Kawi Dasanama, Anonim, 1882, #1905

JudulCitra
Terakhir diubah: 06-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dhesèmbêr 1882

Punika Sêrat Kawi Dasanama, amratelakakên Kawining namanipun ingkang sami gumêlar wontên ing jagad sadaya.

Sapar, Ehe 1812

--- [1] ---

Awignamastu namasidi

Punika ingkang kinarya bêbukaning Sêrat Kawi Dasanama, saurutipun kapratelakakên sadaya kados ing ngandhap punika.

Dasanamaning jagad:
bawana | janapriya | triloka | rat | bumipala | buwana | tribawana | janaloka | warsi.

--- 2 ---

Punika dasananamaning langit:
akasa | wiyati | antariksa |dyut | dikdik | tawang | dyumantara | gêgana | iswara.
Punika dasanamaning srêngenge:
surya | rawi | arka | radeya | aruna.

--- [3] ---

Taksih dasanamaning srêngenge:
baskara | bagaskara | bagaspati | radhitya | basu | arika.
Dasanamaning rêmbulan:
candra | candrama | basănta | sitangsi | lèk | sasăngka | wulan | arki | diwangkara | sitèngsu | maera.

--- 4 ---

Punika dasanamaning angin:
maruta | pawana | prahara | samirana | uswasa | anila | bayu | bajra | pracăndha | aliwawar | lesus | sindhung.
Punika dasanamaning mega:
jaladara | erawan | ima | sisira.
Dasanamaning mêndhung

--- [5] ---

Punika dasanamaning mêndhung:
danu | jaladha | têdhuh | wangkawa | tibêng | limêng | rêmêng.
Punika dasanamaning udan:
warsa | wrêsti | jawuh | jawêh | riris | baruna.
Punika dasanamaning toya

--- 6 ---

Taksih namaning toya:
tirta | warih | sindu | ranu | gangga | sangara | we | tuba.
Punika dasanamaning lèpèn:
narmada | sungiya | banawi | banawa | minaka.
Dasanamaning sagantên

--- [7] ---

Taksih namaning sagantên:
tasik | samudra | jaladri | jaladhiyan | sagara | waudaya | waudadi.
Punika dasanamaning tiyang:
janma | janmi | jalma | nara | manungsa | wong.
Punika dasanamaning ratu

--- 8 ---

Taksih dasanamaning ratu:
nararya | naradipa | narpa | narapati | sri | sribupati | bumipala | sri narendra | sri nata | prabu | narèswara | binathara | buminata | pramudya | sinuhun | susuhunan | katong | raja.
Punika dasanamaning pêpatih:

--- [9] ---

Taksih namaning pêpatih:
adipati | nayaka waktra | mangkubumi | natapraja | nindyamantri | mantri mukya.
Punika dasanamaning tumênggung:
bupati | wadana | arya | nayaka.

Ya ta ing ngandhap punika lajêng amratelakakên namaning wadyabalaning ratu satunggal-tunggalling [satunggal-tunggal...]

--- 10 ---

[...ling] wadya dalah kawajibanipun piyambak-piyambak sami kapratelakakên ing ngandhap punika, sarta uruting pêpangkatan sami dipun têgêsi piyambak-piyambak.

Patih:
parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah para wadya sadaya. Utawi ingkang kapasrahan pangawasa anampurnakakên parentah saulahing panata praja.

--- [11] ---

Adipati:
pangagênging parentah, inggih punika ingkang winênang anampèni parentahing ratu, utawi ingkang kaserenan pangawasaning pêpatih amarentahakên patraping lêlêrêsan.
Senapati:
amangku parentah, inggih punika ingkang winênang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit. Amariksani ingêripun gêlaring prang, anglanglang pringgabayaning paprangan.

--- 12 ---

Bupati:
bawahaning parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah dhatêng bawahipun piyambak. Utawi kalêrêsan anampèni parentah saking pêpatih.
Adipati kupu:
adipati mardika, inggih punika ingkang amadanani para pandhita, utawi para pradikan ing sapanunggilanipun sadaya, winênang amarentahakên saulahing panata agama.
Tumênggung:
dhênggung, utawi têtindhih.

--- [13] ---

Inggih punika ingkang winênang amariksani samukawis lêlampahan ayahaning ratu, saha kabêbahan ulah dêdamêl ingkang dados agêming ratu, sarta kawajiban ananggêl awon saening kancanipun.

Nayaka:
panunggul utawi pangirid. Dening dados pangagênging bala, inggih punika ingkang winênang amatah padamêlaning bawah karerehanipun sadaya.
Wadana:
rai, utawi pangajêng.

--- 14 ---

Inggih punika ingkang winênang dados ulu-ulu patraping padamêlan. Saha ingkang wajib dados pangajênging lampah.

Punggawa:
pangayap, utawi pangawinan. Têgêsipun malih pangampilan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados têtindhihing ampilan upacara kapraboning ratu, utawi angampil parentahing pêpatih.
Ariya:
luhur, utawi padhang, inggih punika santananing ratu ingkang winênang anunggil padamêlan kalihan para wadana

--- [15] ---

utawi para wadana ingkang taksih kalêbêt santana punika wênang sinêbur ariya.
Sinangarya:
sinêbut luhur. Inggih punika para punggawa ingkang winênang anunggil padamêlan kalihan para santana.
Panji:
panunggul. Inggih punika santana ingkang winênang dados pangajênging prajurit.
Pameya:
băngsa linuwih. Inggih punika bangsaning para agêng ingkang winênang dados sêsulih anglampahi [a...]

--- 16 ---

[...nglampahi] padamêlaning para punggawa.
Kaliwon:
kapiji, dening winênang anampèni parentah saking bupati, utawi têgêsipun malih kalih ewon. Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya kalih èwu.
Panèwu:
Golongan. Dening winênang anampèni parentah saking kaliwon, kadhawahakên dhatêng golonganipun. [golongani...]

--- [17] ---

[...pun.] Utawi têgêsipun malih panewon. Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya sèwu.
Mantri:
linuwih, utawi sapocapan. Dening kawênangakên imbalan wacana kalihan para agêng, saha langkung waskitha kadadosanipun ing lampah tigang prakawis. Ingkang rumiyin nistha, inggih punika sagêd anyinggahi patraping lampah ingka[1] dhawah

--- 18 ---

nistha. Kaping kalih madya, inggih punika sagêd anêtêpi patraping lampah ingkang dhawah madya. Kaping tiga utama, inggih punika sagêd angantêpi patraping lampah ingkang dhawah utami.
Arya pêpati:
wadana parentah. Inggih punika ingkang kapitadosan anampèni dhawah anglampahakên parentah.
Arya tiron:
wadana panulad. Inggih punika ingkang kapitadosan [ka...]

--- [19] ---

[...pitadosan] amêmulang ing lampah utami, utawi ingkang kabêtahan amatrapakên sakathahing padamêlan lêrês, saha ingkang winênang anjagèni pandamêling mêngsah.
Aryaleka:
têgêsipun wadana pananggalan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya ahli etanging palak pananggalan sapanunggilanipun.
Aryajămba:
wadana pasucèn. Inggih punika ingkang kapitadosan [kapita...]

--- 20 ---

[...dosan] anglurahi para wadya pangulu toya, ingkang sami ulah rêrêsik salêbêting pura, utawi ngrêsiki pasiramaning ratu.
Arya manguri:
wadana pamudharan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya jêksa, winênang amudhari karampungan ingkang dèrèng lêrês. Kawajibanipun amrayogi lampahing prakawis.
Arya niti:
wadana sêtya. Inggih punika [pu...]

--- [21] ---

[...nika] ingkang kapitadosan anglurahi para wadya gêdhong, winênang anggêmèni kagunganing ratu, saha amariksani damêling para wadya among tani sadaya.
Arya kăndha:
wadana dagang. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya sudagar, kawajibanipun amariksani ingkang sami anglampahakên wêdaling gêgramèn ingkang saking nagari, utawi [uta...]

--- 22 ---

[...wi] lêbêting gêgramèn ingkang saking amăncapraja.
Patya tandha:
amarentah tăndha. Inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabeyan bandar dharat. Kawajibanipun anyêpêng pangawasaning pêkên ing sapanunggilanipun sadaya.
Pêcatăndha:
wêtahing têmbung: pêcatăndha, têgêsipun pamêcat andhaning

--- [23] ---

baita, inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabeyan bandar laut sadaya, kawajibanipun anyêpêng pangawasaning muara sagantên ing sapanunggilanipun.
Tăndha mantri:
mantri tăndha. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pamupu beyaning pêkên.
Ăndhamoi:
pangkataning pangulah, inggih punika ingkang kabêbahan amêmangkat [amêmang...]

--- 24 ---

[...kat] ulahing padamêlan. Ingkang pancèn ulah padamêlan agal utawi lêmbat. Sami pinatah piyambak-piyambak padamêlanipun.
Daksa:
jêjênêng. Inggih punika wadya jêksa ingkang kabêbahan angrampungi lêlêrêsaning prakawis.
Jambaleka:
padhang wulan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juru amariksani samukawis. Saha

--- [25] ---

Taksih jambaleka:
winênang amot amêngku wisesa dhatêng prakawisipun tiyang ulah wisaya amêndhêt ulam toya.
Pujăngga:
ulah pamêsu raga. Inggih punika ingkang kabêbahan anganggit cariyos mawi kasêkarakên. Kawajibanipun amêmantês uruting ukara kalihan amatrapakên tatakramaning sêrat kintunan ingkang sagêd angrapêtakên ing arênggang.

--- 26 ---

Panjang jiwa:
wêtahing têmbung: panjang jihwa, têgêsipun lidhah panjang, inggih punika ingkang kabêbahan andhawahakên parentah.
Ulubalang:
pangajênging pacalang, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru anglampahakên sêrat.
Anggandhèk:
anyandhik. Inggih punika ingkang tinêdah angêmban timbalaning ratu, utawi ingkang kabêbahan angrukti pirantosing pagantenan.

--- [27] ---

Kabayan:
lantaran. Inggih punika ingkang kabêbahan dados lantaran andhawahakên parentah.
Angabèi:
angimpuni, dening anarambahi lampahipun ing padamêlan sadaya.
Dêmang:
cêcêpêngan utawi bêbundhêl. Inggih punika ingkang kabêbahan anyêpêng padamêlan bawah padhusunan. Utawi kapitadosan anyêpêng sakathahing lêlangên [lêla...]

--- 28 ---

[...ngên] busana karajan sapanunggilanipun. Winênang amêmantês panganggèning para wadya sadaya.
Răngga:
wêwêngku utawi pangrêngga. Inggih punika ingkang kabêbahan anyaèni sawêwêngkoning bawahan. Winênang amangun sêsikon padalêman salêbêting pura, miwah angrakit pasanggrahan.
Kandhuruhan:
paserenan. Inggih punika ingkang kaserenan dhawah utawi anampurnakakên [anampur...]

--- [29] ---

[...nakakên] parentah.
Pasêpan:
têtêlik. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pangingsêp-ingsêp samukawis.
Pamotan:
pangêmotan. Inggih punika ingkang kapitadosan amingit wêwadosing ratu.
Karêrêngan:
kawingitan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juruning panglanglang salêbêting pura.
Kajinêman:
kasidhêman. Inggih punika [pu...]

--- 30 ---

[...nika] ingkang kabêbahan dados juru panglanglang salêbêting praja.
Pandêlêgan:
panêngkêlan. Utawi panênungan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juru tênung miwah juru nujum ingkang băngsa pêpetangan sapanunggilanipun.
Palimpingan:
pralambangan. Inggih punika ingkang kapitadosan ulah jangkaning nagari.
Pasingsingan:
sabarangan. Inggih punika [puni...]

--- [31] ---

[...ka] ingkang winênang ambawahakên para wadya griya sadaya.
Salingsingan:
salisiban. Utawi saliringan. Inggih punika ingkang winênang ambawahakên para wadya anon-anon sadaya.
Pakulupan:
pamagangan. Inggih punika ingkang winênang angrèhakên para wadya pamagangan sadaya.
Pangalasan:
juru wêwanan. Inggih punika ingkang kabêbahan amêndhêt kajêng dhatêng wana.

--- [32] ---

Tuwaburu:
tukang ambêbujêng. Inggih punika ingkang kabêbahan amêndhêt sato wana, winênang angrêramu sato galak.
Wuruk:
kusiripun ing titihan padhati.
Mantri panglima:
mantri mănca gangsal. Inggih punika pangagênging mantri amănca dhusun, alênggah mantri panèwu.
Umbul:
pêpundhèn. Inggih punika ingkang dados wadananing têtiyang padhusunan, [padhusu...]

--- [33] ---

[...nan,] alênggah mantri panatus.
Bêbuyut:
sêsêpuh. Inggih punika ingkang dados kamisêpuhing têtiyang padhusunan. Alênggah mantri panèkêt.
Adèn-adèn:
kaluwihan. Inggih punika ingkang dados guru utawi panguluning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah mantri panglawe.
Lurah:
ulu-ulu, utawi kapala, têgêsipun malih [ma...]

--- 34 ---

[...lih] pangajênging panggenan. Inggih punika ingkang kawênangakên dados sêsirahing padamêlanipun têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing mantri panglawe.
Patinggi:
pamangkat. Inggih punika ingkang kawênangakên amêmangkat padamêlaning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing lurah.
Bêkêl:
têngga utawi tênggah. Têgêsipun malih

--- [35] ---

ancêr. Inggih punika ingkang kawênangakên rumêksa awon saening padhusunan. Alênggah sapalihing patinggi.
Paragak:
guru, utawi pakah, inggih punika ingkang kabêbahan anglêrêsi prakawisipun têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing bêkêl.
Sikêp:
pirantos. Inggih punika têtiyang alit [ali...]

--- 36 ---

[...t] ingkang anyanggi damêl. Alênggah sapalihing paragak.
Karaman:
arahan. Utawi anjrahan. Inggih punika têtiyang alit ingkang botên anyanggi damêl. Amung ngindhung abarak sakawan kemawon.

Punika wêwijanganing namanipun para priyantun satunggal-tunggal. Nama saha lajêng tinêgêsan. Kados ing ngandhap punika.

Panji andaka:
tungguling bêbanthèng.

--- [37] ---

Inggih punika lêlurah ingkang dados sosoran pangajênging prajurit.

Wirancana:
prajurit sanglingan. Inggih punika prajurit miji.
Wiraraja:
prajurit karajan. Inggih punika prajurit lêbêt.
Wirasinga:
prajurit pikuwat. Inggih punika prajurit jawi.
Wirasari:
singa barong, inggih punika prajurit ingkang rumêksa para pawèstri.

--- 38 ---

Suratani:
kakêndêlaning tani. Inggih punika prajurit dhusun.

Ing ngandhap punika jarwanipun namaning ratu, utawi para santana abdi ingkang dèrèng kasêbut ing ngajêng wau, sami dipun jarwani namanipun piyambak-piyambak.

Sêbutaning namaTêgêsipun
Ratu:anyarambahi
Gusti:rahsa gunêm.
Pasêbutan.
Bêndara:aub-aub = sêsêpuh.
Kangjêng:ingkang suku.

--- [39] ---

Susuhunan:pêpundhèn.
Panêmbahan:panyêmbahan.
Pangeran:pangawulan.
Ariya:luhur = padhang.
Panji:têtunggul.
Rahadèn:sêsotya, bagus.
Kiyai:sêsêpuh, minăngka kaki.
Pangulu:sêsirah = pangajêng.
Santri:magangan, panakawan.
Pakathik:panganthi.
Pagondhal:panggondhol.
Jajar:jèjèr = rampak.

--- 40 ---

Têlas têgêsipun nama para abdining ratu ingkang sami anyanggi damêl. Ing mangke amangsuli uruting dasanama kang sampun kasêbut ing ngajêng, candhakipun ing ngandhap punika.

Dasanamaning gêni:
dahana | pawaka | brahma | panjuta | brama.
Dasanamaning lagar:
unu | dahanala | siking | apuy | apiy | dhidhika.
Ing ngandhap punika dasanamaning bumi

--- [41] ---

Dasanamaning siti:
bumi | siti | pratala | bantala | kisma | atana | pratiwi.
Dasanamaning gunung:
prawata | prabata | wukir | acala | arga | ardi | himawan | maendra | giri |

--- 42 ---

mèru.
Punika dasanamaning alas:
wana | wanadri | bana | siluka | wanawasa | wawrita.
Punika dasanamaning kêkayon:
kêkayun | kêkajêngan | taru-taru | tarwa.
Punika dasanamaning pratapan:
padhepokan | palinggitan |

--- [43] ---

pasamadyan | pahênêngan | pasubratan | kawakyan | kapadyan | pasdyan.
Punika dasanamaning pandhita:
bagawan | maharsi | mahayêkti | mahamuni | muniwara | widhi wacana | supadya | sunyata.

--- 44 ---

Taksih pandhita:
subrata | mahahêning | kawakya | wiku | mahabrata.
Namaning sosoran pandhita:
ajar | wiyata | jêjanggan | bêbuyut | puthut | bangbang | cantrik | cêcèkèl | manguyu | ulu guntung |

--- [45] ---

indung-indung | ubon-ubon.
Punika dasanamaning pujăngga:
kawiswara | muniwara | maharjana | prawyata | mandraguna | nawungkridha | sambegana | mardibasa | kawindra | kawarja.
Punika dasanamaning ula:
sarpa | taksaka |

--- 46 ---

sawêr | aliman | bujăngga | walika | prawisa.
Punika dasanamaning manuk:
kukila | paksi | kaga | patuka | briyaka.
Punika dasanamaning buta:
danawa | rasaksa | janawrêka | yaksa.

--- [47] ---

Taksih dênawa:
ditya | diyu | wil | kujana | raksasa | narasingha.
Punika dasanamaning macan:
singha | sima | pragalba | sardula | wikridhita.
Punika dasanamaning cèlèng:
sungkara | gotaga | cêlêngan.

--- 48 ---

Taksih dasanamaning cèlèng:
waraha | wribaka | durhăngsa | jera.
Punika dasanamaning banthèng:
andaka | andhanu | danuka | lêlawung | lêlaki | anggambira | surabaka | pringgabaka | danupaya.
Punika dasanamaning manjangan: [m...]

--- [49] ---

[...anjangan:]
samsam | sangsam | kardhi | kucula | kubraja.
Punika dasanamaning kêthèk:
rewanda | wre | kênas | wanara | kuthila | kunara | palwaga.
Punika dasanamaning gajah:
èsthi | dipangga |

--- 50 ---

dipăngga | dirada | diradhaka | dwipa | waniti | matangga | liman | madanta.
Punika dasanamaning jaran:
turăngga | wajika | undhakan | kalêngki | aswa | kuda | kapal.

--- [51] ---

Punika dasanamaning kêbo:
maesa | misa | mundhing | trêbayan | mandhanu | iwaka.
Punika dasanamaning sapi:
lêmbu | gumarang | andana | gora.
Punika dasanamaning wêdhus:
maenda | maendha | mimika.

--- 52 ---

Punika dasanamaning asu:
kucika | cêmêra | sona | srênggala | sêgawon | tusa | anjinga | wrêka | cikaya.
Punika dasanamaning kucing:
pusa | kusingha | pisa | sardulawangsa | cêmraya | singhagraha.

--- [53] ---

Punika dasanamaning pitik:
sata | kruwaka | ekraya | ayam.
Punika dasanamaning bèbèk:
cakrawaka | ririka | wesaba | lur mangsa.
Punika dasanamaning banyak:
ăngsa | cor balwa | maklinga | wetana |

--- 54 ---

wesaba.
Punika namaning pêksi pritgantil:
kudhasih | tidharsa | mamlinga.
Punika dasanamaning kombang:
brêmara | tuskara | madukara | madubrata | tusari | sadpara | maririka.
Punika dasanamaning ulam toya:
mina | jita |

--- [55] ---

wyangga.
Punika dasanamaning griya:
wisma | graha | wangun | bale | gothaka | dalêm | omah | yasa | panti.
Punika dasanamaning paturon:
patilêman | pasuptan | pajungutan | tilam | pamrêman |

--- 56 ---

paprêman | tilamsari | pakêjêpan | panendran | pagulingan | pakulinan.
Punika dasanamaning pamujan:
pamêlêngan | pasamadèn | pacrabakan | pahêningan | pahênêngan | pamudyan.
Punika dasanamaning lawang:
pintu | gopura |

--- [57] ---

goyasa | wiwara | kori | dwara.
Punika dasanamaning awak:
wanda | angga | ăngga | sarira | bahadan.
Punika dasanamaning êndhas:
murda | utamangga | têndhas | mastaka |

--- 58 ---

sirah | kapala | puka.
Punika dasanamaning rambut:
keswa | rema | wèni.
Punika dasanamaning rai:
muka | pasuryan | paraupan.
Punika dasanamaning mata:
netra | aksi |

--- [59] ---

tingal | mripat.
Punika dasanamaning irung:
hraga | nusika | pangsêpan.
Punika dasanamaning cangkêm:
lathi | lesan | tutuk.
Punika dasanamaning gulu:
jăngga | tênggêk | ondhanga |

--- 60 ---

Punika dasanamaning dhadha:
jaja | krudha | wijangan.
Punika dasanamaning tangan:
asta | sikara | sweda | buja | bahwa | bau.
Punika dasanamaning wêtêng:
padharan | garbaya | dhara | udara |

--- [61] ---

udaya | pamhwat.
Punika dasanamaning ati:
nala | wardaya | sita | tyasya | manah | driya.
Punika dasanamaning sikil:
suku | sampeyan | pada | paduka | daga |

--- 62 ---

jêng | jung.
Punika dasanamaning kulambi:
bajo | baju | rasukan | wingkisan.
Punika dasanamaning sabuk:
paningsêt | taliwanda | mêkêk madya.
Punika dasanamaning bêbêd:
bêbêr | wastra | sinjang.

--- [63] ---

angkinangga | nyamping.
Punika dasanamaning kêris:
curiga | katga | dhuhung | wangkingan | brajangga.
Punika dasanamaning ali-ali:
sim-sim | kalpika | sêsupe.
Punika dasanamaning kalung:
ekal | sangsangan.

--- 64 ---

Punika dasanamaning wit-witan:
taru-taru | karang | itri |[2] kirna | ywaman | pasryan | trêsan | kêkaywan.
Punika dasanamaning kêkayon rêbah:
prabatang | patêngklan | wrêksa | padlêgan |[3] balwaka | glandhwang.

--- [65] ---

Punika dasanamaning godhong:
rondhon | ron | patra | dhaon | rwan | dhahwan.
Punika dasanamaning kêmbang:
puspa | puspita | sari | bungaha | skar | gandaka | paslagan.
Punika dasanamaning uwoh: [u...]

--- 66 ---

[...woh:]
Punika dasanamaning uwoh:
pala | wagdra | wwah | wwaha.
Punika dasanamaning oyot:
lata | suktala | mingmanga | ywat | purusa | akratadha.
Punika dasanamaning talutuh:
taltêh | taltah |

--- [67] ---

puwatêtan | slakêt.
Punika dasanamaning karingêt:
swanita | wyangga | tirtangga | esyangha | eswak.
Punika dasanamaning êluh:
saspa | wayaksika | mrapaya.
Punika dasanamaning idu:
ludha | wedhara.

--- 68 ---

Punika dasanamaning tumbak:
watang | lawung | gala | talêmpak | dor | cuh-cuh | tuhuk | ganjura.
Punika dasanamaning panah:
warastra | sara | sanjata | astra | warayang | jêmparing | naraca.

--- [69] ---

Punika namaning jêmparing kasêktèn:
bramastra, têgêsipun jêmparing latu | barunastra, têgêsipun jêmaring[4] mawi jawa | naraca, têgêsipun jêmparing ewan | saradumilah: têgêsipun jêmparing mawa cahya | sanjata pawana: têgêsipun jêmparing mêdal prahara.
Punika dasanamaning gandhewa:
capa | danu | langkap | suksara | tomara.
Punika dasanamaning wêwadhah:
kotaka | kardhaka | tampata | gatha |

--- 70 ---

pêtika | krêdha | baba | cêpura.
Punika dasanamaning dhuwit:
picis | ardaga | arta | dana | sumrêta.
Punika dasanamaning sandhang mangangge:
busana | subangga | kuswaraga | dandan.

--- [71] ---

dangdos | sawega | mangrasuk.
Punika dasanamaning bapa:
rama | yayah | sudarma | bapaka.
Punika dasanamaning biyung:
bibika | rena | sudarmi | babu | mibu | êmbok.

--- 72 ---

Punika dasanamaning anak:
tanaha | wêka | atmaja | siwi | siwaya | putra | suta | sunu.
Punika dasanamaning bojo:
garwa | rèni | garwita | swami | somah | jodhwa.
Punika dasanamaning tuwa: [t...]

--- [73] ---

[...uwa:]
Taksih namaning tuwa:
tuha | warda | wrêda | spuh.
Punika dasanamaning panêngah:
pamade | pamodya |[5] pramadi | matula.
Punika dasanamaning ênèm:
taruna | mudha | anyam | taruni.
Punika dasanamaning sadulur

--- 74 ---

Taksih lajêng dasanamaning sadulur:
kadang | sudara | sabaga | sarena | sabibi.
Punika dasanamaning sanak:
kadeyan | sawarga | sawita | santana | sabraya.
Punika dasanamaning kakang:
graja | rakwa | kaka.

--- [75] ---

raki | raka | darmangka.
Punika dasanamaning adhi:
yayi | ari | rayi | antên.
Punika dasanamaning kaponakan:
pulunan | putrayan | mrasuha | kapedhanan | jawangsa.
Punika dasanamaning batur: [b...]

--- 76 ---

[...atur:]
abdi | dasih | kawula | rencang | punakawan | bal | panêkar | lêskar. Punika dasanamaning prasanakan: prasobatan | mêmitran | pasudharan | prawargan | kêkadangan | pakulinan | pawong mitra.

--- [77] ---

Punika dasanamaning garwa ratu:
pramèswari | pramèswara | swamindra | narpadayita | sori | narèswari.
Punika dasanamaning putra ratu:
narpatmaja | narpaputra | narendraputra | darmaja | darmaji | rajaputra | surendra | narpasiwi |

--- 78 ---

narpasunu | atmajendra | prabusiwaya | sipayendra |[6] rajasiwaya | darmendra.
Punika dasanamaning senapati:
senaraja | senanata | surènglaga | wiramanggala | wirasena | manggalèng prang | surèngkewuh | nrangbaya | nrangwèsthi |

--- [79] ---

danupaya | senaraja | senapraja | wirapraja | sindusena | pratiwanung | surèngbala | natayuda | mangkuyuda | mangkudilaga.
Punika dasanamaning nagari:
praja | pura | puraya | nagara | radya | rajadhan | kutha |

--- 80 ---

srimandhala.
Punika dasanamaning utusan:
duta | caraka | kèn-kenan | prajaka | gandhèk | codaka |[7] saralathi | panjang jihwa | kabayan | wimbasara.
Punika dasanamaning layang-layang:[8]
kintaki | wilapa | pustaka | supatra | ksara |

--- [81] ---

nawala | pratandha | pratisara | pyagêm | srat.
Punika dasanamaning prajurit:
pratiwa | prawira | sarjana | pragola | pragosa | prayudha.
Punika dasanamaning aprang:
uklaya | ayuda | ajurit |

--- 82 ---

alaga.
Punika dasanamaning kêkêrêngan:
pancakara | pancabakah | brêwala.
Punika dasanamaning nêpsu:
bramatya | duhka | gadgada | madêgsura.
Punika dasanamaning mêmisuh:
macara-cara | mêmbaga | sot-sot | ngundha-tundhat[9] |

--- [83] ---

ngumanuman |[10] ngundhamana | mêmêsêh.
Punika dasanamaning sakit manah:
runtik | rêngu | sêrêng.
Punika dasanamaning susah:
sungkawa | duhkita | hrêdaya | rudita | rudatin | sêkêl | prihatin |

--- 84 ---

kinkin | rêntêng.
Punika dasanamaning lara:
kapidhara | gêrah | roga | sakit | kêklangga | anggalaya.
Punika dasanamaning tatămba:
usada | usadi | pawitrangga | martangga | lêmar |

--- [85] ---

jêjampi | obwata.
Punika dasanamaning waras:
waluya | nirmala | saras | sênggang | nirroga | niskala.
Punika dasanamaning pati:
palastra | pjah | murud | mindra | antaka | layat |

--- 86 ---

luyut | lênyêp | lampus | padhêm | seda | surud.
Punika dasanamaning kalêngêr:
kajantaka | kantaka | gumuling | sumaput | kapilêng.
Punika dasanamaning kataton:
kabranan |

--- [87] ---

kaprajaya | kaprawasa | katatwan.
Punika dasanamaning kasor prang:
kalindhih | katitih | kasoran | kajayan | kasêsêr.
Punika dasanamaning ajrih:
miris | giris | katrêsan | ulap | liris | wrinwrin | lèrèl.

--- 88 ---

Punika dasanamaning kapalayu:
kaplajar | kapalajêng | kabujung | kaplaksana | kabuya | kaburu | koyak.
Punika dasanamaning kacandhak:
kacêpêng | kaasta | krêgêma | kaskêl | kamêl.
Punika dasanamaning kabănda: [k...]

--- [89] ---

[...abănda:]
kapikut | katawan | pinusara | sinangkali | binêsta | winayuyung.
Punika dasanamaning têluk:
nungkul | mintajiwa | srah jiwa | minta kupama | matundhuk | mandhêk.
Punika dasanamaning têtunggangan:
swandana |

--- 90 ---

puspaka | wimana | titihan | wahana | tumpakan | munggwan.
Punika dasanamaning wêngi:
ratri | kulêm | titisunya | ratrikala | dalu.
Punika dasanamaning awan:
ari | arika | syang |

--- [91] ---

prabarka | markaya | wijanarka | marka.
Punika dasanamaning padhang:
pajara | pajar | tarawanga | trangga | rasi.
Punika dasanamaning pêtêng:
tidhêm | rêmêng | limêngan | dhêt-dhêt | maglapa.

--- 92 ---

Punika dasanamaning lanang:
jalu | jalêr | priya | kakung.
Punika dasanamaning èstri:
wadon | wanudya | pawèstri | dyah | stri | darini.
Punika dasanamaning garimis:
krêmun | caracap | truh |

--- [93] ---

têrêh | awun-awun | rêrawun.
Punika dasanamaning calèrèt:
cararat | cancala | kilat | thathit | lidhah | obar-abir | sêsiring.
Punika dasanamaning galudhug:
glêdhêg | guruh | guntur |

--- 94 ---

gêtêr | goraya | gêntur.
Punika dasanamaning balêdhèg:
mawrahas | wrahaspati | glap | wrêstika | mapilêng.
Punika dasanamaning jawah adrês:
musus | mêsês | mrakêmpa | sumêmbur | balbah |

--- [95] ---

sêg-sêg | drês.
Punika dasanamaning banjir:
umrika | rob | mlahar | mlapar | mlabar | bna.
Punika dasanamaning baita:
palwa | jakung | jong | parau.
Punika dasanamaning sudagar: [s...]

--- 96 ---

[...udagar:]
Punika dasanamaning sudagar:
nangkodha | bahnija | sudhana | suharta | rajadana | sadhana | pararta | mahardana | krêtidana | krêtyarta | mardyarta.
Punika dasanamaning momotan:
mwat-watan | bwat-bwatan | ojotan | mandhulan.

--- [97] ---

Punika dasanamaning kanthong:
karumba | kandil | kandhi | kêkompol | kasang | êsak | karung.
Punika dasanamaning sorot:
praba | hera | ujwala | jwalita | sunar | ulad | sayêmpraba |

--- 98 ---

kênyar.
Punika dasanamaning êmas:
rukmi | tatura | kancana | sauna | jneka | surêtna.
Punika dasanamaning wêsi:
garita | balitung | dhêdhêgan | grindan | parwan | palwanan | tosan.

--- [99] ---

Punika dasanamaning pagêr:
saroja | jaro | jarwa | tabaga | btheka | sêsadi | jarjêg.
Punika dasanamaning gêgawar:
sawi | sawar | wawar | kêkênthêng | talicara | hwar-hwar.
Punika dasanamaning tugu watês: [w...]

--- 100 ---

[...atês:]
dêdêkan | jêksa | wêwayang | turus | anjir | dhadhêhan.
Punika dasanamaning dhusun:
banarja | dhkahan | dhesa | banasri | dhukuh | dhêkah | banjar.
Punika dasanamaning wit asêm: [a...]

--- [101] ---

[...sêm:]
Taksih lajêng dasanamaning asêm:
amla | kcutaka | sinwam | aswam.
Punika dasanamaning karambil:
nyu | tirisa | kalapa | kapeka | kameta | puntiran | puyêhan.
Punika dasanamaning pring:
dlinga | carangga |

--- 102 ---

dhurika.
Punika dasanamaning lêmpuyang:
tilarsa | tampuyang | jalirih.
Punika dasanamaning abrit:
rêta | merah | bang | jingga.
Punika dasanamaning irêng:
krêsna | jamus | cmêng | cêlêng |

--- [103] ---

tanu | ngus | lamus | langking.
Punika dasanamaning ijo:
wilis | ijêm | rêrênyêpa.
Punika dasanamaning kuning:
jênar | pita | jne.
Punika dasanamaning putih:
pingul | seta |

--- 104 ---

danta | pthak | wilantên.
Punika dasanamaning bêning:
wêning | santa | maya | jămba | dlinga | nlah.
Punika dasanamaning ilang:
ical | nir | nis | murca | lwas.

--- [105] ---

Punika dasanamaning kesah:
mentar | linggar | lungha | miruda | mindra | mahas | menggar | wisata.
Punika dasanamaning andhêlik:
sênêdan | singidan | umpêtan | limpêt | mêmpên.
Punika dasanamaning anginjên: [a...]

--- 106 ---

[...nginjên:]
anginte | angingsêp | angintip | manlika | andhodhok | dêdingkik.
Punika dasanamaning mirêng-mirêngakên:
manilingkên | madlingkên | marênggyakên | mangisêp-ingsêp | marênga-rênga | mètrênga.
Punika dasanamaning anamur:
anamar | anandi | masandi |

--- [107] ---

namun | mor-mor.
Punika dasanamaning sukêt:
rumput | dhukut | kêkatang | rênggêt | rêrêngkêt | rungkut | dukut.
Punika dasanamaning aling-aling:
nanda | têtèbèng | warana | kêkêlir |

--- 108 ---

têbêng | tèdhèng | gêbra | tamèng.
Punika dasanamaning cagak:
dêksaka | rêksaka | jênggraha | jangwisma | hwat-hwat | madaha.
Punika dasanamaning candhela:
pantera | tingkapa | janila | prabaja |

--- [109] ---

prabaka | maeran | kantera | marapika.
Punika dasanamaning kêkobongan:
gowisma | krobongan | gopanti | pêpajangan | pajêgan | patanèn | tilam madya.
Punika dasanamaning pakiwan:
pajamban | pasucyan | pabongan | padusan.

--- 110 ---

Punika dasanamaning mangan:
nadhah | amboja | bojana | amboga | nêdha | nêpta | dhahar.
Punika dasanamaning angombe:
minum | ngumwe | nginum | mansêp | ngop | nrot | sêp-sêp.

--- [111] ---

Punika dasanamaning anginang:
mucang | nyêrêh | nydhêh | mangganhyan | manigan.
Punika dasanamaning udut:
sês | ngalcisa | ngumbrada | lêsêsa | tbag binonga.
Punika dasanamaning sisig:
lathi | manggigi.

--- 112 ---

Taksih dasanamaning sisig:
mangêsika | ngraras waja | mangêngêsa | mambêlêt gusika | masri muka | manitya.
Punika dasanamaning susur:
manasar | panaswar | nambêk ludha | swar-swar | sumpla | tambak waya | tambak lupaka.
Punika dasanamaning pêpaès: [p...]

--- [113] ---

[...êpaès:]
Taksih dasanamaning pêpaès:
pahyas | mandara | mandaraka | mawrêna | mawrêni | mapilis | tasikan | srimukya.
Punika dasanamaning mangangge:
mangrasuk | mabusana | masriwanda | ngraras angga | dandan | dandos.
Punika dasanamaning gêgêlung: [g...]

--- 114 ---

[...êgêlung:]
makeswa | maukêl | uklan | tapwèni | glungan | maglung | tap rema | ngraras wèni.
Punika dasanamaning cêcundhuk:
sangsangan | puspwanuji | têtêglung | sêsemyok | skar suji | sarikeswa.
Punika dasanamaning sêsumping: [s...]

--- [115] ---

[...êsumping:]
Taksih lajêng dasanamaning sêsumping:
puspakarna | karnanteya | karna sri | kêkiping | monceka | mnangsang.
Punika dasanamaning unyêng-unyêngan:
munyêngan | mundrèn | pusran.
Punika dasanamaning êmbun-êmbun:
sundhulan | dêdêlan | dul-dulan |

--- 116 ---

ktêgan | têmbwatan | cumlêngan.
Punika dasanamaning bathuk:
rap-rapan | larapan | mujwalan | mujwalitan.
Punika dasanamaning alis:
imba | macaya | kêkuwung | imbwaya.
Punika dasanamaning pipi: [p...]

--- [117] ---

[...ipi:]
Taksih dasanamaning pipi:
juring | paarasan | pangingspan | pahingspan | mambungan | pambêtan | pakuswan | juringa.
Punika dasanamaning gulu:
jangga | jăngga | tgêg | lungaya | wijangan | lunggatan.
Punika dasanamaning susu:

--- 118 ---

prêmbayun | payudara | mamlêkan | sêsêpan | sêp-sêp | prapuhan | êmpènga | sandha | wkanguman.
Punika dasanamaning kawadonan:
baga | waga | turwaka | èstrika | sutawan | manikêm.

--- [119] ---

Punika dasanamaning pajalêran:
kucika | kumlika | purusa | gurunga | jalwika | mlakika | jaluka | manika | gotula | culwaga.
Punika dasanamaning anunggil tilêm:
marahsa | sanggama | mrêma langên | datwuha | pulangraras |

--- 120 ---

pulangjiwa | pulangkarsa | asmara | asmaragama | asmaratura | asmara turida | wor jiwa | pulangrêsmi | rasmika | sahwata | maklina | manêpta | nrêswaka | moratma | macampura | mor raswa | mong luluta.

--- [121] ---

Punika dasanamaning gamêlan:
pradăngga | mradăngga | pradangga | găngsa | nanta | surendra | sundarila | miswara.
Punika dasanamaning talèdhèk:
tandhêk | tandhak | lenggot bawa | anggatura | masisringa | mikanyaka.
Punika dasanamaning badhut: [b...]

--- 122 ---

[...adhut:]
gêcula | lunyat | macara-cara | mênthurang | guyêng | gêcul | lucwan | lalawora | mênculan | madrêngès | maturacara | glègès | gulang-gulang.
Punika dasanamaning bangsat:
gêtho | bradhat | kêmplèk |

--- [123] ---

mtayap | manbrat | wangsat | mandurat | culika.
Punika namaning bangsat èstri:
thuyul | jmigul | manylêra | durtastri | lanji | mlatah | gladrah.
Punika dasanamaning èstri awon solah:
sêmbèr | lèwèr | sêmprèl |

--- 124 ---

kopmèl | mènthèl | conal | uwèg-uwèg | magondrok | duskarta.
Punika dasanamaning oblo:
sundêl | jaliri | glodrèh | lènjèh | lanjika | sontrang | lonthe.
Punika dasanamaning maling:
duratmaka | durjana |

--- [125] ---

durlaksana | pandung | ratrika | mandingkika | minte-inte | durangga.
Punika dasanamaning tiyang miskin:
mudra | sudra | kêkerwa | mamwinlaka | prmana | mariminta | nisthaka | mêmasiha | papweka |

--- 126 ---

mismisa | druhaka | papa.
Punika dasanamaning tiyang mlarat:
sangrara | citraka | nisdana | nirarta | tampunya | masrêda | mlasika | mawilasa | rêpwata.
Punika dasanamaning tiyang sugih:
supunya | sudana |

--- [127] ---

suharta | sukarta | drêbala | grêbarta | martaka | mardika | danèswara | martana | mardana.
Punika dasanamaning tiyang singgih:
iswara | kuncara | kapama | prawara | janardana | dinama-dama | prayayi |

--- 128 ---

wibawa | wirya | tiyasa | wandhawa.
Punika dasanamaning patrap sae:
susila | sulaksana | subawa | sucara | sucala | sunada | sujihwa.
Punika dasanamaning warni sae:
suwanda | suwarna | surupa | sutanggaya.

--- [129] ---

Punika dasanamaning trah linuwih:
sujita | subraya | sudhangsa | suwrêga | sutdhaka.
Punika dasanamaning têmên:
yêkti | tuhu | byakta | satya.
Punika dasanamaning goroh:
linyok | dora | dyustaka | dutra |[11]

--- 130 ---

cetuhwa | nisatya | tambyakta.
Punika dasanamaning cacad:
ceda | cedaka | weda | wedaka | meda | medaka | cèd | cadcad.
Punika dasanamaning angawoni tiyang:
maeka | misaya | inupaya | piniala |

--- [131] ---

pinarantèn | igupadi.
Punika dasanamaning mirantosi sae:
nyaranani | miguna | mikêna | miknani | masarati | manikara.
Punika dasanamaning tiyang angèngèr:
suwita | suhita | ngawula | ngamba | madasih | ngêngera | ngabdi |

--- 132 ---

makathik | makparêk | mangutika | mawanga.
Punika dasanamaning kacêlakakên ing Gusti:
parêk | piniji | pinitaya | kapiji | sinêlir | kasarira | kawarga | kaparêk | kapilih | kapêdhak.
Punika dasanamaning botên angsal sih: [s...]

--- [133] ---

[...ih:]
Taksih lajêng tiyang botên angsal sih:
katiwar | kasingsal | kaèsi | bineda | kadinoh | kasimpar | tinimpar.
Punika dasanamaning tiyang angsal duka:
binêndon | dinuhkan | sinêrêngan | rinuntêkan |[12] rinêngon | inujaran.
Punika dasanamaning nêpsu: [n...]

--- 134 ---

[...êpsu:]
bramatya | bêndu | rêngu | krodha | mangkrak | duka.
Punika dasanamaning kagèt ing duka:
kabangan | mênpêng karna | kagyat | mawinga-winga | madêgsura.
Punika dasanamaning sarèh ing duka:
lilih | lêlah | sarănta | rèrèh.

--- [135] ---

Punika dasanamaning amisuwur:
kasusra | kaloka | kuncara | kabawa | kalok | kacarita | kawursita.
Punika dasanamaning manah alim:
paramarta | sadu | sadubudya | sumarta | martaka | susanta.
Punika dasanamaning angapura: [a...]

--- 136 ---

[...ngapura:]
mangaksama | inamura | inaksama | minarma.
Punika dasanamaning sumêlang:
wancak driya | walang-ati | sadeya | tahandriya | taha-taha | walang-driya.
Punika dasanamaning pakewuh:
wèsthi | bêbaya | pringga | pakèwêd.

--- [137] ---

Punika dasanamaning rêmên:
karênan | cita | dhmên | snêng | kaasih.
Punika dasanamaning kangên:
onêng | karsita | kaarsita | kadriya.
Punika dasanamaning susah:
sungkawa | sokaya | rêntêng | ribêng |

--- 138 ---

hrêdaya | duhkita | sangsaya.
Punika dasanamaning bingah:
suka | trustha | arsa | kaarsan | bunghah | sukika | anggambira tyas.
Punika dasanama swaraning angguyu:
sumyak | giyak | mangikika | ckakak |

--- [139] ---

maguguk | makruwuk | magruyuk | masênggak | malatah | marnyah | mangèkèk | magwèk.
Punika dasanamaning anangis:
karuna | mular | tanghis | drawaya | drawat waspaya | muhun | manênggrêg.
Punika dasanama sambating tangis: [t...]

--- 140 ---

[...angis:]
maringi-kringik |[13] ngaruara | nguca-pucap |[14] sêsambwat | mladati | mlantik | mlasasita.
Punika dasanamaning nulung tangis:
ngrêrapu | nglêlipur | ngimur-imur | manghnêng-hnêng | mangrapu | ngarih-arih.
Punika dasanamaning mamrih sihing pawèstri:
ngrumrum | ngungrum | manuhara |

--- [141] ---

rinêmih | mêmalad | malad-sih | malad-driya | mamèt prana | manadokara.
Punika dasanamaning amêksa:
wirudha | rudapaksa | srênggara | goragadha | nrênggara | bandawasa | gigirwa.
Punika dasanamaning kalêson:
kalêswan | kaluluhan | karêpwatan |

--- 142 ---

kalaratan | katrêsan | marlupa | nirbudyaka | kalarutan | kantu.
Punika dasanamaning kaêmban:
sinambut | pinondhong | sinumbita | inojong | inêmban.
Punika dasanamaning pinilara:
ginitik | pinukul | winisesa | siniasat |

--- [143] ---

siniksa | pinidana | pinisakit.
Punika dasanamaning pêpêjak:
sindura | wdhak | bobok | parêmyang | konyoh | wêwjak.
Punika dasanamaning kulambi:
rasukan | bajo | wingkisan | kewastra |

--- 144 ---

Punika dasanamaning sabuk:
paningsêt | taliwanda | mêkêk madya | pusarangga | kêt pinggang | wêwênting | pansêtan | mahwêt | wêt-wêt.
Punika dasanamaning bêbêt:
angkina | wastra | nywamping | sinjang | nyamir | swamir.
Punika dasanamaning kathok: [k...]

--- [145] ---

[...athok:]
Taksih lajêng dasanamaning kathok:
sarwal | cingcingan | langcingan | wingkisan | cangcutan | tangdang | panrihakan | tathwak | katwak.
Punika dasanamaning ikêt:
talimurda | dyastar | dhêsthar | cnêngan | mrèt | jikêng |

--- 146 ---

mlipêt | lipêt | lipis | lèpès | mirwan | mapirwan.
Punika dasanamaning kêkêmbên:
samkan | pamkan | sanggwan | kamêkên | pamkak | sèntêkan | pamèntêk | sarêntêkan | mandulan |

--- [147] ---

Taksih dasanamaning kêkêmbên:
cumênthêk | cunthing | cêcênthing | cêconthok | samwêk | sobêt.
Punika dasanamaning salendhang:
sambita | samwiran | mnampir | songèr | nlentang | gmayut | mangban.
Punika dasanamaning parawan:
kanya |

--- 148 ---

kêkran | rara | kèn | sriya | praban | mrawan | pingitan | sêngkran | brapan.
Punika dasanamaning salakirabi:
palakrama | pinangantyan | pangantèn | jodhwan | wiwahan | somahan | paglèn | pangantiyan.

--- [149] ---

Punika dasanamaning mêtêng:
garbini | grabinya | wabwat | bobot | wawrat | mnandhêk | mangidhwam | manggarba | garbaya.
Punika dasanamaning amanak:
mambabar | mangja | mangrare | manganak | majabang | mawka |

--- 150 ---

sêsuta | pêputra | mutraja | wkaja | sutaja | sêsiwi | siwija.
Punika dasanamaning bocah:
rare | rarya | wala | kacung | jabang | bayika.
Punika dasanamaning amulasara: [a...]

--- [151] ---

[...mulasara:]
Taksih lajêngipun amulasara:
mdadah | glawthah | mamwapwak | manggrinda | ninggul | mangucla-ucla | mapdhêk | mawjêk | nyêkwaki | mwêk-mwêk.
Punika dasanamaning nusoni:
ngomija | nêsêpi | ngêmpèngi | nuswani | mangêcuta | nyêp-nyêpi.

--- 152 ---

Punika dasanamaning nêmbagani rare:
swuk | mangulup | manbur.
Punika dasanamaning busananing bayi:
manggrita | mapwaki | mangwangkini | manlukupi.
Punika dasanamaning rare enggal agêng:
wlagang | subur | walagwang | lwanggwar | longgor.

--- [153] ---

Taksih dasanamaning bayi enggal agêng:
mlêdhwang | mlêdhung | mlenggoh | mlengoh | dumalundung.
Punika dasanamaning anak lajêng kathah:
dumulur | dumlundung | walatantra | matantra | gumraya.
Punika namaning rare wanci umur sataun:
cumucut | cumêncêp | sêsêrpan | ingêbun-êbun.

--- 154 ---

Punika rare wanci umur 3 taun:
kumulêr | kumruwêt | kumungkêr | sumêga.
Punika namaning rare umur 5 taun:
pangrusak taman | manggodhan | mambêsur | mtambuh.
Punika namaning rare wanci umur 7 taun:
kumratu-ratu | kumingsun | dinama-dama | gumusti.

--- [155] ---

Punika namaning rare wanci umur 15:
madiwasa | rumajakala | winanci | jumaka | jumakakala | jaka kumala-kala.
Punika namaning rare umur 18:
sumungku | jumunun | mabêkti | drêda | ambêkti | mamituhu | micara.
Punika dasanamaning rupa: [r...]

--- 156 ---

[...upa:]
warna | citra | wjujud | warni | wanda.
Punika dasanamaning ulat:
gwaya | wulat | nitya | ujwala | jwalita.
Punika namaning ulat kang sae:
wênês | mrêkati | sumunu | sumunar.

--- [157] ---

Taksih namaning polatan sae:
sumèh | dlongèh | marênakên.
Punika namaning polatan awon:
prêngut | basngut | marêngut | jêkutrut | suntrut | jabrut | sirung | mingut | nyêpaplu | nyêpaplêm | jèlblêm |

--- 158 ---

nylêkathêm | urêm | kumêl.
Punika namaning solah sae:
tangginas | srigak | brêgas | cakrak | mrêkekas | parigêl | tarampil | dhèmês | anggas | ruruh | laras.
Punika namanipun kang solah awon: [a...]

--- [159] ---

[...won:]
Taksih lajêng namaning solah awon:
sigun | kidhung | inggur | bringkung | bringkuk.
Punika namanipun dêdêging tiyang:
pidaksa | sambada | panji-panji | rarangkung | lêncir | srêntêk | sdhepah | rêspati | prasada.

--- 160 ---

Punika dasanamaning paksi cohung:
manyura | mrak | mngiglan | sêsimpir | mangwuhan | pangungang | blanceran.
Punika dasanamaning paksi garudha:
kagapati | kukila raja | paksindra | patukaji | srikaga | nagendra | nagarda.
Punika dasanamaning ngobong wana: [w...]

--- [161] ---

[...ana:]
Lajêng namaning ngobong-obong wana:
mlagar | wlagaran | obar-obar | balagar | mambakar | nunwana | mabasmara | tunwan | basmika.
Punika dasanamaning ngobong rêdi:
jetun | mambêsman | manggsêngan | jetunan | mramanan | ngapuyan |

--- 162 ---

sikingan | gniyarag | tumangan | tatwaran | pdhiyangan | bêsmana | mngurêngan | purêngan | mobaran | mkatar.
Punika dasanamaning anênandur:
nananwam | mtanja | mnuhar | mtaman | nananja | nasoblakên |

--- [163] ---

nyêblok | mêncarakên.
Punika dasanamaning anêbar wiji:
mngulur | mnawur | mngurit | mnuwuh | mnêbar | ngumngratèn.
Punika dasanamaning bêdhol wiji:
andhaut | mangrênggut | mrênggut | nênggut | nênggwat.

--- 164 ---

Punika dasanamaning andhangir:
matut | matun | mngawug | mngadhuk | mnisir | mngurag-urag | mngarug | majgal.
Punika dasanamaning kawêton:
kaolan | katulusan | katuwêtan | kamuwahan | kawtan | kaduluran | kadrêman.

--- [165] ---

Taksih namaning kawêdalan:
karjkèn | mlèsèh | mngumbuk | mngambêk | mnumpuk.
Punika namaning ama pantun:
jnada | mênthèk | ladhwah | amblêk | bang-bangan | walang | bungkêr | bragadag.
Punika namaning wanci pantun awit: [awi...]

--- 166 ---

[...t:]
katanêm ngantos dumugi sêpuhipun: wanci nglilir | wanci ngrampo | wanci gmadhung | wanci mapak | wanci mêtêng | wanci mlêncuti | wanci mkatak | wanci gromboli | wanci ambyah | wanci nyanguki | wanci tmungkul | wanci kumêmping | wanci bangcuk | wanci kuning | manajèni | kumangag.

--- [167] ---

Punika namaning amêndhêti pantun:
miwiti | wiwit | mangni | ngênèni | mandrêpi | mêmbawu.

Punika namaning pantun satunggal-tunggal utawi namaning kang sarwa tumuwuh sapanunggilanipun. Minăngka dados kalangkunganing sêsêrêpan. Kapratelakakên ngandhap punika.

Namaning pantun wulu:
mênthik | kontulan | mênuran | garêman |

--- 168 ---

Taksih namaning pantun wulu:
sampang | jrabangan | mênthik wangèn | uwèn | papaharèn | brêngos | nêtêp | pêndhok wêsi | sêngkawa | lêmbayungan | răndha mèntèr | dhudha ngasag | sokanandi | genjah ragi | gewal | jambean | găndapura | drèngès.

--- [169] ---

Taksih namaning pantun wulu:
umbuk | jaka bolot | prawan antih | urab-urab | manjangan manglar | monteyan | bulêt | bale rante | salamêt | balean.
Punika namaning pantun cêmpa:
cêmpa kirana | cêmpa monthèl | cêmpa utri | cêmpa lombok | cêmpa mriyi.

--- 170 ---

Taksih namaning pantun cêmpa:
cêmpa gêlo | cêmpa kunir | cêmpa lêmbayungan | cêmpa ganggasan | cêmpa mênur | cêmpa wangèn | cêmpa arès | cêmpa klèwèr | cêmpa slamêt | cêmpa kapasan | cêmpa keyong | cêmpa wadêr | cêmpa dêlêg | cêmpa mèlèr | cêmpa dringo | cêmpa kopèk.
Punika namanipun pantun kêtan: [k...]

--- [171] ---

[...êtan:]
Taksih lajêng namaning pantun kêtan:
kêtan sênggaringan, kêtan gajih | kêtan serang | kêtan lumbu | kêtan puwan | kêtan kuwuk | kêcêlêng | kêtan gondhil | kêtan pondhoh | kêtan genjah | kêtan ponggok | kêtan urang | kêtan kêpok | kêtan singkal | kêtan sobrah.

Punika namaning kêkrowodan [kêkro...]

--- 172 ---

[...wodan]: ingkang dados ewoning rijêki, kapratelakakên namanipun piyambak-piyambak kados ing ngandhap punika.

Namaning uwi:
uwi parèn | uwi bêras | răndha sluku | uwi lajêr | uwi ula | uwi randhu | uwi bayêman | bangkulit | wi kêtan | wi dêlêg | wi selog | wi butun | wi macan.

--- [173] ---

Taksih namaning uwi:
wi doro | wi lumut | wi dhèblèng | wi jaran.
Punika namaning kêmbili:
kêmbili êmprit | tropong | wadêr | wulungan | pase | kêtan.
Punika namaning gêmbolo:
gêmbolo warak | gêmbolo asu | gêmbolo buta |

--- 174 ---

gêmbolo brajalata | gêmbolo banthèng | gêmbolo wong.
Punika namaning talês ingkang băngsa êmpu satunggal:
bêntul | linjik | gêlo | gêlo pari | togogan | bapangan | brênak | lontho.
Punika namaning talês ingkang băngsa kimpul:
centhang.

--- [175] ---

Taksih lajêng namaning kimpul:
laosan | dhêmpêl | blicik | rêbaban | gagakan | bêtèg | lêmbayungan | tlacar | parèn | wangèn | bêrèk.
Punika namaning senthe:
senthe urang | senthewere | senthe wulung |

--- 176 ---

senthe kajar.
Punika cacah namaning pisang:
pisang saba | pisang wohan | pisang gabu | pisang bawèn | pisang umbuk | pisang ulir | pisang maraseba | pisang mas | pisang byok | pisang garaita | pisang bêcici | pisang kêpok | pisang raja bêtawi | pisang raja talun | pisang raja kusta | pisang raja dhèngkèl.

--- [177] ---

Taksih lajêng namaning pisang:
pisang raja brêntêl | pisang raja lingi | pisang pulut | pisang kluthuk | pisang kidang | pisang ambon | pisang kêpok urang.
Punika namaning kêtêbu:
têbu mangli | têbu manggli | têbu arjuna | têbu jae | têbu keyong | têbu banthèng | têbu lumut |

--- 178 ---

têbu irêng | têbu jêpara | têbu ganggêng | têbu awu | têbu lulang.
Punika namanipun sawarnining jambu:
jambu sangklat | jambu wèr | jambu klampok | jambu pathokal | jambu drêsana | jambu ijêm | jambu galar | jambu mete | jambu krikil | jambu kluthuk.

--- [179] ---

Taksih lajêng namaning jambu:
jambu apokat | jambu karang | jambu lele.
Punika namanipun pêlêm:
pêlêm santog | pêlêm gănda | pêlêm daging | pêlêm podhang | pêlêm bêku | pêlêm bala | pêlêm sêngir | pêlêm malam | pêlêm dodol | pêlêm talijiwa | pêlêm gadhung.

--- 180 ---

Taksih pêlêm:
pêlêm wulung | pêlêm podhang | pêlêm balênyik | pêlêm êndhog | sêngir bathok | sêngir kopyor | dodolsari | dodol madu | dodol urang | dodol lele | dodol canthuk | dodol kopèk | dodol carang | srowot | dodol maja | dodol kotès.
Punika cacah namaning jêram: [j...]

--- [181] ---

[...êram:]
Taksih lajêng namanipun ing jêram:
jêram gulung | jêram kêprok | jêram butun | jêram mlinglang | jêram kuwik | jêram purut | jêram kingkit | jêram pasêptan | jêram katès | jêram adas | jêram macan | jêram bali | jêram pêcêl | jêram sambêl | jêram krangeyan | jêram pacitan | jêram lètèr.

--- 182 ---

Punika namanipun ing kalapa:
klapa gadhing | klapa wulan | klapa ijêm | klapa abrit | klapa balak | klapa puyuh | klapa wangèn | klapa gadan | klapa ranti.
Punika namaning kajêng jati:
jati sungu | jati lêngis | jati kapur | jati saba | jati sari |

--- [183] ---

jati krasak | jati krosok | jati gopok | jati lênga.
Punika cacah namaning kajêng cêndhana:
candhana jênggi | candhanasari | candhana dhèdhès | candhana borèh | candhana tawa | candhana kapur | candhana ambar.
Punika namaning durèn:
dhurian | sêntolo |

--- 184 ---

madumăngsa | brajyan | durèn têmbaga | durèn susu | durèn madu.
Punika cacah namaning năngka:
năngka kapur | năngka tikus | năngka kombang | năngka tala | năngka blonyo | năngka blodro | năngka lulang | năngka madu | năngka kapuk.
Punika cacah namaning dêling: [d...]

--- [185] ---

[...êling:]
Taksih lajêng namaning dêling:
dêling apus | dêling jawi | dêling lêgi | dêling wulung | dêling pêtung | pêtung wulung | dêling pêting | dêling lulup | dêling rampêl | dêling gadhing | dêling cêndhani | dêling gêndani | dêling èbi | dêling jabal | dêling tutul.
Punika cacah namaning rumput: [r...]

--- 186 ---

[...umput:]
Taksih namaning rumput:
kalamênjana | garinting | têmbagan | rêmbyang | wadêran | karawang | brambangan | mêrakan | jrabangan | walingèn | singgang | gagakan | wudulan | jaruman | wringinan | mindhong, rumput têki | pêkingan.

--- [187] ---

Taksih lajêng namaning rumput:
jagoan | susupan | lulangan Clumpringan | pratimah | tuwon | rumput jae | rumput wêsèn | rumput sawuran | rumput giwêr | rumput silèn | rumput uyahan.
Punika namanipun ing bayêm:
bayêm raja | bayêm gêlap | bayêm sarap |

--- 188 ---

bayêm talêpok | bayêm lêmah | bayêm krêmah | bayêm sapèn | bayêm manyawun | bayêm lêgêtan | bayêm turèn | bayêm latêng | bayêm macan | bayêm kèkèt | bayêm tur | bayêm krun | bayêm bang | bayêm sêkul | bayêm taun | bayêm banthèng | bayêm keyong | bayêm cênthung |

--- [189] ---

Taksih lajêng namanipun ing bayêm:
bayêm gadhing | bayêm plangèn | bayêm pintèn | bayêm wêdhusan | bayêm rang-aring | bayêm bebekan | bayêm krokot | bayêm ceplukan | bayêm gundha | bayêm ranti | bayêm jaran | bayêm mênjanganan | bayêm ayam | bayêm sêmbungan | bayêm bobohan | bayêm kacangan | bayêm sangkèt | bayêm wijèn.

--- 190 ---

Punika namanipun ing jamur:
jamur brama | jamur upas | jamur banyu | jamur kayu | jamur bangan | jamur lumud | jamur gêlap | jamur barat |jamur blêdhèg | jamur payung | jamur gêlang | jamur rajut | jamur sêrut | jamur sujèn | jamur gênthong | jamur lot | jamur grigèh.

--- [191] ---

Taksih lajêng namanipun ing jamur:
jamu[15] megan | jamur dhămpa | jamur găngsa | jamur seta | jamur kuping | jamur tangan | jamur polo | jamur gajèh | jamur tayum | jamur grigit | jamur cêpagi | jamur watu | jamur êndhog | jamur so | jamur ayam | jamur impês | jamur lethong | jamur yiyit |

--- 192 ---

Punika pratelaning pala kasimpar utawi pala kapêndhêm ingkang dèrèng kasêbut ing ngajêng, pratelanipun satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika.

Punika cacah namaning katela:
katela lêmbu | katela konyit | katela cêndhani | katela sênggani | katela jaran | katela gajah | katela kênthang | katela mutihan | katela răndha sisig | katela bang kulit.
Punika namaning katela gumantung: [g...]

--- [193] ---

[...umantung:]
Taksih lajêng namaning katela gumantung:
katela kamplong | tela katès | tela gandhèl | tela gamblok | tela gandhul.
Namaning katela dhangkèl:
tela jendral | tela pohun | tela kontrak | tela kaspe | tela prênthêl | tela tlacar | tela gambar | tela cina | tela sekong | tela saoke.

--- 194 ---

Punika namaning sêmăngka:
watêsan | kwacian | blorong | gringsing | lombok | lumur | gringsing | canthèl | jemblungan.[16]
Punika namaning timun:
timun watang | timun wulan | timun lumud | timun wungkuk | timun gadhung | timun krai | timun wuku | timun bagor | timun êndhog.

--- [195] ---

Punika pratelanipun namaning pare:
pare ayam | pare wêlut | pare ula | pare lingèn | pare wadêr | pare mana | pare tikta | pare soklat.
Punika pratelanipun namaning waloh:
waloh kênthi | waloh têlik | waloh dandang | waloh bokor | waluh dêlêg | waluh butun | waluh kêtan |

--- 196 ---

waluh soklatan | waluh jêpan | waluh gerong | waluh labu | waluh bloncèng | waluh kêndhil | waluh bligo | waluh sukun | waluh macan.
Punika pratelanipun namaning kacang:
kacang gleyor | kacang sondhèr | kacang cindhe | kacang klèwèr | kacang gadhung | kacang wungu.

--- [197] ---

Taksih lajêng namanipun ing kacang:
kacang sèrèt | kacang limpa | kacang bang | kacang uthêl | kacang cina | kacang tholo | kacang agêl | kacang tunggak | kacang ruji | kacang druju | kacang ijo | kacang kayu | kacang dawa | kacang lêmparan.
Punika pratelanipun namaning kara:
karayaga | kara gajih |

--- 198 ---

kara ngolèng | kara andong | kara ucêng | kara lumut | kara èbèk | kara wêdhus | kara lutung | kara cêcak | kara mantri | kara rawe | kara bênguk | kara mas | kara lêgi | kara krupuk | kara tampar | kara boncis | kara bêton | kara pêdhang | kara loke.

--- [199] ---

Taksih lajêng namaning kara:
kara dhèblèng | kara lènggèr | kara kapri | kara kêpyar | kara êndhog.
Punika pratelanipun namaning lombok:
lombok krupuk | lombok baladewa | lombok dringo | lombok driji | lombok tampar | lombok soglèng | lombok ucit | lombok jêmprit | lombok cimpling.

--- 200 ---

Taksih lajêng namaning lombok:
lombok umêt | lombok rawit | lombok uthès | lombok bêlis | lombok sabrang | lombok cèngèh | lombok cangak | lombok wudêl | lombok bênik | lombok dandang | lombok uprêt.
Punika pratelanipun namaning terong: [t...]

--- [201] ---

[...erong:]
Taksih lajêng namaning terong:
terong kopèk | terong butun | terong wungu | terong cina | terong buta | terong bêku | terong glathik | terong ngor | terong dhampit | terong dhompyong | terong kuping | terong conthom | terong ujêl | terong lele | terong kapuk.

--- 202 ---

Punika pratelanipun namaning jarak:
jarak kêpyar | jarak taun | jarak gunung | jarak ijo | jarak uncit | jarak wungu | jarak ina | jarak genjah.
Punika pratelanipun namaning gula:
gula wadal | gula mêndho | gula kêthok | gula batu | gula kêthak | gula kêrèng | gula gêsêng | gula sêmut | gula pasir | gula gêplak.

--- [203] ---

Punika pratelanipun namaning tawon satunggal-tunggal:
tawon dhoan | tawon tala | tawon malam | tawon alas | tawon kêmit | tawon suk | tawon êndhas | tawon kombang | tawon lêmah | tawon jangglèng | tawon lancêng | tawon mèlèr | tawon obang-abing | tawon bêngkik.
Punika pratelanipun namaning lalêr: [l...]

--- 204 ---

[...alêr:]
Taksih lajêng namaning lalêr:
lalêr wilis | lalêr wêrêng | lalêr pita | lalêr mas | lalêr kayu | lalêr mijah | lalêr dhêdhak.
Punika pratelanipun namaning sêmut satunggal-tunggal:
sêmut canthang | sêbut[17] ngangrang | sêmut gula | sêmut kêrèng | sêmut gêni | sêmut pudhak | sêmut irêng | sêmut kripik | sêmut gatêl |

--- [205] ---

Taksih sêmut:
sêmut gramang | sêmut lar | sêmut rangas | sêmut kayu | sêmut rayap.
Punika namaning anak brêngkutis:
urèt | jampang | badhigal | gêdibal | mêntho-êntho.
Punika pratelanipun namaning ulêr satunggal-satunggal:
ulêr gêni | ulêr gramang | ulêr jrabang |

--- 206 ---

Taksih lajêng namaning ulêr satunggal-tunggal:
ulêr taun | ulêr dhămpa | ulêr endhong | ulêr jêdhung | ulêr sutra | ulêr srêngenge | ulêr rawe | ulêr sêrit | ulêr ranti | ulêr lembak | ulêr kinanthi | ulêr macan | ulêr kilan | ulêr jaran | ulêr gagak | ulêr kèkèt | ulêr cèlèng | ulêr cahya | ulêr lulut |

--- [207] ---

Taksih ulêr:
ulêr kêmbang | ulêr lawe | ulêr tugi | ulêr gantung.
Punika pratelanipun namaning kupu:
kupu gajah | kupu macan | kupu seta | kupu dhêdhak | kupu kêmbang | kupu wêrna | kupu gandrung | kupu kinanthi | kupu setan | kupu klapêr | kupu siwar | kupu banthèng | kupu langsêp |

--- 208 ---

Taksih namaning kupu:
kupu pahang | kupu sêmpang | kupu anjrah | kupu sobrah | kupu gladrah | kupu pinging | kupu simping.
Punika pratelanipun namaning sawêr satunggal-tunggal:
sawêr naga | sawêr sawa | sawêr butu | sawêr lêbu | sawêr lawus | sawêr golik | sawêr cindhe | sawêr bêngkok | sawêr macan | sawêr warak |

--- [209] ---

Taksih namaning sawêr:
sawêr kakap | sawêr kidang | sawêr tompe | sawêr kêmbang | sawêr kêndhang | sawêr wêlang | sawêr wêling | sawêr dumung | sawêr dumung sapi | sawêr manjangan | sawêr karang | sawêr glindhing | sawêr dhiwêl | sawêr dhunga ulu | sawêr banthèng | sawêr gogik | sawêr gadhung | sawêr siti |

--- 210 ---

sawêr cabe | sawêr manyawak | sawêr banyak | sawêr lempe | sawêr jalu | sawêr pudhak brama | sawêr tampar | sawêr rare angon | sawêr talipicis | sawêr dhulangan | sawêr bandhotan | sawêr kisi | sawêr banyu | sawêr lutung | sawêr lêngis | sawêr rante | sawêr laweyan | sawêr sêmbung |

--- [211] ---

sawêr wantehan, sawêr taungan | sawêr palon | sawêr basu | sawêr andong.

Punika pratelanipun namaning pêksi satunggal-tunggal. Kaurutakên saking bangsanipun piyambak-piyambak, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Paksi
garudha | paksi bayan | paksi bidho | paksi badhol | paksi wolung | paksi grindan | paksi darès |

--- 212 ---

paksi mluwo | paksi alap-alap | paksi manol | paksi bêluk | paksi kingkang | paksi gagak.
Bangsanipun malih:
paksi kolik | paksi tuhu | paksi son-ason | paksi gotong mayit | paksi kikuk | paksi grundaya | paksi têkak | paksi bontit | paksi calapita | paksa[18] thethekan |

--- [213] ---

Taksih namaning paksi:
paksi bontit | paksi garinda | paksi kucingan | paksi cêkaklak | paksi wêk | paksi brênggi |
Sabangsanipun malih:
paksi bri | paksi suwari | paksi rok | paksa[19] ăngsapatra | paksi bango | paksi sandhang lawe | paksi cangak | paksi gêndharakan | paksi balêkok | paksi kontul |

--- 214 ---

paksi sarigul | paksi truwok | paksi brambangan | paksi bangbangan | paksi rowak | paksi bontot | paksi burcèt | paksi trinil | paksi têrik | paksi branjangan | paksi bubut | paksi sèsèr | paksi urang-urangan.
Sabangsanipun malih:
paksi joan | paksi kathik | paksi drêkuku | paksi dara | paksi putêr | paksi bêrkutut | paksi dêruk |

--- [215] ---

paksi dlemukan | paksi gromong | paksi susupan.
Sabangsanipun malih:
paksi dungik | paksi beo | paksi menco | paksi jalak | paksi podhang | paksi cocak | paksi kuthilang | paksi kêdhasih | paksi parênjak | paksi sikatan | paksi tikusan | paksi kacêr.
Sabangsanipun malih:
paksi ceplukan | paksi sêpahan |

--- 216 ---

paksi princoan | paksi cihit | paksi cici | paksi cici mêni | paksi kêmirèn | paksi ulêr-ulêran.
Sabangsanipun malih:
paksi kèkèt | paksi pênthèt | paksi tèngkèk | paksi srigunting | paksi wadêran | paksi kacêr | paksi kèkèt buta | paksi manila.
Sabangsanipun malih:
paksi bèthèt | paksi slindhitan |

--- [217] ---

paksi êngkuk | paksi nori | paksi jakatuwa | paksi glathik | paksi wringinan | paksi manyar | paksi bondhol | paksi êmprit | paksi pêking | paksi kênari | paksi grija.
Sabangsanipun malih:
paksi kadhali | paksi sriti | paksi sêmbawa | paksi sikatan | paksi sêndawa | paksi pathès | paksi pasêran.

--- 218 ---

Sapanunggilanipun malih:
paksi gêmak | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan.
Sabangsanipun malih:
paksi gogik | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan.
Sabangsanipun malih:
paksi gogik | paksi platuk bawang | paksi platuk watu | glathik wingka | paksi laban | paksi bubukan.
Sabangsanipun malih:
paksi mênthongan | paksi kingkang | paksi srangan.

--- [219] ---

Punika cacah namaning ulam lèpèn utawi ulam bênawi, satunggal-tunggaling nama kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

Ingkang băngsa sik :[20]
ulam tongkok | ulam papar | wadêr palung | wadêr mutihan | wadêr badhèr | kutuk | wadêr mangut | wadêr arêng-arêng | wadêr giligan | wadêr wijah | wadêr sêngkrok | wadêr kok | sili | wadêr bang |

--- 220 ---

wadêr sêpat | wadêr lumud | wadêr bêthik | wadêr pari | wadêr têngiri | wadêr tiga waja | wadêr sêlar | wadêr urean | wadêr bandêng | wadêr mas | wadêr pèthèk | wadêr juwi | wadêr tongkol | wadêr menol | wadêr bobos | wadêr lèngèk | wadêr têri | wadêr bêngkuk | wadêr ngungik | wadêr mrêgak | wadêr nènèr |

--- [221] ---

sasili | wadêr tămbra | bêrot | wadêr gramèh | wadêr lumba.

Punika namaning ulam ingkang botên mawi sisik utawi băngsa patil sapanunggilanipun :

sêmaradalu | glêndhêng | kalalèn | ungkik-ungkik | jagaripu | pitêng | jambal | jakan | bapangan | tagih | sênggaringan | kêbo gêrang |

--- 222 ---

jabrisan | kotès | wagal | pacal | siwar | lumbêt | baungan | linthêng | lêmpuk | pucangan | kada | gênderan | bêngkuk | mayang | sêmbilang | lele | truna lele | patêran | singgangan | kadhalan |

--- [223] ---

badhahan | têkekan | sarap | sadhang | kakap.

Punika namanipun dhapuring griya satunggal-tunggal. Sami kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Dhapur gubug:
punika griya kampung cagak sakawan pangêrêt kalih.
Dhapur bango:
punika griya kampung cagak kalih ing têngah pangêrêt kalih blandar ngiras punduk.[21]
Dhapur bapangan:
punika griya kampung [ka...]

--- 224 ---

[...mpung] cagak sakawan pangêrêt tiga.
Dhapur srotongan:
punika griya kampung cagak nêm pangêrêt tiga, mawi kasunduk.
Dhapur kampung:
cagak wolu pangêrêt sakawan.
Dhapur pacul gowang:
punika griya kampung mawi èmpèr têtiga.
Dhapur dara gêpak:
punika griya kampung mawi èmpèr mubêng.
Dhapur kampung bali:
punika limasan panjang.

--- [225] ---

Dhapur klabang nyandêr:
limasan panjang saka kalih wêlas pangêrêt nênêm.
Dhapur limasan:
cagak wolu pangêrêt sakawan.
Dhapur sinom:
griya limasan mawi èmpèr mubêng.
Dhapur prabayasa:
limasan panjang èmpèr mubêng blandar tumpang mawi singup.
Dhapur traju mas:
kampung bali blandar tumpang mawi singup.
Dhapur langgar:
griya limasan cagak sakawan pangêrêt tiga andêr tunggal [tung...]

--- 226 ---

[...gal] ngiras kadamêl molo ing nginggil. Sunduk mubêng ngandhap nginggil.
Dhapur lumbung:
punika griya langgar nêstha wolu, sunduk mubêng ngandhap nginggil.

Punika cacah namaning griya joglo sapanunggilanipun, ingkang sami singup tumpang dhadha pêksi sunduk kili:

1. joglo lanangan | 2. joglo lambang | 3. joglo lambang gantung | 4. joglo carang gantung | 5. joglo lumajang | 6. joglo sêmar tinandhu |

--- [227] ---

joglo cêblokan | joglo gêbêgan | joglo sanggitan | joglo mayang mêkar | joglo antêban | joglo witana | joglo bale.

Punika namaning dêdamêl ingkang kalampah kala zaman kina, namanipun satunggal-tunggal kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

1. gada
2. bajra
3. lori
4. boji
5. bindi

--- 228 ---

6. salukun
7. musala
8. badhama
9. alugora
10. tanggul
11. alu-alu
12. gandhi
13. piling
14. palu
15. rajang
16. kalawati
17. puthu
18. manggala
19. cakra
20. dhêndha
21. sarampang
22. cacap

--- [229] ---

23. calimprit
24. barandang
25. duduk
26. limpung
27. martyu jiwa
28. konta
29. tomara
30. ambar angin
31. makala
32. sangkali
33. dhadhali
34. candrasa
35. candra purnama
36. adar candra
37. trisula
38. nagapasa
39. tamsir

--- 230 ---

40. parasu
41. druwasa
42. baradi
43. calum
44. sali
45. busur
46. cèkèl
47. ganjur
48. gudebag
49. gadorak
50. jonggrong
51. jinggring
52. kanjar
53. sakri
54. kalaka
55. sadhaka
56. curiga.

--- [0] ---

[...][22]

 


ingkang. (kembali)
kitri. (kembali)
pandlêgan. (kembali)
jêmparing. (kembali)
pamadya. (kembali)
siwayendra. (kembali)
cundaka. (kembali)
layang. (kembali)
ngundhat-undhat. (kembali)
10 nguman-uman. (kembali)
11 durta. (kembali)
12 rinuntikan. (kembali)
13 maringik-ringik. (kembali)
14 ngucap-ucap. (kembali)
15 jamur. (kembali)
16 jêmblungan. (kembali)
17 sêmut. (kembali)
18 paksi. (kembali)
19 paksi. (kembali)
20 sisik. (kembali)
21 sunduk. (kembali)
22 6 Halaman kosong. (kembali)