Kagunan Jawi Bab Beksa, Wignjahambeksa, #1271

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KAGOENAN DJAWI BAB BEKSA

--- [0] ---

[Grafik]

Dening R. M. Wignjahambeksa

Kasade Dening: Toko Boekoe "Sadoe-Boedi" Solo.

--- [0] ---

KAGOENAN DJAWI BAB BEKSA

Minangka Tuntunan Patrapipun Nyinau Beksa Tanpa Guru, Ngewrat Bab Beksa Tayungan Dumugi Beksa Tayub

Dening R. M. Wignjahambeksa

Jilid 1

Mawi Gambar

Kawedalaken Sarta Kasade Dening: Toko Buku: "Sadoe - Boedi" Solo.

--- [0] ---

[Grafik]

R.M. WIGNJAHAMBEKSA

--- 1 ---

BEBUKA

Kula nuwun, miturut gumêlaring kawontênan, saha gumyahing pawartos ingkang sami kawrat ing sêrat-sêrat kabar, kathah sangêt ingkang nyariyosakên, bilih kagunan kula bangsa Jawi babagan bêksa, ing mangke saya sumêbar dumugi ing pundi-pundi panggenan, lan mbotên namung muthêg wontên ing jagad Jawi kemawon, nanging malah ngantos dumugi ing liyan praja. Mênggah saya sumêbaripun kagunan kula bangsa Jawi ngantos kados makatên punika, saèstu ndadosakên agêng saha bingahing manah kula. Amargi kajawi kagunan kula ingkang sakalangkung adi-luhung sagêd sumêbar ing ngakathah, malah ngantos dumugi liya bangsa maneka-warni, bingah kula malih wau, dene ingkang langkung pêrlu punika, têgêsipun kagunan kula bêksa punika nama "kopèn", mênggah kopèning kagunan punika saèstunipun njalari lêstantunipun gêsang ing salami-lami. Wondene lêstantunipun gêsang kagunan bab bêksa punika, sarèhning ingkang nggadhahi bangsa kula Jawi, dados têgêsipun kabangsan kula punika inggih taksih dipun ajêngi ing ngakathah, kathahipun ingkang ngajêngi punika têgêsipun adêging kabangsan kula Jawi, taksih nama: "santosa".Mênggah santosaning adêgipun bangsa makatên, saèstunipun manawi pinarêng ing Pangeran, dangu-dangu têmtu inggih sagêd dumados bangsa ingkang minulya malih, wangsul kados kala rumiyin.

Nuwun, mênggah anggèn kula sagêd matur kados makatên punika, amargi miturut pangandikanipun para sagêd, kacariyosakên: "basa dalah kagunanipun punika, dados titikanipun adêging bangsa, pundi bangsa ingkang sampun ical basa dalah kagunanipun, ing ngriku punika nandhakakên bilih adêging kabangsanipun inggih sampun sirna utawi risak". Awit saking kados makatên, dados inggih sampun salayak kemawon, bilih para ingkang ambêg trêsna bangsa, lajêng sami mbotên katalompèn anggènipun kagungan karsa sumêdya nyiar-nyiarakên kagunanipun piyambak miturut pundi ingkang dipun sagêdi, saha dipun kaconggahi, ing ngriku lajêng kawulangakên dhumatêng sadhengah panggenan utawi dunung, punapa dene lajêng kadamêl buku, kasiyarakên ing ngakathah, pêrlunipun ingkang namung supados sagêd sumêbar dipun ajêngi, miturut sakaparêngipun piyambak-piyambak. Dene anggènipun kados makatên punika, ingkang dados èsthining galihipun para mahambêg trêsna bangsa wau, mbotên liya inggih têmtu namung saking anggènipun sumêdya badhe nyantosakakên, saha ngluhurakên dhumatêng kagunanipun piyambak, ingkang têgêsipun ugi nama nyantosakakên, saha ngluhurakên dhumatêng kabangsanipun. Sarèhning larasanipun ing raos kados makatên, mila ing ngriki kula wajib ngucap sokur ing Allah, kanthi mbotên kasupèn ngaturakên gunging panuwun katur bangsa kula ingkang sampun sami nglênggahi kadarmawaning galih, tansah nyiar-nyiarakên dhumatêng kagunan-kagunan kula bangsa Jawi. Amargi manawi kagunan-kagunan punika sami botên dipun mangrêtosi kaliyan ingkang sami gadhah piyambak, têmtunipun inggih badhe lajêng tumuntên katriwal; mênggah katriwalipun wau kajawi eman-eman ngèngêti nyakra-panggilinganipun kodrating jagad, dados ing ngriku punika wontên kala mangsanipun ingkang atêgês nama

--- 2 ---

nglêlingsêmi dhumatêng adêging kabangsan Jawi piyambak, awit sampun pintên-pintên pasêksèn saha pintên-pintên kanyatahan, kagunan kula Jawi ingkang sampun lajêng katriwal kapanggih ing bangsa sanès, sarêng wontên kalamangsanipun kêdah badhe nyumêrêpi utawi mangrêtos, sagêdipun kadumugèn, kêdah sarana puruita dhumatêng bangsa sanès ingkang manggih wau, kados makatên punika manawi dipun raosakên, punapa botên nama nglêlingsêmi sangêt; amargi ing ngriku punika lajêng dados pasêksèn agêng, nandhakakên: "weya lan sêmbrananipun kabangsan kula nalika samantên". Sarèhning kados makatên punika sampun têtela botên prayogi, mila kabangsan kula ing wêkdal punika, kabêkta saya wiyar têbaning pangrêtosanipun dhumatêng babagan agal-alus, dados inggih lajêng katarbuka raosing galihipun, kathah ingkang lajêng sumêdya badhe mbrastha dhumatêng wêwatakan ingkang sangêt kuciwa wau punika.

Kula nuwun, ngèngêti wigatosipun ingkang pêrlu kados ingkang kula aturakên ing nginggil, sarèhning kula punika ugi bangsa Jawi, dados inggih rumaos tumut kuwajiban, njagi murih lêstantun saha santosaning kagunan kula Jawi, namung sagaduk saha sakaconggahing manah, punapa dene sêsêrêpan kula, ingkang adhakan sawêg kagunan Jawi bab bêksa, sêdyaning manah kula badhe kula siyarakên ing ngakathah, sarana kula angge buku, kalayan kula sêrat ngangge basa Jawi aksara Latin, nanging ing sarèhning kawruh kula dhumatêng bab punika dèrèng paja-paja nyêkapi, mangka raosing manah sakalangkung adrêng, dados inggih lajêng ngupados pitakènan dhumatêng sawênèhipun prayantun, ingkang sêsêrêpanipun dhumatêng babagan punika sampun kula manah ragi nyêkapi, inggih punika mitra-darma kula asma: R.M. WIGNYAHAMBEKSA, tilas abdidalêm bêkêl Langêntaya Karaton dalêm Surakarta-adiningrat, ingkang kèndêlipun saking pasuwitan wau saking panyuwunipun piyambak. Wondene R. M. WIGNYAHAMBEKSA punika wayahipun têtungguling êmpu bab bêksa, ingkang sampun misuwur saindênging jagad Jawi, inggih punika: R. M. A. TANDHAKOESOEMA. Mênggah R. M. WIGNYAHAMBEKSA wau, kajawi kula suwuni sêsêrêpan kawruhipun babagan bêksa, pêrlu kasêrat kapacak ing buku sagah, ugi kanthi kasagahan malih ("mbokmanawi wontên ingkang sumêdya kagungan karsa mundhut dipun tuntuni = kawulang pisan, sariranipun sagah kanthi dhanganing panggalih"). Dipun dhatêngakên botên awrat, dipun dhatêngi inggih kadugi. Dene manawi wontên ingkang kagungan karsa makatên punika, salah satunggal, lajêng ka-aturan kintun sêrat dhumatêng kula, pun SASTRALESANA, Kêdhunglumbu, Surakarta, lajêng karêmbag sapêrlunipun.

Mênggah anggènipun R. M. WIGNYAHAMBEKSA, kagungan karsa kados makatên punika, ingkang dados èsthining galihipun, sami kemawon kaliyan sêdyaning manah kula, inggih punika namung nêdya nglêluri saha ngêmi-êmi dhumatêng babagan kagunan bêksa gadhahanipun bangsa Jawi piyambak, tur ingkang sajatosipun kawruh adi luhung sangêt. Margi tata lairipun kagêm lêlangên inggih nyênêngakên, saha manjing ulah raga ingkang anjog ing kaprigêlan punapa dene kasarasan, lajêng punika miturut pangandikanipun para sagêd kacariyosakên:

--- 3 ---

Kagunan bêksa wau sajatosipun saperangan agêng dados pitêdahan patraping sêmèdi, manêmbah dhumatêng Gusti Ingkang Maha kawasa.

Awit saking makatên, mila kula botên kêsupèn ngaturakên panuwun katur R. M. WIGNYAHAMBEKSA, anggènipun sampun kaparêng tumindak kadarmawaning panggalih, mêncarakên dhumatêng babagan kagunan bêksa wau.

Kula nuwun, mugi ndadosakên kauninganipun para maos, mênggah pandamêl kula buku bêksa punika kalayan sampun kanthi kula angkah sangêt, sarèhning babagan bêksa punika botên gampil, dados ing sasagêd-sagêd inggih kula angkah sagêda nggampilakên panyinaunipun, langkung malih tumrap para ingkang sampun kagungan pangrêtosan sawatawis, bilih kagungan karsa badhe bêksan punapa kemawon, inggih lajêng gampila anggènipun nindakakên. Wondene pandamêl kula buku punika, upami caranipun sinau dhumatêng ngudi babagan kasusastran, bilih basa Jawi kula sangkani: HA, NA, CA, RA, KA, bilih sastra Latin saking A, B, C. Dene ingkang minangka carakan utawi a. b. c. - nipun ingatasing bab bêksa wau, inggih punika wiwit bêksan: tayungan, minggahipun malih lajêng bêksan tayuban, lajêng minggah-minggah malih sapiturutipun. Namung kemawon ing sarèhning wêwêjanganing kawruh bab bêksa wau uba-rampenipun sakalangkung kathah saha warni-warni, dados manawi kadamêl buku satunggal kemawon, saèstunipun kajawi kirang prigêl, ugi kêkandêlên, mênggah kandêling buku makatên, manawi maos inggih lajêng kagungan raos: upami dhahar kuwowogên (raos wêgah), mila ing ngriki badhe kula damêl alit-alit, manawi pinarêng ing Pangeran lajêng kasambêt-sambêt, dumugi satêlasing sêsêrêpanipun R. M. WIGNYAHAMBEKSA.

Nuwun, mênggah raosing manah kula kados makatên punika kajawi kula sêsuwun saha kula pêpuji mugi sinêmbadan ing Pangeran, kaping kalihipun, para priyantun saha para sadhèrèk kula sadaya kemawon lajêng kêparênga mundhut buku damêlan kula punika, sanadyan mbotên badhe nyarirani piyambak, nanging manawi kagungan buku punika, pamanah kula prayogi sangêt, amargi kajawi kenging kagêm mulang putra wayah, sawega dados simpênan kemawon, sarèhning nyimpên kawruh kagunanipun piyambak, mênggahing raos kados sami kemawon kaliyan nyimpên barang adi panunggilanipun ingkang nama wasiyatipun para linangkung saha para luhur piyambak, jalaran têgêsipun ugi sami nyimpên kawruh utawi piwulang adi luhung.

Wasana mugi ndadosakên ing kauningan, saha mugi kagalih sapêrlunipun.

Kêdhunglumbu, Surakarta Adiningrat 2602.

Kula pun: Sastralesana

--- 4 ---

[…]

--- 5 ---

a. Wêwatonipun kawruh bêksa tayungan.

Kula nuwun, mênggah pangrakit - kula dhumatêng wêwatoning kawruh bêksa tayungan punika, kalayan kula - praboti ngangge gangsa gêndhing ladrang calunthang laras salendro pathêt sanga, petanganipun: sabên kênong rambah kaping tiga lajêng gong, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang minangka wiwitan:

1. Lênggah trapsila anor-raga, têgês saha pacaking patrap, lênggah sila, jaja kaungalakên, nanging jangga manglung, wondene patrapipun anggèning lênggah sila wau, suku têngên wontên ing ngajêng, dlamakanipun suku kiwa katindhihan têngah-têngahipun pupu têngên, dlamakanipun suku têngên katindhihan ing dhêngkulipun suku kiwa.

Sikuting asta kiwa-têngên, katumpangakên têngah-têngahing pupu suku ugi kiwa-têngên, darijinipun asta kiwa-têngên, kagathukakên kalayan cathok-ula, manggèn wontên sangajênging garès suku ingkang kangge sila, kadhawahna têngah lêrês, jaja mungal, jangga manglung kados ing nginggil, ulat-ulatanipun netra kawawasna pucuking grana, nanging kanthi patrap masmu ndhingkluk sawatawis.

Wiwit ungêling kênong rambah kaping tiga, ngajêngakên badhe dhumawah gong, kêprak mungêl sapisan: thog, minangka sasmita ingkang bêksa supados nata pacak, patrap masmu mathènthèng, èpèk-èpèking asta kiwa katumpangakên ing dhêngkuling suku kiwa. Dariji karapêtna mujur mangajêng, nanging jêmpolanipun asta kiwa wau, kajêngatakên minggah. Wondene asta ingkang têngên kapatrapakên malangkadhak, darijinipun katindhêsakên têngah-têngahing pupu suku têngên, kalayan kaestha kados nggêgêm.

2. Dhawah ing gong, ing ngriku lajêng wiwit patrap mangênjali (nyêmbah), wondene panyêmbahipun wau patrapipun: cangklakan utawi kèlèk kiwa-têngên kaêgarakên mangandhap, kanthi èpèk-èpèkipun lêstari taksih tumangkêp, dumuginipun dhawah kênong sapisan, asta lajêng wangsul cathok-ula malih sumèlèh sangajêngipun garêsing suku ingkang kangge sila.

3. Dhawahipun kêthuk saha kênong, ing ngriku lajêng patrap nikêl pada (inggih punika nêkuk suku, patrap jèngkèngan),

--- 6 ---

dhawahipun kênong kaping kalih, lajêng pacak jangga (pacak gulu), wondene patrapipun anggèning pacak jangga wau, wiwit saking nolèh mangiwa, janggut katarik manêngên, dumugi ngantos katingal nolèh manêngên, lajêng wangsul katarik nolèh mangiwa malih, nanging namung dumugi ing têngah-têngah, lajêng tatap (kagoyangakên sawatawis: makjêglig); dhawah kêthuk, anyêblakakên asta ingkang têngên, manêngên (patrapipun asta mangkurêp katarik manêngên), dhawahipun kêmpul, ing ngriku lajêng ukêl asta têngên kawêdalakên (ugêl-ugêling asta kapuntir, wiwit èpèk-èpèk mangkurêp dumugi malumah), dhawahipun kêthuk,ukêl asta malêbêt gêntos (ugèl-ugèling asta têngên kapuntir wiwit saking iring têngên mangiwa), dhawahipun kênong kaping tiga, asta têngên, lêrês pucuking dariji têngah kiwa têngên, lajêng kagathukakên (têrangipun: pucuking dariji têngah kiwa têngên, wontên sanginggilipun dhêngkul kiwa), dhawahipun kêthuk, gathukipun dariji asta têngah kiwa têngên wau, lajêng katarik manêngên gêntos, dumugi sangajênging kèlèk utawi cangklakan têngên, dumugi dhawah kêmpul, taksih lêstari gathuking dariji asta têngah kiwa têngên katarik mangiwa wontên sangajênging kèlèk, utawi cangklakan kiwa, dumugi dhawahing kêthuk, patraping dariji asta kiwa têngên wau, taksih lêstari, nanging lajêng katarik manêngah, dumugi têngah-têngahipun ing jaja.

4. Dhawahipun gong, wangsul nyêmbah malih, dhawah kêthuk saha kêmpul, taksih kèndêl, dhawahipun kênong satunggal, lajêng pacak jangga, dhawah kêthuk, asta ugi taksih tangkêp anggènipun nyêmbah, nanging kalampahakên mangandhap kalayan alon, dhawahipun kêmpul, asta ingkang tangkêp wau dumugi sangajênging pulung-manah, kèndêl, dhawahipun kêthuk, kalampahakên minggah malih kalayan alon, dumugi kênong kaping kalih, sêmbah jaja (têrangipun: asta ingkang taksih tangkêp wau wontên sangajênging jaja), kasarêngan kaliyan pacak jangga, dhawahipun kêthuk, dariji asta têngah kagathukakên kados ing nginggil, dumugi dhawahing kêmpul, nadyan ugi taksih kagathukakên, nanging kalampahakên sêsarêngan dhumatêng ing dhêngkul kiwa, dumuginipun dhawah kênong kaping tiga, asta kêkalih ingkang darijinipun taksih kagathukakên wau, sumèlèh tumumpang wontên sanginggiling dhêngkul kiwa (patrapipun èpèk-èpèking asta kiwa têngên lumah kurêp), kaotipun katimbang ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sadaya

--- 7 ---

dariji sami kagathukakên dariji têngah sami têngah, dumugi dhawah kêthuk, asta kiwa-têngên sêsarêngan nyêblakakên, asta kiwa nyêblakakên mangiwa, asta têngên ugi nyêblakakên manêngên (sêsarêngan ndhaplang, kanthi èpèk-èpèk mangkurêp), dhawahipun kêmpul ukêl asta kiwa-têngên sêsarêngan, (sami ukêl malêbêt), pungkasanipun ukêl asta wau dhawah gong (asta kiwa wangsul tumumpang ing dhêngkul kiwa malih, asta têngên wangsul mathènthèng nindhês têngahing pupu têngên malih), patrapipun kados nalika nikêl pada (jèngkèngan), dumugi dhawah kêthuk saha kêmpul, sigêg, têgêsipun kèndêl).

Dumuginipun kênong sapisan, ing ngriku lajêng pacak jangga tatap; wondene patrapipun anggèning nyolahakên (wiwit saking mulat mangiwa ragi dêngèngèk, lajêng ndhingkluk, jangga katarik manêngên tatap (nggoyangakên jangga, jêglig, dumugi dhawahipun kêthuk, dlamakaning suku kiwa lajêng kaingsêt majêng sawatawis pêrlu badhe kangge mancat ngadêg, dumugi dhawah kêmpul, ing ngriku lajêng mancat ngadêg, salajêngipun wiwit badhe bêksa laras, mila sasampunipun ngadêg wau, lajêng nata matrapakên suku kiwa-têngên mathèthèk; têrangipun makatên: suku ingkang kiwa kaêndhakakên kangge nyanggi awrating badan, dene suku ingkang têngên, nadyan ugi kaêndhakakên, nanging namung sawatawis kemawon; dene dlamakanipun suku kêkalih pisan (kiwa-têngên), sami ka-alangakên sadaya. Dumuginipun dhawah kêthuk, suku kiwa-têngên wau tumindak sêsarêngan. suku ingkang kiwa ka-ingsêt mundur sawatawis, dene suku ingkang têngên lajêng katarik dhumatêng sacêlakipun poloking suku kiwa perangan ing nglêbêt, nanging panarikipun wau kalayan jinjit; wondene tumindakipun asta kêkalih pisan kiwa-têngên ugi sêsarêngan, asta ingkang kiwa nyêpêng pucukipun kandêlan-dhuwung ingkang dipun angge, ingkang têngên, darijining asta têngên wau, sawarni kadosdene kajiwitakên dhumatêng sapucuking sarungan, dumuginipun dhawah kênong ingkang kaping kalih, ing ngriku wiwit tanjak tancêp dhuwung, patrapipun makatên:

Suku ingkang têngên, tumapak saha tumindak jumangkah manêngên sêmu majêng, sinartan pacak mathènthèng, cangklakan (kèlèk), kaêgarakên sawatawis, dumuginipun dhawah kêthuk saha kêmpul, ing ngriku wiwit patrap leyot manêngên. Mênggah ingkang dipun wastani leyot punika, patrapipun makatên: (upami leyot manêngên, badan kaoyog ebah manêngên sawarni [sa...]

--- 8 ---

[...warni] kados ngêsuk, suku têngên kaêndhakakên kanthi mbotên oncat anggènipun nyanggi awrating badan, makatên ugi manawi leyot mangiwa, ingkang dipun êndhakakên wau saèstunipun inggih suku ingkang kiwa), dumuginipun dhawahing kêthuk, lajêng wangsul kasolahakên leyot mangiwa gêntos, patrapipun: (badan kasolahakên mangiwa, makatên ugi suku kiwa, inggih dipun êndhakakên kados katrangan ing nginggil), dumuginipun dhawah kênong kaping tiga, ing ngriku lajêng nyêblakakên asta kiwa, patrapipun: (asta andhaplang mangiwa, èpèk-èpèk kiwa wau, majêng mangiwa), dene suku ingkang têngên katarik dumatêng sacêlakipun polok suku kiwa ingkang nglêbêt, ugi kalayan jinjit; dumugi dhawahipun kêthuk saha kêmpul, ing ngriku lajêng sêkaran bêsutan, dene têrangipun makatên: (asta kiwa miwir sampur kapêrnahakên manggèn wontên sangajênging pusêr, nanging ragi kapering kiwa, darijinipun asta dipun jêbèbèhakên mujur manêngên, jêmpolanipun asta kiwa kajêngatakên, dene astanipun ingkang têngên, ugi kasolahakên sarêng kaliyan asta kiwa mêndhêt sampur kiwa, asta têngên ugi mêndhêt sampur ingkang têngên, lajêng kacêlakakên dhumatêng pamanggènipun asta kiwa). sasampunipun asta têngên cêlak kaliyan asta kiwa wau, kalayan alon-alon katurutakên kaliyan iramaning gangsa, asta têngên wau katarik wangsul kalampahakên manêngên, sinartan ulat-ulatan, ningali (mawas) dhumatêng lampahipun asta têngên ingkang katarik manêngên wau. Dumugi dhawahipun gong, lajêng patrap njêjêt, têrangipun: (badan kajujut minggah, padharan dipun klêmpètakên, suku kiwa kajinjitakên saha katarik dhumatêng sacêlakipun polok suku têngên ingkang nglêbêt), dene asta ingkang kiwa, taksih lêstari miwir sampur ingkang bageyan kiwa, wontên sangajênging pusêr ragi kapering kiwa wau. Amung asta ingkang têngên, sanadyan ugi taksih lêstari miwir sampur, nanging kalêrêsakên lêncêng mangandhap, amung andhap-inggilipun wau, ka-angkaha sami kaliyan andhap-inggilipun asta ingkang kiwa ingkang ugi taksih miwir sampur; wondene ulat-ulatanipun, taksih lêstari mulat (mawas) asta têngên.

Dumuginipun dhawah kêthuk, suku kiwa ingkang suwaunipun jinjit wontên sacêlakipun polok wau, dlamakanipun lajêng kajêplakakên minggah kanthi patrap sêmu ka-êgètakên, saha sasampunipun dlamakan suku kiwa kajêplakakên punika, ing salajêngipun suku kiwa wau, kajunjung,

--- 9 ---

nanging amung sawatawis, andhap-inggiling panjunjungipun punika, kasipat kaliyan kempolipun suku ingkang têngên, dumugi dhawah kêmpul, suku kiwa ingkang kajunjung wau, lajêng ka-andhapakên (dipun tumapakakên). Mênggah tumapak saha sumèlèhipun suku wau, godhagipun suku kiwa têngên punika, tungkakipun sami tungkak, ka-angkaha watawisipun sakaki; dene badan saha astanipun taksih lêstari patrapipun; dumuginipun dhawah kênong satunggal, lajêng leyot mangiwa (badan saestha kaoyog utawi kaêsukakên mlampah mangiwa), suku ingkang kiwa dipun êndhakakên nyanggi wawrating badan, dene ulat-ulatanipun gêntos lajêng mawas mangiwa, dumugi dhawahipun kêthuk saha kêmpul, ing ngriku gêntos lajêng patrap leyot manêngên, suku ingkang têngên gêntos nyanggi wawrating badan (dipun êndhakakên kados suku kiwa nalika leyot mangiwa), ulat-ulatanipun: ugi gêntos mulat utawi mawas manêngên, dene astanipun têngên ingkang miwir sampur têngên wau, lajêng ka-andhapakên sawatawis.

Dumuginipun kênong kaping kalih, ing ngriku wangsul njêjêt malih, patraping panjêjêt wau kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, inggih punika: badan kajunjut minggah; dumugi dhawahipun kêthuk, suku ingkang kiwa lajêng ka-ingsêt mundur; dumuginipun dhawah kêmpul, ing ngriku astanipun têngên, taksih kanthi miwir sampur, kaukêlakên mêdal. Mênggah patrapipun makatên: (ugêl-ugêling asta kapuntir, èpèk-èpèk kalumahakên), dene patraping dariji asta têngên ingkang kangge ukêl wau, kapatrapakên ngarah bêdhat; patrap ngarah bêdhat punika têrangipun makatên: (dariji têngah kagathukakên kaliyan jêmpolan kanthi njapit, punapa njiwir sampur, dumuginipun dhawah kêthuk, suku têngên tumapak, saha lajêng gêntos leyot manêngên.

Dumuginipun dhawah kênong ingkang kaping tiga, ing ngriku lajêng njunjung suku ingkang têngên, saha asta ingkang têngên miwir sampur, èpèk-èpèk kalumahakên, darijinipun kapatrapakên ngarah bêdhat, kapêrnahakên manggèn wontên sangajênging lêmpèng ingkang iring têngên; wondene godhagipun asta kaliyan lêmpèng wau, ka-angkah watawis wontên sakaki. Tumrapipun patraping asta kiwa, salêbêtipun makatên wau, asta kapatrapakên malangkadhak, dene darijinipun asta kiwa wau, karapêtakên saha katunjêmakên ing cêthik kiwa, dene sampuripun ingkang bageyan iring kiwa, taksih lêstari

--- 10 ---

kajêpit ing dariji kiwa. Dumuginipun dhawah kêthuk, asta ingkang têngên, ka-andhapakên puput pupu ingkang iring têngên, dumugi dhawah kêmpul, suku têngên wau, lajêng kasèlèhakên tumapak manêngên, dene dlamakanipun wau tumapakipun ka-alangakên. Dumuginipun dhawah kêthuk, gêntos sukunipun ingkang kiwa, katarik dhumatêng sacêlaking polok suku têngên ingkang nglêbêt, ing ngriku punika asta kiwa ingkang katunjêmakên ing cêthik kiwa wau, lajêng kauwalakên, nanging lajêng gêntos ka-angge miwir sampur kiwa, manggèn wontên sangajênging cêthik kiwa, darijinipun asta kaujurakên manêngên, jêmpolanipun kajêngatakên.

Dumuginipun dhawahing êgong, ing ngriku lajêng patrap njêjêt malih (ngodotakên badan), kasarêngan kaliyan pacak jangga, saha padharanipun dipun klêmpètakên, dumuginipun dhawah kêthuk, suku ingkang kiwa kajunjung, dlamakanipun kajêplakakên ngêgèt, dumuginipun dhawah kêmpul, suku ingkang kiwa tumapak, lajêng lampah leyot, dhawahipun kênong satunggal, lampahipun wau, leyot mangiwa, ulat-ulatanipun ugi mawas mangiwa. Dene astanipun kiwa, taksih lêstari anggènipun ngasta miwir sampur wontên sangajêngipun cêthik ingkang kiwa. Tumrap astanipun têngên, sanadyan ugi taksih lêstari njapit sampur wiwit saking anggènipun nglêncêngakên asta puput pupu têngên wau, nanging dumuginipun punika, lajêng ragi kainggahakên sawatawis. Dumuginipun dhawah kêthuk, ing ngriku wiwit nolèh manêngên, salajêngipun lumampah leyot ugi manêngên, dumuginipun dhawah kêmpul, anggènipun lumampah leyot manêngên wau, sinartan ngêndhakakên (ngandhapakên) sukunipun ingkang têngên, nanging asta taksih lêstari miwir sampur mandhap lêncêng puput ing pupu, ulat-ulatanipun mawas manêngên, nanging kapara mangandhap.

Dumugi dhawahipun kênong ingkang kaping kalih, wangsul patrap njêjêt malih (inggih punika: ngodotakên badan), sarta padharan ugi dipun klêmpètakên, amung sukunipun kiwa-têngên kapatrapakên jinjit madya sêsarêngan, inggih punika suku kiwa têngên wau, dipun patrapakên sêmu badhe anggathukakên tungkak kêkalih pisan ingkang kajinjitakên. Wondene astanipun kiwa, miwir sampur kiwa kapêrnahakên wontên sangajêngipun cêthik kiwa, astanipun ingkang têngên, miwir sampur kalayan lêncêng manêngên, sarta kasarêngan pacak jangga,

[Grafik]

Tayung 1.

Katrangan gambar ingkang angka 1 nêrangakên patrap tanjak têngên tancêp, pêrlu badhe tumindak lumampah bêksa tayung ingkang angka sapisan.

[Grafik]

Tayung 2.

Katrangan gambar ingkang angka 2 nêrangakên tumindak lumampah bêksa tayung ing sasampunipun tanjak tancêp kasbut nginggil.

[Grafik]

Tayung 3.

Katrangan gambar ingkang angka 3 nêrangakên tumindak lumampah bêksa tayung ing sasampunipun tumindak suku têngên jumangkah majêng, ing salajêngipun suku ingkang kiwa gêntos tumapak majêng.

--- 11 ---

dumuginipun dhawahing kêthuk, dlamakanipun suku kiwa têngên ingkang kajinjitakên wau, lajêng dipun tumapakakên lan dhêngkulipun suku kiwa têngên, mawi dipun andhapakên sawatawis, nanging dlamakanipun suku ingkang iring kiwa, lajêng kaingsêt ragi mundur. Dumugi dhawah kêmpul, asta têngên taksih lêstari miwir sampur ugi têngên, kanthi ka-ukêlakên mêdal (ugêl-ugêling asta malumah kapuntir manêngên).

Dumugi dhawahipun kênong ingkang kaping tiga, sukunipun ingkang têngên kajunjung, asta ingkang têngên ugi lajêng akêbyok sampur, kêbyokipun wau wiwit saking ing njawi malêbêt wontên sangajêngipun lêmpèng ingkang têngên, dumuginipun dhawah kêthuk, sukunipun ingkang têngên katumapakakên, dhawahipun kêmpul, suku ingkang kiwa lajêng kajunjung gêntos, astanipun ingkang kiwa, ugi ngêbyokakên sampur ingkang kiwa saking njawi malêbêt, manggèn wontên sangajêngipun lêmpèng ingkang iring kiwa, ing ngriku punika asta kêkalih kiwa saha têngên ingkang sami akêbyok sampur malêbêt wau, lajêng katingal sawarni jèjèr, mila andhap inggilipun asta kêkalih kiwa-têngên punika ka-angkaha ingkang sami, sampun ngantos andhap inggil, tiningalan botên prayogi. Dumugi dhumawahipun kêthuk, lajêng lumampah trisig mundur, patrapipun anggèning lumampah trisig mundur wau, ka-angkaha ingkang kêrêp, sêmu kados-dene dhêdheglogan rambah kaping sêkawan, glig - glig - glig - glig. Sasampunipun makatên, sukunipun ingkang kiwa, lajêng kajumangkahakên majêng, sukunipun ingkang têngên ugi lajêng nututi majêng, patrap makatên punika, dumuginipun grêg sawarni kèndêl, asta kiwa-têngên ingkang taksih kagulêt ing sampur nalika kakêbyok malêbêt, sampur wau kiwa-têngên sêsarêngan lajêng kakêbyokakên mêdal, sampur kêkalih pisan lajêng sami uwal saking asta kiwa-têngên. Pêrlu ngupadosi utawi ngangkah dumuginipun dhawahing gong, sasampuna sampun sagêd tanjak badhe kangge tancêp; wondene mênggah patrapipun tanjak tancêp punika, suku ingkang kiwa dipun mêndhakakên ka angge nyanggi awrating badan, dlamakan ka-alangakên. Wondene sukunipun ingkang têngên, ugi dipun mêndhakakên, nanging namung sawatawis, saha dlamakan ugi ka-alangakên, ing ngriku astanipun ingkang kiwa, kapatrakapên malang-kadhak (malang-kêrik), amung astanipun ingkang têngên, kalêncêngakên

--- 12 ---

mangandhap manggèn sangajêngipun pupu têngên, kapering manêngên sakêdhik kagodhagakên sawatawis, dene patrap panataning dariji asta têngên wau, kadamêl murnama-sidhi. Mênggah ingkang winastan murnama-sidhi punika, dariji jêmpolanipun asta gathuk kaliyan pucuking dariji panuduh, mila dipun namakakên murnama-sidhi wau, mbokmanawi kabêkta saking gathuking jêmpol kaliyan panuduh punika, ndadosakên kalowonganipun ing têngah, saestha bundêr punika. Ing salêbêtipun makatên wau, pacaking sarira kêdah kadamêl ingkang sajak sigrak (mathènthèng), ulat-ulatanipun mawas ngajêng lêrês.

Sapunika Nêrangakên Lampah-Lampah Pungkasanipun Bêksa Tayungan Wau Makatên:

Mênggah pungkasanipun lampahing bêksa tayungan punika, dumugi dhawahipun kêmpul ingkang kaping tiga; dados ngajêngakên dhawahipun kênong ingkang ugi kaping tiga, ing ngriku patraping badan kalèyèkakên manêngên, pêrlu kangge nyanggi awrating badan, astanipun ingkang kiwa kajêbèbèhakên, saha darijinipun kaujurakên mangajêng, patrap mbaya-mangap; wondene asta ingkang têngên malang-kadhak (malang-kêrik), katindhêsakên ing cêthik ingkang têngên, dumuginipun dhawah kênong ingkang kaping tiga, ing ngriku lajêng wiwit sabêtan; dene mênggah patrapipun sabêtan wau, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Patrap saha wiwitipun sabêtan punika, dumugi dhumawahing kêmpul, ing ngriku badan lajêng wiwit lèyèk manêngên, astanipun ingkang kiwa, nggêgêm sampur ingkang bageyan kiwa, amung astanipun ingkang têngên, kaukêlakên mêdal, patrapipun ugêl-ugêling asta kapuntir saking nglêbêt kawêdalakên, patraping darijinipun murnama-sidhi (jêmpolanipun dariji asta, gathuk kaliyan pucuking dariji panuduh), salajêngipun asta ingkang têngên, kaesthaä kadosdene manawi nyawuk toya, katarik manêngah dumugi sangajênging lêmpèng ingkang iring têngên. Wondene panariking asta têngên manêngah wau, kêdah sinartan sarêng njunjung suku ingkang têngên, punapa dene jêmpolanipun suku ingkang kajunjung wau, kêdah kajêngatakên minggah, sarta sinarêngan kanthi nyéblakakên sampur ingkang kiwa. Mênggah padaning lampah suku tuwin lampahing asta wau, kêdah dhumawah wontên kênong kaping

--- 13 ---

tiga, jangji mungêl: "tho" kèndêl. Dhumawah kêthuk ingkang kaping tiga, suku ingkang têngên tumapak majêng manêngên sawarni ka-êgarakên (mêgar manêngên), asta ingkang kiwa sikutipun dipun bangkêlukakên, kamanggènakên wontên sangajênging dhadha ragi kapara mangandhap, (bangkêlukipun asta wau mujur manêngên, saha darijinipun kaujurakên mangajêng). Tumrapipun asta ingkang têngên, kabêsutakên bau ingkang kiwa, lampahipun mbêsut saking bau kiwa, kalampahakên manghandhap sêmu manêngên, kanthi leyot manêngên, lajêng njunjung suku ingkang kiwa, padaning njunjung suku saha bêsutipun asta wau, sinarêngan kaliyan pacak jangga, dhumawah kêmpul, wiwit saking arah kiwa lajêng ndhingkluk, janggut katarik manêngên, tatap (kados dene nolèh), nanging bangkêlukipun asta kiwa wau, taksih lêstantun kabangkêlukakên kados ing nginggil, amung sasampunipun pacak jangga, sanadyan asta wau taksih lêstantun bangkêluk, nanging patrapipun kaewahan, ragi dipun andhapakên sakêdhik.

Dhumawahipun kêthuk kaping tiga malih, gêntos napakakên suku ingkang kiwa, kasarêng kaliyan ukêling asta têngên ukêl mêdal (èpèk-èpèk kalumahakên), asta ingkang kiwa kaandhapakên kaliyan nyêpêng bongkoting sampur bageyan kiwa, pêrlu badhe ka-urut kasêblakakên mangiwa, ulat-ulatanipun ugi mulat mangiwa, salajêngipun tanjak tancêp dhumawah:"gong", ugêl-ugêling asta têngên kakurêpakên, saha asta kapênthang lumampah manêngên, salajêngipun njunjung suku têngên, pêrlu badhe tumapak tanjak. Amung ing sadèrèngipun suku tumapak, kêdah nyêblakakên sampur ingkang iring kiwa, ugi sêblak mangiwa rumiyin, lajêng tumapaking suku têngên, tanjak dhumawah gong, (mênggah patrapipun tanjak tancêp punika: dhadha kaungalakên, jangganipun kaungalakên sawatawis, asta kiwa malang-kadhak, asta têngên lêncêng mangandhap sipat suku, godhagipun kaliyan suku watawis satunggal satêngah kaki.

Ing sasampunipun tanjak tancêp, ing ngriku wiwit badhe lampah ridhong, (mênggah ingkang dipun wastani lampah ridhong punika, mlampah kaliyan rimong sampur), lampah ridhong punika dumuginipun dhawah gong, lajêng tanjak tancêp, salajêngipun tumindak lumampah, manawi panunggilanipun ingkang bêksa tayungan wau kathah, tumindakipun lumampah wau, inggih sêsarêngan sadaya, patrapipun: sampur kiwa têngên [tê...]

--- 14 ---

[...ngên] sami ka-asta, ugi asta kiwa-têngên; dene anggènipun badhe ngasta sampur wau, patrapipun: sampur ka-urut ing ngasta sadaya, manawi sampun dumugi pojoking sampur kiwa-têngên wau, ingkang bageyan kiwa, kacangkolakên sikut kiwa, darijining asta kiwa wau, ka-ujurakên minggah anjêpit pojoking sampur kiwa, èpèk-èpèk kamanggènakên wontên sangajênging cangklakan (kèlèk ingkang kiwa, ka-ajêngakên mangajêng, wiwit lumampahipun makatên:

1. Dhawah kênong, suku têngên jumangkah majêng, dlamakanipun ka-alangakên, asta ingkang têngên ngipatakên sampur manêngên, suku kiwa kajinjitakên, manggèn wontên sawingkingipun tungkak suku têngên, sinartan pacak-jangga. Wondene pacakipun jangga ingkang pungkasan, dhumawah kêmpul, kasarêngan kaliyan gêjuging suku kiwa ingkang manggèn wontên sawingkingipun tungkak.

2. Dhawah kênong, suku kiwa gêntos jumangkah majêng, asta taksih lêstantun miwir sampur têngên, lajêng minggah dhumatêng sangajênging pusêr, dhumawahipun kêthuk, suku têngên katarik dhumatêng sawingkingipun tungkak suku kiwa ingkang mêntas kangge jumangkah majêng, lajêng pacak-jangga, pungkasanipun pacak-jangga, dhumawah kêmpul sinartan nggêjugakên suku têngên.

3. Dhawah kênong, suku têngên jumangkah majêng gêntos, wondene patrapipun wangsul kados nalika dhawah kênong, ing angka 1 nginggil punika, makatên sapiturutipun sanadyan ngantos pintên-pintên gongan, sami kemawon.

Ing Ngandhap Punika Urutipun Lampahing Bêksan Tayungan, Sasampunipun Bêksa Laras.

a. Dhawah kêthuk, sêblak asta, kênong ndhaplang (asta têngên malang-kadhak), sarêng kaliyan panariking suku têngên, kajinjitakên lajêng kadunungakên sacêlaking polok bageyan ing nglêbêt, nanging ingkang iring kiwa.

b. Dumugi dhawah kêmpul, suku têngên jumangkah tumapak majêng, dalamakanipun ka-alangakên, astanipun ingkang kiwa, darijinipun kaujurakên mangajêng, manggèn wontên sangajêngipun dhadha, nanging ragi kapering kiwa, godagipun antawis sakaki.

--- 15 ---

c. Dumugi dhawah kêthuk, nggêjugakên sukunipun kiwa kajinjitakên manggèn sawingkingipun tungkak suku têngên.

d. Dumuginipun dhawah kênong sapisan, sukunipun ingkang kiwa wau, lajêng jumangkah tumapak majêng, sinarêngan kaliyan sêblaking asta kiwa saha têngên, inggih punika: asta kêkalih kiwa saha têngên wau, sami ndhaplang lêrês, amung èpèk-èpèkipun asta kêkalih pisan, kêdah ka-ajêngakên mangiwa saha manêngên, dariji ka-ujurakên minggah.

e. Dumugi dhawah kêthuk, sukunipun ingkang têngên kagêjugakên gêntos, kalayan kajinjitakên manggèn sawingkingipun tungkaking suku kiwa.

f. Dumugi dhumawahipun kêmpul, suku ingkang têngên jumangkah tumapak majêng sinarêngan kaliyan asta kiwa, kajêbèbèhakên manggèn ing sangajêngipun dhadha malih kados patrap ingkang sampun kasêbut ing bageyan angka kalih ing nginggil. Dumuginipun dhawah kêthuk, ing ngriku gêntos nggêjug suku ingkang kiwa ugi kajinjitakên manggèn sawingkingipun tungkaking suku têngên, sami kaliyan ingkang kasêbut ing bageyan angka tiga.

g. Dumugi dhawahipun kênong ingkang kaping kalih, suku kiwa jumangkah tumapak majêng malih; wondene patraping suku saha astanipun sami kaliyan ingkang sampun kasêbut ing bageyan angka sêkawan.

Mênggah katrangan lampah-lampahipun bêksan tayungan kados ingkang katur ing nginggil punika, supados sagêd anggampilakên para ingkang kaparêng sinau, prayoginipun kêdah dipun èngêt-èngêt, saha ka-apilakên ingkang ngantos mbotên kasupèn, amargi wongsal-wangsul lampahipun sami kemawon, dumugi pintên gongan manut sakaparêngipun ingkang nyarirani sinau piyambak.

Katrangan Rêringkêsanipun:

Mugi andadosakên pariksanipun para ingkang kaparêng sinau, mênggah lampahipun bêksan tayungan punika, têrangipun: sabên suku ingkang têngên jumangkah, asta ingkang kiwa kajêbèbèhakên manggèn sangajêngipun ing dhadha, lajêng nggêjug suku kiwa kaliyan kajinjitakên kados pratelan ing nginggil.

--- 16 ---

Ing sasampunipun nggêjug suku kiwa wau, suku kiwa ingkang mêntas dipun gêjugakên, lajêng kajumangkahakên tumapak majêng kanthi ndhaplangakên astanipun kêkalih pisan (kiwa saha têngên), ing ngriku lajêng gêntos nggêjug suku ingkang têngên.

Sasampunipun suku têngên kagêjugakên, lajêng kajumangkahakên majêng, astanipun ingkang kiwa lajêng kadhaplangakên, manawi kathah ingkang sêsarêngan sinau, sadaya patrap-patrap punika, kêdah sêsarêngan sami sadaya, makatên sapiturutipun.

BAB WÊWATONIPUN BÊKSA TAYUB.

Kula nuwun, mênggah lampah-lampahipun bêksa tayub punika, supados sagêd nggampilakên dhumatêng para ingkang kaparêng sinau, ing ngriki badhe kula wiwiti saking pangulahipun suku, pêrlunipun murih lajêng sami mangrêtos dhumatêng wêwaton lampah-lampahing iramanipun gangsa, mila supados sagêd nggampilakên jumbuhing pangetangipun irama, kula pêndhêtakên wêwaton gêndhing ingkang ragi gampil-gampilan kemawon, inggih punika gêndhing Katawang. Wondene wêwatonipun gêndhing Katawang wau, sabên kênong satunggal lajêng dhawah gong, upaminipun kadosta: manawi larasipun gangsa wau slendro, ingkang ragi gampil kangge sinau bêksa tayub wau, inggih punika gêndhing Katawang Rajakuswala 2, Katawang Langên gita 3, Katawang Pawukir 4, Katawang Tarupala. Amung manawi gangsanipun wau larasipun pelog, ingkang gampil dipun angge sinau bêksa tayub punika, kadosta: gêndhing Suwala-gita, 2. Puspa-anjala (Swala-gita saha Puspa-jala).

Nuwun, mênggah gêndhing-gêndhing kados ingkang kula aturakên ing nginggil sadaya punika, patrap pangetangipun irama dalah paprincènipun, kados pratelan ing ngandhap punika:

Sasampunipun dhawah gong, lajêng kêmpyang, tumuntên kêthuk, kêmpyang, dhumawah kêmpul sapisan, kêmpyang malih, kêthuk, kêmpyang, kênong sapisan lajêng kêmpyang, kêthuk malih, kêmpyang, dhawah kêmpul ingkang kaping kalih, lajêng kêmpyang, kêthuk, kêmpyang, dhawah gong.

Kawuningana, kados paprincènipun irama ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, tumrapipun ing pakêcapan, wêtahipun [wê...]

--- 17 ---

[...tahipun] têmbung gandhèngipun kaliyan sastra, kêdah namung ngalih (2) wanda, amung manawi dipun angge pasinaon bêksa, lajêng karingkês kêdah namung nyatunggal wanda. Têrangipun saupami anggènipun mastani namaning gangsa, gandhèngipun kaliyan ungêl, kadosta mastani: kempyang; ing ngriku namung dipun ungêlakên: pyang; upami: kethuk inggih namung dipun ungêlakên: thuk; manawi dhawah: kêmpul, inggih namung dipun ungêlakên: gung; makatên sapiturutipun. Kados makatên punika nggampilakên pakêcapan anggènipun nyinau, têrangipun kula pêndhêtakên piridan namung satunggal gongan kemawon, upaminipun makatên:

(Gong); lajêng mungêl malih: pyang; thuk; pyang; gung; pyang; thuk; pyang; tho; pyang; thuk; pyang; gung; pyang; thuk; pyang; (gong). Dados têrangipun ing dalêm satunggal gongan punika jangji sampun mêntas dhawah gong, lajêng kêmpyang sapisan, kêthuk sapisan, kêmpyang ping kalih; lajêng kêmpul sapisan, kêmpyang ping tiga; kêthuk ping kalih, kêmpyang ping sakawan lajêng kênong; lajêng kêmpyang malih ping gangsal, kêthuk ping tiga; kêmpyang ping nênêm, kêmpul ping kalih, kêmpyang ping pitu, kêthuk ping sakawan, kêmpyang ping wolu, lajêng gong. Mênggah dhawahipun cacahing ungêlipun satunggal-tunggalipun wau, kêdah ingkang èngêt, amargi punika gêgandhèngan kaliyan irama, ingkang pêrlunipun kangge petangan solahing asta, suku, badan saha jangga.

Sapunika kula wiwiti saking nêrangakên lampahing suku kiwa têngên rumiyin, jumbuhipun kaliyan wiramanipun ing gêndhing, amargi ing ngatasipun sinau bêksa makatên, ingkang langkung pêrlu punika lènjèhipun rumaganging suku kiwa têngên. Amila supados mbotên ngrangkêp panggalihan, asta kiwa têngên sami dèrèng dipun makaryakakên, namung dipun angge patrap lêncêng puput mangandhap, ugêl-ugêling asta kiwa-têngên, kamanggènakên wontên ing tepong ugi kiwa-têngên, sami kadêgègakên minggah. Wondene darijinipun asta kiwa-têngên sami dipun angge patrap angontha-baskara. Mênggah ingkang dipun wastani dariji angontha-baskara punika, inggih punika: pucuking dariji panunggul dipun gathukakên kalihan pucukipun jêmpolan dariji asta. Dene darijinipun asta ingkang tiga, kiwa-têngên sami kapatrapakên rapêt, ingkang têngên majêng manêngên, ingkang kiwa majêng mangiwa, dhadha ka-ungalakên, jangga manglung; manawi sampun

--- 18 ---

makatên, ing ngriku lajêng wiwit ngulah patraping adêg, (têgêsipun: adêgipun); dèrèng dipun makaryakakên tumindak, têrangipun makatên:

Bab Patraping Adêg.

Kula nuwun, mênggah patraping adêgipun bêksa punika, suku ingkang kiwa dipun mêndhakakên nyanggi wawrating badan ugi perangan kiwa; wondene patraping dalamakanipun suku kiwa wau dipun alangakên sawatawis, wondene dhêngkulipun kabênggangakên mundur sakiyatipun rumiyin. Sasampunipun makatên, lajêng gêntos patrapipun suku ingkang têngên, suku ingkang têngên wau, sanadyan ugi kêdah dipun êndhakakên, ananging namung ka-anggeya sawatawis kemawon; têgêsipun: langkung mêndhak ingkang suku kiwa katimbang ingkang têngên, amargi kajawi suku têngên wau mbotên nyanggi awrating badan, wontênipun dipun angge andhap ingkang suku kiwa wau, pêrlunipun adêgipun wau supados katingal brêgas (sajak mathènthèng); dene suku têngên wau, patraping dalamakanipun tumapak mêgar manêngên, saha tungkakipun kêdah kasipatakên kaliyan jêmpolanipun dariji suku ingkang kiwa, mênggah godhagipun tungkak suku kiwa kaliyan têngên wau, ka-angkaha antawis satunggal satêngah kaki. Saha mênggah pacak patraping adêg wau, prayogi sangêt kêdah dipun gêgulang ingkang ngantos matêng, amargi mênggah ing bêksa punika, pêrlu sangêt ngulah brêgasipun adêg, awit sanadyan sawêg adêg, manawi sampun katingal brêgas, sadhengah ingkang nyawang saha sumêrêp, jangji ingkang sampun mangrêtos dhumatêng wêwatoning bêksa, tamtu sampun sagêd nitik, bilih ingkang bêksa adêgipun sae wau, kajawi ningali wau rêmên, ugi tamtu lajêng sagêd mastani, bilih ingkang bêksa punika angsal pasinaon, jalaran inggih adêg punika mênggah ing bab bêksa, ingkang dados pacak ingkang angka satunggal, sanadyan bêksanipun sadaya sampun nêtêpi wêwaton, ananging manawi adêgipun mbotên sae, sadaya punika lajêng sami katingal anggènipun kirang prayogi, mila inggih kados atur kula kala wau, adêg punika mugi kagatosakên, saha ka-angkaha sagêdipun nggadhahi pacak adêg ingkang sae.

Katrangan Makaryanipun Rumaganging Suku Kiwa-Têngên, Jumbuhipun Kaliyan Iramaning Gêndhing.

1. Dhawah gong, ing ngriku lajêng tanjak gêntèn, wondene

--- 19 ---

mênggah ingkang dipun wastani tanjak punika, têgêsipun idak, patrapipun: suku kiwa dipun mêndhakakên nyanggi wawrating badan ugi ingkang iring kiwa, kados ingkang sampun katêrangakên ing nginggil; lajêng bab adêg, patrapipun adêg punika, sukunipun ingkang têngên dipun tumapakakên kalayan ka-êgarakên manêngên.

2. Dhawah kêmpyang; ing ngriku lajêng leyot manêngên, dene leyot punika patrapipun makatên: dhêngkulipun suku kakalih kiwa-têngên sami dipun mêndhakakên sêsarêngan, manawi leyot manêngên kados punika, wiwit dhêngkulipun suku têngên saha bangkèkanipun, ing ngriku kasolahna kados ndhêsêg manêngên.

3. Dhawah kêthuk; ing ngriku lajêng mangsulakên patraping leyot wau; kala wau leyot manêngên, lajêng kawangsulakên dados leyot mangiwa gêntos, patrapipun mêndhak mangiwa, sinartan narik suku ingkang têngên, kanthi kajinjitakên dumunung sacêlakipun poloking suku kiwa ingkang bageyan ing nglêbêt, (kados makatên punika sapiturutipun, sabên kula ngaturakên suku katarik, saha dumunung wontên ing polok, punika ingkang kula pikajêngakên sampun tamtu bageyan utawi arahing nglêbêt).

4. Dumugi dhawahipun kêmpyang malih; suku têngên ingkang dipun angge patrap jinjit wontên sacêlakipun polok wau lajêng kajunjung; wondene mênggah panjunjungipun punika, inggilipun kasipatna ing kempoling suku ingkang iring kiwa.

5. Dhawah kêmpul (gung); ing ngriku wiwit tumindakipun suku têngên kalampahakên majêng lêrês, dlamakanipun ka-alangakên (kados makatên punika dumugi salajêngipun suku kiwa punapa têngên, sabên tumindak jumangkah majêng lêrês, dlamakanipun kêdah dipun alangakên).

6. Dumugi dhawahipun kêmpyang malih; dalamakanipun suku têngên ingkang dipun tumapakakên wau, lajêng dipun ênêtakên (ka-êndhakakên), pêrlu badhe kangge nyanggi wawrating badan têngên gêntos, anggènipun ngêndhakakên suku têngên wau, kaliyan ndudut suku ingkang iring kiwa, kalayan kajinjitakên wontên sawingkingipun tungkak suku ingkang iring têngên.

7. Dumuginipun dhawah ing kêthuk malih; ing ngriku lajêng [la...]

--- 20 ---

[...jêng] njunjung suku kiwa, salajêngipun tumuntên katapakakên majêng kalayan mêgar mangiwa.

8. Dumuginipun dhawah kêmpyang malih; ing ngriku suku kiwa wau, wiwit badhe tumapak mangiwa.

9. Dumuginipun dhawah kênong; suku kiwa wau, lajêng katumapakakên mêgar mangiwa.

10. Dumuginipun dhawah kêmpyang; ing ngriku lajêng gêntos leyot mangiwa.

11. Dumuginipun dhawah kêthuk; ing ngriku lajêng ngolahakên suku saha sarira, ka-olah wangsul leyot manêngên, têrangipun dados mangsulakên anggèning mêntas leyot mangiwa, sinartan narik suku ingkang iring kiwa, kalayan kajinjitakên sacêlakipun polok ingkang têngên.

12. Dumuginipun dhawah kêmpyang; wiwit njunjung suku kiwa gêntos, badhe kajumangkahakên majêng.

13. Dumuginipun dhawah kêmpul (gung); ing ngriku tumindaking suku kiwa kajumangkahakên majêng lêrês, tumapakipun (plêg), dalamakanipun ugi ka-alangakên.

14. Dumuginipun dhawah kêmpyang; suku ka-ênêtakên (ka-êndhakakên), gêntos badhe nyanggi awrating badan iring kiwa

15. Dumugi dhawah kêthuk; sukunipun têngên kadudut sinartan jinjit ing sawingkingipun tungkak suku kiwa.

16. Dumugi dhawahipun kêmpyang; njunjung suku têngên ingkang kadudut kaliyan ingkang kajinjitakên wau, ing sawingkingipun kempol kiwa.

17. Dumugi dhawahipun gong; ing ngriku wangsul tumapakipun suku têngên, kados nalika dhawahipun gong sakawit.

Katrangan: Dados têrangipun mênggahing bêksa makatên, sabên dhawah gong, kêdah tumapakipun suku têngên, amung tumindakipun punapa ngidaki irama: gong, plêg tumapaking suku sumèlèh, punapa dipun gantung sawatawis, punika namung sênêng parêng, manawi ingkang bêsus, kathah ingkang rêmên nggantung, jalaran sagêd ngindhakakên sêkaranipun, dados inggih katingal brêgas, nanging makatên punika anggenipun ingkang sampun sagêd saha sampun lulut kaliyan iramaning gêndhing, tumrapipun ingkang dèrèng kados makatên, ngidaki irama punika kemawon sampun sae, amung kemawon inggih sampun ngantos sumèlèh, utawi tumapakipun suku

--- 21 ---

ngrumiyini kaliyan ungêling gong. Manawi kados makatên, kajawi sawanganipun mbotên sae, ugi katingal manawi dèrèng mangrêtos dhumatêng iramaning gangsa.

Mangsuli lampah-lampahing suku kados pratelan ing nginggil, samantên punika wau, petang sawêg kangge salampahan; dumuginipun sapintên gongan kemawon, lampahipun sami, pêrlu kangge ngulinakakên lampahing suku, prayogi dipun tindakakên ingkang ngantos wongsal-wangsul, amargi manawi sampun sagêd kulina, suku wau sampun lajêng kados gêsang piyambak.

Sapunika Bab Irama.

Manawi badhe ngêmatakên irama, supados sampun ngantos tumpangsuh kaliyan anggènipun mbêksa, kêdah kapetang, wondene pangetangipun wau, wiwit saking dhumawahipun gong; mênggah patrap pangetangipun punika, makatên:

gong ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, " thuk" ji-, ro-, lu-, " pyang " ji-, ro-, lu-, "tho" (kênong); lajêng sapiturutipun sami kemawon, pangetungipun wau ngantos dhumawahipun ing gong.

Kula nuwun, mênggah lampah-lampahipun pasinaon bêksan tayub kados ingkang kula aturakên ing nginggil punika, nama petangan utawi pasinaon ingkang jangkêp. Dados manawi wontên pêrlunipun kêdah kasuda (pangiridan), ugi sagêd saha kenging. Wondene ingkang kula wastani kasuda utawi pangiridan wau, ingkang kula pikajêngakên mbotên sudaning gêndhing utawi sudaning bêksan, nanging namung sudanaing kanca, saha supados mbotên mawi ngêdalakên wragat, wosipun mbotên nggêdhabyah ngagêm gangsa, kabêkta saking sumêdya sinau, nanging ragi kagungan pakèwêd manawi dipun tingali ing ngakathah. Ing ngriku namung kacêkap sinau wontên ing papan ingkang brukut kalayan piyambak, mligi namung kanthi buku katrangan kula punika, jangji sampun kagungan pangrêtos sakêdhik kemawon, têmtu sampun sagêd tumindak saha nyêkapi pêrlu. Dumuginipun manawi sampun nama sagêd, saèstu mbotên wontên bedanipun kaliyan sinau ingkang mawi gangsa. Dados sinau piyambakan wau, manawi sampun matêng, lajêng dipun tindakakên bêksa mawi gangsa, têmtu inggih sampun mantuk kemawon. Wondene mênggah sinau

--- 22 ---

bêksa piyambak wau,dalah ingkang minangka gangsa saha niyaganipun ingkang dipun agêm panuntun inggih ugi dipun sarirani piyambak; nanging mbotên kêdah jangkêp kados ungêling gangsa, kacêkap namung sarana atêr-atêr, têrangipun: salêbêtipun sinau wau, kêdah kaliyan mungêl piyambak, apalanipun rancangan, makatên: pyang-, thuk-, pyang-, gung-; pyang-, thuk-, pyang-, tho-; pyang-, thuk-, pyang-, gung-; pyang-, thuk-, pyang-, gong-. Ing ngriku dados pandoming solah-tingkahipun bab bêksanipun, dene supados ndadosakên têranging panggalih, ing ngriki pêrlu kula wêwahi katrangan malih, kados ing ngandhap punika:

Gong sapisan, lajêng "pyang" ji-, ro-, lu-, "thuk" ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, "gung", ing ngriku lajêng jumangkah tumapak majêng lêrês; lajêng ngetang malih: Ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, "thuk" ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, "tho", ing ngriku suku lajêng tumapak kalayan mêgar mangiwa, lajêng ngetang malih: Ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, "thuk" ji-, ro-, lu-, "pyang" ji-, ro-, lu-, "gung" (kêmpul), ing ngriku lajêng jumangkah tumapak majêng lêrês. Salajêngipun wangsul dhawah gong, lajêng tanjak malih.

Katêrangan

Mugi ndadosakên kawuningan, mênggah patrap-patrapipun wau, kajawi kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, têrangipun malih makatên:

Ing sabên dhumawah "gong" tanjak suku ingkang têngên dhumawahipun "kênong", tumapak mêgar mangiwa, dhumawah "kêmpul", jumangkah tumapak majêng lêrês, makatên sapiturutipun.

BAB BÊKSAN INGKANG SAMPUN JANGKÊP.

Kula nuwun, ing nginggil sadaya punika, sampun kula têrangakên, bilih wosipun sawêg pasinaonipun bêksan tayub bab ngulah dhumatêng lampahing suku, ing mangke kula badhe nêrangakên bêksan ingkang sampun nama jangkêp, inggih punika mawi sêsêkaran kêbyok sampur kiwa-têngên, manawi bab lampah saha pangulahipun suku, sampun sami kemawon kaliyan ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, têrangipun kados ing ngandhap punika:

--- 23 ---

Katrangan Sêsêkaran Kêbyok Sampur.

Dhumawah "gong" ing ngriku lajêng tanjak têngên, leyot mangiwa, asta têngên akêbyok sampur, wondene patrapipun anggèning kêbyok wau, inggih punika ingkang dipun angge nyêpêng sampur, namung pucukipun dariji panunggul saha panuduh, kangge njapit dhumatêng pojokipun sampur ingkang bageyan têngên, ing ngriku lajêng kababitakên saking arah ing njawi (kababitakên malêbêt), kadhawahakên sumampir wontên têngah-têngahiipun lêngêning asta ingkang têngên, cangklakan dipun êgarakên, sikut sawarni mathèthèk (dipun bangkêlukakên), èpèk-èpèkipun majêng mangiwa, manggèn wontên sangajêngipun lêmpèng ingkang iring têngên.

Sapunika lajêng gêntos astanipun ingkang kiwa; asta kiwa wau amiwir sampur, wondene patraping pamiwir punika, ugi dariji panunggul saha panuduhipun asta kiwa, kangge njapit pojokipun sampur ingkang bageyan kiwa, wontên sangajêngipun cêthik ingkang ugi iring kiwa, èpèk-èpèkipun kaujurakên manêngên, jêmpolanipun asta kiwa wau, kajêngatakên manginggil (minggah); mênggah kêbyokipun sampur ingkang têngên wau, mugi kasarêngana kaliyan tanjakipun suku ingkang têngên, dhawah gong. Sasampunipun dumugi dhawahipun kêthuk, gêntos leyot manêngên, inggih punika minangka wangsulipun anggèning leyot mangiwa, dhumawahipun kêmpul, lajêng narik suku têngên kajinjitakên wontên sacêlakipun polok suku ingkang kiwa, ing ngriku lajêng ngêbyokakên sampur ingkang sumampir wontên lêngêning asta têngên, saking nglêbêt kababitakên mêdal.

Sapunika lajêng santun irama, ingkang dipun angge wêwaton jumangkahipun suku, mbotên kadhawahakên ing kêmpul kados ingkang sampun kapratelakakên kala wau, amargi dhumawahipun kêmpul, sampun dipun angge ngêbyokakên sampur saking nglêbêt ka-êdalakên. Inggih punika: dhumawah kêthuk, sukunipun ingkang têngên kajumangkahakên majêng, asta kêkalih kiwa saha têngên, sami njêpit sampur, cangklakanipun ka-êgarakên, èpèk-èpèkipun asta dipun trap abên ajêng (kados patrapipun manawi badhe mondhong lare), ing ngriku lajêng wiwit narik suku ingkang kiwa, salajêngipun badhe katumapakakên mêgar mangiwa.

--- 24 ---

Dumuginipun dhawah kênong, ing ngriku suku kiwa dipun tapakakên kalayan ka-angkah mêgar mangiwa, sinarêngan asta ingkang têngên ngipatakên sampur têngên dhumatêng ing wingking, nanging taksih lêstantun kajêpit ing dariji, dados anggènipun ngipatakên wau, mbotên kalayan dipun êculakên. Wondene patraping kêbyok sampur wau, kadamêl kosokwangsul kaliyan nalika kêbyok têngên, têgêsipun: manawi têngên kêbyok malêbêt lampahipun mangiwa, manawi ingkang kiwa, kalêbêtakên manêngên, makatên ugi manawi kakêbyokakên mêdal sami mêdal. Dene patrap ingkang kapratelakakên punika, anggènipun damêl ulat-ulatan, kaulatakên dhumatêng mangiwa.

Dumuginipun dhawah kêthuk, ing ngriku lajêng leyot mangiwa, kangge mangsulakên anggèning mêntas leyot saking kiwa kalampahakên manêngên, sinarêngan narik suku ingkang iring kiwa, kalayan kajinjitakên sacêlakipun polok têngên.

Dumugi dhawahipun kêmpul, ing ngriku lajêng mbucal sampur, kalayan kakêbyokakên saking ing nglêbêt kawêdalakên.

Dumuginipun dhawah kêthuk, suku kiwa ingkang kajinjitakên wontên sacêlaking polok têngên wau, lajêng kajunjung sarta ing salajêngipun dipun jumangkahakên majêng. Wondene patraping asta, asta kêkalih kiwa saha têngên, sikutipun dipun bangkêlukakên, punapa dene darijinipun asta kêkalih pisan wau, ugi sami njapit sampur (wangsul kados patrap badhe mondhong rare malih), sinartan njunjung sukunipun ingkang têngên, pêrlunipun badhe wangsul tanjak malih, dhumawahipun ing gong.

Dumuginipun dhawah ing gong wau, lajêng kêbyok sampur, kados nalika kêbyok ingkang wiwitan, makatên dumugi sapiturutipun, nanging samantên punika, kajawi manawi badhe santun sêkaraning bêksan malih.

Sapunika Lajêng Gêntos Bab Bêksan Tayub Mawi Ridhong Sampur.

Mênggah patrapipun bêksan tayub ingkang mawi ridhong sampur punika, trap-trapanipun suku, leyot saha ulat-ulatanipun, sami kemawon kaliyan ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, kaotipun asta kiwa ridhong sampur, asta ingkang têngên njiwir sampur, katranganipun kados ing ngandhap punika:

Dumugi dhawahipun kêthuk, ngajêngakên gong, sukunipun [sukuni...]

--- 25 ---

[...pun] ingkang têngên dipun junjung, pêrlunipun badhe dipun angge tanjak têngên.

Dumugi dhawahipun ing gong, ing ngriku wiwit tanjak ridhong; wondene patraping asta, asta ingkang têngên dipun ukêlakên, nanging kanthi tansah njiwir sampur manggèn sangajêngipun ing pusêr, lajêng pacak-jangga; mênggah patraping pacak-jangga wau, makatên:

1. Dumuginipun dhawah kêmpyang, janggut katarik mangiwa.

2. Dumuginipun dhawah kêthuk, janggut katarik manêngên.

3. Dumuginipun dhawah kêmpyang malih, janggut ugi katarik mangiwa malih.

4. Dumuginipun dhawah kêmpul (gung), janggut lajêng katarik manêngên malih tatap.

Nuwun, mênggah ingkang dipun wastani tatap punika, pungkas-pungkasanipun lampahing pacak-jangga, lajêng dipun goyangakên makjêglig. Wondene dhawah ungêling gangsa, kadosta: kêmpyang, kêthuk, kêmpyang, saha kêmpul. Mênggah ungêling gangsa makatên wau, ing ngatasipun kangge pasinaon punika, ungêlipun kenging namung lajêng karingkês pakêcapanipun, inggih punika namung ka-ungêlakên: pyang, thuk, pyang, gung (gung, punika kêmpul). Mênggah dhawahipun kêmpul wau, ing ngriku kangge atêr-atêr panarikipun jangga anggènipun angolahakên pacak-gulu (pacak-jangga), sarana narik janggut kalampahakên alon. Ewadene saupami ungêling gangsa: pyang, thuk, pyang, gung, punika pakêcapanipun mbotên dipun ungêlakên makatên, dipun santuni ungêl: ji-, ro-, lu-, pat-, ugi kenging mbotên wontên pakewêdipun, jalaran inggih mbotên badhe ngewahakên dhumatêng lampahipun irama.

Kula nuwun, ing sasampunipun anggèn kula mratelakakên dhumatêng lampahipun pangolahing pacak-jangga wau, ing ngriki badhe kula wêwahi bab pangolah tumindakipun suku, nanging ingkang ugi gêgandhèngan kaliyan pangolahipun pacak-jangga, têrangipun kados ing ngandhap punika:

1. Dumugi dhawahipun: pyang (kêmpyang), sukunipun ingkang têngên dipun tarik.

2. Dumugi dhawahipun: thuk (kêthuk), suku têngên wau dipun tumindakakên jumangkah majêng.

3. Dumugi dhumawahipun: pyang (kêmpyang malih), ing ngriku sukunipun ingkang kiwa gêntos dipun junjung.

--- 26 ---

4. Dumugi dhumawahipun: tho (kênong), suku kiwa wau katumindakakên jumangkah kalayan ka-angkah mêgar mangiwa.

Nuwun, mênggah dumugi kênong tumindaking jumangkah suku kiwa wau, badhe tumapakipun dalamakan dhumatêng ing siti, dipun sarêngi kaliyan ngipatakên sampur dhumatêng wingking; nanging sampur ingkang dipun kipatakên dhumatêng ing wingking punika, sampun ngantos ka-uculakên saking ing asta, kêdah taksih lêstantun kajapit ing dariji saking astanipun ingkang têngên, kalayan lajêng kalêncêngakên manêngên, ing ngriku tumuntên tumindak leyot mangiwa.

Ing salêbêtipun tumindak leyot mangiwa punika, dumuginipun dhumawah ing kêthuk (thuk), anggènipun tumindak leyot mangiwa wau, lajêng kemawon gêntos kaleyotakên dhumatêng manêngên, nanging kanthi ngêndhakakên suku saha sarira, dumuginipun dhawahing kêmpul (gung) saha kêthuk (thuk), sukunipun ingkang kiwa lajêng jumangkah saha tumapak majêng.

Dumuginipun dhumawah ing gong, suku ingkang kiwa kajumangkahakên majêng wau, sawêg katumapakakên ing siti (plêg), inggih punika tanjak têngên. Wondene tanjakipun têngên ing ngriku punika, astanipun têngên taksih kanthi lêstantun njapit sampur, ka-ukêlakên, ingkang salajêngipun dhumawah wontên sangajêngipun pusêr, inggih punika wangsul kados dhumawahipun ing gong ingkang wiwitan (wiwitaning bêksan sarana ridhong sampur), makatên sapiturutipun sadaya, ngantos pintên gongan kemawon sami.

Kula nuwun, ing sasampunipun makatên, supados saya sagêd nyêthakakên dhumatêng lampahipun irama, ing ngriki badhe kula aturakên bab sudanipun irama katimbang wêwatoning irama nalika ulah lampah ing suku, kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, kala wau: kêmpyang, kêthuk, kêmpyang, kêmpul, kêmpyang, kênong, lajêng gong; sapunika kêmpyangipun kasuda (mbotên mawi kêmpyang), dados namung dipun wontêni atêr-atêr: kêthuk, kêmpul; kêthuk, kênong; kêthuk, kêmpul, kêthuk, lajêng gong; wondene têrangipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Dumuginipun dhumawah ing gong, ing ngriku dlamakanipun suku ingkang iring kiwa, lajêng dipun patrapakên malang, anggotaning suku, pupu, saha kempol, sawatawis kabekuk

[Grafik]

Tayub 1.

Katrangan gambar angka 1 nêrangakên pacak nyarêngi dhumawahipun gong tanjak têngên badhe tumindak lumampah bêksa tayub.

[Grafik]

Tayub 2.

Katrangan gambar angka 2 nêrangakên tumindak lumampah bêksa tayub ingkang sapisan ing sasampunipun tanjak têngên kasbut nginggil.

[Grafik]

Tayub 3.

Katrangan gambar angka 3 nêrangakên sasampunipun mancad suku têngên, ing salajêngipun dhumawah kênong tanjak kiwa.

--- 27 ---

pêrlunipun supados sagêd andhap, dipun angge nyanggi wawratipun badan utawi sarira ingkang perangan kiwa.

Sapunika lajêng suku ingkang têngên, mênggah dlamakanipun suku ingkang têngên wau, kajawi ugi sêsarêngan dipun alangakên, nanging patrapipun anggèning ngalangakên dlamakan punika kanthi ka-angkaha sagêdipun mêgar manêngên, dene godhagipun suku kêkalih kiwa kaliyan têngên, watawis bênggangipun satunggal satêngah kaki, tungkakipun suku ingkang iring têngên, mugi kasipatakên kaliyan dariji jêmpolanipun suku ingkang iring kiwa, dados dhumawahing gong wau; têrangipun lajêng pacaka adêg kados makatên punika, sawangan saèstu katingal pacak ingkang brêgas.

Nuwun, ing sasampunipun pacak adêg makatên punika, ing ngriki lajêng nêrangakên pacak patraping asta, inggih punika asta ingkang iring têngên, kabêngganga kaliyan lêmpèng iring têngên, nanging ragi kapara dipun majêngakên sawatawis. Dene patrapipun dariji, katata patrap angontha-baskara (têgêsipun: wêwujudan angentha wujuding srêngenge), inggih punika buwênganipun godhaging dariji, sagêda dhapur bundêr, sagêdipun mujudakên makatên punika, sarana aggathukakên darijining asta, pucukipun dariji ingkang panunggul dipun gathukakên kaliyan jêmpolan, sarta ugêl-ugêlipun asta, kalayan kabêkuk kacêklèkakên minggah. Wondene bab ulat-ulatan, mawas utawi ningali dhumatêng jênthikaning asta, amung astanipun ingkang iring kiwa kêdah kalêncêngakên mangandhap, nanging darijinipun ugi kaestha patrap ngontha-baskara. Bab andhap-inggilipun asta kiwa-têngên wau, kêdah kasami kemawon, saha ugêl-ugêlipun ugi sami kabêkuk, kacêklèkakên minggah.

Sapunika Lajêng Bab Solahing Sarira Sapanunggilanipun, Makatên:

1. Dumuginipun dhumawahing kêthuk saha kêmpul, ing ngriku lajêng patrap leyot manêngên, sarampung utawi sadumuginipun anggèning leyot manêngên, ing ngriku tumuntên kemawon lajêng gêntos kaleyotakên mangiwa, sinartan narik suku ingkang iring têngên, kapurugakên dhumatêng sacêlakipun poloking suku ingkang iring kiwa. Sadumuginipun anggèning leyot mangiwa wau, inggih lajêng gêntos leyot manênêngên

--- 28 ---

malih, kanthi narik suku ingkang iring têngên, salajêngipun kapurugakên dhumatêng polokipun suku ingkang iring kiwa gêntos, kalayan kajinjitakên. Wondene patraping ulat-ulatanipun, nolèh mangiwa, sinartan ngukêlakên asta ingkang iring kiwa, èpèk-èpèkipun kapuntir kalumahakên, saking nglêbêt lajêng kawêdalakên. Mênggah patrap solah makatên punika sami tumindak sêsarêngan ngantos dumugi dhumawahipun kêmpul (gung), dene sukunipun iring têngên ingkang kajinjitakên wau, lajêng kajumangkahakên mangajêng, dlamakanipun ka-alangakên, gêntos nyanggi wawrating badan utawi sarira.

2. Dumuginipun dhumawahing kêthuk saha kênong, astanipun ingkang iring kiwa ingkang mêntas dipun ukêlakên wau, lajêng dipun wangsulakên ukêl malêbêt gêntos, sukunipun kajunjung tuwin dipun tumapakakên kalayan mêgar mangiwa. Wondene ulat-ulatanipun ugi mulat noleh mangiwa, ngantos dumugi dhumawahipun kênong (tho).

3. Dumuginipun dhumawahing kêthuk saha kêmpul malih, ing ngriku lajêng gêntos leyot mangiwa, sadumuginipun anggèning leyot mangiwa punika, lajêng dipun wangsulakên kaleyotakên manêngên gêntos. Mênggah wangsulipun anggèning leyot saking kiwa manêngên wau, ing ngriku sinarêngan panarikipun suku ingkang iring kiwa, kapurugakên dhumatêng sacêlakipun polok suku ingkang iring têngên, saha lêlajênganipun suku iring kiwa ingkang katarik wau, lajêng dipun junjung, salajêngipun kajumangkahakên sarta lajêng katumapakakên gêntos, Wondene anggènipun napakakên suku iring kiwa ingkang kajumangkahakên punika, lèhipun wontên ing siti, kêdah dhumawah kêmpul (gung), saha patraping asta ingkang iring têngên, kêdah sêsarêngan kaliyan jumangkah saha tumapakipun suku kiwa ingkang tumindak majêng; nanging asta ingkang iring têngên wau kanthi dipun ukêlakên saking nglêbêt kapuntir mlumah. Ulat-ulatanipun: ningali utawi mawas dhumatêng asta ingkang dipun ukêlakên, dene lumahipun asta têngên wau, kêdah dhumawah ing kêmpul (gung).

4. Dumuginipun dhumawahing kêthuk sarta ing salajêngipun dhumawahing gong, suku ingkang iring têngên katarik saha lajêng dipun junjung. Mènggah panariking suku ingkang kajunjung wau, ing ngriku kasarêngana kaliyan ukêling asta têngên ingkang sawêg kalumahakên, inggih punika [puni...]

--- 29 ---

[...ka] ka-ukêlakên malêbêt. Wondene sukunipun ingkang iring têngên, lajêng katumapakakên kalayan ka-êgarakên manêngên, têgêsipun ing ngriku punika sampun dumugi ing pada wangsulipun malih dumados tanjak têngên kados wiwitan, saha sadaya kemawon, kadosta: patraping badan utawi sarira sapanunggilanipun ugi mbotên kados nalika dhumawahipun ing gong, ingkang lajêng pacak patrap tanjak têngên.

Nuwun, mugi andadosakên kawuningan, mênggah ingkang kapratelakakên ing nginggil sadaya punika lampahipun bêksan tayub amung dumugi satunggal gongan, salajêngipun dumugi sapintên gongan kemawon, lampah-lampahipun mbotên beda (sami kemawon).

Jangkêp Saha Komplitipun Ingkang Nama Bêksan Tayub.

Kula nuwun, ing sasampunipun katrangan-katrangan ingkang kasêbut ing nginggil punika, ing mangke kula pêrlu badhe nêrangakên jangkêp saha komplitipun ingkang nama bêksan tayub wau. Wondene mênggah ingkang kula wastani jangkêp saha komplit punika, kadosta: lampahipun suku, lampahipun asta, lampahipun sarira (leyot), ulat-ulatan, punapa dene enggok utawi mingêripun, manawi sampun notog dumugi watêsipun papan ingkang dipun angge ajanging bêksa tayuban, pratelanipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Bab Lampahipun Suku Saha Asta, Leyoting Sarira Dalah Ulat-Ulatanipun.

Nuwun, ing sasampunipun dhumawah ing gong, ing ngriku lajêng kemawon patrap tanjak têngên, mênggah tanjak têngên wau, patrapipun ing suku ugi mbotên prabeda kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Makatên ugi patraping asta dalah darijinipun inggih sami, dariji dipun angge patrap angontha-baskara (inggih punika: dariji panunggul pucukipun dipun gathukakên kaliyan dariji jêmpolan), ugi kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Dene ulat-ulatanipun ugi ningali utawi mawas darijining asta ingkang jênthikan saha ugêl-ugêling asta wau, inggih kabêkuk utawi kacêklèkakên manginggil (minggah), kadunungakên lêmpèng ragi kapara majêng saha arah iring ingkang têngên. Punapa dene

--- 30 ---

cangklakan utawi kèlèk, kalayan dipun êgarakên (dipun wêngakakên) sawatawis; lajêng tumrap astanipun ingkang iring kiwa, dipun angge patrap kalêncêngakên mangiwa, ingkang andhap inggiling asta kiwa wau, kêdah sipat utawi sami kaliyan andhap inggilipun asta ingkang iring têngên. Wondene patrapipun dariji asta kiwa wau, ugi kapatrapakên angontha-baskara, ugêl-ugêlipun asta ugi kabêkuk kacêklèkakên manginggil.

Mugi andadosakên kawuningan, mênggah tanjak têngên makatên wau, kêdah nyarêngi dhumawahipun ing gong, lampah leyoting sarira, gêntosan; têrangipun: sabên leyot mangiwa, lajêng gêntos leyot manêngên. Wondene sabên ngleyotakên sarira punika, patraping asta, suku, dalah ulat-ulatanipun, sami kemawon kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

2. Bab Lampahing Ingêr Saha Enggoking Bilih Tayuban.

Nuwun, mênggah lampahing enggok saha ingêr (mingêr)ipun bilih tayuban punika, manawi lampahipun sampun notog dumugi pungkasanipun papan ingkang dipun angge ajangipun bêksan tayuban wau, ing ngriku dhumawahipun ing gong, lajêng tanjaka têngên, sasampunipun tanjak têngên wau, dumuginipun dhawahing kêthuk, lajêng ngolaha sarira leyot ugi manêngên, saha sadumuginipun dhawahing kêmpul, sukunipun ingkang iring têngên, lajêng dipun tumindakakên jumangkah majêng, badan utawi sarira lajêng mingêr manêngên. Wondene ingkang nama mingêr manêngên punika, saupami lampahipun anggèning bêksa wau majêng mangalèr, mingêr manêngên punika, lajêng dados majêng mangetan, ing salêbêtipun ngolah badan utawi sarira mingêr wau, dumuginipun dhumawahing kêthuk, ing ngriku lajêng narik suku kiwa saha ing salajêngipun dipun junjung, panjunjungipun suku ingkang iring kiwa wau, dumuginipun dhumawahing kênong, lajêng dipun tumapakakên (tho) plêg. Nanging anggènipun napakakên punika kalayan dipun êgarakên mangiwa, dumugi ing ngriku punika ajêngipun sampun lajêng dados majêng mangetan lêrês.

Dumuginipun dhumawahing kêthuk, ing ngriku lajêng ngolahakên badan utawi sarira, kaleyotakên mangiwa. Inggih punika minangka wangsulipun anggèning mêntas leyot manêngên (saking kiwa manêngên) kanthi narik suku ingkang iring

--- 31 ---

kiwa kalayan kajinjitakên, dipun purugakên dhumatêng sacêlakipun poloking suku ingkang iring têngên.

Sasampunipun makatên badhe dumuginipun dhumawahing kêmpul (gung), suku kiwa ingkang kajinjitakên wontên sacêlakipun polok suku iring têngên wau, lajêng dipun tarik ka-undurakên, sêsarêngan kaliyan ukêlipun asta ingkang têngên, ka-ukêlakên mêdal, èpèk-èpèk kalumahakên, lumahing èpèk-èpèk wau, dhumawah kêmpul lêrês (gung).

Ing salajêngipun dumugining dhumawahing kêthuk, asta têngên ingkang dipun ukêlakên dados malumah, èpèk-èpèkipun wau, dipun ukêlakên wangsul, inggih punika: kala-wau ukêl mêdal, sapunika lajêng dumados ukêl malêbêt; nanging anggenipun ukêl malêbêt punika, kanthi dipun angkaha dumuginipun pungkasaning ukêl, sagêda dhumawah gong ingkang lêrês.

Ing sasampunipun dumugi dhumawahipun ing gong wau, ing ngriku lajêng wangsul tanjak têngên malih.

Saha sadumuginipun dhumawahing kêthuk, lajêng ngolahakên sarira utawi badan, kaleyotakên manêngên, nanging sadumuginipun inggih lajêng kawangsulakên leyot mangiwa gêntos, mbotên beda kaliyan ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

Ing sadumuginipun dhumawahing kêmpul, sukunipun têngên ingkang dipun tumapakakên wau, lajêng mingêr manêngên malih, ing ngriku lajêng dumados majêng mangidul lêrês.

Dene sadumuginipun dhumawahing kêthuk, sukunipun ingkang iring kiwa, gêntos lajêng dipun junjung; dumuginipun dhawahing kênong (tho), lajêng dipun tumapakakên, nanging kanthi ka-êgarakên mangiwa.

Kula nuwun, mênggah patrap saha lampah-lampahipun ingkang kapratelakakên sadaya punika, sapiturutipun sami kemawon, nanging samantên wau kajawi manawi badhe santun sêkaraning bêksan. Wondene sêsêkaranipun bêksan punika, sadaya kemawon, manawi pinarêng ing Pangeran mbotên wontên alanganipun, ing wingking badhe kapratelakakên, sapunika kèndêl samantên rumiyin.

Pun SASTRALESANA Ing Kêdhunglumbu SOERAKARTA.

--- [0] ---

DJAWI-SOLO.