Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 001–103)

Judul
Sambungan
1. Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 001–103). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 104–210). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 09-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bauwarna

----------

Jav. Encyclopaedie.

--- [0] ---

Bauwarna

----------

Jav. Encyclopaedie.

--- [0] ---

Layang Bauwarna

Anggitane Ngabèi Wirapustaka
Abdi dalêm mantri pamijèn ing kapatihan, kabiyantonan para liding Pahêman Radyapustaka, awit saka dhawuh dalêm Bêndara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. Pêpatih karaton dalêm ing Surakarta.
Taun 1828.

----------

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta.
Taun 1841.

--- [0] ---

Bauwarna

Jav. Encyclopaedie.

Iku kalumpuking kawruh sawatara kang kaimpun ing Pahêman Radya Pustaka, minăngka pandomaning laku sumurupe marang mubarang kang durung dimangêrtèni banjur bisa sumurup kalawan têrang kaya ta: arêp sumurup araning gêndhing, iya banjur nontona: gêndhing, yèn arêp sumurup gêndhing Gambirsawit, lungguhe gêndhing rêbab, apa gêndhing bonang sarta pelog, apa salendro, lan pathêt apa, iya nontona Gambirsawit, yèn arêp sumurup cacahing gêndhing bonang, utawa gêndhing rêbab: ana pira, iya nontona: gêndhing bonang, utawa: gêndhing rêbab, apa kang kinarêpake ing kono amêsthi tinêmu kabèh. Yèn arêp sumurup wandaning wayang, iya nontona wănda, yèn arêp sumurup wănda: thathit, iku wandane wayang apa, iya nontona aksara: thathit, yèn arêp sumurup wandane Janaka ana pira, iya nontona Janaka, iku bakal tinêmu kabèh. Yèn arêp sumurup [sumu...]

--- [0] ---

[...rup] araning têmbang gêdhe, têngahan lan cilik (= macapat) apadene arêp sumurup lakuning kurup, petung pasatoan, utawa panahasan, mangkono ing sapêpadhane, iya anggolèkana aksara apa kang kinarêpake, nanging kudu sumurup marang atining têmbung, iya iku kang ginawe baku, kaya ta: nahasing nabi, asmaning nabi, yuswaning nabi, iku kang ginawe baku: nabi nahas, nabi asma, nabi yuswa, dadi winalik, nanging upama kaliru anggolèki: nahasing nabi, iya ora kêsasar, awit têmbung: nahasing nabi, iya ana sarta mawa pituduh zie nabi nahas. Cêkake sadhengah kang pinikir apa kêlumrahane clathuning wong bisa katêmu kabèh kalawan gampang.

Surakarta taun 1828.

--- 1 ---

ha

ha
angèstokakên, Tj. B.
hi
mina, Tj. B.
hu
agung, Tj. B.
he
dhuh Tj. B.
ho
sêbut, Tj. B.
anèh
pujăngga pangeran...
zie P.N. no. 45.
ênoh
Dèwi Basudari olah-olah iwak jênênge: ênoh, lêmungsir wêdhus lan dhadha-mênthok banyak, kaolah dadi siji, gandane arum, zie P.R. II. 53-10 v.o.
unèn
(= wunèn) zie kêndhali.
anak
atmaja | nak | ranak | tanaya | sunu

--- 2 ---

sunya | suta | siwi | syasya | wêka | wêkaja | putra | ja | yyranak | banu | zie putu
anak
Nglela-lela anak ing wayah bêngi, ngambung anak nuju turu, iku ora bêcik, dadi pangane Bathara Kala.
inokartapati
zie kartapati.
anom tapsir
zie P.N.P.B. II.
anoman
Kêris dhapur anoman, luk lima nganggo kêmbang kacang, lambe siji,

--- 3 ---

ri pandhan, sogokan têkan pucuk, zie Panimbal 7.
uninga
zie gêni
onang-onang
zie gend. slend pat. sng.
once
(= ronce):
Ing ngisor iki araning roncèn kêmbang sapanunggalane kawruhe Nyai Boging, kaya ta:
anam kathil | usus-usus | cebong arak-arakan | rantan | ri sudha | ri gêrèh | karang mêlok | kolong ukiran | kodhok mongkrong | têtêlan | surèngpati | salangan

--- 4 ---

puspa karna | puspa krêsna | janggêlan | manggaran | gajah ngoling | gombyok | brondongan | bawang sabungkul
ancur
Ancur iku kang bêcik ana patang warna, kaya ta:
talutuhing woh kaleca
talutuhing woh tanjungnom
babakan kayu turi
babakan kayu tutup
Panggawene didhêplok banjur dipêrês, sarana disaring supaya rêsik.
ancala
zie gunung
oncêlang
zie rèh lett. f.
anda
patih adipati...

--- 5 ---

zie P.N. no. 24 en 25.
undur
zie rèh lett. b.
Kondur KN. têmbunge wong minggiran, têgêse: prau kèli kuwalik, kang ngarêp ana ing buri.
endra
bathara...
Bathara Endra kang yasa ricikane gamêlan Lokanănta zie Lokanănta en gunung.
endranata
radèn arya...
zie kabangan
zie têgalarum no. 2 pangeran
zie têgalarum no. 3 radèn ayu
endrakusuma
pasatoan... zie sato
endraloka
zie mega
ondêrdhistrik
zie abdi dalêm dhistrik
indrajit
(padhalangan) wandane:
bokong sarta cawêt
2 zie dêrajit, kêris, en tumbak

--- 6 ---

êndêm
Ing ngisor iki pradikaning êndêm
a. êndêming ati, kaya ta:
arja wanagota êndêming satriya
asuwi êndêming wadon
asthaka kulamardawa êndêming sastra
abraran êndêming banthèng
angambar êndêming kamuk
kirindi êndêming prajurit
kayol loyo êndêming wandhan
tisprayadarsu êndêming raja
praya sujana êndêming pandhita
măndra êndêming sapi
mumuh êndêming macan
mongmong dukyo êndêming buta
ngandaki caraka êndêming batur.
b. êndêming waragang utawa sajêng, kaya ta:
1e. Eka padma sari, eka: sawiji, padma: kêmbang, utawa: kombang, sari: kêmbang, wong minum antuk sadhasar[1] kaya kombang [ko...]

--- 7 ---

[...mbang] ngisêp sari.
2e. Dwi amartani, dwi: loro, amartani: asor, wong minum antuk rong dhasar: kaya gêlêm dikongkon sarta gêlêm dipèk.
3e. Tri kawula busana, tri: têtêlu, kawula, batur, busana, panganggo, wong minum antuk têlung dhasar, sanadyan batur yèn bêcik panganggone kudu jèjèr lungguh lan bêndarane.
4e. Catur mênara rukêm, catur: papat, mênara, kêthèk, rukêm: wowohan, wong minum antuk patang dhasar, kaya kêthèk mangan wowohan.
5e. Pănca sura panggah, pănca: lima, sura: wani, panggah: kasaguhan, wong minum antuk limang dhasar, sanadyan wong kuru aking sarta mêngi, amêsthi wani ngumbar sanggup.
6e. Sad guna wiweka, sad: ênêm, guna: bangkit, wiweka: pangawasaning ati, wong minum antuk nêm dhasar, sanadyan krungu wong maca tuwin ngaji, sêling surup kinira angrasani awake.
7e. Sapta kukila yarsa, sapta: pitu, kukila: manuk, yarsa: udan, wong minum antuk pitung dhasar, kaya manuk kodanan, awak [a...]

--- 8 ---

[...wak] andharêdhêg, cangkême kumruwuk.
8e. Astha sacara-cara, astha: wolu, sacara-cara: sawiyah-wiyah, wong minum antuk wolung dhasar, sirna wiwekane, rusak pratingkahe.
9e. Nawa gralapa, nawa: sanga, gra: Verk. v. wagra: awak, lapa: lêsu, wong minum antuk sangang dhasar, wus sarwa lêsu awake.
10e. Dasa buta mati, dasa: sapuluh, buta: mêdèni, mati: mati têmên, wong minum antuk sapuluh dhasar wus prasasat mati, yèn obah kang andêlêng padha lumayu.
andong
zie kara
untu
Perangan sarta cacahe untuning wong, kaya ta:
kêsik 4 untu ngarêp ing dhuwur kang dikêthok
siyung 2 pangapiting kêsik, milu dikêthok
bam 8 papat sisih
bam wêkas 2 siji sisih
gunggung untu ing dhuwur 16 iji
gunggung untu ing ngisor 16 iji
gunggung kumpul 32 iji

--- 9 ---

zie K.T. 24. art. 47. 7.
untu
Kw. udaka | ungsa | dênta | waja zie srandu en untu kêbo
antih
Ing ngisor iki pirantine wong ngantih, kang muni ing layang H.H. II 73-2 v.o. karangane tuwan, C. Poensen sarta wuwuh saka sasurupan liya-liyane, kaya ta:
onthèl-onthèl | agêl | ingan | cêthut, kedirie jêdhul, solo | kêndhêng | kênthêng | kisi

--- 10 ---

kapas | lancêng | likasan | wusu | pindi | pusuh | jăntra | jêdhul zie bov. | malam | gilingan
intên
Kw. ira | aryyan | ra- (of rê-) tna | sotya | sela | sapathika | wêdhihan

--- 11 ---

zie sotya en D.N.K.
untu kêbo
zie iwak kêbo sapi
antisaya
panonthong kyai... zie kodhok ngorèk, lett. b.
ăntawacana
Ăntawacana iku swaraning dhalang kang bisa mijangake sawiji-wijining wayang, aja kongsi ana kang dhumpyuk swarane, kaya ta: nylathokake Wêrkudara, beda karo Gathutkaca, Janaka, ora kaya bambang, mangkono sapanunggalane.
untu walang
zie tatahan
ontè
(of onthè) l zie wit
antup
(antup-antupan). Srandu răngka ladrang en gayaman
intip iyan
zie tatahan
ontang-anting
1. Bocah tanpa sadulur sarta wis tininggal ing bapa biyung.
2. Têmbang têngahan, utawa dhagêlan, laku wolu, kaya ta: 8i, 8a, 8e, 8i, 8o, 8o, 8a.
sardula garumbul warih | têmbung timbanging wiwitan | paranbaya wêkasane [wêka...]

--- 12 ---

[...sane] | gon ingsun nandhang wiyadi | kang saksat kapêgat tan roh | ru-ara riwuting panon | madal saliring usada ||
indhu
Ing ngisor iki peranganing manungsa mungguh ing băngsa Indhu, iku ana wêwolu, kaya ta:
1e. candhala, têgêse wong kang anduwèni lêlara gêdhe (barah) utawa kere, ing basa Kawi: candhala, têgêse: bêngis, ing basa Jawa: candhala, têgêse: ala, kaya ta: asta (sabda, basa) candhala.
2e. ra (of rê) ksasa (kuli) ing basa Kawi, ra (of rê) ksasa = buta.
3e. kriya (= tukang).
4e. daniswara (= sudagar) ing basa Kawi daniswara = sugih singgih.
5e. danuja (= prajurit) ing basa Kawi, danuja = satriya linuwih.
6e. sudra (wong asor of tani).

--- 13 ---

7e. satriya (= priyayi) ing basa Kawi, satriya = têdhaking ratu.
8e. brahmana (= pujăngga of nujum) têgêse: pandhita lanang.
Apa ana pandhita wadon?
Brahmani iku pandhita wadon, padhane:
arimba, arimbi | apsara, apsari | narèswara, narèswara[2] | rasêksa, rasêksi | ditya, dityi | dewa, dèwi | dewata, dewati | surapsara, surapsari | widadara, widadari | wisaca, wisaci | pisaca, pisaci | brahmana, brahmani mau | bathara, bathari.

--- 14 ---

ăndha
Ing ngisor iki petungane wong gawe ăndha, metung saka cacahing untu, yèn tiba:
ăndha, sêrêpan
endhe, sok ginawe mikul mayit
undhu gêringan.
undhan
undhan-undhan zie jabung.
êndhut balêgdaba
zie dhatu.
êndhas
N. sirah K. mustaka K.I. kapala Kw. of Mal.
a. êndhas trasi J.Z. II. 155. (43) K.N.
êndhas-êndhasan uwi K.N.
tawon êndhas K.N.
b. sirahing amal, o arta, o kali, cacah sirah, sêsirah = manjêr K.N. kajang sirah K.I.
c. mustaka masjid, K.I.
d. kapala kampung, o sarung, o lelang, Ned.W.III. 108 art. 202. o prajurit, J.W.134. art. 24. K.N.

--- 15 ---

êndhas
Kw. utamangga | ulu | kumba | sirah | sidhira | pasuhunan | murda | murdha | ma (of mu) staka | utamangga | zie D.N.K. tawon en srandu.
êndhas cêcak
zie kêbo en srandu kêris.
êndhas wêlut
zie srandu răngka wêdhung.
ondhol
ondhol-ondhol zie gend. bon. pat. bar.
ăndhamoi
Ing layang W.H. ăndhamoi iku pêpangkataning pangulah, iya [i...]

--- 16 ---

ya iku kang kabubuhan mêmangkat lakuning pagawean agal alus pinatahake dhewe-dhewe, kaparingan lungguh bumi desa 450 karya, utawa 112 ½ jung.
andhêman
zie kêbo en srandu.
ăndha mustaka
Kang diarani ciri ăndha mustaka, iku yèn jaran tinêmu unyêng-unyêngane ana sikil ngarêp sadhuwuring dhêngkul, ala watêke jaran iku, sok nibakake ngidak êndhase kang nunggangi, yèn ginawa prang nêmu tiwas.
êndhog, buta...
Anane buta êndhog, anggite ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat ing Kartasura, minăngka sangkalan gone karsa yasa wayang, nalika taun 1605 zie Mangkurat.
undhagi
zie abdi dalêm kapatihan, lett n
undhagi kiwa zie abdi dalêm kapatihan undhagi kiwa
undhagi têngên, abdi dalêm kapatihan undhagi têngên.
andhang
andhang iku têmbunge wong minggiran, iya iku arane ăndha

--- 17 ---

prau, yèn kang ginawe bakal kayu, dudu pring.
andhêng
andhêng-andhêng kw. | karandhêng, | wisangga | zie D.N.K.
andhong
andhong-andhong zie gend. reb. pat. nem. pel.
indhung
indhung-indhung zie pandhita
endhang
Ing ngisor iki araning endhang sapanunggalane sarta dalah kuwajibane dhewe-dhewe, kaya ta:
1e. endhang, jaga kongkonan sarta ngladèni, nanging putra wayahing pandhita iya sinêbut ing aran: endhang.
2e. ubon-ubon, juru panyapu sarta pamasuh.
3e. abêt-abêt, juru panyapu sarta pamasuh.
4e. abêtan = abêt-abêt.

--- 18 ---

5e. obatan, wong kang lagi mondhok anyar, pagaweane dadi bêgajagan, jaga kongkonan bangsane kang kasar-kasar bae.
6e. kaka-kaka, juru ngrêratêngi pangan.
7e. dêdungik, pêpingitan bakal dadi garwaning ajar, iya iku pandhita kênya kang wus dhuwur dhewe kawruhe.
8e. sontrang, jaga dadi dhukun.
9e. dhayang, juru têtêbah sarta nyêbari kêmbang ing sanggar palanggatan.
10e. mêntrik, juru rêrawat samubarang.
11e. bidhang, jaga dadi inya nusoni putra wayahing ajar.
andhong
zie kambil karajan.
injên
incên-injênan[3] zie wit.
ênjêt
ênjêt, yèn ing wayah bêngi ingaran: tai manuk, ora kêna muni ênjêt.
anjangmas, lumrahe panjangmas
Sabêdhahe nagara Mataram, dening pêrange Trunajaya, dhalang Anjangmas, kêplayu pisah lan bojone, kang lanang mangulon marang [ma...]

--- 19 ---

[...rang] tanah Kêdhu Bagêlèn, kang wadon mangetan marang tanah Sukawati tutug ing Malang.
Kacarita, Anjangmas lanang nglakokake padhalangane ana tanah bang kulon, nganti tutug tanah Pasundhan: nganggo Petruk. Dene Anjangmas wadon, kaboyong marang Kadhiri, barêng koningan ing panjênêngane Sultan Madurêtna, yèn Nyai Anjangmas bisa marang ngilmu padhalangan, banjur ingandikakake muruk marang para dhalang purwa, kang winurukake lakon Bagong. Iku anane lakon Bagong. Iku anane lakon wetan lan lakon kulon. Mulane tanah bang wetan ora ana Petruk, mangkono uga tanah bang kulon ora ana Bagong. Mung tanah pasisir lor iku kang kisruh, nganggo Sêmar, Garèng, Petruk lan Bagong, dene bênêre: yèn Sêmar Bagong, nganggo cêmuris, iya sastra lêksana, yèn Sêmar Garèng: nganggo Petruk, katêlah tumêka saiki yèn ing karaton wayangan, ingaran lakon kulon, yèn ing kadipatèn wayangan, ingaran lakon wetan.
anjing
anjing-anjingan zie srandu răngka wêdhung.

--- 20 ---

anyang
anyang (= widara putih) zie wit.
unyêng
Unyêng-unyêngan, pusêring rambut manggon ing têngah êndhas, mubêng mangiwa kaya thêthukulan kang marambat, lumrahe mung siji, nanging unyêng-unyêngan loro jèjèr iya ana, mênawa unyêng-unyêngan manggon ana ngarêp ingaran: pusak, sêrêpan golèk iwak kali.
unyêng-unyêngan
Kw. uwra | ungsran | pundri | pundran | munyêng | munyung | zie D.N.K. ciri, kêbo en srandu.
onthè (= ontè) l
zie wit (kluwih).
anangkurat
Kang ingaran ciri: anangkurat, iku jaran unyêng-unyêngane ana ing uwang, têrus ing purus, iku prayoga, kang ngingu bae

--- 21 ---

kudu senapati.
uci, uci-uci
Tambane jaran lara uci-ucinên, kêkapale kinumbah kagosok karo godhong timaha, kunir têlung grigèh kapipis lêmbut, jae dibakar nganti gosong, banjur ginêrus alus, kauwor diulêd banjur binorèhake ing kêkapal mau.
ece
Ece, kijing, sompil lan keyong iku bangsane iwak loh kang mawa thothok, gumrêmêt silêm sajroning banyu, sarta bisa urip ana ing pêntasan, nèmplèk ana ing watu-watu, mulane wong golèk ece lan kijing gampang bae, mung kalawan irig kakêrukake ing wêdhi sajroning kali bantaran (yèn ing kali mênêng ora pati ana), olèh wêdhi kamoran ece lan kijing, dadi mung kari milihi bae, prasasat kaya wong golèk krikil, awit watêking ece lan kijing: anutupi omahe api-api mati, dening ora bisa lumayu. Akèh wong desa wadon panggaotane golèk ece lan kijing, oleh-olehane didol marang băngsa Cina, wis dadi godhogan sarta [sar...]

--- 22 ---

[...ta] wis pisah saka cangkoke, yèn wong durung sumurup panglèthèke: iya susah, iku gampang bae, ece lan kijing kagodhog kang nganti tanak, mêngko daginge coplok dhewe saka ing cangkoke, padha kumambang ana ing banyu panas, mung kari nyeroki bae, rasane gurih kênyil-kênyil, kêna dimangsak cara Cina, utawa mung ginorèng.
Sompil ora katut dipèk, kang katut ing irig bali dibuwangi ing kali barêng lan wêdhine, dening cilike sarta dening angèling daginge, ora kêna jinupuk kalawan gampang.
Keyong ora manggon ing kali bantaran, manggon ing kali mênêng sarta kang adhasar êndhut, dene kang akèh manggon ing sawah sarta ing kalèn, rasane ora pati enak tinimbang karo ece lan kijing, mulane keyong ora pinèt kinarya lawuh, kang doyan ingolah pindhang, bêbasane: pindhang keyong kêmrompyong enak duduhe: ya rase verk. v. rasane, dene kang ana ing sawah êntèk pinangan ing bèbèk.
ece
Kw. karaca |

--- 23 ---

kumira | daki
icir
wisaya iwak kali kang ingaran icir, bakale iratan pring giligan inganam, kang ngarêp dibolong nganggo ijêp-ijêp, kang buri iya dibolong nganggo disumpêli sukêt garing utawa gêgodhongan, patraping pamasange disêsêlake ing têngahing ilèn-ilèn banyu garojogan kang marang sawah bali marang kali, mung dikatokake sathithik, supaya cangaping icir mau pênêr karo ilining banyu, sarana dipathoki kiwa têngên ing lêngkèhing icir, pamasange: yèn ing măngsa labuh têkan măngsa kapitu, cangape diarêpake mangisor, manut ilining banyu, nadhahi panungsunging iwak saka ing kali marang sawah, padha arêp ngêndhog, yèn wis măngsa kawolu têkan măngsa kasanga, pamasange icir cangape diwalik mandhuwur, nadhahi ilining banyu balining iwak saka ing sawah marang kali, adate oleh-olehane iwak wadêr, kotès, lele, sêpat, bêthik, sênggaringan, giligan, sili utawa urang. Panjupuking iwak saka ing icir karogoh [ka...]

--- 24 ---

[...rogoh] mêtu ing buri: wus tinêmu mati kabèh, ora ana kang urip siji-sijia, apa sababe?
icir landhak
Cangaping icir kudu dipadha karo songing landhak (song landhak iku ana ing pèrèng utawa lêmah miring, wêtuning landhak saka ing êsong: ing wayah bêngi, banjur golèk pangan, mulane wong golèk landhak: ing wayah sore amasangake icire ana ing song), icire kang ana ijêp-ijêpe katutupake ing song, dipathoki kukuh, bolongan icir ing buri ciyut disumpêli, banjur ditinggal, antara suwe nuli ditiliki, yèn wis katon olèh landhak, wonge kang masang icir bungah, iwak ladhak enak dipangan, wulune payu didol.
ucêng
zie kara en wit (so of mlinjo). Wangsalan Tjent. Guthul gambira, olèh dening ngacêng.
ar
Tj.B. suci | banyu
êr
Kw.

--- 25 ---

galak
ir
Tj.B. intên
Tjent irbo vert v. hèh kêbo
o o kyakya (ngiwa nêngên)
Abane wong tani marang kêbone yên nuju mluku sawah.
ur
Tj.B. susut | pungkul
he
1e Tj.B. nganti | panganti | panyuba | 2e Kw | banyu
hor
Tj.B. gêtar | ngêndhat

--- 26 ---

hra
Tj.B. sangat
ari, ari-ari
marmati
kakang kawah adhi ari-ari gêtih pusêr, kadang ingsun papat kalima pancêr, kang mêtu barêng saka ing margaina P.R. III 291-4.
irah
irah-irahan, zie iwak kêbo sapi.
arèn
Wiwite ana wong nandur arèn sapisan, saka Radèn Jaka Puring ingkang rayi Sri Maharaja Kano ing Mêndhangkamulan. Wiji arèn kadadian saka pêrjine Dèwi Tisnawati kang arêp kaangkah garwa marang Bathara Guru: mopo, têmahan lalis kapêtak ana ing alas Kêntring (Krêndhayana) sinangkalan: trus rasa kaya lena 0369 Wawu zie S H. sangkala milir.
Wiwite ana wong andèrès arèn sapisan, saka Radèn Jaka Puring, wis jumênêng nata ana ing Gilingaya, ajêjuluk Prabu Hèryanarudra, sinangkalan: paksi murti ingobaran, 381 zie P.R. II 67-3.

--- 27 ---

Arèn iku wit-witan taun, nanging uripe mung sapisan, saêntèking uwohe: mati, dadi beda karo krambil, bisa awoh rambah-rambah nganti tumêka ing pati. Wit arèn kang akèh thukul ing alas, ing jurang sarta ing pèrèng-pèrèng, tarkadhang sumêla ana têngahe barongan pring ori, ing padesan, luwih manèh ing pakampungan, kêna ingaran ora ana thukulan arèn, apa ora bisa urip ana ing palêmahan kang bêcik sarta tênggar kayadene uriping krambil, ora mêngkono, wong Jawa ora dhêmên nandur wit arèn, dening uripe mung sapisan mau, mulane yèn ana thêthukulan wiji arèn dipatèni, iku sing andadèkake arang ananing arèn.
Wit arèn kêmbange: dangu, wohe: kolang-kaling, pange: papah ana kawule, godhonge nganggo sada kaya blarak, tapase aran duk zie W.B. 186-4.
Arèn iku kêna kadèrès, banyune deresan ingaran: lêgèn, enak diombe, rasane sêgêr sumyah, saradhadhu akèh kang karêm ngombe lêgèn, dening mèmpêr rasaning sampanyêh, yèn dipe dadi cokak, rasane kêcut, cokak kêna ginawe

--- 28 ---

tămba utawa duduh acar lan liya-liyane. Lègên mau yèn kagodhog dadi kelang, yèn dikênthêlake dadi gula, ingaran: gula arèn, kêna ginawe tămba utawa lalab ngombe wedang, rasane lêgi tur mêdhi, dene perangane wit arèn kang maidahi kaya ta:
Sêkung, iku oyoding arèn, pinèt galihe sarana ingirat, kêna ginawe tali, godhi sapanunggalane, iku luwih awèt tinimbang karo tali liya-liyane, dening kêlar kakum ing banyu lan kêpanasan ing srêngenge.
Bogor, iku wit arèn, perangane kang atos ingaran: luyung, iku yèn kanggo dandanan iya uga luwih dening awèt, kêlar kakum lan kêpanasan.
Onggok, iku ati utawa galihing arèn, kêna ginawe panganan, kaya ta: cendhol, oyol-oyol lan liya-liyane, panggawene sarana kapathi.
Sada arèn, kêna ginawe dandanan, kaya ta: rege, kêmarang, wadhah popok, panjang ilang sapanunggalane.
Blarak arèn, kêna ginawe aling-aling kayadene kepang, panggawene [pang...]

--- 29 ---

[...gawene] sarana kagapit.
Papah arèn, kêna ginawe dandanan, kaya ta: rinding, gapiting suri tênunan, garan kêpêt sapanunggalane.
Kawung, iya iku januring arèn, yèn kagodhog banjur dibêsut kêna ginawe udut kayadene nipah, utawa kêna ginawe dandanan, kaya ta: kêpêt, tutup saji sapanunggalane.
Kawul, Solo guluh Pasisir iya iku luguting papah arèn, karêsikan banjur dikumbah sarta ingêpe, kêna ginawe pirantining panithikan.
Duk, iya iku tapasing arèn, yèn lêlêmbaran arane: kakaban, kêna ginawe kasur, kèsèd, payon, kêlud sapanunggalane, kabèh mau bisa awèt bangêt, dening duk iku tahan marang adhêm lan marang panasing srêngenge.
Sru (of su) wa, sadaning duk, kêna ginawe kalam nulis sastra Ngarab sarta kanggo tuding bocah ngaji.
Kadi of kade, kêmbang arèn kang isih kuncup, iya iku kang dipancas dadi deresan.
Dangu, kêmbang arèn, gagange kêna ginawe sikat, kêlud,

--- 30 ---

usar labur lan liya-liyane.
Kolang-kaling wohing arèn, kêna ginawe manisan, dikluwa, kanggo isèn cao lan liya-liyane.
arèn
Kw. alingan | ampungan | onggok | kawung | kolang-kaling | zie wit
arca
zie guru.
èrucakra
zie I.G. no. 67.
arcuturang,
Kang ingaran ciri arcuturang, yèn ana jaran wulu dhawuk, ciri mungsêr têngahing wêtêng, watêke ala, kang ngingu wiwitane luhur, wêkasane asor sarta nandhang kamlaratan.
urur
zie mega.
orok-orok, kêmbang...
Kw.

--- 31 ---

undhatan
wangsalan, Tjent. mangan ujar, olèh dening olok-olok.
urdênas
zie abdi dalêm urdênas
zie abdi dalêm pangrêmbe
zie abdi pangombèn, upacara lett f
ardawalika
iku ampilan upacara karaton, awak menthog, êndhas sarag, zie upacara lett f
urut,
angurut zie sor.
èrtuh
zie banyu.
artati, pujăngga êmpu...
zie P.N. no. 14. 15. 16. 17. 18. en 25.
aras
Ing ngisor iki lakuning paharasan, kajupuk saka nêptuning dina pasaran, yèn kêtêmu:

--- 32 ---

7. lakuning bumi | 8. lakuning gêni | 9. lakuning angin | 10. aras pêpêt | 11. aras tuding | 12. aras kêmbang | 13. lakuning lintang | 14. lakuning rêmbulan | 15. lakuning srêngenge | 16. lakuning banyu | 17. lakuning bumi | 18. lakuning gêni.
Têgêse ăngka kang sathithik dhewe: 7 = 3. 4. = Salasa Wage, kang akèh dhewe: 18 = 9. 9. Sêtu Paing, mangkono sapêpadhane, apalane mung supaya ora lali: paharasan roning kamal | lakuning bumi myang gêni | sarta lakuning maruta | aras pêpêt aras tuding | aras kêmbang gumanti | lakuning [laku...]

--- 33 ---

[...ning] lintang mawêlu | lan lakuning rêmbulan | tuwin lakuning hyang rawi | sadasane yèku lakuning hèrnawa ||
bali lakuning bantala | anuli lakuning gêni | sarta lakuning maruta |...
urawan, jaksa arya...
zie P.N. no. 39 | zie Dem urawan no. 40, 41, 42, 45 en 48.
arêp
wangsalan, Tjent katêkan sasêdyane.
urip
zie nyawa.
arjuna R.
Wandane lima kalêbu kinanthi, nanging kang kagêm ing karaton mung papat, kaya ta:
kanyut | jimat | malatsih | mangu.
èrjuna
zie banyu.
arjadipura
zie gêdhong têngên

--- 34 ---

arjapralaya
Kang ingaran ciri arjapralaya, jaran wulu abang ciri unyêng-unyêngan ana ing gulu kapara mandhuwur, watêke bêcik, kang ngingu kêlar sugih.
arya
W.H. a. arya, têgêse: luhur, utawa: padhang, iya iku santananing ratu, kuwajibane nunggal karo bupati, seba Sênèn Kêmis, tumindak tungguk kêmite, kêna pagawean ana sajroning nagara, lan anglakoni ayahan pajangan, pasisiran tuwin watêsan, kaparingan lungguh bumi desa 3,000 karya, utawa 750 jung.
b. Prabu Suwelacala (Watugunung) ing Gilingwêsi, maringi sasêbutan arya marang para kadange pitulikur, sinangkalan, manggala sanga katon barakan 0398 P.R. 85-3.
c. arya Rms. I.G. no. 68 en 69.
d. arya R. Aj. I.G. no. 68 en 69.
arya nagara, jaksa...
zie P.N. 6/a en 7.
irama
Kang diarani irama, gêlis suwening êntèke unining kêthuk,

--- 35 ---

tinêmbungake: landhung cêkaking irama sajroning gêndhing.
Kang diarani irama rangkêp, utawa lămba, gêlis suwene unining kêthuk, kang gêlis ingaran irama lămba, amarga pangimbaling saron tuwin gambang ora bisa ngrangkêp. Kang suwe ingaran irama rangkêp, amarga bisa ngrangkêp imbal.
irim-irim, têmbang gêdhe...
Laku 22 ped. 8. 7. 7. x 2 = 44 x 2 = 88 Voort.
Eman-eman dhuh kusuma | ruruning rondhonira | yèn manggunga mangarang | sêkar arèn kadiparan | wiwara tanpa wrana | tangèh wênganing driya ||
Kalêmbak gêng milu susah | pandayaning panitra | kalamun kawêdhara | pêtir wisma sapa wêruh | wrêksa gumuling kisma | ambatang siring nala ||
orgêl
Wiwite ana orgêl kanggo wong Eropah, nalika taun 750 zie D.K. 1907 no.90.
urab-urab
Dhapuring kêris urab-urab: luk lima, kêmbang kacang cupêt, sogokan rangkêp, gusèn sarta lis-lisan.

--- 36 ---

èrbêpèl, tuwan...
Iya iku Walănda kang balela kangjêng guprêmèn, nalika taun, 1722 zie Bat. Verh. 78-9.
arêng
Arêng-arêng, wangsalan Tjênt.
1. kayu kang ginăngsa, olèh dening: arêng
2. pamêthèsing warah, olèh dening kêrêng.
irung
Irung iku dadi dalaning pangambu, sarta bisa nangèkake rasaning ilat, saupama wong mangan ngampêt ambêkan, koluning pangan tanpa rasa, sanadyan wong nyêrèt, yèn kêbule diulu kabèh (mêgêng napas) ora ana sing diwêtokake saka ing irung, iya tanpa rasa, suprandene ditêmah, iya iku sêrète wong kêkurangan, utawa tadhahe saumpling gêdhe, marêm disêrèti saumpling cilik dhisik, paidahe ora mêtokake kêbul gêlis krasa, nanging ora duwe rasa nikmat, lan isih kêtagihan, mulane yèn wong pilêg, sabarang kang pinangan ora duwe rasa enak, dening ora bisa anggănda, sanadyan udud [u...]

--- 37 ---

[...dud] ora doyan, nanging nyêrèt sanadyan tanpa rasa dening pilêg mau: mêksa doyan, awit yèn ora disêrèti awake lara, măngka sajroning lara, dadi saya tambah lara, zie păncadriya lett C.
irung
Irung iku ana arane dhewe-dhewe, kaya ta:
ambangir, nyunthi, nyanthuk, nyêprok, tèsèk,
condro grana rungah pindha kancana pinatar Tjemp 69-73
Iman Sapingi ambangir dawa, budine arda ambalasar, kagêdhèn karêp,
kandêl ing antaraning bolongan, watêke juwèh.
Jêmbar pucuke, dhêmên goroh, anggêdêbus, palinyokan, karêm sahwat,
ămba leng-lengane, watêke drêngki.
Sêdhêngan, bêcik samubarang gawe.
irung
Kw. nasika | trisma |

--- 38 ---

parsana | grana | zie D.N.K. kêbo en srandu
urang
Urang iku bangsaning iwak loh, nanging nganggo sapit kayadene yuyu, sarta tanpa êri, tanpa jêroan, dadi ora padha kayadene iwak loh, nganggo sisik, sêsukêre ana ing githok, yèn wis binuwang sisike: kari daginge bae, nanging yèn urang ing kali cilik aran urang watu, ora susah dibuwang sisike, katut pinangan malah tambah gurih.
Urang diasin aran èbi, iki kawruhe băngsa Cina, wong Jawa ora ana sing gêlêm gawe èbi, nanging yèn tuku gêlêm.
Urang ing rawa, ing bêngawan sarta ing sêgara: gêdhe-gêdhe, diarani urang watang, iku kang kudu binuwang sisike.
Gêlaring prang aran mangkarabyuha, têgêse gêlar supit urang B.J. 47 p.16.
urang
Kw. udhang wahatu (= urang watu)

--- 39 ---

udhang gala (= urang watang) | makara | mangkara
erang of erang-erang
zie 1. Gend. Slend, pat.nem. | zie 2. Gend. pel. nem. | zie 3. Gend. slend. pat. nem. | zie 4. Gend. gêndèr | erang-erang topèng zie Gend. | erang-erang bagêlèn zie Gend.
ukir
zie abdi dalêm pangukir
a. Ukiran tunggak sêmi, saka anggite ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Kartasura, sinêngkalan rasa luhur obahing rat 1606 taun Dal.
b. Ukiran tunggak sêmi kang abêbunton, agêming ratu, para putra santana dalêm: ora kêna nganggo.
c. Ukiran tunggak sêmi lumrah, ing jaman saiki, kanggo ing akèh, wis ora dadi larangan.
d. Ukiran balongsong mas wangun tunggak sêmi, anggone panèwu mantri [ma...]

--- 40 ---

[...ntri] kabayan.
e. Ukiran balongsong salaka wangun sambegan, anggone lurah bêkêl jajar kabayan.
f. Ukiran calon, anggone lurah bêkêl jajar sarta wong cilik.
g. Ukiran dhasar kayu, anggone lurah bêkêl jajar sarta wong cilik.
araning ukiran | calon | rajamalan | tunggak sêmi | samban | sambegan | pakubuwanan | mangkuratan | ganan.
Bakaling ukiran, kang akèh kang ginawe kayu kêmuning bang lan kayu tayuman.
Pirantining wong gawe ukiran,

--- 41 ---

kikir gêdhe cilik (undha-usuk cacah 3)
wali kanggo ambalumbangi (undha-usuk cacah 4)
wali kanggo nêcêki (undha-usuk cacah 6)
pêthèl | pangot | pangêsik (undha-usuk cacah 2) | graji | bêndho.
Panggaraping ukiran, kayu kagraji dhisik banjur disigar-sigar aran: giwangan, banjur kaongotan sarta banjur diblak lan banjur kakikiran dirampingake aran: calon, banjur kalêdhokan ngisor dhuwur aran: blumbangan, banjur kacêcêk sarta dilus, kawuluh lan dirêmpêlas, pungkasane ingangkup: ambabar.
Pandangon saka Ngabèi Jararaga abdi dalêm mantri tukang ukiran.
Tukang ukiran zie abdi dalêm kêmasan, lett J en zie abdi dalêm pangukir.
ukur (katuranggan)
Yèn arêp ngukur jaran kudu sarana nganggo kênur, banjur ditrapake [ditrapa...]

--- 42 ---

[...ke,] pangukure mangkene:
a. Ukur sanga, kang diukur dhisik ugêl-ugêle sikil ngarêp kang têngên, katêpus gathuk, utawa têpung gêlang, banjur ditêkuk-têkuk ping sanga, tumuli kaukurake wiwit tracak sikil ngarêp tutug ing jalak, yèn luwih saprarolasan: bêcik, yèn luwih saprasangan: ala.
b. Ukur sêmbada, pangukure wiwit ujunging catu mandhuwur tutug ing jompong, kabanjurake tutug sadhuwuring suri, satutuging jalak banjur diturutake ing ula-ula nganti tutug pucuk janggêl, wusana kasampirake ing jalak, yèn bisa ngliwati sikil kiwa têngên: prayoga, têtêp sêmbada, yèn kurang: kuciwa, ingaran jigrang.
ukur sêmbada
zie bov. lett. b.
ukur sanga
zie bov. lett a.
okrok
okrok-okrok zie gend. slend.pat.mny.
akik
1. zie sotya | 2. zie sêtyaki

--- 43 ---

ikêt
Ukurane wong nyuwèki ikêt kang murih aja kongsi cawak (ora padha kencongane) kasuweka sakacu punjul satêbah, yèn sakacu bênêr, utawa kurang luwih saka satêbah, dadine ikêt tinêmu cawak.
a. Wiwite ikêt dhapur pasagi nganggo kêmadha mubêng, anggite Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B.II. nalika kèngsêr têkan Panaraga, sinangkalan salira obah karasèng jagad 1668 taun Jimakir.
b. zie puluh
akas
zie walulin
aksara: ha na ca ra ka enz.
Anane aksara Jawa rongpuluh, saka anggite Prabu Widayaka ing Purwacarita (Mêndhangkamulan) iya iku Sang Ngusman Aji, iya Ajisaka, sinangkalan: salira muluk kaluhuraning nata 1008 taun Be.
ukêl pakis
zie srandu răngka gayaman
eka padma sari
zie êndêm lett b

--- 44 ---

ukup
Ukup gubêg, kang kalilan nganggo watês bupati kang sasêbutan arya mandhuwur.
adi, sunan...
1. zie kadilangu no. 6.
2. zie wali no. 32.
3. adèn-adèn, W.H. têgêse: kaluwihan, iya iku kang dadi guru utawa panguluning wong padesan, lungguhe padha karo panglawe.
adaini
zie kêbo
ada-ada
1. zie suluk lett d. | 2. zie răngka tumbak | 3. zie răngka kêris ladrang | 4. zie răngka gayaman
idu
Idu iku gêdhe paidahe, minăngka duduhe pangêjuring pangan kang dèn mamah, mulane wong dhêmên idu prasasat ambuwang barang kang ana ajine.
idu
Kw.

--- 45 ---

criwaya | kêcoh | ludha | ludhaka
Petungan sawah saidu, bênêre: saêdu, W.H. têgêse: saadon, iya iku saadon-adoning dariji tangan lan sikil, diarani: sapra têlung puluh loroaning jung = 1/32 jung.
adi awijaya, sultan prabu...
Sultan Prabu Adi Awijaya ing Pajang (padhalangan) karsa mangun busanane wayang purwa, ratu nganggo gêlung utawa makutha praba, satriya iya gêlung, sawênèh ngore, yaksa, pragosa mripate loro nganggo dodot, rajane nganggo clana, tangane iras kabèh, dewane: arca, nganggo slendhang, wayang wadon nganggo sampur sarta ngore rambut, sinangkalan: buta alasan mata siji of wayang warna yaksa tunggal = 1516 zie P.N. no. 30.
adan
Adan punika saking têmbung Arab, adzan (adzan)[4] têgêsipun têngara, awit pancèn kangge têngara pangundang sêmbahyang. Wondene kamat [kama...]

--- 46 ---

[...t] punika ugi saking têmbung Arab, ikamat (iqomat)[5] têgêsipun kalêksanan ngadêg. Awit kaangge têngara anyak ngadêg sêmbahyang.
Adan wau ugi katindakakên wontên kupinging bayi ingkang têngên nalikanipun lair, sarta kamat wontên kuping ingkang kiwa, supados wilujêng saking pangridhuning jin setan, saha supados bayi wau wiwitanipun mirêng suwara wontên ing dunya: suwara dikir.
Mênggah ungêl-ungêlaning adan saha kamat wau kados ing ngandhap punika:
Adan
LapalipunMaknanipun
Allahu akbar,[6] rambah kaping 4Allah iku luwih dening agung.
asyhadu'ala ilaha illallah, rambah kaping 2Ingsun anêksèni, tuhu ora ana kang sinêmbah kalawan bênêramung Allah.
asyhadu'anna Muhammadar rasulullah rambah kaping 2Ingsun anêksèni, tuhu Kangjêng Nabi Mukhamad iku utusaningAllah.
khayya'alassholat, rambah kaping 2Padha marenea trêngginasa marang salat.
khayya'ala falah, rambah kaping 2Padha marenea trêngginasa marang kabêgjan.
Allahu akbar, rambah kaping 2Allah iku luwih dening agung.
laailaha illallah, rambah kaping 1Ora ana kang sinêmbah kalawan bênêr amung Allah.

--- 47 ---

Kamat
Allahu akbar, rambah kaping 2Allah iku luwih dening agung.
asyhadu'ala ilaha illallah, rambah kaping 1Ingsun anêksèni, tuhu ora ana kang sinêmbah kalawan bênêramung Allah.
asyhadu'anna Muhammadar rasulullah, rambah kaping 1Ingsun anêksèni, tuhu Kangjêng Nabi Mukhamad iku utusaningAllah.
khayya'alassholat, rambah kaping 1Padha marenea trêngginasa marang salat.
khayya'ala falah, rambah kaping 1Padha marenea trêngginasa marang kabêgjan.
qodqoomatissholat, rambah kaping 2Têmên wis anyak ngadêg salat.
Allahu akbar, rambah kaping 2Allah iku luwih dening agung.
laailaha illallah, rambah kaping 1Ora ana kang sinêmbah kalawan bênêr amung Allah.(Bagus Ngarphah)
udan
1. Angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, têgêse: nyuwun rabi, udan esuk aran: awun-awun = nyuwun, udan sore aran: rarabi = rabi, olèh dening: nyuwun rabi.
2. Abdi dalêm prajurit udan-udanan, kèhe 125 kalêbu mayor upsir tambur sulinge, gêgamane bêdhil, pajagane ana kori kamandhungan, ka[7] nisihi lêgundêr jaga ana kori srimanganti, kang yasa ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. III, têgêse [têgê...]

--- 48 ---

[...se] udan-udanan = warata.
3. Udanarum zie monggang lett a. en zie gamêlan.
4. Kumrasak kaya udan anrajang alas pajatèn.
5. Udanriris, zie bathikan.
6. Udansore zie gend. slend. pat. nem.
7. Udanpajatèn (araning kêris),
8. Udanminangsi enz araning prajurit udan-udanan.
9. Udanmas a. zie gend. b. zie lurik.
10. Udan Kw.
caracah | caracap | caracab | riris | rêrêb | rarabi | krêmun | dar (dêr of drê) sa

--- 49 ---

trêh | truh | sra | surur | war (wêr of wrê) sa | warsiha | wrêsti | warsa | jawah | jawêh | jawuh
edan
Pangantèn karaton nganggo edan-edanan, iku miturut agama kala P.R. II 30-2 v. o.
adiningrat, pangulu...
zie P.N. no. 40 en 41.
adinagara
zie Img. no. 20 en 125.
udara, patih arya...
zie P.N. no. 20.

--- 50 ---

idris
1e. Nabi Idris, ingkang yuswa 450 taun zie Kit Tapsir sawi III blz. 81. (Bagus Ngarpah).
2e. zie brahat lett. b.
udaka
zie banyu.
adus
Pranataning adus kramas miturut parentahing agama Islam, kaya ta:
1e. Adus wajib, iku adusing mayit.
2e. Adus jinabat, iku sawise saeka-kapti jalu lan wanita.
3e. Adus kèl, wong wadon anggarapsari.
4e. Adus nalidhah utawa nipas, wong wadon mêntas duwe anak wis kalakon salapan = 35 dina.
5e. Adus sunat, dina wêkasaning pasa sarta sabên jumungah: yèn arêp sêmbayang marang masjid.
6e. Adus mêgêngan, dina ngarêpake pasa sapisan.
udawa (padhalangan)
Wandane: jaran.
adiwinata
fr zie Img. no. 166.
adiwijaya
fr zie Img. no. 89.

--- 51 ---

adawiyah
zie Img. no. 145.
idêp
1e. Idêp iku dadi rajêking mripat, mripat tanpa idêp gampang kalêbon rêrêgêd saka ing jaba kang kabur kagawa ing angin, mulane wong rèmbès prithil idêpe amêsthi banjur kêcandhak ing lara mata ora kêna diusadani, arang sing bisa mari.
2e. Paku idêp, iku kang cilik dhewe piranti paku jlibir palipiding rana.
3e. Idêp kêbo zei[8] kêbo.
4e. zie srandu.
idêp
Kw. irpya | itara | wiruya | wirumèksi | zie D. N. K.
adipati
W.H. 1e. Adipati, têgêse: panggêdhening parentah, kuwajibane nampani parentahing ratu, lan kaserenan pangwasaning patih, marentahake [ma...]

--- 52 ---

[...rentahake] tibaning bêbênêran, yèn ing dina Sênèn Kêmis seba marang păncaniti, tumindak tungguk kêmite, apadene yèn ana gawe-parigawe dadi pangiriding laku, kaparingan lungguh bumi desa 10.000 karya, utawa 2.250 jung.
2e. Pangeran adipati anom zie K.G. no. 69. en zie Img. no. 69.
3e. Pangeran adipati anom Jogja zie K.G. no. 34 en 45.
4e. Abdi dalêm kadipatèn anom, kawêngku ing asta dalêm kangjêng gusti piyambak, paseban patunggukane ing jagan landan wetan, kuwajibane pajangan, pasisiran sarta watêsan, apadene nyăngga kêdhuk cèkèr ladèn marang kadipatèn, tuwin nyăngga takêr turuning nagara.
5e. Abdi dalêm bupati kadipatèn anom, yèn duwe atur marang kangjêng radèn adipati:
atur kula radèn tumênggung (radèn mas tumênggung of radèn mas arya)... katur ing panjênêngan dalêm kiyai lurah kangjêng radèn adipati...
ingkang kula aturakên...
adam, nabi...
1e. Katurunan kitab dening Allah Tangala, kèhe 10 têmbunging malaikat: lan malih paduka dipun paringi nugrahaning Suksma kitab sadasa puniki, ing benjang tuwan wulangna.
2e. Katurunake saka suwarga, tanggal kaping 3 sasi Sawal, dina iku ingaran: naas.
3e. Isarat lêlungan dina Sêtu ngandhut lêmah ing pusêr lampahe Nabi Adam.
4e. Yuswane Nabi Adam 520 satêngah kaol, 909 taun zie T.A. 28-6 satêngah kaol manèh 960 taun zie Kit. Tapsir sawi I blz. 151 kaparingan wuwuh dening Allah 40 taun, dadi yuswa 1.000 taun zie Kit. Ngarais blz. 22.
Bagus Ngarphah
aywa kongsi: rubeda tumêkèng dudu | kadyeyangira Dam | tanpa tuwasing dumadi | amung yuswa sangang atus swidak warsa ||
nulya seda: nora langgêng uripipun | ...
adêg
adêg-adêg = èbèg.
adêg-adêgan zie sasi (8)

--- 54 ---

ati
Kw. voor daging. kêkulung | lêmbana
ati
Kw. voor pikir. har (hêr of hrê) daya | ambêk | angên-angên | nala | cita | drana | driya | drangsa | tyas | sota | war (wêr of wrê) daya | lyali | prana | praya

--- 55 ---

manah | galih | budi
tapaning ati: mung têmên P.R. II 90-8 v.o.
tapaning nyawa: mung eling, P.R. II 90-8 v. o.
tapaning rahsa: mung êning, P.R. II 90-8 v. o.
ati zie iwak kêbo sapi
ati kêbo zie kêbo
ati landhak
Saka pangandikane Sri Maharaja Kano (= Kanwa) iya Bathara Wisnu ing Purwacarita, sapa sing mangan atining landhak, bakal undhagi pikir sarta elingan zie P.R. II. 35-1.
utara bumi, adipati...
= buras ngura zie P.N. no.16.
utak
utak kêbo zie kêbo.
utêk
zie otot.
otèk
wangsalan Tjent. têlasing pamangan, olèh dening: [de...]

--- 56 ---

[...ning:] êntèk.
otêr
zie luwak lett. d.
otot
Otot iku piranti angobahake awak, banjur kumpul dadi siji karo daging, rupane sêmu abang.
Kang anggathukake wêkasaning otot kasar karo balung, iku otot putih, dene otot kasar iku kanggone ginawe angobahake saranduning awak. Kajaba otot kasar: ana manèh otot alus, pinangkane saka ing utêk, utawa saka sungsuming ula-ula, iya iku piranti kang ginawe ngrasakake.
Utêk iku dadi êtuking budi sarta kaelingan, yèn kapengin apa-apa iku banjur ana sawijining otot alus kang angobahake otot kasar, supaya anglakoni karêpe mau, krasaning awak: linantaran ing otot alus kang anjog ing utêk, utêk banjur bisa ambedakake barang kang kêrasa mau, lara kapenak sapêpadhane, dene otot alus liyane, ana kang nglakokake pakartining jêroan, ora kalawan pakon, [pa...]

--- 57 ---

[...kon,] mungguh wanguning otot iku beda-beda, kaya ta:
1e. Otot-otot kang kanggo angobahake awak sakarêp-karêp.
2e. Otot-otot kang kanggo angobahake awak ora sakarêp-karêpe.
Otot ăngka 1 kaperang dadi loro.
a. otot têngah utawa otot daging.
b. otot crèngkèh loro sarta duwe pungkasan loro pezen.
Otot têngah (a) uga aran otot gung ing wêtêng, rupane pating prêngkêl, prêngkêle iku kadadian saka otot rambut, klumpuke otot rambut mau nganti katon galêr-galêr dadi salarik, kabèh otot rambut katutup ing blongsonging kêndhangan, apadene otot kang pating prêngkêl mau lan seje-sejene pungkasaning otot kagandhèng ing otot alus.
Otot alus, kang anduwèni pungkasan loro (pezen) rupane putih pating kranthêng sarta luwih kuwat tinimbang karo otot daging. Awit saka pungkasaning otot alus, pucuking ragangan [ra...]

--- 58 ---

[...gangan] padha bisa agêgandhengan kêncêng.
Otot daging iku bisa mungkrêt utawa mulur, nanging otot putih pezen ora.
Yèn sawijining otot ana kang mungkrêt, kabèh otot rambut padha mêlar ămba, utawa dadi cêndhak, wusana kabèh otot-otot rambut padha mêlar ămba kandêl sarta cêndhak, dene yèn sawijining otot arêp mungkrêt, amêsthi pating prêngkêl, sarta prêngkêle mau rupa-rupa.
Kêkarêpan bisane angobahake otot, iku saka dayaning pangrasa, dening pungkasane padha agêgandhengan karo otot, yèn otot ora apa-apa, amêsthi bakal ilang pangkêrêde, mulane kabèh otot padha anduwèni bolongan sarta pangrasa, mangkono uga yèn otot-otot mau ora mungkrêt, amêsthi padha manthêng.
Otot kang ora kêna diobahake sakarêp-karêpe, uga diarani otot alus, (Vergitatieve spier) iku padha ngawêng lêgok, ing jêro kalapis ing kêndhangas tipis bangêt mung kaya yiyid, kaanane:

--- 59 ---

1e. ati
2e. Saubênge otot alus ing pinggire kalènan gêtih, ing pinggire brumbungan kang andhewe, ing pinggire manèh pipa hawa.
3e. Gardhening otot alus ing usus-usus kabèh.
4e. Yiyiding otot ing kêmpung (wadhah uyuh).
Mungguh pangrasaning otot-otot kabèh mau: kagolong pangrasa kang kasar sarta pangrasa kang alus, obahing otot kang ora sakarêp-karêpe, saka kaobahake dening apa-apa kang tinêmu ing kono, upama gêtih, kuwaya, uyuh sapêpadhane, dene lèrène: yèn ati, wadhuk, kalèn-kalènan gêtih, jêroan padha obah.
Otot kang obah sakarêp-karêpe, paidahe nèmplèk kukuh ana ing balung-balung.
Manut karêping wong, balung iku kêna dilèrènake, utawa diobahake, lèrèning balung iku nganggo kapisah ing otot, ora kabèh otot, kiwa têngêning pungkasane: anèmplèk ing balung, upamane: ototing ilat, ototing mata, iku sing krakêt ing balung mung sasisih, mangkono

--- 60 ---

uga otot ing cangkêm, ing mata, ing jubur, ing brumbungan, iku padha buwêng-buwêng kaya gêlangan ing saubênging bolongane, otot kang arang utawa ora tau têtarikan, iku kadadiane iya kurang kuwat, mulane ngilmu utawa pangajaran gandhulan iku bêcik bangêt, bisa gawe kawarasaning awak, marakake rosa, apamanèh marakake bêcik marang kaelingan.
otot
a. Ototing manungsa tinêmu 870 Tjent. Pang.
b. Otot kawat balung wêsi, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.
c. Angêtog kêncênging otot sarta padhêting sungsum.
otot
Kw. urata | uraba | anggota | paradha | zie iwak kêbo sapi en zie balung lett. b.
otot kêbo
zie kêbo

--- 61 ---

atus
W.H. têgêse: thukul.
utawaka
zie gêni.
atil
Kang ingaran: ciri atil, iku yèn jaran duwe unyêng-unyêng dumunung ing uwang sasisih, watêke ala, kang duwe sok padu karo kuwanuhane.
itil
Kw. krêntika | karêntya | kalêntik | sêmaracatra | sogok prana | purana
itung (cacah)
Jav. en Holl. siji een | loro twee | têlu drie | papat vier

--- 62 ---

lima vijf | ênêm zes | pitu ziven | wolu acht | sanga negen | sapuluh tien | sawêlas elf | rolas twaalf | patbêlas viertien | salikur een en twintig | salawe vijf en twintig | sèkêt vijftig | sawidak zestig | satus honderd | sèwu duizend | salêksa tienduizend | sakêthi honderdduizend. enz.
itung (cacah)

--- 63 ---

eka 1 | dasa 10 | tusan 100 | ewon 1.000 | lêksan 10.000 | kêthèn 100.000 | yutan 1.000.000 | wêndran 10.000.000 | gulman 100.000.000 | camu 1.000.000.000 | wurdan 10.000.000.000 | kirnan 100.000.000.000
itung (cacah)
Kw. en. Holl. eka een | dwi twee | tri drie | catur vier | pănca vijf

--- 64 ---

sad zes | sapta zeven | astha acht | nawa negen | dasa tien
itung voor temb.
1e. sanambang = 1.000 Kw. en Wbk.
2e. sadrahmah 24 duit zie 1.001 N. II 160-3
3e. satalênta 2.500 zie K.S. 255-2 v.o.
4e. sasoini = sapuluh kirna utawa arane tataning baris zie J.z.II.218-1 v.o.
5e. satak = 100 zie Jav. Gramm: 329-6 v.o.
Têmbung: satak sawe verk v. sasatak en sasalawe (= suwang saprapat) iku dhuwit têtindhih marang dhukun, sawe, têmbung Kw. têgêse isarat, yèn rinimbag ing sêsêlan: ra, la, dadi: salawe, têrange mangkene:
têtindhih = isarat
satak sawe = 125

--- 65 ---

suwang saprapat = 12,5 duit.
6e. dho
a. kadho-kadho = mongga-manggu, utawa pikire maro.
b. dhocang verk v. kadhêle karo kacang, dadi barange rupa loro.
c. dhorangan, layangan kang kèpète loro, zie carakan, L.G. Bertsch II. 10-8.
d. dhoglèng of dhonggle = dhèglèng, kaya ta:
Panji Dhongglèng, wong kang owah pikire, utawa kang maro atine.
e. ngalapdho = malik tingal, B.T.Dj. 80-20.
7e. samas, 95 Jav. Gramm. 329-7 v.o. maar.
Samas 400 Kw. dhomas = 800.
itung (têngahan)
karo (têlu, kapat, klima, kanêm, pitu, kwolu, sanga)
têngah rupiyah, sasi enz.
satugêl (paroning barang)
sêtèng = 5 duit paroning wang.

--- 66 ---

sigar = ½ duit paroning dhuwit.
sagêthèk = ½ dina, karo gêthèk = 1½ dina
karo bêlah = 150 maar
karo bêlah èwu = 1.500 niet
karo bêlah atus.
itung (sèwu dina)
Yèn wong arêp nyumurupi tibaning dina slamêtane wong mati, wiwit gêblak nganti êntèking sidhêkahe 1000 dina, iku saka dina pasaraning gêblage, upama gêblage mau dina Rêbo Wage, satanggal-tanggale inganggêp 1.1. Kêmis Kaliwon iya 1.1 mangkono sabanjure, pangetunge supaya ora lali nganggo apalan sapada:
Siji-siji yèn nyur tanah | têlu-têlu têlung ari | pitu-pitu (= 7.2.) pitung dina | lima-lima kawan dèsi | loro lima nyatusi | papat-papat pêndhakipun | kanêm lawan kalima | wilujêngan nyèwu ari | petung sasi: tri dasa lima: nêm dina ||
(35 sasi yèn gêblage tanggal ping 5 mangisor, 36 sasi yèn gêblage tanggal kaping 6 mandhuwur têlung taun lumaku).

--- 67 ---

Pangetunge mangkene:
1e. Rêbo Wage = 1-1 gêblag = 1 dina
2e. Jumungah Lêgi = 3-3 têlung dinane = 3 dina
3e. Slasa Kliwon = 7-2 pitung dinane = 7 dina
4e. Ngahad Pon = 5-5 patang puluhe = 40 dina
5e. Kêmis Pon = 2-5 satuse = 100 dina
6e. Sêtu Paing = 4-4 sataun 1, ingaran: pêndhak pisan
7e. Sênèn Pon = 6-5 pungkasan 1000 dina.
Dina pitu ora ana kang tumbuk, mung slamêtan pêndhak pindho = 2 taun, pancène ora ana, awit dina pitu wis kambah kabèh.
Wêwatoning sarengat agama Islam, man abe iman supingi, kasêbut ing kitab-kitab ngilmu pakih safingèn, sarupaning sidhêkah kang ditamtokake dinane, kaya ta: nêlung dinani, mitung dinani sapiturute, iku cinêgah, ingaran: makruh, utawa bidêngah kang ala, tangèh yèn olèha ganjaran, muni ing kitab inganatut talibin, anggitane Sèh Bakri ing Mêkah, isih têmbung Ngarab lugu, cap-capan ing nagara Mêsir jilidan kang kaping pindho, bab janajah kaca: 143.

--- 68 ---

Itung windu sapanunggalane, kaya ta:
1e. sawindu iku 8 taun, saline sabên taun Alip, sasi Sura tanggal sapisan
2e. sataun iku 12 sasi saline sabên sasi Sura tanggal sapisan
3e. sasasi iku 29 utawa 30 dina, saline sabên tanggal sapisan
4e. sadina iku 24 jam, saline bakda ngasar
5e. sajam iku 60 mênut
6e. samênut iku 60 sêkon
7e. sasêkon iku 60 dagigah
8e. sawuku iku 7 dina, saline sabên dina Ngahad
9e. sataun iku 354 dina taun Wastu
yèn 355 dina taun Wuntu
10. taun Walănda 365 dina taun Wastu
yèn 366 dina taun Wuntu
sataun kacèk 10 dina
tèlung taun kacèk 1 sasasi: sabanjure
pranatamăngsa 365-6 dina
taun Cina 365-6 dina sasine: 13
kang wêkasan ingaran: sasi Lun.

--- 69 ---

itung (prasangan)
Etung prasangan, kanggo metungi yèn wong arêp gawe kori utawa regoling pomahane, yèn anglungguhi petung iki insa Allah nêmu slamêt sarta karijêkèn, sugih anak putu, dawa ngumure.

[grafik]

Keterangan:

Atas: 1. gêringan, 2. kêrêp kêtêkan sanak sadulur, 3.sugih anak, 4. akèh kang sêngit, 5. kêrêp kêmalingan, 6. olèh gawe marga saka ing anak, 7. rosa budine, 8. olèh dosa marga saka ing anak, 9. luwih mlarat.

Samping kiri: 1. antuk arta, 2. olèh kasugihan, 3.sugih anak putu, 4. mênang: nanging angkuh, 5. kêmalingan sabên taun, 6. olèh kasugihan 7. salah saka wadone, 8. antuk arta, 9. asring kêmlaratan.

Samping kanan: 1. olèh dosa saka ing liyan, 2. antuk wanodya endah, 3. akèh parênging kabêgjan, 4. olèh suka, sampurna barang gawe, 5. kasugihan marga saking sarana, 6. karusakan ati, tansah kabêncana, 7. asring têtukaran, 8. gêdhe atine, 9. kêmalingan sabên taun.

Bawah: 1. duwe anak bêcik, 2. ora duwe utang, 3. antuk duka cipta, 4. antuk kapintêran, 5. kêrêp kêpatèn, 6. rosa budine, 7. olèh kasugihan, 8. cacad marang wong gêdhe, 9. olèh batur akèh.

--- 70 ---

asu
1e. Asu iku dumunung ing tanah Eropah sarta Asiyah, diingu ing wong, gêdhe pigunane.
2e. Asu alas, zie wolêp.
3e. Asu ajag, dumunung ing tanah Eropah sarta Asiyah, măngsa daging manggon ing alas, julig bangêt, nganti sinêbut: siluman.
4e. Asu angin, dumunung ing tanah Eropah, kêna diingu ing gêrma, awit yèn kanggo ambêburu playune rikat bangêt, kêna dibasakake: kaya angin, mulane diarani: asu angin, nanging bangêt wêdi marang swaraning bêdhil, dadi yèn gêrma ambêburu karo asu angin: ora anggawa bêdhil.
5e. Asu angin laut, dumunung ing sêgara anjêndhêl sisih lor, mangan iwak laut.
6e. Asu bêlang wayungyang, kalangênane Bagawan Andongdhadhapan, sarta Rêsi Gadhingmangukir, ing Mêndhangagung, kang ngalahake Cèlèngtêmbalung, anake Puthut Jantaka.
asu
Kw. anjing | anwibuja

--- 71 ---

cika | cêmêra | kuwaka | sona | srênggala | swa | sagawon | wrêka | purisika | basu | bugêl
iso
zie usus en iwak kêbo sapi.
asinan
zie iwak kêbo sapi
asar
Kw. tibra layu
usuk
Ing ngisor iki petungane wong gawe usuk, kaya ta: sri, kitri, gana, liyu, pokah,

--- 72 ---

sri, kang sayoga ginawe usuking pamêgênge pawon, utawa lumbung kitri: pamêgênging omah
gana: pamêgênging pandhapa
liyu: gêringan
pokah: kêpatèn.
osik (katuranggan)
Ngosikake utawa ngobahake têtali zie laku lett a.
iskak, nabi...
Ingkang yuswa 170 taun, kitab Ngarais blz 68
èstu, brahmana rêsi...
zie P.N. no.25.
ostraliyah (katuranggan)
Jaran wêton Ostraliyah kang akèh gêdhe-gêdhe, gulune cilik, suri lan kulite tipis, watêke akèh èmpêre jaran wêton tanah Jawa.
astakusala
zie wêgangsulanjani, astakusala = rêbab tangan ngigêl, araning têmbang kawi J.Z.
astalungiyan (dhêmênan)

--- 73 ---

voorb. Raja Pulaswa ing nalika punika supêna panggih Astalungiyan kalihan Dèwi Sri ing Purwacarita P.R. III 60-9.
usus
usus wong, o wêdhus, o pitik, enz. Mung usus kêbo sapi ingaran: iso, sarta enak pinangan saisine
usus-usus kathok (koloran)
usus pitik (roncèn kêmbang mlathi) zie landheyan No.6.
asistèn residhèn
nalika taun Jimakir ăngka 1762 wis sinêbut: kangjêng tuwan, marang bupati pamajêgan ing Bayalali, Jav. Br. 356-9 v.o.
aswanikumba
zie sapujagad. Mariyêm kyai aswanikumba, yasane ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, kang gawe Walănda saka ing Jakarta, nalika taun Mèsèi 1629 utawa taun Jawa 1567.
aswaluhur
Kang ingaran: ciri aswaluhur, yèn jaran ugêl-ugêling sikile kang têngên ana wulune putih, iku prayoga, titihane senapatining prang kang anata baris.

--- 74 ---

aswajaya
Kang ingaran: ciri aswajaya, yèn jaran duwe unyêng-unyêngan ana sikil ngarêp kang têngên kapara mandhuwur, iku bêcik watêke, yèn ginawa pêrang amburu mungsuh bisa kêcandhak. Yèn binuru ora kêcandhak, wêkasan mênang jurite.
asma
Ing ngisor iki asmane para luhur Jawa sarta têgêse, kaya ta:
adinagara têgêse: panggêdhening nagara
adikusuma têgêse: kêmbang linuwih
adiwijaya têgêse: ngluwihi unggul
alit, pa of ratu têgêse: cilik
angabèi têgêse: narambahi
natakusuma têgêse: ratuning kêmbang
natapura têgêse: kadhaton
natabrata têgêse: nata laku
natabaya têgêse: nata pakewuh
cakraningrat têgêse: ubênging jagad
cakranagara têgêse: payunging nagara
cakrakusuma têgêse: bundêraning kêmbang

--- 75 ---

cakradiningrat têgêse: gêgaman adining jagad
rukmini adipati, dèwi... têgêse: asri of mêmanis
rupa-rupa, adipati têgêse: urut-urutan
riya, pa... têgêse: satriya
riya Mataram, pa... têgêse: satriya Mataram
riya manggala têgêse: pangarêping satriya
răngga, pa... têgêse: pulas
kusuwa? adipati têgêse: saput pranti
kusumadiningrat têgêse: kêmbang linuwih ing jagad
kusumadilaga têgêse: kêmbang ing paprangan
kusumayuda têgêse: kêmbanging pêrang
kusumabrata têgêse: kêmbanging laku
kapirawan, adipati têgêse: kabêcikan
danupaya têgêse: anggaota, piranti
dipanagara têgêse: damaring nagara
dipakusuma têgêse: soroting kêmbang
dipawinata têgêse: ratuning damar
dêmang tanpanangkil, pa... têgêse: cêcêkêlan, tanpa seba

--- 76 ---

têpasana, pa, adipati têgêse: ukur, panggonan, tuladan
timur, pa of ratu... têgêse: bocah
sindusena têgêse: ratu, lajêring banyu
săntakusuma têgêse: kêmbang bêcik
suryaningrat têgêse: srêngengening jagad
surya nataningrat têgêse: srêngenge ratuning jagad
suryanagara têgêse: srêngenge nagara
suryakusuma têgêse: kêmbanging srêngenge
suryadiningrat têgêse: padhang linuwih ing jagad
suryadipura têgêse: padhang ing karaton
suryaputra têgêse: têdhaking aluhur
suryamijaya têgêse: padhang amisesa
suryabrata têgêse: padhang ing laku
silarong têgêse: pêpajangan
singasari têgêse: pikuwating kêmbang
wiramanggala têgêse: pangarêping prajurit
widura têgêse: musthika
lumawana? adipati têgêse: lumawan

--- 77 ---

pancuran têgêse: udaling banyu
pantaka têgêse: cilaka
panular têgêse: panulad, pangimbal
panji anom têgêse: têtungguling ênom
panji kasatriyan têgêse: têtungguling satriya
priyêmbada têgêse: pangungrum
purba têgêse: wit
purbanagara têgêse: witing nagara
prabuwijaya têgêse: luwih unggul
purbaya têgêse: wit
prangwadana têgêse: pangarêping pêrang
pringgakusuma têgêse: pakewuhing kêmbang
pringgalaya têgêse: pakewuhing laku en mudhari
pakuningrat têgêse: pakuning jagad
pamot têgêse: pangêmot
pugêr têgêse: paugêran
juru nataningrat têgêse: tukang nata ing jagad
jatikusuma têgêse: sajatining kêmbang

--- 78 ---

jayakusuma têgêse: têtungguling kêmbang
yamawidura zva widura bov
mudung, adipati... têgêse: karo
mlayakusuma têgêse: lakuning kêmbang
mangkunagara têgêse: = mangku nagara
mangkudiningrat têgêse: mangku kabêcikan
mangkubumi têgêse: mangku jagad
găndakusuma têgêse: ambuning kêmbang
bintara têgêse: wisa, antara
bondhan têgêse: putêran, wisesa
balatèr têgêse: blastêr
balitar têgêse: têmbaga
buminata têgêse: marentah ing jagad

--- 79 ---

Wêwatoning asmane para priyagung wadana kaliwon sarta jênênge para priyayi panèwu mantri nagara muwah ing desa, tuwin lurah bêkêl jajar lan răngga dêmang sapêpadhane, wiwit saka jumênêng dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI lêstari tutug jumênêng dalêm P.B. VII VIII en IX, banjur kawangun jumênêng dalêm P.B. X. pratelane kaya ing ngisor iki:
1e. bupati nayaka jêro sarta anon-anon jêro, wêkasaning asma: ngrat, kaya ta:
Radèn Mas Arya Jayadiningrat, bupati kaparak kiwa, Radèn Mas Tumênggung Wrêksadiningrat, bupati kalang kaparak kiwa
2e. bupati nayaka jaba, sarta anon-anon jaba, kalêbu para bupati pulisi tuwin pamajêgan, wêkasaning asma: nagara, kaya ta:
Radèn Tumênggung Prawiranagara bupati panumping, Radèn Tumênggung Jaksanagara bupati jaksa, Radèn Tumênggung Sutanagara bupati pulisi Klathèn, Radèn Mas Tumênggung Yudanagara bupati pamajêgan, Bayalali.
3e. kaliwon nayaka jaba jêro, sarta kaliwon anon-anon [anon-a...]

--- 80 ---

[...non] iya jaba jêro (liyane pulisi) apadene kaliwon pamajêgan tuwin galadhag, muwah kaliwon pangrêmbe, wêkasaning asma: pura, kaya ta:
Radèn Mas Ngabèi Bratadipura kaliwon kaparak kiwa: jêro, Radèn Ngabèi Prawiradipura kaliwon panumping: jaba, Radèn Ngabèi Wignyadipura kaliwon anon-anon: jêro, Radèn Mas Ngabèi Puspadipura kaliwon anon-anon jaba, Radèn Ngabèi Pringgadipura kaliwon pamajêgan, Radèn Ngabèi Cakradipura kaliwon gladhag, Radèn Ngabèi Gitadipura kaliwon pangrêmbe.
4e. kaliwon pulisi, wêkasaning asma: wadana, kaya ta:
Radèn Ngabèi Gitawadana kaliwon pulisi Sragèn.
5e. panèwu jaba jêro, arane nganggo praja, jêro: ana ing buri, jaba ana ngarêp, kaya ta: Sumapraja, Prajakusuma.
6e. mantri,
kaparak kiwa wiwitane: sura, kaya ta: Surapanigar, kaparak têngên wiwitane jaya, kaya ta: Jayaparusa,

--- 81 ---

gêdhong kiwa wiwitane: karta, kaya ta: Kartasumbaga, gêdhong têngên wiwitane: wirya, kaya ta: Wiryarumêksa, bumi wiwitane: rêksa, kaya ta: Rêksasudira, sèwu wiwitane: wăngsa kaya ta: Wăngsasudarma panumping wiwitane: mangun kaya ta Mangunjaya, gêdhe wiwitane: suta kaya ta: Sutarêksaka.
7e. panèwu mantri jaksa, wêkasane: pradata, kaya ta: Ngabèi of Roga[9] Jayapradata.
8e. panèwu mantri pulisi kabupatèn, wêkasane: pranata, kaya ta: Ngabèi of Răngga Jayapranata.
9e. panèwu mantri urdênas, wiwitane: atma, kaya ta: Atmawiraga,
10e. panèwu mantri carik, wiwitane: sastra, kaya ta: Sastrasadarga,
11e. panèwu mantri kabayan, wêkasane: cundaka kaya ta: Kartacundaka,
12e. panèwu mantri karaton, wiwitane: among, kaya ta: among prayitna,
13e. panèwu mantri panêgar, wiwitane: tali, kaya ta: Talimonce,
panèwu mantri gamêl, wiwitane kuda, kaya ta: Kudawijaya, bêkêl, jajar gajah mati, wêkasane nganggo araning banyu Kw. kaya ta:

--- 82 ---

warih, ranu, utawa: tirta,
14e. panèwu mantri pangrêmbe nagara,
15e. panèwu mantri kalang ...margasa,
16e. panèwu mantri narawrêksa wrêksa...
17e. panèwu mantri godhong karya...
18e. panèwu mantri panandhon ...bau
19e. panèwu mantri kêmasan citra...
20e. panèwu mantri gadhing mataram, arja...
21e. panèwu mantri bêkêl, jajar gandhèk kiwa wiwitane: duta..., panèwu mantri bêkêl, jajar gandhèk têngên wêkasane ...duta,
22e. panèwu mantri gêrji, ing kuna: ăngga, utawa: driya saiki: gêrjita utawa busana,
23e. panèwu mantri kêbon dharat, ...puspita, udyana,
24e. panèwu mantri pambêlah, giyota utawa: banawa,
25e. panèwu mantri juru silêm, giyota, utawa: banawa,
26e. panèwu mantri kadipatèn, wira...
27e. panèwu mantri kapatihan, wira...
28e. panèwu mantri ngulama nagara,

--- 83 ---

29e. panèwu mantri jimat, ...astana
30e. panèwu mantri juru raga...
suranata
31e. panèwu mantri niyaga kasêpuhan, pangrawit utawa: pradăngga, panèwu mantri niyaga kadipatèn, pangrawit utawa: pradăngga, panèwu mantri niyaga kapatihan, pangrawit utawa: pradăngga,
32e. panèwu mantri ngarêp, panèwu braja...
mantri jaga...
33e. panèwu mantri carik limalasan, sastra...
34e. panèwu mantri jagal sudagar, maesa...
35e. panèwu mantri tuwa buru, wana...
36e. panèwu mantri pandhe êmpu: ...sukadga, panèwu mantri pandhe nagara palu...
37e. panèwu mantri srati dirada, utawa: dênta,
38e. panèwu mantri pangukir gurita: utawa: pangreka,
39e. panèwu mantri undhagi wignya...
40e. panèwu mantri mranggi: galuh, utawa: wirăngka,
41e. panèwu mantri ukiran, jara utawa: salêmbar,

--- 84 ---

42e. panèwu mantri niti: niti...
43e. dêmang kusir: rata...
44e. mantri kundhi: kisma...
45e. mantri sayang: ...drumêsa,
46e. mantri panyungging: ...warna
47e. mantri puntu
48e. mantri panyrigan
49e. mantri pambubut, gapyuk
50e. mantri pangrukmi: ...kêncana
51e. mantri pangêmbang: gêbyur
52e. mantri jlagara (tukang ngukir watu) sela...
53e. mantri anom, saksana, caraka,
54e. panèwu gêndhing: guna...
55e. panèwu dhalang: rêdi...
56e. mantri gêmblak (tukang kuningan)
57e. mantri badhut, canthang balung, sukalewa,
58e. mantri bong (tukang nêtaki panyidhang)
59e. kaliwon, dhoktêr ...pura, panèwu mantri dhoktêr ...usada

--- 85 ---

60e. panèwu mantri tukang batu: batu...
61e. panèwu mantri juru kunci: ...astana
62e. panèwu mantri pradikan kasêpuhan,
63e. panèwu mantri pradikan kadipatèn,
64e. panèwu mantri pamajêgan Bayalali, panèwu mantri pamajêgan Klathèn, panèwu mantri pamajêgan Gagatan,
65e. panèwu mantri gladhag Bayalali, panèwu mantri gladhag Klathèn, panèwu mantri gladhag Mungkung
66e. panèwu mantri pangrêmbe.
Panèwu mantri pulisi sajêro lan sajabaning nagara, sadurunge ana dhistrik, arane miturut asmaning bupatine, kaya ta:
Surakarta, purwane: sura dening bupatine R.T. Suradirja,
Bayalali purwane: sura dening bupatine R.T. Suradipraja,
Klathèn purwane: mangun dening bupatine Rms.T. Mangunkusuma,
Ngampèl purwane: jaya dening bupatine R.T. Cakrajaya,
Sragèn purwane citra dening kaliwone ing kuna R.Ng. Citrasari,
Sukaharja purwane: suta dening kaliwone ing kuna R.Ng. Sutasudira.

--- 86 ---

asêm
Kw. amla | kurinjên | kamal | kamaligi
asêman
Kw. (sêlaning dariji) asman | amlita | sumanjari
asim, sayid...
zie pajang saripan
èsmuningrum, radèn ayu...
zie Kartasura no.17.
asmarandana
têgêse: kasêngsêm dana, kang nganggit Sinuhun Giri Kadhaton, zie Dj.K. 1900. 63.
Asmarandana iku têmbang macapat laku wolu, kaya ta: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.
Sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon [tino...]

--- 87 ---

[...n] gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane atri gumuruh | kadya ombaking samodra ||
asmarawulan, radèn ayu...
zie Kartasura no. 13.
Ismangil
ingkang yuswa 127 taun, Kitab Ngarais blz 66.
èsèg-èsèg
zie gendhong.
èsbir
Èsbir putih bangsaning bruwang, pasabane ing sagara anjêndhêl sisih lor, măngsa daging.
èsthi
zie gajah.
astha sacara-cara
zie êndêm, lett b.
asthamanik
Kang ingaran: ciri asthamanik, jaran pancal sikile papat pisan, watês sangisoring dhêngkul, watêke ala kang tinêmu, kang ngingu kêrêp kawirangan, utawa kaisinan.
uwi
Ing ngisor iki araning uwi sawatara,
1e. irêng, rupane irêng têrus,

--- 88 ---

2e. ula, wujude dawa menggak-menggok kaya ula,
3e. abang zie bang kulit, ben.
4e. cicing, wujude dawa cilik,
5e. randhu, rupane kuning kaya kunir, wite ing ngisor nganggo ri,
6e. răndha saluku, wujude pating blêngkêr tumpang tindhih kaya sikil saluku,
7e. kêtan, rasane pulên kaya kêtan,
8e. doro, wujude gèpèng, rasane anyêp,
9e. doro macan, mulane diarani mangkono, awit yèn wis tuwa: sok nyuwara gumrênggêng kaya macan anggêrêng, saking gêdhening uwi sarta yèn wis tuwa lêmahe ambalêdhag, yèn kataman ing angin nyuwara gumrunggung kaya panggêrênging macan,
10e. dêlêg, wujude kaya iwak dêlêg (kutuk) gilig,
11e. wadêr, wujude gèpèng kaya iwak wadêr,
12e. wulung, kulite wulung,
13e. lêgi, putih mêmplak, sêrate alus, rasane lêgi,
14e. putih, rupane putih klucèh-klucèh ora lêgi,
15e. jaran, gêdhe dawa, ora enak,

--- 89 ---

16e. jêmpina, rasane lêgi mănda-mănda, anduwèni kêmarung kayadene gêmbolo,
17e. jêngking, dawa nunjêm, pandhudhuke nganti anjêngking,
18e. gambir, rupane kuning kaya kêmbang gambir,
19e. bêras, rupane putih kaya bêras, sêrate agal, rasane ora pati lêgi ambalêdhèh.
20e. butun, wujude kaya uwi lêgi, nanging rasane anyêp bae,
21e. bayêm, kulite abang kaya wit bayêm bang,
22e. bang kulit, kulite abang tuwa (wungu noja), zie Brm. 1908. no. 96.
Pananduring uwi ing măngsa katiga akir, dirambatake ing wit-witan, yèn wis sataun didhudhuk, pangolahe mung digodhog, rasane adhêm kaya rijêki.
èwu
W.H. têgêse: wit
uwuh
pawuhan sacêdhaking omah,
nyapu: uwuhe diobong,
nyapu: uwuhe diandhêgake,

--- 90 ---

ambuwang uwuh ing longan,
ambuwang uwuh saka candhela
ambuwang uwuh nuju mantu,
kabèh mau dadi larangane Bathara Kala
awicarita
têgêse wong kang apilan marang carita, sajarah, utawa lakoning wayang kang wis kasêbut ing layang pakêm, apadene lêbda sarta tutuk sabarang kang dikandhakake lan ora cèwèt, zie pujăngga (6)
awak
zie srandu răngka wêdhung,
awak
Kw. ang (of ăng) ga | raga | kawangga | tuhu | tubuh | sari (of sali) ra | sulaksana | wa (of wă) nda

--- 91 ---

wak | lingga | linggana | pasikêpan | yyrangga | badan | baddha
iwak
zie sêga iwak panganan
iwak (olah-olahan)
Araning iwak kang muni ing layang Tjênt. Tjeb. sawise Sèh Amongraga têmu lan Kèn Tambanglaras, ana ing dhukuh Wanamarta, kaya ing ngisor iki:
êndhog crubuk | êndhog kroto? | êndhog kamal | êndhog pindhang | êndhog pasiran

--- 92 ---

êndhog menthog | opor menthog | opor mliwis | opor banyak | opor brati | urip-urip kutuk | ati | utak | iso sêrêgan | iso glêpah? | ulur | opor trênggiling of landhak | opor menthog | opor banyak | opor brati | opor bajing gêndhu | opor bèbèk | ayêm ati mênjangan

--- 93 ---

êmpal kisi | êmpal daging | êmpal tuntut | abon | abon rêmus | abon wayang | cêplok untup-untup | cêplok kamal | cêplok wajar | cêplok jêngking | cêplok madon | cêplok gimbal | cêplok balênyik | rêmpah ênthung | rêmpah sili | rêmpah sidhat | rêmpah wêlut | rêmpah pêlus

--- 94 ---

rêmpah jangkrik | rêmpah gorèng | rêmpah gotong | rambak kikil | rambak kulit | rambak planangan | kendho urang | kendho gêndhon | krupuk | krupuk têrung | klêpon | dadar kobis | dadar so | dadar sawut | dadar wolak-walik | dadar wajar | dadar ledre | dadar lajon

--- 95 ---

dadar lêmpit | tim otot | tim kabiri | tim dara | tim tămbra | tim soun | tim sarang burung | tim landhak | tim jamur êndhog | tim jamur cêpaga | tim jamur kênthos | tim jamur kuping | tim jamur druju | tim jamur wuku | tim jamur watu | tim jamur lot | tim jamur polo | tim jamur barat

--- 96 ---

sarèn = dhidhèh | srundèng sêmaradana | srundèng dhêle | srundèng mrica | srundèng gudhe | srundèng gêbingan | srundèng botor | sambêl êndhog wadêr | sambêl urang | sambêl umbut | sambêl cabe | sambêl congor | sambêl kacang | sambêl kluwak | sambêl kêmiri | sambêl trancam? | sambêl tawon | sambêl santên

--- 97 ---

sambêl wijèn | sambêl laos | sambêl lele | sambêl lêmpuyang | sambêl lothèk | sambêl pêcêl | sambêl pête | sambêl pitik | sambêl plèlèk? | sambêl dhêle | sambêl jae | sambêl jengkol | sambêl mrica | sambêl gêpèng | sambêl bawang | sambêl balur | sambêl gorèng ati | sambêl gorèng utak

--- 98 ---

sambêl gorèng pêtis | widhungan | lidhah | limpa | lêmêngan pitik | lêmêngan mênjangan | lêmêngan bulus | pênthul | paru | pusuh | dhèndhèng age ati | dhèndhèng age oyod linjik | dhèndhèng age umbuting arèn | dhèndhèng age êbung | dhèndhèng age daging | dhèndhèng age tawon | dhèndhèng age lidhah | dhèndhèng age gêndhon

--- 99 ---

dhèndhèng ragi | dhèndhèng kripik | dhèndhèng panjèn | dhèndhèng gêpuk | ja | ya | nya | masin mênjangan | ginjêl | gêcok gênêm | gurung | gorengan êndhog gundhik | gorengan ênthung | gorengan olan-olan | gorengan êmprit | gorengan èbi | gorengan cakul | gorengan cuwiyun

--- 100 ---

gorengan kutuk | gorengan kèpèk | gorengan kudhawa | gorengan kathik | gorengan kuthilang | gorengan dêruk | gorengan dêrkuku | gorengan trinil | gorengan tawon | gorengan tawès | gorengan tămbra | gorengan sri bombok | gorengan wirasoca | gorengan wagal | gorengan lêntrih | gorengan lênting | gorengan lêntho | gorengan laron

--- 101 ---

gorengan lurjuk | gorengan prêmas | gorengan pêking | gorengan jowan | gorengan manyar | gorengan mèlêm | gorengan gana | gorengan gramèh | gorengan giligan | gorengan galathik | gorengan gangsir | gorengan bancèr | gorengan bêncolang | gorengan bondhol | gorengan bèkèl | gorengan badhèr | gêthik kathik | gêthik dara | gêthik dêrkuku

--- 102 ---

gêthik drigul | gêthik trinil | gêthik tlulèk | gêthik glathik | gêthik gêmak | gêthik bontot | gêthik burcèt | gêthik bubut | gêthik bang-bangan | brongkos | bêkakak kancil | bêkakak kidang | bêkakak komprèng | bêkakak wêdhus gèmbèl | bêkakak pêdhèt | bêkakak mênjangan | bêkakak gudèl | bêkakak bêlo

--- 103 ---

basêngèk trinil | basêngèk tawon | basêngèk tlulèk | basêngèk tempe | basêngèk wadêr | basêngèk pitik | basêngèk bontot | basêngèk burcèt | blêketho blênyik | blutak | bulusan | balêbêt kênthus | babat tala | babat sumping | babat jarit | babat galêng | bothok sanggring | bothok bêthik

 


§ = Sapiyarsa (canthing bumbung) iya iku canthinge wong adol orak arèn. (kembali)
narèswari. (kembali)
injên-injênan. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Yang berbahasa Arab ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
kang. (kembali)
zie. (kembali)
Răngga. (kembali)