Jakalala, Pigeaud, 1953, #1411

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Jakalala

1. Asmaradana

1. kasmaran dènnya miyarsi | sêkar wasta Jakalala | nalika panjênêngane | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara | ping kalih rikalanipun | lêlangên winor ing găngsa ||

2. duk samana kang ngladosi | pangrêbab Dêmang Cakarma | Sewandana panggambange | Jêlamprang panggêndèrira |

--- 4: 61 ---

ngêndhang Sêcamiruda | pun Sinom talèdhèkipun | Pak Kêdhu kang ura-ura ||

3. kang sênggak mêtêngan katri | Prabangkara Singgunkara | Candrangkara katigane | kang kêplok badhut têtiga | pun Canthèl pun Gadhuha | pun Bêndho katiganipun | nama sêpuh Sutakara ||

4. ingkang linagunèng gêndhing | samana sêkar macapat | dhinawahkên saangsale | mung Pucung lan Jakalala | dèrèng winor ing găngsa | marmanta mangke sinawung | ing gêndhing măngka Sriyatna ||

5. amrih sumêrêpe sami | putra wayah ingkang karsa | marsudi ing cariyose |

--- 4: 62 ---

nalika jaman samana | ananing kalangênan | yêkti têbih sungsatipun | lawan jaman sapunika ||