Piwulang Jogèd, Pakêmpalan Kridhabêksa Wirama, 1925, #1269

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Piwulang Jogèd

--- [0] ---

Karanganipun Pakêmpalan Kridhabêksawirama ing Nyayogyakarta Kawêdalakên dening Yapha Institut Jilidan I

--- 1 ---

Purwaning Sêrat Piwulang Jogèd

Ing wêkdal samangke para mudha băngsa Jawi katingal sangêt kamajênganipun anggèning sinau jogèd. Ing pundi-pundi panggenan kawontênakên pakêmpalan-pakêmpalan sarta panuntunipun sawatawis ugi sampun anyakup ing atasing sasêrêpan jogèt.

Botên ngamungakên tumraping para siswa kemawon, sanadyan kangge para panuntun ugi pêrlu sangêt nyumêrêpi pêpathokaning jogèd, ingkang badhe kasinau saha kawulangakên.

Para panuntuning pakêmpalan Kridhabêksawirama ing Ngayugyakarta, ingkang sampun sami baud sakridhaning jogèt, sampun adamêl karangan minăngka pitêdah kangge pêpathokaning piwulang jogèd, mawi gambar-gambar sawêtawis tuwin katrangan cêkakan ingkang sampun kamanah anyêkapi kangge sasêrêpan ingkang sami sinau, kadosta: dêg, patraping badan, tangan, lêngên, jăngga tuwin suku.

Pitêdah punika sampun kapacak wontên ing sêrat kabar Jawa sarta pusaka Jawi, ewadene pangrèh Yapha insêtitit, [insê...]

--- 2 ---

[...titit,] angrêmbag pêrlu pitêdah wau kawêdalakên mirunggan kangge nyudhiyani ingkang sami ambêtahakên.

Pangajêng-ajêngipun pangrèh Yapha Insêtitit, botên sanès kajawi amung băngsa Jawi - langkung-langkung para mudha siswaning pamulangan - anggènipun sami sinau jogèt (kagunan gadhahanipun băngsa piyambak) tambaha majêng sarta buku piwulang wau sagêda migunani.

Piwulang punika kabage dados tigang bagian, sarta satunggal-tunggaling bagian sampun ngadêg dados golongan piyambak. Gambar-gambar wau tumraping para siswa sagêd angènthèngakên kangge sinau piyambak wontên ing griya, kadosta: patraping badan sakpiturutipun miturut pangaturan Nyayugya.

Sawatawis măngsa pangrèh ugi badhe angwontênakên pitêdah jogèd Surakarta.

Wèltêprèdhên: Yuli 1925

Pangrèh Yapha Insêtitit

--- 3 ---

Bêbuka

Katarik saking daya kamajênganing para siswa pamulangan têngahan, ingkang sami sinau jogèd lan gêndhing, saha para sarjana sujana ingkang amanah tuwin ambantu pandamêlan, pakêmpalan Kridhabêksawirama ing Ngayogyakarta, sampun adamêl buku piwulang jogèd, awêwaton jogèd ingkang katindakakên wiwit kina-kumina wontên ing karaton Ngayogyakarta. Saking wawasanipun Kridhabêksawirama: kalihan pasaksèn ingkang nyata, murih gampil tuwin sampurna pasinaonipun, piwulang jogèd punika botên ngêmungakên dipun lampahi praktikipun kemawon, kadosdene caraning piwulang nalika jaman ingkang sampun kapêngkêr, nanging ugi dipun wontêni piwulang teori kalihan gambar warni-warni saha katêrangakên pikajênging satunggal-tunggaling gambar.

Makatên ugi pungkasaning pamanggih, wêwatonipun piwulang jogèd punika amung kaperang dados tiga:

1. Klas I piwulang prakawis pêpathokaning jogèd

2. Klas II piwulang prakawis wêwaton patraping jogèd gêgandhenganipun kalihan gêndhing

--- 4 ---

3. Klas III jumbuhing pasêmon kalihan pikajênging jogèd sarta ebahing saranduning badan pikantuk kalihan wiramaning gêndhing.

Pangarangipun sêrat piwulang punika sampun kaangkah sagêda maedahi para mudha lan wêrda ing sajawining muridipun Kridhabêksawirama, ingkang kêpengin sinau piyambak. Dene nyata lan botênipun Kridhabêksawirama amung sumendhe wontên pasaksèn pungkasaning kadadosan.

Saupami sêrat punika dèrèng sagêd marêmakên dhatêng ingkang sami kapengin sinau piyambak, ewadene Kridhabêksawirama sampun rumaos bêgja sangêt, dene sampun sagêd angrampungakên pandamêlan ingkang botên gampil sarta botên sakêdhap pangrêmbagipun, dados namung dumunung sumêrêp-sumêrêp anggugah para mudha ingkang dêdunung ing pulo Jawi, supados sami amêmêtri lan sudi sinau jogèd saha gêndhing.

Ing wusana pangajêng-ajêngipun pakêmpalan Kridhabêksawirama mugi sêrat piwulang punika maedahana ing akathah.

Kridhabêksawirama, Ngayogyakarta.

--- 5 ---

Lampah-lampahipun Sinau Jogèd

Perangan I

Piwulang punika sampun dipun angkah kawiwitan saking panataning badan ingkang gampil piyambak, saha katanggêl, janji para siswa anggènipun sinau tumêmên, ing salêbêting kalih wulan, sampun sagêd minggah dhatêng pangkat II

Adêgipun

Gambar ăngka 1a saha b. pacaking badan, dene patrapipun: iga kajunjung, têpak kajèrèng, ula-ula ngadêg, dhadha mungal saha wêtêng lêmpèt.

Ingkang dipun pikajêngakên: supados badanipun sagêda mapan, sarta ngadêgipun sagêd jêjêg.

Bab Suku (gambar 2 - 6)

Gambar ăngka 2 panataning suku: ambêgagah, pupu malumah, dlamakan malang.

Murih gonah panataning suku, jêjêg tuwin kêkah adêgipun.

Gambar ăngka 3 patraping suku, lumampah katata majêng mundur.

--- 6 ---

Pamurihipun: sagêda gonah patraping suku kangge tayungan.

Gambar ăngka 4a sarta b mêndhak (ngoyog) suku ngiwa nêngên.

Pamurihipun supados: prigêla patraping cêthik saha suku yèn kangge mêndhak.

Gambar ăngka 5 patraping suku: mêndhak kalih pisan jêjêg.

Pikajêngipun: anggonahakên mêgaring cêthik lumahing pupu saha kêkahing adêgipun.

Gambar ăngka 6 patrapipun anjunjung suku kiwa têngên.

Pikajêngipun: murih gonah patraping nêkuk sarta anjunjung suku.

Bab Tangan (gambar 7 - 11)

Gambar ăngka 7 patraping dariji ngruji, inggih punika: driji ngadêg rapêt, jêmpol katèmpèlakên ing ngèpèk-èpèk, ugêl-ugêl katêkuk minggah.

Sêdyanipun: supados gonah patraping driji lan ugêl-ugêl. Piwulang punika ingkang kêrêp namung kangge tangan kiwa.

Gambar ăngka 8 patraping dariji ngêpêl, inggih punika: jêmpol kêtêkuk mêgar, pucuk angsal têngahing panuding, sadaya [sa...]

--- 7 ---

[...daya] driji katêkuk tumèmpèl èpèk-èpèk, namung jênthik radi kainggilakên, ugêl-ugêl katêkuk minggah.

Pikajêngipun anggonahakên patraping driji lan ugêl-ugêl kangge tangan kiwa têngên.

Gambar ăngka 9 patraping dariji nyêmpurit: jêmpol tangi katumpangan ing driji panuding, abên pucuk, jênthik ngadêg katêkuk, driji ingkang kalih katêkuk, ugêl-ugêl katêkuk minggah.

Pikajêngipun anggonahakên patraping driji lan ugêl-ugêl, maligi kangge tangan têngên.

Gambar ăngka 10 patraping dariji mithing: jêmpol tangi katumpangan driji panunggul, abên pucuk, driji ingkang tiga ngadêg katêkuk sawatawis, ugêl-ugêl katêkuk minggah.

Pikajêngipun anggonahakên: patraping driji lan ugêl-ugêl. Ingkang kêrêp namung kangge tangan kiwa.

Gambar ăngka 11 bab patraping tangan: têkuking tangan kiwa têngên.

Pikajêngipun anggonahakên patraping tangan katêkuk miturut ukuran pikajênging satunggal-tunggalipun jogèd.

--- 8 ---

Bab Gulu

Gambar ăngka 12 patraping jăngga nolèh macak ngiwa nêngên.

Sêdyanipun anglatih patraping jăngga katêkuk ngiwa nêngên supados gampil kangge tolehaning jogèd lan pacak jăngga.

Bab Sila lan Sêmbah (gambar ăngka 13 - 16)

Gambar ăngka 13 patraping jèngkèng: rai, jăngga, badan sami jêjêg, driji tangan kiwa kithing, têngên ngêpêl, tungkak suku têngên kasanggakakên bokong, dlamakan ngadêg tumapak gajul, cêthik mêgar, pupu malumah, dlamakan kiwa malang: driji tangi.

Sêdyanipun: nglêlantih patraping jèngkèng, mamrih prigêl panêkuking suku lan tangan.

Gambar ăngka 14a sarta b. patrapipun sila marikêlu: tangan sêdhêku, sikut tumumpang ing dhêngkul, driji ngapurancang, jêmpol kiwa têngên gathuk, suku têngên dhawah ngajêng, dlamakên dhawah sangandhaping dhêngkul, badan mayuk majêng.

Pikajêngipun: anggonahakên patraping sila miturut pikajênganing jogèd, lan lêmêsing suku.

Gambar ăngka 15 patraping nyêmbah sila: tangan kajunjung, èpèk-èpèk kiwa têngên gathuk, driji lêmpêng, jêmpol [jê...]

--- 9 ---

[...mpol] ngadêg, sikut minggah, sila mêgar, dlamakên kalolos saking dhêngkul, badan jêjêg.

Pikajêngipun: nglêlantih patraping nyêmbah, mamrih prigêl ebahing tangan, badan lan suku.

Gambar ăngka 16 patraping nyêmbah jèngkèng: rai, jăngga, badan sami jêjêg, tangan kajunjung èpèk-èpèk kiwa têngên gathuk, driji lêmpêng, jêmpol ngadêg, sikut minggah.

Pikajêngipun: kados ing ăngka 13 sarta 15.

Adêg (gambar 17 - 24)

Gambar ăngka 17 ngadêg jêjêg, kêkah, badan kapacak, tangan mathènthèng ingkang têngên kalurus, suku ambêgagah, pupu malumah: dlamakan malang, rai jêjêg.

Pikajêngipun: anggonahakên ukuran saranduning badan.

Gambar ăngka 18 dhadhap: badan dhoyong, pundhak mêgar, tangan lurus, pupu malumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing, dhêngkul katêkuk.

Pikajêngipun: anggonahakên patraping suku kangge tayungan, sarta lumampahing ringgit badhe linggih dhatêng ing papan, (lumampah dhadhap tumrapipun tiyang ingkang [ing...]

--- 10 ---

[...kang] sami sagêd anjogèd kangge padintênan samăngsa mundhuk-mundhuk).

Gambar ăngka 19 patrapipun andhawahakên suku.

a. tumrap jogèd alus: badan kapacak, driji kiwa têngên ngruji, rai nolèh manêngên, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing.

b. tumrap jogèd gagah: badan kapacak, driji kiwa ngruji, têngên ngithing, rai nolèh manêngên, pupu malumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing.

Têrangipun: tumrap alus sadèrèngipun andhawahakên suku, suku têngên kajunjung sawatawis. Tumrap gagah ugi makatên, nanging jumunjunging suku langkung ingl.[1]

Gambar ăngka 20 patraping suku ngoyog manêngên.

a. jogèd alus: badan kapacak, driji kiwa têngên ngruji, rai manêngên, pupu malumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing.

b. jogèd gagah: badan kapacak, driji kiwa ngruji, têngên mithing, rai manêngên, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku kiwa têngên gêntosan nylêkênthing.

Pikajêngipun: nglêlantih lêmêsing cêthik sarta gêsanging lambung.

--- 11 ---

Gambar ăngka 21 patrapipun andudut suku (ngunus)

a. jogèd alus: badan kapacak, driji kiwa têngên ngruji, rai manêngên, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing magah.[2]

b. jogèd gagah: badan kapacak, driji kiwa ngruji, têngên ngithing, rai mangiwa, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku nylêkênthing minggah.

Têrangipun: tumrap alus pangunusing suku kêdah sarèh, tumrap gagah pangunusing suku dipun sêndhal kakagètakên.

Gambar ăngka 22 patraping suku kangge tayungan: badan kapacak pupu mlumah dlamakan malang, driji suku nylêkênthing, rai nolèh ngiwa nêngên, gêntos manut lampahing suku.

Pikajêngipun: suku kiwa têngên jumangkah gêntosan, kêsarêng kalihan tolehan, samăngsa jumangkah suku kiwa, rai ugi nolèh ngiwa.

Gambar ăngka 23 patraping tayungan.

a. alus: badan kapacak, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku ingkang kalêrês jumangkah nylêkênthing, driji têngên nyêmpurit, kiwa ngithing utawi ngruji, rai nolèh ngiwa nêngên gêntosan manut lampahing suku.

--- 12 ---

b. gagah: badan kapacak, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku ingkang kalêrês jumangkah nylêkênthing, driji tangan têngên nyêmpurit, kiwa ngruji, rai nolèh ngiwa nêngên gêntosan manut lampahing suku.

Têrangipun: tumrap jogèd alus, driji kiwa sadèrèngipun ngithing, lumampah majêngipun dhatêng sangajênging badan ngruji. Ugêl-ugêl suku kagêsangakên, supados botên katingal gêjug utawi anjêplak. Pikajêngipun mamrih gonah patraping suku sêsarêngan kalihan tangan sarta jăngga.

Gambar ăngka 24 patraping ombak toya.

a, alus: badan kapacak, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku ingkang kalêrês kajunjung nylêkênthing, driji tangan têngên nyêmpurit, kiwa ngithing utawi ngruji, rai nolèh ngiwa nêngên gêntosan manut junjunganing suku.

b. gagah: badan kapacak, pupu mlumah, dlamakan malang, driji suku ingkang kalêrês kajunjung nylêkênthing, driji tangan têngên nyêmpurit, kiwa ngruji, rai nolèh ngiwa nêngên gêntosan manut junjunganing suku.

Têrangipun: bedanipun patraping suku kangge ngombak toya kalihan tayungan: ombak toya ngunus suku kiwa têngên, dene tayungan jumangkah.

[Grafik]

1a.

[Grafik]

1b.

[Grafik]

2.

[Grafik]

3.

[Grafik]

4a.

[Grafik]

4b.

[Grafik]

5.

[Grafik]

6.

[Grafik]

7.

[Grafik]

8.

[Grafik]

9.

[Grafik]

10.

[Grafik]

11.

[Grafik]

12.

[Grafik]

13.

[Grafik]

14a.

[Grafik]

14b.

[Grafik]

15.

[Grafik]

16.

[Grafik]

17.

[Grafik]

18.

[Grafik]

19a. 21a.

[Grafik]

19.b

[Grafik]

20.

[Grafik]

20b.

[Grafik]

21b.

[Grafik]

22.

[Grafik]

23a.

[Grafik]

23b.

[Grafik]

24a.

[Grafik]

24b.

--- 13 ---

Perangan II

Piwulang wêwaton patraping jogèd, gêgandhengan kalihan gêndhing, dipun wiwiti saking nyabêt dumugi tayungan, ngangge jogèd pokok (alus impur, gagah kalang kinantang), saha gêndhing ingkang sampun katêtêpakên kangge piwulang umum, kêndhang bibaran, wirama tanggêl tumrap jogèd, sêsêg tumrap tayungan.

Gambar ăngka 1 sarta 2 nyabêt.

ăngka 1a - 1b sumêblaking sondhèr culipun saking tangan kiwa: nêkukipun suku têngên sarta nyêmpuriting tangan, nyarêngi kêmpul ăngka 2.

ăngka 2a - 2b sasampunipun nyêblakakên sondhèr tumapakipun suku têngên, badhe anjunjung suku kiwa, nyarêngi kêthuk ăngka 6, panêkukipun suku lan tangan kiwa (tumrap b mawi pacak jăngga mangiwa), nyarêngi kênong ăngka 3.

Gambar ăngka 3 andhawahakên suku.

ăngka 3a - 3b tumapakipun suku kiwa sarta nyêmpuritipun tangan têngên badhe andhawahakên suku nyarêngi kêmpul [kêmpu...]

--- 14 ---

[...l] pungkasan, dhumawah ing suku kados ingkang kacêtha ing gambar, nyarêngi gong.

Gambar ăngka 4 sarta 5 ngoyog.

Ăngka 4a ngoyog manêngên nyangi[3] kêthuk ăngka 1.

Ăngka 5a têlasing ngoyog nyêblakakên sondhèr kiwa nyarêngi wêla (sêla).

Ăngka 4b sarta 5b têlasing ngoyog nyarêngi wêla.

Gambar ăngka 6 anjunjung suku.

Ăngka 6a tumapakipun suku têngên badhe anjunjung suku kiwa nyarêngi kêthuk ăngka 2, panêkukipun suku kiwa nyarêngi kênong ăngka 1.

Ăngka 6b sumêblaking sondhèr sarta munduripun suku kiwa, badhe anjunjung suku têngên, nyarêngi kêthuk ăngka 2, panêkukipun suku têngên saha pacak jăngga nyarêngi kênong ăngka 1.

Gambar ăngka 7 ngunus.

Gambar 7a tumapakipun suku kiwa saha sumêblakipun sondhèr badhe ngunus suku têngên, nyarêngi kêmpul ăngka 1, pangunusipun suku kados ingkang kacêtha ing gambar nyarêngi kênong ăngka 2.

Gambar 7b tumapakipun suku têngên badhe ngunus suku kiwa, nyarêngi kêmpul ăngka 1, pangunusipun suku kasêndhal [kasê...]

--- 15 ---

[...ndhal] malêbêt nyarêngi kênong ăngka 2.

Gambar ăngka 8 sarta 9 anjunjung suku.

Ăngka 8a panêkukipun suku têngên nyarêngi kêmpul ăngka 2.

Gambar ăngka 9a tumapakipun suku têngên badhe anjunjung suku kiwa nyarêngi kêthuk ăngka 6, panêkukipun suku kiwa nyarêngi kênong ăngka 3.

Ăngka 8b sarta 9b panêkukipun suku kiwa nyarêngi kêmpul ăngka 2 pacak jăngga mangiwa nyarêngi kênong ăngka 3.

Gambar ăngka 10 andhawahakên suku tumrap antuking jogèd.

Ăngka 10a (ningalana gambar 7a) sarta b tumapakipun suku kiwa, badhe andhawahakên suku têngên sarta sumêblaking sondhèr, nyarêngi kêmpul ăngka 3 gêjojoripun suku têngên, nyarêngi kêthuk ăngka 8 dhumawahipun suku têngên kados ingkang kacêtha ing gambar, nyarêngi gong.

Gambar ăngka 10 andhawahakên suku badhe tayungan.

Ăngka 10a tumapakipun suku kiwa badhe andhawahakên suku têngên sarta nyêmpuriting tangan têngên, nyarêngi kêmpul ăngka 3, sumêblaking sondhèr culipun saking tangan kiwa saha gêjojoring suku têngên, nyarêngi kêthuk [kêthu...]

--- 16 ---

[...k] Ăngka 8, dhumawahing suku têngên kados kacêtha ing gambar, nyarêngi gong.

Gambar ăngka 11 sarta 12 anjangkah suku têngên.

Ăngka 11a sadèrèngipun jumangkah, ngoyog manêngên nyarêngi wêla, sarta wangsulipun mangiwa badhe anjunjung suku têngên, nyarêngi kênong ăngka 1, panjunjungipun suku têngên kados ingkang kacêtha ing gambar, nyarêngi kêmpul ăngka 1.

Ăngka 11b sadèrèngipun jumangkah ngoyog manêngên, nyarêngi wêla, sarta wangsulipun mangiwa, suku kiwa mundur, suku têngên kajunjung, saha tangan têngên ukêl, nyarêngi ukêl ăngka 1 gêjojoripun suku têngên, sarta jêpaplanging tangan kados kacêtha ing gambar, nyarêngi kêmpul ăngka 1.

Ăngka 12a jumangkahipun suku têngên nyarêngi kênong ăngka 2.

Ăngka 12b jumangkahipun suku têngên sarta panjunjunging suku kiwa, nyarêngi kênong ăngka 2.

Gambar ăngka 13 anjangkah suku kiwa.

Ăngka 13a sadèrèngipun jumangkah, badan mayuk manêngên, sarta anjunjung suku kiwa, nyarêngi kênong ăngka 3 gêjojoripun suku kiwa sarta nyêmpuritipun tangan têngên [tê...]

--- 17 ---

[...ngên] nyarêngi kêmpul pungkasan, sumêblakipun sondhèr nyarêngi kêthuk ăngka 8, jumangkahipun suku sarta pangrujining tangan kiwa kados ingkang kacêtha ing gambar, nyarêngi gong.

Ăngka 13b sadèrèngipun jumangkah, gêjojoripun suku kiwa, sarta panêkukipun tangan têngan, nyarêngi kêmpul pungkasan, jumangkahipun suku kiwa sarta panjunjunging suku têngên, kados ingkang kacêtha ing gambar, nyarêngi gong.

Ăngka 14 jangkah suku têngên.

a. Sadèrèngipun anjangkah suku têngên, badan ambyuk mangiwa saha anjunjung suku têngên, nyarêngi kênong ăngka 1, gêjojoripun suku têngên, nyarêngi kêmpul ăngka 1, pangithingipun tangan kiwa kados kacêtha ing gambar, nyarêngi kêthuk ăngka 4.

Jumangkahipun suku têngên, kados kacêtha ing gambar, nyarêngi kênong ăngka 2.

b. Sadèrèngipun jumangkah, suku têngên anggêjojor kados kacêtha ing gambar ăngka 11b, nyarêngi kêmpul ăngka 1, jumangkahipun suku têngên sarta panjunjungipun suku kiwa nyarêngi kênong ăngka 2.

[Grafik]

No. 1a.

[Grafik]

No. 1b.

[Grafik]

No. 2a.

[Grafik]

No. 2b.

[Grafik]

No. 3a.

[Grafik]

No. 3b.

[Grafik]

No. 4a.

[Grafik]

No. 4b.

[Grafik]

No. 5a.

[Grafik]

No. 5b.

[Grafik]

No. 6a.

[Grafik]

No. 6b.

[Grafik]

No. 7a.

[Grafik]

No. 7b.

[Grafik]

No. 8a.

[Grafik]

No. 8b.

[Grafik]

No. 9a.

[Grafik]

No. 9b.

[Grafik]

No. 10a.

[Grafik]

No. 10b.

[Grafik]

No. 11a.

[Grafik]

No. 11b.

[Grafik]

No. 12a.

[Grafik]

No. 12b.

[Grafik]

No. 13a.

[Grafik]

No. 13b.

[Grafik]

No. 14a.

[Grafik]

No. 14b.

--- 18 ---

Perangan III

Piwulang solahbawaning sadaya saranduning badan ingkang sungil-sungil, cocog kalihan pikajênganipun jogèd, katêrangakên sarana ukuran. Amung sêngguh lan grêgêt ingkang sajatosipun dados manoning jogèd (de ziel van den dans) mêksa botên sagêd tumindak dipun têrangakên, kajawi amung katêdahakên grubyuging wujud, kadosta gambar ăngka 10a bagian alus: grêgêt, 10b bagian gagah: sêngguh, sarta 10c grêgêt lan sawatawis kadunungan sêngguh. Makatên ugi sêngguh tuwin grêgêt wau botên angêmungakên dumunung wontên ing jogèd jalêr kemawon, sanajan jogèd èstri, kadosta badhaya tuwin srimpi, ugi sami kadunungan.

Pinanggihing sêngguh lan grêgêt ingkang sajati punika dede jalaran saking măngkok utawi grêgêting manah, nanging saking sampurnaning jogèd, ingkang sampun nyakup sadaya piwulang.

1. Patraping jăngga.

a. Manawi kalêrês majêng jêjêg, jăngga jêjêg sampun ngantos dhoyong majêng utawi mundur.

--- 19 ---

b. 1. Upami badhe nolèh manêngên, jăngga kêdah kêtêkuk dhoyong mangiwa rumiyin têbihipun saking m 8 cM, jiling ingkang kiwa kêndho, ingkang têngên kêncêng, sirah dhoyong mangiwa lajêng dipun lampahakên manêngên, pundhak sampun ngantos tumut ebah, lan manawi sampun dumugi panolèhipun, sirah kajêjêgakên malih, rai manêngên, makatên kosokwangsulipun manawi nolèh mangiwa.

b. 2. Manawi badhe pacak jăngga manêngên, jăngga ugi katêkuk dhoyong mangiwa, têbihipun saking m. 7 cM lan panêkukipun saking jiling, tumrap gagah dipun kagètakên, sarta yèn sampun dumugi dipun jêjêgakên, dene ingkang tumrap alus, manawi sampun dumugi kapathêt otot jăngga. Wêwaton sanès-sanèsipun sami kemawon kalihan b1.

c. Pandênganipun maripat tumrap alus têbihipun kêdah tikêl tiga kalihan dêdêgipun tiyang ingkang nglampahi, dene ingkang gagah tikêl gangsal.

2. Nyêmbah Sila

a. Têbihipun jêmpol tangan saking irung. Tumrap alus 1/2 cM, utawi tumèmplèk, gagah 2 cM

--- 20 ---

dipun sarêngi pacak jăngga manêngên lan lajêng nolèh mangiwa, (mriksanana C)

b. Wiyaripun sila sadèrèngipun nyêmbah 65 cM.

c. Yèn sampun wiwit nyêmbah, suku kajèrèng wiyaripun 90 cM. Lan pangunusing tangan têbihipun ugêl-ugên[4] têngên saking dhadha 23 cM, tumrap alus 17 cM. Mêdhakipun saking janggut 8 cM, tumrap alus 16 cM.

d. Pandênganipun maripat tumuju ngajêng lêrês têbihipun miturut aturan, mêlèkipun maripat kados manawi kangge ningali têbih, manik jêjêg manêgah.

3. Jèngkèng

a. Garês sampun ngantos kêmêdalên utawi kêmlêbêtên.

b. Têbihimun[5] dhêngkul têngên kalihan m. kathah-kathahipun 29 cM.

c. Dhêngkul kiwa saking m kathah-kathahipun 21 cM sarta tungkak kiwa 47 cM.

4. Dêg

Bêgagahipun suku têbihipun tungkak kiwa kalihan têngên [tê...]

--- 21 ---

[...ngên] tumrap gagah 55 cM, alus 51 cM, ukuran saking dêdêgipun tiyang 1.68 M. Malanging dlamakan saking r 15 cM, bokong sampun ngantos nyênthing utawi ngawêd, mêdalipun saking m 3 - 5 cM.

5. Nyabêt

a. tangan têngên dhawah ngajêng dhadha, lan mêdhakipun saking janggut 13 cM, têbihipun saking dhadha 20 cM. mingsêdipun badan mangiwa saking m 45 cM, mêdalipun suku 13 cM. Rai nolèh mangiwa utawi jêjêg.

b. tangan têngên dhawah ngajêng janggut antawis têbihipun 25 cM.

Mingsêdipun badan mangiwa saking m 48 cM. Rai nolèh manêngên utawi jêjêg.

6. Andhawahakên Suku

Manawi badhe andhawahêkên suku kajunjung 4 1/2 cM, tumrap alus, gagah 64 cM, dipun gêjojorakên, dlamakan kêdah jêjêg (mriksanana 1) sampun ngantos anjêngat (mriksanana 2) utawi ngèwèr (mriksanana 3). Tumrap alus suku kiwa mêndhak, gagah ngadêg jêjêg.

--- 22 ---

Dhawahipun suku dlamakan kêdah jêjêg (mriksanana a) sampun ngantos dugang (mriksanana b) utawi gêjug (mriksanana c).

Mêndhakipun suku kiwa 19 cM, bêgagahipun sami kalihan piwulang ăngka 4.

Mingsêdipun badan mangiwa saking m sami kalihan piwulang ăngka 5.

7. Ngoyog

a. manawi ngoyog ingkang dipun oyogakên suku kiwa têngên, cingklok nêkuk, dhêngkul lan kêncèt kêncêng, lambung kaebahakên dipun lawani saking pangoyoging cêthik, bangkekan sarta lêmpèng, wangsulipun mangiwa dlamakan jinjit (mriksanana apdhèling II 5a).

Pangoyogipun badan saking m 13 cM, lan mêdhakipun suku 13 cM.

b. Bedanipun kalihan a amung suku kiwa ngantos têlas dumugi anggêjojor, mingsêdipun badan saking m 23 cM lan dalamakan botên kajinjitakên (mriksanana apdhèling II 5b).

--- 23 ---

8. Anjunjung Suku

a. Panjunjungipun saking siti 17 cM, dlamakan malang jêjêg, sampun ngantos jêngat, utawi ngèwèr, dhêngkul sarta ugêl-ugêl kêncêng.

b. Bedanipun kalihan a amung ukuran panjunjungipun, inggiling dhêngkul kêdah papak kalihan cêthik, sampun ngantos langkung utawi kirang.

9. Panataning Rai

a. Manawi kalêrês majêng jêjêg.

b. Upami kalêrês nolèh manêngên.

c. Nolèh mangiwa.

10. Gambarkangge anêdahakên wujuding jogèd sêngguh lan grêgêt.

a. bagean alus grêgêt. b gagah sêngguh, c. gagah grêgêt lan sawatawis kadunungan sêngguh.

Pratelan papêthan warnining pirantos, kangge mitêdahakên ukuran wêwaton jogèd.

Ciri, kawontênanipun

a. Jêjênêng, kangge sipatan têngah-têngahing badan.

b. Isi ăngka, miturut sèntimètêr, kangge

--- 24 ---

andhap inggiling dêdêg lan sanès-sanèsipun. Patraping jogèd tumrap minggah mêdhak.

c. Isi ăngka ugi miturut sèntimètêr kangge ngukur mingsêtipun saking têngah-têngêh, tumrap badan lan sanès-sanèsipun, mangiwa lan manêngên.

d. Palangan, kenging dipun inggahakên sarta dipun dhakakên, kangge nyipat lêrêsing ăngka lan patraping jogèt, tumrap andhap inggil.

e. Tampar, kenging dipun pindhah, ugi kangge nyipat lêrêsing ăngka lan patraping jogèt, tumrap ngiwa nêngên.

f. Pirantos kangge wawasan, têbih cêlaking pandêngan.

--- [0] ---

[Grafik]

1

[Grafik]

2

[Grafik]

3

[Grafik]

4

[Grafik]

5a

[Grafik]

5b

[Grafik]

6

[Grafik]

7a

[Grafik]

7b

[Grafik]

8

[Grafik]

9

[Grafik]

10a

[Grafik]

10b

[Grafik]

10c

[Grafik]

 


inggil. (kembali)
minggah. (kembali)
nyarêngi. (kembali)
ugêl-ugêl. (kembali)
têbihipun. (kembali)