Dasanama, Dwijo, c. 1950, #1268

Judul
Sambungan
1. Dasanama, Dwijo, c. 1950, #1268. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Dasanama, Dwijo, c. 1950, #1268. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 11-07-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kepek:

DASANAMA

YAIKU TÊMBUNG-TÊMBUNG KAWI KANG PADHA TÊGÊSE

(Kanggo sangu maca têmbang)

KANGGO PARA PUTRA SISWA

S.G. SARTA PARA SDR. GURU

Dening: Pak Dwidjo

Penerbitan SOEJADI Yogyakarta.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

1. Akèh =
akwèh, kèh, kwèh, ripah, gung, agung, waha.
2. Aku =
amba, ngong, ingong, ingwang, ulun, patikbra, katengong, ingsun, kawula, manira, robaya.
3. Ala =
dur, durta, juti, durstha, dusta, kunjana, durniti, durlaksana.
4. Alas =
wana, bana, tarataban, girang, lirang, utan, baga, wulusan, wêlahan, wanawasa, wanadri, jênggala, kênana.
5. Alêm =
astawa, alêmbana.
6. Alis =
drasthi, rasthi, siratmaja, hêning, dahya.
7. Alus =
mrêdu, wrêdu, mardawa, wèdi, widigda, sudha, tanu.
8. Ambêkan =
napas, huswa, swasa, huswasa.
9. Anak =
suta, putra, sunu, yoga, siwi, wêka, tanaya, atmaja, siwaya, ja, patut, banu.
10. Angin =
riwut, bajra, sindhung, anila, bayu, aliwawar, tata, barat, samirana, wirayang.[1]
11. Aran =
ngaran, kêkasih, panêlah, juluk, parab, panêngran, wêwangi.
12. Arêp =
arsa, apti, ayun, arsi, yun, hyun.
13. Asu =
sona, srênggala, basu, anjing, swa, kuwaka, cêmêra, kicika, purisika, calura.
14. Asor =
adama, dama, sudra, ina, kumadama, pidak-pêdarakan.
15. Asri =
raras, rarasrum, sri, lêngêng, lawen, amêr, rêsmi.
16. Ati =
budi, ambêk, manah, galih, driya, praya, budaya, nala, prana, drana, tyas, wardaya, angên-angên, cita, sangka.
17. Awang-awang =
akasa, ambara, antarala, antariksa, awiyat, dirgantara, boma, gagana, tawang, widik-widik, namu-namu, jumantara, udara, ardya.
18. Awak =
wak, lingga, dhiri, raga, angga, deha, badan, tubuh, sulaksana.
19. Bagèkake =
nambrama, ngacarani, sambrama.
20. Bagus =
sigit, pêkik, jênthara.
21. Bala =
wadya, tantra,

--- 2 ---

brêtya, balakuswa, wadyabala, wrahatbala, wadu.
22. Balung =
tosan, tulang, walung, asthika, dalêngka, sadhi.
23. Bantal =
karangulu, lêmpir, kajangsirah, suraga.
24. Banthèng =
andaka, nandaka, go, gawindra, gurisa, angun-angun, sarawa, jawidha, gawala.
25. Banyu =
we, tirta, warih, har, sindu, wayi, tuban, hèr, amêrta, arjuna, udaka, sangara, jala, jahni, jahnawi, jahning.
26. Bangêt =
antya, asru, arda, mandra, lwih, dahat, sakamantyan, tan sipi.
27. Bangke =
wangke, pratipa, parasu, watangga, sawa, kunarpa, kuwanda.
28. Barat =
angin, anila, bajra, maruta, pawana, samirana, bayu, sindhung, panca-ura, prabancana, pracandha, prahara, ata, gati, indri, margana, lesus, erawati, pratipa.
29. Beda =
pae, wanèh, bènèh.
30. Bêbaya =
bêncana, wèsthi, wancana, bema.
31. Bêdhil =
sanjata, saragni, brahmastra, mêrcukala, bahnija, warahas.
32. Bêcik =
adi, adya, ayu, sae, tama, ajêng, yogya, darma, arja, pênêt, santa, pelag, suba, tulyasri, yoga.
33. Biyèn =
dhihin, dhingin.
34. Biyung =
babu, biyang, rena, ibu, umi, wibi, indhung, darani, puyêngan, bibi.
35. Bilahi =
tiwas, wèsthi, pringga, durgama, pataka, parjaya, kasmala, pakewuh, pinun, laya, cilaka.
36. Blêdhèg =
bajra, gêlap, guntur, wrahaspati, erawati, mrêtyu, bahnindra, sirwa.
37. Bumi =
mandhala, dharana, maetala, buwana, basundara, basundari, pratyana.
38. Bungah =
harsana, arsaya, tustha, arsa, wijah, gambira, lalita, girang, enggar.

--- 3 ---

39. Buta =
danawa, danuja, ditya, diyu, wil, rasêksa, rasêksi, kalana, yaksa, kala, asura, dyani.
40. Bojo =
somah, suwami, garwa, grha, kalulut, kucumbi.
41. Bodho =
punggung, pingging, jugul, dama, kumprung.
42. Bocah =
rarya, wala, larya, walaka, rare, lare.
43. Dalan =
marga, sopana, ênu, lêbuh, lurung, yana, hawan.
44. Dandan =
ngadiraga, mandara, busana, tata.
45. Dewa =
absara, dewata, bathara, jawata, amara, rêsi-gana, hyang, widadara, nasa, sura.
46. Dèwi =
apsari, bathari, widadari, dewati, sura-wadu, sura-rêtna, waranggana.
47. Dêlêng =
dulu, miyat, ngèksi, mulat, satmata, anon, nabpada, ton.
48. Durjana =
duratmaka, dhustha, wêri, kunjana, dursila.
49. Jam =
tabuh, pukul, tabèh, gathi, gathita.
50. Jaran =
swa, aswa, turangga, wajik, undhakan, kalangkya.
51. Jênêng =
bisikan, parab, juluk, têngran, sêbut, wêwangi, asma, sambat, têngêran.
52. Jurang =
parung, rèjèng, trêbis, trêjung, sigrong, grong, lêmbah, kalora, gahana, nadindra.
53. Jogèd =
baksa, ngibing, ngigêl, mataya, taya, patrayuda.
54. Dampar[2] =
amparan, padmasana, singgasana, patarana, malige, mèru-padma, palangka.
55. Dhewe =
priyangga, juga, gana, anggana, pribadi.
56. Dêlik[3] =
umpêtan, sênêtan, ampungan, bonglot, umêt.
57. Dhuwit =
arta, ardana, yatra, picis, kopang.
58. Dhuwur =
bentar, luhur, punjung.
59. Endah =
raras, rarasrum, sênên, wicitra, berama, alêp, rêsmi,

--- 4 ---

listya.
60. Êmas =
jêne, kancana, kanaka, rukma, rukmi, rikma, lancana, suwarna, iradya.
61. Êndhas =
sirah, mustaka, mastaka, murda, utamangga, kumba, sidhira, ulu, mudangkara.
62. ngGone =
dènnya, denya, dera, dènira, donira.
63. Panggonan =
gwan, unggwan, don, laya, ênu.
64. Gada =
dhandha, bisana, lori, dhandhaka, loita, candha.
65. Gajah =
asti, dirada, èsthi, dwipangga, liman, matêngga, waniti, gajahmuka, angga.
66. Galak =
rota, lodra, krura, pragalba, darna, wiroda.
67. Gaman =
astra, sanjata, sara, bêdhama, braja.
68. Gandewa =
danu, laras, langkap, busur, puksana, nusara.
69. Gawe =
makirtya, ambangun, karya, kardi, karti, yasa.
70. Gêdhe =
agung, gora, dhakah, raya, sigrong, murda.
71. Gêndera =
dwaja, têngêran, panji, lalayu, sinjang, laga, tandha, daludag, umbul-umbul, rontèk.
72. Gêni =
agni, api,, bahni, dahana, brama, pawaka, siking, guna, mrêta, brahma, puyika, latu, puya, jata.
73. Gludhug =
grah, guntur, gumuruh, gêrah, guruh, gurnita, gurnang, gêtuk, gêtêr, patêr, goragra, bituk.
74. Gulu =
tênggak, jangga, lungayan, lungkaya, lèhèr, lungaya.
75. Gumun =
ascaraya, kawismayan, mindu, lamlam.
76. Gunêm =
wacana, ujar, wicara, dêlêng,[4] wiwaksita, ling.
77. Gunung =
adri, aldaka, ancala, ardi, arga, giri, parwata, wukir, enadra, giri, mèru, parbata.
78. Guwa =
guha, rago, gothaka, giyana, awama, ragu, runggu, susupan, song, padhuhan.
79. Godhong =
ron, rondhan,[5]

--- 5 ---

patra, taru, dhahon, parna.
80. Intên =
ira, rêtna, sotya, galuh, nila, kumala, manik, kalêngka, wêdhihan.
81. Irung =
grana, parsana, nasika.
82. Iwak =
mina, jita, matswa, oti, wiyangga, mira, maswa.
83. Yèn =
yan, mênawa, bilih, upama, upami, lamun, kalamun.
84. Kabèh =
pwa, sakèh, sanggya, sadarum, sagung, salir, sawegung, sakalir, sakwèh, kapwa, samanta, kapya.
85. Kêdhaton =
karaton,, kadhatun, kênyapuri, puri, pura, prasadarga, pusantara, kadhatyan, kadhatwan.
86. Kaya =
kadya, kadi, lir, anglir, lwir, tulya, pinda,[6] yayah, pendah, asawang, sasat, saksat, saprati.
87. Kayangan =
endralaya, endraloka, endrapada, dewalaya.
88. Kalajêngking =
karkala, kiha, mracika, wrisika, wikatha, pracika.
89. Kalah =
asor, kasor, kandhah, kandhih, katitih.
90. Kanca =
kanthi, rowang, rewang, graya, pasaya.
91. Kancil =
palguna, pêthangkus, gumira, marguna, wariga, sasa.
92. Kang =
sing, nikang, kanang, ponang, rikatang, rikanang.
93. Kangên =
wulangun, kudhandhangan.
94. Karêp =
abipraya, sadya, kapti, arah, angkah, praya, parasdya, kedah, dwistha.
95. Kasêngsêm =
wulangun, lênglêng, mangunêng, mangunkung, monêng.
96. Kasmaran =
karungrungan, brangta, kandhuhan, brangti.
97. Katon =
wuryan, kawangwang, kasatmata, kèksi, kèngis.
98. Kacilakan =
katriwadhan,[7] kawatgata, pataka, sêngkala.
99. Kawêlasan =
wilasa, parimarma, parimirma, runya.

--- 6 ---

100. Kawuk =
mênyawak, salira, diksa, miyangga.
101. Kawruh =
pangawikan, sastra, weda, widya.
102. Kèwuhan =
èmêng, kawêkèn, kepyan, kepon, keron, kewran, wagugên.
103. Kêbo =
mundhing, wrasaba, misa, andhanu, srawana, andhana, maesa.
104. Kêmangga =
warmata, kyaksa, garagati, gumênggêng, kêmamangga[8]
105. Kêmbang =
sêkar, sari, puspa, puspita, kusuma, kumala, padma.
106. Kêndêl =
sudira, darna, nirbaya, nirbita, wani.
107. Kêpengin =
kudhandhangan, mahyun, sambega.
108. Kêpithing =
drahi, darika, kamitra, kathira, mindara.
109. Kêris =
dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk, sundhapa.
110. Kêsêngsêm =
wulangun, wuyung, brangta, brangti, tura, suraga.
111. Kêsuwur =
sumbung, sumbaga, kalok, kaonang-onang, kajanapriya, kasub, kawêntar, kombul, kaloka.
112. Kêthèk =
wre, rewanda, kapi, kuthila, wanara, palwaga, kapila, kuthilapas, juris.
113. Kidang =
arina, sanggira, walgasa, ujung, mrêga, saraba, cêmuru, wariga.
114. Kidul =
dyaha, duksina, daksina, raksira. Kidulwetan = tunggara, byabya. Kidulkulon = kaneya.
115. Kilat =
thathit, laban, lidhah, widyuta, lidha, obar-abir.
116. Kinjêng =
Kipada, trungka, gambyang, trawinggana.
117. Klabang =
kanaba, manggakala, sirsa, sirusapa, sangkatha.
118. Kuburan =
astana, pasetran, pasarean, makam, patyastana.
119. Kuku =
kênaka, tulangsa, umêt, pakri.

--- 7 ---

120. Kulit =
walulang, kumara, wacucal, carma, kusika.
121. Kuning =
pita, jênar, gadhing.
122. Kuping =
talingan, padlingan, pangrênga, karana, karni, kenoh.
123. Kucing =
pusa, kumwangga, kuwikri, posiyang, lindhika.
124. Kuwatir =
sumêlang, sandeya, waswita, wancakdriya, mamang, walangati, ganggam, walangkayun, walangkapti, kapita.
125. Kobong =
gêsêng, basmi, kawêlagar, tunu.
126. Kodhok =
wiyangga, canthoka, pas, wiyung, wrêstika, weyangga.
127. Kombang =
brêmara, sadpada, madukara, madubrata, pohali.
128. Konangan =
kawadaka, kacêngikan, kabikana.
129. Kongkonan =
utusan, duta, caraka, sagnyana, cundhaka, gandhèk, wimbasara.
130. Kowe =
andika, rika, ta, kita, pakênira, sira, pukulun, paduka, pêna, dika, pantèn.
131. Kreta =
rata, padhati, ratangga, yana, wimana, gotana.
132. Layang =
nawala, sêrat, pustaka, kintèki, walgita, wilapa, palupi, patra.
133. Laku =
lakwa, laksa, laksana, laksita, caraka, laris, lintang.
134. Lambe =
lathi, bibir, talawya, dukara, kalpija, wiwitra, wiruca.
135. Lan =
dan, lèn, lawan, kalawan, miwah, tanapi, apituwin.
136. Lanang =
jalêr, jalu, priya, purusa, kakung.
137. Langgêng =
baka, lana, anitya, satiti, sanityasa.
138. Langit =
boma, bomantara, akasa, antariksa, wiyat, wiyati, cakrawala, gagana, widik-widik, byoma, antarariya.
139. Lara =
roga, agring,

--- 8 ---

rapuh, angluh, grah, wikara, marana.
140. Lawang =
wiwara, dwara.
141. Lèng =
nanda, wilasita, rong, rago, song, trustha, trusthi, wiwara, guwa, gatra, babahan.
142. Lêgi =
hartati, madura, sarkara, manis.
143. Lêmah =
(idêm bumi) siti, kisma, kismaka, pratiwi, bantala, bumija, pratala, maitala, buh.
144. Lêmês =
mrêdu, mardawa, wrêdu, lêntur, luwês.
145. Lêmut =
nyamuk, murinda, muring, jingklong.
146. Liya =
lèn, liyan, beda, manèh, pae.
147. Lindhu =
prakêmpa, lindhung, kampita.
148. Linuwih =
linuhung, danuja, dibya, maha, kalana, nindhita, nindya, prameya, narawantah.
149. Lintah =
wrêdu, uta, wrêduangga
150. Lintang =
wintang, kartika, sudama, tranggana, sasa, taranggana, bintang, sukra, buda, (mêrkurius), baoma (mars).
151. Lingsang =
canana, dokara, waringsang.
152. Lumaku =
lumaksana, lumastari, lumampah, lumaris, tumindak.
153. Lunga =
alès, lès, anis, linggar, wisata, mentar, mandra, layat.
154. Lungguh =
lênggah, linggih, sila, satata, pinarak.
155. Lutung =
cênguk, budhêng, krêsnangga, wiruka, anjani, silanjani.
156. Luwak =
lêwis, harwaka, lardha.
157. Luwih =
langkung, kalangkung, wi, ti, di, su, kamantyan, dibya, maha, nin, prama, nindya, kamayangan.
158. Lor =
utara, untara, nurwitri (lor wetan),[9] narasunya (lor wetan).
159. Mabur =
nglayang, ngambara, muluk, maudara, lawat.
160. Marcapada =
madyapada,

--- 9 ---

marapada, narapada, janmapada, janapada, janaloka.
161. Maling =
cora, curi, durjana, dursila, endrajala.
162. Manèh =
malih, manih, maning, muwah.
163. Manuk =
kaga, paksi, kukila.
164. Mangan =
bukti, nadhah, boja, bojana, baksa, dhahar.
165. Mangkene =
nihan, kadyeka, nono, ya ta, samangkana.
166. Mangsa =
a. arane :1. Buda, 2. Buja, 3. Wedha, 4. Caturyuga, 5. Gati, 6. Wanaya, 7. Biksuka, 8. Basu, 9. Nanda, 10. Boma. b. pranatamangsa: 1. Kasa (Kartika) 41 dina, 2. Karo (Pusa) 23 dina, 3. Katêlu (Manggasri) 24 dina, 4. Kapat (Sitra) 25 dina, 5. Kalima (Manggakala) 27 dina, 6. Kanêm (Naya) 43 dina, 7. Kapitu (Palguna) 43 dina, 8. Kawolu (Wisaka) 26 dina, 9. Kasanga (Jita) 25 dina, 10. Kasêpuluh (Srawana) 24 dina, 11. Dêstha (Padrawana) 23 dina, 12. Sadha (Asuji) 41 dina.
167. Mata =
aksa, aksi, èksi, tingal, soca, caksu.
168. Mati =
lalis, ngajal, lampus, lena, palastra, antaka, ngêmasi, antu, seda, surud, pralaya, padhêm, murud.
169. Macan =
mong, arimo, sima, singa, sardula, pragalba.
170. Mega =
ima, jaladara, irawan, imalaya, kokap, dumaya, imantaka, urur.
171. Mèlu =
nut, anut, tumuntur, dumulur, umiring, tutwuri, tutwuntat.
172. Mêmpêng =
asrêng,

--- 10 ---

kapiadhêm, kapatibrata, kêsêksan, tumêmbirang, adrêng.
173. Mênang =
jaya, digdaya, digjaya, wijayanti, wijaya, unggul.
174. Mênjangan =
sangsam, krandhi, canggah, randhi, rusah, wrangga.
175. Mêndhung =
rêmêng, rumung, dhanu, jaladara, rarabi, ambuda, limud, gana, jaladha.
176. Mênêng =
minggu, rêgu, mona, kapinêng.
177. Mêrak =
badhak, cohung, manyura.
178. Mêtêng =
nggarbini, ngandut,[10] ngandhêg, maudara.
179. Mili =
umis, drawaya, marawaya.
180. Miranti =
samêkta, sangkêp, siyaga.
181. Misuwur =
kaloka, kondhang, kalok, kontab, kajuwara, kawarta, kuncara, kawêntar, kasub, kasumbaga, kasusra, kasruh.
182. Muja =
manêkung, sêmèdi, nêgês, manuswara.
183. Mulane =
dadi, marma, sumarma, sangsipta, marmi, matang.
184. Mung =
anging, juga, kêwala, muhung, lêhêng.
185. Munggah =
sumêngka, nungsung.
186. Mungsuh =
satru, ripu, lawan, parangmuka, wèri, durniti.
187. Murangkrama =
calawanthah, murangkrama, narukrama, murangtata.
188. Muring-muring =
kurda, krodha, condha, kotbuta, duka, bramantya.
189. Murub =
malad, maladi, makara, lumêng, arkara, jwalita.
190. Mokal =
dupara, durantara, asambawa.
191. Momong =
among, wong-wong, wangwang.
192. Nagara =
praja, kutha, radya, pura.
193. Nalika =
rikala, sahat, sêdhêng, duk, kala, dupi, tatkala.
194. Nanging =
anging,

--- 11 ---

anapi, mapan.
195. Napas =
huswa, huswasa, niswasa.
196. Nêmpuh =
ngambul, angrok, byat, sumèbêt.
197. Nêngsêmake =
birama, lêngêng, manoara, manuhara, ragakarana.
198. Niliki =
maninjo, manambangi, ngendhangi.
199. Nistha =
adama, asor, papa, sampati, kuthip, cuta.
200. Nuli =
nuntên, tandya, nulya, dan, adan, saksana, wawang, rêke, samantara, manêhêr, wangwang.
201. Nulis =
nurat, nyitra, mareka, nitra.
202. Nom =
nèm, anom, mudha, taruna, taruni, anyas.
203. Nyambutgawe =
nambutkarya, nambut kardi, ngupa boga, ngupajiwa.
204. Nyandhak =
ngrênggêp, rumênggêp, nyambut, ngasta.
205. Nyapa =
nambrama, nyênggara, sumapa.
206. Nyata =
yêkti, byakta, wyakti, niyata, wèdi.
207. Nyawa =
atma, jiwa, satmaka, suksma, atmaka, yitma, yatmaka.
208. Nyêmbah =
wotsari, wotsinom, wotsêkar, nêmbah, mangênjali, mangarcana, mandrawa, ngaraspada, mangêstupada.
209. Nyunggi =
ngêmbun, nuhun, mundhi.
210. Ngadêg =
mandhiri, madêg, mandaka, mradêksa.
211. Ngalêm =
ngalêmbana, ngumastawa, manadukara, mudya, galang, muji, ngêla-êla, ngastuti.
212. Ngamuk =
gardaka, ngiwung, liwung, mamuk, mawuk.
213. Nganggit =
angikêt, angapus, anggupita, angrumpaka, nawunggita, angripta, anggubah, anukarta.
214. Ngarêp-arêp =
ngarsa-arsa, ngarsi-arsi, marêp-arêp
215. Ngenaki =
sambrana, maenaka, mahandani.
216. Ngênani =
mranani,

--- 12 ---

angêne, manduki, cumundhuk.
217. Ngêsah =
angluh, manglah, angsasa.
218. Nginang =
mucang, menang, mawoh, nambuka.
219. Ngincêng =
ngincêr, nginte, niyangake.
220. Nglipur =
ngimur, ngalimur, ngrarapu, mriyêmbada.
221. Ngumbara =
ngalaya, kalana.
222. Ngunandika =
anggarjita, ngudasmara.
223. Ngrêngga =
miwêh, nguparêngga, macarana, manupaka, marunggya, ngoswa, sumungga, nawung, mimaha, mandara, karawistha, mangiwêh, manukarta.
224. Ngrintih =
ngrêngik, ringing-ringih, ngrêngih.
225. Ngrujuki =
mangayubagya, manadukara, manaduganda, manobawa.
226. Udan =
wrêsthi, jawah, jawuh, jawèh, riris, warsa, wrêsti, truh, ratacap, taracah, sra, rarabi, rêrêb, krêmun, darsa, surur.
227. Ula =
sarpa, taksaka, naga, urar, ananta, wasu, basu, bujangga, ardawalika.
228. Ulat =
nitya, naya, liring, wulat, nayana, jaswa, natya, netya.
229. Ulêr =
wrêki, hurta, kramira.
230. Umbul-umbul =
tunggul, dwaja, daludag, juluk-juluk.
231. Ukum =
gêdhak-gêdhik, sêngkung, sêngung, garwita.
232. Untu =
waja, danta, denta, udaka.
233. Urang =
makara, mangkara, pakeng.
234. Urip =
gêsang, hidhup, atma, juwita, tuwuh, jiwana, kayun, satmaka.
235. Utawa =
atawa, atanapi, nguniwèh.
236. Utusan =
duta, cacala, caraka, cundhaka, gandhèk.
237. Uwang =
wêhang, wêgang, paksa.

--- 13 ---

238. Olèh =
antuk, molih, pakantuk.
239. Omah =
griya, wisma, dalêm, suyasa, graha, bale, panti.
240. Oncat =
anglès, lès, linggar, wiwarjita.
241. Ora =
tan, tar, datan, datar, taman.
242. Pajangan =
patani, pajungutan, tilamrum, jinêmrik, mandakiya.
243. Padha =
samya, kapya, kapwa.
244. Padhang =
prawana, dipa, bawera, lasa.
245. Pakewuh =
bancana, bêndana, pringga, walangsangkêr.
246. Pakurmatan =
pangastawa, astuti, kastawa, panakrama.
247. Pakumpulan =
pahêman, pahoman.
248. Palungguhan =
patarana, sasana.
249. Pamulangan =
pawiyatan, pracabakan,[11] kartawaran.
250. Pamujan =
sanggar, palanggatan, pamêlêngan, pidikan, wijana.
251. Panah =
astra, sara, braja, jêmparing, margana, bana, naraca, sayaka, warastra.
252. Pandhita =
biksu, bramana, rêsi, wiku, dwija, wipra, yogi, yogiswara, maharsi, dwijawara, mahayêkti, mahamuni, mahaning, sunyata, suyati, sewasogata, ajar.
253. Panêngah =
pamade, wirun.
254. Panuntun =
nayaka, pramugari.
255. Pantês =
yogya, rêspati, yukti, mungguh.
256. Pangaji-aji =
pudyastuti, pujabrata, pujakrama.
257. Pangan =
bukti, boja, baksa, boga.
258. Pêngarêp =
kretawadana, nayaka, pramuka, pramugari.
259. Panggawe =
pakêrti, kirta, kirti, kirtya.
260. Pagawean =
pakaryan, pakarti, gawe, ayahan.
261. Panggonan =
asana, êndon, sasana, sana,

--- 14 ---

loka, laya.
262. Paprangan =
adilaga, pabaratan, payudan, palagan, pamedan, rananggana, rana.
263. Para nyai =
pawongan, cèthi, paricara, manih, kaka-kaka, kaki-kaki.
264. Paseban =
pasewakan, panangkilan, pasowanan, pancaniti, balerong.
265. Patamanan =
adyana, wêdari, mantrasari, sarilaya, mandrakusuma, pijana, taman sari.
266. Patapan =
dhepok, asrama, pamidikan.
267. Pati =
antaka, pralaya, lena, surud, ngêmasi.
268. Patih =
nindyamantri, rêkyanapatya, mantrimuka, mantriwisesa.
269. Paturon =
boma, pagulingan, paprêman, tilam, pajungutan, gupit, jinêm rum.
270. Pawèh =
paparing, wilasa, ganjaran, nugraha, parman, pitêdhan.
271. Pêdang[12] =
sabêt, candrasa.
272. Pêdhêd =
lawana, lona, kathuka.
273. Pêdhut =
lamuk, ampak, limun.
274. Pênyu =
masiran, kêtêm, kurma.
275. Pêrang =
yuda, laga, jurit, pupuh, rok, bandayuda, bandawala, pragola.
276. Pêsthi =
yêkti, niscaya, istura, tamtu, wastu, byakta.
277. Pilingan =
pilisan, pamidhi, pilis.
278. Pintêr =
nimpuna, widigda, widura, guna, wasis, budiman, putus, wicaksana, wignya, lêbda, kartiyasa, sêntika, limpad.
279. Pinggir =
têpi, imbang, swamipa.
280. Piranti =
pandaya, wiyasa, wisaya.
281. Pitutur =
darma, warsita, wursita, wasita, warah, wuruk.
282. Pujangga =
kawirêja, kawitana, kawindra, yampu.
283. Pulo =
nuswa, nusa, dipa.
284. Piwulang =
warah, wuruk, wiyata.

--- 15 ---

285. Punggawa =
nayaka, wadana, pratiwa, prameya, manggala, brêtyapati, mantri.
286. Putih =
seta, pingul, dawala, kapila, pinge.
287. Putu =
wayah, putraka, wancala.
288. Putri =
dèwi, duhita, wahini, rini.
289. Pucak =
agra, gera, cundha, tunga.
290. Polatan =
naya, nayana, netya, wanglu.
291. Pondhokan =
sanggraha, kuwu, pakuwon, pasanggrahan, parêrêman, wangunan.
292. Pupus =
pradapa, êlung, laksmi, komala, suhun.
293. Prajurit =
wira, prawira, wara, sura, danuja, narawara, tamtama.
294. Prahara =
bayu bajra, pancawora, pracanda, riwut, sindhung, aliwawar, pratipa.
295. Pramèswari =
dayinta, dayita, sori, mahisi, narpawadu, natadèwi, bini aji.
296. Rajabrana =
brana, rajatadi, dunya, rajapèni.
297. Rai =
muka, waktra, wadana, surya, pasuryan, swa.
298. Rambut =
rema, roma, wèni, sinom, kesawa, jatha, kesa.
299. Rame =
atri, ramya, umyung. gumuruh, asrang, gurnita, gumêr, gumrêk, rumung, sumrêk.
300. Rampung =
paripurna, palakarta, palestha, pulasta, labdakarya.
301. Rase =
rasya, julungwangi, widata.
302. Ratu =
esa, aji, dipa, raja, nata, narendra, nararya, naranata, nara iswara, sri, maharaja, pamase, buminata, mah raja, dhatu, prabu.
303. Rêmbug =
wuwus, ujar, ucap, ling, wacana, wicara, wursita, ngling, gusthi.
304. Rêmbulan =
candra, badra, sasi, basanta, kirana, wulan, lèk, sitarêsmi, sasadara, sitèngsu, soma.
305. Rêrênggan =
busana,

--- 16 ---

uparêngga, carana, pahyasan, unadi, karawistha.
306. Rêca =
pratima, arca, bimba.
307. Rungu =
piyarsa, rêngên,, piyarsi.
308. Rusak =
ruksa, suh, brastha, rêmpak, prawasa, rabasa, nir, gêmpang. punah, rurah, rug.
309. Rosa =
sarosa, daya, prakosa, gagah, baka.
310. Sabab =
karana, niwanda, nimita.
311. Sadulur =
kadang, sudara, sagarba, saringan, yadu, warga, wandawa.
312. Sadhiya =
rumanti, miranti, siyaga.
313. Sagara =
samodra, tasik, jaladri, jalanidi, lahut, gambiralaya, udadi.
314. Saya =
sangkin, ngranuhi.
315. Sayêmbara =
pasanggiri.
316. Sakti =
yoni, nuraga, wijaya.
317. Samar =
maya, tambung, tidha-tidha.
318. Sanak =
kadang, kadang-kadeyan, bandhu, bandhawa, palibaya.
319. Sanaksadulur =
wandu-wandawa, wanduwarga, wangsa.
320. Sapi =
lêmbana, andini, andana.
321. Sarèh =
santa, rêrêm, komala.
322. Satriya =
danudara, andanawarsih.[13]
323. Senapati =
senapatya, brêtyapati, narawara, panglima, hulubalang, pramugari.
324. Satus =
sata, satak, swata.
325. Sèwu =
saharsa, saiwu.
326. Sêdhih =
wyung, wulangun, anglês, duhkita, dukacipta, giyuh, katrêsnan, kung, manastapa, manonbawa, mangunêng, mèpu, margiyuh, rancaka, rimang, turida, èmêng.
327. Sêmèdi =
manungku puja, mangeka pada.
328. Sumaput =
kantaka, kantu, kapidara, marput.
329. Sêmbah =
astawa, astuti, arcana, bêkti, mangênjali, èstu, ngèstupada, wotsari,

--- 17 ---

wotsinom, mangastawa, widya, nadpada.
330. Sêmbrana =
lirwa, pêpeka, pramada.
331. Sêmu =
asmu, èsmu, masmu.
332. Sêmut =
brêkithi, tutsama, kariti, sarawa.
333. Sêndhang =
bak, lwah, botrawi, warigi, jahning, nastapa.
334. Sênêng =
tusta, lamlam, tusthi, kasarjon, karongron, lêlangên.
335. Sêngsêm =
asmara, sêm, turida, carya, sarya.
336. Sêrik =
runtik, êru, rêngu, ru.
337. Sêpi =
sunja, sunya, samun.
338. Sathithik =
sapala, samatra, alpa.
339. Sigêg =
ata, atita, data tita, data pitana.
340. Sih =
asmara, manobawa, parimarma, palimirma, wilapa.
341. Sih-sinihan =
karonsih, salulut, prêjiwatan.
342. Siyung =
jatha, jêthis, saradala.
343. Sikil =
suku, pada, sampeyan, paduka, samparan.
344. Siksa =
sapudhêndha, wêsiasat, wigraha.
345. Sitinggil =
sitiluhur, sitibentar, manguntur, balerungga.
346. Slamêt =
ayu, basuki, yuwana, swasta.
347. Sugih =
kaya, drêbala, sardana.
348. Sukêt =
dhukut, kalang-kalang, trena.
349. Suksma =
yatma, yatmaka, yitma.
350. Sulaya =
dêrganca, salawana.
351. Sumur =
parigi, gustha, andu.
352. Sumorot =
amyang, dumilah, mradipta, rucitra, supraba.
353. Supaya =
darapon, supadya, maran, darapwan.
354. Surup (wayah) =
sandekala, sandyakala, sandyawila, sirêm-sirêm.
355. Susah =
rudita, manastapa, mirong, turida,

--- 18 ---

ruwida, duhka, wirangrong, wingit, rudah, wigêna, kung, kingkin, sungkawa, sêkêl, wuyung, galana, bunêk, wiyadi, wiyoga.
356. Suci =
jêrnih, brêsih, makêning.
357. Suwiwi =
paksa, lar, pênjawat, lahuyang.
358. Suwung =
napi, namu-namu, wuk, wun.
359. Sorot =
kênyar, kirana, kram, ujwala, ujwalita, sênên, sunu.
360. Srêngèn =
runtik, bêndu, bramantya, maringut, rêngat, duka.
361. Srêngenge =
arka, aruna, raditya, pratangga, diwangkara, prabangkara, pratanggapati, bagaspati, baskara, bagaskara, arditiya, radite, suwandagni, arimurti, banu.
362. Swara =
sraba, bawa, wakya.
363. Suwarga =
endrabawana, kahyangan, nirwana, kadewatan, suraya, suranadi, ariloka, aribawana, endraloka, surabawana.
364. Tali =
pusara, apus, bêndana, pratisara.
365. Tamba =
usada, mausada, maosadi.
366. Tamèng =
puksur, paris, jêbêng, kantar.
367. Tampa =
sambut, tanggap, tarima.
368. Tansah =
nityasa, titir, anggung, lana, nitya, lot, manggung.
369. Tangan =
asta, lungia, lungiyan, sikara, bujaka.
370. Tangi =
bangun, wungu, manindawa, manandra.
371. Taun =
warsa, warsaya, warsaka.
372. Tatakrama =
kramaniti, parikrama, udanagara, subasita.
373. Tatu =
labêt, kanin, brana.
374. Tawon =
brêmara, sadpada, tuskara.
375. Teja =
wangkawa, kuwung, danu, danumaya.
376. Têgal =
talun, pathalunan,[14] medan, setra.
377. Têkèk =
basu, tatmaka, darnita.
378. Têntrêm =
rêrêm, ênang,

--- 19 ---

gayêng, santi.
379. Têtêp =
lana, langgêng, sasada, lane.
380. Tikus =
wêgang, musi, wehyang.
381. Tilik =
tinjo, sambang, lawat.
382. Tlapukan =
pakêjèpan, duraksa, anetah.
383. Tuladha =
darsana, kupiya, lupiya, palupi, sudarsana.
384. Tulis =
nêrat, citra, carik, sastra, ciri, gurit, lukita.
385. Tulus =
sudarga, widada, sudha.
386. Tumbak =
lêmbing, waos, watang, sulaka, galah.
387. Tumungkul =
mabukuh, makidhupuh, marikêlu.
388. Tuna =
rugi, ruge, nirlaba.
389. Tunjung =
trate, sarasidya, samawih, kumuda, pakaja.
390. Tunggangan =
titihan, wahana, tumangan, wimana.
391. Turu =
tilêm, sare, guling, nendra, mrêm, supta.
392. Tutwuri =
tutwuntat, lumiring, lumirig, tumular, lumud, tumuntur.
393. Tuwa =
tuha, wrêdha, sêpuh, jimbun.
394. Cangkêm =
lesan, nana, panglinga, dukara.
395. Cangklakan =
kèlèk, goswa, kadakya.
396. Cacad =
ina, mala, cêla, cintra, ceda.
397. Cacing =
wrêcita, wrêjit, nahuti, lusi.
398. Cèlèng =
waraha, wêgang, durgangsa.
399. Cêkêl =
sambut, asta, jabat, gêgên.
400. Clèrèt =
kilat, lidhah, thathit, gêlap.
401. Cumbana =
among yun, among lulut, among raras, karasikan, pulangsih.
402. Wadon =
èstri, dyah, wanita, juwita, wanudya, kani, waita, garini, wara, rèni, dayita, gini, rêtna.
403. Walang =
wancak, anggas, wancal.
404. Wani =
sura, darna, guragadha.

--- 20 ---

405. Wangi =
amrik, arum, sumrik, wida.
406. Waringin =
mandira, gurda, prih.
407. Warna =
rupa, aneka.
408. Waskitha =
wicaksana, sinangjana.
409. Waspada =
pranawa, prastawa.
410. Watês =
ingan, tata, parimana.
411. Watu =
sela, gilang, parang, kumalasa, padsa.
412. Wêdi =
jrih, três, takut, wiwrin, giris, girisa, ulap.
413. Wêdhus =
kambing, dumba, padrawana, medaka, menda.
414. Wêkasan =
wasana, puwara,têmah,, datatita, iti, anta.
415. Wêlas =
turida, tura, wilasa, kurunya, rudya.
416. Wêruh =
udani, upiksa, upaksi, wikan, wrin.
417. Wêtu =
wijil, wiyos, wahya, wimba, ja, wurya.
418. Wêsi =
ayah, aya, bêsi, warani.
419. Wêtêng =
padharan, udara, garba.
420. Widadari =
apsari, dèwi, dewati, bathari, waranggana, yuwati.
421. Wiwit =
lêkas, gagat, prawita, wurya.
422. Wit =
wrêksa, taru.
423. Wuda =
lagna, lagnyana, lêgêna.
424. Wudêl =
pusêr, nabi.
425. Wong =
wang, jana, janma, jalma.
426. Woh =
pala, uma, wilupa.
427. Wuku =
diurut = Sinta, Landêp, Wukir, Kuranthil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujud, Pahang, Kuruwêlud, Mrakèh, Tambir, Mêdhangkungan,

--- 21 ---

Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, Watugunung.
428. Dina =
A-Dite, S-Soma, S-Anggara, R-Buda, K-Rêspati, J-Sukra, St-Tumpak.
429. Pasaran =
Kl-Kasih, L-Manis, P-Paing (pêthakan), Pn-Pon, (kuningan, kêlabêt), W-Cêmêngan.
430. Taun =
Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.
431. Windu =
Kuntara, Sangara, Sancaya, Adi.

__________

 


warayang. (kembali)
Dhampar. (kembali)
Dhêlik. (kembali)
dêling. (kembali)
rondhon. (kembali)
pindha. (kembali)
katriwandhan. (kembali)
kêmangga. (kembali)
(lor kulon). (kembali)
10 ngandhut. (kembali)
11 pacrabakan. (kembali)
12 Pêdhang. (kembali)
13 andanawarih. (kembali)
14 patalunan. (kembali)