Kawi Dasanama, Winter, 1875, #1591

Judul
Sambungan
1. Kawi Dasanama, Winter, 1875, #1591. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kawi Dasanama, Winter, 1875, #1591. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Kawi Dasanama

Kawêdalakên dening Tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Jonas Portir en Ko, ing Surakarta, 1875.

--- [0] ---

Sêrat Kawi Dasanama

Kawêdalakên dening Tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Jonas Portir en Ko, ing Surakarta, 1875.

--- 1 ---

Awigna mastunamasidhi.

Punika urut-uruting Sêrat Kawi Dasanama, anggancarakên ing sawarninipun isèn-isèni[1] jagad sadaya, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Namaning dewa:
bathara, apsara, surapsara, suragana, dewata, sidyagana, jawata, widhadara, widhasadya, nasa, hyang.
Namaning widdhadari:
watari, apsari, surapsari, dewati, weranggana, yuwati, dèwi, surawadu, widdhadaryya, smaralaksmi.
Namaning swarga:
kahyangan, kadewatan, suralaya, suranadi,

--- 2 ---

smaralaya, smarabawana, ariloka, aribawana, lokabawana, ariwanda, surabawana, siwanda ariloka, smarapada, swargaloka, endraloka, endrabawana.
Namaning ratu:
raja, nata, prabu, aji, katong, bupati, narpa, narendra, narèswara, nararyya, pangêmpyan, endra, nareiswara, narendradipa, nare aji, nare prabu, naryadipa, narpati, nrêpati, ddhipati, ddhipa, buhpati, naradipa, buhpala, buhpalaka,

--- 3 ---

bupalaka, bumipala, bumipalaka, narapati, buminata, mangkubumi, sitipati, sri, sri nata, sang nata, sang aji, maharaja, sinuhun, susuhunan, sang siniwi, sang sri, kangjêng, pamasa, nara, naranata, srindra.
Namaning garwa ratu:
sori, padni, pramèswari, padniswara, padmi, supadni, mahisi, garini, narèswari, narpawadu, natarèni, wara mahisi, supadniswari, nata mahisi, narendra mahisi, narpaduhita,

--- 4 ---

duhita, narpadayita, dayita, narendra garini, paramèswari, nata dèwi, sri supadniswara, prawara mahisi, raja mahisi, sri yodati, lêksmiwati, bini aji.
Namaning jagad:
rat, pramudita, bawana, buwana, paramosita, paramosadha, paramosesa, wartya, wrêtika, lokika.
Namaning bumi:
pratiwi, bumi mandhala, andhabuhwana, buhwananda, bumipaddha, narapada, madyapada, pratyana, arcapada, janaloka.
Namaning lêmah:
siti, kisma, pratala

--- 5 ---

bantala, mahitala, rasatala, ksititala, swanapada, bumija, kismaka.
Namaning langit:
wiyat, wiyati, lirang, akasa, cakrawala, paywarata, nabastala, gagada, rawismara, boma, juma, dik, dikdik, widik wirdik.
Namaning awang-awang:
tawang, bomantara, jumantara, dirgantara, nawasanga, ardhya, gaganacara, gaganantara, udara, ambara, antariksa, antaria, namu-namu, byamoka, antarala.

--- 6 ---

Namaning srêngenge:
surya, arka, dinakara, aruna, asuman, rawi, rawikara, raditya, bagaspati, nanda, bagaskara, baskara, pratangga, prabangkara, kalandakara, diwangkara, kalandaragni, pratănggapati, radite, arditya, suwandagni, pratănggakara.
Namaning têngange:
têngawe, madyangwe, palasada, palasata, baskara sata, wijanarka, pancarasidi, diwarsarka, suryadiwasa.
Namaning lingsir wetan:
tibrakala.
Namaning lingsir kilèn:
tibralayu.
Namaning tumbuking surya:

--- 7 ---

swarka
Namaning rêmbulan:
lèk, lalwun, sasi, salancana, candra, rati, basănta, prabanca, sasangka, ratih, tèngsu, sangkara, sitangsu, sitarêsmi, sasaddhara, indung, indu, kirana, wulan.
Namaning lintang:
wintang, sudama, sasa, susup-susup, sodama, sukla, sukra, susup, trênggana, ucu, taranggana, bintang, ganera, karwikaya, kartika.
Namaning mega:

--- 8 ---

ima, sanggana, awang, irawan, imalaya, imangkara, urur, imanda, jaladara, sangub, digda, sanghêb, imantara, nirada, karahu, samegana, kukap, kokap, urut, jadha, wataragana, kuwera, bataragana.
Namaning mêndhung:
jaladdha, jaladara, imangkara, imarda, digda, rêmêng, andanu, rumung, sanghub, rawan, rarabi, adhang, windakara, limut,

--- 9 ---

sudigda, dida, danura.
Namaning udan:
jawah, jawuh, jawêh, warsa, wrêsti, surur, truh, riris, sra, caracab, warsa, warsiha, rarabi, rêrêb, krêmun, trêh.
Namaning kilat:
thathit, laban, pracalita, widyuta, widyutmala, wagyut, widyutmaka, tathit.
Namaning ampak-ampaka[2]:
limut-limut, lamat-lamat, amuk-amuk, pta, pruta.
Namaning calèrèt:
talèrèp,

--- 10 ---

gayyata.
Namaning carat taun:
sindhungkara, wrêstibajra, urur, bajrarumung.
Namaning galudhug:
gêtug, gêtêr, gurna, gurnita, gêpah, guruh, gêrêh, goragadha.
Namaning gêlap:
balêdhèg, guntur, graksa, kupaka, wrahaspati.
Namaning kaluwung:
kêkuwung, wangkawa, lêngkawa, palangi, mrak.
Namaning toya:
tirta, sangara, we, jala, gangga, ranu, warih, sindu, udaka, tuban,

--- 11 ---

yahning, jahning, yèng, yèh, bong, lwah, jahnawi, har, hèr, wwaya, amêrta, tangaka, hwap, titta, sunda, wayi, sangara.
Namaning barat:
angin, maruta, wawana, aliwawar, anila, margana, bayu, wayu, saddhaka, uswasa, samirana, erawati, sindhung, bajra, titipa, pracandha, prabancana, pratipa.
Namaning prahara:
pancawora,

--- 12 ---

sindhung aliwawar, sindhung bisaka, bajrapati, lesus, pancawora tarik.
Namaning gêni:
latu, api, puya, pawaka, anala, brahma, bahni, apuy, agni, mrêtyu, mêrcu, puyika, dahana.
Namaning sagantên:
samudra, udaya, udadi, jalaniddhi, hèrnawa, jaladri, jaladiyan, tasik, sabaga, biralaya, pasir, waudaya, jaddhi, waudadi.
Namaning kali:
lèpèn, bangawan, narmaddha,

--- 13 ---

lwah, jahning, bahnawi, nadi, sunghe, wlahan, banawi.
Namaning sumbêr:
lwah-lwah, botrawi, warigi, sêndhang.
Namaning sumur:
parigi, pase, parngasih, gustha, guskara.
Namaning ardi:
arga, wukir, giri, endra, sarswa, mèru, himawan, parwata, aldaka, acala, gunung, prawata, asalingga, basulithga, gêgêr, mahamèru, mahahimawan, paraswa, giriwara,

--- 14 ---

dri.
Namaning guwa:
giha, giyana, rago, waragu, githa, gothaka, gutaka, awama, satrusta, gwendra, guhwa, ragu, runggu, hithaka, dwarananda.
Namaning jurang:
rèjèng, parung, trêbis, trêjung, sigrong, nadindra, gahana, gahyara, albaka, surukan, rênêk, runuk, gahan, lêmbah, lêmbaya.
Namaning alas:
wana, baga, rimba, lirang,

--- 15 ---

utyana, taratab, paringga, wulusan, wanadri, wanantara, wanapringga, wanadurga, wanawasa.
Namaning wong:
tiyang, manudsa, manuja, manuwya, jalma, janma, jana, nara, wwanggana, wyajana, wang, wwang.
Namaning lanang:
jalêr, jalu, kakung, priya, nara, gana, linggana, kamyana, lakyaga, janaka.
Namaning wadon:
èstri, pawèstri, garini, dyah,

--- 16 ---

wanudya, dayita, wanita, kamini, kannya, duhita.
Namaning badan:
awak, sarira, ăngga, wănda, raga, lingga, kawangga, baddhi, tuhu, sulaksana, pasikêpan, yyrangga, wak.
Namaning êndhas:
êndhas, sirah, mastaka, murda, ulu, kumba, sidhira, mukyana, gutamangga, pasuhunan.
Namaning rambut:
rema, roma, wèni, kiswa, kèlu, kesawa,

--- 17 ---

jata, wrista, wulwita.
Namaning sinon[3]:
sinwam, sukèsi, kèsumi, tarna, trênitya, sri nata, srihuka, sri mukya, sri kara, wyanita.
Namaning cumplung:
kamwalo, kumbara, potaka, murdyaka, kumbina, sumpra.
Namaning polo:
utaka, mutwara, pukara, ulupi, kumbarèsi.
Namaning unyêng-unyêngan:
munyung, munyêng, pundri, pundran, ungsran, uwra.
Namaning bun-êmbunan:
pasundhulan, panuhun,

--- 18 ---

wungwunan, nabyuka, uludwara.
Namaning rai:
pasuryan, wadana, nayaka, nityaka, swa, muka, nana, waktra, golaka, giwrasya, paraupan.
Namaning bathuk:
larapan, paradinan, rattha, canta, bahli, thila, wahya, watriya, watthawa, batawaka.
Namaning mata:
tingal, soca, netra, aksa, aksi, èksi, locana, dêlya, nayana, andamuka.
Namaning alis:

--- 19 ---

imba, êning, drasthi, nahya, siratmaya.
Namaning idêp:
hirpya, hitara, wiruya, romèksi.
Namaning tlapukan:
pakêjêpan, dyaraksa, nitrama, padhelan.
Namaning tadhah luh:
tarinjilan, taritisan, sruwama, waspaja.
Namaning padon mripat:
ujungan, padyaksi, sanira, wuringa.
Namaning ulat:
nitya, naya, liring, wulat, nayana, jaswa.
Namaning pasu:
paswa, pangula, salimba, nayantara.
Namaning irung:

--- 20 ---

grana, trisma, nasika, parsana.
Namaning pipi:
pangarasan, paya-paya, julingha.
Namaning kuping:
talingan, karna, panalinga, pangrênga, kêpêh, kênoh, padlingan.
Namaning godhohing kuping:
pani, panoka.
Namaning pilingan:
pilisan, puliringan, pamiddhi, pindaka, salimuka.
Namaning lambe:
lathi, talawya, wiwrita, wiruca.
Namaning cangkêm:
tutuk, panglinga, jurama, dukara, mukita, rukmuka.

--- 21 ---

Namaning untu:
waja, dênta, ungsa, udata.
Namaning siyung:
drastha, dodaka, anudata, jatha, jêthis.
Namaning êbam:
bahêm, sudantya, wahma, wahmita.
Namaning gusi:
gosya, brita, latha, wodata.
Namaning ilat:
lidhah, jihwa, jiwana, hirta.
Namaning têlak:
lak-lakan, patlan, jaluddha.
Namaning cêthak:
luddhaka, pakima.
Namaning gorokan:
gurung, têngkran, padinan, goluddha,

--- 22 ---

luwiddha, janggarma.
Namaning kalamênjing:
panghula, kalmasu, kalanjura.
Namaning janggut:
padhakgan, dhagu, arguta.
Namaning uwang:
wêhang, wêgang, panggita.
Namaning gulu:
tênggak, tênggêk, jăngga, lungaya, lungkeya.
Namaning tênggok:
janggata, tanggota.
Namaning githok:
prastha, griwa, jitha.
Namaning pundhak:
pamidhangan, luwisa, bujangsa.
Namaning salang:
sale-sale, salsalika.
Namaning bau:
buja, wahwa, sikara,

--- 23 ---

bahya, batyi, pujang.
Namaning tangan:
asta, aswa, bujaka, lngan, rutya, ludun, lungiyan.
Namaning cangklakan:
kèlèk, kadhakya, goswa.
Namaning sikut:
siku, lunggiya, lunggana.
Namaning ugêl-ugêl:
paglangan, jurung, sudhu, gritha, panggri, sudipra.
Namaning èpèk-èpèk:
têpak, têpaswa, gumpita.
Namaning jariji:
jari, nyari, suweddha.
Sêlaning jariji:
asman,

--- 24 ---

amlita, sumanjari.
Namaning jêmpol:
êmpol-êmpolan, tuhita, pandhajari.
Namaning panuduh:
tuding, sanêdah, jaratgawa.
Namaning panunggul:
nyaka, panika, panalika, ulujari.
Namaning jariji manis:
jari madu, namika, swedakara.
Namaning jênthik:
ênthik-ênthikan, kalingkingan, mudha jari.
Namaning kuku:
kanaka, tulangsa, pakri, tumit.
Namaning brêngos:
rawis, kumbala, kumis.
Namaning godhèg:
jambang, cambira.
Namaning jenggot:
bris,

--- 25 ---

jèbrès, dhaguyata.
Namaning simbar jaja:
jagamaja, kèswajangsa, krudharoma.
Namaning jaja:
dhadha, pranaja, jangsa, krudha.
Namaning susu:
pambayun, payudara, sariddha, tetya, lêmak, santên.
Namaning pulungati:
kêkulung, lêmbana, taladnyana.
Namaning wêtêng:
padharan, garba, ddhara, udara, dhandhun, bandhut.
Namaning wudêl:
pusêr, tutunan, nabi, umadya.
Namaning lambung:
epya, udaya, iring.

--- 26 ---

Namaning iga:
rusuk, rujingan, uswaka.
Namaning têpak:
sanggat, sanggata, watwaha, lêmbi.
Namaning gigir:
pênglêran, wugyatan, kriha, adaddha.
Namaning ula-ula:
tanggola, adodaya.
Namaning walakang:
wadidang, turwwaka.
Namaning bokong:
bocong, wakong, wangku, atski, prasila, pasmika.
Namaning silit:
purisaja, palunturan, mèdi, meya, tayanu, jubur.
Namaning pajalêran:
pasta, lada, purus,

--- 27 ---

purusa, linggana, surasmara, dirasmara, smaradana.
Namaning konthol:
palandhungan, gintungan, siraswa, landhuka.
Namaning pawèstrèn:
has, hès, baga, turka, sarija, blêki, pasti.
Namaning itil:
krêntika, smaracatra, wagaprana, purana, karêntya.
Namaning pupu:
paha, pahang, supit, tur, turaka.
Namaning dhêngkul:
jêngku, drakuka, jungkala, jungkalika.
Namaning sikil:
suku, sampeyan,

--- 28 ---

kila, pada, paduka, jêng, jung, jêngga, simparan, larisan.
Namaning polok:
padaksa, padarana, padaraksa.
Namaning tungkak:
jungkare, sangkila.
Namaning dalamakan:
talapakan, pacak, talapada, pangkaja, padaka, talajung.
Namaning ati:
manah, galih, praya, wardaya, driya, tyas, prana, ambêk, twas, hrêdaya, nala, cita, budi, sota, drangsa,

--- 29 ---

angên-angên, lyali.
Namaning jantung:
tungtut, adnyana.
Namaning lêmpêru:
paru-paru, ampadu, warwaddha.
Namaning usus:
iswa, sarisu, pusdhara.
Namining otot:
urata, paraddha, anggota.
Namaning bayu:
waywa, nadi, nadilingga.
Namaning balung:
tosan, tulang, aswi, walêngka, asthika, saddhika.
Namaning sungsum:
saswama, sadisya, gagala, astisi.
Namaning daging:
palmaka, wirangga, srabda.
Namaning gajih:

--- 30 ---

palam, almaka, pinyaka.
Namaning gêtih:
rah, marus, ludhira, ludhira.
Namaning kulit:
walulang, wacucal, carma, turila.
Namaning wulu:
bulu, arla, krima
Namaning toh:
sêpahan, tanggra, taruraga.
Namaning nyawa:
atma, atmaka, jiwa, jiwita, suksma.
Namaning mani:
rahsa, rêta, manimaya, sindurêtna, kama.
Nama êluh:
waspa, armata, matiswaya.
Namaning karingêt:

--- 31 ---

aringêt, arimut, riwe, swanita, karwwaya, arangga.
Namaning idu:
kêcoh, luddha, criwaya, ludaka.
Namaning ambêkan:
uswasa, wayuwita, nilangga.
Namaning wêwayangan:
graya, paryana, mayangga, luyana.
Namaning andhêng-andhêng:
karandhêng, wintangga.
Namaning ênggon:
loka, pada, swana, syana, sana, unggyan, stana, astana.
Namaning omah:
panti, rangkal, yasa, suyasa, wisma

--- 32 ---

syawisma, graha, bale, wangun, made.
Namaning patilêman:
pasareyan, pakasutan, pakulèn, pagulingan, pakêjêpan, paprêman, tilam, jungut, gupit, panuptan.
Namaning pêpajangan:
patani, pawarangan, pajungutan, măndhakiya, tilamrum, jinêmrum, jinêmrik.
Namaning balekambang:
prasika, yasakambang, madekambang, pantimarta.
Namaning sanggar palanggatan:
măndakêni, pidik, pidikan.
Namaning pamujan:
panêkungan, pamursitan, pahoman,

--- 33 ---

pasamadèn, pamêlêngan, pasamadyan, pahningan.
Namaning pamulangan:
pajaran, pangajaran, pacrabakan, pawasitan, pawarahan, pawiyatan.
Namaning patapan:
pabratan, payajahan, asrama, dhopok, payura, patarakan, padraman.
Namaning candhi:
candhuy, darma, kabuyutan.
Namaning pasanggrahan:
kuwu, pawangunan.
Namaning lawang:
bapra, dwara, dwarala, dwaralaya, pintu, wiwara, kori, gopura.
Namaning pagêr:
wala, kuthi

--- 34 ---

tawing, tamping.
Namaning ambèn:
bale, made, salu.
Namaning kalasa:
lingkaban, sayana.
Namaning kasur:
sayastha, dranaddha, lalusupathaka.
Namaning bantal:
karangulu, antêban, lêmpêr, sayakasti, kajang sirah.
Namaning guling:
umandhe, pêpêdhak, kagila.
Namaning lèmèk:
pramada, lamak, mardaka.
Namaning gêbêr:
gubah, samir, dhingdhing.
Namaning aling-aling:
warana, tèbèng, basu, dhingdhing.
Namaning dalan:
lurung,

--- 35 ---

marga, margi, ênu, sopana, gilaya, awan.
Namaning nagara:
praja, puraksa, kutha, radya, rajya, rajaddhi, rajangdhan, rajadhiyan, kuthira, mudraka.
Namaning kadhaton:
pura, puri, purana, puraka, prasadarga, tajya, dhatulaya, purantara, karatyan, taji.
Namaning sitinggil:
sitiluhur, sitibêntar, paliswara, wanguntur, baciraya, sewayana, birasana, balerungga, srênggatana.

--- 36 ---

Namaning dhampar:
amparan, palăngka, padmasana, padma dirgasana, singangsana, singaksana, mèruwadma, pasilendra, patarana, kundharana.
Namaning paseban:
pawatangan, păncaniti, balerong.
Namaning patih:
kyanma patih, mangkupraja, mantrimukya, adipati, anindhamantri, nataradya, mangkubumi, nayakawaktra, rakryana patih, rêkyana patya, mantri wisesa.
Namaning tumênggung:
wadana, bupati, nayaka, mantriman, sumantri, subadha.
Namaning punggawa:
pratiwa, bathamukya, partiwadya,

--- 37 ---

sumantri, partiwabala, nayaka, wadana, mantriman, manguri, bupati.
Namaning bala:
batha, brêtya, wadya, wadu, balawan, walaba, waladika, waladara, wrahatbala, wadyabala.
Namaning santana:
wanduwarga, wanduwandawa, wandawa, wangsa wanduwandawa, kulayuda, kulawandawa, kula wanduwarga, yadukula, kulawarga.
Namaning santana saking èstri:
balangga wrêsniwangsa, wangsa wrêsni kulayadu, bala santana.
Namaning para nyai:
parêkan, pawongan, paricara, cèthi,

--- 38 ---

manih, manêh, kaka-kaka.
Namaning pandhita:
rêsi, wiku, yati, maha yêkti, yogi, brahmana, sunyata, dwijawara, yogiswara, dwijendra, wikwa, maha wiku, suyati, maha yogi, siddhya, sidha, yampu, ampuh, bramana, siddhawikwa, yatiwara, maha pinundhi, maniwara, maha rêsi, maharsi, maha muni, sidha yogiswara, sidya sidana, dwijapati, wiprèswara, muniswara, munindra, yogendra, sang mahêning.

--- 39 ---

Namaning pujăngga:
kawirêja, kawiradya, kawiswara, sangakawi, kawindra, kawipara, yampu, paramabasa, măndraguna, awicarita, mardawalagu, mardibasa, paramasastra, paramakawi, mangawisesa, sambegana, nawungkridha.
Namaning senapati:
senanata, dipati, senadipa, senapatya, senaraja, natayuda, pramugari.
Namaning prajurit:
wira, prawira, suwira, wirayoddha, wara, prawara, warayoddha, sura, surangkara, danuja, partiwa,

--- 40 ---

yoda, wirarodra, dibya, sudibya, widagda, dibya nung, sudibya nung.
Namaning papaning pêrang:
rana, rananggana, smara, payudan, palagan, pabaratan, ranasaba, asmaradilaga, ranamadya.
Namaning pêrang:
yuda, laga, jurit, judhi, wuk, mukmuk, pupuh, pragola, băndayuda, yasa.
Namaning gaman:
astra, yoddha, sara, sanjata.
Namaning mungsuh:
mêngsah, satru, ripu, lawan,

--- 41 ---

parangmuka, satrukala, durangkala, mityakardha, arika, singgunkara.
Namaning panah:
jêmparing, warastra, sayaka, sarawara, margana, warayang, ekatana, hru, katana, bana, sanjata, isu, tomara.
Namaning gandhewa:
laras, langkap, capa, danu, buntala, puksana, nusara, busur.
Namaning bêdhil:
sanjata, warahas, bahnija, saragni, brahmastra, mrêtyukala, brajangkaya.
Namaning gada:

--- 42 ---

gadastra, dhandha, lori, lohita, musala, mugara.
Namaning tamèng:
kantar, puksur.
Namaning kudhi:
coli, caluk, trangtang, sangut.
Namaning kalewang:
taladhak, berang, barandang, kalawahi, bandhol, boji.
Namaning kêris:
dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk.
Namaning tumbak:
tuhuk, lêmbing, waos, pangawinan, galah, sulaka, galandana, buntar, watang.
Namaning landheyan:

--- 43 ---

dêdêr, watang, gala, lawung.
Namaning bandera:
têngêran, sinjang laga, tandha, tandha-tandha, duwaja.
Namaning lêlayu:
rêrawis, kêkitir, kakăndha.
Namaning umbul-umbul:
tunggul, juluk-juluk, dwaja, daludag, supralêmba.
Namaning pêdhang:
sabêt, pranggana, sarepya, sulèpi, tingaskara.
Namaning tatu:
labêt, kanin, brana, karahatan, kalaton, prajaya, prawasa, rahat.
Namaning mati:
pêjah, seda,

--- 44 ---

surud, palastra, pralaya, ngêmasi, lalis, padhêm, lena, pralina.
Namaning urip:
gêsang, atma, daru, daruka, jiwita, tubu, tuwuh.
Namaning bapa:
rama, yayah, sudarma, ayadi.
Namaning êmbok:
biyung, bibi, rena, ibu, dharani.
Namaning anak:
putra, sunu, suta, tanaya, wêka, atmaja, siwi, ja.
Namaning putu:
wayah,

--- 45 ---

siwaya, putraka, sunawa, sutangsa, onoka, talitra, wancaya, srawaja, wêkaja.
Namaning tunggangan:
tumpakan, titihan, tumangan, pweka, wahana, selang, tipaha, tunaha.
Namaning kareta:
runggu, rata, padhati, patangga, swandana, ratalwa, sakatha, gotaka.
Namaning parau:
baita, waitra, palwa, parwaka, jong.
Namaning gamêlan:
tabuhan, găngsa, padhahi, pradăngga,

--- 46 ---

mardangga, wahana.
Namaning jogèt:
bêksa, ngibing, ngigêl, mataya, dhapaya, patrayuda, wibagsya.
Namaning buta:
danawa, ditya, diyu, wil, raksasa, rasêksa, wisaca, gandarwa, kala, banasa, yaksa, asura.
Namaning buta wadon:
diti, dyani, wisaci, rasêksi.
Namaning sato khewan:
satwa, mêrgu, mrêga, wrigu, ataga, pasu, burwan, atbana,

--- 47 ---

lubana, wrêgana.
Namaning kêthèk:
wre, rewănda, wanara, palwaga, plawaga, palgosa, juris, kênyung, monyèt, bêdhès, munyuk, bruk, kapi, kuthila, kuthilapas, gocara, kêra.
Namaning cèlèng:
cêlêngan, andhapan, waraha, sungkara, wêg, wwag, jubis, wijung, bakwi, durgangsa.
Namaning ula:
sawêr, sarpa, taksaka, urar, naga, ananta,

--- 48 ---

bujăngga, aliman, nuwida, wiswaka, wasu.
Namaning macan:
sima, singa, sangha, mong, kesari, arimo, sardula, pragalba, mrêgadipa, mrêgapati, wagra, salimba, arimba.
Namaning banthèng:
andaka, angun-angun, yawa, jawidha, go, goh, gawala, gawaksa, bapa kridha, gawindra, gurisa, sarawa.
Namaning manjangan:
sangsam, maklana, sanggah, sangkula, jêngkula

--- 49 ---

arusa, randhi, rusah, wrangga.
Namaning kidang:
arina, sanggira, arinya, walgasa, ujung, dhinangsa, kênas, paula.
Namaning lutung:
joni, anjani, sulanjani, kanjura, krêsnaddha, wiruka, krêsnangga, tanuki, budhêng, cênguk.
Namaning warak:
barkita, ascarma, libra, karthupa, panyula, sandêla, warkapati, êndhêpan, durgangga.
Namaning kancil:
sasa, sahasa, makala,

--- 50 ---

palguna, kancita, marguna, wariga, awika.
Namaning kênthus:
pêthangkus, gênthorang, kwandaka, gumira, kênthula, katyaka.
Namaning uwa-uwa:
tutuha, srikangka, bruwarda, windra, loliddha, lawus, hwaba.
Namaning walangkapa:
dumrada, langkawa, sangkri, sanggita.
Namaning gajah:
liman, asti, dwipa, dwipangga, dwiraddha, mabêngga, samaja, pinggala, waniti, kunjara, dwirocana, èsthi,

--- 51 ---

brajamuka, gajaksa, gathamuthu, samadya.
Namaning kêbo:
maesa, miswa, mundhing, gomi, andhanu, srawana, danuka, gopaka, badhagas, sityaka, karbwita.
Namaning sapi:
lêmbu, andana, andaka, gomara, iyata, lambana, gutara, sumwata, nadrika, gorawa, biksu, garwita.
Namaning jaran:
kapal, kuda, wajik, aswa, turangga, adraba, undhakan, kalêngki,

--- 52 ---

kalangkya, prasita, swaninda.
Namaning wêdhus:
menda, kambing, ami, badro, badrawaddha, padrawana, wrisa, gandhora, apkendra, duma.
Namaning kucing:
pusa, posiya, pawasa, kusingha, uriddha, kumwangga, lindhika, windula.
Namaning kuwuk:
brewa, gridha, grêmusa, wil pusa, srênggampa, kuwaka, grêdawa, grêdula, grêndama.
Namaning luwak:
wulik, lêwis, arwaka, larddha,

--- 53 ---

witriddha, byatati, atyatbuta.
Namaning lingsang:
waringsang, yuywi, kapwa, wacana, dokara.
Namaning garangan:
giyu, walagra, gitraka, sapwan.
Namaning tukang:
tutuka, limbo, kandhuki, darkya, jurwwama.
Namaning landhak:
pangswang, wurandhêk, êntir-êntir, wirundisa, sujika, duryangga.
Namaning sênggung:
sênggora, sriba, bangrita, sahriba, lêngkosa.
Namaning wrêgul:
sênggir, sababa, wurikla, baglana.

--- 54 ---

Namaning kasturi:
kasturya, rawiddha, padhyaksa, turila.
Namaning trênggalung:
trangglang, julungbotêt, wilangka, pujung-pujung, sanggrata, trambawa.
Namaning rase:
rasya, lodha, mrêngganabi, andaka, marwaga, julungwangi, januka, widata, widarsa.
Namaning jalarang:
dyararang, dahrika, wriha, cinggara.
Namaning trênggiling:
ola, krêha, tranggiro, tranggirwwa, karikka.
Namaning bajing:
wayingha, wasukta, iturita, manyu,

--- 55 ---

karmanyu, niyuninda, maniyu.
Namaning asu:
sagawon, anjing, sona, srênggala, camêra, wrêka, cika, swa, kuwaka, bugêl, basu, purisika, aswibuja.
Namaning mêrak:
badhak, cohung, mayura, manyura, wayuninda, kuwong, lancung.
Namaning maliwis:
silêman, griwis, cakarwa, cakrawaka, cakrangga.
Namaning banyak:
gangsa, ăngsa, awija, wranggura.
Namaning bèbèk:
kambangan,

--- 56 ---

cakrita, cakrama, duwaba, lusiboja, kandhana.
Namaning pitik:
pitrik, ayam, ahyam, sata, kruha.
Namaning manuk:
paksi, kaga, kukila, garudha, garura, garêlya, saimbra.
Namaning brakutut:
kitiran, uka, kiswara.
Namaning gagak:
dhangdhang, utpata, sawabukti, sobaksana, kagana, kangka, ajap-ajap.
Namaning pribgantil[4]:
kadhasih, cucur, tidharsa, tadhah arsa, wlasarêp, rês-rês.

--- 57 ---

Namaning prênjak:
tamuyana, srisatata, hla.
Namaning cêkaklak:
cintaka, triklaklak, usaya.
Namaning gêmak:
puyuh, maniting, kayali.
Namaning kalong:
kalwang, lêngking, kirsaka, gingga, gingguna.
Namaning lawa:
laba, sèri, sèmbu, sopla, cot.
Namaning codhot:
cotdhot, laboka, syarima, cwatgora.
Namaning tawon:
tabsawata, tusara, tuskara, pitala.
Namaning kombang:
bramara, sadpada, madukara

--- 58 ---

madubrata, pohali, lyali.
Namaning lancêng:
tungkara, anungkara, welatana.
Namaning kupu:
karmija, trija, drupawa, rangana.
Namaning kinjêng:
kipada, saspada, trungka, trawanggana, gambyang.
Namaning walang:
wancak, wancala, kithika, wancal.
Namaning konang:
karli, kardipta, paryyana, prawisa.
Namaning lêmut:
nyamuk, rakidtha, muring, murinda, jingklong.
Namaning lalêr:
masika, ladra, pastika,

--- 59 ---

wisrisa, purdina.
Namaning iwak loh:
mina, matsya, jita, maswa, wyangga, mira, oti.
Namaning bajul:
buwaya, wuaya, wayama, wilwaya, wayura.
Namaning kawuk:
sarira, manyawak, miyangga, diksa.
Namaning yuyu:
rakatha, karkatha, kalakatha, kratika.
Namaning kapithing:
dahri, darika, kamitra, kathira.
Namaning simping:
sipi-sipi, kima, wirêngka, kumara.
Namaning bulus:
wayangsa,

--- 60 ---

kurmanda, wadhungha, welusa, krudhapada.
Namaning mimi:
imi-imi, mindara, mintuna, mithuna.
Namaning pênyu:
masiran, kêtêm, kêtêmwang, kurma.
Namaning kijing:
wahna, krêmisa, lindhana.
Namaning ece:
daki, karaca, kumira.
Namaning tikus:
wêgèng, wêgyang, pusaka, usthaka, krakitha, brita, jinaddha.
Namaning cêcak:
murti, srêpana, wêrca, wêca-wêca.
Namaning têkèk:
basu, tatmaka,

--- 61 ---

walutru, darnita.
Namaning bunglon:
tanu, saputhata, bisawarna, taruja, kilasa.
Namaning kadhal:
karla, umêtaka, didika, bundhan.
Namaning kodhok:
pas, wiyung, canthuka, wrêstija, weyangga.
Namaning kalabang:
kanaba, manggakala, sirsa, sirusapa, sangkatha.
Namaning wêrna:
kalandaru, winaba, srisawa, lipta, noddha.
Namaning kalajêngking:
kiha, mracika, wricika, karkala, wikatha.
Namaning jangkrik:

--- 62 ---

jota, rikrita, wiksnaddha.
Namaning gangsir:
makri, anggira, kintrangsa.
Namaning coro:
curwa, lipasa, karlaka, wragna.
Namaning kamăngga:
kamamangga, kyaksa, wwarmata, umêng, gumênggêng.
Namaning cacing:
anwil, lusi, nauti, warcita, wrêtija.
Namaning ulêr:
kramira, wrêkita, urta, ratyaka.
Namaning tinggi:
tingyana, kindraka, marusruka, bangsarha.
Namaning sêmut:
brakithi, tutsma, rurinda,

--- 63 ---

kasaryya.
Namaning golèk:
surpa, tima, pratima, upadi, suwarna, surupa.
Namaning êmas:
jêne, kancana, kanaka, rukmi, tatur, iranya, rukmaka, gorata.
Namaning intên:
sela, ratna, ira, spathika, wêdhihan, sotya, aryyas.
Namaning dhuwit:
uwang, kopang, yatra, arta, ardana, sadana, hartawan, danardana.
Namaning wêsi:
tosan, warani, aya,

--- 64 ---

ayah, adih, bêsi.
Namaning watu:
sela, ridang, padsa, polaka, aryyas, gumalasa.
Namaning kayu:
kajêng, kuya, wrêksa, kapwaka, dayaka, bodaya, tahên.
Namaning godhong:
ron, rondhon, dhahon, ryan, patra, lata, trêna, taru.
Namaning pradapa:
suhun, sêhên, komala, laksmi.
Namaning kêmbang:
sêkar, sari, puspa, puspita, kusuma.

--- 65 ---

Namaning woh:
wwah, wyu, pala, palaka, wipula, uma.
Namaning sêkar tunjung:
padma, tarate, sijanu, sarasidya, samawi, kumuda.
Namaning sêkar gambir:
warsiki, puspatigura.
Namaning sêkar kanthil:
cêpaka, sumarsana.
Namaning sêkar srigadhing:
sridênta, writsari.
Namaning sêkar argulo:
hèrgulo, hèrmawar, hèrgundhang, hèrtambang, hèrwara.
Namaning sêkar tanjung:
sêtikung, wangatanjung.
Namaning sêkar sundêl malêm:
sulastri.
Namaning sêkar wora-wari:
wongawari, wongatalindhang.

--- 66 ---

Namaning sêkar saruni:
sarunya.
Namaning sêkar lêngatêlêng:
wongatali, wongatalya, lêngatali.
Namaning sêkar maskênikir:
maskênaka, têpas, kêmbangmas.
Namaning sêkar malathi:
mahalathya, malambwaya, mênur.
Namaning sêkar sriwulan:
basănta, puspajanli, basănta tilaka.
Namaning sêkar nagasari:
nagasantun, nagapuspa, nagakusuma.
Namaning sêkar sănggalangit:
sănggaakasa, sungsungan tariksa.
Namaning sêkar kanigara:
tarnikara.
Namaning sêkar sêmboja:
sambodya, sêmbijang.
Namaning sêkar pudhak:
surabiya.
Namaning sêkar noja:
anuja.
Namaning sêkar kanonga:
puspagiwang, kalak.

--- 67 ---

Namaning orok-orok:
undhatan.
Namaning sêkar sênting:
sangsangan.
Namaning pijêtan:
langsêp.
Namaning kokosan:
limus.
Namaning maja:
majasta, maos, wila, majalungga.
Namaning jêruk:
jêram, limo.
Namaning rambutan:
wunglon, wêwulon, wunglwan.
Namaning asêm:
kamal, amla, kamaligi.
Namaning dhuwêt:
duhêt, kêthilêng.
Namaning kaluwih:
kaotan.
Namaning wuni:
lingan.
Namaning waringin:
kanoya, mandira, gurda, prih.
Namaning turi:

--- 68 ---

panggil.
Namaning katela gantung:
katès, katela gandhul, katela gamblok.
Namaning suruh:
sêdhah, sêrêh, tambula.
Namaning kawis:
kawista.
Namaning pari:
pantun, pantên, parya.
Namaning gêdhang:
pisang

--- 69 ---

Namaning kêpundhung:
kêlorak
Namaning pêlêm:
poh, măngga, ampêlêm.
Namaning jambu:
jambêt, jambus, klampok.
Namaning kuwèni:
kawèni, pakèl, ambawang, poh kawani, poh ambawang, gêkdheyo.
Namaning durèn:
duryan.
Namaning kaleca:
kaledhung.

--- 69 ---

Namaning waru:
wande, ambaru.
Namaning têbu:
rosan, têtêkan.
Namaning têmbako:
sata, tambakya, tambar.
Namaning sukêt:
dukut, rumput, katang-katang, tatêki, sêlaba.
Namaning bulu:
ambulu, ambulya.
Namaning kayu jati:
jatos, jatya.
Namaning kayu tai:
kayu tinja, jatya.
Namaning kayu lêgi:
kayu manis.
Namaning kayu cêndhana:
kêtur, kayu ragas.
Namaning kayu têngguli:
tanggul.
Namaning kayu lêsês:
alêsês.
Namaning kayu tal:
lontar, siwalan.
Namaning têmbalo:

--- 70 ---

têmbajêng.
Namaning timaha:
timaos.
Namaning pring:
bambu, rosan, rampal.
Namaning kahwa:
kopi.
Namaning kalayu:
kalaju, kalajêng.
Namaning randhu:
randhêh, randhya.
Namaning jagung:
jagyanga, jahagung, jahagêng, anjagung, boga.
Namaning otèk:
jawawut, jawawud, yapawutya.
Namaning marica:
mariyos, sarya.
Namaning cabe:
ladha, cabya.
Namaning katumbar:
pênjalang.
Namaning arèn:
ampungan, ogok, kawung, kolang-kaling,

--- 71 ---

alingan.
Namaning widara:
widarya, widinta.
Namaning crême:
crêmèl, kamalagi.
Namaning gayam:
gahyam.
Namaning bêndha:
tombol, bandhya.
Namaning sarangan:
suraka.
Namaning sêmăngka:
watêsan.
Namaning kêpêl:
gêlungan.
Namaning nanas:
ananas, nanasya.
Namaning timun:
antimun, karai, wuru.
Namaning salak:
salyaka.
Namaning jengkol:
jêring.
Namaning pête:
patêt.
Namaning pare:

--- 72 ---

kêtundhu.
Namaning bêstru:
gambas, bilustru.
Namaning kêndhayakan:
sandhuyuhan, tandhuyuhan.
Namaning bêsusu:
bêngkowang, kuwangan.

__________

 


isèn-isèning. (kembali)
ampak-ampak. (kembali)
sinom. (kembali)
pritgantil. (kembali)