Căndrasangkala, Padmasusastra, 1950, #795

Judul
Sambungan
1. Căndrasangkala, Padmasusastra, 1950, #795. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Căndrasangkala, Padmasusastra, 1950, #795. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie T. No. ... Harga f ...

Sêrat Căndrasangkala

Kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra Ngabèi Prajapustaka, ing Surakarta.

Kasambêtan ikêtanipun Mas Harjamijaya, mantri guru pènsiun ing Comal.

2e DRUK.

Diterbitkan dan dijual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, - Kediri. JALAN DOHO 147.

1950.

--- [1] ---

Sêrat Căndrasangkala

Kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra Ngabèi Prajapustaka, ing Surakarta.

Kasambêtan ikêtanipun Mas Harjamijaya, mantri guru pènsiun ing Comal.

2e DRUK.

Diterbitkan dan dijual oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, - Kediri. JALAN DOHO 147.

1950.

--- [2] ---

PENGARANG
Mas Ngabèhi PRODJOPOESTOKO
SUROKARTO.

[Grafik]

Kitab yang sah ada tanda tangannya si penerbit sebagi di bawah ini:
[Tanda tangan]

--- 3 ---

Punika Pradikanipun Watak Satunggal.

Căndra
Têgêsipun
rupa
rupa têmên
candra
wulan purnama
sasi
wulan jangkêp
nabi
wudêl
sasa
lintang
dhara
wêtêng
bumi
lêmah
buddha
luwih, utawi namaning masa satunggal
roning
godhong
mèdi
jubur
iku
buntut
dara
paksi dara
janma
uwong
eka
satunggal, wiji, tudu
wak
badan sapata

--- 4 ---

suta
anak
siti
lêmah wêdhèn
awani
kêndêl, srêngenge
wungkulan
wutuhan, utawi bundêran
wulan
rêmbulan
niyata
yêkti
tunggal kabèh
watak satunggal sadaya

Punika Pradikanipun Watak Kalih.

Căndra
Têgêsipun
netra
paningal
caksu
pasu
nayana
ulat
sikara
tangan
buja
bau, namaning masa kalih
paksa
uwang
drasthi
alis
ama
pêpasu, wêwêri

--- 5 ---

locana
urang-uranging mata
carana
athi-athi
karna
kuping
karni
ambaning kuping, utawi sungu
anêbah
tlapukan, anêbak
talingan
pangrunguning kuping
mata
ambaning mata
lèn tangana
lawan tangan loro
lar
wulu suwiwi
anêmbah
ngabêkti
suku loro
sikil karo

Punika Pradikanipun Watak Tiga.

Căndra
Têgêsipun
bahni
gêni pandhe
pawaka
gêni pucuking gunung
siking
gêni upêt, utawi têkên
guna
gêni agaran, kasagêdan
dahana
gêni tanpa sangkan

--- 6 ---

trining rana
gêni unon, gêni paprangan
uta
lintih
ujêl
wêlut
anauti
cacing
jatha
gêni winadhahan, utawi siyung
wedha
gêni pawon, utawi sêrat pêpakêm, utawi namaning masa tiga
nalagni
gêni panasing ati
utawaka
gêni wong manggang
kayalena
gêni balubukan
puyika
gêni dilah
tiga
têlu
uninga
gêni obor

Punika Pradikanipun Watak Sakawan.

Căndra
Têgêsipun
wedang
banyu panas

--- 7 ---

sagara
banyu ngidêri jagad
karti
banyu sumur
suci
banyu padasan
jaladri
banyu rawa, banyu sagara
nadi
banyu kali
hèr
banyu pucuking gunung
nawa
banyu adhêm
samudra
banyu têlêng
jalanidhi
banyu angêdhung
warna
banyu sawangan
toya di
banyu jêmbangan
wwahana
banyu udan
waudadi
banyu dèrèsan, banyu pancuran
sindu
banyu susu
warih
banyu krambil
dik
padon sakawan
tasik
banyu oyot: sagara

--- 8 ---

catur yuga
keblat papat, namaning masa: 4
pat
sakawan

Punika Pradikanipun Watak Gangsal.

Căndra
Têgêsipun
buta
buta lanang kang siyung
pandhawa
putraning Pandhu
tata
gêtih otot
gati
kakêtêg: pramana, namaning masa 5
wisaya
pênggawe: pirantos
indri
bayuning mata
yaksa
buta wadon kang siyung
sara
lêlandhêp
maruta
angin angirid gandaning sêkar
pawana
angin adrês
bana
alas agung
margana
angin nèng dalan

--- 9 ---

samirana
angin ngilangakên kringêt
warayang
sanjata
pănca
gangsal
bayu
angin kang manjing mêdal
wisikan
wuruking bapa
gulingan
angin mêdal paturon
lima
gangsal

Punika Pradikanipun Watak Nênêm.

Căndra
Têgêsipun
masa
masa nênêm
sadrasa
rasa nênêm
winaya
agang-agang, namaning masa 6
nggana
tawon
rêtu
kawor, uyêk-uyêkan
anggas
kayu glinggang, ibêr-ibêran
oyag
obah
karênga
karungu, rinêngga, kaupakara
pangrarasing nêm
pangrarasing watak nênêm

--- 10 ---

tahên
kayu taun
wrêksa
kayu tinêgor
prabatang
kayu rubuh malang nèng dalan
kilating kanêm
lêlidhahing masa kanêm
lona
pêdhês
mla
kêcut
tikta
pait
kyasa
gurih
dura
asin
sarkara
manis

Punika Pradikanipun Watak Pitu.

Căndra
Têgêsipun
ardi
gunung urut pasisir
prawata
gunung têpung sami gunung
turăngga
jaran
giri
gunung gêdhe
rêsi
pandhita suci
ăngsa
banyak, turun

--- 11 ---

biksuka
sapi: namaning masa kapitu
cala
sukuning gunung
hêmawan
mega pucuking gunung
sapta
pitu
pandhita
putus
swara
pandhita kalok
gora
agung
muni
pandhita muruk, ajar
swakuda
jaran kabiri
tungganganing gunung
têngahing gunung
wiku
pandhita ing gunung
ya pêpitu
inggih pêpitu

Punika Pradikanipun Watak Wolu.

Căndra
Têgêsipun
naga
ula gêdhe
panagan
ênggon ula gêdhe
salira
manyawak
basu
têkèk, kumaraning naga

--- 12 ---

namaning masa 8
tanu
bunglon
murti
cêcak, utawi sangêt
kunjara
kandhang gajah utawi gêdhong pasakitan
gajah
gajah nèng wantilan
dipăngga
gajah tinitihan ing ratu
èsthi
gajah dèn palacani
samadya
gajah nèng têngahing dalan
manggala
gajah binêkta prang, utawi pangajêng
dirada
gajah mêta
bujăngga
ula lanang
brahmanastha
pandhita sabrang wêwolu
dipara
gajah binêkta cangkrama
liman
gajah binêkta midhang
lan ula
sarta ula

--- 13 ---

Punika Pradikanipun Watak Sanga.

Căndra
Têgêsipun
trustha
lèng bêdhil, utawi suka
trusthi
lèng tulup
muka
rêrai
gapura
lawanging ratu
wiwara
lawang sakèthèng
dwara
lawanging omah
nanda
lèng kodhok, utawi sêsotya
wilasita
lèng kombang
guwa
lèng patapan
rago
lèng samun
ludra
aluraning dewa
gatra
lèng gangsir
gănda
ambêt
lèng
lèng sêmut

--- 14 ---

rong
lèng ula
song
lèng landhak
têrusan
lawang butulan
yèku ăngka
inggih punika wêwilangan
babahan
lèng maling
hawa sêsanga
bolonganing badan

Punika Pradikanipun Watak Sadasa.

Căndra
Têgêsipun
boma
sukêt mati, awang-awang, utawi namaning masa 10
sunya
suwung
gêgana
langit kesisan mega
barakan
tan katon: sêndhalan
adoh
têbih
ing langit
ing langit
anatan
katon tan kagayuh
windu
tumbuking taun
anèng wiyat
langit kang amor lan mêndhung

--- 15 ---

widik-widik
katon nuli ilang
malêtik
satêngahing langit, utawi manculat
sirnèng gêgana
sirna ing langit
sagunging das
sakathahing kang ilang
walang
mêsat
kos
anggusah
watak sapuluh
watak sadasa

Tamat kang căndrasangkala

TAMAT.

--- 16 ---

Căndrasangkala karanganipun Mas Harjamijaya, mantri guru pènsiyun ing Comal.

Kagêlarakên sarana apalan, wiwit watak 1 dumugi 0.

Katêrangan.

Ing uran-uran ngriki, panganggenipun têmbung sampun kaatos-atos, kajawi luguning dasanama, ugi ngangge andhahanipun. Ing pangangkah sagêda mantukakên suraosing kăndha. Sanajan makatêna, têmbungipun andhahan wau, kaangkah sampun ngantos kênyêngklèngên. Ingkang pikantukipun namung ngodhêngakên. Upami: wahana, watak: 4 - banyu udan - kodanan - klêbus - anjêdhindhil.

Pawana, watak: 5 - angin - kanginan - liwung.

Inggih têmbung: anjêdhindhil - liwung - punika ingkang dipun singkiri.

Makatên ugi têmbung ingkang cawuh, têgêsipun têmbung sawarni, sagêd lumêbêt dhatêng watak warni-warni, punika ugi kaangkah sagêda sumisih, kados ta:

Bahni, watak: 3 - gêni - murub - padhang.

Nawa, watak: 9 - padhang.

Tyas, watak: 1 - ati - pikir - padhang.

Inggih têmbung: padhang, punika ingkang dipun sirik. Makatên sapiturutipun.

Kajawi saking punika, ing ngriki ngangge têmbung ingkang botên gadhah watak wilangan, prêlu kangge anggandhèng ukara. Inggih punika:

--- 18 ---

Kabèh, amung, mung, ingkang, kang, ingaran, ran, apan, pan, ing, sinêbut, dèn, dipun, yèn, lamun, ring, mring, bae, nanging, paran, karana, si, aywa, ywa, uga, nganti, kongsi, gyanira, mangkono, dènira, nadyan, prandene, kèh, marma, mangkya, kari, jangji, bakal, wau, ing kono, gantya, êndi, poma, sang, dene.

Pangarang.

__________

Urut-urutanipun Sêkar.

1. Dhandhanggula
2. Sinom
3. Durma
4. Asmaradana
5. Pangkur
6. Kinanthi
7. Pucung
8. Balabak
9. Mêgatruh
10. Gambuh

__________

--- 19 ---

1. Dhandhanggula

1. rarasira kadi rago yêkti | mêngêng mangu kisruh pangriptanya | datan baud ngêmonahe | dènira berag ngidung | mung ngruruhi isi palupi | wêruha artinira | jarwa jatinipun | aywa nganti milalua | andaluya jarag tambuh mutatuli | wuk wangwung yayah arca ||

2. beda lawan kang wus lêbdèng kawi | kawistara saniskaranira | rarase mung nêngsêmake | samăngsa namur sêmu | pasêmone tan juwarèhi | uwose nuju prana | maranani kalbu | mangkono yèn wus pralêbda | datan kewran wikan ing sakalir-kalir | mangkya kang ginupita ||

3. ngeka-eka kawasaning Widi | surya căndra kartika bawana | jagad iki saisine | niyata kabèh iku | amung Allah ingkang majibi | ingaran jagad raya | jagade tumuwuh | tuwuh tunggal uripira | rupa-rupa wujud golongan pribadi [priba...]

--- 20 ---

[...di] | dhewe-dhewe ranira ||

4. diwangkara pranyata piniji | nglairakên wiji-wiji donya | sasăngka yèku ugêre | pananggalan satuhu | hyang prêtiwi jatine wibi | winih-winih ron-ronan | ingkang sêmi thukul | apan iku bêbakunya | panguripan kang samya idhup ing bumi | kang awak-awak wadhag ||

5. janma ika sudira awani | amraceka luwih budinira | eka praya arêraton | têtunggule sinêbut | naranata dèn aji-aji | dèn èdhêp wong sapraja | tuhu yèn pinunjul | nabi wênang mijènana | tumungkule sêmèdi mèstu mring Gusti | Pangran Kang Maha Êsa ||

6. sayêktine yèn manusa kaki | Jawa Cina Arab Walăndaa | padha bae pikirane | kang ginagas ing kalbu | salamêta arjaning dhiri | widada bagyanira | mungkul tyas rahayu | panêkunge mring Hyang Sukma | anak putu mulusa[1] wibawa [wi...]

--- 21 ---

[...bawa] mukti | winêngku kayuwanan ||

2. Sinom

1. nanging paran klakonira | karana siwêri-wêri | mung sikara kaniaya | arubiru nyênyêngkahi | kang mawa lar ngabruki | miwah ingkang asêsungu | gandhèng jodhon mêmasang | anênarik nyênyundhangi | kang abuja nêbak duwa tanganira ||

2. mung kumudu rodapêksa | netranirandik mucicil | pandirangan suraweyan | mrusa marwasa nangani | gêjug jêjak dhupaki | bêbliwur locana caksu | kiwa nayananira | sikilira ro jegali | nyalèwènga lakune kang lumaksana ||

3. lamun pêksa anjangkaha | tumindak ywa nganan ngering | amanira ludên têbah | bakda [...][2] | sarta uga dèn bêkti | aywa nganti burêng bawur | mata walangên miyat | katarik carana drêsthi | silo sulap karnan mring rênggan paesan ||

4. lawan malih dèn waspada | panêmbah ywa tingal kalih | mêmulata [mê...]

--- 22 ---

[...mulata] miyarsaa | dèn awas gyanira mèksi | linglingên kang kalingling | tamatna dènirandulu | krana si ama cidra | mung kumudu andhusthani | ambalero sawanga pamawasira ||

3. Durma

1. pan mangkono si wêlut lamun mangarah | baud wêgig ajulig | pintêr amiguna | lir pendah utabrama | anênaut manauti | katon dènira | ngincih-incih mrih melik ||

2. kadahanan kêbrangas panas kang nala | bêl mrêngangah anggêni | pindha utawaka | ngalad-alad maantar | sêsiyungira tri kengis | kaya muruba | sumromong anggêsêngi ||

3. nanging ingkang widagda lêbda ing guna | bangkit dènnya mêrangi | nadyan ing payudan | si lêlintah sêktia | prandene binasmi siking | tinunu kobar | gosong kêsalad bahni ||

4. wignyèng srana ngujwala wruh pakêmira | ngèlmu wedha mumpuni | wikan paedahnya | olih pamurihira | mung kaalap [kaa...]

--- 23 ---

[...lap] ingkang kasil | patuwasira | ngayani migunani ||

4. Asmaradana

1 warnanira mancur wêning | mahanani yèn mangartya | anyamodra kèh martane | caturana rêsik wantah | cês narêcêp nênawar | wau ta rumêmbêsipun | amung karya sêgêrira ||

2. tawa dadya hèrnawa ning | muncar ngucur ambalabar | amartani lumèbère | kilènan kang keblat papat | blabur kêmbong ing tirta | kumêmbêng nylarong angêdhung | tasik-tasik dik kablabak ||

3. rumêsêping nadi-nadi | pan wau amrêtanira | sumindu-sindu atise | nênumusi sumyahira | gawe krêtartanira | mangkono sayogya lamun | dèn dadèkna sumbêr sêndhang ||

4. udaya sumur jaladri | tinimbaa cinêcêpa | ingangsonan pakartine | prayoga kadadyanira | krana wohe wahana | tètès sucine kang catur | marna êning kaêningan ||

5. Pangkur

1. mangkono ran katapsilan | dipun [di...]

--- 24 ---

[...pun] tajêm ywa nganti goling gumuling[3] | mring tatane yaksa diyu | raksasa wil danawa | krana ditya amung ngunggar nêpsunipun | wikara murka luamah | ngamah-amah mêmonahi ||

2. giro gulingan ing wana | gidro gidrah sêsiwo bêbadhogi | sara bindi gada limpung | abadhama candrasa | gêgimbale kapawanan kabur kawur | gulung kiprah ciya-ciya | mêdhang berang malu gandhi ||

3. ananging Pandhawa lêpas | mring ulahe wisikan kang wigati | lungid putus patrapipun | asanjata warayang | kasangsaya si buta winisaya hru | kabuncang ing samirana | yaksi rasêksi gumlinting ||

4. trap-trapaning păncadriya | lamun mungkad mungkare anênangi | anggugah mring galakipun | marmanira dèn tata | angin bayu lamun trêp tap-tapanipun | tata marga kalimanya | êmpanira mung nêntrêmi ||

6. Kinanthi

1. nahên wau si rêrêtu | kang mayangi anggègèri | gumana [guma...]

--- 25 ---

[...na] panggêlapira | mangkya ingkang anêngsêmi | sari-sarining langênan | langêne mung milangoni ||

2. kayon dhuku blimbing jêruk | asri endah anglam-lami | sadpada manganggang-anggang | winaya mêmadu manis | rêsêp rêsmi karêngyannya | rarasira mung nyênêni ||

3. nanging aywa enak-enuk | ngêmatke mring kang ngarêmi | karana ta kanikmatan | lona amlatikta gurih | dura artatining kilang | êmatira mung ngèrêmi ||

4. ingkang rêrês raras rurus | ing samăngsa-măngsa ugi | mangraras-raras carêmnya | sad sadrasa kang durani | krasa rosing osikira | mung rêrême ingkang kari ||

7. Pocung

1. ajar wiku mangkono kasêptanipun | dènira sasrama | undhakaning ardi wukir | ing aldaka tungganganing arga-arga ||

2. mêsunipun sang pandhita gêtêr gêntur | kaloka juwara | sang dwija gyannya têtèki | lamun muja ing sanggar planggatanira ||

3. asêsuguh sang

--- 26 ---

rêsi sogatanipun | asung wêwulangan | cêcala wasita wangsit | yèn manabda mardawa lon swaranira ||

4. wêlingipun aywa giri munya sêru | gumêdhe asantak | sênggrang amung jangji muni | gora swara kapalên marang pangăngsa ||

8. Balabak

1. ing pangèsthi-èsthia basukinira | kranane | bêbayani manggalane lamun mêta | esthane | bêbunglonan ngestha mênyawak matêngga | tanune ||

2. bajul baya têkèk kawuk e lawana | blêduge | kêkêmprètan dirada ngoling jaludha | nulale | ing panagan matra kelasa taksaka | nloronge ||

3. dyèng wèsthi pan sêdhênge anggusthia[4] | slirane | angesthaa esthane pra brahmanastha | murtine | wau cêcak èsthi liman basu sarpa | nyambike ||

4. dèn bujăngga bakale dipun kunjara | mêngkone | dèn tarungku dipun kurung ing kurungan | buine | thengal-thèngèl [thengal-thè...]

--- 27 ---

[...ngèl] si bancana ing madyanya | kêrangkèng ||

9. Mêgatruh

1. pintu-pintu dèn tutupi rapêt buntu | wau ingkang ngrêragoni | guwa gangsir ambêbutul | miyak gatra kang mêlimping | ambabahi ngêsong-êsong ||

2. dwarananda gapura lèng-lènganipun | gêgrowongan dèn gêrongi | ananging kêkorinipun | nangkêb tumakêb[5] kumunci | kono kari plompang-plompong ||

3. gantya ingkang mêpêt nawa sanganipun | tarbuka têrus umanjing | bungah dènira malêbu | pra jawata mahagyani | ing kono lêga cumêplong ||

4. jroning trustha Hyang Rudra wadananipun | suka kang para apsari | abêburat gănda arum | mring wau sang kusuma mrik | dene kabul blong naronthong ||

10. Gambuh

1. wasana palastha wus | walang sangkêr wus mêsat amirud | lêbur mumur ilangira tanpa lari | sirnèng gêgana umumbul | kaparapal wus dèn êkos ||

--- 28 ---

2. oncat merad mandhuwur | malêtiknya marang awang-uwung | ing awiyat awang-awang widik-widik | wus pralaya wuk brastha swuh | anis onyanira adoh ||

3. mangkono yèn wus muluk | sagunging das wus nora winindu | bomantara ngêndi-dia êntèk ênting | kang tinênga langgêngipun | ing kono dènira lolos ||

4. anglèse surud kukud | musna kabèh bêbarakanipun | dipun êsat pangêsatira atapis | paripurna muksanipun | buh ngêndi swarganing layon ||

__________

 


tulusa. (kembali)
Teks tidak terbaca. (kembali)
Lebih satu suku kata: dipun tajêm ywa nganti goling gumling. (kembali)
Kurang satu suku kata: madyèng wèsthi pan sêdhênge anggusthia. (kembali)
tumangkêb. (kembali)