Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

C

ca :
I pc. wc. kanca. II kokehan [x] pc. ks. kakehan cangkêm.
cabak :
I kn. ar. manuk saba bêngi. II di-[x] êngg. kn: ditêbak, ditêpak. III êngg. kn: sabak (lèi).
cabang :
(W) kn. 1 êngg. cawang, pang; 2 pakumpulan (toko lsp) sing dadi panging pakumpulan (toko lsp) gêdhe.
cabar :
kn. 1 ora ngêtokake kadayan tmr. aji lsp; 2 ora dadi, wurung.
cabe :
kn. 1 ar. wit sarta woh, wohe sok dianggo adon-adon jamu; 2 (ula [x]) ar. ula cilik ora mandi; [x] rawit: cabe cilik; nyabe: pating pruntus kaya kuliting cabe (tmr. kulit kang kadhêmên).
cabean :
kn. ar. manuk cilik sok mangani ulêr.
cabya :
kw. cabe.
(cablèk) :
[x]-[x] kn. 1 nêpak-nêpakake tangan ing; 2 nindakake pagawean sing gampang-gampangan; nyablèk: 1 namakake tangan traping èpèk-èpèk miring anggone namakake lirih, up. nyablèk lêmud; 2 êngg. pc. njaluk ujuran marang wong sing mêntas mênang ut. olèh bathèn; [x]-an êngg. pc: ujuran.
cabuk :
kn. wijèn sing wis dipipit (dijupuk lêngane); di-[x] êngg: disêpèlèkake.
cabul :
I êngg. pc. ungsum tmr. lêlara. II êngg. pc: sênêng gunêman crêmêdan.
(cabud) :
di-[x] kn. 1 dijabud, dibêdhol; dicêlêd, dijaluk bali.
(cabut) :
êngg. kc. cabud.
cadipa :
êngg. kn. obor, oncor.
(cadhang) :
nyênyadhang kn. 1 (ut. nyadhangi) nadhahi nganggo tangan loro diêgarake; 2 ngadhang, ngarêp-arêp; 3 sumadhiya ut. tata-tata arêp nampani (pangarêp-arêp); 4 (ut. nyadhangake) nyadhiyakake; nyadhangi: 1 ngadhangi, ngalang-alangi; 2 ngêndhêg-êndhêgi, nadhahi; kc. candhang, cumadhang.
cadhuk :
êngg. kn. cidhuk; di-[x] pc: dijupuk (diêpèk bojo).
cadhok :
kn. ora awas pandêlênge (lamur).
cadhong :
I kn. mbalik mêngarêp tmr. wulu swiwi pitik ut. sungu. II kn: 1 tadhah; 2 apa-apa sing dadi pêpancèning pangan; nyadhong: nampani (nyuwun) cadhong, bayar, dhawuh lsp; nyadhongi: mènèhi cadhong; kc. cumadhong.
(cae) :
[x]-[x] êngg. pc. têtela, cêtha bangêt.
(caèk) :
[x]-[x] êngg. pc. bêngok-bêngok ngaruh-aruhi.
caèng :
sa-[x] êngg. pari 200 bêntèl (± 20 dhacin).
caèr :
(W) êngg. pc. cuwèr.
cag :
mak [x] pc. dumadakan nyêkêl; kc. cag-cêg, cêg.
cagak :
kn. pring lsp. ditrap ngadêg dianggo nyangga; [x] êlèk pc. apa-apa sing dianggo sarana murih bêtah mêlèk, up. main lsp; [x] urip pc: sarananing ngaurip (pangan); [x] palang: cagak ing dhuwur mawa palangan; pajêg (wênang) [x] pat: pajêg (wêwênang) tumrap bale pakarangan; nyagak: 1 nyangga, nyuwak; 2 pc. mitulungi sarana mènèhi pangan ut. dhuwit; 3 kaya cagak, up. nyagak talang (kaya cagak ing talang, yaiku jagongan linggih ing ngisor talang papane wong sing kinurmatan); nyagak alu pr: wong sing diandêl nanging ora mitayani; nyagaki: 1 nyangga; 2 ngêtrapi cagak; 3 mitulungi; kê-[x]: sarwa kacukupan sakabutuhane.
cagêr :
êngg. kn. 1 (ut. [x]-an) cagak (pathokan) sing ditancêbake ing lêmah; 2 wis gênah, wis mêsthi; di-[x]-ake êngg: dijagakake, dipêsthèkake; kc. cègêr.
(cagluk) :
di-[x] pc. dijupuk.
cag-cagan :
pc. tumandang ing gawe apa-apa dicêkêl.
cag-cêg :
pc. nyênyêkêl apa-apa kalawan rikat.
cah :
I êngg. pc. bocah. II êngg: têmbung sabawa mratelakake gumun, kagèt, ngelikake lsp.
(cahak) :
I nyahak kn. 1 nêrak, nglojok ing wêwêngkoning tangga; 2 nêrak sarta ndhaku wêwênanging liyan. II êngg. kn: rapak (godhong têbu garing).
cahya :
(S) kn. 1 br. warnaning sorot; 2 br. kamulyan; 3 êngg. nêca, guwayaning polatan.
cai :
kn. kucai.

--- 623 ---

caing ~ calon.

caing :
êngg. kn. caèng.
caya :
I êngg. kn. nêca, guwayaning polatan; kc. cahya. II kn: 1 mêsthi; 2 êngg. tanggungan, cêkêlaning piutang.
caya-murcaya :
dadya [x] kw. minangka dadi tandhaning panuwun.
cak :
kn. 1 (ut. [x] -tangan) caraning panggarap, garapan; 2 êngg. têtilasing garapan (pagawean); di-[x]-i: dilakoni, ditandangi; di-[x]-ake: ditindakake, ditumrapake marang; kc. acak, cak-cakan, cacak.
(cakah) :
di-[x]-i êngg. dicêngkah.
(cakal) :
I di-[x] êngg. disrekal. II [x]-bakal kn: 1 miwiti gawe padesan ut. nêgara; 2 wong sing miwiti gawe padesan ut. nagara.
cakar :
kn. 1 sikil dalah sakukune tmr. pitik, macan lsp; 2 ks. tangan; cêcakar: 1 thakur-thakur nganggo cakar, cêcèkèr; 2 golèk pangan; nyakar: nggruwak nganggo cakar; nyakari: 1 nyakar mawali-wali; 2 êngg. nggaru lan ngrêsiki sukêt-sukêt lsp; [x]-an: 1 tatu tilase dicakar; 2 êngg. sawah ing sajroning pakarangan.
cakarwa :
I kw. mliwis. II êngg. kn: (cakar mawa) ar. piranti pandhe kaya supit kanggo nyukiti mawa.
cakêp :
kn. 1 bisa têmu gêlang pangrangkule; 2 bisa nyakup, mangrêti; 3 bisa nindakake kalawan bêcik; di-[x]-i: dirangkul nganti drijine têpung; [x]-an: 1 pangrangkul; 2 apalan; 3 gathekan, ngrêtèn, pintêr.
cakêt :
kn. cêdhak bangêt; kê-[x]: kêcêdhak (kinasih).
cakil :
kn. sindik pring kanggo ngêtrap kepang ing gêdhèg; [x]-ên: ora bisa turu-turu.
cakma :
kn. ar. têtuwuhan.
cakul :
kn. ar. iwak loh.
(cakup) :
nyakup kn. 1 ngraup, ngrakup; 2 ngêmot, bisa mumpuni ing kawruh lsp; 3 ngêbèki darbèking liyan.
cakur :
kn. wadhah obat; [x]-[x]: kêruk-kêruk nganggo sikil tmr. jaran; di-[x]-i: dikêruki nganggo sikil.
cakut :
kn. 1 cukat ênggone tumandang, sêngkut ing gawe; 2 êngg. wiwit tumandang.
cakodhong, nyakodhong :
kn. diêgarake mlêngkung tmr. tangan.
(cakot) :
nyakot kn. 1 namakake untu têrus digêgêt; 2 ngèmbèt-èmbèt wong liya (tmr. wong sing didakwa); 3 wis manuh, kêpatuh duwe pakarêman; [x]-an: 1 gêntèn-gêntèn nyakot; 2 wis kêncêng panyambunge tmr. sambungan balok lsp.
cakra :
(S) kw. 1 bundêran, rodha, gêgaman awujud rodha pating cringih; 2 êngg. kn. têtêngêr, titikaning barang darbe; nyakra: 1 kw. namakake cakra; 2 kw. mubêng; 3 êngg. kn. nitik, nêngêri, nitèni; nyakra manggilingan kw: 1 tansah mubêng kaya jantra; 2 lair timbal-tumimbal mawali-wali.
(cakra-bawa) :
di-[x] kw. 1 dicipta, diangên-angên; 2 dikira, didakwa, dinyana.
cakrabyuha :
(S) kw. ar. gêlaring baris.
cakrak :
kn. katon bagus mbranjak.
cakrangga :
(S) kw. bèbèk, mliwis.
cakranggama :
(S) kw. mliwis.
cakranggi :
(S) kw. bèbèk, mliwis.
cakranggini :
kw. mliwis.
cakrawaka :
(S) kw. mliwis.
cakrawala :
kw. langit, tancêbing langit.
cakrawarti :
(S) kw. kang ngubêngake jagat (ngêrèh jagat) yaiku ratu; nyakrawati: ngêrèh jagad, ngratoni.
cakrik :
kn. pc. rupa, wanguning praèn.
cakruk :
kn. 1 omah pajagan ing pinggir dalan; 2 (ut. cakrus) êngg. pc. wong jaga.
caksana :
kw. awas, waspada; kc. wicaksana.
caksu, caksuh :
(S) kw. mata.
caksusrawa :
(S) kw. ula.
cakcakan :
kn. carane nindakake (ngêcakake); kc. cak.
cak-cèk :
pc. ora ajêg, ora têtêp ênggone nyambut gawe; kc. cèk.
cal :
(W) kn. bngs. rimong kanggo ubêd-ubêd gulu.
cala :
I (ut. cêcala) kn. 1 wong sing dikongkon awèh wêruh bab duwe-gawe lsp; 2 bêbuka pêpucuking rêmbug; kc. colok. II kw: gunung; kc. ancala. III kw: cacad; kc. cêla. IV (S) kw: obah, owah, malih; an-[x], ma-[x], man-[x]: obah owah, malih; man-[x] putra, man-[x] putri kw: malih lanang, malih wadon (bisa molah-malih); man-[x] warna kw: malih rupa.
cala-beka :
kw. malih dadi ala (prakara sing ana rêribêde).
cala-ina :
kn. cacad matane (picak).
calak :
I kn. ndhisiki (nglancangi) gunêm; [x]-an êngg: gathèkan. II êngg. kn: bong (tukang nêtaki).
calang, cêcalang :
kn: cêcawis ing sadurunge; di-[x]-i: dicawisi ing sadurunge klakon; pa-[x]: prajurit kang lumaku dhisik prêlu nêlik mungsuh.
cala-pita :
kw. 1 sêndarèn, ar. têtabuhan; 2 walang angkup.
cala-culu :
kn. clula-clulu.
calathu :
n. wicantên k. ngandika ki. nglahirake gunêm, mojar.
(cala-wadi) :
nyala-wadi n. nyala-wados k. tumindak samar ora barès.
cala-wênthah :
kw. murang tata-krama, ugal-ugalan.
calêk :
êngg. k. 1 cêdhak; 2 cêndhak.
calik :
I êngg. pc. têka jug banjur enggal bali. II di-[x](ake): dilingkap (disilakake) munggah tmr. jarit lsp.
calita :
(S) kw. obah, orêg, oyag, gonjing.
caluk :
I êngg. kn. kudhi. II (ut. cêmpaluk) kn: asêm ênom.
calung :
kn. 1 sikiling jaran lsp. sangisoring dhêngkul; 2 êngg. ar. têtabuhan bngs. angklung; 3 ks. sikil; kc. cangklung.
calo :
kn. bngs. impun.
calon :
(ut. [x]-an) kn. 1 bakal, kang babal dadi ut. kanggo; 2 êngg. pangantèn wadon; di-[x]-i: dibakali, dimagangi, bakal didadèkake.

--- 624 ---

cam ~ canthang.

(cam) :
di-[x] êngg. kn. dikira-kira (dipetung) dhisik; kc. cam-cam.
camah :
kn. ora kajèn, rèmèh; di-[x] (ake): 1 disorake, disêpèlèkake, ora diajèni; 2 digawe sêmbarangan bae.
camana :
(S) kw. rêrêsik kêmu lan raup.
camara :
kc. cêmara.
camari :
kw. ak. asu.
cambah :
kc. kêcambah.
cambang :
godhèg [x] kn. godhèg kêtêl nganti ngêbaki pipi.
cambên :
êngg. k. candu.
cambêng :
êngg. k. calang.
cambil :
êngg. krambil.
cambuk :
êngg. kn. sambuk.
cambur :
êngg. kn. cambor, campur.
(cambor) :
di-[x] kn. dicampur, dicarub; di-[x]-i: dicampuri; [x]-an: 1 campuran, kang wis dicampur; 2 têmbung loro utawa luwih didadèkake siji nganti atêgês sawiji, up. naga+sari; 3 cacah wutuh karo pêcahan, up. 2½.
came :
êngg. pc. sêmune kaya arêp ...
(camèh) :
nyamèh êngg. pc. nggamblèh tmr. lambe.
(camik) :
[x]-an kn. panganan kanggo pacitan; kc. nyamikan.
camu :
sa-[x] kn. ak. 10.000 yuta.
(camuk) :
[x]-[x], nyamuk-nyamuk kn: obahing cangkêm kaya yèn mamah.
campah :
I êngg. kn. cêmplang, kêmba. II ut. cêcampah kn: pêpoyok, panacad; di-[x](i): dicacad, dipoyoki, diwada. III êngg. kn. wrata kurang mayat tmr. payon.
campaka :
kn. bngs. kêmbang kanthil gêdhe.
camplêng :
êngg. kn. sanalika putung (tugêl).
camplong :
êngg. kn. andha kayu dikowèki.
campuh :
kn. 1 têmpuk akumpul; 2 pêrang rukêt sarta wis carubwor.
campur :
I kn. 1 carub dadi siji; 2 awor, amor têtunggalan; di-[x]-i: 1 diwori, dicarubi; 2 dirêgêdi; [x]-an: 1 caruban, mormoran; 2 têtunggalan. II kw: rêgêd, cêmêr.
campur-bawur :
kn. campuraning kêkêmbangan ut. wêwangi.
camra :
kw. asu.
cam-came :
êngg. pc. sêmune.
camcao :
êngg. kn. ar. godhong kêna dianggo ampas ombèn-ombèn.
canang :
(suruh) [x] kn. suruh kuning sing enak dikinang.
canda :
kw. têmbang, kidung.
candaka :
kw. kongkonan, têlik; kc. cundaka.
candana :
kw. cêndhana.
candu :
kn. 1 kênthêlaning têmbako lsp. sing plikêt; 2 apyun; nyandu: mêtu candune.
candra :
I (S) kw. 1 rêmbulan; 2 sasi. II kw: crita kaananing maujud sarana pêpindhan; di-[x]: dicaritakake sarana pêpindhan.
candrama :
(S) kw. 1 rêmbulan; 2 sasi.
candramawa :
i kw. kucing; 2 kn. ulêsing kucing irêng sikil lan êndhase putih.
candra-mêngêng :
kn. ar. têmbang gêdhe.
candrasa :
(S) kw. pêdhang.
candra-sangkala :
kn. têtêngêr angkaning taun winadi ing têtêmbungan sing mawa watak angka; [x] mêmêt: candra-sangkala sing winujudan ing gambar.
candha :
(S) kw. muring, nêpsu.
candra-birawa :
(S) kw. 1 muring mêmêdèni; 2 ar. aji sing bisa ngêtokake setan akèh bangêt.
candhak :
kn. ([x]-e) têruse, banjure; nyandhak: 1 nyêkêl; 2 bisa nututi, ora kèri (kasèp); 3 ngêbèki, ngêkaki,[1] ndhaku; 4 bisa nggayuh, bisa mangêrti; di-[x]-ake: dibanjurake; [x]-an: gathèkan, gampang mangêrtine; ke-[x]: kêcêkêl, kêtututan; sakê-[x]-e: sacêkêl-cêkêle, saolèhe.
candhak-kulak :
kn. dêdagangan.
candhak-cêkêl :
kn. ngêpèk barang darbèking liyan minangka panyauring utange.
candhala :
(S) kw. (wong) nistha, ala kalakuane.
candhalagati :
(S) kw. kalakuan ala.
candhana :
kn. ar. wit sing klikane wangi.
candhang :
kn. kc. cadhang.
candhèn :
kn. awangun kaya candhi.
(candhêt) :
di-[x] kn. 1 ditarik, dicènèng; 2 dipêkak tmr. kêndhali; 3 digondhèli (tmr. dhayoh sing arêp lunga); 4 diampah, disirêp tmr. hawa-nêpsu lsp.
candhi :
kn. 1 watu rêrêngganing pakuburan; 2 omah-omahan watu tinata èdi kanggo papan pasêmbahyangan lsp; di-[x]: 1 dikubur; 2 dipêpêtri, dipundhi-pundhi.
candhik :
sa-[x] kn. saunting tmr. suruh; di-[x]-i: diuntingi tmr. suruh.
candhik-ala, candhik-kala :
kn. wayah sore nalikane layung wis katon.
candhuk :
I kn. têmpuk, kêpêthuk; durung [x] lawung: durung tau gathuk (têpung). II di-[x] êngg. kn. dicanthuk (diêtokake gêtihe sarana diêkop).
candhung :
êngg. kn. bngs. arit.
canela :
(Prt) kn. bngs. kasut, sêlop bludru.
canès :
êngg. k. seje; kc. sanès.
(canik) :
[x]-[x], nyanik pc. wêwangunaning praèn cilik kuru.
canuk-canuk :
pc. mlaku alon sarta muk-mukan kaya wong wuta.
(cantên) :
[x]-an k. caturan.
cantrik :
kn. abdining pandhita ngiras dadi murid; nyantrik: ngabdi marang pandhita.
cancala :
I (S) kw. 1 obah, oyag, gonjing; 2 kilat, thathit. II êngg. kn: rêkasa, karibêdan, kangelan.
cancalan :
êngg. pc. sangsalan, apa-apa sing kanggo alan-alan (patèn).
cancalita :
(S) kw. obah, kumêlap.
(cancang) :
di-[x] kn. 1 ditalèni kaentukake pathokan lsp. up. kêbone di-[x]; 2 êngg. wis dibayari dhisik (diwènèhi manjêr) tmr. dol-tinuku lsp; 3 pc. wis ora bisa jawab manèh tmr. pêpadon lsp.
cancing :
ut. [x]-an kn. 1 bisa cukat ora karibêdan apa-apa tmr. tandang-tanduk; 2 ora ribêd tmr. panganggo lsp.
cancut :
kn. 1 nyalikake[2] jarit dibêsuwêlake ing sabuk lsp. murih cancingan; 2 cancingan, cukat, wis sumadhiya.
canthaka :
kw. ak. umuk, kumawani; kc. cumanthaka.
canthang :
kn. ar. sêmut gêdhe warnane

--- 625 ---

canthang-balung ~ (cangkrim).

irêng; di-[x]: dislomod ing arênging dimik rèk lsp. (kanggo sêmbranan ut. murih tangi); [x]-ên: lara ing kulit katon mruntus.
canthang-balung :
kn. abdi-dalêm kalonthangan lurahing tlèdhèk.
canthas :
pc. katon brêgas sarta gagah.
canthèl :
I kn. bngs. jali. II kn: 1 apa-apa sing mbêngkêluk nyanthuk; 2 ([x] rêmbug) wis rêrêmbugan dhisik; di-[x]-ake: dicangkolake (digantungake) ing canthelan; [x]-an: 1 apa-apa sing nyanthuk piranti dianggo nggantungake klambi lsp; 2 apa-apa sing kanggo nyangkol ut. nyangkolake; wis olèh [x]-an ut. wis cumanthèl: wis olèh pangkat ut. wis omah-omah. III ut. [x]-an êngg. kn: dhukuh.
canthèng :
êngg. kn. gathèng.
canthêngên :
kn. kaku sarta kiyu sanalika tmr. driji.
canthik :
I kn. 1 cucuking prau sing ngarêp lan buri; 2 bngs. lading ing pucuke nyanthuk; nyanthik: 1 ngiris nganggo canthik; 2 wangun mbêngkêluk kaya canthik, nyongat kaya canthik. II di-[x] êngg: dieling-eling, diapalake; [x]-an êngg: gathekan, candhakan.
canthilan :
êngg. kn: dhukuh.
canthing :
kn. 1 bngs. siwur ut. cidhuk cilik; 2 cidhuk cilik mawa cucuk sing digawe têmbaga (piranti kanggo mbathik); [x]-cap: piranti dianggo mbathik (ngêcap) jarit.
canthing-jali :
pc. wong bodho.
canthuk :
kn. 1 apa-apa sing pucuke mbêngkuk; 2 êngg. ulêg-ulêg, munthu; 2 piranti kanggo ngêtokake gêtih; nyanthuk: mbêngkuk ing pucuk; di-[x]: diêtokake gêtihe sarana canthuk.
canthuka, canthoka :
kw. kodhok; sasra [x] warsa kw: (kodhok sèwu kodanan) swara sing rame bangêt..
canthula :
kn. cênthula.
(canthur) :
nyanthur kn. nyanthuk.
(canthol) :
di-[x]-i kn. dicanthèli, dicangkoli.
cangak :
kn. ar. manuk bngs. blêkok.
cangap :
i pc. cangkêm, bolongan sing amba; 2 êngg. pc. ilèn-ilèn sing anjog ing pasawahan lsp; kc. clangap.
(cangar) :
di-[x] kn. cangkême diêngakake kanthi pêksa pêrlu arêp diombèni jamu.
canggah :
I kn. cawangan kayu ut. wêsi digarani kanggo nyêkêl durjana. II kn: 1 wong tuwane êmbah buyut; 2 anaking buyut.
canggal :
êngg. kn. kayu (wit) sing wis mati.
canggèh :
kn. 1 sênêng cawe-cawe (maeka, nangani, cêngkiling); 2 pc. sênêng njêjupuk.
cangik-cangik :
kn. kuru sarta dhuwur tmr. pawakaning wong wadon.
(cangkag) :
cumangkag kw. mlumpat, lincak-lincak.
cangkah :
I êngg. kn. 1 mawa cawangan tmr. pang lsp; 2 sanggan, jagrag, sikilan; kc. cèkèh, cèngkèh. II cumangkah kw: kumêndêl, kumawani.
cangkang :
êngg. kn. cangkoking kêmiri, (êndhog lsp), kulit kêrang lsp.
cangkèl :
êngg. kn. wangkod, ora manutan.
cangkêm :
kn. tutuk ki. 1 perangan angganing manungsa ut. kewan sing dianggo mêmangan lan gunêman; 2 ks. gunêm, kandha; kakehan [x]: kakehan gunêm, tansah gumrêmêng; [x] gatêl pc: sênêng ngrasani ut. mêmisuh; nyangkêm kodhok: kaya cangkêm kodhok yaiku suwèk maju têlu; di-[x]-i ks. diujar-ujari.
cangkêrêm :
kn. cêngkêrêm.
cangkêt :
êngg. kn. ayu, ngrêsêpake.
(cangking) :
di-[x] kn. 1 digawa sarta disambi lembeyan (tmr. barang sing cilik-cilik); 2 dièmbèt-èmbèt, disrèmpèt ing gunêm; 3 mung diucapake saperangan tmr. têtêmbungan (kaya kang kalumrah ing wangsalan); [x]-an: 1 barang-barang sing dicangking; 2 pawèwèh sing minangka olèh-olèh.
cangkir :
kn. wadhah wedang lsp. sing arêp diombe.
(cangklak) :
nyangklak kn. 1 krasa lara ing kèlèke (marga kêdhuwurên ênggone ngranggèh lsp); 2 pc. ora runtut, angèl rèh-rèhane; [x]-an: lêkokaning lêngên cêdhak karo kèlèk.
cangklèk :
kn. ar. gêndhing; nyangklèk: nggawa bocah lsp. kalinggihake ing bangkèkan banjur karangkul; [x]-an: bngs. kolongan kayu kaêtrap ing bangkèkan kanggo nyêngkêlit arit lsp.
cangklèt :
êngg. kn. nèmplèk ing, cêdhak nyangklêk.
cangklètan :
êngg. kn. canthèlan, cangkolan.
(cangklêk) :
nyangklêk kn. cêdhak bangêt.
(cangklêng) :
nyangklêng êngg. pc. nganthêng, ngêntèni nganti suwe.
(cangkluk) :
nyangkluk kn. pacak gulu sarana manthuk kapathêt.
cangklung :
(ut. nyangklung) kn. tangane diulur maju (kaya yèn arêp ngranggèh).
cangklong :
I êngg. kn. bngs. pipa bumbung dianggo torong. II kn: kanthong dawa wadhahe kiwa têngên yèn nggawa disampirake ing pundhak; di-[x]: digawa sarana kasampirake ing pundhak.
cangkul, cangkol :
êngg. kn. pacul.
(cangkol) :
di-[x]-ake kn. dicanthèlake, dicantholake; [x]-an: canthelan.
cangkok :
kn. 1 kuliting kêmiri, êndhog lsp; 2 omah-omahaning keyong lsp; 3 piringan ing traju lsp; 4 pêthèn cilik wadhah mas-intên; 5 êngg. palêmahane dhewe (dudu ngindhung); 6 êngg. wong sing duwe palêmahan (dudu ngindhung); 7 kang pokok, kang baku, lajêr; di-[x]: 1 digêrêt sarta diklokopi klikane banjur diblêbêd ing sêpêt didèkèki lêmah, yèn wis ngoyod tumuli dikêthok lan ditandur; 2 ditandur tmr. thikilan ut. pêthetan; 3 dicengkok, ditulad; [x]-an: 1 wit sing dicangkok; 2 trubusaning wit sing wis tuwa; kc. cengkok.
cangkrama :
(S) kw. mlaku-mlaku ngenggar-enggar ati; nyangkramani: andon kasukan karo wong wadon.
cangkrang :
kn. lêlara cacar; [x]-ên: nandhang lara cangkrang.
(cangkrim) :
[x]-an kn. bêdhekan, batangan.

--- 626 ---

cangkring ~ caruk.

cangkring :
kn. ar. wit bngs. dhadhap mawa êri.
canglung :
kn. cangklung: dawa [x]-e ks. sikil lan tangane dawa.
canguk :
kn. 1 wong sing pinatah ngawasake têkaning mungsuh lsp. saka ing kadohan; 2 êngg. pangarêping pangon.
cangungong :
kn. unining mêrak.
cangcalan :
êngg. pc. sangsalan; kc. cancalan.
(cangcang) :
di-[x] êngg. dicancang.
cangcing :
êngg. kn. cancing.
cangcut :
êngg. kn. cancut.
cao :
(C) kn. ar. ombèn-ombèn (tètès dicampur banyu nganggo ampas).
caos :
êngg. pc. 1 k. tungguk; 2 êngg. kn. sowan marang dhêdhuwurane; 3 ki. cawis; di-[x]-i ki: 1 dicawisi; 2 diwènèhi; kc. saos.
caoto :
kn. saoto.
cap :
kn. 1 piranti kanggo gawe tulisan ut. gambaran, sêtèmpêl; 2 tulisan (gambaran) sing disêtèmpêl; 3 tandha, têngêr ing barang-barang (saka pabrik lsp); 4 bathikan sing ora dibathik sarana tangan; di-[x]: 1 disêtèmpêl; 2 ditêngêri sarana cap; 3 dibathik sarana cap; 4 didrik (ora ditulis).
capa :
(S) kw. gêndhewa.
capaga :
kn. ar. wit.
capah :
êngg. kn. sikil, tungkak.
capala :
(S) kw. 1 rongèh, sigrak; 2 nêpsu; di-[x]: disrêngêni.
capang :
kn. dawa nyênthang tmr. brêngos.
capar :
êngg. kn. 1 ngoyod; 2 bngs. thikilan, thokolan.
caparu :
kw. ak. wadhah kinang.
cap-bapêm :
[x]-leyo, [x]-singa êngg. kn. layang idin kêna mbukak palêmahan.
cap-dumuk :
kn. tandha tangan awujud tapaking jêmpol (marga ora bisa nulis).
cap-ji-ki :
(C) kn. ar. mainan.
cape :
I kn. lêsu sarta lêmês tanpa daya. II êngg. pc: jare (ucape). III di-[x] êngg: dibadhe; [x]-an: cangkriman.
capêng :
kn. mingkis lêngên ngarêpake pêrang (kêrêngan) tmr. wayang.
capêt-capêt :
kn. mung rada kèlingan (marga wis lawas bangêt).
cap-gawe :
êngg. ar. pangkat ing punggawa desa.
cap-go-mèh :
(C) kn. riyaya tanggal 15 bakda taun baru Cina.
capil :
êngg. kn. caping.
caping :
kn. 1 tudhung sing digawe nam-naman pring; 2 êngg. tudhung sing digawe lakên ut. bludru.
(capit) :
di-[x] pc. disapit, dijapit.
caplak :
kn. bngs. tuma asu.
caplang :
kn. capang.
caplêk :
êngg. padha plêk.
capluk :
mak [x] kn. katêranganing mangan.
(caplok) :
di-[x] kn. 1 disaut têrus dipangan; 2 ks. dipangan.
capuri :
kn. cêpuri.
caprang :
êngg. kn. kêtêl sarta dawa nyênthang tmr. brêngos.
capcapan :
kn. 1 sing wis dicap; 2 wis dibathik ing cap; kc. cap.
cara :
I kn. 1 laku, pratikêl, up. [x]-ne wong golèk pangan: 2 padatan sing kalumrah, up. desa mawa [x]; 3 miturut padatan (kalumrahan), up. mênganggo [x] Sala; 4 basa, up. bisa gunêman [x] Wlanda; 5 (ut. [x]-ne) êngg. pc. mungguh, mungguha; di-[x]: dianggêp kaya, ditindakake kaya. II (S) kw. ak: têlik, utusan.
cara-balèn :
kn. ar. gamêlan.
carak :
kn. sungu dianggo wadhah banyu kanggo ngumbah cangkêm jaran; di-[x]: dikumbah nganggo banyu ing carak tmr. cangkêm jaran.
caraka :
(S) kw. kongkonan, utusan.
carakan :
I kn. calon. II kn: urut-urutane aksara Jawa, kapirit saka: [...][3]
carana :
I (S) kw. laku, sikil; cs. 2. II (S) kw: rêrênggan; cinarana: rinêngga-rêngga.
carang :
I kn. 1 pang pring; 2 mawa pang cilik-cilik akèh tmr. suruh pakis lsp; [x]-an: 1 suruh sing tuwuh ing pang (dudu golor); 2 crita sêmpalan saka crita sing baku (crita karangan). II [x] burung êngg: sarang burung.
carang-buntala :
kn. gombyok ing lapak ut. ing uncal.
carang-gantung :
kn. ar. gêndhing.
carang-landhêp :
br. ent. gêgaman landhêp.
carat :
I kn. 1 cucuking canthing pambathikan; 2 (ut. [x]-an) cèrèt. II êngg. kn: mlêthèk, pêcah. III êngg. kn: lêmah sing nglojok ing sêgara (yèn sêgarane rob, kêlêban). IV ([x]-taun, [x]-warsa): angin gêdhe saèm. lesus; kc. cèrèt.
caracab :
kw. buyar, pating slêbar.
carêk :
êngg. cêdhak.
carêm :
kw. wis atut salulut; [x]-an êngg. k: durèn.
carêmin :
kn. crêmin.
cari :
ma-[x] kw. ak. golèk.
cariyos :
k. 1 carita; 2 kandha.
carik :
I kn. 1 êngg. corèk, garis; 2 bathikan tangan; 3 jurutulis ing kalurahan lsp. II êngg. kn: sawah darbèke dhewe-dhewe; di-[x](i): diêdum-êdum marang batur-batur lsp. (tmr. lorodan dhaharaning priyayi gêdhe); [x]-an: lorodan, turunan.
caring :
êngg. kn. 1 padhang, têrang; 2 têrang (udane lèrèn); 3 dhedhe.
carita :
n. cariyos k. babad, dongèng ngêmot lêlakon; kc. crita.
caritara, caritra :
kw. carita.
cariwis :
kn. criwis.
(carya) :
kacaryan kw. gumun, gawok, bungah.
carma :
(S) kw. wlulang.
carmin :
kw. pangilon.
caru :
(S) kw. sajèn, korban; di-[x]: disajèkake.
(carub) :
di-[x] kn. diwor sarta dicampur dadi siji; [x]-an: campuran.
carabuk :
kn. 1 ar. dhapuring kêris; 2 ar. iwak loh.
carub-wor :
br. carub sarta awor ora karuan pêpilahane.
caruk :
kn. campur dadi siji; di-[x]: 1 dirayuk, dirauk; 2 digraut; 3 êngg. dicampur, dicarub ora dipilah-pilah.

--- 627 ---

caruk-banyu ~ cathuk.

caruk-banyu :
kn. carukan, diracak tanpa dipilah-pilah.
car-cur :
pc. tansah mancur; kc. cur.
car-cor :
pc. gunêman mung waton mêtu bae.
cas :
pc. katêranganing mancas; di-[x]-i: 1 dipathoki, ditêtêpake tmr. rêrêgan lsp; 2 êngg. diputus, dipancasi; 3 êngg. dikandhakake trêp kaya apa anane; [x]-[x]-an: 1 pancas-pancasan; 2 pêpancasan, putusan; kc. pancas.
cas-cês :
pc. kêrêp tètès tmr. ilêr lsp; kc. cès.
cat :
kn. katêrangan lêpasing wêktu sakêplasan; [x] ... [x] ora: sakêplasan ... sakêplasan ora (katon, kelingan lsp); [x]-[x]-an, [x]-cut: ora têtêp pamikire.
catu :
I êngg. tatu. II di-[x] êngg: diupakara (didongani lsp) tmr. tatu. III kn: 1 ingon, cadhong; 2 êngg. bageaning sawah darbèking wong akèh; 3 êngg. sawah sing digadhuhake minangka pituwas; 4 êngg. bawon (opahaning ani-ani); 5 êngg. pancèn, mula nyata; di-[x]: dicadhong, dicumpi.
catur :
I n. (wi-) cantên k. gunêm, kandha; ana [x] mungkur pr: ora mrêduli (maèlu) gunêming liyan; nyatur: nggunêm, ngrêmbug bab, ngrasani; ka-[x], cinatur br: kacarita, kocap; [x]-an: gunêman, calathu. II (S) kw: papat. III kn: ar. dolanan asal saka Pèrsi, nganggo blabak pêsagèn (papan catur) mawa gambaran kêkothakan irêng putih sarta wong-wongan (bidhag, jaran, patih, ratu, mantri, bètèng).
cato :
êngg. kc. catu II.
caton :
I (ut. pa-[x]) kn. bathok dibolongi kanggo dhasaring kukusan yèn dianggo adang. II kn: cadhong, ingon, cumpèn; kc. catu.
catra :
I (S) kw. 1 payung; 2 pangayoman. II (S) kw. ak: jantra, rodha.
caca :
kn. 1 rêngat, bênthèt; 2 cacad, gampang kênane lêlara; [x] mata: matane cacad; [x] upa pr: ngrênggangake pamitran sing wis rakêt.
cacab :
kn. 1 rumasuk, tumancêb (kacêp) 2 amblês, kaclup ing banyu lsp. nyabrang ing banyu lsp. nganti jêro; 3 mandi, ampuh, sêtijab bangêt; 4 (lênga [x]) lênga ut. dèrèsan rêmpêlas lsp. kanggo sarana ngakèhake rambut; 5 bosokan kewan ut. wisa kanggo nêncêm gêgaman; di-[x](i): 1 disabrangi; 2 dilêngani ing cacab tmr. rambut; 3 dicêncêm ing wisa lsp. tmr. gêgaman; ka-[x]-an br: kêlêban.
cacad :
I kn. kaanan sing njalari alaning wujud, ciri ala; di-[x]: diwaoni, diceda; dadi [x]-an: dadi pangalan-alan (akèh wong sing nacad). II [x]-an kn: tracuk ing wluku.
(cacag) :
di-[x] êngg. dicacah.
cacah :
I kn. 1 wilangan, kêhing samubarang; 2 êngg. wong tani sing wênang mèlu ndarbèni sarta nggarap sawah; di-[x]-ake: 1 diwilang, dietung; 2 digênahake, (katut) dirêmbug; ora kê-[x]: ora katut dirêmbug. II di-[x] kn: dijur (dirajang) lêmbut tmr. iwak lsp; 2 dikrikiti ing tikus lsp. nganti ajur; [x]-an: 1 apa-apa sing wis dicacah; 2 pc. dhapur, rupaning praèn.
cacah-jiwa :
kn. 1 kèhing wong sing padha dêdunung ing sawijining nêgara lsp; 2 nacahake kèhing wong sing padha dêdunung.
cacah-êri :
kn. petungan kèhing iwak loh.
cacah-molo :
kn. petungan kèhing omah.
cacah-sawah :
kn. petungan kèhing sawah.
cacah-sirah :
kn. petungan kèhing wong ut. kewan.
cacah-cucah :
kn. 1 rucah, arahan; 2 pc. ora sênêng (tanpa pakolèh).
cacaya :
kw. ora murni, palsu; kc. caya.
cacak :
I êngg. kn. bngs. piranti pangrajangan têmbako. II êngg. pc. jajal ! coba ! kalah [x] mênang [x] pr: samubarang prakara iku pakolèh lan orane kudu dicoba dhisik; di-[x] êngg: dicoba, dijajal, diayati; kc. cak. III kn: 1 pancèn, mula nyata; 2 luwih-luwih manèh, apa manèh; aja [x]: aja sing ..., aja manèh ...
cacal :
kn. cowèl; di-[x]: dicowèl, dipêcèl.
cacala :
kw. utusan; kc. cala.
cacar :
I êngg. pc. lara cangkrang, ana warna-warna up. [x] alas, [x] banyu. [x] tumbar, [x] jagung; di-[x]-(i): dicublik ut. digarit lêngêne nganggo pèn sing wis dicêncêm ing wiji cacar kanggo panulaking lara cacar; [x]-ên: nandhang lara cacar. II di-[x] êngg: dipancas, dirampasi tmr. têtuwuhan lsp.
caci :
êngg. kn. 1 sanggan (jlagrag) kayu sing arêp digraji, andhan-andhan saèm. paga; 2 cathokan, ilat-ilataning cathok.
cacing :
kn. ar. kewan tanpa bêbalungan wujude gilig dawa sarta lêmês; pênjalin [x]: pênjalin sing cilik; suruh [x]: suruh sing tanpa carangan; di-[x]-i: diombèni jamu murih mêtu cacinge; [x]-ên: nandhang lara marga ing wêtênge akèh cacinge.
cathak :
I kn. bngs. lalêr gêdhe sok ngrubung raja-kaya; nyathak: (kaya cathak) kurang ajar, murang tata. II êngg. kn: andha dianggo ndèrès arèn.
(cathèk) :
di-[x] kn: dicakot (tmr. asu).
cathèk-gawèl, cathèk-cawèl :
kn. sênêng ngunèni ala, sênêng mêmaoni.
cathêm :
ut. [x]-an kn. tanggêm cilik; di-[x]-ake pc: diingkêmake; ikêt-ikêtan [x]-an pc: ikêt-ikêtan tanpa sinthingan sarta mèpèt bangêt.
(cathêt) :
di-[x] kn. 1 êngg. dijithêt, didondomi; 2 êngg. dikrikiti; 3 dipèngêti, dieling-eling sajroning ati; di-[x]-i: ditulisi murih aja lali; [x]-an: layang pèngêtan.
(cathil) :
di-[x] pc. dijupuk (disuda) saperangan, digawa lunga.
(cathis) :
nyathis kn. wêwanguning cangkêm (janggut) sing cilik.
cathuk :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning

--- 628 ---

(cathur) ~ cèkli.

untu tumangkêb; [x]-an, [x]-ên: untune gathik dening adhêm.
(cathur, cathus) :
nyathur, nyathus kn. mênêng bae tanpa ngucap (cangkême mingkêm sêmu maju).
cathut :
kn. ar. piranti kanggo nyabut paku lsp.
(catho) :
[x]-[x] kn. 1 kurang awas pandêlênge (marga cadhok, pêtêng lsp); 2 durung mangrêti têmênan.
cathok :
I (ut. [x]-an) kn. timangan ing sabuk; di-[x]: 1 dipasang sarta dianjingake mung kanggo nyoba tmr. ragangan omah lsp; 2 digathukake sarta diubêdi ing tali (tmr. kayu sing arêp disambung); [x]-an: 1 tali, wilahan wêsi lsp. sing dianggo nyathok sambungan kayu lsp; 2 adon-adon gêthakan ing sambunganing kayu; 3 (ut. [x] rêmbug) pc. wis canthèl rêmbug. II di-[x] kn: nyaut kinjêng, lalêr lsp. nganggo tangan.
cathok-gawèl, cathok-cawèl :
kn. 1 gandhengan tangan sarana drijine kasêlap-sêlapake; 2 sênêng maoni, sênêng cawe-cawe; kc. cathèk.
cathok-pelas
kn. tangkêb pelas (jarit sing cupêt, yèn dianggo bêbêdan ut. tapihan ora bisa tumangkêb mubêd).
cawad :
kn. saradan sing njalari cacad, nglênthar; di-[x]-(i): diwada, diwaoni.
cawak :
I kn. 1 ora pêsagi bênêr dadi yèn ditangkêbake banjur mèncèng tmr. ikêt; 2 pc. ora trêp, kêcilikên ut. kêsêthithikên. II kn: crawak, sênêng bêngak-bêngok.
cawan :
(C) kn. lèpèk (piringaning cangkir).
cawang :
I kn. 1 (ut. [x]-an) pang; 2 mawa pang sing trubus awangun kaya canggah; 3 mangro tmr. ati lsp. II [x]-an êngg. kn: gadhangan, calon.
cawar :
êngg. kn. cabar.
(cawe) :
[x]-[x] kn. mèlu ngrêmbug prakaraning liyan.
(cawèl) :
di-[x] kn. 1 dicathèk, dicakot; 2 êngg. pc. dicêkêl, katut dicakot tmr. dakwa lsp.
cawèn :
kn. mawa rêrênggan gambar kêkêmbangan kang ngrêmit; kc. cawi.
cawêni :
kn. bngs. lawon putih.
cawêngah :
kw. 1 jiguh, rikuh; 2 ora sudi.
cawêt :
kn. apa-apa sing dianggo nutupi wêwadi sarana kaubêdake ing bangkekan kasusupake saantaraning wlakang; di-[x]-ake: disilakake sarta diubêdake ing bangkekan; [x]-an: nganggo cawêt.
cawi :
kn. panuli sing alus kang lumrah sing digawe brêngos tikus ut. kucing; di-[x]: disungging nganggo cawi.
cawik :
i ki. cewok. II [x]-an êngg. kn: 1 cawan, lèpèk; 2 bathok cilik kanggo takêran bêras lsp.
(cawil) :
di-[x] êngg. dicawèl.
cawis :
kn. 1 (caos ki) sadhiya, wis tumata; 2 êngg. tungguk ana ing dalême priyayi gêdhe; cêcawis: tata-tata ing sadurunge; di-[x](ake): disadhiyakake; (cê)[x]-an: sadhiyan.
cawuh :
kn. 1 dhumpyuk (jumbuh) ora kêna dipilah-pilah; 2 bola-bali (nglantrah) nganti njuwarèhi.
cawuk :
sa-[x](an) kn. sacidhuk, sacidhukan; di-[x]: 1 dicidhuk nganggo tangan dicêkodhongake; 2 digraut, digruwak.
cèblèh :
êngg. kn. cêblèh.
cèblêk :
mak [x] pc. katêranganing tumancêb lsp; di-[x]-ake: diceblokake, ditancêbake.
(ceblok) :
di-[x]-ake êngg. ditancêbake, ditandur.
ceblong :
êngg. kn. cebong.
cebol :
kn. 1 cêndhèk sikile cêkak tmr. dêdêg-piadêg; 2 pc. cabar, wurung tanpa woh; [x] nggayuh lintang pr: wong sing duwe jangka prakara sing mokal-mokal.
cebol-kêpalang :
kn. yèn ngadêg katon cêndhèk, nanging yèn linggih katon dhuwur tmr. dêdêg-piadêg.
cebong :
kn. anak kodhok sing isih awujud kaya iwak loh.
ceda :
kw. cacad; di-[x]: dicacad.
cedan :
kw. cacad; kc. ceda.
cedhak :
êngg. cêdhak.
cedhal :
kn. ora cêtha kêdaling gunême tmr. bocah cilik (up. r diucapake l).
cèdhêk :
êngg. cêdhak.
cedhok :
kn. bngs. serok kanggo golèk iwak; tukang [x] êngg: bakul iwak loh; [x]-[x] sêmbahe: anggone nyêmbah ambal-ambalan; nyêmbah sa-[x]-an: nyêmbah sapisan.
cè-e :
êngg. supaya; kc. cikbèn.
cèg :
I di-[x]-ake êngg. pc. 1 disahi (tmr. utang); 2 dicècègake. II (W) kn: layang ing bang minangka pratandha wênang nampa dhuwit.
cègêr :
mak [x] kn. katêranganing mencok, kêna tmr. panah lsp; cègar-cègêr, [x]-[x]: bola-bali tansah mencok (kêna); di-[x]-ake (dicègèrake êngg): dipêsthèkake, dijagakake; kc. cagêr.
cegoh :
ut. [x]-regoh êngg. pc. cekoh-regoh.
cègcog :
êngg. pc. pasulayan, padudon, udur.
(ceyok) :
di-[x](i) êngg. pc. dirauk, diraup.
cèk :
I kn. (sa-[x]) salarik (salentrengan) nglima-lima, ut. mapat-mapat tmr. metung dhuwit; 2 êngg. limang sèn; di-[x]-i: diwilang sarana dilèntrèng-lèntrèng lima-lima ut. papat-papat tmr. dhuwit; kc. cècèk, cèg. II di-[x] êngg: diadhuk (dilêmbutake) tmr. wlukon.
cekas :
êngg. kn. wêkas, wêling.
cèkat-cèkêt :
kn. tumandang sarwa rikat.
cèke :
êngg. pc. supaya; kc. cikbèn.
cèkèh :
kn. 1 ingisor bênggang mênga tmr. sikil; 2 (ut. [x]-mêkèkèh) sikil kang mênga saèm. engkar; 3 êngg. pc. jagrag canggah.
cèkèl :
kw. murid, baturing pandhita.
(cèkèr) :
I [x]-[x]. cêcèkèr kn. 1 ngorak-arik lêmah sarana cakar (tmr. pitik); 2 pc. golèk pangan; di-[x]-i: digaruk-garuki nganggo cakar (tmr. pitik). II (ut. cêcèkèr) êngg: dêdunung, manggon; [x]-an êngg: sawah sing digawe dhewe.
cèkli :
kn. cilik sarta bêcik tmr. omah; cèklèn pc: pasaja (gampang-gampangan) tmr. pasugatan lsp.

--- 629 ---

(cekluk) ~ cèpèr.

(cekluk) :
[x]-an êngg. kn. cêciblon.
ceko :
kn. bengkong ora kêna dijêjêgake tmr. tangan.
cekoh :
I êngg. kn. ceko. II (ut. [x]-kokoh): dhokoh sarta sêngkut ênggone mangan.
cekoh-regoh :
kn. wis jêmpo sarta wis ora bisa nggêglawat.
cekot :
pc. bengkong sarta cacad tmr. athik-athikan lsp.
cekot :
êngg. kn. ceko.
cekre :
êngg. kn. kunthing.
(cekruk) :
[x]-an êngg. kn. cêciblon.
cèkcok :
êngg. pc. padudon, pasulayan.
celad :
êngg. kn. cedhal.
cela-celu :
êngg. kn. owah-owah (molah-malih) pêpenginane.
cele-cele, cèlèn :
êngg. têmbung sabawaning gumun.
cele-mende :
kn. ar. kewan gêgrêmêtan.
cèlèng :
I n. andhapan k. babi alasan; [x] mogok kn: 1 ar. patraping mepe pari; 2 wanguning kêcik; [x] gontèng kn: bngs. cèlèng cilik; ngadhêp (cêdhak) [x] bolotên pr: cêdhak (sêsrawungan) karo wong ala, mêsthi gampang kêtularan; di-[x]-i kn: disimpên saka sathithik tmr. dhuwit; [x]-an kn: 1 wadhah dhuwit dianggo nyèlèngi; 2 simpênan dhuwit; 3 êngg. sanggan antru lsp. II [x]-[x] êngg. pc: têmbung sabawa nelakake gumun lsp.
(cèlu) :
ka-[x] br: kumudu-kudu; kc. kumacèlu.
celung :
I (ut. kêcelung) kn. kêmbang dhadhap. II nyelung kn: 1 golèk laron lsp. sarana dijontrot ing diyan; 2 pc.mblondrongake, nasarake. III kw: cupu; dicelung: diwadhahi ing cupu.
cèm :
êngg. cèp, cup.
cèmbèng :
kn. 1 pc. riyaya mêmêtri kuburan (ing sasi April) tmr. bangsa Cina; 2 (ut. [x]-an) êngg. riyaya karamean ngarêpake giling tmr. pabrik têbu; 3 (ut. [x]-an) êngg. karamean ing desa ngarêpake panèn; kc. cingbing.
ceme :
I (ut. kêceme) pc. ar. woh bngs. bêstru. II (ut. cême, cèmèh) pc: ar. mainan nganggo kêrtu cilik; kc. jèmèh.
cèmèt :
êngg. pc. cèpèt.
(cemot) :
I di-[x] kn. diangkat (dibopong, dirangkul) kapêtêkake ing dhadha kanthi rêrikatan; kc. comot. II [x]-[x] kn: rêgêd pating klaprut (up. mêntas mangan cangkême gubras).
cempal :
êngg. kn. godhong lsp. sing dianggo nimpal rêrêgêd; kc. timpal.
cèmpèh :
êngg. kn. bngs. tenggok cilik awangun bundêr.
(cemplak) :
di-[x] êngg. dicengklak, dicemplo.
cemplo :
kn. katêranganing nyengklak; di-[x]: dicengklak.
(cèmprèng) :
(ut. [x]-an) êngg. kn. rèmèh, ora aji; 2 climèn tmr. duwe gawe.
cèndhèk :
êngg. cêndhèk.
cèndhèp, cêndhèp :
êngg. cêndhak.
cendhok :
êngg. sendhok.
cendhol :
kn. 1 glindhingan pathi onggok; êngg. ombèn-ombèn sing nganggo ampas glintiran pathi onggok; kc. cumendhol.
(cènèng) :
di-[x] kn. narik, nggèndèng tali lsp.
cèning :
êngg. ar. panganan.
cènol :
mak [x] pc. katêrangan mêndaling barang sing êmpuk.
centhang :
I kn. bngs. cowèk cilik. II di-[x](i) kn: didèkèki corèkan ut. tulisan kanggo têngêran; [x]-an: cathêtan, pèngêtan (têtêngêr).
cènthang-cènthêng :
pc. tansah kêna bae.
(cènthèl) :
di-[x]-ake êngg. pc. dicanthèlake; kc. canthèl.
cènthêng :
mak [x] pc. katêranganing kêna (tmr. barang sing lancip lsp).
centhong :
êngg. kn. 1 enthong; 2 balung têpak.
cèng :
I kn. 1 kilang têbu sing arêp didadèkake gula; 2 êngg. tètès (turahan kilang têbu). II di-[x]-i pc: dilangkahi, dilumpati tmr. ing mainan.
cèngan :
êngg. kn. rada ngantuk.
cengas-cengos :
pc. pating crengos; kc. crengos.
cèngbèng :
pc. cèmbèng, cingbing.
cèngèh, cêngèh :
êngg. kn. lombok.
(cèngèl) :
nyèngèl pc. mêncungul moncol; di-[x]-ake: dicungulake moncol.
cèngèng :
êngg. kn. cingèng.
cènggèr :
kn. daging ing bathuking pitik; kc. jènggèr.
cèngkèg :
pc. congkog.
cèngkèh :
êngg. pc. 1 sigar cêcawangan; sikilan, sanggan; 3 lirangan tmr. gêdhang; kc. cèkèh.
cèngkèr, cêngkèrèk :
êngg. kn. cengkre.
(cengklak) :
I nyengklak kn. mêncolot munggah ngayati nunggang jaran lsp, ngayati nunggang mumbul saka ing iringan. II di-[x] êngg: dicangklèk.
cengkok :
kn. 1 pratingkah sing ginawe-gawe murih katon bêcik; 2 cara ênggone mangun wêwujudan (karangan, yêyasan lsp); 3 êlak-êluking swara ing lêlagon têmbang lsp; di-[x]: 1 êngg. dicangkok; 2 ditiru, ditulad.
(cengkrang) :
sikile di-[x]-ake pc: sikile dislengkrangake.
cengkre :
kn. sênêng nangani (mbêbeda lsp) tmr. bêcah[4] cilik.
cengkrong :
kn. 1 bengkong tmr. sikil ut. tangan; 2 penthong; 3 êngg. bngs. lading sing mbêngkêluk.
cengosan :
pc. crengosan.
(ceok) :
di-[x]-i êngg. pc. dirauki, diraup.
(ceos) :
di-[x] êngg. disiram ing banyu murih mati tmr. gêni.
cèp :
êngg. dhèp, cèm, cim; di-[x]: wis didhèdhèki dhisik.
cèpe :
êngg. ujare, jarene.
cèpèh, cèpèk, cêpèk, cêpèr :
êngg. kn. cawan, lèpèk.
cèpèr :
(cêpèr êngg) kn. ora jêgong, ora kuwung tmr. piring lsp; [x]-[x]-e êngg: sathithik-sathike,[5] apêse.

--- 630 ---

cèpèt ~ cêdhak.

cèpèt :
I kn. rêgêd pating klaprut; [x]-[x] tangan: ngipat-ngipatake tangan têlês (mêntas wisuh lsp); kc. clèprèt. II [x]-an êngg. kn: gêndruwon (têtironing gêndruwo).
(cèplak) :
[x]-[x] êngg. mêmangan coplak-capluk.
ceplak-cèplèk :
pc. cêdhak bangêt.
cèplês :
kn. 1 trêp bangêt ora kurang ora luwih tmr. paran, plêk ora kliru tmr. petungan lsp; 2 trêp padha rupane, jiblès.
cèplukan :
kn. 1 ar. manuk; 2 ar. têtuwuhan.
(cepor) :
nyepor êngg. pc. gêdhe njêbèbèh tmr. lambe.
cèprat-cèprêp :
êngg. kn. 1 tansah kêna tmr. gaman landhêp sing ditamakake; 2 pc. bêcik ênggone ngêmpakake têmbung.
(cèprèt) :
di-[x]-i êngg. diciprati apa-apa sing rêgêd.
cèprêt :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning lêlandhêp sing tumama.
(ceprot) :
di-[x]-i pc. diciprati.
cèr :
kn. pêpindhan swaraning kêcèr lsp.
cerak, cêrak :
êngg. kn. cêdhak.
cerang-cerong :
êngg. pating clerong tmr. rai.
cere :
kn. 1 (ut. ceremende) ar. kewan bngs. coro cilik; 2 nistha, asor, arahan.
cèrêk :
êngg. cêdhak.
cèrèm :
êngg. rèmèh, sapele.
cèrèt :
kn. ar. wadhah nganggo cucuk sing digawe blèg ut. têmbaga piranti kanggo nggodhog wedang; kc. carat.
(cerit) :
êngg. pc. cirit.
cerok :
êngg. pc. serok.
(cerong) :
[x]-[x] kn. rêgêd pating clerong; di-[x]-i: diclonèhi; kc. clerong.
cès :
mak [x] pc. katêrangan tumètèsing ilêr; ngê-[x] pc: ngilêr; [x]-[x]-an pc: tansah ngilêr.
cèt :
I (sa-) [x] kn. salentrengan dhuwit nglimang sèn lsp; kc. cèk. II kn: bubukan mawa warna dijuri banyu ut. lênga kanggo mulas, nglapis lsp; di-[x]: dipulas (dilapis lsp) ing cèt. III di-[x]-i êngg. pc: diklècèpi.
cece-buce :
pc. 1 cècèl-bucèl; 2 asor, sapele, rèmèh.
cècèg :
êngg. pc. cocog; di-[x]-ake: dicocogake.
cècèk :
I êngg. pc. cocog. II di-[x](i) kn: dicacah (dicowèl-cowèl) tmr. gori, klika lsp. III kn: rajangan wlulang kêbo ut. sapi digorèng dianggo lawuh. IV êngg: gori.
cècèkan :
êngg. pc. gampang dilakoni (dijangka).
cècèk-bucèk :
pc. pating crowèl kêbak tatu.
cècèl :
kn. pating crowal marga tatu kêna wadung lsp; di-[x](i): dicowal-cowal nganggo wadung lsp.
cècèl-bucèl :
kn. tatu pating crowal (marga dicècèl ut. kêna ing mêmala).
cecemu, cecemuwe :
êngg. pc. rèmèh, sapele bangêt.
cècèr :
kn. kècèr, cicir.
cecok :
êngg. pasulayan, pêpadon; kc. cèkcok.
cècèran, cècètan :
êngg. manuk glathik ênom; kc. cècrèkan.
cècrèkan :
kn. glathik ênom; isih [x]: isih ênom (durung lêbda ing kawruh).
cèthèk :
(cêthèk êngg) kn. 1 ora jêro tmr. kali lsp; 2 ([x] budine, [x] kawruhe lsp) ora muluk bêbudène (kawruhe lsp).
cèthèt :
mak [x] pc. sanalika mêcothot mêtu; [x] ks: 1 mati; 2 (ora [x]) ora bisa.
cèthi :
I êngg. kn. bêrsèt sarta prigêl. II (S) êngg: batur wadon.
cetho :
pc. ks. picak.
cethok :
I kn. wangkil gêdhe. II pc. ks: pece (wc. pece sithok).
cèwèhan :
êngg. pc. ilèn-ilèn banyu; kc. clèwèhan.
cèwèk :
ut. [x]-gambrèng êngg: gêmbèng (gampang nangise).
cèwèng :
I kn. bèncèng karêp; di-[x]-[x] êngg. pc: dicènèng-cènèng; kc. bèncèng. II kn: ar. mainan nganggo kêrtu cilik.
cèwèr :
êngg. cuwèr.
cèwèt :
êngg. kn. 1 ana sing gothang, kurang patitis; 2 ora sampurna, ora wutuh.
cewok :
kn. cawik ki. rêrêsik sabakdane bêbanyu ut. nguyuh; di-[x]-i: dirêsiki (sabakdane bêbanyu ut. nguyuh).
cewol :
mak [x] pc. katêranganing nyêmol lsp; kc. ciwêl, cuwil.
cêb :
mak [x] pc. dumadakan tumancêb; di-[x]-ake pc: ditancêbake.
cêbak :
êngg. cablèk, têbak; di-[x]: dicablèk, ditêbak.
cêbèk :
I di-[x] êngg. dicablèk, ditêbak. II êngg. pc: cikbèn.
cêbêlèh :
kn. cêblèh.
cêbilak :
êngg. kn. ora sumringah, tanpa warna.
cêblaka :
kn. pasaja, barès; kc. blaka.
cêblang-cêblung :
pc. gunêman mung anggêre muni bae.
(cêblèk) :
di-[x] pc. dicablèk.
cêbluk :
pc. cêblung; di-[x]-ake pc: 1 dicêblungake, dicêmplungake; 2 dicêblokake, diceblokake.
cêblung :
I mak [x] pc. katêranganing apa-apa sing kêcêmplung ing banyu lsp; nyêblung pc: nyêmplung; di-[x]-ake pc: dicêmplungake. II (ut. cêcêblung) ks: anak.
cêblok :
kn. 1 tiba tmr. krambil lsp; 2 êngg. gogrog, coplok; 3 êngg. peranganing cagak lsp. sing tumancêb ing lêmah, kayu lancip kanggo gawe (jaga) giliran gênti gêntèn; di-[x]-ake: 1 ditancêbake ing lêmah tmr. cagak lsp, diêdêgake ing (tmr. omah); 2 pc. ditandur tmr. pari lsp; 3 pc. ditibakake, digogrogake; [x]-an: gogrogan (woh).
cêbuk :
I kn. ar. kewan ama kacang. II kn: pêpindhan swaraning barang kêcêmplung ing banyu; kc. cêbluk.
cêbur :
kn. pêpindhan swaraning nyidhuk banyu lsp.
cêbrik :
êngg. rêgêd mblêkêthêk, jêblog.
cêdhak :
n. cêlak k. ora adoh antarane; nyêdhak(-i): mara cêdhak karo: kê-[x]: kinasih; [x]-an karo pc: kêkumpulan

--- 631 ---

cêdhêk ~ (cêkêthêm).

karo; saka [x]-an: saka ing papan sing cêdhak.
cêdhêk :
pc. cêdhak (cêdhak bangêt).
cêdhis :
kn. wong sing asor (ala) bangêt.
cêdhul, cêdhot :
mak [x] êngg. pc. krasa kaya dicènèng tmr. tatu lsp; dudu nyêdhut êngg. kn: dudu sanak dudu kadang.
cêdhot :
êngg. pêdhot; di-[x] êngg: dicènèng, dipêdhot; kc. cêdhut.
cêg :
mak [x] pc. katêranganing nyênyêkêl; mak [x] gêmêk: nyêkêl alon-alonan nanging kêncêng; kc. cag.
cêgah :
I êngg. kn. kêjêjêgên tmr. doran. II kn: 1 alangan, têngadur; 2 (ut. cêcêgah) nyandhêt pêpenginan marang pangan lsp; di-[x]: dicandhêt, dielikake, dilarangi.
(cêgat) :
di-[x](i) kn. 1 dipapag ana ing dalan (arêp diêndhêg lsp); 2 diadhangi, dialang-alangi murih aja têrus; 3 êngg. pc. diadhang, diêntèni.
cêgèh :
I kn. 1 dhadhane krasa sêsêg rêkasa kanggo ambêgan; 2 ([x] atine) rada mangkêl. II kn: kêjêjêgên pangêtrape tmr. doran, ukiran lsp.
cêgèk :
êngg. cêkak, kêkêncêngên.
cêgêmêk :
mak [x] pc. nyêkêl alon-alonan nanging kêncêng; kc. cêg.
cêglak-cêglik :
pc. (nunggu wong lara lsp) ijèn tanpa rowang.
cêglug, cêglung, cêgug :
mak [x] pc. katêranganing kêcêmplung ing banyu.
cêguk :
I kn. sêgun, cêkik; [x]-ên: sêgunên, cêkikên (tmr. bayi). II (ut. clêguk) kn: ngombe; sa-[x]-an: saglênggêngan (saombèn). III êngg: bodho, cugêtan atèn.
cêgur :
kn. jêgur; nyêgur: nyêmplung ing banyu lsp; di-[x]-ake: dicêmplungake ing banyu lsp; kc. jêgur.
(cêgok) :
[x]-[x] pc. pêpindhan swaraning wong ngombe; sa-[x]-an: saombèn; kc. cêguk.
cêgot :
êngg. pc. pêdhot; kc. cêdhot.
cêk :
mak [x] pc. katêranganing nyênyêkêl.
cêkak :
kn. ora landhung, ora dawa; [x] aos, [x] cukup: cêkak akèh surasane (mêntês); [x] ambêkane (napase): ambêkane ora landhung (sêsêk); [x] budine: nêpson, cugêtan atèn; [x]-e, [x]-ane: ringkêsing rêmbug; di-[x](-i, -ake): 1 dicêndhakake tmr. apa-apa sing landhung; 2 diringkês tmr. crita lsp.
(cêkakah) :
[x]-an sikile pc. sikile mbêgagah.
cêkakak :
kn. ar. manuk; pating [x], [x]-an: gumuyu sêru.
(cêkakar) :
[x]-an pc. têturon sikile diunggahake sêmu arêp ngranggèh.
cêkakik :
pc. klèlèt.
cêkaklak :
êngg. kn. cêkakak (ar. manuk).
(cêkangkang) :
pating [x], [x]-an pc. (padha) tiba klumah; kc. jêkangkang.
cêkap :
k. cukup.
cêkathakan :
kn. lapak kayu (kang lmr. nganggo larab bludru).
cêkathuk :
pating [x] pc. pating clêkanthuk.
(cêkedhong) :
nyêkedhong kn. nêkuk (mbengkong) tmr. tangan.
cêkèh-cêkèh :
êngg. watuk.
cêkèk :
I kn. lara watuk sing ora ngêtokake riak; bok [x] ta!! pc: bok mati ta !; kc. cêkik. II di-[x] ks: dipangan.
cêkekal :
mak [x] pc. tiba banjur gumregah; kc. jêkekal.
cêkekar :
[x]-an kn. cêkakaran.
(cêkèkèh) :
pating [x] kn. katon mbênggang tmr. sikil; di-[x]-ake: dibêgagahake tmr. sikil; kc. cèkèh.
cêkenthong :
kn. bngs. takir sing digawe godhong gêdhang kanggo wadhah sêga wuduk lsp.
cêkengkang :
pating [x] pc. padha tiba mlumah; kc. jêkengkang.
cêkèt :
mak [x] pc. katêranganing nyakot, nyathèk lsp.
cêkèthèk :
pc. jêkèthèk.
(cêkethok, cêkethong) :
di-[x]-ake pc. dipuntir (ditêkuk) mlêbu tmr. ugêl-ugêl.
cêkêdhung :
kn. 1 êngg. jêgong. lêgokaning apa-apa sing kuwung; 2 lêgokaning tangan (èpèk-èpèk) nalika dikuwungake; tangane di-[x]-ake: èpèk-èpèke dikuwungake kaya patrape wong nyawuk banyu lsp.
cêkêkar-cêkêkêr, cêkêkêran :
êngg. pc. ngglangsur alon-alonan.
cêkêkrêk :
, pating [x], nyêkêkrêk pc. katon ora sigrak; kc. cêkukruk.
cêkêl :
n. cêpêng k di-[x]. 1 (diasta ki) digocèki, digujêngi, dicandhak; 2 wis disadhiyakake kanggo (tmr. gêgaman, dhuwit lsp); 3 didarbèni ing sawêtara mangsa minangka tanggunganing utang lsp; di-[x]-i: 1 digujêngi, digocèki; 2 diwènèhi gêgaman, dhuwit lsp. kanggo sadhiyan; 3 diwènèhi apa-apa minangka tanggungan; di-[x]-ake: 1 digocèkake, dicandhakake; 2 digadhèkake ut. diwènèhake marang liyan minang[6] katanggunganing utang; [x]-an: 1 (ut. [x] tangan) gocèkan, gujêngan, padha dene nyêkêl tangan; 2 apa-apa sing dicêkêl ut. dianggo sadhiyan (dhuwit lsp); 3 peranganing piranti (pêdhang lsp) sing dicêkêl, garan, gêgaran; 4 barang-barang sing dianggo tanggunganing utang; 5 (layang [x]-an) layang pratandha utang piutang.
cêkêl gawe :
n. cêpêng damêl k. 1 duwe pangkat sing têtêp; 2 êngg. têtêp dadi warganing padesan (wêwênange têtêp).
cêkênêng :
pating [x] kn. kêncêng bangêt tmr. kulit, daging lsp.
cêkênik :
pating [x] kn. akèh wujude nanging cilik-cilik; kakehan [x]: kakehan rèbyèg (kakèhan uba-rampe).
cêkênuk :
pating [x] kn. pating prênthêl.
cêkênthik, cêkênthing, cêkênthit, cêkênthung :
, pating [x] kn. padha nêkuk ut. mrênthêl ing pucuke.
cêkêngkêng :
mak [x] pc. sanalika mati dadakan.
cêkêp :
êngg. k. cukup.
cêkêthak-cêkêthik :
(-cêkuthik) pc. pating clêkuthik.
cêkêthêk :
pating [x] pc. mblêkêthêk, pating blengkrah ora kopèn.
(cêkêthêm) :
di-[x] kn. digêgêm kêncêng.

--- 632 ---

cêkêthik ~ (cêmak).

cêkêthik :
jêbul mak [x] pc. jêbul mung [x] pc: jêbul mung sapele bae.
cêki :
kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik.
cêkidhang-cêkidhing :
pc. nggêgawa apa-apa mung dicêngkiwing bae.
(cèkidhing) :
di-[x] kn. dicêngkiwing, dicangking.
cêkik :
kn. 1 cêguk; 2 sêgun ngarêpake mati; 3 kn. mati; di-[x] ks: ditêkak; [x]-ên: cêgukên, sêgunên; kc. cêkèk.
cêkikèr :
kn. swara kluruking ayam alas.
(cêkikik) :
pating [x], [x]-an: ngguyu lirih.
cêkit :
I mak [x] kn. katêranganing rasa dicakot lirih; kc. cêkot. II di-[x] êngg. dicolong sathithik sarana diêrit tmr. pari ing sawah; kc. cêkut.
cêkithang-cêkithing :
; kc. cêkidhang-cêkidhing.
cêkithat :
pc. jêkithat.
(cêkithing) :
di-[x] kn. dicêngkiwing, dicangking.
(cêkiwing) :
di-[x] pc. dicêngkiwing, dicangking.
cêklak, cêklèk, cêklik :
mak [x] kn. swaraning apa-apa sing putung.
cêklèk :
êngg. kn. coklèk, putung; di-[x] êngg: dicoklèk, diputung; [x]-an: 1 pc. putungan rèncèk lsp; 2 jêplakan, jêpatan; 3 ([x] atèn) mutungan, gampang nêpsune; kc. coklèk, jêklèk.
cêkluk :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning ngglêthuk ut. njêthuti rosrosan; di-[x](i): diglêthuk, dijêthuti tmr. ros-rosan lsp; [x]-an êngg: dhêklak-dhêkluk marga ngantuk; kc. jêkluk.
cêkukrak-cêkukruk :
pc. tansah ndhêkêm kurang sigrak tmr. pitik.
(cêkukruk) :
nyêkukruk kn. tansah ndhêkêm kurang sigrak tmr. pitik.
(cêkunthêng) :
di-[x]-ake pc. ditêkuk, dibêngkuk pucuke.
(cêkut) :
di-[x](i) pc. 1 dicolong sarana diêrit sathithik tmr. pari sing isih ana ing sawah; 2 dijupuk sarta digawa lunga; 3 (di-[x] nyawane) mati; kc. cêkot, cêkut.
(cêkuthak) :
di-[x] jangggute kn. disamplak janggute.
cêkuthik :
[x]-[x], pating [x] pc. akèh enggok-enggokane ut. guthêkane; kc. clêkuthik.
(cêkuthis) :
nyêkuthis pc. 1 (raine) katon pucêt sarta kêmpot; 2 ora duwe isin, saèn njêjaluk, gêmi bangêt.
(cêkuthu) :
nyêkuthu kn. tangane nggêgêm (jêmpole kacungulake ing antarane panuding karo panunggul).
cêkuthuk :
I caping [x] êngg. caping pring awangun bundêr. II [x]-[x] pc: klêkêr-klêkêr ora sigrak tmr. laku lsp.
(cêkodhok, cêkodhong) :
tangane di-[x]-ake kn. tangane dikuwungake kaya yèn nyawuk banyu; kc. cêkothong.
cêkoh :
ki. watuk.
cêkok :
I kn. lêgokan sangisoring kalamênjing sadhuwuring balung dhadha. II (ut. [x]-an) jamu bocah cilik kalêbokake ing cangkêm sarana gombal dipêrês; di-[x]-i: 1 diombèni jamu sarana cêkok; 2 êngg. disirami tmr. pêthetan lsp; 3 (di-[x]-i inding) pc. wong lanang sing wis nurut bae karo sing wadon. III [x]-an kn: mondholaning ikêt.
cêkot :
mak [x] pc. katêranganing rasa kaya dicakot; [x]-[x]: krasa kaya dicakot tmr. tatu lsp.
(cêkothèh) :
di-[x](i) pc: diclonèhi.
(cêkothok) :
di-[x]-ake kn. dicêkodhongake.
(cêkothong) :
I di-[x]-ake pc. dicêkodhongake. II êngg. ks: tangan, cakar.
cêkrah-cêkrèh, cêkrah-cêkroh :
kn. tansah (padha) watuk.
cêkrak :
mak [x] pc. pêpindhaning swara ut. katêranganing rasane dicocog; cumêkrak: krasa mak cêkrak.
cêkrèk :
mak [x] pc. katêranganing apa-apa sing njêklèk.
cêkrik :
mak [x] pc. katêranganing rasa dicocog ing dom lsp; nyêkrik pc: nyêrikake ati.
cêkrok :
mak [x] pc. saèm. cêkrik, cêkrak (luwih kuwat).
cêla :
1 kw. cacad, ceda; 2 êngg. gêla; di-[x] kw: dicacad, diwada.
cêlak :
I k. 1 cêdhak; 2 cêndhak. II êngg. kn: sêpi, arang-arang ana wong liwat tmr. dalan. III kn: bubukan arêng lsp. dianggo nyipati pinggring[7] tlapukan murih katon blalak-blakak; di-[x]: diusari (disipati) ing cêlak.
cêlaka :
pc. cilaka.
cêlat-cêlut :
êngg. ora têtêp (gonta-ganti pikirane).
cêlathu :
n. wicantên k. ngandika ki. kandha, gunêman; kc. clathu.
cêlèk :
kn. 1 gathèl; 2 êngg. têmbung pamisuh; di-[x]-ake pc: 1 disilakake tmr. ikut; 2 ks. diêlèkake tmr. mata; kc. pêncêlèk.
cêlêb :
I êngg. k. adhêm. II dipun-[x] k: diwêdêl; kc. cêlêp.
cêlêk :
êngg. k. cêdhak; kc. cêlak.
cêlêng :
êngg. k. irêng [x]-an êngg. k: 1 wêdêlan; 2 nila; 3 cèlèng.
(cêlêp) :
dipun-[x] k. diwêdêl; [x]-an k: 1 wêdêlan; 2 êngg. nila.
(cêlêr) :
di-[x] pc. disêlêr.
(cêlêt) :
di-[x] kn. 1 dijabêl, dicabut tmr. gunêm, kasaguhan lsp; 2 pc. didhaku, dipèk (sing ora kalawan sah); [x]-an: apa-apa sing dicêlêt.
(cêlik) :
kê-[x] kn. mlèsèd saka pangirane.
(cêlub) :
di-[x]-(ake) kn. diblêdhêsake ing barang cuwèr; kc. cêlup, clab, club.
(cêluk) :
[x]-[x] kn. nguwuh-uwuh ngundang; di-[x]: diundang, disêbut jênênge; kê-[x]: 1 karan; 2 misuwur.
cêluluk :
kn. alok, ngucap, nguwuh.
(cêlup) :
di-[x](ake) kn. diblêdhêsake ing barang cuwèr; kc. cêlub, clab, club.
cêlus :
kn. 1 bngs. lintah; 2 (ut. cêlul) ks. planangan.
cêlom, cêlong :
kn. acum (pucêt) marga mêntas lara lsp.
cêlor :
kn. laku jina; nyêlor: 1 alaku jina; 2 njamah; anak [x]-an: anak jadah (bapake ora kawêruhan).
(cêmak) :
di-[x] êngg. digrayang, dimèk-mèki.

--- 633 ---

cêmani ~ cênela.

cêmani :
kn. irêng mulus tmr. ulêsing pitik lsp.
cêmara :
I kn. ar. wit sing godhonge pating sluwir. II kn: 1 subal gêlungan sing digawe rambut; 2 kêbut (kêlud) sing digawe bobat.
cêmbuk :
êngg. cèlèng gêdhe.
cêmburu :
(ut. [x]-an) êngg. butarêpan, mèri.
cêmbring :
êngg. sêpi mamring.
cêmèk :
êngg. cêmpe.
cêmèmèk :
êngg. ks. pawadonan.
cêmèng :
kn. anak kucing.
cêmèt :
êngg. cèmèt.
cêmêdhing :
êngg. pêcêl.
cêmêmêk :
pating [x] kn. padha jêmèk arêgêd.
cêmêndhil :
kn. inthil wêdhus, tai tikus; kc. têmindhil. cindhil.
cêmêng :
k. (êngg. n). irêng; [x]-an: 1 k. irêngan (palêmahan sing ora ditanduri ing sawêtara mangsa); 2 êngg. k. nila; 3 êngg. k. wêdêlan; 4 pc. k. candu, tike; 5 k. wage.
cêmêr :
êngg. kn. 1 jênês, jêmbêr; 2 nistha bangêt, ora barès.
cêmêra :
êngg. asu.
(cêmêt) :
di-[x] êngg. kn. digèrèd nganggo tampar (tmr. prau ing susukan lsp).
cêmêthi :
kn. têmbung ki. sambuk cêndhak (kanggo nyabêt jaran tunggangan); di-[x], dicêmêthèni: disabêti nganggo cêmêthi.
cêmima-cêmimi :
pc. katon mêmêlas tmr. polatan.
cêmimi :
pating [x] pc. 1 cêmima-cêmimi; 2 pating clumik (padha gunêman lirih).
cêmimik :
êngg. ks. pawadonan.
cêmimingan :
êngg. pc. mlaku sêmu kagèt sarta ngati-ati.
cêmindrikan :
êngg. kn. climèn.
cêmirik :
êngg. kirik.
cêmukiran :
kn. corak rêrênggan ing bathikan (ing pinggiring têngahan ut. ing kêmadha).
cêmumak-cêmumuk, cêmumutan :
kn. mlaku ing pêtêngan (sêmu grayah-grayah).
cêmung :
kn. bngs. bokor.
cêmuru :
kw. ak. kidang.
cêmo-e :
kn. ar. wedang nganggo sêre sarta ampas.
(cêmok) :
di-[x] êngg. didêmok, didumuk.
(cêmol) :
di-[x] êngg. pc. dicêkêl lan ditêkêm banjur ditarik.
cêmpa :
êngg. kn. 1 cêndhak tmr. wulu, sikil lsp; 2 (pari [x]) pari sing tanpa wulu (wulune cêndhak).
cêmpad :
êngg. kn. panêmu, putusaning panglimbang; di-[x] êngg: diputusi (ditêtêpake) yèn ala, diêmohi, diwada.
cêmpaka :
kn. ar. wit kêmbange wangi (bngs. kanthil).
cêmpala :
kn. kayu mawa pênthol piranti kanggo ngêpraki wayang.
cêmpaluk :
kn. asêm ênom; di-[x]-i: 1 dirêridhoni ut. dipaeka murih murungake sêdyane; 2 diceda, diwaoni.
cêmpe :
kn. anak wêdhus.
(cêmpèd) :
di-[x] êngg. diplèpèd, dijapit.
cêmpelo :
mak [x] pc. mak cemplo.
cêmpêdhak :
kn. bngs. nangka (nangka cina).
(cêmpêlak, cêmplak) :
di-[x] êngg. disêntak, diwangsuli songol.
cêmplang :
kn. 1 rasa kurang bumbu (uyah lsp) tmr. jangan lsp; 2 kêmba tmr. crita, gunêman lsp.
cêmplang-cêmplung :
kn. 1 mung anggêre dicêmplungake; 2 cêblang-cêblung (gunêman tanpa digagas).
cêmple :
I êngg. cêmplang. II êngg: cêmpe.
(cêmplêk) :
nyêmplêk êngg. wêwangunan cilik mblêndhuk; kc. cêmpluk.
(cêmpli) :
nyêmpli êngg. saèm. njêmbling.
cêmpling :
êngg. diyan cilak.
(cêmplu) :
nyêmplu êngg. saèm. nyêmpluk; kc. cêmpluk, cêmplon.
(cêmpluk) :
nyêmpluk êngg. cêndhèk lêmu (mblêndhuk).
cêmplung :
mak [x] pc. katêranganing nyêblung (lumêbu); nyêmplung: 1 njêgur, nyêblung; 2 pc. lumêbu ing, mlêbu dadi, up. nyêmplung sêrdhadhu; di-[x]-ake: dijêgurake, dilêbokake (sarana ditibakake).
cêmplon :
kn. 1 bngs. prau jungkung; 2 êngg. bngs. gênuk cilik; 3 êngg. ar. panganan sing digawe kêtela; kc. cêmplu.
cêmplong :
êngg. kn. 1 bolong amba sarta jêro; 2 cumplung (krambil bolong); kc. cêplong.
cêmpulêk :
êngg. gênah yèn.
cêmpuling :
kn. bngs. tumbak mawa gantholan kanggo misaya iwak.
cêmpuri :
êngg. kn. pagêr bata; kc. cêpuri.
cêmpurit :
kn. 1 ([x] untu, [x] sungu) atèn-atèning untu (sungu); 2 (sungu) garan wayang; [x]-ên: lêlaranên tmr. têtuwuhan.
cêmpurung :
kn. nam-naman pring ut. pênjalin tutup bandhosa.
cêmpol :
kn. sêpêt krambil sing nutupi mata (bolonganing siji).
cêmpolèh :
êngg. kn. cacading kalakuan; di-[x]-i: disrêngêni, didêlir-dêlirake tindake sing ora bênêr.
cênal-cênil :
kn. mêndal tmr. barang sing cilik.
cênanalan, cênanilan, cênanulan :
pc. ênjal-ênjalan tmr. pratingkahing wong wadon.
cênanang :
pating [x], [x]-an êngg. pc. mlaku matane pêndirangan.
cênanuk :
pating [x] pc. padha katon njêngêr marga kagèt lsp.
cêndhak :
n. cêlak k. ora dawa, cêkak; di-[x]-i: digawe luwih cêndhak; panyêndhak kn. alang, ambaning palêmahan lsp.
cêndhala :
kw. nistha, ala.
cêndhana :
kn. ar. kayu ambune wangi.
cêndhani :
kn. (pring [x]) bngs. pring cilik-cilik; watu [x]: bngs. marmêr.
cêndhani-raras :
br. ambèn (paturon).
cêndhèk :
n. andhap k. èndhèk.
cêndhela :
kn. jêndhela.
cêndhêk :
êngg. cêndhak.
cêndhêng :
ks. sanak-sêdulur, brayat.
cêne :
êngg. kn. cacad; nyêne: nacad, maoni; kêcênèn: konangan pialane.
cênela :
kn. bngs. sêlop ut. sandhal.

--- 634 ---

cênèng ~ cêngkèng.

cênèng :
kn. bngs. bokor kanggo takêran bêras (isine ± 1 kati).
cênès :
êngg. k. seje; kc. sanès.
(cênêng) :
di-[x] êngg. dicènèng alon-alonan; kê-[x]: kêcènèng, mulur marga kêtarik.
cênil :
pc. apa-apa sing awangun bundêr cilik sarta êmpuk mêndal; [x]-[x], mak [x]: mêndal tmr. barang sing cilik bundêr.
cênining :
pating [x], [x]-an pc. gumagus tmr. solah-tingkah.
(cênuk) :
di-[x]-ake êngg. dicakêtake.
cênunak-cênunuk, cênunukan :
kn. mlaku ing pêtêngan muk-mukan.
cênunuk :
êngg. kn. bngs. cikar.
cênunut :
pating [x], [x]-an êngg. pc. byak-byakan ana ing êndi-êndi (murang tata-krama).
cêncang :
pc. cancang.
(cêncêm) :
di-[x] kn. dikum ing lênga (wisa lsp); lênga [x]-an: lênga diêkumi pandhan lan kêmbang kanggo lêlêngan rambut.
cênthak :
I êngg. kn. takêran bêras kang digawe kayu dikrowoki (isine ± 7½ kg). II nyênthak êngg. kn: nglumba, njola tmr. jaran.
(cênthang) :
nyênthang kn. nyongat mbêngkêluk munggah.
cênthang-cênthèng :
kn. cênthe-cênthe.
(cênthe) :
I [x]-[x] kn. nywara (gunêman) sêru bangêt tmr. wong wadon. II kn: saron cilik.
(cênthèng) :
[x]-[x] kn. cênthe-centhe.
cênthing :
I kn. apa-apa sing awangun dawa nyongat munggah sathithik; jungkat [x]: jungkat nganggo buntutan; nyênthing: nyongat munggah sathithik. II êngg. kn: udhêt.
cênthuka :
kw. kodhok; kc. canthoka.
cênthul :
ks. 1 palanangan; 2 têmbung pamisuh (nelakake maido).
cênthula :
kw. murang tata, kurang ajar.
cênthung :
kn. sinom sing ditata pating clêkênthung.
(cênthok) :
di-[x] êngg. 1 digêpok, didumuk; pc. disêrikake atine sarana didumuk cacade lsp; kê-[x]: nêpsu marga dilarakake atine.
cêng :
kn. luthik cilik kanggo nglêbokake candu ing bêdudan.
cêngak-cêngèk :
kn. tansah sêsambat (mbêngok sêsambat).
cênganglung :
pating [x] pc. padha ndêngangak gulune manglung.
cênganguk :
mak [x] kn. patrape wong ngungak banjur bali (marga gêla ut. ora kêtêmu karo sing diparani).
(cêngap) :
di-[x] kn. disêntak, diujari sêngol.
cêngar-cêngèr :
kn. nangis sêru tmr. bayi.
(cêngèh) :
di-[x]-[x]-ake pc. diketok-ketokake, dicungul-cungulake karêbèn katon; kc. cêngoh.
(cêngèk) :
[x]-[x] kn. tansah mbêngok sêsambat; dicêcêngèk: pc: ditêtangis, dibêbeda.
(cêngèl) :
nyêngèl kn. katon cêtha dumunung ingarêp; di-[x]-[x]-ake: diketok-ketokake (dicungul-cungulake) murih katon cêtha.
cêngèr :
mak [x] kn. dumadakan nangis sêru tmr. bayi; [x]-[x]: nangis sêru tmr. bayi; kc. cêngar-cêngèr.
cêngèngès :
pating [x] kn. padha ngguyu mlêngèh; nyêngèngès: ngguyu mlêngèh.
(cêngès) :
di-[x] kn. 1 êngg. diisinake (dianggo sêmbranan) sarana dipêpoyoki lsp; 2 diukum diwajibake nyangga kawajibane (caosane) kancane.
cêngêl :
kn. griwa ki: iringaning gulu kaprênah ing buri.
cêngêng :
kn. 1 (gulune) krasa kaku; 2 kamitênggêngên marga gumun lsp.
cêngêr :
êngg. kn. thêngêr-thêngêr.
cênggama, cênggami :
êngg. kn. kuwatir, sumêlang; kc. drigama.
cêngge :
(C) kn. arak-arakan Cina.
cênggèrèng :
kn. ar. panganan bngs. rêmpèyèk.
cênggèrètnong :
kn. ar. kewan ibêr-ibêran kang nywara: rèt-nong.
(cêngging) :
di-[x] êngg. dicêcênggring; di-[x] githoke êngg. pc: dicêkêl githoke.
(cênggir) :
di-[x]-[x] kn. dicêcênggring.
(cênggring) :
dicêcênggring kn. tansah disêrikake atine.
cêngil :
(ut. [x]-bringkil) êngg. kn. jail bangêt; di-[x](i): dijaili, dipaeka marga kêmèrèn; cêcêngilan: padha dene maeka, jail-jailan.
cêngingak :
pating [x] kn. padha cingak.
cêngingas-cêngingis :
pc. tansah mringis, (polatan) tansah katon mêmêlas.
cêngis :
I êngg. kn. lombok jêmprit. II di-[x] êngg: dicampahi, dicêngès.
cêngkah :
kn. 1 duwa-dinuwa adu karosan; 2 prakara loro sing sulaya (ora cocog); di-[x]: 1 diduwa (disodhokake ) nganggo tangan loro; 2 diduwa (dipênggak) rêmbuge, karêpe lsp.
cêngkal :
I kn. 1 kayu lsp. sing dianggo madal lawang lsp. murih aja tumutup; 2 wilah lsp. sanggan jarit dianggo nalikane têtak; 3 êngg. nggugu karêpe dhewe; nyêngkal: 1 nduwa (nyangga) nganggo cêngkal; 2 pc. kau, wagu tmr. panganggoning têmbung lsp. II kn: ukuran lajuran dawane ± 3,75 m; mantri [x]: punggawa nêgara tukang ngukur; di-[x](i) êngg: diukur (dawa lan jêmbare).
cêngkalak :
kn. kayu ut. pring dianggo mbêlok tangan kaêtrapake ing gêgêr; di-[x]: dibanda sarta ditrapi cêngkalak.
cêngkalangan :
êngg. kn. kayu blêngkêring rodha.
cêngkang :
sa-[x] kn. sadawaning panuding karo jêmpol kabênggang; sa-[x] kulite br: ora pasah ing gêgaman.
cêngkao :
(C) êngg. bakul sing ngêdolake barange sudagar gêdhe.
cêngkar :
I (ut. cêcêngkar) kn. njênggar, nêba sumêbar. II kn: kurang loh, têgêrak.
cêngkaruk :
kn. 1 sêga aking (diêpe); 2 kêmbang jambu.
cêngkèh :
kn. 1 ar. wit sarta woh (dianggo bumbon crakèn); 2 ar. kêrtu gêdhe (ana gambare kaya cêngkèh); 3 uliran ing suwêng wujude kaya kêmbang cêngkèh.
cêngkelak :
kn. bali (nolèh) rêrikatan.
cêngkèng :
kn. 1 swaraning asu ngalup (nêmbang sêru lsp); 2 êngg. pc. bisa.

--- 635 ---

cêngkèrèk ~ cêplas-cêplis.

cêngkèrèk :
pating [x] pc. 1 katon kuru-kuru tmr. têtanduran; 2 pating clokèr tmr. tulisan.
(cêngkèwèk) :
di-[x] kn. digèrèt maju, dicêngkiwing.
(cêngkèwèng) :
di-[x] êngg. pc. dicêngkiwing, dicêngkèwèk.
(cêngkêlang) :
di-[x]-ake êngg. disêngkêlitake ing bangkekan.
cêngkêg :
êngg. pc. congkog.
(cêngkêlêk) :
pating [x], [x]-an pc. ngulu sêmu klêlêgên.
cêngkênik :
pc. cêkênik.
cêngkênuk :
pating [x] pc. pating prênthèl.
(cêngkêrêm) :
di-[x] kn. digêgêm (dicêkêli) kêncêng nganggo cakar lsp.
cêngkêrung :
pating [x] kn. pating jêngkêrut tmr. kulit.
cêngkidhang-cêngkidhing :
pc. cêkidhang-cêkidhing.
(cêngkig) :
di-[x] pc. dipèpèt ing gunêm, dicêkêl.
cêngkiling :
kn. sênêng mara-tangan (nabok, ngantêm lsp).
cêngkir :
kn. krambil ênom ngarêpake dadi dêgan.
(cêngkiwing) :
di-[x] kn. 1 digawa panyêkêle mung ing pinggir ut. ing pucuke bae; 2 (di-[x] jênênge) diwancah, dicêkak; [x]-an: wancahan tmr. jênêng.
(cêngklak) :
kê-[x] kn. 1 kêsliyo gêgêre tmr. bocah cilik sing digendhong; 2 kêcênthok, mutung marga kagol.
(cêngkle) :
nyêngkle êngg. njênggle.
(cêngklèng) :
nyêngklèng kn. 1 ora runtut; 2 adoh karo sing dituju tmr. mlaku lsp.
cêngkli :
êngg. gêndul cilik (gêndul limun).
(cêngklik) :
nyêngklik pc. sumèlèh (linggih) mangklik-mangklik.
cêngkling :
mak [x] kn. nywara kaya wêsi sing dithuthuk; cumêngkling: nywara cêngkling.
(cêngklung) :
cêcêngklungên kn. ngarêp-arêp bangêt, ngantu-antu.
(cêngklong) :
di-[x](i) kn. disuda, dikurangi, dicowok; [x]-an: 1 sudan; 2 cowokan.
cêngkul :
êngg. kn. jênggul.
cêngkung :
kn. pêpindhan swaraning kêmpul lsp; wis cumêngkung: wis misuwur ênggone micara.
cêngkuwèh :
êngg. kn. tangkuwèh.
cêngkuwêk, cêngkuwik :
pating [x] kn. akèh lêlêgokane akèh bêngkukane; nyêngkuwêk: nyanthuk bangêt.
cêngkuwêr :
nyêngkuwêr kn. nyanthuk (mbêngkêluk) mlungkêr.
cêngkok :
êngg. kn. tampangan têmbako.
cêngkolak :
kn. kayu diikêt kêncêng kanggo ngrangkêpi cêkêlaning gêndhewa, palanging jaring lsp.
(cêngkolong) :
di-[x] kn. digolèki lupute (disrekal) sarana pitakon sing sinamun; [x]-an: pitakon lsp. kanggo nyêngkolong.
cêngkong :
êngg. 1 cêngkèng, panjêgoging asu; 2 pc. ks. bisa.
cêngkorèk :
pating [x] pc. pating clorèk (dlarèh); di-[x]: 1 dikorèk, diokèr; 2 diudhal-udhal cacade.
(cêngkorong) :
di-[x]-i kn. dipêtha ing sadurunge dadi; [x]-an: 1 raganganing omah lsp. sing isih dadi rancangan; 2 kubêng, blabaraning gambaran; 3 rancangan, pêpêthan minangka rancangan.
cêngkowak, cêngkowèk, cêngkowik, cêngkowok :
pating [x] kn. mawa lêgokan (krowokan lsp); cêngkowokan: lêgokan, luwangan.
cêngkrang, cêngkring :
mak [x] kn. krasa kaya dicocog.
cêngkring :
[x] atine êngg. lara atine.
cênguk :
kn. anak kêthèk; nyênguki: umur-umurane bayi lagi wiwit bisa nywara.
cêngunguk :
mak [x] êngg. pc. dumadakan têka (linggih).
cêngungus :
pating [x] kn. padha cêlom kaya wong karipan.
cêngungong :
kn. swaraning mêrak.
(cêngoh) :
di-[x]-ake pc. dicungul-cungulake karêbèn katon.
(cêngol) :
di-[x]-[x]-ake pc. dicungul-cungulake.
cêngongah-cêngongoh :
pc. tansah ngaton bae.
cêngonglong :
mak [x] pc. sanalika manglung (gulune kaajokake).
cêngongok :
pating [x] pc. padha ndhangak manglung.
cêngcêngan :
êngg. dhuwit manjêr; kc. cancang.
cêp :
kn. mênêng sanalika.
cêpak :
kn. 1 wis cêdhak karo dununge (wêktune lsp); 2 gampang sarta enggal (kêna lêlara, cilaka, nêpsu lsp); nyêpak: tata-tata (sumadhiya) arêp mêthuk, mangkat lsp; di-[x]-i: disudhiyani; di-[x]-ake: disadhiyakake (supaya gampang dianggo samangsa-mangsa); [x]-an: sudhiyan, cawisan.
cêpaka :
kn. cêmpaka.
cêpaplak :
pating [x], [x]-an pc. gronjalan, kroncalan.
cêpaplêm, cêpaplo :
pating [x] pc. padha mênêng bae (ora mêmangan, ora gunêman).
(cêpèpèh) :
nyêpèpèh pc. 1 ngrêpèpèh; 2 campah.
cêpèr :
êngg. 1 lèpèk, cawan; 2 cèpèr.
cêpèt :
êngg. kn. japitan, jêpitan pasangan tikus lsp; di-[x] êngg. pc: 1 dipênêt, diplèpèt, dipipit; 2 dijapit, dijêpit; [x]-an: 1 japitan wiron lsp; 2 plèpètan lênga, pipitan.
cêpethe :
[x]-[x] pc. rèmèh, sapele, ora aji.
cêpêdhak :
kn. cêmpêdhak.
cêpêl :
êngg. kn. ngêmbês ngêmu banyu (sarta dhêmpêl).
(cêpêng) :
k. cêkêl.
cêpêt :
(M) êngg. rikat, enggal.
(cêpit) :
di-[x] kn. 1 diplèpèt, dijapit; 2 (ut. di-[x]-i) êngg. ditêtaki; kê-[x]: 1 kêplèpèt, kêjêpit; 2 dumunung ing antarane barang loro; 2 êngg. jêpitan pasangan tikus lsp; 3 pc. sapit cilik; kc. jêpèt, cêpèt.
cêpithing :
êngg. kn. kêpithing.
cêplas-cêplis, cêplas-cêlpos :
kn. trêp bangêt kaya mêsthine.

--- 636 ---

cêple ~ (cêthanthêng).

cêple :
êngg. gunêman cara Jawa mawa swara a miring (Banyumas).
cêplèk :
êngg. kn. cêblèk, cablèk; di-[x]: dicablèk.
cêplès :
I mak [x] kn. katêrangan tumibaning sabêt lsp. II êngg. pc: bêling.
cêplik :
I kn. suwêng cilik (peranganing suwêng sing dumunung ing têngah). II êngg: 1 cilik, rèmèh; 2 lombok rawit.
cêpling :
mak [x] pc. copot sanalika.
cêplis :
mak [x] pc. swaraning panggitês.
cêpluk :
sakesuk [x] êngg. sasuwene wayah esuk.
cêplus :
mak [x] pc. swaraning apa-apa sing pêcah (dhuku diklêthus lsp); di-[x]: dipangan (dipèjèt) lsp. nganti pêcah tmr. dhuku lsp.
cêplok :
kn. 1 bundêran (kêmbangan) grènjèng lsp. kanggo rêrênggan ditèmplèkake; 2 coraking bathikan awangun bundêran ut. kêkêmbangan; 3 (êndhog [x]) êndhog digorèng (mung dipêcah banjur digorèng); di-[x]: digorèng tanpa diublêg tmr. êndhog.
cêplong :
kn. bolong amba; cumêplong: 1 bolong amba; 2 lêga atine.
cêplos :
mak [x] pc. 1 saèm. cêplus nanging tmr. barang sing rada gêdhe; 2 kandha kalawan têrang; di-[x]-ake: ditêrangake sawantahe (têrang bangêt).
cêpuk :
(ut. [x]-an) kn. ar. wadhah wangun mblêndhuk nganggo tutup digawe wadhah têmbako lsp.
cêpuri :
kn. 1 pagêr bata mubêng ing pakarangan; 2 êngg. pakarangan, pomahan; 3 êngg. peranganing kluwat sing ngisor kanggo nyèlèhake jisim; 4 kw. lopak-lopak, wadhah kinang; di-[x]: dipagêr bata mubêng.
cêpurung :
kn. omah-omahan ing gêgêring gajah ut. prau kanggo palinggihan.
cêpol :
êngg. kn. coplok marga ditarik ut. popol; di-[x](i): ditarik nganti cêpol.
cêpon :
êngg. bngs. wakul.
cêpot :
êngg. pc. copot.
cêprèt :
mak [x] pc. mak jêprèt.
cêprol :
mak [x] pc. sanalika cêpot (copot).
cêprot :
I mak [x] pc. katêranganing lêlandhêp sing tumancêp. II di-[x] pc: 1 dibukak tutupe nganti isine muncrat tmr. gêndul lsp; 2 (ut. di-[x]-ake) ks. dilairake (bayi). III [x]-an kn: wadhah gêmuk mêsin (pit lsp).
cêr :
I mak [x] pc. sanalika mancur; kc. kêcêr. II (sêdulur) [x] kn. tunggal bapa biyung.
cêrah :
kn. crah.
cêrak :
êngg. k. cêdhak.
cêrbak :
êngg. kn. apa-apa dipangan (tanpa tampikan); [x]-an: watake arêpan (apa-apa dipangan).
cêrbêk :
êngg. kn. cêrbak.
cêrdhik, cêrjik :
êngg. nastiti bangêt.
cêre :
I kw. tulèn, murni. II êngg: 1 pc. pisah; 2 ar. pari bngs. cêmpa.
(cêrèk) :
[x]-[x] kn. jêlih-jêlih, bêngok-bêngok.
cêrêk :
I kn. corekan cêndhak; di-[x]: dicorèk sathithik. II êngg: cêdhak bangêt.
cêrêt :
sa-[x] êngg. pc. sathithik bangêt tmr. banyu lsp.
(cêri) :
di-[x]-[x] kn. disirik (diêmohi) bangêt; cumêri-cêri: sêngit bangêt; pacêrèn: panggonan kang jênês-jênês (pambuwangan banyu lsp).
cêriyos :
k. pc. criyos.
(cêrik) :
[x]-[x] êngg. kn. cêrèk-cêrèk.
cêrkot :
pating [x] pc. krasa cêkot-cêkot.
cêrma :
kw. wlulang; kc. carma.
cêrmêdan :
kn. pc. gunêman sing saru-saru.
cêrmin :
kw. pangilon; kc. carmin.
cêrmumuh :
pating [x] pc. katon padha abuh ngêmu nanah.
cêrmomong :
pating [x] kn. katon mêngangah.
cêrngèk :
pating [x] pc. padha cêngèk-cêngèk.
cêrngèngèhan, cêrngèngèsan, cêrngingisan :
pc. tansah nyêngèngès.
cêrngungus :
pating [x] pc. katon kuru sarta pucêt tmr. praèn.
cêrung :
kn. jêro sarta njulêg tmr. jurang lsp.
cêrcèt :
êngg. kn. kacu.
cêrcêb :
pating [x] pc. krasa kaya dicublêsi ut. anyêb.
cêrcêlan :
pc. uyêl-uyêlan (nglairake anak akèh).
cêrthil :
pating [x] pc. krasa kaya dicêthili; kc. cêthil.
cês :
mak [x] kn. 1 pêpindhan swaraning gêni kasiram banyu lsp; 2 pc. sanalika krasa anyêp (adhêm); 3 pc. sanalika krasa lêga (ayêm) atine; kc. anyês, nyês.
cêsplêng :
pc. 1 mandi bangêt tmr. tamba lsp; 2 nikmat bangêt, enak banget.
cêcaya :
kw. ora murni; kc. caya.
cêcak :
I kn. ar. kewan bngs. têkèk cilik; [x] nguntal êmpyak pr: duwe panjangka sing ora timbang karo kaanane awake. II kn: 1 cêcêk, titik; 2 ar. sandhangan ing sastra Jawa (...); kc. cêcêk.
cêcêd :
kw. ak. cacad.
cêcêk :
kn. titik; di-[x]-i: 1 dititiki, ditulisi; 2 dicoblosi cilik-cilik; 3 diusêk-usêkake (tmr. têgêsan lsp); kc. cêcak.
(cêcêl) :
di-[x]-ake êngg. disêsêlake.
(cêcêp) :
di-[x] kn. 1 diombe sathithik lambene ditumpangake; 2 br. dicucup, diambung; 3 êngg. dilêbokake ing ati (tmr. ngèlmu, panêmu lsp); kc. cucup.
cêtha :
kn. 1 wêca, wêwêcan; 2 têrang bangêt (mungguhing pangrungu lan pandêlêng); di-[x]: 1 dipêsthi, ditêmtokake; 2 dilahirake, ditêrangake; dicêthakake: digênahake, ditêrangake.
cêthak :
kn. plêngkunganing cangkêm ing jêro (perangan dhuwur); nyêthak (nyêthêk): 1 krakêt ing cêthak; 2 pait bangêt.
cêthanthang, cêthangthang, nyêthanthang, nyêthangthang :
kn. nyênthang bangêt, katon dawa bangêt tmr. sikil lsp.
(cêthanthêng) :
[x]-an kn. sarwa kadung ênggone arêp tumandang.

--- 637 ---

cêthar-cêthèr ~ cikpèk.

cêthar-cêthèr, cêthar-cêthor :
kn. pêpindhan swaraning pêcut lsp.
cêthas-cêthès, cêthèthès :
pc. sarwa lancar ênggone gunêman.
(cêthathêl) :
[x]-[x] pc. kanthi rêkasa ênggone mlaku lsp. (marga kabotan gawan).
cêthèk :
êngg. kn. cèthèk.
cêthèn :
êngg. kn. cêmêthi, pêcut.
(cêthèt) :
I nyêthèti kn. gawe swara sarana driji lan jêmpol kapidihake banjur diplèsèdake kanggo ngabani manuk lsp; [x]-an: 1 pc. pejetaning diyan listrik; 2 gêlême muni yèn dicêthèti tmr. manuk; 3 êngg. sinthingan. II êngg. kn: cêthil.
cêthèthèt :
kn. manuk sikatan.
cêthetholan :
pc. kami sosolên ênggone gunêman.
cêthênthêng :
mak [x] pc. sanalika kaku tmr. driji.
cêthêthêk :
pating [x] pc. padha mênêng bae marga kadhêmên lsp.
cêthêthêng :
pating [x] pc. padha nganthêng ora tumandang.
cêthik :
I kn. balung sangisoring bangkekan. II [x] gêni êngg: dadèn gêni; gêni wis mati di-[x]-ake manèh pr: nyungulake prakara sing wis sirêp; kê-[x]: konangan pialane.
cêthil :
kn. kêladuk gêmi, suthik wèwèh; di-[x](i): 1 pc. dipêthiki, diduduti; 2 dicopot sarana ditalèni banjur disêndhal tmr. untu; nyêthili pc. ks: edan.
cêthing :
kn. wakul wadhah sêga; nyêthingi êngg. pc: mitoni wong mêtêng sapisanan.
cêthithèt :
êngg. kn. 1 banyu uyah; 2 ar. panganan (kêtan dibuntêli kaya lêgandha).
(cêthunthung) :
[x]-an pc. kau, ora rigên.
cêthus :
ora [x] ks. ora bisa.
(cêthut) :
di-[x]-(i) kn. 1 dibubut sarana dibêthot tmr. pari lsp; 2 dijêkluki, dijêthuti; kc. jêthut, uthut.
cêthuthak-cêthuthuk, cêthuthukan :
kn. sarwa aras-arasên satandang-tanduke; kc. cêthêthêk.
cêthuthat-cêthuthut :
kn. katon njêkutrut polatane; kc. jêthuthut.
cêthuthungan :
pc. cêthunthungan.
cêthuthur :
pating [x] pc. padha mênêng bae tanpa gunêman tanpa tumandang.
cêthol :
mak [x] pc. katêranganing nothol (nucuk).
(cêthot) :
di-[x] kn. diciwêl kapuntir.
cêwèwèk :
I di-[x] êngg. dibênggang cangkême. II êngg. ks: pawadonan.
cêwêni :
kn. bngs. lawon, mori.
cêwiwi :
êngg. kn. suwiwi.
ci :
I êngg. ece, kêthip. II kn: 1/10 tail (3.86 g).
ciblèk :
kn. ar. manuk cilik.
(ciblung, cibrung) :
[x]-an êngg: ciblon.
ciblok :
pc. tiba, runtuh.
ciblon :
ut. cêciblon kn. gawe lêlagon swara sarana nampèl-nampèl banyu (ing nalikane adus).
cibuk :
êngg. kn. cidhuk.
(cibur) :
[x]-an kn. adus jibar-jubur;ciblungan.
cidra :
(S) kn. 1 ora sêtya, ora nuhoni jangji; 2 pangapus, krenah, pitênah; 3 ak. luput, kliru; [x] ing ubaya br: mblenjani jangji; kêna ing [x] br: kêna ing pangapus, diapusi; laku [x] br: nindakake paekan (pangapus); silih [x] br: gênti-gêntèn ngapusi tmr. pêpêrangan; di-[x]: 1 diapusi, dipaeka; 2 dipatèni (sarana laku cidra); dicidrani: 1 ora dituhoni, diblenjani; 2 ditêmpuh kalawan cidra; 3 dipatèni kalawan laku cidra.
cidhal :
kn. cedhal.
cidhuk :
kn. siwur lsp. sing dianggo njupuk barang cuwèr ut. barang lêmbut; di-[x]: dijupuk (dicawuk) nganggo cidhuk; kc. cedhok.
cig :
pc. 1 êngg. ayo rikat; 2 hus ! (nggusah asu).
ciglog :
pc. jiglog.
(ciha) :
[x]-[x] kw. cikrak-cikrak (sêmu sêsumbar) kc. ciya.
cihna :
(S) kn. 1 êngg. ciri, tandha, têtêngêr; 2 bukti (barang sing dadi buktining colong jupuk lsp); ka-[x] br: kacêtha, katandha saka.
(ciya) :
[x]-[x] kn. cikrak-cikrak (kanthi ujar sêsongaran).
(ciyak) :
I [x]-[x] kn. ciya-ciya. II (C) pc: njupuk (mangan).
(ciyèt, ciyit) :
[x]-[x] pc. pêpindhan swaraning manuk dicêkêl lsp; mak [x], di-[x] pc: dicêkêl sanalika tmr. maling lsp.
ciyu :
(C) kn. bngs. arak.
(ciyum) :
di-[x] êngg. diambung.
ciyut :
kn. 1 ora amba; 2 (jarit [x]) kêmbên, slendhang; 3 kurang jêmbar wawasane.
ciyoko :
(C) kn. dina gêdhe bangsa Cina; kc. cioko.
cik :
I ut. cikak pc. cig, hus! (nggusah asu). II êngg: cikbèn. III wc: êncik.
cikal :
I kn. krambil sing wis thikil, wit krambil cilik. II di-[x]-i(ake) kn: diturahake, ora dirampungake babar pisan (tmr. garapan, pagawean); [x]-an: 1 turahaning krambil sing diparud; 2 tunggakan pagawean (garapan). III [x]-ên êngg: kêjêng tmr. urat ut. anggota.
cikal-bakal :
êng. cakal-bakal.
cikar :
êngg. kn. 1 grobag; 2 (ut. [x] kasur, [x] pir) bngs. grobag digèrèd ing jaran, rodhane loro gêdhe.
cikasi :
êngg. cikbèn.
cikat :
kn. cukat.
cikbèk :
pc. cikbèn.
cikbèn :
n. kajêngipun k. 1 karêbèn, yabèn; 2 amurih, supaya.
cikêr :
kn. puthêr tangane.
ciking :
(C) kn. lak.
ciklah :
êngg. pc. cikbèn.
ciklu, cikluk :
êngg. pc. wis wungkuk bangêt tmr. wong tuwa; diciklu pc: disrêmpêng têmênan.
ciklukan :
êngg. pc. ciblon.
cikmaraha, cikmasi :
êngg. pc. cikbèn.
cikmèk, cikmèn :
êngg. pc. cikbèn.
cikne, ciknèk, ciknèn :
êngg. pc. cikbèn.
cikngèk, cikngèn :
êngg. pc. cikbèn.
cikpèk, cikpèn :
êngg. pc. cikbèn.

--- 638 ---

cikrak ~ ciplèk.

cikrak :
I kn. ekrak (amben-ambenan) kanggo ngusung uwuh lsp. II [x]-[x] kn: giyak-giyak, lincak-lincak marga bungah.
cikrukan :
êngg. pc. ciblon.
cilaka :
kn. nandhang sangsara (kojur), ora bêgja; nyilakani: njalari cilaka.
cilakak, cileke, cilekin, cilekik :
pc. cilaka (kanggo têmbung sabawa).
cilam-cilum :
kn. bola-bali nyilêm (amblês ing banyu).
cili :
êngg. cilik.
cili-guthi :
êngg. pc. cilik bangêt (rèmèh bangêt).
cilik :
n. alit k. 1 ora gêdhe; 2 pc. ora akèh banyune tmr. kali; 3 (sa-[x]) sabribil (½ sèn); 4 dhuwur, ngêlik tmr. swara; 5 ora dhuwur (luhur), asor tmr. pangkat; 6 ([x] atine) jirih, tansah kuwatir; [x] mênthik: cilik bangêt; [x] gandhik: cilik nanging atos (sêmbada); wong [x]: kawula, rakyat; [x] mula: wis wiwit nalika isih cilik; di-[x]-ake: digawe dadi cilik; [x]-an: 1 ora gêdhèn tmr. mantu lsp; 2 (dhèk [x]-an) nalika isih cilik; 3 (dhuwit [x]-an) dhuwit pêcah.
cilim :
êngg. cilik; [x]-an: cilikan; kc. climèn.
cilubah, cilukbah :
kn. dolanan karo bocah cilik sarana nutupi rai banjur nggêtak.
cilum :
mak [x] pc. katêranganing nyilêm ing banyu; kc. cilam-cilum.
ciloh :
êngg. blobok.
cilon :
êngg. bêbayu.
(cilong) :
[x]-[x] êngg. kn. kilong-kilong tmr. mata.
cim :
êngg. kn. cèp, dhèp.
(cimak) :
di-[x]-i êngg. dipriksa sarta dibênêrake tmr. tulisan; kc. simak.
(cimik, cimit) :
[x]-[x] pc. saka sathithik sêmu kurang rahap pamangane.
(cimplêk) :
di-[x] êngg. dicemplo, dicengklak.
cimpli, cimplik, cimpling :
êngg. diyan cilik.
cimpling :
I kn. bathok cilik kanggo takêran. II kn: lombok rawit.
cina :
I kn. tandha, bukti; kc. cihna. II kn: bangsa Tionghwa; [x] craki pr: gêmi bangêt; [x] diêdoli êdom pr: ênggon wong pintêr diumuki kapintêran; kêlêbon [x] gundhulan pr: kêna ing apus; pa-[x] br: jaman kraman Cina ing Kartasura taun 1741.
cinarita :
br. kocap, dicritakake; kc. carita.
cinatur :
br. kocap, dicritakake; kc. catur.
cinawi :
br. rinêngga ing kêkêmbangan ukiran; kc. cawi.
cindhe :
kn. ar. bakal awujud sutra abang kêkêmbangan; êmban [x] êmban siladan pr: pilih sih.
cindhèn :
kn. têtironing cindhe.
cindhêk :
êngg. pc. cêndhak bangêt.
cindhil :
kn. 1 anak tikus; 2 ([x] abang) ks. anak.
cining :
êngg. kn. ar. panganan.
cinitra :
br. kagambar, katulis; kc. citra.
(cinta) :
cininta (S) kw. ginagas, diangên-angên, ditrêsnani.
cintaka :
(S) kw. 1 panggagas, pangangên-angên; 2 kc. cintraka.
cintantya :
kw. ak. ayu, endah.
cintên :
êngg. k. 1 cihna; 2 Cina.
cintra :
(S) kw. cacad, ceda.
cintraka :
kw. cilaka, sangsara, susah.
cintya :
kw. ayu, endah.
cincim, cincin :
kn. 1 êngg. pc. ali-ali; 2 puthon tutup driji murih aja kêcoblos ing dom.
cincing :
kn. disilakake munggah tmr. tapih ut. jarit; [x]-[x] têlês (klêbus) pr: sênadyan wis êmoh-êmoh kêpêksa nindakake (apa-apa kang nganggo mbuwang dhuwit); di-[x]-ake: disilakake munggah.
(cincug) :
kê-[x]-an pc. pêpincangan.
cinthung :
êngg. kn. bngs. kacu tutup rai (krudhuk); di-[x] êngg: dibêbidhung, diapusi nganti gêlêm nindakake apa-apa sing ora dikarêpake.
cing :
I pc. cigak, cig! di-[x] êngg. pc: diplêtêr ing gawe. II (C) kn: kilang; kc. cèng.
cingak :
kn. mandêng ndêngangak dening gumun bangêt.
cingbing :
(C) kn. riyaya bangsa Cina ing wiwitane sasi April (rêrêsik kuburan); kc. cèmbèng.
cingèng :
kn. gampang nangise; kc. gêmbèng.
cinging :
kn. cingèng.
cingir :
kn. 1 irung sarta lambe dhuwur tmr. kewan; 2 ks. cangkêm.
cingkir :
êngg. kn. cangkir.
cingklak :
I kn. ar. iwak sêgara. II di-[x] pc: dicengklak.
cingkluk :
kn. 1 kaananing tangan katangkêbake kaya cathok gawèl tumuli katêkuk, gêgêre tangan ana ing dhuwur (tmr. bocah cilik kanggo nampani yèn diwènèhi); 2 pc. ngêmis.
cingklok :
kn. lêkokaning sikil saburining dhêngkul.
cingkup :
êngg. kn. kudhup ngarêpake mêgar.
cingkok :
êngg. pc. cengkok.
(cingkrak) :
[x]-[x] pc. cikrak-cikrak.
cingkrang :
kn. 1 jigrang, kurang landhung tmr. klambi lsp; 2 kurang, jubêl, cupêt; kê-[x]-an: kêkurangan, nandhang kêmlaratan.
cingkrêng :
êngg. bengkong tangane.
cingkrik :
mak [x] kn. sanalika munggah banjur mencok (ngadêg).
cingkrong :
êngg. bngs. arit; kc. cengkrong.
cingcinggoling :
kn. manuk sikatan.
cingcong :
main [x] pc. grênêngan, grundêlan.
cioko :
(C) kn. riyaya Cina ing sasi Agustus (slamêtan ana ing klênthèng).
(cip) :
di-[x]-i pc. diicipi.
cipir :
pc. kêcipir.
ciplèk :
êngg. pc. jiblès, plêk.

--- 639 ---

(ciplês) ~ (clèncèng).

(ciplês) :
di-[x] êngg. pc. dicêplis, dipithês.
cipling :
êngg. sathithik bangêt.
(cipluk) :
[x]-[x] êngg. pc. lêmu ginuk-ginuk.
ciplos :
ks. mata.
cipo :
êngg. rabuk.
cipowah :
(C) kn. kêthekan kangge ngetung-etung.
(ciprat) :
nyiprat kn. mlêtik sumirat tmr. banyu lsp; di-[x]-i: diplêtiki ing banyu lsp.
cipta :
kn. 1 gagasan, pangangên-angên, gambaran ing sajroning angên-angên; 2 pangarêp-arêp, pêpenginan ing sajroning ati; di-[x]: 1 digagas, digambar-gambar ing sajroning angên-angên; 2 dianakake sarana dayaning pangangên-angên; sa-[x]-ne dadi br: apa sing ginagas mêsthi kêlakon.
cipta-ripta :
kw. cipta.
cirak :
I kn. ar. dolanan bocah nganggo kêcik, kêmiri lsp. II [x]-[x] êngg: cikrak-cikrak.
cirat-cirit :
kn. diwêtokake lsp. saka sathithik.
ciri :
I kn. 1 êngg. têtêngêr, titikan; 2 ut. cirèn(-an) êngg. layang kitir pinangka pratandha; 3 cacading badan sing dadi panêngêran; 4 cacading badan; [x] wanci lêlai ginawa mati pr: cacad sarta padatan ala ora bisa ilang nganti têkan mati; dicirèni: 1 ditulisi minangka têngêr; 3 dicathêt pialane (dititèni pialane); kêcirèn: wis olèh ciri ala. II êngg: bngs. piring sing sok dianggo nyambêl.
cirit :
kw. têlèk; kê-[x] kn: ngêtokake sêsukêr sathithik ora kêjarag.
ciruk :
êngg. kn. cidhuk.
cis :
I kn. tumbak cêndhak lêlandhêpe awangun gantholan (kanggo ngêrèh gajah); di-[x]: dicocog ing cis. II pc: sabawaning ngêmohi ut. ngrèmèhake. III [x]-[x]-an pc: tansah omong criwis tmr. bocah.
cit :
I pc. pêpindhan swaraning tikus lsp. II êngg: cita.
cita :
I (ut. citah) êngg. kn. sêmbagi kêkêmbangan. II (S) kw: cipta.
citnonong :
kn. cênggèrètnong.
citra :
(S) kw. 1 tulisan, gambaran, pêpêthan; 2 wangun, wujud; di-[x]: ditulis, dikarang, dipêtha, diwangun; juru [x]: juru tulis; panitra: 1 juru ngarang; 2 tukang mèngêti.
citrakara :
(S) kw. juru sungging (gambar).
citraleka :
(S) kw. gambaran.
citra-mêngêng :
kn. ar. têmbang gêdhe.
cicig, cicik, cicing :
êngg. cig! (nggusah asu).
cicih :
êngg. kn. palu cilik.
cicik :
kn. ora ludhuk (tadhahe sathithik).
(cicil) :
di-[x] kn. 1 ditandangi (digarap) saka sathithik; 2 disauri saka sathithik; [x]-an: 1 utang panyaure sarana nicil; 2 dhuwit sing dianggo nicil.
(cicip) :
[x]-[x] êngg. kn. icip-icip; di-[x]-i êngg: diicipi.
cicir :
êngg. kn. 1 ana sing ilang (tmr. pêperanganing barang) njalari ora ganêp; 2 ar. mêmêdi.
cicut :
êngg. kn. cithut.
(cicrik) :
di-[x] êngg. ditliti saka siji.
(cithak) :
I di-[x] kn. 1 dirimbag, diwangun sarana pêsaton, up. mimis di-[x]: 2 digawe tmr. bata, gêndhèng lsp; 3 êngg. digawe, diwangun tmr. sawah, babadan lsp; 5[8] êngg. dicap tmr. buku lsp; [x]-an: 1 pêsaton, rimbagan, piranti kanggo nyithak; 2 apa-apa sing dicithak; 3 êngg. sawah gaweane dhewe. II kn: balung ing saantarane mata tmr. jaran.
cithing-cithing :
kn. nyêkêl (nggawa) apa-apa mung dicêngkiwing.
cithut :
kn. suthup bangêt tmr. mata.
citho :
ks. picak.
ciwèk :
(-gambrèng) êngg. kn. cingèng (gampang nangise).
(ciwêl) :
di-[x] kn. dicêthot (ing pupu).
ciwik :
êngg. kn. lèpèk, cawan.
(ciwing) :
di-[x] êngg. dijèwèr; kc. cèwèng, cêngkiwing.
clab-club :
pc. 1 katêranganing apa-apa sing dicêlupake bola-bali; 2 gunêman mung waton muni (ora dipikir).
clala-clili :
kn. (kaananing wong) kawirangan marga kliru patrape; kc. clila-clili, clula-clulu.
clamit :
êngg. kumêcêr, kêpengin bangêt.
clana :
kn. kathok dawa; [x] panji-panji (panjèn-panjèn) êngg: kathok cêndhak têkan ing dhêngkul, ing dhêngkul nganggo bênik.
(clandhak) :
[x]-[x], [x]-an êngg. pc. lancang, tansah cêk-cêkan nyandhak; kc. candhak.
clangap :
kn. bolongan (cangkêman) amba tmr. susukan, guwa lsp; nylingap: mênga amba; [x]-an pc: tansah mangap (kumudu-kudu mêmangan).
(clangkrak) :
[x]-an pc. linggih ing papan sing dudu mêsthine (murang tata); nylangkrak: nylingkrik munggah.
clangur :
pating [x] pc. padha ngadêg sarta mênêng bae; kc. jangur.
clang-clong :
pc. jlang-jlong, molah-malih, gonta-ganti.
clap :
pc. plas! (lunga lsp. rêrikatan); kc. kêclap.
(clapèt) :
[x]-an pc. glabetan ilate.
claprèt :
pating [x] pc. rêgêd gubras (ing cangkême).
clarat :
êngg. kn. klarap, clèrèt gombèl; [x]-an êngg: bngs. entrok.
clarik, claring :
pating [x] kn. rêgêd kêbak corekan (corengan).
clacap :
êngg. kn. tlacap.
clèkèr, clekor :
pating [x] pc. pating cluwok (bêsasik) kaya tilas dicèkèri pitik.
(clèlèk) :
clelak-clèlèk, pating [x] pc: padha mandêng mêndongong (marga gumun ut. kagèt).
clèmèt ane :
(ut. cilèmèt ane) êngg. pc: wah cilaka!
(clèntrèng) :
sa-[x]-an pc. salarikan, salèntrèngan (sathithik); mung sa-[x]-an pc: 1 mung sathithik; 2 mung sadhela bangêt.
(clèncèng) :
[x]-an êngg. pc. mèncèng saka ênêre.

--- 640 ---

clènthing ~ climèn.

clènthing ane :
(ut. cilenthing ane) êngg. pc. wah cilaka!
(clenthot) :
[x]-an êngg. pc. gunêman clewa-clewo (ut. crêmêdan); kê-[x]: kliru têmbunge.
clèng :
mak [x] pc. mak jlèng.
clèngkrèk :
mak [x] pc. dumadakan linggih (mencok) ing dhuwur.
clèprèt :
pating [x] pc. padha rêgêd gupak apa-apa (tmr. cangkêm lsp).
clèrèt :
kn. lakuning sorot sing banter, up. [x]-ing kilat; sa-[x]-an: sagêbyaran, sadhela bangêt.
clèrèt gombèl :
kn. klarap.
clèrèt taun :
kn. lesus bêbarêngan karo udan (mêndhung).
clerong :
pating [x] kn. rêgêd cerong-cerong; di-[x]-i: diclonèhi; kc. cerong, corèng.
clècèk :
pating [x] êngg. pating tlècèk.
clethong :
êngg. kn. tlethong.
(clèwèh) :
nylèwèh êngg. pc. lêgok dawa; [x]-an: lêgokan dawa (kaya kalenan cilik).
(clèwèk) :
[x]-an kn. lêgokan dawa, cluwokan dawa.
(clèwèr) :
I [x]-an kn. lêgokan dawa, clèwèkan. II [x]-an pc: pating slêbar.
(clewo) :
pating [x], clewa-clewo kn. gunêman tanpa têgês (kaya bocah cilik).
clêbang-clêbung :
pc. gunêman clêmongan.
clêbèk :
sa-[x] êngg. sakothak (tmr. sawah).
clêbêk :
êngg. kn. 1 bubuk kopi; 2 (wedang [x]) wedang bubuk kopi.
clêdhik :
êngg. pc. satiti bangêt.
clêg, clêk :
mak [x] pc. mak jlêg.
clêgug :
mak [x] pc. katêranganing ngulu banyu; clêgak-clêguk, [x]-an: 1 tansah ngêlêg idu; 2 kêpengin bangêt.
clêkanthuk :
pating [x] pc. padha nyanthuk ing pucuke; kc. cêkanthuk.
clêkathakan :
pc. lapak kayu; kc. cêkathakan.
(clêkathêm) :
di-[x] pc. diingkêmi.
(clêkathuk) :
cangkême [x]-ên pc. cangkême nruthuk marga adhêm lsp.
(clêkenthong) :
di-[x]-ake pc. dipenthongake, ditêkuk sarta diputêr mbalik.
clêkêdhok :
pating [x] êngg. padha lêgok-lêgok, pating jluwog; kc. cêkêdhung.
clêkênik :
pating [x] pc. pating cêkênik
clêkênthung :
pating [x] pc. padha mawa têtêkukan, pating cêkênthung; kc. cêkênthung, cênthung.
clêkêthut :
pating [x] pc. pating jêkêthut.
clêkik :
ut. clêkak-clêkik pc. sêgunên lan cêkikên.
clêkit :
mak [x] pc. krasa kaya dijiwit lsp; nylêkit: nyêrikake ati tmr. gunêm; kc. cêkit.
clêkut :
mak [x] pc. krasa kaya dicakot tmr. wêtêng lsp.
(clêkuthak) :
di-[x] kn. disampluk janggute (tênggoke).
clêkuthik :
I pating [x], [x]-an: 1 mawa sêsinggêtan akèh; 2 kakehan gagasan (pikiran); kc. cêkuthik. II [x]-an kn. lêkokan sadhuwuring tracak jaran.
(clêkuthis) :
[x]-[x], nylêkuthis pc. katon kuru apucêt tmr. rai.
clêkrah-clêkrèh, clêkrah-clêkroh :
pc. tansah watuk; kc. cêkrah-cêkrèh, cêkrah-cêkroh.
clêlang-clêlêng :
kn. 1 antêng ora gunêman, lunga tanpa gunêman apa-apa; 2 matane mulat ngiwa nêngên; kc. clêlêng.
clêlar-clêlêr :
pc. njupuk apa-apa tanpa nêmbung.
clêlêng :
I kn. 1 antêng mênêng bae (ora gêlêm gunêman); 2 dikapak-kapakake ora gêlêm kalah. II [x]-an pc: matane mulat ngiwa nêngên.
clêmbring :
pating [x] êngg. pc. padha lunga kabèh.
(clêmèk) :
[x]-an êngg. pc. mek-mekan, grayahan.
clêmêdan :
êngg. pc. crêmêdan.
clêmêr :
kn. culika, dhêmên nyênyolong; kc. cêmêr.
clêmik :
pating [x], [x]-an kn. padha gunêman lirih; kc. clumik.
clêmut :
mak [x] pc. katêranganing njupuk ut. nyolong; di-[x]: dijupuk tanpa têmbung, dicolong.
(clêmong) :
clêmang-clêmong, [x]-an kn. gunêman tanpa têgês.
clêmpung :
kn. crêmpung (ar. rêricikaning gamêlan).
clêng :
mak [x], [x]-[x] kn. rasaning êndhas kaya yèn pinuju ngêlu bangêt.
clêngêp :
mak [x] kn. ditukup dadakan saka ing pêtêngan (pandhêlikan); di-[x] pc: ditukup, digropyok dadakan; [x]-an pc: sidhêman, winadi.
clêngkêr :
pating [x] pc. padha têtêkukan.
clêngkrang, clêngkring :
pating [x] pc. krasa kaya dicocoki tmr. gudhig, lara wêtêng lsp; kc. cêngkrang.
clêngor :
pating [x] pc. padha thêngêr-thêngêr ora tumandang; kc. thêngor.
clêp :
mak [x] pc. tumancêb ing; di-[x]-ake êngg. pc: ditancêbake, dicublêsake; kc. kaclêp.
clêpuk :
kn. ar. manuk bngs. manuk guwêg.
clêput :
kn. katêrangane njupuk rêrikatan; kc. clêmut.
clêrèng :
êngg. kn. bêning bangêt.
clêrêng :
pating [x] kn. padha mêncêrêng matane.
clêrêt :
mak [x] pc. sanalika mblêrêt.
clêrik, clêring :
pating [x] kn. padha nywara sêru larase cilik.
clês :
pc. cês.
cliyusan :
êngg.pc. plingkuran, isin; kc. clingus.
clikrak :
pating [x] pc. padha cikrak-cikrak.
(clilêng) :
clilang-clilêng pc. nggêgolèki mulat ngiwa nêngên.
clili :
I êngg. kn. pasangan gêmak. II clila-clili, pating [x] kn: (kaanane wong) kêwirangan; diclilèni, diclilèkake pc: diwirangake, dibukak wadine.
(cliling) :
[x]-an pc. cêniningan, ndêlêng ingêndi-êndi.
climèn :
ut. [x]-an kn. 1 sêsidhêman, mênêng-mênêngan [mê...]

--- 641 ---

climit ~ cuk-dhandhang.

[...nêng-mênêngan] tanpa wara-wara; 2 rêringkêsan (cilik-cilikan) tmr. duwe gawe.
climit :
êngg. kn. kêpengin bangêt; kc. clamit.
climut :
I kn. culika, dhêmên nyênyolong. II êngg. kn: slimut (dhèg).
climprit :
kw. bngs. pasêr.
(clinthis) :
[x]-an êngg. kn. kurang ajar.
(clinthut) :
[x]-an pc. slinthutan.
cling :
pc. cring (swaraning dhuwit dithinthing); di-[x]-[x] pc: dithinthing-thinthing tmr. dhuwit.
clingkêr :
mak [x] kn. dumadakan mingêr ut. menggok arêp ndhêlik.
clingkrik :
mak [x] kn. munggah (mencok) ing dhuwur rêrikatan; nylingkrik: munggah mencok; clingkrak-clingkrik pc: tansah munggah pangkate.
clinguk :
pating [x], clingak-clinguk kn. ngingêtake mrana-mrana, thingak-thinguk.
clingus :
I kn. rambut ing irung. II kn: ora wani patêmon, isinan; [x]-an: plingkuran, klicutan (kêwirangan).
club :
mak [x] pc. katêrangane ngêclubake; kc. cêlub.
clulu :
mak [x] pc. dumadakan têkan ing (marga kêsasar ut. kliru); clula-clulu: kêsasar mrana-mrana, clila-clili.
cluluk :
pc. kandha, ngandhakake nuduhake dununge; kc. cêluk.
clumêd :
pating [x] pc. pating clumik.
clumik :
kn. obahing lambe (gunêman); pating [x], clumak-clumik: padha gunêman lirih.
clumpring :
kn. lêmbaran sing nlakup ing ros tmr. pring lsp.
(clunas) :
[x]-an kn. clunthangan.
(clunthang) :
[x]-an kn. ugal-ugalan, kurang ajar.
clungup :
pating [x] kn. padha katon mênga amba; kc. clongop.
clup :
mak [x] kn. katêranganing apa-apa sing diclup.
clupak :
kn. jlupak.
cluring :
I êngg. kn. dhuku, langsêb. II kn: bngs. saron cilik.
clurut :
kn. bngs. tikus ambune langu; [x]-an pc: tansah lunga (wira-wiri).
cluthak :
I kn. nggragas, ngglathak tmr. asu. II kn: congklang tmr. lêngênan.
cluwêd :
êngg. kn. idêr-idêr mrana-mrana.
(cluwêk) :
di-[x] êngg. pc. dicuwêg.
(cluwik) :
[x]-an kn. lêgokan cilik; kc. cuwik.
(cluwok) :
[x]-an kn. lêgokan gêdhe.
clobekan :
êngg. kn. cluwokan.
(clolo) :
clola-clolo kn. clula-clulu; kc. clulu.
clomor :
êngg. pc. clêmêr.
clomot ane :
(ut. cilomot ane) pc: cilaka !
clonas :
êngg. blantik (raja-kaya).
clonèh :
pating [x] kn. rêgêd pating clorèng; di-[x]-i: diclèrèngi.
clonèng :
pating [x] êngg. pc. pating bêsasik campur dadi siji.
clonèt :
pating [x] êngg. pc. padha gunêman bêngak-bêngok (tanpa têgês).
(cloncong) :
[x]-an êngg. tloncongan.
(clonthang) :
[x]-an êngg. clunthangan.
(clongop) :
[x]-an êngg. pc. 1 tansah mangap, tansah angop; 2 kumudu kudu mêmangan.
clong-clongan :
kn. mlaku rikat amba jangkahe.
clop :
mak [x]: mak clup.
clor :
kc. cêlor.
clorang-clarèng :
kn. pating clorèng.
clorèk, clorèt :
pating [x] kn. rêgêd kêbak corekan; kc. corèk.
clorèng :
pating [x] kn. rêgêd kêbak corengan (garis-garis lsp); di-[x]-i: diclonèhi; kc. corèng.
clorot :
I kn. lakuning sorot sing bantêr; pating [x]: pating glêbyar sumorot; cumlorot: gumêbyar sumorot. II kn: ar. panganan kaya jênang dibuntêl janur.
(clowok) :
[x]-an kn. cluwokan, lêgokan.
cu :
I sa-[x] kn. ukuran sadawaning tangan nggêgêm jêmpole dicongatake. II kn: ar. dolanan bngs. raton nanging nganggo gêlutan.
cubak :
kn. kurup, sumbut, trêp karo wêtuning dhuwit; ora [x]: tuna, kapitunan.
cuban :
êngg. kn. dom jala; kc. coba.
cublak :
I kn. gêbyas ut. cupu cilik wadhah wêwangi lsp. II di-[x] (dicublêk pc) kn: dikêruk sarta dicuthik (dicukil) nganggo lading lsp; kc. cuplak; [x]-[x] suwêng kn: ar. dolanan.
(cublêk) :
di-[x] pc. dicublak.
(cublês) :
di-[x] kn. dicocog, dicoblos.
(cublik) :
di-[x] kn. 1 dicukil; 2 pc. dicacar sarana dicuthat (ora digarit); 3 dicuplik, dipêthik saka ing layang, karangan lsp); [x]-an: cuplikan, pêthikan.
cubluk :
I êngg. 1 luwangan pasangan kewan; 2 kunjara. II pc: bodho, busuk.
cublok :
êngg. tiba; kc. cêblok.
cubung :
I kn. pc. ar. têtuwuhan wohe mêndêmi; di-[x]: 1 diêndêmi ing cubung; 2 pc. diblithuk, diapusi; kc. kêcubung. II cangkir [x] (cubuk êngg) kn: cangkir cilik.
cubrik :
êngg. jêmèk, jêblog.
cudaka :
kw. utusan, kongkonan, têlik; kc. cundaka.
(cudhing) :
di-[x](i) êngg. ditudingi.
cugag :
êngg. kn. pêdhot ora ana sambungane, jugag, cuthêl; di-[x]: dijugag, dipêdhot.
cugar :
êngg. jugar (wurung).
(cugêt) :
[x]-an atèn m. (-manah k): gampang nêpsune, mutungan.
cuh :
pc. pêpindhan swaraning wong idu; [x] nya kadhasmu! ks: lungaa! (nelakake wis ora sudi bangêt).
cuk :
êngg. thole !
cukak :
pc. cokak.
cukakak :
pating [x], [x]-an kn. padha gumuyu sêru; kc. cêkakak.
cukat :
I kn. trêngginas, sarwa rikat tandang-tanduke. II di-[x] kw: diculik.
cuk-dhandhang :
pc. cucuk-dhandhang.

--- 642 ---

cuke ~ cumlês.

cuke, cuki :
êngg. pajêg, beya.
cukèh :
wis [x] êngg. wis rampung (wis ora rêmbugan manèh).
cukèn :
kasur [x] kn. kasur sing dicuki; kc. cuki.
cukêng :
kn. ngukuhi panêmune dhewe, kukuh êmoh mènèhake; di-[x]-i: dikukuhi (ora gêlêm mènèhake).
cuki :
I kn. ar. dolanan bngs. dham-dhaman. II êngg: pajêg; kc. cuke. III di-[x] kn: didomi dijithêt-jithêt banjur diisèni kapuk (tmr. kasur lsp).
cukil :
I kn. apa-apa sing dianggo nyuthik lan nyongkèl apa-apa sing krakêt; di-[x]: 1 diwêtokake (dicuthik, diklèthèk) nganggo cukil, up. krambile di-[x]; 2 dilong sathithik tmr. pakarangan, sawah lsp; 3 dipêthik, dicuplik tmr. karangan lsp. II êngg. kn: 1 turun-turune wong sing cakal-bakal ing sawijining desa ut. dhukuh; 2 padatan, barang darbe lsp. sing wis turun-tumurun saka wong sing cakal-bakal; pa-[x]-an br: dhukuh, padunungan; ma-[x]-an br: dhêdhukuh. III êngg: bngs. siwur sing digawe bumbung.
cuki-mai :
ks. têmbung pamisuh.
cukit :
kn. 1 iratan pring (kayu) digilig kaya sada kanggo ngulêt tike (kèhe têlu); 2 luthik dianggo prabot mangan tmr. Cina ut. Jêpang (kèhe loro); 3 êngg. pc. porok, garpu; di-[x]: 1 diulêt nganggo cukit, dicuthik; 2 êngg. dicukil.
cukit-dulit :
kn. 1 (wong adol trasi) wong asor, nistha; 2 pc. wong dadi rowanging maling.
(cuklak) :
[x]-an êngg. kn. lêgokaning tanduran, tanjan.
cukul :
kw. thukul, tuwuh; cêcukulan: têtuwuhan, tanêm tuwuh.
cukup :
n. cêkap k. 1 sêdhêng, ora kurang; 2 (ut. [x]-an) sêdhêngan, ora kurang ora luwih; 3 (ut. wong [x]) ora kêkurangan, sugih; di-[x]: disampêti kabutuhane; di-[x]-ake: diganêpake, diwuwuhi nganti bisa cukup, disampêtake; kê-[x]-an: ora kêkurangan, rada sugih.
cukur :
kn. paras ki. rêrêsik rambut nganggo lading; di-[x]: 1 dirêsiki rambute nganggo lading; 2 pc. diapusi, diakali nganti êntek-êntekan, diwirangake bangêt.
cul :
I êngg. 1 katêranganing akon nguculake; 2 ayo !; di-[x]-ake: diuwalake saka ing tangan, dilêpas, dirilakake; kc. ucul. II êngg: thole.
cula :
kn. sungu warak (sing thukul ing irung).
(culat) :
[x]-[x] kn. colot-colot; kc. manculat, panculat.
cula-culu :
kn. clula-clulu.
(culêk) :
di-[x] kn. didulêg matane.
culêng :
I kn. maling (kèhe 5 ut. 6). II nyulêng kn. lêgok nanging mêndêlik tmr. mata. III di-[x] êngg: dicuthiki lan dianggo ngulêd tike (tmr. klèlèt ing bêdudan).
culês :
êngg. rampung.
culik :
I kn. manuk kolik (tu-u wadon). II di-[x] kn: 1 dicidhuk sathithik arêp nyumurupi matêng lan orane; 2 dicoba, didadar, dijajagi kawruhe. III (ut. [x]-an) dhêmit sing nyoploki mata kanggo tumbal.
culika :
kn. 1 wong clêmêr, dhêmên ngapusi; 2 clêmêr, watake dhêmên apus-apus; diculikani: dicolong.
(culuh) :
anyuluh kw. ngrêrêmih, ngrungrum.
cuma :
(h) êngg. mung.
cumadhang :
br. sumadhiya, cumêpak ing dhawuh; kc. cadhang.
cumadhong :
br. sadhiya nampani (nindakake); up. cumadhong dhawuh; kc. cadhong.
cumah-cumah :
êngg. ora ana gunane yèn ..., tanpa guna.
cumanthaka :
kw. kumêndêl, ambêk wani.
cumangkah-cangkah :
br. nduwa, nyêngkah, nolak.
cumawang :
br. awangun cawangan; kc. cawang.
cumbana :
kw. ulah rêsmi.
cumbu :
I kn. 1 wis tutut (lulut) bangêt tmr. kewan (anggêr lunga mêsthi bali manèh); 2 pc. kêrêp mara; dicêcumbu: dilêlantih murih cumbu. II kw: lucu, lêlucon.
cumèblêk :
kn. tumancêb ing lêmah; kc. cèblêk.
cumègêr :
êngg. wis tumancêb; kc. cègêr.
cumèndhol-cèndhol :
kn. manuk sing mêntas nêtês.
cumènthèl :
êngg. pc. cumanthèl; kc. canthèl.
cumèplês :
kn. trêp bangêt; kc. cèplês.
cumêkrak, cumêkrik :
kn. krasa mak cêkrak (cêkrik).
cumêngkirang :
kn. cêmukiran (ar. coraking bathikan).
cumêngkling :
kn. nywara kaya swaraning dhuwit dithinthing; kc. cêngkling.
cumêngklung, cumêngkung :
kn. nywara anggrung tmr. gamêlan.
cumêngkrang :
kn. sumêngkrang (krasa kaya dicocogi).
cumêpak :
kn. wis sumadhiya, cêpak-cêpak; kc. cêpak.
cumêplong :
kn. 1 wis bolong; 2 ([x] atine) lêga atine.
cumêplos :
kn. 1 pêcah mak cêplos; 2 gunêman kalayan têrang-têrangan.
cumêprot :
kn. 1 nywara mak cêprot; 2 tumancêb ing; kc. cêprot.
cumêri-cêri :
kn. sêngit bangêt, ora sudi bangêt; kc. cêri.
cumi :
ut. [x]-[x], cuming êngg. 1 ming, mung; 2 ora aji, ora ana gunane; kc. cuma, cumah.
cumi-cumi :
kn. ar. kewan sêgara bngs. srotong.
cumlèrèt :
kn. sumorot rikat; kc. clèrèt.
cumlêgug :
kn. 1 ngombe nganti nywara clêguk-clêguk; 2 kêpengin bangêt, kumêcêr; kc. clêguk.
cumlêkit :
kn. krasa kaya dijiwit; kc. clêkit.
cumlêng :
kn. 1 ([x] êndhase) krasa ngêlu bangêt; 2 ([x] kupinge) krasa kaya budhêg marga krungu swara sing sêru lsp.
cumlêring :
kn. nywara sêru larase cilik; kc. clêring.
cumlês :
kn. 1 krasa anyêp bangêt; 2 pc. krasa lêgi bangêt; kc. clês.

--- 643 ---

cumlorot ~ (curêng).

cumlorot :
kn. lumarap bantêr bangêt (kaya lakuning sorot); kc. clorot.
cumundhuk :
kw. kêna ing, ngênani, tumuju; kc. cundhuk.
cumur :
br. cêmêr.
(cumut) :
[x]-[x] kn. katon rêgêd njênêsi.
cumpèn :
kn. mung sadhiya sathithik (sacukupe bae); kc. cumpi.
(cumpêt) :
di-[x] pc. 1 ditutup rapêt bangêt; 2 disumpêt.
(cumpi) :
di-[x] kn. disadhiyani ing sacukupe bae (ora kêna luwih).
cumplêng :
êngg. kn. 1 growongan, bolongan sing ora butul; 2 guthêkan (singgêtan) omah sing jèjèr-jèjèr (tmr. omah sing cilik-cilik); pa-[x]: ar. pajêg ing jaman biyèn awujud lawe karo dhuwit.
cumpu :
êngg. kn. 1 trêp bangêt, bisa cocog; 2 cukup, marêm, kalêksanan; di-[x], dicumponi: disadhiyani nganti cukup, dilêksanani pangarêp-arêpe; kêcumpon: kêcukupan, kêturutan, kalêksanan.
cundaka :
kw. utusan, kongkonan, têlik; cinundaka: 1 diutus; 2 ditêlik.
cundrik :
kn. bngs. golok cilik.
cundha :
kw. pucuk, nyamat, kucir.
cundhamani :
(S) kw. ar. panah gêni (gêgamane Aswatama).
(cundhang) :
kê-[x] kw. kalah.
cundhit :
kn. ar. piranti kanggo misaya iwak bngs. sèsèr.
cundhuk :
I kn. sangsangan ki. 1 rêrênggan (kêmbang lsp) disindikake ing rambut (ikêt lsp); 2 (a-[x]) nganggo cundhuk; di-[x]-i: dirêngga nganggo cundhuk. II kn: 1 br. gathuk, kêtêmu; 2 êngg. cocog, salaras tmr. panêmu, gagasan lsp; di-[x]-ake: 1 digathukake, dipadhakake karo; 2 dicocogake; durung [x] acandhak pr: durung mangrêti wis mèlu ngudhoni rêmbug.
cundhuk laris :
kn. sudaning rêrêganing barang (amrih akèh sing tuku).
cundhuk mêntul :
kn. cundhuk awujud têtironing kêmbang yèn dicundhukake mêntul-mêntul.
cuneya, cuniya :
êngg. kn. bngs. prau cilik.
cunthang :
êngg. kn. ar. wadhah dianggo takêran bêras (± 5 kati).
cunthêl :
êngg. wis êntèk tmr. crita; kc. cuthêl.
(cunthêng) :
matane di-[x]-ake êngg. matane diplerokake sêmu mêncêrêng.
cung :
I êngg. thole. II di-[x]-i pc: diacungi; kc. acung.
cungap :
êngg. kn. nggragas, nggranyah.
cungih :
êngg. kn. ringkih tmr. badan.
cungir :
kn. congoring cèlèng ut. babi; cungar-cungir, [x]-[x]: 1 lambene lan irunge dijêdhirake kaya ngambus-ngambus tmr. kewan; 2 pc. irunge dijêdhirake marga mambu sing ora enak, ora sênêng lsp.
cungkag :
kw. ak. jugag, cugag.
(cungkil) :
di-[x] êngg. dicukil.
cungkir :
êngg. kn. bngs. sorok.
cungkub :
kn. omah ing kuburan (eyub-eyubing pêndhêman); di-[x]: diêdêgi cungkup tmr. kuburan; nyungkub kramat bêjat pr: mbêbêcik apa-apa sing wis ora kêna didandani.
cungkup :
êngg. kuncup.
cungkrik :
êngg. kn. cucuking prau.
cungul :
mak [x] kn. sanalika njêdhul; nyungul: mêtu, ngaton; di-[x]-ake: 1 diwêtokake nganti njêdhul; 2 pc. dikatonake, dikon ngrêmbug manèh (tmr. prakara sing wis kasilêp).
cungur :
êngg. congor.
cup :
ut. [x]-êmbil pc. cèp, dhèp: katêranganing nyêkêl, ngêpèk dhisik lsp; di-[x]-i pc: 1 dicêkêl, didhaku; 2 dikandhani tmr. lêlakon sing bakal kêlakon; kc. êncup, êcup.
cupak :
I kn. pêntholing bêdutan; di-[x] êngg: ditabok êndhase. II [x]-an êngg. kn: 1 bumbunganing gêndèr guthêkan sing dhuwur; 2 têtandhinganing larasing wilahan gêndèr karo bumbungan. III di-[x] êngg. pc: diirit-irit.
cupar :
kn. 1 ora andêlan marang sing wadon tmr. lêbu wêtuning dhuwit lsp; 2 êngg. butarêpan tmr. wong lanang marang sing wadon.
cupêt :
kn. 1 kurang dawa, kurang saka mêsthine (trêpe); 2 ora têkan kang dituju; [x] budine: ora bisa nggayuh prakara sing luhur-luhur; [x] pangandêl: ora pracaya; [x] lêlakone: lêlakone sigêg (turune ora ana sing bisa mbanjurake lêlakone bapakne); di-[x]: disigêg, dicugag; kê-[x]-an: kêkurangan kêntekan.
cuplak :
I kn. lêlara kulit awujud njêndhol atos; [x] andhêng-andhêng yèn ora prênah panggonane ... pr: wong sing njalari ala (sanak sêdulur sing ala) prayoga disingkirake. II di-[x] pc: dicukil tmr. mata; [x] pusêr êngg: puput pusêr; kc. coplok.
(cuplik) :
di-[x] kn. 1 dicukil, dicoplok tmr. matane ali-ali lsp; 2 êngg. pc. dicuthik; 3 êngg. pc. dicublik, dicacar; 4 dipêthik (layang); kc. cublik.
cupu :
kn. 1 bngs. cêpukan cilik wadhah wêwangi; 2 balung bendha ing dhêngkul tmr. raja-kaya; di-[x]: 1 diwadhahi ing cupu; 2 dipampêt tmr. gêtih.
cur :
mak [x] pc. mili mancur; di-[x]-i: disoki ing banyu lsp. sing mancur; di-[x]-ake: disokake mancur.
curab :
I êngg. kn. bngs. panu walur. II di-[x]-i kn: dicarubi, diurabi; kc. carub.
curah :
I êngg. kn. lêlowahaning gunung. II di-[x](ake) êngg: disok(-ake), dicur(-ake).
curak :
kn. rêrêgêd ing kuping; kc. curêk.
curang :
I êngg. kn. 1 kurang; 2 jirih. II êngg. kn: nggadhung, ngapusi (ing mainan).
(curat) :
kc. pancurat.
curêk :
kn. 1 rêrêgêding kuping, curak; 2 ks. kuping; 3 êngg. suda rungon.
(curêng) :
nyurêng kn. saèm. mênthêlêng; di-[x]-i: dipanthêlêngi.

--- 644 ---

curês ~ cuwit-cuwit.

curês :
kn. 1 mati kabèh tmr. thêthukulan; ut. turun; 2 êntèk kabèh, êntèk babar pisan.
curêt :
pc. ora bisa thukul; di-[x]-ake pc: dirusak tmr. têtuwuhan nganti ora bisa thukul.
curi :
I kw. maling; di-[x]: dicolong. II kn: padhas atos lan lincip-lincip.
curiga :
I kw. kêris. II êngg. pc: sangga-runggi.
curing :
I kw. curi (padhas atos). II kn: angèl ambah-ambahane tmr. jurang. III kw: cluring.
curna :
(S) kw. rêmuk, ajur, rusak; ka-[x]: karêmuk, karusak.
curnita :
(S) kw. rêmuk, ajur, rusak, lêbur.
curug :
êngg. kn. grojogan.
curuh :
kw. mancur, manthur, mili.
curung :
sa-[x] êngg. kn. satundhun tmr. gêdhang; [x]-an êngg: gulu banyak (gantilaning gêdhang tundhunan).
curut :
I pc. tikus clurut. II kêcurat-kêcurut, kê-[x] pc: kelangan dhuwit lsp. tanpa tanja.
cus :
mak [x] pc. 1 swaraning gêni disiram ing banyu; 2 pc. sadhela bae wis kalah.
cut :
ut. [x]-an êngg. pc. banjur, nuli.
cuta :
(S) kw. asor, nistha.
cutak :
ut. cuthak êngg. kn. panggêdhening kadhistrikan.
cutung :
êngg. putung.
cucah :
I pc. njêlèhi! susah! II cacah [x] pc: gunêman mung anggêre ngucap (tanpa tata-krama).
cucak :
êngg. kn. ar. manuk; kc. cocak.
cucal :
pc. k. 1 wlulang; 2 (ringgit [x]) k. wayang; [x]-an pc. k: wayangan.
cuci :
(M) pc. ngumbah, masuh; [x] mukak: wadhah banyu kanggo paraupan; tukang [x]: pênatu.
cucing :
êngg. kn. cangkir cilik..
cucud :
kn. lucu, satandang-tanduke ngguyokake; kc. cucut.
cucuh :
prang [x] kn. pêrang bacok-bacokan (tumbak-tumbakan lsp); a-[x]: andon pêrang; di-[x]: 1 ditatoni (ditumbak, digigit lsp); 2 êngg. ditutuh.
cucuk :
I kn. 1 cangkêming manuk lsp; 2 cucuping kêndhi, cèrèt lsp; 3 êngg. susuk kondhe; 4 br. pucuk, pêpucuk ing baris lsp; 5 dhuwit kajupukake saka mênanganing ngabotohan kawènèhake sing duwe omah; 6 dhuwit opahane wong sing buruh njupuki panah ing mainan panahan ut. pasêran; di-[x](i): 1 dithothol; 2 pc. dijupuki; 3 ks. dipangan; nucuk ngibêrake pr: disuguh, mulihe nyangking suguhan; [x]-an: 1 olèh-olèhane nucuk; 2 ks. panganan, pangan; 3 pring kiwa têngêne lancip dianggo mikul sukêt, pari lsp; tumbak [x]-an pr: wong kang para wadulan. II êngg. pc: 1 sumbut, cocog karo rêrêgane; 2 pc: petunganing rêrêgan; di-[x]-ake: dietung-etung sing pantês. III pc: susuk, jujul.
cucuk-bêsi :
êngg. kn. 1 ar. manuk saba ing banyu; 2 bngs. cathut gêdhe.
cucuk dhandhang :
kn. ar. piranti dianggo nyigar watu lsp. awujud wêsi digarani, ing kiwa têngêne lancip.
cucul :
1 kn. lukar ki. ucul (ngrucat) panganggo; 2 kn. ngêtokake dhuwit, up. [x] wragad.
cucup :
kn. cucuking kêndhi lsp; di-[x]: 1 diombe sarana diakêp cucuke tmr. kêndhi lsp; 2 disêrot sarana lambene katèmpèlake, up. di-[x] lambene; 3 dicêcêp, diingsêp; kc. cêcêp.
cucur :
I kn. manuk kêdhasih. II [x]-an kn: mili mancur; kc. cur. III kn: ar. panganan bngs. apêm. III kn: ar. iwak sêgara cangkême lancip; cangkême nucut pc: cangkême lancip; kc. cucud.
cuthak :
êngg. panggêdhening kadhistrikan; kc. cutak.
cuthang :
êngg. suthang.
(cuthat) :
di-[x] kn. 1 dicuthik banjur dibuwang (dikipatake); 2 êngg. dicublik, dicacar; 3 pc. ditundhung; dikon lunga, diwêtokake saka ing panggawean.
cuthêl :
kn. êntèk, tamat tmr. crita, lêlakon lsp.
cuthês :
kn. curês.
cuthik :
kn. kayu lsp. sing dianggo uthik-uthik; di-[x]: 1 dicuthat nganggo cuthik; 2 (ut. di-[x]-i) dijupuki tmr. barang sing ana ing bolongan lsp; 3 pc. ditundhung, dikon lunga.
cuwa :
kn. ora kêturutan sing dadi pangarêp-arêpe, gêla; kêcuwan: gêla, ora kêlêgan.
cuwak :
I êngg. kn. congkog, sanggan apa-apa sing dhoyong; di-[x]: dicongkog murih aja rubuh; kc. tuwak. II kn: kakehan wragad marga boros panganggone.
cuwawak :
pating [x], [x]-an êngg. padha bêngak-bêngok (gunêman sêru lsp).
cuwan :
êngg. diprayitna, dingati-ati.
(cuwawuk) :
di-[x] cangkême pc. dicawuk cangkême.
cuwèk :
êngg. cowèk.
cuwèki, cuwèkèn :
êngg. pc. gampang-gampangan pambayare tmr. têtuku lsp.
cuwèr :
kn. 1 ora kênthêl; 2 èncèr bangêt; 3 pc. ora kênthêl (bêning) tmr. kopi ut. tèh.
(cuwèwèk) :
di-[x] cangkême pc. cangkême dibênggang.
(cuwêk) :
di-[x] êngg. pc. digraut kukune kacuwikake.
cuwêngah :
kw. 1 gêla, ewa; 2 rada rikuh (ringa-ringa), wêgah.
cuwêr :
êngg. ks. kuping.
(cuwik) :
di-[x] kn. dicublês ing kuku banjur dicuplik.
cuwil :
kn. pêcah sathithik sarta pisah, gêmpil; di-[x]: digêmpil, dipêcah sathithik sarta dipisah; [x]-an: 1 apa-apa sing wis cuwil, olêh-olèhane nyuwil; 2 (jarit [x]-an) jarit cilik tmr. bocah cilik.
cuwiri :
kn. coraking bathikan lunglungan ngrêmit.
cuwit-cuwit :
pc. pêpindhan swaraning manuk, tikus lsp.

--- 645 ---

cuwut ~ comris.

cuwut :
êngg. bajing; di-[x] pc: dijupuk.
cuwo :
kn. bngs. cowèk gêdhe sarta kuwung.
(cuwol) :
di-[x] kn. dicêmol lan dikruwês.
(cuwowo) :
di-[x] cangkême pc. saèm. dicuwèwèk.
(cuwowol) :
di-[x] pc. dicuwol.
coag :
êngg. gunêman mbêngok; kc. cowag.
cob :
I êngg. jêmèk, jêblog. II ka-[x]-an êngg: rada kêcampuran.
coba :
I n. cobi k. 1 nètèr arêp nyumurupi kaanane kang sajati; 2 (cobak êngg. pc) jajal ! ayo!; 3 (cobak êngg. pc) ing saupama, yèn; [x]-[x]: lagi jajal-jajal; di-[x]: 1 ditètèr, disumurupi kaanane sing sajati; 2 dijajal. II (ut. coban êngg) kn: dom jala (dianggo nganam jala).
cobak :
êngg. pc. coba; [x]-an êngg. pc: jajalan.
coban :
I êngg. kn. dom jala; kc. coba. II [x]-[x] n. cobèn-cobèn k: jajalan; kc. coba.
cobèk :
êngg. bngs. diyan.
coblong :
I kn. 1 saèm. lodhong cilik tanpa gulu; 2 êngg. diyan, coblok. II êngg. kn. grahana nganti êntèk babar pisan tmr. srêngenge.
(coblos) :
di-[x] kn. dicocog nganti bolong (nunjêm).
cobolo :
kn. bodho bangêt.
cod :
kn. ar. manuk.
codaka :
kw. utusan, têlik; kc. cundaka.
codya :
kw. cacad; kc. ceda.
cojog :
êngg. pc. cocog.
(cojoh) :
di-[x] êngg. pc. ditojoh, dijojoh.
codhot :
kn. 1 bngs. lawa gêdhe; 2 êngg. ar. diyan; [x]-an: wowohan sing wis dipangan codhot.
cog :
ut. di-[x]-i, di-[x]-ake pc. dibayar sah; di-[x]-ake pc: dicocogake.
(cogèr) :
di-[x]-i êngg. ditanduri pari; kc. cokèr.
coglèk :
pating [x] pc. oklak-aklik tmr. sambungan lsp.
coglog :
êngg. bumbung gêdhe.
(cogmol, cogêmol) :
di-[x] kn. têrus didakwa (diarani alane).
cogo :
pc. bodho.
cohung :
pc. 1 unining manuk mêrak; 2 manuk mêrak.
(cohok) :
di-[x] êngg. pc. dirauk, diraup.
cok :
I êngg. pc. 1 sok, kadhang kala; 2 mênawa, yèn. II ka-[x]-an êngg. pc: kacoban, rada kêcampuran.
cokak :
kn. ar. barang cuwèr rasane kêcut dianggo bumbu.
cokèh :
êngg. mung; kc. cukèh.
(cokèk) :
[x]-an kn. gamêlan sarta sindhèn barangan.
(cokèr) :
di-[x](i), di-[x]-[x] kn. diorak-arik nganggo cuthik lsp.
coklak :
(ut. [x]-an) êngg. luwangan sing arêp ditanduri, tanjan.
coklat :
kn. soklat.
coklèh :
êngg. coklèk.
coklèk :
kn. putung, cêklèk; di-[x]: diputung.
(cokoh) :
di-[x] êngg. diina, dirèmèhake.
cokol :
I êngg. kn. godhong têbu (jagung) dianggo pakan raja-kaya; [x]-an êngg. pc: thikilan. II di-[x] êngg: didulang (dilolohi) kanthi pêksa.
cokor :
1 êngg. pc. cakar; 2 ks. sikil, tangan.
(cokot) :
di-[x] êngg. pc. dicakot.
(cokrèk) :
di-[x]-i êngg. pc. dicokèri.
col :
êngg. ora racak pambagene; kc. gecol.
colak-calik :
êngg. mênyang mulih lakon sadina; kc. calik.
colèd, colèk :
êngg. solèd.
colok :
I kn. 1 gombal diuntir diclup ing lênga dianggo mêmadhangi; 2 pc. diyan lsp. sing dianggo mêmadhangi; 3 êngg. kongkonan wong pêrlu awèh wêruh (kc. cala); di-[x]: 1 (- matane) ditojoh ing driji; 2 diwuwuhi (dicampuri) gula lsp. sathithik; di-[x]([x])ake 1 ditudingake ing mata; 2 ks. dituduhake kalawan têrang-têrang. II kn: (buntute [x]) buntute irêng ing pucuk putih tmr. asu ut. kucing.
(colong) :
di-[x] kn. dialap tanpa nganggo nêmbung; [x] jupuk: prakara bab nyolong; tinggal glanggang (a)colong playu: mlayu saka ing papêrangan; nyolong laku: nindakake apa-apa kalawan dhêdhêmitan; nyolong pêthèk pr: mlèsèd saka pamêthèke; [x]-an: 1 olèh-olèhane nyolong; 2 dhêdhêmitan, slingkuh, ora ngêdhèng.
(colot) :
[x]-[x] kn. mlumpat-mlumpat (kaya lakuning kodhok); di-[x]-i: kêna ing apa-apa sing mêncolot; [x]-an: 1 dohe ênggone mêncolot; 2 bêbathèning blantik ut. bakul sing ngêdolake barang (luwihaning pêpayon ut. rêragan[9] sing dipancêd marang sing duwe barang).
coma :
êngg. mung.
comah-comah :
êngg. tanpa aji, sêpele; kc. cumah.
combor :
I (ut. [x]-an) êngg. jêjêmbêgan; kc. jombor. II [x]-an êngg: campuraning cacahan sukêt lsp. karo tètès dianggo pakan jaran; kc. kombor.
combrang :
kn. (ut. kêcombrang) ar. têtuwuhan bngs. laos.
combre :
êngg. ks. tembre ora aji babar pisan.
(comèl) :
nyomèl pc. ngomèl, grênêngan; di-[x]-ake pc: dikojahake, dirasani.
comong :
êngg. dadi irêng tmr. blêntong lsp.
(comot) :
di-[x] êngg. dicêkêl, dijupuk.
complong :
kn. 1 êngg. ar. wadhah; 2 (ut. [x]-an) bolongan, cumplêngan; di-[x](i): dibolong-(i).
comprang-camprèng :
kn. tansah kêkurangan; kc. comprèng.
comprèng :
kn. 1 tansah kêkurangan (dhuwit lsp); 2 êngg. ar. prau; kê-[x]-an: kêkurangan, kêcingkrangan.
comris :
1 ks. pawadonan; 2 ks. combre, tembre.

--- 646 ---

condre ~ corèk.

condre :
kw. cundrik.
condhang :
kw. kc. cundhang.
condhok :
kn. 1 kêtêmu, gathuk, cocog; 2 pondhok; kc. cundhuk.
condhol :
êngg. tikus ing sawah.
condhong :
1 kw. dhoyong; 2 kn. rujuk karo, cocog; 3 nayogyani; di-[x]-i: dirujuki, dicocogi.
cono :
êngg. bngs. wudun ing êndhas.
conok :
êngg. ks. pawadonan.
(conti) :
di-[x] êngg. dipênggak, dialang-alangi.
conto :
kn. 1 barang-barang sing dituduhake minangka pinton (tmr. dagangan lsp); 2 pola, tuladha; di-[x]: ditulad, ditiru; dicontoni êngg: dituladhani, diwènèhi conto.
(concong) :
I noncong kn. 1 nyongat mêngarêp tmr. barang sing dawa (tumbak lsp); 2 ngacungake mêngarêp tmr. tumbak lsp; noncong bênêr: nyongat lêncêng tmr. panggawaning tumbak; noncong nduduk: nyongat mêngarêp rada diunggahake landhêpe tmr. panggawaning tumbak; noncong tadhah: nyongat mangarêp landhêpe sêmu mêngisor tmr. panggawaning tumbak. II [x]-an pc: cong-congan.
conthang :
kn. kc. cunthang.
(conthèng) :
di-[x]-i pc. diclorèngi; kc. lonthèng.
conthok :
kn. lêngênaning klambi (kêprabon) sing mlêndhung.
conthong :
kn. wungkusan godhong gêdhang lsp. awangun lancip (pasungan); di-[x]: diwungkus sarana conthong.
(cong) :
di-[x](i) êngg. 1 disok-(i), diiling-(i); 2 pc. diacungi, didhèdhèki, arêp diwènèhi apa-apa sarana katuduhake barange; [x]-[x]-an pc: dhedhekan, apa-apa sing dituduhake arêp diwènèhake lsp.
congah :
kn. cuwêngah; di-(cê)-[x]: diiming-iming, dipêpengin nanging ora dituruti.
(congat) :
[x]-[x] kn. katon dawa njêngat; nyongat: noncong, njêngat.
congèr-congèr :
pc. swaraning bayi nangis.
(conggah) :
di-[x](i) êngg. 1 diangkat, dijongkèng tmr. prau; 2 ngusung pari panenan digawa mulih; kê-[x]: kêduga nglakoni, kuwagang.
congkèl, congkil :
êngg. bngs. linggis kayu ing pucuke nganggo wêsi; di-[x] êngg. pc: didhongkèl, disongkèl.
congkèng :
kn. 1 rangkêpaning èpèk; 2 rangkêpaning ikêt blangkon; 3 êngg. bangkolaning lapak kanggo cangkolan momotan.
congkèr :
êngg. sênêng pêpadon.
congklang :
I (ut. nyongklang) kn. mlayu bantêr tmr. jaran; di-[x]-ake: diplayokake bantêr; cêcongklangan: mlayu bantêr. II pc: cupêt, kurang landhung tmr.lêngênan klambi; kc. cingkrang.
(congklok) :
di-[x] kn. dicêngkolong.
congkog, congkok :
kn. 1 êngg. cuwak; 2 canggah; 3 êngg. andhahane lurah desa; 4 wong sing dadi lantaran (palaku, dalan) ing wong sing arêp jêjodhoan; 5 ks. jomblang, blantik wong wadon; [x]-[x] êngg: dicuwak; di-[x]-i êngg: 1 dicuwaki; 2 dislamêti murih bisa lêstari kuwat tmr. wong sing wis jêmpo.
congkrah :
kn. crah, pasulayan, ora rukun.
congkrang :
êngg. pc. cingkrang, congklang.
conglok :
êngg. wong sing ngrêrungokake wong rêrasan, têlik.
congok :
I kn. 1 êngg. blantik raja-kaya; 2 coraking lurik sing nylênèh; [x]-an êngg: isih janggêlan tmr. tuku raja-kaya. II di-[x] êngg: dikêluhi (dibolong irunge sarta didèkèki tampar lsp) tmr. sapi lsp.
(congol) :
di-[x]-ake pc. dicungulake.
congor :
kn. 1 cangkême sarta irunge kewan raja-kaya; 2 pc. ks. irung cangkêm, gunêm.
congsun :
(C) kn. têlik tmr. pangêdole candu pêtêng.
cop :
I kn. 1 lèng wêlud lsp; 2 êngg. bngs. diyan cilik; di-[x]-i pc: dicublêsi; kc. clop. II êngg: jêjêmbêgan; kc. clop.
copat-capêt :
êngg. kêkurangan, kurang trêp; kc. copèt.
copèt :
I kn. cupêt, kurang trêp. II tukang [x] êngg. pc: bajingan; di-[x] êngg. pc: diutil.
copil :
êngg. kn. capil.
coplak-capluk :
kn. bola-bali mangan.
coplok :
kn. 1 copot, uwal saka tlakupane (êmbanane); 2 (wis [x]) pc. wis apal têmênan; di-[x]: 1 dicopot (diuwalake) saka ing tlakupane (êmbanane); 2 dicowok sathithik tmr. buruhan.
copot :
kn. 1 uwal (oncat) saka ing anjing-anjingane; 2 rucat, cucul panganggo (sêpatu, sandhal lsp); 3 pocot, dilèrèni saka ing panggawean; di-[x]: 1 diuwalake saka ing anjing-anjingane; 2 dibukak (dirucat) tmr. panganggo, sêpatu lsp; 3 dipocot.
coprat-caprèt :
êngg. pc. omong rame.
cor :
I di-[x] kn. 1 disoki, dicuri luluhan timbêl lsp; 2 (ut. di-[x]-i) disirami, dilêbi ing banyu tmr. têtanduran; 3 (ut. di-[x]-i) dijogi banyu murih cuwèr; kc. cur, oncor. II kw: sumpah, supata.
cora :
(S) kw. 1 maling, durjana; 2 wong nistha.
corah :
I kn. curah. II kn: 1 kêwêntar alane; 2 (ut. di-[x]-ake) dipasrahake marang wong akèh.
corak :
kn. 1 corèk, corèking gêgambaran ing bathikan, lurik lsp; 2 rupa, wujud, sêsipatan.
corak-carèk, corak-carik :
kn. pating clorèk; kc. carik, corèk.
corang-carèng :
kn. pating clorèng.
cora-pracore :
kw. wong nistha (ala).
core :
I (ut. [x]-an) kn. 1 galêraning lurik, garitan; 2 garis lêrlêraning gambaran lsp; 3 pc. sêsipatan; di-[x]: 1 digaris, digarit, digalêri; 2 êngg. ditanja; [x]-an tangan: digambar ing tangan; kc. carik. II (ut. corèt) êngg: rèk, korèk.

--- 647 ---

corung ~ crènggèh.

corung :
sa-[x] êngg. satundhun; kc. curung.
coro :
I kn. 1 ar. kewan bngs. cere gêdhe; 2 pc. wong sing jirih (asor, nistha lsp). II êngg: kan wadhah banyu..
corok :
I kn. sogok; [x] jêro pr: ndhêmêni bojoning liyan; kê-[x]: 1 kêsogok, kêcocog; 2 katut kanggo. II di-[x](i) kn: didhaku, dirayuk arêp diêbèki. III di-[x] êngg: diracun, diupasi.
corong :
êngg. pc. 1 pipa wêsi, bumbungan; 2 torong; 3 diyan nganggo tèdhèng gilap (yèn disorotake bisa bablas); 4 sêmprong, kèkêr; di-[x](i): disoroti nganggo corong; kc. pancorong.
corcoran :
pc. gunêman mung waton muni; kc. cor.
cos :
I mak [x] pc. mak cus, mak gêcos; di-[x] pc: didumuk ing apa-apa sing mêngangah. II di-[x]-ake pc: dicaosake. III [x]-[x]-an kn: tansah tumètès tmr. luh lsp.
cot :
mak [x] pc. dumadakan mumbul (njêngat lsp).
cocung :
êngg. putung.
cocak :
[x] rawa, [x] gunung kn. ar. manuk.
cocing :
êngg. kn. bngs. cangkir cilik.
cocog :
I di-[x] kn. dicublês nganggo barang lancip. II kn: 1 rujuk, ora sulaya karo; 2 ora gèsèh, trêp karo sing asal; 3 ora gèsèh tmr. petungan; di-[x]-ake: 1 dicundhukake ditrêpake karo; 2 dipatitisake tmr. petungan; kc. cècèg, cocog.
cocoh :
I kn. 1 wêsi lancip dianggo ndhêplok kinang ing dhuplak; 2 wêsi lancip kaya paku dianggo cangkolan ing timang; di-[x]: dilêmbutake, didhêplok nganggo cocoh. II di-[x] êngg: 1 dicacah, dicublêsi; 2 tansah ditutuh; kc. cucuh. III di-[x] êngg: ditandur dipêncarake tmr. dhautan pari.
(cocok) :
I di-[x] kn. 1 dipangan ing asu; 2 ks. dipangan; [x]-an ks: pangan. II nocok kn: 1 nrajang, nyahak, nglojok; 2 pc. nglojok tmr. tembokaning bathikan; kê-[x] pangan pc: (angot lara) marga mangan panganan sing disirik; kc. cocog.
(cocol) :
I di-[x] kn. dipangan ing lawa lsp. tmr. wowohan, dithothol. II di-[x] êngg: 1 digawa (dipikul) nganggo cucukan; [x]-an êngg: cucukan (pring dilancipi kiwa têngên).
cocomeyo :
kaya [x] pc. ora nganggo tata-krama.
cocor :
kn. 1 cucuk sing njêbèbèh (bèbèk lsp); 2 pojoking payon omah; kc. sosor.
cocot :
ks. 1 cangkêm; 2 têtêmbungan.
(cotha) :
di-[x], cothan kn. bêbêdan jarit sing saparo diubêdake sing saparo dianggo sabuk (kaya bocah cilik); kc. sabuk wala
(cothe) :
di-[x], cothèr kn. nyêngkêlit kêris kaêtrap ing ngiringan ukirane dumunung ingarêp.
cotho :
kn. 1 caca ina, kêkurangan kawruh; 2 kêkurangan sarana (piranti lsp) sing dianggo tumandang ing gawe.
cothom :
êngg. caping.
(cothot) :
di-[x]-ake kn. dipênêt supaya isine mêtu; kc. pacothot.
cowag, cowak-cawèk :
êngg. broak-braok.
cowèk :
kn. 1 layah cilik dianggo nyambêl; 2 êngg. piring cilik.
cowèt :
êngg. cowèk.
(cowok) :
di-[x] kn. disuda sathithik, dilongi.
cowong :
kn. katon pucêt bangêt sarta kuru (tmr. praèn).
(crabak) :
I [x]-an êngg. mêmangan apa-apa; kc. cêrbak, crêbak. II (pa-) [x]-an kn. langgar dianggo mêmulang, pamulangan.
craèk :
pating [x] kn. padha bêngak-bêngok.
crah :
kn. 1 êngg. bênthèt, rêngka; 2 pisah, pasulayan, congkrah; di-[x]-ake: dicongkrahake.
crakèn :
kn. 1 adon-adoning jamu kayata mrica, pala lsp; 2 bakul ut. dodol adon-adoning jamu; kc. craki.
craki :
kn. bakul dodolan crakèn; kaya Cina [x]: gêmi bangêt.
crak-cruk :
pc. tansah nywara cruk-cruk.
crancang :
pc. kc. trancang.
crang :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning barang atos kêtaman ing gêgaman.
crangap :
pating [x] kn. katon padha mangap; kc. cangap, clangap.
cranggèh :
pating [x] pc. linggih karo padha ngranggèh-ngranggèh; kc. canggèh.
crang-crèng :
pc. tansah nywara crèng-crèng.
crapang :
kn. ing pucuk kiwa têngên lancip (njêkithat) tmr. brêngos.
cras :
mak [x] pc. katêrangan tumamaning barang landhêp.
crat-crèt :
pc. tansah (kêrêp) bêbanyu.
crat-crêt :
pc. bola-bali nguyuh sathithik.
crat-crit :
pc. kêrêp idu.
crat-crut :
pc. kêrêp mancur sathithik-sathithik.
cracakan :
êngg. pc. cak-cakan, nyak-nyakan.
cracap :
kn. ilining banyu udan; [x]-an kn: tlacap tmr. payung.
cracèt :
êngg. kacu.
cratho :
pating [x] pc. kabèh padha catho-catho.
crathok :
pating [x] pc. padha arêp nyathok.
crawak :
kn. yèn gunêman sarwa sêru.
crègèh :
pating [x] êngg. katon lancip-lancip; kc. crènggèh.
crèk :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning kêcrèk lsp.
crèncèng :
êngg. trèncèng.
crèng :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning wêsi dithuthuk lsp.
crèngèl :
pating [x] pc. êndhase padha njènggèl; kc. cèngèl.
crèngès :
pating [x] pc. padha mringis (ngguyu).
crènggèh, crèngkèh :
pating [x] pc. padha nyongat lancip-lancip; kc. cranggèh, cèngkèh.

--- 648 ---

crèngkèng ~ thal-thalan.

crèngkèng :
êngg. bngs. cêmpuling.
crèngos :
pating [x] pc. pating clorèng raine.
crèt :
mak [x] pc. katerangan wêtuning sêsukêr (lara wêtêng).
crèwèk :
êngg. cluwokan, lêgokan, bolongan ing gampèng lsp.
crèwèng :
pating [x] pc. ngênêr (ditarik) mrana-mrene; kc. cèwèng.
crèwèt :
kn. 1 kakehan omong (mêmadoni, maoni lsp); 2 êngg. angèl garap-garapane; kc. cèwèt.
crêbak, crêbêk :
êngg. pc. apa-apa doyan (dipangan); kc. cêrbak.
crêma :
kw. wlulang.
crême :
kn. ar. wit sarta woh.
(crêmêd) :
[x]-an kn. gunêman saru (lekoh).
crêmumuh :
pating [x] pc. katon padha abuh ngêmu nanah.
crênthe, crênthèng :
pating [x] pc. padha nywara cênthe-cênthe.
crêngèk :
pating [x] pc. padha nywara sêru (nangis lsp).
crêngèngès :
pc. kc. cêngèngès.
crêngkèng :
pating [x] pc. padha nywara cêngkèng-cêngkèng.
crêngkling :
pating [x] pc. padha nywara cumêngkling.
crêp :
mak [x] pc. katêranganing lêlandhêp tumancêb.
crêpèpèh :
pating [x] pc. padha ngatonake solah adhepe-dhepe.
crês :
mak [x] pc. katêrangan tumamaning lêlandhêp.
crêt :
mak [x] pc. mancur (tètès) sathithik; sa-[x]-an: satetesan; di-[x]-i: ditètèsi sathithik; kc. crut.
crêcèt :
êngg. kacu.
(crêcêl) :
[x]-an pc. akèh bangêt anake.
crêthil :
pating [x] pc. krasa kaya dicêthili.
crigan :
kn. anggar (wadhah kêris ing bangkekan); kc. curiga.
crigis :
kn. kakehan omong.
criyèt :
pating [x] pc. padha muni ciyèt-ciyèt.
criyos :
1 k. crita; 2 k. kandha.
crik, cring :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning dhuwit gathuk lsp.
crincing :
êngg. kn. trincing.
cringih :
pating [x] kn. katon lancip-lancip alandhêp.
cringis :
pating [x] pc. pating crèngès.
criping :
kn. ar. panganan sing digawe gêdhang, tela lsp. diiris-iris banjur digorèng.
cripu :
kn. bngs. sandhal nganggo japitan sikil.
crit :
mak [x] pc. katêranganing idu; kc. kêcrit.
crita :
n. criyos k. 1 dongèng; 2 pc. kandhaning wong; dicritani: didongèngi; dicritakake: didongèngake.
cricis :
pc. tansah omong, crigis.
criwis :
kn. tansah gunêman (madoni lsp); [x] cawis pc: tansah madoni prentah, nanging ing batin wis sumadhiya arêp nindakake.
crubuk :
kn. 1 ar. iwak sêgara sing lêmbut-lêmbut; 2 êndhok iwak sing wis diasin.
crumplêng :
pating [x] pc. padha bolong nyumplêng; kc. cumplêng.
crumpung, crupung :
kw. bngs. tandhu.
crungul :
pating [x] pc. padha mêncungul.
crut :
mak [x] pc. mancur sathithik sarta ngêgèt; di-[x]-ake: dicurake ngêgèt.
cruwèt :
pating [x] pc. padha nywara cuwèt-cuwèt.
cruwêk :
êngg. kêmproh, crobo; di-[x] pc: dicuwêk.
cruwil :
pating [x] kn. padha cuwil, padha pisah-pisah; kc. cuwil.
crobo :
kn. 1 êngg. kabèh dicampur dadi siji; 2 kêmproh, kêthêr, ora rêsikan.
crok-crok :
I pc. swaraning ngêprok wasuhan; di-[x]-[x]: diprok-prok tmr. wasuhan. II [x]-[x]-an pc: yèn mangan sarwa kêsusu kaya pamangane asu; kc. cocok.
crolot :
pating [x] kn. katon padha mêncolot.
cromplong :
pating [x] kn. padha bolong nyomplong; kc. complong.
crondhol :
êngg. tikus sawah.
crongat :
pating [x] kn. padha nyongat; kc. congat.
crongoh :
kn. arêpan, ora tampikan (marang wong wadon).
crongol :
pating [x] pc. padha mêncongol; kc. congol.
crongot :
pating [x] pc. padha noncong nyongat.
crot :
pc. saèm. crut, crèt.
crocoh :
êngg. trocoh.
(crocos) :
[x]-an kn. padha tètès tmr.luh.
crowal :
pating [x] kn. pating brocèl.
crowèt :
pating [x] êngg. pating cruwèt.
crowokan :
êngg. clowokan.

 


ngêhaki. (kembali)
nyilakake. (kembali)
Huruf Jawa: ha, na, ca, ra, ka. (kembali)
bocah. (kembali)
sathithik-sathithike. (kembali)
minangka. (kembali)
pinggiring. (kembali)
4. (kembali)
rêrêgan. (kembali)