Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3)

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
3. Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
4. Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
5. Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 15-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 1 dari 46

Lara Asmara

Badhaya gêndhing Lara Asmara, pelog pathêt barang

murwèng karsa sri narendra kaping sanga | Surakarta kang mandhiri jaman mangkya | kalih likur warsa waluya kang praja | tata têntrêm tyase wadya sanagara | pamujinya wrahatbala mring narendra | pajampuwa widada mumpuni guna | nawung suka sarana taya wanita | ginupita sasêndhon langên badhaya | ciptamaya sampurnane wong palastra | ninging driya mrih langgêng salaminira | janma antuk sih winisudhèng narendra | suka wirya sukura mring ratunira ||

Minggah

guladrawa baskara nunggang ancala | siring wadya tan lali winêngku nata | tulang janur narmada gung Surakarta | ngusadani hawane narendra mulya | kunta parta baita kandhêk samodra | yogya labuh parentah narendra tama | cipta laju karsa kang nora pêpeka | sêdyanira dèn tumêmên wong ngawula | lalumăngsa puspita kirim antaka | dadi nora kasèp sihing ratunira |

--- 70 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 2 dari 46

patri rukmi kawining alis kusuma | jêr ta angèl mimbaning wahyu tan kêna | gudhe pandhak garwa Kelaswara putra | kudu tapa sakadare wong nèng praja ||

Ladrang Winangun

pacêt agung jênang sela rinumpaka | bêtah sila jêtmika waskithèng driya | sidhat agung brêkutut gung muni sundha | dipun eling yèn winêngku sang narendra | jamang wastra jawata sirah dirada | kudu mantêp saparentah tan lênggana | suling dami kura bundêr nèng narmada | dimèn tulus sihing gusti mring kawula | bèbèk alit pusara pangikêt găngsa | lêstaria lunturing sih sri narendra | wastra alus pamadya putra Jênggala | run-tumurun utamane marang putra | tawon kisma kawis jênar madha rupa | tutur arja prayogane mring atmaja | jayèng toya diwasane diwangkara | bêbayani tangèh lamun antuk bêgja | wêlut wana rewănda wulune seta | dhuh mulane wong anom aywa pêpeka | sawêr ponthang puji anêbut Hyang Suksma |

--- 71 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 3 dari 46

utamane miturut wulanging bapa | masjid sundha obahe cipta jro garba | dèn garjita budi kang amrih utama | sastra astha atmaja pandhita Durna | dêdimène dadi manungsa utama | dahat karsa sri nata mrih suka wirya | tyasing wadya mangayubagya mrih mulya ||

Gêndari

Badhaya gêndhing Gêndari, pelog pathêt barang

srêbdèng karsa sri nata manganggit taya | pathêt barang anggêndari gêndhingira | karya wimbuh wibawaning madêg raja | lêstaria angayomi wadyabala | jinurunga marang Hyang kang Murbèng Karsa | soring wiyat kèdhêpa tanpa sulaya | kayungyuna mangayubagya sakarsa | karsa maya sumunar lir diwangkara | amadhangi sining jagad kawistara | dadi nglela lêlakoning janaloka | kalokèng rat rumakête pawong mitra | lyaning raja sih trêsna kadi sudara | runtut rêsêp tan ana sulayèng karsa | jêr karsendra utama tan nêdya nistha |

--- 72 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 4 dari 46

kanthi wulang tuladan ing kuna-kuna | ratu dibya pinirid lan jamanira ||

Minggah

mrih lastari karsane aywa sangsara | rumojonga sining jagad ywa sulaya | yun kayungyun sakarsa sang narpadibya | byating driya pamujining para wadya | dumulura ing karsa sang maharaja ||

(ladrang Sêkarteja (minum) ?)

amrih rêna karênan sining bawana | angastuti têntrêming praja minulya | drawayaa mring sang sudibya taruna | lêlabuhaning rama kang wus utama | mamèt măngsa pamijange mrih utama | manis basa busanane mrih krêtarta | pra wanita mrih sukane aywa kêmba | ngêmbat lambung supadya lêmêsing bêksa | gulu manglung mrih luwêse pacak jăngga | liringira amungu galih narendra | pada jinjit tarincing lir waranggana | lagi arsa anggayuh mring jumantara | miwir sondhèr lir lar-laring widadarywa | ingkang arsa mangayuh mring antariksa | asta kalih kumitir manut irama |

--- 73 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 5 dari 46

anglir ngawe kang kari nèng madyapada | astanira amandhi wastra kang kiwa | anglir nglela-lela putra nèng gêgana | mandhêg mangu tan bêtah lamun tinggala | sri pamasa kang kari karya asmara | kasmarèng tyas alam-lamên yèn tilara | karya gita ing driya tan antuk nendra | andrawasa absarine tan sinapa | trênyuhing tyas lamun tan kapadhan karsa | ngarsa-arsa lunturing sih sang misesa | susunanku wêlasa ing kawlasarsa | sapa baya ngêjuma tyas aruara | rarasmara kang wasis mung sri narendra | amudhari ruwêting tyas pra wanita | wus kasusra pamardine don asmara | mamrih suka tyase wanita tan kêmba | pra biyada mêndhak nêmbah mintaksama ||

(Manis Rêngga Gobagpèl)[1]

lêladrangan kang kinawi guladrawa | aywa lali swara antuking wirama | srênggala lit kalimputing tyas tan tata | aywa lali kang linirik kang têtela | sêdya kadung sêbute putra narendra |

--- 74 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 6 dari 46

rangu-rangu wulanging gusti tan tămpa | kawining ron wadyendra kang simpên brana | wong taruna dèn nastiti barang karya | raning raga mangundang mring renanira | bokmanawa antuk bêgja badanira | arta mijil sing desa kang masa kala | dipun ajêg sumiwi aywa lêleda | garaning kris pêpatih Kăndhabuwana | dèn pikira aywa kongsi antuk duka | srênging karsa turu ècèr sarwi sila | yèn antuka duka saking dleyanira | kroncong buja rewănda bang pindha janma | mituruta mring wulange wong atuwa | janma luhung lêmpuyang wohe katela | yèn miturut sayêkti antuk nugraha | kêthuk runtung musthikaning janaloka | yêkti wênang ratu iku amisesa | made rêngga gunting panyigaran wohan | ywa ngubungi cipta kang nora prayoga | kêndhang alit kuluk putihe wiyaga | sabarêna mupung durung kawistara | têgal bêra êmpu kasusra madura | rah-arahên driyanta aywa rêkasa |

--- 75 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 7 dari 46

tulang mina putra sudibya Ngastina | dèn narima dimèn lastari ing karsa ||

--- 76 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 8 dari 46

Anglirmêndhung

Sarimpi gêndhing Anglirmêndhung (kêmanak), pelog pathêt barang

anglirmêndhung kang wadyabala wus tata | aglar samya sumiwi | santana arampak | samya busana endah | neka warna tinon asri | lir singa lodra | sadaya golong pipit ||

swara nata ingkang pangandika nata | kangjêng sri narapati | nitih rata rêtna | pangirid kuda astha | binusanan murub adi | (sunar gumêbyar | prabane anêlahi) ||

Nêsêg santun lagu

tinon asri | ênggih | kang amêntas | mênang jurit | wong agung babo | wus pinasthi dènira jumênêng aji suka kaduk luwih | wisikarnata ing bala | kang satriya mancur kang cahya awêning | wong agung kang gawe mulya | tulusêna mugtisari awibawa | tulusa suka wiryaa ||

Suwuk pathêt lajêng mungêl katawang Langên Gita (Katawang Anglirmêndhung) pelog barang kêndhang 2 buka saking sindhèn

sri narendra kang minulyèng jagad raya | babo | jagad raya | radèn | radèn | dhe | babo ||

tawas pita | darpa driya wisnu garwa | murwèng gita karsa dalêm sri narendra | babo 2 |

--- 77 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 9 dari 46

murwèng gita | radèn 2 | dhe | babo ||

mardibasa wêngku salu wêlut wisa | karya wulang wêwatone wong ngawula | babo 2 | karya wulang | radèn 2 | dhe | babo ||

tambah cacah | sêmbilang taji sêpasang | măngka peling maring wadya kang lêlewa | babo 2 | măngka peling | radèn 2 | dhe | babo ||

êmpu sêndhang ari Prabu Gêndrayana | supayantuk sudarsana kang prayoga | babo 2 | supayantuk | radèn 2 | dhe | babo ||

sisa brama arane êmpu madura | wong ngawula ing ratu nora rêkasa | babo 2 | wong ngawula | radèn 2 | dhe | babo ||

pakêm praja bubuhaning saniskara | anggêr mungkul anglakoni wajibira | babo 2 | anggêr mungkul | radèn 2 | dhe | babo ||

roning tanggung bêbasan tanpa maleca | antêpana budi têmên anarima | babo 2 | antêpana | radèn 2 | dhe | babo ||

kang suwarna pasêbutaning jawata | gusti iku sayêgti netra bathara | babo 2 | gusti iku | radèn 2 | dhe | babo ||

sindu wiyat surasa kang durung mimba | ngudanèni obah osiking kawula | babo 2 | ngudanèni | radèn 2 | dhe | babo

mêrang dhêle wiji

--- 78 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 10 dari 46

tanjung ina rupa | anitèni kang bêcik lawan kang ala | babo 2 | anitèni | radèn 2 | dhe | babo ||

kolik priya pariman mawa sarana | lamun sêtya tuhu ing sabarang karya | babo 2 | lamun sêtya | radèn 2 | dhe | babo ||

tambang more atèn-atèn jroning wrêksa | yêkti mulur galihira sri narendra ||

patra anjrah sujanma agunêm basa | dadi wuwuh sihing gusti kang tumiba | pulunggana ganjaran wong katarima | tămpa wahyu tumuli antuk nugraha | turu lungguh kang patra jamuning jabang | yèn wus antuk aja sira apêpeka | burat pada jaruman wong karya jala | bokmanawa ana cobaning narendra | banjir tanggung pari bulêt padha rowang | karsa masang pangandêlaning kawula | wruhing cipta jăngga sinêbut kuciwa | dèn waspada aja mèngèng barang karya | usit pandhak patra sumêbar ing kisma | malah-malah wuwuhana sungkêmira | wiwratmaja panjajag toyèng samodra | aja tinggal dêduga lawan prayoga |

--- 79 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 11 dari 46

lungyan asta garwane Prabu Sugriwa | kanthenan watara lawan rêringa | gangsingan gung kang sela panglawêt gănda | aja pisan sumakeyan anggêpira | katri mendra lêksana kaangkat prapta | dumèh lagi kanggêp kanggo karyanira | êmpu tapan solah-bawa kang kuciwa | singkirana nisthane wong angawula | tumbak tulup wisa pamardyèng curiga | aja mingkuh marang kawajibanira | kantor cina wit onggok kang tumaruna | aja kongsi irèn mèrèn maring kănca | raja darwa raja julig ing Ngalêngka | aja srana atura băndha sumitra | tanduk netra solah-bawa kang pasaja | kawruhana madyaning wong angawula | sêkar kêpuh janma maleca ing karya | tabêria seba aja alêlewa | baya wêrda janma paprênesan basa | mituhua sadhawuh aja sêmbrana | nayèng gita narendra parangkotara | dèn abisa nampani cipta sasmita | trangguli gung panuting keblat utara | narimoa [nari...]

--- 80 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 12 dari 46

[...moa] ing pandum aja ngêrsula | tênggèng tawang pambojaning raja kaya | anêngoa langit angon măngsakala | marna wanda sudarma Bali Sugriwa | anganggoa utamane wong ngawula | sawêr bandhung atmaja dinama-dama | gêmènana kagungane gustinira | jayèng sata surasa sinandikara | sasabana wêwadine gustinira | sidhat agung pandhoga rasa sarkara | nastitèkna wawêlinge gustinira | pindhang tangkar rampunging sabarang karya | antêpana kang dadi karsaning nata | bale karsa têmbung pipilan marica | solah-bawa ati-atinên trapira | liwêt măngsa asta kumpul anèng grana | mêndhak nêmbah nyadhong karsaning narendra ||

Kasbut nginggil cakêpan Tawas pita sapiturutipun wau, kajawi kagêm nyindhèni katawang Langên Gita Anglirmêndhung (katawangipun Anglirmêndhung) kagêm nyindhèni Sarimpi Sangapati, wontên ing katawang Longgor Lasêm, sarta Sarimpi gêndhing Găndakusuma, wontên ing ladrang Găndasuli.

--- 81 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 13 dari 46

Găndakusuma

Sarimpi gêndhing Găndakusuma, salendro sanga, minggah ladrang găndasuli, dipun sindhèni ngangge cakêpan Tapaspita[2] sapiturutipun kados ingkang sampun kula pratelakakên ing ngajêng (suwalik punika wau) dumugi cakêpan wong ngawula ing ratu nora rêkasa, suwuk. Sakèndêling pathêt lajêng mungêl katawang Mijil Yogan (gêndhing kêmanak) bawa swara.

[Mijil]

mijil yoganing sabda anunggil | pamungkas karya nom | langêning sang sri pamasa angrèh | narpatmaja narendra naya mrik | Surakarta adi- | ningrat kang linuhung ||

sinatriya kusuma apêkik | wirotamèng kewoh | anglir madu pinasthika tyase | ambêk santabudya martèng dasih | tuhu sudibyadi | wicaksana putus ||

apratistha wasistha ing titi | titih tataning don | krêtarta kyat ing jana kawite | abipraya pakartining kapti | anindhita êning | maha prananing hyun ||

pamulu lir kumala cinawi | wênêsing pasêmon | anranggana sumunar cahyane |

--- 82 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 14 dari 46

kasomaning hyang asmara wilis | tajêming pangèksi | jatmika lus luruh ||

susilarja malar marbuk kang sih | tan wèh wuhing kang wong | sung waluya maya lumayane | mèt tyas trustha ring wadya gung alit | mulut angluluti | satriya pinunjul ||

wadya wêdi trêsna lumalat sih | tansah wruh kêkepon | saking sumungku suka rênane | amiwaha wahananing gusti | anggung miyatani | mring wadya kang juru ||

kang siniwi sumunu kang dadi | pulung trang kadalon | tanpa memba sabda lus ambêge | ambêbungah ring kiswa kaswasih | sumarambah dening | dayita myang sunu ||

--- 83 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 15 dari 46

Ludira

Sarimpi gêndhing Ludira Madura, minggah Kinanthi pelog barang (cakêpan lami)

[Kinanthi]

1. midêring rat angalangut | lêlana jajah nagari | mubêng têpining samudra | sumêngka anggraning wukir | analasak wanawasa | tumurun ing jurang trêbis ||

2. sayêkti kalamun suwung | tangèh miriba kang warni | lan sira pêpujaningwang | manawa dhasaring bumi | miwah luhuring akasa | tuwin jroning jalanidhi ||

3. iku ta sapa kang wêruh | nanging kirane tyas mami | sanadyan ing tri bawana | anaa kang madha warni | maksih sumèh sêmusira[3] | lurus larase rêspati ||

4. myang dêdêg pangadêgipun | sêdhêng sèdhête mantêsi | sêmbada gênging sarira | lêlewane milangoni | wiraga raga karana | murwendah hyang-hyanging bumi ||

5. manis gapyak lukita rum | dhèmês luwês mêrakati | susila tyase ngumala | solahe nyudara wêrti[4] | juwawut gêng kang salaga | parikudu sun ngèngèri ||

6. kadêrêng kudu andarung | kumêdah dadia abdi | sira sang kalêngkaning dyah | kang mardu mardawèng dasih | asihing kula wiyoga | yogane

--- 84 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 16 dari 46

angusadani ||

7. sada kalane lara kung | kinungkunga ing pangaksi | ingupakarèng wêwida | widagdaa ing pangrêmih | rêsêping tyas manohara | rarasing rèh nèng jinêmmrik ||

8. baskara mijil kalalun | janma pinrayitnèng wèsthi | sirna tyas mring kasujanan | araning jati ngêmasi | gung rimang brăngta mangarang | rangu-rangu angranuhi ||

9. sayakanira Hyang Wisnu | sarana giyota milir | gung kacakra solahira | mangimur-imur ngrêsêpi | we wijiling antariksa | pama edan andalêming ||

10. sang wrêsni kesawa prabu | bramara kang talèng siti | sêtyanana tur kawula | paron pamuduling rukmi | ngendraloka janaloka | satata ulun sumiwi ||

11. sastra pangandhêging kidung | sudarma basudewaji | ngèstu pada mring kusuma | manjanmaa ping sakêthi | pusara pangikêt găngsa | tumuntur tan nêdya kari ||

12. upama sira mas ingsun | manuksma ring taru rêsmi | ingsun manuksma ring sêkar | gadhung rumambat ing uwit | lumalad mulêt pradapa | umalit tangkil kumanthil ||

13. yèn sira nuksma ri ningsun | marang ingkang sarwa sari | ingsun [ing...]

--- 85 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 17 dari 46

[...sun] kang dadya satpada | rumarah mara mangungsir | ngingsêp maduning kusuma | sanityasa lêliron sih ||

Suwuk pathêt barang jugag, lajêng cêluk (bawa swara) wastra ngangrang (ladrang Mijil) gêndhing kêmanak mawi ricikan (kalênengan)

[Mijil]

1. wastra ngangrang tèbènging patani | panggagasing batos | atma dwija Sêmpani wastane | gung karănta ing siyang myang ratri | ingkang sarpa langking | mung sira riningsun ||

2. patarendra pêparabing èstri | paran wêkasing don | kang toh pita sumrambah ragane | lagi ana panujuning ati | ron lêsahing siti | ewuh marganipun ||

3. waeladi tanayèng kadhiri | kiraning tyas ingong | Yaksa Prabu Gorangsa kadange | datan măntra sira animbangi | janma gung kajodhi | wit asor kalangkung ||

4. tawing wastra ron kamal kang kuning | nadyan sang lir sinom | kukila gung sabawèng ratrine | datan sudi angaku kêkasih | andêl ngalêngkaji | maksa raganingsun ||

5. pasir krêsna mujwala kaeksi | lila

--- 86 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 18 dari 46

trusing batos | guthaka lit kawistara lênge | mung karyanên panongsong pakathik | roning tangkil kawis | sokur gustiningsun ||

Ludira cakêpan anyar (P.B. X) kados ing ngandhap punika

[Kinanthi]

1. dhe | wahyaning panêmbramayu | yayah miyat ing sitèngsi | dadari pratisthèng purwa | sêdhênging purnamasidhi | nirmala datanpa ima 2 | ing awiyat gumarining ||

2. dhe | sudama katon mawêlu | saking sang hyang sitarêsmi | ujwalanira kumênyar | nyarong lir pratănggapati | warata sapramudita | kêkuwunge anêlahi ||

3. dhe | mawèh ascaryaning kayun | kayuyun janma gêng alit | wrêdha nom sudra myang wirya | tan pae samya sukasih | mangarcana mring sang nata 2 | muga tulusa basuki ||

4. dhe | pinanjangna yuswanipun | marma mahya pudyastuti | awit jêng sri naranata | kaping sadasa mandhiri | tampi sihnya sri bagendha 2 | kangjêng maharaja putri ||

5. dhe | ing Nèdêrlan sang aprabu | anuju Agustus Be ji | sèwu wolung atus lawan | sangang dasastha lumaris | tingalan dalêm wiyosan 2 | ngiras jumênêng pinundhi ||

6. dhe | wiwit têtêp ngasta mêngku |

--- 87 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 19 dari 46

panguwasaning nagari | miwah satêlatahira | sadaya sami ngurmati | sruning suka parisuka 2 | lawan karamean adi ||

7. dhe | marma kangjêng sang aulun | ing Nèdêrlan nata dewi | mulung mêncarkên ganjaran | warni bintang mring pra dasih | sampeyan dalêm sang nata 2 | ugi tampi pratăndha sih s ||

8. mangke jumênêng komandhur | grut opisir ordhê saking | oranyê nasao tăndha | tinunggil darah sinami | trah oranyê nata dibya | ing Nèdêrlan nguni-uni ||

9. grut upsir punika wau | ingkang ngaturkên mring puri | jêng tuwan residhèn nama | dhê phoghêl pramudèng nagri | para militer amtênar | tut wuri mangagêm kustim ||

Mêndhak nêmbah nuntên mungêl malih ladrang Mijil

[Mijil]

duk nampèni bintang grut opisir | oranyê nasao | ing kadhaton pasamuwan gêdhe | dèn pèngêti ping gangsal lumaris | Dhesèmbêr nujoni | sangkalaning taun ||

ngèsthi trustha salirèng narpati |[5] ri Sênèn Kaliwon | tanggal kaping slikur Rêjêb Ehe | windu Sancaya sangkalèng warsi | salira kaèksi | murtine sang prabu |[6]|

tuhu

--- 88 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 20 dari 46

lamun nugraha dhatêngi | dènnya madêg katong | sri narendra ping sadasa dene | kamulyaning tumuruntun prapti | măngka tăndha yêkti | bintang kang rinasuk ||

angagêm kumandhur ordhê saking | Nèdêrlan sêleyo | grup upisir kang lagya katampèn | myang grut upsir leyopol ing Bèlgi | sakawan grut upsir | kris krun ordhê iku ||

saking Prabu Siyam duk ngêjawi | lan bintang kaprabon | nata Jawi sakawan cacahe | kawistara nèng jaja rêspati | ujwalèng narpati | sangsaya ngênguwung ||

--- 89 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 21 dari 46

Kêmbangmara[7]

Sarimpi gêndhing Kêmbangmara, pelog pathêt gangsal, wiwit sindhèn wontên ladrang Banyak Ngêlangi.

dhe | murwènggita sarimpi pathête lima | kêmbangmara gêndhingnya arum utama ||

dhe | pramèsmari Surakarta kang mangripta | mamrih karya sukaning driya sri nata ||

dhe | sarah madu kang andaka wana pada | alam-lamên wulangun mulat ing bêksa ||

dhe | arka muka sujanma tanpa prakara | ayêming tyas mulat ukêle kang bêksa ||

dhe | sarpa raja pêksi ngigêl tan cumbana | mêrak ati tênaganira abêksa ||

dhe | kukus gantung wanita ngendra bawana | yèn sun sawang lir widadari ngrêncaka ||

dhe | jarwa wrêksa kang wrêksa binasmi wana | dhasar ayu karêngga busananira ||

dhe | kuku kuda pênyu sasonèng[8] narmada | anêracak aluse sariranira ||

dhe | tirta maya kang wrêksa rineka janma | kuningira lir golèk sinawung prada ||

dhe | bêdhug lingsir sujanma antuk nugraha | dhêdhasare sarimpine trahing wirya ||

dhe | barat sirat sarira pangapit grana | dhasar bêsus sarimpi olah tênaga ||

dhe | sabuk sampur suku jungkung [jung...]

--- 90 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 22 dari 46

[...kung] nèng narmada | sarwa sèdhêt solahe ingkang biyada ||

dhe | jala dawa jariji sring sung sasmita | liringira karya duhkitaning driya ||

dhe | jam sajuga Arbo Paing sasi Sura | kalih dasa wayang Jimawal ing warsa ||

dhe | windu Adi sangkalanira winarna | tata muluk diwangganira sri nata |[9]|

Bokmanawi dipangganira, sanès diwangganira, dados lêrêsipun makatên: tata muluk dipangganira sri nata, ăngka 1805, nanging bokmanawi.

--- 91 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 23 dari 46

Mrak Kasimpir

Sarimpi gêndhing Mrak Kasimpir

ênggih | wuryaning rèh | sang nata mêmangun taya | babo | caritadi sinawung gêndhing manyura | radèn | kang tinuduh ri mudha pindha pujăngga | babo | kalanira srikandhi kinêmbar yuda | radèn | kang minăngka patiba sampiring krama ||

ênggih | lan pawonganira Arya Endraputra | babo | kang panêngran kusuma araras driya | radèn | nèng pamedan dènnya lantaran wisesa | babo | gumrah sagung para wadu ing Campala | radèn | tuwin ingkang prawira cintakapura ||

Minggah ladrang Sukarsih

ênggih | babo | wus siyaga Kusuma Drupada putra | babo | ajêjamang tundha ro kinarawistha ||

ênggih | babo | ngore rema pinapêkak pita rêta | babo | tasik seta burad mas pindha baskara ||

ênggih | babo | arja sinjang wastra adining jro pura | babo | asêmêkan wungu lir ron jring mardapa ||

ênggih | babo | kadya Rêtna Rarasati ing duksina | babo | swara rênyah baranyak solah dyatmika ||

ênggih | babo | praptèng papan wus yunan [yu...]

--- 92 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 24 dari 46

[...nan] lan parangmuka | babo | lir kinêmbar citraning kang tandhing yuda ||

ênggih | babo | aputêran liru gon mênthang sanjata | babo | wus ingêmbat-êmbat nolih angujiwat ||

ênggih | babo | asêsumbar akon prayitna ing yuda | babo | Rarasati ngalela tadhah pranaja ||

ênggih | babo | wus lumêpas sor jăngga kang kaparjaya | babo | Sang Pamadya marasing tyas tukup netra ||

Dhawah katawang Srêpêgan Martapuran

ênggih | lir kantaka | babo | lir kantaka | kanggêg mênggah têkêm jaja | babo | sang lir rêtna marpêgi anawang asta ||

ênggih | anggung midêr | babo | anggung midêr kinitêr sinawang-sawang | babo | marasing tyas manawa mungsuhe lena ||

ênggih | kang kantaka | babo | kang kantaka nolih mring Arya Palguna | babo | asasmita padhêgan kinèn malêsa ||

ênggih | nyandhak laras | babo | nyandhak laras Srikandhi wus pinarjaya | babo | bêbadhonge sang rêtna timpal kasingsal ||

ênggih | arda merang | babo | arda merang karuna sang nayakèngrat | babo | tanpanon [tanpano...]

--- 93 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 25 dari 46

[...n] rat waspa drês lantaran grana ||

ênggih | Sang Arjuna | babo | Sang Arjuna marpêgi minta aksama | babo | anambrama mrih lêjar tyase sang rêtna ||

ênggih | plana kuda | babo | plana kuda sidhat gêng kang mawa karna | babo | sang kusuma manêmbah lulus kagarwa ||

Sarimpi Mrak Kasimpir punika sasumêrêp kula sampun awis kagêm, malah sampun botên nate kagêm, namung ladranganipun Sukarsih dalah katawangipun srêpêgan Martapuran, punika ingkang taksih kagêm. Nanging gêndhingipun dede Mrak Kasimpir, linintu gêndhing Gêndhiyêng kalajêngakên ladrang Sukarsih, lajêng dhawah katawang srêpêgan Martapuran. Makatên sasumêrêp kula, wondene babonipun buku punika nyêbutakên, Andhong-andhong ladrang Sukarsih, sêratanipun Andhong-andhong dumunung sanginggiling ladrang Sukarsih, sajak susulan punapa rangkêpan? yèn makatên sadèrèngipun Gêndhiyêng, sasampunipun Mrak Kasimpir, ingkang kagêm gêndhing Andhong-andhong wau, tăndha saksi wontên wangsalanipun, palwa manganti jalma.

8/9/33 [Tanda tangan: R. Ng. Admo Mardowo]

Mêrak Kasimpir punika bokmanawi sampun ewah-ewahan, ingkang lugu ladranganipun Kêmbang Pepe, lajêng katawang Martapuran pelog nêm, yasan dalêm P.B. VIII. Sarêng kaping sanga, ladranganipun kasantunan Sukarsih

--- 94 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 26 dari 46

Lagu Dhêmpêl

Sarimpi gêndhing Lagu Dhêmpêl (Lagu Dhêmpêl) laras salendro pathêt sanga

catur swara | babo | catur swara gora ngrat sri dasarata 1774 | adèn | ratu agung kang ngadhaton ing Ngayudya | ambêg wiku mardikèng rat tyas ngumala | angenaki ||

ing wadyanya | babo | amrih ayu mor mêmanising wacana | adèn | wêdi asih lulut kang para santana | agêng alit winêngku barang pararta | samya eca ||

Minggah

kadya yayah | babo | datan kongsi pinukul ing madya laga | babo | kasor dening tyasira ing kapandhitan | babo babo | adèn adèn | waskitha mrih | babo | rèhing patya patitis pamoring suksma | ênggih | adèn | tarantara ||

dya mangèring | babo | ing panyipta wignya moring batharanya | babo | sanalika tanna uwus pamèngêtnya | babo babo | adèn adèn | kongasing rat | babo | dasarata | sampat tyas kaprabunira | ênggih | adèn | ring kang padma ||

paripurna | babo | amudhari lir sasăngka kawistara | babo | lêlangênnya [lêlangê...]

--- 95 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 27 dari 46

nnya amangun uluhirèng rat | babo babo | adèn adèn | wiyoga tiwikramanya ||

Mêndhak nêmbah nuntên mungêl katawang Mijil

[Mijil]

lamun sira madêg narapati | yayi wêkas ingong | apan ana ing prabu ugêre | sastra cêtha ulatana yayi | omahna dèn pasthi | wulange sastrèku ||

rèhing janma tama nguni uni | kang mêngku kaprabon | ingkang nistha kawruhana kabèh | miwah madya utama ywa lali | lire siji siji | dèn kêna ywa tungkul ||

tindaking nistha măngka mawardi | têmah tan agêpok | ingkang madya rêsêpana bae | mring utama sira dèn kapingin | dèn kadi sira mrih | sêngsêming dyah ayu ||

nistha iku tindak walangati | saliring pakowoh[10] | iya bela bela ing ciptane | mring santana myang punggawa mantri | anggung sănggarunggi | andhêdhêr pakewuh ||

ala ayu pan darbèkirèki | ing rat tan pakewoh | ingkang ala purihên bêcike | pinèt ing suka dinanan ugi | warêgana ping-ping | jêjêlana wuruk ||

ing kadarman wruhna pakênaning | pètên sukaning wong | barang karya ana bêbukane |

--- 96 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 28 dari 46

winawika ing rèh ingkang isi | ala lawan bêcik | tuwin gampang ewuh ||

yèn wadyanta binobot pinardi | tyas mèsi pakowoh | agung bêbaya ing wêkasane | kang mangkono kêkêsên tumuli | iku tan winaris | ing gunêm rahayu ||

pan lêlima ingkang bêbayani | gunggunging pakewoh | dèn prayitna ing wadyanirakèh | sasat mungsuh angêpung purèki | iku dèn pakeling | Brata nêmbah ngayun ||

Gambirsawit

Sarimpi Gambirsawit slendro 9, kala rumiyin pelog 6

jalma kuda | dhe | jalma kuda maharsi narendra putra 1771 | babo | ngêla-êla | dhe | ngêla-êla mangun langêning kalangyan | babo | sang lir rêtna | dhe | sang lir rêtna kang dadya panglipur gita ||

Lik

dhe | nglipur gita | babo | rinarêngga | dhe | rinarêngga dyah catur busananira | babo | abra mancur | dhe | abra mancur ujwala pindha baskara | babo | lir tan napak | dhe | lir tan napak saasta lawan bantala ||

Minggah

babo | wan bantala | babo | karya onêng | dhe | karya onênging sapraja tanpa sama ||

Lajêng ladrang Gonjang-ganjing

dhe | babo | jangkrik gunung puput jiwa dhuh kusuma |

--- 97 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 29 dari 46

babo | sirnantaka | yèn tan ningali mring sira | dhe | babo | roning mlinjo garwa jawata duksina | babo | sasolahe bisa wèh lara asmara | dhe | babo | rêsi dênta satriya Sumitra putra | babo | mati anglês yèn sira têmah lênggana | dhe | babo | jayèng ranu panêmbahaning jawata | babo | baya sira guru ratuning wanudya | dhe | babo | nata dewa kontane Sri Danardana | babo | jroning nendra kacakrabawa mung sira | dhe | babo | ancur kaca purnama mijil kapisan | babo | raosing tyas kadyage nunggala jiwa | dhe | babo | garwa Salya dhandhang alit among dhustha | babo | mati gênting yèn tan tuhu ing prasêtya | dhe | babo | balung janur putra yaksa Madukara | babo | yèn tan paring usada lara wigêna | dhe | babo | lalumăngsa panusule magut yuda | babo | yèn kasèpa bantoning rara asmara | dhe | babo | kêndhal jêram sêsotya sumorot ura | babo | srênging karsa tanna liya amung sira | dhe | babo | roning gêbang kang pêksi tanpa cumbana | babo | mêrakati parigêl bisa tênaga | dhe | babo | pandhan rawa pandhita ngêningkên cipta | babo | pêpujanku musthikaning pagulingan |

--- 98 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 30 dari 46

dhe | babo | puspa laya gong alit nênggêl wirama | babo | wus kabanjur asih ingsun gêgolongan | dhe | babo | ari Krêsna putra nata ing Ngalêngka | babo | lir rinujid brangtane tan sawatara | dhe | babo | patri wastra prabune Sata Korawa | babo | sapa kêlar dulu manising wadana | dhe | babo | plana kuda sudarma Sri Baladewa | babo | dyah kapatang siki sumêmbah ing ngarsa ||

--- 99 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 31 dari 46

Lobong

Sarimpi gêndhing Lobong minggah Pareanom, kalajêngakên ladrang Kăndhamanyura, slendro manyura.

suci sabda swarèngrat sri narpa putra 1774 | babo | narpa putra | dhe | mangun suka langên dyah lir waranggana | duk hyang rodra acangkrama | babo | acangkrama | dhe | sung nugraha mring sang tyas purnèng wigêna | wong agung Cintakapura | babo | takapura | dhe | jayèng yuda ngrabasèng kutha Ngastina | wus ngadhaton Darmaputra | babo | Darmaputra | dhe | nir pra cidra brastha ri kang duratmaka | kèh ratu | mbêg sumawita | babo | sumawita | dhe | de Sri Krêsna rumêksèng monging Pandhawa | marma | nir pakarti dhustha ||

Minggah

babo | adèn | Danangjaya[11] tuhu rumêksèng ing praja | dhe | pakaryane ngluluskên subratanira ||

babo | adèn | pinandhita prayitna ngrêksèng bawana | dhe | têtêp mantêp tinutuping tawa-tawa ||

babo | adèn | tarantara mèngêt tyas duhkitèng runya | dhe | sirna gêmpang ambêgnya kang dwijawara ||

babo | adèn | tan têtilas purna duk pamadegănda | dhe | tuwuh onêng wiyoga maring surendra ||

babo | adèn | Nata Krêsna giyuh rêngu [rê...]

--- 100 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 32 dari 46

[...ngu] duka cipta | dhe | cundhamanik pinundhut sinrah ing narpa ||

babo | adèn | Sang Pamadya kagiwang tuwuh brangtanya | dhe | lir tinutus tinitis titis wus tatas ||

babo | adèn | lali kadang mung mindêng age ngêngudang | dhe | trênyuh tyasnya rêmak rêmpu kaparjaya ||

babo | adèn | de sang rêtna anggung siningit jro pura | dhe | sarêng dènnya kapirangu karungrungan ||

babo | radèn | patra wisa dwijawara nungku cipta | dhe | adhuh mati kangên pêpujan kawula ||

babo | adèn | jayèng toya pasewakan jro nayaka | dhe | kang sun anti wong sêdhêp ubayanira ||

babo | adèn | ulêr kisma sujanma undhagi praja | dhe | katêmpuhan jêr siranggung nganiaya ||

Lajêng dhawah ladrang Kăndhamanyura kêndhang 2

dhe | babo | rêkatha lit sêlaning cala juwita | babo | ayunira cok nuwêg wong tanpa dosa | dhe | ayunira ||

dhe | babo | ăngsa wisma wiyoganing jumantara | babo | solah luruh gapyak branyak ing wicara | dhe | solah luruh ||

dhe | babo | bayêm [ba...]

--- 101 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 33 dari 46

[...yêm] arda dursila lenèng abahan | babo | antêngira pangisase wong sapraja | dhe | antêngira ||

dhe | babo | braja wrêksa jangkrik alit ing pagagan | babo | liringira kang larang akarya rimang | dhe | liringira ||

dhe | babo | pêkên alit wêdale ajading nata | babo | nora wurung kawulane mati ngarang | dhe | nora wurung ||

dhe | babo | kawi netra kikiran woh pindha kroya | babo | tingalana abdine kawêlasarsa | dhe | tingalana ||

dhe | babo | gambas pait kunta gunatalikrama | babo | paran mirah yèn sira tan sung usada | dhe | paran mirah ||

dhe | babo | puput jiwa woh aren cinêncêm gula | babo | sida mati kabêntus mêmanisira | dhe | sida mati ||

dhe | babo | tirta maya ubaya kang wus dumadya | babo | kalakona sun kungkung jroning asmara | dhe | kalakona ||

dhe | babo | wadung pari wêrdine kinêmbar rupa | babo | dosanira dadak ayu tanpa sama | dhe | dosanira dadak ayu tanpa sama ||

--- 102 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 34 dari 46

Glondhongpring

Glondhongpring (Sarimpi) minggah ladrang Gudhasih, kalajêngakên katawang Sumêdhang, pelog pathêt nêm

dswara murti sindhèn janma murwèng gita 1787 | dhe | purwaning rèh mangikêt wuryaning praja | dhe | anglêluri langên agênging kaprabun ||

Lik

dhe | babo | tumurasing kawibawan sukawirya | dhe | tumuwuhing kamuktyan pinudyèng janma | dhe | putusing rèh swarjana ambijaksana ||

Minggah ladrang Gudhasih kêndhang 2

babo | ingkang măngka pamasaning sudarsana | babo | anindhita krêtarta adhirotama ||

êndhe | babo | anjêladri madu tyas pasthikamaya | babo | kamayangan mangayun kayuyunira | babo | ing kaharjan sinarju sajarahira ||

êndhe | babo | mrih prajarja sukarênaning punggawa | babo | miwah sagung santana myang wadyabala | babo | èstri priya samya bungah manahira ||

êndhe | babo | kaeraman dening langêning kalangyan | babo | ciptanira katêmbyan pandulunira | babo | wanudyendah kauparênggèng busana ||

Lajêng katawang Sumêdhang kêndhang 2

dhe | babo | sang kusuma kasoman amêdhar karsa | babo | amulang rèh mring siswa sapta wanudya ||

dhe | babo |

--- 103 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 35 dari 46

tinatula ukêling taya wanita | babo | kang kinarya pangiksaning madyapada ||

dhe | babo | kang busana abra markata tumeja | babo | angarênyêp kumitêr kitêr ngujwala ||

dhe | babo | sêngkangira anêlahi ing kalangyan | babo | akalpika têtajugan hèr baskara ||

dhe | babo | pênding rugmi abinggêl maniking toya | babo | pamêkak bang pinalipit ing renda mas ||

dhe | babo | uncal sutra mandhala linut parada | babo | arja sinjang wastra adi jroning pura ||

dhe | babo | awêwida jênar sumunar sumunu | babo | atasikan katon suluhing wadana ||

dhe | babo | ngêmbat laras wawas winawasing tingal | babo | nèng kotara yun anguculkên warastra ||

dhe | babo | akrawistha pratistha pamusthinira | babo | bêksa priya kang laras langkap madura ||

dhe | babo | akarya nang ebat sagung kang tumingal | babo | saking dènnya kagunggung kyèhing tênaga | babo | titi purna ing purwa madya wasana ||

--- 104 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 36 dari 46

Tamènggita

Sarimpi gêndhing Tamènggita, pelog pathêt nêm, kalajêngakên ladrang Winangun, pelog pathêt barang, wiwit sindhèn ladrang Winangun

dhe | babo | lêladrangan pathêt nêm barang unggahnya | babo | suyasendra ladrang winangun arannya ||

dhe | babo | tinrap langên sarimpi pinurwèng gita | babo | dimèn trustha sakyèhning wadya sumiwa ||

dhe | babo | ayu sapta nawa sanga Surakarta 1799 | babo | kang mangripta akêkasih udakara ||

dhe | babo | kênur jiwa kawis jênar nata dewa | babo | ambêgira durung paja-paja trisna ||

dhe | babo | wening angga wastra sinulam kêncana | babo | dèn aengêt kalamun nata kang murba ||

dhe | babo | jênu tawa lunturing karsa tumiba | babo | yèn katungkul sihing gusti nora prapta ||

dhe | babo | wêlut wisa pamujinirèng dursila | babo | ya mulane bêcik ingkang kêrêp seba ||

dhe | babo | bale atma wanita durung diwasa | babo | dèn akangên kadi dulu prawan kênya ||

dhe | babo | buron rema pasêmon dununging netra | babo | têtumanên dimène antuk nugraha ||

--- 105 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 37 dari 46

dhe | babo | bèbèk rawa turu ècèr sarwi sila | babo | yèn wis antuk aja sira apêpeka ||

dhe | babo | pring salining lata sumêbar ing wisma | babo | malah-malah wuwuhana sungkêmira ||

dhe | babo | ujung kampuh sujanma wijiling kusta | babo | marang kănca dipun bêcik anggêpira ||

dhe | babo | gêlang sweda sidhat agung mawa teja | babo | aywa lali lamun winêling bandara ||

dhe | babo | bantal dawa durjana mijiling bapra | babo | dèn kaliling wawêlinge gustinira ||

dhe | babo | tukang wrêksa wacana durung tumiba | babo | yèn winulang dèn bisa nampani karsa ||

dhe | babo | têngah netra carita wong arêp nendra | babo | êlêngêna aywa mèngèng sêdyanira ||

dhe | babo | mundhi jamus asta kumpul anèng grana | babo | sarimpinya mêndhak nêmbah mintagsama ||

--- 106 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 38 dari 46

Bondhan Kinanthi

Sarimpi gêndhing Bondhan minggah Kinanthi, kalajêngakên ladrang Sêmang, pelog pathêt nêm, wiwit sindhèn wontên Kinanthi

[Kinanthi]

dhe | măngka langêning kaprabun | karsa dalêm sri bupati | ping nawa ing Surakarta | makirtya kidung sarimpi | mèt katane bratayuda 2 | linut rarasing kinanthi ||

dhe | pan wus karsane dewa gung | sakèhing lêlakon iki | kulup amung karsaningwang | sasabana anèng margi | dèn bisa siranak ingwang 2 | Nangkula mit awotsari ||

dhe | wirandhungan solahipun | lampahe Nangkulèng margi | praptèng pakuwon Pandhawa | ngarsane Sri Arimurti | Bimarjuna Yudhisthira 2 | Krêsna rowangira linggih ||

dhe | lawan Campala Sang Prabu | Wiratha Sri Arimurti | Satyaki Trusthadyumêna | miwah sagung pra dipati | pêpak anèng ngarsanira 2 | Maha Prabu Arimurti ||

dhe | Dyan Nangkula nêmbah matur | maring Prabu Dwarawati | pukulun lampah kawula | pakuwon Mandraka prapti | sampun kapanggih pun uwa 2 | kawula pamit ngêmasi ||

dhe | Natèng Mandraka lingnya rum |

--- 107 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 39 dari 46

mangsit pangrèhing sajati | pun uwa Narpati Salya | pamisikipun sayêkti | pan inggih rayi paduka 2 | pininta mêthuka jurit

dhe | Yudhisthira kakang prabu | angladenana ing benjing | pusaka Kalimasada | tinamakna ing ngajurit | yèku dadi marganingwang 2 | ngatêr marang ing swargadi

dhe | mring ari buwanatèngsun | aja liyan kang amusthi | sanadyan Kalimasada | yèn liyan kang ngagêm pasthi | tan tumama angganingwang 2 | yèn kakangira kang musthi

dhe | tumama ring jajaningsun | nuli muliha dèn aglis | tan wurung nagri Ngastina | kakangira kang duwèni | makatên ingkang pitungkas 2 | Natèng Mandraka sayêkti

dhe | Narendra Krêsna gumuyu | sarwi nolih mring kang rayi | sira Prabu Darmaputra | tinolih tumungkul isin | Bimarjuna sami suka 2 | miwah sagung pra dipati

Lajêng ladrang Sêmang

dhe | adan pasang karna musthika kang sanjata | dhe | mêtu muntab kumêbul naracabala | dhe | tumpa-tumpa warastra mayuta-yuta | kumarêtêg kumêrut isining jagad

dhe | amarnani [a...]

--- 108 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 40 dari 46

[...marnani] garudha yaksa myang naga | dhe | Parta musthi liwat luwih gêni maya | dhe | tyas kacaryan Parta wêkasane murwa | ana Karna bawa syuh purnèng gêgana

dhe | midêr kèdêr kadya cakraning gilingan | dhe | satriyaro Nata Salya Padmanaba | dhe | samya kosik sarêng kuda ombak-ombak | Karna matêk Wijayacapa pinudya

dhe | satriya wus aprawignya lêpas ingkang | dhe | tênggak Parta ingarah ywa kongsi lêpat | dhe | Salya sandi ngupayane pamêkaknya | oncat kapat kêna dhuwur gêlungira

dhe | Krêsna anjung Sang Parta papaling rema | dhe | pinakuthan rêspati aglis pinudya | dhe | jayaningrat dening Prabu Padmanaba | Karna ngungun lêpat genira nyanjata

Sarimpi gêndhing Bandhilori, kalajêngakên ladrang Arjuna Mangsah, pelog pathêt barang, yasan dalêm P.B. IX ing Surakarta.

--- 109 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 41 dari 46

Êla-êla

Sarimpi gêndhing Êla-êla (pelog pathêt nêm?)

êla-êla | dhe | êla-êla pamêngkuning wadyatăntra | sang sudibya trah narendra Ngèksigănda | dhe | mangunênging driya mamrih sinatmata | mring sang pindha Supraba lunturing karsa | babo | siwayendra puspitaning purantara ||

dhe | wus pininta nanging durung pinrih dadya | marma dahat margiyuh anglir pralaya | dhe | mung tulusa dasihe angèstu pada | patri rugmi bêksa catur kang badhaya | babo | pijêr kèpi kusuma jroning anendra ||

Minggah

babo | sawungune nendra sarira marlupa | maksih katon mêmanis jroning supênan | wusing karya salaka pinindha raja ||

babo | kadi katon katongton jro pagulingan | kalênglêngan kalingling kang mawèh onang | anangsaya jiwangga dahat marlupa ||

babo | nata dewa rêming baskara ring kisma | sru anjêtung sadalu tan antuk nendra | andrawasa trênyuh tyas anglir antaka ||

babo | kapidêrêng adrêng ardayaning driya | jalak pita paja-paja ing locana | kalênglêngan dasihe nandhang kung rimang ||

Lajêng ladrang Gonjang-ganjing

dhe | babo | dahat [daha...]

--- 110 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 42 dari 46

[...t] kambuh kabranang tyase mangarang | babo | rangu-rangu ngruruh rarasing asmara ||

dhe | babo | tawas pita sêbute atmajèng nata | babo | mati ngarang yèn gusti tan palimarma ||

dhe | babo | gêguling kang pinindha sang mawèh brăngta | babo | tyas ngranuhi ing netra katon satmata ||

dhe | babo | jahe wana dening buminata putra | babo | poyang-paying tyas ingsun anglir rinujit ||

dhe | babo | mentar maring natar anon kang kartika | babo | ting parêlik kadi sunaring wadana ||

dhe | babo | gayung sumur kandhêg pambugtining dara | babo | ingsun dalih kusuma asung tatămba ||

dhe | babo | baya dadi usadaning kawlasarsa | babo | maras-maras mangraras rarasing tilam ||

dhe | babo | murwèng karya kang andaka pada-pada | babo | witne ingsun bangêt wulangun ing sira ||

dhe | babo | rudahing tyas tarlèn sang asung wiyoga | babo | kadi-kadi prapta wèh raras rumira ||

dhe | babo | saron agung kêthuk ingkang rêruntungan | babo | mung wênangna dasihe mangruruh kiswa ||

dhe | babo | gayuhing tyas praptane jalada arda | babo | darsanane [dar...]

--- 111 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 43 dari 46

[...sanane] wiyadi mangruruh prana ||

Sinom

Sarimpi gêndhing Sinom, pelog pathêt barang

dhe | sang sudibya | babo radèn | sang sudibya mangun lêlangêning taya | radèn | sinangkalan lar sarpa maharsining rat 1782 |[12] radèn ||

dhe | wêdharing tyas | babo radèn | wêdharing tyas kinarya mangayubagya | radèn | kang kinarya catur siki rêtna wêka | radèn ||

dhe | pinilihan | babo radèn | pinilihan kang swarna amaranggana | radèn | rêmpêg rampak busana abra markata | radèn ||

dhe | ujwalanya | babo radèn | ujwalanya sor prabaning diwangkara | radèn | ting galêbyur sumyur mawur gêbyar-gêbyar | radèn ||

dhe | lir manyura | babo radèn | lir manyura krura ngigêl anambrama | radèn | astanyarda jaja mungal pacak jăngga | radèn ||

dhe | pamadyanya | babo radèn | pamadyanya winardi kang sutra seta | radèn | pinandhalagiri linuting parada ||

Minggah

ing parada | gapyuk caruk tangkis langkap mrih wisesa | babo radèn | midêr kèdêr kadêdêr idêr-idêran ||

dêr-idêran | catur siki rêspati sasolahira [sasolah...]

--- 112 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 44 dari 46

[...ira] | babo radèn | lir laras duk prang lan ing putri Cêmpala ||

tri cêmpala | tan mrih laya tyas mung mamrih jayèng yuda | babo radèn | gung pinanthêng-panthêng tan arsa marjaya ||

sa marjaya | catur kang mranggana[13] tyasnya lir sandea | babo radèn | maras-maras bok mungsuhira pralena ||

ra pralena | marbudèng tyas sang rêtnarsa anyudara | babo radèn | asasmita nayanya parêng graita ||

rêng graita | mêdhar sondhèr liru nggon paguting netya | babo radèn | ubayanya sajiwa barêng palastra ||

rêng palastra | wus arakit rikat kêkêt akampita | babo radèn | catur mêndhak manêmbah minta aksama ||

Lajêng mungêl ladrang Mijil

[Mijil]

paran baya sukaning tyas mami | mirah ingsun dhenok | katêkana ciptaningsun kiye | wus prasasat lêluhur nêdhaki | tunggu rina wêngi | nabi wali ratu ||

rumajaring tyas kang mamrih dadi | dumadia katong | kang katongton sukaning janma kèh | tulus mêngku pura jalu èstri | iku kang kinapti | lêluhur ing dangu ||

dandanan roro [ro...]

--- 113 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 45 dari 46

[...ro] dadi sawiji | wijiku wus jumboh | nirmalèng tyas tanna sangsarane | iku ingkang sinêdyèng sanagri | dhuh-dhuh mila gusti | wêlasa riningsun ||

margiyuh ing angga dêdimèning | bêbayane coplok | pakèwuhe malayu tan suwe | walangati kaplayu kapati | ati kang tan yêgti | mati tanpa tatu ||

sabab dandananing praja bêcik | trahing nata karo | ibu sori tur tunggal wijile | upamane taru-taru aking | kakênan ing riris | tan têlangke trubus ||

muwahing lata ngayom-ayomi | ayêm samya ngayom | têmah ngaub ing kêkayon gêdhe | woh andadi suka angundhuhi | ayêm samya linggih | nadhah muwuh-muwuh ||

mapan iku kang sun sêdyèng kapti | aywana salah ton | gung katonton turunan runtute | atut runtung suka anglir mimi | lan mintuna ugi | tan sawalèng kayun ||

patra wisa gusti kang kinawi | adhuh-adhuh babo | sabrangane wong Kadhiri angger | sayêktine gusti labuh pati | dhukuh wetan Baki | tulusa wak ingsun ||

desa gêng-gêng saluhuring Nglèri | yêkti raganing ngong | anglêlawu mring gusti [gu...]

--- 114 ---

Koleksi Warsadiningrat (MNA1926b), Warsadiningrat, c. 1926, #619 (Bagian 3): Citra 46 dari 46

[...sti] wiyose | sumbêr wisma gêndhuk sun wastani | ulun lalu nganti | dèn kongsi saumur ||

Tamat

Candhakipun cakêpan Doradasih inggih punika sambêtipun katawang Kinanthi Doradasih: Saya nêngah dènnya adus sapiturutipun, nanging botên kula têdhak sadaya, namung kula pêthik ingkang parlu sangêt, gandhèng kalihan kaparluwan titimăngsa, kados ing ngandhap punika

[Kinanthi]

nastiti mrih tyase konus | wulanguning driya pinrih | tan sulaya nut sakarsa | karsaning risang murbèng sih | sih sinihan nora pêgat | palêstha ingkang kinanthi ||

tiniti ri Tumpak dalu | angrinakkên tanggal kaping | tri dasa sasi lumakya | Dulkongidah windu Adi | kalima mangsaning surya | măngsa wuku amarêngi ||

kawolu wuku lumaku | Manail warsa marêngi | Jimakir sangkalanira | mêmuji kombuling putri[14] | mangèsthi kasmarèng nata | nata dil Surakarta di ||

--- [0] ---

 


§ Lajêng wontên kaparênging karsa dalêm santun katawang Santi p barang. (kembali)
Tawaspita. (kembali)
sêmunira. (kembali)
wêrdi. (kembali)
Tanggal: gangsal (5) Dhesèmbêr: ngèsthi trustha salirèng narpati (1898 M). Tanggal Jawa: 21 Rêjêb Ehe 1828. (kembali)
Tanggal: Sênèn Kaliwon slikur (21) Rêjêb Ehe: salira kaèksi murtine sang prabu (AJ 1828). Tanggal Masehi: Senin 5 Desember 1898. (kembali)
Kombangmara (dan di tempat lain). (kembali)
sasanèng. (kembali)
Tanggal: Arbo (Rêbo) Paing kalih dasa (20) Sura Jimawal: tata muluk diwangganira sri nata (AJ 1805). Tanggal Masehi: Rabu 16 Februari 1876. (kembali)
10 pakewoh (dan di tempat lain). (kembali)
11 Dananjaya. (kembali)
12 Tanggal: lar sarpa maharsining rat (AJ 1782). Tahun AJ 1782 jatuh antara tanggal Masehi: 4 Oktober 1853 sampai dengan 22 September 1854. (kembali)
13 nranggana. (kembali)
14 § (1707 ?) sampun lêrês 1707. Miturut angkaning taun, bokmanawi lêpat, amargi taun Jimakir punika miturut petang kula ăngka 1706, sangkalanipun mêmungu kombuling putri. (kembali)