Sêndhon Langênswara, Pigeaud, 1953, #1429

JudulCitra
Terakhir diubah: 24-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêndhon Langênswara

--- 4: 142 ---

Punika sêndhon langênswara, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang kaping: IV, kagêm bilih bujana kalihan para putra santana, wadya, mawi kabawanan ura-ura, katampèn ing găngsa, gêndhingipun manut laguning sêkar, imbal kalihan sindhènipun ing ringgit.

Wondene têgêsipun, sêndhon, purba saking: sêndhu, langên: dolan, swara: inggih swara, pikajêngipun, anangèkakên panggraita ingkang jalaran kalangênan mêdal saking swara, tumandukipun: wontên salêbêting mangun suka, kados ing ngandhap punika urutipun:

I. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: citra mêngêng. Têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, agêng = gêdhe, citra = tulis = rupa, mêngêng = muni, pikajêngipun, têmbanging para gêdhe kang muni ing tulis, lampah: 12, 6, wangsul kaping 4, dhawah gêndhing: langêngita, salendro pathêt sanga, lampah: 10, 12, 12, sadaya wau amung guru wicalan. Têgêsipun [Têgêsipu...]

--- 4: 143 ---

[...n] langên = dolan, gita = anggit = rikat, pikajêngipun, anggit dêdolanan, utawi: dolanan ingkang dèn anggit. Ing ngriku amratelakakên, warni, tuwin paedahipun satunggiling sêkar, uran-uranipun kados ing kaca ăngka 149-152.

II. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: kumudasmara, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, agêng = gêdhe, kumuda = kêmbang: kumadaha, asmara = sêngsêm, pikajêngipun, têmbanging para gêdhe kang kumudu kasêngsêm, lampah: 15, {7, 8} wangsul kaping: 4, dhawah gêndhing: walagita, pelog pathêt nênêm. Lampah: 12, 8, 8, guru wicalan, têgêsipun, wala = pagêr = lare, gita = anggit = rikat, pikajêngipun: bocah nganggit, utawi: anggitan bocah. Ing ngriku amratelakakên sêkar ingkang tumrap pasêmon kalakuhanipun ing tiyang, uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 153-156.

III. Bawa: têmbang utawi, sêkar agêng: pamularsih, têgêsipun, [têgê...]

--- 4: 144 ---

[...sipun,] têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, agêng = gêdhe, pamular = pamothah, sih = asih, pikajêngipun: têmbanging para gêdhe kang amrih sinihan ing dasih, lampah: 15, {7, 8} wangsul kaping 4, dhawah gêndhing: rajaswala, salendro pathêt sanga, lampah: 11, 8, 6, 6, guru wicalan, dene rajaswala wau, sampun dados satêmbung wontên ing Sêrat Bratayuda, têgêsipun: sêsindhenan. Ing ngriku amratelakakên isèn-isèn, tuwin wêwarnèn ing donya ingkang maedahi dhumatêng manusa, uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 156-157.

IV. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: kusumastuti, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar : kêmbang = têmbang, agêng = gêdhe, kusuma = kêmbang, astuti = sêmbah, pikajêngipun, têmbanging para gêdhe kang kongas panêmbahe, lampah: 13, {7, 6} wangsul kaping: 4, dhawah gêndhing: sitamardawa, pelog pathêt barang, lampah: 13, dhawah nglêgêna, 10: taling, 8:

--- 4: 145 ---

nglêgêna, têgêsipun, sita = cipta = kira, mardawa = lêmês = alus. Pikajêngipun: agadhah kintên alus. Ing ngriku amratelakakên: wulangipun priyantun ingkang badhe sumêrêp bab pangolahing nagari tumrap ing wangsalan, uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 158-159.

V. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng: mintajiwa, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, agêng = gêdhe, minta = anjaluk = pangkat, jiwa = umur, pikajêngipun: têmbanging para gêdhe kang mangkat marang kauripan, lampah: 16, {8, 8} wangsul kaping: 4, dhawah gêndhing: puspawarna, salendro pathêt manyura, lampah: 12, 6, 6, 6, 6, guru wicalan, têgêsipun, puspa = kêmbang, warna = anggit = rupa, pikajêngipun: kêmbang măncawarna, ing ngriku amratelakakên pasêmon solah bawanipun ing tiyang, uran-uranipun kados kaca ăngka: 160-162.

VI. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan: palugon,

--- 4: 146 ---

têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, têngahan = inggih têngahan, palugon = paprangan = lugu, pikajêngipun: têmbanging para priyayi kang prasaja, lampah: 8, dhawah nglêgêna, 8: suku, 8: taling tarung, 8: suku, 8: taling tarung, 8: nglêgêna, 8: suku, tuwin 8: taling tarung, dhawah gêndhing puspanjala, pelog pathêt nênêm, lampah: 12, 8, 8, 8, 6, guru wicalan, têgêsipun, puspa = kêmbang, jala = banyu. Pikajêngipun unthuk, suraosipun: rêgêd, utawi carobo, awit ing ngriku anêmbungakên pamêlèh ingkang tumrap ing paprênesan, uran-uranipun kados ing kaca ăngka 163-166.

VII. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan: pranaswara, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, têngahan inggih têngahan, prana = ati = watêk = budi, asmara = sêngsêm. Pikajêngipun: têmbanging para priyayi kang watak kasêngsêm, lampah: 8 dhawah nglêgêna, 11: taling, 12: taling, 8:

--- 4: 147 ---

nglêgêna, 8: nglêgêna, 8: suku, dhawah gêndhing: tarupala, salendro pathêt manyura, lampah: 8, 8, 8, 8, 12, 6, 8, guru wicalan, têgêsipun, taru = wit-witan = godhong, pala = uwoh = prayoga. Pikajêngipun: wit-witan ingkang awoh, utawi: wohing wit-witan. Ing ngriku amratelakakên: palakirna, uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 167-169.

VIII. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan: pangajapsih, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, têngahan = inggih têngahan, pangajap = andhandhang, sih = asih. Pikajêngipun, têmbangipun priyayi kang ngarêp-arêp ing sih, lampah, 12 dhawah suku, 8: suku, 12: suku, 12: suku, 12: suku, 12: suku, 8: nglêgêna, 8: ulu, 6: suku, 8: ulu, dhawah gêndhing: puspagiwang, pelog pathêt barang, lampah, 8: suku, 8: nglêgêna, 8: nglêgêna, têgêsipun, puspa = kêmbang, giwang = angglewang = miring = gesot. Pikajêngipun: [Pikajêngipu...]

--- 4: 148 ---

[...n:] kêkêmbanging ati kagiwang. Ing ngriku amratelakakên, padudoning tiyang jalêr lan èstri, tumrap ing wangsalan. Uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 169-171.

IX. Bawa: têmbang utawi sêkar macapat: kinanthi, cengkok sêkar gadhung, têgêsipun, têmbang = laguning têmbung, sêkar: kêmbang = têmbang, macapat = prênca, kinanthi = dipun kancuh, pikajêngipun, têmbanging para priyayi ngamănca kang nêdya dèn kanthia, lampah: 8: dhawah suku, 8: ulu, 8: nglêgêna, 8: ulu, 8: nglêgêna, 8: ulu, dhawah gêndhing: lêbdasari, salendro pathêt manyura, lampah: 8, 8, 8, 8, 6, 8, 8, 8, 8, 8, guru cicalan,[1] têgêsipun, lêbda = tarampil = angsal, sari = kêmbang = sadintên. Pikajêngipun: kang makolèhi sadinane, ing ngriku amratelakakên cacah naminipun pantun tuwin palawija, uran-uranipun kados ing kaca ăngka: 171-175.

--- 4: 149 ---

Bawa

I. Citramêngêng

1. Risang Maha Yêkti | sawusing sêmadi | munggwing pacrabakan | dangu aningali | wijiling sasăngka | saking graning ardi | karênan tyasira | alon angandika ||

Katampèn ing gêndhing

I. Langên-gita

1. siswa prasamya langên ing jaba | padhang bulan ri sêdhêngirèng purnama | iku yogya mangenggar-enggaring driya ||

--- 4: 150 ---

2. wonya sarana mangidung samya | mastawaa marang Hyang kang Maha Nasa | jroning suka tunaa ing dukacipta ||

3. ngripta taman sajroning asrama | winursita guna warnaning kang puspa | aranira kadi ta ingkang winahya ||

4. andong tinandur têpining gêdhong | argulo bang lumembang pagêr balumbang | kêmbang anggrèk rumambat angêmpèk-êmpèk ||

5. noja kêmbang pasrèn tanpa gănda | kêmbang nala kacika saru kang warna | nagasari winor borèh lawan jampi ||

6. cènggèr abang mêngês mèngèr-mèngèr | kêmbang clakêt pinêthik nalutuh plikêt | mbang cêpaka kuning seta mawa gănda ||

7. rukêm rinanggèh runtuh satêkêm | ragaina wungu ambune tan ana | mbang rêjasa pinggir wungu têngah pita ||

8. kalak kanikir kalingan klurak | kanigara kêmuning kapit kênanga |

--- 4: 151 ---

kalilika karakêt kasatan toya ||

9. dlima tinandur ngubêngi wisma | kêmbang dangan marambat nèng anjang-anjang | kêmbang dilêm gandane mulêk mring dalêm ||

10. tluki tinandur têpining bèji | tunjung trate kumambang satêngahing we | kêmbang tlutur tumuntur nèng pinggir batur ||

11. sruni sumrik rume maratani | kêmbang sungsang endah warnane sinarang | sumarsana warna adi tanpa gănda ||

12. soka abang kuning ingkang warna | mbang sri gadhing mêgar ngambar bangun enjing | sang sulastri warna putih ngrajapèni ||

13. wungu warna bagus tanpa ambu | mung warsiki kongas gănda warna adi | wora-wari abang rumpuk seje warni ||

14. landêp kuning sungsune nyalêndêp | lara wudhu wadhèh wadhag tampa[2] ambu | lara kêndhat isthane kalungkên dharat ||

15. pudhak kongas gandane yèn cêdhak |

--- 4: 152 ---

kêmbang purba nagara manut ing surya | pănca suda pindha gambir kaot seta ||

16. dhawe lir mayang datanpa gawe | kêmbang dhadhap abang mêkare sakêdhap | kêmbang dhuwêt rinujak rasane sêpêt ||

17. janti irêng mêngês mêrak ati | kêmbang jagung sarine kanggo wong agung | wit jêlamprang godhong wungu kêmbang abang ||

18. mlathi sumumping nèng athi-athi | kêmbang mênur sumêbar satêngah kasur | măndhakaki godhonge kinarya jampi ||

19. gambir lir gambar sumêbar pinggir | kêmbang gadhung manggone kinarya gêlung | găndapura gandane kinarya lênga ||

20. bangah tan pantês tinandur ngomah | kêmbang bolu asrine lamun dinulu | kêmbang bakung dadi rêngganing mangun kung ||

--- 4: 153 ---

Bawa

II. Kumudasmara

1. sang widayakèng praja | ing utara gita nama | sira mandana rêna | sung wasita ring pra siswa | gwalaksitaning jana | ta ngayu têkwan tangdurta | tinrap nèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||

Katampèn ing gêndhing

II. Walagita

1. kêmbang adas sêdhêp gandanira kongas | iku radèn yèn janmaa | sarana kanggo ing karya ||

2. kêmbang năngka liya rinujak tan ana | iku radèn yèn janmaa | ngadoni karya candhala ||

3. kêmbang cêngkèh gănda arum warna rèmèh |

--- 4: 154 ---

iku radèn yèn janmaa | tan nyana ngêntasi karya ||

4. kêmbang crême nora tamtu kanggo gawe | iku radèn yèn janmaa | nora butuhakên praja ||

5. kêmbang rawe gung sinarang panggonane | iku radèn yèn janmaa | durjana pangawak wisa ||

6. kêmbang krandhang warna wungu wismèng jurang | iku radèn yèn janmaa | tan komram wêdi ing karya ||

7. mbang kasturi warna bagus gănda wangi | iku radèn yèn janmaa | linulutan ing sêsama ||

8. kêmbang druju darêjêg datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | digsura sugih durgama ||

9. kêmbang tongkèng gănda arum nora ngèdhèng | iku radèn yèn janmaa | pasaja tur ingupaya ||

--- 4: 155 ---

10. kêmbang sana gănda arum wismèng wana | iku radèn yèn janmaa | miguna lumuh nèng praja ||

11. kêmbang waru asri mêgare tan dangu | iku radèn yèn janmaa | sêsongaran datan lana ||

12. kêmbang lampês nora endah nanging lêmês | iku radèn yèn janmaa | namung asring pinilala ||

13. kêmbang pulu warna bagus tanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | kanggo nanging nora lana ||

14. kêmbang dhuru nèng dhadhah datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | ngrikuhi datanpa karya ||

15. kêmbang jêruk sumrik gandane tumanduk | iku radèn yèn janmaa | bisa wèh rênaning driya ||

16. kêmbang nyamplung rigole asring kacêmplung | iku radèn yèn janmaa |

--- 4: 156 ---

numpal kèli uripira ||

17. kêmbang maja gănda arum adoh praja | iku radèn yèn janmaa | tangèh lamun winicara ||

18. kêmbang gayam tan pisan dèn ayam-ayam | iku radèn yèn janmaa | wusana kanggo ing karya ||

19. kêmbang bayêm warna kuning sêmu ayêm | iku radèn yèn janmaa | labuh labêt saking trêsna ||

Bawa

III. Pamularsih

1. nihan siswa umatur | marang Risang Maha Yogi | Sang Wipra kadiparan | karsaning Hyang Udipati | yogya saliring warna | kang gumêlar anèng bumi |

--- 4: 157 ---

mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||

Katampèn ing gêndhing

III. Rajaswala

1. surya căndra daru kartika samya | amadhangi jagad traya wimbuh | wèh martana sakèhing dumadi ||

2. mega kuwung teja wangkawa samya | angrênggani ngantariksa mawèh | sukèng driya sakèhing dumadi ||

3. brama tirta myang bayu bajra samya | angobahkên sabuwana bisa | wèh martana bisa gawe curna ||

4. tasik arga myang wanawasa măngka | sasananing buron samya dadya | upajiwa sakèhing dumadi ||

--- 4: 158 ---

Bawa

IV. Kusumastuti

1. dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitêng narpati | amung ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||

Katampèn ing gêndhing

IV. Sitamardawa

1. sang katang apindha rayung hèh robaya | Patih Sri Surya Buwana pantèn | mupung mudha pruitoa ||

2. sambêr lilèn sabèng ranu hèh robaya | gêlar sata păncakara pantèn | ingkang bisa ulah praja ||

3. Raja Putra Nglesanpura hèh robaya |

--- 4: 159 ---

toya kandhêg winisaya pantèn | ingkang sêtya ambêg arja ||

4. parabe Sang Dwijawara hèh robaya | têpi wastra rinumpaka pantèn | iku padha dèn upaya ||

5. gribig gêng kang munggwing ranu hèh robaya | tanaya Pandhita Druna pantèn | pirabara yèn utama ||

6. nungkara datanpa sastra hèh robaya | parabe Sang Dananjaya pantèn | ra-orane kang samadya ||

7. êmpu adi Majalêngka hèh robaya | surya lumêbèng ancala pantèn | kang supaya sumurupa ||

8. pandaya pangulah kisma hèh robaya | dene rêgêding pawaka pantèn | laku-lakuning ngawula ||

--- 4: 160 ---

Bawa

V. Mintajiwa

1. larasing rèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna | ginupita ing saari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||

Katampèn ing gêndhing

V. Puspawarna

1. kêmbang kêncur kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||

2. kêmbang blimbing pinêthik bali ing têmbing | maya-maya sira |

--- 4: 161 ---

wong pindha musthika | ratuning kusuma | pathining wanodya ||

3. kêmbang durèn sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmunira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||

4. kêmbang arèn tumangkul anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing paduka | anganggit puspita | têmahan wiyoga ||

5. kêmbang gêdhang manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhak ing ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||

6. kêmbang jati sinêbar ngubêngi panti | anjangglêng kawula |

--- 4: 162 ---

ngêntosi paduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||

7. kêmbang jambe mêgar ngambar wayah sore | kamayangan kula | tamuan paduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||

8. kêmbang kapas pinêpês anggung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada | cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||

9. kêmbang pandhan mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak paduka | ing panggenan kula | sampun wancakdriya | kawula srah jiwa ||

--- 4: 163 ---

Bawa

VI. Palugon

1. palugon laguning lêkas | lukita linuting kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

Katampèn ing gêndhing

VI. Puspanjala

1. kêmbang nipah sumêbar têngahing sawah | dongong bae ing pacake | kêdhèp têsmak pamandênge | pratăndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||

2. kêmbang salak sinêbar anèng bêbulak | kathêkêran pangarahe |

--- 4: 164 ---

nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||

3. pupus têbu dèn udut kukuse mambu | glêgas-glêgês pangrimuke | kadhêkêsan palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||

4. kêmbang suruh balasah saengga uwuh | drengas-drèngès pangucape | nora tajêm polatane | tăndha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||

5. pupus puyang rinajang dadi sadhulang | ngirih-irih panyêdhake | têka lêmês wicarane | wêkasan luntur asihe | kakang Janaraga ||

6. godhong mlinjo kinêla lali mring bojo | ngoso-oso tênagane |

--- 4: 165 ---

jêlah-jêlèh pangucape | pratăndha mèri marune | kakang Janaraga ||

7. êbung laos ginudhang ginawe caos | gêdrag-gêdrug tênagane | bêning lêri polatane | pratăndha ngontor atine | kakang Janaraga ||

8. kêmbang jêring pinêthik ambune manjing | angacuwis mring tanggane | ngandhakake ing wadine | labêtan kanggo lakine | kakang Janaraga ||

9. kêmbang pête sinambung rinante-rante | kongsi pêndul panangise | nora nana kang anggape | labêt kinèwèr bojone | kakang Janaraga ||

10. kêmbang lumbu lumembak katut ing banyu | cancalane kèh gawene |

--- 4: 166 ---

nora kobêr paturane | lugune saking kêsède | kakang Janaraga ||

11. kêmbang krambil pinènèk papane rumpil | têgar bae sêngadine | nora ngowêl mring jarane | batine ana êsire | kakang Janaraga ||

12. êbung kunci rinajang anggung pinrinci | boros bae tênagane | nora urup panggolèke | wêkasan susah atine | kakang Janaraga ||

13. trubus gêdhang tinandur dadi saluwang | mokal-mokal ing kandhane | lumuh kasor ing padune | pratăndha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||

--- 4: 167 ---

Bawa

VII. Pranasmara

1. nèng Karangdhêmpêl lêledhang | Kyai Lurah Sêmarsma pranakane | miyat kêbon-kêbon têgalan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwyanjogèd gênti-gênti ||

Katampèn ing gêndhing

VII. Tarupala

1. pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita ginawe langên | baku bala madu gănda | katon cêcangkokanira | lir podhang ingkang busana | golèkana sira-sira duwa | kapopoh wani toh jiwa ||

2. jêruk-jêruk kinalumpuk | kinarya langên pakantuk |

--- 4: 168 ---

bali butun ing krangean | ngundhuh katès dulu macan | ngoprok anèng paleteran | ginulungan murut-murut mêksa | kinuwik rinanjam ngasta ||

3. jambu-jambu kang kalêbu | labaning panglipur kalbu | wungu Radên Sudarsana | kapok nitih kluthukira | mathokal ngrikil kang marga | klumut toya putih-putih pindha | arum lir lêgèn kalapa ||

4. kacang-kacang kang kinuncang | kinarya langên kinarang | ngigêl Kyai Ăngganala | sondhèr cindhe ijo dawa | ngalèwèr ngèndhèl lir Cina | gleyor tiba wungu-wungu kêna | tunggak ruji kucu wrêksa ||

5. kara-kara winicara |

--- 4: 169 ---

winarah winor ukara | mantri bêton kang gajihan | mas kapriandong lumutan | nunggang wêdhus ingebegan | loking jana nguncis-nguncis kadya | lutung irêng tanpa netya ||

Bawa

VIII. Pangajapsih

1. singaranu panusuling magut pupuh | baya tan bantu ing branti | kawi sêkar srana pambengkasing rapuh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdya kula ngèstupada | sarpa krêsna puspa jurit | mung andika masku | kang sung barubah ing galih ||

--- 4: 170 ---

Katampèn ing gêndhing

VIII. Puspagiwang

1. parabe Sang Marabangun | sêpat dămba kali oya | aja dolan lan wong priya | gêramèh nora pasaja ||

2. garwa Sang Sindura Prabu | wicara mawa karana | aja dolan lan wanita | tan nyata asring katarka ||

3. sêmbung langu munggwing gunung | kunir wisma kêmbang rêta | aja gugu ujarira | wong lanang sok asring cidra ||

4. gêntha gêng kang munggwèng panggung | jawata pindha Arjuna | jaman mêngko kawruhana | wong wadon kèh ngamandaka ||

5. kramane sawolèng[3] kayun |

--- 4: 171 ---

ayam kuncung sabèng wana | padune cuwa ing karsa | wuwuse tan mêrak driya ||

6. buratpada brakutut gung | sujanma misayèng mina | bok iku dèn langgatana | dhokohe asor wong jala ||

7. gatrane kang kêmbang randhu | wogan alit tumbal wisma | kêmaruk nêkani karsa | tan kêna mèngèng sadhela ||

Bawa

IX. Kinanthi

1. Atagopa klênthang-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angendhangi rowangira | kang samya anambut kardi | sigra wau ingundangan |

--- 4: 172 ---

tinanya sawiji-wiji ||

Katampèn ing gêndhing

IX. Lêbdasari

1. amo[4] tani among tani | cacahêna wohing dami | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | pari sokanandi | tambakmênur lan cêndhani | papah arên mênthik wangi | jaka bonglot pêndhok wêsi | dhudha ngasag dhudha ngasag | dulu răndha mèntèr-mèntèr ||

2. among kisma among kisma | gêdhangira cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | raja sèwu nagri | mara seba mring Bêtawi |

--- 4: 173 ---

ambon kusta lan bêcici | asri wulan raja wlingi | tan graita tan graita | byar midak pasaban cêmpa ||

3. among kisma among kisma | tela pêndhêm cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | kênthang balerante | gêndhurak lawan sênggani | sêmbawa lan kunir konyit | mênèt mênthik blitung putih | Ki Jasêtra Ki Jasêtra | nunggang jaran klambi jingga ||

4. among kisma among kisma | talêsira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | kimpul dhêmpêl wangi | bêton centhang senthe linjik |

--- 4: 174 ---

lêmpuyangan talês pari | jambon bêntul bêrèt grigit | gagak gêlo gagak gêlo | mring laosan gondhol tămbra ||

5. uwong desa uwong desa | pala pêndhêm cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | uwi bêras lêgi | abang kulit lan sênggani | ula alas mêmayangi | wilus cicing madha warni | rondhas luku rondhas luku | glêpung kêtan kunir têmu ||

6. uwong desa uwong desa | dêlingira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | êpring pêtung-pêting | rampal ori ampèl gadhing |

--- 4: 175 ---

wulung gêsing lan pring lêgi | gêndani tutul cêndhani | uwong Jawa uwong Jawa | nyêkêl apus nyangklak[5] kuda ||

7. tuwa buru tuwa buru | cacahêna dhangkèl êmpu | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | têmu glènyèh lathi | irêng lawak êpoh giring | bêngle jahe kunir kunci | puyang gajah kapur êmprit | sunthi kêncur sunthi kêncur | pinêpêt anèng laosan ||

Sêkar Sarigadhing

1. kêmang-kêmung bêndhe cilik ngalun-alun | ra dede bêndhe cilik | ra dede bêndhe cilik |

--- 4: 176 ---

bêndhene paman juragan | tak petangane jêngglèng | tak petangane jêngglèng | wong ika sapa jodhone ||

Dhawah Ladrang Manis Widara Kuning Pathêt Barang

1. garwa sarpa raja putra ing Madura | kang ginita kèn priya anandhang brănta ||

2. mugut pala rawining kang ringgit purwa | kang pinêthik lakone Jaka Pramana ||

3. kawi jiwa baladan kang têmbung Jawa | atmajendra ing Pagêlèn prajanira ||

4. jarwa roga palabuhan nuswa Jawa | lawan rara kumênyar putri Japara ||

5. kayu rêngka jalak gêng kang pilis pita | jalarane saking menco wèh wiyoga ||

6. trah ngawirya wardining kang pulas carma | Radèn Jaka Pramana ingkang winarna ||

7. ngular dhustha sadpada lit talèng kisma |

--- 4: 177 ---

ingkang kêna sambang tuturing kukila ||

8. perak tulya naga putra widayaka | têmah linglung kalênglêngan lara brănta ||

9. saji siswa arane basa nawala | nadyan lamong nyalêmong tanpa ukara ||

10. rubèng garwa dhustha wèri jaladara | kaya ngapa kang gawe lara wiyoga ||

11. tanu gangga narmada nir tirtanira | mendah baya ing benjang yèn kasat mata ||

12. kèn ing Daha kukila kulêm sabawa | kiraningsun dasih ta datan sarănta ||

13. glagah pita pandaya mardi sarkara | ingsun pondhong kusuma mring pagulingan ||

14. guwa tirta puja pangruwating wisa | aja rongèh gusti bok mênawa tiba ||

15. barang lama pabangun atêping wisma | eman-eman wong ayu kalamun lara ||

16. iring muka watang wadung winursita | sun pêpinta aja wangkal marang priya ||

17. ngluri marga pusara takiring wisma |

--- 4: 178 ---

anuruta ra-orane nêmu siya ||

18. laji jiwa sotya rêta ing kalpika | asarea mirah sun bantali asta ||

19. têpus rêta dhandhan lit panggusah sata | sun dongèngkên uthak-uthak ugêl sira ||

 


wicalan. (kembali)
tanpa. (kembali)
sawalèng. (kembali)
among. (kembali)
nyengklak. (kembali)