Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian R–S)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian A–B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian C–G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian H–K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian KH–P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian R–S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Indonesia-Jawi, Purwadarminta, c. 1939, #1979 (Bagian SY–Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

R

raba
diraba: digrayangi, dimêk-mêki: meraba-raba: grayah-grayah, mêk-mêkan.
rabak
suwèk, bêdhah: dirabak: disuwèk, dibêdah.
raban
meraban: ndlêming, clêmongan.
rabbi
bêndara (panyêbut marang Allah).
rabbu'l'alamin
bêndaraning jagat (Allah).
rabi'ul-akhir
Rabingulakir.
rabi'ul-awal
Rabingulawal.
rabit
sêmbir, sêmbrèt, suwèk, dawir.
rabu
(hari-) dina Rêbo.
rabuk
I kawul, II rabuk.
rabun
1 ukub (kêbul dianggo sarat supaya mari, atos lsp); 2 (ut. merabun) bawur. blabur marga kêna pêga lsp; dirabuni: diukub, dikêbuli.
rabung
wêlit ing wuwungan; perabungan: wuwungan.
rabut
uwal (ucul) saka ing jala, pancing lsp; merabut: polah kroncalan supaya uwal; njambak, njabut.
racau
meracau: ndlêming marga lara panas lsp.
racik
I diracik; digêbingi, diirisi tipis. II bngs. kala pracik; meracik: ngala nganggo pracik.
racun
racun.
radai
I talang tritisan; meradai: ngêmis.

--- 142 ---

II kèpèt iwak; kc. sirip.
radak
beradak: ngamuk nyuduki; diradak: 1 dijojoh ing tumbak lsp; 2 dirêmuk.
radang
1 krasa panas marga nêpsu lsp; 2 lara abuh ing pêru lsp; meradang: kêmropok, muring bangêt.
radia'llahu'anhu
muga dhèwèke ndadèkake kêparênging Allah (kanggo yèn nyêbut asmane para kalipah).
radif
purwakanthi.
radin
radèn.
rafik
mitra.
raga
I 1 bngs. kranjang (krênêng) kasar; 2 (buah-) saèm. bal kang digawe nam-naman pênjalin; sepak raga: bal-balan; bantal seraga: bantal gêdhe kanggo rêrênggan. II raga.
ragam
cengkoking lagu, pratingkah, saradan, lêlai, corak; seragam bau, wêwangi campur bawur.
ragang
meragang: mènèk mrambat.
ragas
diragas: dijambak, disêbrot, ditêkêm banjur ditarik.
ragi
1 ragi; 2 campuran ut. wuwuhan supaya mundhak bêcik; 3 warna kanggo coraking tênunan.
ragu
1 (-hati) kuwur atine; 2 (ut. ragu-ragu) mamang, gojag-gajêg.
ragum
tanggêm (dianggo njêpit wêsi kang dikikir lsp).
ragung
teragung (-ragung): kêtatab (-tatab).
ragut
diragut: dijambak, disêbrot.
rahang
gronggonganing cangkêm ut. gurung; tulang rahang: wang.
rahap
(ut. kain rahap, perahap) lurub mayit; merahap: niyub suwiwine njêpapang; dirahap(i): dilurubi.
rahasia, rahsia
wadi; dirahasiakan: digawe wadi.
rahat
jantra pangantihan lsp.
rahib
wong tapa.
rahim
I wêlas(an), sih kawêlasan. II guwagarba.
rahman
wêlas(an), sih kawêlasan.
rahmat(ullah)
sih kawêlasaning Allah.
rahmani
kang ambêk wêlas.
rahsia
wadi.
rahu
rahu (buta ut. naga kang mangan rêmbulan lan srêngenge).
rai'at, ra'yat, rakyat
1 rakyat, kawula; 2 kawula, karerehan.
raib
ilang, gaib.
raih
diraih: 1 dicènèng dicêdhakake lsp; 2 dikulak, diborong; tolak raih, menolak meraih: candhak kulak (adol lan kulak tanpa nganggo lantaran); peraih: têngkulak, bakul kang kulak.
rais
dirais: disaponi (dikêluti) rêrêgêde diklumpukake.
raja
raja, ratu; meraja: 1 jumênêng ratu; 2 kumratu-ratu; dirajai: diratoni; dirajakan: dijumênêngake raja.
rajab
Rêjêb.
raja-badar
bngs. mori putih.
raja-busana
panganggo kêprabon (ing prang lsp).
raja-diraja
bandhosa tmr. ratu.
rajah
I rajah. II merajah: jojoh-jojoh nggagapi banyu lsp.
rajalela
merajalela: ambêk sawênang-wênang.
rajam
dirajam: dibandhêmi watu.
raja-mudha
wêwakiling ratu.
raja-penomah
paningsêt.
raja-sari (sehari)
pangantèn lanang.
raja-singa
raja singa.
rajawali
bngs. manuk wulung.
rajim
dibandhêmi watu.
rajin
tabêri, srêgêp; dirajinkan: ditabêrèni.
rajuk
merajuk: grundêlan, grênêngan; dirajuki: digrundêli, digrênêngi.
rajut
1 rajut; 2 susuh manyar; dirajut: dirajut, disongkèt.
rak
swara gêrot, rêkètèk.
raka
mêprêl (gampang pêcahe ut. rêmuke).
raka'at
rêkangat.
rakam
bludiran, songketan; merakam: nyongkèt, mbludir.
rakan
1 pasar, papan paklumpukaning barang dagangan; 2 bakul; 3 (ut. rakanan) kanca, kanca bathon dagang lsp; kc. rekan.
rakap
merakap; mbrangkang; kc. rangkak.
rakat
woh saga.
rakit
gèthèk (pring digandhèng-gandhèng); berakit: gandhèng tumèmplèk; dirakit:

--- 143 ---

digandhèng-gandhèng kaya gèthèk, disabrangake nganggo gèthèk.
rakyat
rakyat.
rakus
cluthak, nggragas.
rakut
merakut: 1 gawe klamat (tmr. kêmangga); 2 ent. ngapusi.
raksa
ra'sa, air raksa: banyu rasa.
raksamala
wit rasamala.
raksasa
buta, rasêksa.
raksi
ambon-ambon wangi; diraksi: didokoki wêwangi; seraksi: jodho, cocog.
ralat
kliru, salah; kc. galat.
ralip
I mbliyut, mbêyuyut; peralip: ngantukan, nglêntuk. II kamanuhan, kalumrahan; kc. galib.
ram
I swara grubug-grubug; kc. deram. II dirami: diêngrêmi; kc. eram.
rama-rama
kupu gajah.
ramadan
sasi Ramêlan.
ramah
grapyak, sumanak; beramah-ramahan: sêsrawungan ut. omong-omongan kanthi supêkêt; diramahi: ditanduki kalawan sumanak; peramah: supêkêt, sumanak.
ramah-tamah
supêkêt, sumanak bangêt.
ramai
rame, rêja, akèh wong lsp; beramai-ramai: bêbarêngan wong akèh, rame-rame.
ramal
kawruh pêthèk sarana ndêlêng sasmita ing wêdhi lsp; membuka (membilang) ramal: mbincili; diramalkan: diwêca, dipêthèk; ramalan: pêthèk, wêwêcan.
ramalan, ramelan
sasi Ramêlan.
ramas
diramas: 1 diulèni, diulêd tmr. jladrèn lsp; 2 dipijêti.
rambah
I têlês, jêblog tmr. lêmah. II dirambah: dipaprasi, dikêthoki pucuke.
rambai
I buah rambai: kêpundhung. II bulu rambai: wulu sruwun ing buntut jago lsp.
rambaian
jriwut-jriwut mawa wulu tmr. rai lsp.
rambak
(ut. merambak): ngrêmbaka, njênggar mrana-mrana, mundhak-mundhak tmr. kasugihan lsp.
rambang
I (ut. merambang) bêgjan-bêgjan. II amba, jêmbar tmr. jala, bolongan lsp.
rambat
merambat: njênggar mrana-mrana tmr. têtuwuhan, ent. mrèntèk-mrèntèk, sumêbar mrana-mrana.
rambih
ut. berambih, merambih: lêlungan bêbarêngan wong akèh (sujarah lsp).
rambu
I anjir, pathokan ancêr-ancêr dalan, watês lsp. II ut. rambu-rambu: 1 gombyok ing tumbak, layangan lsp; 2 wulu sruwun (jriwut-jriwut ing kulit, wowohan lsp).
rambun
udan woh (udan ès).
rambunia, ramunia
ar. woh.
rambut
rambut, suri, bobat, wulu kewan lsp.
rambutan
rambutan.
rambuti
(kain-) bngs. sêngkêlat.
rami
rami.
ramin
jêjêt.
rampai (-rampai)
campuran warna-warna tmr. kêmbang, gêgodhongan lsp; bunga rampai: 1 kêmbang campur bawur; layang pêpêthikan; dirampaikan: disêbar-sêbar tmr. kêmbang lsp.
rampak
ut. berampak: njêrkakah, ngrêmbaka; kc. rambak.
rampas
dirampas: dirampas (dijarah, dirêbut kanthi pêksa, dibêskup).
rampat
dirampat: 1 disabêt nganggo tampar lsp; 2 dibabadi, dipaprasi; 3 (-papat) digêbyah uyah (diampyak, ora nganggo dibedak-bedakake).
ramping
lêncir, ora mbêmbêng.
rampok
ut. perampok: kècu, wong njarah rayah.
rampuk
dirampuk: digêpuk, dirusak.
rampung
sumpung, kc. rompong.
rampus, ramput
saru; berampus, beramput: gunêman saru, crêmêdan, ngucap kasar.
ramu
meramu: kêklumpuk bakal kanggo gawe prau, omah lsp. (kyt. golèk kayu lsp); ramuan: 1 kayu lsp. kang bakal dianggo gawe omah lsp; 2 (-obat) racikan (adon-adon) jamu.
ramus
(ut. meramus): pating jriwut mawa wulu.
rana
ut. merana: 1 tansah lêlaranên; 2 ent. ngênês, sêdhih, ngranuhi.
ranah
palêmahan lêmpar, lêmbah.

--- 144 ---

ranai
diranai: digawa disangga ing èpèk-èpèk; kc. tatang.
ranap
meranap: katon munggul (mêncungul) kyt. pulo ing sagara lsp.
rancah
dirancah: digarap srana diidak-idak ing kêbo sapi tmr. palêmahan.
rancak
1 rame, sigrak tmr. gamêlan, njogèd lsp.; 2 endah, ngrêsêpake.
rancang
1 nyongat lancip (kaya borang lsp); 2 pring ut. kayu lancip ditancêbake kanggo watêsan lsp.; dirancang: 1 dipasangi (dipêpêti) nganggo rancang; 2 diculik sarana dicublês sathithik; 3 dirancang.
rancap
I tumuli, têrusan bae lête sadhela. II 1 gilig; 2 landhêp bangêt; tukang rancap: tukang ngasah gêgaman.
rancung
lancip kaya kalam; dirancung: dipagas lancip kaya ngongoti kalam.
randa
randha; meranda: dadi randha, ora jêjodhoan.
randa-jawa
bngs. juwawut.
randah
berpindah randah: ngolah-ngalih, lunga mrana-mrana.
randai
merandai: nasak (nyabrang ngrubyuk) ing banyu, sukêtan lsp.
randau
dirandau: disubal supaya katon akèh tmr. lawuh.
randi
bngs. sutra wêton Tiongkok.
randuk
I mawa rambut krêmbyah-krêmbyah, kc. kambing randuk (wêdhus berok). II diranduk: disasak, disabrangi, dikrubyuk.
rani
I sugih; kc. gani. II rajaputri; maharani: pramèswari.
ranum
dalu (matêng-bangêt).
rang
I swara brêng, jrêng. II ut. rang-rangan: cêngkorongan, rèng-rèngan. III tanah rang: lêmah bêra. IV rang, pangkat.
rangah
angkuh, ngêdir-êdirake; merangah: sumêngah, ngêpak ing liyan.
rangai
dirangai: digolèki mrana-mrana, dilari.
rangak
bngs. tirêm.
rangau
wuru kunyit (ar. wit).
rangga
I merangga: nyongat lancip; kc. berangga, runggu-rangga. II kêsêl bangêt; diranggakan dirinya: disrêmpêng, diêtog kakuwatane.
ranggah
diranggah: diundhuhi.
ranggak
diranggak(kan): diêntas ing dharatan tmr. prau.
ranggas
I 1 ngarang, brindhil tanpa godhong; 2 pang-pang kang wis garing; meranggas: ngarang, mbrindhili, mbodhol, brondhol. II ar. pasangan iwak.
ranggul
meranggul: nyundhul, nyondhol, nyungul.
ranggung
I burung ranggung: bngs. manuk bango; kail ranggung: pancing sungu mawa walêsan loro, memainkan ranggung: nindakake prakara kang mutawatiri. II meranggung: ngongkog, mbrangkang dhadhane kambah.
rangin
bngs. tamèng.
rangka
ragangan, jrangkong.
rangka-dada
gronggongan dhadha.
rangkai
ombyokan, dhompolan; dirangkai(kan): digandhèng, disambung dadi siji tmr. têmbung lsp.
rangkak
merangkak: 1 mbrangkang; 2 ent. ora rikat lakune.
rangkap
I dirangkap: didêkêp, dicêkêl; perangkap: pasangan kewan. II rangkêp, sapasang ngloro; dirangkap: dirangkêp, ditindakake barêng.
rangket
dirangket: dirangkèt.
rangkik
bngs. tirêm.
rangking
bngs. tombong, rêmbêng.
rangkum
(se-) sarauk, sajupukan; dirangkum: dicakup nganggo tangan loro.
rangkung
merangkung: ndhodhok.
rangkup
1 gonggangan (lowahan); 2 têpung tmr. alis.
ranguk
ar. wit.
rangup
mêprêl, gampang cuwile.
rangsang
I ut. berangsang: sêngak, sumêgrak; dirangsang: disigrakake, dimêmpêngake sarana diombèni inuman kêras lsp. II dirangsang: dirangsang, dirabasa.
rangsum
rangsum, ingon.
ranjang
bngs. ambèn paturon, tempat tidur.
ranjau
borang.

--- 145 ---

ranjau-laut
bom kambang ing sêgara.
rantai
rante; rantai kangkang: blênggu sikil; baju rante: klambi kêre; orang rantai: prantean; dirantaikan: dirante.
rantam
dirantam: dikrubut, ditandangi bêbarêngan; rantaman: krubutan, bajongan tmr. têtuku lsp.
rantang
rantang (bngs. kranjang cilik dianggo wêwadhah).
rantau
lêngkonganing kali ut. sêgara; teluk rantau: 1 sunglon lan lêngkonganing sagara; 2 ent. wêwêngkon, tlatah; merantau: 1 lêlayaran turut rantau (golèk kayu lsp); 2 ent. lunga mênyang ngamanca golèk panguripan.
ranting
rèncèk; meranting: 1 padha gogrog godhonge (ngarang); 2 ent. tuwa; meranting aur: tuwa bangêt.
ranyah
diranyah: 1 dijupuki sathithik-sathithik tmr. lêlawuhan ing rampadan; 2 dianggo dhisik.
rap
swara krêpyêk, krês.
rapah
dirapah: 1 diidak-idak, diicak-icak; 2 diwatun lêt sêsasi sabakdane tandur.
rapak
berapak: bêbarêngan (turu, linggih lsp); merapak: nggladrah; dirapakkan: digêlar.
rapang
ar. iwak sagara.
rapat
1 rapêt, rêngkêd, cêdhak mèpèt; 2 rakêt tmr. pamitran; srasehan, rêrêmbugan; 3 (ut. kerapatan) pakumpulan; dirapatkan: dirapêtake, dirêngkêdake; 2 digandhèng, dicêdhakake.
rapi, rapih
sarwa bêcik.
rapih
I 1 roti kang njêro; merapih: mêprêl. II dirapih: dicakêtake, digandhèng dicêdhakake.
rapik
merapik: gunêman ngayawara.
rapin
ar. têtuwuhan.
rapu
dirapu: diopèni (dijupuk) tmr. barang kang ora mbêjaji; merapu dana: ngêmis.
rapuh
mêprêl, gêtas, bêbrêg; rapuh hati: gampang trênyuh; rapuh mulut: sênêng nggunêm (nyatur, gunêman ala lsp); nyawa rapuh: apêsan.
rapung
merapung: ngambang, kumambang; kc. apung.
rapus
dirapus: dicêncang sikile (tmr. kêbo lsp. arêp dibêlèk).
ras
I swara krêtêg. II tali ras: apus, kêndhali.
rasa
1 rasa, pangrasa; 2 kira, pangira; berasa, merasa: ngrasa, krasa, rumangsa; dirasai: dirasakake, ditêmahi; rasanya, serasa: kayadene.
rasai
merasai: wis nandhang ut. ngalami kasusahan akèh; perasaian: panandang.
rasam
padatan; tatangadat; kc. rasmi.
rasamala
rasamala.
rasau
bngs. pandhan; merasau: nywara krasak-krasak kaya pandhan kanginan.
rasi
I 1 gêgambaran ing langit kang kadadeyan saka lintang-lintang; 2 lintang kang dianggo mêthèk bêgja cilakaning wong; dirasi: dipetungi (ditayuh lsp). arêp disumurupi jodho lan orane lsp; berasian: ngimpi, kêtayuh; perasian: bêgja cilakaning manungsa kasumurupan saka ing palintangan; serasi: cocog petungane, jodho, prayoga. II kc. raksi.
rasmi
1 miturut pranatan (padatan); 2 dhinês, opisiyil; hukum rasmi: pranatan manut padatan.
rasuk
I palang olèh cagak dianggo sanggan glogoring jrambah. II kena rasuk, dirasuk(i): disurupi; kerasukan: kêsurupan.
rasul
rasul, utusaning Allah.
rasu'llullah
utusaning Allah (K.N. Muhamad s.a.w).
rasyid
jujur, têmên ênggone ngibadah.
rasywan
ruba, bêsêl.
rat
singsêt, kêncêng; kc. erat.
rata
I 1 (ut. merata) rata, rampak; 2 (ut. sama rata, rata-rata) racak, kabèh padha; 3 (ut. serata) wrata ingêndi-êndi, sumarambah; diratai: diwratani, disrambahi; diratakan: dirata, dirampak, diracak. II kreta (ing papêrangan). III rata-rata: bngs. sulung.
ratah
wantahan (tanpa momoran); meratah: 1 nindakake maligi; 2 nggadho iwak lsp.
ratap
sêsambat, ngêsah; meratap: nangis sêsambat.
ratib
kêrêp, tansah; meratib: dikir la ilaha illa'llah.

--- 146 ---

ratna
1 intên; 2 ent. putri; ratna mutu manikam: (intên, mutiara, mirah) sêsotya warna-warna.
ratu
1 ratu; 2 ratu putri, pramèswari.
ratus
seratus dua ratus: 100, 200.
rau
mak byuk (banyu udan lsp).
raum
meraum: nggêrêng, nggêro.
raung
meraung: nggêro, gêro-gêro.
raup
raup, rauk; dirauk: diraup, dirauk.
raut
pisau raut: bngs. pangot; diraut: diongoti, disisiki.
rawa
rawa; kain rawa: bngs. sutra.
rawah
I bathon dagang (ana sing urun dhuwit ana sing bau). II kuwali gêdhe.
rawai
pancing rawe.
rawak
dirawak (-rambang): diawag tmr. mbêdhil, mbalang lsp.
rawan
I trênyuh, ngêrês, atine; merawan: ngênês, ngranuhi; merawankan hati: nrênyuhake (ngêrês-êrêsi) ati. II 1 wilangan barang lawe, kayata jala sêrawan; 2 saprangkat kèhe 7, up. kancing sêrawan; tulang serawan: balung iga.
rawang
rawa, alas kang ora akèh wite; dirawang: didusi, tmr. mayit.
rawat
dirawat: dirawati, diopèni, diupakara.
rawi
juru crita (pangarang lsp.).
rawit
I cabe rawit: lombok rawit. II (ke-) rawitan: krawitan, gêndhing bêbuka.
raya
gêdhe, agung; dirayakan: dimulyakake srana pista lsp; perayaan: pahargyan (pista lsp).
rayah
merayah: ngrayah.
rayang
nggliyêr, yêr-yêran.
rayap
merayap: mrambat, nggrêmêt; dirayapi: dirambati, digrêmêti.
ra'yat
rakyat.
rayau
merayau: 1 gagap-gagap, grayah-grayah; 2 ngudhêg nganggo tangan lsp; 3 tansah obah tmr. awak lsp.
rayu
1 (sayu-) rasa sêdhih; 2 (ut. merayu) sêdhih, ngêrês, kêrasa-rasa, kêranta-ranta.
reba
tumpukan kayu (pang) ing babadan.
rebab
rêbab.
rebah
rubuh, ambruk, nggloso; rebah rempah: ambruk pating slayah.
rebak
I polèng-polèng (dham-dhaman) ing bakal. II mluwèk tmr. tatu, bêdhah tmr. layar lsp.
reban
I direban: dibanting, dikipatake; kc. heban. II longaning omah panggung.
rebana
têrbang, kêtipung.
rebas
rusak padha popol.
rebat
direbati: dipêpêti slangkrah, êri lsp.
rebatang
rêbatang (kayu mati).
rebeh
suwèk nglèmbrèh tmr. layar, dhèngklèh tmr. suwiwi.
rebo
rêbo.
rebuk
merebuk: ngurèng tmr. gudhig.
rebung
bung; merebung: 1 golèk bung; 2 kaya bung.
rebus
direbus: digodhog.
rebut
direbut: dirêbut.
reca
rêca.
recak
ut. recak-recak: burik bêrcak; berecak: brêcak.
recik
merecik: nyiprat; direciki: diciprati, dikêpyuri.
recup
merecup: 1 pating pênculat tmr. iwak, urang lsp; 2 padha trubus tmr. wiji, kacang lsp.
reda
I palilah, idin, kc. rela. II mêndha, lêrêm tmr. angin lsp., rada suda tmr. lêlara lsp.
redah
diredah: ditêgor, disigar tmr. pring disêrang ut. ditekadi tmr. bêbaya.
redam
I swara brung, dhung. II redam-redam, meredam: lamat-lamat tmr. swara, rêrupan lsp; kc. remuk redam.
redan
ar. wit.
redang
I rawa, êmbêl. II mangêt-mangêt.
redap
I bngs. kêtipung. II meredap: padha thukul tmr. kukul, plênthing lsp.
redas
meredas: ngancab, nrajang, nyrudug.
redih
diredih: didhaut.
redik
diredik: disrêngêni bangêt; kc. hardik.
redum
I timbrêng, pêtêng rêmêng-rêmêng; kc. redup. II dirêdum: dipêpêti tmr. dalan.

--- 147 ---

redup
1 timbrêng, pêtêng rêmêng-rêmêng; marga pêdhut lsp; 2 ut. redup-redup: lamat-lamat tmr. swara.
regang
kêncêng (manthêng); diregang(kan): ditarik (dipanthêng) kêncêng.
regat
diregat: disabrangi nrabas ut. nênggêl tmr. dalan lsp.
regu
pêpanthan giliraning wong nyambut gawe; beregu: giliran gêgolongan tmr. wong nyambut gawe; kc. gu.
rehal
1 padunungan, wêwêngkon; 2 rêkal (sanggan kitab).
reja
suwekan sêmbagi, dluwang lsp.
rejah
merejah: 1 numbuk bêntus, nekad numbuk-numbuk; 2 ent. clola-clolo, murang tata; perejah: wong kang dêksura.
rejam
direjam: dibandhêmi watu; kc. rajam.
rejan
lara ising-isingên pating plilit; batuk rejan: watuk sêngkil (watuk garing); direjan: 1 diênêtake, diêdênake; 2 dipêtêl-pêtêl, diujêg.
rejang
I (se-)sadohe ..., up. sêrêjang kuda lari. II urut-urutaning têtêngêr ing palintangan dianggo mêthèk bêgja cilaka utawa ala bêciking dina. III direjang: dipêcah nganggo linggis lsp; perejang: linggis.
rejeh
jêlèh, rêmbês.
rejeki
rêjêki.
rejuk
merejuk: mêncolot-mêncolot, mlumpat.
reka
reka, rêrekan, pangathik-athik, rumpakan; direka: 1 direka, direkadaya; 2 diathik-athik, dirumpaka, dianggit.
rekah
plêthekan (ing woh lsp); merekah: mlêthèk, mlêkah; merekah fajar: bangun esuk, gagat rina.
rekan
1 pasar, papan paklumpukaning barang dagangan; 2 bakul; 3 (ut. rekanan) kanca, kanca bathon dêdagangan, kanca tunggal pagaweyan.
rekat
krakêt; perekat: ancur, lim; kc. lekat.
rela
rila; direlakan: dirilakake.
relai
1 bngs. tirêm gêdhe; 2 ar. wit.
relang
kolongan pênjalin (kalung asu lsp).
relas
nglinyêm, mlècèt; kc. lelas.
relau
bngs. kêrên kanggo ngluluh wêsi lsp.
relung
I guwa, song ing pèrèng; merelung: ngêsong, lêgok kaya guwa. II ar. ukuran lêmah ana 1? acre.
remah
gogrogan (upa, cuwilan panganan lsp); diremah-remahkan: dicuwil-cuwil, diècèr-ècèr.
remaja
diwasa, wis mangsane omah-omah.
remak
aluwung, angur.
remang
I rêmêng-rêmêng, timbrêng. II ut. meremang: njêgrag tmr. rambut lsp. III meremang-remang: gumrênggêng, gumluruh.
remas
kc. ramas.
rembah-rembih
1 pating dlèwèr tmr. luh; 2 pating slêmbrèh.
rembang
nêdhêng dhuwur-dhuwure, up. rêmbang matahari (srêngenge ana ing têngah bênêr), rêmbang kuasanya (sagêdhe-gêdhene panguwasane).
rembas
rusak ut. bosok bangêt.
rembat
merembat: oglag-aglig, oyag-ayig, miyat-miyut.
rembega
wit widuri; kc. lembega.
rembes
ut. merembes: ngêmbês, rêmbês, umês, pating prêntul tmr. kringêt.
rembunai
sêdhêngan gêdhene (ut. dhuwure).
remet
meremet: nggêdobrol.
remis
ar. keyong cilik.
rempah
(rebah-) ambruk, rubuh.
rempah (-rempah)
bumbu, jantu, adon-adon; dirempahi: dijêbadi, tmr. mayit.
rempak
I urut kacang; serempak: 1 salaras; 2 (-sekali) sapisan brêg, babarpisan, bêbarêngan; berempak: maju barêng. II gêmpil, cuwil ing pinggir.
rempang
nglawèr (nglèmbrèh).
rempat
merempat: kèli ngêncêng-êncêng tmr. prau.
rempenai
ar. wit.
rempelas
rêmpêlas.
rempuh
dirempuh: ditrajang, ditêmpuh; kc. tempuh.
rempuk
dirempuk: dirêmbug, kc. runding.
remuk
rêmuk, ajur; diremukkan: dirêmuk.
remuk-redam
ajur mumur, rêmuk bubuk.
remunggai
kelor.

--- 148 ---

renang
berenang: nglangi; direnangi: dilangêni.
rencah
I direncah: diadhuk sarana diidak-idakake ing kewan rajakaya; kc. rancah. II merencah: mbabadi grumbul lsp. digawe dalan. III 1 ora ajêg, molah-malih; 2 ora wrata (ana kang têlês ana kang garing tmr. lêmah); merencah: ngênjah-ênjah tmr. wong tumandang ing gawe.
rencak
merencak: mêlahi bantêr.
rencam
rucêk (ora cêtha pêpilahan); merencam: 1 rucêk ora cêtha; 2 ngênjah-ênjah pagaweyan warna-warna.
rencana
1 karangan, anggitan; 2 rancangan, ngèngrèngan; 3 layang turunan; 4 rentengan ut. oncèn kêmbang; direncanakan: 1 dikarang, dianggit; 2 dirancang, dirantam.
rencat
kandhêg tmr. pagaweyan lsp; kc. bencat.
rencik
merencik: nyiprat; kc. recik.
renceh
I turahan. II kunthing tmr. kewan.
renceng
cilik mêrit tanpa kempol tmr. sikil.
rencik
merencik: nyiprat; kc. recik.
rencong
bngs. pêdhang suduk.
renda
renda.
rendah
1 cêndhèk, asor; 2 (-hati) andhap asor; merendahkan diri: anoraga, andhap asor.
rendam
kum, kungkum; berendam: kêkum, kêlêban ing banyu; direndamkan: dikum.
rendang
gorengan, up. rêndang pisang; direndang: digorèng.
reneh
prêntuling umpluk (banyu landha lsp); mereneh: mumpluk pating prêntul (arêp umob lsp.).
renek
gêtêr tmr. swara up. rêbab.
renik
lêmbut cilik-cilik tmr. udan, lsp. ngrêmit tmr. gêgarapan.
renung
direnung: dipandêng, disawang.
renut
tali renut: ambèn gajah.
renjak
merenjak: mlaku gêdrug-gêdrug.
renjana
1 trênyuhing ati, timbuling hawa nafsu; 2 panggodha.
renjis
merenjis: nyiprat; direnjis(kan): diciprati, dikêpyuri banyu lsp.
renjong
(ketam-) rajungan.
reng
ar. manuk.
rengek
merengek: rèwèl, mothah njêjaluk.
rengang
ut. merengang: njêprak tmr. wulu, njêgrag tmr. rambut lsp., nyêpor tmr. irung.
rengap
merengap: kêmpus-kêmpus napase.
rengas
ar. wit kêna digawe pêrnis; minyak rengas: pêrnis; direngas: dipêrnis.
rengat
lara pating crêkot ing wêtêng lsp. rengat hati: sêrik atine.
renggang
rênggang.
renggat
gêrêt-gêrêt gêgêlangan ing sungu, kayu lsp.
renggek
direnggek-renggek: diujêg-ujêg (tansah dijaluki).
rengges
arang (tmr. godhong, untu lsp); merengges: ngarang, mbrindhili tmr. wit lsp.
renggut
direnggut(kan): disêndhal tmr. barang kang kumlawèr ut. gumantung.
rengit
mrutu.
rengka
bngs. lapak ing gajah ut. unta.
rengkam
sukêt ing karang sêgara.
rengkeh
kuru, bêngkring marga tuwa ut. lêlaranên.
rengkiang
lumbung; kc. lengkiang.
rengkoh
direngkoh: disikêp, dirungkêd.
rengkuh
direngkuh: ditarik sêru (kaya wong nglakokake dhayung).
rengsa
ut. merengsa: nglumpruk, aras-arasên.
renta
I tua renta: jêmpo, pikun. II merenta (-renta): briga-brigi, bêgita-bêgitu.
rentak
merentak: 1 nggêdrug; 2 natab tmr. prau; serentak: bêbarêngan.
rentaka
bngs. mriyêm cilik.
rentan
1 ngrantang (mèh pêdhot, mrênding), rêncêm (gampang pêcahe); 2 gampang angot larane, bêncirih; 3 (-hati) cugêtan atèn, laran atèn, gampang muring; merentan: kumat, angot.
rentang
direntang(kan): dibêndhèng, dipênthèng tmr. jala, tali lsp.
rentas
merentas: nrabas, nyidhat, dalan; direntas: dipêdhot tmr. laku.
rengus
merengus: sugal, songol.
rengut
merengut-rengut: grundêlan, (muring). [(mu...]

--- 149 ---

[...ring).]
renyah
berenyah, merenyah: rêmbên, alon-alonan panggarape lsp.
renyai
hujan renyai: grimis kêpyur-kêpyur.
renyeh
merenyeh: ngêcemong, nggêdobrol.
renyuk
direnyuk: dirênyèk, diuwêl-uwêl dirêmêt tmr. dluwang lsp.
repak, repas
gêtas, mêprêl, gampang pêcahe.
repang
rata alus (pamasahe, pangirise); direpang: 1 dirata ut. dipapakake sarana kikir, diiris lsp; 2 dipasahi.
repat
kêdhondhong.
repek, repet
merepek, merepet: gunêman ngayawara; nggêdobrol.
repes
merepes: nak-nik nggêgarap kang rèmèh-rèmèh.
repih
direpih: dicuwili, dijumputi, dipêthili.
repis
mêprêl bangêt kaya roti kêringan.
repot
1 kasar, groboh, saru; kc. rampus; 2 repot.
repuh
I repuh-repuh: gêmbok. II njêmbrung (kêbak têtuwuhan).
repui
ora kêmpêl tmr. lêmah, êmpuk kapês-kapês tmr. roti lsp., êmpuk mêprêl tmr. kayu.
reput
bêbrêg, popol.
resa
I dêrêng, adrêng, sêkung. II (-bukit, -paya) ar. wit.
resah
ora jênjêm (kumudu muring lsp).
resak
ar. wit (kayu).
resam
I bngs. wit pakis (digawe kalam). II padatan; kc. rasam.
resan
lara atine, dadi atine; janganlah resan: aja dadi atimu.
resap
meresap: 1 rumêsêp, rumangsuk; 2 nekad mlêbu (ing papan kang gawat lsp).
resi
rêsi.
resik
ut. meresik: 1 sêru bangêt tmr. swara; 2 krêsêk-krêsêk, krisik-krisik; 3 panas bangêt.
resip
meresip: ngêmbês, rumêsêp.
resmi
dhinês, opisiyil; kc. rasmi.
restu
1 bêrkah, pangèstu; 2 guna dhêsthi; direstui: 1 dibêrkahi, dipangèstoni; 2 digunagawe, digunani.
restung
lêstrung (lêlara ing irung).
reta
I bandha; kc. harta. II mereta-reta: kojah, omong-omongan.
retak
1 rêmak, rêngat, bênthèt; 2 (-tangan) rajah ing tangan; meretak: bênthèt, rêmak-rêmak.
retal
atal; kc. hartal.
retas
diretas: 1 didhèdhèli tmr. dondoman, disèsèti tmr. kulit, diklèthèk tmr. amplop lsp; 2 digolèki (digawe) dalane; peretas jalan: kang golèk (gawe) dalan.
reti
têgês, arti; kc. arti.
retih
meretih: 1 nywara kritik-kritik; 2 pating pruntus.
rewang
merewang: nggiwar-nggiwar tmr. prau nempuh angin.
rezeki
rêjêki, pangan.
ria
rame, bungah-bungah; suka ria: bungah-bungah; ria-riuh: rame-rame.
riak
ombak cilik (up. banyu kêtiban watu); meriak, beriak: ngombak nywara krupyuk-krupyuk.
rial
reyal (f 2).
rialat
prihatin (tapa, ngêngurangi).
riam
bantaran (ing kali).
rian
ar. petungan lawe (40 rian = 1 tukal; rian = 1 untai).
riang
I rada ngambang ênggone mêlahi. II 1 (-semangat) singunên; 2 (-hati) bungah bangêt. III riang-riang: 1 gangsir; 2 ar. têtuwuhan.
riap
(ut. meriap) mundhak gêdhe tmr. bocah, têtuwuhan lsp.
rias
arès, (ati gêdêbog).
riau
meriau: ngêbor êmas.
riba
I (ut. ribaan) pangkon; diriba: dipangku. II ut. riba': wong kang nganakake dhuwit; makan riba: nganakake dhuwit.
ribu
èwu; beribu-ribu: ewon; ribu-ribu: ar. sukêt.
ribut
1 (angin-) prahara, angin gêdhe; 2 ribut, gègèr, rame.
ricau
mericau: pating cruwèt.
ridai
diridaikan: ditarang, digaringake srana digantung.
ridan
ar. wit.
riding
bngs. jaring gêdhe kanggo masangi kewan.

--- 150 ---

ridla
lila, kc. rela.
rihal
rekal (sanggan buku, koran).
rijalu'lgaib
roh kang nguwasani bêgja cilakaning manungsa.
rik
swara mak gêrit.
rimas
gumrobyos kringête.
rimau
macan; kc. harimau.
rimba
alas gêdhe.
rimban
lambunging prau; merimban: nglambung (tmr. ombak, angin).
rimbang
merimbang: mêthêthi damèn.
rimbas
bngs. pêthèl kanggo ngrata kayu, matun lsp.
rimbat
pênjalin (pring) ing lambening prau; merimbat: mbabit, nggêbug nisih.
rimbit
rêkasa (ribêd), ewuh (kakehan pagaweyan); dirimbitkan: diribêdi, diêngèl-êngèl.
rimbu
alas gêdhe; kc. rimba.
rimbun
1 kêtêl tmr. wit, rambut lsp. 2 akèh layare tmr. prau.
rimis
ar. dhuwit biyèn.
rimpang
rimpang (êmpu kunir, jae lsp).
rimpi
sale gêdhang ut. wowohan liyane.
rimpuh
1 sayah bangêt; 2 jêmpo.
rinai
merinai: rêngêng-rêngêng.
rincuh
bingung, kisruh.
rindang
ngrêmbaka, ngrêmbuyung.
rindu
kangên; dirindukan: dikangêni; rindu dendam: kangên bangêt.
rinjing
dirinjing: diwingkis tmr. lêngên tangan.
ring
swara kring, cring.
ringan
ènthèng, mayar; diringankan: 1 diènthèngake, dimayarake; 2 dianggêp ènthèng, disêpèlèkake; ringan kaki: enthengan; ringan tangan: cêngkiling, gampang tumandang; ringan kepala: gathekan.
ringgit
1 gêrêt-gêrêt ing lingiring dhuwit ukon lsp; 2 dhuwit ringgit (ringgit, dholar); beringgit: gêrêt-gêrêt.
ringin
sapu ringin: ar. dolanan bocah.
ringka
pinggiraning caping.
ringkai
garing tmr. bayu, lêmah, roti lsp; diringkai: digaringake sarana diepe lsp.
ringkas
cêkak, ringkês; diringkaskan: dicêkak, diringkês.
ringkik
meringkik: mbêngingèh.
rintak
dirintak: disêndhal tmr. pancing lsp.
rintang
merintang: malang; dirintangi: 1 dipalangi, dipênggak; 2 dirigoni, dialang-alangi; rintangan: alangan; kc. lintang.
rintas
merintas: nyidhat, nrabas; kc. lintas.
rintik
plênik-plênik tmr. ulês lsp; hujan rintik-rintik: grimis, kêpyur-kêpyur.
rintis
merintis: mbukak dalan, cakal bakal; perintis jalan: kang mbukani (ndhisiki), cakal bakal.
rinyau
ar. iwak sagara.
ripi
driji manuk, pitik lsp.
ris
tampar dianggo mbanda.
risa
mênyonyo, bênjut, uci-uci lsp.
risalat
andharan ringkêsan.
risau
1 ala kalakuane (ugal-ugalan lsp); 2 (-hati) gorèh, ora jênjêm; merisau: ugal-ugalan, clunthangan lsp.; perisau: wong urakan, bangsat.
risik
pamriksa, dhêdhêmitan; dirisik: ditanjihake, dipriksa (ditari, didhêdhês lsp) dhêdhêmitan.
riuh
rame bangêt; riuh rendah: gumuruh rame.
riuk
1 mingêr nglèyèk (kaya yèn njogèt lsp); 2 (patah-) kêtêkuk, kêsliyo.
riung
ar. sukêt.
riwayat
crita, babad; diriwayatkan: dicritakake.
roba
1 bêbungah kanggo mbêsêli, rêruba; 2 (ut. roba-roba) prabeyaning palabuhan, wragad prakaran.
robak-rabik
suwèk rontang-ranting.
robek
suwèk.
roboh
rubuh, ambruk.
robok
swara mak blêkuthuk; merobok: nywara blêkuthuk (kriyung).
roda
rodha.
rodan
kêlaran, sêrik bangêt.
rodi
1 prentahing nagara; 2 gugur-gunung.
rodok
dirodok: dijojoh ing tumbak lsp.
rodong
sahabat rodong: kanca barêngan lêlungan, kanca supêkêt; merodong: ngulandara golèk pangupajiwa.
rogol
dirogol: diprusa (tmr. wong wadon).
roh
roh.

--- 151 ---

rojol
merojol: mrojol, mbrojol.
rokok
rokok; merokok: udud.
roma
rambut ut. wulu ing badan.
roman
I rupa, wanda, praèn. II 1 mêrang; 2 kulit pari lsp., gagang manggar lsp.
rombak
dirombak: dibubrah, dirombak.
rombong
rêmbêng (sênik gêdhe).
rombongan
grombolan.
romet
meromet: ênak-ênik nggêgarap kang alus-alus.
romok
meromok: nyêkukruk.
rompak
dirompak: dibajag; perompak: bajag.
rompang
dawir, suwir; rompang-romping: pating sluwir.
rompeng
gripis, krowok sathithik, dawir tmr. irung, kuping lsp.
rompes
gowèng, gêmpil.
rompok
plipidan ut. sèrèt (tmr. jarit, klambu lsp).
rona
warna.
roncet
meroncet, beroncet-roncet: pating krêncil têkane, saka sathithik undhake.
ronda
rondha; meronda: rondha, nganglang.
rondah-randih
pating grèwèng.
rongak
ana kang copot (ompog, ilang) tmr. untu, pagêr, lsp.
rongga
gronggongan, growongan, lowahan; merongga: nggronggong.
ronggeng
tlèdhèk.
ronggok
grombolan, têtumpukan, pêpanthan; meronggok: 1 mêthutuk; 2 nyêkukruk.
rongkok
merongkok: ndhungkluk tangane tumapak ing dhêngkul.
rongkong
tulupan, bolongan ububan; (ke)- rongkongan: gurung, êlêd-êlêd.
rongseng
merongseng: 1 ora lêga atine, rèwèl, beka; 2 gêdumêlan, grundhêlan; kc. roseng.
ronta
meronta (-ronta): kroncalan bangga.
rontok
rontog.
ronyeh
meronyeh: gunêman umad-umêd.
ronyok
1 rènyèk mari kaku tmr. dluwang lsp; 2 pating glombyor tmr. rai.
ropak
pating blengkrah.
roseng
meroseng: rèwèl, beka, gêdumêlan.
rotan
pênjalin; merotan: golèk pênjalin; dirotan: disabêti nganggo pênjalin.
roti
roti.
rotok
merotok: grênêngan.
royak
meroyak: mbabrak, mundhak amba, saya bangêt tmr. nangis.
royat
wêwujudan ing pangimpèn.
ru
wit cêmara; kc. eru.
rua
ut. merua: udhar, njênggar, mêlar.
ruabat
upacara pakurmatan.
ruah
I diruah: dicêluk saka kadohan; seruahan: sapênyêluk. II tumpah ruah: sok glogok, sosokan; diruahkan: disokake, disuntak. III Ruwah.
ruai
ringkih, ora pêngkuh, ora awèt, gampang rusak.
ruak
I meruak: ngambra-ambra, mrèmèn-mrèmèn, ndrêbala tmr. kasugihan. II ruak-ruak: bngs. kontul.
ruam
pruntus-pruntus: meruam: mruntus, pating pruntus.
ruan
iwak kutuk; kc. aruan.
ruang
1 lowahan, gêdhogan; 2 kolêman ing layang kabar lsp; 3 juringan durèn; diruang: dirêsiki tmr. mayit.
ruap
meruap: umob, ngukus, nguwab; kc. uap.
ruas
ros(-rosan).
ruat
I 1 oklak-aklik, oyag-ayig; 2 ent. ora têtêp panêmune, gojag-gajêg. II meruat: malih dadi manusa (tmr. macan gadhungan lsp).
ruba
kc. roba.
rubah
bngs. luwak.
ruba'i
bngs. kidungan 4 larik.
ruban
air ruban: saèm. unthuk (umpluk nalika gawe lênga klêntik); kain ruban: bngs. motha; diruban: dirêsiki umpluke tmr. lênga klêntik.
rubba
bngs. asu ajag.
rubiah
1 wong wadon mungkul ing agama; 2 wong nganakake dhuwit.
rubing
blabag wuwuhan ing bambing prau kanggo ngadhangi ombak lsp.
rubu
merubu, merubu-rubu: mlaku numbuk bêntus, mlaku tanpa tujuan.
rubung
kc. kerubung.
rudi
I kêncèt; kc. keting.

--- 152 ---

II gugur-gunung; kc. rodi.
rudu
pêndul (tlapukan mata).
rudus
pêdhang Acèh.
rugi
tuna, pituna; merugi: kapitunan; dirugikan: ditunakake, dipitunani; kerugian: kapitunan, gêgênti.
ruh
roh.
Ruhu'lkudus
Roh Suci.
ruing
likasan lawe ing panênunan.
ruit
1 nyanthuk ut. nggrèthèl kyt. ripandhan; 2 (ut. seruit) canthuk, grèthèl.
rujah
dirujah: dijojoh, dicocog.
ruji
pangan padinan (sêga).
ruju', rujuk
rujuk, ulih-ulihan manèh.
ruk
ar. manuk (mung ing dongèng).
rukam
wit ut. woh rukêm.
ruku-ruku
kêmangi.
rukun
1 rukuning agama Islam; 2 rukun.
rukup
kc. rungkup.
rumah
1 omah; 2 kanggo ing têmbung camboran warna-warna kyt. rumah sakit, rumah obat, rumah makan lsp; isi rumah: batih; berumah: omah-omah, manggon; perumahan: wêwijanganing prakara kang prêlu-prêlu; duduk serumah: bêbojoan.
rumah-tangga
bale pomahan, omah saprabote, prakara omah-omah.
rumbai
1 gombyok; 2 rawis (wulu jago ing gulu).
rumbia
wit sagu (bngs. palêm).
rumit
1 rêmbên, ora rikat; 2 tumandang gêlêm ora-ora.
rumpun
dhapuran ut. uyunan (pring, têbu lsp).
rumput
sukêt; merumput: golèk sukêt (ngarit), matun; rumput kemaluan: piskucing; rumput-rumputan: srompod.
rumus
aksara cêkakan, up. 'a a = 'alaihi 'ssalam.
runas
merunas: nyênggut.
runcing
lancip; runcing tanduk: ora tau sêdhêkah; runcing paham: gathekan.
runding
berunding: rêmbugan; merunding: 1 ngrêrantam, mêmetung; 2 ngrêmbug; dirundingkan: dirêmbug.
runduk
ndhungkluk; merunduk: 1 ndhungkluk; 2 tumêlung, tumiyung.
rundung
dirundung: tansah digodha, diribêdi, dirêridhu.
rung
balai rung: ar. bangsal ing kraton.
runggas
dirunggas: disêndhal, dirênggut, dibêdhol, dibêthot.
rungkai
dirungkai: diudhari ut. diuculi tmr. bundhêlan, sindhêtan lsp; kc. ungkai.
runggu-rangga
pating jlêgrig.
rungkap
merungkap: nyêntak, songol.
rungkas
bngs. tirêm.
rungkau
rambut jaran ing êndhas; merungkau: rembyak-rembyak nutupi rai tmr. rambut.
rungkuh
katon kaya wis tuwa; kerungkuhan: kêtuwan.
rungkup
awangun (katon) kaya gathuking payon loro.
rungut
merungut: kêdumêlan, grênêngan.
runjang
dirunjang: ditojoh-tojoh, diogrog-ogrog.
runjau
ut. merunjau: dhuwur ngronje (lêncir).
runjung
ut. merunjung: 1 mbrunjung alancip (kaya wangun ing tumpêng); 2 munjung-munjung; (se)perunjung: (sa)-dêdêg pangawe.
runtai
meruntai: nglèmbrèh, nglèwèr.
runtas
diruntas: disêndhal, ditarik ngêgèt.
runtuh
ambruk, jugrug.
runut
tipak, tilas; merunut: 1 napak tilas (nglari, tutburi, nurut); 2 sêdhih bae.
rupa
rupa; rupanya: sêmune, ayake; rupa-rupa: warna-warna; dirupakan: diwujudi, diwangun; serupa: kaya, padha rupa.
rupawan
endah.
rupiah
rupiyah.
rusa
mênjangan.
rusak
rusak, bubrah; rusak hati: susah bangêt.
rusia
wadi; kc. rahasia.
rusuh
rusuh, rêrusuh, gegeran.
rusuk
(tulang-) iga; dirusuk: ditojoh, disogok.
rut
kêconggah, bisa kuwat.
ruyu-ruyu
ar. iwak loh.
ruyung
ruyung.
ruyup
1 loyop (ngantuk bangêt); 2 mèh sumurup tmr. srêngenge.

--- 153 ---

S

sa, esa
siji, sawiji.
sa'at
sangat, wêktu.
saba
bersaba: sêsrawungan; disaba: ditiliki, disaba.
sabak
I berbiji sabak, menyabak: nangis sêsambat. II disabak: digodhog tmr. kilang ut. lêgèn.
saban
sabên.
sabang
layar sabang: ar. layar cilik.
sa'ban, syaban
sasi Ruwah.
sabar
sabar, sarèh.
sabas
prayoga!
sabbat
dina Sabat (Sabtu).
sabda
pangandika, dhawuh; bersabda: ngandika, paring dhawuh.
sabil
dêdalan (marang Allah); perang sabil (-Allah): pêrang sabil (mungsuh wong kapir).
sabit
I arit. II ut. thabit: wis têtêp, wis mêsthi.
sabuk
sabuk, kêmbên.
sabun
I sabun. II orang sabun: wong bule; sakit sabun: lara nguyuh nanah.
sabung
bersabung: tarung; menyabung: adu jago; disabung(kan): diêdu tmr. jago; sabung menyabung: sêsambêran tmr. jago, blêdhèg lsp.
sabur
1 uyêk-uyêkan, untêk-untêkan; 2 campur ora kêna dipilah-pilah; layar sabur: layar ing dhuwur; semut sabur: ar. sêmut; sabur limur: rêmêng-rêmêng; menyabur: ambyuk, nggrudug.
sabut
sêpêt (kulit krambil).
Sabtu
Sabtu.
sadai
ut. tersadai: sumèlèh sêmu miring lêlendhehan.
sadak
miring tmr. tiyang.
sadang
pintu sadang sading: aling-aling sangarêping palungguhan pangantèn.
sadap
ut. penyadap: lading panderesan: disadap: didèrès.
sadar
I dhadha, perangan ngarêp. II 1 (-akan, -kan) eling marang, rumangsa: 2 (-daripada) eling, nglilir saka sêmaput, turu lsp; kc. sedar.
sadau
menyadau: mêlahi nganggo wêlah dawa; disadau: dipagas ingisor tmr. tala.
sadik
têmên-têmên tmr. pamitran.
sading
kc. sadang.
sadir
uyah amoniyak.
sadu
pinunjul, utama bangêt; sadu perdana: kang pinunjul dhewe.
sadur
sadur; disadur: disadur, disêpuh êmas lsp.
sado
sadho (ar. kreta).
saf
larik(an); kc. sap.
safa
têrang.
Safar
sasi Sapar.
safi
murni, rêsik, bênêr.
safir
wong lêlungan; kc. musafir.
saga
(-pohon, -kendiri): saga (têlik, -thunthêng).
sagai
ar. iwak sagara.
sagang
dhoyong rubuh tmr. tumbak, bêdhil lsp; disagang: dipèpèti ing tumbak lsp. kang didhoyongake.
sagar
I sruwa duk. II gula.
sagu
sagu.
sagun (-sagun)
sagon.
sagur
lunasing prau wrata.
sah
I sah, absah, bênêr ut. nyata; disahkan: disahake, dianggêp bênêr ut. nyata. II sêkak! (tmr. main catur).
sahabat
mitra, kanca.
sahadat
sahadat (pangandêl Islam).
sahaja
1 mung, ngêmungake, bae; 2 ut. bersahaja, pasaja, barès; 3 (dengan-) kalawan njarag; disahajakan: 1 dilugokake, dibarèsake; 2 disêngaja, disêdya, dijarag.
sahaya
1 (hamba-) batur; 2 (ut. saja) inggih.
saham
panduman.
sahan
saèm. lèmpèr (layah).
sahbandar
panggêdhe palabuhan.
sahda, syahda
endah.
sahi
kèthèr, weya.
sahib
kang duwe.
sahib'ulhikayat
kang duwe crita, pangarang.

--- 154 ---

sahid
syahid, saksi bab kanyataaning agama.
sahur
saur.
sahih
nyata, têrang; kc. sah.
sahut
wangsulan; menyahut: mangsuli; disahuti: diwangsuli.
sahwat
sahwat, cumbana.
said
sayid.
saidi
bêndara kula.
saidina
bêndara kula.
saing
bersaing(an): 1 bêbarêngan lêlayaran; 2 jor-joran, rêbut unggul; disaingi: 1 dibarêngi ênggone lêlayaran ut. lêlungan; 2 dijori; persaingan: konkirèn, jor-joran.
sa'ir, sya'ir
têmbang, kidung; penyair: tukang ngarang kidung.
sais
kusir.
sait
disait: diirisi tipis-tipis, dikêlèti dioncèki; kc. sayat.
saja
bae, kc. sahaja.
sajadah
klasa lèmèk sêmbayang.
saja', sajak
1 guru lagu ut. purwakanthi ing syair ut. pantun; 2 wiramaning têmbang, kidung.
saji
ut. sajian: rampadan; disajikan: diladèkake, dicawisake.
sak
kc. syak.
saka
kc. pusaka; saka-baka: prakara warisan, kawajiban marang ratu.
sakai
1 karerehan, bawah; 2 ar. bangsa ing Malaka.
sakal
nampêk lakuning prau tmr. angin; disakal: dithuthuk, digêbug.
sakarat
sêkarat; kc. sakratu'lmaut.
sakar
gula.
sakat
I disakat: dirêridhu, diganggu-gawe; tersakat: kandhas tmr. prau. II bngs. kêmladheyan, simbar lsp.
sakinat
katêntrêman.
sakit
1 lara; 2 (ut. penyakit) lêlara; 3 ent. rêkasa, kangelan; sakit bulan: grahana rêmbulan; sakit hati: lara atine; sakit sampar (ta'un): pagêblug, lêlara nular; menyakiti: nglarani; bersakit(-sakit): kanthi rêkasa; di(per)sakiti: dipilara, disêrikake atine; pesakitan: pasakitan.
saksama
sa'sama: 1 sabar, mêmpêng, mathêm; 2 têmên-têmên, tliti bangêt tmr. mêmriksa lsp.
saksi
sêksi, pasêksèn; disaksikan: 1 disêksèni; 2 (ut. dipersaksikan) dinyatakake.
sakti
1 sêkti; 2 (ut. kesaktian) kasêktèn.
saku
sak, kanthongan.
sakratu'lmaut
sêkarat.
salah
salah, luput, kliru; salah dengar: kliru pangrungune; salah faham (tampa): salah tampa; salah hati: nêpsu; salah kata: kêclenthot têmbunge; bersalah: salah; bersalahan: beda, sulaya, ora cocog; disalahi: disalahi, dipadoni, dipapali gunême; disalahkan: 1 disalahake, diluputake; 2 diendhani.
salah-silih
sakèhing kaluputan.
salai
ikan salai: iwak dikukus; disalai: dikukus ut. digarang tmr. iwak.
salak
I salak. II panjugug; menyalak: njugug, njêgog.
salam
1 slamêt; 2 salam (tabe); memberi salam: uluk salam.
salang
disalang: disuduk ing kêris saka sadhuwuring balung salang têrus ing jantung.
salapan
wolu; kc. delapan.
salasal
lara gulanên.
salasilah
salasilah.
salat
salat, sêmbahyang.
salatin
para sultan.
salawat
slawat, pandonga, sêmbahyangan.
salju
salju.
salèh
mursid, wêkêl, utama.
salek
(wong lêlungan) ngambah ing alam gaib; kc. suluk.
sali
kuwat, bisa lumawan; sama sali: babag, tandhing.
salib
salib.
salin
bersalin: 1 ganti, malih; 2 mbabar (duwe anak); disalin: 1 disalini; 2 ditêdhak, diturun; 3 dijarwakake (dipêrtal); dipersalin: diganjar sandhangan; persalin(an): ganjaran sandhangan; salinan: 1 turunan, têdhakan; 2 pêrtalan.
saling
gênti-gêntèn, kc. saling menolong (tulung tinulung).
salla'llahu 'alaihi wasallama
mugi Gusti Allah paring katêntrêman marang dhèwèke (kanggo nyêbut asmane K.N. Mochamad, dicêkak s.a.w.).
salung
bngs. suling; salung api: sêmprong.

--- 155 ---

salur(an)
talang, bumbungan dalan banyu, kalenan.
salut
salut, srasah, blongsong.
sama
1 padha; 2 (ut. bersama-sama) bêbarêngan; 3 trêp, bênêr, kyt. sama tengah (têngah bênêr); 4 (ut. sesama) pêpadha; 5 pisan, up. sama kêduanya (karopisan); sama sekali: babarpisan, kabèh; 6 pacalathon uga atêgês karo, nganggo, dening; sama sendirinya: dhewekan; disamai: dipadhani; di(per)samakan: dipadhakake; menyama-nyama: mêmadhani.
samadi
sêmadi.
samak
I samak (wlulang mangsakan); disamak: dimangsak tmr. wlulang. II ar. wit.
saman
panyêrêging pradata.
samar
samar, samun; samar muka: rêmêng-rêmêng ngarêpake surup srêngenge; menyamar: nyamar, nyamoor; sêsinglon; disamarkan: disamar, disamur; nama samaran: jênêng sêsinglon.
sambal
sambêl.
sambalewa
sêmbrana, gêlêm ora-ora; menyambalewa: nggêgarap gêlêm ora-ora (sêmbrana).
sambang
I (ut. bersambang) sambang, rondha, nganglang. II tala tawon suwung.
sambar
disambar: disambêr.
sambat
I ut. bersambat: gandhèng, gathuk dadi siji; disambat: digandhèng, digathukake dadi siji; menyambut tangan: ngapurancang. II bersambat: nyambat, ngrêsaya.
sambau
bngs. sukêt.
sambil
kambi, karo; sambil menyambil: nyambi, ngiras karo.
sambuk
sambuk, pêcut.
sambung
disambung: 1 disambung; 2 ditutugake tmr. crita; sambungan: sambungan, tutuge.
sambur-limbur
rêpêt-rêpêt, rêmêng-rêmêng (jam 6 sore).
sambut
bersambutan dengan: cocog (laras) karo; disambut: 1 ditampa, ditampani kanthi urmat; 2 dipapagake kanthi urmat, ditanggapi tmr. sasmita; 3 dikulak nanging diutang tmr. dagangan; sambutan dagangan: dagangan kulakan kang diutang.
sami
ar. pandhita Budha.
samir
rèntèngan godhong sagu (wêlit sagu, dianggo payon lsp); disamir: diwêlit tmr. godhong sagu.
samudera
samodra (sêgara gêdhe).
samun
semak samun: rêrungkudan, gêgrumbulan; menyamun: mbegal; disamuni: dibegal; penyamun: begal.
sampah
uwuh, larahan.
sampai
I 1 têkan, tutug; 2 nganti, kongsi; 3 kêlakon têmênan tmr. impèn lsp; 4 dukup, sêdhêng; disampaikan: 1 ditêkakake, ditutugake; 2 dilantarake, diaturake, diulungake; 3 dituruti, dilêksanani. II menyampai: sumampir; disampaikan: disampirake; sampaian: sampiran, pamemeyan.
sampai-hati
têgêl, têga, mêntala.
sampak
I alèn-alèn kuningan lsp. dianggo karah ing bongkot lan pucuking tulup. II main sampak: ar. mainan nganggo toh dhuwit; seluar sampak: kathok kalèt.
sampan
ar. prau cilik.
sampang
I menyampang: mêlahi prau ana ing canthik ngarêp. II sampang.
sampar
lêlara nular (pagêblug).
sampil
upih.
samping
I bngs. kêtipung (tambur) Keling. II têmbing, pinggir, sandhing; disampingkan: dicakêtake, disandhing, dijèjèrake.
sampir
wrangka kêris kang dhuwur.
sampu
I lêlaranên, uncrit-uncritên. II menyampu: mandhêg ut. lèrèn tmr. dolanan.
sampuk
disampuk: 1 ditumbuk, dibêntus, dikabruk, ditladhung; 2 digathukake pucuke tmr. tumbak lsp; 3 ditrambul tmr. rêmbug lsp.
sampul
ulês, blongsong, bungkus, tapih layang, amplop; disampul: diulêsi, diblongsong, disamaki tmr. layang lsp. diamplopi.
samsam
ut. Siam samsam: pranakan wong

--- 156 ---

Siyam karo Mêlayu.
samsir
pêdhang gêdhe.
samsu
syamsu, srêngenge.
sana
kana.
sanak(-saudara)
sanak sadulur.
sanat
taun, up. sanat Masèhi.
sanatu'lhijrat
taun Ijrah.
sandang
slendhang,samir, slempang; 1 disandang(kan): - dicangklong ing pundhak; 2 (ut. dipersandangkan) disampirake ing pundhak, dislempangake.
sandar
bersandar: lendheyan, sumendhe; sandar menyandar: lendheh-lendhehan; disandarkan: dilèndhèhake; (per)sandaran: lendheyan ing kursi lsp.
sandera
mujangan, wong kang dianggo tanggungan (cêkêlan); disanderakan: dianggo mujangan, dianggo cêkêlan.
sanding
I ut. bersanding: sandhing. II lingir; bersanding: nglingir.
sandiwara
sandiwara (tonil).
sandung
pidakan ut. pancatan ing panênunan lsp; tersandung: kêsandhung.
sanubari
sanubari.
santak
disantak: disotho, dijotos.
santan
santên; kepala santan: santên kanil.
santap
dhahar, ngunjuk; santap sirih: nggantèn.
santau
ar. wisa.
santeri
santri; kc. senteri.
santuk
menyantuk: natap, njêglug; kc. antuk.
santun
alus tmr. patrap; sopan santun: sarwa alus patrape.
sang
sang.
sanga
têtaining luluhan logam.
sangai
kêkêp (tutup kukusan), tutup saji kang digawe nipah.
sangat
bangêt.
sanggan
1 cuwak, sanggan, uwat-uwat; 2 (-bunuh) tumbal, tulak; sangga-sangga: paladèn ing kraton; disangga: disangga, dicuwak, diduwa; penyangga: sanggan, cuwak, plangkan; penyangga pedang: blêngkêr ing cêkêlan pêdhang.
sanggah
disanggah: dilawan, ditampik, diêmohi.
sangga-langit
sangga-langit.
sangga-lutung
bngs. rambutan.
sanggam
disanggam: digadhuh, disilih sawatara suwene.
sanggamara
1 palangan ing wilahan tumbak; 2 ganthol prau.
sanggan
bngs. bokor kuningan.
sanggang
disanggang: dijunjung tangan loro sarana disangga ing ngisore.
sanggat
rada kandhas (nanggor dhasar) tmr. prau.
sangggit
menyanggit: kêrit-kêrit, kêrot-kêrot; menyanggit gigi: kêrot untu.
sanggul
gêlungan.
sanggup
sanggup, kêduga, kêconggah, saguh.
sanggurdi
sanggawêdhi.
sangka
I pangira, panyana; disangka: dikira, dinyana; disangkakakan: dikira, diarani. II bngs. keyong gêdhe.
sangkak
disangkak(i): dipalangi, dialang-alangi, dicêgah.
sangkakala
kêlasangka (slomprèt).
sangkal
I disangkal: diselaki, dibalak, dipadoni; disangkalkan: dicêgah, ditangkis, ditanggulang. II garan wadung (palu lsp).
sangkap
sangkêp; ganêp; pêpak; cukup.
sangkar
I ut. sangkaran: kurungan. II garis têngah lmr. tmr. prau. III kolongan, karah, suh, lsp. ing landheyan.
sangkar-bidang
palang ing têngahing prau.
sangkil
1 têkan ing êndon tmr. prau, lêlungan lsp; 2 kêna pamanahe, pambêdhile lsp; 3 tumama tmr. jamu.
sangku
bngs. bokor gêdhe.
sangkur
(mata-) sangkuh bêdhil.
sangkut
bersangkut: 1 sumangsang, cumanthèl, nggayut; 2 kandhêg tmr. ginêm, lumaraping pêdhang lsp; bersangkutan: gêgayutan; tersangkut: kêsangkut; sangkutan: pêpalang, rêribêd.
sangkut-paut
1 gêgayutan, gèndèng cènèng; 2 bot-repot; sangkut paut dengan piutang: utange rèndhèl.
sangsi
gojag-gajêg, sujana, ora pati ngandêl.
sangu
agêr-agêr alus.
sanya
bahwa sanya (bahwa sesungguhnya): salugune, sanyatane.

--- 157 ---

sap
I gombal ing wadhah mangsi; kertas sap: pèl. II sap, larikan; bersap-sap: lêlarikan, jèjèr-jèjèr.
sapa
bersapaan, tegur sapa: aruh-aruh, omong-omongan kalawan manis; disapa: diaruh-aruhi.
sapar
sasi Sapar.
sapau
gubug cilik kanggo tambêl.
sapi
sapi.
sapih
I satêngah pêpês (lumpuh, jimpe). II sapih, pisah.
sapir
I sipir (tukang ngrêksa kunjara). II bersapir: lêlungan mrana-mrana; kc. musafir.
sapu
1 usap, sikat; 2 (ut. penyapu) sapu, kêlud; disapu: 1 diusapi, dibusêk; 2 disaponi, dikêludi; 3 disapu (digêbugi); disapukan: diusap-usapake, diusarake.
sapu-tangan
saptangan, kacu.
saput
disaput: dilimputi, kêsaput.
sar
mak srêng, krênyês.
sara
1 suminggah saka ing bêbaya; 2 pangrêksaning urip (kayata sarana pancèn pangan, pènsiyun lsp); 3 bageyaning brandon nyambut gawe, dagang lsp; menyara, bersara: mèlu brandon nyambut gawe.
sara-bara
buyar mrana-mrana.
sara', syara'
anggêr-anggêr agama.
saraf
I paramasastra bab rêrimbaganing têmbung; 'ilmu saraf: paramasastra. II sarap, talirasa.
sarak
bersarak: pisahan; disarak: dipisah, dipêgat, disapih.
saran
lesan.
sarang
susuh; bersarang: nusuh; sarang kuli: salang wadhah kuwali; sarang labah-labah: klamat kêmangga; sarang lebah: omah tawon (glodhog); sarang madu: tala.
sarap
I (-sampah) larahan (uwuh) kang lêmbut-lêmbut; sarap laut: rêrêgêd ing sêgara. II sarap pangrasa, talirasa. III lara mlècèt ing wlakang lsp.
sarat
sarat (kêbak momotan); bunting sarat: mêtêng tuwa.
sarau
bngs. kranjang gêdhe kanggo golèk agêr-agêr.
sari
kêmbang, pari.
sari'
cukat, trêngginas.
saring
I disaring: diplintir tmr. lawe lsp. II disaring: disaring; saringan: saringan.
sarip
sarip (sêbutan wong Arab).
saripah
saripah (sêbutan wong Arab wadon).
saru
bngs. cêmara.
saruk
tersaruk: kêjêngklok, katêkuk sikile.
sarun
saron.
sarung
1 sarungan, wrangka; 2 ulês, blongsong; 3 (kain-) sarung; sarung jari: cincin; sarung kaki (-tangan): mojah sikil (tangan); disarungkan: disarungake tmr. kêris lsp. dilêbokake ing ulês lsp.
sarsar
gèndhèng; kc. sasar.
sarwa
sarwa, sakabèhe.
sarwal
kathok.
sasa
sêntosa, pêngkuh, kuwat.
sasak
sasak, tabag, gèdhèg kasar.
sasap
kc. susup.
sasar
I gèndhèng. II sasaran: lesan, pangincêngan.
sastera
buku, layang, buku suci.
sasterawan
ahli kawruh, ahli kitab suci.
sat
ar. takêran (= 5 ut. 10 gantang).
satai
sate.
satu
siji; satu-satunya: sawijining (ngêmungake siji); satu persatu: saka siji; bersatu: nunggal, ngumpul; di(per)satukan: didadèkake siji, ditunggalake.
satwa
kewan, kc. setua.
sau
mak krês, nyos; kc. desau.
saudagar
sudagar.
saudara
sadulur, saudara sepupu: nak-sanak; saudara sejalan sejadi: sadulur tunggal bapa-biyung; persaudaraan: pasaduluran, pamitran.
sauh
I jangkar; membuang sauh: labuh jangkar; membongkar sauh: bêdhol jangkar. II buah sauh: sawo.
saujana
sayojana; kc. yojana.
sauk
I ut. sauk-sauk: bngs. jaring diseropake; sauk-menyauk: gayut-gayutan; disauk: 1 digèndèng sarana dirangkul, digujêngi kêncêng nganggo tampar lsp. diubêdake; 2 dicidhuk; dicawuk; dirauk kambi mlaku.

--- 158 ---

II dengan sauk tangis: kambi ngêsah lan nangis.
saum
pasa.
saur
saur (mangan ing wayah bêngi ing sajrone pasa).
sawa
ular sawa: ula sawa.
sawab
I (ut. tsawab) kang sanyata. II (ut. thawab) ganjaran ing ngakerat.
sawah
sawah; sawah bencah: sawah sorotan; sawah berbandar langit: sawah tadhahan; menyawah: nênandur ing sawah.
sawal
sasi Sawal.
sawan
laran sawan; sawan babi (gila): ayan.
sawang
I warnaning banyu sêgara ing pinggir. II (-langit) awang-uwung.
sawar
pagêr ut. sangkrah-sangkrah dianggo nggiring kewan alasan ut. iwak; disawar: ditrapi pagêr ut. sangkrah.
sawat
bngs. sabuk (slempang) salaka.
sawi-sawi
I sawi. II wong nunut nunggang prau nganggo ngrewangi nyambut gawe minangka pambayaring opahane.
saya
kula; kc. sahaya.
sayak
bokor bathok; bêruk; kc. batil.
sayang
1 eman, owêl; 2 mêmêlas, mêsakake; 3 (kasih-) trêsna, asih; 4 (-akan, -kan) wêlas marang, asih marang; menaruh sayang: eman, wêlas, asih; disayangkan: 1 dieman, diowêl; 2 (ut. disayangi) diwêlasi, disihi.
sayap
1 suwiwi, lar; 2 pênjawating baris; sayap kumbang: irêng mêlêng-mêlêng; sayap sandang: rante mas loro kaêtrap ing dhadha.
sayat
disayat: diirisi tipis-tipis, dikêlèti, dioncèki.
sayembara
sayêmbara.
sayu
trênyuh, sêdhih nglangut; sayu rayu: sêdhih bangêt, kêranta-ranta.
sayup
I (ut. sayup-sayup) lamat-lamat tmr. swara ut. pamandêng; 2 cupêt ut. kadung tmr. mbalang, mbêdhil lsp; 3 kêtinggal, kêpancal; sayup mata mamandang: sapandêlêng.
sayur
jangan, jêjanganan; sayur mayur: jêjanganan; sayur-sayuran; menyayur: kêlan, njangan; disayurkan: dikêla.
sebab
sabab, jalaran.
sebagai
kaya, saèmpêr.
sebai
I sondhèr, sampur. II bngs. kêmladheyan.
sebak
1 mbludag, lubèr, banjir; 2 crocosan tmr. luh.
sebal
gêla, susah.
sebam
klawu sêmu irêng.
sebar
I menyebar: krasa kranyas-kranyas ing awak. II disebar(kan): disêbar.
sebarang
sadhengah, sêmbarangan.
sebarau
ar. iwak.
sebasah
ar. wit.
sebat
disebat: disabêt.
sebaya
babag, barakan, pantaran.
sebekah
ar. iwak kali.
sebelah
1 sisih, sasisih; 2 siji ut. sasêle tmr. barang rakitan; disebelah: ing sisih, sandhing; sebelah menyebelah: ing sakiwa têngêne (kali, dalan lsp); menyebelah: nisih, ent. bau kapine; kc. belah.
sebelas
sawêlas; kesebelasan: sawêlasan tmr. bal-balan.
sebentar
sadhela.
seberang
sabrang, sisih ing têbing kanane (tmr. kali, sagara lsp); menyeberang: nyabrang; seberang menyeberang: padha dene dumunung ing sapinggiring kali (tmr. desa lsp); diseberangi: disêbrangi; berseberangan: arêp-arêpan.
seberhana
saprabot tmr. sandhangan, rêrênggan lsp; seberhana bumi: saisining bumi kabèh; seberhana hari: sadina muput.
sebih
kêmbang gêdhang (ar. têtuwuhan).
sebik
menyebik: nyungir.
sebu
kêbak jêjêl; disebu: diisèni nganti kêbak, diurug.
sebuk
menyebuk: mlaku saantarane wong jèjèr-jèjèr.
sebun
1 ora nganti rampung tmr. pagaweyan lsp; 2 ora nganti matêng tmr. olah-olahan lsp.
seburu
ar. têtuwuhan.
sebut
disebut: 1 disêbut, disêbutake, diarani; 2 dipratelakake, diucapake; sebutan: 1 pocapan, kang disêbutake, pakêcapan; 2 sêsêbutan; 3 andharaning jêjêr (ing paramasastra).

--- 159 ---

sedak
I wangkisan (blêngkêr) kendhang lsp; disedak: diwangkis. II tersedak: kêsêlak. III ar. wit.
sedan
tersedan-sedan: sênggruk-sênggruk, kamisêsêgên.
sedang
1 sêdhêng(an); 2 nêdhêng-nêdhênge, pinuju, lagi; 3 (ut. sedangkan) salagine, sing ... bae; disedang: dicoba tmr. klambi lsp.
sedap
enak, mirasa, kêpenak tmr. pangrasa; sedap hati: lêga, sênêng atine; sedapan: panganan sêgêr-sêgêran.
sedap-sedu
mirasa bangêt.
sedar
1 (-akan, -kan) eling marang, rumangsa; 2 (-daripada) eling ut. nglilir saka ênggone sêmaput lsp.
sedat
ora gumathok pamikire.
sedekah
sidhêkah, slamêtan, dana.
sedekala
tansah, kaya adat sabêne.
sedelinggam
cèt abang (mêni).
sederhana
sêdhêngan, samadya.
sederiah
bngs. klambi rangkêpan.
sedia
I sadhiya, cumawis, siyaga; bersedia: cêcawis, cumawis, sumadhiya; disediakan: disadhiyakake, dicawisake; persediaan: sêdhiyan, cawisan, tandhon. II kang dhingin, biyèn, kuna.
sediakala
1 tansah; 2 kaya adat sabêne, kaya kang uwis.
sedih
sêdhih, susah.
sedikit
sathithik, rada.
sedondon
padha warnane.
sedu
I tersedu-sedu: sênggruk-sênggruk, sêgunên, kamisêsêgên. II disedu(h): disoki wedang.
seduayah
sidawayah (ar. têtuwuhan).
sedut
suntrut sêdhih.
sega
klimis, alus gilap.
segah
mbêsêsêk, sêbah.
segal
mulad-mulad murub.
segala
kabèh, sakabèhe.
segan
suthik, sungkan; menyegan: ngêmohi, nampik, sungkan.
seganda
ar. têtuwuhan.
segar
sêgêr (bagas kawarasan) sumringah, sumyah.
segar-bugar
waras-wiris.
segara
sêgara.
segenap
sakabèhe; kc. genap.
segera
rikat, enggal, gêlis, tumuli.
segi
sisih, lingir; segi tiga: maju têlu.
seguna-sekaya
gana-gini.
sehat
waras, bagas waras; sehat wal'afiat: bagas kawarasan (slamêt); kesehatan: kawarasan.
seharah
bngs. pêthi gêdhe wadhah bêras.
sehingga
nganti, kongsi; kc. hingga.
seia
sarujuk, mupakat; kc. ia.
sejahtera
têntrêm krêta raharja, slamêt.
sejak
wiwit ing (nalika, dina lsp).
sejarah
sêjarah, asal-usul, babad.
sejat
isih rada têlês tmr. kumbahan, cèt lsp.
sejati
sajati, salugu, tulên.
sejuk
adhêm, anyêp, ayêm.
sejurus
sadhela.
seka
diseka: dirêsiki sarana diusap (diêlap).
sekadar
sakuwasane; kc. kadar.
sekah
I pokah tmr. pang. II 1 cukat, trêngginas; 2 bêcik tmr. pawakan.
sekali
1 sapisan; 2 bangêt, babarpisan; kc. kali.
sekalian
kabèh, sakabèhe.
sekam
kulit pari, mrambut.
sekar
kêmbang sêkar suhun: ar. rêrênggan (bngs. kalung).
sekarang
saiki.
sekat
ut. sekatan: 1 singgêtan; 2 palang, pêpalang, alangan; disekat: 1 disinggêt, dipêpêti; 2 dipalangi, dialang-alangi.
sekata
sarujuk, saiyêg; kc. kata.
sakatimuna
ar. naga ing crita.
sekawan
sagolongan, sagrombolan; kc. kawan.
sekeduduk
sênggani.
sekedup
omah-omahan ing gêgêr unta.
sekejap
(-mata) sakêdhepan, sadhela; kc. kejap.
sekelat
sangkêlat (lakên).
sekerup
sêkrup.
sekh, syèkh
sèh.
sekian
samono; kc. kian.
sekin
sêking.
sekoci
prau sêkoci.
sekoi
juwawut.
sekolah
sêkolahan.

--- 160 ---

sekon
sêkon.
sekongkol
sêkongkêl.
sekonyar
ar. prau.
sekonyong-konyong
dumadakan.
sekop
sêkop.
sekopong
sêkopèn (kêrtu gêdhe).
sekotah
sakabèhe.
seksama
dengan seksamanya: kalawan titi; kc. saksama.
sekuik
bngs. otèk.
sekul
bêruk, bathok.
sekunar, sekonyar
ar. prau.
sekup
sêkop.
sekut
cêthil bangêt.
sekutu
1 sêkuthon; 2 warga, rewang, kanca; bersekutu: sêkuthon, bathon, ngumpul; disekutui: diiloni, direwangi ênggone dagang lsp; persekutuan: pakumpulan dagang.
sela
I sêla (-sêla), lêt, sêlan; sela-menyela: gênti-gênti lêt siji; diselakan: disêsêlake ing. II lapak; III sila, linggih; bersela: sila.
selada
sêlad.
seladang
I sapi alasan (bngs. banthèng). II 1 tunggal jrambah tmr. sênthong loro lsp; 2 dubug ut. mbêmbêng tmr. sikil; menyeladang: rata.
selagi
sêlawase.
selain
saliyane; kc. lain.
selak
1 slorok (palang) kancing lawang. II diselak: disilakake, dibiyak, dicincingake.
selaka
bngs. kurungan ut. kranjang dianggo ngukup sandhangan.
selam
I menyelam: nyilêm, slulup; diselam(i): disilêmi, dislulupi. II Islam.
selamat
slamêt; diselamatkan: diluputake saka ing bêbaya; selamatan: slamêtan.
selamba
1 saru, kasar têmbunge; 2 (muka-) saèn, ora idhêp isin.
selampai
slempang, slendhang; diselampaikan: dislempangake, disampirake ing pundhak.
selampe
kacu.
selampit
klabangan ut. tamparan gèpèng.
selan
pulo Selon.
selang
I lêt, antara; diselang: 1 disêlani; 2 diêlêti; 3 (ut. diselangkan) dibanjêli, digêntèni; berselang-selang: gênti-gênti, sêlang-sêling; setahun berselang: lêt sêtaun. II ut. selangkan: salagine, sing ... bae; kc. sedang. III diselang: disilih, diutang; diperselangi: diutangi; diperselangkan: disilihake, diutangake.
selang-seling
sêlang-sêling.
selangat
ar. iwak loh.
selangin
ar. iwak loh; kc. senangin.
selangka
(tulang-): balung salang.
selap
ora eling (marga sêmaput, kapanjingan setan lsp); diselap: dipanjingi setan.
selaput
kêndhangan tipis ing mata lsp; berselaput: kasasaban ing blêdug lsp.
selar
I diselar: 1 dibrongot (dicirèni lsp) nganggo wêsi bang lsp; 2 digorèng. II ar. iwak loh.
selara
êri lêmbut, lugut; anak selara: anak sêmbilang.
selaruh
ut. menyelaruh: 1 ngêmbrah, tansah ajêg ana (tmr. dagangan lsp); 2 manuh, matuh tumindak kang ora prayoga.
selarung
tipaking buron alas.
selasa
Slasa.
selasar
èmpèr jrambahe luwih cêndhèk tinimbang omah.
selasih
kêmbang tlasih; mabuk (bunga-) selasih: rada mêndêm.
selat
1 supitan (antarane pulo); 2 supitan Singapura; menyelat: lêlayaran ngambah ing supitan.
selatan
kidul; selatan daya: kidul kulon.
selawat
kc. selawat.
selayak
bngs. manuk dara.
selayun, selayut
piranti kanggo nggusah manuk.
selayur
iwak layur.
seleder
ar. wit.
selekeh
dlêmok, leletan; diselekeh: didlêmoki, dilèlèti.
selekoh
1 sleko têmpukaning dalan; 2 pangungakan ing bètèng (peranganing bètèng kang moncol).
selekor
ar. iwak sagara.
selempang
slempang, disampirake kaya slempang.

--- 161 ---

selendang
slendang.
selepang
slempang.
selera
napsu marang pangan, pêpenginan mêmangan.
selesa
ombèr, ora sumpêk.
seleweng
sêndhon waon.
selebu
(lautan-) sagara gêdhe ut. ing têngah.
selederi, selderi
slèdri.
seleguri
wit sidaguri.
selembada
ar. sêmut gêdhe.
selembana
ut. menyelembana: mandhêg (labuh) ngarêpake pinangkaning prahara.
selembayung
bapangan ing sakaguru (kanggo canthelan diyan lsp).
selempada
ar. sêmut gêdhe; kc. selembada.
selempukau
ar. manuk.
selempuri
(kain-) mori wêton Indu (Sêrampore).
selenggara
diselenggara(kan): 1 diupakara, diopèni; 2 diurus; kc. senggara.
selepa
slepa, cêpukan digandhulake ing sabuk.
selepat
pating klaprut (rêgêd).
selepuh
ngêrês (akèh blêduge lsp).
selesai
rampung; diselesaikan: dirampungi, dirampungake, diputus.
selesama, selesma, sema-sema
pilêg.
seli
seling-seli: sêlang-sêling.
seliap
ar. iwak sagara.
selidik
titi, tliti, sêtiti; diselidik(i): dititipriksa, ditanjihake, ditamatake.
seligi
bngs. tumbak (kayu, luyung lsp) ditlorongake.
seligut
pating blulung, pating blêbêr.
selimbar
ut. selembar: simbar layangan.
selimpang
I nyimpang, nggiwar. II kuwatir, sumêlang.
selimpat
1 nam-naman udhar; 2 ukêl ut. nylêkênthung ing tulisan Arab; 3 bngs. untir-untir; 4 ar. ula sêgara; menyelimpat: nylimpêt, lunga dhêdhêmitan.
selimut
kêmul.
selinap
I diselinap: 1 diirisi tipis-tipis tmr. iwak loh; 2 diklènyèm kulite tmr. pitik lsp. II menyelinap: glêsêr-glêsêr kaya lakuning ula.
selindung
aling-aling, ampingan, ndhêlik; kc. lindung.
seling
I selang-seling: sêlang-sêling. II bêling, porsêlin.
selip
I klèru (menggok klèru). II terselip: sumlêmpit ing; kc. selit.
seliu
ut. terseliu: kêsliyo.
selirat
ruwêd, ora karu-karuwan.
seliri
palinggihan, kursi.
selisih
gèsèh; berselisih: sulaya: perselisihan: pasulayan.
selisik
diselisik: didhidhis, dipetani.
selit
diselitkan: dislêmpitake; terselit: kêslêmpit.
selit-sepit
pating slêmpit.
seloka
saloka (kidung saliyane pantun).
selokan
kalèn.
seloki
sloki.
selongkar
diselongkar: 1 diblengkrahi; 2 ent. dititipriksa têmênan.
selop
sêlop.
seloroh
lucu, cucut.
seluang
ar. iwak kali.
seluar
kathok.
selubung
krukub, krudhuk, kêmul; diselubung: dikrukubi, dikêmuli.
seludang
tlakupaning mayang (kêmbang lsp), manggar, anthok.
seludip
mancung ênom.
seludu
ar. iwak loh.
selui
bngs. gêmak.
seluk
diseluk: digagapi, dirogoh digrayahi, diuthêk-uthêk.
seluk-beluk
bakuning prakara, thêk kliwêr.
selukat
saron cilik.
selukung
bngs. tamèng dawa.
selumar
ar. wit.
selumbar
tatal cilik landhêp kayata ing arèn lsp.
selumur
wlungsungan.
selundat
ar. iwak sagara.
selundup
menyelundup: nyiruk, mlêbu amblês; diselundupkan: dilêbokake tmr. barang pêtêng.
selungkang
ora murni tmr. logam.
selungkap
thèthèl, nglingkap; kc. jelungkap.
selupat
kulit tipis (kêndhangan, bungkusing bayi lsp).
selurah, seluruh
sakabèhe, kabèh.

--- 162 ---

selusuh
(-beranak) jamu sorogan; menyelusuh: mletre, mlorod.
selusur
cêkêlan ing bambinging krêtêg
selut
lêndhut plikêt.
sema-sema
pilêg; kc. selesma.
semah
sajèn têtulak lêlêmbut; disemahkan: disajèkake kanggo têtulak.
semai
ut. semaian: winih; disemai, diurit tmr. wiji pari, didhêdhêr; (pe)semaian: panguritan, pawinihan.
semaja
mung, bae; kc. sahaja.
semak
1 rungkud (akèh thêthukulane); 2 (ut. semak-semak) rêrungkudan, gêgrumbulan cilik-cilik.
semakin
saya; kc. makin.
semalam
wingi sore; kc. malam.
semalu
piskucing.
semambu
bngs. pênjalin gêdhe.
semampai
lugas, ora sambungan tmr. balok lsp.
semang
sêsanggêmaning wong utang nyambutgawe ana ing panggonane wong kang potang; anak semang: 1 wong kang mondhok ut. numpang mangan; 2 wong kang mèlu wong liya bêburuh lsp; induk semang: 1 wong kang dipondhoki; 2 ent. êmbok-êmbokan; jomblang.
semangat
1 nyawa, sukma; 2 tuking urip; 3 dhanyang; hilang (kurang, lemah) semangat: 1 gêtapan, kagetan; 2 kurang grêgêt; kur semangat: kanggo ngêlokake wong sêmaput ut. bayi lair, karêpe; muga sukmane balia; terbang semangat: sêmaput, ora eling; bersemangat: gumrêgut, mêmpêng.
semanggi
sêmanggi.
semangka
sêmangka.
semangu
ar. wit.
semanja
mung, bae; kc. semaja.
semantan
nyiur semantan: krambil koplak; kc. santan.
semarak
sorot, cahya.
semaram
ar. wit.
semat
sindik, sujèn, dom, biting; disemat: disindik, disunduki, dibitingi, digandhèng srana pêniti lsp; penyemat: pêniti; tersemat: 1 kêslusupên; 2 (-pada) tumancêb ing, kalampirake ing, katut kapetung ing.
semata
sakabèhe, babarpisan; semata-mata: ngêmungake, mligi, thothok.
semawang
kluwak.
semayam
bersemayam: lênggah, pinarak, dêdalêm, manggon.
sembab
abuh bêngêp.
sembada
kc. selembada.
sembah
1 sêmbah; 2 atur, unjuk; berdatang sembah: matur munjuk; disembah: disêmbah; di(per)sembahkan: 1 diaturake; 2 dicaosake; persembahan: pisungsung.
sembahyang
sêmbahyang.
sembak
ar. iwak sagara.
sembam
1 (sungkur-) kêbênêm, kêpêndhêm; 2 dipocot.
sembar
simbar bngs. kêmladheyan.
sembarang
sêbarang.
sembari
kambi; kc. seraya.
sembat
I disembat: disampe, dicêkêl lsp. kambi mlaku. II disembat: disabêt(ake), dibabit(ake).
sembeta
cuwak prau yèn ana ing babagan.
sembelih
disembelih: disêmbêlèh.
sembelit
kêdhêdhêlên ut. kêbêbêlên anggone bêbanyu.
semberani
sêmbrani.
semberap
mrabot, pêpak saprabot kapurantine.
semberip
bngs. talam nganggo sikilan.
sembilan
sanga.
sembilang
iwak sêmbilang.
sembilik
(puru-) lara ambe.
sembilu
wêlad; sembiluan: krasa pêrih (kaya diiris wêlat).
sembir
1 pinggiran (ing piring, layang lsp); 2 lingiraning wowohan kyt. blimbing lsp; menyembir: ora pênêr tmr. ênêring pandom lsp.
semboyan
1 têngara, sasmita; 2 têtêmbungan kanggo sêmayan, têtêmbungan cêkak aos (motto); disêmboyankan: dianggo têngara (sasmita).
sembuang
pathokan cancangan prau ing sagara.
sembuh
mari, waras; disembuhkan: ditambani, diwarasake.
sembul
mêndêlo, moto-moto.
sembung
sêmbung.
sembunyi
ut. bersembunyi: ndhêlik, umpêtan; [um...]

--- 163 ---

[...pêtan;] sembunyi-sembunyi: dhêdhêmitan, climèn; disembunyikan: didhêlikake, diumpêtake, digawe wadi; tersembunyi: kanggo wadi, sinamun.
sembut
sêmbur, suwuk; disembur: disêmbur, disêmproti, disuwuk; menyembur: 1 nyêmbur, sumêmbur; 2 gêbrès-gêbrès, gumuyu sêru.
semburit
jindikan.
sememeh
gubras, pating klaprut, rêgêd.
semecah
mainan nganggo kêmiri.
semedera
sagara gêdhe.
semenjak
wiwit nalika; kc. sejak.
semejana
samadya, têngahan, sêdhêngan.
semelit
kêbêbêlên; kc. sembelit.
semena
tiada dengan semena-mena: tanpa sêbab.
semenanjung
jasirah (Malaka).
semenda
mlêbu ing kulawargane kang wadon.
semendal
mikah (mica).
semenderasa
kêmbang cêpaka.
semenjak
wiwit ing; kc. sejak.
semenjana
samadya, têngahan, sêdhêngan.
sementang
sanajan.
sementara
1 sasuwene, nêdhêng-nêdhênge, lagi; 2 (-waktu) sawatara mangsa, ora lêstari salawase.
sementelah
sangsaya, luwih-luwih.
sementung
kurang sigrak, kurang grêgêt, gêblêg.
semenggah
patut, layak, pantês.
semerbak, sêmêrbuk
ngambar wangi.
semerdanta
putih kaya gadhing tmr. untu.
semesta
sakabèhe, saindênge.
seminai
(-ari) ar. wit.
semista
sakabèhe; kc. semesta.
semu
1 sêmu; 2 (-daya) apus, paeka; semu-semu: rada; disemui: diapusi, ditutup sarana cidra; tersemu: kapusan.
semua
kabèh, sakabèhe.
semudera
sagara gêdhe.
semugut
ar. lêlaraning wong wadon; kc. senggugut.
semuka
1 padha rupane; (ut. bersemuka) adu arêp, têmon dhewekan; disemukakan: digathukake padha ijèn.
semula
saka kawitan, kaya maune; disemulakan: dibalèni saka kawitan.
semunding
bngs. kêthèk gêdhe.
semupakat
sarujuk, cocog.
semut
sêmut; kesemut (-semut)an: gringgingên.
sempada
(ketam-) bngs. kêpithing.
sempadan
tapêl-watês.
sempak
gripis ut. cuwil pinggire.
sempal
moto-moto kyt. susur.
sempana
bêcik kasiyate (marahi slamêt lsp tmr. gêgaman); keris sempana; kêris luk pitu; disempanakan: didongani lsp. supaya bêcik kasiyate.
sempat
kobêr; menyempat: nangguh wêktu kang prayoga; kesempatan: wêwêngan, kobêr, wêktu.
sempelah
kang wis ora kanggo, up. sêpah, ampas, uwuh lsp; sempelah nyiur (kelapa): ampas krambil.
sempelat
ut. bersempelat: kêdlêmokan (ing mangsi, dubang lsp).
sempena
bêcik kasiyate; kc. sempana.
semperong
sêmprong diyan.
sempit
ciyut, rupak.
sempurna
sampurna.
sen
sèn.
sena
1 prajurit. 1 (pokok-) wit sana.
senak
1 mambêg, mêmblêng tmr. ilining banyu; 2 (ut. kesenak-senakan) sênêb, sêbah, ora bisa bêbanyu; menyenak-nyenak: saya mêmblêng; tersenak: 1 mambêg sênêb, sêbah; 2 (-kata) kanggêg ora bisa gunêman (marga gumun lsp).
senam
I bersenam: 1 ngulèt, ngêcêcêng marga uwat; 2 ulahraga. II biru sêmu ijo (kaya nila).
senamaki
ar. têtuwuhan kanggo urus-urus.
senandung
rêngêng-rêngêng.
senantiasa
tansah, pijêr.
senang
1 sênêng, lêga, marêm; 2 gampang, pikolèh; bersenang-senang: sênêng-sênêng, suka-suka; di(per)senangkan: disênêng-sênêngake, diarêm-arêmi, dilêlipur.
senangin
ar. iwak sêgara.
senapang
bêdhil.
senat
ar. prau.
senawi
wong nunggang prau pambayare diurubi pagaweyan.

--- 164 ---

senda
(-gurau): gêguyon, sêmbranan; bersenda(-gurau): gêguyon, gojèg; dipersendakan: dianggo gêguyon, disêmbranani.
sendal
I disendal: dianjingake nganggo diganjêl (dipacèli, diwèhi tandhing tmr. pacul). II disendal: diunus ngêgèt tmr. kêris lsp.
sendalu
(angin-) angin lumrah.
sendar
ngorok lirih.
sendat
1 kêjêndhêlên, kêcêpit; 2 sumpêk tmr. ati.
sendawa
sêndawa.
sendel
bersendel: sêsèndhèn.
sendeng
ut. menyendeng: miring mèncèng tmr. panganggone kupluk lsp.
senderik
bngs. cundrik (Kêris Mandar).
sendering
ar. wit.
senderung
ar. kewan sagara sok mblêngkêr kaya bal.
sendi
1 athik-athikan, gêgêlan, ros-rosan; 2 èngsêl lawang; 3 (batu-) ompak; 4 lapisan ing pêndhok lsp; 5 ent. dhêdhasar, têtalês; disendi(-sendi): dikêthoki gêgêlane; disendikan: 1 dilapis (ing êmas lsp); 2 (-pada) digathukake karo, didhasarake ing.
sendiri
ijèn, dhewe.
sendocong
ar. iwak loh.
sendu
sêdhih, susah.
senduduk
sênggani.
senduk
sendhok, enthong, irus.
senget
mêndhak sasisih, miring, dhoyong nisih.
senggot
nyodhok (nyikut, nyotho) ing ngiringan.
sengaja
sêngaja, njarag.
sengal
pêgêl, ngêrês linu, lara encok.
sengam
disengam: dipangan kabèh.
sengangkang
bngs. sriti.
sengap
ngglèntèr, antêng (ora rèwèl tmr. bocah).
sengarat
ar. iwak loh.
sengat
êntup; disengat: diêntup; penyengat: tawon.
sengau
bindhêng.
sengelat
tukang apus, tukang nggadhung.
senggayut
bersenggayut: geyong-geyong, gandhul-gandhul.
senggara
disenggara(kan): diupakara, diopèni; kc. selenggara.
senggau
menyanggau: 1 jinjit ngranggèh (njupuk); 2 mrèmèn tmr. gêni.
senggugut
ar. lêlaraning wong wadon; senggugut darah: lara bakda nggarap banyu; senggugut meroyan: lara bakda manak.
sengguk
ut. menyengguk: dhêklak-dhêkluk.
senggulung
1 luwing; 2 gêmbus (ganjêl sunggèn).
senggut
ut. menyenggut: dhêklak-dhêkluk.
sengih
ut. tersengih: mlêngèh, mênga mluwèk tmr. tatu.
sengit
sêngit ent. dêdrêg bangêt, sêrêng.
sengkayan
bngs. lesus ing sagara.
sengkak
disengkak: diurut (dipijêti) ut. disêngkakake tmr. wêtêng.
sengkalan
bngs. lèmpèr kayu (dianggo nggêrus bumbu).
sengkang
I 1 palang, palangan mrapat; 2 palang ing èmbèr lsp; 3 rujining rodha; 4 garis têngahing cakran; 5 bêlok, cêngkalak. II jegang sikile siji slonjor.
sengkar
saèm. dhingklik ing prau kanggo linggih kang mêlahi.
sengkarut
bersengkarut: ulêt-ulêtan, bêbulêtan, ruwêt ora karuwan (tmr. crita lsp).
sengkelat
ora cêwok.
sengketa
papriksaning prakara; bersengketa: prakaran.
sengkela
bêlok; disengkela: dibêlok.
sengkelang
1 kayu palangan; 2 sidhakêp tangane nyathok pundhak; menyengkelangkan jari: ngapurancang.
sengkelat
sêngkêlat (lakên).
sengkeling
1 mbanda tangan; 2 tumpang tali tmr. sikil; disengkeling: dibanda ing buri.
sengkelit
bngs. jirêt (tali kolongan) kanggo pancadan mènèk.
sengkilang
katata mrapat têtumpangan up. pêdhang.
sengkol
sêsêg wêtênge (krasa mêndhêkêl, dianggo mêmangan rêkasa).
sengkuang
bêsusu.

--- 165 ---

sengkuap
èmpèr, ampok.
sengkul
isis sumyah.
sengungut
ar. iwak kali.
sengsai
judhêg, kêpranan bangêt, prihatin.
sengsara
1 sangsara, cilaka; 2 (azab-, siksa-) siksa; disengsarakan: disiksa, dipilara, dicilakake.
seni
1 alus, ngrawit, ngrêmit; 2 (ut. kesenian) kagunan adiluhung; air seni: uyuh.
senigai
palang-palang ing tiyang (cagak lsp) kanggo mènèk.
Senin
Sênèn.
seniwan
ahli kagunan.
senja (kala)
wayah surup (jam 6-7 sore).
senjata
1 gêgaman; 2 têtêngêr sandhangan ing tulisan Arab; dipersenjatakan: dipraboti gêgaman; persenjataan: prabot gêgaman.
senjolong
ar. iwak sagara.
senjong
bngs. piring kanggo lambaran.
senohong
ar. iwak sagara.
senonoh
pantês, patut tmr. kalakuan; tiada senonoh: saru, ora pantês.
senta
I balok dlujuring prau (sanggan palang). II lênggana, mopo.
sentada
1 ar. wit; 2 ar. sêmut.
sentagi
I ar. têtuwuhan. II 1 bngs. coba (dom gêdhe); 2 tali, kênur.
sentadu
(ulat-) ulêr jêdhung.
sentak
disentak: disêndhal, digodog, ditarik.
sentaka
ar. wit.
sental
disental: diangsab, digosok.
sentana
kula sentana: sêntana, sanak.
senteri
1 (dagang-) wong ngumbara golèk kawruh lsp; 2 santri.
sentiasa
tansah; kc. senantiasa.
sentil
manjête, mete-mete.
senting
ar. têtuwuhan.
sentiung, sentiong
bong (kuburan Cina).
sentuh
disentuh: disenggol; tersentuh: kêsenggol, kêsandhung.
sentul
wit sêntul.
sentung
1 pantèking wangkisan bêdhug lsp.; 2 kolongan, blêngkêr ing jaring lsp; baju sentung: bngs. klambi kurung; kain sentung: sarung; disentung: dipantèk wangkisane.
sentosa
têntrêm, jênjêm, ora gorèh, ora rusuh.
senteng
congklang, cupêt, jigrang.
senuh
njêbêbêg, sêbah.
senunggang
ar. iwak sagara.
senyak
sêpi, nyênyêt; kc. senyap.
senyampang
mumpung, kêbênêran, kapinujon.
senyap
(sunyi-) sêpi nyênyêt, mamring.
senyar
krasa êmar.
senyum
èsêm; tersenyum: mèsêm; tersenyum simpul: mèsêm kapathêt; tersenyum raja: mrêngut.
senyur
bêndara, tuwa.
seolah-olah
kayadene.
sepah
I sêpah (an kinang); sepah puteri: ar. manuk; sepah raja: manuk cendrawasih. II tersepah: pating blangkrèh.
sepai
buyar mrana-mrana tmr. pêcahan barang lsp.
sepak
I tampèk; disepak: ditampèk, ditamplèk. II sepak; sepak raga: bal-balan; sepak terjang: jangka-jangkah, tandang grayang; disepak: 1 disepak, didugang, ditêndhang; 2 (disepak sila): ditepang.
sepakat
mupakat, rujuk.
sepam
bngs. pêlêm alasan.
sepan
bngs. rangên.
sepang
wit sêpang.
sepantun
kayadene.
separuh
saparo, satêngah.
sepat
I krasa sêpêt. II iwak sêpat.
sepatu
sêpatu.
sepatung
kc. sipatung.
sepeda
pit.
sepecat
ar. iwak loh.
sepegoh
bngs. tirêm.
sepekur
bngs. kêmladheyan.
seperai
sprèi, lèmèk kasur.
seperti
kaya, prasasat, mèmpêr; dengan sepertinya: kalawan pantês, kaya mêsthine; disepertikan: dipêpantês, dirêngkuh kalawan pantês.
sepesan
ut. pesan-pesan: babak salu.
sepet
1 mênga sathithik; 2 suthup tmr. mata.

--- 166 ---

sepi
sêpi, ora rame.
sepit
1 ciyut, supêk, rupak; 2 (ut. penyepit) supit, sapit cathut cilik; disepit: disupit, disapit, dicathut, dijêpit; tersepit: kêjêpit.
sepoi-sepoi, sepui-sepui
silir-silir.
sepoi
sêpai.
sepuh
disepuh: 1 disêpuhi; 2 dilapis, diêlim tmr. dluwang.
sepuk
disepuk: dibuang (dibrukake) kasar-kasaran.
sepuku
(keris-) kêris tanpa luk.
seputih
ar. têtuwuhan.
seput
kucêm tmr. warna.
sera
gupuh; tersera-sera: gupuh-gupuh, kêsusu, gita-gita.
serabai
srabi.
serabut
pating jriwut.
seraga
bantal seraga: bantal gêdhe nganggo rêrênggan.
serah
I berserah, menyerah: 1 pasrah, sumarah; 2 asrah bongkokan (kalah, têluk); diserahi: dipasrahi; diserahkan: dipasrahake. II 1 abang sumringah; 2 têrang tmr. warna.
serahi
gêbyas, gêndul cilik.
serai
sêre.
serajam
ar. wit.
serak
I ut. terserak: pating slêbar, sumêbar mrana-mrana; diserak(-serakkan); diawut-awut. II sêrak, èsèk; burung serak: kokokbêluk. III diserak: dikêndhokake lan dibênakake tmr. gulungan lsp.
serak-serik
pating jrêthut (driji).
seram
nyabe tmr. kulit, njêgrik tmr. wulu kulit.
serambi
srambi, èmpèr mêtu.
serampang
cêmpuling lancipe nganggo grèthèl.
serampin
ampas pathi sago ut. arèn.
seran
lirik-lirik tmr. cita lsp.
seranah
(sumpah-) sot, ipat-ipat, supata.
serandang
cuwak pring (kayu) loro ing pucuk digathukake lan ditalèni nganti wangun cawangan.
serandung
terserandung: kêsandhung
serang
I arang-arang ut. amba tmr. bolongan kranjang, jala lsp. II diserang: disêrang, ditrajang, ditêmpuh; serangan: panêmpuh. III ar. pangkating bêbau prau (onderopsir). IV ênom tmr. warna; menyerang: sumilak warnane.
serangga
I sungu, pucak, II kewan gêgrêmêtan.
serangguh
menyerangguh: linggih ndêkung; kc. seranggung.
seranggung
menyeranggung: linggih ndêkung, ndhodhok.
serangkak
I êri ut. sangkrah dipulêtake ing wit-witan supaya aja kêna dipènèki. II kêpithing cilik.
serani
Kristên.
seranta
menyeranta: lunga mampir-mampir, njajah desa milang kori; diserantakan: diwartakake mrana-mrana.
serantang
diserantang: dikrampyang, diujar-ujari.
serap
menyerap: manjing, rumêsêp, rumangsuk.
serap-mesra
rakêt supêkêt pamitrane.
serapah
donga nundhung lêlêmbut, sot, ipat-ipat; diserapah: ditundhung srana didongani, diipat-ipati, ditênung.
serasa
I 1 tunggal rasa; 2 mèmpêr; kc. rasa. II ar. suruh.
serasah
I larahan, uwuh, lêmi, rabuk. II ar. cita kêkêmbangan.
serasi
jodho, cocog petungane; kc. rasi.
serat
sêrêt (ora kêna dicopot).
seratah
ar. pala kêpêndhêm.
serau
udhar tmr. tênunan.
serawa
ar. panganan.
seraya
I kambi, karo. II sraya, pitulungan; diseraya: dijaluki pitulungan. III ar. wit.
serba
sarwa, sakabèhe; serba putih: sarwa putih; serba rumah: thêk kliwêring omah kabèh.
serba-neka, serba-serbi
warna-warna, sruwa-sruwi.
sebah-serbih
pating slêmbrèh.
serbak
menyerbak: sumêrbak, ngambar; kc. semerbak.
serban
I sêrban, tulban.

--- 167 ---

II mati rasane.
serbat
sêrbat.
serbet
sarbèt.
serbu
menyerbu, menyerbukan diri: nggrêdêg, ambyuk nêmpuh.
serbuk
bubukan; diserbuk: dibubuk; serbuk gergaji: grajèn.
serdadu
prajurit.
serdak
rês-rês.
serdam
suling.
serdang
bngs. arèn.
serdawa
antop, glegekan.
serdi
ngêlu pilêg, pilêg tmr. jaran.
serdih
wêtêng lan dhadhane mungal.
sere'at
sarengat; kc. syari'at.
sereh
sêre.
serejang
sadohe, up. sêrêjang kuda lari.
serek
wêgah.
seremban
menyeremban: onclang nganggo dhuwit.
serempak
barêng brêg, sabrêsan; terserempak: kêtukup, digrêdêg.
serempu
kayu kawangun kaya prau kaêtrap ing dhasaring prau.
serendah
ar. gêdhang.
serendang
ar. iwak kali.
serendeng
miring sasisih; kc. sendeng.
serengam
berserengam: uyêk-uyêkan, untêk-untêkan.
serenjang
ngadêg jêjêg, njêjêr tmr. wit.
seresah
rês-rês.
seret
I sèrèt, pinggiran. II diseret: disèrèt, dilarak.
sergah
disergah: digêrtak, digêtak, dikagètake.
sergam
munggul, mêncungul.
sergap
disergap: ditêmpuh (ditukup, digrêdêg) dadakan.
sergut
groboh.
seri
I 1 sorot, cahya; 2 ent. endah, luhur, kang endah dhewe, kaluhuran, kaendahan; 3 sri (sêsêbutan), up. Sêri Baginda; berseri(-seri): sumunar, mawa cahya, cahyane bingar. II diseri: diisêp tmr. kêmbang madu lsp. III ut. berseri: nêtêpake kang kawit dhisik tmr. dolanan, kayata sarana sut, ndudut suwiran godhong lsp. IV pur, gêdhêg.
seriawan
lara sriawan.
seri-balai
bangsal pasewakan.
seridanta
kêmbang srigadhing.
seridewa
ar. kêmbang.
seriding
1 lingir; 2 ar. iwak sagara.
serigading
srigadhing.
serigala
asu ajag.
seri-gunung
srigunung (saka kadohan katon bêcik).
serik
kapok, kanji, jinja.
serikat
pakumpulan; berserikat: kêkumpulan; perserikatan: pakumpulan.
serikaya
srikaya.
serimala
undhagi.
seri-muka
nêca, caya.
serindai
I ar. lêlêmbut bngs. puntianak. II ngrangin, kêpenak dirungokake.
serindit
manuk slindhit.
sering
I kêdhut, kêkêr, wulêd tmr. dluwang; disering: dikêkêrake, dikêncêngake tmr. tampar lsp. II sering kali: kêrêp, sok. III kêcut bangêt, kêmranyas. IV disering: diisêp; kc. seri.
seringai
menyeringai: mrêngut.
serip
plipidan ing sandhangan.
seri-pantai
sritaman (saka kadohan ala).
serja
sêrsi (ar. bakal).
serkah
sêmplok, sêmpal, pokah.
serkai
diserkai: 1 dipêrês ut. diuntir supaya apuh; 2 disaring tmr. glêpung lsp.
serkap
1 susug; 2 kranjang kaya susug dianggo kurungan.
serkup
diserkup: ditutupi ing kranjang lsp., disusug.
serlah
ut. terselah: katon ngegla, katon cêtha tmr. rêmbulan, srêngenge.
serling
pluwang (pasangan kewan lsp).
sermangin
bngs. kêndhang gêdhe.
sero
bersero: bêbrandon dagang; pesero: wong kang mèlu brandon; peseroan: pakumpulan dagang; untung sero: bêbathèn ing brandon.
serobeh
pating dhrawul tmr. rambut.
serobot
diserobot: 1 disêbrot; 2 dijupuk tanpa têmbung.
seroja
kêmbang tunjung (trate).
serombong
wuluhan kuningan lsp., wuluhan kanggo sambungan up. ing suling, pipa lsp.

--- 168 ---

serombongan
grombolan, gêgolongan.
serondong
diserondong: disrudug, disrondhol.
seronok
kêpenak, nyênêngake.
serong
mèncèng, mencong; serong hati: sèdhèng, ora barès; serong menyerong: mencang-mèncèng, ngecas-encos.
seronggang
urung-urung (gronggongan) ing pamêlikan.
serpih
cuwilan, pugutan, sêmpelan; diserpih: dicuwil, dipugut.
serta
1 sarta, karo, kanthi; 2 (-dengan) bêbarêngan karo, barêng karo, mèlu karo; 3 barêng, up. serta dilihatnya; disertai: dikanthèni, dibarêngi, dikancani; disertakan: dikanthèkake, dibarêngake karo.
serta-merta
tumuli.
seru
I panyêluk, pangundang; berseru: ngundang, nguwuh-uwuh; diseru: diundang, diuwuh-uwuh. II (-sekalian, -semesta) sakabèhe. III sêru, bangêt.
seruda
êri ut. sangkrah digubêdake ing wit-witan.
serudi
ut. berserudi: sinarawèdi; diserudi: disarawèdi.
seruh
kêmpès tmr. abuh lsp.
seruit
cêmpuling nganggo grèthèl.
seruk
ar. takêran gabah (10 gantang).
seruling
suling.
serunai
I bngs. slomprèt (klarinèt). II sruni.
serunda
diserunda: digèrèd tmr. prau.
serunding
I srundèng. II ar. wit.
serunjang
tumbak kayu.
serut
1 swara mak srut, sruk; 2 pasah.
serutu
srutu.
sesah
disesah: disabêti, digêblègi.
sesak
sêsak, sêsêk, supêk, rupak; sesak dada: lara sêsêk; penuh sesak: kêbak bangêt, sêk-sêkan; disesakkan: diêsêk-êsêk, disêsêk, ditindhês; tersesak: kêpèpèt, rêkasa; kesesakan: sêsêk-rupêk.
sesal
(bersesal, menesal, menyesal) gêtun, kêduwung, disêsali, disesalkan: digêtuni.
sesap
ngombe (tmr. manuk); sesapan burung: papan pangombèn manuk.
sesar
disesar(kan): 1 diingsêr tmr. wadyabala, dibiyak tmr. klambu; 2 disur, diganti.
sesat
ut. tersesat: kêsasar; disesatkan: disasarake.
sesat-darat
bingung, kêsasar-sasar.
sesawi
sawi.
seta
ukuran sadawaning tangan; kc. hasta.
setabelan
prajurit mriyêman.
setagih
ar. rêrênggan.
setak
ar. prau cilik.
setaka
ar. têtuwuhan.
setakona
maju wolu; kc. astakona.
setambul
bngs. wayang wong (tonil).
setan
setan.
setangan
saptangan; kc. saputangan.
setanggi
dupa, mênyan.
setawar
ar. wit.
setelah
sawise; kc. telah.
setengah
satêngah, saparo.
seteria
satriya.
seterika
sêtlika.
seteru
satru; berseteru: sêsatron; diseterukan: disatru, dimungsuhake.
seti
satin.
setia
sêtya.
setiabu
ar. ula; pedang setiabu: pêdhang alingir têlu.
setiawan
sêtya bangêt.
setinja
cewok.
setinggi
tampar pangerekan layar.
seton
bngs. êmpluk gilap.
setolop
bngs. ting.
setu
I 1 bngs. ganggêng; 2 ar. ula sêgara. II pangèstu; barkah.
setua
kewan; kc. satwa.
setubuh
bersetubuh: sanggama; kc. tubuh.
setuju
mupakat, cocog; disetujui: disarujuki, dimupakati.
setuil
ar. têtuwuhan.
seturi
crita, gunêm, gegeran.
sewa
sewa, sewan; disewa: disewa; di(pers)sewakan: disewakake.
sewah, sewar
bngs. cundrik mlêngkung.
sewal
njalari cilaka (tmr. impèn, tamba lsp).
si
si.
sia-sia
muspra, tanpa tanja, tanpa guna; disia-siakan: 1 diêcèh-êcèh, ora ditanjakake; 2 ora dirêmbug.

--- 169 ---

siah
disiah: disilakake nisih tmr. rambut lsp.
siah-layah
miyat-miyut, mêntêlang-mêntêlung, sênggoyoran.
siak
I tukang ngrêksa mêsjid; santri. II akar siak, siak-siak: ar. têtuwuhan oyode wangi.
siakap
ar. iwak loh.
sial
siyal, sêbêl; sial dangkalan: siyal bangêt.
sialang
1 tala tawon; 2 (pokok-) wit kang ana talane tawon.
siamang
I bngs. kêthèk gêdhe. II wêdhi malela, lêmah kang isi mangaan.
siamis
ar. iwak sagara.
sianang
ar. iwak kali.
siang
I 1 awan, rina; 2 katon rêsik (marga dibabadi têtuwuhane lsp); bersiang: bêbêsik; disiangi, dipersiangi: dibêsiki, dibabadi, diwatun, dibubuti. II siang-siang: ar. manuk.
siap
cumawis, siyaga, rampung; bersiap: siyaga, tata-tata, cêcawis; disiapkan: dicawisake, disiyagakake, dirampungake.
siapa
sapa.
siar
I disiar: 1 dipasang srana dilepa (kayata masang bata lsp); 2 dipatri, disambung nganggo patri. II disiar: diobong nganti mêngangah tmr. wêsi lsp. III disiarkan: disêbar, digiyarake; siaran: pakabaran, panggiaran radhio.
siasat
1 siyasat, siksa; 2 paniti-priksa; siasat perang: gêlaring pêrang; disiasat(kan): 1 dipidana disiksa; 2 dititipriksa, disêtitèkake têmênan.
siat
disiat(kan): diiris-iris; kc. sayat.
siau
wis adhêm tmr. barang kang maune panas.
sibar(-sibar)
èmbèl-èmbèl (wuwuhan kang diplipid), omah wuwuhan (kagamblokake omah baku).
sibuk
ribut tumandang ing gawe.
sibur
siwur.
sibur-sibur
kinjêng dom.
sida
kêbirèn; sida-sida: 1 wong kêbirèn; 2 ar. punggawa kraton, juru nujum ing kraton, tukang njaga kaputrèn; disida: digêbiri tmr. wong.
sidai
disidai: diisis, diangin-anginake supaya garing.
sidang
kumpulan srasehan; bersidang: kêkumpulan.
sidik
disidik: dititipriksa, disêtitèkake, ditliti; sidik jari: pênitipriksa cap tangan (jêmpol; driji).
siding
I jaring kang digawe panjalin kanggo masangi mênjangan lsp. II lingir.
sifat
sipat, kaanan; tiada tersifatkan: ora kêna dicritakake.
sigai
palang ing wit (tiyang lsp), kanggo pancadan mènèk; tangga sigai: andha lanang; menyigai: mènèk mancad ing palang-palang mau.
sigap
bersigap: cumêpak, siyaga, cumawis.
sigar
ar. rêrênggan ing sirah.
sigara
bngs. kopyah lancip.
sigi
I disigi: 1 dicuthiki; 2 dikurêki, diukir. II obor kayu.
sigung
menyigung: nyikut; kc. singgung.
sihir
ngèlmu sikir (gêndam, tênung).
sijil
layang piagêm, layang cathêtan.
sika
(baju-) saèm. klambi takwa.
sikap
I 1 pawakan, dêdêg-piadêg; 2 sikêp, tanduk adhêdhasar kaantêpane; mengambil sikap: nêtêpake antêpe; membuang sikap: gawe wiraga. II elang sikap: bngs. wulung cilik. baju sikap(an): klambi sikêpan.
sikat
1 sikat; 2 (-rambut) jungkat; 3 garu; 4 lirang (tmr. gêdhang); disikat: 1 disikat; 2 dijungkati; 3 digaru.
sikikih
ar. manuk.
sikin
sêkin (bngs. lading, golok).
sikit
sathithik; kc. sedhikit.
siksa
siksa; disiksai(kan): disiksa, dipilara.
siku
1 sikut; 2 siku, sikon; 3 pojok jêjêg; siku-siku: 1 pojok jêjêg; 2 gadhinging prau; 3 popor bêdhil; menyiku: mangun pojok (up. enggok-enggokaning kali lsp).
sikudidi
ar. manuk.
sikudomba
ar. iwak sagara.
siku-keluang
nguntu-walang.
sikut
sikut; menyikut: ent. ngapusi.

--- 170 ---

sila
1 patrap kang bêcik (tatakrama, subasita); 2 (bersila) linggih sila; 3 (silalah, silakanlah) sumangga, kula aturi ...; di(per)silahkan: diaturi supaya ...
silam
pêtêng ndhêdhêt; tahun yang telah silam: taun kêpungkur; tersilam: kêwêngèn, kêtungka ing wêngi.
silang
tumpang-tumpangan mrapat; silang empat: prapatan (dalan); silang selisih: padudon pasulayan; silang menyilang: tumpang-tumpangan mrapat upamane pêdhang loro katata têtumpangan.
silap
I sulapan; bermain silap: nyulap; bersilap: sulapan; disilap: disulap, diapusi lsp. sarana rêrekan. II menyilap: gawe kêkêmbangan (rêrênggan) ing pinggiraning layang lsp. III kliru, salah; kc. khilaf, kilap.
silat
bersilat: main selat, main pêdhang; disilat: ditangkis nganggo pêdhang.
silau
silo, sulap, blêrêng; menyilau: ulap-ulap marga blêrêng.
silawatang
ar. pangkat bangsa Bugis.
silih
têtêmpuh, pêpulih; silih menyilih: solan-salin, gonta-ganti; disilih: ditêmpuhi, dipulihake.
silih mata
mung dianggo gêlar, lumrahe tumrap mènèhi tukon akèh, nanging sawise katêmu banjur akèh kang dijaluk bali.
silsilah
salasilah.
silu
krasa ngêrês, kakênan atine, krasa ora kapenak tumrap pangrungu, mripat ut. pangrasa.
siluk
ar. iwak sagara.
siluman
seluman (dhêmit).
simalu
piskucing.
simbah
kumêpyur ut. sumirating banyu (ombak lsp); bersimbah: gumrobyos tmr. kringêt, nyiprat; bersimbahan: pating cliprat; disimbah: diciprati, dikêpyuri banyu lsp.; dikapyuk ing banyu.
simbai
ngatonake ênggone ngrêti subasita (tatakrama lsp).
simbang(an)
ar. manuk sêgara.
simbar
simbar mênjangan.
simbat
bngs. prêstha.
simbur
menyimbur: munggah (kyt. munggah ing sirah).
simpai
I blêngkêr, suh; disimpai: ditrapi blêngkêr, disuhi. II ar. bngs. kêthèk.
simpan
disimpan: 1 disimpêni, dirumat, dirawati, disinggahake, disingkir-singkirake; 2 (ut. diambil simpan) dipêthik (dijupuk) sapêrlune ut. ringkêse bae tmr. layang lsp.
simpang
(-tiga, -empat): dalan pratêlon, prapatan; menyimpang: nyimpang, nisih; simpangan: simpanganing dalan ut. kali.
simpang-siur
sêsimpangan akèh ut. têtrajangan tmr. dalan.
simpir
nyèngklèhake suwiwi.
simpit
cakêt, mèpèt karo.
simpuh
ar. pala kêpêndhêm.
simpuk
menyimpuk: nggadhug ut. nyenggol; disimpuk: didakwa kang ora-ora.
simpul
bundhêlan ut. sindhêtan; simpul mati: tali pati; simpul pulih (hidup): tali wangsul; tersenyum simpul: sêmu mèsêm; disimpul-(kan): dibundhêli, ditalèni, disindhêt; kesimpulan: pêpuntoning rêmbug, pêpuntoning panêmu.
simpur
ar. têtuwuhan.
simun
bngs. cita kêkêmbangan.
sinar
sorot; sinar menyinar: pating glêbyar; disinari: disoroti.
sindir
ut. sindiran: pêpoyok, pasêmon; disindir: disêmoni.
sini
kene.
sintal
wêwêg.
sintik
bngs. tirêm cilik.
sinting
bngs. tirêm gèpèng.
sintuk
sintok.
sintul
ipêl-ipêl, cêndhèk lêmu.
singa
singa.
singal
ar. rêrênggan sirah.
singgah
mampir; singgah menyinggah: mompar-mampir; disinggahi: diampiri; persinggahan: palêrêban, palerenan, ampiran.
singgan
nganti; kc. sehingga.
singgang
I iwak loh godhogan diasin. II ukuman tmr. murid yaiku tangane nyêkêli kuping ngadêg linggih bola-bali.
singgasana
dhampar palênggahan.
singgir
menyinggir: wiwit mêgar tmr. kêmbang, mringis tmr. cangkêm.

--- 171 ---

singgit
gosokan, senggolan; disinggit: disenggol, digosok.
singgul
menyinggul: nggabig.
singgung
menyinggung: mbijig, nyrudug; disinggung: 1 disangga ing bau kyt. wong kang klêngêr; 2 disrudug, ent. digêpok, disenggol, katut dirêmbug lsp.
singkap
disingkap: dibiyak, diungkapi.
singkat
1 cêkak, cêndhak; 2 ent. ora loma; disingkatkan: dicêkak, diringkês.
singkek, singkik
singkèk.
singkil
I tali singkil: kêndhit; disingkil: dikêndhiti, disabuki nganggo sabuk cilik. II krasa linu tmr. untu.
singkir
disingkir(kan): 1 dièrèki (tmr. babon); 2 disingkiri, disingkirake; 3 dilancangi, disêtut tmr. lakuning prau.
singkur
disingkur: disuduk lsp. mayat (miring).
singkong
tela kaspe.
singsat
singsêt, cancut; disingsat: dicancutake.
singse
singsèh.
singsing
menyingsing: sumilak tmr. mêndhung lsp; fajar menyingsing: bangbang wetan; disingsing(kan): 1 diwingkis tmr. lêngênan, dicancutake tmr. lambe, kathok lsp.; 2 digulung sathithik tmr. layar.
sipai
sêpèi.
sipat
I (tali-): tali sipatan (piranti tukang kayu); disipatkan: disipat. II kaanan; kc. sifat.
sipatung
thokerok.
sipi
1 saka ing têngah minggir; 2 tunggakan pagaweyan; menyipi: nggiwar minggir tmr. barang kang disawatake.
sipir
sêpir.
sipu
tersipu-sipu, kesipu-sipuan: kisinan, clingusan marga isin.
siput
bngs. keyong warna-warna.
sir
I mak srêng, cês, nyês; kc. sar. II pathok kanggo lesan. III (-berahi) siring ati, pêpenginaning ati. IV wadi.
sira
I disira: diulig-uligake ing barang kang plikêt, kayata roti ing juruh lsp. II 1 sira, kowe; 2 dhèwèke.
sirai
tatas lan tata tmr. rambut.
siram
ut. bersiram: siram; disiram: disiram.
sirap
I 1 kêjongkèng sathithik up. gêndhèng kanginan; 2 ent. mênga atine dening kêsêngsêm. II sirap. III aji sirêp; tersirap: 1 kêturon (kêna sêsirêp); 2 kandhêg tmr. lakuning gêtih.
sirat
disirat: 1 dibundhêli, disindhêt; 2 dinam tmr. jala, rajut jaring; lsp.; siratan gigi: pinggiraning untu kang tumancêb ing gusi; siratan kuku: bêlahan tracak.
siratu'lmustakim
dalan marang swarga.
siraut
pangot cilik; kc. raut.
sirih
suruh; sirih masak: kinang; wang sirih: tukon suruh (opahan, buruhan).
siring
disiring: dilerobi, diseropi.
sirip
kèpèt.
siru
bersiru: ganti ênêre (tmr. angin lsp).
siru'lkulup
têlênging ati.
sisa
sisa, turahan; disisakan: diturahake.
sisi
sisih; menyisi: nisih.
sisih
pêpadon, pasulayan; disisih: dipadoni, dipalangi; kc. selisih.
sisik
1 sisik; 2 thothok (tmr. bulus lsp); disisik: 1 disisiki, diklocop kulite (sisike); 2 didêlêng katuranggane tmr. jago, kêris lsp.
sisip
disisip: 1 (ut. disisipkan) dislêmpitake up. kêris ing sabuk; 2 disêsêlake, ditlêsêpake; 3 disulami tmr. tanduran, nam-naman lsp; tersisip: kêslêmpit, kêsêsêlan; sisipan: sêsêlan.
sisir
1 jungkat, suri; 2 garu; 3 lirangan (gêdhang); disisir(i): dijungkati, disurèni.
sit
swara suwit, sênthit.
sita
disita: 1 digugat; 2 dirajadarbe.
sitar
sitêr.
sitti
sêsêbutan tmr. wong wadon.
situ
kono.
siuk
menyiuk: mêgêng napas (marga krasa lara lsp).
siul
bersiul: singsot.
siuman
eling (mari mêndêm, mari sêmaput).
siung
I mbêngung, sumiyut kayata lakuning mimis. II siyung.
siur
kc. simpang-siur.

--- 172 ---

siut
mak siyut.
siwah
(elang-) alap-alap.
soal
soal, pitakonan; soal jawab: takon-takonan, adu rêmbug.
sobat
mitra, kanca; kc. sahabat.
sobek
suwèk.
sobok
disobok: diblêjog, ditukup (ditêmpuh) dadakan.
sodok
sorok, bngs. lêncêg.
sodok bikang
bngs. kêris.
sodor
nyongat mangarêp, nyodor.
soga
wit soga.
sogang
trucuk (pathok) kang ditata mayat kanggo mêpêti mungsuh; disogang: dipisah sarana dipêpêti kayu lsp.
sogok
disogok: 1 diwèhi sasmita sarana obahing tangan (kayata dikon linggih lsp); 2 dibêsêli.
soja
sojah ndungkluk ngormati.
soka
wit soka; kc. angsoka.
sokak
ar. wit.
sokom
bêlang irêng ut. congore irêng tmr. ulêsing asu.
sokong
cuwak, sanggan; disokong: 1 dicuwaki, disangga, dicagak; 2 ent. ditulungi sawatara; sokongan: pitulungan, panjurung, sumbangan.
solat
salat.
solek
bêsus, dhêmên macak.
solok
sumbangan marang wong duwe gawe.
sombol
disombol: diloloh, didublag.
sombong
umuk bangêt, ngedak-edakake; menyombongkan diri: sumêngah, sêsongaran, pambêkan.
someng
ora bêcik tmr. ing pandêlêng, klakuan lsp.
sompek
gopèl, gowèng.
sompoh
disompoh: dipanggul ing pundhak.
sompok
kêpêngkok, kêsompok, kêprêgok.
sondeh
ar. wit.
sondol
menyondol: nggudag, nyundhang, mbijig.
sondong
ut. menyondong: maju karo mundhuk-mundhuk.
songar
sumangkeyan, kakehan pratingkah.
songel
mênjete, nyongat sathithik.
songkok
topi, kupluk, tudhung, songkok.
songsong
disongsong: dipapagake, dipêthukake.
songsong-kalak
têtêmpukan ora gathuk urut tmr. sêrating kayu lsp.
sop
sop.
sopak
bngs. bêlak.
sopan
1 antêng, jatmika; 2 tatatrapsila, ngrêti tatakrama; burung sopan: manuk cendrawasih; disopani: ditanggapi lsp. kalawan tatakrama; kesopanan: tatatrapsila, kasusilan.
sopan-santun
sarèh jatmika, ngêrti tatakrama.
sopir
sopir.
sorak
surak; disoraki: disuraki, disênggaki.
sore
sore.
sorong
surungan, up. kêreta sorong (kreta surungan); kena sorong: dibêsêli; disorong: 1 disurung; 2 diajak, ditari; disorong damai: diajak bêdhamèn; disorong bantal: diwènèhi bantal dikon turu; sorongan: bêsêl.
sosok
I plipidan gêdhe (kêna dilêboni koloran). II sosok tubuh: ragangan (ing awak, prau, omah lsp.); menyosok: ngêdêgake ragangan prau, omah lsp.
sotoh
1 payon wrata (ora mayat); 2 plangitan, lotèng.
sotong
bngs. iwak mangsi.
soyak, soyat
suwèk.
sua
adu arêp (kaya jago kang arêp tarung); bulu sua: baris (wulu jago ing gulu); bersua: kêpêthuk, kêtêmu.
suah
belum suah: durung tau: adakah suah: apa wis tau.
suai
1 ut. sesuai: jodho, cocog trêp. 2 kc. suaji.
suaji
tampar kang pungkasane mawa kolongan (kanggo ngèrèk momotan).
suak
lêmpong (têluk) kang cilik; menyuak: lêlayaran ing lêmpong.
suaka
pangungsèn, pondhokan.
sual
pitakonan; kc. soal.
sualak
mèmpêr, kaya.
sualing
bersualing: sliringan (pêthukan) nanging padha dene ora wêruh.
suam
mangêt-mangêt.
suami
bojo (kang lanang).
suang
gampang; ta' suang-suang: ora gampang.
suangi
1 ar. mêmêdi; 2 ar. iwak; burung

--- 173 ---

suangi: bngs. kokok bêluk.
suap
1 êmplokan, pulukan; 2 ent. bêsêl, ruba; makan suap: mangan bêsêl; disuap: 1 dipuluk; 2 didulang, diloloh, dijuju; 3 ent. dibêsêli.
suar
diyan (gêni lsp) kanggo têtêngêr (nyoloki, madhangi lsp) disuar: dicoloki, diobori tmr. tala.
suara
suwara.
suari
suwari; bantal suari: bantal pajangan (kanggo pangantèn).
suasa
suwasa.
suasana
swasana.
suatu
siji, sawiji; barang suatu: samubarang, sabarang; bersuatu: nunggal; dipersuatukan: ditunggalake, didadèkake siji.
subahat
1 tasbèh; 2 pandonga, pamuji.
subal
groboh tmr. gêgarapan.
suban
tatal.
subang
1 suwêng; 2 uwêr kanggo ngêlar bolongan pasuwêngan; 3 kêrêtan têbu; disubang: dikêrêti (diirisi) bundêr-bundêr.
subhana'llah, Allah subhanahu
mugi pinujia Allah!.
subuh
wayah subuh (bangbang wetan).
subur
subur, wlagang, loh tmr. lêmah.
suci
suci, rêsik.
suda
saèm. sujèn dawa kanggo borang; suda-suda: sogolan têtuwuhan kang lancip-lancip kyt. bung alang-alang lsp.
sudah
1 rampung, lêbar; 2 wis, uwis, sawise, bakda; sudah-sudah: sadurunge; sudah-sudahnya: pungkasane, wasanane; disudahi: 1 didadèkake, dirampungake, dirampungi, diuwisi; 2 dilêksanani, dipinangkani; disudahkan: diuwisi, dirampungi; kesudahan: êntèk-êntèkan, pantogan, karampungan, pungkasan; tiada berkesudahan: tanpa wasana; penyudah: kang dianggo mungkasi, upamane panganan lsp. kang dipangan bakda mangan sêga.
sudi
sudi, sênêng; sudilah kiranya: mugi kêrsaa.
sudip
solèt.
sudu
1 suru, sendhok; 2 sosor, cocor.
sudu-ayah
sidawayah.
sudu-hati
pucuking balung dhadha.
sudung
gubug.
sudut
pojok (an).
suf
ar. bakal kang digawe wulu unta.
sufi
ar. kawruh kabatinan ing kalangan agama Islam.
sufian
mualim sufian: guru ngèlmu kabatinan.
sugar
disugar: disunggar (dijungkati nganggo driji).
sugul
susah, sêdhih; kc. masgul.
sugun
disugun: diungsêb-ungsêbake, diênêt-ênêtake êndhase (kaya yèn pinuju gêlut).
sugun-hantu
bundhêt ut. gêmbêl tmr. rambut.
suh
panas (ing awak).
suhu
adhêm-panasing hawa lsp. (tèmpêratur).
suhun
kc. sekar-suhun.
suir
ar. mêmêdi.
suji
I bludiran, sulaman; disuji: dibludir, disulam. II bngs. ragi.
sujud
sujud, sungkêm.
suk
swara mak krusuk.
suk-sik
krêsêk-krêsêk, klêsak-klêsik.
suka
(-hati) sênêng, bungah; di(ke)-sukai: disênêngi; disukakan: disênêngake, dibêbungah, dibungahake; kesukaan: kasênêngan.
sukacita
bungah, sênêng.
sukar
angèl, ngrêkasa, pakewuh, ribêd; kesukaran: kangelan, karibêdan, pakewuh, kamlaratan.
suka-raya
bungah bangêt.
sukat
I takêran; disukat: ditakêr; sukatan: takêran. II anggêre, manawa.
sukma, su'ma
sukma, roh.
suku
I 1 sikil; 2 prapat, up. tiga suku (¾); 3 perangan, tlatah, up. suku nêgêri; 4 bangsa, gêgolonganing wong kang nunggal turunan. II pisah, seje; suku fasal: seje bab.
suku-kata
wandaning têmbung.
suku
woh sukun.
sukur
sokur; kc. syukur.
suku-sakat
gêgolonganing bangsa dalah kawajibane.
sula
bngs. slumbat ut. lêlandhêp; disula(kan): [disu...]

--- 174 ---

[...la(kan):] dislumbat, disuduk nganggo lêlandhêp minangka paukuman lsp.
sulah
buthak, brindhil tmr. wit-witan.
sulam
I disulam: disulam, dibludir; sulaman: bludiran, sulaman. II wiji ut. bibit kanggo nyulami.
sulang
I disulang: dilarihi (ing inuman kêras). II ut. menyulang: mulêk, nggêmbulêng tmr. pega lsp.
sulap(an)
sulapan; bermain sulap: nyulap.
sulat-sulit
pating pêsêlat.
sulbi
boyok.
suldi
kalamênjing.
suli
1 putu buyut; 2 ent. anak putu (turun).
sulih
ar. têtuwuhan.
suling
I suling. II disuling: dipaat (digawe lênga wangi lsp).
sulit
rêmpit, angèl kêtêmune, gawat.
suluh
1 obor, colok; 2 (ut. penyuluh) ent. têlik, pêcalang; disuluh: 1 diobori, dicoloki, dipadhangi; 2 ent. ditêlik, didingkik.
suluk
ngèlmu gaib; kc. salek.
sulung
1 kang kawitan, pangarêp; 2 (anak-) pambarêp.
sulur
1 nyongat munggah; 2 sogolan, thikilan; 3 purusing saka, tiyang lsp.; sulur-suluran: têtuwuhan rambat.
sulur-bulur
gêgunêman tanpa tatakrama.
sultan
sultan.
suma
ar. iwak sagara.
sumarak
1 cahya; 2 ent. kang bêcik dhewe; kc. semarak.
sumbang
saru bangêt, ora pantês; menyumbang: laku bedhang karo sanak.
sumbar
bersumbar: sêsumbar.
sumbarak
kc. sumarak.
sumbat
sumpêl, sumpêt, bungkêm; disumbat: disumpêli, dibungkêm, disumpêt.
sumber
sumbêr, tuk.
sumbi
disumbi: disopak, disulami kang rusak.
sumbing
gripis, gowèng, suwing.
sumbu
1 sumbu, ucêng-ucêng; 2 indhèn.
sumbuk
ar. prau cilik.
sumbul
bngs. cêpukan; kc. cembul.
sumbur
menyumbur: ngaton, mêtu; disumburkan: diungalake, diwêtokake.
sumur
sumur.
sumpah
sumpah, supata; menyumpah; bersumpah: sumpah, supata; disumpahi: disumpah, disupatani.
sumpah-sumpah
bngs. klarap.
sumpit
I ut. sumpitan: tulup(an); menyumpit: nulup. II bngs. karung ut. kêba cilik mawa koloran.
sumpit-sumpit
ar. iwak loh.
sumsum
sumsum.
sunat
1 sunat, pêpacak kang wis lumrah (ora wajib linakonan); 2 têtak; disunatkan: ditêtaki.
sundai
ar. wit.
sundal
sundêl.
sundal-malam
kêmbang arum dalu.
sundal-gamit
sukêt dondoman.
sundang
bngs. pêdhang cêndhak, wilahane amba.
sungai
1 kali; 2 ent. wêwêngkon, tlatahe dhewe; kesungai: ent. bêbanyu.
sungging
sunggingan, gambar kêkêmbangan ing jarit lsp.; disungging: disungging, digambari kêkêmbangan.
sunggit
disunggit: digambar corak tmr. tênunan.
sungguh
têmên(an), nyata, mula bênêr; sungguh-sungguh: têmên-têmên, tumêmên, mêmpêng; disungguh-sungguhi: ditêmênani, disrêmpêng; disungguhkan: dibênêrake, ditêtêpake yèn nyata; sungguhpun: sanajan.
sungkai
ar. wit.
sungkal
disungkal: didhongkèli, dicokèri.
sungkal-tajak
kêjèn.
sungkap
nglèthèk, nglokop, nglothok, coplok.
sungkit
I songketan. II disungkit: diudhari sarana diplintir bali tmr. tampar lsp.
sungkup
disungkup: ditutupi nganggo bathok lsp.; tersungkup: mêngkurêb, sungkupan: kranjang kang dikurêbake dianggo ngukub sandhangan lsp.
sungkur
menyungkur: ndhungkluk konjêm ing lêmah; disungkur: didhukiri diadhuk-adhuk tmr. lêmah, disunggar tmr. rambut; tersungkur: kêjlungup.

--- 175 ---

sungut
sungut, brengos; bersungut-sungut: mbêsêngut, grênêngan, muring.
sungsang
sungsang (mbalik, kuwalik, njungkir); menyungsang: nggêgarap pagaweyan ora kaya adat sabêne.
sunjam
slulup (nyambêr, mabur lsp) nunjêm; tersunjam: nunjêm.
sunti
sunthi, empol jae lsp.
suntih
disuntih: dikêthok-kêthok, diiris-iris.
suntik
suntik.
sunting
cundhuk, sumping; disunting (kan): 1 dicundhukake, disumpingake; 2 diingêr ênêre tmr. jarum ing pandom; dipersunting: dianggo cundhukan (sumpingan).
suntuk
1 alangan; 2 pantog, notog, tutug ing pungkasane; suntuk hari: (dinane wis pantog) wis surup; tersuntuk: kêpagol, kêslêpêk, kêpêngkok.
sunyi
1 suwung, sêpi, nyênyêt; 2 lêga, ludhang; 3 krasa nglangut, klowang-klawung; sunyi senyap: sêpi mamring, nyênyêt bangêt.
sup, sop
sop.
supaya
supaya.
surah
surah ing koran.
surai
1 rema (rambut); 2 suri (jaran); disurai: didhidhisi, diosak-asik.
suram
surêm, burêng, burêg.
surat
layang; disurati: ditulisi, dikirimi layang; suratan: tulisan.
surat-kabar
layang kabar.
surau
langgar (gêdhe).
surga
swarga.
suri
ratu putri, pramèswari; kc. permaisuri.
suria, surya
srêngenge.
surian
wit surèn.
suri-teladan
conto; têpa tuladha.
suruh
disuruh: diêkon, dikongkon; disuruhkan: dikongkon; suruhan: 1 (ut. pesuruh) kongkonan, utusan; 2 pakon.
suruk
disuruk(kan): ditlêsêpake, dislêndêpake, didhêlikake ing sangisoring barang; menyaruk: nlusup, nlêsêp.
surunala
barang kang aji bangêt.
surut
1 surut, sob; 2 suda, mlorot, mundur tmr. wadyabala.
suryakanta
suryakantha.
susah
susah, rêkasa, kangelan.
susu
1 susu; 2 (air-) banyu susu, puhan; disusui: disusoni; anak susuan: anak êmpengan (dudu anake dhewe); saudara susuan: sadulur tunggal susu.
susuh
1 ri gêdhe; 2 jalu; 3 taji; 4 cakil, sindik.
susuk
sunduk; susuk sanggul: susuk kondhe; disusuk: disundukake.
susukan
susukan (kanal).
susul
disusul: disusul.
susun
tumpuk, sungsun; disusun: 1 ditumpuk, disungsun; 2 ditata, didhapuk, dikarang; susunan: 1 tumpukan, 2 tatanan, dhapukan.
susup
susup; disusupkan: ditlusupake.
susup-sasap
pating tlusup.
susur
pinggir (ing alas, sagara lsp); menyusur: mlaku (lêlayaran) turut ing pinggiring pasisir lsp.; susuran: tanganan ing kursi, pinggiring krêtêg lsp.
susur-galur
aluraning asal-usul.
susut
susut, suda, saya kurang (mimpês lsp.).
sut
mak bêt, mak sut.
sutan
sêsêbutaning wongkangrada darah.
sutera
sutra.