Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian A–B)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian A–B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian C–G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian H–K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian KH–P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian R–S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian SY–Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

BAUSASTRA INDONESIA–JAWI

W. J. S. PURWADARMINTA

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [1] ---

BAUSASTRA INDONESIA – JAWI

W. J. S. PURWADARMINTA

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

KATÊRANGAN SAWATAWIS

1. Wêwatonipun.

a. Ingkang kalêbêtakên wontên ing Sêrat Bausastra punika, têmbung-têmbung Indonesia ingkang kangge utawi ingkang pinanggih wontên ing sêrat-sêrat waosan tuwin sêrat-sêrat kabar umum ing tanah ngriki. Têmbung ênggèn-ênggènan, kêjawi têmbung Jawi, ingkang sampun limrah kangge wontên ing basa Indonesia, ugi kaêwrat. Makatên ugi têmbung-têmbung Indonesia kina utawi têmbung Indonesia kasusastran, inggih punika ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat kasusastran babaran kina ugi kalêbêtakên wontên ing sêrat punika.

b. Ingkang kadadosakên têmbung baku kangge pancêr nêrangakên têgêsipun, inggih punika lingganing têmbung. Dados manawi badhe ngupadosi têgêsipun têmbung andhahan, inggih kapêndhêt lingganipun rumiyin.

Upaminipun madosi têgêsipun têmbung: berdiri, didirikan, sependiri lsp. kapadosana ing têmbung pancêr: diri.

Namung têmbung andhahan ingkang sampun dipun anggêp kados têmbung lingga, utawi ingkang radi angèl anggènipun madosi lingganipun, punika kapacak piyambak dados têmbung baku, upaminipun: berangkat, mangkat, sendiri, kepalang lsp. Makatên ugi têmbung camboran ingkang sampun madêg piyambak, inggih kapiyambakakên, botên kagolongakên wontên ing salah satunggaling lingganipun.

c. Ingkang dipun têgêsi bakunipun namung lingganing têmbung. Manawi botên kenging, inggih andhahanipun. Namung andhahan sanès-sanèsipun, ingkang pangrimbagipun sarta suraosipun sami kalihan rêrimbagan Jawi, punika botên kalêbêtakên. Ingkang kalêbêtakên ngêmungakên ingkang pangrimbagipun sulaya kalihan têmbung Jawi, upaminipun: di'adatkan, dibersihkan (Jawi: dirêsiki), lsp.

d. Têmbung kriya tanduk, ing ngriki anggènipun nêrangakên kapêndhêt saking tanggapipun di-, jalaran limrahipun ingkang kêrêp kangge pancèn tanggapipun. Dene têmbung kriya ingkang botên kenging kadadosakên tanggap, kados ta: menangis, melawat, menyerah, kalugokakên makatên.

--- [4] ---

2. Pandhapukipun.

a. Urut-urutaning aksara ing sêrat punika miturut dêntawyanjana aksara latin, namung radi kaewahan sakêdhik kalarasakên kalihan kawontênanipun têmbung-têmbung Indonesia, kadamêl urut makatên:

a b c d e f g h i j k kh l m n ng ny o p r s t u w y z

b. Têmbung-têmbung ingkang mawi sêsirah aksara kh-, f-, sy-, z-, panyêratipun kathah ingkang sok kalugokakên miturut pakêcapan Indonesia, kados upaminipun: khabar-kabar: fasal-pasal: syawal-sawal; zaman-jaman.

Mila manawi ngupadosi têmbung ingkang mawi sêsirah aksara wau, mangka ing golonganipun aksara ngriku botên pinanggih, punika kapadosana ing aksara sanès gêgêntosipun aksara wau.

kh- dipun padosi ing golongan aksara k-
f- dipun padosi ing golongan aksara p-
sy- dipun padosi ing golongan aksara s-
z- dipun padosi ing golongan aksara j- ut s-

c. Basa Indonesia ingkang kasêrat ing aksara Arab, tuwin têmbung-têmbung Arab limrahipun kasêrat lugu kados ing asalipun, nanging manawi kasêrat Latin botên. Ingkang punika, manawi madosi têmbung Indonesia sambutan saking têmbung Arab, dipun padosana ing golongan aksara ingkang dados gêgêntosipun aksara Arab wau:

? ts- dipun padosi ing golongan aksara s-
? ?- dipun padosi ing golongan aksara h-
? dz- dipun padosi ing golongan aksara d- ut z-
? t?- dipun padosi ing golongan aksara s-
? dl- dipun padosi ing golongan aksara l-
? th- dipun padosi ing golongan aksara t-
? tl- dipun padosi ing golongan aksara l-

--- [5] ---

? ain dipun padosi ing golongan aksara a, e, i, u, o
? gr- dipun padosi ing golongan aksara g ut r
? ?- dipun padosi ing golongan aksara k-

3. Sorogan cêkakan.

bngs: bangsaning
ar: araning
ent: entar
kb: kosokbaline
kyt: kaya ta
kc: kacocogna
up: upama
lmr: lumrahe
ut: utawa
saèm: saèmpêr
tmr: tumrap
wc: wancahan

--- [6] ---

[...]

--- [7] ---

A

a'am
umum; ke. 'am
aba
bapa.
abad
1 langgêng, kalanggêngan; 2 jaman 100 taun.
ab'ad
adoh.
abadi
langgêng, tanpa wangênan.
abadiat
langgêng.
abah
ênêr; mengabah: ngênêr.
abah-abah
abah-abah (prabot, piranti).
abai
diabaikan: dirèmèhake, ditampik.
abaimana
wêwadining manungsa (dubur lsp.).
abantara
kc. bêntara:
abang
kakang, êmbokayu.
abar
mengabar: ngênggrêg-ênggrêgi (magoli) laku.
abau
bngs. kura.
'abdi
abdi, batur.
abi
ora prêduli; ora nggape; mengabi: madoni.
abid
langgêng, tanpa wangênan.
abilah
cacar, abilah pêringgi: lara sipilis.
'abid
wêkêl pangibadahe.
abjad
1 angka ajining aksara Arab, kyt. alif = 1, ba = 2; 2 urut-urutaning aksara Arab.
abnus
kayu arang.
aboi
panggêdhe Tionghwa.
abrak
ar. pêlikan (mica).
abu
I awu, blêdug, bubukan; abu-abu: klawu; mengabui mata: ngapusi. II bapa.
abuan
(Pênang) bageyan, bawon.
abu'lhayat
(bapaking ngaurip) udan.
abuk
bubukan, bêbrêgan kayu, grajèn.
abun-abun
awun-awun, awang-awang.
abur
diabur: diawut-awut, diêcèh-êcèh.
abus
1/10 dhuwit (ora mbêjaji, sathithik bangêt).
abyad
putih.
acah
mengacah: mbêbêdhung ut. arêp nilapake; kc. acan.
acan
mbêbidhung, gawe gêlar (upamane katone arêp nêmpuh), gêlar nilapake lsp.
acang
kongkonan; acang-acang alat: pramugarining pista.
acap
I kacêp, tumancêp amblês. II acap kali: kêrêp; acap-acap: gêlakan, tanpa lèrèn, rêrikatan; diacapkan: digêlak, dienggalake.
acar
acar.
acara
1 prakara (kapradatan); 2 bab kang arêp dirêmbug; beracara: prakaran, lagi dipriksa prakarane; mengacara: mriksa prakara; pêngacara: pokrul.
acaram
ali-ali paningkah.
acau
aco, mengacau, mengaco: ndlêming, gunêman tanpa têgês (ngawag, ngawur, lsp.).
aci
aci-aci: mbokmanawa, andak iya; diaci(aci)kan: dianggêp kêlakon, diêjibake yèn kêlakon.
acu
diacu: diacungi gêgaman lsp, diincêng; acuan: cithakan (klêbut lsp.).
acuh
ta'acuh: ora prêduli; ora nggape; diacuhkan: digape, diprêduli.
acum
diacum: dibêbangus, digêgasah, dibêbolèhi.
ada
1 ana; 2 (-bagi, -pada, -akan) kadunungan, duwe; 3 kanggo ngantêbake andharan, up. saya ada membaca juga; adanya: mêngkono kaanane (kanggo ing pungkasaning layang lsp.); ada kalanya: sok, têrkadhang; adapun: anadene, mungguh; ada-adanyakah: andak ana; berada: 1 dêduwèn (sugih); 2 ana ing; mengada-ada: gunêman kang ora-ora, rèwèl lsp.; diadakan: 1 dianakake; 2 dijalari, disêbabake.
adab
tatakrama, kasusilan, subasita; beradab: tata, ngrêti tatakrama; peradaban: kasusilan, kabudayan.
adalat
kêadilan.
Adam
anak (bani, banu) Adam: manungsa.
adan
adan.
adang
I diadang: 1 diadhang, dicêgat; 2 diadhangi, dialing-alingi.

--- 8 ---

II diadang: ditapèni lan diintêri.
adang-adang
têrkadhang, sok.
adar
mengadar: nginêp ing omahing wong liya; kc. tandang.
adas
adas.
'adat
adat, padatan, kalumrahan, tatacara; ber'adat: 1 nindakake kalumrahan, miturut padatan; 2 sinewaka; di'adatkan: didadèkake padatan; ter'adat: wis têtêp dadi padatan.
'adat isti'adat
sakèhing tatacara lan padatan.
'adat lembaga
tatacara, padatan.
'adat pusaka
padatan naluri saka lêluhur.
adib
ngrêti tatakrama.
adik
adhi; adik beradik: sadulur kakang adhi.
adikara
adi endah garapane (wujude lsp.).
'adil
adil, di'adili: diadili; peng'adilan: pangadilan.
adinda
ingkang rayi.
adipati
adipati.
adu
I diadu(kan): diêdu, ditarungake; beradu: tumbuk. II diadukan: 1 diwadulake; 2 digugat; (peng)aduan: panggugat, piwadul. III beradu: sare: peraduan: pasareyan.
aduh
adhuh, dhuh; mengaduh: sêsambat adhuh.
aduhai
dhuh.
aduk
diaduk: diudhak, diudhêg, dicampur.
adun
I bêsus, sênêng macak; beradun: macak. II ut. adunan: jladrèn; diadun: diublak.
af'al
apngal, panggawe, tindak-tanduk, kalakuan.
'afiat
waras, bagas waras.
afiun
apyun.
'afuah, afwah
kasêktèn kang marga kasucian.
'afrit, 'ifrit
setan, dhêmit.
aga
beraga: umuk, pamèr; diperagakan: dipamèrake, diumuk-umukake.
agah
mengagah: mandêng, mênthêlêng (nantang lsp.).
agahari
sêdhêngan; kc. ugahari.
agak
1 (ut. agak-agak, agaknya) kira-kira, ayake, mbokmanawa; 2 rada: diagak: dikira-kira, diduga.
agal
agêl.
agam
gagah gêdhe dhuwur.
agama
agama.
agar (-supaya)
supaya.
agan
kc. beragan.
agar-agar
agêr-agêr.
agas
mrutu.
agih
diagih: didum-dumake, dibage, dirêncak.
aguk
kalung.
agul
(ut. agul-agul, mengagulkan): pamèr, mamèr-mamèrake.
agung
gêdhe, luhur lan mulya.
agus
ar. sêbutan.
ahad
siji; hari Ahad: Ngahad; diahadkan: ditunggalake.
ahadiat
sawiji (kayadene Allah).
ahkam
anggêr-anggêr.
ahlan
bagea satêkamu.
ahli
ahli (sanak sadulur, wong kang putus ing kawruh).
ahlu'nnujum
juru nujum.
ahmak
bodho, cubluk, gêndhêng.
ahmar
abang.
aho
e!
ahwal
bab; kc. ihwal.
'aib
cacad, kuciwa, kasalahan; di'aibkan: dicacad, diwirangake, dirèmèhake.
aidilfitri
lêbaran pasa.
'ain
mata, undêraning prakara.
air
1 banyu; 2 duduh; 3 kanggo nyêbutake araning barang cuwèr warna-warna, up. air susu, air madu lsp; 4 (batang -) kali; buang air (besar, kecil): bêbanyu, nguyuh; mengair: kaya banyu, gilap alandhêp (tmr. pêdhang); diairi: dibanyoni, diêlêbi banyu; pengairan: irigasi; keairan: kêlêban banyu, kêbanjiran, kêlêbon banyu.
air bah (-sebak)
banjir.
air batu (-beku)
ès.
air mata
luh.
air muka
1 pasêmoning praean; 2 ent. pakurmatan.
air rasa
banyu rasa.
air têrjun (-lata)
grojogan.
air timah
prusi.
ajab
siksa; kc. 'azab.
'ajab
gumun.
'ajaib
gumun, nggumunake, anèh.

--- 9 ---

ajak
diajak: 1 diajak; 2 diajani, digugah atine.
ajal
1 wangênan, watêsing urip; 2 (sampai ajalnya) mati.
'Ajam
Pèrsi.
ajar
I piwulang; belajar: sinau, ajar, gladhi, nggêgulang; dipelajari: disinau, digêgulang; diajari: 1 diwulang, diajari; 2 disrêngêni; pelajar: murid; pelajaran: piwulang, pasinaon; terpelajar: (wong) pintêr, wêton sêkolahan dhuwur (têngahan); pengajar: pamulang, guru; pengajaran: wulangan, pasinaon, piwulang. II ut. ajar-ajar: ajar (pandhita tapa).
aji
I mengaji: ngaji; pengajian: piwulang, wulangan ngaji, carane ngaji. II Sang aji, ratu.
ajnas
warna-warna; kc. jenis.
ajujah, ajujat
ngala-ala, nyatur ala.
ajuk
I diajuk(i), diajuk (ajuk)- kan: ditirokake saparipolahe prêlu dianggo gêguyon, nyênyamah lsp. II diajuk: dijajagi, kc. duga.
ajun
1 tujuan, maksud; 2 nylewar (nggiwar) adoh saka kang diêlês; diajun, diênêr, dituju.
'akad
prajanjian, layang pikukuh.
'akal
1 nalar, reka; 2 (-budi) pikiran, budi kang bênêr; 3 akal, kajuligan; ber'akal: sugih akal, pintêr; masuk'akal: kêtêmu nalar; di'akali: diakali, diapusi.
akan
1 mungguh ing, tumrap ing; 2 minangka dadi, kanggo ing; 3 marang, mênyang; 4 bakal, arêp; akan tetapi: ananging; seakan-akan: kayadene, mèh kaya.
akar
1 oyod, oyod-oyodan; 2 uga dianggo araning têtuwuhan rambat warna-warna; berakar: ngoyod.
akar bahar
akar bahar.
akar mati
sulur.
akar wangi
larasètu.
akas
I cukat, trêngginas. II ut. akasa: awang-awang.
'akas
kosokbalèn.
akasa
awang-awang.
akat
kc. akad.
akbar
gêdhe, agung.
'akekah
slamêtan ngêthok rambut bayi.
aki
to'aki, aki-aki: kaki, êmbah lanang.
'akibat
kawusanane, têmahane, kadadeyane.
akik
bngs. kima.
'akik
akik.
'akil balig
wis diwasa.
akhbar
(layang-) kabar.
akhir
1 wusana, pungkasan; 2 têmbe buri; berakhir: kêpungkur, rampung; diakhirkan: dikèrèkake, disumênèkake; akhiran: panambang.
akhirat
ngakerat.
akhiru'lkalam
panutuping atur, ing wasana.
akmal
maha sampurna.
akrab
rakêt pamitrane, sanak sadulur.
'akrab
urang.
aksara
aksara.
aksi
1 tandang; 2 pratingkah.
aku
aku; beraku: nganggo têmbung aku; mengaku: ngaku, nyanggêmi, ngandhêmi; diakui: diakoni, diaku, dianggêp; akuan: kang wis diakoni.
akus
cis; kc. angkus.
akur
cocog, mupakat.
akuk
terakuk: nglêntuk.
a'la
maha luhur.
'ala
'ala kadarnya: miturut sakuwasane.
alabangka
linggis.
alah
kalah; dialahkan: dikalahake.
alahan
bêndungan, suwakan.
alai
pête.
'alaihissalam
kaslamêtan ana ing dhèwèke.
'alaikum assalam
kaslamêtan ana ing kowe.
alal-bahalal, alalbihalal
apura ingapura ing nalika lêbaran.
'alam
I 1 alam, jagad saisine; 2 krajan gêdhe. II gêndera.
alam
dialami: dialami; pengalaman: kupiya, pangalaman.
al'am
waskitha, wêruh ing sakabèhe.
alamang
lamêng.
alamas
intên.
'alamat
I têtêngêr, tandha, ngalamat, sasmita; 2 adrês; 3 gêndera; di'alamatkan: dingalamati marang. II luhur, mulya, kuncara, sêmuwa.
a'lan
pariwara.

--- 10 ---

alan-alan
badhut.
alang
I alang, palang, malang; alangan: 1 nusa kang malang ing sungapan lsp; 2 palang; 3 pêpalang, alangan. II sapele, ora sapiraa; alangkah: saiba, mendah iba; alang-kepalang: sathithik bangêt; bukan alang kepalang: bangêt, kêluwih-luwih.
alang-alang
alang-alang.
alap
I rêmbên, ora kêsusu; 2 (-santun) sarwa alon lan sarèh. II dialap: diundhuh, dijupuk.
alas
1 lèmèk, lambaran; 2 dhasar, têtalês; dialas(kan): dilèmèki, didhasari, didokoki têtalês (wêwaton); alasan: dhêdhasar, wêwaton.
alas kaki
dhingklik pancadan.
alas kata
bêbukaning layang.
alas rumah
têtalêsing omah.
alas cawan
cawan, lèpèk.
alat
piranti, prabot; alat kerajaan: upacara kraton; peralatan: 1 prabot, ubarampe, upacara; 2 nindakake tatacara.
alat-alat
kayadene.
alau
manuk rangkok.
algoja, algoju
lêgojo (tukang ngukum kisas).
ali
I mengali: tansah ngaton (nglêleda lsp). II ali-ali: bandhil; membuang ali-ali, mengali-ali: mbandhil.
alih
beralih, alihan, ngalih, malih; mengalih: ngalih; dialihkan: diêlih, diingsêr.
alih-alih(kan)
jêbule ...
alim
bngs. blêndok damar.
'alim
wong pintêr babagan agama.
alin
dialin: diginyêr nganggo êndhog lsp. supaya mari lara.
aling
dialing(-aling): diiling-ilingi, ditamatake.
alip
penyepit alip jumput cilik.
alir
I mengalir: mili; dialirkan: diilèkake; aliran: ilèn-ilèn, kalenan. II (umpan alir): kewan urip-uripan dianggo pakan pancing.
alis
alis; kc. kening.
alit
I 1 pinggiran (sêrêt lsp) kang diirêng nggalir kyt. mripat dicêlak; 2 (tali alit) uwêd gangsingan; 3 (ukur alit) cêngkorongan, pranatan; dialit: 1 dicêlak (tmr. mata), dicèt ing têpine; 2 diplipis (diwiru) tmr. srêban lsp.; 3 dirancang, dipranata. II ut. alitan: tampar wuwuhan.
alkah
I wijining manungsa; 2 asaling urip.
alkari
lak.
alkissah
dongèng, crita.
alku
jomblang.
Allahuma
dhuh Allah!
Allahu'alam bissawab
Allah kang priksa ing sanyatane.
Allah subhana wa ta'ala
Allah kang pantês ingalêmbana sarta mahaluhur.
Allah ta'ala
Gusti Allah mahaluhur.
almanak
almênak, pananggalan.
almarhum
jênate.
almari
lêmari.
almas
intên.
Almasih
Sang Panêbus (Nabi Ngisa).
alpa
sêmbrana, ora ngati-ati; dialpakan: dilirwakake.
alperes
bngs. opsir.
alu
I dialu(-alukan): dipêthuk, dipapagake, diancarani. II alu; alu-alu: ar. iwak sagara.
alun
alun: mengalun, beralun: ngombak.
alum
mengalum: alum, susut.
alun-alun
alun-alun.
alung
gacuk.
alungan
blumbang, tlaga.
alur(an)
1 lêgokan kang nggalêr dawa (ing kayu lsp.); 2 peranganing kali utawa sagara kang jêro kang dianggo dalan prau.
alur
beralur: rêrêmbugan.
alur bibir (-hidung)
gumun (lêgokan ing lambe dhuwur).
alus
kc. halus.
'am
I umum, sumarambah, kaprah. II taun.
ama
ama, gêgrêmêt kang ngrusak têtanduran.
amah
babu.
'amal
panggawe bêcik; di'amalkan: ditindakake tmr. piwulang lsp.
amamat
kaimaman.
aman
slamêt, têntrêm, ora rusuh.
amanat
1 kaslamêtan, katêntrêman; 2 apa-apa kang dititipake (dianggo tanggungan, dianggo cêkêlan, dipracayakake) 3 piwêling, piwêkas; diamanatkan: dipracayakake, dipasrahake.

--- 11 ---

amang
I diamang(-amang): diagag-agagi, digêgiro; dikira-kira, diawag. II campuran ing timah.
amar
dhawuh, pêpacuh; diamarkan: didhawuhake, dipacuhi.
amarah
nêpsu.
amat
I bangêt. II di(per) amat-amati: diawasake, ditamatake, diulat-ulatake.
ambai
bngs. irig gêdhe didokok ing prau dianggo golèk iwak.
ambai-ambai
1 bngs. kêpithing; 2 bngs. kêmladheyan.
ambal
I babud. II berambal-ambalan: arak-arakan.
ambang
I 1 palang (ing lawang lsp); 2 tlundhag; 3 pinggiran ut. plisir ing klambu lsp. II kurang lancar lakune tmr. prau; diambang: diêndhêg-êndhêgi lakune tmr. prau.
ambar
I cêmplang, kêmba. II ambêr; ambar batu (kuning): bngs. watu rupane kuning.
ambaru
tembok ut. watu ing pinggir kali, sagara lsp.
ambat
diambat: dioyak; kc. hambat.
ambau
I pring (kayu) ditrap ing bambing prau supaya bisa amot akèh. II mengambau: mlumpat; anjlog; terambau: tiba anjlog (kantêb).
ambil
diambil: 1 dijupuk; 2 diêpèk, dialap; 3 dipêthik (tmr. karangan lsp); 4 ditampa (tmr. surasaning têmbung lsp); 5 dipigunakake (tmr. reka, srana); 6 digolèki (tmr. iwak lsp); diambil ingatan: dicathêt; diambil simpan (ringkas): diringkês, dicêkak; berambil-ambilan: padha ngalap; salah ambil: klèru tampa.
ambin
1 bngs. êmban-êmban; 2 (tali-) bngs. tampar dianggo nggêgendhong; diambin: 1 (ut. dikelek ambin) diêmban ing bangkekan; 2 digendhong lsp. nganggo tali lsp; ambinan: gendhongan.
ambul
mengambul: mêndal bali (mêncungul).
ambung
I bngs. kranjang ut. tenggok dianggo nggêgendhong diêrut olèh êndhas; diambung: digendhong kaêrut olèh êndhas. II diambungkan: disawatake munggah, diumbulake.
ambung-ambung
dudulan (ar. têtuwuhan).
amboi
wadhuh!
amil
1 wong kang dana saliyane jakat; 2 kaum, lêbe, pêngulu desa.
amin
amin.
amir
senapati.
amiru'lbahari
senapati lautan.
amiru'lmukminin
(pangarêping wong Islam) sêsêbutane para kalipah.
amis
amis.
amma ba'du
sawuse iku.
ampai
I diampai: disampirake lan dipepe; ampaian: sampiran pamemean. II lêncir, kc. lampai.
ampai-ampai
ar. kewan sagara kang nggatêli.
ampang
I gampang; II kc. empang.
ampas
ampas, sêpah.
ampat
papat; kc. empat.
ampelam
pêlêm.
ampelas
rêmpêlas.
ampu
diampu(kan): 1 disangga, dicongkogi; 2 diratoni, diprentah.
ampuh
I banjir, lubèr. II gêdhe dayane.
ampul
mengampul: mbêdhodhog, mundhak gêdhe.
ampun
apura, pangapura; diampuni: diapura.
amsal
sanepa, upama.
amuk
mengamuk: ngamuk.
amung
teramung: sawiji, ngêmungake; inilah saudara tuan yang teramung: siji iki sadulurmu.
anakhoda
nakoda.
anai-anai
rayap.
anak
1 anak; 2 bocah; 3 turun(an); 4 wong ing, up. anak Malaka; 5 ing têmbung camboran atêgês kang cilik up. anakbukit: (gumuk), perangane kang cilik (up. anak gobèk: cocoh); beranak: duwe anak, manak; diperanakkan: 1 dianakake (dilairake); 2 diêpèk anak; peranakan: 1 pranakan; 2 wadhah bayi; anakan: 1 anakan (uyahan); 2 (ut. anak-anakan) golèk, bonekah.

--- 12 ---

anak air
kalèn (sidhatan).
anakanda, anakenda, anakda
ingkang putra.
anak alang
pêndhadha.
anak baju
klambi rangkêpan.
anak buah
wong-wong kang ana ing omah, kapal lsp.
anak lidah
sêntil.
anak mas
anak pèk-pèkan.
anak negeri
wong asli ing panggonan kono.
anak kapal (perahu)
bêbauning prau.
anak rambut
athi-athi, sinom.
anak telinga
kêndhangan kuping.
anak tunggal
bocah ontang-anting.
anang
ênggèr, thole.
anasir
jasad asal.
'anbar
ambêr.
anbiya
para nabi.
ancai
bujat, rêmuk, rusak, ambyar; diancaikan: dirusak, dirêmuk, dibujat.
ancak
ancak.
ancam
diancam: diancam, diincim-incim.
ancar
wit ipuh.
anda-musang
klênjar rase sing ngêtokake dhèdhès.
andai
(se)andainya: saupama; berandai-andai: ngrêrantam, rêrêmbugan.
andak
I diandakkan: digulung sathithik. tmr. layar, dicêndhakake dikikis; kc. pandak; II andak-andak: trêkadhang; kadhang-kala.
andaka
banthèng.
andalan
cêkêlan, tanggungan.
andam
diandam: ditata lan dicukur tmr. rambut lsp.
andang
obor blarak lsp.
andang-andang
kayu (wêsi) panggantungan layar.
andawali
bratawali.
andar
I mati andar: mati tanpa guna; mati tanpa sabab; mati ora dibêlèh (tmr. kewan). II sêjati; bapa andar: bapa têmênan (dudu kuwalon lsp.). III diandarkan: dicritakake; diandharake.
anderak
luwangan pasangan gajah.
andika
panjênêngan.
andon
mengandon perang: nglurug pêrang.
anduh
dianduh: diêmban (digantung) nganggo tali lsp.; anduhan: êmban-êmban (tali lsp.), tali panggantungan sêkoci lsp.
anduk
andhuk.
andung
wit andong.
andur, anur
grobag kêbo.
aneh
anèh.
aneka (-warna)
warna-warna.
anfas
akèh ajine.
angan(-angan)
angên-angên, gagasan; angan-angan: mbokmanawa; diangan(-angan): digagas-gagas, diangên-angên.
angau
kc. anggau.
angga
berangga, merangga: branggah (tmr. sungu).
anggai
sasmita, ngalamat.
anggal
anggêl (ora kakehan momotan tmr. prau).
anggap
I ut. menganggap: ndhungkluk ngancarani ngajak ngombe lsp.; beranggap-anggapan: padha dene ngancarani ndhungkluk. II dianggap: dianggêp kaya.
anggar
dianggar: dikira-kira, dipetung, dirancang; anggaran: 1 pangira-ira (petungan lsp.); 2 rancangan, rantaman; 3 wêwatoning pakumpulan (setatuten).
anggara
setua anggara: kewan galak.
anggau
menganggau: manglung (ngungak), ngranggèh.
anggau-anggau
manuk bango; kc. bangau.
anggerik
anggrèk.
anggerka
bngs. jubah.
anggit
dianggit: 1 digandhèng rêrentengan tmr. wêlit lsp.; 2 ditrapi tali pênjalin tmr. kêndhang lsp.; 3 dironce, dikarang.
angguk
mengangguk: manthuk, manggut-manggut.
anggul
menganggul: ndhangak munggah, njêngat munggah tmr. canthiking prau lsp.; teranggul-anggul: njêngat-njêngat munggah-mudhun tmr. prau.
anggun
1 alus lan bêcik tmr. wangun, garapan lsp.; 2 tata sarta alus tmr. solah tingkah.
anggung
dianggung: dijongkèng, dijunjung.
anggup
kc. angguk.

--- 13 ---

anggur
I (buah, air-) anggur. II dianggur: dikêthok digawe turus (bibit); angguran: sêtèk, turus. III menganggur: nganggur; penganggur: wong nganggur; pêngangguran: bab wong nganggur.
anggut
beranggut, menganggut: manggut-manggut tmr. prau; wong ngantuk lsp.
anghun, anggun
têmbako Cina.
anggota
1 anggota (tangan lan sikil); 2 warga, lid.
angin
angin (ing têmbung palayaran akèh bangêt araning angin kyt. angin bidai, angin haluan, angin buritan lsp.); main angin: mencla-mencle; makan angin: mlaku-mlaku; cakap angin: omong ngayawara; kabar angin: kabar kang durung têrang; berangin: ngisis, kêna ing angin, kanginan; di(per)anginkan: diangin-anginake, diisis; peranginan: pangisisan.
angit
sangit.
angka
angka, ciri; diangkakan: diangkani, dicirèni; berangka-angka: nggagas-nggagas; perangkaan: pratelan cathêtan angka-angka (setatistik).
angkar
angkêr.
angkara
1 dakmênang, sawênang-wênang; 2 kumêndêl, kurang ajar.
angkasa
awang-awang.
angkat
angkat bicara: wiwit gunêman; berangkat: mangkat, budhal; diangkat: 1 diangkat, dijunjung, diunggahake; 2 (ut. diangkat-angkat) diumpak; 3 diladèkake tmr. pisuguh lsp; angkatan: brêgada, bêbarêngan lêlungan ut. nglurug; angkatan darat: wadyabala dharatan; angkatan laut: wadyabala lautan.
angkelung
angklung.
angkeruh
kêsusu.
angkin
angkin, usus-usus.
angkit
diangkit: diêntas (cèrèt saka ing anglo lsp.).
angkuh
angkuh, umuk.
angkup
sapit, japit, supit; diangkup: dijapit, disupit.
angkus, angkusa
cis.
angkut
diangkut: diusungi.
angkut-angkut
tawon tutur.
anglo
anglo.
angus
gosong, gêsêng, kêbrongot.
angut
mengangut: nggêglêg nglangut, nglamun.
angsa
banyak.
angsana
wit sana.
angsur
berangsur (-angsur): saka sathithik; diangsur: dicicil, ditindakake saka sathithik; angsuran: cicilan.
angsoka
wit soka.
ani
ar. piranti panênunan dianggo nata lan masang lawe; mengani: masang lan nata lawe.
aniaya
kaniaya; dianiayai(kan): dikaniaya, dipilara.
anja
kolongan ing tiyang prau, payung lsp.
anjak
beranjak: ngalih; dianjak: diêlih ênggone tmr. têtuwuhan lsp.
anjal
menganjal: mêndal, mêntul.
anjang
wc. panjang.
anjang-anjang
ar. iwak sagara.
anjar
jangkar.
anjar-anjai
jêmpalikan.
sanjiman
prau kapal gêdhe.
anjing
asu.
anjing-anjing
1 kêncèt; 2 ar. wowohan.
anjing air
wlingsang.
anjing hutan
asu ajag.
anjing tanah
orong-orong.
anjir
wit anjir (bangsa ara kêlêbuk).
anjung
1 sênthonganing omah kang jrambahe luwih dhuwur; 2 (ut. ajung-anjung,[1] anjungan) papan ing prau luwih dhuwur tinimbang jrambah dianggo palinggihane wong kang mêlahi; dianjung: 1 diumbulake, diulukake, dicungulake; 2 diumpak.
anjur
menganjur: nglojok, moncol maju; dianjurkan: 1 dilojokake, diajokake; 2 diulungake maju; 3 dicungulake, diusulake; penganjur: pangarêp, panuntun; anjuran: usul, ada-ada.
anoa
ar. kewan bngs kêbo.
antah
gabah, las ing bêras.
antakesuma
mawa corak kêkêmbangan warna-warna.
antan
alu.
antap
antêb.
antar
diantarkan: diêtêrake; kc. hantar.
antara
1 antara, lêt; 2 (ut. diantara, diantaranya) [di...]

--- 14 ---

[...antaranya)] ing dalêm, ing sajroning; 3 cat, up. antara kelihatan dengan tiada (cat katon cat ora); mengantara: nêngahi ut. misah; pengantara: pamisah, wong kang dadi dalan; pengantaraan: panglantar, lantaran.
antero
sakabèhe, sakèhe.
antelas
kêsting.
anti
anti (mungsuh).
anting
batu anting: bandhul ing jangkar lsp.; anting-anting: 1 anting-anting; 2 bandhul; menganting: gumandhul geyong-geyong.
antui
antoi, bngs. wit kênanga.
antuk
mengantuk: 1 ngantuk; 2 (ut. berantuk) natab, njêglug, nyandhung; terantuk: kêsandhung, kêtatap.
antul
mengantul: mêndal.
antun
bêsus, sarwa bêcik; berantun: macak, dandan.
antup
êntup; kc. sengat.
anu
anu.
anun
anu.
anugerah
pêparing, ganjaran; dianugerahi: diganjar.
anum
anom.
anur
kc. andur.
anut
menganut: manut, mèlu, miturut; penganut: wong kang miturut salah sawijining panêmu ut. agama.
anyam
dianyam: diênam; anyaman: nam-naman.
anyang
bngs. gêcok iwak mêntah.
anyir
amis.
apa
apa; barang apa, segala apa: samubarang; tiada apa (mengapa): ora apa-apa; apalah: mbok iya ... ; mengapa: ana ngapa, geneya, sabab apa; di(peng)apakan, di(peng)apai: dikapakake.
apabila
kapan, besuk apa, samangsa.
apak
apêk, pênguk.
apakala
kapan, samangsa.
apal
apal.
apalagi
apamanèh, luwih-luwih.
apam
apêm.
apam dewa
sêmanggi gunung.
apas
luwês sarta cèkli.
api
gêni; berapi: mêtu gênine, murub; perapian: prapèn, kêrên.
api-api
konang.
apik
apik, bêcik.
apil(an)
kayu têtamèng prau ingarêp.
apiun
apyun, candu.
apit
ut. terapit: kêjêpit, kêpèpèd; berapit: pèpèd-pèpèdan; diapit: dijêpit, diplèpèd; pengapit: gapit, jêpitan; apitan: pamipitan, piranti dianggo mlèpèd.
apung
barang kang kumambang; apung-apung; kambang; mengapung: kambang-kambang; terapung: kumambang.
ara
bngs. wringin.
araf
gêni pangrêsikan ing ngakerat.
arah
ênêr; arah ke-: kêpering ing, pênêr ing; mengarah: ngênêr; diarahkan: diênêrake, ditujokake.
arak
I berarak: arak-arakan; diarak: diarak; perarakan: arak-arakan. II ut. 'arak: arak.
arakian
nuli, banjur.
'aral
aral, alangan.
aram
diaram: diulat-ulatake marga disujanani; diincim-incim.
aram-aram
jlagrag kêna diêlah-êlih, sêtègêr.
aram-temaran
surêm (rêmbulan lsp.).
arang
arêng.
arang batu
arêng batu.
arang para-para
angus.
aras
I awas ratumu (ing dolanan catur). II pêrês; mengaras: mêrês.
araskerdan
ar. panganan.
'arasy
dhamparing Pangeran.
arau
diarau: diubak, diudhak, dikêbur.
Arba'
Rêbo.
arca
rêca.
ari
kulit ari: kulit ayam; ular ari: ar. ula mandi.
'arif
sarjana, wong pintêr, wicaksana.
aring
I mambu sumêgrak, pêsing. II kêmbang kacang (peranganing kêris).
arip
arip, ngantuk.
aris
I tali aris: tampar ut. pênjalin ditrap ing pinggiraning layar lsp. II tlutuh garing.
arit
tumuli, banjur.
arka
ringkih.
arkian
tumuli, banjur.
arkus
truwèlu.
arloji
jam.

--- 15 ---

armada
prau-prau pêrang.
arnab
truwèlu.
arti
têgês, maksud; mengarti, mengerti: ngrêti; berarti: atêgês; tiada berarti: tanpa têgês, ora sapiraa; diartikan: ditêgêsi, ditêrangake; pengertian: pangrêti, têgês.
aruda
inggu.
aruk
mengaruk: njogèd ngaturake kasêtyan lsp.
arun
diarun: dikaru, diulêd lan diublak.
arung
diarung (i): disabrangi, diambah ngrubyuk; arungan: sabrangan, sagara kang diambah prau.
arus
ilining banyu (ombak).
arwah
1 roh, jiwane wong sing wis ajal; 2 (ut. makan arwah) slamêtan mêmule wong sing wis ajal; diarwahkan: dimêmule tmr. wong ajal.
as
indhèn, negeri as: Nippon-Jerman-Itali.
asa
pangarêp-arêp; putus (hilang) asa: êntèk pangarêp-arêpe; asa-asaan: tansah ngarêp-arêp kapriye kadadeyane.
'asabat
urat, saraf.
asabat
warisan, pusaka.
asad
singa.
asah
diasah: diasah, digosok murih landhêp.
asahan
pinggan gêdhe.
asai
padha popol; mengasai: popol, bubukên.
asak
berasak-asak: jêjêl riyêl, ndhêsuk; diasak: dijêjêl, diênêt-ênêt, dipadhêtake.
asal
I asal, asli, pinangka; berasal: asal saka, isih darah. II ut. asalkan: waton, anggêr, sok uga.
asali
asli.
asal-usul
wêwaton, mula bukane, asal-usul.
asam
1 kêcut; 2 asêm; diasam(kan): diasêmi, dikum lsp. ing kêkêcut; asaman: kêkêcut.
asap
kêbul, kukus; berasap: kumukus, kêbul-kêbul; diasap(i): dikêbuli, dikutugi, dikukusi.
'asar
wayah sêmbahyang asar.
asas
têtalês, dhêdhasar, wêwaton.
asi
I bênêr, cocog. II mbalela; ora miturut.
asik
1 (ut. 'asik, 'asyik) kêsêngsêm, kêtungkul; 2 rongèh, ora jênjêm.
asin
asin; diasinkan: diasin, dikamal.
asing
1 nylênèh, ndhewe, ora padha karo panunggalane; 2 ngamanca; 3 anèh; diasingkan: didhèwèkake, disingkirake, dibuwang adoh; terasing: mênjila, kêpêncil.
'askar
wadyabala.
asli
asli, isih darah.
asma
asma; jênêng.
asmara
sih, kasêngsêman.
aso
mengaso: ngaso.
asrama
1 pratapan; 2 omah pamondhokan (kanggo bocah sêkolah lsp.).
asrar
winadi.
astaka
balai astaka: bale palênggahan.
astakona
maju wolu, maju akèh.
astana, istana
kêdhaton, kraton.
asuh
diasuh: diêmong; pêngasuh: pamomong; asuhan: momongan, ênggone ngêmong.
asung
diasung: diajani; kc. asut.
asut
diasut: diojok-ojoki, diajani, digêgasah; pengasut: wong kang ngojok-ojoki; asutan: pangojok-ojok.
aswad
irêng.
'asyik
kc. asik.
'asyura
tanggal sapuluh sasi Muharam (Sura).
atal
atal.
atap
atêp, payon.
'atar
ar. lênga wangi ut. ombèn-ombèn.
atas
1 (dari,- di-, kê-) (saka, ing, mênyang) ndhuwur; 2 mungguh ing, up. atas hal ini; 3 atas, têrang saka, up. atas perintah raja; 4 marang, ing, up. menimpa atas dirinya; 5 dadi, up. dibagi atas lima bahagi; 6 kêdadeyan saka, up terjadi atas lima sebab; 7 tumrap, dadi bubuhane, up. pembayaran ini atas hambalah; 8 wêwaton (miturut) saka, up. atas syari'at Nabi Isa; beratas-atasan: rêbut unggul; mengatas: munggah, ngatas; diatasi: diungkuli.
atas angin
ngatas angin.
atau
utawa.
atma
sukma.
atung
I mengatung: kumambang kampul-kampul, mabur kêkêjêr up. kupu. II udang atung: ar urang.

--- 16 ---

atur
I beratur, teratur: tata, ajêg, tumata; diatur: ditata, dipranata; aturan: tatanan, pranatan, rêrigên; peraturan: pranatan. II diaturi: diaturi; diaturkan: diaturake; katur.
'aulia
uliya, wong suci.
aum
mengaum: nggêro.
aur
pring ori.
'aurat
1 wuda, 2 urat (wêwadi).
aus
gêrang, padha gripis.
awai
cuwa, gêla, kagol.
awak
1 awak, badan; 2 (-kapal, -pêrahu) bêbauning prau; 3 (-ku, -mu, nya) aku, kowe, dhèwèke.
awal
awal, wiwitan, kang dhisik; awalan: atêr-atêr.
awan
1 mega, mêndhung; 2 kanggo jênênging ukir-ukiran ut. gêgambaran warna-warna kyt. awan bêrarak, awan mêlarat lsp; berawan: mêndhung, kasaput ing mega; mengawan: munggah ing awang-awang.
awang
thole, ênggèr.
awang-awang(an), awang gemawang
awang-awang.
awas
awas, prayitna; diawasi: ditamatake, diawat-awati; dibawah pengawasan: diulat-ulatake.
awin
pengawinan: (wong kang nggawa) tumbak upacara.
awit
awèt.
ayah
rama (bapa).
ayahanda
ingkang rama.
ayak
(ut. pengayakan): ayakan, kalo saringan; mengayak: megol-megol, mlêndhung tmr. layar; diayak: diayaki.
ayak-ayak
ninitèh.
ayal
gojag-gajêg, manggamara.
ayam
pitik; ayam betina: babon; ayam jantan: jago.
ayam-ayaman
manuk sribombok.
ayam-hutan, ayam beroga
ayam alas.
ayan
blêg.
ayang-ayang
ar. tamba (jamu).
ayapan
dhaharing ratu, cadhong.
ayar
banyu.
ayat
ayat (peranganing bab).
ayo
ayuh, ayo.
ayum
diayum: dirojongi lan dibiyantu.
ayun
berayun, mengayun: 1 mbandul, obah geyong-geyong; 2 lingsir (tmr. srêngenge ± jam 4); ayunan: bandulan.
ayun-temayun
wayah lingsir (jam 4 sore).
'azab
siksaning Pangeran.
azad
tanpa cacad.
azal, azali
langgêng (tanpa kawitan).
'azan
adan.
azas
niyat, sêdya (sok kliru karo asas).
'azimat
jimat.
azul
wiwit biyèn mula.

B

ba'
kaya.
bab
1 gapura; 2 bab.
baba
babah.
babad
babad.
babak
babak (ing crita lsp).
babang
ut. terbabang: mênga amba, mlowoh.
babar
1 jumèrèng; 2 babar, ora kêmpêl; dibabar: dibèbèr, dijèrèng.
babas
ut. terbabas: suwèk pating sluwir tmr. layar, kentas bablas, bubrah mawut tmr. barisan.
babat
timbang, babag, rêrakitan.
babi
babi; membabi buta: nekad.
babi duyung
iwak dhuyung.
babi hutan
cèlèng.
babil
mbrêngkêlo, ora manutan.
babi rusa
bngs. cèlèng nganggo siyung munggah.
babit
dibabit: disangkut ut. dikatutake ing prakara.
babu
babu.
babu susu (-tetek)
inya.
babu kering
babu rêrêsik.
babu cuci
babu ngumbahi.
babuk
gêblêg, mbocahi.
baca
dibaca: 1 diwaca; 2 diucapake tmr. lapal lsp.

--- 17 ---

bacar
bocor (kêrêp omong).
bacin
bacin.
bacul
(wong kang) ngêpluk, jirih.
bacok
dibacok: dibacok, disuduk.
badai
prahara gêdhe.
ba'da
bakda, sawise.
ba'dahu
sawise iku.
badak
warak.
badam
I woh amandêl. II bunga badam: trutul abang ing kulit.
badan
1 badan awak, awak-awak, gêmbung; 2 bêbadan; badan pengarang: bêbadan juru ngarang.
badang
bngs. kalo gêdhe.
badar
I rêmbulan purnama (ent. endah). II wadêr, badhèr.
badi
ilu lsp. kang njalari lêlara, dayaning lêlêmbut.
badik
bngs. wêdhung cilik.
baduk
gêdhe mbêmbêng.
badung
badhong.
badut
badhut.
bafta
blacu.
bagai
1 jinis; 2 (ut. sebagai) kaya, padha karo; (ber) bagai-bagai: warna-warna; tiada terbagaikan: tanpa upama.
bagai-lagi (-pula)
mêngkono uga.
bagaimana
kapriye.
bagal
I gagang manggar. II gêdhe gothot tmr. jago lsp. III bihal.
bagan
1 cêngkoronganing omah lsp; 2 tilas omah lsp; 3 omah tambêl (palerenan lsp), omah ing babagan (pêlabuhan) 4 rengrengan.
bagar
1 bangka; 2 wangkod; kc. begar.
bagas
gothot kiyêng tmr. pawakan, bakuh tmr. barang dandanan, groboh tmr. gêgarapan, bantêr tmr. angin.
bagat
bngs. wit arèn.
bagi
I tumrap ing, kanggo ing. II perangan: kc. bahagi.
bagia
bêgja; kc. bahagia.
baginda
Sang Prabu.
bagur
gêdhe dhuwur.
bagus
bagus, bêcik.
bah
banjir, lubèr, wrata sumêbar.
bahaduri
kêndêl bangêt.
bahagi
ut. bahagian: bageyan, perangan, panduman; dibahagi: diperang, dibage, didum; dibahagikan: didum-dum, didum-dumake.
bahagia
bêgja, kabêgjan.
bahaya
bêbaya; berbahaya: mbêbayani.
bahaya air
kêbanjiran.
bahaya api
kobongan.
baham
dibaham: dimamah mingkêm.
bahan
1 sigaran kayu lsp. bakal balungan omah lsp; 2 barang-barang bêbakaling dandanan, guru bakal: dibahan: 1 didhodhogi, ditêbak-têbak tmr. lawang lsp; 2 disigari ut. diprèjèngi tmr. kayu.
bahana
swara ngumandhang sêru.
bahang (-api)
sumuking gêni, urubing gêni.
bahar
sêgara.
bahara
1 ar. bobot; 2 awak-awaking prau; tolak bahara: momotan dianggo ngêbot-êboti supaya aja nggoling.
bahari
I wong palayaran. II ing pantun owah-owahane têmbung baharu. III 1 endah, bêcik; 2 pantês pinundhi-pundhi.
baharu, baru
1 anyar; 2 lagi, mêntas bae; dibaharui: dianyarake, dibangun anyar.
bahas
I dibahas: dirapêtake tmr. kayu rênggang lsp. II panitipriksa: 'ilmu bahas: kawruh bab bêbantahan; berbahas: bawarasa, bêbantahan, srasehan.
bahasa, basa
I 1 basa, têtêmbungan; 2 tatakrama; 3 sarèh, alus; 4 sêmu, rada, up. gila-gila bahasa (rada edan); berbahasa: 1 migunakake basa: 2 ngrêti tatakrama; dibahasakan: ditêmbungake, dibasakake perbahasa(an): paribasan. II yèn, bilih.
bahat
sebahat, rukun, mupakat.
bahkan
1 kasinggihan, iya; 2 malah iya, malahan.
bahu
pundhak.
bahtera
prau.
bahwa
1 anadene; 2 yèn, bilih.
bahwasanya
1 mungguh ing satêmêne; 2 anadene.
ba'id
(sanak) adoh; karib dan ba'id: sanak cêdhak lan adoh.
baiduri
intên widuri.
baik
bêcik, prayoha, pantês; baik ... , baik [ba...]

--- 18 ---

[...ik] (ut. ataupun, maupun) ...; sanajana ... ewadene; iya ... iya ...; dibaiki: 1 dibêciki, diupakara; 2 (ut. dibaikkan, diperbaiki) didandani, dibênakake, dibênêrake.
bait
kidungan, rêrêpèn.
baitu'lharam
omah suci (mêsjid Mêkah).
baitu'lmal
gêdhong rajabrana.
baitu'lmukaddis
(omah suci) Yèrusalèm.
baja
I besi baja: waja. II banyon. III rabuk: dibaja(kan): dirabuki.
bajak
I wluku; dibajak: diwluku; II bajag.
bajan
wadhah (tong, èncèh lsp).
bajang
I ar. mêmêdi awujud rase: gelang bajang: gêlang lawe sutra irêng dianggo têtulak. II kayu cathokan ing sambungan.
bajang-bajang
ar. wiji sukêt.
bajau
ar. bangsa ing Borneo lan Sèlèbês kulon.
baji
paju.
baji-baji
ar. iwak sêgara.
bajik
kebajikan: kabêcikan, kautaman.
bajing
bajing; kc. tupai.
bajingan
bajingan; kc. copèt.
baju
klambi.
baju besi
kêre wêsi.
baju dalam
klambi rangkêpan.
baju kurung
klambi kurung.
bak
rob ing sagara.
baka
I wêwatakan, kaanan lsp. kang asli ut. turunan wiwit kuna mula; membuang baka: nyêlaki asale lsp. II ut. baka': lêstari, langgêng, ora owah gingsir.
bakai
mandi bakai: 1 ngêdusi mayit; 2 awa-awak,[2] adus ing sêgara banjur bilas.
bakak
ar. bakal dianggo kudhung.
bakal
bakal; dibakal(kan): dibakali, diwangun.
bakar
dibakar: diobong; terbakar: kobong; kebakaran: kobongan.
bakarat
prawan.
bakat
I têmpuking ombak; berbakat: nyampyuk têtêmpukan. II ngalamat yèn bakal ana lêlara, lêlakon lsp.
bakau
wit bako (ut. tanjang branggah).
bakda
bakda.
bakhil
cêthil.
bakhtiar
sugih, bêgja.
baki
I ut. bakiat: turahan, sisa, kêkèrèn. II baki, talam, tembor.
bakiak
gapyak, trumpah.
bakik
lombok jêmprit.
bakim
bisu.
bakir
I sugih bandha lan sugih kawruh. II wis kêcut tmr. puhan.
bakmi
mi, bakmi.
bakul
wakul, tenggok, kranjang.
bakung
bakung.
bakup
abuh mbêdhudhug, bêngêp, gêmblêb, pêndul tmr. mata.
baksi
membaksi: nampêk layar tmr. angin.
baksis
opah, pêrsèn.
bakti
bêkti, sungkêm, lêlabuh; berbakti: sungkêm, nêmbah; kebaktian: pangabêkti, panêmbah, agama.
bala
I bala tentara: wadyabala. II sangsara, kacilakan; bala sampar: pagêblug, lêlara nular.
bala-bad
ngatas angin.
balah
membalah, berbalah: madoni, dhawuh lsp.
balai
bangsal, omah gêdhe.
balai-balai
ambèn, lincak.
balai-derma
omah (yêyasan) kanggo ngopèni bocah yatim lsp.
balai-kambang
bale kambang.
balairung
bangsal pasewakan.
balak
wulu mruwun tmr. kewan.
balam
I bngs. putêr. II ut. balam-balam: lamat-lamat, rêmêng-rêmêng.
balang
I ar. prau layar. II bngs. gêndul gulune dawa.
balar
bule.
balas
I wêwalês; dibalas: 1 diwalês; 2 diwangsuli. II tulak bara.
balau
wit trêmbalo.
balgam
yiyid, riyak.
balig
diwasa; kc. 'akil balig.
balik
walik, sawalike, ing burine; berbalik: malik, mbalik, pada baliknya, sebaliknya: kosokbaline; dibalikkan: diwalik, diingêr; terbalik: kuwalik.

--- 19 ---

baling
membaling: mubêng ngganjrèt.
baling-baling
kitiran.
balok
balok.
balon
balon.
balu
dhudha, randha.
baluarti
baluwêrti.
baluh
urunging kêndhang, bêdhug lsp.
balui
gêdhèg, ut. pur.
baluk
ar. prau cilik.
balun
I eling saka ênggone kêsurupan lsp. II dibalun: digêpuk, dipupuh, digêbugi.
balung
cènggèr.
balur
I 1 dhèndhèng, balur; 2 wlulang mêntah. II ut. hablur: yakut.
balus
gabug, ora duwe anak.
balut
pêndul tmr. mata; dibalut: diblêbêd; pembalut, balutan: blêbêd.
bam, êbam
palang sanggan kêmudhi ut. tiyang.
bambang
I gêdhe amba (kyt. wanguning rêmbulan). II (se)bambangan: dhêmênan, rangkad.
bambu
pring.
bambung
kuwawung; kc. bangbung.
ban
I mandhor juru ngulat-ulatake. II ban (sêpedha, mobil lsp.)
banang
kang gêdhe dhewe (tinimbang panunggalane).
banat
I dibanat: digêbugi, digitik, dipupuh. II bngs. sêngkêlat ut. cindhe alus.
bancang
dibancang: dialang-alangi, dipagoli.
bancau
worsuh, ora karu-karuwan.
banci
I 1 pêthèl gêdhe, 2 banci, wandu. II dibanci: ditarik pajêg, dicacahake.
bancuh
carub, campur.
bancut
ora dadi, wurung.
bandan
rasa ut. ambuning logam.
bandang
bandêng.
bandar
1 kutha palabuhan, 2 kalèn.
bandarsah
pamulangan ngaji.
bandel
membandel: wangkod; mbrêkunung; ora nggugu.
bandela
pak-pakan gêdhe kyt. barang-barang kang dikirimake mêtu prau.
banderek
wedang sêrbat.
banding
tandhing, têtimbangan; tiada bandingnya, tiada berbanding: tanpa timbang; dibandingkan: ditandhing.
bandung
dhèmpèt gêgandhengan, rakitan, sakêmbaran.
bandut
dibandut: digodhi (ditalêni) tmr. barang kang arêp suwèk ut. pêcah; pembandut; godhi.
banjar
larikan; berbanjar: lêlarikan.
banji
ukir-ukiran kêkêmbangan modhèl Tionghwa.
banjir
banjir.
bani, banu
turun, anak putu, bangsa.
baning
bngs. kura (bulus).
banir
tambi (oyod gêdhe njêbèbèh).
bang
I wc. abang: kakang. II ut. êbang: têngara unining bêdhug nyasmitani wayah sêmbahyang (adan); dibangkan: diadani.
bangai
ut. terbangai: dilêmparakake ora kopèn, nglênthar.
bangar
bangêr, basêng.
bangat
rikat, enggal; dibangatkan: dirikatake, digêlak, disrêmpêng.
bangau
manuk bango.
bangbung
kuwawung.
bangga
mantêp, gêdhe atine; dibanggakan: diumukake, mantêp dening.
bangkai
bangke.
bangkang
I 1 nyênthang, ndhaplang; 2 (ketam bangkang) ar. yuyu sêgara. II kandhêg tmr. pagaweyan; dibangkangkan: ora ditutugake tmr. pagaweyan. III mbangkang; mogok.
bangkar
1 bangka, atos mbêngkayang; 2 alod, wulêd.
bangkas
1 wiring kuning tmr. jago; 2 kêndêl, sumêngah.
bangking
bngs. pêthi wadhah sandhangan.
bangkit
ut. berbangkit: 1 tangi, mênyat ngadêg, njênggèlèk; 2 ent. tuwuh, thukul tmr. hawa nêpsu lsp; membangkit: ngundhat-undhat; dibangkitkan: 1 ditangèkake; 2 ditêtangi, digugah tmr. hawa nêpsu lsp.
bangku
bangku.
bangkut
1 krêngga; 2 dhugul tmr. sungu.
bangkrut
bangkrut.
banglas
bawera, ora sumpêk, jêmbar wawasane.

--- 20 ---

banglo
bngs. pasanggrahan.
bangun
I 1 nglilir, tangi; 2 dhêndhaning rajapati; membangun: ndêdêl munggah tmr. mega; dibanguni: ditangèni; dibangunkan: ditangèkake, digugah. II wangun; bangun-bangun: pawakan; bangun-bangunan: wêwangunan (omah-omah lsp); dibangunkan: diwangun, diêdêgake tmr. omah lsp.
bangsa
1 bangsa; 2 darah; berbangsa: isih darah; kebangsaan: kabangsan.
bangsai
bêbrêg tmr. kayu.
bangsal
omah gêdhe, gudhang.
bangsat
1 bangsat, bajingan; 2 tinggi.
bangsawan
1 priyayi luhur, darah, 2 (komidi bangsawan) sandiwara barangan.
bangsi
bngs. suling.
bantah
pêpadon; berbantah: padu, dibantahi: dipadoni; dibantahkan: dipadu; bantahan: dhêmên padu.
bantah-bentoh
pasulayan, congkrah.
bantai
dibantai: disêmbêlèh; pembantai: jagal; pembantaian: jagalan, papan kang dianggo nyêmbêlèh.
bantal
bantal; bantal-bantal: bantalan.
bantar
dibantar: ditulak, dicêgah, dialang-alangi.
bantat
bokong; kc. pantat.
banteng
banthèng.
banteras
dibanteras: disirnakake, dilawan.
banting
dibanting: dibanting, diwanting; membanting-banting: orêg, oyag; membanting tulang: nyambut gawe ngêtog karosan.
bantu
pitulungan; dibantu: dibantu, ditulungi, direwangi, dibiyantu; bantuan: pitulungan.
bantun
dibantun: didudut, dicopot, dibêdhol.
bantut
ut. terbantut: kandhêg, ora bisa têrus sêmpulur, krêngga tmr. wowohan lsp.
banyak
akèh, dibanyaki: diêbut, dikroyok wong akèh; diperbanyak: dikèhi, diundhaki; kebanyakan: 1 kang akèh-akèh; 2 lumrah, up. orang kebanyakan.
banyu
banyon.
bap
bug, gêdêbug, plêk.
bapa, bapa'
bapa.
bapa angkat
bapa angkat.
bapa bungsu
(ut. pa' su): paman wragil.
bapa kecil
(ut. pa'ci) pakcilik.
bapa mentuwa
bapa maratuwa.
bapa muda
(ut. pa'uda) pakcilik.
bapa saudara
uwa lan paman.
bapa tengah
(ut. pa' êngah, bapa alang) paman ut. uwa panêngah.
bapa tua
(ut. pa'ua) uwa.
baptis
disiram ing banyu suci (disranèkake).
bara
I (ut. bara api) mawa. II tolak bara: momotan kang dianggo ngêbot-êboti; kc. bahara.
bara'at
layang lulusan.
barah
(-bau, -sisip, lsp): saèm. wudun.
barak
omah tambêlan.
barai
ar. kêyong sagara.
baran
alas wujud rawa-rawa.
barang
1 barang; 2 kanggo mratelakake apa-apa kang ora gumathok, up. barang apa (apa bae, samubarang); barang kemana (mênyang ngêndi bae); barang siapa (sapa bae); 3 sadhengah, up. barang orang (anggêr wong, sêmbarangan); 4 ka (kira-kira), up. berilah barang lima rupiah (wènèhana ka limang rupiah bae); 5 (dirangkêpi têmbung apalah kiranya ut. kiranya ut. apalah) atêgês pangarêp-arêp, muga-muga, up. barang disampaikan Allah kiranya kepada ...; barang-barang: 1 barang-barang; 2 lumrah, sêmbarangan bae; bukan barang-barang: ora jamak.
barangkala
samangsa-mangsa.
barangkali
bokmanawa.
baras
lara budhug.
barat
kulon.
barat-daya
kidul-kulon.
barat-laut
lor-kulon.
barau-barau
ar. manuk.
barbur
1 jêgar-jêgur; 2 (orang-) wong boros, ngêbrèh.
barèh
utang.
baret
kc. barak.
bari
I (ut. bahari): 1 wong playaran; 2 minulya. II (papan bari) blabag ing prau.
barid
utusan.
bari-bari
bngs. mrutu sok ngrubung wowohan. [wo...]

--- 21 ---

[...wohan.]
barik-barik
galêr-galêr cêcorekan ing bathikan lsp.
baring
berbaring: sumèlèh têturon; dibaringkan: diturokake.
baris
1 garis; 2 larik, larikan, jejeran; 3 baris tmr. prajurit; 5 (-diatas, -dibawah, didepan, -mati) ar. sandhangan ing aksara Arab yaiku fatah, kasrah, lamah, jasam); berbaris: baris, tatabaris; membaris: 1 blajar baris; 2 nggawêng tmr. teja lsp; barisan: 1 (Bukit Barisan) gunung Kêndhêng; 2 gêgolonganing prajurit.
barkas
kapal barkas: kapal api cilik.
baru
I ut. baharu: anyar, mêntas bae, lagi. II wit waru.
baruh
palêmahan ing ngisor (cakêt kali, pasisir lsp).
barung-barung
gubug, omah tambêlan, pakajangan.
barungsai
barongan.
barus
kapur barus: kampêr.
barusan
lagi, mêntas bae.
barut
blêbêd, ubêl-ubêl; dibarut: diblêbêd.
barwa
grobog, pêthi gêdhe.
barzakh
jaman antarane pati karo tangining badan.
basa
basa; kc. bahasa.
basah
têlês; dibasahkan: ditêlêsi; basahan: sandangan têlêsan (padinan).
basah kuyup
têlês klêbus.
basai
ngêmbus-êmbus (abuh lêlaranên).
basal
1 abuh ngêmbus-êmbus; 2 (-angin) mlênthing.
basat
bangsat.
basau
atos kriyak-kriyak.
basi
I 1 basèn (cowokan dhuwit sing diijolake); 2 wuwuhan, anakan, undhakan pagaweyan lsp. II wayu, wis mèh mambu.
basir
waskitha, mahawikan.
basit
lamba; al-basit: kang sawiji (Allah); bilangan basit: cacah lamba (3, 5, 7, lsp).
basmi
dibasmi: 1 diobong; 2 disirnakake.
basuh
dibasuh: dikumbah, diwasuh, diwisuhi; pembasuh baluh, pembasuh meja: wragad prakaran; pembasuh mulut: panganan ut. ombèn-ombèn sabakdane mangan; pembasuh tangan: pituwasing kangelan (opahan marang dhukun bayi).
basuk
ar. wit.
basung
1 conthong, pasungan; 2 rong losin (24).
basut
pancuran, pontèn; air membasut: banyu mancur.
bata
ut. batu bata: bata.
bata-bata
rangu-rangu, gojag-gajêg.
batak
membatak: lunga klambrangan, mbêbegal, njêjarah.
batal
batal, wurung; dibatalkan: dianggêp batal, diwurungake.
batang
I 1 dêlêging wit, wit; 2 lonjoran, gilingan, gligèn; 3 garan, gagang, 4 kanggo wilanganing barang kang dawa lêlonjoran; membatang: 1 katon malang ing kali tmr. nusa; 2 (ut. mengaji batang) maca Arab tanpa ngeja; batangan: pêpalang ing kali. II bathang: bangke.
batang air
kali.
batang leher
gulu.
batang lengan
lêngên.
batang tubuh
awak.
batara
bathara, dewa.
batari
bathari.
batas
watês, wangênan, wakêdan; dibatasi: diwatêsi, dikikis; pembatasan: watêsan.
batat
ar. wit.
batik
bathik.
batil
cêmung, bokor.
batin
I sêsêbutan ut. pangkat saèmpêr lurah. II batin; 'ilmu batin: ilmu kêbatinan.
batir, (-batir)
ilat-ilatan ing sabuk kanggo wadhah kêris.
batu
watu, karang, wadhas; membatu: matu (atos bangêt).
batu bata
bata.
batu berani
wêsi brani.
batu giling
pipisan.
batuk
watuk.
batu karang
karang ing sagara.
batu kepala
sirah (kanggo ngasorake).
batung-batung
ar. keyong.
batu timbul
watu kambang.

--- 22 ---

bau
ambu; berbau: mambu; bau-bauan: ambon-ambon (lênga wangi lsp.).
bauk
rambut ut. wulu ing tênggok, brewok.
baung
1 ar. iwak kali; 2 bruwang.
baur
campur worsuh.
bawa
dibawa: 1 digawa; 2 diêtêrake, diparakake mênyang, diêmot (ing kreta lsp); 3 dipêthik saka (ing layang lsp); 4 dijalari, disêbabake, kêgawa saka; membawa agama (iman): ngrasuk agama; membawa agung: diwasa; membawa bulan: nggarapsari; membawa diri: lunga; membawa jalan: nuduhake dalan; membawa hal (nasib, untung): golèk panguripan; membawa hati: 1 nênarik ati; 2 manut krêntêging ati; membawa isyarat: nyasmitani, ngalamati; membawa keair: nêtakake; membawa lagu: nêmbangake; nglagokake; membawa laku: ngêcakake tatakrama; pembawa: 1 kang nggawa; 2 pangarêp, panuntun, pangirid; pembawaan: 1 gawan, gêgawan; 2 ênggone nggawa, ngusung, lsp; 3 wêwatakan lsp. gawan lair mula.
bawab
tukang njaga lawang.
bawah
ngisor; dibawahkan: diudhunake, disorake.
bawal
ar. iwak loh.
bawang
(-merah): brambang; bawang putih: bawang.
bawasir, wasir
lara jubur.
bawat
1 nglawèr, nglèmbrèh tmr. tampar lsp; 2 mbêyuyut tmr. mata; 3 (payung-) payung bawat.
bawel
juwèh, dahwèn.
baya
I (sebaya): barakan, pantaran, kang tunggal jinis. II bêbaya; kc. bahaya.
bayak
gêdhe têngah (mblêndhuk, mbêmbêng).
bayam
bayêm.
bayan
I manuk bèthèt. II têrang; dibayankan: ditêrangake, digênahake.
bayang
ut. bayang-bayang: wêwayangan; berbayang-bayang, terbayang-bayang: katon wêwayangan, katon ana ing pangangên-angên; dibayangi: ditutup ing wêwayangan; dibayangkan: diangên-angên.
bayar
dibayar: 1 dibayari, disauri; 2 diluwari ut. ditêtêpi tmr. kaul lsp; bayaran: bayaran, panyaur; pembayaran: pambayar, panyaur.
bayas
bngs. wit pucang.
bayi
bayi.
bayu
I ut. kebayuan: wayu, sayup. II angin barat, III ar. wit.
bayuh
wayuh.
bayung
bngs. wadung.
bayur
(-putih, -elang) ar. wit.
bea
beya, wragad; kc. bia.
bebal
bodho, gêblêg.
beban
1 momotan, gêgawan; 2 ent. sêsanggan.
bebang
kêjêpit tmr. bayi lair; kebebangan: mati kêjêpit tmr. bayi lair, mati nglairake bayi kêjêpit.
bebar
bubar pating slêbar.
bebas
ora kawêngku lan ora kêbawah; 2 luwar tmr. prakaran, luput ing pajêg lsp; dibebaskan: diluwari, ora dikênakake ing pajêg lsp.
bebat
blêbêd dibêbat: diblêbêd.
bebek
bèbèk; membebek; mung ela-èlu bae.
beber
dibeber: dibèbèr.
bebutu
wit butun.
beca, becak
1 kreta rodha loro digèrèd wong; 2 kreta pit (rodha têlu).
becak, becek
jêblog, mblêthok.
becuk
ar. iwak sagara.
beda
beda; berbeda: beda, ora padha; di(per)bedakan: dibedakake.
bedah
bêdhèl; dibedah: dibêdhèl; ahli bedah: dhoktêr ahli mbêdhèl.
bedak
wêdhak, pupur, bobok; bedak perut: tapêl.
bedal
dibedal: dirangkêt, digêbugi.
bedan (-bedan)
pating pruntus abang-abang.
bedar
prau cilik titihaning ratu.
bedebah
cilaka, gêlah-gêlahing jagat.
bedek
membedek: ngincêng, nyipat.
bedil
bêdhil.
beduk
bêdhug.
bedukang
ar. iwak loh.

--- 23 ---

bedul
babi.
bedung
popok, gêdhong bayi; dibedung: dipopoki, digêdhong.
bega
membega: ngênêr.
begal
begal.
begap
kêncêng kiyêng tmr. pawakan, bakuh tmr. dandanan.
begar
I berbegar: mubêng kêkalangan; dibegar-begar(kan): diunyêr-unyêrake. II 1 bangka, bantat; 2 ent. wangkod, mbrêngkêlo; 3 (ut. kebegaran mata) cakilên ora bisa turu-turu.
begawan
bagawan.
begini
mangkene.
begitu
mangkono.
bejana
wadhah, tlawah lsp.
bejat
bujad, rusak.
beka
saru, ora pantês; berbeka: gunêman saru, crêmêdan lsp.
bekal
sangu (pangan, dhuwit lsp); dibekali: disangoni; perbekalan: sangu, tandhon pangan lsp.
bekam
pinggêt ing kulit.
bekas
1 wadhah; 2 tilas, tipak, tilasan, têtilas.
bekas tangan
tandha-tangan.
bekas tubuh
sandhangan lungsuran.
bekat
kêbak mandhêt.
bekerja
nyambutgawe; kc. kêrja.
bekil
ar. iwak loh.
bekir
pating prongkol tmr. puhan.
bekot
dibekot: diboekot, disatru.
beku
ut. membeku: kênthêl, njêndhêl.
bekuk
dibekuk: dicêkêl (tmr. durjana lsp).
bekuku
ar. iwak sêgara.
bela
I dibela: 1 dipulasara tmr. wong lara lsp; 2 diêmbani tmr. prakara. II kacilakan, kasangsaran; kc. bala. III bela; dibelai: dibelani.
belacan
trasi.
belacu
mori mêntah (blacu).
beladau
bngs. pêdhang cêndhak.
belaga
tarung; kc. laga.
belah
1 bêlah, sigar; 2 sisih, paro; dibelah: disigar; sebelah: sasisih; menyebelah: nisih (ora adil); sebelah menyebelah: padha dene ana ing sisihing dalan, kali lsp; belahan: lêlowahan, sigaran.
belahak
membelahak: klokor-klokor, klèrèk-klèrèk.
belai
membelai: ngasih-ngasih, ngrêrêmih.
belajar
ajar, sinau, nggêgulang, gladhi; kc. ajar.
belak
1 bêlak; 2 pèlèt ing kayu.
belaka
wutuh sablêgêr (tanpa campuran, tanpa ana kang nyêle) babarpisan, wantahan, mligi.
belakang
1 ing buri; 2 pungkur, pungkuran; 3 gêgêr: 4 (-hari) têmbeburi; membelakang: mungkur, tansah kèri; dibelakangkan: 1 diungkurake; 2 dikèrèkake.
belakin, belangkin
tir, aspal.
belalah
nggragas, drêmba.
belalai
tlale.
belalak
ut. membelalak: mlolo, mênthêlêng.
belalang
walang; terbelalang: kontal, kentas.
belambang
blêmbêm (bngs. glagah).
belanak
iwak blanak.
Belanda
Walanda.
belandhung
kêgêdhèn tmr. klambi lsp.
belanja
1 blanja, wêtuning dhuwit; 2 wragad, bayar; dibelanjai: diwragadi; dibelanjakan: ditanjakake tmr. dhuwit lsp.
belantah
magêl tmr. sêga.
belantai
ar. wit.
belantan
gada, pênthung, kênthès.
belantara
alas gêdhe.
belantik
bngs. tumbak dipasang ing jêpatan dianggo golèk kidang lsp.
belang
bêlang, plonthang, blêntong.
belanga
kuwali.
belangkas
mimi.
belangkin
tir, aspal.
belar
membelar: untêk-untêkan, pating grêmêt akèh.
belas
I wêlas; belas kasihan: wêlas asih, kawêlasan. II sebelas, dua belas lsp: 11, 12 lsp; sebelasan: sawêlasan (jago bal-balan).
belasah
kêna bêlasah, dibelasah: dirangkêt, digêbugi.
belat
1 wuwu, icir; 2 kêre, gribig.
belati
cara ut. wêton Eropah.
belatuk
manuk platuk.

--- 24 ---

belau
ar. iwak sagara.
belau-belau
konangên (pating klêpyur ing pandêlêng), pating blêntong; kc. telau.
belayar
lêlayaran; kc. layar.
beledang
iwak layur.
belek
mênthêlêng, mêndêlik.
belekeh
gabrês.
belelek
tlapukane kang ngisor malik.
belengket
krakêt, nèmplèk.
belengset
tlapukane ngisor sèsèt.
belera
wlira.
belerang
wlirang.
belebas
blêbês, kayu wilahan dawa.
belebat
ar. panganan bngs. lêpêt.
beleda
bngs. jênang.
beledu
1 bludru; 2 ar. iwak sagara.
belembang
bêntêl; kc. berkas.
belenting
njêmbluk, njêmbling.
belentung
bencok.
belencas
ar. ulêr.
belengas
plikêt tmr. awak.
belenggu
blênggu.
beli
tuku; dibeli: dituku; budak belian: batur tukon; beli-belian: barang kang dituku, dagangan.
belia
(muda): ênom bangêt.
beliak
ut. membeliak: mêncilak amba, mêndêlik.
belian
kayu bêlian.
baliau
1 wong tuwa kang diaji-aji; 2 panjênêngane.
belibis
mliwis.
belida
ar. iwak sagara.
belik
I mênga amba; dibelik: dibêlèk, dibêdhèl. II blêg.
belikat
balung wlikat.
belimbing
blimbing, blimbingan.
belintang
alang; malang; kc. lintang: rintang.
belingkas
untingan, bêntêlan lawe lsp.
belingut
terbelingut: mleyot; melot (tmr. lading lsp.).
beliung
wadung.
beliut
melot, mbêngkêluk tmr. kêris lsp.
belisah
klisikan, ora jênjêm atine.
belit
ubêd; berbelit-belit: pêpulêtan, mubêd-mubêd, gêgubêdan; membelit: nggubêd, mulêd.
belitung
ar. keyong.
belodok
ar. iwak sagara.
beloh
gêblêg.
belok
I berbelok, membelok: menggok, nikung; dibelokkan: dienggokake, ditêkuk. II belok.
belolang
ar. prau cilik nganggo katir.
belolok
gogrog, rontog tmr. wowohan.
belon
dêdrêg tarunge.
belontok
ar. iwak sagara.
belongkang
ar. prau cilik.
belongkeng
keyong sompil.
belongsong
blongsong, urung.
belot
ut. membelot, berbelot: mbalik mèlu mungsuh; pembelot: wong kang mbalik.
belu-belai
crèwèt.
beluas
ar. iwak sagara.
belubu
bngs. gênuk wadhah bêras.
belubur
1 lumbung, pasimpênan pari; 2 luwêng.
beludu
bludru.
beluhan
omah-omahan ing gêgêr gajah.
belukang
ar. iwak sagara.
belukap
bakau belukap: bngs. wit bako (tanjang branggah).
belukar
grumbul, gêgrumbulan.
belulang
1 wlulang sing wis diêpe; 2 kapal (ing kulit).
belum
durung.
belumpai
durung nganti, durung tau.
belunjur
slonjor, ngêjojor sikile.
beluntas
luntas.
belungkur
ar. iwak sagara.
belus
lobok, logro, ora sêrêt.
belusuk
ar. ula sagara.
belut
wêlut.
bembam
dibembam: dibênêm.
bemban
bamban, (ar. têtuwuhan).
bembar
mimbar.
bena
I wigati bangêt; dibenakan: digatèkake. II ombak robing sagara.
benah
pagêblug kewan lsp.
benak
I utak, sungsum. II gêblêg, bonto.
benakat
ar. wit uga diarani ara gatal.
benalu
kêmladheyan.
benam
dibenamkan: diblêsêkake, diblêdhêsake; terbenam: kêblêdhês, amblês,

--- 25 ---

klêlêp.
benang
lawe, bolah.
benang raja
kluwung.
benar
1 nyata, têmên, têmênan; 2 blaka, pasaja; 3 bênêr, trêp, adil; dibenarkan: 1 dibênêrake, dianggêp nyata; 2 dituruti tmr. panjaluk, dililani, diidèni; 3 dimupakati; kebenaran: 1 kanyataan; 2 kaadilan; 3 kêbênêran, kapinujon.
benara
tukang pênatu, tukang ngumbahi.
bencah
jêmbêg kyt. rawa.
bencana
1 alangan, rêribêd, kasusahan, bêbaya; 2 piala, pangala-ala, panyamah; dibencanakan: 1 disêrikake, dicêcamah; 2 diapusi, dipialani.
bencar
pêtpêtan tmr. mata.
bencat
kandhêg lakune, ênggone mundhak gêdhe lsp.
benci
sêngit, gêthing; dibenci: disêngiti, digêthingi.
bencoh
muntab nêpsune.
benda
barang; harta benda: bandha, rajadarbe; mata benda: rajadarbe, bandha awujud barang adi pèni.
bendahara
patih; perbendaharaan: gêdhong rajabrana.
bendahari
juru gêdhong, tukang nyêkêl dhuwit ing pakumpulan.
bendala
slempang.
bendalu
kc. benalu.
bendang
kêdhokan sawah.
bendera
gêndera.
benderang
I 1 (tombak-, lembing-) tumbak mawa bulu-bulu kalêbu upacara; 2 (-kanan, -kiri) ar. pangkat ing kraton. II (têrang-) padhang njingglang, padhang bangêt.
benderung
longkangan antaraning omah.
bendi
bèndi.
bendir
bêndhe.
bendul
kayu sanggan (plangkan) gêdhèg lsp; bendul pintu: tlundhag.
bendung
tanggul, bêndhungan; dibendung(i): dibêndhung, ditanggul.
benian
bngs. pêthi wadhah barang pangaji.
benih
winih, wiji, bibit.
benikan
ar. wit.
bening
bêning.
benjut
bênjut.
benu
tlaga cilik.
benua
1 buwana, tanah; 2 nagara, up. bênua Kêling.
benuang
ut. binung, ar. wit.
benta
bngs. gudhig ing jêron kulit.
bentala
lêmah, bumi.
bentan
angot, kumat.
bentang
dibentang(kan): 1 digêlar, dijèrèng, dibèbèr; 2 ent. diandharake, dijlèntrèhake; terbentang: jumèrèng, gumêlar.
bentangur
wit bintangur.
bentar
sebentar: sadhela.
bentara
gandhèk, utusan.
bentas
membentas: mbinte, nepang.
bentawas
mêntaos.
benteh
main benteh: bintên; dibenteh: dibinte.
benteng
bètèng.
bentoh
congkrah, sulaya.
bentil
pênthil.
bentuk
1 êluk, bêkukan; 2 kanggo wilanganing barang kang mbêngkêluk bundêr kyt. ali-ali; 3 wangun, blêgêring wujud; dibentuk(kan): 1 diêluk, dibêngkêlukake; 2 digawe tmr. ali-ali, gêlang lsp.; 3 diwangun, didhapuk.
bentur
membentur: mêntêlung, mêntiyung.
benturun
bngs. garangan.
bentrok
sulaya, congkrah.
bengah
1 linggih njèhèh; 2 ent. gumêdhe, gumaib.
bengal
1 budhêg kêbrêbêgên; 2 ent. ndablêg, mbudhêg, ndhugal.
bengang
mangap amba, mowèk-mowèk tmr. barang suwèk.
Benggali
Benggala.
benggil
mênyonyo, mênjoto.
bengik
sêsêk napase.
bengis
ambêksiya, sawênang-wênang, ora wêlasan.
benggal-benggol
pating brêndhol.
benggol
mbêndhol.
benggol-benggil
pating brêndhol.
bengak-bengok
pating bêngkêluk, pating prenggok.
bengkayang
kêmlakarên, kêwarêgên.
bengkak
abuh.

--- 26 ---

bengkak-bakup
abuh bêngêb tmr. mata.
bengkak-bengkil
padha abuh pating plêmpung.
bengkal
kebengkalan: klêlêgên.
bengkalai
ut. terbengkalai: kandhêg tmr. pagaweyan.
bengkang
membengkang: mbangkang, ora manut.
bengkang-bengkung
pating bêngkêluk.
bengkar
membengkar: mêkar, mêgar, mêlar mênga, wudhar tmr. gulungan.
bengkarak
jrangkong, ragangan kewan lsp.
bengkarung
kadhal.
bengkawan
wilah gapit ut. kang dianggo ngrèntèng wêlit.
bengkawang
wilah kanggo mêlit godhong lsp.
bengkerang
tutup rama (ar. wit).
bengkil
mênyonyo.
bengkel
bingkil.
bengkeng
cugêtan atèn; dibengkengi: disrêngêni, diuring-uring.
bengkok
bengkong, mbêngkêluk.
bengkoang
bêngkuwang
bengkudu
wit kudhu.
bengku
ar. wit.
bengkung
I mêlot, mbêngkêluk. II 1 bêngkung, sabuk sarung; 2 tapas.
bengot
perot, pèncèng, mleyot.
benguk
ut. terbenguk: ndhêkukul, nyêkukruk.
benguk
gondhong, gondhok.
benyai
1 êmpuk mblubur, mêmpur; 2 ent. kêmba, gêlêm ora-ora, ora mitayani.
benyek
bênyèk, mlênyèk.
benyot
perot, pèncèng, mleyot.
beo
beyo; membeo: mbeyo, nirokake.
bera
acum, pucêt marga isin lsp.
beradab
tata, ngrêti tatakrama; kc. adab.
beradak
soroh amuk nyuduki; kc. radak.
beradu
1 têtarungan, tarung, adu; 2 sare; kc. adu.
beragan
mati beragan: 1 mati katone isih urip; 2 mati ngurag, mati tuwa.
berahi
sêngsêm, kedanan; diberahikan: dikedani.
berahmana
brahmana.
berai
cerai berai: pêpisahan, pating slêbar; diberai-beraikan: diawut-awut, digawe pating slêbar.
berak
I lêmu ngêmbus-êmbus, bêngêb lêlaranên; diberakkan: diblêbêgake ing banyu. II ut. memberak: ngising.
berakah
kumawani, kêmêndêl, ndhugal.
beraksa
wit, wit wringin.
beralih
ngalih, alihan, ganti; kc. alih.
beram
bêrêm (tuwak).
berambih
lêlungan bêbarêngan wong akèh; kc. rambih.
beranak
manak, duwe anak; kc. anak.
beranda
omah ngarêp, èmpèr mêtu.
berandal
1 bocah kurang ajar; 2 brandhal.
berandam
pêpaès, macak; kc. andam.
berandang
ngêblak, katon ngegla.
berandi, berendi
brèndi.
beranjak
alihan; kc. anjak.
berani
wani, kêndêl; diberanikan dirinya: dikêndêl-kêndêlake; pemberani: wong kang kêndêl.
beranta
I ar. prau. II kadunungan sipat; kc. anta.
berantas
kc. banteras.
berang
muring, nêpsu; ular berang (-berang): ula lêmpe.
berangai
ar. prau.
berangan
I warangan, II woh sarangan.
berang-berang
bngs. wrêgul.
berangga
branggah tmr. sungu.
berangkat
mangkat.
berangus
brangus.
berangta, berangti
sêngsêm, kêsêngsêm.
berangsang
pêngar, sêngak; kc. rangsang.
berapa
pira, sapira; berapa di ...: sanajana di ..., mêksa ...; tiada berapa: ora sapiraa, ora pati; beberapa: sawatara, akèh.
berapa lagi
luwih-luwih, apamanèh.
berapi
murub, mêtu gênine; kc. api.
beras
1 bêras; 2 jagung lsp. oncekan.
beras-petas
bêras lan sabangsane.
berasa
krasa, ngrasa, rumangsa; kc. rasa.
berasian
ngimpi.
berat
1 abot; 2 bobot; 3 rêkasa, kangelan; 4 wigati, prêlu bangêt; diberatkan: 1 dibotboti, diabotake; 2 diantêbake, dianggêp wigati; keberatan: 1 kabotan; 2 kangelan, rêkasa.
berawan
mêndhung, ana megane; kc. awan.

--- 27 ---

berdus
njêmbluk, bêkêl.
beredar
mubêng, kêkalangan; kc. edar.
berek-berek
bngs. manuk kêdhali.
berendeng
gêgandhengan, rêrentengan.
bereng-bereng
gêmbrèng.
beremban
wilah gapit, bêndungan.
berembang
wit kapidhadha.
berenang
nglangi; kc. renang.
berendam
kaêkum, kungkum; kc. rendam.
berenti
lèrèn; kc. henti.
berenga, bernga
êndhog sèt.
berenggil
mêndhisil, mênthingil.
berecak
burik bêrcak; kc. recak.
beres
bèrès.
berguk
krudhuk.
berhala
brahala.
beri
diberi: 1 diwènèhi; 2 diidèni, dililani (awèh, olèh); 3 digawe, up. diberi malu (diwirangake); diberi tahu: diwèhi wêruh, dikabari; pemberian: pawèwèh.
berida
wis tuwa (ent. akèh kupiyane).
berik
ar. prau layar.
berikut
tutburi; kc. ikut.
berinda
seberinda: sabêndhoyot tmr. sanak sadulur lsp.
bering-bering
bèri, kècèr; kc. bereng.
beringgit
gêrêt-gêrêt; kc. ringgit.
beringin
wringin.
berita
kabar, warta; berita kilat, kabar (wara-wara) rêrikatan; diberitakan: dikabarake.
berkah
bêrkah; kc. berkat.
berkas
bêntelan, bêngkêkan, bongkokan.
berkat
1 bêrkah; 2 ent. awit saka.
berkelahi
kêrêngan; kc. kelahi.
berkelang
sêsêbutaning panggêdhe Siyêm.
berkik
manuk burcèt.
berkung
ar. prau.
berkokok
kluruk, kc. kokok.
berlian
barleyan.
berlik
sêngadi, ethok-ethok; kc. lik.
berma
abang.
bermi
ar. têtuwuhan rambat.
bernang
nglangi; kc. renang.
bernas
1 kêbak bangêt; mêntês; 2 mlêmpung mênthêng-mênthêng.
berniaga
dagang; kc. niaga.
bernga
êndhog sèt.
beroga
(ayam-), ayam alas.
beroleh
olèh; kc. oleh.
beronok
bngs. keyong.
berontak
ngraman, nglawan prentah.
berong
benjo sasisih tmr. rai.
beroti
kayu pikukuhing gêbyog.
beroci
bngs. bludru.
bersat
kêsasar, klèru dalane.
bersih
rêsik; dibersihkan: dirêsiki.
bersil
mêncungul saka ing bolongan, mêtoto.
bersin
wahing.
bersit
mak tlolor, mak pêncungul.
bersut
sugal, songol, mrêngut.
bertam
ar. wit.
bertih
brondong (bêras).
beruang
I bruwang. II duwe dhuwit; kc. uang.
beruap
nguap; kc. uap.
beruas
wit mundhu.
berubah
owah, ganti; kc. ubah.
berudu
cebong.
beruju
wragil.
berujul
brujul (wluku cilik).
beruk
bngs. kêthèk gêdhe.
berumbung
I bumbungan, wuluhan, cagak tiyang. II ar. wit.
berus
sikat.
besan
besan.
besar
gêdhe; membesar: gumêdhe; dibesarkan: 1 digêdhèkake; 2 diluhurake, dimulyakake; pembesar: panggêdhe; kebesaran: kaluhuran, kêmulyan, pakurmatan.
besar hati
1 mantêp bangêt; 2 umuk, gumêdhe.
besar kepala
1 mbrêgundung, wangkod; 2 umuk.
besar mulut
nggêdobrol, sêsongaran.
beser
beser kencing: bèsèr (kêrêp nguyuh); beser buang air: ising-isingên.
besi
wêsi.
besi batang
wêsi gligèn.
besi berani
wêsi brani.
besi lantai
wêsi blebekan.
besi lintang
sawarnaning gêgaman landhêp.
besing
I warêg bangêt. II brêbêg, gumrênggung.
besi putih
blèg.
beslah
kc. sita.

--- 28 ---

besok
sesuk, besuk.
besu-lesu
pêpês, nglumpruk.
besut
membesut: ngrêsiki timah lsp.
besuta
bngs. sutra alus.
bestari
pintêr, wasis, linuwih.
beta
ingsun.
betah, betak
bêtah, tahan, kuwat.
betapa
kêpriye.
betara, betari:
bêthara, bêthari.
betas
bêdhah, suwèk, sigar pêcah; membetas: munggul (arêp ambêkan tmr. iwak).
betet
bèthèt.
beti
tanda beti: tandha-yêkti; bukti.
beti-beti
ar. têtuwuhan ana ing Bali diarani nasik.
betik
katès (tela gantung).
betik-betik
kringêt buntêt.
betina
wadon, kb. jantan.
beting
nusa wêdhi ing muwara.
betis
1 balung antarane sikil karo dhêngkul; 2 (buah-, jantung-, perut-) kempol.
betuah
njalari bêgja; kc. tuah.
betuk
gosong kêna banyu kêras lsp.
betul
1 bênêr, pênêr; 2 têmên, têmênan, nyata, tulèn; dibetuli: diênêrake, diincêng; dibetulkan: 1 dibênêrake, dipênêrake; 2 dibênakake; kebetulan: kêbênêran, kapinujon; berbetulan dengan: cocog karo.
betung
1 (buluh-) pring pêtung; 2 (katak-) ar. kodhok warnane kuning.
betutu
ar. iwak ing êndhutan.
beza
beda.
bia
beya, pajêg, wragad.
biadab
ora tata, kurang ajar.
biaya
wragad; dibiayakan: diblanjakake, ditanjakake tmr. dhuwit.
biak
wrêdèn; membiak: bêbranahan, tangkar-tumangkar.
biang
biyung (tmr. kewan).
biang-biut
pating tlèncèng têtrajangan tmr. garis lsp; pating krogèl.
biang jari
jêmpol.
biang keladi
ent. benggoling wong ala.
bianglala
kluwung.
biaperi
bakul, sudagar.
biar
1 karêbèn; 2 (ut. biarpun) sanajan; dibiarkan: 1 diuja, ditogake bae, diênêngake bae; 2 dililani.
biar-biar
krêmi.
bias
mlèncèng ênêre tmr. lakuning prau lsp.
biasa
1 lumrah; 2 kulina, manuh; dibiasakan: 1 dilumrahake; 2 dikulinakake, dimêmanuh, dilêlantih; kebiasaan: padatan, pakulinan, kalumrahan.
bi'at
pasamuan Kristên (Yahudi).
biawak
menyawak; membiawak: (kaya mênyawak) nlosor.
biawan
ar. iwak kali.
biawas
(jambu-): jambu kluthuk putih.
bibi
bibi, êmbok cilik.
bibir
1 lambe; 2 pinggiran, bambing.
bibit
I dibibit: dicangking; kc. bimbit. II bibit.
bicara
1 rêmbug, pirêmbug; 2 prakara kapradatan; 3 gunêman; berbicara: 1 rêmbugan; 2 gunêman; dibicarakan: dirêmbug, digunêm.
bicu (-bicu)
antru, dongkrak.
bida
I cèthi, pawongan. II krenah, paeka.
bida'ah, bida'at
agama sêmpalan (panasaran).
bidadari
widadari.
bidai
1 nam-naman pring iratan (gribig, kêre, rigên lsp); 2 bilur-bilur; 3 anthok tangan lsp. kêsliyo; dibidai: dianthoki tmr. tangan lsp.
bidak
bidhag.
bidal
I cincin (tutup driji yèn ndondomi). II bêbasan, saloka.
bidan
dhukun bayi.
bidang
1 jêmbar tmr. dhadha lsp; 2 kanggo wilanganing barang kang amba kyt. layar, kajang lsp; dibidangkan: dibêndhêng gumêlar tmr. lulang lsp; pembidangan: gawang ut. plangkan dianggo mbèndhèng lulang lsp.
bidar
ar. prau.
bidara
wit widara.
biduan
pasindhèn.
biduanda
abdi panakawan (juru ngampil, dadi kongkonan, lsp.).
biduk
ar. prau cilik; bintang biduk: lintang wluku.
bidur
1 timah batan (cithakan); 2 bobot 2 kati.

--- 29 ---

biduri
intên widuri.
bijak
pintêr, wasis, gathekan.
bijaksana
wicaksana, landhêp budine.
bijan
wijèn.
biji
1 wiji (isining woh); 2 las tmr. bêras lsp; 3 iji (dianggo wilangan); biji-bijian: kang wujud las-lasan (jagung, bêras, dhêle lsp).
bijih
watu pêlikan (isi timah lsp).
biji mata
maniking mata.
biji ratap (-sabak)
luh.
bigair
tanpa, kêjaba.
bihara
wihara (patapan).
bihausy
sêmaput; kc. bius.
bikang
kuwih bikang.
bikin
gawe.
bikir
prawan.
biku
I mawa cringih-cringih, nguntu walang, mawa pinggiran nguntu walang. II wiku.
bila
waktu; apabila, bilamana: kapan, samangsa.
bilah
1 wilah, wilahan; 2 dianggo wilangan tmr. pêdhang lsp.
bilai
bilur.
bilakala
kapan, samangsa.
bilal
modin.
bilamana
kapan, samangsa.
bilang
1 (ut. bilangan) wilangan, cacah; 2 (ut. sebilang) sabên; 3 kandha, clathu; dibilang: 1 dietung, diwilang; 2 diarani: tiada dibilangkan: ora diprêduli; bilangan: 1 cacah, wilangan; 2 wêwêngkon; tiada terbilang: akèh bangêt; kebilangan: kang katut dicacahake (katon, luhur, mulya lsp.).
bilas
dibilas: dibilasi, digurah.
bilau
campur; kc. kacau-bilau.
bilik
sênthong, guthêkan.
bilis
jêlèh, rêmbês.
bi'llahi
karana Allah.
bilur
bilur.
bimbang
kewuhan, mangu-mangu, gojag-gajêg.
bimbing
dibimbing: dituntun; pembimbing: 1 panuntun; 2 bêbukaning karangan.
bimbit
dibimbit: dicêngkiwing.
bin
anak (kanggo ing jênênging wong).
bina dibina:
dibangun ut. diêdêgake (tmr. nêgara lsp.).
binara
pênatu; kc. benara.
binasa
rusak, lêbur, sirna; dibinasakan: dirusak, disirnakake.
binatang
kewan.
binatu
pênatu.
bincang
I pincang. II di(per)bincangkan: dirêmbug, diandharake.
bincul, bincut
bênjut, mênyonyo.
bindu
piranti pambubutan.
binjai
limus (bngs. pêlêm).
bini
bojo (somah); diperbinikan: dirabèkake.
bintak
ar. prau.
bintal
mlênthing.
bintang
1 lintang, bintang; 2 ent. bêgja cilaka; baik bintangnya: calon duwe kabêgjan; bintang-bintang: 1 lintang-lintang; 2 pating cromplong ing gêdhèg lsp.; perbintangan: palintangan.
bintang berasap (-berekor, berkolek)
lintang kêmukus.
binti
anak wadon (kanggo ing jênênging wong).
bintik (-bintik)
plênik-plênik, trutul-trutul.
bintil
mlênthing, bintul.
bintit
jêntol, bintul, timbil.
bintuh, bintur
kranjang (tanggok) dianggo golèk urang lsp.
bintul
bintul.
bingas
nyênyêngit, songol.
bingit
ngênês, ngênglêng, kêmlurusên.
bingka
ar. panganan.
bingkah
dibingkah: disabêt, digitik lsp.
bingkai
1 wêngku (mêgurah, blêngkêr lsp); 2 waton ambèn lsp.
bingkas
membingkas: mêndal (njêpat, mêsat, nyat ngadêg).
bingkis
membingkis: munjung, misungsung; bingkisan: punjungan, pisungsung.
bingung
bingung.
biuku
bngs. bulus; mata biuku: kriyip-kriyip.
bius
sêmaput; obat bius: sêsirêp (srana dianggo nyirêp supaya turu).
biut
saya bangêt tmr. lêlara.
biola
piyul.

--- 30 ---

birah
senthe; kebirahan: gatêlên, kêri gêmrayah.
birai
pinggiran, plisir, lis.
biram
gajah.
biras
pripeyan.
birat
kokop (tilas katrapên).
biri-biri
wêdhus gèmbèl.
birih
pinggiran, plisir, lis.
biring
(-kuning) wiring kuning.
birit
bokong.
biru
I biru; biru lebam: biru êrêm. II biru-biru: wiron.
bis
bis.
bisa
I wisa, upas, mandi tmr. ula: kebisaan: kêna (kêlêbon) wisa. II bisa.
bisai
1 bêcik (enak lsp) bangêt; 2 bêsus; dhêmên macak.
bisik
ut. bisikan: wisik; bisik-bisik: climèn; berbisik-bisik: bisik-bisik; dibisiki: diwisik, dibisiki, diwangsit.
bising
brêbêg, mbrêbêgi.
bismillah
karana asmaning Allah.
bisu
bisu.
bisul
wudun; bisul lada: wudun sêmat.
biti-biti
para nyai ing kraton.
bobos
jêbol, bêdhah, njêblos.
bocok
bngs. klambu ing krobongan, bandulan bayi lsp.
bocong
gêndul (guci) wangun pasungan.
bocor
borot, trocoh.
bocor-bacir
padha borot (trocoh).
bodoh
bodho, gêblêg.
bodok
budhug.
boga
kasênêngan, kanikmatan.
bogam
cêplok êmas ing makutha.
bogèl
mblêjêt tanpa kasasapan apa-apa.
bogi
bngs. bèndi.
bogor
pogogan wit arèn.
bogot
ala bangêt.
bohong
goroh.
bokong
kuwalik kang ngarêp kadokok mburi, ent. gênti gugat.
bokop
bêngêp, kêpu.
bokor
bokor.
bokot
dibokot: ditlakup, ditutupi ing goni lsp.
bokca
kêba, kasang.
bola
bal, bundêran; main bola: bilyard.
bolak
luput, klèru, ora kêna.
bolak-balik
1 mubêng mingêr; 2 bola-bali, mênyang mulih.
boleh
olèh, kêna, bisa; dibolehkan: dikênakake, dililani; seboleh-boleh: sabisa-bisa.
bolu
bolu.
bolong
irêng bangêt, irêng biru.
bolos
dhadhal tmr. barisan, kêna ing pêdhang tmr. anggar lsp.
bolot
dibolot: diuntêl-untêl, dibuntêl rêrikatan.
bolsak
kasur.
bom
1 bum; 2 bom.
bomo, bomoh, bomor
dhukun, tukang ngajari kewan.
bomba
pompa.
boneka
bonekah.
boncol
pênyonyo, pokoling wit.
bonggol
punuk, pokoling wit.
bongkah
prongkalan, tugêlan kayu lsp.
bongkak (-pongah)
kurang ajar, cênthula, ugal-ugalan.
bongkar
dibongkar: 1 dibungkar, dicopoti lsp; 2 didhudhah tmr. momotan, diunggahake tmr. jangkar.
bongkar-bangkir
pating blengkrah.
bongkol
punuk.
bongok
mbêmbêng, buntêk, mblêndhuk têngah.
bonjol
mênyonyo, mêndhosol.
bonyor
mlênyèk, gêmbur-gêmbur mêmbut.
bopeng
burik.
bor
bur, jara.
borak
burak, jaran rai uwong.
bordir
bludhir.
bordu
gladhaging kapal ing pinggir.
boreh, bêborèh
borèh.
borek
burik, pating trutul.
boren
ar. kewan sagara.
borgol
blênggu.
borhan
tandha yêkti, bukti.
borok
borok, ent. cacad, piala.
borong
diborong: diborong.
boros
1 udhar tmr. tali, alum tmr. kêmbang; 2 boros, ngêbrèh; diboroskan: diêcèh-êcèh.
bosa
tali bosa: tampar dianggo nancang prau.
bosan
bosên, jêlèh.

--- 31 ---

bosman
lêlurahing punggawa prau.
bosor
têmbus, bêdhah, butul; dibosorkan: ditêmbusake, disuduk nganti butul.
bostan
patamanan.
bostangi
juru taman.
bota
buta.
botak
buthak.
botan, botang
bênik.
botol
gêndul.
botor
(kacang-) botor.
boya
udhar madhul-madhul tmr. buntêlan lsp.
boyak
1 tanpa rasa tanpa ambu tmr. têmbako; 2 ent. kêmba, klêmak-klêmèk tanpa rêkat.
boyas
njêmbluk tmr. wêtêng.
bozah
bngs. arak.
buah
1 woh; 2 kanggo wilanganing barang-barang kang ora gumathok wangune (kyt. kutha, nagara, gunung lsp); 3 ing têmbung camboran atêgês ar. peranganing badan, kyt: buah pinggang (ginjêl), buah betis (kempol); ar. peranganing barang, kyt. buah meriam (mimis); berbuah: awoh; buah-buahan: wowohan.
buah atap
woh kolang-kaling.
buah mulut
(dadi-) kêmbang lambe.
buah pikiran
panêmu.
buah hati
kêkasih.
buah kata
prakara kang dirêmbug.
buah tangan
olèh-olèh.
buai
membuai, berbuai (-buai): 1 obah mbandul (kaya dieyun); 2 ent. nganyut-anyut tmr. swara lsp.; buaian: 1 bandulan; 2 obahing ombak; 3 (-jam) bandhul jam.
buaya
baya, bajul, ent. wong ala.
buaya-buaya
blabag tanjêbaning tiyang.
buak
membuak: 1 mbual mêtu tmr. banyu, mêtu kumêlun tmr. kukus lap; 2 ent. kêmpros, pamèr.
bual
membual: 1 mbludag, mbual; 2 ent. kumawani, kumêndêl.
buana
buwana, jagat.
buang
dibuang(kan): dibuang; buang air (kecil, besar); nguyuh, bêbanyu; membuang belakang: mlayu nglungani; membuang diri: 1 lunga sumingkir (nênêpi lsp); 2 lunga ngumbara; membuang malu: nêtaki, nêtakake; membuang nama: gawe alaning jênênge; membuang penat: rêkasa tanpa tanja; buangan: buangan; pembuangan: pambuangan.
buar
sênêng wèwèh, ngêbrèh, boros.
buari
bngs. daging garingan.
buas
galak.
buat
1 gawe; 2 nindakake; 3 kanggo, tumrap marang; berbuat: nindakake, tumindak; dibuat-: digawe, ditindakake; diperbuat: digawe, digarap, dipanggawe; buatan: gawean; bukan buatan: dudu rasa; perbuatan: tindak, patrap, kalakuan.
bubar
bubar; dibubarkan: dibubarake.
bubu
(-karang, -labuh, gamat): bngs. wuwu.
bubuh
dibubuh: 1 diwuwuhi; 2 didokoki, ditrapi, disèlèh.
bubuk
bubuk, têtêr.
bubul
I 1 bêlak; 2 (-buk) bubul. II dibubul: disulami tmr. jala lsp.
bubung
1 puncak, kucir; 2 (ut. bubungan) molo, wuwungan; membubung: ndêdêl munggah.
bubur
jênang.
bubus
I rontog rambute; butak. II membubus: brol-brolan; untêk-untêkan; uyêk-uyêkan.
bubut
I manuk bubut. II ut. tali bubutan: tampar panarik tiyang; dibubut: dibubut, didhaut, dijêbol.
bucu
pongol, pojok kang mêtu nglojok.
budaya
kebudayaan: kabudayan.
budak
bocah, batur (-tukon); membudak: ngèngèr, dadi batur; kebudak-budakan: mbocahi.
budar
udhar.
budi
1 budi, pangrêti, watak, bêbudèn; 2 akal, reka; 3 panggawe bêcik; hutang budi: kêpotangan kabêcikan; membalas budi: malês bêcik; berbudi: pintêr, wicaksana, duwe bêbudèn bêcik.
budi bahasa
tatakrama, bêbudèn bêcik.
budi bicara
akal, reka.
budiman
pintêr, wasis.
budi-pêkêrti
wêwatakan, kalakuan.
budu
ar. iwak cilik-cilik sok diasin.

--- 32 ---

buduh
tulisan sandi ing ngalamating layang lsp.
buduk
lara budhug.
bugar
saras, sigrak.
buhul
dibuhul: ditalèni; disingsêti; dibundhêli.
bui
kunjara.
buih
umpluk, unthuk; berbuih: mumpluk, munthuk
buil
ar. wit (kayu).
bujal
1 mêtoto, mênjoto, bodong tmr. wudêl; 2 bujêl.
bujam
saèm. kêba cilik.
bujang
1 ora (durung) duwe bojo; 2 jaka ut. prawan; membujang: ora bêbojoan (wadat); pembujangan, pemujangan: 1 bab wadat; 2 paklumpukane wong-wong kang wadat.
bujang juandang
ar. lêlêmbut marahi siyaling wong adu jago ut. wong ngabotohan.
bujangga
wong pintêr, sarjana, pujangga.
bujanggi
pintêr, wasis.
bujang talang
dhudha ut. randha ora duwe anak.
bujuk
1 bujuk, pangrimuk; dibujuk: dibujuk, dirimuk, dingungrum, II ar. iwak kali.
bujur
1 lêncêng, pênêr; 2 ujur; 3 lonjong; 4 mujur; membujur: mujur; dibujurkan: diujurake, digêjojorake.
bujur têlur
lonjong êndhog (bundêr lonjong).
bujur sirih
lancap tmr. praean.
bujut
ruwêt, bundhêt.
buk
mak gêdêbug.
buka
I 1 mênga, lowah amba; 2 garis têngah; dibuka: 1 dibukak, diwêngakake; 2 diuculi tmr. sandhangan lsp.; 3 diwiyak tmr. wadi; 4 diwiwiti tmr. rêmbugan, kumpulan lsp.; 5 dibubak tmr. alas, digawe tmr. dalan. lsp.; 6 dilèrèni ênggone sêsirik lsp.; pembuka: kang dianggo mbukak: pembukaan: wiwitaning pakumpulan lsp.; terbuka: mênga, blak-blakan, kêwiyak wadine lsp. II buka; kebukaan: buka.
bukan
1 dudu; 2 rak iya ta?; bukan-bukan: 1 (yang-) sing ora-ora; 2 (ut. bukan main, bukan buatan, bukan olah-olah) ora jamak, kaluwih-luwih.
bukat
buthêk; bukat likat: buthêk bangêt.
bukau
jurang, lêmbah; bukit bukau: gunung lan jurang.
bukit
gumuk, gunung, punthuk; membukit: njênggênêg, munthuk.
buku
I 1 ros, ros-rosan; 2 soca; 3 wuku (pringkilan). II buku.
buku kaki
ugêl-ugêl sikil (polok, kêmiri).
buku tangan
ugêl-ugêl tangan.
bukur
pringkilan.
bukti
bukti, cihna; dibuktikan: dibuktèkake, dinyatakake.
bul
prêntuling banyu.
bulai
bule.
bulan
1 rêmbulan, sasi; 2 (hari-) tanggal; dapat (ut. membawa, melihat) bulan: nggarap sari.
bulan-bulan
lesan.
bulan mati
rêmbulan kantha.
bulan susut
rêmbulan tanggal tuwa.
bulan terang
(têrang bulan) padhang rêmbulan.
bulan timbul
rêmbulan tanggal ênom.
bulang
1 kacu ut. rambut kang diubêdake ing sirah; 2 (-hulu): udhêng gilig, uga dianggo têmbung pamiluta; 3 godhi ut. tali diubêdake ing sikil jago; dibulang: 1 dipuntir lan diubêdake ing sirah tmr. rambut, kacu lsp; 2 digodhi, diblêbêd tmr. sikil jago lsp.
bulangan
ar. têtuwuhan.
bulang-baling
mubêng kaya kitiran, kitiran.
bular
siwêr ut. rada putih tmr. mripat.
bulat
1 bundêr; 2 (ut. bulat-bulat) wutuh, blêjêt; dengan bulat hatinya: kalawan gumolonging ati; dengan suara bulat: kanthi mupakat kabèh; dibulatkan: diwutuhake tmr. petungan.
bulat bujur (-panjang)
bundêr lonjong.
bulat pipih
bundêr gèpèng.
bulat torak
gilig.
bulbul
manuk guwêg.
buldan
kutha-kutha.
buli-buli
bngs. guci (gêndul) wêtênge mblêndhuk.
bulir
1 wuli, wulên; 2 dhompolan; membulir: mêthit tmr. tampar lsp.

--- 33 ---

bulu
wulu, rambuting awak.
bulu mata
idêp.
bulu têngkuk
suri jaran lsp.
buluh
pring; buluh-buluh, pêmbuluh: wuluhan, bumbungan.
buluh bangsi
suling.
buluh kerongkong(-leher)
gurung.
buluh perindu
bngs. suling.
bulur
ngêlih bangêt; kebuluran: kalirên, kêluwèn, pacêklik.
bulus
brindhil tanpa pang, gabug tmr. wong.
bulus-bulus
ar. iwak sagara.
bulsak
kasur.
bum
bum (ing palabuhan).
bumantara
awang-awang.
bumbu
bumbu, kc. rêmpah-rêmpah.
bumbun
pandhêdhêpan ing sangisoring wit, grumbul lsp.
bumbung
bumbung.
bumi
bumi, lêmah.
bumiputera
wong pribumi.
bun
bngs. pêthèn têmbaga lsp dianggo wadhah suruh lsp.
buna
ar. iwak sêgara.
buncit
njêmbling tmr. wêtêng.
bunda
ingkang ibu.
bundar
bundêr.
bundung
lara abuh ing gulu (tmr. rajakaya; ugo gondhong).
buni
wuni.
bung
I dhung, dhèng. II kakang; kc. bang, abang.
bunga
1 kêmbang, kêmbangan; 2 (-wang) anakan, uyahan; di(per)-bungakan: dianakake tmr. dhuwit; bunga-bungaan: kêkêmbangan.
bunga angin
pêpucuking nêpsu.
bunga api
1 plêtiking gêni; 2 kêmbang api.
bunga karang
kêmbang karang (sêpon).
bungar
1 (ut. bungaran) têmbeyan, kang kawitan tmr. kêmbang lsp; 2 jaka, prawan.
bunga rampai
kêmbang campur bawur.
bungap
1 budhêg tmr. swara, ora cumêngkling; 2 ent. amêm, glogap-glagêp.
bunuh
bunuh diri: nglalu; dibunuh: dipatèni, uga dianggo entar; bunuhan: wong kang arêp dipatèni, wong kang kêsrakat bangêt; pembunuh: wong kang matèni; pembunuhan: pêpati, rajapati.
bunut
wit wunuh; hujan bunut: grimis krêmun.
buntak
buntêk.
buntal
1 ar. iwak sagara kang bisa mlêmbung; 2 bundêr kêplêng, kêpu.
buntang
1 (ut. terbuntang) mlêlêng, matawalangên; 2 suri panênunan.
buntar
bundêr.
buntat
mbrêndhil atos kc. uci-uci; buntat buluh: barang kang atos tinêmu ing pring.
buntil
kêba, kasang.
bunting
mêtêng.
bunting bantang (-sarat)
mêtêng tuwa.
bunting gêlap
mêtêng ora karuwan sing ngêtêngi.
buntu
buntu, buntêt, rupak tmr. pikiran.
buntung
buntung.
buntut
1 perangan kang buri dhewe; 2 kang tutburi ut. ngêtutake; berbuntut: irit-iritan; pembuntut: wuragil.
bungkal
boboting êmas (½kati).
bungkam
1 blangkêmên (ora bisa gunêman); 2 (ut. pembungkam): aji lsp pambungkêman; dibungkam: dibungkêm.
bungkang
ngglangsar ut. nggloso.
bungkang-bangking
pating glangsar, pating gloso.
bungkas
nyongat nylêkanthuk munggah.
bungking
njêngking.
bungkuk
1 wusu, wungkuk; 2 bucu; membungkuk; ndhungkluk ngrungkuk.
bungkul
kc. bongkol, bonggol.
bungkus
1 (ut. bungkusan) buntêlan, wungkusan; 2 (ut. pembungkus) buntêl, kang dianggo mungkus; dibungkus: diwungkus, dibuntêl.
bunglai
bêngle.
bungur
wit wungu.
bungsu
1 wuragil; 2 unyik, kang pungkasan.
bunyi
uni; berbunyi: muni; bunyi-bunyian: unèn-unèn, gamêlan.
bupati
1 ratu; 2 bupati.
bur
cêgur, jêgur.
bura
dibura: dibendrongi ing bêdhil lsp, dinyunyuki gêni lsp.

--- 34 ---

burai
mbrojol (mêtu ing bolongan kang suwèk), mobrol tmr. usus.
buram
1 cêngkorongan, ngengrengan karangan lsp. II burêng, mbêsêngut; kc. muram.
buras
diburas: dibusêk, dicorèk, diilangi.
burat
borèh.
burdah
bngs. jubah.
burjuis
golongan wong sugih ut. luhur.
burik
burik.
burit
jubur; buritan: peranganing prau kang buri.
buru
berburu: mbêburu, mbêbêdhag; diburu: diburu, dibêdhag, dioyak; pemburu: grêma, pangoyak; perburuan: bêburon.
buruh
buruh.
buruk
1 bosok, bobrok, bubrah; 2 ala.
burun
alas gêdhe.
burung
manuk.
burut
kondhor, kêtêdhun.
busa
umpluk, unthuk; berbusa: mumpluk, munthuk, muruh.
busar
1 ut. busur: gêndhewa; 2 ut. pemusar wusu; dibusar: 1 dipanah; 2 diwusoni.
busi
dhêdhak.
busuk
1 bosok, mambu bangêr; 2 ala bangêt.
busung
I (-air, -api) busung (banyu, kêkêt). II (ut. busung laut) wêdhi ut. walêd kang nglumpuk awujud kaya pulo.
busur
gêndhewa.
busut
unthuk (punthuk rayap lsp.).
buta
I wuta, picak; surat buta: layang budhêg. II buta.
buta ayam
1 cadhok, lamur; 2 wayah sore jam 6.30-8.
buta huruf
ora bisa maca nulis.
butala
bumi, lêmah.
buta larang(an)
kabuanan.
butang
bênik.
buta tuli
nekad ora prêduli apa-apa.
butir
1 las, las-lasan, pringkilan; 2 kanggo wilanganing barang kang las-lasan, bundêr lsp., kyt. êndhog.
butuh
I palanangan. II butuh, kapêrluan; kebutuhan: kabutuhan.
butun
butun (ar. wit).
buyar
buyar, bubar.
buyung
1 bngs. jun cilik gulune dawa; 2 kanggo panyêluk marang bocah.
buyut
1 êmbah buyut; 2 buyutên; 3 papan pêpundhèn.

 


anjung-anjung. (kembali)
awak-awak. (kembali)