Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

I

iba ~ ibêngan.

i :
I jk 1 ing; 2 dening. II kn: sabawa saèm. e, up. i lah dalah!
iba :
I (ut. [x]-[x], sa-[x]) kn mratelakake bakal luwih ut. bangêt ... yèn (manawa) ... up. [x] bungahe. II (S) kw. ak: gajah.
ibadah :
(A) kn 1 ak. kawajibaning agama; 2 wêkêl tumêmên ênggone nglakoni agama.
ibah :
(A) kn. ak pawèwèh.
ibakara :
(S) kw. ak tlale.
ibarat :
(A) kn pêpindhan ngêmu surasa piwulang lsp; di-[x]-ake: dipindhakake kaya dene.
ibat :
êngg. kn nggumunake bangêt; kc. ebat.
ibêk :
kw kêbak.
ibên :
êngg. k idu.
ibêngan :
êngg. k kubêng; kc. ubêngan.

--- 167 ---

ibêr ~ idhum.

ibêr :
kn. ak abur; layang [x]-[x] ak: layang kiriman; [x]-[x]-an: sarupaning kewan kang bisa mabur (lmr. bngs. walang, kinjêng lsp); mibêr: mabur.
ibing :
I êngg. ki idêp. II ng-[x] êngg. kn: njogèdi tlèdhèk.
iblis :
(A) kn setan.
ibnu :
(A) kn. ak anake lanang (kanggo ing jênêng).
ibu :
k êmbok.
ibug :
ora [x] êngg ora prêduli.
ibur :
I êngg. kn abur, ibêr. II êngg. kn: orêg, rame bangêt.
ibut :
êngg. kn sêngkud anggone tumandang kc. ribut.
ibra :
(A) kn wurung, ora dadi tmr. prakara lsp; kc. ebra.
idab :
(A) kn. ak gumun; kc. edab.
idah :
(A) kn 1 wangênaning wêktu suwene 100 dina sabakdane pêgatan (tmr. wong wadon durung kêna omah-omah manèh); 2 nêtêpi wangênan kang kasêbut; wis (durung) [x]: wis (durung) tumêka ing wangênan 100 dina saka anggone pêgatan.
(idak, idêk) :
di-[x] êngg. kn dipidak.
idan :
jk edan.
idêp :
kn rambut ing pinggiring tlapukan.
idêp-idêp :
kn ruji ing lawanganing icir.
idêr :
kn nawak-nawakake dodolane mênyang ing êndi-êndi; midêr(-midêr): mubêng-mubêng mênyang ing êndi-êndi, ngumbara; di-[x]-i: 1 diubêngi; 2 ditêkani ing wong kang idêr dodolane; di-[x]-ake: digawa mubêng-mubêng ditawakake lsp; [x]-an: 1 br. wong ngumbara; 2 dodolan lsp. sing diidêrake; 3 (sa-[x]-an) saubêngan; 4 (layang [x]-an) layang sing diubêng-ubêngake (ulêm-ulêm, sèrkulèr lsp); 5 êngg. sawah darbèking desa kang panggarape digilirake (gênti-gêntèn).
idi, idin :
(A) kn palilah saka panggêdhe; diidèni: dililani, diparêngake.
(idid) :
midid kn sumilir ajêg tmr. lakuning angin.
idu :
I kn. kêcoh ki 1 banyuning cangkêm; 2 ngêtokake banyuning cangkêm; [x] bacin: idu ing wayah esuk bakda tangi turu; [x] gêni pr: apa sing dikandhakake mêsthi kêlakon (digugu lsp); [x] didilat manèh pr: nyêlêd gunêm kang wis kawêtu; diidoni: diciprati lsp. ing idu; paidon kn. (pa-) kêcohan ki: wadhah idu. II kn: 1/8 bau.
idug-idug :
êngg. kn sabawa mratelakake gumun lsp.
idulfitri :
(-pitri, -pitir) (A) kn riyaya lêbaran.
idulkurban :
(A) kn riyaya munggah kaji.
ijab :
I ([x] kabul) (A) kn ningkahan (prajanjiane pangantèn ana ingarêpe pêngulu); di-[x]-ake: diningkahake. II êngg. kn: iba, ebat; ng-[x]-[x]-i: ngedab-edabi.
ijabah :
(A) kn. ak diparêngake (kalêksanan panuwune); ng-[x]-i: nglêksanani.
ijèh, ijèk :
pc. n isih.
ijèn :
kn 1 (ut. [x]-[x]-an) dhewe (tanpa kanthi); 2 (ut. [x]-[x]-an, padha [x] mung lêlawanan wong loro (tmr. rêrêmbugan, kêrêngan lsp); 3 (ut. [x]-[x]) saka siji, dhewe-dhewe; 4 ak. ekan tmr. wilangan; di-[x]-i: 1 ditandangi dhewe; 2 ora ana sing nglamaki; kc. iji.
ijêm :
k ijo.
ijêmak :
(A) kn cocoging panêmune para ahli agama.
ijêp-ijêp :
êngg. kn ruji lawanganing icir.
iji :
kn katêranganing wilanganing barang-barang mratelakake salamba, up. têlung [x]; di-[x]-[x]: dietung saka siji.
ijig-ijig :
êngg. kn dumadakan têka; kc. èjèg, ujug.
ijih, ijik :
êngg. pc isih.
ijik :
êngg. kn wisuh; kc. wijik.
ijir :
êngg. kn ajar (ilap-ilapaning jêruk); di-[x]-(i) êngg. pc: 1 dijupuki (dipilah-pilah) saka sathithik; 2 (ut. di-[x]-[x] dietung kalawan titi.
ijlag-ijlig :
êngg. kn bola-bali têka ut. lunga; kc. èjlèg.
ijmak :
(A) kn cocoging panêmune para ahli agama.
ijo :
n. ijêm k warna kaya dene warnaning godhong; di-[x]: 1 diêcèt lsp. ijo; 2 dituku ing sadurunge diênèni (diundhuh wohe); diijoni: diwènèhi êmpingan (dhuwit) minangka patukone pari lsp. (ing sadurunge diênèni); diijokake: diêdol ing sadurunge diênèni; kc. ijon.
ijoan :
n. ijêman k 1 mung diucapake sarana lesan (ora katulis); 2 ak. surasaning layang; [x]-e êngg: têgêse, karêpe, lire.
ijod, ijot :
êngg ijol.
ijol :
([x]-an, [x]-[x]-an) n. lintu {(le-) linton, linyonan} kliron barang darbe, panggawean lsp; di-[x]-i n. dipun-lintoni k: dilironi.
ijon, ijon-ijonan :
êngg. kn 1 (ut. [x]-an) dol tinuku pari lsp. sing durung diênèni; 2 dhuwit pitukoning pari lsp. sing diijokake; kc. ijo.
ijrah :
I êngg. kn petungan, wilangan; di-[x]: dietung; kc. ejrah. II (A) kn: pisah (lolose K.N.Moehamad saka ing Mêkah ing taun 622 dianggo wiwitaning petungan taun Islam).
(idham) :
ng-[x] kn adrêng kêpengin mangan wowohan lsp. (tmr. wong mêtêng ênom); ng-[x] kaworan(-kawuryan) br: katon mêtêng; [x]-[x]-an: apa-apa sing dipengini bangêt (ing wong mêtêng); 2 ent. pêpenginan, kang dijangka.
idhêm :
(W) kn padha (karo kang wis kasêbut).
idhêp :
1 kw. ak pikiran, rasaning ati; 2 pc. wêruh, sumurup; 3 êngg. kw. mituhu, sungkêm marang; [x]-[x] êngg. dianggêp kaya dene, sumurup dadi ...; midhêp kw: 1 ak. wêruh, mangêrti; 2 êngg. sungkêm sarta bêkti marang; di-[x]-ake: 1 êngg. pc. diwêruhake (diwulang); 2 kw. dipurih sungkêm marang; kc. èdhêp, kèdhêp.
idhum :
êngg. pc edhum.

--- 168 ---

(idhun) ~ ikut.

(idhun) :
di-[x]-ake êngg. pc diudhunake.
idhup :
(M) êngg. pc urip.
(idhop) :
di-[x]-ake êngg. kn diurungake, diijolake; [x]-[x]-an êngg: urup-urupan, ijolan.
iga :
kn balung wêwilahan sing minangka dadi raganganing dhadha; [x] landhung: iga sing dawa; [x] wêkas: iga cêndhak sing ora sumambung ing balung dhadha; ditlusur [x]-ne pc: digolèki kaluputane; [x]-[x]: sigaran pring minangka pikuwating gêdhèg, pagêr lsp.
igar :
ut. [x]-an kn. ak ½ dhuwit.
igèh, igih, igik, igin :
êngg isih.
igêl) :
ng-[x] kn 1 njêgrag sarta mbèbèr buntut tmr. mêrak; 2 ngukêl tangan tmr. njogèd.
igir-igir :
êngg. kn gunung, gigiring gunung.
(igit) :
ng-[x]-[x] kn muring bangêt sarta ngincim-incim.
iguh :
I êngg. kn 1 pratikêl, caraning panindak; 2 pintêr nindakake kang amurih tata, bêcik lsp; di-[x] (ake): ditindakake kanthi pratikêl kang amurih tata, bêcik lsp. II kw. ak: oyag, obah, mingêr.
igul-igul :
êngg. pc katranganing mlaku saèm. megol-megol.
ih :
pc sabawa nelakake kêbênêran, kêna lsp.
ihtiyar :
(A) kn golèk srana (têtamba lsp); kc. sêtiyar.
iya :
n. inggih k 1 kanggo wangsulan mratelakake yèn cocok, saguh, sanggêm lsp; 2 mratelakake nayogyani, ora malangi, up. yèn kowe gêlêm, [x] tandangana; 3 uga, uga kaya mêngkono; 4 mula pancèn; 5 ([x] ..., [x] ...) ak. padha bae karo; 6 ([x] yèn) mêngkono iku yèn; kaya [x]-[x]-a: kaya têmênan; diiyani: diwangsuli iya (disaguhi lsp); kc. ya.
iyab-iyaban :
kn yab-yaban, byayakan.
iyah, iyak :
pc sabawa mratelakake maido, ora cocog lsp.
iyak-iyakan :
pc biyayakan.
iyan :
kn saèm. tambir awangun pêsagi dianggo ngêlèr sêga kang diêngi.
iyane :
êngg dhèwèke.
iyang :
I pc sabawa nelakake maido, ora cocog lsp. II êngg: aku. III di-[x]-ake êngg. ak: dipasokake (tmr. pajêg, raja-pundhut lsp, ing padesan); kc. miyang.
iyasa :
kn gawe; kc. yasa.
(iyat) :
ng-[x] kn mbukak kêrtu (mainan); [x]-an: kêrtu kang wis dibukak.
iyeka, iyèki, iyèku :
kw ya iki, ya iku.
(iyèn) :
di-[x] êngg diwènèhi.
iyêg :
ut. sa-[x] kn. ak golong pikir, sarujuk, sayuk; sa-[x]-[x]: akèh sarta abot bangêt; ng-[x]-[x]: katon abot bangêt.
(iyêk) :
di-[x]-[x] pc 1 diringkêl-ringkêl; 2 diêkul (disêwiyah) bangêt.
(iyêm) :
di-[x] êngg dianyêpake murih ora ngrapak tmr. têmbako lsp; kc. ayém.
(iyêng) :
ng-[x] êngg. kn tansah nangis ora mênêng-mênêng.
(iyik) :
di-[x]-[x] pc diiyêk-iyêk.
iyub :
êngg. kn eyub.
(iyud) :
di-[x]-[x] kn saèm. dioyag-oyag (supaya mêntul, mêndat).
iyuh :
êngg. kn iyah, iyak, iyang.
iyuk :
êngg iyak, iyah.
(iyun) :
di-[x] kn dibandul; kc. yun.
iyung :
I kn. ak nyingkiri pagawean, ora têtêp pamikire (gunême lsp); kc. eyung. II êngg: iyak, iyah.
(iyod) :
di-[x]([x]) kn diiyud-iyud.
(iyog) :
di-[x] kn dioyag-oyag supaya gogrog wohe lsp.
iyok :
êngg. pc iya.
iyom :
êngg. kn aub, ayom.
iyong :
êngg iyung, iyah, iyak.
ika :
kw. êngg. n. punika k panuduh marang barang kang adoh saka kang gunêman; ora ika iki êngg: 1 ora duwe apa-apa; 2 babar pisan ora duwe pangrêmbug kang nyulayani; kc. kae.
ikayat :
(A) kn. ak crita, layang crita.
(ikal) :
di-[x] êngg. kn digulung diubêdake (tmr. tampar, bolah, lawe lsp); ng-[x] gada br: ngumbulake sarta ngobat-abitake gada; ng-[x] basa(-padu) br: ngubad-ubêdake têmbung amrih mênang padune; [x]-([x])an: piranti dianggo ngikal, apa-apa sing diikal.
ikan :
êngg. kn iwak loh.
ikana :
kw. ak ika, kae.
ikanang :
kw. ak ika, kae (dianggo ing sangarêping têmbung).
ikang :
kw. ak ika, kae; kc. ikanang.
ike :
kw. iki, kiye.
ikêr-ikêr :
kn. ak pinggiraning caping lsp.
ikêt :
I kn. dhêsthar ki bngs. jarit awangun pêsagi dianggo nutupi êndhas (sarana katata); di-[x]-[x]-i (didhêsthari ki): diênggoni (ditrapi) ikêt; [x]-[x]-an (dhêstharan ki): 1 ngêtrapake ikêt; 2 nganggo ikêt. II di-[x] kw: 1 ditalèni; 2 dikarang, dianggit; [x]-aning ukara: pangrakiting ukara.
iki :
n. punika k panuduh mratelakake barang kang cêdhak karo kang gunêman.
ikih :
êngg. kn jêr, mula pancèn.
ikin :
êngg isih.
iking :
kw. ak iki, kiye (dianggo ing sangarêping têmbung).
iklas :
(A) kn kanthi lêga lila têrusing batin; kc. eklas.
iklik :
êngg. kn ora lèrèn-lèrèn ênggone tumandang ing gawe.
iklim :
(A) kn. ak mangsa (kaananing hawa).
ikluk :
êngg. kn tumungkul sarta tumêmên ênggone nggêgarap.
ikmat :
I (A) kn. ak 1 kawicaksanan, reka; 2 daya kasêktèning tênung lsp; kc. khikmat, hikmat, kêmat, kikmat. II pc: nikmat.
iku :
I n. punika k 1 panuduh mratelakake barang sing rada adoh saka kang gunêman; 2 sêsulih mratelakake prakara (apa-apa) sing mêntas kasêbut; 3 (ut. kang [x]) ak. kang mêngsono[1] iku marga saka aku; 4 kanggo nêrangake golongan, jinis lsp. kang umum (gumathok). II kw. ak: buntut, cs. 1.
ikut :
I kn kulit pucuking palanangan.

--- 169 ---

iko ~ ilu

II di-[x] êngg. kn: dijupuk, dikukuti, didhaku.
iko :
jk kuwi, kono.
ikral, ikrar :
(A) kn katêrangan pêpancasaning prakara; kc. ekral.
ikram :
(A) kn nindakake cukur, ora nganggo trumpah lsp. (anggêr-anggêre wong munggah kaji).
ikrik :
pc kikrik.
iksamên :
(W) kn pandadaraning kapintêran; di-[x]: didadar kapintêrane.
iksêtrah :
(W) pc wuwuhan mirunggan (tmr. gambar sorot, tonil lsp).
iksu :
(S) jk têbu.
iktidal :
(A) kn ngadêg kang kawitan (sajroning salat).
iktiyar :
(A) kn. ak golèk srana; kc. ihtiyar, sêtiyar.
ila :
(-ila) kn 1 wêwarahe para lêluhur kuna sing kudu dièstokake (awujud pêpacuh, sarat, srana lsp); 2 supata, sot; 3 ([x] apa) kênaa ing supata (dianggo ngantêpake bênêre gunême).
(ilab) :
[x]-[x]-an kn 1 mawa lêlapisan; 2 ak. tumruntun urut-urutan ênggone têka (lunga).
iladuni :
(A) kn (ngèlmu [x]) ngèlmu gaib babagan pêthèk sarta wêwêcan.
ilag-ilag :
êngg. kn panulak (srana, donga).
ilahèng :
kw. ak panyêbut marang dewa (pêpucuking sêmbahyang).
ila-ilu :
kn. ak mung manut ing akèh (ora duwe kaantêpan); kc. èla-èlu.
(ilak) :
I [x]-[x] êngg. kn panulak (srana, donga). II ng-[x]-[x] êngg. kn: katon jêmbar bangêt sarta wrata (tmr. sawah, palêmahan lsp).
ilam :
kn. ak balung gulu (athik-athikan kang gandhèng karo ula-ula).
ilang :
n. ical k dadi ora ana (ora katon, ora maujud, sirna lsp); ng-[x]: musna, ora ngaton; di-[x]-i: dibusêk (dijupuk lap) supaya ilang; di-[x]-ake: 1 diilangi; 2 (ut. di-[x]-[x]-ake) dilalèk-lalèkake (digawe ilang saka ing pikiran, pangrasa lsp); 3 ora dikaton-katonake tmr. kabêcikaning wong liya lsp; 4 ora dipetung manèh (tmr. utang lsp), ora ditêbus (tmr. barang gadhèn lsp); [x]-[x]-an: 1 babagan barang ilang; 2 sênadyan ilang iya wis (ditekadake); jaman ka-[x]-an br: jaman akerat; pang-[x]-an: aji kang njalari bisa ngilang.
ilapat :
(A) kn ngalamat bakal anane lêlakon (kawahnya mawentehan ut. ing impèn).
(ilar) :
I di-[x] (-i) êngg. kn 1 dibabadi (tmr. bêbondhotan, têtuwuhan lsp); 2 disirik, disingkiri; kc. milar. II di-[x]-i êngg. kn: digolèke; kc. ular. III ng-[x]-[x] êngg. kn: ngilak-ilak, gilar-gilar.
ilas-ilas :
êngg. k ulas-ulas.
ilat :
kn. lidhah ki daging ing cangkêm kang dianggo ngrasakake, ndilat lsp; mati [x]-e pc: ora bisa ngrasakake; dawa [x]-e pc: sênêng golèk alêm; [x]-[x] êngg: bngs. wot sing digawe pring; [x]-[x]-an: 1 têtironing ilat; 2 bngs. anggar dianggo nggawa kêris, pêdhang lsp; 3 ar. kewan sêgara sok dianggo masinan pêrkutut.
ilat baya :
kn ar. têtuwuhan.
ile :
êngg. kn kronehan, kakehan panjangka.
ilèn :
I sawah [x](-[x]) êngg sawah sorotan (diêlêbi banyu saka ing kali); [x]-[x]: 1 ([x]-[x] saka) olèh banyu (ent. panguripan) saka: 2 êngg. kalenan, banyu sing mili: kc. kali. II [x]-[x], [x]-an kn. ak: pituwas minangka lêliruning apa-apa sing ilang; di-[x]-i ak: ditêmpuhi; kc. ili.
ilèr :
kn ar. têtuwuhan godhonge kêna dianggo têtamba.
(ilêb) :
di- [x](i) kn. ak diêlêb(-i).
(ilêp) :
di-[x]-ake kn. ak disilêpake ing banyu.
ilêr :
kn idu kang ndluwèr; ng-[x]: 1 mêtu ilêre; 2 plikêt sarta mulur tmr. panganan lsp. marga wis wayu; 3 pc. kêpengin bangêt.
(ilês) :
di-[x](-[x]) kn 1 diidak-idak mawali-wali (tmr. wasuhan, pari lsp); 2 br. ak. ditindhês, disiya-siya.
ilêt :
êngg. k ili; kc. milêt.
ilham :
(A) kn wisiking Allah.
ili :
I kn lakuning banyu (barang cuwèr); diilèni êngg: diêlêbi (diparani lsp) ing banyu; diilèkake: diparakake mênyang (tmr. ilining banyu); kc. ilèn, kèli, mili. II ut. [x]-[x] kn: pituwas minangka lêliruning apa-apa sing ilang; diilèni: 1 ak. ditêmpuhi; 2 dituku sathithik (tmr. godhong, suruh, wowohan lsp. sing isih ana ing pomahan sarta kang pancène ora diêdol); kc. ilèn. III ng-[x] kn: ngungsi mênyang ing liya panggonan marga ana kacilakan banjir lsp; diilèkake: digawa ngili mênyang ing liya panggonan.
ilik :
I kn wis êmoh sapa aruh; kc. elik. II di-[x]-[x] kn: diithik-ithik. III di-[x](-[x]) êngg. kn: ditiliki. IV di-[x]-ake êngg: dielikake, dipênging.
iling :
I êngg. kn nisih, sumingkir; di-[x]: diêsokake alon-alonan (wadhahe diiringake); di-[x]-i: diêsoki (diisèni) sarana diiling. II di-[x]-[x]-i kn: didêlêng (ditamatake) kalawan sêtiti; kc. milang-miling, miling-miling.
ilir :
I kn bngs. tepas pêsagi garane digapitake ing pinggir; di-[x]-i: dikêbuti nganggo ilir. II di-[x] êngg. kn: dipilihi (tmr. wolèn kang arêp dianggo wiji). III di-[x]-ake kn: dilakokake mêdhun (nurut ilining banyu); [x]-an êngg. kn: ilèn-ilèn; kc. milir.
ilis :
nganggo [x] êngg drijine nganggo diadhangake ing lambening takêran (tmr. nakêr bêras, jagung lsp; kc. pilis.
ilmi :
k. ak ilmu.
ilmu :
(A) kn kawruh, sêsurupan; kc. ngèlmu.
ilu :
I kn banyu plikêt kang ndlèwèr saka ing gudhig, congor lsp; mambu [x] pc: wis kapok (kanji). II [x]-[x], [x]-[x]-nên kn. ak: mung manut ombyaking akèh; diilokake n. dipun-tumutakên k. didhèrèkake ki: 1 dikon mèlu marang; 2 dikatutake (digamblokake) marang; 3 (ut. diilok-ilokake) diarani mèlu ngrewangi lsp; kc. ilon, kèlu, mèlu.

--- 170 ---

ilung ~ ina.

ilung :
br. ak ilang.
ing ilo-ilo :
II ng-[x] kn 1 ndêlêng wujude dhewe ana ing kaca lsp.; 2 ak. ilur êngg. kn: ilêr.
(ilo) :
I [x]-[x] êngg. kn papan ing wêwayanganing diyan (sing ora kêsorotan); ng-[x]-[x]; ana mandhêg namatake buku lsp; 3 nulad, nuladha; ora ng-[x] githoke pc: ora ngèlingi kaanane awake dhewe; kc. pangilon.
ilok :
I (ut. [x]-[x]) êngg. kn kala-kala, kadhang kala; ora [x] êngg: ora tau. II êngg. ak: patut, pantês; [x] apa(-ne) êngg: dianggo apa; ora [x]: ora bêcik (dianggo ngelikake mênawa ana sing arêp nêrak gugon tuhon lsp). III (ut. [x]-an, [x]-e, [x]-ên, apa [x]) êngg: ora lumrah! (nelakake gumun, bangêt lsp). IV di- [x]-ake, di-[x]-i êngg: dielikake.
ilon :
I kn 1 (ut. [x]-[x]-ên) gampang mèlu marang; 2 incon, rewang (tmr. dolanan); kc. ilu, mèlu. II [x]-[x] êngg. kn: 1 mèlu, 2 gênti tutburi; [x]-[x]-ên êngg: ngrewangi sasisih (tmr. wong padon lsp, ora adil).
ima :
kw mêndhung; kc. hima.
imah-imah :
êngg. k. pc omah-omah; kc. emah.
imalaya :
kw 1 gunung; 2 mêndhung.
imam :
(A) kn pangarêping wong sêmbahyang; di-[x]-i: dipangarêpi tmr. wong kang padha sêmbahyang.
iman :
I (A) kn piandêl (babagan agama); di-[x]-ake êngg: dièstokake. II pc: eman. III pc: imam.
imantaka :
kw. ak mêndhung.
imat :
êngg. k 1 kumat; 2 umat.
imba :
I ki alis. II kn: ar. têtuwuhan. III [x]-[x] êngg. kn: tumindak kaya dene; kc. emba, mimba.
imbal :
kn rangkêp gêntenan panabuhe (saron lsp); [x] wacana ([x] pangandika) br: omong-omongan rêrêmbugan; di-[x]-ake br: ditundhakake (tmr. dhawuh lsp); [x]-an: 1 br. giliran, gênti-gêntèn; 2 êngg. k. opahan; kc. embal, timbal.
imbang :
kw têmbing, pinggir, sisih; di-[x]-i: 1 disisihi, ditandhingi; 2 dikira-kira (dietung); [x]-[x]-an: 1 mèh padha (tandhing) karo, irib-iriban; 2 kira-kira, têksiran; kc. bang, timbang.
imbar :
I êngg. k umbar. II ngurêbi (nyangga) [x] supatane br: wani (nêtêpi) supatane (sumpahe); di-[x] br: disumpah.
imbêt :
I k imbuh. II dipun-[x] êngg. k diimbu.
imbir :
kn. ak pinggir, têmbing, bambing; di-[x] ak: diirib-irib, ditiru sathithik; di-[x]-[x] ak: 1 disuda-suda saka sathithik; 2 diwèt-wèt.
(imbu) :
di-[x] kn 1 dimatêngake sarana disimpên (dikrukup ing uwuh lsp, tmr. wowohan lsp); 2 ent. disimpên, ora enggal dilairake tmr. prakara lsp; kc. imbon.
imbuh :
i kw. wuwuh, mundhak, tur; 2 n. imbêt k. wuwuhan (tmr. barang sing dituku); 3 tanduk ki. wuwuh(-an) ing nalikane mangan; 4 (ut. [x]-[x]) êngg. ak. wuwuh-wuwuh, luwih-luwih; di-[x]-i: 1 diwuwuhi, dibangêtake, diundhaki; 2 (dipunimbêti k) diwènèhi imbuh tmr. têtuku; 3 (ditanduki ki) diwènèhi imbuh (ing nalikane mangan); [x]-[x]-an n. imbêt-imbêtan k: wuwuhan.
imboh :
êngg. n. imbêt k imbuh.
imbon :
kn wowohan (ent. prakara lsp) kang diimbu.
imêt :
sa-[x] pc sathithik bangêt.
imigrasi :
(W) kn boyongan (mênyang liya panggonan).
(iming) :
di-[x]-[x](-i) kn dipêpengin sarana dituduhi apa-apa sing menginake.
(imit) :
sa-[x] pc sathithik bangêt; di-[x]-[x]-ake: diiwit-iwit, digêmèni.
(imuk) :
di-[x](-[x]) ak. kn dirimuk, dibujuk.
imul :
kn ora duwe isin (dhêmên njêjaluk lsp).
(imur) :
di-[x] kw dilêlipur, dirimuk, dirêrapu.
impang :
êngg. kn mênang; kc. mimpang.
impèn :
n. supêna k wêwujudan (lêlakon lsp) kang katon ing sajroning turu; [x]-an: kêrêp ngimpi; [x]-[x]-ên: tansah katon ing impèn (marga bangêt ênggone nggagas); kc. impi, kèmpi.
(impèn) :
di-[x] kw. ak diklumpukake; kc. impun.
impêng :
êngg. kn wuluhan wêsi (dalan banyu lsp); kc. implêng.
impêr :
kw. ak èmpêr.
impês :
kn 1 plêmbungan wadhah uyuh (sacêdhake ginjêl); 2 wadhah lênga klêntik (kang digawe impês kêbo ut. sapi); 3 (ut. mimpês) kc: kêmpès, mari mlêmbung; 4 pc. suda (sah) utange; di-[x] ks: dipatèni.
(impi) :
ng-[x] n. supêna, nyupêna k wêruh lêlakon ut. rumasa ngalami lêlakon ing sajroning turu; di-[x]-[x] kn: diangên-angên bangêt, diarêp-arêp bangêt; diimpèkake: katon ing sajroning ngimpi; kc. impèn, kèmpi.
implêng :
êngg. kn 1 wuluhan (blombongan) dalan banyu; 2 pangarêping pakaryan irigasi ing padesan; 3 (rondha [x]) rondha dhêdhêmitan (arêp ndingkik); di-[x]: 1 diinjên, didingkik; 2 pc. diicêng, ditamatake sasolah tingkahe.
impling :
kn wadhah candu kang digawe timah.
impu :
kn bngs. kêlud dianggo nglumpukake kêcêran bêras lsp; di-[x]: 1 ak. diklumpukake tmr. keceran bêras lsp; 2 br. diklumpukake (tmr. kapintêran, kawruh lsp).
impun :
I kn ar. iwak sêgara bngs. calo. II di-[x](-i) kw: diklumpukake (tmr. kawruh, sêsurupan lsp).
impur :
kn 1 nyêkèkèh dhêngkule mlêbu (tmr. sikil, mlaku); 2 jogèd gagah nanging cêndhèk ênggone njunjung sikil.
ina :
I kw. nistha, asor; 2 kn. ak. cacad (tmr. badan); 3 kw. picak; 4 ak. weya, kurang ngati-ati; di-[x]: disêpèlèkake (dipêsthèkake yèn mêsthi ora bisa); kc. kainan.

--- 171 ---

ina-budi ~ intha-intha.

ina-budi :
kw bodho.
inah :
kn 1 wangênaning wêktu (kanggo ngrêmbug lsp); 2 pc. sêmaya; di-[x]-i(-ake): diwènèhi inah, disumênèkake.
inak :
jk enak.
inak-inuk :
pc enak-enakan.
inalailah, inalilah :
(A) êngg. pc sabawa nelakake kagèt sêmu gumun dening krungu kabar patining sêdulur lsp.
inaloka :
kw (padununganing) wong ala.
(indêl) :
di-[x] êngg. kn 1 digodhog (tmr. wedang); 2 dikênthêlake sarana diênêbake; di-[x]-ake ak: ditogake bae; kc. kèndêl, mèndêl.
indêng :
sa-[x]-ing jagat br salumahing jagat (ingêndi-êndi); di-[x]-ake ak: dilêstarèkake, dilanggêngake; kc. mindêng, pindêng.
inding :
ks cawêt pawadonan (nalikane nggarap-banyu).
indu :
(S) kw. ak rêmbulan.
indung :
kw. ak biyung.
indupati :
(S) kw rêmbulan.
indrak :
êngg. kn lara gomên (cangkême).
indriya :
(S) kw ati, karêp; cs. 5.
(injêk) :
di-[x] kw diidak.
injên :
I êngg. kn indhên. II di-[x] kn: didêlêng saka ing bolongan; [x]-[x]-an 1 tontonan awujud gambar kadokok ing kothak (grobogan) yèn nonton srana diinjên; 2 ar. têtuwuhan.
injênên :
êngg. kn saèm. wudunên ing êndhas.
(injêng) :
di-[x] êngg. kn diinjên.
injêt :
êngg. kn jur-juran gamping; kc. apu, ênjêt.
(injik) :
ng-[x] êngg. pc tilik, ngungak.
injil :
(A) kn kitab suci (Kristên).
injit :
êngg. pc bisa.
injuh, injoh :
êngg. pc bisa.
indha :
kn. ak endha.
indha-indha :
êngg. kn mindha-mindha, rewa-rewa; kc. endha.
indhak :
k undhak.
indhang :
êngg. kn tilik marang (mêdhayoh); di-[x]-i: ditiliki, diklilingi; kc. endhang.
indhêkos :
(W) kn mondhok mbayar sewan lan pangan; di-[x]-ake: dipondhokake (tmr. bocah sêkolah lsp).
indhên :
kn ancêr garaning rodha.
(indhik) :
di-[x], di-[x]-[x]-i kn diparani alon-alonan (arêp dicêkêl, didêkêp lsp); kc. mindhik.
indhing :
ks cawêting pawadonan (nalika nggarap-banyu).
(indhit) :
di-[x] kn digawa kadèkèk ing bangkekan (tmr. klênthing lsp).
indhung :
kn. ak wong kang nunut manggon ing desa (ora duwe wêwênang bab palêmahan); ng-[x]: manggon ana ing pomahaning liyan; ng-[x] tèmpèl êngg: nunut manggon ing pomahaning liyan; ng-[x] cangkok êngg: manggon ing pomahaning liyan kanthi wêwênang mungguhing pomahan kang diênggoni mau; pang-[x]: wong kang ngindhung. II di-[x] êngg. kn: didhayohi; kc. endhang, endhong.
inêb :
ut. [x]-[x]-an kn tutup (ing lawang ut. cêndhela); di-[x](-ake) êngg: ditutup (lawang, cêndhela lsp); kc. minêb.
(inêp) :
ng-[x] n. nyipêng k. nyare ki turu ana ing omah ut. panggonan liya (ing sajroning lêlungan); di-[x]-ake: 1 disarèkake sawêngi ut. luwih (tmr. layon lsp); 2 ak. dikon nginêp ana ing.
inis :
êngg. kn isis; kc. ninis.
(inum) :
di-[x] kw. (êngg. k) diombe; di-[x]-i êngg: diombèni (arak lsp); [x]--an êngg: ombèn-ombèn sing mêndêmi; kc. minum.
insa'allah :
(A) kn yèn Gusti Allah marêngake.
insap :
(A) kn. ak 1 kaadilan, pantês; 2 pc. mangêrti têmênan.
insêpèksi :
(W) kn pêpriksan (pamulangan lsp); di-[x]: dipriksa (pamulangan lsp(.
insêpèktur :
(W) kn juru mriksa (pamulangan lsp).
insinyir, insinyur :
(W) kn wong kang ahli babagan yêyasan, pamêlikan lsp.
insingir :
(W) kn wong kang ahli babagan yêyasan, pamêlikan lsp.
intar :
kw muluk (kawruhe lsp); kc. entar, mentar.
(inte) :
di-[x] kw diinjên, ditamatake, diintip.
intèrlokal :
(W) kn sajabaning wêwêngkon (tmr. têlepun).
intèrnasional :
(W) kn (sêsambungan, gêgayutan lsp) nêgara-nêgara ing salumahing jagat.
intên :
kn watu pêlikan kang aji bangêt wujude kaya kaca sumorot.
intêr :
I êngg. pcbisa; kc. pintêr. II di-[x]-i kn: dirêsiki sarana didokok ing tampah lsp, banjur diubêngake lan dikêtog-kêtogake tmr. bêras lsp.
(inting) :
di-[x]-[x] êngg. kn ditantang, diincim-incim.
intip :
I kn gosongan sêga lsp. ing dhasaring kêndhil lsp; ng-[x]: ana (mêtu) intipe. II di-[x] kn: didingkik; kc. mintip.
(intir) :
di-[x]-[x], di-[x]-ake kn diajêgake urupe (sarana diêlongi urub-urube); di-[x]-i ak: diwènèhi sathithik-sathithik (nanging lumintu); ng-[x]-[x] êngg. kn: krasa ngêlih bangêt; kc. kèntir, mintir.
intrèsan :
êngg. kn dhuwit minangka manjêr kawènèhake marang wong kang duwe sawah (saka wong kang bakal nggarap); kc. èntrès.
incak, incêk) :
di-[x]-[x] kn 1 ak. ditintingi, diintêri manèh; 2 êngg. diidak-idak.
incat :
êngg. k oncat.
(incêng) :
di-[x] kn 1 dipandêng ditamatake saka kadohan; 2 disipat, diênêr, di-[x]-ake: diênêrake marang.
incêr :
kn. ak bngs. indhên cilik (ing rodha jam lsp); di-[x]: 1 dipandêng, dimelik bangêt; 2 diincêng.
(incih) :
di-[x] kn 1 dimelik bangêt, diudi bangêt bisaa olèh (ndarbèni); 2 ak. diincim-incim bangêt.
(incim) :
di-[x]-[x] kn samangsa kêtêmu bakal dipilara (disrêngêni lsp); [x]-[x]-an: padha dene ngincim-incim; kc. ancam.
(incip) :
di-[x]-i êngg diicipi.
(incup) :
di-[x] êngg. kn dicêkêl sarana kajapit ing jêmpol karo driji; kc. êncup, kincup.
(incrit) :
di-[x]-[x] kn diwènèhake (dijupuki) saka sathithik.
intha-intha :
êngg. kn kaya dene; kc. entha.

--- 172 ---

inthar ~ (inglêp).

inthar :
ut. ng-[x] êngg. kn mlayu rikat (marga wêdi lsp).
inthil :
I kn 1 tlethong wêdhus; 2 ar. panganan. II di-[x](-i) êngg. pc: dikinthil(-i).
inthilan :
êngg. kn pajêg wuwuhan (mirunggan); kc. kinthil.
(inthit) :
di-[x]-[x] êngg. pc diwènèhake (dijupuki) saka sathithik; kc. incrit.
inthuk :
kn. ak gamêl, wong asor; kc. minthuk.
inya :
kn batur kang gawene nusoni.
(inyak, inyêk) :
di-[x]-[x] êngg. kn diidak-idak.
inyong :
êngg aku, -ku.
ing :
kn 1 ancêr-ancêr nelakake dunung, up. ana [x] kana; 2 nelakake ana sajroning wêktu (mangsa), up. [x] taun 1938; 3 mungguh, tumrap, marang, dening; 4 kanggo panambang nunggal têgês karo -e (-ipun).
(ingah) :
dipun-[x] k diingu; kc. ingu.
ingah-ingih :
êngg. kn katon mêmêlas dening kêmlaratan lsp.
(ingak) :
dipun-[x] êngg. k diungak.
ingak-ingik :
kn. ak kêrêp nangis (tmr. bayi).
ingak-inguk :
kn ndêdêlêng kang ana ing jêro (omah, sumur lsp); kc. inguk, ungak.
ingan :
I kn ikalan lawe (ing pangantihan). II kw: watês, wangên; tanpa [x]: tanpa watês (keluwih-luwih).
ingar-ingêr :
(-an) kn 1 owah-owah ênêre (arêpe) sarana diingsat-ingsêt (diubang-ubêngake); 2 gonta-ganti (omah, pagawean lsp); kc. ingêr, mingêr.
ingas :
kn ar. wit (dhadhake mawa racun).
ingêbèhi :
kn ar. sêsêbutaning priyayi têngahan; kc. ngabèhi.
(ingêl) :
di-[x]-[x] kn diêngkuk-êngkuk sarta diungsêb-ungsêbake.
ingêr :
kn owahing adhêp (ênêr); wêruh ubêng [x]-ing jagat br: mangêrti marang kaanan obah owahing lêlakon ing donya; di-[x](-ake): 1 (kêrise-) kêrise diingsêt saka ing gêgêr mênyang ing bangkekan; 2 diubêngake (diowahi) ênêre; 3 diputêr (tmr. rêmbug, prakara lsp); di-[x]-i: 1 (-gadhène) gadhène diêlih mênyang pagadhean liya (supaya luwih akèh olèhe dhuwit); 2 ak. diselaki, ora diakoni; kc. kèngêr, mingêr.
ingêt :
êngg. kn eling; di-[x]-i (êngg) di-[x]-ake: didêlêng kanthi ditamatake; kc. èngêt.
ingga :
êngg. kn nganti, kongsi; inggane êngg: ing saupama; kc. engga, saengga.
inggah :
I k unggah. II di-[x]-ake pc: disinggahake.
inggal :
êngg. kn enggal.
inggar :
kw. ak linggar, enggar.
(inggat) :
di-[x]-i kn dioncati, dilungani (supaya aja kêna, kêtaman lsp); di-[x]-ake: digawa minggat; ([x]-[x]-an: 1 wong lsp. sing minggat; 2 kêrêp minggat; kc. minggat.
(inggêng) :
di-[x] êngg. kn diinjên.
inggih :
k iya; [x] ora kêpanggih pc: saguh nanging ora tau nuhoni.
inggil k :
dhuwur.
inggita :
(S) kw. ak solah tingkah, kêlakuan.
inggu :
kn ar. têtuwuhan sing ngêtokake blêndok ambune ora enak (sok dianggo tamba watuk lsp).
inggung :
kw. ak gonjing, oyag.
ingi :
dhèk [x] êngg. pc dhèk wingi.
ingih-ingih :
êngg. kn katon mêmêlas dening kêmlaratan lsp.
(ingip) :
di-[x](-[x])-i kn 1 dituduhi pucuke sathithik; 2 ent. dirungoni (diwèhi wêruh) sathithik; di-[x](-[x])-ake: dicungulake pucuke sathithik; kc. mingip.
ingiring :
br diiring.
(ingis) :
di-[x]-[x] êngg. kn diiwi-iwi, dicêcampahi murih nêpsu; di-[x]-ake br: dikatonake; kc. êngis, kengis, mingis.
ingkang :
1 k. sing, kang; 2 k. lêlirune-mu, -e, up. [x] putra; 3 kanggo panyilah kang gumathok, up. [x] bupati.
Ingkang Sinuhun :
kn sêsêbutane panjênênganing nata ing Surakarta lan Ngayogyakarta.
Ingkang Wicaksana :
kn. sêsêbutane Gupêrnur Jendral tuwin Kangjêng Susuhunan ing Surakarta.
ingkar :
(A) kn. ak selak, ora nuhoni.
(ingkêd) :
di-[x]-i kn. ak disingkiri, diselaki, ora ditêtêpi (kasaguhan lsp); kc. mingkêd.
(ingkêl) :
di-[x]-[x] kn. ak diringkêl-ringkêl, diingêl-ingêl.
(ingkêm) :
di-[x]-i kn 1 dilêbokake ing cangkêm banjur dirapêti; 2 ak. diugêmi (kasaguhan lsp); 3 dianggêp darbèke dhewe (barang titipan lsp); di-[x]-ake: ditutup (ditangkêpake) tmr. cangkêm lsp; kc. mingkêm.
ingkêng :
pc ingkang.
ingklag-ingklig :
êngg. kn bola-bali têka (lunga).
ingkling :
êngg. kn kêbayan; [x]-[x] êngg: kêrêp têka (lunga); di-[x] êngg: 1 dipanggul (bocah cilik); 2 (ut. di-[x]-[x] bola-bali digawa lunga (têka); 3 (ut. di-[x]-[x]) digêgasah supaya padha padu (kêrêngan).
(ingkud) :
di-[x] kn 1 êngg. diciyutake; 2 diringkês (ênggone mbuntêli lsp); 3 ak. dibèki (tmr. buruhan, pomahaning liyan lsp).
ingkug-ingkug :
pc rêkasa ênggone mlaku (marga kêlêmon).
ingkul :
êngg. kn mlaku rikat (tumungkul).
ingkung :
kn ak. tali dianggo nlikung; 2 pitik diolah wutuhan ditalèni gulu lan sikile.
(ingkup) :
di-[x]-ake kn ditutup ditangkêbake (ditlakupake) kb. diêgarake; kc. mingkup.
(ingkus) :
di-[x]-i kn. ak rada diingkupake (tmr. payung); di-[x]-ake ak: diciyutake (tmr. dhadha); kc. mingkus.
(ingkrang) :
di-[x]-ake kn dislonjorake lan ditumpangake ing kursi lsp (wong linggih).
(ingkrik) :
di-[x]-[x]-ake pc dilêlithing (bocah cilik).
(inglar) :
di-[x]-i kn. ak 1 disingkiri; 2 diselaki (pandakwa lsp); kc. minglar, singlar.
(inglêp) :
di-[x]-ake kn. ak didudut mlêbu; kc. minglêp.

--- 173 ---

(ingu) ~ iris.

(ingu) :
di-[x] n. dipuningah k diopèni sarta dipiyara lêstarine (tmr. kewan lsp. ent. rambut, brêngos, batur lsp); diingoni (dipuningahi k. ak): diwènèhi pangan (ing nalikane sambatan lsp); kc. ingon.
(inguk) :
di-[x] kn diungak, didêlêng sêdhela (saka ing dhuwur mêngisor); kc. anguk.
ingon :
I ut. [s]-[x] n. (ingah-)ingahan k kewan kang diingu; 2 kn. pangan kang dianggo ngingoni; dadi [x]: kudu dirêmbug pangane (marga wis tuwa lsp); kc. ingu.
ingong :
kw aku, -ku.
ingsar-ingsêr :
kn ngolah-ngalih ênggone diingsêt); kc. ingsêr.
(ingsêd) :
di-[x] kn diêlih sathithik (sarana diingêr); kc. mingsêd.
(ingsêp) :
di-[x] kn. ak disêrot; kc. isêp.
(ingsêr) :
di-[x] kn diêlih mênyang panggonan liya; [x]-[x]-an: alih-alihan (panggonan, pangkat lsp); kc. mingsêr.
(ingslêp) :
di-[x]-ake kn didudut mlêbu; kc. mingslêp.
ingsun :
kw aku, -ku.
ingwang :
kw aku, -ku.
ipah :
I êngg. k opah. II kn: parudan krambil kang dianggo nyampuri lêgèn sing digodhog supaya ora mbludag.
(ipak) :
ng-[x]-[x] kw. ak lembak-lembak, kambang-kambang.
ipat-ipat :
kn 1 supata; 2 pêpacuh kinanthèn supata; di-[x]-[x]-i: disupatani.
ipe :
kn sêduluring bojo.
ipêl-ipêl :
kn cêndhèk alêmu (tmr. dêdêg-piadêg).
ipêng-ipêng :
êngg. kn urung-urung dalan banyu; kc. implêng.
ipêt :
sa-[x] pc sathithik bangêt.
ipil-ipil :
êngg. kn kêklumpuk saka sathithik.
ipit :
sa-[x] pc sathithik.
iplik :
-(iplik) kn mlaku rikat jangkahe ciyut.
(ipuk) :
I [x]-[x] êngg. kn bakul dodol barang rosokan lsp; di-[x]: 1 êngg. diklumpukake diunthuk-unthuk, diurug; 2 didhêdhêr ing pawinihan tmr. wiji; (pang-)[x]-an: papan kang dianggo ngipuk. II di-[x] kn: dirimuk, dibujuk.
-ipun :
k -e.
iprik-iprik :
êngg. kn kêklumpuk golèk kayu lsp.
ir, hir, hêr :
kn menggok! (ngabani sapi, kêbo).
-ira :
kw 1 -e, -ne; 2 -mu; kc. sira..
(ira) :
di-[x]-[x] êngg. kn dikira-kira.
iradat :
(A) kn karêp; kc. wiradat.
irah-irahan :
kn. ak 1 iwak paprincèning êndhas (ilat, utak lsp); 2 pêprincèn (perangan) kang ngarêp (dhuwur); 3 pêpucuk bêbukaning layang; 4 bab ing karangan; kc. sirah.
irama :
kn wirama.
irang :
kw. ak wirang.
iras :
ut. [x]-an kn (kang pancène rong perangan) didadèkake siji, up. ganja [x]; di-[x]: 1 ak. ditigas, ditugêl; 2 ditindakake (dilakoni) bêbarêngan; 3 ak. dilakoni dadi bêkêl lsp. dhewe (tmr. lurah tabon ênggone ngurus lungguhe); 4 têrus dipangan ana ing warung (tmr. jajan), dipangan (diombe) têrusan saka ing wadhahe (ora nganggo dicidhuk, disendhok lsp); kc. kerasan.
(irat) :
di-[x](-i) kn disigari, didadèkake wilahan tipis-tipis (tmr. pênjalin, pring lsp); ([x]-)[x]-an: wilahan pring (pênjalin tipis-tipis.
irawan :
kw. ak mêndhung, mega.
irèh-irèh :
êngg. kn alon-alonan, kanthi ngati-ati; kc. irih, lirih.
-ireka, -irèki, -irèku :
kw -e, -ne.
irèn :
kn 1 padha dene akon nandangi (suthik kangelan); 2 ak. jail, sênêng maoni; 3 ak. mèri; kc. iri, kêmèrèn, mèri.
irêng :
n. cêmêng k warna kaya dene warnaning arêng; di-[x]: dicèt lsp. irêng; di-[x](-i, -ake): dibangêtake irênge; [x]-an n. cêmêngan k: 1 ak. sawah lsp; kang durung ditanduri (salêbaring panèn); 2 êngg. sawah darbèking desa (duwèke wong akèh); 3 êngg. jarit sing arêp disêmbuh.
irêng-irêng :
êngg. kn nyambut gawe gugur gunung (kêlanture têmbung hêrêndiênst).
irêng njangês :
(-ganclêng, -thunthêng) irêng bangêt.
(iri) :
di-[x](-[x]) kn dikon nandangi pagawean lsp; kc. irèn, mèri.
(irib) :
sa-[x] kn mèmpêr karo; ng-[x]-i: ngèmpêri kaya; angon [x]-an: angon ulate (atèn-atène) wong kang arêp diajak rêmbugan (dijaluki lsp).
(irid) :
di-[x] kn 1 ak. digèrèd karo mlaku; 2 diêtêrake mênyang ing (sowan panggêdhe lsp, sing diêtêrake lumaku ana ing buri); [x]-[x]-an: mlaku urut-urutan wong akèh.
irig :
kn bngs. kalo gêdhe (sok dianggo nyaring wêdhi, golèk iwak lsp); di-[x]: disaring nganggo irig, diwisaya nganggo irig (tmr. iwak loh).
(irih) :
[x]-[x] êngg. kn alon-alonan, kanthi ngati-ati; di-[x]-[x](-i) br: dirimuk (dikon) kalawan alus; kc. lirih.
(irik) :
di-[x]-[x]-i pc didhèdhèki (diêsiri arêp diêpèk lsp); kc. èrèk, lirik.
irim-irim :
kn 1 ar. têtuwuhan; 2 ar. gêndhing.
iring :
I kn 1 (ut. [x]-an) sisih kiwa ut. têngên; 2 ak. ukuran jêmbaring palêhaman (¼ bau); di-[x]-ake: ora dilumahake; kc. kêpering, miring. II [x]-[x](-an) kn. didhèrèk(-ake) ki: mlaku diêtêrake (ditutake, tmr. priyayi, pangantèn lsp) pang-[x]: 1 wong kang ngiring; 2 barang-barang gêgawaning pangantèn.
iringan :
I kn sisih kiwa ut. têngên; ing [x](-e): 1 ing sisih kiwa ut. têngên (sakiwa-têngêne); 2 sacêdhake; kc. iring. II êngg. kn: irêngan (palêmahan kang durung ditanduri sabakdane panèn).
irir :
kw. ak ilir.
iris :
ut. [x]-an kn kêthokan (ilap-ilapan) roti, iwak lsp; di-[x](-i): dikêthok (ditatas lsp) nganggo lading lsp.

--- 174 ---

irit ~ (icak).

irit :
kn ora boros, ora akèh êntèke; di-[x](-[x]): digêmèni ênggone nganggo dhuwite lsp; [x]-an: olèh-olèhane ngirit; pang-[x]-an: tindak nggêmèni wêtuning dhuwit lsp.
irit-iritan :
êngg. kn mlaku urut-urutan (êlur); kc. irid.
irung :
kn. grana ki peranganing rai kang dadi pirantining pangambu; anggêr [x] pc. ks: anggêr wong, sok wonga.
(irup) :
di-[x](-i) kn 1 êngg. dikumpulake sarta dikuwasani (diajak ngraman lsp); 2 êngg. diwisaya (iwak ing rumpon).
irus :
kn cidhuk jangan lsp. kang digawe bathok digarani; ora mambu enthong [x] pc: dudu sanak babar pisan.
irsaya, irsya :
(S) kw. ak drêngki, mèri.
isa :
I pc: bisa. II (A) kn (wayah [x]) wayah sêmbahyang sore jam 7.30; kc. ngisa.
(isab) :
ng-[x]-[x]-i kn ngisin-isini; di-[x]-[x]-ake: diwirangake, diisinake.
(isah) :
[x]-[x] êngg. kn asah-asah; di-[x]-i êngg: diasahi.
isan :
I êngg. kn sisan, pisan. II êngg. kn: wis rampung ing gawe; kc. wisan.
isarah :
êngg. kn ngalamat, tandha.
isarat :
(A) kn 1 sarat, srana; 2 ak. sasmita, ngalamat.
isbat :
(A) kn ibarat pêpindhan ing ngèlmu gaib; di-[x]-ake: diibaratake, dipindhakake kaya.
isèh, isèk :
êngg isih.
isèn :
kn 1 apa-apa kang dianggo ngisèni; 2 apa-apa sing wis diisèni; [x]-[x] omah: barang-barang sajroning omah; kc. isi.
isêl :
êngg. kn akèh daginge.
isêng-isêng :
êngg. kn prakara sing anèh-anèh.
(isêp) :
di-[x] kn 1 disêrot lan disêsêp (madu lsp); 2 br. dicucup, diambung; 3 br. dicêcêp (tmr. ngèlmu lsp); di-[x]-[x]: dilari sarana dirungok-rungokake pawartane lsp.
isi :
kn 1 kang ana ing sajroning barang (uga dianggo têmbung ent.); 2 wiji (ing sajroning wowohan); 3 kang dilêbokake ing (bêdhil lsp); 4 jasad kang dicampur (tmr. barang campuran); 5 ora kothong; 6 wis ana patrune (tmr. bêdhil); 7 wis duwe ngèlmu (aji), wis diwêling ing sadurunge; di-[x] (êngg) diisèni: dilêboni (didokoki lsp) isi; diisèn-isèni ak: digêgasah murih pasulayan; kc. isèn.
isih :
n. taksih k 1 ana turahane (ora kalong, ora êntèk, turah); 2 durung uwis; 3 êngg. pc. lagi tumandang ing gawe; 4 luwih, ngluwihi, up. sadawa-dawane lurung [x] dawa gurung; di-[x]-ake: dilêstarèkake (ora diêlongi ut. diilangi), diturahake.
isik :
I êngg. pc isih. II di-[x]-[x] kn: diêlus-êlus alon (bocah cilik karêbèn turu).
isika :
(S) kw. ak pring, glagah.
isim :
(A) kn. ak têtêmbungan Arab kang ditulis dianggo sarat nulak lêlara lsp.
isin :
n. lingsêm k rasa (rumangsa) rikuh ut. wirang; [x] ora isi pc: sing sapa isin ora bakal olèh-olèhan; di-[x]-[x]: dipoyoki (dening duwe cacad, mlarat lsp); di-[x]-[x]-ake: digawe isin; [x]-an: gampang isin, ora saèn.
(ising) :
ng-[x] n. wawratan k. bobotan ki ngêtokake sêsukêr; [x]-[x]-ên kn: lara kêrêp ngising.
isis :
kn 1 krasa kêpenak badane (dening kêsiliran angin); 2 ora sumuk, ora bunêg; (ng-[x] siyung) br. ngatonake siyunge; 3 br. êntèk bubar tmr. wadya-bala; di-[x](-i): diwêtokake supaya kanginan (ora njamur, tmr. sandhangan lsp); kc. kèsisan.
isit :
êngg. pc bisa.
Islam :
(A) kn (atêgês sumarah) ar. agama yasane K.N. Mohamad; di-[x]-ake: 1 didadèkake Islam; 2 ditêtakake, disunati.
ismu, èsmu :
(A) kn. ak têtêmbungan Arab kang tinulis (dianggo sarat têtulak); kc. isim.
Isnèn :
(A) kn. ak Sênèn.
isu :
(S) kw. ak panah.
isuh :
êngg. kn wisuh.
isuk :
êngg esuk.
isun :
êngg. kn aku, -ku.
iso :
kn iwak usus (raja-kaya).
isoh :
êngg. kn wisuh.
isor :
ing [x] n. ingandhap k kb. ing dhuwur; kc. ngisor, sor.
istijab :
(A) kn 1 ak. kasêmbadan panuwune (ênggone ndêdonga); 2 ndayani, mandi tmr. tamba, pamuji lsp.
istijrat, istidrat :
(A) kn pangeram-eram gaweane wong kapir.
istiyar :
(A) kn golèk sarana; kc. sêtiyar.
istika :
salat [x] (A) kn. ak bêbarêngan salat nyuwun udan.
istilah :
(A) kn. ak solah tingkah (cara, lêlakon); kc. sêtilah.
istingarah :
(istingangkah êngg. kn) kn. ak prasasat mèh, kêna diarani (ditêtêpake, dipêsthèkake) yèn ...
istipar, istigpar :
(A) kn. ak (maca [x]) ngucapake donga nyuwun ngapura (pitulungan).
istha :
kw èmpêr, pêpêthan; di-[x]: dipêtha kaya, dièmpêrake karo; kc. èstha.
isthika :
jk upama, èmpêr.
isthi :
kw tujuning karêp, sêdya; kc. èsthi.
isthika :
kw. ak isthi.
iswara :
(S) kw. ak ratu, bêndara.
ita :
(S) kw. ak pêrlu, bêcik.
ita-itu :
êngg. pc ribut mloka-mlaku.
itêk-itêk :
kw. ak blêthok, lêlêthêk.
itêm :
(M) êngg. pc irêng.
iti :
(S) kw. ak 1 mêngkono, kaya kang kasêbut; 2 titi tamat.
itihasa :
(S) kw. ak crita.
itik :
I ki tuma. II di-[x]-[x] kn: digula-wênthah lan dipiyara wiwit cilik. III [x]-[x], [x]-an, mata-[x] kn: bolonganing bênik; di-[x]-[x]-i: ditrapi bolongan bênik.
itil :
n. klêntit k. prana ki daging nyênil ing pawadonan.
(itip) :
di-[x] kn. ak diintip.
itung :
êngg. kn etung.
ica :
1 jk pangarêp-arêp, bungah, ayêm; 2 kw. enak; kc. eca.
(icak, icêk) :
di-[x]-[x] êngg. kn diidak-idak.

--- 175 ---

ical ~ yak-yakan.

ical :
k ilang.
ici :
êngg. kn kêthip; kc. ece.
(icik) :
di-[x]-[x] pc diunèkake crik-crik (dhuwit); kc. micik.
icik-iwir :
êngg. kn dhuwit kang dianggo blanja padinan.
(icip) :
[x]-[x] kn pacoban dianggo nyumurupi rasane (panganan, olah-olahan); di-[x]-i kn. dikêdhapi ki: dicoba dirasakake.
icir :
I kn bngs. wuwu dawa. II di-[x]-[x] êngg. pc: 1 diwêtokake (diwènèhake) saka sathithik; 2 diècèr-ècèr.
icis :
êngg. kn isis.
(icuk) :
di-[x]-[x] kn dirêrimuk supaya gêlêm nglakoni kang ora bêcik.
icul :
êngg. pc ucul.
(icrit) :
di-[x]-[x] pc diincrit-incrit.
itha-ithu :
êngg. pc ribut mlaku (wira-wiri).
ithak-ithik :
pc bola-bali têka (lunga).
ithak-ithuk :
pc ribut mlaku (wira-wiri).
ithar-ithir :
pc nggêgawa apa-apa saka sathithik (ora babar pisan).
ithêng :
kn katon irêng bangêt (abang irêng tmr. wowohan lsp).
ithês :
êngg. kn ithêng.
ithik :
I sathithik rong [x] n. sakêdhik kalih kêdhik k sênadyan sathithik, sathithik-sathithik mêksa ...; [x]-[x] ... pc: mung marga prakara sapele bae wis ... II di-[x]-[x] kn. diunyêr-unyêr nganggo driji supaya kêri.
(ithing) :
di-[x]-[x] pc diêthing-êthing, dilêlithing.
ithu :
kn sarwa kêsusu (ribut).
iwa :
jk up. mêngkono, nalika; 2 kw. ak: ewa.
iwag :
jk winadi, sinamar.
iwak :
n. ulam k 1 daging kewan bêlèhan ... lsp; 2 (ut. [x] loh) kewan kang urip ing banyu ambêkane sarana angsang (lele, wadêr lsp).
(iwat) :
di-[x] kn didhêmêni sarta digawa lunga (wong wadon).
iwèn :
kn sakabèhing kewan kang mawa suwiwi (pitik, bèbèk lsp).
iwêh :
jk ewuh.
(iwêl) :
di-[x]-[x] kn dicêthoti, diciwêli.
iwên :
kw. ak kocap(a), kacrita; tan [x]: sigêg ora kocap.
(iwi) :
di-[x]-[x] kn diisin-isin sarta dicêcênggring (kambi mencosake lambene).
(iwir) :
di-[x]-[x] kn dijèmbrèngi saka sathithik (têmbako, rambut lsp); kc. miwir.
iwit :
kn irit bangêt (digêmèni bangêt); di-[x]-[x]: diirit-irit bangêt (ênggone mangan lsp).
iwu :
kw. ak èwu.
(iwud) :
[x]-[x] kn 1 ar. manuk bngs. alap-alap; 2 wong kang dhêmên nyênyolong (ora tampikan); ng-[x]: njêjupuk lsp. neka-neka mung saolèhe.
(iwut) :
di-[x]-[x] pc dikalahake kabèh (tmr. main).
(iwung) :
ng-[x] kw. ak ngamuk, ngiwud.

 


mêngkono. (kembali)