêdah karêmêt saha kabucal, lajêng dipun intêri uwuh binucal isi kasimpên.

22. Tanêman rêgulo.

Rêgulo punika wowohan ingkang wangi sangêt, pêrlunipun kangge gêgandan. Pananêmipun makatên: siti ingkang sampun dados garon kapănja lêlarikan, longkangipun kapetang radin niga têngah kaki pasagi. Ing dalêm salènging pănja botên kenging saking tiga wiji rêgulo. Ugêr sampun ngangkat tuwuh kêdah kajagi sampun ngantos kasèp pandhangiripun, masthi kêdah rambah kaping kalih utawi tiga. Yèn sampun umur tigang wulan langkung masthi wiwit awoh, agênging woh mèh sami kalihan gandhu. Woh punika rambah-rambah kapilihan, ugêr sampun katingal sawatawis jêne, kêdah kapêthik kabêkta mantuk, [mantu ...]

--- 62 ---

[... k,] dipun pe wontên ing tampah ingkang wiyaripun sadhêpa. Manawi sampun garing sangêt dipun uyêk lan dipun tapèni, uwuh kabur dados mêrang, isinipun kasimpên, yèn kasade pêpajênganipun ing dalêm sabau botên kirang saking f 250.-.

23. Pananêmipun kimpul.

Tiyang nanêm kêdah nganggea bibit warni satunggal, murih katingal mêlês. Sasampuning sadhiya wiji kimpul ingkang alit-alit, siti dipun kowaki longkangipun kapetang radin niga têngah kaki pasagi, kasukanan 2 wiji kimpul, lan kaurug siti sawatawis kandêlipun. Yèn sampun wiwit thukul kajagi sampun ngantos bêra dening rumput, awit wontên ingkang nyariyosakên yèn bêra raosing kimpul sêmu gatêl.

Yèn sampun umur tigang wulan langkung ugêr [u ...]

--- 63 ---

[... gêr] godhongipun sampun wiwit katingal ngarang mratandhakakên sampun sêpuh kenging kaundhuh. Patraping angundhuh kadhongkèl bagalipun mawi pacul, dhangkèlipun ingkang agêng inggih punika ingkang kawastanan uwoh, mênggah dhangkèl ingkang alit-alit kasadhiyakna kangge bibit malih. Punika kimpul godhong tuwin papahipun kenging kadamêl janganan, ing sawatawis kapara ragi eca.

24. Pananêming têbu.

Sitinipun kapalir tigang kaki wiyaripun, kalèning paliran kakowakan nyakaki wiyaripun, unduripun tiga têngah kaki, lêbêting dhoyongipun satêngah kaki. Ing dalêm sakowak kasukanan bibit ipukaning pucukan 2 êlêr, yèn dèrèng gadhah bibit ipukan inggih kadamêlna [kada ...]

--- 64 ---

[... mêlna] bibit têbu katêngkêl-têngkêl ing dalêm kalih ros panjangipun sakilan. Têngkêlan kêkalih sami kaadêgakên wontên ing kowakan, ros ingkang ngandhap kaurug siti, ros ingkang nginggil botên. Yèn têbu punika tuwuhipun dèrèng lêma, pandhangiripun kêdah mawi pancong, murih sampun gêru anggugurakên siti paliran dhatêng kowakan. Nanging yèn sampun wiwit lêma, kenging ugi kadhangir mawi pacul, malah sawatawis sitinipun kêdah kaudhunakên kangge ngurug kowakan wau. Manawi dhapuraning têbu sampun wiwit ngrêmpoyok, wasana sitinipun kirang loh, wontên ingkang rêmên rinabuk mawi kum-kuman bungkil sagêgêm katumpangakên ing sapu lêbuning dhapuran têbu. Yèn sampun umur pitung wulan masthi sampun panjang kenging karêmbang kasade utawi katêdha. Bilih kasade ing dalêm sabau sagêd pajêng f 200.- mila kalêbêt kathah pamêdalipun.

--- 65 ---

25

Pananêming palawija ing măngsa rêndhêng, ingkang botên kasêbut patraping pananêm, kados ta: 1. canthèl, 2. kapas lan jarak, sampun kamot ing ăngka 8. Lombok, sêmăngka, krai, terong, kacang ruji, grubug, kacang ijêm ing ăngka 10, 11, 12, 13, lan ăngka 14. Kêtela rambat ing ăngka 16.

Mênggah patraping pananêm sami ugi, nanging panyiramipun kêdah kasuda, sabab rèhning măngsa jawah rêndhêng masthi kathah toya.

26. Tanêman bawang lan brambang.

Siti parêdèn ingkang tanah asrêp têmtu sitinipun nyabuk, punika sami kapalir kadamêl gobagan, wiyaripun tigang kaki, panjang sakajêngipun. Punika gobagan kagêbrus ladhuk kacarub kalihan lêmèn, karadin [karadi ...]

--- 66 ---

[... n] lan sawatawis kagêblèg, katancêban bibit bawang utawi brambang kacuwil-cuwil, ing dalêm sagobag kadamêl kawan larik, kêrêpipun nyatêngah utawi nyakaki. Punika tanêman ugêr panuju nêlag jawah kêdah kasiram. Manawi kadugi sampun umur tigang wulan langkung, kapriksaa kabêdhol dhangkèlipun, yèn sampun agêng mangsanipun kaundhuh. Pangundhuhipun amung kajadhêl kemawon, lajêng inguntingan sabêngkak-sabêngkak kaêpe sawatawis, nuntên katumpuk wontên ing para, ingkang ngandhapipun asring kadadosan latu bêdhiyan utawi latu rêratêngan. Brambang bawang wau wontên ing tarangan ugêr lami sagêd tambah agêng sawatawis jalaran sami mêdhok badhe tuwuh.

27

Tanêman palawija ing salêbêting pakarangan tanah ingkang sampun ayom sangêt,

--- 67 ---

jalaran kathah kitrinipun ingkang sampun agêng-agêng.

Yèn pakarangan sampun sangêt ayomipun, ugêr wontên longkangipun ingkang pantês, inggih taksih kenging kawêdalakên asilipun. Patraping pangogèr makatên: siti punika katanêmana êmpon-êmpon ingkang warni: kunir, têmu, lêmpuyang, laos, jae, sunthi lan kêncur. Sadaya punika ugêr sitinipun sae, inggih sagêd dados, sanadyan ayom botên dados punapa.

28. Tanêman kunir lan têmu.

Yèn siti pêkarangan sampun rêsik, ing măngsa jawah sapisan kakowak dugi-dugi kalih kaki pasagi longkangipun, sabên kowakan kauwuran ênthiking kunir lan têmu (ingkang nama ênthik inggih punika prênthilanipun) ing dalêm sakowak kauwuran [ka ...]

--- 68 ---

[... uwuran] kalih iji, lajêng kaurugana siti sawatawis. Manawi sampun thukul, kêdah kajagi sampun ngantos bêra dening rumput. Nanging yèn sampun umur kalih wulan sampun ngantos kadhangir mawi pacul, kêdah kadhangir mawi pancong. Awit kunir lan têmu punika uwohipun ragi kumambang, dados yèn kadhangir mawi pacul nguwatosi bilih ngrisakakên dhangkèlipun ingkang winastan uwoh. Manawi sampun umur kawan wulan langkung, godhongipun wiwit kathah ingkang nglaras, inggih punika nama sêpuh kenging kaundhuh dipun dhudhuki, kadhongkèl êmpunipun kadadosakên satunggal, ênthikipun kapisah kangge wiji malih. Tanêman kunir punika kalêbêt kathah sangêt asilipun, nanging yèn têmu kirang saking pamêdaling kunir. Bilih sumêdya kadamêl pathi inggih kenging, patrapipun kados ing ngandhap punika:

Salah satunggalipun kunir utawi têmu dipun [di ...]

--- 69 ---

[... pun] kumbah rêsik kinipyak-kipyak, lajêng kadhêplok ing lumpang ingga lêmbat dipun pêrêsi. Toyaning pêrêsan kawadhahan, ampas dipun bucal. Toya pêrêsan wau dipun ênêbakên ngantos bêning, bêningipun kasilir alon-alon sampun ngantos ngatutakên ingkang mênêb, lajêng dipun gimbang kaêsokan toya bêning kaubêk ragi sangêt, lajêng dipun ênêbakên malih, toya ingkang bêning sêmu jêne kasilir. Bilih pathinipun kagănda taksih wontên ambêting têmu utawi kunir, kêdah dipun gimbang malih ngantos rambah-rambah, murih icala gandaning têmu, sabab bilih kirang rêsik panggimbangipun masthi pathi wau yèn kabubur raosipun gêtir.

29. Pananêming laos, lêmpuyang, jae, lan sunthi.

Sanadyan siti ayom ugêr sae lan pikantuk siram inggih kenging katanêman [kata ...]

--- 70 ---

[... nêman] laos, lêmpuyang, jae, lan sunthi. Siti wau yèn sampun rêsik, kakowakan jèjèripun kalih têngah kaki, unduripun tiga têngah kaki. Ingkang kadamêl bibit dhangkèlipun, awit punika lêmpuyang, laos, jae, sunthi, bangsaning dhapuran ngrêmpayak, mila bungipun (anak) ingkang sami narucuk tumèmpèl ing babon, yèn babonipun kadhongkèl, anakipun kapêndhêt kangge bibit. Bibit punika kakêthok godhongipun, lajêng katanêm ngadêg, ing dalêm sakowak nyatunggal, dipun urug siti sawatawis kandêlipun. Yèn sampun gêsang tanêman punika botên wontên wangênipun, sanadyan rêndhêng utawi katiga ugêr sitinipun botên garing, inggih sagêd lêstantun gêsang. Amung wêwatonipun ugêr sampun ngrêmpayak utawi agêng dhêdhapuranipun, kenging kadhongkèl kapêndhêt êmpunipun ingkang agêng-agêng. Anakipun (bung) kenging lajêng [la ...]

--- 71 ---

[... jêng] katanêm malih botên mawi ngêntosi măngsa.

30. Tanêman kêncur lan kunci.

Kunci lan kêncur punika agêng melikipun, ingkang kadamêl bibit ênthikipun (prênthilaning êmpu). Yèn siti sampun ladhuk, karadin dipun lus, ênthik katanêm lêlarikan kêrêpipun sakaki, lungkangipun kalih têngah kaki. Ing măngsa jawah sapisan punika ênthik katanêm, pananêmipun amung kagorèk kemawon botên susah kakowak mawi pacul, awit botên kenging kêlêbêtên, lan punika tanêman pandhangiripun sadangunipun kêdah mawi pancong. Sarta salêbêting kawan wulan kêdah kajagi, awit kêncur punika godhongipun ingkang ijêm, eca sangêt dipun gudhang kangge lawuh nêdha, mila sadangunipun katanêm kêdah kajagi sampun ngantos godhongipun [godhong ...]

--- 72 ---

[... ipun] dipun pipili kagudhang, awit badhe nyandèkakên uwoh. Tanêman punika yèn sampun umur kawan wulan langkung, ugêr godhongipun wiwit katingal kathah ingkang jêne, inggih punika mratandhakakên sampun sêpuh kenging kaundhuh dipun dhongkèli, êmpunipun kadadosakên satunggal, ênthikipun kasadhiyakakên kangge wiji.

31

Ananging para wêkêl sadaya sami sumêrêpa yèn pasitèn punika botên kenging karambah katanêman palawija ingkang tunggil băngsa ingkang umur sangandhaping sataun, yèn siti botên kableberan walêd saking lèpèn. Kêdah sabên taun masthi kasantunan wiji ingkang sanès băngsa. Yèn sampun êlêt tigang taun nyandhak sakawan taun, punika sawêg kenging katanêman mawi bibit bangsanipun ingkang wiwitan.

--- 73 ---

Manawi wêwalêr ingkang makatên punika katêrak, masthi tanêmanipun dados asêm-asêman (kirang sae pamêdalipun.) Ewadene yèn siti sabin ingkang sabên taun kailèn ing toya mawi ambêkta walêd utawi lêmèn inggih kenging.

32. Pananêmipun pisang.

Ingkang katanêm uwit pisang ingkang taksih nèm, ingkang sawêg umur tigang wulan kadhongkèl kalihan bonggolipun. Bonggol wau kêdah dipun plènthèsi (dipun rêsiki kairis mawi dêdamêl kaicalakên oyodipun.) Ing măngsa jawah sapisan katanêm ing panggenan tênggar ingkang loh. Mênawi katanêm ing siti lincad utawi lêmpung ngêrak masthi botên sagêd dados. Pananêmipun ing kowakan amung sagêda kasilêp bonggolipun [bonggolipu ...]

--- 74 ---

[... n] kemawon. Manawi pananêmipun kalêbêtên, ingkang masthi gêsangipun kêra. Wit pisang punika ing sandhingipun dhapuran kêdah botên kenging bêra dening rumput, nanging botên kenging kagêbrus mawi pacul, dene anggènipun ngrêsiki inggih namung dipun bubuti kemawon rumputipun sarta klarasipun ingkang ngrompyoh-ngrompyoh dipun bucali. Punapa malih bungipun ingkang narujuk kêdah kadhongkèl, awit punika uwit pisang ugêr sampun awoh sapisan mêsthi mêdal anakipun, anjalari dados dhapuran agêng. Dhapuran agêng punika manawi ngantos kêkathahên anak, masthi wohipun ingkang kantun kirang sae sabab dados alit-alit utawi tundhunanipun cêkak. Murih saening dhapuran pisang, sagêda amung tiga utawi sakawan wit kemawon ingkang kaingah, mênggah panunggilanipun sadaya kêdah dipun pêjahi sarana kadhongkèl.

--- 75 ---

Ing salaminipun manawi pisang awoh yèn sampun dumugi mêgaripun sêkar (jantung utawi tuntut) kakêthok ngantos katut pêntilipun kalih èpèk ingkang pucuk pisan (namanipun kêbiri) murih pisangipun sae sangêt. Bilih wohipun sampun sêpuh, kêdah panêgoripun angêntosi suluh (wontên ingkang jêne matêng ing wit.) Sasampuning tinêgor, tunggakipun wit pisang kêdah dipun kapur (dipun tugêl ing panggenan sapu lêbu kabucal) sampun ngantos murugakên kêra dhatêng wit pisang ingkang têksih dipun ingah. Pisangipun kêdah kasimpên kalihan tundhunanipun kemawon, ugêr saèpèk sampun jêne masthi kacèngkèh (dipun pokah) nanging lirangan ingkang têksih ijêm taksiha wontên ing banggal, supados bilih matêng raosipun lêgi sangêt. Awit mênawi pisang ijêm kaimbu wontên ing luwangan, utawi mawi katutupan ing jêmbangan, [jêmbang ...]

--- 76 ---

[... an,] punika raosipun sêpa (kirang manis).

33. Pamulasaraning kitri taun.

Warninipun kados ta: jêram, năngka, pisang, pêlêm, klapa sapanunggilanipun. Sadaya punika oyodipun botên kenging karisak mawi pacul utawi dêdamêl sanèsipun. Wondening yèn ing panggenan ngriku katingal anjêmbrung dening rumput, cêkap amung binubutan kemawon. Ingkang langkung prayogi kêdah sagêda kaambah ing sapu sabên dintên, dados rumput botên kobêr tuwuh. Upami wontên satunggaling pakitrèn ingkang bêra lèngkèt rumputipun jalaran saking kasèp, anggènipun andandosi inggih kêdah kagêbrus mawi pacul sapisan kemawon, nanging pangêmèkipun garapan kêdah katangguhna ing lêt satêngah utawi sawulan, [sawu ...]

--- 77 ---

[... lan,] sadèrènging măngsa jawah sapisan (măngsa kapat.) Sanadyan kitri wau ragi klêmpêr sawatawis nanging tahan, awit ingkang nama măngsa kapat wau, sadaya wujud ingkang băngsa godhong sami manthingis oyod tuwin sêminipun, dados sanadyan wontêna satunggal kalih oyod utawi kêmangganing oyod ingkang pêdhot utawi tatu kenging pacul, ugi klêmpêr namung sakêdhap, awit oyod ingkang sawêg manthingis badhe enggal modod saha tumancêb ing siti ingkang sampun pêjah oyoding rumput. Bilih sampun kêgêbrus rumputipun dipun ayabi kakêbutakên, kadunungna ing sabên panggenan dhangkèling kitri murih dados lêmèn.

34

Hawaning măngsa yèn tumêrap dhatêng tanêm-tuwuh, ingkang sae piyambak amung hawanipun [hawani ...]

--- 78 ---

[... pun] măngsa kapat, awit yèn măngsa kapat punika sadaya ingkang băngsa solor, êmpu, dhangkèl utawi grigih, warninipun kados ta: uwi, gêmbili, gadhung, sudha, kêtela rambat, kunir, têmu, kêncur, kunci, laos, lêmpuyang, jae lan sunthi sapanunggilanipun, sanadyan sami kasimpên ing para, ugêr măngsa kapat inggih sami manthingis badhe thukul. Punapa malih ingkang băngsa cangkokan, turus, lung lan bonggol, ugi rêmênipun katancêbna ing măngsa jawah kapat (jawah sapisan.) Wondening sosoranipun măngsa kapat inggih punika măngsa kasanga, kasadasa lan dhêstha.

35

Sadaya para wêkêl kaaturan èngêt, samukawis băngsa tanêm-tuwuh ingkang kirang sae rênuk-rênukipun utawi kirang sae slêdhungipun godhong, jampinipun amung [a ...]

--- 79 ---

[... mung] kêdah kadèkèkana bladhêg ing panggenan sapu lêbu ingkang urup kalihan agêng aliting têtanêman. Bladhêg ingkang tumêrap ing panggenan sapu lêbu wau nglangkungi rosa tuwin saenipun, tinimbang kalihan bladhêg ingkang kapêndhêm wontên ing salêbêting siti ingatasipun têtanêman ingkang sampun agêng witipun, awit sadaya tanêm-tuwuh pikajênganipun, oyod badhe mêdal ing nginggil (panggenan sapu lêbu tumancêb mêngandhap dhatêng siti.) Pratandhanipun sadaya kajêng ingkang sampun nama lêma utawi agêng, inggih kêdah mêdal tambinipun, punika ingkang nandhakakên yèn oyod sênêngipun kêdah tuwuh saking sabu lêbu tumancêb mêngandhap, awit ingkang nama tambi wau inggih punika oyod ingkang lêma utawi agêng ingkang sakalangkung rosa panêdhanipun dhatêng siti.

Sadaya tanêm-tuwuh botên pêjah yèn kakêthok pangipun ingkang agêng utawi

--- 80 ---

alit, ugêr taksih wontên ingkang dipun ngèngèhakên. Ananging kêkajêngan ugêr kakêthok oyodipun ingkang agêng utawi ingkang alit amasthi pêjah.

Ing samangke wontên tiyang nama Kêrtiwijaya, gadhahanipun karang kirna ingkang nama wit pêlêm lan wit năngka sami kêra katêdha onggol. Pupusing pêrdapa sami garing botên purun ijêm, ngantos andadosakên susahing manahipun. Ing wêkasan Kêrtiwijaya gadhah pamanggih, sapu lêbunipun kitri wau dipun sukani tumpukan sela tuwin tugêlan banon, ngantos ngundhung-undhung watawis mèh sadhêngkul inggilipun, pucuking kitri ingkang garing dipun pronggoli. Ing wêkasan punika kitri pupusipun sagêd ijêm, limrah kadosdene ingkang kathah-kathah.

Kêrtiwijaya gadhah pangintên bilih sela punika hawanipun dhatêng kitri sae sangêt, awit katimbang ing tanah parêdèn ugêr [u ...]

--- 81 ---

[... gêr] kathah selanipun agêng, tuwuhanipun kajêng ugi agêng-agêng sarta lêma-lêma. Dados suraosipun sela wau sagêd ngandhêg ing lêmèn ingkang kagrojog dening toya jawah. Lêmèn ingkang botên sarana kadunungakên dening manungsa punika wontên kalih warni, ingkang sêpisan: bosokanipun sadaya pluruhan (kleyang sapanunggilanipun) ingkang kaping kalih: blêdug ingkang katut ing angin kêtiga punika ugi dados lêmèn.

36. Pananêmipun nanas.

Nanas punika ingkang katanêm sogolipun utawi kuncungipun ingkang mêkrok ing pucuking nanas. Sadaya siti sanadyan tênggar utawi ayom, punapa malih loh utawi cêngkar inggih kenging katanêman nanas sarwi sagêd uwoh. Nanging bilih papanipun ayom [a ...]

--- 82 ---

[... yom] nanasipun kêcut, bilih papanipun tênggar nanasipun manis. Mila bilih wontên pasitèn bêra salaminipun jalaran saking sangêting cêngkar, ugêr nama tênggar inggih prayogi sangêt katanêman nanas. Kados ta: pasitèn rêdi alit ingkang klathakan, utawi siti têgal ingkang wontên sacêlaking gêgisik sagantên.

Tanêman nanas punika kenging binasakakên tanêmanipun tiyang sèkèng, awit sanadyan bêraa kados punapa, masthi taksih purun gêsang lan purun mêdal uwohipun. Ananging bilih tanêman punika kabêrakakên, wohipun nanas bilih katêdha sêmu ragi gatêl. Wangsul ingkang kapulasara kadhangir, dipun rêsiki lan dipun lêmèni, romot-romotanipun kabucal, punika raosing wohipun sêmu wangi.

Pandamêlipun bibit nanas makatên: sogol [so ...]

--- 83 ---

[... gol] miwah kuncunging nanas wau kêdah kakêthok pucuking godhongipun, murih sadèrèngipun oyod tumancêb ing siti sampun ngantos sami rungkad jalaran kasantêrên ing toya jawah, ing măngsa jawah sapisan katanêm. Pananêmipun makatên: siti ingkang sampun kacawisakên dipun kowaki satêngah kaki pasagi, kêrêpipun kagêbag radin sampun ngantos kirang saking gangsal kaki. Ing dalêm sakowak kasukanan bibit satunggal katanêm ngadêg lêrês, awit punika nanas namung nanêm sapisan badhe sagêd gêsang ngantos sadasa taun utawi langkung, dados dhêdhapuranipun badhe ngrêmpayak sangêt.

Tanêman nanas wau ugêr sampun umur sawêlas wulan saking titimangsanipun masthi sampun awoh, lan sabên măngsa katiga masthi mowohi. Bilih wohipun sampun warni jêne satugêl utawi sapara tiganipun, ugêr gandanipun sampun [sa ...]

--- 84 ---

[... mpun] wangi, inggih punika sampun matêng, awit nanas punika sanadyan nalika têksih nèm awarni abrit utawi ijêm, bilih matêng inggih jêne. Lan nanas ingkang matêng wontên ing wit amanipun katêdha ing luwak lan bajing, mila kêdah sampun ngantos kasèp pangundhuhipun. Patraping pangundhuh kêdah kairis panggenan gagang mawi lading. Manawi murih raosipun eca, sampun tumuntên katêdha ing têmbenipun kaundhuh, kêdah kasarèhna tiga utawi sêkawan dintên dangunipun.

37. Pananêming dlima.

Dlima punika ingkang katanêm turus. Ing măngsa jawah sapisan turus ingkang agêngipun botên kirang sagagang canthèl, katêngkêl-têngkêl panjangipun sampun ngantos kirang saking kalih têngah kaki, ingkang langkung prayogi ing bongkot kasigar mara sêkawan, [sêkawa ...]

--- 85 ---

[... n,] pamrihipun bilih kacublêsakên ing siti sagêda mangap tumancêb sakawan pisan, mênggah patrapipun makatên:

Ha: Kêthokan turus katancêbna tanpa kakowak.

Na: Wontên ingkang suka pitutur bilih pananêming turus dlima wau, tumancêbipun ing siti langkung sae kathuthuk sawatawis, tinimbang kalihan ingkang kacublêsakên kemawon.

Pananêming turus wau kêdah kadunungna ing sacêlaking wit-witan ingkang ing ngandhapipun botên ayom, kados ta: dhadhap, randhu utawi kelor. Pêrlunipun bilih turus wau sampun sêmi, lungipun kêdah kauyun dados satunggal katurutakên ing wit kelor dipun tangsuli minăngka lanjaran, awit dlima punika bilih agênging wit dèrèng sagaraning songsong masthi botên purun ngadhêg piyambak. Turus dlima ingkang dèrèng mêdal sêminipun panjang

--- 86 ---

kêdah dipun rajêgi mubêng murih sampun kasaba ing ayam, awit bilih katunjang-tunjang ing ayam utawi khewan sanèsipun, murugakên dados pêjah botên èstu purun sêmi.

Dlima punika bilih sampun uwoh kêdah dipun brongsongi mawi bathoking klapa ingkang dipun tugêl dados kalih, katangkêbagên malih dados katingal wingkis mawi kinrawat ngangge tangsul. Ing têmbe bilih dipun tingali sampun katingal ragi jêne kulitipun, punika pratăndha sampun sêpuh kenging kaundhuh.

Dlima punika isinipun katêdha, kulitipun kenging kaangge sarat lathi (banyon) kangge mamahan.

38. Tanêman srikaya.

Srikaya punika nama tanêman genjah tur raosipun kalêbêt alus sangêt,

--- 87 ---

manis sêgêr tanpa kêcut. Ingkang katanêm isinipun kaipuk ing satunggaling panggenan siti ingkang radin sawatawis madhêt, sukur pikantuk tilas baturing griya. Isi kasêbar kadugi lêt sakaki awisipun, lajêng dipun uwur-uwuri siti ingkang ragi lêmbat minăngka kangge ngurugi, lan pinagêran mawi bêtepe mubêng, murih sampun ngantos karisak dening ayam. Nanging sampun ngantos kasèp, bilih sitinipun garing kêdah dipun kêpyuri toya murih têlês. Bilih thukulipun sampun sakaki dipun putêri. Mila milih siti ingkang atos murih sampun ngantos gogrog putêranipun. Sanadyan ipukan kopi inggih makatên ugi, bilih pinurih botên gogrog putêranipun, inggih dipun ipuk ing panggenan siti ingkang madhêt.

Putêran srikaya punika katanêma ing panggenan siti ingkang loh sarta tênggar,

--- 88 ---

ugêr sae pangrimatipun, masthi enggal lêma lan sagêd awoh sadèrèngipun umur kalih taun. Ing salaminipun wit srikaya bilih oyodipun risak dening pacul utawi pancong, masthi wohipun botên dados, witipun badhe tumuntên pêjah. Bilih sae pangrimatipun srikaya badhe gêsang gangsal wêlas taun laminipun. Wohipun srikaya bilih sêlaganing panggenan kulit ingkang mandhukul sampun katingal jlèrèt-jlèrèt jêne sêmu abrit, punika pratandhanipun sampun sêpuh kenging kaundhuh. Makatên ugi bilih sampun sêpuh saèstu, nalika dipun pêthik gagangipun masthi nyoplok, ing panggenan tilasing coplokaning gagang dipun lèlètana apu lajêng dipun imbu wontên ing kranjang ingkang linemekan lan kasasaban omaning pantun. Watawis kawan dintên dipun tuwèni, bilih sampun mêmbut punika matêng kenging katêdha.

--- 89 ---

39. Pananêming gandhul utawi katès.

Isining gandhul ingkang sampun matêng, dipun kumbah rêsik, lajêng kasawur-sawurakên ing ipukan, nanging botên milih siti madhêt, sanadyan amblubur ugêr loh inggih prayogi. Ewadene masthi kêdah pinagêran mubêng sampun ngantos cinakaran ayam. Ipukan punika yèn tuwuhipun sampun sakaki wiwit kenging katanêm. Siti ingkang sampun cinawisakên dipun kowoki, lêt kalih wêlas kaki satunggal. Ipukan dipun bubuti katanêm nyatunggal ing dalêm sakowak, pangurugipun sampun ngantos anyilêpakên sapu lêbuning dhangkèl, pangurugipun kêdah katênêtakên ingga madhêt sawatawis, tumuntên kasiram. Tanêman gandhul bilih kirang lêma kêdah kabladhêk mawi lêmèn. Ugêr sampun umur gangsal wulan wiwit katingal sêkaripun, [sê ...]

--- 90 ---

[... karipun,] bilih dados gandhul gamblok inggih lêstantun dipun ingah, bilih dados gandhul rante (gandhul jalêr) inggih kapêjahan, awit gandhul rante punika wohipun sakêdhik sangêt, raosipun sêmu pait. Ewadene wontên ingkang cacriyos tiyang wasta Mangunwijaya, nanging dèrèng dipun yêktosakên: wiji gandhul punika katawis nalika kabêdhol saking ipukan, bilih lajêripun cawang punika badhe dados gandhul gamblok. Bilih lajêripun amung satunggal botên cawang punika dados gandhul rante.

Gandhul ingkang wohipun sampun dados, ing panggenan krompolaning woh kêdah dipun brongsong mawi bêdhodhot utawi mawi gêlaran amoh, murih gandhulipun ingkang matêng sampun ngantos risak dipun têdha ing luwak, utawi sampun ngantos risak katêdha dening pêksi sapanunggilanipun. Sabên tigang dintên sapisan [sapi ...]

--- 91 ---

[... san] kêdah dipun tuwèni kapènèk mawi ăndha sarwi cêcawis ambêkta wadhah ingkang nama wakul utawi cêthing sapanunggilanipun, kacangking minggah ing ăndha. Bilih wontên gandhulipun ingkang matêng punika kapêndhêtan. Gandhul punika kalêbêt tatêdhan migunani, awit ingkang matêng bilih katêdha sagêd anglêmêsakên sasukêr ingkang ambungkil wontên ing padharan. Măngka raosipun sêgêr manis. Gandhul ingkang dèrèng matêng kenging kadamêl janganan, kadamêl mêmanisan. Punapa malih wontên ingkang cacriyos bilih gandhul punika tlutuhipun kenging kadamêl cêkokipun lare racêkên, nanging kula dèrèng ngyêktosakên takêranipun kangge cêkok lare satunggal.

Wit gandhul punika gêsangipun botên têbih saking wêwangên tigang taun, nanging uwit gandhul ingkang sampun sêpuh sangêt, wohipun alit-alit. Ewadene [Ewa ...]

--- 92 ---

[... dene] bilih wit gandhul punika katêgor dipun ngèngèhakên inggiling tunggak kawan kaki lajêng turus sae. Punika turusipun dipun ngèngèhna kalih utawi tiga kemawon dipun ingah, punika sagêd awoh malih kadosdene wit gandhul ingkang têksih nèm, tur tiga pisan purun awoh sami wêdalipun. Turus ingkang sanèsipun ingkang badhe kaingah dipun bucali, murih sampun ngantos murugakên mriyi.

40. Tanêman kitri jambu sadaya ingkang nama jambu.

Tiyang nanêm jambu punika ing ngadat ingkang limrah bibitipun ngangge thukulan, kaputêr utawi ngangge cangkokan. Ewadene sampun dipun yêktosakên kalihan rambah-rambah, bilih jambu punika kenging katanêm sarana katurus kemawon sagêd gêsang saha dados agêng. Patrapipun pananêming [pa ...]

--- 93 ---

[... nanêming] jambu putêran utawi cangkokan sampun botên kacriyosakên. Ewadene kêdah nyariyosakên panurusipun: burusipun pang jambu ingkang agêngipun botên kirang saking satêkên, lan ingkang sêpuhipun burus wau botên kirang saking sapêndhak (kalih wêlas wulan) punika burus dipun kêthoki panjangipun sampun ngantos kirang saking tiga têngah kaki, ing bongkot dipun lancipi, sanginggiling lancipan kulitipun kêdah dipun klokop satêngah mubêng. Bilih dunungipun sampun kapasthi, turus katancêbna tanpa kakowak, mandar dipun gandhèn saking nginggil murih tumancêb, ing bongkot sagêd amblês, gêthêtaning kulit sagêda nylikap wontên salêbêting siti satêbah amblêsipun gêthêtan. Pucukipun turus sagêda anjuwul kenging gandhèn. Turus kêdah dipun srumbungi murih sampun ngantos kagerot-gerot [kagerot-gero ...]

--- 94 ---

[... t] ing para lare utawi kewan, awit bilih kagerot-gerot sagêd anjalari botên dados. Ing salamining sêminipun turus kêdah kajagi sampun ngantos karisak, lan ing sabên-sabên măngsa tanpa jawah ngantos langkung saking gangsal dintên, ing panggenaning sapu lêbuning turus punika masthi kasiram ingkang urup kalihan pêrlunipun.

Wohipun kitri jampu punika kalêbêt cêpak amanipun ingkang nama kalong, cuboh utawi kamprèt. Mila bilih agênging woh sampun wiwit sakêmrunggi kêdah wiwit dipun brongsongi mawi krênêng utawi mawi tapas. Makatên ugi kêdah dipun sukani koplok satunggal ing dalêm jambu sauwit. Koplok kasukanana klamar ingkang anjog salêbêting griya, ing sadangunipun taksih mêlèk bilih mirêng suwaranipun ing wit jambu pating srêbut, klamar kacènèng dipun sêndhal-sêndhal,

--- 95 ---

koplok mungêl kalong kamprèt sami bibar nêbih.

Wontên ugi ingkang gadhah pamanggih ing wêktu tanêmanipun jambu awoh, sabên sontên nyêpêng gadhahanipun banyak satunggal kadèkèkakên ing kurungan agêng ingkang anyêkapi kangge wadhah banyak satunggal, dipun angkah sagêda nglabrak-nglabrak, lajêng kainggahakên dhatêng wit jambu. Wantu banyak kapisah kalihan panunggilipun masthi kemawon sadalu muput inggih jêrat-jêrit, kalong kamprètipun sami ajrih tintrim.

 


ing. (kembali)
sapriki. (kembali)
bangsaning. (kembali)
§ obin = ru pasagi. (kembali)
bantêr. (kembali)
lêmbat. (kembali)
kadamêl. (kembali)