Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian C–G)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian A–B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian C–G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian H–K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian KH–P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian R–S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian SY–Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

C

cabai
lombok; cabai selasih: kêmukus; cabai jawa: cabe.
cabak
manuk cabak.
cabang
pang, cawang, cawangan; bercabang: ngêpang, cêcawangan; hati bercabang: mangro tingal; lidah bercabang: mencla-mencle; dicabangkan: dicangkok.
cabar
(-hati) wêdi, kêkês, miris.
cabik
suwèk.
cabir
suwèk, rantas, suwir.
cabit
suwèk.
cabuk
lara budhug kang wis bangêt.
cabul
laku ala (bandrèk, jina, dhêmênan padha lanang).
cabut
bercabut: ligan; dicabut: 1 diunus, didudut, dibêdhol, dicopot; 2 dicèlèd, dijabêl.
caca
ar. panganan.
cacah
dicacah: 1 dicublêsi, dicocoki (ing dom lsp. tumrap kulit kang arêp digambari); 2 diisèni cacahan iwak.
cacak
dicacak: ditancêbake nunjêm (tmr. pathokan lsp.).
cacar
I mencacar: ora ajêg (ngolah-ngalih lsp.). II cacar, cangkrang.
cacat
cacad, kuciwa.
cacau
mencacau; kêclenthot, kêtrucut, kêrêp kliru.
caci
I dicaci: diuntir supaya kêncêng (tmr. kêlating layar lsp.) dikêncêngake tmr. graji. II (-maki) pêpisuh, pêpoyok.

--- 35 ---

cacil
kontit (kêcilikên tmr. barang kang pêpasangan).
cacing
1 cacing; 2 oyod lêmbut (tmr. têtuwuhan rambat); cacing keruit: krêmi; cacing susu (pipih): cacing pita.
cadang
(ut. cadangan) andhungan, simpênan kanggo jagaruna; dicadang(kan): dingèngèh, dianggo andhungan.
cadar
1 kudhung, krudhuk; 2 tendha, kêmul, lurub.
cadik
katir prau.
cagak
I cagak, jagrag sanggan. II cukat, trampil.
cagar
ut. cagaran: 1 tanggungan, cêkêlan utang; 2 simpênan kanggo jagaruna; dicagarkan: disimpên, dicèlèngi.
cagu(h)
katimumul (lêlara ing driji).
cahaya
cahya, sorot; bercahaya: sumorot padhang.
cahang
kêmba rasane.
cahar
murus; dicahar: diurus-urusi; pencahar: urus-urus.
cahari
ut. mencahari: golèk; dicahari: digolèki; pencaharian: pangupaboga, pagawean.
caing
dicaing-caing: dicuwil-cuwil, dijuwing-juwing.
cair
cuwèr, èncèr.
cak
mak blês, blusuk, clêp.
cakah
mlaku jangkahe amba.
cakap
1 bisa, kêconggah, cakêp ing gawe, 2 gunêm, clathu, 3 ent. bêcik, bagus, ayu; cakap angin: omong tanpa têgês, sêsongaran; bercakap-cakap: omong-omongan; dipercakapkan: dikojahake, diomongake; percakapan: paomongan, pagunêman.
cakar
cakar; dicakar: dicakar, dicèkèri; cakar ayam: pating clokèr; cakar balar: pating blarut.
cakera
cakra, rodha, jantra, buwêngan; mencakera: mubêng.
cakerawala
1 ubênging lintang-lintang ing langit; 2 cakrawala.
cakup
dicakup: disarap, dicaplok.
cala
kc. colacala.
calak
calak, crèwèt, micara.
calar
bilur, barut-barut.
caling
I dhêmên goroh. II pagêr êri.
calit
dulit; dicalit: didulit.
calung
bumbung kanggo timba.
cam
dicamkan: 1 ditamatake (diwaspadakake) têmênan; 2 diwaoni.
camar
ar. manuk sagara.
ca'man
ar. têtuwuhan.
cambang
godhèg.
cambuk
sambuk, cêmêthi.
campah
kêmba rasane (ambune); campah hambar (cahang): ora enak bangêt tmr. rasa (ambu).
campak
dicampakkan: dibanting, diuncalake (dibuwang).
campak-buang
tumbak tlorong.
campang
mencampang: mêlahi, tibaning wêlah mangarêp.
camping
kc. compang-camping.
campung
punggêl, pruthul, pothol.
campur
campur, carub; dicampur: dicampur, diwor, dicarub; mencampurkan diri: mèlu cawe-cawe.
campur-baur (-gaul, -aduk)
carub wor, worsuh, amor.
canca
sendhok tèh.
can
bngs. dhêmpul wêton Tiongkok.
canai
(batu-) grenda; dicanai: 1 digrenda; 2 digilês. digèpèng srana digilês (tmr. slaka, mas lsp.).
canang
bêndhe; dicanangkan: diwarak-warakake, diundhangake.
canar
(-babi, -bokor) ar. wit.
cancang
njênthar, njênthir.
canda
I kayu pikukuh kêmudhi. II canda peti: pêthèn cilik nganggo klikip akèh. III saradan, lêlai, ndablêg.
candal
bungkik, cacad tmr. awak.
candang
kaduk wani.
candi
candhi.
candit
1 canthuk ut. jêbèbèhing jangkar; 2 pancadan tmr. kreta lsp.; 3 sêntil tmr. bêdhil.
candu
1 candu; 2 prentuling kringêting woh diepe.
candung
bngs. bêndho.
cang
I larasing swara cilik (ngêlik). II bngs. kranjang kapasang ing gêgêr gajah. III bngs. anco.
cangap
kowekan (blewekan) ing kayu kanggo atrap sambungan.

--- 36 ---

canggah
canggah, pragak gêdhe.
canggal
kuku gawean kang digawe êmas lsp.
canggih
digawe-gawe tmr. patrap.
canggung
I kau wagu, ora nyênêngake tmr. pangrasa ut. pandêlêng. II pogogan wit; kc. punggur.
cangip
kc. cungap-cangip.
cangit
kc. cungat-cangit.
cangkat
rada ndronjong ut. mbrênjul tmr. lêmah.
cangkih
kc. congkah-cangkih.
cangking
dicangking: dicêkêl bangkekane banjur dijunjung.
cangkir
1 cangkir, tuwung; 2 driji buri tmr. manuk.
cangkuk
I cangkokan, sêmèn kang kêna ditandur; mencangkuk: nandur cangkokan (sêmèn). II 1 bngs. ganthol ut. cis kanggo nggirèkake gajah; 2 ent. kwaga tmr. tangan, cêndhak lan bengkong tmr. awak-awak prau.
cangkul
pacul; dicangkul; dipacul(i).
cangkung
bercangkung, mencangkung: linggih dhêngkule karo pisan njongat (kaya ndhodhok).
canguk
mencanguk: linggih ngrungkuk.
cantik
mrak-ati, ngrêsêpake, ayu, endah.
canting
canthing.
cantum
gathuk, gêgêpokan; dicantum(kan): 1 digathukake, digandhèng tmr. dondoman lsp; 2 diêtrap digathuk-gathukake, dipasang, diêmot ing programa lsp.
cantung
enthong cilik.
cap
I cap; dicapkan: diêcap(ake). II secap, dua cap: satêkêm, rong têkêm ut. cakêpaning tangan loro.
capa
sêmbung.
capah
bngs. tong kanggo ngumbahi.
capai
dicapai: diranggèh, digayuh.
capak
I dicapak: ora digape, diina, dirèmèhake. II udhêg-udhêg sapandhuwur.
capal
trumpah lulang.
capik
jimpe, pêpês tmr. tangan lan sikil.
caping
1 badhong (tutup pawadonan); 2 lawangan jêpatan pasangan, kolongan wêsi kang ditrapi gêmbok.
capuk
gèthèk, gèthèt (tilas tatu lsp.), burik.
capung
tok-iyik; kêndhêla.
cara
cara, cengkok, gagrag, adat.
carang
carang, lung (suruh lsp.).
cari
golèk; kc. cahari.
carik
suwèkan, up. secarik kertas; dicarik: disuwèk.
caruk
I dicaruk: dicècèki (diklothoki) klikane. II dicaruk: diuntal (diombe) rêrikatan.
carum
ut. bercarum: nglumpuk, ngumpul.
carut
I têmbung saru (crêmêdan); mencarut: gunêman crêmêdan. II bngs. arit canthuk.
cat
cèt; dicat: dicèt.
catang
bngs. kranjang pênjalin.
catat
dicatat: dicathêt(i); catatan: cathêtan.
catu
dicatu: 1 dicatu, dicadhong, dipanci, 2 dicicil.
catuk
I mencatuk: 1 nucuk, nothol; 2 nothok, nèthèk, ndhodhog. II cidhuk (nganggo tangan ut. sendhok); dicatuk: dicidhuk, dicawuk. III linggih njêngèk.
catuk-nasi
enthong.
catur
main catur (sêkak); buah catur: wong-wongan ing dolanan catur; papan catur: blabag kanggo main catur.
caul
ar. bakal.
caung
kêmpot.
cawak
I bngs. gandum kasar. II lêkik (dhêkik) ing pipi lsp. III barang kang digandhulake ing gulu karêbèn kasumurupan wong akèh (up. barang colongan).
cawan
cangkir, mangkok cilik.
cawang
cawang, pang; kc. cabang.
cawat
cawêt; dicawatkan: dicawêtake, dikawêdake (tmr. buntut).
caya
sorot; kc. cahaya.
ce'
sêsêbutan padhane mas.
cebak
dicebak: didhudhuk, dikêdhuki. cebakan: dhudhukan, watu pêlikan.
cebar-cebur
cêbar-cêbur, jêgar-jêgur.
cebik
mencebik: njêwèwèk, mèncêb.
cebil
njêdhir.
cebir, cebis
suwekan, suwiran.
cebok
1 cibuk (bathok lsp); 2 cewok;

--- 37 ---

dicebok: 1 dicibuk; 2 dicewoki.
cebol
cebol.
cebur
swara cêbur, jêgur; mencebur: njêgur, ambyur.
cecah
sececah: sadhela bangêt, sakêplasan; sathithik; saimêt. mencecah: nindakake apa-apa (nuthuk, tilik lsp), mung sadhela ut. mung ukur-ukur bae.
cecak
cêcak.
cecap
dicecap: didulit ut. didilat arêp diicipi.
cecer
cicir, kècèr; berceceran: mawut-mawut; dicècèr: diawut-awut, diècèr-ècèr.
cedera
1 sulaya, congkrah; 2 cacad, pituna; 3 pêpalang, pakewuh.
ceding
kunthing, bungkik.
cedok
dicedok: dicidhuk, dirauk, dicawuk.
ceduk
lêgok (ngowok tmr. mata, kêmpong tmr. pipi).
cegah
dicegah: dicêgah, ditanggulang; kc. cegah.
cegak
sigrak, cukat, trêngginas.
cegar
pulih karosane, mari kêsêl.
ceguk
seceguk: sacêgukan; kc. teguk.
cekah
mlêkah, nlêthèk.
cekak
1 cêngkang; 2 satêkêm nganggo cêngkang digathukake; dicekak: 1 dicêkêl (ditêkêm) nganggo jêmpol lan driji kagathukake; 2 dicêkêl, dicandhak.
cekal
kuwat, tahan, bêtah ênggone nandhang sangsara lsp.
cekang
1 kêncêng marga dipanthêng; 2 rupak, sêsak.
cekap
dicekap: dicakêpi, dicakup.
cekatan
trampil, prigêl, trêngginas.
cekau
dicekau: dicêngkêrêm, ditêkêm, digondhol macan lsp.
cekel
1 cilik; 2 bngs. tlêmpak.
ceki
main cêki.
cekerau
ar. têtuwuhan.
cekih
ut. mencekih: mênga mêngkab tmr. kece lsp.
cekik
dicekik; ditêkak.
cekit
dicêkit: 1 dipèjèt murih mêcothot isine; 2 dijupuki saka sathithik, diirit-irit; 3 dicatu, dipanci.
ceku
I diceku: dipênêt (dicublês) nganggo barang lancip. II menceku: krasa munêg-munêg.
cekuh
ar. têtuwuhan.
cekuk
dicekukkan: dicêkoki, dicangar.
cekung
I manglung tumungkul (kaya blêkok lsp.). II ngowok tmr. mata.
cekung-meking (cengking)
klèngkèngan.
cekup
cekut, dicekup, dicekut: dijumput banjur didudut.
cekur
kêncur.
cela
1 cacad, kuciwa; 2 pamada; dicela-(kan): dicacad, diwada, diwaoni, dikritik.
celaga
kayu obengan kêmudhi.
celah
rênggangan (bênggangan) sêla-sêlaning blabag lsp; dicelah: dipasahi digawe rênggang tmr. untu.
celak
celak.
celaka
cilaka, kacilakaan.
celakuti
ar. panganan.
celam-celum
bludhas-bludhus tanpa tatakrama, sluman-slumun.
celana
clana, kathok.
celang
mencelang: mêndêlik, mlêlêng.
celap
kc. culup-cêlap.
celapak
bercelapak: linggih mbêgagah (kaya nunggang jaran).
celari
ar. bakal sarung.
celas
mencelas: slulup, nyilêm.
cele
ar. bakal.
celedang-celedok
klosad-klosod (ngrêpèpèh).
celedok
menceledok: nglosod (ngrêpèpèh).
celengkang-celengkok
pating bêngkêluk, ngombak banyu.
celengkok
mbêngkêluk, nyanthuk, nglengkong.
celeguri
sidaguri.
celempung
I mencelempung: nyêmplung, nggêbyur. II clêmpung.
celepak
bercelepak: linggih mbêgagah.
celepik
swara tlêpok.
celih
klelar-klèlèr.
celik
1 mêlèk (mênga tmr. mata), wêruh (ora picak); 2 sumilak rêsik tmr. langit, gumrining rêsik tmr. sandhangan lsp.; mencelik: 1 mênga mêlèk lsp.; 2 wiwit katon tmr. rêmbulan lsp. kang katutupan mêndhung; dicelikkan: dielekake, diêngakake.

--- 38 ---

celis
cacahan ut. sigaran kayu cilik-cilik.
celici
srakah, kêthaa.
celulut
bngs. blêkok.
celum
kc. cêlam-cêlum.
celung
I swara clung, jlung, crung. II blêngkêran kayu kapasang ing gulu kêbo ut. gajah.
celup
dicelup(kan): 1 dicêlup; 2 diwêdêl, diwèntêr.
celup-celap
clap-clup.
celur
dicelur: dicêlup (dikum) ing wedang.
celus
mencelus: 1 mblêsêk (mblêndhês) ing êndhut lsp; 2 gampang amblês, gampang mlêbune.
celus-celas
bludhas-bludhus.
celomes
mênggrak-mênggrik, uncrit-uncritên.
celopar
criwis mbêkècèk.
celoteh
berceloteh, menceloteh: criwis, crigis.
cemais
kc. cemuas.
cemak
cêmêthi, pêcut.
cemar
jêmbêr, jênês, lekoh; dicemari: dirêgêdi.
cemara
1 cêmara; 2 kêbut bobat, koncèr tumbak.
cemas
mèh êntèk atine, tabtaban.
cemat
dicemat: digèrèd nganggo dhadhung tmr. prau.
cembul
bngs. cêpukan kanggo wadhah.
cembung
mlênthu, gêmblêb.
cemburu
mèri, sujana, butarêpan.
cemeh, cemer
rusak tmr. mata (mèh wuta).
cemengkin
ar. têtuwuhan.
cemerlang
gumêbyar, gilap; kc. cerlang.
cemeti
cêmêthi; dicemetikan: dicêmêthèni.
cemuas-cemais
gubras, gabrès.
cemuk
I kulit (kacang, kara lsp.). II padu, kêrêngan; dicemuk: diantêm, dibithi.
cemucup
ar. têtuwuhan.
cemooh
pêpoyok, cêcampah; dicemoohkan: dipoyoki, dicampahi.
cempaka
cêpaka, kanthil.
cempana
jêmpana.
cempedak
nangka cêmpêdhak.
cempelik
main kêplèk.
cempelung
swara plung.
cemperai
ar. wit.
cemperling
jalak; mata cemperling: abang matane; kc. perling.
cemping
suwekan gombal lsp; mencemping: nganggo sandhangan gombal.
cempu
sipowah (kêthêkan).
cempung
swara plung; dicempungkan: dicêmplungake.
cena
wis pulih kêna diêdu manèh tmr. jago.
cenangau
walang sangit; orang cenangau: wong kang cacad lair mula (bucu lsp.).
cenangkas
bngs. pêdhang gêdhe.
cencaluk
bngs. rese.
cencang
dicencang: dicacah, dikêthok-kêthok.
cencaru
ar. iwak sagara.
cencawi
ar. manuk.
cenceng
mencenceng: mlayu inthar.
cencurut
tikus clurut.
cendayam
endah, ayu.
cendala
wong ala.
cendana
cêndana.
cendekis
1 lantip, gathekan; 2 atine mangro.
cendera
I 1 rêmbulan; 2 bngs. dewa. II ut. cendur: pulês, kêpati tmr. turu.
cendera-durja, cendera-mata
pawèwèh minangka tandhaning sih (tandha mata, tamba kangên).
cenderai
ar. têtuwuhan.
cenderamulia
ar. wit.
cenderasa
bngs. pêdhang. (candrasa).
cenderasari
ar. manuk.
cenderawasih
manuk dewata.
cenderung
1 dhoyong, mayat, mêntiyung, ngglewang; 2 ent. tumêlung (sênêng); marang.
cendol
jênang sagu.
cenduai
1 (minyak-) lênga guna pangasihan; 2 ora barès ênggone têpungan (tmr. wong lanang karo wong wadon).
cendur
pulês, kêpati; kc. cendera.
cendur-mata
pawèwèh tandhaning sih.
cenela
cênela (sêlop).
cenuk
(minyak-) lênga têngkawang.
cenung
dicenung: dipandêng, ditamatake; kc. renung, menung.
centadu
ulêr kèkèt; kc. sentadu.
centeng
punggawa pak apyun, jaga malêm.

--- 39 ---

centong
enthong.
centung
cênthunging rambut; kucir, gombak.
cengal
ar. wit ngêtokake damar mata-kucing.
cengang
mencengang: ndongong, ndomblong; tercengang: gumun, njomblong, cingak.
cengeng
cingèng, gêmbèng.
cenggek
mlangkring; kc. tenggek.
cengik
cakilên ora bisa turu-turu.
cengis
badhêg, lêdhis.
cengkam
dicengkam: dicêngkêrêm, dijêpit kêncêng.
cengkang
dicengkang: dicandhak bangkekane.
cengkaruk
cêngkaruk.
cengkek
mênggik têngah.
cengkeling
gandhengan cathok gawèl.
cengkera
ngowok tmr. mata.
cengkeram
manjêr (wong dol tinuku), paningsêt, pikêncêng, êmpingan buruhan.
cengkerik
jangkrik.
cengkering
cangkring.
cengkerma
bercengkerma: 1 cangkrama, dolan-dolan; 2 sumêbar wrata tmr. kabar.
cengkerung
lêkokan ing rai ut. mata.
cengki
golèk bêgja.
cengkih
cêngkèh.
cengkol
cengkong, cêngkrong, cêkot.
cengkolong
suda; dicengkolong: dicêngklong; disuda.
cengkung
lêkokan ing mata, rai, pipi.
cengkung-mengkeng (cengkeng)
klengkengan.
cengkung-mengkung
nggêrong, ngowok.
cengkurai
bngs. sutra.
cengu(ng)
mêndongong gumun.
cepat
rikat, bantêr; cepat tangan: clêmêr; cepat kaki, ringan tangan: trampil, prigêl, cancingan.
ceper
cèpèr.
cepiau
topi, caping.
cepu
bngs. cêpukan gêdhe.
cepu-cepu
ar. manuk; puting cêpu-cêpu: pucuking tiyang kang lancip.
cepua
cacad ut. wêwadi kang didhêlikake.
cepuh
dicepuh(kan): diclupake ing blêthokan lsp. banjur diêntas manèh.
cepuk
mencepuk: nêpak-nêpak banyu (ciblon).
cerabah
crobo, kêmproh.
ceracap
kècèr, kècrèk.
cerah
padhang (ora mêndhung), kinclong-kinclong, bêning, sumrawang.
cerai
bercerai: pisah; diceraikan: dipisah, dipêgat.
cerai-berai
pêpisahan pating slêbar.
cerakin
bothekan wadhah crakèn.
cerana
lèngsèr mawa sikilan kanggo wadhah kinang lsp.
cerancang
mencerancang, bercerancangan: pating crongat.
ceranggah
branggah tmr. sungu.
cerat
ut. ceratan: cucuk ut. cucup teko lsp.; dicerat: diiling saka ing cèrèt lsp.
ceratuk
padha ndêgèg; kc. catuk.
cerau
swara gumrujug.
cerawat
srêng, panah gêni.
cerca
dicerca: dipoyoki, dicampahi.
cercak
burik.
cerdas
1 wlagang (awake lan nalare); 2 wis tinarbuka nalare (wasis lsp.), lantip, gathekan.
cerdik
lantip, sugih reka, julig.
cerek
cèrèt.
cerewet
crèwèt.
cerengkam
tlatèn, mugên, tabêri ing gawe.
ceria
1 rêsik, suci, murni; 2 unggah-ungguhing kawula marang ratu; diceriakan: dirêsiki, disucèni.
ceridawan
swara gumêdêr rame.
ceriga
I suduk, kêris. II sanggarunggi; kc. curiga.
cerih
barang tampikan (turahan).
cerita, ceritera
crita, dongèng.
cericap
bngs. manuk greja: mencericap: pating pênculat padha mêtu.
cerkas
cukat, trêngginas, sêngkud.
cerkau
mencerkau: nyakar, cakar-cakar.
cerlang
ut. mencerlang: mêncorong, gumêbyar.
cermai
crême.
cermat
ngati-ati (sêtiti, gêmi) ênggone nganggo barang darbèke.
cermin
pangilon; becermin: ngilo; cermin mata: kacamata.
cerna
ajur, luluh; dicernakan: dijur, diluluh. [di...]

--- 40 ---

[...luluh.]
ceroboh
groboh, lekoh; diceroboh(i): ditamani lsp. ing têmbung ut. patrap kang saru.
cerobong
kursêtin (pipa ing prau lsp.).
cerocok
crucuk (pathokan ing banyu).
ceronggah
pating crongat.
cerpelai
garangan.
cerpu
cripu.
cerpuh
ar. iwak sagara.
ceruh
diceruh: disosoh.
ceruk
1 song, rong ing jêron lêmah lsp.; 2 gronggongan sangisoring barang up. longan; 3 lengkongan kali ut. dalan: menceruk: ngêsong, ngêrong, mlêbu ing gronggongan.
cerup
swara krupyuk.
cerut
mencerut: bali mêngkêrêd; dicerut: disingsêti (up. kolor).
cerutu
srutu.
cerucup
pating crongat.
cetak
dicetak: dicap; cetakan: cap-capan; percetakan: pangêcapan.
cetek
cêthèk; kc. dangkal; tohor.
cetera
kayung.
ceteria
satriya; kc. kesatria.
cewang
kluwung; kc. pelangi.
ci
ci (1/10 tail).
ciak
I ar. manuk. II menciak: nywara ngak-ngèk (up. bocah cilik).
ciak-miak
klengkang-klèngkèng, ngak-ngèk.
ciap
menciap-ciap piyèk-piyèk (unining kuthuk lsp.).
ciar
ut. menciar: nangis njêlih (bocah cilik).
ciau
ciu; kasur sèmèk linggih.
ciau
menciau: ndhayung (ngadêg nganggo dhayung dawa).
cicak
cêcak.
cicik
dicicik: diewani, ora disênêngi.
cicinda
buyut (darahing ratu).
cicit
I buyut. II mencicit: nywara cit-cit. III ar. manuk.
cigak
munyuk; kêthèk.
cih
mratelakake êmoh, nyapèlèkake lsp.
cika
lara mutah ngising.
cikar
cikar, rodha.
ciku
sawo manila.
cikun
bercikun-cikun: umpêtan; singidan; ndhêlik-ndhêlik.
cilawangi
êmbah warèng.
cili
lombok.
cincau
cao (ombèn-ombèn).
cincin
ali-ali.
cinda
buyut (tmr. darah).
cindai
cindhe; ular cindai: ula sawa.
cindur
kc. cêndur.
cinta
1 sêdhih, prihatin; 2 (-kasih) sih, trêsna; dicintai: ditrêsnani, disihi.
cintamani
1 ar. ula kang marahi bêgja (ing dongèng); 2 musthika kang akèh kasiyate.
cing
swara cring, thing.
cingam
ar. wit (kayu).
cingge
jêngge (arak-arakan Tionghwa).
cipai
ar. manuk.
cipan
bngs. wadung kanggo pêrang.
cipta
diciptakan: dicipta; dititahake; ciptaan: titah; kang anane sarana cipta.
ciri
1 bngs. susuk-kondhe; 2 cênthula.
cirit
1 tai, têlèk, tlêthong; 2 katon mêncorot; mencirit: 1 mèncrèt; 2 muncrat.
cirit-bintang
lintang alih.
cirit-matahari
soroting srêngenge kang lêmubu[1] ing bolongan lsp.
cirit-murai
bngs. wit karèt.
circir
klinthing.
cis
kc. cih.
cit
cit, cuwit, ciit; mencicit: nywara cit-cit.
cita
I (kain-): cita, sêmbagi, bakal. II cipta, rasa-rumangsaning ati: cita-cita: 1 angên-angên; 2 idham-idhaman; dicita-citakan: dientha-entha ana ing angên-angên, dijangka, digayuh.
citarasa
rasa, pangrasa.
ciu
bngs. arak.
cium
ambung; dicium: diambu, diambung.
coba
dicoba: dicoba, dijajal, ditètèr.
cobak-cabik
pating sruwèk.
coban
coba (bngs. dom ngiras ikalan gawe jala).
cobar-cabir
pating srêmpal (sruwèk), rojah-rajèh.
cobek-cobek
pating sruwèk.
cocok
I sujèn, sunduk lsp; dicocok: 1

--- 41 ---

disunduki, disujèni, dicoblos; 2 dirèntèng sarana sunduk lsp. II cocog.
cocok-sanggul
susuk kondhe.
cocok tanam
bercocok tanam: nênandur, têtanèn.
codak
mencodak: nglangak, njêngèk.
coek
cowèk; kc. cuik.
cogan
tumbak upacara wilahane êmas.
coket
dicoket: dilongi sathithik.
cokelat
1 soklat; 2 (warna-) sawo matêng.
cokmar
gada.
cokok
pambêngoke wong kang "latah". kc. latah.
cola-cala
ngayawara, tanpa têgês.
calak-cali, colang-caling
ngobrol mrana-mrana, ora karu-karuwan.
colek
dulit; dicolet: didulit.
colet
dicolet: didulit.
colok
colok (gombal diclup lênga).
combol
pênthol, bêndhul.
comek
jawês.
comel
mencomel: crèwèt, grundêlan, grênêngan.
comot
gabrês, gubras.
compang
suwèk; compang-camping (compèng): pating sruwèk.
comeng
suwir, dawir, sêmbrèt.
compes
gripis, rusak pinggire, gopèl.
condong
dhoyong, lingsir tmr. srêngenge.
conet
menconet: mênthingil, mênjete.
conteng
pating clorèng (crengos); dicontèng-contèng: dicrengosi, diclonèh-clonèh.
contoh
conto; dicontoh: ditiru, diturun.
congak
mencongak: nglangak, njêngèk, ndhangak.
congat-cangit
dêngangakan, njêngak-njêngèk.
conggah, congkah
njêngat.
conggah-canggoh, congkah-cangkih (mangkih)
pating blengkrah.
conggok
menconggok: linggih (ngadêg) njêgèk.
congkak
I gumêdhe, umuk. II ar. bngs. kece; main congkak: saèm. dhakon.
congkang kelakak
tumpuk undhung ora karu-karuwan.
congkar-cangkir
pating crongat (crongot, kêjojor).
congkeng
pating cringih.
congkong
kêthokan kayu turahan.
congok
mencongok: linggih (ngadêg) ndêgèg.
copar
mencopar: 1 soso, groyok; 2 clap-clup têmbunge.
copet
(tukang-) bajingan; dicopet: diutil, disêbrot.
copol
cupêt.
corak
corak, warna, lèrèng, lèrèk.
corak-carik
suwèk byak (mujur).
corang
ora barès, nggadhung; kc. curang.
corek
corèk, dhorèng, barut-barut.
coreng
corèk, clorèng, orèk-orèkan.
coreng-moreng
pating clorèk (blarut, clorèng).
corong
1 torong; 2 sêmprong; 3 (-api) pipa ut. kursètin.
corot
I cucuk gêmbor, torong lsp. II mencorot: kèri têkane.
cotek
pucuk kang lancip kyt. pucuking wulèn.
cotok
mencotok: nucuk, nothol: mencotok-cotok: krasa cêkot-cêkot.
cu
bngs. arak; kc. ciu.
cuai
sapele, rèmèh; dicuaikan: disapèlèkake, diina.
cuak
gajah dianggo jontrot.
cual
dicual: digawe warna-warna tmr. lawe kang arêp ditênun.
cuani
ar. bakal.
cuar
mencuar: nyongat dawa tmr. tiyang lsp.
cuat
mencuat: nyongat dawa (driji lsp.).
cuaca
1 têrang, padhang (ora mêndhung); 2 katon wela-wela saka kadohan; 3 bêning tmr. gêlas, gêdhah lsp.
cubit
dicubit: dijiwit (dipèjèt) nganggo jêmpol karo driji.
cuca
mantra (aji) pangapêsan ut. panulak; dicuca: 1 dimantrani aji pangapêsan (panulak); 2 diwada, dicampahi.
cuci
dicuci: dikumbah, diwasuh, diwisuhi; mencuci muka: raup; dicuci maki: dikrawus, diujar-ujari.
cucu
putu; anak cucu: anak putu (turun).
cucuh
dicucuh: dinyunyuk, disulêd.
cucunda
wayah dalêm; ingkang wayah.
cucung
putu; kc. cucu.

--- 42 ---

cucup
dicucup: dicucup, diuyup.
cucur
I mancur, padha tètès; dicucuri: diêcuri; cucuran: tritisan. II kayu nyongat ing canthiking prau.
cucut
iwak cucut.
cuh
st! (nggusah asu).
cuik
cowèk.
cuit
dicuit: dijawil.
cuk
swara cruk, jrug.
cuka
cokak.
cukai
pajêg, beya.
cuki
cuki.
cuku
jae garingan.
cukup
cukup, sêdhêng, ganêp.
cukur
ut. bercukur: cukur; dicukur: dicukur.
cula
cula.
culan
ar. wit.
culas
1 kêsèd bangêt; 2 cidra, ora pasaja tmr. wêwatakan.
culi
bngs. klambi kotang.
culim
1 glintiran tike; 2 bêdudan.
cuma
1 (ut. cuma-cuma) lêlahanan; 2 (ut. percuma) tanpa guna, muspra; 3 mung.
cumbu
lucu, cucut; cumbuan: têmbung pangrêmih; bercumbu-cumbuan: gêguyon, gojèg.
cuman
jumput (cathut cilik).
cunda
ingkang wayah; kc. cucunda.
cundang
kc. kêcundang.
cunia
ar. prau cilik.
cungap-cangip
mêngkis-mêngkis, mênggèh-mênggèh.
cungkil
cukil, sogok untu, cuthik.
cup
swara clêp, clup, cup.
cupak
1 bêruk takêran (½ gantang); 2 kokosan; 3 pêntholing bêdudan, alu lsp.
cupar
groyok, soso; kc. copar.
cuping
cuping telinga: godhoh kang ngisor (ênggon pasuwêngan); cuping hidung: kulit ing bolongan irung.
cupu-cupu
1 wadhah kaya cêpukan dipêtha wowohan; 2 lêgokan kang dianjingi tiyang, cagak lsp.
cupul
cupêt.
cur
mak cur.
cura
sêmbranan ut. banyolan saru.
curah
dicurah(kan): diêsok, diiling.
curai
udhar-udharan (ora ditalèni); dicuraikan: diudhari. ent. diandharake; kc. urai.
curam
njulêg, ndronjong.
curang
ora barès, nggadhung.
curat
cucuking teko, cèrèt lsp; mencurat: muncrat.
curi
dicuri: dicolong, dimalingi; mencuri-curi: 1 nyênyolong; 2 nyolong-nyolong (dhêdhêmitan); pencuri: maling.
curiga
sujana, sanggarunggi; dicurigai: disujanani.
cus
mak plas.
cuti
libur, prèi, pêrlop.

D

daba
hawa daba: hawa lan ambu; tiada hawa dabanya: ora ana ambu-ambune, ora ana tilase.
dabah, dabat
kewan (ing têgal).
dabir
juru tulis (ing crita kuna).
dabung
berdabung: pasah; didabung: dipasahi untune.
dabus
bngs. cundrik (lêlandhêp) dianggo ngatonake kêdhote.
dacing
dhacinan (timbangan).
dada
dhadha; mendada: 1 ngungalake dhadha; 2 ndhadha, nadhahi nganggo dhadha; 3 (ut. berperang dada, berdada-dada) adu dhadha, pêrang tandhing.
dadah
tamba-tamba (parêm, tapêl lsp.).
dadak
I mendadak: mutah-mutah; kedadak: lara kolerah. II mendadak: dumadakan, ngêngèt.
dadap
1 wit dhadhap; 2 (ut. dêdap) bngs. tamèng.
dadar
êndhog dadaran, kuwih dadar.
dada tuma
gèpèng ing têngah kandêl.
dadih
kênthêlan puhan; dadih kering: kèju.
dadu
dhadhu.
daduk
mendaduk: ngêmis, pêpriman sanajana ora kêcingkrangan.

--- 43 ---

dadung
mênyanyian sênêng-sênêng; berdadung, mendadung: mênyanyi sênêng-sênêng.
daerah
wêwêngkon, tlatah, laladan.
daftar
pratelan, lis cathêtan; didaftarkan: dicathêti ing layang pratelan, lsp.
daftar usaha
rancangan pagaweyan (kang arêp dilakoni).
daga
I mendaga: 1 mlaku munggah, nungsung, lêlayaran nêmpuh ombak; 2 mbadal prentah. II ut. dahaga: ngêlak.
daga-dagi
mbangkang, mbadal prentah.
dagal
didagal: dipêksa, dirodapêksa.
dagang
1 (wong) ngamanca, sudagar nênêka; 2 dagang; berdagang: dagang, dêdagangan; didagangkan: didagang, diêdol, diênggo dêdagangan; dagangan: dagangan.
dagi
didagi: didaga, dibadal tmr. prentah.
daging
daging; sedaging: tanpa sambungan tmr. urung kêndhang; terdaging: nandhês sêrike lsp.
daging darah
sanak sadulur.
daging kancing
otot.
dagu
janggut.
daguk
hantu daguk: mega (mendhung) ing cakrawala.
dahaga
ngêlak.
dahagi
didahagi: didaga, dibadal tmr. prentah.
dahak
riyak.
daham
mendaham, berdaham: dhèhèm.
dahan
pang gêdhe.
dahang
pait.
dahasyat
kc. dahsat.
dahi
bathuk.
dahulu
1 dhisik; 2 (ut. dahulu kala) biyèn; 3 dhisike, kang dhisik, sadurunge; didahului: didhisiki, dilancangi; pendahuluan: bêbuka, purwaka.
dahsat, dahsyat
1 giris, nggêgirisi; 2 ngebat-ebati.
da'if
1 sêkèng, ringkih; 2 kêcingkrangan, nistha.
daim
lêstari.
daing
gêrèh.
daitia
buta.
dajal
ijajil.
dak
ndak: wc. tidak.
daka
blabag karas ing kluwat.
dakap
didakap: disikêp, dirangkul; sependakap: saprangkul.
dakar
I kumêndêl, kêladuk wani. II (zakar) palanangan.
dakhil
ing sajroning batin.
daki
I dhangkal, bolot. II didaki: diunggahi (tmr. gunung lsp.); mendaki: munggah (ing gunung ut. tmr. srêngenge).
dakik
ora kêna dipisah (lêmbut bangêt).
daku
owah-owahane aku.
daksina
kidul.
dakwa
dakwa; kc. da'wa.
dalal, dalalah
panglantar, blantik, makêlar.
dalam
1 jêro; 2 (di-, dari-, kê-) (ing-, saka-, mênyang-) ing jêro; 3 sajrone, sabên; 4 dalêm; berdalam-dalam: (dirasakake lsp) têkan ing ati; mendalam: mênjêro, bêblês.
dalang
dhalang.
dalih
pawadan, sêngadi; berdalih: apawadan, sêngadi; berdalih-dalihan: iyon, tutuh-tutuhan; didalihkan: diawadake, dianggo sêngadi.
dalil
1 panuduh, panuntun; 2 pasêksèn pêpiridan saka ing kitab suci; 3 wêwaton kang bakal dirêmbug; didalilkan: ditêrangake sarana pasêksèn unining kitab suci lsp.
dalu-dalu
ar. têtuwuhan.
dam
swara dhêng, dhung.
damai
bêdhami, ora pasulayan; berdamai: bêdhami, rukun (mari pasulayan); di(per)damaikan: dibêdhamèkake, dirukunake; perdamaian: bêdhamèn.
damak
bngs. pasêr ditulupake.
damal
alon, rêmbên tmr. lêlayaran.
daman
(tali-): tampar gêdhe ing layar.
damar
1 damar (blêndok); 2 obor; mendamar: golèk damar; pendamaran: panggonan damar.
damat
rame, gumêdêr.
damba
kumacèlu, kêpengin bangêt; didambakan: dipengini, diangsa-angsa.
dambir
kc. gêlambir.
dammah
ar. sandhangan aksara Arab (swara u).
dampak
mendampak: têtumbukan, têtunjangan. [têtun...]

--- 44 ---

[...jangan.]
dampar
(ut. terdampar) kandhas, kontal ana ing pasisir; didampar: dikandhasake, digèrèd mênyang dharatan tmr. prau.
dampil
berdampil: ndhêmpêl, ndhêpèpèl.
damping
sandhing, cakêt; berdamping: sêsandhingan, mèpèt.
dampit
ora mrêduli marang pitutur lsp.
damprat
didamprat: dikrawus, digrujug ujar.
dan
lan, karo.
dana
I bèrbudi; 2 dana, dêrma. II mênyanyian kang nganggo dijogèdi.
danam
angkul-angkul (pasangan).
danau
tlaga, sêndhang.
danawa
buta.
dandan
1 tata, tumata; 2 rêrênggan, pacakan; berdandan: dandan, macak; didandan: ditata, dipacak, dipaèsi; sedandan: padha pacakane, ent. jambe sinigar patrape lsp.
dandang
dandang.
dandi
I bngs. clêmpung. II tutul-tutul tmr. ulêsing kewan.
danur
kringêting mayit.
danta
siyung, gadhing.
dang
sêbutaning putri ing crita.
dangai
ar. panganan.
dangak
mendangak: ndhangak.
dangau
gubug.
dangkak
saèmpêr cebol (dhêngkak).
dangkal
I atos ing jêro (tmr. woh-wohan); 2 ent. wêntalan, siya, ala atine. II cêthèk; kc. dangkar.
dangkap
berdangkap: sikêp-sikêpan.
dangkar
I cêthèk. II didangkar: digulung tmr. klasa.
dangku
ar. wit (kayu).
danguk
linggih njêngongok sangga wang, kandhas njêngat tmr. prau.
dangkung
bngs. lara budhug.
dangsa
dangsah.
dap
bngs. tambur (trêbang).
dapa
batur tukon lsp. kang dianggo sarana nglamar.
dapat
1 bisa, kêconggah, kêduga; 2 kêna, olèh; 3 nêmu, kêtêmu; ta' dapat tiada: tan kêna ora (mêsthi); didapat: 1 ditêmu; 2 dicêkêl tmr. panjangka lsp.; didapati: 1 ditêmu; 2 dialami, diwêruhi, konangan: didapatkan: 1 ditêmokake; 2 ditêmoni, ditêkani, ditiliki; pendapat: panêmu; pendapatan: olèh-olèhan, pamêtu; kedapatan: tinêmu, kêtêmu, konangan.
dapur
1 (ut. dapur-dapur) kêrên, anglo, luwêng; 2 pawon; 3 (-dada, -susu) lêkokan sangisoring dhadha (saantarane susu); orang sedapur: wong saomah, sabrayat.
dara
I (anak-) prawan; 2 dhara, dêre; II burung dara: dara; kc. merpati.
darab
panggêbug, siksa.
darajat
grad, pangkat, undha usuking pangkat.
darah
gêtih; berdarah: 1 mêtu gêtihe, gêtihên; 2 asal saka kewan tmr. pangan; naik (makan) darah: nêpsu bangêt; mendarah: 1 sugih gêtih (akèh gatihe); 2 mêmpêng ênggone marsudi.
darah daging
sanak sadulur.
darah putih
isih darah luhur.
daras
mendaras: 1 ndêrês maca Kor'an; 2 mêmpêng sinaune.
darat
1 dharat, dharatan, pêntasan; 2 tanah-tanah kang têngah; mendarat: ngênêr (munggah) mênyang ing dharatan; didaratkan: diunggahake ing dharatan; tali pendarat: tampar kanggo nêncang prau; tiang pendarat: cagak (pathokan) panêncangan prau.
darjah, darjat
grad, pangkat.
darji
darzi, grêji.
dari
1 saka, sangka; 2 (-pada) kadadeyan saka, awujud ...; 3 (-pada) kang digawe- ...; 4 (-pada) tinimbang karo; 5 (pada, -sebab) marga, jalaran; 6 (-hal) mungguh ing bab.
darma
kawajiban; piwulung (kalakuan) bêcik; kc. derma.
daru-daru
kc. dewa daru.
daru'laman
nagara kang krêta raharja.
daru'lbaka
kalanggêngan, ngakerat.
daru'lma'mur
nagara loh jinawi.
darurat
kêbutuh, dèrèng dening prêlu, kêpêksa.
daru'ssalam
nagara kang slamêt (krêta, têntrêm).
darwis
dêrwis (wong tapa).

--- 45 ---

das
jêdhot, dhèr, uga dianggo petungan unining bêdhil.
dasal
ar. kayu.
dasar
1 dhasar, jrambah, jogan; 2 lèmèk, têtalês; 3 bakaling jamu, prau lsp.
dasi
dhasi.
dasun
bngs. bawang.
dastur
(layar-) layar tambêlan.
dat
dat.
datang
1 têka; 2 (-kepada) têkan, tumêka marang; 3 daradasih, kêlakon têmênan tmr. wêwêcan, impèn lsp.; 3 (-dari, -oleh) marga, jalaran; berdatang: mara; berdatang sembah: matur; mendatang: têka dadakan, ora kinira-kira dhisik; mendatang-datang: 1 tansah têka, linca-linci têka; 2 tansah kumat (angot); didatangi: ditêkani, ditêmpuh; didatangkan: 1 ditêkakake; 2 dijalari, disêbabake.
datang'akal(-pikiran)
mêtu nalare, nggraita.
datang hati
1 tuwuh ciptane, rumangsa; 2 wêntala, têgêl.
datar
lempar, wrata; mendatar: wrata, katon wrata; didatarkan: diwrata.
datia
buta.
datuk
1 kaki, kyai, ki; 2 pinituwa, lêlurah; 3 lêluhur.
datuk nenek
lêluhur.
datung
kanggo panyêluk têgêse padha karo datuk.
daulat
bêgja, kabêgjan; daulat tuanku: nuwun inggih; kedaulatan: pênguwasa adêging nêgara.
dauk
dhawuk.
daun
1 godhong; 2 kang awangun lêlêmbaran; mendaun kayu: gêgrombolan akèh; mendaun kunyit: nindakake pagaweyan tanpa tanja; daun-daunan: gêgodhongan.
daun hidup (-kucingan)
godhong piskucing.
daun neraca
piringaning traju.
daun pelita
jlupak.
daun pintu
inêbing lawang.
daun telinga
godhoh.
daur
1 ubênganing petunganing taun; 2 (-besar) ubênganing wêktu lawase 120 taun; 3 (-kecil) windu (8 tahun).
da'wa
1 (yang kena dakwa, (yang) terdakwa) dakwa; 2 gugat, panggugat; dida'wa: digugat, didakwa; dida'wai: digugat; dida'wakan: digugatake; pendakwa: kang ngêlahake.
dawai
kawat.
dawat
mangsi.
da'wat
prakara pradatan, gugat, panggugat.
daya
1 (daya upaya) reka, akal; 2 (tipu daya) krênah, kajuligan, pangapus; 3 daya, kakuwatan; tiada berdaya lagi: tanpa krêkat, êntèk akale; di(per) dayakan: diakali, diapusi.
dayah
inya.
dayang (-dayang)
prawan pawongan, cèthi; pendayang: paranyai kraton.
dayu
mendayu: 1 gumuruh, gumlêgêr swaraning blêdèg lsp.; 2 ent. sêsambat ngaruara.
dayung
dhayung, wêlah; berdayung: praon (mêlahi prau).
dayus
didayus: dierang-erang, dipoyoki.
debah
jagal; didebah: disêmbêlèh.
debak
swara kêplak; mendebak: nywara mak kêplak.
debayah
ar. sutra kêkêmbangan.
debak-debuk
pating krêplak.
debap
tlêpok, tlêbug, gablug.
debar
kêtêging jantung; berdebar(-debar): dhêg-dhêgan; pendebar: kagetan, gêtapan; pendebaran, perdebaran: kêtêging jantung.
debar-debur
dhag-dhêg, dhag-dhug, gludhag-gludhug.
debas
grujug-grujug (swaraning banyu).
debat
perbantahan; didebat: dibantah.
debik
kêplak, kêpluk, tlêpok.
debu
lêbu, blêdug.
debuk
tlêbug, gêdêbug.
debum
gludhug, blug, blêg.
debung
dhêng, glêgêr; mendebung: gumlêgêr.
debur
glug, gludhug, brug; mendebur: 1 nywara mak gludhug; 2 njêglug, mbêntus.
debus
srêbèt-srêbèt, sruwung-sruwung; berdebus: gumrubug, gumludhug.
debut
swara thut, dhut, dhot, brut, brot.
decing
swara cring, thing.
decit
swara citcit, cuwit, cuwèt.

--- 46 ---

decur
swara crot, cur.
dedah
ut. terdedah: mênga ngêblak, mblêdhèh.
dedai
berdedai-dedai: gumridig, sêlur, êlur.
dedak
dhêdhak.
dedap
dhadhap.
dedak lunak
bêkatul.
dedalu
kc. benalu.
dedar
sumlêngêt panas tmr. awak.
dedas
mendedas: 1 jumêdot tmr. bêdhil lsp.; 2 juwèh, dahwèn, pijêr nuturi.
dedau
mendedau: nangis gorang-garong, jêlih-jêlih.
dedemit
dhêmit.
dedes
1 rase, dhêdhês. II didedes: disayati, diirisi tipis-tipis tmr. daging lsp.
degak
swara glêgêg (ngombe).
degam
glêgêr, gludhug; mendegam: gumlêgêr, gumludhug.
degam-degum
pating glêgêr.
degap
grobyag, gabrus, gropyak; mendegap: 1 nywara mak grobyag, gabrug, gropyak; 2 mêlar mingkus tmr. ambêkan.
degap-degup
pating glêbrug (grobyak lsp).
degar
glêgêr; mendegar: gumlêgêr.
degil
mbrêkunung, wangkal.
deguk-degak
pating glêgêg (clêguk).
degum
swara glêgêr.
degum-degam
pating glêgêr.
degup
glodhag, grobyag.
degup-degap
pating glodhag (grobyag).
deham
mendeham: dhèhèm.
dekah
berdekah, mendekah: cêkakakan.
dekak
cêkakakan.
dekak-dekak
kêtêkan (sipowah).
dekam
mendekam: ndhêkêm.
dekan
ar. kewan gawene mangan pring.
dekap
berdekap tangan: sidakêp; mendekap: nyikêp, ngrangkul; sependekap: saprangkul; kc. dakap.
dekar
mendekar: anggar (pêncak) pêdhang; pendekar: 1 wong kang pintêr ulah gêgaman, silat lsp; 2 pangarêping pêrang.
dekat
cêdhak, cakêt; berdekat-dekat, berdekatan: sandhing, cêcêdhakan, sêsandhingan; mendekat: nyêdak, mara; didekati: dicêdhaki, dicakêti, diparani.
dekok
swara sênggrok.
dekor
gambar tonil.
dekunci
têmu kunci.
dekung
swara jênggur (gung).
dekus
mendekus: mbêkis, mbêkos.
dekut
berdekut, mendekut: nywara kruk-kruk, mbêkur.
delah
ar. iwak sagara.
delamak
kacu rêndan tutup rampadan.
delap
I dêlap, saèn. I gêni, kêbuling mriyêm.
delapan
wolu.
delima
1 dlima; 2 (batu-) mirah dlima.
delik
mendelik: mêndêlik.
demah
seka; didemah: diseka.
demak
malêm, nglêmèk ngêmu banyu, kêmpêl ngêmu banyu.
demam
lara panas.
demam kepialu
lara panas bangêt.
demam kura
panastis (kadhêmên, malaria).
demang
dêmang, saèm. wêdana (panggêdhe dhistrik).
demap
ut. mendemap: nggrangsang, nggragas.
dembai
berdembai-dembai: klewa-klewa, rada nêpsu.
demi
1 barêng, nalika, up. demi didengarnya; 2 urut sangka up. seorang demi seorang (urut saka siji); 3 dêmi, awit saka (kanggo sumpah), up. demi Allah.
demikian
mangkene, mêngkono.
demit
1 cilik, rêmit, lêmbut, lêlêmbut; 2 aku (sing nganggo dhukun prewangan lsp.).
dempak
cêndhèk amba tmr. wanguning topi, prau lsp.
dempang
gumrênggêng.
dempir
cumêngkling, kumrincing.
dempit
dèmpèt, sandhing.
dempuk
dempok, mendempuk: nanggor, numbuk, mbêntus.
dempul
dhêmpul.
dempet
dèmpèt, gancèt.
dempok
mèpèt; didempokkan: dipèpètake, dicakêtake.
dena
nistha, asor, kêcingkrangan.
denah
rancangan, cêngkorongan.
denai
dalan ing alas (ambah-ambahane buron alas); tapaking buron alas.

--- 47 ---

denak
1 kunthèt, cebol tmr. kewan; 2 (burung-) jontrot.
dencing
swara krincing, cring, thing.
denda
1 gada, gêbug; 2 dhêndha; kena denda, didenda: didhêndha.
dendam
kapidêrênging ati (kangên, nêdya, malês lsp.); dendam semara (berahi): kedanan; rindu dendam: kangên bangêt; menaruh dendam, mendendam: êndhêm-êndhêman, ngincim-incim.
dendang
1 dhandhang (gagak); 2 (timun dendang, pedendang) timun abang; 3 ar. prau. 4 mênyanyian nalikane nyambut gawe lsp.; berdendang: mênyanyi karo nyambut gawe lsp.
dendeng
dhèndhèng.
dengkang-dengkol
pating bêdhêgol.
dengkel
kumêt daging, sathithik daginge, tanpa banyu tmr. wowohan.
dengkol
1 mbêdhêgol tmr. tangan lsp.; 2 dhungkul tmr. sungu; 3 ent. pelo tmr. gunêman.
dengak
mendengak: linggih nglèyèk.
dengan
I 1 karo, nganggo, kalawan; 2 dening, krana, up. dengan takdir Allah; 3 awit saka, up. dengan perintah raja; 4 sarta, tur, up. besar dengan tingginya; tiada dengan: tanpa. II (hamba dengan): 1 rewang, batur tukon; 2 aku, kula.
dengar
mendengar, menengar: krungu, ngrungu; didengar(kan): dirungokake, ditilingake, diwigatèkake; pendengar: 1 (ut. pendengaran) pangrungu; 2 wong ut. piranti (kang) ngrungokake; pendengaran: 1 kang dirungu; 2 pangrungu; diperdengarkan: diunèkake supaya wong liya krungu; dengar-dengaran: 1 rêrungonên; 2 jare-jarene, kabar-kabare; terdengar: kêprungu, krungu; kedengaran: krungu.
dengik
swara mak gablug (blug).
dengkang
hung-hung (swarane wong watuk lsp.).
dengki
1 (-hati) drêngki, jail; 2 (-akan) gêthing marang.
dengking
swaraning panjêlih, asu klengkengan lsp.; mendengking: 1 njêrit, njêlih; 2 klengkengan.
dengkung
hung-hung, kung-kung (swara anggrung, swaraning asu lsp); mendengkung: nywara hung-hung lsp.
dengkur
swara sênggrok-sênggrok; mendengkur: nywara ênggrok-ênggrok, ngorok.
dengu
mambu bacin (tmr. abab lsp.), prêngus tmr. kringêt; mendengu: ngampêt ambêkan.
denguk
swara blug, blêg.
dengung
swara mbêngung, grênggêng-grênggêng; mendengung, berdengung-dengung: mbêngung, mbrêngêngêng; gumrunggung.
dengur
mendengur: mbrabak abang marga muring.
dengus
swara sênggruk-sênggruk; mendengus: nangis sênggruk-sênggruk, sênggrok-sênggrok.
dengut
swara nguk-nguk (gêmak); medengut: mêlung.
dentam-dentum
swara rêgêdêg, brug, gabrus.
denyut
kêdut, kênyut, sêndut; berdenyut: kêdut-kêdut, sêndut-sêndut.
dep
didep: ora dibanjurake tmr. layang lsp.
depok
dhepok.
depa
dhêpa.
depan
ngarêpan: kc. hadapan.
depang
didepang: dijêpapangake, diadhangi sarana tangan njêpapang.
depu
ar. iwak.
depun
pendepun: pandêpun, dondoman plisir.
dera
gitikan, gêbugan; didera: disapu, digêbugi.
derajat
pangkat, grad.
derai
ut. menderai: pating tlêthok; berderai-derai, berderaian: ndlidir, êlur, sêlur.
derak
ut. menderak: rêkètèk-rêkètèk, byak.
deram
menderam: 1 gumrunggung, kumrumpyung, gumlêgêr; 2 nggêrêng, nggêro.
derang
swara krincing, klinthing, kling; menderang: kumêncring, cêmêngkling, kumlinthing.
derap
swara krês, gêrit; menderap: gumêrit, [gumê...]

--- 48 ---

[...rit,] gumêrot, krês.
deras
bantêr, santêr; menderas: nggêlak, nyrêmpêng.
derau
swara krosak, krusuk, krubyuk; menderau: kumrusuk, gumrubug.
derawa
gula derawa: juruh (ent. manis bangêt).
derel
drêl.
deret
larik(an); berderet-deret: lêlarikan, tharik-tharik.
derik
swara rêkêtêk, byak.
dering
swara kring (jangkrik), cring (klinthing), pangêmprèting gajah; mendering: 1 nywara kring-kring; 2 ngêngkrik (jangkrik), ngêmprèt (gajah).
derisip
buta derisip: kabuhanan.
derita
diderita: disandhang, ditêmahi (tmr. kasangsaran, lêlara lsp); penderita: 1 kang nandhang; 2 lesan; penderitaan: panandhang (sangsara lsp.).
derma
derma, dana; didermakan: didêrmakake.
dermaga
tembok ing palabuhan.
dermawan
blaba, loma, sênêng têtulung.
deru
menderu: gumuruh, gumrubug.
deruk
swara krêtêk-krêtêk, rêkêtêk.
derum
I menderum: gumuruh, gumrubug. II menderum: njêrum.
derum-deram
pating glêgêr.
derung
swara krompyang, crang.
derus
swara krêsêk, krêsêk.
derut swara gêrêt
gêrit, sêngêr; menderut: gumêrêt, kumrêsêk, sumêngêr.
derwis
wong tapa; kc. darwis.
desa
1 padunungan (tanah ngare, padesan lps.); 2 desa; mendesa: njajah mênyang ngêndi-êndi.
desah
swara krêsêk, krêsêk.
desak
I swara krêsêk, krosak. II berdesakan: suksukan; didesak: 1 diêsuk, didhêsêk; 2 ent. disêsêg, diujêr, diujêg; desakan: panêsêg.
desar
swara gêrit, gêrot, rêkêtêk, krênyês.
desas-desus
sruwing-sruwing, slênthing-slênthing.
desau
swara krês, krênyês, jos-jos.
desing
swara nging-nging (angin).
desis
swara sês-sês; mendesis: ngêsês.
desuk
swara krusuk.
desur
swara krusuk, krosak.
desus
swara sês.
desut
swara sut.
destar
ikêt, srêban.
detak
swara krêngkèt, dhêg; berdetak: 1 dhêg-dhêgan, tab-taban; 2 pating krêngkèt.
detas
swara krês
detik
1 swara thik-thik, thêk-thêk; 2 sêkon jam.
deting
swara thing, cring.
detus
swara jêdhot, jêdhèr.
dewa
dewa.
dewadaru
bngs. cêndhana.
dewan
pradata luhur, rad.
dewangga
ar. sutra.
dewata
dewa, kadewan.
dewasa
1 waktu, mangsa; 2 diwasa.
dewi
dèwi.
di
I ing. II di-.
di'
dening.
dia
dhèwèke.
diah
kc. diat.
diam
1 mênêng (ora obah, ora nywara); 2 manggon, dêdunung; (ber) diam-diam; mênêng-mênêngan, climèn, tan pêpoyan, nglimpe; didiami: 1 diênêngake (ora diaruh-aruhi); 2 (ut. dikediami) diênggoni, didunungi; didiamkan: 1 diênêngake; 2 dipapanake; pendiam: wong kang amêm (mênêng); kediaman: papan padunungan.
dian
diyan lilin.
dianat
burus, utama uripe.
diang
berdiang: gêgêni (bêdhiang); didiang: dipanggang, digarang.
diat
diyat (dhêndhaning mêmatèni ut. natoni); didiatkan: ditêbus dosane sarana mbayar dhêndhan.
didih
mendidih: umob, mumpal-mumpal; mendidih liur: kumêcêr ngilêr.
didik
kang diupakara (digulawênthah, diopèni, diêmi-êmi), uga sok dianggo têmbung pamiluta; dididik: digulawênthah, diopèni, diwulang wuruk; pendidikan: panggulawênthah.
didis
dididis: disayati, diris-iris; kc. dedes.
dikau
kowe (saburine –kan, akan).
dikir
dhikir.
dikit
berdikit-dikit: saka sêthithik, sedikit: [sedi...]

--- 49 ---

[...kit:] sathithik, rada.
dil
ar. dolanan nganggo bal lan tampèl.
dilam
dilêm.
dim
dim (1/12 aki).
dimpit
dhèmpèt, pèpèd-pèpèdan.
din
agama.
dina
nistha, asor; kc. dena.
dinar
dinar.
dinding
aling-aling (gêdhèg, pagêr, tembok lsp), êlêt-êlêt; mendinding: ngêlêt-êlêti, misah; didinding: ditrapi aling-aling ut. êlêt-êlêt (pagêr, gêdhèg lsp.).
dinihari
bangun esuk (jam 4.30).
dingin
adhêm, anyêp; kedinginan: kadhêmên, mambu dhêm.
dingin tangan
yèn nênandur ut. nênambani sarwa bêcik.
dingkis
ar. iwak sagara.
dipan
dipan.
dipati
adipati.
diraja
ratu linuwih.
dirgahayu
1 dawa umure; 2 dianggo sêsêbutan marang ratu atêgês ingkang minulya.
dirham
(ar. dhuwit) dirham.
diri
1 (-ku, -mu, -nya) awakku (mu, -e) dhewe; 2 dhewe, ijèn, up. seorang diri; 3 kanggo nêrangake yèn lesane awake dhewe, up. berhias diri, melarikan diri; berdiri: ngadêg, madêg, didirikan: diêdêgake; (se-) pendiri: (sa) dêdêg; pendirian: kaantêpan, panêmu kang diugêmi; terdiri: madêg, tiba ngadêg.
diris
didiris: disirami ut. dikêpyuri banyu.
dirus
didirus: disiram (digrujug, disoki) banyu; mendirus: ndlêdêg, gumrudug têkane, sok-sokan tmr. udan lsp.
do'a
donga, sêmbahyangan; berdo'a, meminta do'a: ndêdonga, sêmbahyang, mêmuji.
dobi
tukang ngumbahi (pênatu).
dobrak
didobrak: dibujat tmr. lawang.
dodol
jênang dodol.
dodong
wêdhung.
dodos
didodos: didhodhos, digrowongi.
dodot
bngs. kêmbên anggon-anggon tlèdhèk.
dogel, dogeng
bukung, tukung.
doger
tlèdhèk Sunda.
dogol
dhungkul (tanpa sungu) tanpa cènggèr.
doha, loha
sêmbahyang mirunggan ing wayah esuk.
dokar
dhokar.
dokoh
1 bngs. kalung tanggalan. II dhukuh.
dolak-dalik
mbolak-mbalik, mencla-mencle; didolak-dalikkan: diubat-ubêdake tmr. têtêmbungan lsp.
dolat
bêja, kabêgjan; dolat tuanku: nuwun inggih kc. daulat.
domba
wêdhus gèmbèl.
dondang
bandulan (bayi); didondang: dibandul, diiyun.
dondon
warna; sedondon: padha warnane.
dongak
ut. mendongak: njongat, ndêngangak.
dongeng
I dongèng (crita). II mendongeng: nggubêl, ngujêg.
dongkang-dangking
kari lunglit (kuru bangêt).
dongkol
nyêkênthung tmr. wrangka, mbêngkêluk tmr. sungu, wungkuk tmr. gêgêr; mendongkol: mangkêl bangêt.
dongok
gêndhêg, buntêk.
doreng
lorèng, lorèk.
dorna
(saka Pandita Durna) tukang ngadu-adu.
dorong
mendorong: mlantrang, njongor, nglojok; didorongkan: dijorogake, dijongorake; disodhokake; terdorong: 1 kêplantrang, kêbanjurên, kêtrucut tmr. gunêm; 2 kêdêdêl (ing karêp, niyat lsp.).
dosa
dosa; berbuat dosa: nglakoni dosa.
dosin
losin.
doyak
ar. iwak sagara.
doyan
doyan.
dua
loro; dalam dua: lagi mêtêng; tiada dua: tanpa tandhing, kêluwih-luwih; dua-dua ut. keduanya: sakarone, karo pisan; berdua: wong loro, sakloron; mendua: 1 ngloroni, mindhoni; 2 (-hati) mangro tingal, gojag-gajêg; pendua: kang dianggo rangkêpan (jodho lsp.); diperdua: dirangkêp.
duai
(ipar duai): ipe.
dubalang
1 gêgêdhug; 2 upas, kongkonan lan panjaga.

--- 50 ---

dubur
dubur.
dudu
mendudu: katut mèlu.
duduk
1 linggih, dêdunung, manggon; 2 dunung, lungguhing prakara, dhodhok sèlèhe; 3 mênêb; 4 pacangan; diduduki: 1 (ut. dikeduduki) dilinggihi, didunungi, diênggoni; 2 dijègi, dibroki (mungsuh lsp.); didudukkan: 1 dilinggihake, dipapanake, disèlèhake; 2 diomah-omahake; penduduk: wong kang padha dêdunung (ing kutha, nagara lsp); kedudukan: 1 padunungan, papan kang diênggoni; 2 dunung, prênah; 3 pilungguh (pangkat); 4 dhodhok sèlèhing prakara (pangkat); 5 palinggihan, lênggah (papaning pangrèhing pakumpulan lsp); terduduk: 1 mênêb; 2 tiba lungguh.
duduk perut
mêtêng.
duga
diduga: 1 dijajagi; 2 diduga; dikira.
dugal
munêg-munêg, mungkug-mungkug.
dugang
didugang: dikêlat (dicancang) supaya aja rubuh.
duhung
kêris.
duit
dhuwit.
duka (-cita)
susah, sêdhih.
dukan
warung, bango.
dukana
dhêmênan (bandrèk, jina lsp).
duku
dhuku.
dukuh
dhukuh, desa.
dukun
dhukun.
dukung
didukung (belakang): digendhong; didukung ambin: diêmban; didukung ampu: dibopong; didukung kelek: dicangklèk, diêmban lan dicangklèk.
dukut
sukêt.
dulah, dulat
tandhu, joli.
dulang
dhulang, tembor.
duli
gêdibal, lêbuning sikil; duli baginda (-yang dipertuan, -tuanku lsp) sampeyan dalêm.
dulu
dhisik, biyèn; kc. dahulu.
dunia
donya; dunia akhirat: donya ngakerat.
duniawi
kadonyan.
dungas
mendungas: nyêrot ambêkan.
dungu
bodho, ora gathekan.
dungun
ar. wit.
dupa
dupa, kutug; pedupaan: padupan.
dupak
didupak: didhupak.
dura
1 adoh, kadohan; 2 gorèh atine, sumêlang.
durja
rai; janjam durja: luh.
durjana
durjana (maling lsp).
durhaka
mbangkang, mblela, ora manut, kraman; mendurhaka: mblela, ngraman.
duri
êri.
durian
durèn.
durias
duryas (ar. bakal).
dusi
mendusi: rèwèl, tansah nangis.
dusin
mendusin: nglilir.
duta
utusan (ing nêgara); kedutaan: panggonan (kantor lsp) utusaning nêgara ing nêgara liya.
dusta
goroh; berbuat dusta, mendusta, berdusta: goroh; didustai: digorohi; didustakan: dipaido.
duta
utusan (ing nêgara).
duyun
berduyun-duyun: sêlur, irit-iritan akèh.
duyung
iwak dhuyung.

E

ebam
ar. wadhah kang digawe pursêlin mawa tutup.
eban
dieban: dibanting dibabitake.
ebang
adan; kc. bang.
ebek
saèm. warana, aling-aling lawang lsp.
ebeng
mengebeng: ngibing.
ebi
èbi.
eceran
jual eceran: adol eceran.
edan kasmaran
kedanan, kêsêngsêm.
edap
bngs. tambur; kc. dap.
edar
mengedar: 1 alihan, ngalih, mingsêr ênêre; 2 kêkitêr, mubêng kalangan: beredar(-edar): mubêng kêkalangan, ngumbara, lunga mrana-mrana; edaran: ngalamat ala ut. bêcik; peredaran: ubênging laku.
edar-edar
warana (aling-aling) ditata mubêng têmu gêlang.

--- 51 ---

egah
mengegah: mlaku angklung-angklung (amba jangkahe).
egung
gong; kc. gung.
eja
dieja: dieja; ejaan: tatananing panulis.
ejek
diejek: dipêpoyoki, diiwi-iwi.
ejung
jong; kyt. jung.
ekonomi
perekonomian: ekonomi.
ekor
1 buntut; 2 ent. perangan kang buri, barisan kang ana ing buri, katêmahaning lêlakon; 3 kanggo wilanganing kewan; mengekor: 1 kaya buntut; 2 tansah tutburi; diekori: tansah dikinthil.
ekor kucing, ekor tupai
ar. sukêt.
ekor lipas
buntut urang (rambut ing githok).
ekor mata
padoning mata.
ekor pari
awangun blimbingan lingir têlu tmr. cundrik lsp.
ekor tikus
kikir gilig.
ela, elo
elo.
elak
mengelak: 1 endha, ngendhani; 2 ora manut prentah; dielakkan: ditangkis, diendhani.
elang
1 alap-alap; 2 (-ayam) wulung; kc. lang.
elat
lêt, kasèp; kc. lat.
elok
endah, bêcik.
elu
dielu-elukan: dipêthuk, dipapag; kc. alu.
eluk, luk
luk; dieluk(kan): diêluk.
elung, lung
lunglungan, plêngkungan; perelung: peranganing barang kang bundêr.
emak
(ut. ma', mak) êmbok; emak saudara: bok cilik ut. uwa wadon; emak tua (ua): uwa wadon; emak muda (uda); êmbok cilik; emak alang (-tengah, -ngah): bok cilik ut. uwa panêngah; emak ci': êmbok cilik wuragil.
emang
pancèn; kc. memang.
emas, mas
1 êmas; 2 ar. boboting êmas ana 1/10 tail; 3 pawèwèh marang pangantèn wadon; kena emas: olèh rêruba, dibêsêli; diemasi: 1 disêlut êmas; 2 dibêsêli; keemasan: 1 barang-barang kang digawe êmas; 2 pradan; peremasan: barang mas intên.
emas kawin
mas kawin.
emas kerajang
grènjèng êmas.
emas urai
mas las-lasan (murni).
emas tempawan
êmas gêmblengan.
emat, mat
mati (tmr. dolanan catur).
embacang
pakèl.
embak
mangsi Tionghwa.
embal
isih malêm; kc. ambal.
embalau
trêmbalo; kc. balau.
emban
ambèn, grita.
emban ekor
apus buntut.
embara
mengembara: ngumbara, lêlana; kc. kembara.
embarau
lapisaning tembok ing sêgara.
embat
diembat: disabêt.
embek
gêbêr ut. wrana kanggo aling-aling.
ember
èmbèr.
embih
1 praean; 2 gêndhuk; seembih: padha rupane tmr. praean.
embik
mengembik: 1 nywara êmbèk; 2 mêntul ngêndhêlong tmr. jrambah kayu lsp.
embuh(kan)
gêlêm, nayogyani; embuh-embuhkan: sanajana.
embun
1 bun; 2 ing têmbung camboran atêgês lêmbut ut. alus; berembun: ngêbun-êbun (kêkadhar lsp); mengembun: kaya bun, pating jriwut tmr. kuliting wowohan lsp; diembunkan: diêbun-êbunake.
embung
anak lanang pambarêp.
embus
1 abab, angining napas; 2 mlayu nggêblas, minggat; mengembus: 1 ndamu, ngababi; 2 lunga nggêblas, bubar mlayu tmr. wadyabala lsp; diembuskan: 1 disêbul, didamu; 2 digusah, diurak-urak; embusan: 1 ububan; 2 sêmprong.
emol
mengemol: mbludhus, nronjol.
empang
blumbang dianggo ngingu iwak. diempang: 1 dipèpèti ut. dipalangi tmr. dalan lsp; 2 dibêndung ut. ditambaki tmr. kali lsp; pengempang: apa-apa kang dianggo mèpèti (pagêr, bêndungan lsp).
empang ikan
suwakan (bêndungan, tambak) dianggo ngingu iwak.
empang paya
bêndungan kanggo ngêlêbi sawah.
empap
diempap: 1 diblêgi watu lsp; 2 diênêtake manêt; mengempap: madhêt, manêt, têtêl-têtêlan.
empar
mengempar: kentir malang tmr. prau lsp.

--- 52 ---

empas
diempas(kan): dibanting, ditibakake, disabêtake, dibabitake sêru; mengempas: nêmpuh, nyampyuk tmr. ombak; empasan ombak (gelombang): têmpukaning ombak; empasan daun: gantung siwur (turun kang kapitu).
empat
papat.
empenak
(pujuk-): têmbung manis (pangrêmih, pangungrum); diempenak: diêla-êla, ditamani têmbung manis, digumatèni; kc. penak.
empedal
rêmpêla.
empedu
pêru.
empelas
wit rêmpêlas.
empik
mengempik: adrêng (sêkung) bangêt.
emping
êmping.
empis
kewan sing dianggo jontrot.
empit
diempit: dipênêt, diplêpêd.
empoh
lubèr mbludag tmr. kali.
empos
diempos: diimbu.
empu
êmpu; empu tangan (jari): jêmpol; empu kaki: jêmpol sikil.
empuk
1 gapuk, popol tmr. kayu; 2 mêmêl êmpuk tmr. iwak daging; 3 gêmpi, mawur; 4 mbêdhêl tmr. tampar lsp.
empuk-ampai
miyar-miyur, pating pêntiyung.
empul
mengempul: kampul-kampul ora bisa maju tmr. prau kataman ombak lsp.
empulur
atining kayu, glugu lsp.
empunya
duwe.
enak
enak, kêpenak.
enal
nal.
enam
nêm, nênêm.
enap
mengenap: 1 mênêng, mêndha; 2 mênêp.
enau, nau
wit arèn.
encang
diencang: dipadal (dipidak) sêru, diêncot.
encer
cuwèr.
encik
sêsêbutan marang wong wadon ut. lanang kang rada dhuwur pangkate.
endal
mengendal: ngênêt-ênêt (sukêt ing kranjang lsp.).
endap
mengendap: 1 mêndhak ut. ndhêkêm murih ora katon; 2 mêndha tmr. hawa nêpsu, mblêrêt tmr. gêni, mênêb tmr. êndhêg-êndhêg lsp; 3 mugên (ora tau mêtu saka ing omah); endap-endap: wong kang mugên.
endas
diendas: dilandhêsake; endasan: landhêsan.
enduk
gêndhuk.
endung
mengendung: wadul, adul-adul (tmr. bocah).
engah, engeh
ut. engah-engah, mengah-mengah: kêmpis-kêmpis, mênggèh-mênggèh.
enggan
êmoh, mopo, lênggana, suthik, wêgah.
enggang (-danta, -papan)
manuk rangkok.
engkang
mengengkang: mlaku ekar.
engkah
ancur, lim.
engkah-engkah
isih rada mêntah (magêl, mogol lsp.).
engkau
kowe.
engku
sêsêbutan marang wong kang pantês diurmati.
enjak
mengenjak-enjak: nggêdrug-nggêdrug (marga nêpsu lsp).
enjal
mengenjal: 1 mêndal; 2 mêtêl, ndudul, nyuduk.
enjelai
jali; kc. jelai.
enjih
panjênêngan (tmr. marang wong tuwa).
enjut
mengenjut: jêngkêrat-jêngkêrut, jinjat-jinjit; dienjut: didhèdhèti, dicènèngi, dijongkèng sathithik.
entah(kan)
embuh; entah-entah: saêmbuh (akèh bangêt).
entah-berentah
1 tanpa wilangan; 2 udhêg-udhêg (buyuting buyut).
entak
mengentak: 1 ngambruk nggloso; 2 nanggor dhasar tmr. prau; 3 nggêdrug; dientak-entakkan: 1 digêdrug-gêdrugake; 2 diêntrog-êntrog, digêdhug-gêdhugake tmr. takêran lsp; pengentak: brug (kanggo madhêtake lêmah).
enteng
ènthèng.
entimun
timun.
enyah, nyah
lunga, minggat; dienyahkan: ditundhung, digusah.
enyak, nyak
dienyakkan: dipadhêtake sarana dibrug lsp.
epok
êpok.
erak
bererak, mengerak: 1 pisah karo panunggalane; 2 udhar rênggang tmr. lêkêran tampar lsp; 3 (-sela) madal

--- 53 ---

pasilan (pamitan mulih); 4 mundur bubar tmr. wadyabala; dierak(kan): 1 dipisah saka panunggalane (diudhari, dijênggarake); 2 diêlar tmr. sabukan, dibèbèr tmr. gulungan layar lsp.
eram, ram
mengeram: angrêm; dierami: diêngrêmi.
erang
irêng sêmu biru.
erang, rang
mengerang: ngrintih, gêrêng-gêrêng lirih.
erat, rat
kiyêng tmr. pawakan, kêncêng ut. singsêt tmr. tali lsp, madhêt ut. atos tmr. lêmah; dierat(kan): 1 dikêncêngake, disingsêti; 2 diênêtake madhêt, ditêtêl madhêt.
eret
bereret: tuntun-tuntunan, dituntun tmr. wong picak lsp; dieret: 1 digèndhèng (ditarik, disèrèt, dicènèng); 2 dituntun tmr. wong picak lsp.
erik
mengerik: ngêrik (mbêngok, sêsambat).
ering, ring
bngs. alap-alap.
erong
bngs. cangkir jubung.
erong-erong
bolongan pambuwangan banyu ing kapal.
erot
perot, mèncèng.
erot-bengot
pêrat-perot, padha mèncèng.
erti
têgês; mengerti: ngrêti; kc. arti.
eru, ru
wit cêmara.
es
ès.
esa, sa
sawiji; diesakan: disawijèkake; esa-esaan: ekan, ijèn.
esak
sêsêg napase; mengesak: mingsêg-mingsêg.
esek
bngs. lara cêkèk.
esok
sesuk; esok lusa: 1 besuk êmbèn; 2 êmbèn buri; keesokan harinya: esuke.
esot
mengesot: 1 mlaku ngesot; 2 ent. rindhik bangêt.

F

fa'al
(ut. paal) panggawe, patrap, kalakuan.
faal
(ut. paal, pal) ngalamat bêcik ut. ala.
fadihat
kawirangan.
fadilat
kautaman, kaluwihan.
faedah
(ut. paedah) paedah, piguna.
faham
(ut. paham) 1 surasa, pangrêti; 2 (-akan) ngrêti têmênan marang, paham; salah faham: klèru tampa; difahamkan: dingrêtèkake têmênan.
fajar
(ut. pajar) byar raina, bangun esuk.
fakih
(ut. pakih, pekih) ngulama ahli kawruh agama.
fakir
(ut. pakir, pekir) 1 pêkir, wong kang nglakoni miskin; 2 (ut. alfakir) aku.
falak
(ut palak) langit; 'ilmu falak: ngelmu palintangan.
falsafah, falsafat, filsafat
ngèlmu kawicaksanan.
fana
kêna ing rusak, ora langgêng.
faraid
(ut. paraid, peraid) wêwênang bab warisan.
farisi
wong Parisi.
fasal
(ut. pasal) pasal, bab.
fasih
(ut. pasih) pasèh ênggone gunêman ut. maca.
fasik
(ut. pasik) pasèk (duraka, ala, dosa).
fatah
(ut. patehah, patah) ar. sandhangan ing tulisan Arab (baris diatas).
fatihah
(ut. petihah) patekah yaiku bêbukane kitab Kur'an.
fatsal
pasal; kc. fasal.
fidah
slaka.
fi'il
1 panggawe, patrap, kalakuan; 2 (perkataan nama fi'il) têmbung kriya.
fihak
(ut. pihak) sisih, prênahing ênêr, parte; kc. pihak.
fikir
(ut. pikir): pikiran; kc. pikir.
filsafah
kc. falsafah.
firasah, firasat
(ut. pirasah, perasat) rai; 'ilmu firasah: kawruh wirasating jalma (nyumurupi wêwatakan sarana nyawang kaananing raine lsp.).
firman
(ut. perman) pangandika, dhawuh.
fitnah
(ut. petenah, pitenah) pitênah, pangala-ala; difitnahkan: dipitênah, diala-ala, dicêcamah, diuman-uman.
fitrah
(ut. peterah, piterah) pitrah.
fuad, foad
ati, pangrasa.
fulus
dhuwit.
furak
beda.
fusta
ar. prau.
futur
lêbar pasa.

--- 54 ---

G

gaba-gaba
1 blarak ut. bongkoking wit sagu dianggo gêdhèg, payon lsp; 2 gêgodhongan dianggo pajangan, tarub lsp.
gabai-gabai
bngs. kêmbên sing digawe sangkêlat abang dibludir.
gabak
mêndhung.
gabas
groboh, kasar tmr. gêgarapan.
gabung
bergabung: nggamblok dadi siji; digabungkan: digamblokake dadi siji.
gabus
I kayu gabus dianggo ngosèk lading lsp; digabus: 1 dikosèk ing gabus tmr. lading lsp, digosok nganggo gabus; 3 dikoroki tmr. bêdhil; penggabus: korok bêdhil (mriyêm). II ikan gabus: iwak kutuk.
gada
gada; gada-gada: piranti dianggo nyumurupi ênêring angin kapasang ing pucuking tiyang.
gadai
gadhe, gadhèn; digadaikan: digadhèkake; gadaian: gadhèn; pegadaian: pagadhean.
gadamala
laos; kc. lengkuas.
gadang
I irig, ayakan (kalo) gêdhe. II (ut. gedang) gêdhe.
gading
1 gadhing; 2 ent. panjawating baris; gading-gading: 1 iga-iga ing awak-awaking prau; 2 blêngkêr rodha.
gadis
prawan.
gaduh
rame, dêdrêg, gumêdêr; bergaduh: gumêdêr, udrêg; pergaduhan: gegeran, udrêg-udrêgan, drêdah.
gaduh riuh
gumêdêr bangêt, udrêg arame.
gaduk
kumayu, gumagus, sênêng pamèr.
gadung
gadhung.
gadungan
gadhungan.
gaga
gaga; kc. huma, ladang.
gagah
1 gagah, rosa; 2 (-berani) gagah prakosa, kêndêl; digagahi: 1 dipêksa, dirodapêksa; 2 dikalahake.
gagai
menggagai: ngranggèh-ngranggèh.
gagak
gagak.
gagal
gagal, cabar, ora olèh gawe.
gagang
gantilan, gagang.
gagap
menggagap: groyok, glagêpan tmr. gunêman.
gagau
digagau: digagapi, digrayahi, digrayangi.
gagu
bisu.
gah
kuncara, kamisuwuran; kc. megah.
gahar
digahar: digosok, diangsab.
gahara, gara
1 trahing ngaluhur; 2 babag pêpangkatane ut. darahe; têmênan tmr. bojo ut. anak, up. bini gahara (bojo têmênan, garwa padmi).
gahari
sêdhêngan; kc. ugahari.
gaharu, garu
kayu garu (cêndhana).
gaib
ilang, musna, gaib, winadi.
gaibana
wong urakan.
gaing
cucuking prau.
gairah, gairat
dêrênging ati, pêpenginaning ati.
gait
digait: digèthèl, disènggèt.
gajah
1 gajah; 2 mantri tmr. dolanan catur; ikan gajah, gajah mina: iwak lodan; main gajah (gajah-gajahan) dolanan catur (sêkak).
gajah lalang
gajah ingon.
gajah menyusu
payon gêdhang salirang.
gajai
digajaikan: diuculake; tergajai: ucul, copot.
gaji
bayar, buruhan; makan gaji: bêburuh; orang gajian: wong bayaran, buruh.
gajus
jambu mete.
gala
1 blêndok; 2 sêsambungan; tiada bergala: ora sêsambungan; gala-gala: 1 gala, jabung; 2 bngs. dhêmpul ut. kruwing.
galah
gèntèr, satang; matahari sepenggalah: wayah esuk jam 6-7; matahari dua penggalah: wayah esuk jam 7-8.
galah unjam (-pancang)
satang kang ditancêbake dianggo gondhelaning prau.
galah panjang
bngs. dolanan gobag-sodor.
galak
galak, giras, judhas; digalakkan: digêgalak, digêgasah supaya mêmpêng, digêdhèkake tmr. gêni lsp; penggalak: 1 sarana kang dianggo nggêgalak (mêmpêngake ati lsp); 2 ar. perangane bêdhil kuna.
galang
kayu ganjêl (blenderan, sanggan lsp), cuwak; digalang: 1 diganjêl ut. ditrapi sanggan; 2 diplanggrangake tmr. prau; 3 dicuwak; 4 (ut. digalang-galang) dipalangi, dialang-alangi; galangan:

--- 55 ---

planggrangan prau; kc. kalang.
galang ganti
nglabuhi, mbelani.
galang têmalang
pêpalang (malang mujur) tumpang tindhih.
galas
gawan sing disunggi (dipanggul lsp); digalas: dipanggul, dipandi, dipunji.
galat, ralat
salah, luputing panulis lsp.
galgal
senggol, grusa-grusu, bêgita-bêgitu.
gali
digali: diduduk(i); galian: dhudhukan, luwangan, pamêlikan; gali-galian: 1 pala kêpêndhêm; 2 pêlikan.
galib
1 kang mênang; 2 lumrah, kaprah; pada galibnya: kang prêlu, kang lumrah, kalumrahane.
galih
têtimbangan (padha rupane).
galing(-galing)
ar. wit (kayu).
galir
ora sêrêt (logro, lodhèg).
galu
digalu: dikalangi, dikêpung.
galuh
sêsotya, intên.
galur
aluran (tmr. prakara, sanak sadulur lsp); susur galur: salasilah; digalurkan: dialurake, dijlèntrèhake.
galut
kc. gêlut.
gam
swara gludhug, glêgêr.
gamai (-gamai)
ar. kayu.
gamak
digamak-gamak: 1 diagag-agagi arêp disuduk ut. ditamani gêgaman (up. sarana nyêkêl ukiran diunus sathithik); 2 dikira-kira (kèh-sathithike).
gamam
(ut. tergamam) 1 njêngèr, sumlêngêrên; 2 pêpês.
gamang
wêdi; singunên wêdi yèn tiba.
gamat
bngs. tripang gêdhe.
gambang
gambang.
gambar
gambar; digambar: digambar, dipêtha.
gambir
wit gambir.
gambuh
1 mêmitran karo wong ala; 2 gambuh (tlèdhèk Madura).
gambus
gambus bngs. têtabuhan Arab.
gamêlan
gamêlan.
gamis
rompi, klambi rangkêpan.
gamit
digamit: dijawil (didumuk), ditabuh tmr. crêmpung lsp; gamit-gamitan: kang dirêmbug wong akèh.
gampang
gampang.
gampar
digampar: ditêndhang, dikamplêng.
gamuh
bngs. kêndhi gogok.
gana
Tuhan yang gana: Allah kang maha cukup.
ganal
têtimbangan (padha rupane).
ganas
galak, ringas, judhas.
gancang
rikat, trêngginas, cukat.
gancar
mancur.
gancu
ganthol, gèthèl, sènggèt.
ganda
tikêl, têtikêlan; sekali ganda: samono; dua kali ganda: tikêl loro, rong mono; berganda: tikêl-tikêl; digandakan: ditikêlake.
ganda berganda
tikêl matikêl.
ganda hati
gorèh (ora têtêp) atine.
gandan
(gebar gandan) lurub sutra putih nganggo pinggiran ijo.
gandapura
wit gandapura.
gandar
1 pikulan, senggotan mawa sanggan ing têngah; 2 tangananing traju, obênganing putêran, indhêning rodha, cacadaning wluku; digandar: dipikul; gandaran: barang kang dipikul.
gandariah
wit gandariya.
gandarokam
1 ar. wit; 2 gandarukêm.
gandarusa
wit gandarusa.
gandasuli
wit gandasuli.
gandeng
bergandeng: gêgandhengan.
gandi
1 bngs. gada; 2 gêndhewa.
gandik
rêrênggan ing bathuk tmr. pangantèn wadon (awujud blèbèkan êmas diwangun mlêngkung).
gandin
(tukul-) gandhèn.
ganding
gandhèng; diganding: disèrèd tmr. prau.
gandu
woh gandhu (irêng bangêt).
gandum
gandum.
gandung
bandhul ing kiwa têngêning awak-awaking prau; digandung: ditrapi bandhul.
gani, rani
sugih tmr. Allah.
ganih, genih
gadhing gajah wadon.
ganir
(Inggris gunner) prajurit mriyêman.
ganja
I ganja (ing kêris). II gênje.
ganjak
rada modot saka ing wrangka tmr. kêris.
ganjal
ganjêl; diganjal: diganjêl.
ganjat
mrêngkêl tmr. otot, bundhêt tmr. bolah lsp.
ganjil
1 ganjil; 2 aèng, anèh.
ganjur
berganjur, mengganjur: maju, nglojok; kc. anjur.
gang (-bulat, -rancang)
ar. tatah kuningan [kuning...]

--- 56 ---

[...an.]
ganggang
diganggang: digarang, dipanggang; berganggang: api-api, digaringake ing gêni.
ganggu
diganggu: dibêbeda, dirusuhi, diribêdi, dimunasika; gangguan: rêribêd, rêrusuh; pamunasika lsp.
ganggut
diganggut: dibubut, dibêdhol.
gangsa
I gangsa (prunggu). II banyak; kc. angsa. III digangsa: diêlih, diputêr tmr. têtuwuhan lsp.
gantang
gantang (1/20 dhacin); digantang: ditakêr nganggo gantang; menggantang asap: nggagas kang neka-neka, (mokal kêlakone).
ganti
I 1 gêgênti, sêsulih; 2 ganti, lêliru, têtêmpuh; 3 (u.[2] pergantian) giliran, dhong; 4 salin; mengganti: ngijoli, nyalini, mbanjêli; berganti: ganti; berganti-ganti: gonta-ganti, salin-salin; ganti berganti: gilir gumanti; digantikan: disulihi, digêntèni; pengganti: 1 gêgênti, sêsulih; 2 têmpuh, lêliru; pergantian: giliran. II ganthi.
gantung
bergantung: gumantung, gumandhul; digantung: 1 digantung, digandhulake; 2 diundur tmr. prakara lsp.; digantungi: digantungi, digandhuli.
gantung kemudi
1 nganggur; 2 ar. pajêg.
gantung layar
ar. ganjaran marang wong kang mitulungi wong kacilakan ana ing sagara.
ganyah
diganyah: digêbêg, digosok.
ganyut
mogol, gonyèh.
gap
swara dhog, plok.
gapah
kc. gopoh.
gapai
digapai: dijawil, disenggol (kanggo sasmita).
gapgup
dhag-dhug, plak-pluk.
gapil
digapil: disenggol, ditampani lsp. ora disêngaja.
gapit
gapit; digapit: digapit, dicêpit.
gapura
pintu gapura: gapura; kc. gêrbang.
gar
swara glêgêr.
gara
trahing ngaluhur; kc. gahara.
garam
uyah; menggaram: gawe uyah; digarami: diuyahi.
garang
1 galak, judhas, giras; 2 senggol, nyênyêngit, bêngis, siya; 3 briga-brigi.
garau
klèrèk-klèrèk, gêdhe tmr. swara.
gari
malau gari: lak, kc. lakeri.
garib
1 wong manca; 2 anèh, ora lumrah.
garing
atos garing (tmr. barang kang digorèng, dibakar lsp).
garis
garit, gèthèt, garis; digaris: digarit, digaris; kayu penggaris: garisan; garis-garis besar: kang baku-baku.
garpu
garpu (sendhok porok).
garu
kayu garu (cêndhana); kc. gaharu.
garuda
manuk garudha.
garuk
digaruk: 1 digraut, dicakar, dikukur; 2 digaru, dikêrok tmr. jaran, dibabah tmr. omah lsp.
garut
digarut: digarit, dicorèk.
gas
gas.
gasai
digasai: dipususi.
gasak
digasak: 1 digosok sêru, diangsab; 2 disrêmpêng têmênan ênggone nandangi lsp; 3 digêbugi, dipilara, dilabrag.
gasal
ganjil.
gasang
karêm sacumbana.
gasing
gangsingan.
gasir
gangsir.
gatal
1 gatêl; 2 (ut. gatal-gatal) kumudu-kudu, kêpengin bangêt, kêpengin sacumbana; daun gatal: latêng.
gaulana
sêdhih; kc. gelana, gulana.
gaul
bergaul: awor, carub, srawung; pergaulan: pasrawungan.
gaung
kumandhang.
gawai
pegawai: 1 punggawa; 2 prabot, piranti.
gawairasa
wêlas.
gawar-gawar
gawar.
gaya
I kakuwatan, karosan; tiada bergaya: tanpa kakuwatan, apês pêpês. II pacak, ut. cengkok tmr. pratingkah, gunêman lsp; bergaya-gaya: solahe lsp. digawe-gawe.
gayal
kiyal, alot.
gayam
gayam.
gayang
sênggoyoran, krasa yêr-yêran (karipan lsp.).
gayang-gayang
bngs. paga.
gayat
singunên, awang-awangên.
gayau
gêdhang bêcici (sêpêt).
gayuh
bergayuh: gumandhul cêndhèk tmr. wowohan.

--- 57 ---

gayung
I siwur. II bngs. pênthung kanggo gêgaman; digayung: ditamani gêgaman (uga ana kang sarana guna dhêsthi).
gayut
bergayut: gumantung gandhul-gandhul; digayutkan: digandhul-gandhulake.
gebang
gêbang.
gebar
lurub, tilam (lèmèk kasur), kêmul.
gebar-gandan
lurub sutra putih pinggirane ijo.
gebeng
enthong-enthonganing wêlah.
gedabah
cêplok êmas rêrêngganing gêlungan.
gedabir
gèmblèh-gèmblèh, kêndho nglèmbrèh tmr. layar, gombèl lsp.
gedang
gêdhe.
gedebuk
gêdêbug, brug.
gedebung
suwekan lakên lsp. dianggo wadhah kinang, bako lsp.
gedembai
I ar. wit. II kc. kelembai.
gedeng
gêdhêng.
gedombak
bngs. kêtipung.
gedubang
gobang, pêdhang acèh.
gedung
omah gêdhong.
gegabah
sêmbrana, weya, lena.
gegadan
pantês tmr. pratingkah lsp.
gegai
ora kukuh, ora bakuh tmr. omah lsp.
gegak-gempita, gegap-gempita
umyung, rame bangêt.
gegala
gala, jabung; kc. gala.
gegar
gêtêr, orêg, kêdhêr.
gegas
bergegas-gegas: kêsusu, rêrikatan.
gegat
wrêngêt.
geger
gumêdêr, rame, gègèr.
geginjal
ginjêl.
gela
rênggang mênga tmr. adon-adon kayu lsp, borot tmr. prau.
gelabah
sêdhih, prihatin.
gelabir
gèmblèh-gèmblèh, kêndho nglèmbrèh tmr. layar lsp.
gelabur
menggelabur: nggêbyur, ambyur ing banyu.
geladak
1 gladhag, jrambahing prau; 2 blabag plangitan (lotèng).
geladir
1 bantêr tmr. prau, ar. prau kang bantêr; 2 lowahan (bolongan) ing lambunging prau dianggo ngunggahake momotan.
gelagat
glagat; tandha.
gelak (-gelak)
gumuyu latah-latah.
gelakak
gumuyu cêkakakan.
gelalar
ut. menggelalar: bangga kroncalan, mbêrod-mbêrod, gulung koming arêp mbêrod.
gelam (-beti, -hijau, -tikus)
ar. têtuwuhan.
gelama
ar. iwak sagara.
gelambir
glambir (ing gulu sapi).
gelana
sêdhih; kc. gulana.
gelandang
bergelandangan: gluyuran, urakan, umbar-umbaran.
gelang
I gêlang (tangan ut. sikil); gelang-gelang: gêlangan, kolongan; cacing gelang-gelang: cacing usus; pergelangan tangan: ugêl-ugêl; pergelangan kaki: sadhuwuring kêmiri (kang dianggoni gêlang sikil). II (-merah, -putih): bayêm.
gelanggang
1 glanggang, kalangan kang dianggo adu-adu; 2 (-perang) papêrangan.
gelang-kana
gêlang kana (gêlang pangantèn).
gelang-muka
bngs. kêlat-bau.
gelangsar
kêpletre, kêplèsèd.
gelantang
(guling gelantang) gulungan, gulung koming.
gelantung
pating grandhul.
gelap
pêtêng, uga dianggo entar; digelapkan: 1 dipêtêngi; 2 dislingkuhake tmr. dhuwit lsp; kegelapan: kêpêtêngan (kêsaput ing pêtêng); penggelapan: prakara slingkuh.
gelap-gulita, gelap-katup
pêtêng ndhêdhêt.
gelar
ut. gelaran: sêsêbutan, paraban; digêlar(i): diwènèhi sêsêbutan, diparabi.
gelas
I gêlas, gêlasan. II sangu, tandhon pangan.
gelasar
kêpletre, kêplèsèd.
gelatak
crèwèt, criwis, sugih omong.
gelatuk
menggelatuk: nrèthèk, ndhrodhog kadhêmên lsp.
gelebak, gelebap
swara bog, tlêbug, tlêpok.
gelebar
I bubar pating blesar. II menggelebar: klèbèt-klèbèt nglèmbrèh tmr. gêndera lsp.
geleber
menggeleber: gèmblèh-gèmblèh,

--- 58 ---

ndoblèh tmr. lambe.
gelebuk
swara gêdêbug, tlêbug.
geleca
bngs. kasur tipis.
geledah
digeledah: digledhah.
geledang
menggeledang: ngêcêcêng kaku tmr. tangan.
geledek
blêdhèg.
geleding
menggeleding: ngulêt tmr. kayu.
geleduh, geledur
mblotrong nglèmbêrèh tmr. wêtêng.
gelegah
bngs. gong ut. bèri.
gelegak
menggelegak: mumpal-mumpal tmr. wedang umob lsp.
gelegar
I glogor (balok sanggan jrambah, krêtêg lsp). II orêg bangêt; kc. gegar.
gelegata
pating pruntus ut. njêruk purut tmr. kulit kadhêmên.
gelegut
menggelegut: nrèthèk, ndhrodhog.
gelekak
nglothok, thèthèl (mari krakêt).
geleman
(geli geleman) mêngkirig marga gila, gigu lsp.
gelek
menggelek: ngglindhing, ngglundhung; digelek: 1 digilês, ditlindhês; 2 dipusus tmr. tangan.
gelemat
payon ing ngarêp lan ing buri tmr. prau.
gelembung
plêmbungan, impês; menggelembung: mlêmbung, mlêmpung, mbêdhodhog.
gelembung-gelembing
pating plêmbung (plêmpung).
gelembur
menggelembur: njêkêthut tmr. kulit lsp.
gelempang
bergelempang, menggelempang: nggloso.
gelenang
kênong.
gelendong
1 ikalan, likasan; 2 gilingan kanggo nggilês.
geleng
(ut. bergeleng): gèdhèg, gela-gelo.
gelenyar
menggelenyar: pating krabang (up. sikil ngambah wêdhi panas).
gelepar
menggelepar: klabakan, klêpêkan, kroncalan kêkêbêt; menggeleparkan sayap: ngêbêt-ngêbêtake swiwi (kêkablak).
gelepek
ut. tergelepek: nglèmbrèh ngêndhêlong tmr. layar.
gelepung
mak jêgur (blung).
gelepur
mak blêbêr.
geleta
bngs. jun.
geletar
menggeletar: ndhrodhog, wèl-wèlan.
geletek, geletik
tab-taban, dhêg-dhêgan; digeletek, digelitik: diithik-ithik: menggeletek-geletek: krugat-krugêt; mênculat-mênculat.
geletik
I menggeletik: 1 klêpêkan tmr. iwak; 2 krèbèt-krèbèt tmr. gêndera. II klèbèt-klèbèt.
geletis
menggeletis: jêngkêrutan, kogèl-kogèl.
geletuk
menggeletuk: nrèthèk, nruthuk, nywara thèk-thèk.
geli
1 gigu, jijik; 2 kêri, gêli kumudu ngguyu; digeli: diithik-ithik; penggeli hati: kang marahi grêgêtên (ngguyu); kegelian: gigunên.
geli-geli
ginjêl.
geli-geleman, geli-geman
mêngkirig marga gigu, jiji lsp.
geliang
menggeliang: kogèl-kogèl ngruwêl (up. ula digêbug).
geliang-geliut
kogèl-kogèl, kruwal-kruwêl (ula lsp).
geliat
menggeliat: muntir, ngulêt; digeliat: diuntir, dipuntir; tergeliat; kêpuntir, kêsliyo, kêcêthit.
gelicik
tergelicik: kêpletre, kêplèsèd.
geliga
kc. guliga.
geligin
1 kayu gilig gapit suri panênunan; 2 kayu gilig dianggo mbêndhèng kêlir.
geligit
digeligit: dikrokoti, dicakoti, digêgêt-gêgêt.
gelimang
gubras, kuthah.
gelimbir
koplo-koplo, klungsur tmr. pipi.
gelimpang
nggloso; kc. gelempang.
gelincat
tergelincat: kontal, kentas.
gelincir
1 mlèsèd, mletre; 2 lingsir tmr. srêngenge; tergelincir: kêplèsèd, kêpletre.
gelincuh
tergelincuh: kêtêkuk, kêsliyo.
gelintar
lunga mrana-mrana.
gelintir
glintir.
gelinggam
gluga (dianggo cèt abang).
gelinggang
wit kêtèpèng.
gelingsir
1 mlorod, mlèsèd; 2 gumingsir, lingsir tmr. srêngenge; kc. gingsir.
gelipar
mlèsèd tmr. gêgaman kang ditamakake.

--- 59 ---

gelisah
menggelisah, bergelisah: 1 klesedan, klisikan; 2 ora jênjêm, tansah mêlang-mêlang.
gelisik
petan; digelisik: dipetani, didhidhis.
gelitik
tab-taban, dhêg-dhêgan; digelitik: diithik-ithik.
gelodar
bergelodar: kroncalan nêdya uwal.
gelogok
grusa-grusu; bêgigah-bêgigih; sarwa kêsusu.
gelohok
tergelohok: ngoblak-oblak (mênga amba).
gelojoh
kêthaa, drêmba, srakah.
gelokak
nglokop tmr. klika lsp.
gelombang
alun gêdhe.
geloneng
bonang.
gelongsong
1 kuliting wiji; 2 klobot, clumpring; kyt. kêlongsong.
gelongsor
mlorod (wit rubuh lsp); kc. gêlosor.
gelopak
nglèthèk, nglothok.
gelora
1 alun gêdhe, mawalikan tmr. sagara (marga lindhu sagara, prahara lsp); 2 ent. orêging ati, orêging ngaurip; bergelora: mawa ombak, mawalikan tmr. sagara uga ent. tmr. ati ut. pangrasa.
gelorat
kêbutuh, dêrêng dening prêlu; kc. darurat.
gelosok
digelosok: dikosoki (digosok) sêru.
gelosor
mlorod, longsor.
gelotak
digelotak: dioncèki cangkoke tmr. kêmiri lsp.
gelugur
1 ar. pêlêm alasan; 2 ar. ukir-ukiran.
gelugut
menggelugut: ndhrodhog, wèl-wèlan.
geluh
lêmpung.
geluk
bngs. bathok pangombèn; siwur; timba bêruk.
gelulur
1 mlotrok tmr. kathok lsp; 2 têrus bisa mlêbu ing bolongan.
gelumang
gubras, gluput, gupak rêrêgêd; bergelumang: gulungan ing êndhut lsp.
gelumat
payon ing prau; kc. gelemat.
gelumur
menggelumur: rêgêd, cêmêt;[3] kc. lumur.
gelung
lêkêran ut. têkukan pênjalin kang diêdol; lêkêran ula lsp; digelung: dilêkêri tmr. pênjalin.
gelup
(ut. menggelup) coplok tmr. untu.
gelupas
digelupas: dioncèki, diklocopi; kc. kupas.
gelut
menggelut: ngrungkêt nyikêp.
gema
kumandhang; bergema: ngumandhang.
gemal
untingan, gèdhèngan pari lsp; bergemal-gemal: gêgedhengan, tmr. pari lsp.
gemala
kc. kemala.
geman
mêngkirig gigu bangêt.
gemang
I ar. iwak loh. II gêdhe mbêmbêng tmr. cagak lsp.
gemandasuli
putih rèntèt tmr. untu.
gemaung
gumrênggêng.
gemap
tergemap: njêngêr.
gemar
sênêng, dhêmên, karêm; bergemar: sênêng-sênêng; digemari: disênêngi, dikarêmi; kegemaran: kasênêngan, pakarêman.
gembak
jambul, kuncung, gombak; kc. gombak.
gembala
1 pangon; 2 wong kang ngopèni kewan, wong kang nglakokake grobag lsp; digembalakan: 1 diêngon; 2 dipiyara tmr. kewan; 3 dilakokake tmr. grobag lsp.
gembes
dompèt.
gembeleng
digembeleng: digêmblèng; kc. tempa.
gembira
mantêp, mêmpêng, gêdhe atine, mongkog; digembirakan: digêdhèkake atine.
gembol
1 gembol (pokoling wit); 2 pênjotoning pipi.
gembung
kêmbung, mlêmbung, mbêdhudhug; bantal gembung: gêmbuk; bergembung dada: mongkog bangêt.
gembur
1 mbludhuk, mawug tmr. lêmah; 2 êmpuk, gêmbur-gêmbur; digembur: diadhuk tmr. lêmah.
gembut
sêndut-sêndut tmr. êmbun-êmbunan lsp.
gemeletak, gemeletuk
nywara thèk-thèk (untu nrèthèk), pating rêkètèk.
gementam
gumlêgêr, gumludhug, gumêbrug.
gementar
ndhrêdhêg, gêtêr, orêg.

--- 60 ---

gemercak
pating gropyak (grêpyêk, krubyuk).
gemercik
pating krêtêk, pating krêsêk.
gemerencang, gemerencing, gemerencung
kumrincing, kumrumpyung, kêmêncrang.
gemerencik
krisik-krisik, kricik-kricik.
gemerlap
gilap, mêncèrèt, kêlap-kêlap.
gemerutuk
jumêgur.
gemersik
krêsêk-krêsêk, kumrisik.
gemertak
pating glodhag.
gemertap
kumrosak (tibaning banyu udan lsp).
gemertup
pating glêgêr, pating jlêgur.
gemetar
ndhrodhog, gêmêtêr, orêg.
gemi
ar. iwak loh.
gemilang
sumorot padhang.
gemilap
gilap.
gempa
1 orêg, gonjing; 2 (-bumi) lindhu.
gempal
wêwêg pidêksa tmr. pawakan.
gempar
swara rame, orêg, gègèr.
gempita
gumuruh, umyung.
gempur
digempur: digêmpur, dirêmuk.
gemuk
lêmu; tanah gemuk: lêmi, rabuk.
gemulai
obah pating pantiyung (pucuking pang lsp).
gemuruh
gumuruh.
gemuti
duk.
genang
digenang(i): diilèkake tmr. banyu, diêlêbi.
genap
ganêp, gênêp, pêpak; segenap: sakabèhe, kabèh.
gencat
kandhêg; kc. bêncat.
gencel
gêndhêlan ut. tukêlaning lawe lsp.
gencet
digencet: diplindêr, digêthing.
gencir
mlèsèd, mletre; kc. gelintir.
gendeng
miring, mènglèng.
gendak
kc. kendak.
gendala
alangan, pakewuh; digendalakan: dipakewuhi, diribêdi, diwurungake.
gendang
kêndhang, bêdhug.
gendang-gendis
ar. têtuwuhan rambat.
gendewa
gêndewa; kc. busur.
genderang
têtêg, dhodhog, bêdhug, tambur.
gendir
gêndèr.
gendit
kêndhit.
gendut
mblêndhuk, njêmbluk.
geneng
1 ugungan; 2 mulya, luhur.
genggang
ar. lurik dham-dhaman.
genggayang
ar. wit (kayu).
genggam
gêgêm, kêpêlan tangan; digenggam: 1 digêgêm, dikêpêl; 2 ent. dikuwasani; dalam genggaman: dikuwasani.
genggong
rindingan, plokplik.
genih, genis
gadhing gajah wadon.
genit
kênès, kèwèk, kêmayu.
geniteri
jênitri.
genjang
genjot, mèncèng, mleyok, ora pêsagi bênêr.
genyet
mèncèng panyambunge tmr. sêmbagi, kayu lsp.
genta
gêntha.
gentala
bngs. kreta jaman kuna.
gentar
gêtêr, kêdhêr, gêmêtêr, orêg.
gentas
purês, curês, êntèk tmr. wowohan kang lagi ungsum; digentas: dipurês, dicurês.
gentat
pênthong.
gentel
glintiran; digentel: diglintiri.
genteng, genting
gêndhèng; pegentingan: papan gawe gêndhèng.
genting, genting
mênggik; genting tanah: saèm. jasirah; kegentingan: prakara kang mutawatiri bangêt.
gepeng
gèpèng; kc. kepeng; keping.
gepuk
lêmu wêwêg tmr. bocah cilik.
gera
menggera: mêmêdèni, nggêgiro.
gerabak, gerabang
bêngkah dawa lan amba tmr. pagêr bata lsp.
geradi
pancak suji.
geragai
bngs. ganthol dianggo golèk baya.
geragas
menggeragas: natasake rambut bundhêt nganggo jungkat ut. driji.
geragau
I kroncalan, klêpêkan. II rêbon (urang cilik).
geraham
bam; geraham bungsu: bam wêkas.
gerai
I ambèn kayu (palinggihan pangantèn). II menggerai: godhonge padha ana ing lêmah (tmr. bawang lsp); menggeraikan rambut: ngore rambut.
gerak
1 obah; 2 (-kelakuan) pratingkah, solah bawa; 3 (-ati) grunêking ati; bergerak: 1 obah, mobah; 2 ent. tumandang gawe kumpulan lsp; digerakkan: diobahake, diobah-obahake, ent. diajokake, diangsahake; pergerakan: obah-obahan [obah-...]

--- 61 ---

[...obahan] bab pakumpulan lsp.
gerak-geri (-geruk)
solah tingkah, mobah mosik.
gerak surut
wiwit angok tmr. sagara.
geram
muring-muring, nêpsu; menggeram: muring, gêmrumung.
gerami
gramèh.
gerantang
menggerantang: ngêgèt-êgèti, mêmêdèni.
gerang
bubukan arèng bathok lsp. dianggo sisig.
gerangan
apa baya, ayake.
gerangau
menggerangau: kukur-kukur, ngosog-osog.
gerangga
ngangrang.
gerapai
menggerapai: grayah-grayah, nggrayangi.
gerapak
menggerapak: nggrêtak, ngêgèt-êgèti.
gerat
swara gêrèt, gêrit, gêrot; menggerat: nywara kêrod-kêrod.
gerayang
menggerayang: ngêsog-êsog ut. nyunggar rambut.
gerbak
sumêbar ambune.
gerbang
I reyab-reyab, ngore rambut; digerbangkan: diore tmr. rambut; diuculi tmr. banda lsp. II pintu gerbang: gapura, regol.
gerdak, gerduk
swara dhag-dhug.
gerdam, gerdum
swara grubyug, gabrug, brêg.
gerdum-gerdam
pating grubyug (gabrus, brêg).
gerek
digerek: diurêki, diuncêgi, dibolong; penggerek: uncêg, bur.
gereja
greja.
gerendeng
menggerendeng: èrèk arêp tarung ut. kêrêngan.
gerenek
ngêlik gêtêr tmr. swara.
gerenjet
kêdut, sêndut-sêndut tmr. urat lsp.
gerenjot
merat-merot.
geresek
menggeresek: kumrisik.
gerentam
swara jumêglèg.
gerenjau
criwis tmr. bocah wadon.
gergaji
graji; digergaji: digraji.
gergasi
saèm. buta.
gergau
digergau: dicêngkêrêm.
gerham
bam.
gerhana
grahana; kena gerhana: nandhang susah.
geri
rada obah; menggeri: mingsêd, ngangkat pundhak, ngobahake peranganing awak.
geriak
untêk-untêkan, gêmrayah.
geriang-geresah
kangên bangêt, kuwangkungên.
gericau
ut. menggericau: 1 nywara wêg-wêgan tmr. bèbèk; 2 wak-wakan, criwis.
gerigi
cringih-cringih, unton-unton.
gerigis
gêrêt-gêrêt (kaya kikir lsp), cringih-cringih (kaya untu graji), padha gowang ut. gripis tmr. landhêping lading lsp; menggerigis: nggrathil tmr. kalam, pèn lsp.
gerim
ar. bakal.
gerimis
grimis.
gerinda
(batu-) grenda; digerenda: digrenda.
gerinding
rindingan.
gerinjam
apa-apa kang dianggo ngurêki (ngrêsiki) bolongan up. curêk kuping lsp; digerinjam: dikurêki, dikoroki.
gerintil
pating grandhul (kranthil).
gering
gêrah (lara); penggering: 1 wong lêlaranên; 2 tuju layaran ut. sarana kang dianggo manggawe ut. mêdèni.
gering hulu
gêrah puyêng.
geringsing, gerising
nyungir marga mambu ut. ngrasakake ora enak.
geris
swara krês, grês.
gerit, gerip
ar. têtuwuhan rambat.
gerit-gerit
ar. iwak loh.
gerlap
(ut. menggerlap) gilap, mêlêng-mêlêng, mêncèrèt.
germang
njêgrag (tmr. rambut, wulu).
germut
ut. menggermut: untêk-untêkan, gêmrayah.
gerobak
grobag.
gerobok
plêndus-plêndus tmr. wedang umob lsp.
gerodak
swara glodhagan, glothakan.
geronggang
gronggongan, nggronggong, growong(an).
geronyot
krêdut-krêdut, sêndut-sêndut.
geropes
kc. gerumit, gerupis.
gerosok
swara krosak.
gersak, gersik
swara krêsêk, krisik, krosak.
gertak
swara gumêbrag; digertak: 1 digêbrag, [digê...]

--- 62 ---

[...brag,] digêdrug-gêdrug; 2 diatag, dipêrdi, digugah atine.
gertang, kertang
ar. iwak sagara.
gertap
gumêbyar, gêbyar-gêbyar.
gertik
swara krêpêk, kêtêk.
geruda
garudha.
gerudi, gerodi
jara, bur; kc. gurdi.
gerugut
gêrêt-gêrêt tmr. sungu.
geruh
I aral, beka rêncana. II menggeruh: nywara sênggrok-sênggrok.
geruh-gerah
sakèhing aral (beka rêncana).
geruit
1 krugêt-krugêt (up. cacing); 2 (cacing geruit) krêmi; kc. keruit.
geruk
swara grêg, srêg.
geruk-gerak
pating jlêgrêg (glerot, krêsêk).
gerumit
tansah tumandang ing gawe (up. sêmut, rayap lsp), tansah ênak-ênik nggêgarap.
gerun
êring, rada krasa wêdi.
geruncang
gondjing, orêg.
gerundang
cebong.
gerunggung
wit grunggung.
gerup
wliraning panênunan.
gerupis
tansah tumandang ing gawe, ênak-ênik; kc. gerumit.
gerus
digerus: digêrus (diêlus lan digilapake nganggo kuwuk lsp).
gerut
swara kêrud-kêrud, gêrot, gêrêt.
gerutu
kasar ut. kasab tmr. kulit; menggerutu: 1 mbradhil, kasab; 2 srogal-srogol, ngoso-oso, bêgita-bêgitu.
gerutup
pating jrêthot (drêl, bêdhil lsp).
gesa
(ter-) gesa-gesa: gita-gita, kêsusu; digesa (-gesa): dienggalake, digêlak.
gesek
digesek: 1 digèsrèk; 2 digosok, dikosok ut. disênggrêng tmr. rêbab lsp.
gesel, geser
digesel, digeser: 1 digosok-(ake); 2 dikosodake, digèsrèkake, disaruk.
gesper
timang.
gesit
kêsit, giras.
geta
1 (-kerajaan) kanthil palênggahan (dhampar); 2 (-peraduan) kanthil pasareyan; 3 (-pemajangan) kanthil paturon pangantèn.
getah
tlutuh, pulut; getah perca (karet): tlutuh karèt; bergetah: 1 ana (mêtu) pulute ut. tlutuhe; 2 plikêt (rasaning awak); menggetah: 1 mulut manuk; 2 golèk pulut (tlutuh).
getak
puyuh (ar. wit).
getang
dluwang (kêndhangan) tutup gêndul, bumbung lsp; digetang: ditutupi dluwang (kêndhangan) tmr. gêndul.
getar
gêtêr, kêdhêr, ndhrêdhêg.
getas
gêtas.
geti-geti
gêti.
getil
digetil: dijêpit (dicêkêli) nganggo driji.
getir
gêtir; kc. pedar.
getis
gêtas.
getu
digetu: dipênêt (dipidih, dinyunyuk) nganggo lêlandhêp, kuku lsp.
getol
srêgêp, tlatèn.
gewang
kima mutyara.
gi
lênga gajih sapi (kanggo nyampuri pangan tmr. wong Keling).
gial
ndablêg, rêmbèn.
giam
ar. wit.
gian
êntèk diênggo (tmr. dhuwit lsp).
giat
mêmpêng; kegiatan: kamêmpêngan.
gibas
kambing gibas: wêdhus gèmbèl; kc. kibas.
gigi
1 untu; 2 unton-unton; 3 têpi ut. pinggir tmr. alas, sêgara lsp.
gigi-air
cakrawala ing sêgara; menggigiair: katon ana ing cakrawala ing sêgara tmr. prau, pulo lsp.
gigi-asu
siyung.
gigil
menggigil: ndhrodhog.
gigi-seri
untu pangiris.
gigit
digigit: dicokot.
gila
edan; gila bahasa: rada edan; gila berahi (berangta): kasmaran, kedanan.
gila babi
bngs. lara ayan.
gilang-gemilang
gumêbyar, sumorot, pating glêbyar.
gilap
gilap; digilap: digêbêg, digilapake.
gilas
digilas: digilês, ditlindhês.
gilau
bergilau-gilau: sumorot; kc. kilau.
gili-gili
galêngan; tanggul.
giling
batu giling: pipisan; digiling: 1 digiling, dilêmbutake sarana diulêg lsp; 2 digulung tmr. layar lsp; (peng-) gilingan: panggilingan bêras lsp.
gilir
gilir, ganti.
ginang-ginang
rêngginang.
gincu
gincu, bèngès.
ginjal
ginjêl.

--- 63 ---

ginsi
krabat, sanak sadulur.
girang (-hati)
bungah bangêt, sênêng bangêt.
girap
bantêr ênggone mêlahi.
giras
(kain-) bngs. lawon kasar.
girik-girik
dhuplak kinang; kc. gobek.
giring
digiring: digiring.
giring-angin
bngs. sriti.
giring-giring
klinthing.
giring-landak
orok-orok.
gisar
digisar: digosokake, ditatabake; kc. kisar.
giuk
1 sabuk, udhêt; 2 tampar kanggo ngêndhokake (nggulung, mbèbèr) layar.
giur
menggiurkan hati: nrênyuhake ut. mênarik ati.
gobak
èmplèng-èmplèngan pathi sagu.
gobang
1 ar. prau cilik; 2 tataraning wit krambil lsp; kc. gubang.
gobar
pêtêng tmr. mêndhung; 2 ent. sêdhih, pêtêng atine.
gobek
dhuplak ut. cocoh kanggo nocoh kinang.
gocoh
bergocoh: jotosan; digocoh: dijotos, disongkol.
goda
godha; digoda: digodha.
godak
nasi godak: bngs. sêga mêgana; digodak: dicarub, diulêd dadi siji.
godam
gêmbêl, palu gêdhe, gada.
gogoh
ndhrodhog wèl-wèlan.
gogok
kalung; menggogok: nglangga (ngombe nggogok).
golang-golek
gêgulungan, jêmpalikan.
golek
digolekkan: digolingake, diingêr.
golok
golok.
golongan
golongan.
gombak
gombak, jambul, kuncung.
gombang
bngs. klêmuk dianggo wadhah banyu ut. takêran.
gombeng
digombeng: dijêmbèng, diambakake tmr. bolongan.
gomel
menggomel: nggarap saka sathithik.
gondang
I keyong gondhang, uga ar. iwak. II wit gondhang.
gondok
gondhok.
gondol
digondol: digondhol.
gondong
gondhong.
gonjang
congatan ing payoning omah.
gonggong
I digonggong: digondhol. II menggonggong: mbaung, njugug.
gonyeh
(ut. menggonyeh) goal-gaul pamamahe.
gonyel
menggonyel: mênêt, mlêthêt, midih lirih.
gopoh (-gopoh)
gupuh, kêsusu.
gopoh-gapah
gupuh-gupuh, gita kêsusu.
gorab
ar. prau.
gorek
I kc. korèh. II ar. têtuwuhan rambat.
goreng
gorengan; digoreng: digorèng.
gores
corèk, garit, tatu tilas digraut, garis; digores: dicorèk, digaris, digraut, digaris (ent. ditakdirake); menggores-gores: nggraut-nggraut, thakur-thakur.
gores api
rèk.
gorok
menggorok: njara, ngêbur, nguncêgi.
gorong
wurung; digorongkan: diwurungake.
gosok
digosok: digosok, dikosèk, digêbêg lsp.
gotes
menggotes: mêthil kêmbang lsp; kc. kotes.
gotok
digotok: dikothok tmr. candu.
gotong-royong
gotong-royong.
goyah
oklak-aklik, oyag-ayig, sênggoyoran.
goyang
(ut. bergoyang) goyang, gonjing, obah miyut-miyut; digoyang-(kan): digoyangake, diobahake, diêyun.
gu
1 pêpanthaning wong nyambut gawe; 2 ilon, incon tmr. dolanan; 3 pasang, rakit tmr. kewan.
gua
guwa.
gual
gêblêg; digual: digêblêg.
gual-gail
oklak-aklik up. untu.
guam
lara gomên.
gubah(-an)
rêroncèn kêmbang, gubahan, karangan; digubah: digubah, dironce, dikarang.
gubal
1 gubal (antarane klika karo kayu); 2 isih prejengan, isih cêngkorongan; digubai: 1 dicêcêki kulite (êrine lsp); 2 diprèjèngi, dibakali.
gubang
tataran ing wit krambil lsp.
gubernemen
gupêrmèn.
gubernur
gupêrnur.
guci
goci.
gudang
gudhang.
gudi
dhog (kanggo ndandani prau).

--- 64 ---

gugat
digugat: digugat; kc. adu.
guguk
gumuk, punthuk.
gugup
1 rame bangêt; 2 gugup, bingung, kêsusu bangêt.
gugur
1 gogrog, tiba; 2 kluron; digugurkan: digogrogake, diruntuhake; keguguran: kluron.
gugus(an)
1 untingan, bêngkêkan; 2 wulèn, dhompolan; 3 gêgrombolaning pulo-pulo.
guha
guwa.
guit
mengguit (-guit): kroncalan, obah-obah sikile.
gula
gula; gula batu: gula batu; gula bunga: kêkêmbangan ing roti lsp; gula hitam (-jawa): gula jawa; gula-gula, gula mutia: kêmbang gula; gula pasir: gula pasir.
gulai
gule, jangan; digulai: digule, dikêla, dijangan.
gulana
sêdhih, prihatin.
gulang-gulang
gubug ing sawah.
gulat
bergulat: gêlut, gulêt, rukêt.
guliga
uci-ucining kewan (landhak lsp) dianggo panawar wisa.
guling
berguling, mengguling: ngglindhing, gumlundhung, diguling(kan): diglundhungake, diglindhingake, digulungake, terguling-guling: gêgulungan, gulung koming, kêglundhung-glundhung.
gulita
(gelap-) pêtêng ndhêdhêt.
gulung
gulung(an); bergulung-gulung: gêgulungan; digulung: 1 digulung; 2 dikêrasi, dikêrêngi, diêlud tmr. mungsuh.
gulut
bergulut: 1 (ut. bergulut-gulut, menggulut) rêrikatan, sarwa kêsusu tmr. tumandang ing gawe; 2 balapan bantêr-bantêran.
gum
swara gumlêgêr.
gumal
pating jêkêthut, uwêl-uwêlan tmr. dluwang lsp; digumalkan: diuwêl-uwêl, diringkêl-ringkêl, ditêkuk-têkuk pating jêkêthut; kc. kumal.
gumam
digumam: diêmut.
gumba
andhêman (dhadha) tmr. kewan.
gumbang
bngs. klêmuk dianggo wadhah banyu ut. dianggo takêran.
gumbar
atining wit arèn (sagu, glugu lsp).
gumbuk
digumbuk: diglêmbuk.
gumul
bergumul: gêlut, ulêng.
gumpal
prongkalan (lêmah, lêmpung lsp).
guna
1 watak, kaanan, kautaman; 2 kaluwihan, kasêktèn; 3 (ut. guna-guna) guna, guna dhêsthi up. guna pêngasih; 4 piguna, paedah; kena guna: kêna ing guna; membalas guna: malês kabêcikan; berguna: migunani, maedahi; dipergunakan: dianggo, ditanjakake; seguna sekaya: gana gini tmr. andum warisan.
gunawan
1 maedahi bangêt; 2 sugih kapintêran (kautaman).
guncang
berguncang: oyag, orêg; berguncang lutut: èdhèg; diguncang: dioyog (-oyog), diobah-obahake.
gundah
jibêg, judhêg, putêk atine.
gundal(an)
têngêran (up. bundhêlan, geretan lsp) dianggo peling nalikane ngetung.
gundik
sêlir.
gundu
kênèkêr (kêmiri lsp) kang dianggo gacuk.
gunduk
gumuk, gêgrombolaning gunung lsp; kc. tumpuk.
gundul
gundhul (tanpa ikêt, tanpa tudhung, tanpa têtuwuhan tmr. gunung).
gunjai
rentengan mutyara, mêrjan, êmas lsp.
guni
goni.
gunung
gunung.
guntak
koplak tmr. wiji lsp.
gunting
1 gunting; 2 bêdhahan (potongan klambi lsp).
guntur
papak ingarêp, pugag tmr. tiyang lsp.
guntur
gludhug.
gung
gong.
gup
swara dhog, thok.
gurah
digurah: digurahi, digojagi, dikêmoni.
gurami
gramèh.
gurau
gojèg, gêguyon; bergurau: ngguyu, gêguyon; diguraukan: dianggo sêmbranan.
gurda
garudha.
gurdan
ringgit gurdan: dhuwit êmas Amerika (ana gambare garudha).
gurdi
jara, uncêg, bur.
guri
bngs. êmpluk, uga dianggo takêran.
gurih
gurih.

--- 65 ---

gurindam
kidungan pitutur.
gurita
1 bngs. grita; 2 iwak nus (iwak mangsi).
guru
guru; berguru: maguru, sinau; perguruan: paguron.
guruh
1 (ut. berguruh) gumludhug; 2 gludhug.
gurun
alas, sêgara wêdhi, ara-ara samun; penggurun: mêmêdi sawah.
gurung
gurung; kc. kerongkong.
gus
sah, lunas; sekali gus: sapisan lunas (babar pisan, ora mindho gawèni).
gusar
nêpsu, muring; digusari: disrêngêni, diuring-uring.
gusur
tergusur: kêplotrok, kêplorod.
gusi
gusi.
gusti
bergusti: gêlut.
guyur
diguyur: disiram banyu.

 


lumêbu. (kembali)
ut. (kembali)
cêmêr. (kembali)