Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

M

ma :
I wc. lima. II êngg. pc: bae. III kn: aksara [...],[1] [x] lima: piala limang prakara yaiku: madat, main, minum, madon, mangani; [x] pitu br: piala pitung prakara yaiku: madat, main, minum, madon, mangani, maling, mada.
ma'af, ma'ap :
êngg. pc. (minta [x]) (njaluk) pangapura.
mabang :
kw. abang.

--- 284 ---

mahên ~ majêr.

mahên :
I k. madu; [x]-i, [x]-akên k: madoni, madokake; kc. padu. II k. ak: madung; kc. wadung. III êngg. k. madu(ning tawon).
mabyar :
kn. ak. mênga (mêgar) byar.
mabyungan :
kw. byung-byungan akèh bangêt.
mabyur :
kn. cuwèr awujud banyu (tmr. bêbanyu).
mabyor :
êngg. kn. pating glêbyar, sumorot; kc. abyor, byor.
mabluk :
kn. 1 katon putih-putih; 2 akèh uwane (tmr. rambut).
mabuk :
êngg. kn. 1 mêndêm; 2 nêpsu bangêt, muring-muring.
mabukuh :
kw. linggih tumungkul.
mabul :
(-mabul) kn. 1 sumêbar mrana-mrana (tmr. barang kang têmbut, blêdug lsp); 2 pc. pating jlêmprah ora karuwan, ent. êntèk akèh ora tumanja; kc. bul, abul.
mabur :
kn. ngambah ing awang-awang; kc. bur, abur.
mabok :
êngg. pc. mabuk.
mada :
I ut. mêmada kn. nacad, maoni; kc. wada. II ut. madan êngg. rada. III (S) kw: mêndêm, umuk.
madahab :
(A) kn. 1 ([x] papat) panêmu babagan piwulang agama Islam; 2 êngg. keblat papat; dohe 3 (7) madahab pc: adoh bangêt.
madaya :
kw. ngapusi, maeka, ngrekani; kc. daya, mêrdaya.
madak :
êngg. kn. andak, ndadak.
madal :
I kn. 1 ngênêtake (njêjak) ing; 2 ak. nampik, êmoh nggugu; [x] pasilan ak: lunga saka ing pajagongan; [x] sumbi: 1 ana kang mbrênjul (njêkêthut) tmr. tênunan; 2 ngêndhêg-êndhêgi rêmbug, nyulayani; [x] tamba (-jampi k, -usada kw) wis ora kêna ditambani; kc. padal. II êngg. ak: asok dhuwit supaya bebas saka pagawean aradan; kc. wadal.
madana :
(-raga) kw. sih, sêngsêm, katrêsnan.
madani :
kn. moyoki, nacad, maoni; kc. wada.
mada plera :
êngg. moyoki.
madas :
kn. ak. magêl, satêngah matêng.
madat :
êngg. kn. candu, [x]-i, [x]-an êngg. ak: nyêrèt.
made :
I êngg. k. adol; kc. wade. II kw. (êngg. k): bale. III kw: têngah; kc. madya.
made kambang :
kw. bale kambang.
madèni :
I n. madosi k. ak. nyimpên wadi; kc. wadi. II êngg. k. ngêdoli; kc. wade.
madêg :
kn. jumênêng ki. 1 ak. ngadêg, ora rubuh; 2 dadi ana (tmr. yêyasan, pakumpulan lsp); 3 dadi ut. ngrênggêp pangkat, up. [x] ratu; kc. adêg.
madêr :
êngg. jêrnèh.
madhab :
(A) kn. madahab.
madu :
I kn. banyuning kêmbang kang rasane lêgi, banyu ing tala tawon asal saka banyu kasêbut; kêbanjiran sêgara [x] pr: nêmu kabêgjan gêdhe; mubra-mubru blabur [x] pr: sarwa kecukupan; sirat-sirat [x] pr: mung dianggo lamis bae. II n. mabên k: rêbut bênêr; kc. padu.
madubrata :
kw. 1 kêmbang; 2 tawon.
madukara :
(S) kw. tawon.
maduli, madulake :
kn. wêwadul marang; kc. wadul.
Maduntên :
êngg. k. Madura.
madung :
kn. namakake wadung; kc. wadung.
madon :
I kn. satêngah matêng (tmr. êndhog godhogan). II kn. ak: mojok; kc. padon. III ut. madoni n. ngèstri, ngèstrèni k: royal wong wadon; madoni kn. kaya wong wadon; kc. wadon.
madoni :
n. mabêni k. mbantah; kc. padu.
mados :
I [x]-i k. madi, madèni; kc. wadi. II [x]-i k. nggolèki; kc. golèk.
madraka :
kw. ar. têmbang gêdhe.
madya :
kw. 1 têngah; 2 sêdhêng(-an); 3 bangkekan; 4 (basa [x]) antarane basa krama karo ngoko; sa-[x]: sacukup, sêdhêngan.
madya-gantang :
kw. awang-awang.
madyantara :
kw. awang-awang.
madyapada :
kw. jagat, donya.
madyasta :
kw. ora bau kapine, ora pilih sih.
maja :
kn. ar. wit sarta woh.
maja-maja :
êngg. kn. 1 pantês, kaya ing samêsthine; 2 (ut. [x]-e) pantês bae, mêsthi bae; ora [x] pc. ora lumrah, ora mèmpêr.
majakan :
kn. ar. wit sarta wohe (sok dianggo sisig lsp).
Majalêngka :
êngg. k. Majapait.
majan :
kn. ak. panggonan tukang mêdêl.
majang :
I kn. ngrêrêngga supaya asri; kc. pajang. II nglakèni; kc. wajang.
majang-pasisiran :
kn. ak. tampa ayahan lêlungan sajabaning nêgara.
majang wulan :
kn. ak. lêlangên ana ing jaba nalikane padhang bulan.
majar :
(-i, -ake) I êngg. kandha, ngandhani, ngandhakake. II êngg: madhangi; kc. pajar. III majar êngg. ak: bngs. dhadhu.
majas :
(A) kn. 1 ora ana rêmênan; 2 êngg. pantês, majad.
majêg :
(-pangan n. -têdha k): nyanggakake pangan.
majêgan :
n. maosan k. ak. tanah kang disewakake; kc. pajêg.
majêgi :
kn. êngg. kang nandur uga dikon ngênèni pisan.
majêgi :
n. maosi k. mbayari pajêg (sewane tanah); kc. pajêg.
majêlis :
(A) kn. ak. pakumpulan ut. parêpataning para pintêr.
majêmuk :
(-an) kn. slamêtan bêbarêngan wong akèh.
majênun :
(A) kn. 1 rada gêndhêng dening kêladuk ênggone nglakoni nggêgêgi agamane (Islam); 2 êngg. kêlulut marang.
majêng :
k. 1 madhêp; 2 maju; 3 êngg. mayu; [x]-i êngg. k: mayungi; [x]-akên k: mayokake.
majêr :
kn. ora bisa duwe anak (tmr. kewan).

--- 285 ---

maji ~ magrok.

madi :
êngg. pc. mangsa! (ora kalal).
majibi :
kn. mènèhi wajib (kawajiban); kc. wajib.
majik :
êngg. kn. ngindhung, mondhok.
majikan :
êngg. kn. 1 bêndara; 2 lêlurah (ing wong nyambut gawe).
majir :
êngg. kn. majêr.
majirake :
êngg. merang-merang; kc. wajir.
maju :
I n. majêng k. 1 mlaku mêngarêp; 2 ent. mundhak-mundhak (bêcik, pintêr, tata, laris lsp); 3 mêtoni ing (papêrangan, pangadilan lsp); 4 ([x] marang panggawean) sênêng nyambut gawe; 5 êngg. seba ut. tansah ngadhêp marang bêndara, lêlurah lsp); majokake: ngundhakake ut. agawe supaya maju; kc. aju. II kn: nyigar nganggo paju; kc. paju.
muju-mundur[2] :
kn. gojag-gajêg.
maju-pat :
(-têlu, -lima lsp) n. majêng-sêkawan (-tiga, -gangsal lsp) k: lumah kang winatêsan ing sisih 1, 3, 5 lsp.
majuh :
êngg. ak. mangan.
majusi :
(A) kn. juru tênung.
madha :
n. nyami k. agawe padha karo, padha karo; kc. padha.
madhaharan :
kn. ak. (juru [x]) juru olah-olah.
madhahi :
kn. nglêbokake ing wadhah; kc. wadhah.
madhang :
êngg. pc. 1 mangan (-sêga); 2 (ut. [x]-an) lawuh.
madhangi, madhangake :
agawe padhang marang; kc. padhang.
madhar :
êngg. kn. mepe pari ana ing sawah; kc. padhar.
madharan :
1 êngg. k. wêtêng; 2 juru olah-olah (ing dalême para luhur).
madhas :
kn. kaya padhas.
madhèhi :
kn. 1 (ut. madhèni) êngg. njêlèhi, bosên; 2 (ut. madhèhake) mêdharake marang sabên wong; kc. wadhèh.
madhèng :
kn. ak. wis mari manak; kc. adhèng.
madhêk :
kw. nyêdhak, seba; kc. padhêk, parêk.
madhêmi :
êngg. k. matèni; kc. padhêm.
madhêp :
n. majêng k. 1 marêp; 2 sênêng marang, karêm marang; kc. adhêp.
madhêt :
pc. atos marga diênêt-ênêt (tmr. lêmah lsp); kc. padhêt.
madhug :
êngg. madhuk.
madhuk :
kn. mbludhuk (tmr. lêmah); kc. adhuk.
madhuki :
kn. ak. 1 njêjêli, ngisèni; 2 dhêmên mangan, akèh tadhahe; kc. wadhuk.
madhul :
(-madhul) kn. 1 pating bêsasik ora tata (tmr. rambut lsp); 2 pc. êntèk akèh ora tumanja (tmr. panganggone dhuwit lsp); adhul.
maedahi :
kn. migunani; kc. paedah.
maejan :
kn. kayu (watu) ditrap ing dagan lan ulon-uloning kuburan (ut. kijing).
maekani :
kn. ngapusi; kc. paeka.
maèlu :
kn. nggatèkake marang; kc. paèlu.
maèn :
I êngg. pc. dolanan, main. II êngg: bêcik bangêt.
maènda, maèndha :
êngg. k. wêdhus; kc. menda.
maèr :
I êngg. ak. prigêl, wasis, kulina nindakake. II di-[x] êngg. kn: dilarihi (ing nalikane nayuban).
maèrèl, maeril :
êngg. pc. 1 ayu; 2 kang dikasihi.
maesa :
k. kêbo.
maesan :
êngg. kn. maejan.
maetala :
kw. lêmah, bumi.
maêm :
pc. mangan (têtêmbunganing bocah).
maêng :
êngg. mau.
magag :
kn. ak. mangu-mangu, rada wêdi.
magah :
êngg. kn. wangkod.
magak :
êngg. pc. 1 ajêg, têtêp, ora owah; 2 manggon; 3 ora mundhak gêdhe.
magal :
kn. ak. agal.
magan :
ut. mêmagan kw. kliru, cuwa.
magang :
kn. 1 (ut. [x]-i) êngg. adhang-adhang (ngadhang) wong dodolan lsp; 2 calon dadi (-priyayi), punggawa lsp); 3 ([x] gawe, [x] tani) êngg. calon olèh bagean ndarbèni sawah; [x]-an: 1 êngg. pangadhangan; 2 apapan pasowananing para magang; kc. adhang, pagang.
magas :
kn. 1 ngiris sathithik; 2 êngg. isih tigas (anyar); kc. pagas.
magasesa :
kw. kagol, cuwa
magawan :
kw. dadi bagawan; kc. bagawan.
mage, magèk, magèn :
êngg: ayo, mara!
magene :
êngg. mangka.
magêl :
êngg. pc. 1 durung matêng. satêngah matêng; 2 durung sampurna; 3 isih tanggung-tanggung, isih durung dadi (tmr. rêrêmbugan lsp); kc. dhagêl, wagêl.
magêlang, magêlêng :
kn. ak. nekad, ndlarung, êmoh nggugu.
magêlaran :
kw. seba marang (mênyang); kc. pagêlaran.
magêmpuran :
kw. padha rusak; kc. gêmpur.
magênturan :
kw. padha nywara gumludhug.
magêng :
kw. gêdhe; kc. agêng.
magêp-magêp :
êngg. pc. mêgap-mêgap.
magêpokan :
kn. gêgayutan karo; kc. gêpok.
magêrsari :
n. magêrsantun k. wong kang ngindhung ing pomahane para luhur.
magêr timun :
br: kaya pagêr timun (candraning laku kang bêcik).
magesin :
(W) kn. gudhang.
magih :
êngg. isih.
maglêg :
êngg. pc. mirasa bangêt.
magut :
([x] jurit, [x] pupuh) kw: mêthukake pêrang (maju pêrang); kc. pagut.
magoli :
kn. ngalang-alangi; kc. pagol.
magol-magol :
kn. ak. megal-megol.
magon :
(-i) kn. ak. nêtêpi, nuhoni, ngukuhi; magoni êngg: nyangêmi,[3] nêtêpi (mbênêrake); kc. pagon.
magru, magro :
êngg. ak. durung putus (-rampung).
magrok :
êngg. pc. 1 manggon lan mandhêg ing; 2 mandhêg bae, ora owah-owah.

--- 286 ---

magrong-magrong ~ maju.

magrong-magrong :
kn. katon gêdhe lan dhuwur (tmr. omah lsp).
mah :
I êngg. kn. mèh. II êngg: êmbok, biyung; [x] tuwa êngg: êmbah wadon; kc. mamah.
maha :
I kw. bangêt ut. linuwih (ing têmbung camboran). II di-[x] kn. ak. 1 ditêmaha, dijarag; 2 salahe dhewe.
maha-agung :
kn. luhur (gêdhe) bangêt.
mahabaya :
kw. mbêbayani bangêt (bêbaya gêdhe).
mahabala :
kw. ak. rosa (sêntosa) bangêt.
mahabara :
kw. ak. abot bangêt.
mahabewara :
kw. ak. mêmêdèni bangêt.
mahabirama :
kw. ak. ayu (endah) bangêt.
mahabisana :
kw. ak. nggêgirisi (mêdèni) bangêt.
Maha-biskop :
kn. ngulama Katulik sadhuwuring biskop.
mahadibya :
kw. sêkti (luhur) bangêt.
nahadurgama :
kw. ak. gawat bangêt.
mahadwija :
kw. guru (pêndhita) linuwih.
mahayana :
kn. sêmpalaning agama Buda.
mahayati, mahayêkti :
kw. pêndhita linuwih.
mahakuwasa :
kn. kuwasa bangêt (sipating Allah).
mahakrura :
kw. ak. ambêk siya bangêt.
mahal :
êngg. pc. 1 larang; 2 kurang pakolèh; kc. mowal.
maha-luhur :
kn. luhur bangêt (sipating Allah).
mahamake :
êngg. pc. nanjihake, maspadakake; kc. paham.
mahamantri :
kw. patih.
mahambara :
kw. ora lumrah, langka.
maha-mulya :
kn. mulya bangêt.
mahamuni :
kw. pêndhita linuwih.
mahanani :
kw. nyasmitani, nêrangake yèn; kc. wahana.
mahapawitra :
kw. ak. suci (wingit) bangêt.
mahaprana :
kw. kanthi napas akèh (tmr. aksara yaiku aksara murda).
mahar :
kn. ak. maskawin.
maharaja :
kw. ratu gêdhe.
mahardikèngrat :
kw. (Sang [x]) kang wicaksana sarta kuwasa.
maharja :
kw. rêja, slamêt.
maharêsmi :
kw. rêmbulan.
maharsi :
kw. pêndhita luhur.
mahas :
kw. dolan-dolan; [x] ing asêpi kw: dêdunung ing papan kang sêpi (ninggal kadonyan).
mahasadu :
kw. ak. utama bangêt.
mahasura :
kw. kêndêl bangêt, senapati.
maha-suci :
kn. suci bangêt (sipating Allah).
mahat :
I êngg. kn. ndèrès. II kn: gawe lênga wangi; kc. pahat.
mahawikan :
kn. wêruh ing samubarang prakara (sipating Allah).
mahitala, maitala :
kw. bumi, lêmah.
mahfut :
(A) kn. ak. sinimpên ing angên-angên.
mahidhara :
(S) kw. ak. gunung.
mahiman :
(S) kw. ak. (ka-)luhur(-an).
mahisa :
(S) kw. kêbo.
mahisi :
(S) kw. pramèswari (garwaning ratu).
mahitala :
(S) kw. bumi.
mahyakake :
kw. mêdharake, nêrangake; kc. wahya.
maho :
kw. bêning, padhang.
mahodadi :
(S) kw. sêgara(-gêdhe).
mahojwala :
(S) kw. padhang bangêt.
mahosada, mohosadi :
kw. tamba kang mandi bangêt.
mahotsawa :
(S) kw. ak. kasukan andrawina.
mahoca :
(S) kw. ak. dhuwur bangêt.
mahrib :
(A) kn. 1 ak. (sisih-) kulon; 2 tanah-tanah sakulone Arab (Afrika lor); 3 (sêmbahyang [x]) sêmbahyang ing wayah surup srêngenge.
maibên :
k. maido.
maidahi :
kn. ak. migunani; kc. paedah.
maido :
n. maibên k. ora ngandêl; kc. paido.
mail :
kn. ak. jimat.
main :
êngg. pc. 1 ngabotohan nganggo kêrtu; 2 (ut. [x]-an) dolanan; 3 wiwit mitongtonake (tmr. tontonan, wayang wong lsp); 4 tumindak kaya, gawe reka (pokal kang ora lumrah); [x] api: kêmbang api; [x] bal: bal-balan; [x] bolah: bilyart; [x] gila pc: edan-edanan; [x]-mata pc: nandukake pamandênge kang ora barès; [x] mubêng pc: mung tansah sangsalan;[4] [x]-[x] pc: sêmbrana; [x]-an êngg. pc: rêrênggan ing rante jam lsp.
maingsa, maisa :
êngg. k. kêbo.
maisi :
kw. kc. mahisi.
maiti :
pc. mènèhi pawitan: kc. pawitan, pait.
maya :
I (S) kw. 1 sêmu, samar, sulapan; 2 pangapus, wêwayangan; 3 padhang nrawang; 4 endah bangêt; [x]-[x]: sêmu padhang sumamar (tmr. warna ijo lsp); kc. kamayan. II kn: kêmbang blimbing.
mayag-mayag :
kn. ak. gêdhe bangêt (tmr. wêtêng).
mayahake :
kn. njalari payah; kc. payah.
mayak-mayak :
êngg. pc. sarwa kêcukupan, ora sêsêk wêktune.
mayan :
êngg. kn. isih.
mayang :
I kn. kêmbang jambe; disêndhal [x] br: dijabut nyawane. II n. ngringgit k: nglakokake wayang; kc. wayang. III kn: ar. prau dianggo misaya iwak; kc. payang. IV kn: urat-urat kêbo (sapi) ing gêgêr.
mayangi :
kn. kaya wong edan (solah tingkahe); kc. kêmayangan.
mayar :
kn. 1 ([x] goyar êngg. pc) ora rêkasa, ora abot, gampang; 2 wis rada mari (tmr. lara).
mayat :
kn. rada miring (ora ndêdêr).
mayêg-mayêg :
êngg. pc. abot bangêt gêgawane.
mayêng :
(-mayêng) êngg. kn. lunga mênyang êndi-êndi (mubêng-mubêng).
mayig-mayig :
kn. obah oyag-ayig.
mayit :
kn. layon ki. jisim (wong kang wis mati).
mayu :
I êngg. kn. masang payoning omah; kc. payu. II ut. mêmayu kw. agawe bêcik, mbêbêcik; kc. ayu, hayu.

--- 287 ---

mayug-mayug ~ malad(-alad).

mayug-mayug :
kn. obah-obah arêp rubuh mêngarêp; kc. mayuk.
mayuh :
kn. ngrangkêp bojo (pagawean, guru lsp); kc. wayuh.
mayuk :
kn. tumêlung (ndhoyong) mêngarêp, tumungkul mêngarêp.
mayung :
êngg. kn. 1 kaya payung yaiku ana ing sadhuwuring êndhas jêjêg (tmr. layang); 2 dadi tukang mayungi; kc. payung.
mayungyung :
kw. mbungkêm, mbanda; kc. wayungyung.
mayura :
kw. mêrak; kc. manyura.
mayus :
kn. ak. pucêt bangêt; kc. payus.
mayo :
I ut. mayuh êngg. ak. ayo! II ut. mayonên kn: lara mata (saèm. bèlèk).
mayokake :
I n. majêngakên k. ngêdolake supaya payu; kc. payu. II kn: nglèrènake sawêngi; kc. wayu. III kn. ak: ngêtrapake payon; kc. payu, payon.
mayoni :
kn. ak. ngêtrap payon ing; kc. payu.
mayor :
(W) kn. 1 pangkat sadhuwuring kaptin; 2 êngg. sêsêbutane punggawa desa kang pinatah ngawat-awati pangêduming banyu.
mayoran :
êngg. pc. mangan enak.
mak :
I êngg. êmbok, biyung; kc. mamak. II êngg. bapak; [x] dhe êngg: êmbah; [x] nyai êngg: êmbah wadon; [x] gus êngg: paman; [x] tuwa êngg: uwa. III êngg: ko-. IV pc: têmbung kang mratelakake tumindak, kaanan lsp. kang dadakan (sanalika, ngêgèt), up. [x] glimpang, [x] byar. V kn: bngs. ganda-rukêm (dianggo nggosok sênggrèng rêbab lsp).
makadi :
I kw. kang dadi pangarêp, kang dhisik. II kw: lan uga, malah uga.
makajangan :
kn. ak. padha lêrêb ana ing alun-alun (nalikane seba ut. ndêdêgi karamean, tmr. para abdining ratu).
makah :
kn. ak. ngrangkêp; kc. pakah, mangkah.
makakake :
mènèhake pakan marang; kc. pakan.
makakna :
pc. kang mangka.
makal :
kn. nutupi bolong-bolongan ing prau; kc. pakal.
makam :
(-an) êngg. kn. kuburan, jaratan.
makan :
êngg. pc. 1 mangan; 2 ngêntèkake (wragat, waktu lsp); 3 mlêbu (manjing) ing; 4 bisa nampa (piwulang lsp), bisa tumama ut. pasah; [x]-an êngg. pc: panganan.
makan ati :
êngg. pc. njalari susah (ngênês), mangkêlake.
makan dharah :
pc. mêrês gêtihing liyan (ngolèhake awake dhewe).
makani :
kn. mènèhi pakan; kc. pakan.
makan tuwan :
pc. malah dadi dhadhakan konangan pialane ut. njalari disrêngêni.
mangkasali[5] :
k. ak. makolèhi; kc. pakolèh!
makapake :
kn. ndanakake dianggo wakap; kc. wakap.
makara :
kw. urang; kc. mangkara.
makatên :
k. mêngkene, mêngkono.
makbud :
(A) kn. ak. panêmbah marang Allah.
makdum :
(A) kn. ngulama.
makèhi :
kn. ngêtrapake pakean; kc. pakean.
makeringi :
kw. ering marang; kc. pakering.
makewuhi :
n. makèwêdi k. njalari pakewuh; kc. pakewuh.
makêdi :
êngg. pc. matêsi; kc. wakêd.
makêm kêndhali :
kn. 1 nggêgêt kêndhali (tmr. jaran); 2 pc. ora uwal-uwal; 3 pc. ngurangi, ngênthêt, ngunthêt; kc. pakêm.
makidhupuh :
kw. linggih tumungkul urmat bangêt.
makiki :
(A) kn. nyata ana têmênan, tus-tulèn.
makili :
kn. nyulihi; kc. wakil.
makirta, makirtya :
kw. gawe (ngarang lsp).
maklar :
(W) kn. tukang nawakake ut. ngêdolake.
makluk :
(A) kn. titah, tumitah.
maklum :
(A) kn. 1 ak. pangapura, apura; 2 (ut. [x]-e) pc. sampeyan apuntên (dene kula botên sagêd nyukani, wangsulan marang wong ngêmis); di-[x]-i ak: diapura; [x]-an ak: apura ingapura.
makmak :
(-an) êngg. mung mikir awake dhewe.
makmum :
(A) kn. 1 mèlu sêmbahyang (karo imam, Islam); 2 pc. mèlu, nunut, nêmpil.
makna :
(A) kn. 1 têgês, katêrangan, surasa; 2 pc. wis têrang; dimaknani: ditêgêsi, ditêrangake surasane.
maku :
kn. nganjingake lsp. nganggo paku; kc. paku.
makung :
kw. sêngsêm, kedanan; kc. kung.
makutha :
1 kn. bngs. songkok agêming ratu yèn pinuju sinewaka; 2 ki. kuluk.
makrak :
kw. mbêngok, njêlih; kc. mangkrak.
makramak, makromah :
êngg. pc. kudhung (tmr. wong wadon Islam).
makripat :
(A) kn. panyawang marang sipating Allah (kawruh gaib).
makruh :
(A) kn. 1 pantês ora dilakoni, pantês dicêri-cêri (miturut anggêr-anggêr Islam); 2 êngg. pc. rada mangkêl.
makrup :
kn. ak. misuwur.
makroni :
kn. bngs. mihun.
maksi, mèksi :
kw. ndêlêng, wêruh; kc. aksi.
maksih :
êngg. k. isih.
maksiyat :
(A) kn. dosa, ngakoni ala; [x]-an: duraka.
maksud :
(A) kn. karêp, têgês (surasa); di-[x]-i ak: ditêgêsi.
maktal :
kn. ar. wuku kang kaping 21.
mal :
(W) kn. klêbut.
mala :
I (S). 1 kw. rêrêgêd, lêlêthêk; 2 kw. dosa, cacad; 3 kw. kacilakan, kasangsaran; 4 (ut. mêmala) êngg. lêlara kulit (gudhig lsp). II kn: nggêbugi (nggitiki); kc. pala.
mulabuka :
(ne) kn. wiwitane; kc. mula-buka.
malad :
(-alad), maladi kw. 1 murub, mêngangah; 2 enr. mêmpêng bangêt,

--- 288 ---

malaekat ~ mamah-mumuh.

dêrêng bangêt, kêpengin bangêt; (mê-)malad kung(-sih) kw: ngrêrêmih (njaluk) supaya disihi; malad puja kw: sêmadi; maladi ning(-êning) kw: mêmpêng ngêningake cipta; kc. alad.
malaekat :
(A) kn. ar. roh ing swarga (tmr. agama Islam, Kristên, Yahudi).
malah :
kn. 1 (ut. [x] uga êngg) luwih-luwih uga ...; 2 kêjaba iku uga ...; 3 nanging (kosok baline).
malahan, malahên, malah-malah, malah-mandar :
êngg. kn. malah.
malahi :
kn. ora miturut (wani mbangkang, njalari kangèlan); kc. kuwalahan.
malaya :
kw. (ar) gunung.
malak :
(-i) I kn. 1 (kumudu-kudu) olèh luwih akèh tinimbang liyane; 2 êngg. pamêtune panenan dadi darbèke kang duwe sawah (ora paron). II malaki kn. ak: nalati.
malak :
(-an) êngg. kn. malah.
malakulmaot :
(A) kn. malaekat pati (kang njabut nyawa).
malam :
n. lilin k. ar. jasat rupane mèmpêr kêndhal (asal saka tawon ut. campuran liyane) dianggo mbathik lsp; ati [x] pc: gampang lilihe.
malandhi, malanji :
êngg. kn. rampung.
malang :
I kn. 1 sumèlèh sumlandhang (miturut alange), kb. mujur; 2 sisih sakarone amba (tmr. uwang, pundhak lsp); 3 turah ut. ora cèplês (tmr. wilangan kang dipara); 4 (dina [x]) ak. dina kang dianggêp suci (yaiku Jumuwah, Slasa Kliwon); 5 êngg. sêsêbutaning prabot desa (pulisi desa); 6 êngg. saèm. glondhong (sadhuwuring lurah desa); [x]-i: 1 mêpêti; 2 ak. ngelikake, nyandhêt; kc. alang, palang. II kn. 1 ak. golèk walang; 2 kaya walang.
malang atèni :
kn. ak. njalari susah (mbêbayani, matiri); kc. walang-ati.
malang gambuhi :
pc. bêbojoan sing lanang luwih cilik (ênom) tinimbang sing wadon.
malang kadhak :
kn. mêthènthèng (katon umuk).
malang kêrik :
kn. tangan sakarone didokok ing bangkèkan.
malang megung :
kn. sumèlèh ora karuwan alang-ujure.
malang sumirang :
kn. ak. nggugu karêpe dhewe (sawiyah marang liyan).
malar :
I êngg. ak. malah. II êngg. ak: 1 njupuk, murih, golèk; 2 njaluk; [x]-i ak: ngrêsaya, njaluk tulung; kc. palar. III [x]-[x] êngg. ak. muga-muga.
malariyah :
(W) kn. lara panas-tis.
malati :
kn. ngêtokake walat; kc. walat.
malbèng, malbung, malbwèng :
kw. mlêbu ing.
malèh :
êngg. malih.
malèhake :
kn. mblakakake, kandha blaka; kc. walèh.
malekat :
kn. ak. malaekat.
malela :
kn. (wêsi [x]) waja irêng; kc. mlela.
malèni :
kn. ak. dadi walining wong ningkahan; kc. wali.
malêd :
êngg. kn. olèh walêdan (bayar tunggakan); malêdake, malêdi: nunggak (bayarane lsp); kc. walêd.
malêdi :
kw. kêpengin (kêdêrêng) bangêt; kc. maladi.
malêk :
êngg. kn. malak.
malêm :
I kn. isih rada têlês. II kn: bêngi ing ngarêpake dina candhake, up. [x] Kêmis (Rêbo sore); [x]-an: slamêtan ing sajroning sasi Pasa (tanggal 21, 23, 25, 27, 29); [x] lowong: tanggal 22, 24, 26, 28 ing sasi Pasa.
malêr :
êngg. kn. tansah, pijêr, isih (-ana) bae.
malêri :
êngg. ak. 1 nglarangi; 2 matêsi; kc. walêr.
malês :
I kn. gênti mènèhi, gênti mbalèkake tindaking liyan kang ditamakake; kc. walês. II êngg. pc. kêsèd.
malige, maligèn :
kw. dhampar palinggihan.
malih :
I kn. ganti rupa (warna, wujud, kaanan); di-[x]-ake: didadèkake (diowahi) sipate ut. rupane; [x]-an: ganti rupa (kaanan), kang wis malih. II k: maro; kc. palih, paro. III k: manèh.
maliyo :
kn. ak. ar. bakal bngs. lawon alus.
malik :
kn. 1 kang jêro (ngisor) dadi ana ing jaba (ing dhuwur) uga, dianggo entar; 2 mluku kang kapindho; kc. walik.
malik klambi :
. 1 kang jêro didadèkake ana ing jaba (tmr. klambi); 2 pc. kc. malik tingal.
malikat :
kn. ak. malaekat.
malik monthok :
pc. ora têtêp panêmune (gonta-ganti).
malik tingal :
kn. ganti panêmu, nyelaki kaantêpane, mbalik ngiloni mungsuh.
malim :
êngg. ak. 1 pintêr, wasis; 2 panuduh dalan, prau panuduh.
malimirma :
kn. ak. ngeman, mêlasi; kc. palimirma.
maling :
1 (n. pandung k) durjana kang nyênyolong ing wayah bêngi; 2 (n. mandung k) nyênyolong ing wayah bêngi; di-[x]-i: dicolong (dilêboni) maling; [x]-an ak: (barang) colongan.
maling arêp :
pr. nyênyilih êmoh ngulihake, ngilangake êmoh nêmpuhi.
maling dhèndhèng :
pc. ndhêmêni wong.
maling raras :
(-rêtna) br. nyidra asmara.
malir :
kn. gawe kalenan; kc. palir.
maliwêran :
kw. pating blêbêr (-kliwêr).
malya :
(S) kw. oncèn, gubahan.
malmil :
pc. tansah mêmangan.
mal-mol :
pc. cêmal-cêmol.
malu :
I kn. namakake palu; kc. palu. II (M) êngg. isin.
maluh :
êngg. jêblog, akèh blêthoke; kc. paluh.
maluya :
kw. mangsuli.
maluyakake :
kw. mbênakake, mbênêrake, marèkake; kc. waluya.
malo :
di-[x] kn. dikêmalo.
maloni :
êngg. maoni.
mamah :
I kn. nggilut ki. 1 nglêmbutake sarana untu; 2 pc. ora nggugu pitutur; di-[x]: 1 dilêmbutake sarana untu; 2 pc. ora digugu; 3 pc. ditindakake kalawan gampang; [x]-an: kang wis dimamah. II êngg. pc. êmbok, biyung.
mamah-mumuh :
kn. ak. mubra-mubru, sarwa kêcukupan.

--- 289 ---

mamak ~ mandene.

mamak :
I êngg. 1 bapak; 2 êmbok. II ([x] mumuk) kn. 1 matane mêlèk nanging ora wêruh; 2 nekad nggugu karêpe dhewe; 3 ngawang, ngawur.
maman :
kn. ak. nyêbut paman; kc. paman.
mamang :
I kn. ak. sêmang-sêmang, tidha-tidha, durung têrang. II êngg. kn: paman.
mamar :
kn. ak. sumamar, rêmêng-rêmêng.
mamas :
kn. ak. nèkêl (saèm. slaka).
mamblak :
(-mamblak) êngg. ak. sumêbar mratani.
mambang :
kw. bngs. lêlêmbut (dewa).
mambêg :
kn. 1 mandhêg ora bisa mili; 2 ak. patohan dhewe (tanpa tandhing); kc. bêbêg.
mambêk :
kn. ak. gumêdhe, umuk; kc. ambêk.
Mambêng :
êngg. k. Malang.
mambêngi :
k. ngalang-alangi; kc. pambêng, palang.
mambêt :
k. mambu.
mambil :
kw. njupuk; kc. ambil.
mambu :
n. mambêt k. 1 kêtaman (ngrasakake) ambu; 2 ngêtokake (nganakake) ambu; 3 bosok ngêtokake ambu kang ora enak; 4 pc. wis ora payu (-wayu), ora ana kang arêp; ora [x] ... (bocah, wong wadon lsp); [x] ati pc: rada kêgimir atine (dhêmên marang); kêsêlak [x] angin pc: kêsêlak kasèp; [x] dhêm pc: kêna ing adhêm; [x] ilu pc: kanji, wêdi; ora [x] enthong irus pc: dudu sanak dudu kadang; isih [x]-[x] -kulit daging) pc: isih rada sanak; isih [x] kuku pc: isih kurang; kc. ambu.
mambrah-mambrah :
êngg. kn. pating jlêmpah mrana-mrana.
mambrih :
êngg. kn. mamrih.
mamèri, mamèrake :
kn. pamèr marang; kc. pamèr.
mamèt :
kw. golèk; [x] prana kw. golèk ati (supaya disihi).
mami :
kw. - ku, aku; kc. kami.
mamin :
kw. pêthukan.
mamiti :
kn. pamit marang; kc. pamit.
mamuk :
kw. ngamuk; kc. amuk.
mamut :
kw. ilang, sirna, lunga.
mampang :
(-mampang) kn. nêpsu bangêt (marga kêcênthok, êmoh nurut lsp).
mampang-mumpung :
kn. ak. nekad mumpung kêbênêran mangsane.
mampêt :
kn. nutup supaya pampêt; kc. pampêt.
mampir :
kn. mêdhayoh (lèrèn) sadhela ana ing panggonan kang kêdalanan; kc. ampir.
mampu :
êngg. kn. sugih; ora [x] êngg: ora bisa (-kuwat).
mampus :
êngg. pc. 1 lunga; 2 mati.
mamprah :
pc. ndêdêl ênggone dêdagangan; kc. maprah.
mamprang :
kn. sanalika nêpsu bangêt; kc. mampang.
mamprung :
kn. kabur (mabur) bablas.
mamrih :
kn. ak. murih; kc. pamrih.
mamring :
kn. (sêpi [x]) sêpi bangêt.
man :
pc. paman.
mana :
I n. mantên k. kèhe (gêdhene) padha karo kae, up. sa-[x], rong [x]: dèk [x] kae êngg. pc: ing nalika samana. II pc: mratelakake pambangêt (ngantêpake surasa, pamuji lsp). III (S) kw. ak: pangangên-angên, ati, rasa-rumangsa.
manaduganda :
kw. njurungi, ngrujuki.
manadukara :
kw. njurungi, ngrujuki, nayogyani.
manadhêm :
kn. ak. limun (ombèn-ombèn).
manah :
I k. ati. II k: mikir; kc. pikir. III kn: nglêpasake panah; kc . panah.
manail :
kn. ar. wuku kang kaping 23.
manak :
kn. 1 nglairake (duwe) anak; 2 nganggo anakan (uyahan); kc. anak.
manakawan :
kn. ak. dadi panakawan; kc. panakawan.
manang :
I kw. ak. kliru, nêpsu. II (abang-) [x]-[x] kn. abang bangêt (tmr. rai, wudun lsp).
manas-ati :
kn. njalari panas ati; kc. panas ati.
manasi :
I n. mbêntèri k. 1 agawe panas; 2 mèri bangêt marang, gawe piala marang; 3 nêdya golèk pêpulih; kc. panas. II kw. ak. ngêmis.
manasija :
(S) kw. ak. trêsna, katrêsnan, sêngsêm.
manasika :
(S) kw. roh, kaalusan, kabatinan.
manasuka :
êngg. pc. 1 sasênênge dhewe; 2 ora kanthi pêksa.
manastapa :
kw. susah, sêdhih.
manawa :
n. manawi k. 1 yèn; 2 mungguh ing (-aku, -kowe lsp); 3 (bok [x]) bisa uga; 4 pc. yèn ora mêngkono mundhak; mung [x]-[x] (ut. manawa-manawi) pc: isih durung mêsthi.
manawa-silih :
êngg. bok manawa.
manawibawa :
(S) kw. ak. gumêdhe, kibir, jubriya.
manda :
I (ut. [x]-[x], mandan) êngg. ak: rada. II (S) kw: alon, lirih, sathithik; [x]-[x] kn. ak: mung sathithik (rada kadunungan sipat ...).
mandabagya :
(S) kw. cilaka.
mandah :
(-ane, -neya), mandane êngg. ak: 1 saiba bakal ...; 2 (ut. mandahpuna) êngg. ak. mendahpuna; kc. mendah.
mandaya :
I kw. ngreka-reka supaya ...; kc. daya, pandaya. II kw: sêgara.
mandana :
kw. mènèhi; kc. dana.
mandang :
I (ut. [x]-an) êngg: barêng ... (banjur ...). II [x] gawe êngg. pc: tumandang ing gawe.
mandar :
I êngg. ak. malah. II [x]-[x] êngg: muga-muga.
mandara :
kw. macak, dandan.
mande :
I k. marung; kc. warung. II mandèkakên k. ak: murungake; kc. wurung.
mandean :
êngg. bok manawa iya.
mandèkne :
(-ya), mandene, mandikne(-ya) êngg: sênadyana ... suprandene; kc. andèkne.
mandene :
êngg. mendah iba ...

--- 290 ---

mandêk ~ manêlahi.

mandêk :
êngg. kn. lêngganan; kc. pandêk.
mandêng :
kn. ngingêtake, nyawang; kc. pandêng.
mandi :
I kn. akèh dayane, ampuh (tmr. wisa, tamba, têtêmbungan, donga lsp). II êngg. pc: 1 padha karo, kaya; 2 ditimbang karo.
mandira :
kw. wit wringin.
manduk :
kw. kêna ing; kc. panduk.
mandul-mandul :
kn. obah munggah-mudhun (tmr. susu).
mandum :
kn. ngêdum, mbage; mandumi: mènèhi panduman; kc. pandum.
mandung :
(ut. mêmandung) k: maling.
mandungi :
k. ak. manglingi; kc. pangling.
mandos :
k. ak. mandi.
mandose, mandosipun :
êngg. k. mandèkne.
mandra :
I kw: lunga, lêlungan, lêlana; kc. mendra. II kn. ak: kêluwih-luwih, bangêt. III [x]-[x] kw: lirih, alon.
mandragini, mandrakini :
kw: (gupit [x]) gêdhong paturon.
mandraguna :
kw. wasis (digdaya) bangêt.
mandrawa :
kw. (saking [x]) (saka-) kadohan.
manja :
êngg. kn. gawe tanjan (panjan); kc. panja.
manjang :
ut. mêmanjang kn. ak. ura-ura, maca karo ura-ura.
manjangakên :
k. ndawakake; kc. dawa.
manjat :
kn. 1 munggah (tmr. dalan); 2 êngg. munggah (ing gunung lsp); kc. panjat.
manjêl :
êngg. kn. maju; kc. anjêl.
manjêr :
I kn. 1 wis nglayang ing awang-awang (tmr. layangan); 2 dumunung ing têngah bênêr (tmr. srêngenge); 3 ngêdêgake (masang) gêndera lsp; kc. panjêr. II kn: dhuwit minangka pikukuhing wong têtuku; manjêri: mènèhi manjêr;[6] kc. panjêr.
manjing :
1 kw. mlêbu, lumêbu; 2 êngg. bêburuh; 3 wis mlêbu (ora kêna dicopot; 4 wis klêbu dadi ...; 5 ngrasuk ing (agama); 6 pc. sumurup dadi ...; kc. anjing, panjing.
munjung-munjung :
kn. ak. têtumpukan dhuwur.
manjur :
I kw. ngênêr maju, mêncongol; kc. anjur. II êngg. pc: mandi (tmr. tamba).
manjurung :
kn. ak. nyumbang; kc. jurung, panjurung.
manjut :
êngg. banjur, nuli.
mandha :
kw. sêdhih; kc. mondhah.
mandhah :
êngg. kn. ngalih sawêtara mangsa mênyang ing; di-[x]-ake: diêlih ana ing liya panggonan sawêtara mangsa; kc. kumandhah.
mandhak :
êngg. kn. malah, mandar.
mandhakaki :
kn. ar. kêmbang.
mandhakiya :
kw. (bale [x]) omah dianggo nênêpi (mêmuja).
mandhala :
kw. 1 kubêng, buwêngan, wêwêngkon; 2 patapan, pasraman; 3 tlatah.
mandhalika :
kw. 1 tanah gadhuhan; 2 ar. têtuwuhan.
mandhap :
1 k. mêdhun, mudhun; 2 ki. ak. mulih; kc. andhap.
mandhapa :
(S) kw. pandhapa.
mandhasiya :
kn. ar. wuku kang kaping l4.
mandhe :
kn. nggêmblèng wêsi, dadi pandhe; kc. pandhe.
mandhegani :
kw. mangarêpi, dadi pangarêp (lêlurah); kc. pandhega.
mandhèng :
I êngg. kn. wis rada suda (tmr. lêlara lsp); kc. adhèng. II êngg. kn: pêngaron (grabah, têmbaga).
mandhêg :
n. kèndêl k. lèrèn mari mlaku (-obah lsp); kc. andhêg.
mandhêg-mayong :
pc. 1 mlaku ora têrus (tansah mampir-mampir); 2 gojag-gajêg, rangu-rangu.
mandhêg-mangu :
kn. gojag-gajêg, rangu-rangu.
mandhêg-tumolih :
kn. gojag-gajég dening kuwatir (sumêlang).
mandhêm :
kw. mbandhêm; kc. pandhêm.
mandhês :
kn. nyukur lsp. nganti pandhês; kc. pandhês.
mandhi :
kn. nggawa (gada lsp) dipanggul; kc. pandhi.
mandhing :
(-i) êngg. ak. nandhingi, madhani; kc. pandhing.
mandhirèng :
(-pribadi) kw. madêg dhewe.
mandhiri :
kw. madêg; kc. dhiri.
mandhita :
kw. dadi pandhita.
mandhuka :
(S) kw. kodhok.
mandhukake :
êngg. ngurupake, nglirokake tanpa tambahan; kc. pandhuk.
mandhung :
kn. 1 tandhon; 2 êngg. sawah ênggone babad dhewe; 3 êngg. wong kang mung duwe pomahan (ing padesan); 4 (ut. mandhungan êngg); mung wajib nyambut gawe ing padesan; kc. andhung.
mandhung-mandhung :
êngg. kn. tumpuk-tumpuk.
mandho :
kn. ngathungake tangane loro mêgar (kaya patrape wong ngêmis, nênampani arêp njaluk).
mandhok :
kn. 1 manggon ut. dêdunung ing; 2 ([x] atine) êngg. pc. ora lêga atine; kc. andhok, dhok.
mandhor :
kn. 1 lêlurah (pangarêp) ing kuli nyambut gawe, jongos hotèl lsp; 2 wong kang tunggu pasanggrahan, padusan lsp.
mandhoran :
êngg. sumbangan.
manèh :
n. malih k. 1 mbalèni (nglakoni, muwuhi, ngambali lsp) kaya kang uwis; 2 ([x] ..., yèn ...) aja sing, up. kowe [x] yèn bisaa, lah wong kakangmu ora bisa.
manèk :
I êngg. mènèk; kc. panèk. II kêna ing [x] êngg: kêna ing walat.
manèkake :
n. murunakên k. agawe wani; kc. wani.
maneka-neka, maneka-warna :
kw. warna-warna, rupa-rupa; kc. neka.
manèni :
I n. muruni k. ak. wani karo; kc. wani. II êngg: ngênèni; kc. panèn.
manèngan si :
êngg. mulane mêsthi, mêsthi bae.
manêdya :
kw. ngarah, njarag; kc. sêdya.
manèh :
kw. batur.
manèhta :
kw. ingkang abdi (kawula).
manêkung :
kw. mêmpêng ênggone muja-sêmèdi (nênuwun); kc. sêkung.
manêlahi :
kw. madhangi, nyunari; kc. têlah.

--- 291 ---

manêngah ~ mantri.

manêngah :
kn. mênyang ing têngah.
manêngên :
kn. mênyang ing têngên.
manêt :
kn. padhêt bangêt; kc. ênêt.
manhab :
kn. madhab.
mani :
I (S) kw. intên. II kn: wijining manungsa kang saka wong lanang. III mêmani n. mêmurun k. nggêgasah supaya wani.
manidikara :
kw. nyêmbahyangake, ndongani; kc. sidikara.
manih :
kw. manèh.
manik :
1 kw. intên, sêsotya; 2 kn. têlênging mata kang têngah; 3 êngg. kalamênjing (ing gulu).
manikêm :
kw. kc. mani, manik.
manikya :
(S) kw. mirah.
manila :
(S) kw. intên biru.
maning :
êngg. manèh.
manira :
kw. aku (dhêdhuwuran marang sosoran).
manis :
kn. 1 êngg. lêgi; 2 êngg. Lêgi (dina pasaran); 3 bêcik ut. ngrêsêpake (tmr. rupa, wêwujudan lsp); 4 (driji [x], jênthik [x]) driji antarane panêngah karo jênthik; mêmanis: 1 apa-apa kang manis (têtêmbungan lsp); 2 pc. rêruba, bêsêl; di-(me-) [x](-i): 1 ditamani têmbung manis; 2 digawe manis; [x]-an: wowohan kang dicêncêm ing gula.
manis-jangan :
kn. ar. wit klikane rasane lêgi.
manub :
kw. nrajang, nyêrang; kc. tub.
manubawa :
kw. manobawa.
manuja :
(S) kw. ak. manungsa.
manuju :
kw. nuju, ngênêr; kc. tuju.
manuh :
kn. 1 êngg. ak. têpung ut. kulina karo; 2 wis kulina nindakake, kêbanjur njatuh; [x]-ake: nêpungake karo; kc. wanuh.
manuhara :
kw. kc. manohara.
manuk :
n. pêksi k. bngs. kewan iwèn; dijuju kaya [x] pc: diuja pangane; mêcêl [x] mibêr pc: agahan (apa-apa kêduga); saur [x] pr: mangsuli bêbarêngan (nayogyani); di(me-)[x]-i êngg. ak: diulat-ulatake saka kadohan, diawat-awati; [x]-an: 1 (ut. [x]-[x]-an) têtironing manuk; 2 sindik nyongat ing pasangan (sapi).
manukara :
kw. miturut, manut, nulad.
manukma, manuksma :
kw. nitis, manjalma, manjing ing; kc. sukma.
manungsa :
kn. titah kang kadunungan sukma lan budi.
manus, manusa, manusya, manuswa :
kw. manungsa.
manusapada, manusaloka :
kw. jagat, donya.
manusmara :
kw. nyipta, muja.
manut :
kn. 1 nurut, miturut; 2 ora bangga, ora ndaga; kc. tut.
manobawa :
(S) kw. 1 ak. trêsna, sêngsêm, sih; 2 ngaton; 3 ngatonake sênênge, nayogyani.
manojawa :
(S) kw. bantêr bangêt (bablas).
manohara :
(S) kw. 1 endah, nêngsêmake; 2 mêmalad sih, ngarih-arih.
manol :
(-an) êngg. kn. kuli, buruh.
manon, Hyang Manon :
kang mahawikan (Gusti Allah); [x]-i ak. nyipati dhewe; kc. ton.
manonbawa :
kw. sêdhih, susah; kc. manobawa.
manongan :
kn. wong kang tanpa padunungan.
manpangat :
kn. ak. piguna marang kaslamêtaning badan lsp; kc. munpangat.
manrang :
I kw. nyêrang, nrajang; kc. sêrang. II kw: nêrang, kc. têrang.
(mantah) :
([x]-) [x]-ane êngg. pc. ayake bae ...
mantah-ewuh :
êngg. pc. bisa uga ...
mantak :
(mantêk) aji kn. ngucapake aji; kc. matêk, watak, watêk.
mantang :
(-i) êngg. pc. nglarangi (mangan lsp); kc. pantang.
mantar :
kn. ak. mèntèr.
mantari :
êngg. kn. babag, mèh padha; kc. antar, pantaran.
mantat :
êngg. ks. nyanggama; kc. pantat.
mantega :
kn. ak. mêrtega.
mantèk :
kn. nganjingake pantèk; kc. pantèk.
mantèn :
êngg. pc. pangantèn.
mantêl :
(W) pc. bngs. klambi dawa dianggo tadhah udan.
mantên :
I k. mana, mene, mono. II êngg: tilasan, pocotan; kc. mari.
mantêp :
kn. 1 kukuh lan sêtya marang pasuwitan (panêmu lsp); 2 wis têtêp têmênan; kc. antêp.
mantês :
ut. mêmantês kn. ak. agawe pantês; sarwa [x]-i: sarwa bêcik (pantês); kc. pantês.
mantiyanta :
kw. bangêt, kêluwih-luwih.
manting :
kn. 1 êngg. nggêblègake wasuhan ing watu lsp; 2 ([x] salira) br. mêsu badan, mati-raga: kc. wanting.
mantu :
I kn. 1 (anak [x]) bojoning anak; 2 (ut. mêmantu) duwe gawe ngomah-omahake anake, (ut. ngomah-omahake anake wadon); dimantokake: diomah-omahake. II bah [x] êngg. pc: panyêbut marang Cina pranakan kang isih ênom (sarta dadi lêlurahe).
mantuk :
k. mulih; kc. ulih, antuk.
mantun :
k. mari.
mantuni :
êngg. k. manèni; kc. wani, wantun.
mantog :
kn. ak. têkan ing, anjog ing; kc. pantog.
mantol :
(W) kn. bngs. klambi dawa dianggo tadhah udan (ut. angêt-angêt).
manton :
kn. duwe gawe mantu.
mantoni :
kn. ak. nêsêli, muwuhi; kc: wantu.
mantos :
êngg. k. mangsa! (pamaido).
mantos-mantos :
k. ak. manti-manti; kc. wanti.
mantra :
I kn. donga, têtêmbungan dianggo njapani lsp; dimantrani: dijapani, didongani. II [x]-[x] kw. sumamar, ora cêtha; ora [x]-[x]: ora mèmpêr karo.
mantri :
(S). 1 kw. ak. juru rêmbug, nayaka; 2 kn. ar. pangkat ing kraton; 3

--- 292 ---

mantri-alas ~ manyura.

sêsêbutaning priyayi Nêgara kang pagaweane warna-warna, up. [x] guru, [x] cacar, [x] cêngkal lsp.
mantri-alas :
(-blandhong): ar. punggawa Nêgara kang pinatah ngawat-awati alas pajatèn.
mantri anom :
kn. ak. priyayi ing kraton.
mantri jêro :
(n. -lêbêt k): ar. prajurit ing kraton (Ngayogya).
mantri dhudhuk :
kn. 1 ak. priyayi kang pinatah cacah-jiwa lsp; 2 pc. maling.
mantri gudhang :
kn. panggêdhening gudhang kopi lsp.
mantri kabupatèn :
kn. juru tulis nomêr siji ing kabupatèn.
mantri kawêdanan :
kn. juru tulis nomêr siji ing kawêdanan.
mantri kewan :
kn. priyayi Nêgara kang pinatah mriksa lan ngawat-awati kasarasaning raja-kaya.
mantri kit :
(-candu) kn. priyayi kang ngurus panjuwalan candu.
mantri lanbau :
(-tani) kn. priyayi Nêgara babagan têtanèn.
mantri lumbung :
kn. priyayi Nêgara kang ditanggênah ngurus lumbung desa.
mantri-muka :
(-mukya, -wisesa) kw. patih.
mantri ukur :
(-cêngkal) kn. priyayi Nêgara kang ngukur palêmahan.
mantri pulisi :
êngg. punggawa kang mriksa bab omah (manut tatanan nanggulang lêlara pès).
mantrus :
(W) kn. punggawa prau (kapal).
mantrol :
pc. mantol.
mantyanta :
kw. bangêt, kêluwih-luwih.
manca :
kn. (wong [x], tanah [x], nêgara [x]) wêwêngkon ing liya nêgara.
mancad :
kn. napakake sikil dipênêtake ing (arêp mènèk lsp); kc. pancad.
mancahi :
kn. 1 nacad; maoni; 2 madoni, mêrangi, ora miturut; kc. pancah, wancah.
mancak :
I êngg. kn. 1 nampani, nadhahi (apa-apa kang diuncalake); 2 golèk walang lsp; kc. pancak. II kn. ak: nglakèni (tmr. kewan).
mancakaki :
êngg. kn. wong-wong kang tuwa (ing padesan).
mancal :
kn. 1 nyodhokake sikile (sarta nggênjot); 2 mangkat lêlayaran (tmr. prau); 3 ak. mêgat kang lanang (srana pamancal); kc. pancal.
mancal donya :
kn. mati.
mancala-putra, mancala-putri :
kw. bisa malih dadi apa-apa.
mancal-kêmul :
kn. (diênggo [x]) pangan saanane ing wayah sore.
mancana :
kw. nggodha, ngridhu; kc. bancana, bêncana.
manca-nêgara :
kn. 1 ak. tanah-tanah sajabaning tanah Kêjawan; 2 nêgara-nêgara manca.
manca-udrasa :
(-rawat) kw. nangis.
manca-pat :
-lima (n. -sêkawan k, gangsal k. ak); tangga desa kang ngubêngi.
mancas :
kn. ngêthok pang lsp. mayat; [x]-i: mutusi; kc. pancas.
mancawara :
kw. nggunani (mênggawe lsp) sarana mantra; kc. pancawara.
mancawarna :
kn. warna-warna.
mancèni :
I kn. ak. mancahi, nacad, maoni; kc. wanci. II kn: mènèhi (nêtêpake) pêpancène; kc. panci, pancèn.
mancêb :
pc. tumancêb.
mancêd :
kn. ak. nêtêpake rêgane (ora kêna kurang); kc. pancêd.
mancêr :
kn. ak. mandêng ora kêdhèp; kc. pancer.
manci :
I kn. ak. nêtêpake (mènèhi) pêpancèn; kc. panci, pancèn. II êngg. pc. panci (ar. wadhah).
mancik :
kn. 1 anc ik-ancik ing; 2 têkan ing; 3 wiwit, miwiti; kc. ancik, pancik.
mancing :
kn. misaya iwak nganggo pancing; kc. pancing.
manclap :
êngg. kn. sumurup (tmr. srêngenge).
manclas :
êngg. kn. mancas; kc. pancas, panclas.
mancud :
(-an), mancut(-an) kn. awangun lancip, nyongat munggah.
mancuh :
êngg. kn. munggah tmr. banyu.
mancung :
kn. buntêl (tlakupan) ing manggar; [x]-an êngg. adu [x]: padoning ikêt gathuk ing bathuk (caraning ikêt-ikêtan).
mancur :
kn. 1 mili mêngisor; 2 br. sumorot (tmr. cahya); kc. pancur, cur.
manco :
I êngg. kn. mancahi;kc. panco. II êngg. kn. ar. panganan.
mancrut :
(-mancrut) êngg. kn. wutah mancur mrana-mrana.
mantha garwa :
kw. ngêpèk bojo.
mantha-mantha :
kn. ak. merang-merang gêgolongan; kc. pantha.
manthal-manthal, manthalan :
pc. susune katon (ora kêmbênan).
manthang :
I êngg. kn. bngs. kêtela. II manthang-manthang kn. katon abuh sarta abang (tmr. wudun lsp); manthang-manthangên pc: nêpsu bangêt.
manthêng :
êngg. kn. 1 narik kêncêng (tmr. bolah, tali lsp); 2 mêmpêng bangêt panuwune lsp; kc. panthêng.
manthêr :
kn. 1 saèm. mancur; 2 sumorot (tmr. cahya).
manthuk :
kn. ndhungklukake êndhase; kc. anthuk.
manthur :
kn. saèm. mancur, manthêr.
manyak :
(-i) pc. miwiti, ngayati.
manyak-manyak :
kn. ak. nyak-nyakan ora tata; kc. mênyak.
manyar :
kn. ar. manuk.
manyêr, manyur :
êngg. kn. ngadêg nganyur.
manyuk :
pc. têka sadhela, nyangklêg.
manyul :
kn. nonong mêngarêp (tmr. bathuk).
manyung :
kn. ar. iwak sêgara.
manyura :
1 kw. mêrak; 2 kn. ar. pathêting gêndhing.

--- 293 ---

mang ~ mangkara-kara.

mang :
I pc. wc. samang, up. [x] pangan: ko-pangan. II êngg: mau.
manga :
êngg. kn. mangap.
mangada-ada :
kw. njêgrag (tmr. idêp).
mangah-mangah :
kn. katon abang bangêt (tmr. rai lsp).
mangaksi :
kw. ndêlêng, nonton; kc. aksi.
mangan :
n. nêdha k. dhahar k. 1 migunakake pangan; 2 ent. nganggo, migunakake, butuh nganggo, ngêntèkake; 3 uripe saka, up. mung [x] anakan: 4 pc. nampa ut. nglêbokake (piwulang lsp); [x]-i: 1 ak. mènèhi pangan; 2 tansah mangan, sênêng (royal) mangan; [x]-an êngg: slamêtan ana ing kuburan lsp; kc. pangan.
mangan-nginum :
(-ngombe) pc. enak-enakan mangan karo ngombe.
mangan-turu :
pc. enak-enakan mung mangan karo turu bae.
mangang :
I kw. mênga amba, mangap amba. II kn. rada wêgah (êmêng), angèl panyêkêle (marga kêgêdhèn lsp).
mangap :
kn. 1 ngêngakake cangkêm; 2 pc. ks. clathu, gunêman; 3 mênga amba; kc. angap.
mangar-mangar :
kn. katon abang raine (marga pêpanas lsp).
mangarêp :
n. mangajêng k. mênyang ingarêp.
mangarsa :
kw. mangarêp.
mangarsa-arsa :
kw. ngarêp-arêp.
mangas :
êngg. kn. drêmba, murka.
mangastawa, mangastuti :
kw. mêmuji, ngalêmbana, nêmbah.
mangastungkara :
kw. nayogyani, mêmuji.
mangde :
kw. ak. agawe, njalari, marakake.
mangèksi :
kw. ndêlêng, nonton; kc. èksi.
mangèl :
kw. ak. sayah, kêsêl.
mangeran :
kn. nganggêp pangeran marang (ngabdi, mêmuji); kc. pangeran.
mangèstupada :
kw. ngabêkti, sujud.
mangèstoni :
kn. ak. ndongakake, mènèhi bêrkah; kc. pangèstu.
mangèsthi :
kw. mêndêng (njangka) marang, kêpengin bangêt; kc. èsthi.
mangêb :
kw. ak. ngaub, ngeyub.
mangêni :
kn. matêsi wangêne; kc. wangên.
mangêrti :
n. mangêrtos k. pc. wis nyakup marang surasaning piwulang (têtêmbungan lsp); kc. ngêrti.
mangêt-mangêt :
kn. rada panas; kc. angêt.
mangga :
I kw. gêlêm. II k. ayo; 2 ênya, mara. III kn. ak: têgêl(-an). IV ut. manggaa êngg: mênawa, samangsa. V êngg. ak: pêlêm. VI pc: kêmangga.
manggahi :
kn. ak. ngukuhi, nggêgêgi; kc. panggah.
manggal :
kn. ak. mbalang, mbandhêm; kc. banggal, panggal.
manggala :
(S) kw. 1 ak. bêgja, kabêgjan, bêrkah; 2 ak. bêbukaning pujian (sêmbahyangan); 3 ([x]-ning prang) pangarêp, senapati; manggalani kw: mêngarêpi prang.
manggalih :
ki. mikir; kc. panggalih.
manggalya :
(S) kw. wêwêcan (sasmita) mahanani kabêgjan.
mangga-manggu, mangga-mara :
êngg. kn. gojag-gajêg.
manggan :
êngg. kn. têgêlan; kc. mangga.
manggang :
kn. nggarang; kc. panggang.
mangga puliha :
kw. (tan [x]) (ora) bisa mênang.
manggar :
kn. kêmbang krambil.
mangga sapira :
(-pira) ak. ora sapiraa.
mangga sesa :
(-sisa) kn. ak. cuwa, gêla.
manggèn :
k. manggon.
manggêng :
kn. ak. lêstari, ajêg; kc. panggêng.
manggih :
(-i) k. nêmu, nêmoni; kc. têmu.
manggis :
kn. ar. wit sarta wohe.
manggistha :
kw. manggis.
manggya :
kw. nêmu; kc. manggih.
mangguh :
kw. nêmu; kc. manggih.
mangguha, mangguh anua, mangganua :
êngg. samungguha ...
manggul :
I kn. nggawa katumpangake ing pundhak (cêngêl); kc. panggul. II kn: ar. jênang.
manggulan :
êngg. kn. midadarèni.
manggu-manggu :
kn. ak. gojag-gajêg.
manggung :
I kn. 1 ak. tansah ora kêndhat; 2 tansah ngêtokake swara (tmr. pêrkutut). II ([x] kêtanggung) kn. bngs. bêdhaya kang ndhèrèkake panjênênganing ratu yèn miyos siniwaka.
manggut :
(-manggut) êngg. kn. manthuk(-manthuk).
manggok :
pc. mandhok.
manggoki :
pc. mrêgoki; kc. panggok.
manggon :
n. manggèn k. 1 dêdunung ana ing; 2 wis manjing ora bisa mari (tmr. lêlara, kamanuhan lsp); 3 pc. krasan; 4 pc: wis mathuk, wis cocog karo watake; kc. ênggon, panggonan.
manggrahi :
êngg. pc. tansah nyulayani rêmbug.
manggrok :
pc. mandhêg, manggon sawatara mangsa.
manggrong-manggrong :
êngg. magrong-magrong.
mangka :
I kn. têtêmbungan pangikêt nêrangake surasane kosok balèn. II kw. kang dadi, kang dianggêp dadi; kc. minangka.
mangkadi :
kw. tur, lan uga; kc. makadi.
mangkah-mangkah :
kn. katon gêdhe kêbak banyu susu (tmr. susu).
mangkak :
I kn. sêmu rêgêd (warna putih kêcampuran irêng). II êngg. kn. atos (tmr. abuh); kc. bangkak.
mangkakna, mangkakne, mangkaknè, mangkaknea, mangkane :
êngg. mangka.
mangkali :
kn. ora nggugu, ndaga, madoni; kc. wangkal, pangkal.
mangkana :
n. makatên k. kaya kae; kc. mangkene, mangkono.
mangkara :
kw. urang.
mangkarabyuha :
kw. ar. gêlaring bêris.[7]
mangkara-kara :
kw. murub mubyar.

--- 294 ---

mangkas ~ mangsatara.

mangkas :
I kw. cukat; kc. akas. II mangkas-(mangkas) kw: kumudu-kudu arêp gunêman.
mangkat :
kn. têdhak ki. budhal lêlungan; kc. angkat, pangkat.
mangke :
k. mêngko.
mangkene :
n. makatên k. kaya iki.
mangkidi :
êngg. ak. matêsi; kc. wangkid.
mangkil :
kn. migunakake wangkil; kc. wangkil.
mangking :
I êngg. k. mêngko. II ki. nyêngkêlit; kc. wangking.
mangkir :
I êngg. kn. cangkir. II (W) kn. 1 ora têka nalikane diapèl; 2 ora mlêbu nyambut gawe lsp; 3 êngg. mlincur; 4 lunga (minggat) saka ing tangsi (tmr. saradhadhu); 5 êngg. wêla (ora nicil).
mangkis :
kn. ngêncêngake wlulang kêndhang lsp; kc. wangkis.
mangku :
kn. 1 nyèlèhake ing pangkon; 2 ent. ngadhêpake; 3 ngajangi duwe gawe lsp; kc. pangku.
mangkud :
kn. ak. ngangkud; kc. angkud.
mangkul :
êngg. kn. ngrangkul, manggul; kc. pangkul.
mangkok :
kn. saèm. pinggan nanging luwih cilik.
mangkono :
n. makatên k. kaya iku(-kae).
mangkoti :
kn. ak. wangkot marang; kc. wangkot.
mangkrag :
êngg. kn. mogok (êmoh nyambut gawe).
mangkrak :
kw. mbêngok (muring bangêt); kc. makrak.
mangkring :
kn. 1 mencok ing pang lsp. (kang dhuwur); 2 pc. ngundhakake rêga; kc. pangkring, plangkring.
mangkruk :
(-mangkruk) kn. linggih (thêthênguk) ana ing papan kang dhuwur.
mangkrong :
(-mangkrong) pc. mangkruk-mangkruk.
manglah :
kw. ngêsah, sêsambat.
manglar :
kn. wis duwe lar (tmr. gangsir lsp: kc. lar.
manglèng :
kw. ngêlèng; kc. êlèng.
manglêr :
kn. ak. anglêr.
mangli :
kn. ar. têbu.
manglih :
I êngg. ak. malih. II k. ak. mangro. III kw. ngêlih.
mangling :
kw. clathu, gunêman; kc. angling, ling.
manglingi :
kn. njalari pangling; kc. pangling.
mangluh, mangloh :
êngg. kn. nutuh (ngundhat-undhat); kc. pangluh.
manglung :
kn. tumungkul (tumêlung) mêngarêp; [x] gulu br. nungkul (têluk); kc. anglung.
manglong-manglong :
kn. ungak-ungak manglung.
mangmang :
êngg. kn. rada samar, tidha-tidha.
mangu-mangu :
kn. 1 gojag-gajêg, mangga-mara; 2 rada bingung pikire.
manguyu :
kw. bngs. cantrik.
manguk :
(-manguk) kn. ak. ngungak, ungak-ungak; kc. anguk.
mangul :
kn. ak. mongol; kc. pangul.
mangulah :
kw. nindakake, ngêcakake; kc. ulah.
mangulun :
kw. ngabdi, ngawula; kc. ulun.
mangun :
kn. 1 mujudake (nyithak lsp) supaya wangun; 2 agawe (nêgara lsp); 3 awujud; kc. wangun, bangun.
mangunah :
(A) kn. ak. duwe kaluwihan bisa nggayuh marga saka imane.
mangunêng :
kw. kêsêngsêm, sêdhih; kc. onêng.
mangun-kung :
kw. sêdhih dening kêsêngsêm.
manguntur :
kn. ak. bangsal ana gilange palênggahan.
mangungkang :
kw. ngungkang ing.
mangungkung :
kw. kc. mangun-kung.
manguri :
I êngg. ak. masahi untu; kc. pangur. II kw. mêdharake wadi lsp; kc. kuwanguran.
mangut :
kn. ar. iwak loh.
mangohan :
kw. gêro-gêro (sêsambat).
mangot :
kn. 1 namakake pangot; 2 awangun kaya pangot; kc. pangot.
mangrèh :
kw. ngêrèh; kc. rèh, pangrèh.
mangro :
kn. 1 cawang loro, ngênêr rong panggonan; 2 ak. ngrangkêp; 3 pc. saêlèng isi loro (tmr. lèng gangsir lsp); [x] atine (-karêpe) pc: gojag-gajêg dening kêpêksa milih rong prakara; [x] tingal: panêmu rong prakara kang kosok balèn diantêpi kabèh; kc. ro.
mangsa :
I kn. 1 wêktu; 2 wêktu nêdhêng ..., ungsum; 3 molah-malihing hawa lsp. ing taun, up. [x] rêndhêng; 4 saèm. sasi miturut pranata mangsa (umure ora kaya sasi lumrah) dene arane: kasa (kartika), karo (pusa), katêlu (manggasri), kapat (sitra), kalima (manggakala), kanêm (naya), kapitu (palguna), kawolu (wisaka), kasanga (jita), kasapuluh (srawana), dhêstha (padrawana), saddha (asuji); kc. mangsan, samangsa. II kn: 1 (... + sambawa) mokal yèn ... up. [x] gêlêma têka; 2 (gèk [x]) pc. ah mokal (nelakake pamaido). III kn: mangan (tmr. kewan galak, buta); kc. (mê)mangsan.
mangsabaksa :
kw. ak. mangan daging.
mangsa bodhoa :
n. (-borong k); (kowe mokal yèn bodhoa) dakpasrahake marang kowe.
mangsah :
I kw. 1 maju pêrang; 2 mungsuh; kc. angsah. II kn. (ora-) (ora-) bisa tumama, ora pasah.
mangsak :
kn. olah-olah, gawe obat lsp; kc. masak.
mangsa-silih :
êngg. mokal yèn ...; kc. mangsa.
mangsan :
I kn. ungsum-ungsuman, anane miturut mangsa; kc. mangsa. II ut. mêmangsan kn. apa-apa kang (bakal) dimangsa ing kewan galak (buta); kc. mangsa.
mangsane :
êngg. pc. samangsa, mênawa.
mangsatara :
kn. ak. mangsa ora ana udan ing sajroning mangsa rêndhêng; kc. taramangsa.

--- 295 ---

mangsêg ~ marang.

mangsêg :
kn. 1 wis krasa warêg bangêt; 2 mangsa wowohan lsp. sabakdane mangan sêga; 3 (ut. [x]-an) ak. wowohan lsp. kang dipangan sabakdane mangan sêga; kc. angsêg.
mangsèn :
kn. wadhah mangsi.
mangsi :
I êngg. k. mangsa (mokal yèn ...). II kn: barang cuwèr mawa warna irêng lsp. dianggo nulis; di-[x] pc. ditulis lsp. nganggo mangsi.
mangsil :
êngg. kn. ikalan lawe ing kisi.
mangsit :
(-i) kn. 1 ak. akon (wêling) marang; 2 ngandhani sarana bêbisik kc. wangsit.
mangslup :
kn. mlêbu ing (bolongan lsp); kc. angslup.
mangsud :
kn. ak; maksud.
mangsuh :
kw. maju pêrang; kc. mangsah.
mangsuk :
kw. 1 mlêbu; 2 pc. mlêbu ing agama lsp; 3 pc. cocog bangêt (tmr. panganggo karo sing nganggo); [x]-[x] êngg. pc: tontonan ing karamean (sulapan, wayang wong lsp).
mangsuk-angin :
kn. lara marga kadhêmên.
mangsul :
k. ak. malik; kc. walik.
mangsuli :
I k. mbalèni; kc. bali. II kn. njawab gunêming liyan, mbalêsi; kc. wangsul(-an).
mangsur :
kn. mancur (mili) bantêr tmr. bêbanyu); kc. sur.
mangwa :
kn. ak. mawa.
mangwang :
êngg. kn. nganggo nyawang marang; kc. wangwang.
mau :
n. wau k. 1 mêntas bae, waktu kang kêpungkur durung suwe (kang lagi mêntas kêlakon); 2 kang mêntas disêbutake; [x] awan ([x] bêngi, [x] esuk, [x] sore): awan (bêngi, esuk, sore) kang mêntas kêlakon; [x]-[x]-ne pc: kang dhisik (ing sadurunge kêlakon).
maujud :
kn. mawa wujud, bisa katon.
maugi, mauki :
êngg: mbêngoki, nyêluk; kc. paug.
maulana, maolana :
(A) kn. sêsêbutaning para ahli agama Islam kang pinunjul.
maulud :
(A) kn. riyaya (slawatan) ing dina wiyosane K.N. Muhamad; kc. mulud.
maut, maot :
(A) kn. ak. mati.
maonah :
kn. ak. mangunah.
maoni :
kn. nacad, mancahi; kc. waon.
maos :
I k. maca; kc. waca, waos. II ki. ak: nyakot; kc. waos, untu. III k. ak: numbak; kc. tumbak, waos. IV êngg. k: maja.
maosi :
k. majêgi; kc. pajêg, paos, majêgan.
Maospait :
k. ak. Majapait.
maot :
(A) kn. ak. mati.
mapa :
kw. apa.
mapag :
(-ake) kn. mêthuk(-ake); [x]-an: pangadhangan; kc. papag.
mapag tanggal :
kn. ak. nggarap-sari (pambêngan).
mapah :
kn. ndhêlik (mencok) ing papah; [x] gêdhang: kaya papah gêdhang; kc. papah.
mapak :
kn. 1 (ut. [x]-i) ngêthok lsp. supaya papak; 2 katon racak (tmr. tanduran ing sawah, têgal); [x]-i: madhani, padha karo; kc. papak.
mapal :
kn. 1 ngêthoki dicêndhakake; 2 êngg. ks. mangan; kc. papal.
mapali :
êngg. ak. ndaga, mbangkang; kc. papal.
mapan :
I kn. 1 milih (golèk, olèh) papan, tata-tata arêp manggon (linggih, turu lsp); 2 tata-tata nêdya nanggulang mungsuh lsp; 3 manggon ing papan kang prayoga; 4 ent. maton bangêt (tmr. wangsulan, rêmbugan), pakolèh bangêt (tmr. panggonan lsp; kc. papan. II kw: 1 jêr, awit; 2 nanging; kc. apan.
mapar :
(-i) kn. ngrata, mapak; kc. papar.
mapas :
kn. 1 ak. ngêthok pucuke lsp; 2 nyugag rêmbug lsp; kc. panas.
mapat :
I n. nyêkawan k. siji-sijine papat. II kn. ak: mati; kc. wapat.
mapatih :
kw. patih.
maphum :
(A) êngg. ngêrti.
maputêran :
kw. mubêng-mubêng; kc. putêr.
maprah :
êngg. kn. kaprah, ngêndi-êndi ana; [x]-[x] pc. akèh bangêt dagangane.
mapras :
kn. ngêthok pucuke (wit lsp); kc. papras.
maprung :
kn. ak. mamprung.
mar :
kn. cape, tanpa daya, rasa kaya gringgingên; kc. êmar.
mara :
I kn. têka nyêdhaki; kc. marani. II êngg. ak: coba ta! III kn: merang, mbage; kc. para. IV êngg. kn: muwara. V kw: aku, -ku. VI (S) kw. ak: pati, mati.
mara awak :
n. (-bau k), mara bau kn. rewang ut. têka nyambut gawe mung awak thok (tanpa piranti, pasumbang lsp).
marab-marab :
kw. murub mubyar.
marabi :
1 êngg. njênêngi pêparab; 2 kw. ngarani, njênêngi; kc. parab.
mara-dagang :
kn. dêdagangan ana ing.
mara-desa :
n. mara-dhusun k. mênyang ing padesan.
mara dina :
êngg. sabên dina dibage (olèh-olèhane dêrêp).
mara-jêlèh :
êngg. jêlèh, bosên.
mara-dhayoh :
n. mara-tamu k. têka tilik lsp.
marag :
kn. ak. nrajang; kc. parag.
marah :
I ut. [x]-i êngg. ak: 1 ngandhani, nuturi; 2 mulang; 3 êngg. ngandhani (ngulêmi, ngundang); kc. warah. II kw: nyigar; kc. parah.
marahi :
pc. njalari.
marah-muruk :
êngg. ak. muruki, mulang, nuturi.
marak :
I kw. seba ngadhêp; kc. parak. II kw: mêrak (ar. manuk).
marakake :
n. murugakên k. 1 ak. ngêtêrake (nggawa mara); 2 njalari, nyêbabake; kc. paran.
marakarma :
kw. kasangsaran, kacilakan. marakata kw. 1 jumêrud; 2 mirah.
marakèh :
kn. ar. wuku kang kaping 18.
marana :
kw. pati, mati, lêlara.
marani :
n. murugi k. nêdhaki ki. mara ing, nêkani; kc. paran, mara.
marang :
I n. dhatêng k. 1 tumuju (ngênêr) ing; 2 mungguh (tumrap) ing; 3 ing, dening (ing ukara tanggap); kc. mênyang.

--- 296 ---

marangi ~ marna.

II kn: namakake parang; kc. parang.
marangi :
kn. misani sarana warangan, nggosok kêris lsp. nganggo warangan; kc. warangan.
maras :
I êngg. kn. miris, rada wêdi (kuwatir). II kn: kêbuk (ing kewan iwèn).
marasadu :
kw. ngapusi, julig.
marasake :
n. nyarasakên k. marèkake, nambani, njalari waras; kc. waras.
maraseba :
n. marasowan k. seba marang (panjênênganing ratu).
mara sêrêk :
êngg. mbosêni, njêlèhi.
marasi :
I 1 kw. ngêthok êndhas; 2 ngilangi sêpête (tmr. dêgan); kc. paras. II ki: nyukur; kc. paras.
maracoca :
knb. ar. wadêr.
mara-tangan :
kn. milarani nganggo tangan (ngantêm, nabok lsp).
maratapa :
kn. nglakoni tapa.
maratuwa :
n. marasêpuh k. wong tuwane bojo.
marawayan :
kw. ndlèwèr, mili, gumantung rawe-rawe.
marbuk :
kw. sumêrbak, ngambar.
marbuka :
kw. mbukak, mbukani.
mardala :
kw. ak. kêndhang, têtêg.
mardawa :
(S) kw. 1 lêmês, lêmbut; 2 alus, sarèh, nyênêngake.
mardawa-basa :
kw. 1 têmbung (basa) kang ngrêsêpake (alus); 2 ahli basa (ulah kêkarangan).
mardawa-lagu :
kw. 1 lêlagon kang ngrêsêpake; 2 ahli têmbang (gêndhing).
mardi :
kn. ak. kc. mêrdi.
mardika :
I Sang [x] kw. kang kuwasa lan wicaksana. II kn: 1 ora kawêngku lan kaêrèh ing panguwasa liyane (ora kêbawah ora kêprentah); 2 luwar saka ing sêsanggan (pajêg, gugur gunung lsp); 3 ak. patikêlir; kc. pêrdikan.
mardikani :
kw. njarwani, nêrangake; kc. pardika.
mardikèngrat :
kw. kang nguwasani jagat (kang wicaksana lan kuwasa).
marjan :
kn. ak. mêrjan.
marèkake :
n. mantunakên k. 1 nglèrènake; 2 nambani supara mari; 3 êngg. ngrampungake; kc. mari.
marèni :
n. mantuni k. 1 lèrèn ênggone ...; 2 êngg. mocot, nglèrèhi; kc. mari.
marèng :
I kn. (mangsa [x]) mangsa ngarepake mangsa katiga (bakda rêndhêng, Marêt, April, Mei). II kw. ak: marang, mênyang.
marêgake :
n. nuwukakên k. njalari warêg, ngingoni lsp. supaya warêg; kc. warêg.
marêk :
(-i) êngg. kn. mara, nyêdhak; kc. parêk.
marêm :
kn. wis nrima (lêga) atine; kc. arêm.
marêngi :
I kn. ak. mbênêri, pinuju ...; kc. parêng, barêng. II kn: nglilani, ngidini; kc. parêng.
marêngake :
kn. nglilani; kc. parêng.
marêp :
n. majêng k. madhêp; kc. arêp.
marês :
(W) kn. rikat (tmr. baris), ora antal (tmr. lagu musik).
Marêt :
(W) kn. ar. sasi kang katêlu.
marga :
I kw. 1 dalan; 2 ent. dêdalan, srana. II [x] (-sangka) n. margi (-saking) k: jalaran (sabab) saka; kc. mêrga.
margaina :
kn. guwagarba.
margana :
(S) kw. panah.
margi :
k. marga.
margiyuh :
kw. kc. giyuh.
margupe :
kw. sayah, kêsêl.
marhaèn :
kn. (kaum [x], bangsa [x]) gêgolonganing wong kang ora dêduwèn, panguripane mung pawitan bau (bêburuh).
marhum :
(A) kn. `jênate ... (kang wis ajal).
mari :
n. mantun k. 1 wis lèrèn ênggone nindakake, up. [x] dadi carik; 2 wis pulih bêcik (ora nindakake ala), up: [x] kurang ajar; 3 êngg. wis rampung, êntèk; 4 waras, pulih kaya kang mau; [x](-[x])mati pc: ora ganti-ganti tansah ... bae; [x]-ne êngg: 1 sawise, sabakdane; 2 [ut. sa-[x](-[x])ne] sawise iku nuli ... banjur ...
maribasakake :
ak. nganggo paribasan, numrapake paribasan marang; kc. paribasa.
maribasani :
kn. ak. numrapake paribasan.
maridake :
ak. mulang marang, mêjang, ngandhani; kc. warid.
marihi :
kw. mbanyoni; kc. warih.
marik-marik :
êngg. pc. tharik-tharik, larik-larik; kc. morak-marik.
marikêlu :
kw. linggih tumungkul urmat bangêt.
marine :
(W) kn. babagan kaprajuritan ing sêgara.
marinyu :
êngg. kn. bngs. gêbayan (tmr. desa).
maring :
êngg. 1 marang, mênyang; 2 lunga mênyang ...
maringi :
ki. mènèhi; kc. paring, wènèh.
maris :
kn. 1 mbage warisan; 2 olèh warisan; [x]-i: ningali warisan; kc. waris.
marisan :
êngg. k. lading.
marisi :
êngg. kn. ngirisi krambil; kc. paris.
marit :
êngg. angok, surud; kc. morat-marit.
maryada :
kw. 1 têtêngêr, kalakuan; 2 rikuh, isin.
markata :
kw. jumêrud.
markis :
I kn. kuncunging pêndhapa dianggo ngeyubi kang mudhun saka kreta (montor). II ut. markisah kn. ar. woh.
marlêsu, marlupa :
kw. kêsêl bangêt. sayah.
marma :
I kw. wêlas marang, duwe palimirma; kc. parman. II (ut. [x]-ne) kw: 1 marga saka iku; 2 mulane.
marmêr :
kn. bngs. watu gamping kang atos (digawe jobin lsp).
marmi, marmita :
(-ne) kw. kc. marma.
marmut, marmot :
kn. bngs. tikus gêdhe (warnane putih lsp).
marna :
n. marni k. ak. 1 ngêcèt, nyungging; 2 ngrumpaka, nyritakake; marnani

--- 297 ---

maru ~ masing-masing.

ak: 1 warna-warna; 2 (ut. marnakake) mujudi, nganakake; kc. warna.
maru :
kn. 1 bojoning bojo (tmr. wong kang wayuh); 2 ent. wong kang padha dene jor-joran (golèk sih lsp).
marud :
kn. nisir krambil lsp. nganggo parut; kc. parud.
maruk, marug :
êngg. kn. madhuk (tmr. lêmah).
maruki :
kn. akèh ênggone mangan (marga mêntas lara lsp); kc. kêmaruk.
marung :
I n mande k. dodolan ing warung; kc. warung. II êngg. kn. janggrungan. III ([x] gêni) êngg: ngurubake gêni dianggo ngobong alang-alang lsp. (palêmahan kang arêp digarap).
marus :
kw. gêtih.
marusa, marosa :
kn. ak. mrusa; kc. prusa.
maruta :
(S) kw. angin.
maro :
n. malih k. 1 merang (mbage) dadi loro; 2 pamêtune didum wong loro (tmr. nandur pari); kc. paro.
maro-tingal :
kn. mangro tingal.
maron :
I n. malihan k. (sawah) kang digarap pamêtune diparo; kc. maro, paro. II ut. mêmaron kn. duwe maru, tangkêpe kaya maru. III êngg: pangaron.
marong :
(-marong) kn. mêngangah murub.
marsudi :
kn. ngudi, nggêgulang supaya bisa; kc. parsudi, mêrsudi.
marsose :
(W) kn. bngs. saradhadhu pilihan.
marta :
kw. lêmbah manah, sarèh.
martabak :
(A) kn. ar. panganan Arab.
martabat :
(A) kn. ak. 1 pangkat; 2 pêpangkatan (ing kawruh gaib).
martana :
kw. kc. marta.
martani :
I n. martèni, martosi k. ak. awèh kabar, ngabari; kc. warta. II kw: njalari lipur; kc. marta.
martèl :
êngg. pc. palu.
martuwi :
k. ak. tilik; kc. maradhayoh.
martobat :
êngg. kn. tobat.
martyaloka, martyapada :
(S) kw. alam-donya.
marcapada :
kw. alam donya (ing jagat).
marwata suta :
kw. (kaya gunung anakan) bungah bangêt.
marwita :
kw. mêguru; kc. purohita.
mas :
I n. jêne k. ar. logam kang larang rêgane digawe rêrênggan, dhuwit lsp; [x] ênom: mas kang dicampuri logam liyane warnane kuning ênom; [x] ure, [x] pasir: mas kang durung diluluh; [x] tuwa: mas kang akèh murnine; kc. kêmasan, masmasan. II kn: 1 êngg. sêsêbutan marang wong kang isih darah; 2 sêsêbutan marang wong kang duwe pangkat ut. kang apangkat têngahan (ut. [x] ngabèhi, [x] lurah, [x] bêkêl lsp); 3 panyêbut marang mitra lsp. kang rumakêt; [x] ajêng, [x] ayu: sêsêbutane sêlir (ut. bojoning) priyayi kang ora pangkat dhuwur; [x] agus: sêsêbutane anaking priyayi kang dudu radèn; [x] lara, [x] rara: padha karo [x] agus nanging tumrap bocah wadon; [x] mirah kw: kêkasih (têmbung pamiluta).
masa :
I (S) kw. petungan waktu suwene 2 sasi; cs. 6. II pc: mangsa (mokal yèn ta); [x] borong pc: mangsa borong.
masah :
I kn. nggarap nganggo pasah; kc. pasah. II êngg. kn. wis rumasuk (tmr. wedang tèh lsp). III kw. mungsuh.
masak :
I êngg. kn. pawèwèh (opahan) marang tlèdhèk. II êngg. pc. kc. mangsak; [x]-an êngg: racikan kinang.
masakèh :
(A) kn. ak. wong pintêr(-utama).
masalah :
(A) kn. 1 bab (prakara) kang isih dadi rêmbug; 2 andharan kang nêrangake sawijining bab; 3 mungguh ing bab.
masa'llah :
pc. karsa dalêm Gusti Allah (dianggo sabawa nelakake kagèt lsp).
masang :
kn. nata, ngêtrapake; kc. pasang.
masang drigama :
(-taji) kn. nêdya mialani liyan.
masang sêmu :
(-ulat): namakake pasêmoning praèn marang.
masar :
n. mêkên k. 1 ak. dodolan mênyang pasar; 2 êngg. têtuku mênyang pasar, nêmpur; kc. pasar.
masarakat :
(A) kn. pasrawungan lan bêbrayaning ngaurip.
masbuk, masbok :
kn. ak. nrambul mèlu mangan (mêdhayoh lsp) tanpa diundang.
masbun :
kn. ak. ati, pangrasaning ati.
masjid :
kn. omah dianggo sêmbahyang (Islam).
Masèhi :
kn. Kristên.
masèk :
kn. ak. urip sacaraning wong kapir; kc. pasèk.
masêk, masêg :
êngg. kn. 1 ngênêtake nganti manêt, ngurugi nganggo lêmah banjur diênêt-ênêt; 2 ks. matèni; kc. pasêk.
masêlat :
kn. ak. jimat.
masêm :
kn. 1 isih rada mêntah (isih kêcut) tmr. wowohan; 2 wis rada lawas nanging isih bêcik (tmr. jarit lsp); kc. asêm.
masêr :
kn. namakake (nglêpasake) pasêr; kc. pasêr.
masgul :
(A) kn. ak. 1 susah, sêdhih; 2 sêrik, lara atine, ora nrima dening disêrikake.
mashur :
(A) kn. ak. misuwur.
masi :
I êngg. k. masa (mokal yèn ...); kc. mangsa, mangsi. II êngg: sênadyan.
masih :
êngg. pc. isih.
masiya :
êngg. sênadyan.
masiyati, masiyatake :
ak. ninggal wasiyat; kc. wasiyat.
masik :
êngg. k. isih.
masin :
I kn. mangan (nucuki) lêmah, wêdhi lsp. (tmr. manuk). II êngg. kn. ngasin, asinan (iwak loh lsp); kc. asin. III (W) kn. ak: mêsin.
masinis :
(W) kn. tukang nglakokake mêsin (sêpur, pabrik lsp).
masing-masing :
êngg. kn. siji-sijine, dhewe-dhewe.

--- 298 ---

masir ~ matêsi.

masir :
kn. 1 kaya wêdhi (tmr. salak lsp); 2 akèh wêdhine; kc. pasir.
masiran :
êngg. pc. pasiran.
maskape :
(W) kn. 1 pakumpulan dagang (kongsi); 2 êngg. Ned. Handelmij; 3 êngg. N.I.S.
maskawin :
êngg. kn. dhuwit minangka tukon marang pangantèn wadon.
maskèntar, maskentir :
kw. maskumambang.
maskèt :
êngg. kn. trêp bangêt, plêk.
maski :
êngg. kn. sênadyan.
maskumambang :
kn. ar. têmbang macapat.
maslakat :
kn. ak. karahayon.
masmasan :
kn. ak. 1 barang-barang mas; 2 mas tiron; 3 bakul dodolan mas intên; kc. kêmasan, mas.
masmu :
kw. sêmu, katon kaya.
masmur :
(A) kn. ar. kitab suci anggitane Nabi Dawud.
masnis :
pc. masinis.
masud :
pc. maksud.
masuh :
kn. 1 ngumbah (jarit lsp); 2 nggarap-sari; 3 pc. milara, ngujar-ujari lsp; kc. wasuh.
masuk :
êngg. pc. mlêbu; kc. mangsuk, manjing.
masung :
kw. awèh; kc. asung, sung.
masogi :
kn. ngêjogi dagangan; kc. pasog.
masoh :
êngg. masuh.
masoki, masokake :
kn. mbayarake marang; kc. pasok.
maspadakake :
n. maspaosakên k. namatake bangêt; kc. waspada.
masrahi, masrahake :
kn. pasrah marang; kc. pasrah.
masra-masru :
kn. ak. nêpsu bangêt.
masrik :
(A) kn. ak. wetan(-an).
masrut :
(sarat [x]) kn. ak. 1 srana, tamba; 2 mêjani (opahan marang dhukun).
mastaka :
1 kw. pucuk, puncak; 2 kw. makutha; 3 kw. êndhas; 3 kn. ak. êndhas-êndhasan (pucuking) mêsjid.
mastar :
kn. ak. bngs. garisan.
mastu :
(na) kw. dina.
mastuti :
kw. ngalêm, nyêmbah.
mat :
pc. 1 trêp pangincêngi,[8] pênêr; 2 ngêrti têmênan; 3 enak (kêpenak) bangêt; di-[x]-ake pc: 1 diincêng (dipandêng) têmênan; 2 dirasakake têmênan; kc. nikmat, tamat.
mata :
1 (n. mripat k. tingal ki) pirantining panca-driya kang dianggo ndêlêng; 2 kn. bolongan ing nam-naman (kranjang lsp); 3 kn. undêraning wudun, plêniking dhadhu (dhomino lsp), brênjulaning wiji ing pête, kara lsp, lêkikan ing bathok krambil, intên lsp, ing ali-ali (suwêng lsp); 4 êngg. soca ing kayu; 5 timbangan candu ana 1/100 tail (0,386 g); 6 êngg. wuwuhan pambayaran (pajêg) marang lurah desa; micakake [x] mêlèk pr: nganggêp marang liyan yèn ora ngêrti (wêruh); ngrabèkake [x] pr: sênêng nonton wong wadon; nyolok [x] pr: nglakoni piala dijarag ana ing sangarêpaning sanak lsp; [x]-[x] (kapi-)kapèn pr: wêruh nanging durung tamat; kc. kêmata.
mata dêruk :
kn. bolongan ing klambi dianggo ngancêbake bênik.
mata dhuwitên :
kn. kang dimelik mung dhuwit.
mata era :
kn. ar. nam-naman kang rênggang-rênggang (tmr. kranjang).
matag :
kw. akon; kc. atag.
matah :
kn. ak. nanggênah marang; kc. patah.
mata itik :
kn. bolongan ing klambi dianggo nganjingake bênik.
mata iwak :
kn. 1 ar. têtuwuhan sing kumambang ing banyu; 2 cuplak sing ngurêng.
mataya :
kw. njogèd.
mata yuyu :
pc. tansah arêp nangis.
matak, matêk :
kn. kc. mantak.
mata-kapèn :
kn. ak. kaya-kaya.
mata kucing :
kn. bngs. damar.
matal :
pc. mèh garing (tmr. jagung lsp); kc. maktal.
mata lele :
kn. 1 sêmu putih (tmr. matane gêmak); 2 lagi wiwit trubus godhonge (tmr. têmbako).
mata loro :
pc. mangro tingal.
mata-mata :
kn. têlik, pulisi kapêtêngan.
mata-pita :
kn. (kw. bapa-biyung), wong kang dipitaya (ngawat-awati).
mata-pitaya :
kn. ak. mata-pita.
mata-sapi :
pc. êndhog dicêplok.
mata walangên :
kn. kêsêl bangêt marga kêsuwèn mandêng (tmr. mata).
mata walik :
kn. ar. nam-naman.
matang :
I kn. ak. numbak; [x] tuna numbak luput pr: kang dijangka ora ana kang kêcandhak; kc. watang. II kw: sabab, jalaran; matangnya kw: sababe, amarga ... III n. nyêkawan k: siji-sijine patang (-puluh, sèn lsp).
matangga :
(S) kw. gajah.
matang puluh :
pc. kêpêksa kandhêg.
matar :
kn. ngikir; kc. patar.
Matarum :
kw. mataram.
matèk :
I êngg. mantèk; kc. pantèk, patèk. II êngg. pc. mati; [x]-ake n. mêjahakên k: 1 nyirêp (hawa napsu lsp); 2 nêtêpake dianggo baku; 3 ora ngatutake; kc. mati, patèn, pati.
matèni :
n. mêjahi k. njalari (agawe) pati ut. mati; kc. pati, mati, patèn.
matêk :
kn. ak. ngucapake donga (aji); kc. matak, watak, watêk.
matêng :
kn. 1 wis tuwa lan wis enak dipangan (tmr. wowohan); 2 wis tanak, rampung pangolahe (panggodhoge); 3 wis tutug panggarape (tmr. lêmah lsp), wis kêkêr ut. kêncêng (tmr. tamparan), wis dadi (tmr. rêrêmbugan); 4 wis tutug ut. ngêrti têmênan (tmr. ngudi kawruh, nglêlimbang lsp); 5 wis mèh mêcah (tmr. wudun); 6 êngg. wis dadi hak (tmr. tanah pêrsil).
matêng ati :
kn. kang matêng lagi ing jêro (tmr. pêlêm lsp).
matêngga :
kw. gajah.
matêsi :
kn. ndokoki watês, mangêni; kc. watês.

--- 299 ---

mati ~ mathu.

mati :
I n. pêjah k. 1 (surud, seda ki) ilang nyawane (uripe); 2 (ut. mêmati ak) matèni, agawe pati; 3 ora urip (tmr. gêgambaan,[9] karangan lsp); 4 ora bisa olèh laku kang prayoga (tmr. main); 5 wis ora murub (tmr. diyan lsp); 6 têtêp, ora owah-owah (tmr. rêrêgan lsp); 7 wis ilang banyune (tmr. sumur, bêlik lsp); 8 mandhêg, ora mlaku (tmr. jam, mêsin lsp); 9 wis ora dianggo (tmr. dalan, pasar lsp); 10 ak. tanpa, ora nganggo; 11 ak. kurang saka mêsthine (tmr. takêran lsp); 12 ak. wis kêpungkur (tmr. sasi lsp); 13. tanpa rasa pangrasa) tmr. kulit, ilat lsp; 14. ak. buntu, tanpa bolongan; 15. disigêg (tmr. aksara); kc. pati, patèn. II kw: nyanggama; kc. wati.
matianta :
kw. bangêt, kêluwih-luwih.
mati branggah :
kn. ak. mati utama bangêt.
mati kunduran :
kn. mati ing nalikane duwe anak.
matil :
kn. 1 namakake patil; nglakèni; kc. patil.
matimbun-timbun :
kn. ak. tumpuk-tumpuk.
mati ngurak :
kn. mati marga wis tuwa bangêt (tmr. kewan).
mati raga :
kn. nindakake kasutapan (ngêngurangi, nyêgah hawa nêpsu).
matiri :
pc. mutawatiri.
matis :
I êngg.kn. nyêmbêlèh. II ut. matistis kw. atis, adhêm.
mati sabil :
kn. 1 mati marga pêrang sabil; 2 mati kunduran.
mati salah :
kn. ak. mati ora krana Allah.
mat-matan :
pc. enak-enakan; kc. nikmat.
matu :
n. nyela k. 1 ndèkèki watu (ing dalan lsp); 2 atos kaya watu; kc. watu.
matuh :
êngg. pc. manuh; kc. patuh, kêpatuh.
matuhake :
êngg. nêtêpake dadi baku (patuh); kc. patuh.
matuk :
kn. 1 ak. nucuk, nothol; 2 êngg. natah; kc. patuk.
matuki :
kn. njalari lara watuk; kc. watuk.
matun :
kn. mbubuti sukêt lsp. ing têgal ut. sawah; kc. watun.
matungi :
êngg. ak. mèlu, ngiloni; kc. patung(an).
matur :
kn. munjuk ki. kandha (kalawan urmat); kc. atur.
matut :
ut. mêmatut kn. nata (ngêtrap, masang, lsp) supaya patut; kc. patut.
matoh :
êngg. matuh.
maton :
kn. 1 gumathok, miturut pathokan; 2 kêna dipracaya; kc. waton.
matosi :
êngg. k. matiri.
matra :
(S) kw. 1 ukuran; 2 sathithik; kc. mantra.
matra-kelasa :
(-kilasa) kw. ngatut.
matrap :
kn. ak. ngêcakake, numrapake; matrapi ak: ngukum; kc. patrap, trap.
matrèni, matri :
kn. ngrakêtake nganggo patri; kc. patri.
matrus :
(W) kn. punggawa prau.
matroli :
kn. ngrondhani; kc. patrol.
matros :
êngg. k. matri.
matsara :
(S) kw. ak. murka, ngangsa, mèri.
matsya, matswa :
(S) kw. iwak(-loh).
matyanta :
kw. bangêt, kêluwih-luwih.
maca :
n. maos k. 1 ngunèkake surasaning tulisan; 2 nêmbangake layang têmbang; kc. waca.
macak :
kn. 1 nata; 2 ngêmot ing layang kabar lsp; 3 êngg. pc. sarwa bêcik panganggone (pêpasrène); kc. pacak.
macal :
(-i) êngg. k. matar; kc. pacal.
macan :
n. sima k. ar. kewan galak, dene arane: [x] kombang, [x] gembong, [x] tutul, [x] gadhungan: macan malihan wong; [x] guguh: pêpindhaning wong luhur sênadyan ilang kuwasane mêksa isih mêdèni; kudhung wlulang [x] pr: aling-aling jênênge wong kang duwe kuwasa; nguthik-uthik [x] dhedhe pr: ngganggu gawe wong sing wis lilih nêpsune; singidan nêmu [x] pr: nêdya nyamur laku malah kêpêthuk karo wong sing mangêrti.
macanan :
kn. ar. dolanan bngs. bas-basan.
macangake :
kn. ndadèkake pacangan; kc. pacang(-an).
maca udrasa :
kw. nangis.
macapat :
kn. 1 ak. tangga desa kang ngubêngi (mancapat); 2 têmbang kang kalumrah ing layang-layang anyar.
macar :
kn. ngabang kuku nganggo pacar; kc. pacar.
macas :
êngg. macas; kc. pacas.
mace :
I êngg. kn. wis êntèk-êntèkan. II pc: ngapusi; kc. pace.
macêki :
êngg. kn. nglarangi, macaki; kc. pacak, pacêk.
macêl :
kn. nganjingake nganggo pacêl; [x]-ake êngg: nêsêlake; kc. pacêl.
macêm :
êngg. pc. 1 jinis, warna; 2 cocog, jodho.
macêt :
êngg. kn. lèngkèt, nèmplèk krakêt; kc. pacêt.
macit :
kn. ak. mangan pacitan; kc. pacitan.
macuhake :
kw. nglarangi, macaki; kc. pacuh.
macuki :
êngg. pc. nglantarake; macukake, macokake: nyêmbranani diarani dhêmên ut. dijodhokake karo; kc. pacuk.
macul :
(-i) kn. nggarap lêmah nganggo pacul; kc. pacul.
macung :
kn. (-dhewe marang) têrus matur dhewe marang dhêdhuwuran; kc. pacung.
mathak :
I pc. mbalang nganggo barang kang atos; kc. pathak. II kn: ar. bakal gilap digawe kuluk.
mathar :
êngg. kn. sarwa tata lan bêcik.
mathêm :
kn. sênêng (marêm) bangêt.
mathêt :
kn. 1 narik kêncêng; 2 ngênêtake kêncêng; 3 mêkak, nyandhêt; 4 êngg. ngêthoki (godhong lsp); kc. pathêt.
mathi :
I kn. unyêng-unyêng jaran (dadi têngêraning wêwatêkan). II kn: gawe pathi; kc. pathi.
mathis :
kn. 1 trêp bangêt, dhamis, cocog bangêt; 2 bêcik lan bênêr panganggone (pangêtrape) tmr. têtêmbungan lsp.
mathu :
kn. namakake ing gangsingan liyane; kc. pathu.

--- 300 ---

mathuk ~ mêgêng-mêgêng

mathuk :
kn. 1 êngg. gathuk, kêpêthuk; 2 cocog, jodho; di-[x]-i: disênêngi, dicocogi.
mathok :
kn. 1 kaya pathokan, têtêp, ora kêna owah, gumathok; 2 êngg. mathoki; [x]-i: 1 ndokoki pathokan; 2 nêtêpake wêwatone (pathokane); kc. pathok.
matholi :
éngg. notholi; kc. pathol.
mawa :
I n. mawi k. ak. 1 nggawa, ngêmot; 2 nganggo, kadunungan; 3 jalaran, njalari; [x]-[x]: miturut kaanane. II kn: gêni arêng kang mêngangah. III êngg. kn: kakehan wiayèn, ora nriman.
mawahi :
kn. ak. nglowahi; kc. wawah.
mawak-mawak :
pc. mênga amba (nangis).
mawal :
I kn. pisah, uwal, kc. wawal. II [x]-i kn. ak: madoni, êmoh nurut; kc. wawal.
mawalikan :
kn. ak. molak-malik.
mawali-wali :
kw. kêrêp, bola-bali; kc. wali.
mawanti-wanti :
kn. ak. wanti-wanti, kêrêp; kc. wanti.
mawantu-wantu :
kn. ak. tansah, bola-bali; kc. wantu.
mawang :
1 kw. nyawang, ndêlêng; 2 kn. nganggo ngèlingi kaanane; kc. wawang.
mawar :
kn. ar. kêmbang.
mawari :
kn. ngirisi krambil; kc. wawar.
mawarna :
(-warna) kw. warna-warna; kc. warna.
mawas :
kn. ak. 1 ngawasake, namatake; 2 ngênêr, nuju marang; 3 gawe wawasan; kc. wawas, awas.
mawat :
kw. awèh.
mawat-gawe :
(-karya) kw. nglakoni piala.
mawèh :
kw. awèh.
mawêlu :
kw. burêng, pucêt; kc. wêlu.
mawêrdi :
kw. mundhak-mundhak.
mawi :
k. mawa.
mawijah-wijah :
kw. sênêng-sênêng; kc. wijah.
mawinga-winga :
kw. mbrabak abang dening nêpsu.
mawiti :
kn. mènèhi pawitan; kc. pawitan.
mawud-mawud :
kn. pating jlêmpah mobrak-mabrik; kc. awud.
mawug :
kn. lêmbut lan madhuk (tmr. lêmah); kc. awug.
mawuh :
êngg. ak. têpung manèh (tmr. sêsatron); kc. wawuh.
mawur :
kn. 1 pating slêbar disawurake (tmr. kêmbang lsp); 2 êngg. lêmbut ora kêmpêl (tmr. lêmah lsp); kc. awur.
mawut-mawut :
kn. 1 sumêbar wutah mrana-mrana; 2 êntèk akèh bangêt tanpa tanja; kc. awut.
mawoh :
êngg. ak. wawuh.
mawon :
k. pc. bae, kc. kemawon.
mawong :
I kw. nitis. II [x] sanak(-pasanakan) kn. ak. mêmitran, sêsanakan; [x]-ake ak: ngabdèkake dadi pawongan; [x]-an kw: ngabdi dadi pawongan; kc. pawong(an).
mawratakên :
k. 1 mêtêngake; 2 mbobotake.
(me) :
di-[x] pc. diêpe.
mebah :
k. ak. mobah.
mèbêl :
(W) kn. praboting omah (meja, kursi, lêmari lsp).
mèbrèt :
pc. nganggo sandhangan kang apik lan anyar.
meda :
I kn. lagean ala, cacad (tmr. jaran). II (S) kw: 1 sidhêkah, slamêtan, sêsaji; 2 budi, kawicaksanan.
medahi :
pc. maedahi.
medan :
kw. têgal; 2 papan jêmbar, papan paprangan; kc. pamedan.
medang :
kn. ngombe wedang (ing nalikane ngaso); [x]-i: 1 wis manuh ngombe wedang (tèh, kopi); 2 mènèhi wedang tèh (kopi); 3 ngêsoki lsp. nganggo wedang; kc. wedang.
mèdèd :
pc. ndêgèg bangêt (nalikane mlaku).
mèdèl-mèdèl :
pc. mêtu nlolèr, mlaku wêtênge katon.
mede-mede :
pc. mete-mete, mèdèl-mèdèl.
mèdêm :
kn. 1 durung mêgar (tmr. kêmbang), durung matêng bangêt (tmr. woh); 2 ent. isih durung mêkar (tmr. kawruh lsp), isih ngarêpake brai (tmr. prawan), rada nyênêngake.
mèdi :
kw. silit.
mèdini :
(S) kw. bumi.
medok :
pc. royal wong wadon; [x]-i kaya wong wadon; kc. wedok, wadon, madon.
medol-medol :
pc. mlaku bokonge ketol-ketol.
medong-medong :
kn. mlaku bokonge obah-obah.
meja :
I (Prt) kn. bangku(-mangan, -panulisan). II pc: kêmeja.
mejan :
I pc. maejan. II pc. kêmejan.
mèjèt :
kn. ngênêtake nganggo jêmpol; kc. pèjèt.
medhak-mèdhèk :
(-medhok) pc. ngadêg ana sangarêping wong supaya didêlêng.
medhang :
êngg. kn. lêledhang; kc. midhang.
medhang-mèdhèng :
kn. ngêdhèng, ngêblak.
mèdhèng-mèdhèng :
kn. ngêdhèng.
mèdhèti :
kn. ak. matane angèl diêlèkake (tmr. bayi); kc. pèdhèt.
mèdhêk, mêdhêk :
êngg. ak. nyêdhak, nyêrak; kc. pêdhak, pêdhêk.
mèdhês :
êngg. mithês; kc. pèdhês.
medhok-medhok :
kn. medhak-medhok.
mega :
kn. kumpuling uwab ing awang-awang kang katon putih.
mega-malang :
kn. mega kang malang (ing wayah esuk).
mega-mêndhung :
kn. ar. têmbang gêdhe lan ar. gêndhing.
megan :
kn. klawu sulak biru (tmr. ulêsing dara).
megantara :
kn. dhawuk sêmu irêng (tmr. ulêsing jaran).
megang-megung :
kn. ora mujur jêjêg (dadi ngewuh-ewuhi); kc. malang megung.
megat-megot :
pc. 1 maju mingar-mingêr; 2 mengkat-mengkot (marga êmoh).
mègèg, mègèk :
êngg. pc. ora owah-owah, mênêng bae.
mègèng-mègèng :
pc. mbêgènggèng, règèng-règèng (mêntas lara).

--- 301 ---

mègès ~ mendhong.

mègès :
kn. ngiris mayat; kc. pègès.
megin :
êngg. isih.
meglang-mèglèng :
pc. tansah ngaton.
megung :
I kn. ak. nyimpang saka ênêre; kc. megang-megung, malang-megung. II kw: oyag, gonjing.
megok :
êngg. patut, pantês.
megos :
kn. ngèncèng-èncèng, ora pênêr.
megot-megot :
pc. saèm. megat-megot.
mèh :
kn. ndungkap, kurang sathithik.
mehak :
êngg. pc. ngênêr marang, nisih, mèlu ngrewangi, ngiloni; kc. pehak.
mehan, mèhèn, meyan, mèyèn :
êngg. awèh.
mehan, mèhna :
êngg. pc. mèh.
meyang-meyong :
ut. meyar-meyor kn. tansah nywara (tmr. kucing).
meyar-meyor :
kn. ak. miyar-miyur.
mèyèk-mèyèk :
kn. gêgêre nganti ndêngkèk saking rêkasa (abot) bangêt.
meyok :
kn. mleyok; kc. peyok.
meyos :
(ên) êngg. (nandhang) lara pating plêmpung (tmr. bocah cilik).
mèk :
I ut. [x]-e êngg. pc: karêbèn, cikbèn. II êngg: mung. III di-[x] êngg. pc: dipèk; kc. pèk. IV di-[x](-[x]) kn. digrayangi, didumuk-dumuk; di-[x]-[x]-i: digrayangi, digrayahi.
mekah-mèkèh :
kn. mlaku sikile mêtu; kc. pèkèh.
mekala :
(S) kw. lambung, bangkekan, ambên.
mekani :
I êngg. ak. njaga (ngati-ati) ing sadurunge; kc. weka. II êngg: ngrekani, ngapusi; kc. paeka, peka.
mèkèh :
kn. ak. ngêmban pèkèh; [x]-[x]: mlaku sikile mêtu; kc. pèkèh.
(mèkên) :
di-[x] êngg. diwènèhake.
mèk-mèkan :
kn. grayahan.
mekrad :
(A) kn. munggah swarga saragane; [x]-an: riyaya mekrade K.N. Mukamad.
mèl :
kn. donga, rapal; di-[x]-i: didongani.
mela-mela :
êngg. wela-wela.
mela-mèlu :
pc. mung manut, tansah mèlu; kc. mèlu.
melai :
êngg. k. mulai (wiwit).
melar-melor :
kn. ak. kêndho, ora kêncêng; kc. melor.
mele-mele :
kn. 1 katon mèlèd ilate; 2 pc. warêg bangêt.
mèlèd :
kn. mêtu ilate; kc. èlèd.
mèlèd-mèlèd :
kn. 1 tansah mèlèd; 2 br. mêtu tmr. gêni, murub mubyar.
mèlèr :
kn. mêtu mili (tmr. umbêl).
mèlèti :
kn: 1 diusapi lênga pèlèt; 2 diusari (tmr. tembok); kc. pèlèt.
mèlêg :
êngg. kn. wis kabong; kc. milêg, mèlêk.
mèlêk :
(W) kn. puhan, pêrêsan.
mèlêm :
kn. ar. iwak sêgara.
melih :
êngg. milih.
melik :
I kn. 1 kêpengin ndarbèni, arêp ngêpèk; 2 kêpengin bangêt ngêpèk; 3 pc. murih; [x]-an: gampang melik marang darbèke liyan, arêpan; [x] nggendhong lali pr: kêpengin bangêt njalari lali (wani nindakake kang dudu samêsthine); kc. kamelikan. II êngg. ak. barang darbe (kang dadi hak); kc. milik.
melingi :
kn. ak. 1 ngelingake, ngelikake; 2 mènèhi peling (imbuh); kc. peling.
mèlu :
n. tumut k. ndhèrèk ki. [x]-[x]: mèlu ngiloni; [x] grubyug: mung miturut ombyaking akèh; [x] payu pc: tuku rêgane manut wong liyane.
melung :
êngg. mbêngkêluk, melot.
melog :
kn. nywara laras pelog.
melok :
I êngg. pc. mèlu. II êngg. pc: mêlok, katon cêtha.
melokake :
êngg. pc. ngilokake; kc. ilu.
meloni :
kn. ak. pelo.
melor :
I kn. ak. miyur, ora kêncêng. II kn: (kreta [x]) ar. kreta.
melot :
kn. mbêngkêluk nêkuk (tmr. dhuwit, kêris lsp).
memang :
êngg. pc. pancèn mula.
memba :
I kw. mêtu; kc. wimba. II kn. ak: ngèmpêri. madhani, niru; kc. emba, wimba.
mèmblèh-mèmblèh :
pc. mênga lambene arêp nangis.
meme :
kn. mepe; [x]-an: kang dianggo ngêpe, barang kang dipe.
mèmèk :
êngg. njupuk; kc. mèk.
mèmès :
êngg. pc. pèmès.
mèmèt :
êngg. kn. 1 golèk iwak (ora nganggo piranti); 2 golèk janganan lsp; [x]-i: bingung golèk ênggon dianggo ngêndhog; kc. pèt.
memuti :
kn. ak. ngelingake; kc. pemut.
mèmpêr :
kn. 1 mèh padha karo; 2 pc. rada pantês(-patut, bêcik); kc. èmpêr.
mèmrèng :
knb. tipis lan arang-arang (tmr. tênunan).
mèn :
I êngg. pc. karêbèn, cikbèn. II êngg: tansah; kc. amèn. III di-[x]-i êngg: diwènèhi.
menak :
I êngg. pc. enak, kêpenak. II êngg: bêndara (sêsêbutan marang wong luhur).
menda :
k. wêdhus.
mendah :
I èngg. pc. supaya. II (-ana, -ane, -nan, -baya, -gene) êngg. ak. saiba bakal ... mênawa ... III [x]-[x], [x]-neya kn. ak. andèk puna; kc. endah.
mèndès :
êngg. pc. kênès bangêt.
mèndêl :
k. êngg. 1 mandhêg; 2 lèrèn; 3 mênêng; kc. kèndêl.
mendra :
kw. lunga, lêlungan.
mèndrès :
kn. kênès bangêt.
mendring :
êngg. pc. nicil, cicilan; kc. mindring.
mendro-mendro :
kn. pc. ayu sarta kênès.
menje :
kn. kluwak ênom.
mènjèng :
kn. lèndèr, palanyahan.
mènjêp :
êngg. pc. mèncêp.
mendha :
I êngg. k. wêdhus. II êngg. kn. niru, ngèmpêri; [x]-a êngg: saupama; kc. pindha, mindha.
mèndhèng :
êngg. kn. bngs. pêngaron.
mèndhol-mèndhol :
pc. isi akèh sarta gumandhul (tmr. têlih lsp).
mendhong :
I kn. bngs. sukêt sok digawe klasa lsp. II êngg. kn. ar. ama pari.

--- 302 ---

mene ~ mèprèl.

mene :
I (sa-, rong-) n. mantên k. kèhe padha karo iki. II n. mriki k. êngg: mrene.
mènèhi :
n. nyukani k. maringi, nyaosi ki: awèh marang; kc. wènèh.
mènèk :
kn. munggah ing wit sarana ngangkrok; kc. pènèk.
mènèng-mènèng :
êngg. kn. abang bangêt; kc. manang-manang.
mènèt :
kn. ngênêtake; kc. pènèt, pênèt.
mènmèn :
kw. mbarang; kc. amèn-amèn.
mènol :
êngg. pc. nyênol ing kulit.
mèntak :
êngg. pc. njaluk.
mentar :
kw. mangkat, lunga.
mèntèng :
I êngg. kn. jirak, kêpundhung. II [x]-[x] pc. mlaku wêtênge katon maju.
mèntèr :
êngg. pc. 1 bisa murub ajêg (tmr. gêni); 2 katon bêcik; 3 ora kêtaton.
mèntên :
êngg. k. mene.
mèntêr :
kn. marna nganggo wèntêr; kc. wèntêr.
mentol :
kn. abuh tmr. lambe.
mèntrok-mèntrok :
pc. katon ayu.
mencang-mèncèng :
(-mèncong) pc. ora pênêr.
mencas-mencos :
pc. tansah mencos (ora pênêr).
mèncèd êngg :
kn. jinjit.
mèncèng :
kn. 1 ora pênêr; 2 ent. nyimpang saka kang bênêr; kc. pèncèng.
mèncêp :
kn. ngajokake lambe ngisor (tandha ora sênêng, moyoki lsp) kc. èncêp.
mencla-mencle :
pc. gunême molah-malih (ora kêna diêndêl).
mènclok :
êngg. mencok; kc. pènclok.
menco :
kn. ar. manuk bisa nirokake gunêming wong lsp.
mencok :
kn. 1 mandhêg ing pang lsp. (tmr. manuk, ibêr-ibêran lsp); 2 tumancêb ing lèsan (tmr. manah); 3 pc. wis mapan, cocog, wis bênêr ut. laras (tmr. nêgêsi têmbung lsp); kc. encok, pencok.
mencong :
kn. ora pênêr; kc. encong, pencong.
mencos :
kn. 1 ora pênêr, ora sipat; 2 merot (tmr. cangkêm); kc. encos.
mèncrèt :
kn. bêbanyu lêmês kaworan banyu.
mèncrok :
êngg. kn. mencok.
mènthak-mènthèk :
pc. tansah têka (nyanak-nyanak).
mènthèh-mènthèh :
pc. gêdhe nggandhul (tmr. wêtêng).
mènthèk-mènthèk :
pc. mlaku alon obah-obah.
mènthèl :
pc. kênès bangêt.
menthog :
kn. bngs. bèbèk.
mènthong :
pc. sikile nêkuk; kc. penthong.
mènyak :
êngg. pc. lênga.
menyar-menyor :
êngg. pc. miyar-miyur.
mènyèt :
êngg. ak. ngênêtake, mênêt; kc. pènyèt.
mènyok :
êngg. kn. tela kaspa.
mèng :
êngg. pc. 1 ah gèk mangsa! 2 aja.
menga-mengo :
kn. tansah mengo.
mèngas :
kw. mlengos, nolèh.
mèngèh-mèngèh :
pc. 1 abang bangêt; 2 anyar bangêt; kc. mangah-mangah.
mèngèng :
kn. ak. nolèh, mengo; 2 lèrèn sêdhela, ninggal kawajiban, mundur ora wani nadhahi.
mèngèr-mèngèr :
kn. katon abang ngrêsêpake (tmr. lambe).
mèngès :
kn. ngiris, mègès; kc. pèngès.
mèngêt :
kw. eling, kèlingan; [x]-i: nyathêti; kc. pèngêt.
menggak-menggok :
kn. tansah (kêrêp) menggok, têtikungan; kc. enggok.
menggal :
kw. enggal.
menggar :
kw. ngenggar-enggar.
mènggèr :
êngg. kn. bngs. cangkrang (cacar).
menggok :
kn. ganti ênêr; kc. enggok.
menggos :
kn. ak. mencos, mèncèng; kc. megos.
mengini :
kn. ak. kêpengin marang; mêmengin: njalari kêpengin; menginake: marakake kêpengin; kc. pengin.
mèngkak-mengkok :
kn. pratingkah nelakake êmoh.
mengkal :
kn. nyepak nganggo sikil buri (tmr. jaran); kc. pengkal.
mèngkal-mèngkol :
kn. ak. padha mbêngkêluk, menggak-menggok.
mengkat-mengkot :
kn. mengkak-mengkok.
mèngkod-mèngkod :
kn. ak. mengkat-mengkot.
mèngkog-mèngkog :
kn. ak. mègog-mègog (kêgêdhèn bokong).
mèngkok-mèngkok :
kn. ak. mengkak-mengkok.
mèngkol :
kn. 1 êngg. mbêngkêluk, menggok; 2 pc. nyidhat dalan, nggiwar; kinang [x]-an ak. kinang racikan gêdhe; kc. engkol.
mèngkot-mèngkot :
kn. kakehan pratingkah nelakake êmoh.
mèngkrang :
pc. linggih ing papan kang dhuwur.
mèngkrèng :
I kn. linggih (sumèlèh) ing pinggir ut. bambing; kc. èngkrèng. II êngg: lombok.
mènglèng :
kn. ndhungkluk nisih (nilingake lsp); kc. èngklèng.
mengo :
kn. 1 ndêlêng nisih, nolèh; 2 ent. êmoh, suthik.
mengoh-mengoh :
pc. katon ayu.
mèngol :
êngg. kn. wangkod, brangasan.
mèngos :
pc. 1 mlengos, tumolèh; 2 ngèncèngake; kc. engos, pengos.
mepe :
kn. nggaringake ing panasan; kc. pepe.
mèpèd :
kn. 1 cêdhak bangêt, nyêdhak rakêt bangêt; 2 pc. wis sathithik bangêt bathine, wis diirit-irit bangêt; kc. pèpèd.
mèpèh :
kn. ak. nuthuki êmas; kc. pèpèh.
mèpèli :
pc. mipili.
mèpèri :
kn. ngrêsiki jubur lsp. nganggo dluwang lsp; kc. pèpèr.
mèpès :
êngg. ngêpès; kc. pès, pèpès.
mèpi :
kw. ngimpi.
mèpu :
kw. susah (sêdhih) bangêt.
mèprèki :
êngg. kn. mupuh, nuthuki; kc. pèprèk.
mèprèl :
kn. gampang gêmpil (pêcah); kc. pèprèl.

--- 303 ---

merad ~ mêjêr.

merad :
I êngg. ks. minggat, nggêblas. II kn. ak: mekrad.
merah :
êngg. pc. (kaum [x]) golongan wong komunis; ama [x] êngg: ar. ama pari.
merak :
êngg. misah, mêgat; kc. perak.
merang :
I ut. [x]-[x] kn. mbage, ngêdum, mara-mara; kc. perang. II kw. (êngg. k): isin.
merat :
êngg. ks. minggat, lunga nggêblas.
merat-merot :
kn. ngobahake cangkême ngiwa nêngên; kc. perot.
mèrèh-mèrèh :
kn. abang sumringah (kaya gêtih).
mèrèkake, mèrèni :
kn. mèri marang.
mèrèl :
êngg. ayu; kc. maèrèl.
mèrèn :
(-an) kn. awatak sênêng mèri.
mèrèng :
kn. ak. kaya pèrèng, mayat; kc. pèrèng.
mèrès :
kn. 1 nakêr digawe pèrès; 2 êngg. rada gêndhêng; kc. pèrès.
mèrèt :
kn. 1 (ut. [x]-an) ikêt-ikêtan diwiru mlipis; 2 pc. ayu, bêcik; kc. pèrèd.
mèrêg :
kn. golèk kuli kontrak; kc. wèrêg.
mèrêk :
I êngg: nyêdhak, mara; kc. pèrêk. II (W) kn: 1 ciri ut. tandha; 2 cap ing pabrik lsp; 3 tèkên jênênging toko lsp.
mèri :
kn. 1 ak. sênêng mada (maoni); 2 ora sênêng atine dening wong liyane diganjar, olèh kabêgjan lsp.
mèru :
kw. gunung.
mèru-pancaka :
kw. pangobongan mayit.
mero-mero, merok-merok :
pc. kandêl bangêt ênggone pupuran.
meron :
kw. èmpèr.
merong :
I êngg. kn. nylonèhi, ngrêgêdi, nylorèngi; [x]-[x] pc. pupuran kandêl bangêt, pating clorèng; kc. perong. II kn: ngarêpake niba gêndhing.
merot :
kn. ngencosake cangkêm; kc. perot.
mesa :
êngg. k. kêbo; kc. maesa.
mesan :
êngg. kn. maejan.
mèsêm :
kn. ngguyu kang ora kawêdhar; kc. èsêm.
mèsi :
kw. ngêmot, isi.
mèsih :
êngg. isih.
mèstêr :
(W) kn. 1 ak. guru (pamulangan); 2 sêbutane para ahli kukum.
mèstri :
kn. ak. 2 mèstêr (ahli kukum); 2 dhukun.
mèt :
kw. golèk, njupuk, ngêpèk; [x] prana kw. golèk ati, sumanak; di-[x] êngg: dijupuk, dipèk.
metak-metak :
êngg. ngguthêk-ngguthêk; kc. petak.
metani :
kn. ngulik ki. 1 nggolèki tuma; 2 pc. nlêsihake; kc. petan.
metang :
k. metung.
metal :
(W) kn. logam.
metar :
kn. ak. ngêdrèl (mbendrongi) nganggo mriyêm.
mete :
I pc. ks. mata. II jambu [x] kn. ar. woh; [x]-[x] pc: katon mêtu dawa.
mètêr :
(W) kn. ar. ukuran lajuran (saprapatangpuluh yutane kubênging jagat); [x]-an: pangukure nganggo mètêr, piranti ngukur dawane 1 mètêr; pajêg [x]-an êngg: pajêg lêmah.
metung :
n. metang k. 1 milang, nacahake; 2 pc. nganggêp ut. nglêbokake ing petungan; kc. petung.
mecak :
êngg. kn. midak (tmr. jaran).
mècèl :
(-i) kn. mêcèl(-i) kayu lsp.
methang-mèthèng :
pc. ngêblak, ngaton; kc. èthèng.
mèthèh-mèthèh :
pc. katon lêmu; kc. èthèh.
mèthèk :
kn. ngulukake layangan; kc. pèthèk.
mèthèli :
êngg. mithili, nyêmpali; kc. pèthèl.
mèthèng-mèthèng :
pc. katon ngêblak, ora ditutupi; kc. èthèng.
methok :
kn. 1 ak. jêmbar (tmr. rai); 2 raine katon kabèh, lumahe kang ngarêp katon kabèh; 3 pc. melok.
methos, methot :
pc. merot, mencong.
methot :
pc. melot.
mèwèhi :
n. ak. mènèhi; kc. wèwèh.
mèwèh-mèwèh :
pc. katon amba (bolongan lsp).
mèwèk :
(-mèwèk) pc. 1 suwèk amba; 2 nangis (tmr. bocah).
mèwêh, mewuh :
kw. ewuh.
mêdal :
k. mêtu.
mêdamêl :
k. mêgawe.
mêdanani :
kn. ak. dadi wêdana tumrap ing, manggêdhèni; kc. wêdana.
mêdèni :
n. ngajrih(-ajrih)i k: njalari wêdi; 2 marakake wêdi; 3 ak. wêdi marang; kc. wêdi.
mêdêd :
pc. 1 mubêng ngganjrêt; 2 (nggêgolèki lsp) mênyang ngêndi-êndi; 3 bêcik bangêt (ênggone macak, mênganggo); kc. mudêd.
mêdêdêng :
pc. kêncêng bangêt, mêmpêng bangêt.
mêdêlab, têlung :
[x] pc. adoh bangêt; kc. madhab.
mêdêl :
n. nyêlêp k. ngirêng (mbiru) nganggo nila; kc. wêdêl.
(mêdi) :
mêmêdi kn. lêlêmbut (dhêmit) kang ngaton, kc. wêdi.
(mêdidang-) :
mêdiding kn. ndhrêdhêg, pating prinding.
mêdudung :
pc. njêmbluk gêdhe (tmr. wêtêng. warêg bangêt).
mêdodong :
kn. 1 mulur sarta abuh kêncêng; 2 ks. mati; kc. bêdodong.
mêdosi :
êngg. k. mêdèni; kc. wêdi; mêmêdos êngg. k. mêmêdi.
mêjaji :
kn. 1 pangaji, murwat; 2 ana ajine.
mêjahi :
k. matèni; kc. pati.
mêjak :
êngg. ak. muntir; kc. wêjak.
mêjana :
I êngg. pc. sêdhêngan, tanggung, rada lumayan. II dimêjanani kn. ak. dirèmèhake, disorake.
mêjani :
kn. ak. opahan marang dhukun; dimêjanèni: diwènèhi mêjani.
mêjang :
kn. mulang bab ngèlmu kasampurnan; kc. wêjang.
mêjao :
pc. ngewuhake; kc. mêrjao.
mêjêk :
êngg. ak. mêjak.
mêjêmuk :
pc. majêmuk.
mêjên :
kn. 1 ora bisa muni (tmr. mêrcon, bêdhil lsp); 2 (lara [x]) lara ngising gêtih umbêl.
mêjênun :
pc. majênun.
mêjêng :
êngg. ak. nggocèki kêncêng; kc. pêjêng.
mêjêr :
êngg. njêjêr.

--- 304 ---

mêjing-mêjing ~ mêkar.

mêjing-mêjing :
kn. ak. nyuwèk-nyuwèk; kc. wêding.
mêjujag :
êngg. kn. kurang ajar; kc. bêjujag.
mêjrah :
êngg. ngetung kalawan titi; kc. pêjrah, mijrah.
mêdhadhag, mêdhagdhag :
êngg. kn. katon jêmbar dhadhane; kc. bêdhadhag.
mêdhaya :
êngg. dadi ut. kaya tlèdhèk; kc. bêdhaya.
mêdhayoh :
n. mêrtamu k. mara dhayoh.
mêdhak :
êngg. k. mêdhun.
mêdhaki :
kn. ngusari wêdhak; kc. wêdhak.
mêdhali :
(W) kn. saèm. dhuwit wangun bundêr (bligon) dianggo ciri, tandha kaurmatan lsp.
mêdhang :
kn. namakake pêdhang; kc. pêdhang.
mêdhar :
(-ake) kn. 1 ak. mbukak, ngudhar; 2 nyugag; 3 ngandharake (panêmu lsp); 4 mbiyak (mahyakake) wadi lsp; kc. wêdhar.
mêdhar sabda :
kn. sêsorah.
mêdhèdhèh :
pc. mbêdhêdhêg.
mêdhêk :
I êngg. k. mêdhun. II êngg. kn. mara, nyêdhak; kc. pêdhak, pêdhêk.
mêdhêng :
I êngg. kn. 1 sêdhêngan; 2 mbênêri, nêdhêng; kc. sêdhêng. II kn: 1 êngg. ora bisa maju têrus; 2 êngg. kodhêng, ora ngêrti; 3 mandhêg ut. ora laku (tmr. dêdagangan).
mêdhêsi :
kn. muwuhi pêdhês; kc. pêdhês.
mêdhi :
kn. 1 kaya wêdhi (tmr. êndhog, salak lsp); 2 nggarap nganggo wêdhi; kc. wêdhi.
mêdhidhig :
pc. umuk, gumêdhe.
mêdhing :
I êngg. mlêdhing. II êngg: njaluk ujuran olèh-olèhane misaya iwak.
mêdhit :
kn. cêthil bangêt, yèn dijaluki ora awèh.
mêdhudhuk :
pc. mbêdhudhug.
mêdhuk :
I kn. êmpuk padha nglinyam dening kaêkum ing banyu. II pc: mêdhun.
mêdhukun :
kn. njaluk rêmbug (tamba) marang dhukun.
mêdhun :
n. mandhap k. tumêdhak ki. 1 mênyang ingisor; 2 tumurun saka ing tunggangan (kreta, sêpur lsp); 3 suda (tmr. rêrêgan), dadi kurang tinimbang maune; 4 pc. mènèhi (urunan lsp); [x] lêmah: slamêtan ing nalikane bocah diambahake lêmah kang kawitan; kc. udhun.
mêdhut :
(-i) kn. 1 ak. nglimputi pêdhut; 2 êngg. adoh bangêt; kc. pêdhut.
mêdhodhok :
pc. 1 padha njêgrag wulune; 2 mbêdhodhog.
mêdhok :
kn. 1 êmpuk padha nglinyam marga diêkum ing banyu; 2 ([x] atine) pc. bungah, sênêng.
mêdhot :
kn. 1 ngêthok tampar, tali lsp; 2 ucul (tmr. jaran lsp); êngg. lunga ngoncati; 3 lèrèn ênggone duwe pakarêman ala (madat lsp); 4 mari sêsrawungan (mêmitran lsp); [x] (ing) dalan pc: (ngêtêrake) ana ing dalan bali (ora têrus); [x] banyon pc: kandhêg, ora nutugake; kc. pêdhot.
mêgagah :
êngg. mbêgagah.
mêgahake :
kn. njalari wêgah; kc. wêgah.
mêgani :
kn. ngêbuli; kc. pêga.
mêgap-mêgap :
kn. ambêkan rêkasa (mangap-mangap) marga mêntas mlayu lsp.
mêgar :
kn. 1 mênga jumèrèng (tmr. kêmbang, payung lsp); 2 njênggar, ora kêmpêl (tmr. driji lsp); 3 ([x] rêjêkine) pc. sêmpulur ênggone golèk rêjêki; kc. êgar, mêkar.
mêgari :
êngg. kn. wong kang rêrewang.
mêgat :
kn. 1 êngg. ak. mêdhot (tali lsp); 2 mêdhot, misah; 3 mènèhi talak; 4 br. ngêthok (gulu); [x]-i pc: ngêgati, ngadhang; kc. pêgat.
mêgatruh :
kn. ar. têmbang macapat.
mêgawan :
kw. dadi bêgawan, mêndhita.
mêgawe :
n. mêdamêl k. nyambut gawe nggarap sawah (têgal); dimêgawèkake: dikon mêgawe, dianggo nggarap sawah (têgal) tmr. kêbo, sapi; kc. mênggawe, gawe.
mêgègèh :
pc. rada mbêgagah.
mêgêg-mêgêg, mêgêgêg :
pc. mbêgêgêg.
mêgêgêh :
kw. mbêgêgêg.
mêgêlake :
pc. mangkêlake ati; kc. pêgêl.
mêgêlang, mêgêlêng :
kn. ak. puguh, wangkod.
mêgêng :
kn. 1 ak. ngampêt(-napas lsp); 2 ki. nyapih (-bayi); 3 (ut. mêgêngan) wiwitaning sasi Pasa.
mêgêp :
kw. katon gagah(-bêcik. sêmuwa).
mêgêr-mêgêr :
pc. 1 ngadêg njêjêr (tmr. barang kang gêdhe); 2 isih ana(-waras, ora mati).
mêgilan :
kn. ak. gila.
mêgu :
êngg. kn. mêgung.
mêguguk :
kn. ak. mbêguguk.
mêguk-mêguk :
pc. mbêgogok.
mêgung :
kn. mambêg ora mili (tmr. banyu kali lsp).
mêguru :
kn. ngangsu kawruh marang guru (ngèlmu kasampurnan).
mêgogok :
pc. mbêgogok.
mêgok-mêgok :
pc. mbêgogok.
mêgot :
êngg. kn. mêdhot; kc. pêgot.
mêgrak :
pc. mêgar.
mêgrak-mêgrik :
pc. 1 ora kukuh; 2 kêrêp lêlaranên.
mêgruk, mêgrok :
pc. mêkrok (tmr. kêmbang).
mêhêng :
kw. mung; kc. muhung.
mêk, mak :
[x] pc. sanalika dicêkêl (didêkêp lsp); kc. mêk-mêk.
mêka :
kn. ana ut. akèh wêkane.
mêkak :
kn. 1 mêpêg supaya ora mbandhang (tmr. jaran lsp); 2 nyandhêt (hawa nêpsu); 3 pamêkak; kc. pêkak.
mêkakah :
pc. mbêgagah.
mêkakat :
ora [x] pc. ora lumrah, ora mèmpêr; kc. mupakat.
mêkaki :
êngg. kn. mara-kaki; kc. mêrkaki.
mêkan :
êngg. tumama, rumasuk; kc. makan.
mêkanjar :
1 kw. njogèd (têtironing pêrang); 2 kn. ak. nekad, mbrêngkêlo.
mêkangkang :
pc. linggih (turon) sikile dibêgagahake.
mêkao :
kn. ngasud kêrtu (ora mèlu main).
mêkar :
: kn. 1 ak. njênggar, mundhak gêdhe (rowa); 2 mêgar (tmr. kêmbang).

--- 305 ---

mêkara ~ mêmbêk-mêmbêk.

mêkara :
n. mêkawis pc. mrakara; kc. prakara.
mêkas :
kn. ak. mêling marang; kc. wêkas.
mêkatên :
k. mêngkene, mêngkana, mêngkono.
mêkèkèh :
kn. mlaku sikile mêtu; kc. pèkèh.
mêkèni :
êngg. nuruti, ngabulake (panjaluk lsp); kc. wêkèn.
mêkenaki :
kw. ngêpenaki, ngêpenakake; kc. kêpenak.
mêkèngkèng :
pc. sikile njênggar; kc. mêrkèngkèng, pêkèngkèng.
mêkètên :
êngg. k. mêngkene.
mêkewuhi :
n. mêkèwêdi k. ngribêdi, ngalang-alangi; kc. pêkewuh.
mêkêh-mêkêh :
êngg. mênggèh-mênggèh napase).
mêkêk :
êngg. mêkak, mêpêg.
mêkên :
k. masar.
mêkêna :
kn. krudhuk tutup êndhas.
mêkênêng :
kn. ak. kêncêng (tmr. otot); kc. pêkênêng.
mêkêngkêng :
pc. kêncêng bangêt, ora kêna diêluk; kc. mêrkêngkêng, pêkêngkêng.
mêkik :
pc. njêrit, njêlih.
mêkiki :
êngg. makiki.
mêkiklak-mêkiklik :
pc. cêthil bangêt.
mêkingking :
pc. garing (kuru) bangêt.
(mêkmêk) :
di-[x] kn. dicêkêl didumuk-dumuk.
mêkuh :
êngg. ak. mbêkuh.
mêkul :
kw. ngrangkul; kc. pêkul.
mêkungkung :
pc. mbêngkuk, mbungkuk (turu, mati); kc. pêkungkung.
mêkongkong :
pc. linggih mbêngkuk; kc. pêkongkong.
mêkotên :
êngg. k. mêngkono.
mêkruh :
kn. makruh.
mêkrok :
kn. 1 wiwit mêgar (tmr. kêmbang lsp); 2 mêgar.
mêksa :
kn. njiyat, ngudokake tumandang; kc. pêksa.
mêksi :
êngg. kn. pamêksi.
mêksih :
êngg. k. isih.
mêkca :
êngg. kn. walèh, kandha sanyatane; kc. wêkca.
(mêla) :
mêmêla kn. ak. mêlas-asih (sêsambat lsp. mêsakake).
mêlad :
kn. ak. ngiris nganggo wêlad; kc. wêlad.
mêlagake :
êngg. nyladhangake, ngalangake; kc. pêlag.
mêlahi :
kn. nglakokake prau nganggo wêlah; kc. wêlah.
mêlaya :
kw. lêlana, lunga mrana-mrana, lêlungan.
mêlak :
I êngg. ak. nggêlak; kc. pêlak. II êngg: katon cêtha; kc. mêlok.
mêlak-mêlik :
pc. 1 kêlap-kêlip (matane ora bisa turu); 2 tansah kuwatir ut. wêdi (marga ijèn).
mêlani :
êngg. kn. mènèhi wêlan, ora nicil; kc. wêla, wêlan.
mêlang-mêlang :
êngg. ak. sumêlang, kuwatir.
mêlang-mêlung :
kn. ak. sêru sarta mulur (tmr. swarane wong ura-ura lsp).
mêlar :
I kn. mundhak amba (-rowa, -gêdhe); kc. êlar, wêlar. II êngg: mluku, ngluku; kc. wêlaran. III êngg: cêplik (bngs. suwêng).
mêlar-mingkus :
kn. 1 mundhak amba nuli ciyut mênèh; 2 rêkasa (tmr. ambêkan).
mêlas :
ut. mêmêlas, mêlas-asih kn. mêsakake, njalari rasa wêlas; [x]-i: wêlas marang; kc. wêlas.
mêlathi :
kn. ar. kêmbang.
mêlèh-mêlèh :
êngg. biblak (tmr. tatu).
mêlèhake :
kn. ngandhakake (nundhês) ênggone digorohi; kc. wêlèh.
mêlèk :
n. wungu k. 1 ora mêrêm; 2 ora turu, nglilir; kc.lèk.
mêlèng :
êngg. pc. nglênthar, ndleya.
mêlèng-mêlèng :
êngg. kn. mêling-mêling.
mêlêd :
êngg. kn. kêpengin (adrêng) bangêt.
Mêlêd :
êngg. k. Mulud.
mêlêg :
kn. nguja pangane; kc. wêlêg.
mêlêk :
I êngg. nggêlak; kc. pêlak. II kn. ak. mulêk.
mêlêng :
kn. 1 mêndêng (ngênêr) marang, ngèsthi; 2 nyawijèkake gagasan; [x] puja (-sêmadi) kw. ngêningake cipta; kc. pêlêng. II [x]-[x] kn. 1 ak. katon gilap, mêling-mêling; 2 êngg. pc: katon cêtha. III êngg. kn: têlêng (ing mata).
mêlêp :
kn. ak. kêbak mêncêb; kc. êlêp.
mêlês :
kn. katon gilap (tmr. warna irêng); kc. brêbês.
mêlid :
mêlit êngg. kn. mêdhit.
mêlih :
êngg. k. pc. manèh.
mêlik :
I kn. golèk lan ngrêsiki (êmas lsp); kc. pêlik. II [x]-[x] kn: kêlip-kêlip (tmr. diyan lsp).
mêling :
I kn. 1 ([x]-ake) akon têka, akon ngirimi; 2 (ut. [x]-i) wêkas marang; kc. wêling. II [x]-i kn. ak: rame (tmr. swara).
mêlip-mêlip :
pc. mêlik-mêlik, kêlip-kêlip.
mêlit :
kn. 1 gawe wêlit; 2 mayu nganggo wêlit; kc. wêlit.
(mêlmêl) :
di-[x] pc. dipangan.
mêluk :
I kn. ak. nêkuk, mbêngkêluk, ngêluk; kc. luk. II kn. ak: ngrangkul; kc. pêluk.
mêlung :
kn. 1 êngg. mbêngok, njêlih; 2 ak. sêru lan mulur (tmr. swara).
mêlur :
I kn. lêmês, gampang mbêngkêluk. II kn: ndokoki pêlur; kc. pêlur.
mêlut :
kn. golèk wêlut; kc. wêlut.
mêlok :
(-mêlok) kn. katon cêtha bangêt.
mêlong-mêlong :
kn. 1 saèm. mêlêng-mêlêng; 2 pc. buthak amba.
mêmak :
kn. ak. kêtêl sarta lêmês (tmr. rambut).
mêmani :
n. mêmurun k. agawe wani; kc. wani.
mêmbak-mêmbik :
kn. 1 pc. mêncêb-mêncêb; 2 (ut. mêmbêg-mêmbêg) matane kêbak luh arêp nangis.
mêmbat :
kn. 1 bisa mêntul (ora kaku bangêt); 2 ([x] pikirane) ora puguh (-cukêng), bisa mulur pangrêmbuge; kc. êmbat.
mêmbat-mêntul :
kn. mêntul-mêntul (kaya pir).
mêmbès-mêmbès :
êngg. pc. nangis luhe trocosan.
mêmbêk-mêmbêk :
pc. nangis luhe kaca-kaca.

--- 306 ---

mêmbêng ~ mênjutu.

mêmbêng :
êngg, ak. ora bisa mili.
mêmblêg-mêmblêg :
êngg. pc. rada kênthêl lintrêg-lintrêg.
mêmblêng :
êngg. pc. ora bisa mili.
mêmbut :
kn. êmpuk gênjuk-gênjuk (grayangane, tmr. woh lsp) kc: êmbut.
mêmêdi :
kn. mêmêdos k. êngg) lêlêmbut (dhêmit) kang katon.
mêmêk :
kn. ak. mêmak.
mêmêl :
kn. êmpuk ora alot (tmr. iwak daging).
mêmêla :
kn. ak. mêsakake, mêmêlas.
mêmêlas :
kn. mêlas-asih; kc. wêlas.
mêmêng :
êngg. pc. awang-awangên, rada wêgah; kc. êmêng.
mêmêngan :
êngg: dolanan.
mêmês :
kn. 1 êmpuk lêmês ora kêmrasak (tmr. janganan lsp); 2 ak. ngrêsêpake, nyênêngake.
mêmêt :
kn. dhuwur (luhur) bangêt; 2 angèl digayuh; 3 (bundêr [x], gilig [x]) bundêr (gilig) kêplêng; 4 titi bangêt (ênggone nlêsihake, nyinau lsp); 5 (ajur [x]) ajur ut. luluh babar pisan; 6 (pêcahan [x]) pêcahan pinara pêcahan (ing ngèlmu etung).
mêmêtri :
kn. ngopèni lan mêmundhi; kc. pêtri.
mêmpan :
kn. 1 bisa têdhas (tumama) tmr. lading, gêgaman lsp; 2 bisa kobong; 3 bisa nyakup (ngêmot, ngêrti); 4 kêna dicakake marang; kc. êmpan.
mêmpès :
pc. kêmpès.
mêmpên :
kn. ak. 1 ora mêtu-mêtu saka ing omah, ndhêlik; 2 wêkêl, ora sênêng dolan(-dolan).
mêmpêng :
kn. kanthi kêkuwatan (grêgêt, mantêp) ênggone nindakake.
mêmping :
pc. kumêmping.
mêmpis-mêmpis :
pc. kêmpis-kêmpis (ambêkane).
mêmplak :
kn. (putih [x]) putih bangêt.
mêmplêk :
êngg. kn. mêmplak.
mêmpuh :
êngg. kn. lêmu êmpuk.
mêmpur :
kn. êmpuk mblubur (tmr. tela godhogan lsp).
mên :
pc. têmên, bangêt.
mêna :
êngg. ak. aku, -ku.
mênagèn :
(-a), mênakên êngg. mênawa.
mênahi :
êngg. kn. ngukudi disinggahake; kc. wênah.
mênantên, mênantun :
êngg. k. mênawa.
mênang :
I kn. 1 bisa ngalahake (mungsuhe); 2 luwih unggul tinimbang, up. [x] rosa; 3 dhuwit ênggone olèh marga ngalahake (tmr. main); di-[x]-ake: dianggêp mênang, dianggêp luwih tinimbang liyane; [x]-an: tansah mênang. II [x]-ake ak. mènèhi wêwênang marang; kc. wênang. III [x]-i n. mêningi k: ngalami, nyipati.
mênapa :
k. pc. apa.
mênapi :
k. êngg. pc. apa.
mênara :
kn. 1 panggungan dhuwur ana ing wêwêngkon mêsjid ut. greja; 2 ([x] gêni) panggungan dhuwur ing dhuwur nganggo diyan (ting gêdhe) kanggo ancêr-ancêr panuduhing prau kang lêlayaran ing wayah bêngi.
mênatu :
(mênatos êngg. k) pc. pênatu.
mênawa :
n. mênawi k. 1 yèn; 2 mungguh ing (-aku, kowe lsp); 3 (bok [x]) bisa uga; 4 pc. yèn ora mêngkono mundhak; mung [x]-[x] (ut. [x]-mênawi) pc: isih durung mêsthi.
mêndal-mêndal :
kn. yèn diênêtake mêndat bali (kc. karèt, bal lsp).
mêndamêl :
k. mênggawe.
mêndap-mêndip :
pc. 1 wis mèh mati; 2 kuwatir bangêt.
mêndat :
kn. mêntul, mêmbat.
mêndat-mêndut :
kn. obah ngêpir.
mêndat-mêntul :
kn. mêntul-mêntul.
mêndèl :
kn. nothol, ngabruk; kc. pêndèl.
mêndêking :
kn. 1 êngg. larang pangan, pacêklik; 2 (mêtêng [x]) ak. mêtêng kang kaping 3, 5, 7 lsp.
mêndêlap-mêndêlip :
pc. mêndap-mêndip.
mêndêlêm :
êngg. kn. wadhah banyu kang digawe bathok.
mêndêlêp :
pc. mlêbu (ing bolongan).
mêndêlik :
kn. mênga amba (matane).
mêndêlo :
kn. 1 katon gêdhe mêtu (tmr. mata); 2 êngg. pc. gumun bangêt (nganti ora kêdhèp-kêdhèp).
mêndêm :
kn. wuru ki. 1 krasa nggiyêr (ut. lali apa-apa) marga dayaning inuman kêras, kêcubung lsp; 2 ent. lagi kêbangêtên ênggone sênêng, kumudu-kudu diurmati; [x]-i: njalari mêndêm; kc. êndêm.
mêndêng :
kn. mêlêng, mindêng; kc. pêndêng.
mêndi :
êngg. êndi.
mêndip-mêndip :
pc. mèh mati; kc. mêndap-mêndip.
mêndir :
kn. ak. mlindêr panggawean; kc. pêndir.
mêndirang :
kn. ak. ngingêtake ngêndi-êndi.
mêndiring :
kn. krasa wêdi (miris).
mêndlap-mêndlip :
pc. mêndap-mêndip.
mêndul :
kn. rada abuh (tmr. mata); kc. pêndul.
mênduli :
êngg. kn. maculi lêmah garing; kc. pêndul.
mêndut :
kn. 1 (ut. [x]-[x]) obah-obah ngêpir; 2 ar. panganan.
mêndolo :
êngg. pc. pambêkan, umuk.
mêndrap-mêndrip :
pc. mêndap-mêndip.
mênjait :
kn. 1 ndondomi klambi lsp; (tukang [x]) gêrji.
mênjalin :
êngg. kn. pênjalin.
mênjalma, mênjanma :
kw. dadi manungsa.
mênjangan :
n. sangsam k. ar. kewan bngs. kidang.
mênjèng :
kn. ampas wijèn (sawise dijupuk lêngane).
mênjele :
pc. katon mêtu mlênte.
mênjêlut :
kn. krasa pating pêndhêkêl ing wêtêng.
mênjêro :
n. mlêbêt k. mênyang ing jêro, mlêbu.
mênjila :
kn. 1 mêncil dhewe, rada anèh; 2 ngijèn.
mênjurung :
kn. ak. nyumbang; kc. jurung.
mênjuluk :
kn. mingsêr (nggangsur) munggah (tmr. wong turu, têturon).
mênjutu, mênjoto :
kn. abuh (bênjut) mêtu.

--- 307 ---

mêndha ~ mêntal.

mêndha :
kn. rada suda, ora bangêt-bangêt.
mêndhak :
I kn. rada ndhungkluk (tandha taklim); 2 rada mudhun (tmr. cagak, omah lsp); rada amblêg (tmr. lêmah, liwêt), ora munjuk (tmr. cacing ing wêtêng), suda (tmr. lêlara, kawanèn); kc. êndhak. II kn: alèn-alèn sanggan ukiran (ing kêris). III ([x] pisan, [x] pindho) kn. slamêtan wong mati mbênêri dina ajale (sataun, rong taun); kc. pêndhak.
mêndhak-mêndhukul :
kn. ora wrata (pating brênjul).
mêndhala-giri :
kn. ak. ar. lurik (tênunan).
mêndhalungan :
kn. 1 êngg. pranakan campuran, jinis campuran; 2 pc. gunêman ora karuwan unggah-ungguhe; kc. gêndhalung.
mêndhang :
êngg. kn. kulit bêras kang lêmbut bangêt; [x] kêbaratan pr: ora karuwan padunungane.
mêndhapa, mêndhapi :
kw. pêndhapa.
mêndhapan :
kn. ak. mlaku mêndhak-mêndhak (tandha urmat bangêt).
mêndhe :
kn. ak. lèrèn, mandhêg; kc. êndhe.
mandhegani :
kw. mangarêpi, nglurahi; kc. pandhega.
mêndhèlès :
pc. ora pêrdulèn, kurang ajar, mbèlèng bae.
mêndhèsèl :
kn. ak. mêndhisil.
mêndhêk :
kn. 1 ak. mêndhak; 2 êngg. ndhodhok; 3 êngg. ar. ama pari; kc. mêndhak.
mêndhêkêl :
kn. 1 mblêndhuk (ngrênjêl)[10] atos; 2 ([x] atine) krasa rada mangkêl, sêrik.
mêndhêlis, mêndhêlus :
kn. ak. katon mêncungul irêng klimis.
mêndhêlong :
kn. 1 kêndho banjur mêngisor (tmr. tali, tampar lsp); 2 pc. mari mêmpêng.
mêndhêm :
kn. 1 nglêbokake ing lêmah banjur diurugi; 2 ks. ngubur; 3 pc. ora mêtu-mêtu saka ing omah, ndhêlik; kc. pêndhêm.
mêndhêm kula :
([x] raga) kw. nyamur laku, ora ngatonake pangkate (kaluhurane).
mêndhêt :
k. amèk; 2 njupuk; 3 ngêpèk; kc. pêndhêt, pèk.
mêndhikil :
kn. mbrênjul sathithik.
mêndhil :
pc. tai tikus; kc. cêmêndhil.
mêndhing :
êngg. luwung, rada lumayan.
mêndhiri :
kw. kc. mandhiri.
mêndhisil :
kn. mêncungul lan mbrênjul sathithik.
mêndhuh-mêndhuh :
êngg. ak. mbiyêt bangêt (wohe), akèh nganti turah-turah.
mêndhukul :
kn. mbrênjul bangêt (nganti kaya gumuk).
mêndhulus :
kn. ak. saèm. mêndhêlis, mêndhêlus (nanging luwih bangêt).
mêndhung :
kn. 1 mega irêng (ngatarani arêp udan); 2 ana ut. kasaput ing mega irêng (ngarêpake udan).
mêndhusul, mêndhosol :
kn. saèm. mêndhisil (nanging luwih gêdhe).
mêndhuwur :
n. mênginggil k. mênyang ing dhuwur, munggah.
mêndho :
êngg. ak. 1 durung atos (satêngah matêng) tmr. gula krambil lsp; 2 bodho, rada gêndhêng.
mêndhokol :
kn. 1 mêndhukul; 2 mbrênjul (nggrênjêl) atos, mêndhêkêl; 3 êngg. pc. mangkêl bangêt, sêrik.
mêndhon :
(-an) êngg. kn. wong bodho; kc. mêndho.
mêndhot :
êngg. kn. mbiyêt wohe, onte-ontean.
mêne :
kw. 1 mêngko; 2 (ut. sa-[x]) saiki; 3 êngg. sesuk.
mênèh :
pc. manèh.
mênèk :
kn. ak. mênawa, bok mênawa.
mênêb :
kn. 1 êndhêg-êndhêge wis padha ana ing dhasar; 2 pc. wis sarèh, ora nêpsu; kc. ênêb.
mênêng :
n. kèndêl k. 1 ora nywara; 2 ora obah; kc. ênêng.
mênêngên :
kn. mênyang ing têngên; kc. panêngên, têngên.
mênêr :
kn. 1 ngênêr ing; 2 êngg. kêna ing, ngênani; kc. pênêr, bênêr.
mênêri :
n. nglêrêsi k. mbênêri, nuju ing; kc. bênêr.
mênêsêl :
êngg. pc. gêtun, kêduwung.
mênêt :
(-ake) kn. midih, ngênêtake; kc. ênêt, pênêt.
mênig-mênig :
pc. dhêg-dhêgan, kuwatir.
mênik :
kn. kêmbang lombok.
mênika :
k. pc. iki, iku, ika.
mênilêm :
êngg. k. nginêp; kc. tilêm.
mêninga :
k. ak. wêruh; kc. uninga.
mêningi :
k. mênangi.
mêning-mêning :
pc. rêsik, bêcik.
mênir :
I kn. tugêlan bêras ut. jagung kang lêmbut-lêmbut; [x]-an: 1 mênir; 2 ar. panganan kang digawe mênir; 3 ar. têtuwuhan godhonge digawe tamba (jamu). II (W) kn. tuwan.
mênirên :
(-lambene) pc. kêsêl cangkême marga kakehan gunêman.
mênis-mênis :
pc. katon klimis gilap (tmr. barang bundêr cilik).
mênit :
I pc. wis adoh bangêt (ênggone mlayu, mlaku). II kn: 1/60 jam.
(mênmên) :
di-[x]-ake pc. dipêrlokake bangêt; kc. têmên.
mênuhi :
kw. ngêbaki, akèh bangêt; kc. pênuh.
mênuk-mênuk :
pc. katon gêdhe êmpuk.
mênul-mênul :
pc. êmpuk sêmu plikêt (sêga lsp).
mênunuk :
kn. ak. mêndhukul.
mênungsa :
pc. manungsa, manusa.
mênur :
kn. 1 ak. slaka; 2 bngs. kêmbang mlathi; 3 pêpêthan kêmbang (dianggo rêrênggan, pêpasrèn); 4 ak. putih, pucêt (tmr. slaka lsp).
mênus :
dudu [x] pc. dudu wong (bangêt, kêbangêtên).
mênusa :
pc. manusa.
mênut :
kn. 1/60 jam.
mênuwa, mênowa :
êngg. kn. ar. woh (buah nona).
mêntah :
kn. 1 durung matêng; 2 durung diolah (digodhog, dimasak); têgês liyane dadi kosok baline kang kasêbut ing matêng; di-[x]-i ak: diêndhêg-êndhêgi (tmr. rêmbugan lsp), dijugari.
mêntal :
êngg. kn. mêndal, mêndat.

--- 308 ---

mêntala ~ mênthik.

mêntala, mêntalan :
kn. têgêlan; kc. wêntala.
mêntaos :
kn. ar. têtuwuhan sok digawe bumbu rokok.
mêntas :
kn. 1 munggah saka ing banyu (wong adus ing kali lsp), mênyang (têkan) ing dharatan; 2 luwar saka ing (bêbaya, kangelan); 3 wis diomah-omahake (tmr. anak); 4 lagi bae kêlakon; kc. êntas, pêntasan.
mêntega :
pc. mêrtega.
mêntèrèng, mêntering :
êngg. kn. sandhangan gadhuhan (pawèhing bêndara).
mêntêlung :
kn. tumiyung (tmr. pang).
mêntêr-mêntêr :
pc. katon bundêr akèh banyune susu (tmr. susu).
mêntês :
kn. ana isine, ora gabug (tmr. pari lsp).
mêntiyung :
kn. saèm. mêntêlung marga kakehan woh lsp.
mêntul :
(-mêntul) kn. mêmbat mêndal-mêndal.
mêntog :
pc. pantog.
mêntrik :
kw. para nyai ing pratapan.
mêncak :
kn. main pêncak; [x]-[x] pc: nêpsu bangêt.
mêncala-putra mêncala putri :
kw. bisa molah-malih.
mêncalang :
êngg. kn. pulisi desa.
mêncangah :
êngg. kn. katon sumringah saras (tmr. praèn).
mêncangul :
kn. ak. ndhugal, ora idhêp isin.
mêncar :
kn. njêngar sumêbar, mratani; kc. pêncar.
mêncèngèh :
pc. sumringah(-abang).
mêncèngèl :
pc. katon maju.
mêncèrèt :
kn. gilap bangêt (marga digosok lsp).
mêncèt :
êngg. kn. mijêt, mèjèt; kc. pêncèt.
mêncêb :
(-mêncêb) kn. kêbak bangêt.
mêncêlat :
pc. 1 mêsêlat[11] adoh; 2 ([x] dhewe) mênjila.
mêncêlèk :
pc. mênga (tmr. mata, palanangan).
mêncêning :
êngg. kn. katon bêcik (rêsik); kuning [x]: kuning rêsik.
mêncêno :
pc. mêncêngèh.
mêncêngèh :
pc. katon cêtha (marga cêdhak bangêt).
mêncêngèl :
pc. katon maju.
mêncêngès :
pc. nyêngèngès, mringis.
mêncêngis :
pc. mêncèngès.
mêncêngoh, mêncêngol :
pc. mêncêngèh.
mêncêrêng :
kn. katon sêrêng pamandênge; kc. pancêrêng.
mêncil :
kn. 1 ngijèn, mênjila; 2 pc. mbêncèt; kc. pêncil.
mêncilak :
kn. mênga katon sêrêng (tmr. mata); kc. pêncilak.
mêncing :
êngg. kn. njaluk ujuran; kc. pêncing.
mêncingis :
pc. mêtu pucuke sathithik.
mêncingkar :
êngg. kn. dhewe.
mêncir :
I êngg. nothok. II [x]-[x], [x]-i êngg: 1 mrênca; 2 pating prênca; 3 ijèn, ndhewe; kc. pêncir.
mêncira :
êngg. kn. mênjila.
mêncit :
kn. 1 têkan ing pucuk ut. puncak (mènèk lsp); 2 pc. bangêt, up. cilaka [x].
mênclok :
êngg. kn. mbacok, mêncok, nêgor; kc. pênclok.
mêncu :
kn. awangun kaya pêncu; kc. pêncu.
mêncug :
êngg. kn. nyugag, njujug (ora diurutake); kc. pêncug.
mêncul :
kn. ndhugal, ugal-ugalan; kc. gêcul.
mênculat :
kn. mêncolot adoh (kodhok lsp).
mêncungul :
kn. katon mêtu êndhase dhisik (saka ing banyu lsp).
mêncurat :
kn. muncrat (tmr. banyu lsp).
mêncurêng :
kn. mêncêrêng matane marga nêpsu.
mêncok :
êngg. kn. mbacok, nêgor; kc. pêncok.
mêncolèng :
pc. mbêncolèng.
mêncolot :
kn. mlumpat bantêr; kc. colot, pancolot.
mêncono :
kn. 1 abuh gêdhe sêmu maju; 2 pc. murang tata.
mêncongol :
pc. saèm. mêncungul.
mêncorong :
kn. katon sumorot padhang; kc. corong, pancorong.
mêncorot :
kn. ak. padhang mawa cahya.
mênthalèt, mênthalit :
kn. 1 sikile digubêdake ing; 2 pc. mubêng mingêr gunême; kc. pênthalèt.
mênthang :
kn. 1 narik (gêndhewa lsp); 2 njèrèng ditarik (wlulang lsp); 3 nyalib; kc. pênthang.
mênthangul :
kn. ak. mêncangul.
mêntheyot :
pc. rêkasa lakune (kabotan gawan).
mênthèk :
kn. ar. ama pari oyode dipangan bngs. ulêr (gugon tuhone dipangani setan cilik-cilik).
mênthelang :
kn. ndhugal, kurang ajar.
mênthelas :
pc. gundhul klimis; kc. mênthilas.
mênthele, mênthèlès :
pc. mêndhèlès.
mênthèng :
kn. saèm. mênthang; [x] kèlèk pc. 1 tangane dipêthènthèngake; 2 ora nggugu, wani madoni, tansah mêntahi rêmbug; kc. pênthèng.
mênthèngèl :
kn. (têturon) êndhase njèngèk.
mênthèrake :
ak. 1 nêrangake, ngandharake; 2 (-ati) mbungahake; kc. pênthèr, pêthèr.
mênthès :
êngg. pc. mêthès; kc. pênthès, pêthès.
mênthèsèl :
pc. mêndhèsèl.
mênthêk :
(-mênthêk) kn. 1 katon lêmu; 2 pt.[12] warêg bangêt; 3 ([x] atine) pc. bungah, mantêp.
mênthêl :
êngg. pc. mrênthêl (bisa nyèlèngi lsp).
mênthêlèt :
kn. 1 nglêmpèt (wêtênge); 2 pc. rêkasa (nyambutgawe); kc. pênthêlèt.
mênthêlêng :
kn. mandêng ora kêdhèp-kêdhèp; kc. pênthêlêng.
mênthêng-mênthêng :
kn. 1 mlênthung (abuh) kêncêng bangêt; 2 pc. katon mêmpêng bangêt; 3 pc. wis mêmpêng (têtêp) tmr. kasaguhan sêmayan lsp.
mênthêngêl :
pc. sajak ora pêrdulèn.
mênthêngil :
pc. mênthingil.
mênthêr :
êngg. bribil (½ sèn).
mênthiyèt :
pc. mêntheyot.
mênthik :
I cilik [x] kn. cilik bangêt. II [x]-an êngg. kn. genjah, wis tuwa sadurunge mangsa panèn (tmr. pari sawah, panèn).

--- 309 ---

mênthil ~ mêngilèn.

mênthil :
kn. 1 kaya pênthil; 2 ngginyêr-ginyêr pênthil; kc. pênthil.
mênthilas :
kn. gundhul plonthos.
mênthing :
êngg. kn. ar. prau cilik (dianggo misaya iwak).
mênthingil :
kn. mêncungul (mêtu) sathithik.
mênthuyut :
êngg. mêntheyot.
mênthul :
pc. 1 saèm. mbêndhol, mênthol; 2 katon nyêmpluk (tmr. pawadonan); 3 mbarang pênthul (topèng lucon); kc. pênthul.
mênthung :
(-i) kn. nggêbug(-i) nganggo pênthung; kc. pênthung.
mênthungu :
l kn. mêncungul.
mênthur :
kn. putih bangêt (tmr. sêga, bêras lsp).
mênthol :
kn. njêndhul, kaya pênthol.
mêntholos :
pc. 1 katon mênthelas; 2 katon gêdhe klimis.
mênthong :
êngg. nabuh kênthongan; kc. pênthongan.
mênthongol :
pc. saèm. mênthungul, mêncongol.
mênthoros, mêntoros :
pc. katon cêtha (ora kêtutupan).
mênyak :
kn. ak. midak; kc. pênyak.
mênyambik :
êngg. kn. mênyawak.
mênyan :
kn. bngs. blêndok dianggo kutug; [x] madu: mênyan putih.
mênyanyi :
(M) kn. rêngêng-rêngêng (rêrêpèn) lagu Eropah ut. Mlayu.
mênyang :
pc. n. dhatêng k. 1 marang; 2 lunga ut. mangkat ngênêr ing, up. [x] Sala; [x]-i n. ndhatêngi k. ak: nêkani; [x]-an kn. ak: 1 lakon, lungan; 2 sênêng mênyang ing.
mênyar-mênyir :
êngg. 1 ora kukuh; 2 (-atine) gojag-gajêg, ora têtêp.
mênyat :
kn. 1 wiwit (ngayati) ngadêg saka palinggihan; 2 êngg. pc. ngadêg tumandang, lunga.
mênyawak :
kn. ar. kewan rumangkang saèm. slira nanging cilik.
mênyènyèh :
pc. nyènyèh tmr. tatu, gudhig lsp.
mênyènyèng :
pc. rada ndhugal.
mênyèr, mênyir :
pc. tipis bangêt, miyur.
mênyèt :
pc. mènyèt.
mênyêd, mênyêt :
kn. 1 mijêt, ngênêtake; 2 nglêmbutake sarana diwênyêd; kc. pênyêt, wênyêd.
mênyês :
pc. nyênêngake (tmr. tingkah, swara lsp).
mênyêsêl :
êngg. pc. gêtun, kêduwung.
mênyu :
kn. ak. gilap kaya pênyu; kc. pênyu.
mênyuk, mênyok :
êngg. pc. midak tlethong lsp.
mênyunyang :
kn. ndhugal, kurang-ajar, ora manutan.
mênyunyu, mênyunyung :
kn. ak. mênyonyo.
mênyonyo :
kn. abuh ing bathuk (êndhas) marga kêjêglug lsp.
mênyonyong :
kn. ak. mênyonyo.
mênyoro :
êngg. kn. anak mênjangan.
mêng :
I êngg. mung. II êngg: mênyang, marang. III êngg. pc: rada wêgah, awang-awangên.
mênga :
kn. 1 ora (mari) tumutup; 2 ([x] atine) kêna diajak rêmbugan, bisa lêga (olèh yèn dijêjaluki); kc. wênga.
mêngagêngi :
k. mênggêdhèni; kc. panggêdhe.
mêngalor :
n. mêngalèr k. mênyang (ngênêr) ing lor.
mêngandhap :
k. mêngisor.
mêngani :
kn. ngêngakake lawang marang; kc. mênga, wênga.
mêngangah :
kn. 1 katon abang murub (tmr. gêni); 2 katon abang raine.
mênganggo :
n. mêngangge k. mêngagêm ki. nganggo sandhangan; kc. panganggo.
mêngarab-arab :
kw. murub mubyar.
mêngaras :
kw. ngambung; kc. aras.
mêngarêp :
n. mêngajêng k. maju ingarêp; [x]-i: dadi pêngarêp; kc. pangarêp.
mêngarêp-arêp :
n. mêngajêng-ajêng k. ak. ngarêp-arêp.
mêngarsa :
kw. mêngarêp.
mangarsa-arsa :
kw. ngarêp-arêp.
mêngarsani :
kw. mêngarêpi.
mêngastani :
kw. ngalêm, nyêmbah.
mêngèngèh :
kn. ak. polataning wong ngguyu.
mêngèngès :
kn. ak. nyêngèngès.
mêngetan :
kn. mênyang ing wetan; kc. pangetan.
mêngêng :
I kw. mbrêngêngêng. II 1 kw. judhêg, ngênglêng; 2 durung cumêtha; 3 durung ana putusane kang gumathok.
mêngêrti :
n. mêngêrtos k. pc. ngêrti.
mêngês :
(-mêngês) kn. irêng sêmu gilap.
mênggah :
I k. mungguh. II [x]-[x] kw: gunêman pêdhot-pêdhot, mênggèh-mênggèh.
mênggak :
kn. nyandhêt, ngelikake; kc. pênggak.
mênggalih :
ki. mikir; kc. panggalih, pikir.
mênggang :
êngg. kn. mbênggang; kc. pênggang.
mênggaota :
kn. nindakake pagawean; kc. panggaota.
mênggawe :
n. mêndamêl k. ngguna-gawe; kc. panggawe.
mênggèh-mênggèh :
kn. rêkasa ambêkane.
mênggêdhèni :
n. mêngagêngi k. dadi panggêdhe mungguh ing; kc. panggêdhe.
mênggêl :
êngg. kn. ngêthok-ngêthok; kc. pênggêl.
mênggêp :
kw. katon pantês (patut) bangêt.
mênggêpokan :
pc. magêpokan.
mênggêr :
kn. dumunung ing papan kang dhuwur. katon gêdhe dhuwur (tmr. gunung).
mênggik :
kn. tipis (cilik) ing têngah (tmr. barang kang dawa); [x] mênthol: ora lurus (ana kang mênggik ana kang mênthol); kc. ênggik.
mêngguk :
kn. bngs. lara mêngi (napas).
mênggung :
pc. tumênggung.
mênggos-mênggos :
êngg. krênggosan (ambêkane).
mênggrak-mênggrik, mênggrik-mênggrik :
kn. kuru bangêt (lêlaranên).
mêngi :
kn. lara napas.
mêngidul :
kn. mênyang ing kidul; kc. pangidul.
mêngilèn :
k. mêngulon.

--- 310 ---

mênging ~ mêrdamêl.

mênging :
kn. ngelikake, nglarangi; kc. pênging.
mênginggil :
k. mêndhuwur.
mêngingis :
kn. ak. mêringis.
mêngisor :
n. mêngandhap k. mênyang ingisor; kc. pangisor.
mêngiwa :
kn. mênyang ing sisih kiwa; kc. pangiwa.
mêngkab :
kn. mênga nglingkab; kc. êngkab.
mêngkak :
kn. ([x] atine) judhêg, susah; kuna [x] pc. kuna bangêt.
mêngkakna, mêngkakêne, mêngkanane, mêngkane :
êngg. mangka.
mêngkana :
n. mêngkatên k. ak. kaya kae.
mêngkang :
êngg. kn. mbênggang kanthi kêkuwatan; kc. wêngkang.
mêngkarag :
kn. njênggrag[13] wulune (rambute) marga wêdi.
mêngkarèk :
pc. rèwèl, nggugu karêpe dhewe.
mêngkatên :
êngg. k. mêngkana.
mêngke :
pc. k. mêngko.
mêngkèh :
êngg. pc. mangke; kc. mêngke.
mêngkene :
n. makatên k. kaya iki; dimêngkènèkake: ditindakake kaya mêngkene.
mêngkènèk, mêngkènèn :
êngg. mêngkene.
mêngkètên :
êngg. k. mêngkene.
mêngkêk-mêngkêk :
kn. ak. kukuh ora blendra-blendre, nyathok kêncêng (ora owah-owah); kc. mêngkak.
mêngkêlang :
1 kn. atos (tmr. sêsukêr); 2 kw. ora manut, wangkal, mbêguguk.
mêngkêluk :
kn. mbêngkêluk: kc. pêngkêluk.
mêngkêlung :
kn. ak. mêntiyung nêkuk; kc. pêngkêlung.
mêngkêr :
k. mungkur; [x]-i(-akên) k. ngungkuri, ngungkurake; kc. ungkur, pungkur, pêngkêr.
mêngkêrêd :
kn. suda dawane, kb. mulur; kc. pêngkêrêd.
mêngkêruk :
êngg. kn. mlêruk, mrêngut.
mêngkik :
êngg. pc. mênggik.
mêngkin :
êngg. k. mêngko.
mêngkirig :
kn. rada njêgrag wulune (wêdi bangêt).
mêngkis-mêngkis :
kn. rêkasa ambêkane, mênggèh-mênggèh.
mêngku :
kn. 1 nguwasani, ngêrèhake; 2 duwe sêsanggan ngrêmbug (anak, brayat lsp); 3 ngrêngkuh kalawan sabar; kc. wêngku.
mêngkuhi :
kn. ak. mbêngkuk (gêgêr lsp).
mêngkul :
kw. ngrangkul; kc. pêngkul.
mêngkurah :
êngg. kn. 1 ak. kayu amping-amping (pêpagêr) ing kuburan; 2 pipitan lênga krambil.
mêngkurêb :
kn. 1 sumèlèh perangane kang ing dhuwur ana ing ngisor; 2 têturon ungkêb-ungkêb; kc. kurêb.
mêngkus-mêngkus :
kn. ak. mêngkis-mêngkis.
mêngko :
n. mangke k. 1 wêktu kang tumuli bakal kêlakon; 2 sadhela êngkas; 3 ([x] ta, [x] dhisik) sarèh dhisik (aja kêsusu); 4 ([x] sêlak) bok mênawa bae ..., mundhak ...; 5 (ing [x], sa-[x], dina [x], mangsa [x], jaman [x]) saiki; [x] awan (bêngi, [x] sore): awan (bêngi, sore) kang bakal kêlakon; [x] esuk êngg: sesuk; [x] anyar, [x] iki êngg: kang mêntas kêlakon iki, anyar iki.
mêngkoni :
kn. 1 nguwasani, ngêrèh, duwe sêsanggan ngrêmbug (anak, brayat lsp); 2 ngêtrapi wêngku; kc. wêngku.
mêngkono :
n. makatên k. kaya iku, kaya kuwi; dimêngkonokake: ditindakake mêngkono.
mêngkono mau :
[x] uga n. makatên wau, [x] ugi k. lan uga.
mêngkonok, mêngkonon :
êngg. mêngkono.
mêngkorog :
kn. njêgrag rambute (wulune) marga wêdi.
mêngkos-mêngkos :
kn. ak. krênggosan, mêngkis-mêngkis bangêt.
mêngkotên :
êngg. k. mêngkono, mêngkene.
mêngkrêd :
pc. mêngkêrêd.
mênglayang :
kw. nglayang; kc. layang.
mêngulon :
n. mêngilèn k. mênyang ing sisih kulon; kc. kulon, pangulon.
mêngung :
kn. mbêngung.
mêngsah :
k. mungsuh.
mêpaki :
kn. 1 pêpak bangêt; 2 muwuhi supaya pêpak; kc. pêpak.
mêpêg :
I kn. mêkak; kc. pêpêg. II [x] birai kn. wis mangsane birai.
mêpêki :
kn. ak. mêpaki.
mêpêr :
kn. 1 nyuda landhêpe; 2 nyirêp nêpsu lsp; kc. pêpêr.
mêpês :
kn. 1 tata lan ringkês (ênggone sila); 2 ut. [x]-ake) agawe pêpês; kc. pêpês.
mêpêt :
(-i) kn. 1 mbuntu (dalan lsp); 2 ngêndhêgake (ilining gêtih lsp); kc. pêpêt.
mêprêl :
êngg. kn. mèprèl.
mêpro :
pc. nyonyah.
mêrah-mêruh :
êngg. kn. rêgêd, mblêdêr.
mêrak :
I kn. ar. manuk kang wulune endah bangêt; [x]-an: ar. sukêt. II êngg. kn. nyêdhak, mara; kc. pêrak. III kn. ak. gawe cokak; kc. wêrak.
mêrang :
I kn. 1 gaganging pari; 2 êngg. kulit gabah. II êngg. kn. mbacok, namakake lêlandhêp; [x]-i ak. nglawan, pêrang mungsuh ..., kc. pêrang.
mêrasa :
n. mêraos k. 1 mirasa, enak bangêt; 2 ak. ngrasa, rumangsa.
mêrbabak :
kn. ak. kaca-kaca matane (arêp nangis, muring).
mêrbal :
kn. gawe palapuran; kc. pêrbal.
mêrban :
kn. mblêbêd tatu lsp; kc. pêrban.
mêrbangbang :
kw. bang-bang wetan (wayah esuk).
mêrbêbêng :
kw. mêrbêng-mêrbêng.
mêrbêng-mêrbêng :
kn. ak. abang raine (marga kêpranan, nêpsu).
mêrbês :
kn. ak. mbrêbês.
mêrbês mêlês :
pc. susah (gêtun) bangêt.
mêrbês mili :
kn. ngêtokake luh.
mêrbuk :
kw. ([x] wangi) sumêrbak awangi.
mêrbung :
kuna [x] kn. kuna bangêt.
mêrbot :
kn. punggawa mêsjid.
mêrdagang :
kn. ak. dêdagangan; kc. dagang.
mêrdaya :
kw. maeka, ngapusi.
mêrdamêl :
k. êngg. mêrgawe.

--- 311 ---

mêrdangga ~ mêrnèni.

mêrdangga :
kw. gamêlan.
mêrdapa :
kw. trubus; kc. pradapa.
mêrdawa :
kw. kc. mardawa.
mêrdèni :
kn. njarwani, nêgêsi, nêrangake; kc. wêrdi.
mêrdesa :
n. mêrdhusun k. ak. mênyang ing desa; kc. mara-desa.
mêrdêng :
êngg. ak. adrêng bangêt, sêlak pêrlu.
mêrdi :
kn. 1 mulang-muruk (nggêgulang) supaya ...; 2 ngudi, mêrsudi; kc. pêrdi.
mêrdi desa :
êngg. kn. bêrsih desa.
mêrdika :
kw. mardika.
mêrdikani :
kw. mêrdèni; kc. pardika.
mêrdu :
kw. alus, lêmês, nyênêngake; kc. mrêdu.
mêrdud :
kn. ak. ora nrima, mbangkang.
mêrduli :
kn. pêrduli marang; kc. pêrduli.
mêrdondi :
kn. ak. padon, sulaya; kc. pêrdondi.
mêrjaya :
kw. ngalahake, matèni.
mêrjan :
kn. bngs. kewan sêgara ing karang-karang sok digawe rêrênggan.
mêrjao, mêrjauh :
pc. mêjao.
mêrjit-mêrjit :
kn. merang-merang.
mêrdhayoh :
n. mêrtamu k. ak. maradhayoh.
mêrdhatêng :
kw. mêntas têka, nênêka.
mêrdhukuh :
kn. ak. dhêdhukuh; kc. dhukuh.
mêrdhukun :
kn. ak. mêdhukun.
mêrdhusun :
k. mêrdesa.
mêre :
I kn. nywara mbêkèr (kêthèk lsp). II pc. mire.
mêrèkake :
êngg. ngupamakake.
mêrêg :
êngg. ak. mbêrêg (rajakaya); kc. wêrêg.
mêrêk :
êngg. ak. nyêdhak; kc. pêrak.
mêrêm :
kn. 1 ora mêlèk, tumutup tmr. mata, 2 pc. ora ngrêmbug marang sanak sêdulur, ora duwe wêlas.
mêrêm-mêlik :
(-mêlèk) kn. 1 ora bisa turu kêpenak; 2 tansah kuwatir (sumêlang).
mêrêpi :
kw. nyêdhaki, marani; kc. pêrêp.
mêrês :
kn. 1 mèjèt (ngênêt) supaya apuh; 2 ngêpuh susu sapi lsp; 3 mêksa (ngêtog) budi lsp; kc. pêrês.
mêrga :
I kw. dalan; kc. marga. II n. mêrgi k. pc. marga (jalaran).
mêrgag, mêrgak :
pc. rêgag, ringa-ringa.
mêrgagah :
pc. mbêgagah.
mêrgaya :
êngg. atidaya, pirangbara; ora [x] êngg. ora sapiraa.
mêrgana :
kw. panah.
mêrgangsa :
kw. kalang [x]) tukang kayu, blandhong.
mêrgawe :
n. mêrdamêl k. êngg: nyambut-gawe; kc. mêgawe.
mêrgègèh :
pc. mbêgagah.
mêrgènggèng :
pc. mbêrgènggèng.
mêrgêdud :
pc. mbrêgêdud.
mêrgêgêg :
pc. mbêgêgêg.
mêrgi :
I k. dalan. II k. pc. marga (jalaran).
mêrgigih :
pc. mbêgigih.
mêrgil :
kn. ak. misah, ndhewe.
mêrgujug :
pc. gumrujug (ing wêtêng).
mêrguyokake :
n. mêrgujêngakên k. ak. lucu; kc. guyu.
mêrgul :
kn. nglapis êmas; kc. pêrgul.
mêrgogok :
pc. mbêgogok.
mêrgoki :
pc. kêpêthuk karo, kêtêmu karo.
mêri :
kn. anak bèbèk.
mêrit :
kn. 1 saya mucuk saya cilik, ora mbêmbêng; 2 cilik dhuwur larase (tmr. swara).
mêryayang, mêryangyang :
kw. dadi lêlêmbut (dewa).
mêrkah :
pc. mlêkah.
mêrkayangan :
1 kw. munggah ing kayangan; 2 êngg. ak. dhanyang.
mêrkakah :
kn. ak. saèm. mbêgagah.
mêrkaki :
êngg. kn. 1 tuwa(-pikun); 2 wong sing wis jêmpo ora kawajibake nggarap gawe ing padesan; kc. mara-kaki.
mêrkangkang :
kn. sikile njênggar (ing nalikane turon, tiba lsp).
mêrkara :
n. mêrkawis k. pc. mrakara; kc. prakara.
mêrkasa :
kn. ak. mêksa; kc. prakasa.
mêrkata :
kw. jumêrut.
mêrkatak :
kn. 1 wiwit padha kuning (tmr. pari ing sawah); 2 ak. nywara krètèk-krètèk.
mêrkèkèh :
kn. mêrkakah, mbêgagah.
mêrkèngkèng :
kn. mêrkangkang, mêrkèkèh.
mêrkèngkong :
pc. ngewuhake, rèwèl.
mêrkènco :
pc. ngewuhake, rèwèl.
mêrkètèk :
pc. nywara krètèk-krètèk (gêni lsp).
mêrkewuh :
n. mêrkèwêd k. pc. mêkewuh.
mêrkênêng :
kn. kêncêng (tmr. urat, otot); kc. pêrkênêng.
mêrkêngkêng :
kn. 1 kêncêng kêngkêng; 2 ent. cukêng, puguh.
mêrkêtêk :
pc. nywara rêkêtêk-rêkêtêk.
mêrki :
kn. 1 tuma pitik; 2 êngg. sindap.
mêrkiyu :
kn. ak. kiyu, cape (tmr. tangan).
mêrkinding, mêrkinting :
pc. krasa mrinding (ing kulit).
mêrkinyèh, mêrkinyih :
pc. mênyènyèh (gudhig lsp).
mêrkitik :
kn. 1 nywara kritik-kritik (gêni lsp); 2 pc. sêrik bangêt, nêpsu batin.
mêrkungkung :
kn. mêkungkung.
mêrkunung :
êngg. kn. nggugu karêpe dhewe.
mêrkutu :
I ut. mêrkotok kn. pating pruntus kasar (tmr. kulit). II kn. ak: mêksa, njiyat, miyagah; kc. pêrkutuk.
mêrkongkong :
kn. mêkongkong.
mêrkosa :
kn. ak. mêksa, njiyat; kc. prakosa.
mêrlik :
kn. kêlip-kêlip cilik.
mêrlokake :
nganggêp pêrlu; kc. pêrlu.
mêrlos :
kn. ak. nglèrèni, mocot; kc. pêrlos.
mêrmumuh :
pc. abuh ngêmu nanah (tmr. gudhig).
mêrmomong :
kn. ak. murub mêngangah.
mêrna :
n. mêrni k. ak. ngêcèt, nyungging; mêrnani, mêrnakake n. mêrnèni k. ak. nganani, mujudi; kc. warna, wêrna.
mêrnah :
kn. manggon ing; kc. pêrnah.
mêrnèni :
êngg. pc. warna-warna.

--- 312 ---

mêrnèng-mêrnèng ~ mêtèntèng.

mêrnèng-mêrnèng :
pc. katon bêcik panggonane.
mêrnèsi :
pc. kêmayu, gumagus; kc. pêrnès.
mêrnis :
kn. nglapis nganggo pêrnis; kc. pêrnis.
mêrnyanyang :
kw. mêryangyang.
mêrngangas, mêrngèngès, mêrngingis, mêrngongos :
kn. ak. mringis, mrongos.
mêruhi :
n. nyumêrêpi k. mriksani ki. 1 wêruh marang; 2 ndêlêng; kc. wêruh.
mêrung :
kn. ak. ngêthok kuping; kc. pêrung.
mêrpak, mêrpêk :
êngg. kn. wis cêpak.
mêrpat :
pc. manca-papat (tangga desa).
mêrpêk :
êngg. mêrpak; mêrpêki kw. nyêdhaki, mara.
mêrpêt :
êngg. kn. pêtêng bangêt marga mêndhung.
mêrsabêni, mêrsabênake :
awèh wêruh; kc. pêrsabên.
mêrsalah :
êngg. pc. tumindak salah.
mêrsanak :
kn. ak; nyanak-nyanak; kc. sanak.
mêrsèni :
kn. mènèhi pêrsèn.
mêrsêkoti :
pc. mènèhi pêrsêkot.
mêrsihi :
êngg. ak. ngrêsiki; kc. bêrsih.
mêrsil :
kn. mbukak (duwe, gawe) pêrsil.
mêrsudi :
kn. nggêgulang, ngudi; kc. pêrsudi.
mêrsul :
êngg. kn. ndhugal, nakal.
mêrsut :
êngg. kn. mêrsul.
mêrsobat :
êngg. pc. nyanak, mêmitran karo.
mêrtal :
pc. nyalin ing basa liya; kc. pêrtal.
mêrtamu :
k. mêrdhayoh.
mêrtani :
n. mêrtèni, mêrtăsi k. ak. ngabari; kc. warta.
mêrtandhu :
êngg. kn. nyêkêl (nganggo) sawah minangka panyauring utang.
mêrtanggung :
n. mêrtanggêl k. tanggung-tanggung, ora gêdhe ora cilik, ora cukup.
mêrtapa :
kn. nglakoni tapa.
mêrtega :
kn. puhan dikênthêlake lan diasin.
mêrtelani, mêrtelakake :
nêrangake marang; kc. pratela.
mêrtèni :
êngg. pc. ngopèni; kc. pêrti.
mêrti desa :
êngg. kn. bêrsih desa.
mêrtinjo :
êngg. ak. tilik, mêdhayoh; kc. tinjo.
mêrtingkah :
kn. ak. kakehan pratingkah; kc. pratingkah.
mêrtuwi :
kn. ak. tilik.
mêrtobat :
êngg. kn. kapok, kêduwung; kc. tobat.
mêrtongtong :
kn. ak. njêngêr mandêng (nyawang).
mêrtosi, mêrtosakên :
k. mêrtani, mêrtakake; kc. warta.
mêrtowin :
ora [x] ak. ora patia.
mêrtyu :
kw. 1 blêdhèg; 2 gêni, urubing gêni.
mêrcaya :
n. mêrcados k. pc. pracaya marang; kc. pracaya.
mêrcon :
kn. lintingan obat yèn disumêd bisa muni.
mêrwasa :
kw. milara, niksa; kc. prawasa.
mêrwinci :
êngg. kn. mrinci-mrinci; kc. pêrwinci.
mêsa :
pc. mêksa.
mêsah :
êngg. k. mungsuh.
mêsail :
kn. ak. watu lsp. dianggo jimat.
mêsakake :
1 wêlas marang; 2 mêmêlas.
mêsanggrahan :
kn. ak. lèrèn (lêrêb) ana ing pasanggrahan.
mêsasa :
êngg. kn. mêksa.
mêsat :
kn. ak. mêncolot nggêblas, mabur; kc. pêsat.
mêsbuk, mêsbok :
kn. ak. masbuk.
mêsjid :
pc. masjid.
Mêsèhi :
kn. Kristên.
mêsêng :
êngg. kn. masang.
mêsês :
I kw. nywara kumrosak (angin, prahara). II kn. ak. nyandhang mênganggo sarwa becik.
mêsgul :
kn. susah, sêrik; kc. masgul.
mêsi :
I kn. atos kaya wêsi. II kn. pamêksi.
mêsigit :
pc. masjid.
mêsih :
êngg. isih.
mêsiyasat :
kn. ak. niksa, ngukum; kc. wêsiyasat.
mêsin :
(W) kn. 1 piranti mawa rodha dilakokake sarana asêp, bènsin ut. tangan; 2 ([x] mênjait) piranti dianggo ndondomi.
mêsin-mabur :
kn. montor mabur.
mêsisani :
kn. ak. mbabarpisani, ngrampungake; kc. wêsisan.
mêski :
êngg. ak. sênadyan.
mêsu :
kn. ngêtog kakuwatan (budi lsp); kc. pêsu.
mêsud :
êngg. kn. ngusap, mbêsut; kc. pêsud.
mêsum :
êngg. kn. 1 ak. katon acum (pucêt); 2 aras-arasên, lêsu.
mêsusi :
êngg. mususi (bêras).
mêsoyi :
kn. ar. klika dianggo bumbu (jamu).
mêspir :
kn. intên tiron.
mêsri :
êngg. kn. mêsi, pamêksi.
mêstagèn :
kn. ak. sêtagèn.
mêstail :
êngg. kn. mokal, nglêngkara.
mêstak :
kn. peranganing kathok kang kapênêr ing lakang.
mêstaka :
pc. mastaka.
mêstani :
k. ngarani; kc. wasta.
mêstar :
(-an) kn. ak. saèm. garisan.
mêstèr :
(-an) kn. jrambah diplêstèr.
mêstri :
kn. ak. 1 mèstêr (sêbutan); 2 dhukun; dimêstrèkake ak: 1 dikon nggarap marang; 2 wis kêpanjingan (sarana dibuwang ing kuburan, papan kang angkêr lsp).
mêsthi :
kn. 1 (ut. mêsthèkake) nêtêpake ing sadurunge; 2 wis têtêp (tmr. kèhe, wêktune); 3 pc. trêp kaya, wis sapantêse, patut-patute; kc. pêsthi.
mêt :
êngg. kn. trêp, cèplês.
mêta :
kw. nêpsu bangêt.
mêtagihi :
kn. ak. njalari kêtagihan.
mêtahakên :
k. mutuhake; kc. wutuh.
mêtak :
k. ak. mêndhêm, ngubur; kc. pêtak.
mêtaki :
êngg. kn. nggusah sarana nggêtak; kc. pêtak.
mêtal :
pc. logam.
mêtara :
n. mêtawis k. ngira-ira; kc. watara.
mêtèhi :
êngg. pc. wayang potèhi.
mêtèntèng :
pc. ngewak-ewakake (gumaib) pratingkahe.

--- 313 ---

mêtengge ~ mêthèthu.

mêtengge :
pc. linggih ndêgèg.
mêtènggèng :
pc. linggih ing papan kang dhuwur.
mêtete :
pc. mêtu mete-mete.
mêtêk :
I 1 kn. ngênêtake sêru; 2 (ut. [x]-i) ki. mijêti; 3 pc. mênêt, mlindêr pagawean; kc. pêtêk. II êngg. mêndhêm; kc. pêtak.
mêtêl :
kn. ngênêtake sêru; kc. pêtêl.
mêtêng :
1 n. wawrat k. mbobot ki. ngandhut jabang-bayi ing wêtêngan; 2 kn. wis diisèni (tmr. bêdhil lsp); kc. wêtêng.
mêtêngan :
I kn. ak. wong-wong picak kang diopèni priyayi gêdhe. II êngg. ak. bngs. pulisi kapêtêngan, jaga malêm.
mêtênggêng :
pc. linggih ora obah-obah.
mêtêngi :
kn. njalari pêtêng; kc. pêtêng.
mêtis :
kn. gawe pêtis.
mêtu :
n. mêdal k. miyos ki. 1 mênyang ut. têkan ing jaba (saka ing jêro); 2 (saka ing guwa garba); 5 dicap lan diumumake (tmr. layang kabar, buku lsp); 6 ngêtokake woh (tmr. têtanduran); 7 dibayarake, dipasokake; 8 thukul ut. tuwuh (tmr. rambut, untu, lsp) 9 lèrèn saka ing (pagawean, pamulangan lsp); kc. mêtoni, wêtu.
mêtuk, mêtung :
êngg. pc. mêtu ing (liwat ing).
mêtoni :
n. mêdali k. 1 mêtu ing; 2 ngaton ut. maju ing (paprangan, pasamuwan lsp); 3 bisa duwe anak; kc. mêtu, wêtu.
mêtontong, mêtotong :
pc. katon mêtu dawa.
mêtoto :
pc. saèm. mêtete nanging luwih gêdhe.
mêca :
kn. 1 ak. walèh, kandha blaka; 2 ngandhakake bakal anane lêlakon; kc. pêca, wêca.
mêcah :
kn. 1 agawe pêcah; 2 pêcah dhewe (tmr. wudun lsp); 3 merang-merang; 4 ngrusak (pakumpulan, prajanjian lsp); 5 ak. miyak (ngandharake) wadi; kc. pêcah.
mêcak :
I kn. ak. midak; [x]-i: ngukur nganggo sikil; kc. pêcak. II pc: wurung, jugar. III [x]-i kn. mbumboni iwak; kc. pêcak. IV [x]-ake kn. ak: mêca bab; kc. wêca.
mêcalang :
n. mêcambêng k. ak. dadi pacalang.
mêcat :
kn. 1 nyopot, mbêdhat; 2 mocot, nglèrèni; [x]-i L sêkarat ngarêpake mati; kc. pêcat.
mêcèdhèl, mêcèdhèt :
pc. mêtu jêroane.
mêcèl(-i) :
kn. ngêthoki kayu (rèncèk lsp); kc. pêcèl.
mêcete, mêcèthèt :
pc. 1 sanalika mêtu peranganing kang jêro (jêroane, isine); 2 ks. lair; kc. cèthèt.
mêcece :
pc. katon gumaib.
mêcethot :
pc. 1 mlethot, mencong-mencong; 2 ora ana nyatane (tmr. kasaguhan lsp).
mêcêl :
kn. olah pêcêl.
mêcêngès, mêcêngis :
pc. katon mak pringis.
mêcing :
êngg. kn. njaluk pêcingan; kc. pêcing.
mêcir-mêcir :
kn. ak. mung pating prêncil (sathithik-sathithik).
mêcicil :
kn. mêndêlik matane ora kêdhèp-kêdhèp.
mêcithat :
kn. 1 katon nyênthang njêgrag (tmr. alis); 2 katon amba mênthêlêng (tmr. mata); 3 pc. umuk, gumaib.
mêcuk mêcukilan :
kn. mèlu ngrasakake enake, mèlu nganggo.
mêcut :
kn. nyabêt nganggo pêcut; kc. pêcut.
mêcucu, mêcoco :
kn. cangkême maju.
mêcuthat :
pc. saèm. mênculat.
mêcohi, mêcrohi :
kn. 1 notholi, ngabruki; 2 tansah ngajak padu; kc. pêcoh.
mêcok :
kn. ngêthok (mbacok) pang; kc. pêcok.
mêcoto, mêcothot :
kn. saèm. mêcèthèt nanging luwih akèh.
mêtha :
kn. 1 mangun, nggambar; 2 mujudake; kc. pêtha.
mêthak :
k. mutih; kc. putih, pêthak.
mêthakil :
pc. 1 sikile mênthalit; 2 sugih reka ala; kc. pêthakil.
mêthakol :
pc. sikile nggubêd ing (wit lsp).
mêthal :
kn. misah supaya pêthal; 2 pisah karo; kc. pêthal.
mêthanthang, mêthangthang :
kn. linggih lsp. sikile dijênggarake.
mêthangkus, mêthangkrus :
kn. ak. ambêk kuwasa, nggugu karêpe dhewe.
mêthangkrèk, mêthangkrik, mêthangkring, mêthangkling, mêthangkruk, mêthangkrong, mêthangkrok :
pc. linggih (ngangkrok) ing papan kang dhuwur.
mêthar :
kn. ak. mêlar (tmr. gêlang lsp); kc. pêthar.
mêthat :
I kn. ak. nyopot, mêcat; [x]-ake sikil pc. mbêgagahake; kc. pêthat. II [x]-i ki: njungkati; kc. pêthat.
mêthathus :
pc. nyêthathus.
mêthèk :
kn. 1 mêca; 2 mbêdhèk; kc. pêthèk.
mêthèklu :
êngg. mêthêkul.
mêthekol, mêthêkêl :
pc. kêncêng kiyêng tmr. lêngên lsp.
mêthèl :
kn. namakake pêthèl; kc. pêthèl.
mêthènthèng, mêthèngthèng :
kn. tangane ditrap ing bangkekan (umuk, nêdya wani).
mêthèngkrak :
pc. (linggih) sajak pambêkan (umuk).
mêthèngkrang :
kn. linggih sikile diunggahake.
mêthèngkrèng :
kn. linggih ing pinggir ut. ing papan kang dhuwur.
mêthèngsèt :
êngg. pc. linggih mbêngkuk.
mêthèr :
kn. mêlar amba (tmr. gêlang lsp); kc. pêthèr.
mêthès :
kn. mulang muruk kalawan kêrêng; kc. pêthès.
mêthêsèl :
pc. cilik nanging kiyêng (tmr. pawakan).
mêthèt :
I kn. ngêlih tanduran ing tamanan lsp; kc. pêthèt. II [x]-i kn: nyêthèti nganggo driji.
mêthethah :
pc. linggih sikile njênggar.
mêthethe, mêthèthèk, mêthèthèng :
pc. (pawakan cilik nanging) katon pambêkan.
mêthèthèh :
pc. wêtênge katon njêmbluk (ing nalikane linggih).
mêthèthu, mêthetho :
êngg. pc. mongkog, bungah.

--- 314 ---

mêthêkêl ~ migut-migut.

mêthêkêl :
pc. mêthekol.
mêthêkul :
kn. tumungkul sêngkut pamangane.
mêthêl :
êngg. kn. mbêdhêl.
mêthêli :
kn. srêgêp bangêt (ênggone nyambut gawe); kc. pêthêl.
mêthênthêng :
pc. katon kêncêng (otote lsp); kc. pêthênthêng.
mêthêngkrêng :
pc. linggih ora obah-obah.
mêthêngkrus :
pc. linggih ora tumandang apa-apa.
mêthêngthêng :
pc. mêthênthêng.
mêthêt :
I kn. ngêthok pucuke; kc. pêthêt. II êngg. kn. mbêdhêl.
mêthêthêk :
pc. mbêthêthêt.
mêthik :
kn. ngundhuh woh (kêmbang lsp); 2 mirit; kc. pêthik.
mêthil :
kn. mêdhot gantilan lsp; kc. pêthil.
mêthingil :
pc. mênthingil.
mêthingkrak, mêthingkrang, mêthingkrik, mêthingkring :
pc. linggih ing papan kang dhuwur.
mêthingthing, mêthinthing :
pc. sarwa kêncêng singsêt (ênggone mênganggo).
mêthit :
kn. 1 têkan ing pêthit (pucuk); 2 mêrit, saya cilik; kc. pêthit.
mêthithil :
pc. cêthil bangêt.
mêthithit :
pc. mbêthithit.
mêthuk :
kn. mapag(-ake); kc. pêthuk.
mêthul :
êngg. kn. kêthul.
mêthunthang :
êngg. kn. ndugal, nakal.
mêthunthêng, mêthungthêng :
pc. (irêng [x]) irêng bangêt.
mêthunthung, mêthungthung :
pc. mlênthung gêdhe.
mêthungkruk, mêthungkrung :
pc. linggih (ngadêg) mbêngkuk.
mêthur :
êngg. kn. katon gêdhe êmpuk (tmr. srabi, apêm lsp).
mêthuthuk :
pc. awujud punthukan.
mêthoki :
kn. ak. nuthuki paju lsp; kc. pêthok.
mêtholi :
êngg. kn. 1 notholi; 2 nggêmpuri gêmpalan lêmah; kc. pêthol.
mêthongkrong :
pc. ndhodhok (ing papan kang dhuwur).
mêthongsot :
pc. saèm. mêthongkrong (mbungkuk).
mêthot :
kn. 1 narik (nyopot lsp) kanthi pêksa; 2 misah, mêgat; kc. pêthot.
mêthothok :
pc. linggih (turon) sikile mênga.
mêwahi :
k. muwuhi.
mêwêr :
kw. nggulung, nglinting, nglunthung; kc. wêwêr.
mêwês :
kn. ak. mêksa, ngêtog.
mi :
(C) kn. glêpung diasin digawe sluwiran.
miangkuhi :
kw. ngrêngkuh kalawan angkuh; kc. piangkuh.
miarsa :
kw. krungu; kc. miyarsa, piarsa.
mibah :
êngg. k. mubah.
mibêr :
kn. mabur; kc. ibêr.
mibur :
êngg. kn. mabur.
midadarèni :
kn. 1 êngg. ndhadhari (rêmbulan); 2 (slamêtan lsp) ing bêngi ngarêpake kêtêmune pangantèn; kc. widadari.
midak :
kn. ngidak, mênyak; kc. pidak, idak.
midana :
kw. ngukum, niksa; kc. pidana.
midèni :
I êngg. kn. nanjihake (mbalèni) ngetung; kc. widi. II êngg: nglilani, ngidini; kc. idi.
midêk :
êngg. midak.
midêr :
kn. lunga mênyang ing êndi-êndi (mubêng-mubêng); kc. idêr.
midêrêng :
kw. kumudu-kudu, nyrêmpêng; kc. pidêrêng, dêrêng.
midid :
kn. sumribit alon lan ajêg (tmr. lakuning angin).
midih :
I kn. ngênêtake, mênêt; kc. pidih. II kn. ngusiri (nglapis) nganggo pidih; kc. pidih.
midik-midik :
kn. ak. namat-namatake; kc. widik.
miduli :
êngg. mêrduli.
miduwung :
kn. ak. kêduwung.
midosa :
kw. nganggêp dosa marang; kc. dosa.
mijah :
I êngg. kn. metung, milang; kc. wijah. II kn: 1 mênyang ing pêntasan (sawah lsp, tmr. iwak loh); 2 ak. mubra-mubru, akèh bangêt; kc. wijah.
mijèn :
kn. ak. (ut. dimijèkake) dipilah (ditêtêpake) mung kanggo (panjênênganing ratu, mirunggan lsp); kc. miji, piji.
mijèni :
kn. 1 nyêbari (mènèhi) wiji; 2 njalari; 3 (ut. mijèkake) nurun-nurunake; kc. wiji.
mijêr :
kn. ngusari nganggo pijêr; kc. pijêr.
mijêt :
kn. 1 ngênêtake sêru; 2 (mêtêk ki) ngênêtake lan ngurut badan; kc. pijêt.
miji :
kn. 1 matah akon nindakake kang mligi; 2 êngg. kang dipiji (dipijèkake); kc. piji.
mijiki :
ki. misuhi; kc. wisuh.
mijil :
I kn. ak. mêtu; kc. wijil. II kn: ar. têmbang macapat.
mijir, mijrah :
kn. ak. ngetung-etung, milang; kc. pijir, pijrah.
midhang :
kn. 1 êngg. lêledhang, lunga sênêng-sênêng; 2 lunga ngluwari ujar mênyang ing papan kang kêlumrah dianggo ngluwari ujar; kc. idhang.
midhangan :
kw. pundhak.
midhangêt :
ki. ngrungu, krungu; kc. pidhangêt.
midhe :
I kn. ak. nyambung nganggo anthok; kc. widhe. II kn. ak. tuku iwak daging (ora mbêlèh dhewe ing nalikane duwe gawe); kc. widhèn.
midhêt :
êngg. ks. turu.
midhun :
êngg. mêdhun.
migag-migêg :
pc. obah-obah ora maju-maju.
migag-migug :
pc. mung obah-obah bae (marga kêlêmon lsp).
migêna :
kw. ngribêdi, ngalang-alangi, mitênah; kc. wigêna.
miguna :
kw. pintêr; migunani: maedahi; migunakake: nganggo; kc. guna, piguna, wiguna.
migung :
kn. ak. nyimpang, nasar, nggiwar.
migut-migut :
kn. obah-obah nglêmêr ora maju-maju.

--- 315 ---

mihak ~ mimang.

mihak :
êngg. pc. ngênêr ing, ngiloni sasisih; kc. pihak.
mihun :
(C) kn. saèm. mi nanging lêmbut.
miyaga :
êngg. kn. niyaga.
miyagah :
kn. nindakake apa-apa sarana awangan (kira-kira bae); kc. wiyagah, piyagah.
miyak :
kn. 1 mbiyak lan nisihake; 2 mbukak (wadi lsp); kc. piyak, wiyak.
miyambak :
k. ndhewe.
miyang :
êngg. mênyang.
miyangga :
1 kw. ula; 2 kw. êngg. kodhok; 3 êngg. ar. dhêmit; 4 êngg. k. baya.
miyara :
n. miyantên k. êngg. ngingu, ngopèni; kc. piyara.
miyarakên :
k. ngambakake.
miyar-miyar :
kn. nglêmir tipis (kc. sutra).
miyar-miyur :
kn. ora kaku(-kukuh); kc. miyur.
miyarsa :
I kw. ngrungu, krungu; miyarsakake kw: ngrungokake; kc. piyarsa. II êngg. ak. wêruh, nonton; kc. piyarsa, pirsa.
miyat :
kw. ndêlêng, wêruh.
miyata :
kw. mulang; kc. wiyata.
miyatani :
kn. ak. kêna diêndêlake (mandi, digdaya, kuwat).
miyêg-miyêg :
pc. rêkasa dening kabotan gêgawan.
miyêk :
kn. ak. nindhês; kc. piyêk.
miyud-miyud :
kn. mêntêlung mêntul-mêntul.
miyum :
kw. mèsêm.
miyup :
kw. niyup; kc. tumiyup (tiyup).
miyur :
kn. 1 ora kaku, mêntul; 2 ora kukuh (atine).
miyos :
ki. 1 mêtu; 2 lair; 3 êngg. lunga; kc. wêtu, wiyos.
mik :
I pc. nusu, ngombe (têtêmbungan bocah). II êngg. pc. mung. III pc: dhisik; kc. dhimik.
mikalah :
(-i) n. mikawon(-i) k. ak. ngalah(-i); kc. kalah, pikalah.
mikantuki :
k. mikolèhi, makolèhi; kc. pakolèh.
mikara :
kw. niksa, abêk[14] siya marang.
mikat :
kn. golèk manuk; kc. pikat.
mikèni :
kn. ak. kikrik.
miki :
êngg. mau.
mikir :
n. manah k. mênggalih, nggalih ki. nglêlimbang ing pikiran, ngrêmbug marang; kc. pikir.
mikul :
n. ngrêmbat k. nggawa nganggo pikulan; kc. pikul.
mikrab :
(A) kn. pangimaman (ing mêsjid).
mikrad :
(A) kn. ak. munggah swarga saragane; kc. mekrad.
mikramakake :
kw. ngomah-omahake (mbayangkare) kc. pikrama.
mil :
kn. 1 ([x] dharat) 7420 m; 2 ([x] laut) 1609 m; 3 (kapal [x]) kapal kang nggawa layang-layang.
mila :
k. mula.
milah :
I (ut. [x]-[x], [x]-ake) kn. merang-merang, nyilah-nyilah; kc. pilah. II kn. nglulus kêris kang dianggo; kc. wilah.
milai :
êngg. k. mulai.
milake, milakne, milakna :
êngg. k. mulane.
milala :
kn. ngajèni (ngêmi-êmi) bangêt; kc. pilala.
milalah :
kn. ak. aluwung, milaur; kc. pilalah.
milalati :
kn. ak. malati; kc. walat.
milalu, milampu :
kn. ak. aluwung, angur, milalah; kc. pilalu.
milang :
I n. mical k. ngetung, metung; kc. wilang. II êngg. k. mulang; kc. wulang.
milang kori :
kn. (takon-takon lsp) anggêr omah dilêboni.
milang-miling :
kn. ngingêtake (nênamatake) ngiwa nêngên arêp nggêgolèki, madik lsp; kc. iling.
milang usuk :
kn. 1 ngetung usuk; 2 pc. têturon mlumah (kêsèd-kêsèdan).
milangoni :
kw. nêngsêmake, nyênêngake, ngrêsêpake.
milaur :
kn. aluwung, angur; kc. plaur.
milar :
I kn. minglar, mlumpat nisih; kc. ilar. II kn. nyigar mujur; kc. pilar.
milara :
n. misakit k. nggêbugi lsp, niksa; kc. pilara.
milasa :
kw. mêlasi, asih marang; kc. wilasa.
milèh :
êngg. milih.
milêg-milêg :
pc. kêwarêgên bangêt.
milênggah :
k. milungguh; kc. pilungguh.
milês :
êngg. kn. 1 nguntir (tali lsp); 2 ngulêt; kc. pilêt.
milêt :
I êngg. k. 1 mili; 2 mèlu; 3 milih. II [x]-i kn. ak. 1 nggubêdi; 2 mubad-mubêd (tmr. pêpadon); kc. wilêt.
mili :
I kn. mlaku tmr. banyu (barang cuwèr); kc. ili. II kn. mm ( 1/1000 mètêr ).
milih :
kn. nggolèki kang disênêngi (kang bêcik); kc. pilih.
milik :
I êngg. kn. melik. II êngg. ak. barang darbe, hak; di-[x]-i ak. didarbèni.
miling-miling :
kn. ndêdêlêng arêp dituku (dianggo lsp).
milir :
kn. manut ilining banyu (tmr. mrau) kb. mudhik; kc. ilir.
milis :
êngg. k. milang, kc. wilang, wilis.
milisi :
I kn. nèmplèki pilis; kc. pilis. II (W) kn: kawajiban dadi saradhadhu.
militèr :
(W) kn. saradhadhu.
milu :
êngg. mèlu.
milujêngi :
k. nylamêti; kc. slamêt(-an).
milulu :
kw. ngêmungake; kc. mlulu.
milungguh :
(-ake) n. milenggah(-akên) k. ak: ngêlahake marang; kc. pilungguh.
milut :
kn. ak. mulêt, pulêtan; kc. wilut.
miluta :
kn. ak. ngarih-arih (nênarik ati); kc. piluta.
milo :
kn. pamulangan Mulo (banjurane pamulangan wiwitan).
milok :
êngg. pc. mèlu.
mimang :
kn. oyod wringin (sok dianggo srana panulak bêbaya sarana dikêndhitake); kêndhit [x] kadang dewa pr: luput ing bêbaya (pangrenahing satru), nglangkahi oyod [x] pr: bingung.

--- 316 ---

mimba ~ minyik-minyik.

mimba :
I kw. mêtu; kc. wimba. II kn. ak. ngèmpêri, niru; kc. emba, memba.
mimbar :
kn. saèm. kursi dhuwur dianggo sêsorah (ing mêsjid).
mimbuhi :
(mimbêti êngg. k) ak. ngimbuhi, ngundhaki; kc. wimbuh.
mimi :
kn. bngs. yuyu sêgara kang gêdhe; kaya [x] lan mintuna pr: tansah runtang-runtung (ora pisah-pisah).
mimik :
kn. bngs. mrutu.
mimir :
I kn. bngs. baya cilik. II pc. nglêmir, tipis bangêt.
mimis :
kn. pelor, punglu, gotri.
mimisên :
kn. irunge mili gêtih.
mimpang :
êngg. k. mênang.
mimpês :
kn. kêmpès, kimpês; kc. impês.
mimpin :
êngg. pc. nuntun (pakumpulan lsp).
mimrih :
êngg. kn. mamrih, murih.
mimring :
pc. tipis bangêt, nglêmir.
min :
di-[x] kn. ak. dinunuti nganggo (maca lsp); kc. êmin.
mina :
I kn. ak. wis mirunggan (turahan); diminakake ak. sêngaja diturahake, dianggo mirunggan. II (S) kw. iwak loh.
minak-minuk :
pc. lêmu ginuk-ginuk.
minal-minul :
pc. wuda mblêjêd.
minantaka :
(S) kw. ak. juru misaya iwak.
minantên :
êngg. k. mênawa.
minangka :
kn. kang dadi, dianggo ...; minangkani: nuruti, nglêksanani, nganani; kc. pinangka.
minangsi :
br. dimangsi; kc. mangsi.
minangsraya :
êngg. kn. (njaluk) pitulungan; kc. sraya.
minaraki :
ki. ak. nglinggihi; kc. pinarak.
minat :
kn. ak. pantês ut. sêdhêngan (tmr. wèwèh); ora [x]: ora majad (= lumrah); sa-[x]-e: sakadare, sakuwasane (tmr. wèwèh).
minda :
êngg. k. wêdhus.
mindah :
pc. mendah.
mindaka, mindakani :
kw. nêdya mblela, mrêngkang (nêdya ngrusak).
mindêl :
êngg. mèndêl.
mindêng :
I kn. ak. mêlêng, mêndêng marang; kc. pindêng. II sadina [x] êngg: sadina muput; kc. indêng.
mindêr liring :
kw. tansah nyawang; kc. pindêr.
mindi :
I ut. mindoni kn. ndokoki windu ing sumur; kc. windu. II êngg. kn. gumun bangêt (lan rada mangkêl); kc. minggu.
mindring :
êngg. pc. têtuku sarana nicil, cicilan; cina [x]: cina singkèk kang padha sêsaba ing padesan motang-motangake dhuwit ut. nicilake jarit lsp; di-[x]-ake êngg. pc. diêdol sarana cicilan.
mindha :
I êngg. k. wêdhus. II kw. ngemba, niru, ngèmpêri; kc. pindha.
mindhah :
I êngg. k. 1 misah; 2 mêgat; kc. pindhah. II [x]-i êngg. k. milihi; kc. pindhah. III k. ngêlih; kc. pindhah. IV ut. [x]-an êngg. k. misan(-an). V êngg. k: milih.
mindhak :
k. mundhak; kc. undhak, indhak.
mindhik-mindhik :
kn. mlaku alon jangkahe ciyut.
mindho :
n. ngaping kalih k. 1 ngambali mênèh kang kapindho; 2 nindakake kang kapindho; sêdulur [x](-an): sêdulur tunggal êmbah buyut; [x] gawe ([x] gawèni) kn. ora mbabarpisani (kêpêksa ndandak[15] mindhoni); kc. pindho.
minêb :
kn. tumutup (tmr. lawang lsp); kc. inêb.
minêngsah :
kw. minungsuh (dimungsuh, ditêmpuh).
minihi :
kn. ak. mijèni; kc. winih.
mining-mining :
pc. katon abang (tmr. rai, mêntas kêpanasên); kc. manang-manang.
ministêr :
(W) kn. nayaka(ning praja).
minuk-minuk :
kn. katon lêmu ginum-ginuk.
minul-minul :
pc. 1 katon lêmu (nanging êmpuk); 2 wuda mblêjêt.
minule :
kw. diaji-aji; kc. mule, mulya.
minulya :
1 kw. diluhurake; 2 (kang [x]) panyêbut (sêbutan) marang wong kang apangkat luhur; kc. mulya.
minum :
1 kw. ngombe; 2 kn. ngombe inuman kêras; [x]-an: inuman kêras; kc. inum.
minungsuh :
n. minêngsah k. kw. dimungsuh, ditêmpuh.
minta :
I ut. [x]-[x] kn. nêtêpake sapira kèhe kang kudu dianggo lsp; kc. pinta. II kw: njaluk.
mintaksama :
kw. njaluk pangapura.
mintar :
kw. lunga; kc. mentar.
mintên :
k. mira; kc. pira.
mintêri :
kn. ngrekani, ngapusi; kc. pintêr.
mintip-mintip :
pc. mêtu sathithik pucuke, ungak-ungak nginjên; kc. intip.
mintuhu :
kn. ak. mituhu.
mintuna :
1 kw. ak. jodho, lanang wadon; 2 kn. mimi wadon.
mintokake, mintoni, mintonake :
nyêmantakake: kc. pinton.
mincar-mincur :
êngg. kn. ora jêjêg (lakune).
mincis-mincis :
êngg. kn. katon ayu.
mincla-mincle :
êngg. pc. mencla-mencle.
minthag-minthug :
pc. mlaku migag-migug marga kêlêmon.
minthak-minthik :
pc. tansah têka bae.
minthal-minthul :
pc. wuda (tmr. bocah wadon).
minthêl-minthêl :
pc. katon lêmu.
minthi :
kn. anak menthog; [x]-[x] pc: katon njêmbling (tmr. wêtêng).
minthug-minthug :
pc. kc. minthag-minthug.
minyak :
I êngg. pc. midak, minyak; kc. pênyak. II êngg. lênga.
minyik-minyik :
pc. 1 mlaku jangkahe ciyut (kaya lakune wong wadon); 2 lagi mêntas wiwit (lagi arêp miwiti.

--- 317 ---

ming ~ miring.

ming :
I kn. ([x] pindho, [x] têlu lsp) ngambali kang kaping pindho, têlu lsp, saambalan ping pindho, têlu lsp; kc. ming. II êngg. mung; di-[x]-ake pc: dirèmèhake. III êngg. 1 mênyang ing; 2 marang; 3 ing. IV êngg. pc. nanging.
mingak-minguk :
kn. ak. lingak-linguk; kc. inguk.
mingar-mingêr :
kn. 1 tansah mingêr; 2 pc. ora blaka; kc. ingêr, mingêr.
mingat :
kw. ndêlêng, nyawang, ngingêtake.
minge, mingi :
kn. ak. mengo.
mingêr :
kn. mengo, menggok (ora ngarêpake); kc. ingêr.
mingêt-mingêt :
kw. ndêdêlêng, ngingêtake.
minggah :
k. munggah.
minggat :
kn. lunga nggêblas; kc. inggat.
minggêl :
êngg. kn. nugêl-nugêl; kc. pinggêl.
minggêtake :
(minggêti) ati pc. nyêrikake ati; kc. pinggêt.
minggir :
kn. mênyang ing pinggir, liwat ing pinggir; [x]-an: manggon ing pinggir (kali); kc. pinggir.
minggu :
I kn. ak. mênêng bae (êmoh mangsuli), nggêglêg. II kn. 1 êngg. pc. dina Ngahad; 2 waktu pitung dina (6 dina tmr. wong nyambut gawe); kc. minggon.
minggun :
kn. ak. suminggun.
minggung :
kw. gonjing, orêg.
minggol :
êngg. pc. bènggol (2½ sèn).
minggon :
kn. 1 sabên minggu (wêtune, bayarane lsp); 2 êngg. pc. plêsir-plêsir ing dina Ngahad).
minggrang-minggring :
kn. ora cak-cêk panyêkêle, rada wêdi.
mingid-mingid :
kn. katon landhêp bangêt.
minging :
kw. ngambar awangi.
mingip-mingip :
kn. mêtu sathithik pucuke (êndhase).
mingis :
I kw. ngaton, katon (siyunge lsp). II [x]-[x] pc. landhêp bangêt.
mingit :
kn. ak. ndhêlikake kalawan prêmati; kc. pingit.
mingka :
pc. atos kaya wingka.
mingkar :
(-mingkur) kn. ak. nisihi, nyimpangi.
mingkara :
kw. nglawan, nêmpuh, mêksa; mingkarani bêbaya kw: nanggulang bêbaya.
mingkêd :
pc. mingsêt (owah saka ênggone).
mingkêg-mingkêg :
pc. mingkug-mingkug.
mingkêm :
kn. 1 tumutup cangkême; 2 pc. ora gunêman; kc. ingkêm.
mingkis :
1 kw ngêngakake, mbukak. mbiyak (lambe lsp); 3 êngg. nancutake, nancutake lan nguntir lêngênan klambi lsp; kc. wingkis.
mingklik-mingklik :
pc. 1 ana ing papan kang dhuwur; 2 ent. dhiri bangêt.
mingkug-mingkug :
kn. rêkasa lakune (ajune) marga kêlêmon.
mingkuh :
kn. ak. nêdya ngêmohi (nyingkiri) kawajiban lsp.
mingkung :
kw. êmoh, nampik.
mingkup :
kn. tumutup, ora mêgar; kc. ingkup.
mingkur :
kn. ak. nisihi, nyimpangi, ngêmohi.
mingkus :
kn. ora jêmbar (tmr. dhadha). mringkus; kc. ingkus.
mingkrang :
pc. (sikile) tumumpang ing papan kang dhuwur.
minglar :
kw. milar, mlumpat nisih.
minglêp :
kn. (mêtu) nuli mlêbu manèh; kc. mingslêp.
minguk-minguk :
kn. ak. nginguk, ngungak mlêbu; kc. inguk.
mingut-mingut :
kn. nêpsu bangêt (katon ing raine).
mingsa :
êngg. k. kêbo.
mingsêd :
kn. 1 mingsêr ngalih sathithik; 2 ent. lunga; kc. ingsêd.
mingsêg-mingsêg :
kn. nangis sênggruk-sênggruk.
mingsêl-mingsêl :
pc. katon lêmu wêwêg.
mingsêr :
kn. 1 nglasut alihan ênggon; 2 ganti ênggon (pangkat lsp); kc. ingsêr.
mingsil :
pc. misil.
mingslêp :
kn. mêncungul banjur mlêbu manèh; kc. ingslêp.
mingsra :
pc. misra.
mingsri :
êngg. pc. 1 pamêtu; 2 klèlèt.
miun :
kn. saèm. mi nanging lêmbut.
mipakat :
êngg. k. mupakat.
mipi :
I ([x] kori, [x] lawang) kn. ana ing pipining lawang (kori). II kw: ngimpi.
mipih :
kn. ak. nuthuki êmas lsp; kc. pipih.
mipik :
pc. madik, tuku sandhangan; kc. pipik.
mipil :
kn. 1 mêthili jagung; 2 êngg. mbayar, ngêsahi; kc. pipil.
mipis :
kn. nglêmbutake ing pipisan; kc. pipis.
mipit :
kn. 1 gawe lênga sarana diprès; 2 pc. nindhês; kc. pipit.
mir :
kn. ak. ([x] atine) tansah sumêlang.
mira, mirang :
n. mintên k: siji-sijine pira(-pirang).
miradati :
kn. ak: golèk srana; kc. wiradat.
mirah :
I kn. murah. II 1 kw. abang; 2 kn. intên abang.
mirak :
êngg. kn. mêgat; kc. pirak.
miranti :
n. mirantos k. pêpak ubarampene, wis sêdiya; kc. piranti.
(mirang) :
mêmirang, [x]-ake kn. gawe wirang; kc. wirang.
mirasa :
n. miraos k. 1 enak bangêt; 2 nyurasa; kc. wirasa.
mire :
kn. nisih nyimpang, nggiwar.
mirêng :
k. ngrungu, krungu; dipun[x]-i(-akên) k. dirungoni, dirungokake; kc. rungu, pirêng.
miri :
pc. kêmiri.
mirib :
kn. ngèmpêri, mèmpêr karo; kc. irib.
mirid :
kn. 1 miturut, niru; 2 ([x]sangka) miturut sangka; 3 mêthik (kêkarangan lsp); kc. pirid.
mirik :
êngg. kn. mindêng, nuju marang; kc. pirik.
miring :
kn. 1 ora methok (saka ingiringan), ora jêjêg (rada nisih); 2 mayat, ndhoyong; 3 durung têtêp (tmr. wangsulan, rêmbugan); 4 pc. rada murah (tmr. rêrêgan); 5 ([x]utake) pc. rada gêndhêng; mêmiringi [mêmi...]

--- 318 ---

miris ~ miwal.

[...ringi] ak. nênuturi ora dicêplosake; kc. iring, piring.
miris :
kn. ([x] atine) wêdi sarta sumêlang.
mirma, mirmakake :
kn. 1 wêlas marang; 2 mrayogakake murih bêcik; kc. pirma.
mirmir :
pc. nglêmir, tipis bangêt.
miru, mironi :
kn. gawe wiron; kc. wiru.
mirud :
(-kerud) kw. larud kèli, katut kabuncang, kèli.
miruda :
I kw. (êngg. k): minggat. II kw: karêp.
mirungga :
kn. 1 ak. mligi, pilah karo liyane; 2 anèh; 3 (ut. mirunggan) wuwuhan kang mligi (nyêbal saka adate).
mirut :
kn. ak. mêngkêrêd.
mirong :
kn. ak. 1 ngêmulake kampuh (jarit) ing pundhak têrus nutupi badane (ent. susah bangêt, isin bangêt); 2 ora pêsaja, nêdya mblela, ngêdoh ora gêlêm kumpul; 3 (ut. merong) ar. gambar rêrênggan, ar. gêndhing; kc. rimong.
mirowang :
kn. ak. mitulungi, ngrewangi.
mirsa :
I ki. pc. wêruh; kc. pirsa, priksa. II kn. ak: krungu, ngrungu; kc. piyarsa, miyarsa.
mis :
kurban [x], [x] suci kn. kurban suci ing agama Katolik.
misa :
êngg. k. kêbo.
misah :
kn. milah supaya ora gandhèng; kc. pisah.
misaya :
kn. 1 ak. namakake wisaya; 2 ([x] iwak) golèk iwak; kc. wisaya.
misakake :
êngg. pc. mêsakake.
misalin :
n. misantun k. ak. mènèhi pisalin (sandhangan).
misan :
(-an) kn. (sêdulur [x]) sêdulur tunggal êmbah.
misanjangi :
k. ak. mituturi; kc. pitutur.
misani :
kn. ak. ngupasi; kc. wisa.
misata :
n. misados k. êngg. lêlungan; kc. wisata.
misbah, misbyah :
(A) kn. saèm. meja ut. tumpukan watu dianggo nyaosake kurban.
misesa :
kn. ak. 1 (ut. misesani) nguwasani; 2 niksa, mêksa; kc. wisesa.
misêpuh :
k. 1 mituwa; 2 êngg. kamituwa.
misêr :
kn. ak. mlintir, muntir; kc. pisêr.
misi :
kn. babagan mêncarake agama (Katulik).
misih :
êngg. pc. isih.
misik :
kn. 1 ngandhani bab ngêlmu gaib; 2 mènèhi wangsit; 3 ak. ngingu (kewan) wiwit cilik mula; 4 ks. sanggama; kc. wisik.
misil :
pc. kauntungan, pamêtu, pituwas.
misin :
êngg. pc. mêsin.
mising :
êngg. ak. ngising.
miskin :
kw. mlarat.
misudha :
kw. ngunggahake pangkat, ngangkat; kc. wisudha.
misuh :
(-i) kn. ngucapake têmbung saru; kc. pisuh.
misuhi :
kn. mijiki ki. ngrêsiki tangan lsp. nganggo banyu; kc. wisuh.
misungsung :
(-ake) kn. mènèhake pisungsung.
misuwur :
kn. kawruhan ing akèh (kapintêrane, jênênge lsp).
misowa, misowah, miswa, miswah :
(C) kn. bngs. mihun lêmbut.
mispra :
pc. muspra.
misra :
kn. (ora [x]) (ora-) mbêjaji, (ora-) sumbut karo kangèlane.
misri :
êngg. pc. 1 pamêtu; 2 klèlèt.
mistêr :
kn. ak. mèstêr.
mit :
I [x] sèwu pc. amit sèwu. II kn. kupluk (topi) saradhadhu. III pc: wiron ikêt (kang lêmbut).
mitaya :
n. mitados, mitajêng k. pitaya marang; mitayani: kêna dipitaya; kc. pitaya.
mitambuh :
(-i) n. mitambêt(-i) k. ak. ethok-ethok ora wêruh.
mitêdah :
(-akên) k. mituduh(-ake); kc. pituduh.
mitênah :
kn. 1 mialani liyan; 2 ngala-ala; kc. pitênah.
mitêrang :
kn. ak. njaluk katêrangan; kc. pitêrang, têrang.
mitu :
(-ng) kn. siji-sijine pitu(-ng).
mituduh :
n. mitêdah k, ak: awèh pituduh marang; kc. pituduh.
mituhu :
kn. sêtya, nggugu; kc. pituhu, tuhu.
mitulungi :
kn. awèh pitulungan; kc. pitulung.
mitunani :
kn. njalari tuna; kc. pituna, tuna.
mitung-dinani :
kn. nylamêti pitung dina saka ajale.
mitungkasi :
kn. ak. mêling, mêkas; kc. pitungkas.
miturut :
kn. 1 manut, nggugu; 2 mirid saka; kc. piturut.
mituturi :
kn. awèh pitutur marang; kc. pitutur.
mituwasi :
kn. ak. mènèhi pituwas.
mitongtonake, mitontonake :
nuduhake marang wong akèh; kc. pitongton.
mitra :
kn. kanca kang rakêt; mêmitran: têtêpungan, kêkancan.
mitra-darma :
kw. mitra kang bêcik bangêt.
mitrahi :
kn. mènèhi pitrah tumrap marang; kc. pitrah.
mitraliyur :
(W) pc. bêdhil mêsin.
micak :
kn. 1 ethok-ethok picak; 2 ks. turu; kc. picak.
mical :
k. milang.
micantên :
k. 1 ak. micara; 2 ak. clathu.
micara :
1n. micantên k. ak) nggunêm bab; 2 kn. pintêr gunêman; kc. wicara.
micêk :
êngg. ks. turu; kc. picak, picêk, micak.
micik :
êngg. pc. mung tansah ngrêmbug butuhe dhewe.
micis :
kn. ak. ngukum sarana diiris; kc. picis.
mithat :
kn. milahake; [x]-i: milihi, banjur disilahake; kc. pithat.
mithês :
kn. ngênêtake nganggo driji (jêmpol); kc. pithês.
mithêt :
êngg. pc. mênêt, mèjèt; kc. pithêt.
mithing :
kc. njapit nganggo pupu (sikil); kc. pithing.
miwah :
k. muwah.
miwaha :
kw. mulyakake (mbawahi) pêngantèn, pista; kc. wiwaha.
miwal :
kn. ak. nulak, ngêmohi, nampik, nêdya uwal; kc. wiwal.

--- 319 ---

miwekani ~ mlèntèk.

miwekani :
kn. ak. mrayitnani; kc. wiweka.
miwir :
kn. njèrèng; kc. wiwir.
miwiti :
kn. wiwit nindakake, mucuki; kc. wiwit.
myang :
I êngg. mênyang. II kw. lan, karo; kc. mwang.
myat :
kw. ndêlêng; kc. miyat.
mlajar :
êngg. k. 1 mluku; 2 mlayu.
mlajêng :
k. mlayu.
mlagangake :
ak. ngenggalake gêdhene; kc. wlagang.
mlagar :
êngg. ak. ngobong alang-alang lsp; kc. wlagar.
mlaha :
pc. lêlahanan; kc. laha, wlaha.
mlaya :
kw. lunga mrana-mrana; kc. malaya.
mlayan :
êngg. kn. lumayan.
mlayu :
n. mlajêng k. 1 mlaku bantêr; 2 minggat, miruda; 3 pc. lunga njaluk tulung marang; 4 pc. kalah, kasoran; kc. layu, playu.
mlaka :
pc. kêmlaka.
mlaku :
n. mlampah k. 1 obah (napakake) sikil maju; 2 ora mandhêg (tmr. jam, mêsin lsp); 3 bisa payu (tmr. dêdagangan); 4 tumindak mubêng (tmr. dhuwit kang dilakokake); 5 (-gawe) nindakake pagawean, cêkêl gawe; 6 êngg. mênyang ing papane wong duwe gawe lsp); 7 (ut. mlakoni) ak. njaluk, kumudu-kudu; [x]-[x] pc: dolan-dolan, mlancong; [x]-[x]-a ak. kumudu-kudu; kc. laku, lakon.
mlaksana :
kw. 1 ngroda-pêksa; 2 ngukum; kc. plaksana.
mlala :
kn. ak. milala.
mlalah :
kn. ak. milalah.
mlalu, mlampu :
kn. ak. angur, aluwung; kc. pilalu.
mlana :
êngg. kn. lêlungan; kc. lêlana.
mlandakake :
n. mlandèkakên k. ak. 1 nyalin ing basa Wlanda; 2 nyewakake omah marang kabudidayan; kc. Wlanda.
mlandani :
n. mlandèni k. pambêkane kaya Wlanda.
mlandang :
I kn. ak. nêmpuh; kc. plandhang. II êngg. kn. mêngarêpi, nglurahi; kc. wlandang. III êngg. kn. sêmpulur bangêt ênggone dêdagangan lsp.
mlandêr :
êngg. ak. ngowahi, nyorèk; kc. plandêr.
mlanjêr :
kn. mêtu planjêre; kc. planjêr.
mlanji, mlandhi :
êngg. wis cumawis, rampung.
mlandhingan :
kn. kêmlandhingan.
mlantar :
éngg. kn. bênthèt.
mlantên :
kn. ak. masuhi, mutih; kc. wlantên.
mlantrah, mlantrang :
kn. ak. nglambrang; kc. plantrang.
mlancong :
kn. mlaku-mlaku, plêsir, klintong-klintong.
mlanthang :
kn. ak. mepe diglanthang; kc. planthang.
mlanthir :
êngg. kn. gawe planthir; kc. planthir.
mlanggar :
pc. nêrak, nrêjang; kc. planggaran, langgar.
mlanggêri :
kn. ak. nglarangi, nganggêr-anggêri; kc. planggêran.
mlanggrangake :
numpangake ing planggrangan; kc. planggrang.
mlangkah :
kn. mlumpat ngungkuli; kc. langkah, plangkah.
mlangkring :
kn. 1 mencok (linggih, ngadêg) ing papan kang dhuwur; 2 ngundhakake rêga (marga sing tuku katon sênêng); kc. plangkring.
mlangkruk, mlangkrong :
pc. linggih ana ing papan kang dhuwur (ing pang lsp).
milaur :
kn. ak. angur, aluwung; kc. pilaur.
mlapar :
kn. ak. lubèr (banjir).
mlapati :
kn. ak. ngilapati, nyasmitani, ngalamati.
mlara :
kn. ak. milara; kc. pilara.
mlarah :
êngg. kn. nggrayahi, nggrayangi.
mlarak :
êngg. kn. nglarak; kc. larak, kêplarak.
mlarangi :
kn. ak. tuku larang; kc. larang.
mlarat :
kn. miskin, ora dêduwèn; [x]-i: njalari mlarat.
mlasah :
kn. ak. mblasah.
mlas-asih :
([x] ayun, [x] arsa kw) kn. mêmêlas, mêsakake.
mlatah :
pc. mratah, lumrah.
mlatar :
êngg. kn. blatèr.
mlatuk :
kn. 1 nucuk; 2 nuthuk (tmr. platuking bêdhil); 3 nêgor glugu; 4 ks. sanggama; kc. platuk.
mlathi :
kn. ar. kêmbang.
mlathing :
êngg. kn. sarwa tata bêcik.
mlathit :
êngg. pc. gathekan, pintêr.
mlathok :
kn. nyigar barang atos (kayu lsp); kc. plathok.
mlawang :
kn. ak. ngêdhèng, ngêblak.
mlèhèr :
kn. mblèbèr, mblabar; kc. lèbèr.
mlèdhèh :
êngg. kn. mblêdhèh.
mlegung :
kn. lèrèn njêrum ing sangisoring wit (tmr. sapi lsp); kc. plegung.
mlegrok :
pc. mencok, andhok, manggrok.
(mleyat-)mleyot :
kn. oyag-ayig mèncèng.
mlèyèk, mlèyèt, mlèyok :
pc. pleyot.
mlèkèk :
êngg. kn. mbêlèh, nyêmbêlèh; kc. plèkèk.
mlela :
I kn. ak. katon cêtha, wela-wela. II wêsi [x]: waja irêng.
mlele, mlèlèk :
pc. 1 mlolo (matane); 2 mung mênêng bae (ora tumandang).
mlèlèh :
kn. ak. lèlèh, luluh.
mlèmbak :
kw. lembak-lembak.
mlèmbang, mlèmbar, mlèmbat :
kn. alihan ing panggonan liya; kc. lembat.
mlèmpèng :
kn. ak. mèncèng; kc. plèmpèng.
mlenang :
êngg. kn. 1 abang bangêt; 2 katon bêcik bangêt.
mlenas :
êngg. kn. mênthilas (gundhul).
mlendo :
pc. 1 ora nutugake panggarape; 2 ora tumama (marga kêthul lsp); 3 ora nêtêpi kasaguhane.
mlendhung :
êngg. ak. lèrèn ngeyub, ngaub; kc. lindhung.
mlendho :
kêndho [x] êngg. kêndho bangêt.
mlènèt :
pc. mênêt sêru, mlèpèt.
mlèntèk :
êngg. kn. têtakon (nggolèki) mrana-mrana; kc. plèntèk.

--- 320 ---

mlèntrèng - mlênthing.

mlèntrèng :
pc. mlantrang.
mlèncèng, mlencong :
pc. mèncèng, mencong.
mlenthas :
kn. gundhul kabèh; kc. plenthas.
mlenthe :
êngg. kn. laku ngiwa (tmr. wong wadon).
mlènthong :
êngg. kn. mlethot, bengkong; kc. plenthong.
mlèncèh :
kn. pêcah lan mêtu banyune (tmr. gudhig lsp).
mlèngèh :
kn. tansah ngguyu (pasêmoning praèn).
mlèngko, mlèngkong :
kn. ak. bengkong, mawa tikungan.
mlèngkrang :
kn. linggih ing kursi lsp. sikile diunggahake; kc. plèngkrang.
mlengo :
pc. 1 mengo; 2 mlongo.
mlengok :
êngg. pc. mengo.
mlengos :
kn. nolèh êmoh ngingêtake (marga ora sênêng, isin lsp); kc. plengos.
mlèpèd :
kn. ngênêtake nganggo barang kang ditangkêbake; kc. plèpèd.
mlèpès :
pc. 1 mèpèd bangêt; 2 bêcik bangêt ênggone sila (linggih); 3 andhap asor bangêt.
mlerah, mlèrèh :
kn. abang kaya gêtih.
mlere :
kn. 1 mingsêd lumèrèg; 2 mletre; kc. plere.
mlèrèd :
kn. mayat njronjong (kaya plorodan); kc. plèrèd.
mlèrèg :
kn. ak. lumèrèg; kc. lèrèg.
mlèrètan :
pc. mèrètan.
mlerok :
kn. ngingêtake nisih (tandha ora sarju); kc. plerok.
mleroni :
kn. ak. mleroki.
mlèsdrèng :
êngg. pc. katon bêcik (nyênêngake).
mlèsèd, mlèsèt :
I kn. 1 mletre; 2 mingsêt ora trêp gathuke; 3 ora nuhoni janji; 4 pc. nyimpang saka lajêr, ora pênêr; kc. plèsèd. II jaman mlèsèt pc. jaman malaisê (jaman rêkasa).
mlèsèh :
kn. ak. mblèsèh, mblasah; kc. plèsèh.
mlèstêr :
I kn. nèmplèkake plèstêr. II ut. mlèstêr, mlêstèr êngg. kn. nglapis nganggo adon-adon wêdhi karo sêmèn; kc. plèstêr, plêstèr.
mlete :
êngg. pc. mloto.
mletre :
pc. mlèsèd mêdhun.
mlètrèk :
I pc. mletre, mlotrok. II pc: katon lêlapisan (wiron lsp) tipis sarta bêcik.
mlenca :
kw. 1 wong alasan(-asor); 2 ora tuhu, ora nuhoni.
mlècèh :
êngg. kn. nglècèp (tmr. kulit).
mlècèt :
pc. mlicèt; [x] (-i) kn. 1 nglècèpi cangkok, kulit lsp; 2 pc. mblèjèti; kc. plècèt.
mlèthès :
êngg. kn. nutu (nosoh) kopi lsp; kc. plèthès.
mlèthèt :
kn. saèm. mlothot.
mlethos, mlethot :
pc. bengkong nêkuk (tmr. lading lsp); kc. methot.
mlewah, mlèwèh, mlèwèk :
kn. mênga amba, bolong amba; kc. blèwèh.
mlèwèd, mlèwèr :
êngg. kn. mbludag lubèr.
mlèbèk :
kn. ak. mili nywara plupuk-plupuk; kc. blêbêk.
mlêbêt :
k. 1 mlêbu; 2 mênjêro.
mlêbu :
n. mlêbêt k. 1 mênyang têkan) ing jêro; 2 mênyang ing pagawean, pamulangan lsp; 3 mèlu iksamên lsp; 4 mênyang (seba) ing kraton (dalême priyayi gêdhe); 5 dadi (saradhadhu, warga pakumpulan lsp); 6 ngrasuk agama; 7 kang ditampa (tmr. dhuwit); kc. lêbu, lêbon.
mlêdug :
kn. ak. mblêdug.
mlêdhag :
pc. mblêdhag.
mlêdhèh :
êngg. mblêdhèh.
mlêdhing :
kn. katon bokonge (silite); kc. plêdhing.
mlêdhit :
êngg. pc. mlêdhing.
mlêdhos :
êngg. kn. putung cêklèk (tmr. pikulan).
mlêk :
pc. plêk.
mlêkah :
kn. 1 pêcah mênga, sigar mênga; 2 ks. manak; kc. plêkah.
mlêkak-mlêkèk :
(-mlêkuk) êngg. mungkak-mungkuk (arêp mutah).
mlêkèk, mlêkok :
ks. mênga amba.
mlêkênuk :
êngg. kn. linggih tumungkul (mêmpên nyambut gawe).
mlêkuthar, mlêkothar, mlêkoto :
pc. nglênthar.
mlêlêng :
kn. ora kêdhèp-kêdhèp (tmr. mata); kc. plêlang-plélêng.
mlêlêt :
kn. ak. nggubêd, mulêt; kc. lêlêt.
mlêmbung :
kn. dadi gêdhe marga kêlêbon angin lsp, (tmr. balon lsp); kc. plêmbung.
mlêmpak :
k. mlumpuk.
mlêmpat :
êngg. mlumpat.
mlêmpêm :
kn. 1 wis ora kumripik, wis lêmês (tmr. gorèngan lsp); 2 ora bisa muni (tmr. mêrcon lsp); 3 kêndho, ora duwe daya.
mlêmpuh :
kn. mundhak gêdhe (kandêl).
mlêmpung :
kn. saèm. mlêmbung (tmr. tatu lsp).
mlêndèk :
pc. ora bisa (gêlêm) nêrusake, wis jêlèh, ora miyatani.
mlêndêr, mlêndrêng :
êngg. mlindêr.
mlêndir :
kn. mêksa akon nyambut gawe abot (akèh); kc. plêndir.
mlêndhung :
kn. saèm. mlêmbung (tmr. layar katampêk angin lsp); kc. plêndhung.
mlênèt, mlênêt :
pc: 1 mlènèt, mênêt; 2 ks. bêbanyu.
mlêni :
tani [x] pc. wêkêl bangêt (ora royal) tmr. wong lanang.
mlênik :
pc. mung sathithik bangêt.
mlênis-mlênis :
pc. mênis-mênis.
mlênuk :
pc. mêthuthuk, katon nyêmpluk gêdhe.
mlênong :
pc. saèm. mlênuk.
mlênos-mlênos :
pc. mênis-mênis (nanging barange luwih gêdhe).
mlêncat :
kn. 1 êngg. mênculat; 2 ndhewe, ora ngumpul; kc. plêncat.
mlêncing :
pc. lunga (mlayu) rikat; kc. plêncing.
mlêncung :
êngg. kn. mênculat adoh.
mlêncut :
kn. ak. mlêncat, ndhewe (ora ngumpul); [x]-i: dlêmok cung padha wiwit kuning (tmr. pari); kc. mlêncat.
mlênthi :
pc. 1 katon njêmbluk wêtênge; 2 ks. mêtêng.
mlênthing :
kn. mlênthing cilik bakal dadi gudhig lsp; kc. plênthing.

--- 321 ---

mlênthu ~ mlirit.

mlênthu :
pc. katon bundêr gêdhe.
mlênthung :
kn. saèm. mlênthing nanging luwih gêdhe; kc. plênthung.
mlênthus, mlênthos :
pc. katon bundêr gêdhe.
mlênthong :
êngg. pc. jêblog; kc. blênthong.
mlênyèk, mlênyok :
kn. êmpuk lèdrèg ngêmu banyu.
mlênyèn :
êngg. kn. mlêndèk, nglênthar.
mlêngah, mlêngèh :
pc. mlèngèh.
mlêngak, mlêngêk :
kn. ak. njêngêr kagèt (gumun bangêt).
mlêngêr :
kn. ak. sumlêngêrên, njêngêr.
mlênggong :
kn. sanalika gêla bangêt; kc. plênggong.
mlêngkêk :
êngg. kn. nêpsu (mangkêl) bangêt nanging ora dilairake.
mlêngkêr :
pc. nylêkênthung; kc. blêngkêr.
mlêngkung :
kn. awangun plêngkungan; kc. plêngkung.
mlêngok :
pc. njêngêr kagèt.
mlêpah :
I êngg. k. mlupuh; kc. plupuh. II [x]-[x] kn. njêjaluk ngasih-asih; kc. mlupuh.
mlêpêk :
I pc. mrêpêk. II [x]-i kn. ak. njalari ora bisa ambêkan; kc. kêplêpêkên. III [x] -ake ak. mblêbêkake ing banyu.
mlêpêr :
kn. ngêmu banyu (tmr. mata).
mlêpês :
pc. 1 apês, tanpa daya; 2 mblêbês (tmr. kayu lsp); 3 linggih (sila) sarwa tata (andhap asor bangêt).
mlêpuh :
pc. mlêmpuh.
mlêrak, mlêrêk :
pc. 1 surêm, ora padhang (tmr.diyan); 2 mlêruk (tmr. polatan).
mlêrêt :
pc. 1 mblêrêt; 2 ora bêning ut. ora mêncêrêng (tmr. mata); 3 mari kêndêl, kêndhak suda kaluhurane.
mlêruk :
kn. katon mrêngut, ora padhang polatane.
mlêsat :
kn. 1 mênculat adoh; 2 pc. sumingkir adoh, ngêdoh, ndhewe, akèh kacèke (bedane).
mlêsêk :
kn. amblêg, mblêsêk.
mêsit :
kn. ak. saèm. mlêsat adoh.
mlêstèr :
kn. nglapis nganggo plêstèr.
mlêtêr :
kn. 1 êngg. ak. tut-buri; 2 ngoyak(-oyak); kc. plêtêr.
mlêtik :
kn. 1 ak. mênculat, mêncolot; 2 mênculat tmr. gêni, 3 ana tutule putih (tmr. mata); kc. plêtik.
mlêtuk :
pc. katon putih kabèh sarta pating pruntus.
mlêcèk :
pc. mênga sumilak.
mlêcèt :
pc. lunga, minggat; kc. plêcèt.
mlêcing :
êngg. kn. gêmi, cêthil.
mlêcit :
kn. ngoyak, mlêtêr; kc. plêcit.
mlêcu :
I kn. cangkême mêcucu; kc. plêcu. II biru [x] êngg. biru kêcu.
mlêcuti :
kn. mlêncuti; kc. plêcut.
mlêthèk :
kn. 1 mênga pêcah kulite (tmr. woh, wiji lsp); 2 mêtu (tmr. srêngenge); 3 ak. wiwit (tmr. tanggal, sasi lsp); 4 pc. ks. lair; kc. plêthèk.
mlêthètake, mlêthêtake :
pc. mênêtake, mlèthèt.
mlêthês :
pc. 1 mlithês, nindhês; 2 mlêsêk putung (tmr. pikulan lsp); 3 ora bisa murub, mlêmpêm; 4 ora bisa laku (tmr. main, dagangan lsp); 5 mblêdhês(-ake); 6 matèni; kc. plêthês.
mlêthik :
kn. pêcah nywara mak plêthik (tmr. sêmprong lsp).
mlêthis :
pc. 1 mlêthik; 2 ana tutule putih (tmr. mata); 3 mblenjani (janji); kc. mlêthus.
mlêthus, mlêthos :
kn. 1 pêcah nywara mak plêthus (sêmprong lsp); 2 pc. matane ana tutule putih rada gêdhe (arêp dhilêng).
mlêwa-mlêwu :
êngg. kn. sarwa kêcukupan, mubra-mubru.
mliding :
kuning [x] êngg. kuning alus (kulit).
mligi :
kn. 1 ak. tulèn, ora kêcampuran apa-apa; 2 ngêmungake, ora ana liya kêjaba mung; dimligèkake ak. dilugokake, diwantahake.
mliyun :
pc. yuta.
mliyunèr :
pc. wong kang sugih bangêt.
mlikat :
êngg. kn. sêrêng, nêpsu, muring.
mlikêti :
kn. njalari plikêt; kc. plikêt.
mliklik :
êngg. kn. gêmi bangêt.
mlite :
pc. 1 ora dadi (tmr. kêbirèn); 2 asor, ora bêcik.
mlilik :
pc. ndêlêng ora kêdhèp-kêdhèp.
mlilis :
êngg. mlilit.
mlilit :
êngg. kn. 1 muntir, muntir-muntir; 2 krasa pating plilit wêtênge; kc. plilit.
mlimping :
I êngg. pc. bolong cilik bundêr. II [x]-i kn. ak: 1 ngiris (mbacoki lsp) turut pinggir; 2 nuturi sarana pasêmon, mêmiringi; kc. plimping.
mlindêr :
kn. krasa kêsêl dening dipênêt (tmr. pundhak lsp); kc. plindêr, plêndêr.
mlinjo :
kn. wit/woh so.
mlindhês :
kn. nindhês (tmr. kreta lsp); kc. plindhês.
mlindhung :
kn. ak. ngayom marang, ngungsi; kc. lindhung.
mlintir :
kn. nguntir tali, brêngos lsp; kc. plintir.
mlintu :
êngg. kn. lumintu.
mlincur :
kn. ora srêgêp, kêrêp nglowongi pagawean lsp.
mlinthas, mlinthis :
pc. gundhul plonthos.
mlinthêng :
kn. 1 nglêpasake krikil lsp. nganggo plinthêng; 2 êngg. pc. kukuh lan kêncêng (tmr. pawakan); kc. plinthêng.
mlinyah, mlinyèh :
pc. mlènyèh, nglinyam.
mlinguk :
pc. lingak-linguk.
mlingsêng :
irêng [x] pc. irêng bangêt (tmr. kulit).
mlingsi :
pc. alus gilap.
mlipid :
(i) kn. ndondomi pinggiran; kc. plipid.
mlipir :
kn. 1 mlaku turut pinggir; 2 (bisa [x]) pc. gunêman nganggo têmbung krama kang alus bangêt; kc. plipir.
mlipis :
kn. 1 ak. ngênêtake mèpèd; 2 pc. alus bêcik (tmr. wiron), sarwa bêcik (tmr. nyênyandhang); kc. plipis.
mlira :
kn. awangun kaya wlira; kc. wlira.
mlirang :
kn. ak. migunakake wlirang.
mlirid :
kn. ngênêtake nganggo driji diurut; kc. plirid.
mliring :
(-i) êngg. kn. nyimpang(-i).
mlirit :
kn. ak. mlirid.

--- 322 ---

mlisir(-i) ~ mubêr.

mlisir :
(-i) kn. ngêtrapi plisir; kc. plisir.
mlistur :
êngg. pc. mlitur; kc. plitur.
mlitur :
kn. ngêcèt nganggo plitur.
mlicat, mlicèt :
kn. thèthèl kulite (kêsiram wedang lsp).
mlithês :
pc. nindhês; kc. plithês.
mlithit :
pc. sarwa singsêt lan bêcik (ênggone mênganggo).
mliwe :
pc. mlile.
mliwis :
kn. bngs. bèbèk alasan.
mludag :
êngg. kn. mbludag.
mlujêng :
êngg. kn. mluku.
mlukèk-mlukèk, mlukok-mlukok :
êngg. pc. krasa arêp mutah (marga kêwarêgên lsp).
mluku :
kn. nggarap lêmah nganggo wluku; kc. wluku, luku.
mlulèk matane :
pc. nyawang kalawan kêpengin bangêt.
mlulu :
êngg. kn. ngêmungake, mligi.
mlumah :
kn. 1 sumèlèh raine (lumahe kang ngarêp) dumunung ing dhuwur, turon dhadhane ana ing dhuwur, kb. mêngkurêb; 2 bolongane dumunung ing dhuwur (tmr. wadhah lsp. kang disèlèhake); 3 ora mayat(-miring); 4 gampangan tmr. wêwatakan; kc. lumah.
mlumba-mlumba :
kn. nglumba-nglumba; kc. lumba.
mlumpat :
kn. mêncolot nglangkahi; kc. lumpat.
mlumpuk :
n. mlêmpak k. pc. nglumpuk, ngumpul.
mlunus :
pc. saèm. mlênos, mlunthus.
mluntir :
kn. ak. muntir, ngikal; kc. pluntir.
mlunthus :
kn. plonthos, gundhul.
mlungkêr :
kw. nylêkênthung, nêkuk ukêl.
mlungsung :
kw. misalin, mènèhi sandhangan anyar; [x]-i: ganti kulit (tmr. ula lsp); kc. wlungsung.
mlupuh :
I kn. nuthuki pring digèpèngake; kc. plupuh. II kn. ak. nriman, ora mêmpêng: [x]-[x] ak: njaluk ngasih-asih.
mlurud :
êngg. kn. mlorod.
mlusat, mlusut :
êngg. pc. mlèsèd, ora tumama (tmr. lading lsp. kang ditamakake).
mlucu, mluthus :
pc. wuda mblêjêd; kc. plucu.
mluwa :
kn. ora ditanduri (didunungi) tmr. palêmahan.
mluwèk :
kn. tatu amba.
mluwèr :
pc. kumudu mutah; kc. bluweran.
mluwêr :
êngg. kn. jêblog; kc. bluwêr.
mlobok :
êngg. mblobok; kc. blobok.
mlodong :
êngg. kn. kuning bangêt (tmr. pakulitan); kc. mliding.
mlodhok, mludhuk :
êngg. kn. thèthèl, nglènyèm.
mloyok :
pc. wis mèh rubuh tmr. omah; kc. mleyot.
mlole, mlolèk, mlolèr :
pc. nyawang ora kêdhèp-kêdhèp.
mlolo :
kn. amba mêncêrêng (tmr. mata).
mlolok, mlolong :
kn. ak. amba (tmr. mata).
mlompong :
kn. bolong têrus; kc. plompong. lompong.
mlondhan :
êngg. kn. jangkrik ênom (anak jangkrik).
mlondho :
pc. durung mêtu wulune (tmr. jangkrik, gangsir).
mlonos, mlothos :
pc. gundhul plonthos.
mlonyoh :
kn. êmpuk lèdrèg; kc. mlèntrèh.
mlongo :
kn. mênga cangkême; kc. plonga-plongo.
mlongoh :
pc. saèm. mlèngèh, mlêngèh.
mlongok :
pc. ndêdêlêng sajak gumun.
mlongop :
pc. mênga, mangap; kc. longop.
mlopor :
I pc. ajur cuwèr (tmr. utak lsp). II kn. dadi plopor; kc. plopor.
mlorod :
kn. 1 nggangsur mêdhun (saka ing wit lsp); 2 mêdhun, suda (tmr. rêrêgan, pangkat); kc. lorod, plorod.
mlorok :
kn. ndêdêlêng matane katon amba.
mlosdrong :
êngg. pc. bêcik, ayu.
mlosnong :
êngg. kn. mblêjêd.
mlosoh :
kn. êmpuk kabèh (bosok).
mlosok :
kn. ak. mlêsêk.
mloto :
pc. 1 sêmbrana, lucu; 2 sugih omong umuk-umukan.
mlotro :
êngg. kn. mlotrok.
mlotrok :
kn. mlorod mêdhun (tmr. sandhangan lsp); kc. plotrok.
mloco :
kc. mlèsèd, mlusut.
mlocoh :
êngg. pc. 1 mlocot; 2 mutah (malih warnane tmr. sêmbagi, tênunan lsp); 3 ora nuhoni janji, mblenjani.
mlocot :
kn. tèthèl kulite (marga kêsokan wedang lsp); kc. plocot.
mlothot :
pc. 1 mèjèt supaya mêtu isine (tmr. wudun, woh lsp); 2 ora sida, ora dadi tmr. rêrêmbugan, mblenjani; 3 ora klêbu èksamêne; kc. plothot.
mlowa :
êngg. kn. mulwa (buwah nona).
mlowèh, mlowoh, mlowok :
pc: katon mênga amba (tmr. bolongan lsp).
mu :
I n. nelakake pandarbe madyama-purusa, up. jaranmu. II êngg. pc. mau.
muaya, miayan :
kn. ak. (panêmu ut. panganggêp kang) lumrah ing akèh.
mualap :
(A) kn. (wong kang) martobat dadi Islam.
mualim, malim :
(A) kn. ak. panuduh dalan, juru mudhi.
mubadir :
kn. 1 tanpa guna, ora dipigunakake; 2 kapiran.
mubah :
I (A) kn. kêna dilakoni (ora mêkruh). II êngg. pc. ora ana kêdadeane, tanpa jêbul.
mubal :
kn. mundhak gêdhe sarta mumbul (tmr. gêni), padha mumbul udhêg-udhêgane (tmr. banyu lsp); kc. ubal.
mubalig :
(A) kn. wong kang mêmulang (mêncarake) agama Islam.
mubarang :
n. mukawis k. pc: samubarang.
mubêd :
kn. 1 nggubêd; 2 pintêr ngubêtake kabutuhane (pintêr golèk butuh lsp); kc. ubêd.
mubêng :
kn. 1 obah ngubêngi pusêr (indhên); 2 mlaku ngubêngi, kupêng têmpuk; 3 (ut. [x] mingêr) pc. tansah sêmaya, tansah mangsuli; kc. ubêng, kubêng.
mubêr :
kn. ak. campur kaya diudhêg.

--- 323 ---

mubyar ~ mukim.

mubyar :
kn. (murub [x]) murub ngêtokake sorot.
mublak-mublak :
pc. putih ngrêsêpake (tmr. praèn).
mubra-mubru :
pc. sarwa kêcukupan (turah-turah).
mud :
I (A) kn. ak. takêran bêras sarana tangan loro digathukake èpèk-èpèke nyêkodhong. II di-[x] ak. dimut; kc. mut.
muda :
(S) kw. ak. bungah.
mudal :
kn. mumbul tmr. wêtuning tuk; kc. udal.
mudaloh :
kn. ak. ngakoni kaluputane.
mudani :
kn. nglukari ki. nguculi sandhangane; kc. wuda.
mudangkara :
kw. êndhas.
mudaris :
(A) kn. guru (agama Islam).
mudêd :
(-saka) pc. mubêng ngganjrêt.
mudgara :
(S) kw. palu, gada.
mudul :
kn. ak. nyédul, ndudul; kc. wudul.
muja :
kn. sêmbahyang, ngabêkti; kc. puja.
mujadah :
(-i) (A) kn. mêrangi, nyandhêt (hawa nêpsu).
mujah :
kn. ak. kaos sikil(-tangan).
mujang :
kn. ak. dadi bujang (batur tukon), bêburuh; kc. bujang, wujang.
mujangga :
kn. ak. nganggit têmbang (karangan); kc. pujangga.
mujarab :
êngg. kn. mandi bangêt tmr. tamba lsp.
muji :
kn. 1 sêmbahyang, ndonga; 2 êngg.ngalêm; kc. puji.
mujijat :
kn. ak. mukjijat.
mujudi :
kn. 1 mêtha, nganani wujudi;[16] 2 mbayar (utang lsp) nganggo barang lsp; kc. wujud.
mujuh :
êngg. kn. njaluk dhuwit marang dhêmênane.
mujuk :
kw. mbujuk; kc. bujuk.
mujung :
kn. turu mlumah awake dikêmuli kabèh.
mujur :
I kn. 1 sumèlèh lsp. manut ujure, kb. malang; 2 ([x] ngalor) ks. mati; kc. ujur. II kn. njaluk ujuran; kc. ujur.
mudha :
I kw. ênom. II (S) kw. bodho.
mudha-dama :
kw. bodho lan asor.
mudhak :
êngg. pc. mbatur; kc. budhak.
mudhak-mudhêk :
kn. bola-bali tansah, ana ing sapanggonan; kc. udhêk.
mudha-pangarsa :
kn. pangarsaning pakumpulan lsp. kang kapindho.
mudhar :
kn. ak. 1 ngudhar(-i); 2 udhar; kc. udhar, wudhar.
mudhêng :
pc. mangêrti, têrang pangêrtine.
mudhi :
pc. kêmudhi.
mudhik :
kn. lêlayaran nungsung ilining banyu; kc. udhik.
mudhun :
n. mandhap k. ak. mêdhun; kc. mêdhun, udhun.
mudhokake :
njalari wudhu; kc. wudhu.
mudhoni :
kn. 1 urun (rêmbug lsp); 2 asok toh; kc. wudhu.
mufakat :
kn. mupakat.
mufangat :
kn. manpangat, munpangat.
mufti :
(A) kn. juru rêmbug babagan agama (Islam, klêbu golonganing ngulama kang luhur dhewe).
muga :
(-muga) n. mugi(-mugi) k. têmbung kanggo mratelakake pamuji (pangarêp-arêp) supaya kêlakona mangkono.
mugag :
êngg. kn. nugêl, ngêthok, nyigêg; kc. pugag.
mugag-mugêg :
kn. ora bisa maju-maju.
mugal :
êngg. kn. enggal obah; kc. mogal.
mugên :
kn. 1 mungkul (wêkêl) nyambut gawe; 2 êngg. tansah ana ing omah (ora royal).
mugês :
êngg. ak. munthês, nyurês; kc. pugês.
mugêl-mugêl, mugêt-mugêt :
kn. obah-obah jêngkêrutan (tmr. cacing lsp).
mugi :
k. muga.
mugut :
1 kn. ngêthok pucuke; 2 êngg. k. dêrêp; kc. pugut.
muha :
êngg. kn. muncul mabur (tmr. anak manuk); kc. muwa.
muhal :
êngg. kn. pulên.
muhalap :
(A) kn. ak. wong kang mêrtobat dadi Islam.
Muharam :
kn. sasi Sura.
muhun :
kw. nangis; kc. muwun.
muhung :
I kw. muwung; kc. puwung. II kw. mung.
muyab :
(-atine) êngg. ak. ora têntrêm atine.
muyar :
(-pikirane) kn. ak. bingung; kc. buyar, moyar.
muyêg :
kn. 1 wis campur têmênan ênggone ngasud (tmr. kêrtu); 2 rame sarta sarwa tata (tmr. rêrêmbugan lsp); 3 wrata bêcik (tmr. warna); kc. uyêg.
muyêngi, muyêngake :
(êngg) ki. ngêloni, ngêlokake (njalari ngêlu); kc. puyêng.
muyi, muyèn :
êngg. kn. ngêlèki bayi (njagong bayèn).
muk :
I êngg. mung. II êngg. êmpuk; kc. muk-mukan.
muka :
(S) kw. 1 rai; 2 ngarêp.
mukah :
kn. mêdhot ênggone pasa.
mukalapah :
êngg. pc. kakehan polah, ora lumrah; kc. muhalap.
mukalid :
êngg. kn. kêlulut marang.
mukara :
kw. ak. pangarêp, lêlurah.
mukarab :
(A) kn. ak. cakêt ut. kêcêdhak (ing Allah).
Mukaram :
kn. sasi Sura.
mukaranah :
êngg. kn. 1 mbênêri, pinuju, kapinujon; 2 kêbênêran.
mukawis :
k. mubarang.
mukjijat :
(A) kn. pangeram-eram (lêlakon kang nyimpang saka kodrat marga panggawening para nabi lsp. atas karsaning Allah pêrlu ginawe tandha-bukti).
mukêt :
I êngg. kn. nalèni, mbuntêl; kc. pukêt. II pc: 1 wis carub lan rumasuk (bumbune); 2 ent., mirasa; 3 bêcik lan nyênêngake (tmr. crita lsp).
mukim :
(A) kn. ak. dêdunung, manggon.

--- 324 ---

mukir ~ mulung.

mukir :
êngg. kn. selak, ora ngaku; kc. mungkir.
mukitun :
(A) kn. ak. ngêmot, nyrambahi.
mukya :
(S) kw. 1 pangarêp, lêlurah; 2 kang nomêr siji.
muklis :
(A) kn. 1 ak. suci uripe; 2 êngg. mung siji (tanpa nganggo wuwuhan apa-apa) tanpa apa-apa.
mukmin, mukminin, mukminun :
(A) kn. wong kang têmên-têmên pracaya ing Allah (tmr. Islam).
muk-mukan :
kn. grayangan ana ing pêpêtêng.
mukul :
kn. 1 êngg. nggêbug, nggitik; 2 kw. nêmpuh, nyêrang; 3 êngg. narik (pajêg lsp); 4 pc. mblithuk, ngarah bathi akèh; [x]-ake êngg: nangkarake; kc. pukul.
mukun :
êngg. kn. bngs. tuwung nganggo tutup.
mukok :
kn. mutah sathithik (marga kêwarêgên lsp).
mukrim :
(A) kn. ak. wong wadon kang isih sanak kang ora kêna diêpèk bojo.
muksa :
kw. 1 oncat luwar saka ragane; 2 ilang; 3 mati ilang saragane; kc. kamoksan.
muksab :
(A) kn. ak. ilang (sêmingkir) adoh.
muksil :
kn. ak. mung golèk kauntungan dhewe.
mukta :
kw. muksa, mati.
muktah :
kw. ak. kc. mukta.
muktamat :
(A) kn. ak. (panêmu kang) kang wis dianggêp bênêr (tmr. agama Islam); kc. mutamat.
mukti :
1 kw. ngrasakake, mangan (kc. bukti); 2 ([x] wibawa) kn. ngrasakake kasênênganing ngaurip, ora kêkurangan apa-apa; dimuktèkake: disênêngake uripe.
mula :
1 kw. asal, oyod, wiwitan; 2 n. mila k. (wiwit ... [x]) wiwit kawitan (biyèn), pancèn wis asal mangkono; 2 (ut. mulane) ak. kang dadi jalarane (wiwitane); 3 (ut. mulane) ênggone mangkono iku marga ...; 5 êngg. pancèn, dhasar iya mangkono; 6 (ut. mbok-, mêsthi-) êngg. mêsthi bae; [x]-[x] n. mila-mila k. êngg: pancène, asale.
mula-buka :
kn. wiwitan, kang dadi jalaran.
mulad-mulad :
kn. murub ngalad-alad.
mulai :
n. melai, milai k. êngg. wiwit.
mulak-mulak :
kn. obah mawalikan (tmr. ilining banyu).
mulake, mulakne, mulakna, mulakneya :
n. mila k. êngg: mulane.
mulana :
(A) kn. ak. sêsêbutane para ahli agama (Islam) kang pinunjul; kc. maolana, molana.
mulang :
(-i) I kn. ak. mrêduli marang; kc. pulang. II kn: ngajar, muruki; kc. wulang.
mulanguni :
kw. milangoni.
mulang-sarak :
êngg. kn. murang-sarak.
mular :
kw. (êngg. k): nangis.
mulas :
kn. ngêcèt, nyungging, nglapis; kc. pulas.
mulasara :
kn. micara, nggula-wênthah, nggarap; kc. pulasara.
mulat :
I êngg. kn. 1 ndêlêng ngawasake, 2 prayitna, ngati-ati; kc. ulat, wulat. II kw. intên.
mulat-tènge :
éngg. kn. kangên bangêt, kumudu kêtêmu.
(mule) :
I mêmule kn. ngurmati para lêluhur sing wis ajal sarana slamêtan lsp; dimêmule, dimulèkake ak: dimulyakake, diaji-aji (dislamêti); kc. mulya. II êngg. kn. loma.
mulèh :
êngg. pc. mulih.
mulêk :
kn. 1 ngumpul ora lunga-lunga (tmr. kêbul, ambu); 2 ak. mubêng (tmr. banyu); kc.ulêk.
mulês :
kn. 1 êngg. ak. muntir, pêpulêtan; 2 lara kaya diplintir-plintir (tmr. wêtêng); 3 (ut. [x]-[x]) ak. ngujêg ênggone njêjaluk; kc. pulês.
mulêt :
kn. 1 ak. mukêt, wis campur; 2 nggubêd; 3 ak. mbêslah; kc. pulêt, ulêt.
mulih :
I n. mantuk k. kondur ki. 1 bali mênyang (têkan) ing omah; 2 ([x] mênyang kalanggêngan) ak. mati; 3 pc. wis dibalèkake (tmr. barang silihan, utangan; 4 cocog, gathuk, kêtêmu; kc. ulih. II kn. ak. 1 pulih, bali kaya maune; 2 ak. nglilihake, nglipur; kc. pulih.
muli :
kn. muntir (nyêthot lsp) diubêngake; kc. pulir, ulir.
mulisèkake :
pc. nglapurake marang pulisi; kc. pulisi.
mulya :
I kn. ak. mari, bali kaya maune, pulih; dimulyakake ak. didandani dipulihake kaya kang mau. II kn. 1 luhur (diurmati, tanpa pangaji-aji); 2 ak. sarwa kêcukupan lan sênêng uripe; dimulyakake: diluhurake, diurmati, diaji-aji; kc. mule.
mulyawan :
(S) kw. ak. luhur (mulya) bangêt.
mulku :
(A) kn. ak. 1 kraton; 2 (Sang [x]) ratu, Sang Prabu.
mulu :
I kn. ak. rada bundêr kêplêng. II kn. ak. akèh rambute; kc. wulu. III [x]-[x] êngg. kn. walak-walak, mawa-mawa; kc. pamulu.
Mulud :
kn. 1 dina wiyosan lan sedane K.N. Mukamad, 12 Rabingulawal; 2 sasi Rabingulawal; [x]-an: 1 slamêtan ing sasi Mulud; 2 saèm. slawatan ing sasi Mulud.
muluh :
kn. nggosok nganggo wuluh; kc. wuluh.
muluk :
I kn. 1 mumbul (mabur) dhuwur ing awang-awang; 2 ent. dhuwur bangêt (tmr. panêmu lsp); kc. uluk. II kn. 1 nyêkêl sêga nalikane arêp mangan; 2 (ut. mêmuluk) êngg. sarapan; kc. puluk.
mulung :
I kn. 1 tangan sakarone ngathung (kaya arêp mèlu); 2 ak. dumadakan têka (tmr. pawèwèh); 3 (atine [x]) duwe rasa sênêng gêlêm wèwèh, miturut lsp; 4 ak. mêlung (tmr. swara); kc. ulung. II kn: 1 êngg. mbêntèli (nggèdhèngi) pari; 2 ak. ngêntas ut. nglêbokake pari kang diêpe (ut. kang mêntas diênèni); kc. pulung. III kw: njupuk, njabut, ngêpèk; kc. pulung. IV kn. ak: mêdêl ikêt lsp, mbiru; kc. wulung.

--- 325 ---

mulur ~ munting.

mulur :
kn. 1 mundhak dawa; 2 munggah marang pangadilan kang luwih dhuwur (tmr. prakara); 3 mundhak suwe (tmr. cicilan lsp); 4 ([x] nalare) pc. kanthi digagas dawa; kc. ulur.
mulus :
kn. 1 tanpa kêcampuran warna liyane (tmr. warna putih lsp); 2 ak. tanpa ciri, tanpa cacad; 3 bêcik bangêt (tmr. kalakuan lsp); rêsik (suci) atine.
mulut :
I kn. golèk manuk lsp. nganggo pulut (uga. ent.); kc. pulut. II pc. ks. cangkêm.
muloni :
kn. ak. ngrêsiki mayit sacarane wong wulu; kc. wulu.
multak :
kw. ndlêdêg mêtu (utake).
mulwa :
kn. ar. woh (buah nona).
(mum) :
di-[x](-i) pc. dinunuti dijaluki bêrkah supaya iya bisa olèh kabêgjan lsp; kc. umum, makmum.
mumah-mumuh :
êngg. mubra-mubru.
mumblug :
êngg. kn. mumbluk.
mumbluk :
kn. mumpluk putih (marga diudhêg, tmr. jladrèn lsp).
mumbuk :
êngg. kn. têtumpukan akèh bangêt.
mumbul :
kn. 1 munggah ing awang-awang; 2 ent. misuwur bangêt; [x]-[x]: mêndal-mêndal munggah, kumambang timbul; kc. umbul.
mumbra-mumbru :
êngg. mubra-mubru.
mumbruk-mumbruk :
pc. têtumpukan akèh.
mumêt :
kn. 1 êngg. ak. mubêng mênyang êndi-êndi; 2 krasa buyêr pandêlênge, ngêlu; kc. umêt.
mumuk :
kn. ak. bodho; kc. mamak.
mumur :
ajur [x] kn. ajur rêmuk babar pisan.
mumut :
kn. êmpuk bangêt (tmr. godhogan iwak lsp).
mumpal-mumpal :
kn. mumbul-mumbul tmr. banyu (banjir, wedang umob).
mumpang :
n. mimpang k êngg: mênang.
mumpang-kara :
kw. wani ndaga prentah (wani marang panggêdhe).
mumpang-mumpung :
kn. ak. tumindak nggugu karêpe dhewe.
mumpêt :
kn. ak. ndhêlik; kc. umpêt.
mumpyar :
kn. ak. mubyar sumorot (tmr. intên lsp).
mumpluk :
kn. mêtu umpluke.
mumpuni :
kw. 1 ak. ndarbèni, nguwasani; 2 pintêr ing sakèhing kawruh.
mumpung :
kn. ing nalikane isih (kêbênéran, prayoga kaanane).
munajat :
(A) kn. ak. supêkêt (bawarasa) karo Allah ing sajroning sêmbahyang.
munajim :
(A) kn. ak. ahli palintangan.
munagèni :
kn. ak. ngucapake punagi marang; kc. punagi.
munah :
kw. ngrusak, nyirnakake, matèni; kc. punah.
munakawan :
kn. ak. dadi panakawan; kc. punakawan, panakawan.
muna-muni :
pc. tansah muni (gunêman); kc. muni.
munapèk, munafèk :
(A) kn. ak. sumuci-suci (tmr. prakara agama).
munasabah :
(A) kn. ak. cocog karo.
munasika :
kn. nyikara, ngganggu gawe.
mundang :
kn. ak. ngundang; kc. undang.
mundul :
kn. ak. mêndul (tmr. tatu).
mundur :
kn. 1 mlaku mêmburi, kb. maju; 2 ki. ak. mulih; kc. undur.
mundrawa :
kw. nyêmbah.
mundri :
kw. 1 nyamat (ing kuluk); 2 pênthil; mumundri, [x]-[x] kw. barang kang pangaji bangêt (ent. kang kinasih).
munjêr :
êngg. kn. manjêr (layangan); kc. punjêr.
munji :
êngg. kn. saèm. manggul; kc. punji.
munjuk :
I êngg. kn. 1 rada munggah, mêndhuwur; 2 kurang tata krama. II ki: matur; kc. unjuk.
munjul :
kn. ak. moncol mêncungul; [x]-i n. nglangkungi k. ak. linuwih tinimbang pêpadhane; kc. punjul.
munjung :
I kn. kêbak bangêt nganti ngungkuli lambening adhah (tmr. takêran lsp). II kn. mènèhi apa-apa marang wong tuwa lsp; kc. punjung.
mundhak :
I n. mindhak k. wuwuh-wuwuh, dadi luwih akèh; 2 satêmah bakal (ing ukara kang ngêmu surasa ngelikake); kc. undhak. II kn. gocèkan pundhak; kc. pundhak.
mundhati :
kn. ngêsahi; kc. pundhat.
mundhi :
kn. 1 êngg. ngumbulake sadhuwuring êndhas (tandha ngajêni bangêt), nampa (dhawuh lsp); 2 (ut. [x]-[x]) ngajèni bangêt, ngunggul-unggulake; kc. pundhi.
mundhing :
kw. kêbo.
mundhu :
kn. ar. wit sarta woh.
mundhuk-mundhuk :
kn. mlaku mêndhak-mêndhak (tumungkul).
mundhung :
kn. kêmundhung (ar. woh).
mundhung-mundhung :
pc. têtumpukan sungsun-sungsun; kc. undhung.
mundhut :
ki. 1 njupuk; 2 njaluk; 3 ngêpèk; 4 tuku; kc. pundhut, pèk.
munêk-munêk :
kn. kumudu arêp mutah.
munfangat :
(A) kn. 1 ak. piguna, kaslamêtan; 2 (ut. [x]-i) njalari slamêt (prayoga), migunani.
muni :
I n. mungêl k. ngêtokake swara, nywara; kc. uni. II (S) kw. wong tapa, pêndhita.
munindra, muniswara, muniwara :
(S) kw. pêndhita linuwih.
munkir :
êngg . ak. mungkir.
munuh :
kw. matèni; kc. wunuh.
munpangat :
kn. kc. munfangat.
muntab :
kn. ak. mêtu brol-brolan, nêpsu bangêt; kc. untab.
munte :
êngg. kn. 1 bngs. mêrjan; 2 mutiyara; kc. mote.
muntêk :
pc. uyêk-uyêkan akèh bangêt; kc. untêk.
muntêl :
pc. 1 untêl-untêlan; 2 ora mêtu-mêtu; 3 njintêl (turu); kc. untêl.
muntiyara :
êngg. kn. mutiyara.
munting :
kn. 1 cilik aringkih (kuru bangêt); 2 êngg. ora akèh wohe.

--- 326 ---

muntir ~ mungsing.

muntir :
kn. 1 nguntir; 2 nggubêd pêpulêtan; 3 pc. êmoh tumandang; kc. untir, puntir.
muntlap-muntlup :
pc. mlêbu-mêtu.
muntu :
kn. ak. 1 mlintir (bolah lsp); 2 ngênam bolah lsp. digawe sabuk lsp; 3 têmênan ênggone nggagas; kc. puntu.
muntup-muntup :
kn. mêtu (mêncungul) êndhase ut. pucuke; kc. untup.
muncang :
I kn. ak. nginang. II kw. mbuncang.
muncar :
kn. gumêbyar, sumorot.
munci :
êngg. ak. gundhik (sêlir).
muncla-muncla :
pc. saya kurang ajar.
muncu :
kn. 1 (ut. [x]-[x]) kêbak bangêt nganti munggul; 2 pc. mantêp (umuk) bangêt; kc. puncu.
muncul :
kbn. ngaton, mêtu, mabur saka susuhe (tmr. anak manuk); kc. uncul.
muncung, moncong :
êngg. ks. cangkêm, congor.
muncrat :
kn. mêncurat (tmr. banyu lsp); kc. uncrat.
muntha :
pc. motha.
munthil-munthil :
pc. bundhêlan cilik kêncêng.
munthu :
êngg. kn. ulêg-ulêg.
munthuk :
kn. 1 (ut. [x]-[x] awangun kaya punthuk; 2 mumpluk, mêtu unthuke; kc. unthuk, punthuk.
munthul :
êngg. kn. kêtela (pêndhêm).
munya :
kw. muni.
munyak-munyuk :
pc. tansah têka.
munyal-munyal :
pc. saya ndadra ndhugale.
munyêng :
kn. ak. mubêng-mubêng mênyang êndi-êndi.
munyik :
êngg. kn. mèsêm.
munyuk :
I kn. kêthèk (cilik). II [x]-[x] pc. têka (mara) alon-alonan.
mung :
I n. namung k. ora ana liyane, mligi. II pc. pêpindhan swaraning bêndhe.
mungayan :
kn. ak. muayan.
mungal :
kn. ak. 1 maju mêtu (tmr. dhadha); 2 mêtu gêdhe urube (tmr. sumbu diyan); 3 ak. muni, nywara.
mungal-mungil :
pc. gojag-gajêg.
mungêl :
k. muni.
mungêr-mungêr :
pc. nêpsu bangêt.
munggah :
n. minggah k. 1 mênyang ing dhuwur, mêndhuwur; 2 dadi luwih dhuwur pangkate; kc. unggah.
munggah kaji :
n. minggah kaji k. 1 jiyarah mênyang ing Mêkah (dadi kaji); 2 êngg. ningkahan mênyang pangulon.
munggah papahan :
kn. ak. ngêpèk bojo bakyune bojo kang dipêgat ut. kang mati.
munggal :
kn. ak. munggêl.
munggang :
kn. ar. gamêlan.
munggèng, mingging, munggwing :
kw. ana ing.
munggêl :
kn. 1 ngêthok pucuke; 2 mêdhot gunêm; kc. punggêl.
munggês :
êngg. ngêthok, nyoklèk; kc. punggês.
mungguh :
I kn. 1 manggon, dumunung; 2 mapan, wis prênah bangêt; 3 pc. pantês bangêt, patut. II n. mênggah k. (ut. [x]-a) yèn tumrap ing (kowe, aku lsp), ing saupama; mungguhane pc. upama, andhene.
munggul :
kw. mêncungul dhuwur; kc. unggul.
munggur :
I kn. ak. katon dhuwur, dumunung ing dhuwur; kc. mênggêr. II êngg. kn. ngêthok; kc. punggur. III kn. ar. wit.
munggut :
kn. mêtu mêncungul (tmr. iwak loh).
mungil :
kn. ak. nyongat mêncungul sathithik; kc. mungal-mungil.
mungkab :
kn. ak. mênga mêngkab (tmr. tutup lsp); kc. ungkab.
mungkad :
kn. padha obah lunga saka ing wêtêng (tmr. cacing, ent. nêpsu manèh); kc. ungkad.
mungkal :
kn. ak. ngasah ing wungkal; [x] gêrang: kaya wungkal gêrang (lêgok tmr. pipi); kc. ungkal, wungkal.
mungkar :
I kn. 1 ak. njênggar, mundhak akèh (tmr. barang darbe lsp); 2 êngg. wis omah-omah dhewe (tmr. anak kang diomah-omahake); 3 ([x] atine) mantêp bangêt. II (A) kn. ak. ora prayoga, ala.
mungkasi :
kn. ngrampungi; kc. pungkas(-an).
mungkir :
(A) kn. selak, ora ngakoni; [x]-i: nyelaki.
mungkug-mungkug :
pc. wêtênge krasa ora kêpenak kumudu mutah.
mungkuk :
kn. mbungkuk, wungkuk.
mungkul :
kn. tumêmên ênggone nyambut gawe, ora royal.
mungkur :
kn. 1 mingêr ora marêp; 2 ora madhêp; 3 n. mêngkêr k. wis liwat (-mangkat); [x] gangsir pc. wis êmoh cawe-cawe, ora ngrêmbug babar pisan; kc. ungkur, pungkur.
mungkus :
kn. mbuntêl nganggo godhong lsp; kc. wungkus.
mungkok :
pc. mukok.
mungkrêd :
kn. dadi cêndhak, suda dawane, kb. mulur; kc. ungkrêd, mêngkêrêd.
mungkruk :
pc. 1 mêthuthuk, munthuk; 2 gêgêre ndhêgèg; 3 ([x] atine) mantêb lan bungah; kc. pungkruk.
mungu :
ki. nggugah; kc. wungu.
mungup :
kn. katon ut. mêtu pucuke (êndhase); kc, ungup.
mungur-mungur :
kn. 1 katon abang raine (marga lara panas lsp); 2 pc. muring bangêt.
mungut :
I êngg. kn. narik (-pajêg lsp); kc. pungut. II [x]-[x] kn. ak. katon sêrêng (nêpsu bangêt) polatane.
mungsahibat :
(A) kn. ak. prakara kang isih pêtêng (mbingungake).
mungsêng :
kn. ak. (nggêgolèki) mênyang ing êndi-êndi; kc. pungsêng.
mungsêr, mungsrêt :
kn. mubêng ngganjrêt.
mungsig :
pc. musik (gamêlan Eropah).
mungsing :
êngg. kn. ar. iwak sêgara (bngs. iwak cucut).

--- 327 ---

mungsir ~ murong.

mungsir :
kw. nundhung, ngoyak; kc. usir.
mungsuh :
n. mêngsah k. 1 kang dadi lêlawaning pasulayan (kêrêngan, pêrang, main lsp); 2 nglawan, mêrangi, nandhingi; di-[x]-i: dilawan, ditandhingi, dipêrangi.
mungsra-mungsru :
kn. ak. bêngak-bêngok sarta muring.
mupadrawa :
kw. ngukum; kc. upadrawa.
mupak :
êngg. kn. gapuk (tmr. kayu); [x]-i: nyêthil untu; kc. pupak.
mupakara :
kw. ngupakara; kc. upakara.
mupakat :
(A) kn. 1 pc. cocog karo; 2 rujuk, tunggal panêmu; 3 pc. panêmu; 4. êngg. pakumpulan desa; di-[x]-i: dirujuki, disayogyani; di-[x]-ake: 1 disêmantakake; 2 dirujukake; [x]-an ak: rêrêmbugan.
mupangat :
pc. munpangat.
mupu :
kn. 1 njupuk, ngêpèk (-anak); 2 êngg. narik (beya, pajêg lsp); 3 êngg. mêthik; kc. pupu.
mupug :
I êngg. ak. ngêthok pucuke; kc. pupug. II [x]-i kw: mumpuni, pintêr bangêt.
mupuh :
I kn. ak. nggêbug; kc. pupuh. II [x]-ake ak: nètèsake ing mata: kc. pupuh.
mupuki :
kn. ndèkèki pupuk; kc. pupuk.
mupulake :
kw. ngumpulake, nglumpukake; kc. pupul.
mupung :
éngg. kn. mumpung.
mupur :
I êngg. kn. mipili jagung; kc. pupur. II [x]-i kn. nasiki ki. ngusari nganggo pupur; kc. pupur.
mupus :
I kn. ngurut jala; kc. pupus. II kn. nrima marang kaanane lêlakone; kc. pupus.
muput :
kn. kêmput, ngêntèk; sadina [x]: sadina dhêg; kc. puput.
mupruk :
pc. mêthuthuk akèh.
mur :
I kn. mênyan Arab (kang digawe blêndok). II kn. ak: bakal kang disulam ing bênang mas (sok digawe kuluk). III 1 mabur; 2 lunga, ilang.
mura :
kw. lunga, ilang.
murad :
(A) kn. têgês, maksud; di-[x]-i: ditêgêsi, ditêrangake.
muragili :
kn. ak. dadi wuragil.
murah :
n. mirah k. 1 ora larang (tmr. rêrêgan); 2 akèh bangêt, up. [x] banyu; 3 loma wêlasan (tmr. Gusti Allah); di-[x]-i: diwènèhi murah.
murak :
kn. mothèng-mothèng rajakaya lsp, kang mati; kc. purak.
murakabi :
éngg. kn. migunani, maedahi.
murang :
I êngg. kn. ngarang (rontog godhonge). II êngg. ak: nyimpang, ora manut (kêlumrah dianggo ent).
murang-kara :
kw. ndaga marang prentah.
murang-krama :
(-tata) kn. ak. ora nganggo tata-krama (dêksura).
murang-marga :
kw. nyimpang saka dalan kang bênêr (ora miturut pranatan).
murang-sarak :
kn. ak. (nyimpang anggêr-anggêr) ora manut marang pitutur bêcik; kurang ajar.
murat :
I êngg. kn. êntèk babar pisan; kc. rat. II kn: wêwadi (planangan, pawadonan).
murba :
kw. ngêrèhake, nguwasani; Kang Murba: Kang nitahake sakabèhe (Gusti Allah); kc. purba.
murba-wisesa :
kw. mêngkoni lan nguwasani; Kang Murba-wisesa: Kang Mahakuwasa (Gusti Allah).
murda, murdaka :
(S) kw. êndhas, pangarêp; dimurdani kw: diwiwit,[17] didhisiki; aksara murda: aksara gêdhe.
murdaging :
kn. ar. bumbon crakèn.
murdrah :
kn. sêsorah; kc. purdrah.
murêng :
kn. 1 mêngangah ing jêro (ing jaba kaya mati tmr. gêni); 2 ngigit-igit, katon muring; kc. urêng.
murga :
êngg. ak. nganakake (gawe) manèh kang luwih bêcik sênadyana ing kono wis ana; murgan ak: 1 ora nganggo wuwuhan apa-apa; 2 mirunggan; kc. mruga, mirungga.
(muri) :
mêmuri kw. mêmêtri, nglêluri; kc. wuri.
murid :
(A) kn. wong (bocah) kang diwulang (mêguru).
murih :
kn. 1 njangka marang; 2 ngarah; 3 akon supaya; 4 supaya; kc. purih.
muriki :
kn. ak. lunga purik: kc. purik.
murina :
kn. ak. mèlu muring (ngrewangi) dening kancane (sanak sêdulure) dipialani ing liyan; kc. mrina.
muring :
I kn. nêpsu bangêt; kc. uring. II kn: bngs. mrutu.
muringring, muriring :
kw. ndhrêdhêg, giris.
muris :
kw. mlayu marga wêdi (isin).
murit :
êngg. ak. ali-ali.
muryani :
kw. 1 nyawang; 2 mbênêrake, nata; kc. wurya, kawuryan.
murka :
1 kw. bodho, gêndhêng; 2 (angkara [x]) kn. bodho, gêndhêng; 2 (angkara [x]) kn. ora nrima ing pandum, kumudu ndhèwèki; 3 êngg. ak. mèlikan, cêthil.
murni :
kn. tulèn, tanpa campuran apa-apa, rêsik.
murub :
kn. 1 mubyar mêtu gênine; 2 ([x] atine) pc. nêpsu, panas atine; 3 [x] jarake) pc. sêmpulur gampang ênggone ngupaboga; kc. urub.
murud :
kw. 1 mundur, sumingkir saka; 2 lunga, mangkat; 3 mati.
murugi :
k. marani; kc. paran.
muruh :
kn. mêtu umpluke (tmr. cangkêm); kc. muruh, uruh.
muruhita :
kw. mêguru; kc. puruhita.
muruk :
(-i) kn. ngajar, mulang; kc. wuruk.
(murun) :
mêmurun k. mêmani; kc. wani, purun.
(murung) :
mêmurung ak. [x]-ake: njalari wurung; kc. wurung.
murus :
kn. bêbanyu mangsur; kc. urus.
muroni :
ki. ngêndêmi; kc. wuru.
murong :
êngg. kn. (upêt [x]) upêt murêng.

--- 328 ---

mursal ~ mucak.

mursal :
kn. nglakoni patrap kang ora bêcik (ala kalakuane).
mursid :
kn. utama uripe (suci).
mursita, murcita :
kw. gunêman, kandha, nyritakake; mursitani kw. mulang; kc. wursita.
murta :
kw. ilang.
murtad :
(A) kn. selak marang agamane (mari nglakoni agama).
murti :
kw. awak, pawakan, cs. 8.
murca :
(S) kw. 1 klêngêr, sumaput; 2 ilang, oncat.
murcat :
(S) kw. ilang, mati.
murcita :
I kw. klêngêr, sumaput. II kw: gunêman, kandha; kc. mursita.
murwakala :
kn. wayangan dianggo srana nulak kacilakan kang bakal tumiba (marang bocah mêcahake pipisan lsp).
murwani :
kw. miwiti, ngadani; kc. purwa.
murwat :
kn. (pangajine-) timbang karo kaanane; di-[x]: dikira-kira pangajine, ditêpsir; 2 ditimbang karo kaanane; [x]-an: têksiran, pangira-ira rêgane.
musabiyat :
(A) kn. ak. ora cêtha (aksara loro panulise mèh padha).
musalir, musapir :
(A) kn. 1 ak. wong lêlungan, lêlungan, lêlana; 2 êngg. wong ngêmis, ngêmis (kanggo kautaman).
musakaf, musakap :
(A) kn. ak. kitab (kuran).
musakakake, musakani :
kn. ningali, mènèhi pusaka; kc. pusaka.
musakat :
(A) kn. mlarat, kacingkrangan.
musala :
(S) kw. gada, pênthung.
musama :
(A) kn. ak. karam, kaanane kang lugu.
musanif, musanip :
(A) kn. ak. pangarang, pujangga.
musapir :
kn. kc. musafir.
musara, musarani :
kw. nalèni, mbanda; kc. pusara.
musarakat :
kn. ak. masarakat.
musawarat :
(A) kn. ak. rêmbug; di-[x]-ake ak. dijalukake rêmbuge wong akèh; [x]-an ak: srasehan ut. rêrêmbugan prakara agama.
musêng :
kn. ak. mungsêng; kc. pusêng.
musêr :
kn. ak. mungsêr; kc. pusêr.
musi, mosi :
kn. kênthêling rêmbug (ing pakumpulan).
musibat :
(A) kn. wêwêlak, sot.
musig, musik :
(W) kn. bngs. gamêlan Eropah.
musika :
(S) kw. tikus.
musikan :
(A) kn. wêwarahe pangulu nalikane ngijabake.
Muslim, Muslimin :
(A) kn. wong Islam.
muslim, muslin :
kn. lawon putih.
musna :
kw. ilang tanpa lari.
musuh :
kn. ak. mungsuh.
musus :
kn. 1 mênyêt nggosokake tangan; 2 kw. mubêng (tmr. lesus, angin); [x]-i: ngumbah bêras; kc. pusus.
muspra :
kn. tanpa tanja.
musrik :
(A) kn. wong kang nêmbah brahala, wong kapir.
mustachil, mustakil :
(A) kn. ak. mokal, nglêngkara.
mustajab, mustijab :
(A) kn. 1 ak. kaidèn (kalêksanan) panuwune; 2 mandi bangêt (tmr. tamba lsp); sêkti.
mustajilah :
pc. mutajilah.
mustail :
êngg. mokal, nglêngkara.
mustaka :
kw. pucuk, êndhas; kc. mastaka.
mustapa :
(A) kn. ak. kang pinilih.
musthi :
I kw. nyêkêl (gêgaman lsp); kc. pusthi). II 1 kw. ngèsthi, mindêng, mêlêng; 2 êngg. pc. mêsthi; kc. pusthi, mêsthi.
musthika :
I kn. bngs. watu kang ngêtokake kaluwihan; 2 kw. intên, kang bêcik dhewe. II kw: tikus.
Musthikaning kidung :
kn.: ar. kidungan ing Kitab Suci Prajanjian lawas (anggitane Nabi Suleman).
(mut) :
di-[x] kn. diingkêmi ing cangkêm.
muta :
kn. ak. micak; kc. wuta.
mutabar :
kn. ak. sumêbar (kawruhan) ing akèh.
mutajilah :
(A) kn. ak. nyimpang (nyêbal, nasar) saka wêwaton kang bênêr (tmr. agama Islam).
mutah :
1 (n. nuntak k. luntak ki) bali mêtu saka ing cangkêm; 2 ks. walèh, blaka; 3 luntur (tmr. sêmbagi lsp); lara [x] ngising: lara kolerah; kc. wutah, utah.
mutamat :
I (A) kn. ak. kang wis dianggêp bênêr (tmr. panêmu Islam). II kn. ak: waskitha, wis tamat (ngêntèk).
mutasawur :
kn. ak. jumbuh, cawuh.
mutatuli :
kn. ak. ora pêrduli apa-apa (nekad bangêt).
mutawatir :
n. mutawatos k. 1 ak. kuwatir, sumêlang; 2 (ut. [x]-i) nyumêlangi, mbêbayani.
mutèh :
êngg. pc. mutih.
mutèhi :
êngg. pc. motèhi.
mutêr :
kn. 1 ngubêngake; 2 ngêlih (tanduran lsp); 3 br. ngêrèhake; kc. putêr.
mutih :
n. mêthak k. 1 ngêthèl, nggawe supaya putih (sandhangan lsp), nggilapake (gêgaman lsp); 2 ak. nglakoni mung mangan sêga thok; kc. putih.
mutihan :
n. mêthakan k. ak. 1 (wong [x]) santri; 2 pasantrèn; kc. putih.
mutiyara :
kn. jêndhêlan ing kuliting kima kang njêro dianggo mata ali-ali lsp.
mutik :
êngg. kn. ([x] atine) sêrik, lara atine.
mutlak :
(A) kn. 1 nyrambahi, umum, babar pisan; 2 kabèh, tanpa ana liyane.
mutmainah :
(A) kn. sarèh lan têntrêm (tmr. suksma).
mutuhake :
n. mêtahakên K nggawe wutuh; kc. wutuh.
mutung :
kn. 1 (ut. [x]-ake) nyoklèk; 2 banjur êmoh lêlawanan (rêrêmbugan lsp) manèh; kc. putung.
mutus :
kn. nêtêpake, mancasi; kc. putus.
mutra :
kw. uyuh; kc. putra.
mutrakake :
ki. ak. nganakake, nglairake; kc. putra.
mutrèni :
kn. ak. kaya putri.
mutyara :
kw. mutiyara.
mucak :
kn. ak. têkan ing pucak.

--- 329 ---

mucal ~ moyang.

mucal :
êngg. k. mulang; kc. wulang.
mucang :
I êngg. k. nginang. II kn. ak. kaya wit pucang.
mucap :
kw. gunêman, clathu; kc. ucap.
mucicil :
kn. ak. mêcicil.
mucuk :
kn. 1 têkan ing pucuk; 2 ([x] bung, [x] ri) kaya pucuking bung, êri; kc. pucuk.
mucuki :
kn. ak. miwiti; kc. pucuk.
mucu-mucu :
pc. muncu-muncu.
mucung :
kn. ak. nêmbang (ngarang) pucung.
muthakil :
kn. ak. sugih reka ala; kc. mêthakil.
muthêk :
êngg. kn. bngs. arit cilik.
muthu :
kn. ulêg-ulêg, munthu.
muthun-muthun :
kn. ak. nguthun-uthun; kc. uthun, puthun.
muwa :
êngg. kn. muncul mabur; [x]-[x] êngg. pc: rèwèl, beka.
muwah :
n. miwah k. ak. 1 lan, tur, karo manèh; 2 kw. manèh.
muwah-muwuh :
pc. mubra-mubru; kc. muwuh.
muwak-muwak :
pc. suwèk amba bangêt.
muwal :
êngg. kn. mêmêl, êmpuk.
muwang :
kw. ak. lan; kc. mwang, myang.
muwapakat :
(A) kn. ak. mupakat.
muwara :
kn. sungapaning kali ing sêgara.
muwaril :
kn. ak. alangan, larangan; kc. waril.
muwasani :
n. nyiyami k. ak. pasa mungguh ing; kc. puwasa.
muwêl :
kn. 1 uwêl-uwêlan dadi siji; 2 untêl-untêlan; kc. uwêl.
muwêng :
I kn. ak. jêro bangêt (tmr. luwêng, sumur lsp). II kn. ak. mubêng; kc. buwêng.
muwêr :
kn. ak. 1 mubêng ngganjrêt; 2 mungsêng.
muwuhi :
n. mêwahi k. ngundhaki; kc. wuwuh.
muwun :
ki. nangis.
muwung :
I kn. 1 ngêtrap wuwung ing wuwungan omah; 2 nyirami êndhas (nalikane adus lsp); kc. wuwung. II kn: nrimakake saanane; kc. puwung.
muwur :
kn. ak. nyawurake, nyêbarake; kc. uwur, wuwur.
muwus :
kw. clathu, gunêman; kc. wuwus.
moal :
êngg. kn. mokal.
mobah :
I ([x] mosik) kn. ak. obah. II êngg. kn: mubah.
mobal-mabul :
pc. mabul-mabul.
mobat-mabit :
kn. obah sumiyut ngiwa nêngên; kc. obat-abit.
mobèt, mobit :
pc. kobèt.
mobyar, mobyor :
kn. ak. mubyar, mumpyar.
moblong :
(-moblong) pc. katon bundêr putih (ayu, tmr. praèn).
mobol-mobol, mobrol-mobrol :
pc. padha mêtu isine (ususe lsp).
mobrak-mabrik :
pc. rusak ora karuwan; kc. obrak-abrik.
mobrat-mabrut, mobrot-mobrot :
pc. saèm. mobol-mobol.
(mod) :
di-[x] êngg. dimut; kc. mut.
modang :
kn. ar. bathikan (ikêt, kêmbên).
modar, modir :
ks. mati.
modin :
(A) kn. 1 tukang adan, punggawa mêsjid; 2 êngg. kaum, lêbe.
modod :
kn. mêtu mundhak dawa; kc. odod.
modo-modo :
êngg. modod.
mojah :
kn. kaos sikil(-tangan).
mojar :
kn. 1 ak. kandha, gunêman; 2 êngg. rêrêmbugan karo, sêmayan karo; kc. pojar, ujar.
mojèd, mojid :
êngg. ks. mati.
mojèl :
êngg. kn. mogèl, obah.
mojok :
kn. mênyang ing pojok; [x]-i: nggarap ing pojok; kc. pojok.
modhal :
êngg. kn. pawitan.
modhal-madhil :
pc. padha dhèdhèl (lolos); kc. odhal-adhil.
modhal-madhul :
pc. madhul-madhul.
modhèl :
(W) kn. 1 cithakan, wangunan; 2 conto; 3 cara anyar (kang durung ana), gagrag anyar; 4 pc. nganèh-anèhi.
modhèrên :
pc. miturut gagrag anyar.
modho :
pc. modhèl; wis [x]-ne êngg. pc. wis kêlumrah.
modhol-modhol :
pc. padha bodhol mêtu.
moèl :
êngg. kn. ala.
moèli :
êngg. nyopoti; kc. poèl.
moga :
I êngg. kn. ak. ada, panêmu anyar. II kw ora bisa kliru(-kaluputan). III êngg. ak. ora sida, wurung. IV kn: sabuk kang dianggo kampuhan. V kw: 1 dumadakan; 2 tumuli; 3 mula, mulane, awit dening; 4 kaya, upama.
mogak-magik :
kn. ak. ora kukuh arêp copot; kc. ogak-agik.
mogal :
êngg. kn. obah.
mogat :
êngg. kn. duwe niyat.
mogèl :
kn. obah pucuke (tmr. buntut lsp); [x] kul pc: ora obah babar pisan.
moglak-maglik :
pc. mogak-magik.
moglèng-moglèng :
pc. katon nyongat (tmr. panganggoning kêris); kc. oglèng.
mogok :
kn. 1 ora gêlêm mlaku (tmr. sapi lsp); 2 ora manut prentah; 3 êmoh nyambut gawe (tmr. kaum buruh); [x]-[x] pc: linggih lsp. mênêng bae; kc. pogok.
mogol :
kn. 1 satêngah matêng (tmr. tela lsp. kang digodhog); 2 pc. durung dadi (tmr. rêrêmbugan lsp); 3 pc. durung putus kawruhe lsp.
mograg-magrêg :
pc. kêrêp mandhêg, ora maju-maju, gojag-gajêg.
moh :
I pc. êmoh. II di-[x]-ake ak: disuwèkake; kc. amoh.
mohal :
êngg. kn. mokal.
mohèl :
êngg. kn . ala.
mohita :
(S) kw. susah, judhêg, bingung.
moyag-mayig :
kn. ak. tansah arêp rubuh; kc. oyag-ayig.
moyag-mayug :
kn. ak. arêp rubuh mêngarêp; kc. mayug.
moyang :
kn. ak. 1 lunga, lêlungan; 2 ora jênjêm, ora têtêp pikire; kc. uyang, poyang, kakèk.

--- 330 ---

moyang-mayêng(-mayong) ~ monopoli.

moyang-mayêng(-mayong) :
pc. tansah lunga alihan.
moyar :
kn. ak. ([x] pikirane) tansah kuwur (ora jênjêm).
moyoki :
kn. nacad, ngunèkake ala marang; kc. poyok.
mokahake :
agawe pokah.
mok :
I êngg. pc. ko- II di-[x]-[x] pc: didêmok-dêmok.
mokal :
(A) kn. 1 ora ana têmênan, nglêngkara, ora bisa kêlakon; 2 ora kêtêmu ing nalar; di-[x]-ake: dianggêp mokal.
mokèl :
êngg. kn. 1 mukah (mêdhot ênggone pasa); 2 isih têngah-têngah, durung samêsthine: kc. mothèl.
mokelapah :
(A) kn. ak. tumindak kang nganèh-anèhi (ora jujur).
mokla :
êngg. kn. gêtih.
moklak-maklik :
pc. oklak-aklik.
moklèk :
kn. ak. nyoklèk, mutung; kc. poklèk.
moklis :
kn. ak. muklis.
mokoki :
kn. 1 mawiti; 2 mbakoni; kc. pokok.
moksa :
(S) kw. ilang, kc. muksa.
moksèl, moksil :
kn. ak. mung ngolèhake awake dhewe (nistha, asor).
mokta, moktah :
(S) kw. ilang, mati.
mokcung :
pc. dlêmok cung.
mol :
mak [x] pc. mak cêmol; di-[x] pc: dicêmol-cêmol.
mola :
kn. niru, nyonto; kc. pola.
molah :
kn. 1 obah, polah; 2 êngg. mêgawe (ing sawah); kc. polah.
molah-malih :
kn. kêrêp malih, gonta-ganti; kc. malih.
molai :
n. melai k. êngg. wiwit.
molak-malik :
kn. tansah malik; kc. walik, malik.
molana :
kn. kc. maolana, mulana.
molang :
êngg. kn. bakul raja-kaya.
molar-malir :
kn. ak. mondar-mandir (tmr. mata).
mole :
(-mole) pc. modod dawa; kc. molèr.
molèk :
I êngg. kn. klisikan (ing nalikane turu). II ut. molik êngg. pc: bêcik.
molèr :
kn. modod dawa, ndlolèr.
molih :
kw. olèh.
molu(ng) :
kn. siji-sijine wolu(ng).
molo :
I kn. 1 balungan omah kang dumunung ing dhuwur dhewe mujur katumpangan wuwungan; 2 (cacah [x]) omah (yèn dianggo wilangan). II [x]-[x] êngg. kn: mêndolo mêtu.
molog :
pc. bulug; [x] atine pc: mantêp lan bungah.
molor :
pc. mêtu ndlèwèr (tmr. umbêl lsp).
momah-mumuh :
êngg. mubra-mubru.
mombak :
kw. ngombak; kc. ombak.
momohan :
kn. gombalan kang wis amoh; kc. amoh.
momok :
I kn. ar. mêmêdi dianggo mêdèni bocah cilik. II di-[x](-i) kn. ak: dipopok ing; kc. bobok, popok.
momol :
kn. 1 mêmêr (tmr. daging); 2 êngg. wit jagung lsp. dianggo pakan rajakaya.
momong :
kn. njaga (ngulat-ulatake) lan nyênyênêng bocah; [x] sarira ([x] salira) ak: 1 ngopèni awak; 2 durung (ora) omah-omah (tmr. wong wadon); [x]-an: bocah kang diêmong; kaparingan [x]-an: 1 olèh triman putri; 2 duwe anak (pinaringan anak); kc. mong.
momor :
(-an) kn. amor karo, srawungan karo; di-[x]-i: pc. dicampuri; [x]-an: campuran; kc. amor, wor.
momor sambu :
kn. ak. mèlu nggrubyug sarana nyamur laku.
momot :
kn. 1 bisa amot akèh; 2 ngêmot (isi) barang-barang lsp. (tmr. grobag, prau lsp); 3 ent. bisa mangêrti, akèh panêmune, ora nêpson, bisa simpên wadi; di-[x]-i: diisèni barang-barang (tmr.prau, grobag lsp); [x]-an: 1 barang-barang kang dimot; 2 kang dianggo momot barang-barang, up. jaran [x]-an; kc. amot, mot.
mompa :
kn. ngisèni (nawu lsp) nganggo pompa.
mompyor :
kn. gumêbyar (tmr. mas intên, panganggo).
momplah, momplong :
êngg. kn. padha amoh pating cromplong (tmr. sandhangan).
momplok-momplok :
I pc. padha amoh pating cromplong (sandhangan). II pc: êmpuk mumpuh-mumpuh.
mon :
kw. yèn; kc. lamun, mon-mor.
mona :
(S) kw. mênêng, mbisu.
monabrata :
(S) kw. ak. tapa mbisu.
mondar-mandir :
kn. obah-obah ora tajêm (tmr. mata).
mondrèng, mondring :
êngg. kn. tlèdhèk.
monjo :
êngg. luwih tinimbang pêpadhane; kc. onjo.
mondhah :
êngg. kn. mothah, rèwèl.
mondhoh :
kn. nyoblos (mbolong) godhoh kuping; kc. pondhoh.
mondhok :
I kn. ak. mbuntêl (nganggo godhong, klika lsp); kc. pondhok. II kn: 1 nginêp ing; 2 nunut manggon; 3 êngg. lunga ngaji (sinau) mênyang pondhok (pasantrèn); 4 êngg. ak: têtumpukan akèh bangêt; [x]-an pc: panginêpan; kc. pondhok.
mondhok gomblok :
([x] glongsor, [x] kringkêl, [x] ringkuk, [x] slusup, [x] sumpêl, [x] slosor, [x] tlosor) kn: (wong kang) nunut manggon ing omahing liyan (ora duwe omah dhewe).
mondhok karang :
([x] rampèk, [x] tèmpèl) kn. ngindhung ing pakaranganing liyan (duwe omah dhewe).
(mondhol) :
[x]-[x] kn. katon njémbluk nggandhul; [x]-an: cêkokan ing ikêt.
mondhong :
kn. ak. 1 saèm. mbopong nanging kalungguhake ing tangan; 2 mboyong; kc. pondhong.
monès :
pc. mancasi (mutus); kc. ponès.
monêng :
kw. tansah kangên (dening kêsêngsêm); kc. onêng.
monmon :
pc. panganan (kang disimpên).
mono :
I n. mantên k. (sa-[x], rong [x]) kèhe padha karo kuwi. II êngg. pc: jêr wis (-pancèn), up. aku [x] wong wis tuwa; 2 kanggo ngantêpake surasa; kc. ngono. III êngg: kono, mrono.
monopoli :
(W) kn. dêdagangan ijèn-ijènan [ijèn-...]

--- 331 ---

montang-manting ~ motong.

[...ijènan] (wong liyane ora kêna nindakake).
montang-manting :
kn. obah kaya diontang-antingake (ribut tumandang ing gawe, lunga mrana-mrana); kc. ontang-anting.
monte :
êngg. kn. mote.
montèrèng, montering :
(W) kn. ak. sandhangan gadhuhan (pawèwèh); kc. mêntering.
montên :
êngg. k. 1 mori; 2 mono.
montip, montit :
pc. lokomotip.
montog :
êngg. kn. mangkêl (nêpsu) bangêt.
montong :
kn. mêtu jantunge (tmr. gêdhang); kc. ontong.
montor :
I kn. 1 bngs. mêsin dikalokake sarana gas lênga bènsin ut. listrik; 2 ar. têtunggangan bngs. kreta dilakokake sarana mêsin. II [x]-[x] pc. murub mobyar tmr. diyan lsp; kc. mèntèr.
montro :
I kn. kêmbang timun. II [x]-[x] pc: pêtêng ulate, mrêngut.
moncèr :
kn. 1 ak. nglawèr dawa; 2 nglantrah (rowa) bangêt tmr. crita; 3 ([x] budine) pintêr, akèh sêsurupane; 4 pc. misuwur, gagah; kc. koncèr, oncèr.
moncol :
kn. 1 nyongat (nglojok, mêncungul) maju; 2 monjo; kc. poncol.
moncong :
êngg. ks. cangkêm.
moncrot :
pc. bêbanyu mangsur; kc. mèncrèt.
monthah :
êngg, kn. mothah, rèwèl.
monthok :
I êngg. ak. 1 gêdhe mêntêr-mêntêr (tmr. susu); 2 ([x] atine) mongkok, mantêp bangêt; [x]-an êngg: mondholan. II êngg. kn: bngs. gêrèh, iwak asinan.
montholan :
kn. 1 êngg. mondholan; 2 pc. ênggone mênganggo ora samêsthine (satêngah wuda).
monyar-manyir :
kn. ora kêna diugêmi têtêmbungane (gunême).
monyèt :
êngg. pc. munyuk, kêthèk.
monyong :
kn. pêndhukul ing bathuk (êndhas).
monyos :
ora [x] êngg. ks. ora bisa.
mong :
I kw. nindakake; kc. among. II di-[x] kn. 1 dijaga (diulat-ulatake) lan disêsênêng atine (tmr. bocah cilik); 2 tansah diwêngku (ditanggapi, dirêngkuh) kalawan bêcik; kc. momong. III êngg. kn: êmoh, moh. IV kw: macan.
mongah :
I êngg. kn. ngapusi; kc. pongah. II [x]-[x] kn: isih panas bangêt (tmr. panganan lsp); kc. mangah-mangah.
mongal-mangil :
pc. gojag-gajég.
monga-mangu :
kn. ak. gojag-gajêg; kc. mangu-mangu.
monggang :
kn. ar. gamêlan.
monggat-manggut :
kn. tansah manggut-manggut; kc. anggut, manggut.
monggrak-manggrik :
(-manggruk) kc. wis rêkasa bangêt uripe.
mongkak-mangkèk :
pc. molah-malih, gonta-ganti pagawean.
mongkog :
kn. gêdhe atine ut. mantêp (dening dialêm lsp).
mongkono :
êngg. n. makatên k. mêngkono.
mongkrong :
I pc. ndhodhok; 2 mêthongkrong, mèngkrèng. II êngg. kn. bngs. gêrma golèk cèlèng.
mongol :
kn. moncol kaya pongol; kc. pongol.
mongo-mongo :
pc. mangap mêgap-mêgap.
mongsok :
pc. gèk mangsa!
mongsra-mangsru :
kn. ak. bêngak-bêngok muring.
mopo :
kn. trima ora gêlêm (nindakake, nglakoni).
mopok :
I kn. 1 (ut. [x]-ake) nèmplèkake blêthok lsp. ing; 2 nèmplèkake parêm lsp. ing; 3 nembok bathikan; kc. popok. II [x]-i kn: nglambari lsp. bayi nganggo popok.
mopol :
I pc. mapali (rambut lsp); kc. popol. II kn: moprol, gapuk rontog (tmr. kayu lsp).
moprok :
pc. sumèlèh têtumpukan.
moprol :
kn. gapuk padha cuwil (tmr. kayu lsp); kc. poprol.
mor :
kw. amor, awor; di-[x](-ake) kn: 1 dicampur, diwor; 2 (ut. di-[x]-i) dicampuri; kc. amor, awor, momor.
morah :
êngg. kn. mothah, rèwèl.
morak-marik :
kn. pating jlêmpah ora karuwan; kc. orak-arik.
morat-marit :
pc. padha pating slêbar ora karuwan; kc. marit.
morèg :
pc. 1 ora rêngkêd panênune; 2 sil-silan, kakehan polah.
mori :
kn. lawon.
morod :
kn. 1 êngg. mlorod; 2 kw. mundur; kc. orod.
morong :
êngg. kn. teko, kan tèh; kc. porong.
moros :
(-i) kn. nguntingi suruh; kc. poros.
morot :
kn. ak. ngrêsiki luluhan êmas; kc. porot.
(mos) :
di-[x]-[x] pc. diêcèh-êcèh (tmr. baranging liyan).
mosak-masik :
pc. pating bêsasik(-blengkrah).
mosêl, mosil :
kn. ak. kc. moksil.
mosik :
kn. 1 ak. obah; 2 ([x] atine) timbul gagasane; kc. mobah, osik.
mosok :
êngg. pc. gèk mangsa!
moso-moso :
êngg. kn. ngoso-oso, nyêntak-nyêntak; kc. poso.
mosra-masru :
pc. muring bangêt.
mostor :
êngg. ak. conto.
mot :
kw. 1 amot, momot; 2 sugih pangapura; di-[x] n. dipunwrat k: 1 dimomotake ing; 2 dipacak ing layang kabar lsp; 3 disêbutake ing (layang lsp); kc. amot, momot, ngêmot.
motangi, motangake :
ak. ngutangi, ngutangake; kc. utang, potang.
mote :
kn. alèn-alèn cilik-cilik bangêt sing digawe bêling lsp.
motok :
kn. ak: nyambung jarit lsp; kc. potok.
motol-motol :
pc. katon mêthênthêng (kêbak) arêp mêtu.
moto-moto :
pc. ndlolèr mêtu; kc. mete.
motong :
kn. 1 êngg. ngêthoki, nugêl; 2 êngg. nêgor; 3 êngg. nyêmbêlèh; 4 nyukur; 5 êngg. mbêdhahi klambi lsp; 6. pc. nyowok, nyuda; kc. potong.

--- 332 ---

mocèli - mrapal(-i).

mocèli :
êngg. kn. mipili jagung; kc. pocèl.
mocok :
I êngg. kn. mbacok, ngêthok. nêgor; kc. pocok. II êngg. kn. mbanjêli nggarap pagawean; kc. pocok.
moco-moco :
pc. mucu-mucu.
mocong :
(-i) kn. `1 nguntingi (mbêntèli) pari; 2 mbongkoki têbu lsp; 3 mbuntêl (ngulêsi) mayit; kc. pocong.
mocot :
(i) kn. 1 êngg. ak. nyopot, mbukak; 2 nglèrèni saka pagaweane; kc. pocot.
motha :
I kn. 1 layar; 2 kemah. II [x]-[x] kw: mêksa-mêksa ngajak sanggama (marang wong wadon); kc. potha.
mothah :
kn. ak. rèwèl njêjaluk (tmr. bocah cilik).
mothal-mathil, mothar-mathir :
pc. padha pêpisahan (copot) ora karuwan.
mothèk, mothès :
êngg. kn. mothèl.
mothèl :
kn. nugèl (nyoklèk) saperangan; kc. pothèl.
mothèng :
(-mothèng) kn. nyêmpal-nyêmpal pupu pitik lsp; kc. pothèng.
mothik :
êngg. kn. bngs. arit.
mothuk :
êngg. pc. mathuk.
mothok :
pc. mathok, ora owah; kc. pathok.
mothol :
kn. saèm. mothèl; kc. pothol.
mowad-mawud :
kbn. mawud-mawud.
mowal :
I êngg. kn. nglêngklara, mokal. II êngg. kn. mung sathithik; kc. mahal.
mowat-mawut :
kn. mawut-mawut.
mowod :
êngg. kn. mlaku ing wot.
mowol-mowol :
pc. madhul-madhul.
mowori :
kn. ak. nyampuri, ngêmori; kc. wowor.
mra :
kw. wrata, sumrambah.
mraba :
kw. sumorot; mrabani kw: nyunari, nyoroti; kc. praba.
mrabawani :
kw. ndayani marang; kc. prabawa.
mrabu, mraboni :
kn. kaya ratu (gagah ut. pantês bangêt); kc. prabu.
mrabuk :
kw. ngambar (-wangi).
mrabot :
kn. wis pêpak prabote; kc. prabot.
mrada :
n. mraos k: nyungging lsp. nganggo prada; kc. prada.
mradapa :
kw. sêmi, tuwuh; kc. pradapa.
mradata :
kn. ak. ngadili prakara; kc. pradata.
mradêksa :
kw. 1 ngadêg; 2 ngêrèh, madêg ratu.
mradini :
k. mratani.
mradipta :
kw. sumorot; kc. pradipta.
mraduli :
n. mraduntên k. ak. mêrduli.
mraja :
kw. maharaja (ratu).
mrajaya :
kw. ngalahake, matèni; kc. prajaya.
mrajak :
kn. padha enggal tuwuh (thukul).
mrajaka :
kw. kongkonan, utusan; kc. prajaka.
mradhah :
kw. ngukum srana didadèkake batur tukon; kc. pradhah.
mragad :
I êngg. kn. ngrampungi; 2 nyêmbêlèh; kc. pragad. II [x]-i kn: mènèhi wragad; kc. wragad.
mragalba :
kw. mlêbu.
mragang :
(-gawe) kn. ak. tumandang ing gawe.
mragas :
kn. ak. ngêthok pucuke; kc. pragas.
mrail :
kn. ngêdum (warisan lsp); kc. prail.
mrayang :
I êngg. ak. gêtapan. II ut. [x]-an, mrayangyang kw: mênyang kadewan, dadi lêlêmbut.
mrayitnani :
kn. ngawekani; kc. prayitna.
mrayut :
pc. mbrayut.
mrayoga :
n. mrayogi k. ak. ngudi murih bêcike; mrayogani ak. mrayogakake: 1 nayogyani; 2 nganggêp wis prayoga, awèh pamrayoga; kc. prayoga.
mrak :
br. mêrak.
mrakara :
n. mrakawis k. ndadèkake prakara; kc. prakara.
mrakas :
pc. blêg; kc. kêmrakas.
mrakasa, mrakosa :
kw. mêksa, ngroda pêksa; kc. prakasa.
mrak-ati :
kn. manis nyênêngake (tmr. polatan).
mrak-atos :
êngg. k. mrak-ati.
mrakênêng :
kn. ak. kêncêng otote; kc. pêrkênêng.
mralambangi :
kn. awèh pralambang marang; kc. pralambang.
mraman :
kn. tumular tmr. gêni.
mramanakake, mramanêmake :
ak. namatake; kc. pramana.
mrambat :
kn. 1 nèmplèk banjur munggah alon-alon (tmr. têtuwuhan, kewan lsp); 2 pc. mraman, nular-nular, mundhak-mundhak; kc. rambat.
mrambut :
kn. kulit pari.
mramong :
pc. marong-marong, mêngangah.
mrana :
n. mrika k: mênyang ing kana; dimranakake ak. diparakake mrana; kc. prana.
mranani :
kn. nrênyuhake ati; kc. prana.
mranata :
kn. nata, ngatur; kc. pranata.
mrantak :
kn. ak. mrèntèk.
mrantasi :
êngg. pc. ngrampungi; kc. prantas.
mrantèni :
n. mrantosi k. ak. nyêpaki, mraboti; kc. piranti, pranti.
mrantu-mrantu :
êngg. kn. mrantun-mrantun.
mrantun-mrantun :
kn. ngalih-ngalih ênggone mêdhayoh lsp.
mrancang :
êng. kn. ngrancang; kc. rancang.
mranggal :
I kn. ngabruk (nggitik) ing êndhas (tmr. jago lsp); kc. pranggal. II kn. ak: munggêli ing pucuke; kc. pranggal.
mranggi :
kn. tukang gawe wrangka.
mranggu, mranggo :
kn. ak. ora têtêp, gojag-gajêg.
mrangguhi :
kn. ak. mrangguli.
mrangguli :
kn. kêtêmu karo, kêpêthuk karo; kc. pranggul.
mrangkani :
n. nyarungi k. ngêtrapi wrangka; 2 ent. mêngku; kc. wrangka.
mrangkang :
kn. ak. 1 mbrangkang; 2 kewan asikil papat; kc. brangkang, rumangkang.
mrangsud :
êngg. kn. ngglangsur mêdhun.
mrau :
n. mbaita k. nunggang prau; kc. prau.
mraos :
k. 1 mrada; 2 mrasa; 3 êngg. mrakas.
mrapak :
pc. ngrapak; kc. rapak.
mrapal :
(-i) kn. ngêthoki, mapali; kc. papal, prapal.

--- 333 ---

mrapat ~ mrêsa.

mrapat :
I 1 n. mrasakawan k. mara papat; 2 kn. awangun cawangan (garis) prapatan; kc. prapat. II pc: tangga desa; kc. prapat.
mrapit :
kn. ak. rapêt bangêt (tmr. barisan lsp)
mrasa :
n. mraos k. ak. rumasa; kc. rasa.
mrasabêni :
kn. awèh wêruh (pamit) marang; kc. prasabên.
mrasajani :
kn. ak. kandha barès (walèh) marang; kc. prasaja.
mrasah :
kn. ak. mblasah.
mrasudi :
kn. ak. mêrsudi; kc. prasudi.
mrasuk :
kn. ak. mlêbu ing, rumasuk; kc. rasuk.
mrastawakake :
kw. maspadakake; kc. prastawa.
mratah :
pc. wrata ing êndi-êndi, wis umum.
mratak :
êngg. pc. mêrkatak.
mratandhani :
kn. ndèkèki pratandha, mracihnani; kc. pratandha.
mratani :
n. mradini k. 1 ngêdum wrata marang; 2 wrata ing ngêndi-êndi; kc. wrata.
mratelani, mratelakake :
1 nêrangake, kandha marang; 2 gawe pratelan, awèh pratela marang; kc. pratela.
mratikêli :
kn. ak. nggunani, mênggawe; mratikêlake: ngiguhake, awèh rêmbug (srana); kc. pratikêl.
mratingkah :
kn. ak. kakehan pratingkah; kc. pratingkah.
mratok :
êngg. kn: nunggu; kc. pratok.
mracayakake :
n. mracadosakên, mitadosakên k. ak: pitaya (pracaya) marang, masrahake marang; kc. pracaya, pitaya.
mracang :
éngg. kn: dodolan bumbu-bumbu lsp.
mraceka :
kw. nganggit-anggit, ngathik-athik; kc. praceka.
mracik :
pc. pêpak bangêt; kc. racik.
mracondhang :
kw. 1 ngênani, natoni; 2 ngalahake; kc. pracondhang.
mrawani :
kn. ak. 1 kaya prawan; 2 nganggo (olèh) prawan.
mrawasa :
1 kw. nêmpuh, mêksa, ngrusak; 2 êngg. milara; kc. prawasa.
mrawata-suta :
kw. (kaya gunung anakan) bungah bangêt.
mraweda, mrawedani :
kw. ngarah, mindêng, mêlêng; kc. praweda.
mre :
kn. mêre.
mrèdèh :
êngg. kn. wangkod, ora manutan.
mrèjèl :
pc. saèm. mrojol.
mrèjèngi :
kn. mêcèli kayu bulugan diwangun pêsagi; kc. prèjèng.
mrema :
êngg. kn. ngeman marang; kc. prema, pirma.
mrèmbèt :
pc. tumular; kc. mrambat.
mrèmèn :
pc. nular marang; kc. mraman.
mrene :
n. mriki k. mênyang ing kene.
mrentah :
1 kn. ngêrèh; 2 (ut. [x]-i kn. ndhawuhi ki) akon nindakake; kc. prentah.
mrèntèk :
kn. nular-nular (tmr. gêni, uga dianggo ent).
mrènyèh :
pc. mlênyèh.
mrèngès :
kn. nyêngèngès cangkême.
mrèngkèl :
êngg. kn. ngèngkèl, ngèyèl (êmoh ngalah, êmoh manut).
mrepal :
êngg. kn. akèh bangêt, turah-turah.
mrèpèd :
kn. ak. mlèpèd, mipit; kc. prèpèd.
mresa :
pc. mriksa; kc. presa.
mrècèli :
pc. mêcèli kayu lsp; kc. prècèl.
mrècèt :
pc. nglècèp.
mrèthèli :
1 padha pithil (gogrog); 2 (kênèse -) pc. kênès bangêt.
mêbrêng-mêbrêng :
kn. ak. abang raine (dening kêpranan lsp).
mrêbês :
kn. ak. mbrêbês.
mrêbês-mili :
kn. nangis mung ngêtokake luh bae (tanpa swara).
mrêdangga :
kw. ak. gamêlan.
mrêdêng :
êngg. ak. adrêng bangêt (marga sêlak butuh lsp); kc. adrêng, prêdêng.
mrêdu :
(S) kw. alus, lêmbut, lêmês; kc. mêrdu.
mrêjit-mrêjit :
kn. merang-merang; kc. prêjit.
mrêga :
(S) kw. ak. 1 buron alas; 2 kidang.
mrêgalancana :
(S) kw. ak. rêmbulan.
mrêganata :
(S) kw. ak. macan.
mrêgêdud :
kn. ak. nggugu karêpe dhewe.
mrêgil :
kn. ak. pisah, mênjila.
mrêki :
kn. 1 bngs. gurêm; 2 êngg. sindap.
mrêlik :
kn. ak. pêlik-pêlik (sumorot).
mrêm :
kw. 1 marêm; 2 mêrêm.
mrêmbèh :
kn. ak. nangis; kc. prêmbèh.
mrêmbêng :
(-mrêmbêng) êngg. kn. mrêbêng-mrêbêng.
mrêmbês :
pc. rêmbês.
mrêmyêng-mrêmyêng :
êngg. kn. ramyang-ramyang, rêmyêng-rêmyêng.
mrêmpêng :
kn. ak. mêmpêng bangêt; kc. prêmpêng.
mrêmpul :
kn. mrêntul-mrêntul (tmr. banyu); kc. prêmpul.
mrênding :
kn. mrinding (tmr. tali lsp).
mrênèng-mrênèng :
pc. katon bêcik-bêcik (tmr. sandhangan).
mrêntul :
kn. mêtu pating prêntul (tmr. gêtih lsp).
mrênthêl :
kn. 1 awangun prênthêlan (tmr. rambut lsp); 2 mênthêl.
mrênthil, mrênthul, mrênthol :
pc: awangun kaya pênthil(pênthul, pênthol).
mrênyên :
pc. bêcik bangêt (ênggone nyandhang).
mrêngês :
kn. irêng gilap (tmr. untu disisigi).
mrêngêt :
kn. ak. angêt, panas.
mrêngguk :
kn. rada mangkêl, sêrik atine.
mrêngkal :
êngg. kn. mrèngkèl.
mrêngkang :
kn. ora manut, ndaga.
mrêngkêl :
pc. abuh atos (tmr. daging).
mrêngkêng :
kn. ak. wangkod, ora nggugu, cukêng.
mrêngut :
kn. ora bêning polatane (rada nêpsu); kc. prêngut.
mrêp :
kw. nggitik, nêmpuh; kc. pêrêp.
mrêpak, mrêpêk :
êngg. kn. 1 cêpak; 2 wis cêpak bangêt (mèh tumêka mangsane); mrêpêki kw: nyêdhaki, mara.
mrêpat :
pc. tangga desa; kc. mrapat.
mrêpèpèh :
kn. ak. ngrêpèpèh; kc. rêpèpèh.
mrêpêg :
êngg. kn. mrupug.
mrêpêt :
pc. pêtêng (dening mêndhung lsp); kc. prêpêt.
mrês :
kw. mêrês.
mrêsa, mrêsodita :
(S) kw. ak. goroh.

--- 334 ---

mrêsêp ~ mwat.

mrêsêp :
kn. ak. rumêsêp.
mrêsul :
êngg. ak. ndhugal.
mrêta :
kw. kc. marta, mêrta.
mrêtêk :
pc. ngênêtake, mêtêk, abot bangêt; kc. pêtêk.
mrêti :
(S) kw. ak. mati, pati.
mrêti-desa :
êngg. pc. bêrsih desa.
mrêtyu :
(S) kw. 1 pati, mati; 2 blêdhèg.
mrêcêt :
pc. 1 bêbanyu sathithik; 2 kn. lair, nglairake; kc. prêcêt.
mrêcuti :
pc. wiwit tuwa (tmr. pari); kc. mrêcuti, mlêncuti.
mrêcon :
kn. kc. mêrcon.
mribu :
kw. nggodha, ngribêdi.
mrih :
kw. murih, amrin.
mrihatini :
ak. mrihatinake n. mrihatosi ak. mrihatosakên k: prihatin mungguh (tumrap) ing; kc. prihatin.
mriyayi :
mriyayèni n.mriyantun(-i) k: kaya patraping priyayi.
mriyang :
kn. krasa panas (tmr. badan); kc. priyang.
mriyangyang :
kw. mêryangyang.
mriyêm :
kn. bngs. bêdhil gêdhe bangêt; di-[x]: didrèl ing mriyêm.
mriyêmbada :
kw. ngungrum; kc. priyêmbada.
mriyi :
pc. pating klacir kurang subur (tmr. tanduran).
mriyogakake :
n. mriyogèkakên k. pc. mrayogakake; kc. priyoga, prayoga.
mriyos :
I êngg. k: mriksa; kc. priyos. II êngg. k: mrica.
mrik :
kw. ngambar ambune.
mrika :
k. 1 mrana, mrono; 2 êngg. kono.
mriki :
k. 1 mrene; 2 êngg. kene.
mriku :
k. êngg. mrono.
mriksa :
kn. niti-priksa, namatake; kc. priksa.
mrimani :
kn. ak. pêpriman marang, ngêmisi; kc. priman.
mrimpèni :
kn. ngaton ana ing sajroning pangimpèn; kc. primpèn.
mrimpêni :
kn. ak. nyimpêni; kc. primpên.
mrina :
kn. 1 mèlu muring (ngrewangi) dening kancane (sanak sêdulune) dipialani liyan; 2 êngg. mèri.
mrinah :
êngg. kn. mèri; kc. mrina.
mrinding :
kn. 1 mrênding (mèh pêdhot tmr. tali lsp); 2 ([x] awake) krasa adhêm bangêt, ndhrêdhêg; 3 pc. miris, wêdi.
mrintis :
kn. 1 ana pruntus-pruntuse (tmr. kulit); 2 pc. rada katon lêmu, rada mundhak kasugihane.
mrinci :
kn. 1 milah-milah; 2 ngetung dipilah-pilah; kc. princi.
mrinyu :
êngg. kn. bngs. pulisi (gêbayan) ing desa.
mring :
1 kw. marang. mênyang; 2 êngg. ing.
mringin :
kn. turu matane ora mêrêm rapêt.
mringis :
kn. 1 mênga katon untune (tmr. cangkêm); 2 pc. ora rapêt panutupe, rada katon; kc. pringis.
mringkil :
kn. krasa ut. awangun kaya pringkilan; kc. pringkil.
mringkus :
kn. dadi cilik (tmr. ragangan, pawakan); kc. pringkus.
mripat :
k. mata.
mripih :
1 kw. ngrêrapu, nglipur; 2 êngg. nênakoni kalawan alus; kc. pripih.
mripit :
kn. 1 mlipir, turut ing pinggir; 2 pipit bangêt; kc. pipit, pripit.
mrica :
kn. ar. woh rasane pêdhês (digawe bumbu, jamu lsp).
mrithili :
kn. padha prithil, mêthili; kc. prithil.
mrujuk :
êngg. kn. mrojok.
mruga :
êngg. kn. 1 mirunggan, tanpa wuwuhan apa-apa; 2 murga.
mrugul :
kn. ak. ngrujag (wong wadon); kc. prugul.
mrugusi :
kn. ngêriti lsp. nganti prugus; kc. prugus.
mrukah :
mrokah êngg. kn. 1 mêngangah (tmr. gêni); 2 ngêngrêng arame (tmr. duwe gawe, pista lsp).
mruntus :
kn. 1 mêtu pating pruntus (kringêt, lsp); 2 pc. nyambut gawe kanthi rêkasa; kc. pruntus.
mruncah :
êngg. kn. ngêthok-ngêthok lsp. diêdum; kc. pruncah.
mrunggul :
kn. 1 ngêthok pang lsp; 2 nyugag (gunêm lsp); 3 ak. mrugul (ngrujag); kc. prunggul.
mrungsal :
pc. mursal.
mrupug, mrupuk :
êngg. kn. gapuk, pupuk.
mrupuh :
kn. ak. ngêthoki, nutuh; kc. prupuh.
mruput :
êngg. kn. (têka, nggarap lsp) ing wayah esuk umun-umun; kc. pruput.
mrusa :
kn. mêksa, njiyat; kc. prusa.
mrusuh :
I êngg. kn. êmpuk mêmpur (tmr. apa-apa kang digodhog). II [x]-i êngg. kn. nutu pari; kc. prusuh.
mrusul :
pc. bandhol.
mrutah :
êngg. kn. mruncah.
mrutu :
kn. bngs. lêmud cilik.
mrucah :
êngg. kn. mruncah, mrutah.
mrucut :
kn. uwal saka ing (cêkêlan lsp).
mruthuli :
pc. mrèthèli, mrithili.
mruwat :
êngg. kn. murwat.
mruwun :
kn. pating jlêbut (ora klimis, tmr. rambut).
mrobol :
êngg. kn. mrojol.
mrojok :
êngg. kn. mbrojol saka ing; [x] ingakêrêp br: linuwih, pinunjul.
mrogol :
(-i) kn. mancasi pang lsp. (kang pucuk).
mrompang :
(-i) êngg. kn. nêgori.
mrono :
n. mrika k. 1 mênyang ing kana (kono); 2 êngg. ngono, mêngkono.
mronggol :
(-i) kn. mrogol(-i).
mrongkal :
kn. awangun prongkalan.
mrongkol :
kn. 1 awangun prongkolan; 2 ([x] wêtênge) pc. krasa atos ing wêtêng.
mrongos :
kn. untune katon nyongat-nyongat mêngarêp.
mrosa :
kn. ak. mrusa.
mrosot :
êngg. kn. 1 mrucut; 2 suda bangêt, mlorod.
mrotès :
pc. protès marang.
mrocot :
kn. 1 êngg. mrucut; 2 ks. lair, nglairake; kc. procot.
mrotholi :
kn. ak. mrèthèli, mrithili.
mwab :
kw. ak. umob.
mwang :
kw. lan, sarta.
mwas :
kw. ak. mili, têlês.
mwasani :
kn. ak. muwasani; kc. puwasa.
mwat :
kw. ak. amot, momot.

 


Huruf Jawa: ma. (kembali)
maju-mundur. (kembali)
nyanggêmi. (kembali)
salsalan. (kembali)
makangsali. (kembali)
panjêr. (kembali)
baris. (kembali)
pangincênge. (kembali)
gêgambaran. (kembali)
10 nggrênjêl. (kembali)
11 mêlêsat. (kembali)
12 pc. (kembali)
13 njêgrag. (kembali)
14 ambêk. (kembali)
15 ndadak. (kembali)
16 wujud. (kembali)
17 diwiwiti. (kembali)