Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1)

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
3. Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 03-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Catatan Redaksi: Naskah ini menyajikan notasi gamelan yang, kadang kala, telah mengalami sekian kali suntingan oleh si penggubahnya sendiri. Jadi berdampak pada kurang terjaminnya akurasi transliterasi dan atau penyesuaiannya dengan sistem notasi digital. Hal itu justru menjadi tantangan tersendiri bagi proses digitalisasi. Jika ada yang membutuhkan detail dari transkripsi notasi termaksud, sudilah kiranya untuk membandingkan terlebih dulu transliterasi dengan aslinya. Adapun versi aslinya tersedia dalam teks berikut atau di bagian Galeri.

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 1.1 dari 46
Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 1.2 dari 46

Soehapi Kapatijan
Soerakarta Soegoto
Kapada soerat
Promopradonggo Soerakarta

[Notasi]

Sri Martana S.P

Katawangnja gendeng kloepoek[1] tjorobalen
Gajah endra
Ing ngandhap punika katawangipun gêndhing Klumpuk

Wgn3
..35765n3.7.6.5.gn3.2.1.2.n1.3.2.y.gnt
[.2.1.2.n1.3.2.y.gnt..35.65n3.7.6.5.gn3
..35.65n3.7.6.5.gn3.2.1.2.n1.3.2.y.gnt]

Kontap utamaning katong | dènnya krêtatèng budaya | gung ngenaki tyasing dasih | tatela malating kayun | narendrambêg martatama[2] | bêbisik Sri Palgunadi | Paranggêlung prajanira | mangkana ta sira prabu | yun sumiwèng Sang Arjuna | lêgawa srah kang dayinta | sukèng tyas yèn katampèna.

Sri Martana salendro 9

Namanja tembangnja Sri Martono Saledro[3]

Kontap utamaning katong | dènnya krêtatèng budaya | gung ngenaki tyasing dasih | tatela malading kayun | narendrambêg martotama | bêbisik Sri Palgunadi | Paranggêlung prajanira | mangkana ta sira prabu | yun sumiwèng Sang Arjuna | lêgawa srah kang dayinta | sukèng tyas yèn katampèna.

Jatoehnja gending Kembengtodjoeng[4]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 2 dari 46

Kêncêng rêbab kêthuk kalih kêrêp minggah kêthuk 4, 9 salendro

Wetw.6.6.2.3.5.6.7.gn6
[..676535!!..#@!n6..676535!!..#@!n6
...6765322.3563n5<765653213532.1ygnt
.yt.ty121312.1ynt.yt.ty121312.1ynt
wetyetew..wetyun6..2355..!!.@#@!gn6]
<.!.6.2.1.3.2.y.gnt
[.y.t.3.2.3.2.y.nt.y.t.e.2.3.2.y.t
.1.y.e.w.t.e.t.n6.2.1.3.2.3.2.y.gnt]

Ingkang kasbut ing nginggil punika Kêncêng sangking Kyai Dêmang Gunantika, kula inggih sampun sagêd, ananing sarèhning sagêd kula saking Pak Jiwatruna, dados cengkokipun gèsèh sawatawis.

--- Nomêr 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 3 dari 46

1. Gêndhing gangsal rêbab, cacahipun 27
2. Gêndhing nêm pelog, cacahipun 28
3. Gêndhing barang cacahipun 28, gunggung 83
4. Gêndhing nêm salendro cacahipun 47
5. Gêndhing sanga, cacahipun 36
6. Gêndhing manyura, cacahipun 47 gunggung 130
7. Gêndhing bonang gangsal, 16
8. Gêndhing bonang barang 6 dados 22
9. Dèrèng gêndhing gêndèr 10 utawi ladrang-ladrangan
Pelog salendro kalêbêt gêndhing bonang, dèrèng gêndèr tuwin ladrangan, gunggung 235

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 4 dari 46

Ing ngandhap punika katranganipun wangsalan sindhèn tlèdhèk.

Jangkrik gunung kawis pita mawa rupa | kang pinuji tan lyan siring wong sapraja.
Sarah madu baita rêmuk ing toya | aja kandhêg kèrêm anèng ngalam donya.
Kêpêt dêling pamegesaning bicara | anèng dunya pan amung mampir kewala.
Wadung pari sênggani kang pindha pêdhang | ana ingkang nganakakên ananira.
Bapa mudha sêmăngkalit kulit rêta | eman lamun dipasrahna sapa-sapa.
Kunir pita dasarata mudha garwa | têmên-têmên katêmu ing kene kana.
Amèt wuku wanodya kang maksih kênya | ing sawujud gusti kalawan kawula.
Sarpa ponthang pangèsthining dwijawara | dhuh wong agung aywa sumêlang ing pudya.
Sarpa krêsna paksi langking wèh sasmita | mung wong agung kang dèn dhandhang ing triloka.
Banuraja purane Sri Suyuddhana | jagad raya wus anèng ing astanira.
Arka muka wulu cumbu madukara | nora samar ing paningal wus sanyata.
Gudhe rambat cagahe wong laku palwa | aja was-was patang prakara bêningna.

Kasbut ing nginggil punika wangsalanipun srimpi lan badhaya kangge sindhenanipun

--- 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 5 dari 46

Punika sêkar agêng kangge samukawis kenging

__________

1. Sêkar Rêtnajiwa lampah 11

Wontên warni nênggih | kawan prakara | kang katingal | dene kawula yakti | sadaya wus datan kaèksi namung | ingkang kawan prakara kèksi iwang[5] ||

__________

2. Sêkar Surajiwandana lampah 11

Sadangune ngupaya gunung-gunung | alas-alas | kawur sru ngongkrèh-ongkrèh | asayah kasaputing dalu | manggyuh ri kang tyas mepu dènnya ngulati we ||

__________

3. Sêkar Surarêtna lampah 12

Risang Arya | Sena matur ing rakaji | lamun arsa | kesah mamrih | toya marta | ngèstokkên ing tuduhirèng gurunira | Prabu Darmaputra angungun miyarsa ||

__________

4. Sêkar Citramêngêng lampah 12

Dèn prayitna yayi | mas ing lakunira | manawa kasasar | dènta angulati panggonane gawat | ewuh tan têtela | Sang Sena umatur | ingsun tan pêpeka ||

__________

--- 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 6 dari 46

5. Sêkar Sudirawicitra lampah 12

Kocapa nagri | ing Batanakawarsa | saangkatira | Wêrkudara kesahnya | dening kang liwat | nora kêna dèn ampah lalu kalaran | kapya barubah ing tyas ||

__________

6. Sêkar Jiwarêtna lampah 12

Kunêng ingkang samya | suka kawuwusa lampahira Sena | lajê[6] sampun ngambah prapta ing wanadri | ririh rèrèh gandrung | sukanirèng galih tirtaning pamungkas ||

__________

7. Sêkar Căndramêngêng lampah 12

Anglakoni ing tuduhira sang maha yogi | mêsat sangking pura | sigra rèh sumêngkut | masih anèng jro pura sami mèsêm | sang prabu Mandraka alon wuwusira ||

__________

8. Sêkar Madurêtna lampah 12

Samarga-marga | pramèswari mandraka | asambat-sambat | dhuh gustèningsun aja | tinggal munggah maring ari bawana | antènana ing bukur pangarip-arip ||

__________

9. Sêkar Wisatikandhah lampah 12

Sang Hyang Wisnu mari dènira tumitah | Prabu Jayabaya | wasananing titah | wang nang ngun [ngu...]

--- 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 7 dari 46

[...n] sami | takari juga turun păncaturas Narapati Jayabaya ||

__________

10. Sêkar Kusumawicitra lampah 12

Bumi gonjang ganjing | langit kêlap-kêlap | katon lir kincanging | alis sang wèh gandrung | sabarang kadulu | wukir moyak mayik | saking tyas baluwur | lumaris agandrung ||

__________

11. Sêkar Căndrawilasita lampah 12

Nahan sira | satriya Andananjaya | lan Narendra Krêsna | kang among rikang prang | nèng sukuning arga | rame dènira prang | Gardapati mungsuh | ira wus ngêmasi ||

__________

12. Sêkar Dhadhap mantêp lampah 13

Kang pradipati umiring natèng mandraka | maring pakuwon | tansah wirangrong ing margi | narpati Salya | agung kagagasing kalbu | dènira mungsuh | lawan narpati pandhawa ||

__________

13. Sêkar Sudiranaraka lampah 13

Wanara samya bêbujung | ditya malêduk | ngungsi jro kitha | sakèthènge wus tinutup | Sri Dasamuka | sampun ingaturan wêruh | ing pêjahira | sira prawira drumrêksa ||

--- 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 8 dari 46

14. Sêkar Basănta lampah 14

Akwèh têkapnya rumuwat | brata | pandhu putra | lunga diwangkara | ginantyaning kang sasăngka | astam aningali | mila | sandika sulastri | matyandulu ing mawênês | sumilip kamegan ||

__________

15. Sêkar Manggalagita lampah 15

Sarêng myarsa Risang Rama | ring ature kang rayi | kumêsar tyasira tikbra | lir pêcat jiwanira | sumêbut parah-parahing tyas | ruhara marujit | kadya sirna jagat raya | lir ilang idhêpira ||

__________

16. Sêkar Sastramanggala lampah 15

Brêmara rèh | manguswa rumung ambêngêngêng kadi karunaning kaswasih | saking marga amat[7] kung | sang gănda wastratmaja | lêlêng angulati | toya surya salampahnya | amarawayanta ||

__________

17. Sêkar Gurisa lampah 16

Atur kang munggying pustaka | katura ing sang kusuma | wiyosing sêrat punika | kawula atur wuninga | dasih yèn kadhuhan[8] brăngta | tan ana ingkang kacipta | mung sang dyah pêpujaningwang | kang tansah katon ing netra ||

__________

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 9 dari 46

18. Sêkar Prawiralalita lampah 16

Jroning aprang Bratayuda | amanggihi siya-siya | lan jro tênung pra dipati | pratelane Sri Ngawăngga | boya dadi kêdhah-kêdhih | sayêkti lamun rahayu | utama puruna balik | satêmah antukugraha[9] ||

__________

19. Sêkar Băngsapatra lampah 17

Prabu Harimurti | sungkawèng tyas | dahat rêntêng abutêng | Yudhisthira tan sagêt ngandika | waspa drês ingawrêran[10] | Wêrkudara gidhuh ing tyas anjêtung | Parta wiyoga brata | ari kalih Nakula Sadewa | angrêg sami nangis ||

20. Taksih nunggil Băngsapatra

Nata Krêsna alon ngandikanya | dhuh yayi prabu | aja sukawèng[11] tyas | solahe rinira | Ki Arya | Wrêkudara | nadyan wruha yêktining wang | ngapus tingkah Kurawa cidra | dene pasrah ing | bathara luhung wong sêdya puruhita ||

21. Taksih nunggil Băngsapatra

Sirêm[12] surêm | diwangkara kingkin | lir manguswor[13] ring layon | dènnya ilang | ingkang mêmanis | wêdananira landhung | kumêl kucêm rahnya maratani | marang sariranipun | mêlêg dening rudira kasawang[14] | gêgana bang sumirat ||

__________

22. Sêkar Sulanjari lampah 20

Tandya bala | pandhawa byuk | gumulung mangungsir | ring sata kurawa | kambah kungkih [kung...]

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 10 dari 46

[...kih] sru katitih | mirut kerut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati | katut kapalayu | sigra praptanira | Aswatama | têtanya lah | pagene ta iki | ya padha lumayu ||

__________

23. Sêkar Găndakusuma lampah 23

Laraping rat sri | rinêngga sumawur | kadya riris watang | wor gêbyaring astra | kumilat sumirat | narawung ngênani | tumeja mangkawa | ngênguwung manawung | diyuk netrèng satriya | kalih pêkik-pêkik | tajêm lir tinimbang | munggyang rata panak | nguntara duksina | kang pra samya kèndêl ||

__________

24. Sêkar Langênjiwa lampah 27

Sri Ngastina Maha | Prabu Duryudana | alon ngandikanira | arèningsun Wêrkudara | dèn kaporèng kene | sigra Arya Sena | anjujuk Dhanyang Druna | ri sagsana mangênjali | Wêrkudara rinang | kul lungayanira | babo siwoyèng ulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang | tirta prawitadi | ya warih tata darma | măngka sukscining dumadi ||

__________

25. Sêkar Kuswalalita lampah 23

Ya ta punggawa | rasêgsa umangsah | tan ana kang surut | amarangkêp tugur | wira wanara | nir baya tyasira | matèni raksa | tan awalang driya | danawa sura

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 11 dari 46

samyamuk pêpulih | mataguh wre wira | aprawira sêkti | dhêndha-dhinêndha | têmpuh ing wrêksagêng | basmi pur lan gada | acindhak-cinandhak[15] ||

__________

26. Sêkar Sulanjari lampah 20

Tandang krodha Aswatama | saksana umangsah | gya mênthang gandhewa | sanjatèng kang dahana | gêng lumêpas amumbul | mubal mulat-mulat | miris gègèr kang katiban bala Pandhawa | larut bubar kang baris | Parta kinèn umangsaha | mring Yudhisthira mas | mapag swa tamèng prang ||

__________

27. Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22

Kadangmu padha | warahên dèn bêcik | besuk amêndhêma | baris prayitna | aywa saronta | wong ing Dwarawati | tinumpês pan iku | awak Pandhawa | ngandhut marake măngsa | wurung dadi mungsuh | pan asandi | kewala bêcik | riwusing gunêm | Kurawa bubaran | pra ratu mituwa | kilayu nêdhêng ||

__________

28. Sêkar Srimartana

Kontap utamaning katong | dènnya kêrtatèng budaya | gung ngenaki tyasing dasih | têtela malading kayun | narendrambêg martotama | bêbisik Sri Palgunadi | Paranggêlung prajanira | yun sumiwèng Sang Arjuna | lêgawa srah kang dayinta | sukèng tyas yèn katampana ||

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 12 dari 46

29. Sêkar Madurêtna lampah 12

Narpati Darma | putra myang Dananjaya | matur ring raka | Narendra Harimurti | sata waspa ing | madya wasananira | katur sadaya | mring sang rèh madurêtna ||

__________

30. Sêkar Puspanjali lampah 13

Arsambêg sasigana | ciddhayar pasanti | ing mega ana muka | netra tarpagatra | myang puspanjalinira | na katon wanudya | lumratang grêmara | mariris | ngantariksa ||

__________

Sêkar Saprêtitala lampah 17

Sigra parêng mangsah | mungsuh lawan rowang | rok mangêmbuli | gumuruh asurak | umung gubar bèri | swara wurahan | wor grêdêging èsthi | kêpyaking ratăngga | krêpyaking kuda | kadya rug gumuntur | ring arga sinapu bumi prakêmpa ||

__________

Sêkar Nagakusuma lampah 18

Balane Indrajit | sampun kathah ingkang rubuh | ing wuri gra prapta | agugur gumêrgut | umasah[16] wre tadhah | anêrêg kasêrêg | wil kandhih kalindhih | krodha Megananda | sarosa umangsah mênthang langkapira | lir kadi saradula ||

__________

--- 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 13 dari 46

Sêkar Nagabănda lampah 18

Mangkana ta sang pawana suta | umatur aris | sarya nêmbah | paran karsa pukulun yaya ta di | putri Mantiliharja | sampun alami | bêdhahing Ngalêngka | sampun samadya sasi | pêjahipun sang yaksendra | panduka dèrèng andangu garwa ||

__________

Sêkar Sardulawikridita lampah 19

Ditya ngarsa parêng | masah asasuruk | gora nêngkêr | tri loka | Prabu Sugriwa non | mungsuh ditya mangsah | kadya rug arga guntur | Sugriwa angatag | anadhahi parêng gêlare pêksi nêba | kumrutug ngêbyuki | lir ampuhan jawah | prahara ruhara ||

__________

Sêkar Sasadara Kawêkas lampah 20

Angin-angin ngunjara | tanapi warih warih | tan tumamèng gulu | mangke sampun miyarsa | panduka sampun manggèn | siniwi wadya wre | lir agring parêpêki pati angusadani | kêkêtêg duk rawuh | dhuh atur kawula jêng pukulun | sampun manggung | mong wingit wiyatdi ||

__________

Sêkar Salwaarini lampah 21

Ênjing budhal gumuruh | sangking nagri Wiratha | kèhing kang bala kuswa | abra busananira | lir surya wêdalira | sêkaring[17] jalanidhi | arsa madhangi jagat | duk mungup-mungup anèng sapucaking wukir | sumirat sumambirat | kênèng soroting surya | mega lan gunung-gunung ||

--- 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 14 dari 46

Sêkar Patmawicitra lampah 12, pêdhotanipun 4-4 ping 4

Narpa putra myang garwa lan arènira | rêrêp anèng patamaning dwijawara | yayah dadya kumalane ing asrama | kêkulêman miyating patmawicitra ||

Kanigara lampah 23, pêdhotanipun 8-8-7 kaping 4

Lêmês rawe-rawe winu- | lantrêspati[18] Dasamuka | amping-ampingan wrêksa | kidang mas saba malipir | patapan putri Mantili | dupi mulat arina | rambut mas agalibêdan | nèng satêpining patapan | Sinta matur bêbana | aminta kidang kancana | Raguputra mituruti | ri kinèn têngga srama ||

Nagabănda lampah 18, pêdhotanipun 5-6-7

Anut lakune | Korawa ing nguni | patine Bimanyu | kêna ing cidra | sigra sang Sêtyaki | madêg ngambil sanjata | sarosa mênthang | langkap gya lumêpas | Burisrawa pinanah | pêgat jangganya | Burisrawa mati | katêkan nagabănda ||

Sudirawarna lampah 12, pêdhotanipun 5-7-5

Lir sapadèngsun[19] | tumiling mangulati | puspita ingkang | medêm mendah kang warni | midrêring taman | anon sêkar warsiki | kumênyut ing tyas | baya ajatukrama ||

--- 11 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 15 dari 46

Palugon laguning lêkas | lukita linuting kidung | kadung kadêrêng amomor | mêmangun manah rahayu | aywa na kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

Madurêtna lampah 12, pêdhotanipun 5-7 kaping 4

Narpati Darma | putra myang Dananjaya | matur ring raka | Narendra Harimurti | saha waspa ing | madya wusananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Puspanjana lampah 13, pêdhotanipun 7-6 kaping 4

Arsambêg rêksi gana | sidhayardha santi | ring mega ana muka | netra tarpa gatra | myang puspanjalining ron akaton mananya lumrang kang brêmara ma | riris ngantariksa ||

Kusumastuti lampah 13, pêdhotanipun 7-6-7

Dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênênging wang | hya kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng nrêpati | amung ta wêkasing wang | hya pêgat têtèki ||

Băngsapatra lampah 17, pêdhotanipun 4-6-7

Dhuh sang prabu | ningrat narapati | sumbaga prawirèng prang | dibya sêkti | myang pêkik niraji | sor bathara asmara | kagunan myang | kaluwiyanira | dewadi datan ana | kang tumimbang | nora wênang mulat ing saktinta sang prabu ||

--- 12 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 16 dari 46

Sêkarini lampah 17, pêdhotanipun 6-6-5

Mawur kang katrajang | endah anawadah | ing Maèspati | mung kang para raja | mangsah manggala | lan sri surywakètu | madêg munggèng rata | mênthang langkap sigra | mêndhung giyungan | angin mêtu riris | Sang Prabu Manggada | Prabu Srawangga ||

Prawira Sambada lampah 12, pêdhotanipun 4-5

Narendra Krêsna | pangandikanira aris | sarate iku | pujanên dèn waspada | sira wêruha | kabèh kang wêrit-wêrit | dadya tan ngawur ran prawira sambada ||

Têbukasol lampah 9, pêdhotanipun 4-5

Anjrah ingkang puspita arum | katiyubing samiranamrik | sêkar gadhung kongas gandanya | mawèh raras rêraning driya ||

Solanjari lampah 23, pêdhotanipun 6-6-6

Tandya bala | pandhawambyuk gumulung mangungsir ring | sata Korawa | kambah kungkih sru katitih | mirut larut kalarut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati | mirut ywa kapalayu | sigra praptanira | Aswatama tatanya lah | pagene ta iki | ywa padha lumayu ||

Kang katam[20] larasmara | rara bentrok ngêlam-lami | paran tumamèng tilam rum | baya ruming sariranta | sumarma madu mênuhi | dhuh mas mirah sang kusuma | ambuka gandaning sêkar | sêkar gambir maratani ||

Namanipun sêkar Rarabentrok dhawah Gambirsawit

--- 13 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 17 dari 46

Kuswalalita lampah 23, pêdhotanipun 4-6-6-6

Sinawung kêndhang | suling anoman a | ngidung-ngidung lawan saraba swararum | runtut larasing kidung ngêmbat-êmbat têmbungnya binarung | pangêliking suling | butane suka | ting cukakak tanjak | galeyah abêksa maju migut-migut | suka sakèhing punggawa Ngayodya | miyating buta ngigêl | kathuwêl parigêl ||

Brêmarawilasita, lampah 11 pêdhotanipun 4-7

Galak ulat kadya thathit ambarung | kang pamulu alus manis mawèh kung | sambada kang dêdêk mandarana kung | agorèh pan dadya pantês malar kung ||

Dhadhapmantêp lampah 13, pêdhotanipun 5-8

Bayangan bayêm bayêyêt agung ngrêmbuyung | rawe-rawe ring rawa kara taru turi | karandhang gondhang | kadhondhong dhêndhêng asandhing | dhungdhungan gudhe | bengok bênguk manguk-manguk ||

Sastrakusuma lampah 12, pêdhotanipun 5-7

Dhuh dhuh wong ayu | băngsa apa sirèku | cahyanta mindha | sudama andhadhari | sang hyèng[21] kusuma | kang endah arum manis | sarine dadya | gusti ing ananira ||

--- 14 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 18 dari 46

Langênjiwa lampah 27, pêdhotanipun 6-6-7-8

Sri Ngastina Maha | Prabu Duryudana | alon ngandikanira | arèningsun Wrêkudara | dèn kaporèng kene | sigra arya Sena | anjujug dhanyang Durna | ri saksana mangênjali | Wrêkudara rinang | kul lungayanira | babo siwoyèng ngulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang | tirta prawitadi | ya warih tata darma | măngka sukcining dumadi ||

Priyabada lampah 13, pêdhotanipun 6-7-6

Ana ki wre tunggal kagiri-giri gêng | nyakra manggalak angkara bêknya | gora godha tan ang- | ga tulungana | tinêpakkên nyapar syat | buta kabarubuh | puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna | watu kumalasa | syuh kabarubuh ||

Lonthang ing dalêm sapada lingsa isi sastra 4 kaping 9

Rangu-rangu rongèh nolih marang garwa | ngiwarangin amirangrong sru mangarang | jimating prang | pamulahing rèh asmara ||

Salisir lampah 8, pêdhotanipun 4-4

Sangsaya dalu araras | abyor kang lintang kumêdhap | tisti sonya têngah wêngi | lumrang gandaning puspita ||

--- 15 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 19 dari 46

Sêkar Sardulawikridita lampah 19, pêdhotanipun 6-6-7

Sang Seta umangsah | krodhanira dening | patine ari kalih | tumanduk sabala | galak lir sardula | sêdhêng măngsa gumrêgut | prawira Wiratha | mangsah amangungkih | lir buta măngsa daging | Seta senapati | gumrit ratanira | mênthang langkap nglêpasi ||

Găndakusuma lampah 24, pêdhotanipun 6-6 kaping 4

Bumi gonjang-ganjing, langit kêlap-kêlap | katon lir kincanging | risang mawèh gandrung | sabarang kadulu | wukir moyag-mayig | saking tyas baliwur lumaris agandrung | dhuh ari sumitra | tana ya paran rèh | kabèh sining wana | sangsoyèng maring sun | tan wrin kasatriyan tan umiyating rat | kombul atmaning wang | pijêr gandrung-gandrung ||

Sasadara kawêkas lampah 20, pêdhotanipun 7-7-6

Mirahina[22] sêmu bang | hyang aruna kadi ne- | trane angga rapuh | sabdaning ko- | kila ring kanigara sakêtêr | kinidungan ning kung | lir wuwusing pinipan | ca papêtaking ayam wanèh ring pagagan | mrak anguwuh | brêmara samya ngrabasa kumaring | para aswanarum ||

--- [16-17][23] ---

--- 18 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 20 dari 46

Astakuswala lampah 23, pêdhotanipun 6-6-6-5

Lamun ana wadya | dhêmên agêgapok | mring sabarang karya kumawruh marang | ing kagunan kabèh | kabakitanira mung ngrungu nanêmpil | tan duwe dhewe | nganggêp ngaku-aku | miwah lamun aprang | dhêmên andhingini | sru polah alok | ing batine ngêmpèk | kawanining liyan | kang mangkono iku | parnahna gupuh ||

Saprêtitala lampah 17, pêdhotanipun 6-6-6-5

Lêng lêng gatining kang | awan saba-saba | ning kang Ngastina | samantara têkèng | têgalkuru nararywa | Krêsna lakunira Parasura | ma Kanwa Janaka | dulu Naraddha kapanggihing rika | têgal milu ring kar | ya sang bupati ||

Aswandana lampah 20, pêdhotanipun 7-7-6

Siyang pantara ratri | amung cipta pukulun | tana lyan kaèksi | mila katur kang cundha | manik prasasat ragèng | ulun kang sumêmbah | mungging padanta prabu | myang kagêngan[24] ta singsin[25] | sasat sampun prapti | katon asta pukulun | wulatên narapati | dhuh rama dewaningsun ||

Sêkar Têpikawuri lampah 17, pêdhotanipun 6-6-5,[26] 12 S.M.

Ulun caos atur | yèn pinudyèng karsa | mugi marênga | kalilana nyêkar | kang têpikawuri | tibèng montronya | binarunging barêng anuting suwara | supaya wimbuh sukèng driya | bok manawa suka | golong sêmbada ||

--- 19 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 21 dari 46

Sêkar Wisalya Arini lampah 21, pêdhotanipun 7-7-7

Enjing budhal gumuruh | sangking nagri Wiratha | gunging kang bala kuswa | abra busananira | lir surya wêdalira | sangking ing jalaniddhi | duk mungup-mungup anèng | anèng pucaking wukir | baranang pan sumirat | kênèng soroting surya | mega lan gunung-gunung ||

Kilayunêdhêng lampah 22, pêdhotanipun 5-6-6-5

Kadangmu padha | warahên dèn bêcik | besuk amandhêma baris prayitna | aja saronta | wonging Dwarawati | tumpêsên pan iku | awak pandhawa | ngandhut marang kemăngsa wurung dadi | mungsuh pan asandi | kewala bêcik | riwusing gunêm | korawa bubaran | pranata pituwa kilayunêdhêng ||

Manggalagita lampah 15, pêdhotanipun 8-7

Wuruk iku măngka wiji | kang winuruk lir papan | pama kacang lan kadhêle | sinêbarna ing watu | yèn watune tanpa siti | kodanan kapanasan | yêkti nora bisa thukul | yèn nora wicaksana ||

Căndrawilasita lampah 12, pêdhotanipun 4-4

Narpati putra myang garwa lan arinira | rêrêp anèng patapaning dwijawara | yayah dadya kumalane ing asrama | kêkulêman miyat căndrawilasita ||

--- 20 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 22 dari 46

Madubrăngta lampah 13, pêdhotanipun 5-8

Mangkana ta risang | lampahira wus prapta | jawining kitha rikat pangiriding rata | swandana pindha | panglayang nagaraja | nagri Ngastina | katingal sangking mandrawa ||

Kawitana lampah 17, pêdhotanipun 6-5

I rika ta Sang Gathutkaca | kinèn mapag arkasuta | têkapira Krêsna Parta manêhêr | muji sêktènira sang inujaran | wang wang masêmu garjita arsa marêk | mawacana bagya yan ana pakon ri patik nrêpati ||

Basănta lampah 14, pêdhotanipun 8-6

Mangkana krodha Sri Krêsna | têdhak sangking gènnya | agunêm sagsana madêg tiwikramanira | wimbuh anèng palataran | jlêg agêng sagunung | patang gunung | pitung gunung | lir Bathara Kala ||

Lêbdajiwa lampah 11, pêdhotanipun 4-7

Mangu miyat | ing sètu gandrung-gandrung | payo yayi lêlangên mring talaga | amèt kêmbang kêmbang kang nuksmèng warih | tanpa rowang | yun mirah gandrung-gandrung ||

--- 21 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 23 dari 46

Citramêngêng lampah 12, pêdhotanipun 6-6

Risang maha yêkti | sawusing samadi | mungging pacrabakan | dangu aningali | wijiling sasăngka | sangking grahning[27] ardi | karênan tyasira alon angandika ||

Citrakusuma lampah 12, pêdhotanipun 6-6

Dene panjalukmu | patine sindurja | tamakna jêmparing | ira pasopati | ratane Sri Krêsna | lan gonge ywa kari | aran păncajanya | anggonên ngajurit ||

Căndrakusuma lampah 16, pêdhotanipun 8-8

Kang kadi sudama gusti | sasăngka kasongan suryya | prabanya su | mungsung kaswa | raras ruming sari sari | samya manuksmèng sarira | sumarmanira sukanta | ujyalanira sumunu | marbuk căndrakusuma ||

Pangajabsih

Singaranu | panusule magut pupuh | baya tan bantu ing brangti | kawi sêkar srana pambengkasira puh | mung kusuma | bisawèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdyakala ngèstupada | sarpa krêsna sun parujit[28] | mung andika masku | kang sung barubuh ing galih ||

--- 22 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 24 dari 46

Pranasmara

Nèng karang kadhêmpêl lêledhang | Kyai lurah | Sêmar sapranakane | miyat kêbon kêbon têgal | lan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwi jogèt ganti-ganti ||

Pamularsih lampah 15, pêdhotanipun 7-8-7-8

Nihan siswa umatur | marang risang maha yogi | sang wipra kadiparan | karsaning hyang utipati | yogya saliring warna | kang gumêlar anèng bumi | mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||

Mintajiwa lampah 16, pêdhotanipun 8-8

Larasing rèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsayan ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna | ginusita[29] ing sahari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||

Kuswarini

Rasamadu | satawana kang kêkuncung | liringira mirah manis mrak ati | malatkung | liring tuwuh jayèng tirta | baya ingsun têmah mati | wuh angsung sang lungse măngsa | lamun kasèp tan tinolih ||

--- 23 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 25 dari 46

Banjaransari lampah 19, pêdhotanipun 6-6-6-6

Dènira têmpuh prang | Sri Harjunasasra | lawan Radèn Sêmantri[30] | aliru prabawa | tan ana kasoran | mangkana sri narendra | mangun tiwikrama | têdhak sangking gènnya | mrêpêki mungsuhira | jawatèng ngawiyat | ngudanakên kêmbang | lumrang banjaransari ||

Kuswaraga

Liring sêtya mirah ingngong | janma kang lalu antaka | kalamun ngandika gusti | cidra marang dasihipun | yêkti ingsun suduk jiwa | wilangan wolu lan kalih | wastra limput | raga gusti | inggih ing sadasa-dasa | lamun kabêt-bêting lulut ||

Surarêtna lampah 12, pêdhotanipun 4-4

Lela-lela linali saya kadriya | driyasmara | marang risang kadi rate[31] | rate ratu | ratuning Cakrakêmbang | kêmbang jaya | kusuma asih ing kula ||

Jurudêmung lampah 8-8 kaping 7

Cirining surat ibrêran[32] | kêbo bang sungunya tanggung | sabên kèpi mirah ingsun katon pupur lêlamatan | kunirpita kasut kayu | wulu cumbu Madukara | paran margane katêmu ||

Sastrasurendra lampah 13, pêdhotanipun 5-7

Lêng lênging driya | mangu mangu mangun kung | kandhuhan rimang | lir lena tanpa kanin | yèn tan tulusa | mêngku sang dyah kang tapa | sang Dasamuka | wuwusira ngrêrêpa ||

--- 24 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 26 dari 46

Irim-irim lampah 22, pêdhotanipun 6-8

eman-eman dhuh kusuma | taruning rondhonira yèn manggunga mangarang | sêkar arèn kadiparan | wiwara tanpa prana | lamun kawêdhara | kalêmbak gêng milusus | pandayaning panitra | tangèh wênganing driya | pêtir wisma sapa wrêruh | wrêksa gumuling kisma | ambatang siring nala ||

Pritanjala lampah 19, pêdhotanipun 7-7 kaping 4

Rikat lampahirèng | rata tan antara | praptèng sukuning arga | eram tumingaling | pakuwon asrine | dhêndhêng saengga praja | umyung kang pradongga | busêkan kang jalma | wowor adêging kuda | kang jajari rata | amawa bandera | kumlap lir pritanjala ||

Kumudasmara lampah 15, pêdhotanipun 6-4-4-7-8

Sang widayakèng praja | ing nguntaragita nama | sira mandarêtna | sung wasita | ring pra sinta | gyah lagsitaning jana | têngayuh têgwastang durta | tinrapèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||

Kinanthi lugu

Onta gopak klêmbung-klêmbung | mring sawah anyangking kudhi | angondhangi rowangira | kang samya anambut kardi | ing sawusnya winondhangan | tinanya sawiji-wiji ||

Sêkar Kulanthe 8-8 laras pelog pathêt barang

Sundari dara gèr | basasmaraning rèh | sawangane gustiningwang | kadi karurungan yêkti | sêkar arèn pamènipun | majas taru wit godhonge | netya manda ing pangèksi | dangu-dangu kawistara pasêmune ||

--- 25 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 27 dari 46

Ing ngandhap punika sêkar agêng ingkang dhumawah gêndhing lajêng kagerong dening sêkar-sêkaran, anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti kaping 4

__________

Sêkar Citramêngêng

Risang mahayêkti sawusing sêmadi munggwing | pacrabakan dangu aningali | wijiling sasăngka | sangking graning ardi | karêtnan tyasira | alon angandika ||

Lajêng katampèn ing gêndhing Langên gita salendro pathêt sanga

Siswa | pra samya langên ing jaba | padhang bulan ri sêdhêngira purnama | iku yogya | mangenggar-enggaring driya | wonya | sarana mangidung samya | masta maha | marang hyang kang maha wasa | jroning suka | tunaa ing dukacipta ||

Ngripta | taman sajroning asrama | winursita | guna warnaning kang puspa | aranira | kadi ta ingkang winahya ||

Andong | tinandur têpining gêdhong | argulo bang | lumembang pagêr balumbang | kêmbang anggrèk rumambat angêpèk-êpèk ||

Noja | kêmbang pasrèn tanpa gănda | kêmbang nala kasika saru kang warna | nagasari | winor borèh lawan jampi ||

Cènggèr | abang mêngês mèngèr-mèngèr | kêmbang clakêt | pinêthik nalutuh plikêt | bang cêpaka kuning seta mawa gănda ||

Rukêm | rinanggèh runtuh satêkêm | raga ina | wungu ambune tan ana | bang paja sapinggir wungu têngah pita ||

Kalak | kanikir kalingan krurak | kanigara | kêmuning kang wit kananga | kali kara karakêt kasatan toya ||

Dlima | tinandur ngubêngi wisma | kêmbang dangan | marambat nèng anjang-anjang | kêmbang dilêm gandane mulêk mring dalêm ||

Tluki | tinandur têpining bèji | tunjung tlate | kumbang satêngahing we | kêmbang[33] tlutur sumêbar nèng pinggir batur ||

Sruni | sumrik rume maratani | kêmbang susang[34] | endah warnane sinawang | sumarsana warna adi tanpa gănda ||

Soka [So...]

--- 26 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 28 dari 46

[...ka] | abang kuning ingkang warna | bang sri gadhing | mêgar ngambar bangun enjing | salastra warna putih ngrajawèni ||

Wungu | warna bagus tanpa ambu | mung warsiki | kongas gănda warna adi | wari-wari[35] abang rum ruk seje warni ||

Landêp | kuning sungsuningnya landêp | lara wudhu | wadhèh wadhak tanpa ambu | lara kêndhat | esthane kalung kandharat ||

Pudhak | kongas gandane yèn cêdhak | kimbang[36] burba | nagara manuting surya | pancasuda | pindha gambir kaot seta ||

Dhawe | lir mayang datanpa gawe | kêmbang dhadhap | abang mêgare sakêdhap | kêmbang dhuwit | rinujak rasane sêpêt ||

Janti | irêng mêlês mêrak ati | kêmbang jagung | sarine kanggo wong agung | wit jêlamprang godhong wungu kêmbang abang ||

Mlathi | sumumping nèng athi-athi | kêmbang mênur | sumêbar satêngah kasur | mondhakaki gadhonge[37] kinarya jampi ||

Gambir | lir gambar sumêbar pinggir | kêmbang gadhung manggone kinarya gêlung | găndapura | dalane kinarya lênga ||

__________

Sêkar Kumudasmara

sang wida | yakèng praja | ing utara | gitanama | sira | mandanarêtna | sung wasita | ring pra siswa | gyah | lagsitaning jana | tangayu | kwantang durta | tinrapèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||

Lajêng katampèn ing gêndhing Walagita pathêt nêm pelog

Kêmbang ada- | s sêdhêp gandanira kongas | iku radèn | yèn janmaa | sarana kanggo ing karya ||

Kêmbang nangka | liya rinujak | tan ana | iku radèn yèn janmaa | ngadoni karya candhala ||

Kêmbang cêngkèh | gănda arum warna rèmèh | iku radèn yèn janmaa | tan nyana ngentasi [nge...]

--- 27 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 29 dari 46

[...ntasi] karya ||

Kêmbang cêrme | nora tamtu kanggwa gawe | iku radèn yèn janmaa | nora butuhakên praja ||

Kêmbang rawe | gung sinarang panggonane | iku radèn yèn janmaa | durjana pangawak wisa ||

Kêmbang krandhang | warna wungu wismèng jurang | iku radèn yèn janmaa | tan komramêdi ing karya ||

Kêmbang turi | warna bagus gănda wangi | iku radèn yèn janmaa | linulutan ing sasama ||

Kêmbang druju | darêjêk datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | dêgsura sugih durgama ||

Kêmbang tukèng | gănda arum nora ngèdhèng | iku radèn yèn janmaa | pasaja tur ingupaya ||

Kêmbang sana | gănda arum wismèng wana | iku radèn yèn janmaa | miguna lumuh nèng praja ||

Kêmbang waru | asring mêgare tan dangu | iku radèn yèn janmaa | sêsongaran datan lana ||

Kêmbang lampês | nora endah nanging lêmês | iku radèn yèn janmaa | namung asring pinilala ||

Kêmbang pulu | warna bagus tanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | kanggo nanging nora lana ||

Kêmbang dhuru | nèng wadhah datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | ngrikuhi datanpa karya ||

Kêmbang jêruk | sumrik gandane tumanduk | iku radèn yèn janmaa | bisawèh rênaning driya ||

Kêmbang nyamplung | rigole asring kacêmplung | iku radèn yèn janmaa | nuwal kèli uripira ||

--- 28 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 30 dari 46

Kêmbang maja | gănda arum adoh praja | iku radèn yèn janmaa | tangèh lamun winicara ||

Kêmbang gayam | tan pisan dèn ayam-ayam | iku radèn yèn janmaa | wasana kanggo ing karya ||

Kêmbang bayêm | warna kuning sêmu ayêm | iku radèn yèn janmaa | labuh labêt saking trêsna ||

__________

Sêkar Pamularsih

Nihan sis- | wa umatur | marang risang | maha yogi | sang wipra kadiparan | karsaning hyang | udipati | yogya sa- | liring warna | kang gumêlar anèng bumi | mugi ulun | têdahna | tandya sang wi- | ku anjarwani ||

Lajêng katampèn Rajasuwala salendro pathêt sanga

Surya căndra | daru kartika | samya | amadhangi | jagat raya | wimbuh wèh martana | sakèhing dumadi ||

Mega kuwung | teja wangkawa | samya | angrênggani | ngantariksa | mawèh | suka driya | sakèh ing dumadi ||

Brama tirta | myang bayu bajra | samya | angobah | kên sabuwana | bisawèh martana | bisa | gawe | curna ||

Tasik arga | myang wanawasa | măngka sasananing | buron samya | dadya upajiwa | sakèhing dumadi ||

__________

Sêkar Kusumastuti

Dhuh pukulun | putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng [jê...]

--- 29 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 31 dari 46

[...nêng] ingwang | ywa | kulinèng ardi | bêcik sira | nèng praja suwitèng narpati | amung ta wêkasingwang | ya pêgat têtèki ||

Lajêng katampèn gêndhing Sitamardawa pathêt barang

Sang katang a | pindha rayung | hèh rubaya | patih sri suryabuwana | pan lèn | mupung mudha | pruhitaa ||

Sambêrlilèn | sobèng ranu | hèh rubaya | gêlar sata | pancukara | pantèn | ingkang sêdya | ambêk arja | parabe sang | dyijawara[38] | hèh rubaya | têpi wastra | rinumpaka | pan lèn | iku padha | dèn upaya ||

Gribik gê[39] kang | munggèng ranu | hèh rubaya | tanaya Pandhita Druna | pan lèn | pirabara | yèn upama ||

Ukara da | tanpa sastra | hèh rubaya | parabe sang Dananjaya | pan lèn | ra orane kang Pamadya ||

Êmpu adi | Majalêngka | hèh rubaya | surya lumêbèng | mancala[40] | pan lèn | kang supaya | sumurupa ||

Pandaya pa | ngolah kisma | hèh rubaya | dene rênggêd | ding pawaka | pan lèn | laku-laku | ni ngawula ||

__________

Sêkar Mintajiwa

Larasing rèh | sang nahên kung | ing dyah tan ka- | padhaning sih | kasangsaya | ing turida | rudatine | angranuhi | ngrancaka tê- | mah wigêna | hinusita | ing saari | rinipta pa- | ma puspita | pantês patrape kang warni ||

Lajêng katampèn gêndhing Puspawarna slendro pathêt manyura

Kêmbang kêncur | kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||

Kêmbang blimbing | pinêtik bali ing têmbing | maya-maya sira | wong pindha musthika | ratuning kusuma [ku...]

--- 30 ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 32 dari 46

[...suma] | pathining wanodya ||

Kêmbang durèn | sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmonira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||

Kêmbang arèn | tumungkul anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing panduka | anganggit puspita | têmah tan wiyoga ||

Kêmbang gêdhang | manglung maripit balumbang | patute wong iki | têdhaking awirya | sêmune jatmika | solèhe pasaja ||

Kêmbang jati | sinêbar ngu | bêngi panti | ajangglêng kawula | ngêntosi panduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||

Kêmbang jambe | mêgar ngambar wayah sore | kamayangan kula | tamuan panduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||

Kêmbang kapas | pinêpês agung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada | cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||

Kêmbang pandhan | mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak panduka | ing panggenan kula | sampun wancak driya | kawula srah jiwa ||

__________

Sêkar Palugon

Palugon la- | guning lêkas | lukita li- | nuting kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun ma- | nah rahayu | aywa na kang | tan agolong | gumulung | manadukara | karanani- | ra mangapus | puspita wang- | salan sêmon ||

Lajêng katampèn gêndhing Puspajala[41] laras nêm pelog

--- [31] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 33 dari 46

Kêmbang nipah | sumêbar sa- | têngah sawah | dongong bae | ing pacake | kêdhèp têsmak pa- | mandênge | pratăndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||

Kêmbang salak | sinêbar a- | nèng bêbulak | kathêkêran | pangarahe | nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||

Pupus[42] têbu | dèn udud ku- | kuse mambu | glêgas-glêgês | pangrimuke | kadhêkêsan | palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||

Kêmbang suruh | bêlasah sa- | ingga uwuh | drengas drèngès | pangucape | nora tajêm polatane | tandha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||

Pupus puyang | rinajang dadi | sadhulang | ngirih-irih | panyêdhake | têka lêmês | wicarane | wêkasan | luntur asihe | kakang Janaraga ||

Godhong linjo | kinêla la- | li mring bojo | ngoso-oso | tênagane | jêlah-jêlih | pangucape | pratandha mèri marune | kakang Janaraga ||

Êbung laos | ginudhang gi- | nawe caos | gêdrag-gêdrug | tênagane | bêning lêri | polatane | pratăndha ngontor atine | kakang Janaraga ||

Kêmbang jêring | pinêthik ambune manjing | angacuwis | mring tanggane | ngandhakake | ing wadine | labêt tan kanggo lakine | kakang Janaraga ||

Kêmbang pête | sinambung rinante-rante | kongsi pêndul | panangise | nora ana | kang anggawe | labêt kinewe bojone | kakang Janaraga ||

Kêmbang lumbu | lumèmbak ka- | tut ing banyu | canculane | kèh gawene | nora kobêr paturane | lugune sang | king kêsète | kakang Janaraga ||

--- [32] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 34 dari 46

Kêmbang krambi- | l pinènèk pa- | pane rumpil | têgar bae sêngadine | nora owêl | ing jarane | batine a- | na êsira | kakang Janaraga ||

Êbung kunci | cinacah a- | gung pinrinci | boros bae | tênagane | nora kurup panggolèke | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga.

Trubus gêdhang | tinandur da- | di sadhulang | mokal-mokal | ing kandhane | lumuh asor | ing padune | pratandha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||

__________

Sêkar Pranasmara

Nèng Karangdhêm- | pêl lêledhang | Kyai Lurah | Sêmar swa-[43] | pranakane | miyat kêbon-kêbon têga- | lane lèrèn | sami ngundhuh | tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwi jogèt gênti-gênti ||

Lajêng katampèn gêndhing Tarupala salendro pathêt manyura

Pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita gi- | nawe langên | baku balang | madugănda | katon cêcangkokanira | lir podhanging | kang kusuna[44] | golèkana | sira sira | kapopoh | wani toh jiwa ||

Jêruk jêruk ki | nalumpuk | kinarya langên | pikantuk | bali butun ing krangèyan | ngundhuh katès | dulu macan | ngoprok anèng palataran | kadulungan | murut murut | mêksa kinuwik | rinanjam ngasta ||

Jambu jambu | kang kalêbu | labaning panglipur kalbu | wungu radèn | sudarsono | kapok nitih | kluthukira | mathokal ngri- | kil kang marga | klumut toya | putih putih | pindha | arum lir lêgèn kalapa ||

--- [33] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 35 dari 46

Kacang kacang | kang ginuncang | kinarya lang- | ngêning karang | ngikêl kyai | angganala | sondhèr cindhe | ijo dawa | ngalèwèr ngondhèl lir cina | gleyor tiba | wungu-wungu | kêna tunggak | ruji kucu wrêksa ||

Kara-kara | winicara | winarah wi- | nor ukara | mantri bêton kang gajihan | mas kapri andong lumutên | nugang[45] wêdhus | ingèbègan[46] | loking jana | nguncis-nguncis | kadya lutung | irêng tanpa netra ||

__________

Sêkar Pangajabsih

Singaranu | panusuling magut pupuh | baya tan ban- | tu ing brangti | kawi sêkar | srana pambekasing[47] rawuh | mung kusuma | bisawèh usada wuyung | ciptèng driya | andhêging ukara kidung | sêtya kula | ngèstupada | sarpa krêsna | puspa rujit | mung andika | masku | kang sung barubahing galih ||

Lajêng katampèn gêndhing Puspagiwang pathêt barang

Parabe sang | marabangun[48] | sêpat domba | kali oya | aja dolan | lan wong priya | gêramèh nora prasaja ||

Garwa sang sin | dura prabu | micara ma- | wa karana | aja dolan | lan wanita | tan nyana asring kantaka[49] ||

Sêmbung langu | munggying gunung | kuning[50] wisma | kimbang[51] rêkta | aja nggugu | ujarira | wong lanang sok asring cidra ||

Gêntha gêng kang | munggwèng panggung | jawata mi- | tra arjuna | jaman mêngko | kawruhana | wong wadon kèh ngamadaka ||

--- [34] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 36 dari 46

Kramane sa- | walèng kayun | ayam kuncung | sabèng wana | padune | cuwa ing karsa | wuwuse tan mira driya ||

Buratpada | brakutut gung | sujanma mi- | sayèng mina | bok iku dèn | langgatana | dhokohe | asor wong jala ||

Gatrane kang | kêmbang randhu | wogan alit | tumbal wisma | kêmaru nêkani karsa | tan kêna mengeng sadhela ||

__________

Sêkar Kinanthi

Atagopa | klênthung-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angindhangi rowangira | kang samya anambut kardi | sigra wau | ingundangan | tinanya sawiji-wiji ||

Lajêng katampèn gêndhing Lêbdasari salendro pathêt manyura

Among tani | among tani | cacahêna | wohing dami | pira kèhè | lan jênênge | sun arsa miyarsakake | pari sokanandi | tambak mênur | lan cêndhani | papah arèn | mênthik wangi | jaka balot | pêndhok wêsi | dhudha ngasak | dhudha ngasak | dulu răndha | mèntèr-mèntèr ||

Among kisma | among kisma | gêdhangira | cacahêna | pira kèhe | lan jênênge | sun arsa mi- | yarsakêna | raja | sèwu nagri | maraseba | mring batawi | ngambon kusta | lan bêcici | asri wulan | raja wringi | tan graita | tan graita | byar midak pa- | saban cêmpa ||

Among kisma | among kisma | tela pêndhêm | cacahêna | pira kèhe | lan jênênge | sun arsa mi- | yarsakêna | kênthang | bale rante | gênthurak la- | wan sênggani | sêmbawa lan | kunir kunyit | mênèt mênthik | blitung putih | Ki Jasêtra | Ki Jasêtra | nunggang jaran

--- [35] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 37 dari 46

klambi jingga ||

Among kisma | among kisma | talêsira cacahêna | pira rupa | namanira | ingsun arsa | sumurupa | kimpul dhêmpêl | wanging bêton | centhang | senthe lincik | lêmpuyangan | talês pangri | jambon bêntul | bêrèt grigit | gagak gêle | gagak gêle | mring laos pan | gondhol tămbra ||

Uwong desa | uwong desa | pala pêndhêm | pala pêndhêm | cacahêna | sira rupa | nama nira | ingsun arsa | sumurupa | uwi | bêras lêgi | atang kulit | lan sênggani | ula alas | mêmayangi | wêlut cacing madha warni | randha sluku | randha sluku | glêpung kêtan | kunir têmu ||

Uwong desa | uwong desa | dêlingira | cacahêna | pirang rupa | namanira | ingsun arsa sumurupa | êpring | pitung pêting | rampale ori | ampèl gadhing | wulung gêsing | lan pring lêgi | gêndani tu- | tu cêndhani | uwong jawa | uwong jawa | nyêkêl apus | nyengklak kuda ||

Tuwa buru | tuwa buru | cacahêna | dhangkèl êmpu | pira kèhe | lan jênênge | sun arsa mi- | yarsakake | têmu | glènyèh lathi | irêng lawak | ngêpoh giring | bêngle jahe | kunir kunci | puyang gajah | kapur êmprit | sunthi kêncur | pinêpêt a- | nèng laosan ||

----- Mênika sampun têlas -----

Sêkar Palugăngsa lampah 19, pêdhotanipun 4-8-8 salendro sanga

Layon astra mirah ingwang | saniskara kadruwèng jro driyane | kadya ngimpi nganggo pungsuran dikanggèr | banon kaduk pulang brama | nadyan kalêbur luluha | tan nêdya pisah lan gusti ||

--- [36] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 38 dari 46

Sêkar Căndrakusuma lampah 16, 4-4 kaping 4

Kang kadi su- | dama gusti | sasăngka ka- | songan surywa | prabanya su mungsung kaswa | raras ruming | sari-sari | samya manuksmèng sarira | sumarmanira sukanta | ujwalanira sumunu | marbuk căndrakusuma ||

Lajêng katampèn ing gêndhing.

Sêkar Têbukasol lampah 18

Anjrah ingkang puspita arum | katiyubing samirana mrik | sêkar gadhung | kongas gandanya | mawèh raras rênaning driya ||

Sêkar Kuswarini lampah 23

Rasa madu | sata wana | kang kêkuncung | liringira mirah | manis mrak ati malatkung | liring tuwuh jayèng tirta | baya ingsun têmah mati | woh angsung sang lungse măngsa | lamun kasèp tan tinolih ||

Lajêng katampèn ing gêndhing Sinom barang

Kontap utamaning katong | dènnya krêtatèng budaya | sung ngenaki tyasing dasih | têtela malading kayun | narendrambêg martotapa | bêbisik Sri Palgunadi | Paranggêlung prajanira | mangkana ta sira prabu | yun sumiwèng sang Arjuna | lêgawa srah kang dayinta | sukèng tyas yèn katampana ||

Sêkar Srimartana lampah 18, 8-8 kaping 4

--- [37] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 39 dari 46

Sêkar Nagakusuma lampah 18, 6-6 kaping 5

Balane Indrajit | sampun kathah ingkang rêbah kabarubuh | ing wuri gya prapta | katutur gumrêgut | umangsah wre tadhah | anêrêg kasêrêg | katindhih wil kandhih | krodha Megananda | sarosa umênthang | langkap anglêpasi | lir naga kusuma ||

Sêkar Pritanjala, lampah 19, 7-7 kaping 4

Rikat lampahirèng | rata tan antara | praptèng sukuning arga | eram tumingal ing | pakuwon asrine | dhêndhêng saengga praja | umyung kang pratăngga | busêkan kang jalma | wowor adêging kuda | kang jajari rata | amawa bandera | kumlap lir pritanjala ||

Irim-irim lampah 15, 6-8

Êman-eman | dhuh kusuma | taruning rondhonira | yèn manggunga mangarang | sêkar arèn kadiparan | wiwara tanpa wrana | lamun tan kawêdharna | kalêmbak gêng mèlu susah | pan dayane ing panitra | tangèh wênganing driya | pêtir wisma sapa wrêruh[52] | wrêksa gumuling kisma ambatang siring nala ||

--- [38] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 40 dari 46

Dhandhanggula

1. Siwa patih marma sun timbali | ingsun paring wêruh marang sira | yèn ingsun antuk wangsite | dening dewa linangkung | saranane pêrangan iki | kang bisa bengkas karya | bocah săngka gunung, dhusun | kêkasih Damar Sasăngka | uwa patih iku upayanên nuli | ya kongsi tan kapanggya ||

2. Lamun sira tan bisa ngulari | poma patih aja takon dosa | pasthi gêdhe patrapane | dhuh gusti jwita prabu | binathara satanah Jawi | dhawuh paduka nata | sandika pukulun | karsendra kapasang yoga | kuningana ingkang kacêtha ing wangsit | nami pun Damar Sasăngka[53] ||

3. Sutanipun kang Udara patih | mangke sampun wontên kapatihan | kang minangka jalarane | kawula pêndhêt mantu | sampun radi antawis lami | dhaup lan Anjasmara | kapanggih nak dulur | iya patih sun tarima | mara age iridên mring ngarsa mami | nuwun inggih sandika ||

Santun sêkar Sinom Wènikênya

1. Hèh kulup Damar Sasăngka | kalawan garwanta kaki | Nikèn rara Anjasmara | apata padha basuki | yèn dhasar sira yêkti | sutane sadulur ingsun | mara age mêtuwa | tan susah ingsun wêngani | gih sandika yèn wontên dhawuh andika ||

2. Adhuh nyawa putraning wang | sakarone jalu èstri | ingsun aminta aksama | si bapa gone tan mikir | mring sira awit saking | kaleban kang prêlu-prêlu | rusaking Majalêngka | bangêt bingunge dyan mami | marmanira ngaksomaa mring si bapa ||

3. Dhuh paman rêkyana [rê...]

--- [39] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 41 dari 46

[...kyana] patya | sampun sumêlang panggalih | lahir batin tan ngrêsula | tan pisan ulun sak sêrik | sokur gèr putra mami | praptèng sun iki kautus | dening sang prabu Kênya | sira dhewe dèn timbali | paman patih kawula nuwun sandika ||

4. Mêngko rama sun têtanya | apa wadine sang aji | ana karsane punapa | bojoningsun dèn timbali | apa yun dèn patèni | ah lăngka mangkono iku | wigatine karsendra | têtêpe bojomu ngabdi | sokur rama sokur yèn ngono kewala ||

5. Hèh Sabdapalon mreneya | bandanmu ingsun uculi | ki patih kula tan nrima | tinalikung limang sasi | kula dika diyati | têdhan pèpèsan bêkatul | aja sumêlang ing driya | mêngko sira sun paringi | sêga iwak panganan awarna-warna ||

Kinanthi

1. Dhuh gusti juwita prabu | punika pun Damarsasi | sumogèng karsa narendra | dhinawuhan pribadi[54] | supados suka tyasira | ulun amit mêdal jawi ||

2. Yayi Larasati gupuh | paringna kintaka iki | marang si Damar Sasăngka | purihên anglêksanani | sun arsa kondur mring pura | nuwun sandika dewaji ||

Asmaradana

1. Dhuh kulup putra mami[55] | muga ingsun wartanana | dhawuhe juwita katong | dhuh paman kauningana | dhawuhe Prabu Rara | kula kinarsakkên nglurug | mring Balambangan priyăngga ||

2. Sira apa nyêndikani | inggih kawula sandika | tan mèngèng liring rèh katong | sokur kulup putraning wang | nanging sira muliha |

--- [40] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 42 dari 46

rumuhun pamit bojomu | mêngko yèn tan mangkonoa ||

3. Iba sosote mring mami | sing ora-ora winêca | êntèk amèk kurang golèk | amung pangèstu paduka | paman kang kula têdha | iya kulup sun jumurung | muga mugantuka karya ||

4. Hèh Seta lawan Kumitir | sira padha jampangana | lakune ipemu kuwe | pancèn dèn tutkên nayaka | iku panggawe praja | tur ngiras labuh ipemu | nganggo nak dulur sajuga ||

5. Aja sira nganggo mulih | mangkata saka paseban | tangguhên nèng marga bae | amajua karo pisan | ingsun wènèhi srana | pujine wong mangkat nglurug | kawula nuwun sandika ||

6. Hèh sira apa wus dêling | puja mantrane wong pêrang | rama pangraosing batos | sampun acakup sadaya | ing wêlingan paduka | kantuna raharjwèng pungkur | angsala idining rama ||

Santun Sinom Parijatha

1. Dhuh kakang paringa warta | gonira marêg sang aji | apa wigatining karsa | dhuh nyawa pêpujan mami | marmèng sun dèn timbali | tinuding pinurih nglurug | mring nagri Balambangan | mocok murdane sang Bisma | kang mangkono apata kowe sandika ||

2. Aturku iya sandika | tan mèngèng rèhing dewaji | kakang lo aja lo aja | ayo minggat bae nuli | săngka ing Majapait | dhêlik anèng pucuk gunung | kowe manèh nănggaa | pira kuwate wong siji | paman Ranggalawe Tuban kurang apa ||

3. Wonga sêkti mandraguna | lêlajêring Majapait | angêrèh bala sayuta | suprandene tan kuwawi | lena madyaning jurit | dening risang Bisma Prabu | marma

--- [41] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 43 dari 46

aja lo aja | wênêr rêmbugira yayi | ayo padha golèk pikir jroning nendra ||

4. Dhuh nyawa bandara kula | niki arsa dhatêng pundi | dalu-dalu lumagsana | hèh paman aja baribin | ingsun arsa nglakoni | dhawuhe sang ratu ayu | nglurug mring Balambangan | mocok murdane sang Bêsmi | bok nggih ampun botên kenging dèn suwawa ||

5. Hèh paman laku manira | tan kêna kowe mambêngi | inggih andhèrèk kewala | ananging paduka ngèsthi | sihe garwa sri Bêsmi | kalih pisan sawêg hêru | sami nèng pakêbonan | yèn paduka wus antuk sih | kados sagêt nandukakên lampah cidra ||

Santun Pangkur Dhudha Kasmaran

1. Yayi paran karsanira | ingsun uwus datan bisa nglakoni | suwita mring Bisma prabu | ayo anis kewala | dhuh kakang bok sampun nuruti ing tyas dur | dika rak putraning raja | mawia pados utami ||

2. Nadyan raosing tyas kula | kados botên sanès sami prihatin | ananging prayogènipun | ngêntosi sawatara | mêngko yayi têka ana gănda arum | sumrik sumêrit angambar | suwawi dipun ulati ||

3. Pukulun ulun têtanya | lah punika dèwi[56] punapa rêsi | sang dyah yèn andika dangu | dhatêng jasat kawula | kula dutaning sri Kênya Majalangu | nami pun Damar Sasăngka | prapta kawula ing ngriki ||

4. Kadêngangan jêngandika | botên langkung srah jiwaraga mami | pinêjahana wus patut | lamun sang rêtnaning rat | kang jêjuwing ngêjur marang raganingsun | paran kakang bok [bo...]

--- [42] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 44 dari 46

[...k] punika | yêkti lamun maling julig ||

5. Lah kowe paran ing karsa | lah kok ribêt kakang bok ing tyas mami | yèn kongsi konangan sèstu | palastra siya-siya | mêsakake utusane ratu ayu | luhung kula alingana | bokmanawi kula panggih ||

6. Nugrahane prabu Kênya | iya bênêr pratikêlmu yayi[57] | radèn napa dika sarju | kula alingi dika | radèn ayu saèstu kawula anut | pêjah gêsang sun sumăngga | suwawi dika mariki ||

Santun Sinom Wènikênya, jêjêr Minakjingga

1. Hèh paman prabu Kotbuta | paran madyèng Majapait | nak prabu kauningana | datan wontên prapta malih | kabantu ing ajurit | kados wus ngucirèng pupuh | hèh paman prabu sumăngga | nglêrêpkên sarira sami | nuwun inggih sandika dhèrèk sakarsa ||

2. Hèh pantèn Dayun tilingna | swarane wong dongèng iki | wijang wijiling wicara | ngoncèr carêming lêlungit | yèn ngucapkên pawèstri | kaya pawèstri satuhu | lamun ngucapkên priya | ya kaya priya sayêkti | wêgig têmên agawe gawoking driya ||

3. Sapa wonge iku baya | pawongane yayi dèwi | lagi bae sumawita | katêmbèn gonku miyarsi | inggih lêrês daji[58] | dongèng aènge kalangkung | tan mantra dêdongèngan | kados ujut jalu èstri | kaya ngapa wong wongane kang carita ||

4. Suwe-suwe saya cêtha | yèn dudu wong dongèng iki | têtela jalu wanita | gunêm manuhara manis | mara Dayun dèn aglis | intipên gêdhong lor iku ||

--- [43] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 45 dari 46

Mungêl ayak-ayakan salendro, badhe dhawah ladrang Dhandhanggula.

Jêjêr prabu Dyah Brakusuma, pêparab Sri Subasiti, ratu ayu ing nagari Majapait. Siniwaka ingayab patih èstri, Dèwi Larasati, biyada Dèwi Sêkati, Dèwi Kalpikaningsih, Kalpitawati, Sêpêtmadu, Madu pinasthika, Angsana, Angsoka, wanita, juwita, rinita, ingkang munggèng ngarsa punggawa jalêr rêkyana patih Logêndèr, brahmana, Ajar Logung, Arya Răngga Minangsraya, Arya Kartimasa, Arya Sêsimping, Radèn Layang Seta, Radèn Layang Kumitir, êmpujangga, Arya Arta, Tumênggung Adisara, Tumênggung Kartisara, Tumênggung Yudasara, Mantri Sarayuda, Dêmang Pandêlêgan, Dêmang Kandhuruhan.

Lajêng janturan jêjêr

1. Rading căndra angèsthi dumadi | dèniramrih sarkara ginita | masang lêlangên sêdyane | hardaning tyas kayungyun | yayah kadya gayuh wiyati | tontonên kandhanira | dhadharing paragung | kumaraning nungsa jawa | sumawana winahyu wahyèng pamardi | malading kata dibya ||

2. Kang pinugut gupitèng palupi | lupiyane dyah Sri Brakusuma | Subasiti pêparape | jêjuluk Ratu Ayu | kang ngadhaton ing Majapait | narendra binathara | kuntharèng rat punjul | prajane tata raharja | gêmah ripah pasir wukir loh jinawi | karta kalis durjana ||

3. Duk samana nênggih tanah Jawi | salêbêting pra sutapa di warsa[59] | ketang surya sangkalane | tinêngran angkanipun | trus mêmuja pêksaning aji | etang căndra sangkala | tatêngêranipun | ngèsthi gana gunaning rat[60] ||

--- [44] ---

Koleksi Warsadiningrat (PMP1906b), Warsadiningrat, c. 1902–6, #626 (Bagian 1): Citra 46 dari 46

Prabu Kênya imbal wacana lan patih | alon kêdale sabda ||

 


klumpuk. (kembali)
martotama. (kembali)
Salendro. (kembali)
Kembang Tanjung. (kembali)
ingwang. (kembali)
lajêng. (kembali)
amalat. (kembali)
kandhuhan. (kembali)
antuk nugraha. (kembali)
10 ingawêran. (kembali)
11 sungkawêng. (kembali)
12 Surêm. (kembali)
13 manguswa. (kembali)
14 kawangwang. (kembali)
15 acandhak-cinandhak. (kembali)
16 umangsah. (kembali)
17 saka ring. (kembali)
18 winu- | lat rêspati. (kembali)
19 sadpadêngsun. (kembali)
20 kataman. (kembali)
21 hyang. (kembali)
22 mêh rahina. (kembali)
23 Halaman 16 dan 17 hilang. (kembali)
24 kagungan. (kembali)
25 singsim. (kembali)
26 6-6-6. (kembali)
27 graning. (kembali)
28 rarujit. (kembali)
29 ginupita. (kembali)
30 Sumantri. (kembali)
31 Ratih (dan di tempat lain). (kembali)
32 ibêran. (kembali)
33 kambang. (kembali)
34 sungsang. (kembali)
35 wora-wari. (kembali)
36 kêmbang. (kembali)
37 godhonge. (kembali)
38 dwijawara. (kembali)
39 gêng. (kembali)
40 ancala. (kembali)
41 Puspanjala. (kembali)
42 Kêmbang (dan di tempat lain). (kembali)
43 sa-. (kembali)
44 kusuma. (kembali)
45 nunggang. (kembali)
46 ingêbêgan. (kembali)
47 pambengkasing. (kembali)
48 smarabangun. (kembali)
49 katarka. (kembali)
50 kunir. (kembali)
51 kêmbang. (kembali)
52 wêruh. (kembali)
53 Lêbih satu suku kata: nami Damar Sasăngka. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: dhinawuhana pribadi. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: Adhuh kulup putra mami. (kembali)
56 dewa. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: iya bênêr pratikêlira yayi. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: inggih lêrês dewaji. (kembali)
59 Lebih satu suku kata: salêbêting pra sapta di warsa. (kembali)
60 1758. (kembali)