Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 104–210)

Judul
Sambungan
1. Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 001–103). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bauwarna, Padmasusastra, 1911, #12 (Hlm. 104–210). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 09-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

iwak narwal
zie narwal
iwak kêbo sapi (karam)
iwak kêbo sapi ana kang karam pinangan, kaya ta:
utak | tlethong (usus sêrêgan) | wulu (rambak katutan wulu) | pringsilan | gêtih (sarèn of dhidhèh) | balung nom
Ing ngisor iki sarandu pêthèk lan pêcahan araning iwak kebo (= sapi) apadene araning panggaotane wong jagal sapêpadhane kang magêpokan kawruh pajagalan, karangane Radèn Ngabèi Dirjapranata, abdi dalêm panèwu pulisi kalang kang ambawahake kampung Jagalan, kasaosake ing Pahêman Radya Pustaka. Amurih gampanging pangupayane kang arêp disumurupi: diurutake dêntaywanjanane dening Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri pamijèn ing kapatihan, nalika taun Ehe ăngka: 1828.
1e. untu kêbo ngisor dhuwur sarta wang ngisor cacah 36 iji, kêna ginawe [gi...]

--- 105 ---

[...nawe] bênik sarta kêna ingobong kayadene kayu, awune kêna ginawe rabuk.
2e. êndhas cêcak, daging putih kaworan otot, kagodhog kanggo duduh-duduhan.
3e. irah-irahan, daging ala sajroning êndhas.
4e. adaini, otot gêdhe dalan gêtih, mung kêna ginawe rambak.
Ati rupa-rupa, kaya ta:
5e. ati tanggal, siwilaning ati, rupane wungu kaya tanggaling căndra, kanggo gorengan, duduh-duduhan lan bakaran.
6e. ati pangasih, siwilaning ati, rupane wungu cilik nyalèntrèng kanggo id.
7e. ati gêdhe saburining klamar, rupane wungu, kanggo id.
8e. utak ana sajroning pathak, rupane putih, kagodhog banjur ginorèng.
Otot rupa-rupa, kaya ta:
9e. otot campur, otot tracak têkan dhêngkul, kandêl gèpèng, kanggo ancurlin, sarta kanggo sajène băngsa Cina.
10e. otot gunting sajroning campur, kandêl cawang, kanggo id.

--- 106 ---

11e. otot gêgêr, kanggo id.
12e. otot gung, otot ing kêcèt rupane gilig kanggo id.
Iso rupa-rupa, kaya ta:
13e. iso kangsi, ngrompol ana sangarêping babat, saburining klamar, isi banyu lan talethong, kagodhog banjur ginorèng.
14e. iso sêrêgan isi gajih, kanggo id.
15e. iso lamak ati isi banyu lan talethong, kanggo id.
16e. iso pang isi banyu kanggo id.
17e. iso bunton isi gajih kanggo id.
18e. iso bol isi banyu lan talethong kanggo id.
19e. iso bêngkuk isi banyu kanggo id.
20e. iso thithèt isi tlethong kanggo id.
Asin:
21e. asinan sêntil, daging putih kiwa têngêning sêntil, kagodhog kanggo duduh-duduhan.
22e. asinan sêlap (sampil buri) kanggo bakaran.
23e. asinan pipi, daging abang putih kêbuntêl ing gajih ana sangisoring [sangi...]

--- 107 ---

[...soring] pipi, kanggo gorengan utawa duduh-duduhan.
24e. asinan buncit, daging bêcik, nanging cilik, ana ing gulu sangarêping pundhak (sampil ngarêp) kanggo dhendhengan utawa gorengan.
Iwak kang ora kalêbu ing perangan kaya ing ngisor iki, otot gêdhe wiwit ing gulu tumêka ing buntut, cacahan, kikil papat, sumbang, lulang kêbo siji, bencok, balung cicir, balung krepyak, balung kulung, balung pakêm, balung dhigul, babat salundhuhan.
Ulur rupa-rupa, kaya ta:
25e. ulur rambut, daging bêcik cilik dawa, tumèmpèl ing cêthik, kêna pinangan mêntahan dadi usadaning kuwat.
26e. ulur jêro ana sajroning ula-ula, tumèmpèl ing balung, daging bêcik, kêna kadhèndhèng utawa ingolah liyane.
27e. ulur gantung, tumèmpèl ing rongkong, daging bêcik, sêrate alus, kang sayoga kadhèndhèng.
Olor rupa-rupa, kaya ta:
28e. olor alus, gajih isining balung krepyak, rupane putih [pu...]

--- 108 ---

[...tih] sêmu kuning, kanggo pes-pesan, utawa kêna ginawe tămba.
29e. olor kulung, isine balung kulung rupane gilig putih sêmu kuning, kang sayoga ingêpès.
30e. olor pakêm, isine balung pakêm, rupane putih sulak kuning, pakolèhe ingêpès.
31e. olor dhigul, isine balung dhigul, rupane putih sêmu kuning, mathuke ingêpès, sarta kêna digawe jamu.
32e. olor buntut, rupane gilig putih rada kuning, rujuke ingêpès.
33e. ayam-ayam, kêletan balung ula-ula, sangisoring lêmungsir daging kawoworan gêtih, kanggo duduh-duduhan, utawa saoto.
34e. ampih-ampih, daging bêcik sêrate agal lêr-lêran (sampil ngarêp) kanggo gêpukan utawa suwiran.
35e. impês, wadhah uyuh, rupane bundêr bulug, kanggo wadhah lênga klêntik utawa lênga kacang.
36e. abêtan, daging bêcik anggajih, sêrate alus, sangisoring [sangisor...]

--- 109 ---

[...ing] limas (sampil buri).
37e. enggok-enggokan iga, daging kaworan balung nom lan gajih (pucuk iga)
38e. cacahan, daging kang isih kêlèt ana ing balung ula-ula, wiwit ing cêngêl têkan ing buntut, zie iwak bov.
39e. cicir, balunging buntut sanggitan cilik-cilik kanggo laru, kayu lan rabuk.
40e. cècèk, lulang kagodhog banjur diiris-iris sarta banjur dipe.
41e. curi, balung kang katancêban sungu, kanggo kayu sarta rabuk.
42e. cuwêr, pok kuping ing jêro lêmpitan kaya plèrèt, kagodhog kanggo iwak monjit.
43e. cupu, adon-adoning balung sampil buri, rupane putih kaya êndhog, kanggo laru, kayu lan rabuk.
44e. cêthak cilik, daging putih kakag, ana ing gusi jêro, kagodhog banjur ginorèng, utawa kanggo duduh-duduhan.
45e. cêthak gêdhe, daging putih anjêngkêrut, tumèmpèl ing balung cêthak, kanggo id.

--- 110 ---

46e. cêthik dawa, daging bêcik dawa ana ing cêthik nyalèntrèng, kanggo dhèndhèng kripik.
47e. cêthik bundêr, daging bêcik wangune bundêr gêdhene sapiring, ana ing cêthik bênêr, kang sayoga kadhèndhèng.
48e. congor, lambe jêro ing dhuwur, rupane putih, kagodhog banjur ginorèng, utawa duduh-duduhan.
49e. cènggèr, daging kothot sangisoring punuk, kanggo saoto.
50e. rêmpêlu, kaya pao-pao isi banyu irêng sêmu ijo, tumèmpèl ing ati gêdhe, kanggo tambane wong lara abuh, yèn nganti pêcah angrusakake iwak kang kêna, rasane dadi pait kabèh.
Rambak rupa-rupa kaya ta:
51e. rambak kikil
52e. rambak sayadan
53e. rambak lulang gêdhe
54e. rambak palanangan
55e. rambak dhigul

--- 111 ---

Koncèr rupa-rupa, kaya ta:
56e. koncèr dêlêg, daging abang awor lan daging putih, ing pundhak têkan ing dhadha (sampil ngarêp) kanggo duduh-duduhan.
57e. koncèr dhadha, daging putih kaworan daging abang, ing kiwa têngêning dhadha, kanggo iwak monjit.
58e. koncèr gobog, daging putih dawa awor lan daging abang = daging abang putih nanging akèh putihe, kinarya brongkos.
59e. konthol, kaya siwalan, kagodhog ginawe krècèk.
60e. kêcèr, pêdhotan kumol sampil, ing bongkot kandêl, kanggo dhèndhèng kripik.
61e. kacangan, pok kuping ing jêro rupane putih, kagodhog banjur ginorèng, utawa digawe brongkos.
62e. krècèk, lulang kagodhog banjur ingiris-iris, banjur dipe lan banjur dèn ungkêp, wusana ginorèng.
63e. kêris, daging tipis satêbah sangisoring babon (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.
64e. kikil, kêna ginawe rambak, dene kang sayoga pinindhang, zie iwak bov.

--- 112 ---

65e. kètèlan, daging putih sapinggiring tracak ngisor, kagodhog kanggo duduh-duduhan.
66e. kangsi daging, daging kaworan otot, sadhuwuring kêcèt (sampil buri) kanggo êmpal.
67e. kangsi tunjung, daging bêcik sarta gêdhe, jajar karo kisi jangan, daging dawa kaworan otot (sampil ngarêp) kagawe êmpal.
68e. kawêt, daging kaworan otot sangisoring silit, kang pakolèh ginawe êmpal.
69e. kuwalon zie daging kuwalon.
70e. klêpon = pranakan, pating prênthêl anggajih, kang enak ginorèng.
71e. klamar, kêndhangan angêlêt-êlêti babat lan iso, nurut pungkasaning iga, kanggo rambak, utawa ginawe lulanganing dolanan Cina nambur.
Klambit rupa-rupa, kaya ta:
72e. klambit, daging putih ngêmuli wêtêng, kagodhog kanggo duduh-duduhan, utawa kêna ginawe rambak.

--- 113 ---

73e. klambit êndhas, daging têpis ngêmuli pipi kaya lulang, kagodhog kanggo iwak monjit.
74e. klambit curi, kêndhangan ngêmuli curi, kanggo rambak.
75e. klambit pucak, kêndhangan kaworan daging putih anggajih ngêmuli sampil kang jêro (sampil buri) kanggo rambak.
76e. klambit dhadha, daging putih koyoran, ngêmuli dhadha, kanggo iwak monjit.
77e. klambit gulu, daging putih tipis ngêmuli daging gulu, kanggo krècèk.
78e. kulung, daging kaworan otot, tumèmpèl balung ula-ula ing jêro, kagodhog ginawe êmpal.
79e. kêpuh, daging kaworan otot sangisoring gandhik (sampil buri) kanggo êmpal.
80e. kapur (= susu) putih anggajih, kanggo gorengan, utawa bakaran.
81e. kuping, kabakar dhisik banjur ginodhog, dipêcêl karo sambêl.
82e. kadhalan, daging abang kêbuntêl ing sayadan, ana sangisoring pipi, mung kanggo duduh-duduhan.
83e. kadhalan jamang, daging cêngêl rupane putih kagodhog banjur ginorèng, [gi...]

--- 114 ---

[...norèng,] utawa digawe brongkos.
84e. kijing, daging bêcik sadhuwuring kumol (sampil buri) kanggo dhèndhèng utawa bakaran.
85e. kumol, daging bêcik anggajih sêrate alus, sangisoring limas (sampil buri) kanggo dhèndhèng.
86e. kêbuk zie maras.
Kèbèt rupa-rupa, kaya ta:
87e. kèbèt, daging koyoran tumèmpèl ing iga, kagodhog kanggo duduh-duduhan.
88e. kèbèk sêlok, daging tipis sêrate alus, sadhuwuring dhêngkul (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng kripik.
89e. kèbèt lêmungsir, sesetan iga wujud daging kaworan sayadan, kanggo bakaran, utawa duduh-duduhan.
90e. dêlêg, daging bêcik gêdhe ing pundhak (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
91e. dagang, wong kang kulakan adol kêbo sapi.
92e. daging êlêt-êlêt, daging putih kaworan daging abang, cêdhak gurung, ingolah duduh-duduhan.

--- 115 ---

93e. daging kuwalon, daging kikil ing buri rupane putih, kanggo duduh-duduhan.
94e. daging buntut, daging kaworan balung, kanggo duduh-duduhan.
95e. tuntut, rupane wungu kaya tuntut gêdhang, ana pungkasaning gurung sajroning wêtêng saka ing ilat, kagodhog banjur ginorèng.
96e. tunjung, daging gilig kaworan otot (sampil ngarêp) kagawe êmpal.
97e. tracak, kanggo jungkat wadon.
98e. tutup cêthik, daging bêcik ana pungkasane cêthik ing buri, kanggo dhèndhèng kripik.
99e. tala, daging putih kaworan gajih, ngêmuli tuntut kang cêdhak pok gurung, kanggo rambak.
100e. tlêcêr, daging bêcik dawa tipis, tumèmpèl kiwa têngêning lêmungsir kanggo bakaran, utawa duduh-duduhan.
101e. tlusuk, daging bêcik kaya cêngkir, ana satêngahing babon bêdhudhug (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
102e. tlethong, ana sajroning babat: lêmês, akas, utawa isih rupa sukêt, ginawe rabuk.

--- 116 ---

103e. tigasan, koyoran dawa kaworan gêtih ana ing gulu, kanggo pindhang.
104e. têbasan: araning iwak kang kalêbu peranganing têbasan kaya ing ngisor iki: impês, kêbuk, sanggar, wayang lidhah zie sigar.
105e. tangi, wong kang gawene amêcah-mêcah iwak kêbo sapi, sawise ditugêl êndhase marang gubêl, banjur dipêcah lan pinara-para, sarampunge banjur mulih saka ing kandhang bae, bayarane ing dalêm khewan siji rupa dhuwit f 1,25 utawa f 1,50 nganggo anggawa iwak pêthilan kira-kira payu f 1 dadi amêcah khewan siji opahane rêsik f 2,50.
106e. tangkar, daging abang kaworan gajih, tumèmpèl ing balung tangkar, kanggo bakaran, utawa duduh-duduhan.
107e. tangkêb, daging abang sajroning pipi ing jêro, kanggo dhèndhèng.
108e. sêntil, daging putih ing balung têlak ing dhuwur, kagodhog kanggo duduh-duduhan.
109e. serehan, araning pêthilan daging bêcik kadarbe ing tangi.
110e. sarèn abang, ampasing dhidhèh kagodhok.

--- 117 ---

111e. sarèn putih, sarining dhidhèh kasaring ing irig banjur kagodhog.
112e. sorog, daging bêcik sêrate lêmbut bangêt krakêt lan balung têpak (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
113e. suluhan, bêdhahaning mripat, ing jaba irêng, ing jêro putih bolong, kagodhog kanggo iwak monjit.
114e. sêlip, daging bêcik sêrate kasar, cêdhak kawêt (sampil buri) kanggo dhèndhèng age utawa abon.
115e. sapitan, daging putih sangisoring thikil, kanggo duduh-duduhan.
Sayadan rupa-rupa, kaya ta:
116e. sayadan ula-ula, ing jêro jalak têkan ing sikil, daging putih koyoran kanggo rambak.
117e. sayadan iga, kêndhangan kaworan daging putih ngêmuli iga, kanggo id.
118e. sayadan curi, daging putih tipis sajroning sungu, utawa kracak, kanggo id.
119e. sayadan krepyak, lêt-lêt sambunging balung ula-ula, rupane

--- 118 ---

bundêr sagodhong dhadhap, kanggo id.
120e. sayadan tangkar, daging putih ngêmuli lêmpèng kanggo id.
121e. sayadan sapitan, kêndhangan ngêmuli clêkuthikan, kanggo id.
122e. sayadan dhigul, sambungane balung jalakan tutug ing gêgêr rupane bundêr satêngah têbah, kanggo id.
123e. sayadan balung garês, daging tipis rupane putih ngêmuli garês, kanggo id.
124e. sayadan babat, kêndhangan kaworan gajih ngêmuli babat, kanggo id.
125e. sumping, daging tipis kamoran gajih sangisoring silap (sampil buri) kanggo dhèndhèng.
126e. sumbang, daging kêbuntêl sayadan, kaya kalong ana ing gantilan ati, kanggo abon rêmus, zie iwak bov.
127e. sigar
sasigar = paron bênêr, mung boyok dhuwur boyok ngisor lan têbasan: ora katut, dene araning iwak sasigar kaya ing ngisor iki:
ati saparo |

--- 119 ---

ulur jêro | ayam-ayam | ampih-ampih | iga | abêtan | cêthik | kêris | kisi daging | kisi jangan | kulung | kêpuh | kapur | kumol | dêlêg | tunjung | tlusuk | silap | sumping

--- 120 ---

wali | lawanan | loloh | limas | lêmungsir | punuk | pênthul | pakwalang | pêlok | planggodhong | pudhak | pêthêl | pang êndhas | dhadha cilik | dhadha gêdhe | jambal | gandhik | ginjêl

--- 121 ---

gèmbèl | gèthèng | bêdhudhug | babon
128e. sogokan, daging abang kaworan otot: ana ing gulu, kanggo abon, utawa êmpal.
129e. sabrangan, daging cêngêl, rupane putih, kagorèng utawa ginawe brongkos.
130e. sungu, rupane irêng utawa bule, gêdhe paidahe, kang bongkot bolong kanggo jungkat plêngkung, kang pucuk buntêt, kanggo suwêng irêng, utawa barang liyane.
131e. sungu wajik, rupane kaya jêbug, mung kanggo kayu.
Sungsum rupa-rupa, kaya ta:
132e. sungsum, isining balung garês, kanggo woworan bumbu pindhang utawa liya-liyane.
133e. sungsum calêkuthikan, kanggo id.
134e. sungsum sampil buri kanggo id.
135e. sanggar, sambunging lidhah karo gulu, daging kaworan balung nom [no...]

--- 122 ---

[...m,] ingolah duduh-duduhan.
136e. wulu, rupane irêng, utawa ana kang sêmu abang tuwin putih, kanggo isèn kasuran lapak.
Walulang gêdhe paidahe, ginawe wayang, bêkakas lan liya-liyane, kang akèh didagang marang tanah Eropah, uga kanggo bêkakas lan pakeyan kareta sapêpadhane, yèn kagodhog ginawe krècèk, utawa rambak zie iwak bov.
137e. walulang êndhas, ing jaba irêng ing jêro putih, kanggo id.
138e. walulang kikil, kanggo id.
139e. walulang buntut, ing têngah bolong kanggo brongsong sangkal pêthèl, wadung garan lading lan liya-liyane.
140e. wayang, otot gulu ing dhuwur, ămba dawa rupane kuning, kagodhog ginawe abon rêmus, wong ngarani: abon wayang.
141e. lêt-lêt, jajar karo gurung, iya iku impês cilik, kanggo wadhah candu.
142e. lawanan dêlêg, daging tipis koyor, ana ing pundhak tutug ing dhadha (sampil ngarêp) kanggo duduh-duduhan.

--- 123 ---

143e. loloh, daging kothot sakiwa têngêning punuk, kanggo saoto.
144e. loloh gêgêr, daging kothot saburining punuk, kanggo id.
145e. lidhah, kanggone ing kêbo sapi K.N. dudu K.I. wong ora ngarani: ilat kêbo, lidhah mirasa dhewe, kêna diarani: ratuning iwak, utawa kêna diasin lan ingolah liya-liyane, yèn binakar katon kumrinyis, sanadyan tanpa gajih.
146e. lamak ati, gantilaning ati, daging putih kaworan gajih, kanggo gorengan lan duduh-duduhan, apadene kang pakolèh sinate.
147e. limas, daging bêcik anggajih sêrate alus, cêdhak buntut kapara ing buri (sampil buri) kanggo dhèndhèng.
148e. limpa, saringan gêtih, jajar karo tuntut, kagodhog banjur digorèng utawa binakar.
149e. lambe găngsa ing jêro, tumèmpèl balung cêthak, daging putih pating jêngkêrut, kagodhog kanggo gorengan utawa [uta...]

--- 124 ---

[...wa] duduh-duduhan.
150e. lambe găngsa ing jaba sajroning cangkêm ngiringan cêthak, rupane putih pating cringih, kagodhog pinêcêl karo santên.
151e. lêmungsir, ing ula-ula satêngahing gêgêr tutug ing cêthik, daging bêcik, kang pakolèh dhewe kanggo dhèndhèng.
152e. punuk, daging bêcik sêrate agal, ing kiwa têngêning jalakan (sampil ngarêp) kanggo gêpukan sarta suwiran.
153e. pênthil, anggajih, kagodhog kanggo gorengan utawa bakaran.
154e. pênthul, daging bêcik bundêr sêrate kasar, sajroning silap tumèmplèk ing balung (sampil buri) kanggo dhèndhèng pêthingan dhewe.
155e. pocok, buruh mikul iwak saka ing kandhang têkan ing omahing jagal, utawa saka ing omahing jagal marang pasar, iku ingaran: mocok, buruhane miturut doh cêdhaking panggonan.
156e. paru = kêbuk, paru: kêbuk garing (ingêpe) kêbuk:

--- 125 ---

paru têlês (ginorèng) kabèh mau sawise digodhog zie maras.
157e. pringsilan, kagodhog banjur ginorèng, utawa dibakar.
158e. pakwalang, saburining têpak ngarêp, tutug ing gêgêr gathuk lan lêmungsir, daging bêcik kanggo dhèndhèng.
159e. pok lidhah, daging mirasa dhewe, kêna ingolah sakarêpe.
160e. pakêm, daging kothot ing buthung, kagodhog kanggo gorengan utawa duduh-duduhan.
161e. palanangan, gilig dawa, kanggo tali rambakan.
162e. pêlok, daging bêcik sêrate lêmbut, sangisoring sorog (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
163e. plang godhong, daging tipis kaworan sayadan, ana ing lêmpèng rada ngisor, kanggo gorengan.
164e. pipi, rupaning daging, abang sarta alot, mung kêna ginawe brongkos.
165e. pudhak, daging kawoworan otot, ing lêmpèng jêro (sampil buri) kanggo êmpal.
166e. pathak, sadhuwuring bathuk, kêna ginawe kayu lan rabuk.

--- 126 ---

167e. pêthêl, daging tipis sangisoring pang êndhas, rupane kaya gandhik (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.
168e. pêthilan, daging ala kadarbe ing gubêl.
169e. pang êndhas, daging kamoran otot, sangisoring babon (sampil ngarêp) kagodhog ginawe êmpal.
170e. dhali, daging bêcik satêbah, kêpalaning lêmungsir, cêdhak buntut, kanggo dhèndhèng.
171e. dhidhèh, gêtih, iya iku gêtih kang isih ana ing kênthèng (pangaron wadhah gêtih) zie iwak bov.
172e. dhigul, kêna ginawe rambak.
173e. janur, balung nom rupane putih dadi ototing irung, kagodhog banjur pinêcêl karo santên.
174e. juragan, wong dagang kêbo sapi ngiras dadi jagal sarta nglakokake dhuwit.
175e. jambal, daging kaworan gajih ana ing lêmpèng, kadhèndhèng binakar mêntahan utawa pèn-pènan.
176e. jamang, daging cêngêl saburining sungu, rupane abang kaworan otot, kagodhog banjur ingêmpal.

--- 127 ---

177e. jagal, wong kang pagaweane nyêmbêlèh kêbo sapi sabên dina, kêbo sapi olèhe tuku utawa andadèkake duwèking juragan, iwake didol marang pasar, ingaran: jagal.
178e. jung
têmbung: jung, ora mung kanggo ing etungan sawah bae, jagal iya duwe têmbung: jung, nanging seje panganggone, kaya ta: sajung kapara papat, ora aran: nyabau, aran: kang rong bagean jung nêm, kang rong bagean manèh jung têlu, wujude kaya ing ngisor iki:
179e. jung nêm
ati | ulur jêro | abêtan | kêpuh | kumol | silap | sumping |

--- 128 ---

limas | lêmungsir | pênthul | pakwalang | pêlok | wali | jambal | gandhik | ginjêl | gèmbèl | gèthèng | babon | 180e. jung têlu | ati saprapat | ayam-ayam | ampih-ampih | iga | cêthik |

--- 129 ---

koncèr | kêris | kisi daging | kisi jangan | kulung | kapur | dêlêg | tunjung | tlusuk | tangkar | lawanan | loloh | punuk | plang godhong | pudhak | pêthil | pang êndhas | dhadha cilik |

--- 130 ---

dhadha gêdhe | bêdhudhug | babon
181e. janggut ampih-ampih, daging kaworan otot, krakêt balung (sampil ngarêp) kanggo êmpal utawa abon.
182e. maras, jajar karo tuntut, rupane abang, kagodhog dhisik, yèn garingan sarana dipe dhisik banjur ginorèng aran : paru, yèn têlêsan banjur ginorèng aran: kêbuk.
183e. mata, bundêr gèpèng, saparo irêng saparo putih, kêna ginawe sajèn, yèn kaolah mung ginorèng utawa dèn êtim.
184e. gandhik, rupane kaya ati, nanging gêdhene mung sakluwak, ana ing grogongan katut pakwalang, pakolèhe mung ginorèng.
185e. grabyas, sayadaning gajih kêna ginawe rambak.
186e. gurung, balung nom, poking ilat têkan ing tuntut, kanggo gorengan utawa duduh-duduhan.

--- 131 ---

187e. gitik, daging bêcik sangisoring babon (sampil buri) kanggo dhèndhèng.
Gajih rupa-rupa, kaya ta:
188e. gajih ulur, dikrèngsèng lêngane dadi kêndhal, kanggo lilin sarta momoran malam, sayadaning gajih aran: grabyas.
189e. gajih impês id.
190e. gajih cangklakan id.
191e. gajih torong (gajih ing babat sumping) id
192e. gajih tangkar id.
193e. gajih tênggok id
194e. gajih sumbang (gajih kaworan sayadan, ing gantilan sumbang lan ing ati) id.
195e. gajih walêr (gajih ing babat) id.
196e. gajih wadhuk id.
197e. gajih limas id.
198e. gajih pakwalang id.
199e. gajih dhadha id.

--- 132 ---

200e. gajih jambal id.
201e. gajih mata (daging putih kaworan gajih ambuntêl tancêbing mata) id.
202e. gajih ginjêl id.
203e. gajih buncit id.
204e. gembol, daging putih kêbuntêl ing sayadan lêmpèng, kanggo dhèndhèng kripik.
205e. gubêl, iku bêbau, satêngah baturing jagal, ngopèni sarta anjupuk kêbo saka ing panggonan liya, satêkaning kandhang banjur dipirantèni apa-apa, sawise kêbo dibêlèh ing kaum, banjur ngêthok sarta mêcah-mêcah êndhasing kêbo lan banjur anggodhog jêroan, apadene dadi bausuku sagawa-gawening jagal, opahane f 1,- lan kêna jupuk iwak tampikan kira-kira rêga f 1,25 dadi olèh opahan gunggung f 2,25.
206e. gobog, pok kuping lêlêmpitan kaya plèrèt, kagodhog kanggo iwak monjit.
Gèthèng rupa-rupa, kaya ta:
207e. gèthèng, daging bêcik sangisoring gitik (sampil buri) kanggo [kang...]

--- 133 ---

[...go] dhèndhèng.
208e. gèthèng tlusuk, daging gilig dawa sapinggiring babon (sampil ngarêp) ginawe dhèndhèng kênthing.
209e. gèthèng punuk, daging bêcik sêrate agal, sapinggiring punuk pundhak (sampil ngarêp) kanggo gêpukan sarta suwiran.
210e. bencok, daging bêcik sêrate alus, sadhuwuring dhêngkul (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng kripik.
211e. buncit, daging bêcik kaworan gajih, sapinggiring sampil têkan gulu gandhengan dhadha (sampil ngarêp) kanggo gorengan utawa bakaran.
212e. bakul, iku wong wadon kang pagaweane kulakan adol iwak utawa mung andadèkake bae, nanging wong akèh liyane wong jagalan: padha ngarani: jagal.
213e. basêng, daging tipis ngarêp kèlèk, ing dhadha (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng kripik.
Balung rupa-rupa, kaya ta:
114e.[1] balung ulir gilig dawa (balung sampil buri) kêna ingobong

--- 134 ---

kayadene kayu, awune ginawe rabuk, kang ora luluh kasisir kêna ginawe anggêbêg răngka kêris.
215e. balung iga id sarta kêna ginawe bênik balung, garan lading enz.
216e. balung cicir, id. sarta kanggo laru enz.
217e. balung clêkuthikan, id.
218e.balung krepyak (balung ula-ula pating cruwil, satêbah-têbah) kanggo laru, kayu lan rabuk.
219e. balung kulung (ing ula-ula jêro pênêring jalakan) rupane pating cringih kanggo id.
220e. balung dlamakan, kanggo id.
221e. balung topèng (pisahing gulu lan êndhas) rupane bundêr ămba, kanggo id.
222e. balung tangkar, pucuk iga ing lêmpèng, kanggo id.
223e. balung suri, balung nom pinggir balung têpak (sampal[2] ngarêp) kanggo iwak dêduduh.
224e. balung sorok, zie balung pênthong.
225e. balung sikut (balung sampil ngarêp) rupane gilig, kanggo laru, kayu lan rabuk.

--- 135 ---

226e. balung sungsum (isine balung sikut) kanggo id.
227e. balung wajik (thingiling tracak kaprênah ing buri) kanggo id.
228e. balung wang, kanggo garan lading, kêna ingobong kayadene kayu, awune ginawe rabuk, kang ora luluh disisir kêna ginawe anggêbêg răngka kêris.
229e. balung pandawa zie balung garês.
230e. balung pênthong = sorok (balung têpak) atos kaya balung garês, rupane kaya têpak, kêna ginanawe[3] sorok talethong, kanggo id.
231e. balung pakêm (balung atos ing kuthung) nglênga, pakolèh winorake kêlan.
232e. balung pasung = balung irung, rupane abang ginodhog kanggo duduh-duduhan.
233e. balung palang (têngahing balung dhadha) kanggo laru, kayu lan rabuk.
234e. balung plang godhong (katutan pucuk iga) kanggo id.
235e. balung dhadha (pok iga) kanggo id.
236e. balung dhigul (balung ula-ula ing gêgêr tutug i[4] jalak) [jala...]

--- 136 ---

[...k)] rupane pating cruwil satêbah-têbah, kanggo id.
237e. balung thêngklik (balung ros-rosan ing dhêngkul) kanggo id.
238e. blèng, sablèng kapara wolu, arane:
2 bagean blèng ngisor
2 bagean blèng dhuwur
2 bagean blèng têlu
2 bagean blèng balungan
239e. blèng ngisor
araning iwak kang kalêbu perangane blèng ngisor kaya ing ngisor iki:
ati saprawolon | ulur | abêtan | kêpuh | limas | pakwalang | jambal |

--- 137 ---

gandhik | ginjêl | gèmbèl | gèthèng | babon
240e. blèng dhuwur
araning iwak kang kalêbu perangane blèng dhuwur kaya ing ngisor iki:
ati saprawolon | kèbèt lêmungsir | tlêcêr | silap | sumping | lêmungsir | pênthul | pêlok | dhali

--- 138 ---

241e. blèng têlu
araning iwak kang kalêbu perangane blèng têlu kaya ing ngisor iki:
ati saprawolon | ampih-ampih | kisi daging | kisi jangan | dêlêg | tunjung | lawanan | plang godhong | pudhak | dhadha cilik | dhadha gêdhe
242e. blèng balung
araning iwak kang kalêbu perangane blèng balung kaya ing ngisor iki:
ati saprawolon |

--- 139 ---

ayam-ayam | iga | cêthik | kêris | kulung | kapur | tundhung | tlusuk | tangkar | loloh | punuk | pêthil | pang êndhas | bêdhudhug | babon
243e. bêdhudhug, daging bêcik jajar babon ing ngisor jalakan (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
244e. boyok ngisor
araning iwak kang kalêbu perangane boyok ngisor, kaya [ka...]

--- 140 ---

[...ya] ing ngisor iki:
iso, kabèh zie sigar
babat iya kabèh zie sigar
245e. boyok dhuwur
araning iwak kang kalêbu perangane boyok dhuwur, kaya ing ngisor iki:
êndhas, daginging... | ati tanggal | iso, kabèh | tuntut | babat, iya kabèh zie sigar.
246e. babon ngarêp, daging bêcik gêdhe ămba, ing pucuk têpak jalakan (sampil ngarêp) kanggo dhèndhèng.
247e. babat tawon, ana sangisoring iso, rupane tipis, kagodhog banjur ginorèng.
248e. babat salundhuhan, kanggo id.
249e. babat sumping tipis pating sluwir id.
250e. babat lunyu alus sarta ămba id.

--- 141 ---

251e. babat gunting anggligir megas-megos id.
252e. babat gawan, rupane tipis id.
253e. babat galêng anggligir kandêl wadhah tlethong id.
254e. bungur, daging kothot kaworan gêtih tumèmpèl ing bungur, kanggo iwak monjit utawa pinêcêl karo santên.
255e. lambe dhuwur ing jaba irêng, ing jêro putih, kabakar dhisik banjur ginodhog, kang pakolèh dipêcêl karo santên.
256e. thèthèl,
wong thèthèl, satêngah dadi baturing gubêl sarta tangi, dikongkon utawa dikon ngrewangi panggarape iwak kêbo, lan satêngah dadi kabayaning jagal, buruhane mung olèh iwak thethelan kira-kira 50 cts utawa 8 cts tanpa buruhan dhuwit.
257e. thethelan, tumèmpèl ing lulang rupane putih kaworan daging abang, mung kanggo iwak monjit, kadarbe ing wong thèthèl.
258e. thethelan babat, daging putih tumèmpèl ing gantilaning babat, kanggo duduh-duduhan.

--- 142 ---

iwak loh
Ing ngisor iki araning iwak loh sarta kang nunggal bangsane, kang wis tinêmu: ece | ucêng | arêng-arêng | urang: cogah, taun, sêkul, sêmpu, windu, watu, watang, grago. | uling | udhèt (anak wêlut) | ungkil | cakul | cebong (anak kodhok) | rêbon | kuniran | kocolan (anak kutuk kang wis gêdhe) | kacangan | kura | kakab |

--- 143 ---

kada | kutuk, tapang, lêngkur, jamang, bêngès | kêtul (anak bulus) | kêting | kowangan | klalèn | klalung | kluyu | kêprèk | kopyok | kodhok | kadhalan | kijing | keyong | keyong gondhang | kambingan | kêbo gêrang | kongkang |

--- 144 ---

dêlêg | damaran | trumpah = tlumpah, cilike aran: picisan | tikusan | taton | totog | tawès | tlumpah = trumpah bov. | tămbra | tagèh | têngiri | sêrèn | sriwêt | surung | susuh | sili | sêpat (iwak rawa) | sidhat

--- 145 ---

sompil | sêmbilan | sogok itil | sêbut | sêbit lontar | songgir zie papar ben. | sènggrêng | sênggaringan | wirasoca | wadêr, pari, pèthèk, maitan, bang enz. | wêlut, | wagal | lundhu | lerong | lele | lopar | lopis | layang |

--- 146 ---

lêmah | lèmpèr | lêmpuk | lumbêt | lêngkur zie kutuk | pe | picisan zie trumpah bov. | pacal | prêcil (anak kodhok) | parêmas | pêlus | palung | papar (cilike aran: songgir) zie bov. | padhawangan | pamprang | dhalang | jêndhil | jligêr |

--- 147 ---

jèpèt | jambal | jêmblung | jamang zie kutuk | jaga ripu | jabrisan (anak lele) | yuyu | mêrêsi | marêmas | mas-masan | mèlêm | mèlêm ranti | mangut | gramèh (iwak rawa) | grago | granggang | gatêng | glêndhêng |

--- 148 ---

giligan | gambrêt | gagak-gagakan | bancèr | bêncolèng | borok | bêrot | bèkèl | bêkêm | balan | blanak | blutak | bulus | bèlès | badhèr | bayas | bèyès (anak yuyu) | boyongan (anak kutuk) |

--- 149 ---

bibis | bêthik (iwak rawa) | bêthok | bangkong | bêngès zie kutuk bov. | pêthikan saka J.Z. II 276-3 v.o sarta liya-liyane.
iwak loh (isarat pamangane)
Jamal Jamil alon muwus | wontên saratipun ugi | lamun nêdha ulam toya | samodra rawi bênawi | winiwitan saking sirah | mangandhap tan mutawatir zie Tjent. P.
iwak loh (upaya)
Ing ngisor iki petungane wong golèk iwak loh, nêptuning dina pasaran kakumpulake dadi siji, kabuwang papat-papat, pangetunge mangkene:
otak, iwak, ubêng, jăntra
yèn tiba:
otak, sêdhêng | iwak, bêcik.

--- 150 ---

iwak loh (wangsalan)
ubêng ala | jăntra ala
iwak loh
(Kw. = kawi) oti | wiyangga | jita | mina | mira | matsya | maswa
iwak loh (wangsalan)
Ing ngisor iki araning iwak loh sapanunggalane mawa wangsalan, pêthikan saka layang Cênthini nalika Sèh Amăngraga mênyang Wanamarta, arêp katêmu Kyai Agêng Bayipanurta, kaya ta:
ucêng: guthul gambira, olèh dening: ngacêng
arêng-arêng, kang kayu ginăngsa = arêng
arêng-arêng pamêthès warah = kêrêng
urang: ambêbolèhi = ngurangi kanêpsone

--- 151 ---

uling, kang tan kênèng lali = eling
udhèt, pangincanging alis = sêdhèt
ungkil, pangêgoling siti = ngungkil
cakul, kang wiji sêmi = thukul
cebong, tarêbang muni = bung
rêbon, praboting mantri = kaprabon
kocolan, luwar binănda = ucul
kacangan, ngabên dhuwung (iya aran: kacangan)
kura, pangundanging kuthuk = kur
kakab, kêsusu ngombe kasatan = ngokop
kada, jêjêring pamuwus = ada-ada
kotès, janma carita = rèntès
kêtul, kalalar mênir = katul
kêting, pandaming wong kêmit = ting
kowangan, sadasa dhuwit = suwang
kalalèn, manggung tanpa emut = lali
kalalung, jamang jaja = kalung
kalayu, bocah kudu milu lunga = kilayu

--- 152 ---

kodhok, judhêging lampah = mandhok
kadhalan, rusaking baris = dhadhal
kijing, batur maejan (iya aran: kijing)
kêbo gêrang, pacul kêtuwan = gêrang
kongkang, kadang tuwa = kakang
dêlêg, pangulu-ulu = ngêlêg
damar wulan, kang wus padhang-pinadhangan
tarumpah, pada kacarma = talumpah
tikusan, tumbak pangêndhak dipăngga = tangkus
totog, manggung katingal = katog
tawès, cirining atitik = katawis
tămbra, panyuwuk adil = ebra
tagèh, panjaluking utang = nagih
têngiri, panggugah janmi = tangi
sriwêt, janma kèh tansah arungan = pating sriwêt
surung, pangêsuking jurit = nyurung
susuh, sudhung pêksi (iya aran: susuh)
sili, nêmu kelangan = ili-ili

--- 153 ---

sêpat, tambanging undhagi = sipat
sidhat, marga simpangan = sidhatan
sêmbilang, kang anggung sirna = ilang
sogok prana = sogok kalêntik
sêbut, panggrêsahing mantri = nyêbut
sêbit lontar, manising gănja (wis ngarani)
sènggrêng, pantês agêntèni[5] = slènggrêng
sênggaringan, sêmune jati angarang = garing
wirasoca, jayèng kalpika = ali-ali
wadêr pari, wohing dami = pari
wadêr pèthèk, rimbag picis = cithakan
wêlut, ingkang tansah asih = lulut
wagal, groboh ing kardi = agal
lundhu, janma busuk = bundhu
lorong, ingkang tèrèk badhut (wis ngarani)
lele, janma bêsus bêbedhangan = lêlewa
lopis, rangkêping kulambi = lapis
lèmpèr, piring siti (wis ngarani)

--- 154 ---

lêmpuk, kang sêpta wong kaki-kaki = êmpuk
lumbêt, asung gănda = mambêt
pe, munggèng panasan (wis ngarani)
pacal, pamiwaling laki = mancal
prêcil, ngintir-intir nyaur utang = nicil
parêmas, bênang rukmi = mas
pêlus, kayu pinasah = alus
palung, pawèh akon nanggapi = lung
papar, tansah ngradin (wis ngarani)
padhawangan, palange wong bathik = gawangan
pamprang, kang tansah jurit = prang
dhalang, janma mayang (wis ngarani)
jaligêr, sawi dhadhah = pagêr
jêjêndhil, dandang cêmpli = kêndhil
jambal, janma mlarat = anggombal
jêmblung, mêtêng sêpuh (wis ngarani)
jaga ripu, pêrang pupuh (anjagani mungsuh)
jabrisan, janma godhèg brêngos capang (bris)

--- 155 ---

yuyu, kênya busana = ayu
mêrêsi, ngêpuh parudan = mêrês
mèlêm, ginunggung ing laki = alêm
mangut, sêmune duka = marêngut
gramèh, bocah anggalidhig = gramehan
grogo, ambêdhandho ati kewuhan = grago
granggang, tumbak pring (wis ngarani)
gatêng, kang anjêtmikani = antêng
galêndhêng, rada baring = gêndhêng
giligan, rêmbug dadi = gilig
gagakan, kang pêksi langking (wis ngarani)
gambrêt, kang bêsus ingundha (wis ngarani)
bêncolèng, sêsawat kancil (wis ngarani)
borok, wêdhus jalamprang = berok
bêrot, pamêksaning laku = ambêrot
bèkèl, wadhuk malênthi (wis ngarani)
bêkêm, ulam ngêmpoki = ambêkêm
blanak, anggung sêsuta = manak

--- 156 ---

blutak, timbrah wêdêlan = latak
bulus, salamêting sawah = tulus
bèlès, netra jingga = jèlès
badhèr, janma kampuhan, janma wire busana = anggêdhèdhèr
bèyès, netra jingga = jèlès en netya pucat = biyas
beyongan, èstri tawan = boyongan
bibis, pamiwiring napuk ?
bêthok, balung klapa = bathok
bangkong, kêtanggungan linggih = mêkongkong
iwak loh (gêtih)
Iwak loh iku gêtihe putih, ana uga kang gêtihe abang, nanging arang-arang, sarta wêtuning gêtihe mung sathithik, iwak loh ora tahan suwe sathithik banjur dadi buthuk, mulane yèn wong misaya iwak kali enggal dibèthèti, iku rada bisa tahan suwe, ora kêsusu olèhe arêp adol mênyang pasar, bisa golèk tunggale manèh sing nyukupi mara kabutuhane sadina.
Iwak loh sing mirasa dhewe: mung yèn ginorèng sarta kang isih anyaran [anyar...]

--- 157 ---

[...an,] angsarane anggajih ora ngêndhal, dadi gadhone wong ngombe inuman kêras.
Iwak loh bisa tuwuh ana ing balumbang kang ora kilèn banyu saka ing wangan, dadi mung saka banyu udan bae, ananging ora bisa tuwuh ana sajroning sumur kang akèh banyune, kajaba yèn dicêmplungi, sarta uripe ora bisa lêmu kaya kang ana ing balumbang, apa sababe: panêmune kang nganggit, mung sabab dening balumbang kambah ing hawa kang lumaku, sumur: ora.
iwak lodan
a. iwak lodan iku dumunung ana ing sêgara anjêndhêl lor saurute pulo Grunêlan, gajihe ana ing gulu, gurunge ciyut, dadi kang pinangan mung bangsane iwak cilik, ora murwat karo wujude luwih gêdhe misuwur ing sajagad.
b. iwak lodan sabăngsa manèh gajihe na[6] ing bathuk, sarta gajih iku kêna ginawe lilin brênggala.
awak lele
Kang diarani: awak lele, iku perangan sranduning răngka tumbak.
iwak dholêpis
zie dholêpis

--- 158 ---

awignamastu
namasidhêm (= muga lêstaria panêmbahe) awignam = lêstari | astu = muga | namas = panêmbah | idhêm = iki, ira of e | zie Wij k.
awang-awang
Kw. antara | antariksa | antarala | antariya | artadhya | ardhya | udara | amun-amun | ambara | nawasanga | namu-namu | dirgantara |

--- 159 ---

tawang | jumantara | gagana | gaganantara | gaganacara | byamoka | boma | bomantara | zie langit
uwang
Kw. wêhang | wêgang | panggita
ali-ali
Ing ngisor iki araning ali-ali sawatara, kaya ta: êndhog mimi. ula (of ola-) (n-ulan)-(n-olan) | alang-alang sêkapung |

--- 160 ---

cere gancèt, ingêlus dadi: | cere dhèmpèt | rujak wuni | kênari | têlon (mas suwasa sarta salaka) | tajug | tamèngan | soca | sêsêr | silih asih | simping | sigar pênjalin | wêsi (kasrasah ing mas mata lan pêthit intên) | lintring lumrah lan lintring pangantèn[7] | pring sadhapur

--- 161 ---

mrêjan | gunung sapikul | giligan (mas suwasa, salaka) | gadhing | bandhilan | bathok
êla-êla
zie gend. Slend. Pat. Sng.
êla-êla kali gêbêr
zie gend. Slend. Pat. Sng.
ilu
1e zie srandu. 2e ilu kêbo zie kêbo.
ula
Ing ngisor iki araning ula sawatara, kaya ta: cabe | kêndhang | kisi | kayu | dumung | tutut

--- 162 ---

tali picis | tapak angin | tampar | sawa | sapi | wêlang | wêling | lare angon | pêdhak brama | dhiwêl | jangan | macan | gadhung | bandhotan | banyu | badhudhak
ula
Kw. ananta

--- 163 ---

urar | aliman | nuwinda | naga | taksaka | sarpa | sawêr | wasu | wiswaka
ula-ula (gêgêr)
Kw. adodaka | tanggola | 1e. zie srandu | 2e. zie kêbo
ulu
zie abdi dalêm pangulu
ole-ole
zie kambil karajan No 24 en 30.
ulih-ulihên
zie rèh lett. 1.
alun
1e. alun-aluning durjana (= lun) iya iku wong kang wis kobra [ko...]

--- 164 ---

[...bra] ala kalakuwane J.W.
2e. zie dhatu (4)
3e. wiwite ana alun-alun ing têngah tinanduran wit waringin sakêmbaran, saka Sang Hyang Endra, kang wetan aran Jayandaru, kang kulon aran: Dewandaru, sinangkalan: oyage wedha kapêksa (= 237) zie waringin.
elan
Elan iku bangsaning mênjangan, dumunung ing tanah Eropah lor, Ruslan lan Siberiyah saurute, mangan sukêt, daginge enak pinangan.
ulêr
Ing ngisor iki araning ulêr sawatara, kaya ta: kèkèt | kilan | srêngenge | pari | dhămpa | jaran

--- 165 ---

jêdhung | gêni | gatêl | gêdhang | gagak | bumi
ulêr
Kw. urta | ratyaka | kramira | kramika | wêrkita
ulêr sutra
ana ing wit nopal, P.L.I 94-9 v.o.
ulur
zie kêbo
ulur-ulur
zie kambil karajan no.33.
olor
zie iwak kêbo sapi en zie kêbo
uluk-uluk
zie lad. Slend. Pat.sng.
alad-alad
zie sudira draka

--- 166 ---

êlêd-êlêd
zie kêbo
iladuni
Petung iladuni iku tansah dadi parêbutan dening sulayaning panêmu, siji angarani tiba pati, sijine: katêkan sakarêpe, iba sulayane, măngka witing petung mung siji saka dina pêpitu.
Kangjêng parentah gêdhe andangu marang Bagus Ngarpah, ature:
mênggah iladuni warni kêkalih punika sami lêrêsipun, sanadyan sulaya dhawahing petang awon saening dintên, nanging pancèn dhasar makatên, amargi iladuni punika ingkang kacirenan aksara a anggitanipun pandhita ajêjuluk Êmpu Artati ing Wiratha, ingkang kacirenan aksara b anggitanipun ajar botên têrang namanipun.
Bagus Ngarpah.

--- 167 ---

Awit saka iku kang sayoga milih dina bêcik kang tumbuk tibane padha bêcik.
a.Dinatanggal
12345
Jumungaharjasatruning Allahpatikatêkan karêpearja
Sêtusatruning Allahtuna luputsuka gêdhebêgjaarja
Ngakadtuna luputarjasatruning Allahbêgjaarja
Sênèntuna luputarjasuka gêdhesatruning Allahnêmu suka
Slasatuna luputsuka gêdhekagètarjakarta
Rêbosuka gêdhearjapatiarjasatruning Allah
Kêmistuna luputsatruning Allaharjaantuk sanaking jêro pati
b.Jumungaharjasatruning Allahdadi tilikanpatiarja
Sêtusatruning Allahtuna luputnêpsuarjaarja
Ngahadtuna luputarjasusaharjaarja
Sênèntuna luputarjasusaharjasatruning Allah
Slasasatruning Allahtuna luputkagètarjapati
Rêbonyêrtuarjapatiarjasatruning Allah
Kêmistuna luputsatruning Allaharjadadi rubungansatruning Allah
aldaka
zie gunung
alit, inya...
Ingkang êmbah K.P.A. Mangkudiningrat, sumare Sribit (Dilanggu) zie Img. No. 40.

--- 168 ---

ilat
K.N. lidhah K.J. lidhah cahya o sapi o sinambung Koes. W. 1. 5. v. o. K. N. | zie ilat kêbo | zie srandu | zie păncadriya lett e.
ilat
Kw. irta | lidhah | jihwa | jiwana
ulat
Kw. nitya | naya | nayana | wulat | liring | jaswa | ulat kêbo zie kêbo
alas
Kw. utan, Oetan Mal:

--- 169 ---

utyana | rimba | taratab of tarataban | wana | wanantara | wanarda | wanadri | wanapringga | wêlahan | wulusan | lirang | pringga | bana | baga
alas-alasan
zie tatah
alis
K.N. imba K.J. ngroning imba Tjemp II 69 en 73.
alis
Kw. êning

--- 170 ---

imba | dahya | drasthi | siratmaya
alis kêbo
zie kêbo
alaskobong
Araning jarit kêmbangan, dhasar wungu têngah abang, en zie gend.
ula sawa
Saka pangandikane Sri Paduka Maharaja Dewa Budha, yèn wong katêkan ula sawa ngalamat bakal nêmu bêgja.
alas padhang
zie Gend
alip
lamun kongsi ngaping kalih | luputing nayaka waktra | kadhêndha sapamêtune | dinumkên mring nayakastha | ing dalêm kalih măngsa | minăngka aliping kukum...
R.K. = Raja Kapakapa Brm. 1910 no. 62.
De eerste beginsch en van een kinst of wetenschap zie Woordenloek:

--- 171 ---

alam
Kaperang kaya ing ngisor iki:
alam 100 taun | sawindu 8 taun | sataun 12 sasi | sasasi 4-5 jumungah, 6 pasaran, 29-30 dina | sadina 24 jam | sajam 60 mênut of sa-at | samênut 60 sêkon of strip.
alam
1e. nasut, têgêse: lali, saka cahya irêng, kadadian saka luamah.
2e. jabarut, têgêse: sêrêng, saka cahya abang, kadadian saka amarah.
3e. laut, têgêse: gingsir, saka cahya kuning, kadadian saka supiyah.

--- 172 ---

4e. malakut, têgêse: rênggang, saka cahya putih, kadadian saka mutmainah.
Wirit door R. Ng. R.W.
ulama
zie abdi dalêm ulama nagara.
aliman, brahmana rêsi danghyang...
zie P.N. no. 24 en 25.
alêg cilik
bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah sisih lor pasabane ing sagara.
alêg gêdhe
bangsaning manuk, dumunung ing tanah Eropah sisih lor pasabane ing sagara.
uluguntung
zie pandhita (14)
alab-alab
têmbang têngahan, 8i, 8u, 12i, 8a, 8u.
ukara mantrèng samadi | sun pêpuji siyang dalu | sangku alit sarana pambengkas agring | amung sira kang sayogya | dadi usadaning gandrung ||
ulubalang
= lurah anggandhèk. Têgêse: ulubalang, pangarêping pacalang, kuwajibane dadi juru nglakokake layang marang ngamănca, utawa ngulat-ulatake kraman, apadene mungsuh, kaparingan lungguh bumi desa 150

--- 173 ---

karya, utawa 37 ? jung.
alang-alang
Kang muni ing layang anggêr: dhêndha wau botên kenging yèn mêdalakên dhatêng rerehanipun sapucuking kambêngan, J.W. 44.
Têmbung: sapucuking alang-alang, pakolehing têgês: bawah anginan.
aling-aling
Kw. tèbèng | warana | dhindhing | dhidhi | dhingdhing | bètèng | basu zie gêbêr
uling
wangsalan Tjent. tan kêna lali, olèh dening eling.
eling-eling
zie lad. Slend. Pat nêm.
ulang ulês
(golèk sandhang pangan) ulang Kw. golèk, ubêng

--- 174 ---

ulang ulês
ulês = kêmul, bêbêd, tapih = sandhangan
op
op iku bangsaning manuk, nêtês sarta dumunung ing tanah Eropah.
api
Têmbunge wong minggiran kang nambangi prau, yèn ngarani kiwaning prau: prapèn, van api voorb: Linggiha ing prapèn, aja ana ing canthik.
upih
kêbo pawakan ngupih zie kêbo (pawakan)
upacara
Ing ngisor iki pratelane upacara kaprabon, utawa ampilan dalêm.
1e. nalika karaton ing Mêndhangkamulan, panjênêngane Prabu Sri Mahapunggung, taun 1050 kaya ta:
cêpuri | rotan | kêndhaga | kacu mas

--- 175 ---

kêbut lar badhak | tamèng | sumbul wadhah pangunjukan | panah | pêdhang suduk | bumbung wadhah rokok
2e. barêng karaton ing Jênggala, panjênêngane Prabu Lêmbu Amiluhur taun 1117 karsa amêwahi ampilan pandêngan kancana kaya ing ngisor iki:
ardawalika bulu bêkti saka raja ing Makasar
kidang kêncana bulu bêkti saka raja ing Wandhan
kuthuk kêncana bulu bêkti saka raja ing Banjarmas
sawunggaling bulu bêkti saka raja ing Ngacih
gajah mas bulu bêkti saka raja ing Palembang
banyakdhalang bulu bêkti saka raja ing Siyêm
mulane kabèh bulu bêkti kagawe ampilan, kanggo pasrèning kaprabon, minăngka pratăndha yèn sang prabu ambawahake karaton tanah sabrang, kanggo tumêka saiki.

--- 176 ---

3e. isih karaton ing Jênggala, panjênêngane Prabu Suryawisesa, karsa amêwahi ampilan, kaya ta:
tumbak ambar angin | tumbak pangawinan
4e. barêng karaton Mataram, panjênêngane ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, taun 1566 karsa amêwahi ampilan, kaya ta:
gandhèk, nanging ampilan tumbak ambar angin (3) ora kagêm.
5e. tumuli karsa yasa ampilan upacara, kaya ta:
tumbak ardacăndra | tumbak candrasa | tumbak kêracan | tumbak trisula | payung kuning | payung bawat | glodhog | bêdhil sarakit

--- 177 ---

nalika taun 1566 lêstari tumêka saiki.
6e. anadene upacara ampilan karaton ing Surakarta, yèn miyos garêbêg ping têlu sataun (Pasa Mulud sarta Bêsar) têdhak loji ping pindho sataun (taun baru sarta taun raja) apadene jendralan, lan miyos jumungahan, pratelane kaya ing ngisor iki:
1e. ardawalika = menthog mas (awak menthog êndhas sarag) kang ngampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
2e. uthuk (pêthèn kayu wadhah bako) kang ngampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
3e. cakur (wadhah gotri) kang ngampil abdi dalêm kaparak kiwa têngên (saragêni).
4e. cêpuri (pakinangan) nganggo dhampar sarta glodhog, kang ngampil abdi dalêm kaparak kiwa (ănggadara)
5e. kêndhi, kawadhahan ing bokor mas, nganggo tutup sumbul, dhampar sarta glodhog, kaampil abdi dalêm kaparak kiwa (miji tanuastra).

--- 178 ---

6e. kacu mas modangan (= bumbung mas tutup mas) kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
7e. kêrga wadhah nal, kaampil abdi dalêm kaparak têngên (saragêni)
8e. klasa pasir katumpangan babut, kagêm pasalatan, lan manèh katumpangan pasujudan, kaampil abdi dalêm juru suranata.
9e. kêpêt, ana pêthèn karo têsbèh, kaampil abdi dalêm juru suranata.
10e. kêbut lar manuk dewata: siji kaampil abdi dalêm kaparak (nirbaya)
11e. kêbut lar badhak sarakit, kaampil abdi dalêm kaparak (nirbaya)
12e. dudul zie lantak.
13e. têkên rotan (panjênêngan) nganggo tinarètès ing intên, ing jêro isi tumbak, kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
14e. têkên rupa-rupa: papat, kaampil abdi dalêm panèwu mantri jajar kaparak kiwa têngên.
15e. kêsbèh zie têpêt (9)

--- 179 ---

16e. tumbak cêmpuling, kaampil abdi dalêm urdênas
17e. tumbak wangun abir kaampil abdi dalêm panèwu mantri kaparak kiwa têngên.
18e. tumbak wangun tlêmpak, kaampil abdi dalêm panèwu mantri kaparak kiwa têngên.
19e. tumbak pegon, kaampil abdi dalêm kaparak (ngampil) kiwa têngên.
20e. tumbak balandaran, kaampil id.
21e. tumbak balongsong mas nganggo wêgik loro, pisungsung saka Siyêm, kaampil abdi dalêm panèwu mantri jajar kaparak kiwa têngên.
22e. tamèng mas balongsong mas nganggo cêplok intên, kaampil abdi dalêm panèwu kaparak kiwa têngên.
23e. srêbèt kawadhahan ing pêthèn, kaampil abdi dalêm juru suranata.
24e. sawunggaling, wujude ayam alas kalonthongan, ing jêro kêna ginawe wêwadhah, ing kuna kanggo wadhah anggi-anggi, musthika sapêpadhane, bukakane saka ing tutup awake ing dhuwur, kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk [anggandhè...]

--- 180 ---

[...k] têngên: kondure.
25e. lantak, dudulan gandhèk, dadi sawadhah, kaampil abdi dalêm kaparak (saragêni)
26e. lampit (lante) kaampil abdi dalêm kaparak (wisamarta)
27e. limpung, kaampil abdi dalêm kaparak (ngampil) kiwa têngên.
28e. paidon (pakêcohan) nganggo sanggan, kaampil abdi dalêm kaparak têngên (pinilih)
29e. paidon (pakêcohan) salaka, kaampil abdi dalêm juru suranata.
30e. panah salakon (5 iji) kaampil abdi dalêm panèwu kaparak kiwa têngên.
31e. pêdhang rupa-rupa: sanga, kaampil abdi dalêm panèwu mantri jajar kaparak kiwa têngên.
32e. payung kuning sèrèt: nênêm, kanggo nongsongi glodhog: lima, pasalatan: siji.
33e. payung gilap agêm dalêm, kaampil abdi dalêm kaparak wadon.

--- 181 ---

34e. pangunjukan, kaampil abdi dalêm urdênas.
35e. dhampar palênggahan dalêm, nganggo glodhog, kaampil abdi dalêm kaparak kiwa (ănggadara).
36e. mênjangan mas kalonthongan, kêna ginawe wêwadhah, ing kuna kanggo wadhah anggi-anggi, musthika sapêpadhane, bukakane saka tutup awake ing dhuwur, kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
37e. mimis sapirantine wong ambêdhil, kawadhahan ing pêthi nganggo dhampar, kaampil abdi dalêm kaparak (saragêni).
38e. gandhèn zie lantak
39e. gandhewa, kaampil abdi dalêm kaparak (nyutra).
40e. gêndhaga salaka tatahan modangan mas, wujude kaya pun gêdhe, nganggo glodhog, kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: kondure.
41e. banyakdhalang, wujude banyak mas kalonthongan, kêna ginawe wêwadhah, ing kuna kanggo wadhah anggi-anggi, musthika sapêpadhane, bukakane saka ing tutup awake ing dhuwur, kaampil abdi dalêm anggandhèk kiwa: têdhake, anggandhèk têngên: [tê...]

--- 182 ---

[...ngên:] kondure.
42e. bokor mas, pawijikan dalêm, kawadhahan ing bèri mas, kaampil abdi dalêm gêdhong kiwa têngên.
43e. bêdhil loro, kaampil abdi dalêm kaparak (saragêni).
upacara (pêpatih dalêm)
1e. epok kayu cêndhana lugas plituran, tutupe dikêndhiti kacu lêmpitan, isi cêpuk, nganggo tutup loro wadhah bako cêpakan sarta wadhah jambe, tanpa tutup siji wadhah gambir, conthong suruh kênyehan sarta conthong sadak, kabèh padha mas, kacip garane sinrasah mas, ing klikib isi bako andhungan, kaampil jajar.
2e. cèrèt mamas, kagêm wijik mênawa turas, kaampil jajar.
3e. cangkir tutup nganggo lambaran bèri salaka kabuntêl ing srêbèd, lumadine nganggo kênap èndhèk cilik, kaampil jajar.
4e. rotan loro kaampil panakawan anjajari
5e. karap isi pangunjukan minuman likir, dalah gêlase kalambaran bèri salaka kaampil panakawan.
6e. kothak kuluk, kaampil bêkêl, kasongsongan jajar.

--- 183 ---

7e. tumbak kyai sênèn kêmis, 1 kawuwuhan 2 = 3.
8e. tumbak panurung 4 padha kaampil jajar.
9e. sapitan kacu loro, kaampil panakawan anjajari.
10e. sumbul wadhah rokok dawa tali sutra, kaampil panakawan anjajari.
11e. sumbul wadhah kètèl salaka isi pangunjukan wedang kaampil jajar
12e. wadhah paturasan, kaampil panakawan.
13e. wêdhung (pasikon) kaampil lurah kagêm yèn malêbêt ing kadhaton, utawa ngadhêp ana ing ngarsa dalêm.
14e. lopak-lopak mas, wadhah rokok wangèn mas, kalambaran ing bèri salaka cilik, kaampil panakawan santana.
15e. lampit (lante) kagêm lênggah ana ing pagêlaran, yèn malêbêt ing srimanganti kari ana ing pagêlaran.
16e. paidon (pakêcohan) mas, paidon pakêcohan salaka, kaampil panakawan santana.

--- 184 ---

17e. mêdhang balongsong mas, mêdhang siyêm, mêdhang turki padha kaampil panakawan anjajari.
18e. payung kaampil abdi dalêm mantri kanggo nongsongi.
- payung kaampil jajar kanggo nongsongi kothak kuluk.
19e. jaran (titihan pandêngan loro prabot kambil watangan) kang majibi abdi dalêm mantri panêgar sakalèrèhane.
20e. gêndhaga otong, kaampil jajar.
21e. bèri salaka gêdhe kanggo wadhah mênawa lukar rasukan, sarta nganggo andhungan rasukan rangkêpan putih kaampil bêkêl.
22e. bêdhil sapirantine kawadhahan ing kêrga, kaampil jajar.
upacara (bupati nayaka wolu)
1e. epok kayu jati kalapis ing walulang kêbo dicèt irêng, tutupe dikêndhiti kacu lêmpitan, isi cêpuk nganggo tutup loro wadhah bako cêpakan parta[8] wadhah jambe, tanpa tutup siji wadhah gambir, conthong suruh kênyehan sarta conthong sadak, kabèh padha salaka, kacip garane sinrasah salaka, [sala...]

--- 85 ---

[...ka,] ing klikib isi bako andhungan.
2e. cèrèt kuningan isi banyu kagêm wijik mênawa turas.
3e. cèrèt salaka diwadhahi ing bokor salaka, katutupan sumbul, isi wedang cam-caman.
4e. kothak kuluk dipayungi,
5e. têkên, utawa lontop
6e. tumbak ampilan 1. tumbak panurung 2.
7e. sapit kacu sungu 2.
8e. wêdhung (pasikon) kagêm yèn malêbu ing srimanganti, utawa ngadhêp ing ngarsa dalêm ana ing ngêndi-êndi.
9e. lopak-lopak salaka sarta wadhah rokok wangèn salaka, kalambaran ing bèri salaka cilik.
10e. lampit (lante) kagêm lênggah ana ing pagêlaran.
11e. paidon salaka,
12e. pêdhang 2 utawa 3.
13e. payung kagêm 1
- payung kothak kuluk 1

--- 186 ---

- payung bawat,1 bakale wiru, diwêngkoni kayu ingêcèt sarta kaseretan padha karo payung baku, kari ana ing alun-alun.
14e. gêndhaga isi pangagêman basahan sarta prajuritan.
15e. bèri salaka gêdhe katutupan srêbèd, kanggo wadhah mênawa lukar rasukan, sowan malêbu ing karaton.
16e. bêdhil sapirantine kawadhahan ing kêrga.
17e. bumbung wadhah rokok dawa tali sutra.
upacara (kaliwon nayaka wolu)
1e. epok kayu cet-cetan, isine cêpuk lan conthong salaka kaya ing dhuwur.
2e. cèrèt kuningan isi banyu pacawikan mênawa turas.
3e. kètèl isi pangunjukan wedang.
4e. kothak kuluk dipayungi
5e. tumbak,
6e. ting patunggukan,
7e. wêdhung (pasikon) kagêm yèn malêbu ing srimanganti, utawa ngadhêp ing ngarsa dalêm ana ing ngêndi-êndi.

--- 187 ---

8e. lopak-lopak salaka, sarta wadhah rokok wangèn salaka, kalambaran ing bèri salaka cilik.
9e. lampit (lante) kanggo lênggah ana ing pagêlaran.
10e. paidon salaka.
11e. pasarean kanggo saos
12e. pêdhang suduk
13e. payung: kagêm 1, payung kanggo mayungi kothak kuluk 1.
14e. bèri salaka katutupan srêbèd, kanggo wadhah mênawa lukar rasukan, sowan malêbu ing karaton.
Prayagung wadana kaliwon, yèn nitih kareta pangirid jaran loro, kusire manganggo:
a. bêbêdan, kulukan kêsting irêng, klambi sikêpan irêng, nganggo kêris, utawa:
b. bêbêdan, ikêt-ikêtan, klambi bêskap irêng, nganggo topi lumpangan, kênèke mung siji manganggo toron, clana putih.
c. upacara kang ana ing kareta, mung lopak-lopak lan paidon [paido...]

--- 188 ---

[...n,] kaampil ing panakawan loro, sarta payung ana ing kênèkan kaingkupake.
upacara panèwu wolung wadana
1e. epok kayu cet-cetan, cêpuk conthonge kayu, mung kanggo seba garêbêg,
2e. kètèl isi wedang tèh cangkire cubung,
3e. kothak kuluk, ora kêna dipayungi,
4e. tumbak, mung kanggo seba garêbêg,
5e. ting patunggukan,
6e. wêdhung,
7e. lopak-lopak salaka kanggo seba Sênèn Kêmis,
8e. lampit
9e. paidon kuningan
10e. paturon, kanggo mênawa tungguk
11e. pêdhang,
12e. payung
upacara mantri wolung wadana
id. Mung kacèk mantri ora kêna nganggo paidon.

--- 189 ---

Priyayi panèwu mantri yèn seba nunggang jaran, kêna nganggo prabot cukèn kang dudu karangan, sarta dipayungi.
èpèk-èpèk Kw.
têpak | têpaswa | gumpita
epok
1e. agêm dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, aran: cêpuri, ngisor cilik, ing dhuwur gêdhe, rinukmi tinatah modangan, kagêm sinewaka miyos garêbêg lan têdhak ing loji,
2e. dus, wadhah sês sarta pêthèn wadhah dhuwit.
3e. agêm dalêm kangjêng ratu, aran: lancang, rupane kaya prau,
4e. epok kayu trêmbalo, agême para kangjêng pangeran putra santana dalêm sarta agême kangjêng radèn adipati.
5e. epok kayu jati kalapis ing lulang cet-cetan agême prayagung wadana kaliwon.
6e. epok kayu jati cet-cetan anggone priyayi panèwu mantri.

--- 190 ---

apus
1e. apus gêdhog lan cindhe, iku agême panjênêngan ratu, sarta para pangeran putra santana tuwin pêpatih dalêm, liyane ora kêna, kang wani nêrak kalarangan marang abdi dalêm gamêl, muni ing layang undhang-undhang dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV katitimangsan ping 5 Jumadilawal Ehe ăngka 1716.
2e. zie kambil karajan 14.
3e. apus dhadha kambil karajan 22.
4e. apus buntut kambil karajan 27.
upasănta, pangeran...
zie K.G.no. 26. ingkang garwa zie K.G.no. 27.
ipopetamês (jaran Nil)
Ipopetamês, dumunung ing tanah Aprikah, pasabane ana saurute bêngawan Nil, mangan sukêt utawa gêgodhongan, khewan iku kulite atos utawa lunyu, nganti mlèsèdake mimis, dene kulite kang rada kêndho: mung kang kaprênah ing andhêman.
udhèt
wangsalan Tjent. Pangincanging alis, olèh dening: sêdhèt.

--- 191 ---

adhêl
iki layang anggêr-anggêring pêpangkatan, awit saka karsane ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat ing Kartasura, amranata urut-urutane sawiji-wijining pêpangkatan pratelane kaya ing ngisor iki:
1e. putra dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kasêbut nama: para gusti.
1. putra dalêm miyos saka garwa padmi.
a. pambajêng kakung timure nama: radèn mas gusti utawa gusti timur, diwasane jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra ing Mataram.
b. pambajêng putri timure nama: gusti radèn ayu, diwasane nama: gusti kangjêng ratu pambayun.
c. kakung dudu pambajêng timure nama: radèn mas gusti, diwasane nama: kangjêng gusti pangeran arya,
d. putri dudu pambajêng, timure nama: gusti radèn ayu, diwasane nama: gusti kangjêng ratu timur, bêndara, anggèr lan liya-liyane.
2. putra dalêm saka garwa ampeyan,
a. pambajêng kakung timure nama: bandara radèn mas, diwasane nama: [na...]

--- 192 ---

[...ma:] kangjêng pangeran angabèi, yèn kaganjar munggah pangkat nama kangjêng gusti = putra saka padmi,
b. pambajêng putri, timure nama bêndara radèn ajêng, yèn wis krama nama gusti kangjêng ratu alit,
c. kakung dudu pambajêng, timure nama bêndara radèn mas, diwasane nama kangjêng pangeran arya, panji, tumênggung, răngga, utawa dêmang,
d. putri dudu pambajêng, timure nama bêndara radèn ajêng, yèn wis krama nama gusti radèn ayu.
2e. wayah dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kasêbut nama para bêndara.
1. putrane pangeran putra saka garwa padmi,
a. pambajêng kakung timure nama bêndara radèn mas, diwasane nama kangjêng pangeran arya.
b. pambajêng putri timure nama bêndara radèn ajêng, yèn wis krama nama bêndara radèn ayu,
c. kakung dudu pambajêng, timure nama bêndara radèn mas panji wayah,
d. putri dudu pambajêng id.lett.b.bov.

--- 193 ---

2. putrane pangeran putra saka garwa ampeyan,
a. pambajêng kakung timure nama: radèn mas, diwasane yèn ora kagungan sadhèrèk kakung saka ngarêp nama: radèn mas arya[9] yèn kagungan sadhèrèk kakung saka ngarêp nama radèn mas panji wayah.
b. pambajêng putri timure nama radèn ajêng, yèn wis krama nama radèn ayu, nanging yèn krama olèh pangeran nama bêndara radèn ayu.
c. kakung dudu pambajêng, timure nama radèn mas, diwasane nama radèn mas panji wayah,
d. putri dudu pambajêng id. Lett. b.
3e. buyut dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kasêbut nama para santana.
1. putrane pangeran santana kang saka garwa padmi,
a. pambajêng kakung timure nama radèn mas, diwasane nama bêndara radèn mas arya, nanging yèn wayahing songsong gilap, kêna kaangkat nama: pangeran,

--- 194 ---

b. pambajêng putri timure nama: radèn ayu, nanging yèn wayahe putra dalêm kang asongsong gilap, kêna kaangkat nama: radèn ayu anggèr,
c. kakung dudu pambajêng, timure nama: radèn mas, diwasane nama: bandara radèn mas panji,
d. putri dudu pambajêng, timure nama radèn ajêng, diwasane nama: bêndara radèn ayu.
2. putrane pangeran santana kang saka garwa ampeyan,
a. pambajêng kakung utawa karo kang dudu pambajêng padha bae, timure nama: radèn mas, diwasane nama: radèn mas panji.
b. pambajêng putri utawa karo kang dudu pambajêng padha bae, timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
3. putrane para bêndara riya panji saka garwa utawa saka sêlir padha bae.
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane nama: radèn mas panji.
b. putri timure nama radèn ajêng, diwasane nama radèn ayu,

--- 195 ---

4e. canggahing ratu kasêbut ing aran: para abdi sêntana.
1. wayahing pangeran saka ngarêp, utawa saka buri padha bae.
a. lanang bocahe aran: radèn mas, tuwane aran: radèn panji.
b. wadon bocahe aran: radèn ajêng, tuwane aran: radèn ayu.
2. wayahing riya panji saka ngarêp, utawa saka buri padha bae.
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn.
b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
5e. warènging ratu kasêbut ing aran: para abdi kawulawarga.
1. buyuting pangeran saka ngarêp, utawa saka buri padha bae.
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn.

--- 196 ---

b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
2. buyuting riya panji saka ngarêp, utawa saka buri padha bae.
a. lanang bocahe aran: mas agus, tuwane aran: radèn.
b. wadon bocahe aran: mas lara, tuwane aran: radèn ngantèn,
dene têdhak turuning ratu kang aran udhêg-udhêg, gantung siwur, gropak molo, utawa: gropak senthe, sarta sabanjure, iku wis dadi kawula dalêm cilik, ora kalêbu ing pranatan, mung kajupuk saprayogane bae, kaya ta:
6e. udhêg-udhêging ratu,
a. lanang bocahe aran: mas, tuwane iya isih lêstari aran: mas, yèn kinulawisudha kêna sinêngkakake aran: radèn.
b. wadon bocahe aran: mas lara, tuwane aran: mas ngantèn, yèn sumêngka kêna sinêbut ing aran: radèn ngantèn.

--- 197 ---

7e. gantung siwuring ratu,
a. lanang bocahe aran: bagus, tuwane aran: mas.
b. wadon bocahe aran: lara, utawa bok lara, tuwane aran: bok mas, unggahe aran: mas ajêng, utawa mas ayu.
8e. gropak molo, utawa: gropak senthening ratu,
a. lanang bocahe aran: bagus, tuwane iya isih aran bagus.
b. wadon bocahe aran: bok lara, tuwane aran: mas ngantèn, unggahe kêna sinêbut ing aran: bok mas.
9e. anak putuning gropak molo, utawa: gropak senthe sapiturute, iku padha bae, kaya ta:
a. lanang bocahe aran: si N. pun K. tuwane aran: ki, verk. v. kiyai, unggahe aran ki mas = kemas, spr.verk.v. kiyai mas.
b. wadon bocahe aran: si N. pun K. tuwane aran: nyai, unggahe aran: nyai ajêng[10]

--- 198 ---

Ing ngisor iki pranatan kang tumrap marang pêpatih dalêm, utawa marang para abdi dalêm wadana kaliwon, panèwu mantri sapangisor, kaya ta:
10e. kangjêng radèn adipati,
1. yèn kaparingan momongan putri dalêm, iku putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane nama bandara radèn mas, diwasane nama bandara radèn mas arya.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: bêndara radèn ayu.
2. yèn garwa wayah buyuting ratu, putrane:
a. kakung timure nama radèn mas, diwasane nama radèn mas panji, yèn kakulawisudha kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
3. yèn garwa wong cilik, utawa sêlir, putrane:
a. kakung timure nama radèn bagus, diwasane nama: radèn, yèn kinulawisudha kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn lara, diwasane nama: radèn ngantèn, yèn krama pangeran, utawa: bupati, kêna sinêngkakake [sinêngka...]

--- 199 ---

[...kake] aran: radèn ayu.
11e. wayahe kangjêng radèn adipati,
1. saka garwa padmi putri,
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane nama: radèn panji, utawa kasêbut araning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
2. saka garwa padmi wong cilik, utawa sêlir,
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
Mungguh buyute Kangjêng Radèn Adipati bab sasêbutaning pangkate wis ora kacarita, mung kajupuk saprayogane bae.
12e. bupati
1. bupati sêntana kaparingan momongan putri dalêm, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane nama: radèn mas panji, [pa...]

--- 200 ---

[...nji,] utawa kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
2. yèn bupati mau garwane padha sêntana dalêm, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane isih lêstari nama: radèn mas, utawa kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
3. yèn bupati iku mau garwane utawa sêlire wong cilik, putrane:
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
4. yèn bupati asli cilik, kaparingan momongan putri dalêm, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane iya isih lêstari nama: radèn mas, utawa kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.

--- 201 ---

5. yèn bupati mau garwane sêntana wayah buyut dalêm, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane iya isih lêstari nama: radèn mas, utawa kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
6. yèn bupati iku mau garwane padmi, utawa sêlir padha wong cilik, putrane:
a. lanang bocahe aran radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
Mungguh wayah buyuting bupati sêntana, utawa asli cilik, bab sasêbutaning pangkate wis ora kawicara, mung kajupuk saprayogane bae.
13e. kaliwon
1. kaliwon santana yèn garwane padha sêntana wayah buyut dalêm, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane iya isih lêstari

--- 202 ---

nama: radèn mas, utawa kasêbut namaning kalênggahane.
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
2. yèn kaliwon mau garwane padmi utawa sêlire padha wong cilik, putrane:
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon bocahe aran: radèn lara, tuwane aran: radèn ngantèn.
3. yèn kaliwon asli cilik, yèn garwane putra pangeran, putrane:
a. kakung timure nama: radèn mas, diwasane nama: radèn, utawa kasêbut namaning kalênggahane
b. putri timure nama: radèn ajêng, diwasane nama: radèn ayu.
4. yèn kaliwon mau garwane putraning riya panji, putrane:
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.

--- 203 ---

b. wadon bocahe aran: radèn rara, tuwane aran: radèn ngantèn, yèn sumêngka kêna aran: radèn ayu.
5. yèn kaliwon iku mau garwane utawa sêlire wong cilik, putrane:
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran radèn utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon bocahe aran: radèn rara, tuwane aran: radèn ngantèn.
Mungguh wayah buyuting kaliwon sêntana utawa asli cilik, bab sasêbutaning pangkate wis ora kawicara, mung kajupuk saprayogane bae.
14e. panèwu mantri
1. yèn panèwu mantri sêntana, bojone putraning pangeran, anake:
a. lanang bocahe aran: radèn mas, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon, bocahe aran radèn ajêng, tuwane aran: radèn ayu.

--- 204 ---

2. yèn panèwu mantri mau bojone padha sêntana: putraning riya panji, utawa wong cilik, apadene sêlir, anake:
a. lanang bocahe aran radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon, bocahe aran: radèn rara, tuwane aran: radèn ngantèn.
3. yèn panèwu mantri asli cilik, bojone putraning pangeran, anake:
a. lanang bocahe aran: radèn mas, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon, bocahe aran: radèn ajêng, tuwane aran: radèn ayu.
4. yèn panèwu mantri mau bojone sêntana putraning riya panji, anake:
a. lanang bocahe aran: radèn bagus, tuwane aran: radèn, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon, bocahe aran: radèn rara, tuwane aran: radèn ngantèn.

--- 205 ---

5. yèn panèwu mantri iku mau bojone padha asli cilik, utawa sêlir, anake:
a. lanang bocahe aran mas agus, tuwane aran: mas, utawa kasêbut araning kalungguhane.
b. wadon, bocahe aran: mas rara, tuwane aran: mas ngantèn.
Mungguh putu buyuting panèwu mantri sêntana utawa asli cilik, bab sasêbutaning pangkate wis ora kawicara, mung kajupuk saprayogane bae.
Iki wangsulaning pitakon kang ora kalêbu ing sasêbutaning pranatan.
15e. yèn wong cilik dadi adipati, iya kêna nama: radèn, putrane nurut saka garwa padmi.
16e. yèn wong cilik dadi bupati, ana kang nama: radèn, utawa: mas, sawênèh nama: kiyai, mirit saka asaling sarirane, putrane nurut saka garwa padmi.[11]
17e. yèn kaliwon nama: radèn, putrane nurut saka garwa padmi.

--- 206 ---

18e. yèn panèwu mantri aran: radèn, anake nurut saka bojo.
19e. yèn aran: mas, utawa wong cilik duwe bojo radèn ayu, utawa: radèn ngantèn, araning anake kajupuk saprayogane bae.
20e. yèn aran: mas, utawa: wong cilik, tămpa ganjaraning ratu aran: radèn, iku ora kêna turun-tumurun, kajaba mênawa turun mau olèh ganjaran dhewe, mangkono manèh ora bisa mutabari (= sumêbar) marang sanak sadulure.
21e. kang aran: radèn mas, ana kang bisa tumurun marang anak, ana kang ora, mawa-mawa gêdhe ciliking kalungguhane.
22e. kang aran: radèn,
a. ana kang bisa tumurun marang anak, ana ora, mawa-mawa gêdhe ciliking kalungguhane.
b. ana kang kalêbu ing adhêl (= asli) aran radèn, turun-tumurun marang anak putu.
23e. ang[12] aran: mas, ana kang kalêbu ing adhêl, ana ora.

--- 207 ---

24e. kang aran: panji, iku kalêbu ing adhêl, nanging ora bisa turun-tumurun, kajaba yèn turun mau olèh ganjaran dhewe.
25e. kang aran: radèn ajêng, iku putra wayahe para gusti, utawa para bêndara.
26e. kang aran: radèn ayu, iku garwane para gusti, utawa para bêndara, apadene garwane kangjêng radèn adipati, tuwin para wadana kaliwon, utawa panèwu mantri, kang putrane para gusti, utawa para bêndara.
27e. kang aran radèn bagus iku mawa-mawa kang pêputra utawa kang anak-anak.
28e. kang aran radèn iku mawa-mawa kang pêputra utawa kang anak-anak.
29e, kang aran radèn rara iku mawa-mawa kang pêputra utawa kang anak-anak.
30e. kang aran radèn ngantèn iku mawa-mawa kang pêputra utawa kang anak-anak.
Jumênêng dalêm P.B.X. mranata sasêbutane wayah buyut dalêm kang kakarsakake dadi abdi dalêm wadana kaliwon sarta panèwu mantri, kaya ta:

--- 208 ---

wayah wadana: radèn mas arya
wayah kaliwon: radèn mas ngabèi
wayah panèwu: radèn mas ngabèi
wayah mantri: radèn mas ngabèi
buyut wadana: radèn mas tumênggung
buyut kaliwon: radèn mas ngabèi
buyut panèwu: radèn ngabèi
buyut mantri: radèn ngabèi
canggah panèwu: radèn ngabèi
canggah mantri: radèn ngabèi
warèng panèwu: radèn ngabèi
warèng mantri: radèn ngabèi
priyayi panèwu: mas ngabèi
priyayi mantri: mas ngabèi
Jumênênge Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, mranata sasêbutane abdi dalêm jajar, kaya ta:

--- 209 ---

radèn, buyut canggahing ratu,
ki radèn, warènging ratu,
ki mas, anaking priyayi panèwu mantri
ki, anaking lurah, bêkêl, jajar.
udhal
udhalan zie panyarèng
adhean
yèn arêp ngarah lakuning jaran bisane adhean zie laku lett e.
iji (wadu aji)
sawiji, têgêse: sauwit.
ijo
zie dhatu (36)
ajar
zie pandhita.
ijrah
Yèn arêp sumurup angkane taun Ijrah, angkaning taun rêmbulan kang lumaku kacêngklonga 512 sakarine iya iku taun Ijrah kang lumaku, kaya ta: 1835 - 512 = 1323

--- 210 ---

ajidan
zie abdi dalêm wadon no.27.
ajisaka
1. Ajisaka putrane Êmpu Ănggajali, wayahe Êmpu Ramadi, ana ing wêtêngan 2 taun, laire dhèk taun surya sangkala taun 5 timure aran Jaka Sêngkala.
2. (padhalangan) Ajisaka jumênêng ratu akadhaton ana ing Purwacarita, ajêjuluk Prabu Widhayaka, amuwuhi gancaring lakon wayang purwa, kang dadi jêjêr lêlakone para jawata, sapiturute tutug caritane Bambang Parikêsit, panganggite nuju taun 1031 sinangkalan ratu guna malêtik tunggal,
3. zie P.N. no.2.
ajêg
pamajêgan, zie abdi dalêm pamajêgan.
ajibarang, patih ki tumênggung...
zia[13] P.N.no.13
ujungkelang, patih adipati...
zie P.N.IV.
ujungsabata, patih ki tumênggung...
zie P.N. no.19.

 


214e. (kembali)
sampil. (kembali)
ginawe. (kembali)
ing. (kembali)
anggêntèni. (kembali)
ana. (kembali)
§ Kanggo paningsêt, ora nampani pitakoning liyan, yèn ana sabab wurunging pikraman, yèn saka lanang ali-ali ilang, yèn saka wadon ambalèkake. (kembali)
sarta. (kembali)
§ Tumindake ing jaman saiki: anggêntèni kang rama nama bandara pangeran arya (pangeran santana). (kembali)
10 § Ing jaman saiki nyai ajêng iku garwane prayagung wadana kaliwon, asli cilik. (kembali)
11 § Ing jaman saiki sanadyan asli cilik, iya nama: radèn. (kembali)
12 kang. (kembali)
13 zie. (kembali)