Mardawa Lagu Jawa, Tanaya, 1957, #1301

Judul
Sambungan
1. Mardawa Lagu Jawa, Tanaya, 1957, #1301. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Mardawa Lagu Jawa, Tanaya, 1957, #1301. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 15-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Mardawa Lagu Djawa

R. Ng. Ranggawarsita

Ki Hadjar Dewantara

R. Ng. Najawirangka

--- [1] ---

[...]

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

MARDAWALAGU

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

MARDAWALAGU

Amratelakake laguning layang wacan patang pangkat, iya iku:

Macasa lagu, Macaro lagu, Macatri lagu lan Macapat lagu

Karangan Pujangga R. Ng. Ranggawarsita

Kasalinan basa Ngoko dening R. Tanojo.

TOKO BUKU "SADU - BUDI" SOLO

--- [6] ---

Copyright by Sadubudi

Solo 1957

Rp. 7,50

--- 7 ---

Pelajaran tentang ukuran irama dalam bahasa Jawa Kuno oleh Prof. Dr. Kern: Verspreide geschriften, jilid IX.

Beberapa ukuran guru-lagu dalam bahasa Sanskerta, yang disamakan dengan ukuran guru-lagu Barat kuno:

UkuranNama SanskertaNama Barat kuno
1. -- -- --mamolusus
2. = -- --yaBachius
3. -- = --raCreticus
4. = = --saanapestus
5. -- -- =taantibachius
6. = -- =jaamphibrachys solius
7. -- = =bhadactylus
8. = = =natribrachys
1. = --jambe
2. = = --anapestus
3. -- =trochaeus
4. -- = =dactylus
5. -- --spondaeus

-- : Guru "Arsis"

= : Lagu "Thesis"

--- 8 ---

Ukuran irama Jawa kuno dari Kitab Wrtta-Sàncaya.

Dalam bahasa Sanskerta:

1. Bhramara - vilasita
2. Candra - vartman (?)
3. Kusuma - vicitrâ
4. Vasanta - tilaka
5. Pravara - lalita
6. Çikharinï -
7. Prtvï - tala
8. Avitatha
9. Vamçapatra
10. Çârdüla - vikrïḍita
11. Suvadanä
12. Sragdharä
13. Açvalalita

Nama syair dalam bahasa Jawa kuno, yang kebanyakan salinan dari syair Sanskerta seperti berikut:
1. Lêbda-jiwa
2. Bramara-wilasita
3. Căndra-wilasita
4. Madu-rêtna
5. Wisati-kandhèh
6. Kusuma-wicitra
7. Sudira-draka
8. Dhadhap-mêntêb
9. Basănta
10. Manggala-gita
11. Prawira-lalita
12. Girisa
13. Sikarina
14. Saprati-tala
15. Kawi-tana
16. Băngsa-patra
17. Mahesa bayangan
18. Naga-bănda
19. Naga-kusuma
20. Sardula-wikridita
21. Swandana
22. Sasadra-kawêkas
23. Sulanjari
24. Wisalya-harini
25. Swala-dara
26. Kilaya-nedheng
27. Wêgang-Sulanjari
28. Kuswa-lalita
29. Hasta-kosala
30. Gănda-kusuma
31. Woh hing rat

Adapun tembang Kusumawicitra dalam Candrasangkala itu betulnya Turagagati.

--- 9 ---

MARDAWALAGU

Layang Mardawalagu, karangane swargi Radèn Ngabèi Ranggawarsita, pujangga ing karaton-dalêm Surakarta Adiningrat.

Babone nganggo basa Jawa Krama aksara Jawa, samêngko kasalinan Basa Jawa Ngoko aksara Latin.

__________

Iki wêdharing layang Mardawalagu, kang amratelakake laguning layang wacan patang pangkat, kaya kang kasêbut aran:

1. Maca-sa lagu.
2. Maca-ro lagu.
3. Maca-tri lagu.
4. Maca-pat lagu.

Dene pangkate sawiji-wiji kacaritakake uruting lakune dhewe-dhewe, ing ngisor iki pratelane kabèh.

Bab Kawitan

Mungguh kang diarani Maca-sa lagu, iku têgêse têmbang wacan kang wiwitan, iya iku têmbang gêdhe kang kaya lêlagoning wêwacan têmbang kawi. Kacarita dhèk ing kuno, anane têmbang gêdhe mau saka panganggite para dewa, kababarake marang Bathara Srita, kang kasêbut aran Bathara Panyarikan, banjur kawulangake marang Brahmana Walmiki, nganti warata tumêkane Prabu Jayabaya ing Kadhiri, kawuwuhan panganggite Empu Yogiswara, kang wis

--- 10 ---

kasêbut aran purohita, iya iku guruning pujangga.

Ing mêngko kapratelakake lakuning Maca-sa lagu, iku wêwaton saka etung lingganing sastra ing dalêm sapada pala, anggêr sapadeswara, patang pada pala, dadi rong pada dirga, ora nganggo kaupakara lungguhe tiba ing dhong dhing, tiba ulu, suku, taring, taring tarung, pêpêtan kêna bae. Mungguh kang kaaranan pada pala iku: pada lingsa gêdhe; kang ingaranan pada dirga iku: pada lingsa kunêng, iya iku saparoning padeswara; kang ingaranan padeswara iku pada gêdhe.

Dene etung lingganing sastra ing dalêm sapada pala mau, ana pêperangane, iya iku dadi rong pangkat, kang sapangkat diarani guru, iya iku pangkat-pangkataning lagu, etung sastrane, awit: 1, 2, 3, 4, aksara.

Kang sapangkat manèh diarani laku, iya iku lakuning lagu saka luwihaning angkat-angkatan mau, awit: 5, 6, 7, 8, aksara, têgêse:

Yèn laku 5, angkat siji ingaranan angkat huta,
Yèn laku 6, angkat loro ingaranan angkat tyukta,
Yèn laku 7, angkat têlu ingaranan angkat madyama,
Yèn laku 8, angkat papat ingaranan angkat patistha.

Ananging mangkono iku sok ana kang ngowahake angkatan mau, kaya ta: yèn unggahing swara nuju anduduk utawa ngarêpake angêlik,

--- 11 ---

iku owahe dadi langkah saka ing ugêring angkat-angkatan, upamane yèn laku 5, sok angkat loro, trêkadhang sok ana kang angkat têlu; yèn laku 6, sok angkat têlu, trêkadhang ana kang angkat papat; yèn laku 7, sok angkat papat; yèn laku 8, isih angkat papat bae.

Mungguh patrape ing laku mau ana tiba-sèlèhe, kaya ta: yèn mêntas anduduk, iku diarani tiba, yèn tumêkaning pada pala, iku diarani sèlèh, ananging iya padha kagrêba ana sajroning laku uga. Kaya mangkono manèh saupama ana wiwitan ora nganggo laku, mung angkatan bae, ing buri banjur tiba utawa sumèlèh, iku iya laku uga kramane, ananging ana arane dhewe-dhewe, yèn wiwitan angkat 1, diarani laku nanda, yèn wiwitan laku 2, diarani laku badra, yèn wiwitan laku 3, diarani laku nari, yèn wiwitan angkat 4, diarani laku badrasari.

Dene yèn angkatan nganggo laku, kramane isih dadi guru, iya padha dumunung ana sajêroning lagu kabèh, ing ngisor iki pratelane araning lagu sawiji-wiji.

Wiwit lagu 5, ingaran wasistha lagu, utawa lagu silisir,
wiwit lagu 6, ingaran sasyata lagu, utawa lagu silisir,
wiwit lagu 7, ingaran syustika lagu, utawa lagu silisir,
wiwit lagu 8, ingaran nusthupa lagu, utawa lagu silisir,

--- 12 ---

wiwit lagu 9, ingaran wrêhati lagu, utawa lagu silisir,
wiwit lagu 10, ingaran sapaktya lagu, utawa lagu silisir,
wiwit lagu 11, ingaran tristha lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 12, ingaran jagati lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 13, ingaran tidyaga lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 14, ingaran sakwari lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 15, ingaran tikwari lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 16, ingaran sasthi lagu utawa lagu siriran,
wiwit lagu 17, ingaran satyasthi lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 18, ingaran patra lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 19, ingaran drêti lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 20, ingaran krêtyaka lagu, utawa lagu siriran,
wiwit lagu 21, ingaran pakrêti lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 22, ingaran sukarta lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 23, ingaran wikrita lagu, utawa lagu rakêtan,

--- 13 ---

wiwit lagu 24, ingaran sastratri lagu, utawa lagu ratêkan,
wiwit lagu 25, ingaran nitarkya lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 26, ingaran wyutkêrti lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 27, ingaran nukta lagu, utawa lagu rakêtan
wiwit lagu 28, ingaran pugaryya lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 29, ingaran candhaka lagu, utawa lagu rakêtan,
wiwit lagu 30, ingaran dhandhaka lagu, utawa lagu rakêtan.

Dene manawa luwih saka ing dhandhaka lagu, iku diarani lagu dhandhaka kabèh, pêperanganing lakune padha luwih saka patang rambahan.

Munggah[1] grêbaning lagu kabèh mau, dadi patang rimbagan.

Sarimbage, yèn awit wasistha lagu tumêka sapaktya lagu, iku ingaranan lagu silisir kabèh.

Rong rimbage, yèn awit tristha lagu tumêka krêtyaka lagu, iku ingaranan lagu siriran kabèh.

Têlung rimbage, yèn awit pakrêti lagu tumêka dhandhaka lagu, iku ingaranan lagu rakêtan kabèh.

Patang rimbage, yèn sakèhing dhandhaka iku, ingaranan lagu simparan kabèh, ananging iku sêsorangane padha ana arane dhewe-dhewe.

--- 14 ---

Bab 2.

Mungguh kang diarani Maca-ro iku têgêse têmbang wêwacan kang kapindho, iku têmbang gêdhe uga, iya kaya lêlagon wacan layang kawi, saka panganggite para êmpu nalika jamane Prabu Jayabaya ing Kadhiri, dene wêwatone ora mêsthi lakuning pada pala tumêkaning padeswara padha etungane, karo ora kawangênan pêpangkataning pada pala tumêkaning padeswara, iya iku trêkadhang ana kang rong pada pala, trêkadhang ana kang têlung pada pala, trêkadhang ana kang patang pada pala, kaya lakuning Maca-sa lagu, upamane yèn padeswara rong pada pala, iku ingaranan wisama lagu; yèn padeswara têlung pada pala, iku ingaran upasama lagu; yèn padeswara patang pada pala, ingaran antyasama lagu, iku iya padha ora kaupakara lungguhe tibaning dhong dhing, ananging sêsowangane padha ana arane dhewe-dhewe.

Bab 3.

Mungguh kang diarani Maca-tri lagu iku, têgêse têmbang wêwacan kang kaping têlu, diarani têmbang têngahan, kang dadi lêlagoning wêwacan layang jarwa, awit saka panganggite Rêsi Wiratmaka, Brahmana ing Janggala, banjur kababarake dening Prabu Panji Ino Kartapati sakadang kadeyane kabèh, dene wêwatone, ora nganggo angetung pada pala, mung angetung pada lingsa bae, sarta nganggo kaupakara lungguhe tibaning dhong dhing ing dalêm

--- 15 ---

sapada-lingsane nganti tumêkaning pada gêdhe, ananging ora mêsthi etunge lingganing sastra ing dalêm sapada-lingsa mau iku.

Bab 4.

Mungguh kang diarani Maca-pat lagu iku, têgêse têmbang wêwacan kang kaping pat, diarani têmbang cilik, iya kaya lêlagoning wêwacan layang jarwa, awit saka panganggite Kangjêng Susuhunan ing Giri Kadhaton, banjur kababarake dening Susuhunan ing Benang, waratane marang para Wali kabèh, nganti tumêka ing saprene iki. Dene wêwatone padha uga karo têmbang têngahan, ora nganggo angetung pada pala, mung ngetung pada lingga[2] bae, iya nganggo kaupakara lungguhe tibaning dhong dhing ing dalêm sapada-lingsane nganti tumêkaning pada gêdhe, sarta ora mêsthi etunge lingganing sastra ing dalêm sapada-lingsa mau iku.

__________

Iki pratelane araning Maca-sa lagu, kang wis kababarake dadi lêlagoning wêwacan layang kawi, ing ngisor iki arane sawiji-wiji.

Wasistha lagu, iya iku lagu 5, etunge ing dalêm sapada pala padha anglimang lingganing sastra, ora nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi limang têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Rêrantang, laku 5, ing dalêm sapada pala.

--- 16 ---

2. Têmbang Puksara, laku 5, ing dalêm sapada pala.
3. Têmbang Giyanti, laku 5, ing dalêm sapada pala.
4. Têmbang Wijayanti, laku 5, ing dalêm sapada pala.
5. Têmbang Wanamrêggi, laku 5, ing dalêm sapada pala.

Samyata (Sasyata lagu), iya iku lagu 6, etunge ing dalêm sapada pala padha angênêm lingganing sastra, ora nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi nêm têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

. Têmbang Gurnang, laku 6, ing dalêm sapada pala.
2. Têmbang Liwung, laku 6, ing dalêm sapada pala.
3. Têmbang Binaya, laku 6, ing dalêm sapada pala.
4. Têmbang Tanumadya, laku 6, ing dalêm sapada pala.
5. Têmbang Tarumaddha, laku 6, ing dalêm sapada pala.
6. Têmbang Kusumitajanma, laku 6, ing dalêm sapada pala.

Syustika lagu, iya iku lagu 7, etunge ing dalêm sapada pala padha mitung wunda,[3] ora nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi pitung têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

--- 17 ---

1. Têmbang Lelah, laku 7, ing dalêm sapada pala.
2. Têmbang Wasudari, laku 7, ing dalêm sapada pala.
3. Têmbang Madaleka, laku 7, ing dalêm sapada pala.
4. Têmbang Madralalita, laku 7, ing dalêm sapada pala.
5. Têmbang Kumaralalita, laku 7, ing dalêm sapada pala.
6. Têmbang Madukaralalita, laku 7, ing dalêm sapada pala.
7. Têmbang Sundari, laku 7, ing dalêm sapada pala.

Nusthupa lagu, iya iku lagu 8, etunge ing dalêm sapada pala padha amolung wanda, ora nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi rolikur têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Nusthup, laku 8, ing dalêm sapada pala.
2. Têmbang Samaning, laku 8, ing dalêm sapada pala.
3. Têmbang Rumini, laku 8, ing dalêm sapada pala.
4. Têmbang Sapantika, laku 8, ing dalêm sapada pala.
5. Têmbang Widyatmala, laku 8, ing dalêm sapada pala.
6. Têmbang Manawakakridhita, laku 8, ing dalêm sapada pala.

--- 18 ---

7. Têmbang Wilambita, uga Bramarawilambita, laku 8, ing dalêm sapada pala.
8. Têmbang Capala, laku 8, ing dalêm sapada pala.
9. Têmbang Sarwapala (Sarwawipala), laku 8, ing dalêm sapada pala.
10. Têmbang Wilupa, laku 8, ing dalêm sapada pala.
11. Têmbang Wimbakara (Bakarawipula), laku 8, ing dalêm sapada pala.
12. Têmbang Hunakara (Nakarawipula), laku 8, ing dalêm sapada pala.
13. Têmbang Hutakara (Takarawipula), laku 8, ing dalêm sapada pala.
14. Têmbang Anglakara (Akarawipula), laku 8, ing dalêm sapada pala.
15. Têmbang Winata, laku 8, ing dalêm sapada pala.
16. Têmbang Waktra, laku 8, ing dalêm sapada pala.
17. Têmbang Patya, laku 8, ing dalêm sapada pala.
18. Têmbang Wiparita (Wiparitapatya), laku 8, ing dalêm sapada pala.
19. Têmbang Lilalila, laku 8, ing dalêm sapada pala.
20. Têmbang Patralalita, laku 8, ing dalêm sapada pala.
21. Têmbang Mrikarja, laku 8, ing dalêm sapada pala.

--- 19 ---

22. Têmbang Jalasangara, laku 8, ing dalêm sapada pala.

Wrêhati lagu, iya iku lagu 9, etunge ing dalêm sapada pala, padha anyangang wanda, iku awit nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi patbêlas têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Têbukasol, laku 4, 5.
2. Têmbang Bujanggasri, laku 4, 5.
3. Têmbang Susrêttapuspa, laku 4, 5.
4. Têmbang Martagati, laku 4, 5.
5. Têmbang Hanggandara, laku 4, 5.
6. Têmbang Surananda, laku 4, 5.
7. Têmbang Sukananda, laku 4, 5.
8. Têmbang Madayanti, laku 4, 5.
9. Têmbang Halamuki, laku 4, 5.
10. Têmbang Cangkringadi, laku 4, 5.
11. Têmbang Garantang, laku 3, 6.
12. Têmbang Tatigurswi, laku 3, 6.
13. Têmbang Ijrapa, laku 2, 7.
14. Têmbang Jarakatatagati, laku 2, 7.

Sapaktya lagu, iya iku lagu 10, etunge ing dalêm sapada pala, padha nyapuluh wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji dadi salikur têmbang, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Têbusauyun, laku 5, 5.
2. Têmbang Saragati, laku 5, 5.
3. Têmbang Toritagati, laku 5, 5.
4. Têmbang Swanaba, laku 5, 5.
5. Têmbang Harsunaba, laku 5, 5.

--- 20 ---

6. Têmbang Byapi, laku 5, 5.
7. Têmbang Byapaka, laku 5, 5.
8. Têmbang Hadyapi, laku 4, 6.
9. Têmbang Dewapi, laku 4, 6.
10. Têmbang Campakamala, laku 4, 6.
11. Têmbang Mastyarukma, laku 4, 6.
12. Têmbang Rukmawati, laku 4, 6.
13. Têmbang Rukmarata, laku 4, 6.
14. Têmbang Rukmakala, laku 4, 6.
15. Têmbang Karttimasa, laku 4, 6.
16. Têmbang Buddhawirat, laku 3, 7.
17. Têmbang Buddhawirata, laku 3, 7.
18. Têmbang Widaya, laku 3, 7.
19. Têmbang Wrêtta, laku 3, 7.
20. Têmbang Masawa, laku 2, 8.
21. Têmbang Satwata, laku 2, 8.

Tristha lagu, iya iku lagu 11, etungane ing dalêm sapada pala, padha nyawêlas wanda, iya nganggo perang-perangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Druttawipala (Madukara), laku 5, 6.
2. Têmbang Indrabraja, Laku 5, 6.
3. Têmbang Warttawipala (Wartowipala), laku 5, 6.
4. Têmbang Madukara, laku 5, 6.
5. Têmbang Walawala, laku 5, 6.
6. Têmbang Madukusuma, laku 5, 6.
7. Têmbang Madubrata, laku 6, 5.
8. Têmbang Manatpada (Brêmaranguswasara), laku 6, 5.

--- 21 ---

9. Têmbang Bramarawilasita, laku 4, 7.
10. Têmbang Sumalikita, laku 4, 7.
11. Têmbang Lêbdajiwa, laku 4, 7.
12. Têmbang Opendrabajra, laku 6, 5.
13. Têmbang Upastita, laku 6, 5.
14. Têmbang Dodaka, laku 4, 7.
15. Têmbang Dodakawretta, laku 4, 7.
16. Têmbang Salini, laku 4, 7.
17. Têmbang Nadrika, laku 4, 7.
18. Têmbang Ratoddhata, laku 4, 7.
19. Têmbang Ratoddhatagati, laku 4, 7.
20. Têmbang Nwagati, laku 3, 8.
21. Têmbang Tatawrêtta, laku 6. 5.
22. Têmbang Syèni, laku 5, 6.
23. Têmbang Syèni kagok Rêtuajiwa,[4] laku 5, 6.

Jagati lagu, iya iku lagu 12, etunge ing dalêm sapada pala padha ngrowêlas wanda, iya nganggo perang-perangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Kusumawicitra (Turagagati), laku 6, 6.
2. Têmbang Kusumawicitra kagok Citramêngêng, laku 6, 6.
3. Têmbang Kusumawicitra kagok Jiwawicitra, laku 6, 6.
4. Têmbang Candrawilasita, laku 4, 8.
5. Têmbang Candrakirana, laku 4, 8.
6. Têmbang Candrakusuma, laku 4, 8.
7. Têmbang Madurêtna, laku 5, 7.

--- 22 ---

8. Têmbang Madurêtna kagok Jiwarêtna, laku 5, 7.
9. Têmbang Madurêtna kagok Surarêtna, laku 5, 7.
10. Têmbang Jaludhatatagati, laku 6, 6.
11. Têmbang Wangsastha, laku 4, 8.
12. Têmbang Druttawilambita, laku 4, 8.
13. Têmbang Totaka, laku 6, 6.
14. Têmbang Sriputa, laku 6, 6.
15. Têmbang Bujangprayata (Bujanggaprayatna), laku 5, 7.
16. Têmbang Wêswadèwi, laku 5, 7.
17. Têmbang Sumaningrat, laku 5, 7.
18. Têmbang Nawamalini, laku 5, 7.
19. Têmbang Bramitaksana (Bramitaksara), laku 7, 5.
20. Têmbang Jaladharamalang, laku 7, 5.
21. Têmbang Hendrawisesa, laku 5, 7.
22. Têmbang Giwangkusuma, laku 7, 5.
23. Têmbang Puspitabra, laku 7, 5.
24. Têmbang Katangsa, laku 7, 5.
25. Têmbang Jagata, laku 7, 5.
26. Têmbang Jaladaramalang, laku 7, 5.
27.Têmbang Gorapura, laku 7, 5.
28. Têmbang Candrawilasita, laku 4, 8.
29. Têmbang Candrawilasita kagok Citramêngêng, laku 4, 8.
30. Têmbang Kalula, laku 4, 8.
31. Têmbang Wangsasa, laku 4, 8.
32. Têmbang Wanggastiti, laku 4, 8.
33. Têmbang Paracakra, laku 4, 8.

--- 23 ---

Gibyagati (Tidyaga) lagu, iya iku lagu 13, etungane ing dalêm sapada pala, padha nêlulas wanda, iya nganggo perang-perangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Laksmiwati, laku 8, 5.
2. Têmbang Manohara, laku 8, 5.
3. Têmbang Hadalhadal, laku 8, 5.
4. Têmbang Puspanjali, laku 7, 6.
5. Têmbang Pusparaga, laku 7, 6.
6. Têmbang Dhadhapmantêb, laku 6, 7.
7. Têmbang Hudarati, laku 6, 7.
8. Têmbang Usaddha, laku 6, 7.
9. Têmbang Rucitra, laku 6, 7.
10. Têmbang Mattamayura, laku 6, 7.
11. Têmbang Purwasuddhira, laku 5, 8.
12. Têmbang Sudiradraka, laku 5, 8.
13. Têmbang Praharsiki, laku 5, 8.
14. Têmbang Praharsini, laku 5, 8.
15. Têmbang Purnamaddha, laku 5, 8.
16. Têmbang Kaniraras, laku 5, 8.
17. Têmbang Rarasmandra, laku 5, 8.
18. Têmbang Amkuthiwici,[5] laku 3, 5, 5.

Sakwari lagu, iya iku lagu 14, etungane ing dalêm sapada pala, padha matbêlas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Basantatilaka, laku 8, 6.
2. Têmbang Basantadhêndha, laku 8, 6.
3. Têmbang Partodyana, laku 8, 6.
4. Têmbang Tanomadya, laku 8, 6.

--- 24 ---

5. Têmbang Bawatanu, laku 8, 6.
6. Têmbang Pangudasmara, laku 7, 7.
7. Têmbang Parangdraya, laku 7, 7.
8. Têmbang Praharanakalika, laku 7, 7.
9. Têmbang Aparajita, laku 7, 7.
10. Têmbang Pamudyana, laku 6, 8.
11. Têmbang Singhadyaka, laku
12. Têmbang Asadwadha, laku
13. Têmbang Rasangka, laku
14. Têmbang Brajapeka, laku
15. Têmbang Kuwalayakusuma, laku
16. Têmbang Sadurastra, laku
17. Têmbang Kakanda, laku
18. Têmbang Saharsa, laku

Tikwari lagu, iya iku lagu 15, etunge ing dalêm sapada pala, padha limawêlas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane kaya ing ngisor iki.

1. Têmbang Manggalagita, laku 8, 7.
2. Têmbang Manggalagubita, laku 8, 7.
3. Têmbang Sastramanggala, laku 8, 7.
4. Têmbang Ranamanggala, laku 8, 7.
5. Têmbang Hastramanggala, laku 8, 7.
6. Têmbang Hongkaramantra, laku 7, 8.
7. Têmbang Purnamasaddha, laku 7, 8.
8. Têmbang Parindya, laku 7, 8.
9. Têmbang Limandaya, laku 7, 8.
10. Têmbang Giwara, laku 7, 8.
11. Têmbang Manicandra, laku 5, 5, 5.
12. Têmbang Manigunasikara, laku 5, 5, 5.
13. Têmbang Malini, Laku 5, 5, 5.

--- 25 ---

14. Têmbang Socaka, laku 4, 5, 6.
15. Têmbang Parampara, laku 4, 5, 6.
16. Têmbang Mrêdukusuma, laku 4, 5, 6.
17. Têmbang Maramongsita, laku 4, 6, 5.

Sasthi lagu, iya iku lagu 16, etungane ing dalêm sapada pala, padha ngênêmbêlas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Girisa, laku 8, 8.
2. Têmbang Gorisagati, laku 8, 8.
3. Têmbang Wrêsabagati, laku 8, 8.
4. Têmbang Wrêsabawilasita, laku 8, 8.
5. Têmbang Prawiralalita, laku 8, 8.
6. Têmbang Wêrhyalalita, laku 8, 8.
7. Têmbang Jagadkarana, laku 8, 8.
8. Têmbang Jagadparamudita, laku 8, 8.
9. Têmbang Titiswara, laku 6, 5, 5.
10. Têmbang Jatiswara, laku 6, 5, 5.
11. Têmbang Maheswara (Maheraras), laku 6, 5, 5.
12. Têmbang Sumanggani, laku 5, 6, 5.
13. Têmbang Sumambita, laku 5, 6, 5.
14. Têmbang Sariwarna, laku 5, 5, 6.
15. Têmbang Sariwahana, laku 5, 5, 6.
16. Têmbang Rarasmadya, laku 4, 6, 6.
17. Têmbang Raraskarasikan, laku 4, 6, 6.

Satyasthi lagu, iya iku lagu 17, etunge ing dalêm sapada pala, padha mitulas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Huti, laku 5, 6, 6.

--- 26 ---

2. Têmbang Hariniswani, laku 5, 5, 7.
3. Têmbang Harumbaya, laku 6, 5, 6.
4. Têmbang Harudati, laku 5, 7, 5.
5. Têmbang Haladhalad, laku 4, 7, 6.
6. Têmbang Hudadipasang, laku 4, 8, 5.
7. Têmbang Rajani, laku 5, 6, 6.
8. Têmbang Kawitana (Hawitana), laku 5, 6, 6.
9. Têmbang Kuranta, laku 4, 6, 7.
10. Têmbang Kapajana, laku 4, 5, 8.
11. Têmbang Karawistha, laku 4, 5, 8.
12. Têmbang Karayana, laku 4, 8, 5.
13. Têmbang Têpikawuri, laku 6, 6, 5.
14. Têmbang Snada, laku 5, 6, 6.
15. Têmbang Saparttitala, laku 6, 6, 5.
16. Têmbang Sambawa, lalu 5, 7, 5.
17. Têmbang Wrêttitala, laku 6, 5, 5.
18. Têmbang Wangsapatrapati, laku 4, 6, 7.
19. Têmbang Prasasta, laku 5, 6, 6.
20. Têmbang Pandakranta, laku 4, 6, 7.
21. Têmbang Patrasari, laku 4, 7, 6.
22. Têmbang Mahesabothi, laku 7, 5, 5.
23. Têmbang Mahesatandrêman, laku 7, 5, 5.
24. Têmbang Mahesabayangan, laku 5, 5, 7.
25. Têmbang Mandra, laku 4, 7, 6.
26. Têmbang Gurnita, laku 4, 8, 5.
27. Têmbang Sikarini, laku 6, 6, 5.
28. Têmbang Bangsapatra, laku 4, 6, 7.

Patra lagu, iya iku lagu 18, etunge ing dalêm sapada pala, padha molulas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

--- 27 ---

1. Têmbang Mardukusuma, laku 6, 6, 6.
2. Têmbang Nagakusuma, laku 6, 6, 6.
3. Têmbang Hanantanagamalat, laku 5, 6, 7.
4. Têmbang Nagabanda, laku 5, 6, 7.
5. Têmbang Nagabandana, laku 7, 6, 5.
6. Têmbang Nagatita, laku 5, 7, 6.
7. Têmbang Brahmanasanti, laku 6, 7, 5.
8. Têmbang Hamladati, laku 7, 5, 6.
9. Têmbang Swaraswati, laku 7, 5, 6.
10. Têmbang Citraleka, laku 5, 5, 8.
11. Têmbang Lenggotbawa, laku 8, 5, 5.
12. Têmbang Hastiprawa, laku 5, 8, 5.
13. Têmbang Giwangkumala, laku 5, 8, 5.
14. Têmbang Kadwita, laku 4, 7, 7.
15. Têmbang Prabusètmata, laku 4, 6, 8.
16. Têmbang Sajisaji, laku 4, 6, 8.
17. Têmbang Kabakaba, laku 4, 6, 8.
18. Têmbang Wawati, laku 4, 8, 6.
19. Têmbang Gisigisi, laku 4, 8, 6.

Drêtti lagu, iya iku lagu 19, etunge ing dalêm sapada pala, nyangalas wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Sardulawikridhitta, laku 6, 6, 7.
2. Têmbang Banjaransari laku 6, 6, 7.
3. Têmbang Pritanjala, laku 7, 6, 6.
4. Têmbang Jalasari, laku 7, 6, 6.
5. Têmbang Rahas, laku 7, 6, 6.
6. Têmbang Megawinyujita, laku 7, 6, 6.
7. Têmbang Syungswari, laku 6, 7, 6.
8. Têmbang Krudaya, laku 5, 7, 7.

--- 28 ---

9. Têmbang Hariwikrama, laku 7, 7, 5.
10. Têmbang Hariwikrama, laku 5, 7, 7.
11. Têmbang Harimoha, laku 7, 5, 7.
12. Têmbang Rudraksa, laku 5, 6, 8.
13. Têmbang Rudramurtti, laku 8, 6, 5.
14. Têmbang Narasingha, laku 6, 5, 8.
15. Têmbang Singhakrêtti, laku 6, 5, 8.
16. Têmbang Narihoya, laku 6, 5, 8.
17. Têmbang Hatahètu, laku 6, 8, 5.
18. Têmbang Hèstahèsta, laku 5, 8, 6.
19. Têmbang Mankrasta, laku 4, 7, 8.
20. Têmbang Sambattakejwala, laku 4, 7, 8.
21. Têmbang Dwaralaya, laku 4, 8, 7.
22. Têmbang Hujunghujung, laku 4, 5, 5, 5.

Krêtyaka lagu, iya iku lagu 20, etunge ing dalêm sapada pala, padha ngrong puluh wanda, iya nganggo pêperangan lakune dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Sasadharakawêkas, laku 7, 7, 6.
2. Têmbang Swandana (Swadhana), laku 7, 7, 6.
3. Têmbang Titisunya, laku 6, 7, 7.
4. Têmbang Purpawarna, laku 6, 7, 7.
5. Têmbang Nirmalocana, laku 7, 6, 7.
6. Têmbang Agli, laku 6, 6, 8.
7. Têmbang Srinaraji, laku 6, 6, 8.
8. Têmbang Sulanjari, laku 8, 6, 6.
9. Têmbang Dhadhapkasor, laku 8, 6, 6.
10. Têmbang Sulastribab, laku 6, 8, 6.
11. Têmbang Mandamaruta, laku 5, 7, 8.
12. Têmbang Ragaraga, laku 8, 7, 5.

--- 29 ---

13. Têmbang Raganabasa, laku 7, 5, 8.
14. Têmbang Saruwatkasanaba, laku 8, 5, 7.
15. Têmbang Saruwatkasalawên, laku 7, 8, 5.
16. Têmbang Byamohalayu, laku 5, 8, 7.
17. Têmbang Susupsusup, laku 5, 5, 5, 5.
18. Têmbang Namunamu, laku 4, 8, 8.
19. Têmbang Widikwidik, laku 4, 5, 5, 6.
20. Têmbang Dikdiktayima, laku 4, 6, 5, 5.
21. Têmbang Dikdikmalilinta, laku 4, 5, 6, 5.

Pakrêtti lagu, iya iku lagu 21, etunge ing dalêm sapada pala, padha nyalikur wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Wisalyaharini, laku 7, 7, 7.
2. Têmbang Swaladara, laku 7, 7, 7.
3. Têmbang Priyêmbada, laku 8, 7, 6.
4. Têmbang Kusalya, laku 7, 8, 6.
5. Têmbang Kuswala, laku 6, 8, 7.
6. Têmbang Paleswara, laku 7, 6, 8.
7. Têmbang Saddhara, laku 5, 8, 8.
8. Têmbang Jayasrênggara, laku 6, 7, 8.
9. Têmbang Bawacakra, laku 8, 8, 5.
10. Têmbang Brihawa, laku 8, 5, 8.
11. Têmbang Patrayuda, laku 5, 5, 5, 6.
12. Têmbang Tandhatandha, laku 6, 5, 5, 5.
13. Têmbang Wandalika, laku 5, 6, 5, 5.
14. Têmbang Salipulaka, laku 5, 5, 6, 5.
15. Têmbang Nabya, laku 4, 5, 6, 6.
16. Têmbang Karatala, laku 4, 5, 6, 6.
17. Têmbang Sanggirana, laku 4, 6, 6, 5.
18. Têmbang Tanglitamure, laku 4, 6, 5, 6.

--- 30 ---

19. Têmbang Rambaswaya, laku 4, 5, 5, 7.
20. Têmbang Kulkulahung, laku 4, 7, 5, 5.
21. Têmbang Hayangtabêh, laku 4, 5, 7, 5.

Sukartya (Sukarta), iya iku lagu 22, etunge ing dalêm sapada pala, padha ngrolikur wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene arane ing ngisor iki.

1. Têmbang Pantipjaran, laku 7, 7, 8.
2. Têmbang Hirimhirim, laku 8, 7, 7.
3. Têmbang Patêmbayan, laku 7, 8, 7.
4. Têmbang Mangunharsaja, laku 8, 8, 6.
5. Têmbang Huraphurap, laku 8, 6, 8.
6. Têmbang Siratmadu, laku 5, 5, 6, 6.
7. Têmbang Madukasingi, laku 6, 6, 5, 5.
8. Têmbang Kilayunêdhêng, laku 5, 6, 6, 5.
9. Têmbang Sambatningkung, laku 5, 6, 5, 6.
10. Têmbang Rajaswala, laku 4, 6, 6, 6.
11. Têmbang Mardawèngtilam, laku 4, 5, 6, 7.
12. Têmbang Tarupala, laku 4, 7, 6, 5.
13. Têmbang Madraka, laku 4, 7, 6, 5.
14. Têmbang Sambirawa, laku 4, 6, 7, 5.
15. Têmbang Paraddhana, laku 4, 6, 5, 7.
16. Têmbang Mandakiya, laku 4, 7, 5, 6.
17. Têmbang Mandhalika, laku 4, 5, 5, 8.
18. Têmbang Parimana, laku 4, 5, 5, 8.
19. Têmbang Mayatimanda, laku 4, 5, 8, 5.
20. Têmbang Subasiti, laku 6, 5, 5, 6.
21. Têmbang Sangkuni, laku 6, 5, 6, 5.
22. Têmbang Ginunggumung, laku 6, 8, 8.

Wikrita lagu, iya iku lagu 23, etunge ing dalêm sapada pala, padha nêlulikur wanda, iya

--- 31 ---

nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Wêgangsulanjari, laku 5, 6, 6, 6.
2. Têmbang Kuswalalita, laku 5, 6, 6, 6.
3. Têmbang Hastakuswala, laku 6, 6, 6, 5.
4. Têmbang Haswalalita, laku 6, 6, 6, 5.
5. Têmbang Jagaddita, laku 6, 6, 6, 5.
6. Têmbang Mattakridha, Laku 6, 6, 6, 5.
7. Têmbang Prawigya, laku 6, 5, 6, 6.
8. Têmbang Sabyantara, laku 6, 6, 5, 6.
9. Têmbang Pananggya, laku 5, 5, 6, 7.
10. Têmbang Pangikswa, laku 7, 6, 5, 5.
11. Têmbang Pasrangkara, laku 5, 6, 5, 7.
12. Têmbang Sandikara, laku 7, 5, 6, 5.
13. Têmbang Mayangkara, laku 6, 5, 5, 7.
14. Têmbang Suksmangkara, laku 7, 5, 5, 6.
15. Têmbang Tejamangkara, laku 5, 7, 5, 6.
16. Têmbang Tejakusuma, laku 6, 5, 7, 5.
17. Têmbang Samèngkara, laku 5, 5, 7, 6.
18. Têmbang Mangkararêkta, laku 6, 7, 5, 5.
19. Têmbang Marindik, laku 5, 6, 7, 5.
20. Têmbang Mahadikya, laku 5, 7, 6, 5.
21. Têmbang Sahasya, laku 5, 5, 5, 8.
22. Têmbang Kucika, laku 8, 5, 5, 5.
23. Têmbang Sajiwoya, laku 5, 5, 8, 5.
24. Têmbang Taksana, laku 5, 8, 5, 5.
25. Têmbang Srikarwa, laku 4, 6, 6, 7.
26. Têmbang Sayyasadya, laku 4, 6, 7, 6.
27. Têmbang Kaswasra, laku 4, 7, 6, 6.

Sastrati lagu, iya iku lagu 24, etunge ing dalêm sapada pala, padha ngapatlikur wanda, iya

--- 32 ---

nganggo pêperangan lakune, dene arane sawiji-wiji, wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Gandarum, laku 8, 8, 8.
2. Têmbang Gandasuli, laku 8, 8, 8.
3. Têmbang Gandakusuma, laku 6, 6, 6, 6.
4. Têmbang Wohingrat, laku 6, 6, 6, 6.
5. Têmbang Marumruma, laku 5, 6, 6, 7.
6. Têmbang Tanwi, laku 7, 6, 6, 5.
7. Têmbang Taniwana, laku 5, 6, 7, 6.
8. Têmbang Wandusaraya, laku 6, 7, 6, 5.
9. Têmbang Wanudari, laku 5, 7, 6, 6.
10. Têmbang Marttakawaca, laku 6, 6, 7, 5.
11. Têmbang Martyusuksma, laku 7, 5, 6, 6.
12. Têmbang Ganggongkanyut, laku 6, 6, 5, 7.
13. Têmbang Mardeya, laku 6, 5, 6, 7.
14. Têmbang Subadra, laku 7, 6, 5, 6.
15. Têmbang Sumaryya, laku 5, 5, 7, 7.
16. Têmbang Sunita, laku 7, 7, 5, 5.
17. Têmbang Badabaya, laku 5, 7, 5, 7.
18. Têmbang Mandralaya, laku 7, 5, 7, 5.
19. Têmbang Sumyuh (Sumyuk), laku 4, 7, 8, 5.
20. Têmbang Duradarsih, laku 4, 6, 6, 8.
21. Têmbang Gupita, laku 4, 8, 6, 6.
22. Têmbang Gupalatin, laku 4, 6, 8, 6.
23. Têmbang Mayandra, laku 5, 5, 6, 8.
24. Têmbang Mahambara, laku 8, 6, 5, 5.
25. Têmbang Pudyarêtna, laku 5, 5, 8, 6.
26. Têmbang Swatita, laku 6, 8, 5, 5.
27. Têmbang Nirbita, laku 5, 8, 5, 6.
28. Têmbang Gandhowara, laku 6, 5, 8, 5.

--- 33 ---

29. Têmbang Harabharab, laku 8, 5, 5, 6.
30. Têmbang Pastika, laku 6, 5, 5, 8.
31. Têmbang Nustika, laku 8, 5, 6, 5.
32. Têmbang Kanipadya, laku 5, 6, 5, 8.

Nityarka (Nitarkya) lagu, iya iku lagu 25, etunge ing dalêm sapada pala, padha nyalawe wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene aran wêwijangane ing ngisor iki.

1. Têmbang Kusumatali, laku 5, 3, 5, 6, 6.

Wyutti (Wyutkêrti) lagu, iya iku lagu 26, etunge ing dalêm sapada pala, padha ngênêmlikur wanda, iya nganggo pêperangan.

1. Têmbang Jayènggati, laku
2. Têmbang Kumudaningrat, laku
3. Têmbang Dhandhaprawara, laku

Nukta lagu, iya lagu 27, etunge ing dalêm sapada pala, padha mitulikur wanda, iya nganggo pêperangan.

1. Têmbang Langênjiwa, laku
2. Têmbang Pulangjiwa, laku

Pugaryya lagu, iya iku lagu 28, etunge ing dalêm sapada pala, padha molulikur wanda, iya nganggo pêperangan lakune, dene aran sarta wijange ing ngisor iki.

1. Têmbang Pramughari, laku

Candhaka lagu, iya iku lagu 29, etunge ing dalêm sapada pala, padha nyangalikur wanda, nganggo pêperangan lakune, dene aran sarta wijange ing ngisor iki.

1. Têmbang Sanggabuwana, laku

Dhandhaka lagu, iya iku lagu 30, etunge ing

--- 34 ---

dalêm sapada pala, padha nêlung puluh wanda, saiki wis ora ana kang bisa.

__________

Ana dene têmbang têngahan, kaya kang kasêbut bab kaping 3 ing dhuwur mau, dene arane, perangane, sarta dhong-dhinge, kawijangake ing ngisor iki.

Supaya ringkês lan gêlis dhamang, kacathêt ing sastra sandi mangkene:

12-u, têgêse: pada lingga[6] sapisan 12 wanda, tiba suku.
6-a, têgêse: pada lingga kapindho 6 wanda, tiba lagnyana.
8-u, têgêse: pada lingsa[7] kaping têlu 8 wanda, tiba suku.

Mangkono sapanunggalane, kaya ta:

1. Kuswarini: 12-u, 6-a, 8-u, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i.
2. Kulanthe: 6-e, 6-e, 8-a, 8-i, 8-u, 8-e, 8-i, 12-e.
3. Palugon: 8-a, 8-u, 8-o, 8-u, 8-o, 8-a, 8-u, 8-o.
4. Kuswaraga: 8-o, 8-a, 8-i, 8-u, 8-a, 8-i, 8-i, 8-a, 8-u.
5. Lindur: 10-u, 10-u, 8-i, 8-u, 8-i, 8-a, 6-i, 6-a, 6-i.
6. Kuswawirangrong: 8-i, 8-o, 10-u, 6-i, 7-a, 8-a.
7. Sumêkar: 12-i, 11-a, 8-a, 8-i, 10-e.

--- 35 ---

8. Rangsangtuban: 12-u, 6-u, 6-a, 8-u, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u.
9. Palugangsa: 8-a, 11-e, 12-e, 8-a, 8-a, 8-i.
10. Jurudêmung: 8-a, 8-u, 8-u, 8-a, 8-u, 8-a, 8-u.
11. Blabak: 12-?, 3-e, 12-?, 3-e, 12-?, 3-e. (Kang ngrolas wanda, dhong-dhinge kêna satibane bae.)
12. Pamiwalkung: 8-i, 8-e, 8-o, 8-i.
13. Lonthang: 12-a, 12-a, 12-a.
14. Rangsang: 12-a, 12-a, 12-a.
15. Mahesalangit: 9-e, 7-u, 8-i, 8-u, 8-o.
16. Lambang: 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a, 8-a.
17. Lambangsari: 10-u, 10-u, 12-i, 8-o.
18. Kênya Kadhiri: 12-u, 8-i, 12-u, 12-u.
19. Lonthangkasmaran: 12-a, 12-i, 12-a, 12-u.
20. Girisaya: 8-a, 8-u, 8-a, 8-u, 8-u, 8-a, 8-u.
21. Ontanganting: 8-i, 8-a, 8-e, 8-i, 8-o, 8-e, 8-a.
22. Gambuh kapisan: 8-a, 8-e, 7-a, 10-a, 10-a, 8-a.

--- 36 ---

23. Gambuh kapindho: 8-u, 8-u, 12-a, 8-i, 8-o.
24. Gambuh kaping têlu: 8-i, 8-o, 12-u, 6-a, 7-a, 7-a.
25. Gambuh kaping pat: 7-u, 10-u, 12-i, 8-u, 8-o.
26. Gambuh kaping lima: 12-u, 6-a, 8-i, 8-u, 8-i, 8-u, 8-o.
27. Gambuh kaping nêm: 8-u, 8-a, 9-i, 8-u, 12-e.
28. Gambuh kaping pitu: 8-u, 8-u, 12-i, 8-u, 8-o.
29. Kadhirimiring: 12-u, 8-a, 8-a, 8-a, 8-o.
30. Halabhalab: 8-i, 8-u, 12-i, 8-a, 8-u.
31. Sumêdhang: 8-a, 8-i, 8-a, 8-u, 8-a, 8-o, 8-a, 8-e.
32. Sêrang: 12-a, 8-u, 6-a, 7-i, 10-a.
33. Jayaraga: 10-a, 11-a, 12-a.
34. Bawaraga: 8-i, 9-a, 10-u, 11-a.
35. Parikarantan: 6-u, 6-u, 6-a, 7-i, 8-e.
36. Grêjitawatang: 10-a, 6-i, 10-u, 10-a, 6-e, 6-e.
37. Handul: 8-u, 9-o, 10-i, 11-e.

--- 37 ---

38. Lelale: 8-o, 8-u, 8-a, 12-u, 12-u, 12-u.
39. Mahesakatawang: 12-e, 7-u, 8-i, 8-o, 8-o.
40. Mahesajalamprang: 8-i, 8-a, 8-a, 8-u, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i.
41. Patralewo: 8-e, 7-u, 8-a, 7-i, 8-o, 7-a, 8-a, 7-e.
42. Kurinjên: 7-e, 7-e, 8-e, 8-a, 8-a, 4-a, ?-e, 12-e.
43. Mêgatruh: 12-u, 8-i, 8-u, 8-i, 8-o.
44. Dudukwuluh: 12-i, 8-a, 8-e, 8-u, 8-u.
45. Maskumambang: 12-i, 6-a, 8-i, 8-a.
46. Sumyang: 6-e, 6-e, 7-i, 8-u.
47. Kêlingan: 8-a, 8-e, 7-u, 6-a, 6-e.
48. Pamungu: 6-a, 7-i, 8-a, 9-u.
49. Raradhenok: 10-a, 10-a, 8-e, 8-a, 12-a.
50. Onanganing: 8-i, 8-i, 8-a, 8-a, 12-a.
51. Kalayaran: 10-a, 9-i, 8-u, 7-e.

--- 38 ---

Têmbang Maca-pat (Maca-pat lagu), kaya kang kasêbut bab kaping 4 ing dhuwur mau, wêwilahaning aksara ing dalêm sapada lingga, sarta dhong-dhinge, iya padha karo têmbang têngahan kasêbut ing dhuwur mau, kaya ta:

1. Dhandhanggula, iya Hartati: 10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a.
2. Mijil: 10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-i, 6-u.
3. Asmaradana: 8-i, 8-a, 8-e, 8-a, 7-a, 8-u, 8-a.
4. Sinom: 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a.
5. Pangkur: 8-a, 11-i, 8-u, 7-a, 12-u, 8-a, 8-i.
6. Durma: 12-a, 7-i, 6-a, 7-a, 8-i, 5-a, 7-i.
7. Kinanthi: 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i.
8. Pucung: 12-u, 6-a, 8-i, 12-a.

_________

--- [39] ---

KAWRUH GÊNDHING JAWA

Dening: Ki Hadjar Dewantara lan M. Ng. Najawirangka

TOKO BUKU "SADU-BUDI" SOLO

--- [40] ---

[...]

--- 41 ---

RANCANGAN, - WÊWATONING KAWRUH TUWIN PASINAON GÊNDHING JAWI

Dêning Ki Hadjar Dewantara

Kangge musyawaratan ing parêpatanipun para ahli-gêndhing Jawi wontên ing pandhapi "Sanabudaya" ing Ngayogyakarta dhawah ing tanggal 12 Dhesèmbêr 1935 tuwin 26 Marêt 1936. Kapêthik saking Pusakajawi taun 1936 kasalinan aksara Latin.

I. Wigatosing gêndhing

1. Pasinaon gêndhing punika boten namung prêlu kangge ngudi kawruh saha kasagêdan gêndhing kemawon, nanging wigatos ugi kangge tuwuhing gêsang kabatosan, awit tansah nênuntun dhatêng raos kawiraman (rhythmisch gevoel), kados ta: raos runtut, patut, titi, pratitis, têtap, tatag, antêp, mantêp lsp., punapa dene anggêgêsang raos kasulistyan (aesthetisch gevoel), kados ta: raos èdi, pèni, rêsik, endah, alus, luhur, bêning lsp.; kajawi punika ugi ngiyatakên tuwin ngêningakên raos kasusilan (ethisch gevoel), kados ta: raos alus, suci, lêbêt, santosa, jêjêr, gadhah prabawa, mandhiri, budi pakarti, raos gêsang bêbrayan lsp. (Kasêbut ing wêwarah Sultan Agungan, tuwin piwulanging para sarjana kilènan).

2. Ing tanah Jawi kacariyos para pandhita lan wali sami anggatosakên dhatêng kagunan gêndhing, malah kathah ingkang sami tumut

--- 42 ---

ambangun wêwangunan gêndhing tuwin kidung, (Sunan Kali Jaga, Sunan Guri, Sri Sultan Agung lsp.), makatên ugi ing tanah kilènan para manggalaning agami tuwin greja (para paus lan pandhita) sami ngêcakakên daya prabawaning gêndhing, minangka pambikaking raos kabatosan (religieus gevoel), punapa dene minangka pangasahing budi (karakter vorming) ingkang adhêdhasar landhêping cipta, alusing rasa tuwin kiyating karsa.

3. Ing jaman samangke para ahli kabudayan prêlu sangêt anggatosakên, pasinaon gêndhing kangge para mudha, botên namung margi ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, nanging ugi rèhning jêjêring gêndhing Jawi punika yêktos pancèn èdi miwah luhur, pantês dados busananing bangsa ingkang kinaot. Kajawi ingkang makatên, raos anggadhahi kagunan adi luhung makatên sagêd damêl mantêp tuwin murnining raos kabangsan (superioriteits gevoel).

II. DHÊDHASAR KASARJANAN

4. Jêjêring kawruh gêndhing Jawi ing jaman sapunika, dèrèng rujuk kalihan kawontênaning jaman tuwin alam kasarjanan: cara-caraning pasinaon taksih kina, inggih punika dèrèng adhêdhasar wêwaton ingkang cêkap miwah absah (wetenschappelijk); pamanggih-pamanggih tuwin cara-caraning pasinaon wau kadhang-kadhang cêcêngkahan, margi sami

--- 43 ---

ngangge dhasar piyambak-piyambak ingkang amung awêwaton raos tuwin dugi-dugi, sarta kêrêp gandhulan gugon-tuhon. Ingkang makatên punika ambingungakên para ingkang badhe sinau, satêmah damêl munduring kagunan gêndhing Jawi.

5. Kawruh gêndhing ingkang adhêdhasar kasarjanan, botên namung badhe anggampilakên pasinaonipun, nanging ugi badhe sagêd ngêkahakên jêjêring gêndhing Jawi tuwin anggêsangakên, margi badhe sagêd nyirnakakên samukawis cêncangan, ingkang sarwa nyrimpung lan ngribêti lampah (sleur, verstarring): mardikaning gêndhing Jawi têmahan badhe sagêd nyaèkakên, ngajêngakên saha anambah kaluhuraning kabudayan bangsa.

6. Sadaya cara tuwin lampahing pasinaon (systeem lan methodhe) makatên kêdah asipat lêrês lan gampil (praktisch).

Kangge nyêkapi dhapukan kawruh tuwin pasinaon gêndhing Jawi, langkung rumiyin kêdah kasumêrêpakên wontêning 3 prakawis:

a. Sapintên lêbêt jêmbaring kagunan gêndhing Jawi:

b. Isi saha pêprincèning gêndhing Jawi, sarta kadospundi sêsambêtaning sadaya pêprincèn wau:

c. Kadospundi caraning andhapuk wulangan, amrih sagêd manunggilakên pêprincèn-pêprincèn wau ngantos dados barang sawêtah malih.

--- 44 ---

III. Lêbêt jêmbaring pangrêtos gêndhing.

7. Gêndhing inggih punika wirama ingkang awujud suwara, utawi wirama ingkang kapyarsa. Wirama, ing ngriki dhawah nginggil, awit jêjêr dados jiwaning gêndhing, wondene: swara: botên sanès inggih raganing gêndhing.

Salêbêting sadaya gêndhing tansah sagêd kayêktosan, bilih awon saening gêndhing punika racak-racakipun gumantung dhatêng awon saening wiramanipun.

Gêndhing Gangsaran, Kodhokngorèk, Munggang lsp. sanadyan namung awujud eka, dwi, lan tri swara, nanging sagêd nuwuhakên ngês tuwin kanikmatan ing raos awit saking wiramanipun. Kangge bangsa manca gêndhing Jawi punika kêrêp winastan "eentonig" inggih punika "anjêlèhi", awit sami botên sagêd tumut ngraosakên wiramanipun.

8. Wirama punika sadaya rampak runtuting mosik lan ebah, kêndho kêncênging lampah, lêbêt cêthèking tanduk suwara, antêp ènthènging grêgêt lan graita, ingkang sadaya wau tansah gantos-gumantos, satêmah adamêl gêsanging swasana punapadene nuwuhakên ngês. (Ordelijke opeenvolging vab zware en lichte accenten met een bezielende uitwerking).

Wirama: punika titikaning sadaya barang ngagêsang: tumataning kodrat alam, gantos-gumantosing siyang lan ratri, ubênging bawana lampahing surya, lintang tuwin rêmbulan,

--- 45 ---

gêsanging manusa, kewan lan têtuwuhan, sadaya wau ngangge wirama ingkang cêtha, inggih tata, rampak, runtut, sapanunggilanipun (orde symmetrie).

9. Swaraning gêndhing punika warni kalih, inggih punika sagêd tumanduk sarana swaraning manusa, lajêng winastan sêkar (têmbang), sagêd ugi sarana swaraning pirantos ingkang nama "gangsa", punika limrahipun lajêng winastan "gêndhing", kalih-kalihipun taksih kanamèkkên "lagu".

10. Ing gêndhing Jawi wirama makatên kaperang dados pintên-pintên warni, ingkang karingkês dados 3 bageyan: a. gêndhing agêng, b. gêndhing madya, c. gêndhing alit, dados sami kalihan perangan gêndhing swara: sêkar agêng (kawi), sêkar madya (têngahan, dhagêlan), tuwin sêkar alit (macapat). Watakipun gêndhing lan sêkar tigang warni punika piyambak-piyambak, a. lêbêt, antêp, kêndho; b. cêkapan, c. ènthèng, cêthèk lan kêncêng.

11. Lagu swara punika ing salêbêting kagunan Jawi mêsthi wirama mardika (botên ajêg têtêp, lampahipun), wondene gêndhing gangsa makatên mèh sadaya ngangge wirama ajêg (kajawi lagon tuwin ada-ada, awit gangsa kêdah tut wingking swaraning ki dhalang. Sêkar gêndhing makatên gêndhing swara ingkang kêdah tumanduk sêsarêngan kalihan gangsa, pramila lajêng ngangge wirama ajêg (sêkar

--- 46 ---

gêndhing punika ingkang karembak dados têmbang, kados ta: Kinanthi, Kinanthi Puspawarna, Subakastawa, Tarupala lan sanès-sanèsipun, utawi têmbang ingkang dipun wiramakakên ajêg sarta kadadosakên gêndhing, kados ta: Pocung, Mêgatruh, Mijil, Brêmarawilasita, Manggalagita lan sanès-sanèsipun gêndhing ladrang kêtawang sapanunggilanipun ingkang ngangge namaning sêkar macapat, sêkar têngahan utawi sêkar agêng.

12. Laras tuwin pathêt, punika kalih-kalihipun dados têtangsulipun swaraning gêndhing utawi sêkar, ingkang sagêd damêl tumata punapa dene pantês luwêsing sadaya lagu.

a. Laras inggih punika urut-urutan swara, wiwit ingkang agêng piyambak dumugi ingkang alit piyambak, ingkang têtêp tuwin runtut swarantaranipun (swarantara = êlêt, antawisipun swara satunggal kalihan sanèsipun). Laras makatên ugi kangge namèkakên satunggal-tunggaling swara, ingkang sampun kalêbêt ing urut-urutan swara ingkang sampun tinata wau, (upaminipun: laras Salendro lan Pelog, laras Salendro punika isi laras Barang, laras Jangga, laras Dhadha utawi Têngah, laras Gangsal tuwin laras Ênêm).

b. Pathêt punika rakitan swara, inggih perangan (pêpêthan utawi pêpithatan) saking satunggal-satunggaling laras, minangka ambah-ambahaning lagu, amrih sagêd tumanduk sakeca, (botên kalitên lan botên kagêngên), satêmah

--- 47 ---

sagêd damêl ngês sarta sagêd nuwuhakên raos ingkang tartamtu (bingah, susah, sêrêng, têntrêm, sapanunggilanipun).

13. Gangsa (gamêlan) punika pirantos têtabuhan kangge ngungêlakên gêndhing, peranganipun warni-warni sarta kenging kabage dados 4 warni, inggih punika pirantos kangge:

a. Yasa wirama: kêndhang tuwin kêprak.

b. Yasa swara: rêbab, gêndèr (barung lan pênêrus), bonang barung lan pênêrus, gambang, suling, calêmpung tuwin saron pêking.

c. Rêksa wirama: kêthuk, kêmpul, kênong, gong, kêmpyang, kêtipung, kêcèr, kêmanak, bêndhe lan bèri.

d. Rêksa swara: bonang pênêmbung, gêndèr pênêmbung (slênthêm), saron dêmung tuwin saron limrah.

IV. Isi pêprincèning "wirama"

14. Wiramaning gêndhing dumados dening swara tuntunaning kêndhang (yèn bêksa, manut tuntunaning kêprak) kados kasêbut ing ngandhap:

a. Kêndho kêncênging lampah dumados dening antal utawi sêsêging tabuhan kêndhang:
b. Lêbêt cêthèking swara dening swara "dhang" utawi "dhung".

--- 48 ---

c. Antêp ènthènging grêgêt = swara "pak" utawi "tong".
d. Rampak, tuntuting mosik lan ebah tansah tut wingking kêtêking kêndhang, inggih swantên "têk".

Dados, swaraning kêndhang makatên, kajawi sagêd antal, utawi sêsêg, wontên 5 warni: dhang, dhung, pak, tong tuwin têk: sanès-sanèsipun nama prênès sadaya (dêlang, dêlung, gêmbêlêb, sut lsp.):

15. Rampak, runtuting lampah karêksa ugi dening thuthukaning saron, kêthuk, kêmpul, kênong, tuwin gong, ingkang kenging kaupamèkakên titik lampah, titik pêdhotan, titik pada lingsa, titik pada dirga tuwin titik pada, kados dene tatanan ing cara panyêrating sêkar.

Kajawi punika swaraning kêmpul makatên nuwuhakên raos minggah ènthèng utawi cêthèk, satêmah damêl "bingah": wondene swaraning kênong nuwuhakên raos mêdhak, lêbêt, antêp, satêmah damêl "têntrêm" utawi "sarèh": swaraning gong makatên cêtha nuwuhakên raos marêm, lêga, sampurna.

16. Lampahing gêndhing punika kacêtha dening lampahing saron, sarta kaperang dados 2 warni ingkang pokok:

a. Lampah lamba = thuthukan balunganing gêndhing:
b. Lampah dados (ngricik) = tikêlipun lampah lamba, ingkang lajêng sagêd dados cêthaning [cêtha...]

--- 49 ---

[...ning] lagunipun. Ing salêbêting lampah lamba ing dalêm sakênongipun, isi 8 thuthukan saron tumrap gêndhing alit lan gêndhing madya, wondene tumrap gêndhing agêng isi 16 thuthukan (yèn gêndhing kêthuk 4), utawi isi 32 thuthukan (yèn gêndhing kêthuk 8). Dene ing salêbêting lampah dados, cacahing thuthukan saron wau lajêng tikêl kaping kalih.

17. Ing dalêm sagongan, inggih sinêbut sawilêt, gêndhing punika sagêd isi 2 kênongan, sagêd ugi isi 4 kênongan (gêndhing Majêmuk, anèh, margi isi 5 kênongan, punapa lêrês?), sabên sakênongipun, yèn gêndhing alit, ngangge kêmpul, dhawahing wilangan lampah saron ingkang angka 4, gêndhing madya lan agêng botên ngangge kêmpul.

Ungêling kêthuk, punika dhawah ing wilangan angka 2 lan angka 6 yèn gêndhing alit utawi madya ingkang wirama lamba (8 thuthukan) yèn wirama dados (16 thuthukan) kêthuk dhawah wilangan angka 4 lan 12.

Yèn, gêndhing agêng ingkang isi kêthuk 4, kêthuk, dhawah ing wilangan 2, 6, 10 lan 14 yèn wirama lamba (16 thuthukan) yèn wirama dados (32 thuthukan) dhawah ing wilangan angka 4, 12, 20 lan 28.

Yèn, gêndhing agêng kêthuk 8, kêthuk wau dhawah ing wilangan angka 2, 6, 10, 14, 18, 22, 26 lan 30 yèn lamba, dene yèn dados lajêng dhawah angka 4, 12, 20, 28, 36, 44, 52 lan 60.

--- 50 ---

18. Gandhèng kalihan wiramanipun, kados kasêbut ing angka 17, gêndhing punika kaperang dados 3 warni, inggih punika:

a. Gêndhing alit 8 thuthukan, lamba, utawi 16 yèn ngracik, sabên 1 kênong, mawi kêmpul. Gêndhing alit kaperang malih: katawang, ladrang, gangsaran, sabrangan, tropongan, bibaran, lan sanès-sanèsipun, (kêtawang isi 2 kênongan, sanès-sanèsipun 4 kênongan, kêmpul ingkang sapisan salêbêting wirama lamba (lampah sêsêg) boten katabuh (sêla), kajawi kêtawang (margi kêtawang makatên wiramanipun têmtu antal). Wontên malih gêndhing-gêndhing ingkang kapetang gêndhing alit, kados ta: sampak (playon, srêpêgan) ingkang tumrap dhawahing swara kêthuk, kêmpul, kênong lan gong ngangge wêwaton sanès (botên ajêg), makatên ugi gêndhing dolanan, prênèsan sapanunggilanipun.

b. Gêndhing madya (têngahan) sabên sakênongipun isi thuthukan kados gêndhing alit, mung kemawon saantawisipun kêthuk kalih botên mawi kêmpul. Punapa dene wiramanipun langkung antal tinimbang gêndhing alit, limrahipun sinêbut gêndhing kêthuk kalih. Gêndhing madya makatên kados dene gêndhing agêng anggadhahi 2 bageyan, ingkang ngajêng kawastan gêndhingipun (cara Surakarta merongipun), ingkang bageyan kantun katabuh minangka gêntosing gêndhing, sinêbut dhawahipun (cara Surakarta minggahipun). Dhawahing gêndhing makatên

--- 51 ---

lajêng dados wirama rangkêp, inggih gêndhing kêthuk kalih lajêng dados kêthuk sakawan, utawi sagêd ugi dados gêndhing ladrangan mawi kêmpul.

Gêndhing kêthuk kalih (têngahan, madya) upaminipun: Candra, Gandrung-gandrung, Sarayuda, Laêla lan sanès-sanèsipun.

c. Gêndhing agêng: sakênongipun isi kêthuk 4 utawi kêthuk 8 (inggih punika thuthukan 16 utawi 32 yèn lamba, sarta 32 utawi 64 thuthukan dados): bilih sampun andhawah, lajêng dados gêndhing kêthuk 8 utawi kêthuk 16 (thuthukan 64 utawi 128).

Gêndhing agêng upaminipun: gêndhing Mawur, Jangga, Sêmang lan sanès-sanèsipun.

Bab andhawah botên namung sagèd andhawah patuh, nanging sagêd ugi andhawah dados gêndhing alit sanès, miturut sakajêngipun panuntun, ingkang makatên punika kalêbêt tanduk prênès.

19. Kangge mastani wiramaning gêndhing, cêkap sarana mastani cacahing kêthuk tuwin kêndhanganipun, kados ta: gêndhing kêthuk kalih kêndhangan Candra, lajêng cêtha sipating wirama.

V. Isi pêprincèning laras

20. Larasing gêndhing Jawi punika, ingkang anggadhahi pirantos, gangsa, wontên kalih warni, inggih punika Salendro tuwin Pelog. Wontên malih laras Barang-miring, nanging namung kangge lagu swara, gangsanipun botên wontên.

--- 52 ---

a. Laras Salendro punika langkung sêpuh tinimbang laras Pelog (Salendro asal saking Çailendra, asmaning para Nata ingkang yasa Barabudhur). Laras Salendro punika anggadhahi 5 laras: Barang, Jangga, Dhadha utawi Têngah, Gangsal lan Ênêm, sadaya swarantaranipun sami agêngipun, pramila gadhah raos gagah lan bingah.

b. Laras Pelog, langkung ênèm tinimbang laras Salendro, anggadhahi 5 laras ugi, sami namanipun kalihan ing salêbêting laras Salendro, (mriksanana gêndèr), nanging swarantaranipun botên sadaya sami: antawisipun Barang kalihan Jangga: agêng, Jangga - Dhadha: alit, Dhadha - Gangsal: agêng, Gangsal-Ênêm: alit, Ênêm-Barang: alit.

c. Wilahan Bêm tuwin wilahan Pelog punika sajatosipun inggah-inggahan Barang tuwin Dhadha (wilahan Pelog sagêd ugi êdhak-êdhakanipun Gangsal), ngêdhakakên utawi nginggahakên laras makatên minangka asri-asri cengkok, sarta namung kadhang-kadhang katandukakên.

d. Minggahipun laras Barang dados Bêm (minggah ½ laras), yèn kangge têtêp, lajêng ngawontênakên laras rakitan swara enggal, inggih laras Bêm, botên ngangge Barang, kajawi namung kadhang-kadhang kangge prênèsan.

21. Laras Barang-miring punika ingkang sêpuh piyambak, tandhanipun kangge ing salêbêting Ki Lurah Sêmar têtêmbangan, mangka

--- 53 ---

Sêmar punika wayang ingkang sêpuh piyambak. Laras Barang-miring botên anggadhahi pirantos gangsa, (ing jamaning laras Barang-miring tiyang Jawi dèrèng sagêd damêl gangsa, sawêg anggadhahi suling, gambang calung tuwin kêndhang).

Laras Barang-miring makatên ing bageyan ngandhap, wiwit Barang dumugi Gangsal, swarantaranipun mèmpêr laras Salendro, wiwit Gangsal dumugi Barang mèmpêr Pelog, pramila caranipun nyêkarakên lagu Barang-miring makatên ngangge gangsa Salendro, sanadyan cengkok-cengkokipun sêmu raos Pelog. (Yèn ngangge gangsa Pelog, lajêng karaos, bleronipun).

22. Kangge madhahi sadaya lagu swara utawi lagu gêndhing, amrih sagêd trêp lan sakeca, laras Salendro tuwin Pelog punika kabage dados 3 pathêt satunggal-tunggalipun.

Laras Salendro anggadhahi pathêt warni tiga kados ingkang katêrangakên ing ngandhap punika:

a. Pathêt Ênêm, ngangge dhasar swara laras Jangga (inggih punika dhong-dhonganipun lagu kêrêp dhawah laras Jangga), grambyanganipun pathêt (amrih sagêd karaos sanalika garising wilêt, ngêngipun), inggih punika urut-urutaning laras: Jangga, Dhadha, Lima, Nêm, utawi kacêkak Nêm Jangga. Gêndhing-gêndhing ingkang pathêt Nêm makatên miturut pranatan gêndhing kaungêlakên ing wanci sontên dumugi jam 11, nuwuhakên raos bingah prasaja lir

--- 54 ---

gêsanging lare, têmbung Ênêm botên gandhèng kalihan namaning laras Nêm, nanging sambêt kalihan pralambanging raos pancadriya, inggih raosing lare.

b. Pathêt Sanga, dhêdhasar laras Gangsal, grambyanganipun urut-urutaning laras: Gangsal, Ênêm, Barang, Jangga, utawi kacêkak: Jangga Gangsal Gêndhing-gêndhing ingkang pathêt Sanga makatên kaungêlakên ing wanci têngah dalu, wiwit jam 11 dumugi jam tiga, nuwuhakên raos têntrêm, gagah, sabar sumêpuh sasaminipun, têmbang[8] Sanga ing ngriki asal saking têtêmbungan babahan nawasanga, inggih punika gêsanging tiyang diwasa.

c. Pathêt Manyura, dhasar swaranipun laras Ênêm, grambyanganipun: Ênêm, Barang, Jangga, Dhadha, utawi kacêkak: Dhadha Ênêm, Gêndhing-gêndhing pathêt Manyura kaungêlakên ing wanci enjing, wiwit jam tiga dalu dumugi byar rahina, nuwuhakên raos bingah, asri, kênès, ngênèm-ênèmi sapiturutipun. Têmbung Manyura asalipun saking ungêling mêrak ing wanci enjing.

d. Kangge uyon-uyon (gangsa mungêl soran) utawi kalênèngan (klênyitan) ing wanci siyang, urut-urutan: enjing, siyang, sontên, kaanggêp sami kalihan urut-urutan: sontên, dalu, enjing.

e. Pathêt Ênêm (ugi winastan pathêt Lasêm) kalihan pathêt Manyura makatên asring lêlintonan wanci, ingkang makatên punika rèhning kadhang-kadhang sok nunggil raos, margi ambah-ambahaning [ambah-...]

--- 55 ---

[...ambahaning] gêndhing pathêt Ênêm tuwin pathêt Manyura punika sami anggadhahi pêpathok swara laras Ênêm. Makatên ugi pathêt Sanga lan pathêt Enêm rèhning sami anggadhahi pathok swara Jangga, sagêd linta-lintu ugi, sanadyan botên kêrêp kados luluhing Manyura lan Ênêm.

f. Pathêt Sanga punika ambah-ambahaning lagu lan gêndhing ingkang laras agêng. Manyura ingkang laras alit. Wondene pathêt Ênêm makatên ambah-ambahaning swaranipun lare, dèrèng gadug laras ingkang alit-alit, ugi dèrèng jajag laras ingkang agêng-agêng.

23. Pathêt 3 warni ing salêbêting laras Pelog, kados ingkang kacêtha ing ngandhap punika:

a. Pathêt Gangsal, laras Barang kasantunan laras Bêm (dados minggah utawi kaalitakên satêngah laras), kadhang-kadhang laras Barang taksih kangge, nanging namung minangka prênèsan. Dhasaring pathêt, laras Bêm, grambyanganipun: Bêm, Jangga, Dhadha, Gangsal, utawi kacêkak: Gangsal Bêm, ing ngriki Bêm dhasaripun pathêt, Gangsal pathokaning pathêt. Kanggenipun ing wanci sontên kados pathêt Ênêm ing salêbêting Salendro, raosipun ngêlangut, sêdhih mêlas-asih sapanunggilanipun. Têmbung Gangsal, asal saking laras Gangsal, ingkang minangka pathokaning pathêt.

b. Pathêt Ênêm: ugi botên ngangge laras Barang, kajawi namung kangge prênèsan. Dhasaring pathêt, laras Ênêm, grambyanganipun: Ênêm Bêm, Jangga, Dhadha, utawi kacêkak:

--- 56 ---

Dhadha Nêm (Dhadha: pathokanipun, Ênêm: dhasaripun), kangge ing wanci têngah dalu (kados pathêt Sanga, salêbêting Salendro), raosipun sabar, sarèh, botên patosa nglangut kados pathêt Gangsal, têmbung Ênêm, asalipun saking laras Ênêm, ingkang dados dhasaring pathêt.

c. Pathêt Barang: botên ngangge laras "Bêm" (kajawi namung minangka prênès), dhasaring pathêt: laras Gangsal, grambyanganipun: Gangsal-Nêm-Barang-Jangga, utawi kacêkak: Jangga-Gangsal (pathokanipun kalihan dhasaripun), kanggenipun ing wanci enjing, kados dene pathêt Manyura: salêbêting laras Salendro, raosipun: bingah, tangi, ngênèm-ênèmi. Têmbung "Barang" sampun cêtha asal saking namaning laras "Barang", atêgês botên ngambah "Bêm", dados dede pathêt "Gangsal" utawi "Nêm".

d. Ing pangkoning saron, gangsa Pelog, kaprênah ing têngah-têngah wontên wilahan, ingkang kanamakakên "Pelog": punika sajatosipun laras "Dhadha" kainggahakên ½ laras, utawi laras "Gangsal" kaêdhakakên ½ laras, pramila panganggenipun minangka sêsulihipun laras "Dhadha" utawi "Pelog" (kangge prênès).

e. Sok kapirêng nama "pathêt Nyamat-mas", punika sajatosipun pathêt prênèsan, pathêt damêlan kemawon, inggih punika yèn gêndhing "pathêt Barang" lajêng laras "Barang" ipun dipun santuni "Bêm": têmahan nuwuhakên laras nglangut lan sêdhih.

--- 57 ---

f. Bab prayogi utawi botênipun ngawontênakên pathêt-pathêt enggal, - sairib kados pathêt "Nyamat-mas", - punapa dene ngawontênakên laras-laras enggal, sarana laras-laras (wilahan) têngahan, saèmpêr kados wilahan "Pelog" lan "Barang" (usul swargi R.M.H. Surjaputra).

24. Cara anggatrakakên sipating gêndhing sarta mastani kêndhanganipun miwah cacahing kêthuk, punapa dene laras miwah pathêtipun, kenging sinêbut sampun mungguh sangêt, awit yêktos sagêd anggampilakên panggantha, ngiras nêtêpakên lêrêsing katrangan, bilih gêndhing makatên jêjêring wirama angraga suwara. Contonipun: gêndhing Pandhelori (lêrêsipun: Bandhilori) kêthuk kalih, kêndhangan Gandrung-gandrung kêndhang kalih, laras Pelog pathêt Barang, sipating gêndhing: Bandhilori, lajêng cêtha piyambak.

Punapa botên prayogi anambahi dhapukan kêndhangan anyar, kangge mujudakên wirama-wirama anyar, ingkang sagêd ugi rampak tuwin runtut kalihan jaman sarta alam anyar.

VI. Titiwirama lan titilaras

25. Kangge mujudakên satunggal-tunggaling lagu gêndhing utawi sêkar ingkang sarwa pêpak, sarta kangge pirantos anggampilakên pasinaonipun titilagu wau, prêlu dipun wontênakên titilagu utawi titigêndhing, wêwatonipun:

a. Kêdah anggatrakakên balunganing wirama tuwin lagunipun: dados awujud titilaras

--- 58 ---

tuwin titiwirama, ingkang namung anggambar pokokipun.

b. Kêdah lêrês punapa dene gampil (sabên tiyang kêdah sagêd mangrêtos saha sagêd ngêcakakên)

c. Titigêndhing wau kêdah namung kangge salêbêting sinau kemawon, sampun ngantos mêjahi gêsangipun raos utawi ngribêti mêkaring dhasar kaprigêlan tumrap satunggal-tunggaling tiyang ingkang marsudi.

d. Bilih prêlu sarta cocog kalihan kawontênanipun, botên wontên pakèwêdipun nelad caranipun tiyang ngamanca anggambar gêndhingipun.

26. Titilagu punika sagêd kasêrat mawi gêgambaran corèk, angka utawi aksara: tumrap tiga-tiganipun wontên saenipun piyambak-piyambak sambêt kalihan warni-warnining dhasar kaprigêlan pancadriyaning manusa piyambak-piyambak, utawi gandhèng kalihan kabêtahan sanès-sanèsipun: upaminipun kangge pirantos pasinaon wiwitan, kangge pasinaonipun para ingkang sampun sagêd, kangge pangrimatan, kangge tiyang ngamanca utawi tiyang sabangsa piyambak, ingkang namung badhe nyumêrêpi, makatên sapanunggilanipun.

a. Yèn ngangge angka miturut wilahan saron, botên prayogi salêbêting laras Pelog dipun wontêni angka 1 dumugi 7 (1. Bêm, 2. Jangga, 3. Dhadha, 4. Pelog, 5. Gangsal, 6. Ênêm, 7. Barang):

--- 59 ---

lêrêsipun kêdah namung 1 dumugi 5 kados "Salendro", wilahan "Bêm" salêbêting pathêt Bêm kasêrata mawi angka 1, nanging yèn "Bêm" kaambah salêbêting pathêt Barang (dados yèn namung dipun ambah mirunggan kemawon), prayogi dipun angkani 1 mawi ciri "corèk" utawi ciri sanèsipun (sabab "Bêm" makatên ewahing "Barang", makatên ugi wilahan "Barang" salêbêting pathêt Barang kêdah angka 1 titisastranipun, nanging yèn salêbêting pathêt Bêm mawi ngambah laras "Barang" lajêng kasêrata mawi angka 1 kawêwahan ciri "corèk" utawi ciri sanèsipun. Wilahan laras "Pelog" rèhning lugu namung ewahing laras "Dhadha" utawi laras "Gangsal", kasêrata mawi titi 3 utawi titi 4 mawi corèk, (Kapandhinga kalihan wilahan gêndèr).

b. Makatên ugi salêbêting titilagu ingkang wujud, gambar corèk, nut rante, nut aksara, utawi nut sanèsipun, wilahan Bêm tuwin Barang kêdah nunggil rupi, saha yèn prêlu lajêng kawêwahan ciri mirunggan: wilahan Pelog. Makatên ugi kados ingkang kasêbat ing pranataning nut ing ngajêng.

c. Prayoginipun jaman samangke ngawontênakên saron pasinaon, ingkang ngangge wilahan 12 (kados wilahaning gêndèr): tumrap Pelog mawi: sorogan Bêm Barang, sarta tambah wilahan "Pelog".

d. Sambêt kalihan katrangan angka 25 ada-ada a saha b, prayoginipun, ukêl lan cengkok swaraning rêbab lan suling, lampahing wilêt

--- 60 ---

gambang tuwin gêndèr, lampahing kêndhangan bêbatangan lsp. sampun ngantos katêtêpakên sarana titilagu ingkang kêdah dipun turut cara pola: kengingipun kasêrat namung minangka tuladhaning cengkok tuwin ukêl salêbêting sinau, sabên tiyang kêdah kenging ngawontênakên wilêt piyambak-piyambak.

VII. Lampahing pasinaon

27. Amrih tumanjaning pasinaon, prayogi kawiwitan sarana panggladhi tumrap pokoking wirama lan wilêt ingkang sarwa lamba, lajêng kasambêt isèn-isènipun wirama lan wilêt ngracik: nuntên sinau nglambakakên tuwin ngracik piyambak: Salendro lan Pelog, têrus kawulangakên kalih-kalihipun, wondene têrangipun kados ing ngandhap punika:

a. Panggladhi pokoking wirama lan wilêt: ngangge saron dêmung (utawi saron limrah), gêndèr, pênêmbung tuwin bonang pênêmbung, punapa dene sinau nabuh kêthuk, kêmpul, kênong, gong, kêmpyang, kêtipung, sapanunggilanipun, lajêng sinau nglambakakên.

b. Panggladhi isèn-isènipun wilêt, ngracik, imbal, cengkok, lan ukêl, sarana pasinaon nabuh saron pêking, bonang barung lan panêrusipun, gêndèr barung lan panêrusipun ugi, ajar nyalêmpung, imbal, ngangge saron, dêmung. Wilêt, cengkok, lan ukêl, kagladhi ngangge suling saha rêbab, punapa dene dipun saranani sinau gerong.

--- 61 ---

c. Sasampunipun mangrêtos dhatêng wirama lan cengkok, lajêng sinau ngêndhang miturut tabuhan gêndhing.

d. Supados mangrêtos dhatêng wirama, prayogi titilagu kasêrat sagaris-sagaris miturut kênongipun, supados cêtha wiramanipun.

28. Kajawi titilagu miturut wilahaning saron utawi gêndèr (nurut saron), prayogi dipun wontêni nut pathêt ugi kangge pasinaon laguswara (nyêkar têmbang, ingkang botên kasarêngakên pasinaon nabuh gangsa).

a. Titilagu pathêt makatên ngangge ancêr-ancêr "dhasar" tuwin "pathokan swara" ing salêbêting pathêt: laras ingkang dados dhasar (utawi babon swara) dipun sukani angka 1, dene pathok swaranipun "utawi bapa swara" rèhning êlêt 3 swarantara, angsal angka 4, têrangipun mriksanana angka 22 lan 23 (a, b, lan c) tuwin ing ngandhap punika.

b. Laras Salendro:

Pathêt Nêm: 12345!= dhawuh[9] wilahan: J. - dh. - l. - N. - b. - J. Pathêt Sanga: 1 2 3 4 5 != L. - n. - b. - J. - dh. - L. Pathêt Manyura: 1 2 3 4 5 ! = N. - b. - j. - Dh. - l. - N.

Laras Pelog:

Pathêt Gangsal: 1 2 3 4 5 ! = Bm. - j. - dh. - L. - n. - Bm.

--- 62 ---

Pathêt Nêm: 1 2 3 4 5 != N. - bm. - j. - Dh - l.- N. Barang: 1 2 3 4 5 ! = L.- n - br. - J.- dh.- L.

Panyêratipun wilahan "Pelog" lan "Barang" ingkang mirunggan mriksanana angka 26-a.

c. Rèhning swara punika botên kacêncang dening pirantos ingkang têtêp, sarta sagêd nandukakên cengkok utawi ukêl sakaparêngipun, mila prayogi kangge anggambar laguswara makatên dipun sadhiyani ciri-ciri sacêkapipun, upaminipun: ciri nginggahakên utawi ngêdhakakên satêngah laras, ciri nyuwantên panjang utawi cêlak, swantên gêtêr utawi ngombak banyu, makatên sapanunggilanipun (chromatische dan dynamische teekens).

29. Gandhèng kalihan jaman tuwin alam anyar, prayogi sangêt mênggah ing babagan kawruh gêndhing Jawi punika kawontênakên paniti-priksa dening para êmpu kalihan para sarjana, ingkang tundhonipun sagêd ambangun gêndhing, ingkang laras kalihan jaman tuwin alamipun, waton-watonipun:

a. Sampun nilar lajêr (pokok-pokok ingkang gandhèng kalihan raos kabatosaning bangsa Jawi = national karakter).

b. Sagêd nglêbêtakên daya-prabawaning kabudayan anyar, inggih punika ngruntutakên kagunan gêndhing kalihan sipating gêsang anyar, jêr gêndhing makatên gambar swaraning jiwa.

--- 63 ---

c. Wani ambucal samukawis peranganing kagunan gêndhing Jawi, ingkang ngribêdi gêsanging gêndhing Jawi, makatên ugi wani nulak daya awon.

30. Kangge ngajêngakên tuwin nyongkok kaluhuraning kagunan gêndhing Jawi, prayogi ambangun alam kaniyagan anyar, sarana nyaèkakên gêsanging para niyaga, lair dumugi batosipun, amrih sagêd rampak jèjèr kalihan gêsanging para sarjana. (Ing ngriki kalêbêt rêmbag prêlunipun, nglinggihakên para niyaga rampak inggilipun kalihan para tamu, ngrêmbag rupining rancakan gangsa kangge lênggahan kursèn sapanunggilanipun).

__________

--- 64 ---

CENTHANGANIPUN MAS NGABÈHI NAJAWIRANGKA

Wakil pahêman Radyapustaka ing Surakarta tumrap: Preadvisipun Ki Hadjar Dewantara

Bab Gêndhing nalika 26 Marêt 1936 ing pandhapi Sanabudaya Ngayogyakarta.

Kula nuwun, parêpatan ingkang minulya, mênggah gêlaran preadvisipun Ki Hadjar Dewantara punika, gêlêngipun ingkang kathah kula cocog, jêr kula pancèn rêmên dhatêng krawitan. Mila kula rumaos bingah, rumaos angsal rambatan saha tuntunan, dene wontên sadhèrèk ingkang ambukani kamajêngan, sarasehan bab kagunan krawitan.

Wondene ingkang badhe kula-pratelakakên, rèhning sêsorah bab gangsa tuwin gêndhing Jawi punika kangge ing ngakathah, pramila kula sumêdya:

1. Nyupliki, nyenthangi preadvis wau, lajêng kula cundhukakên cara ing Surakarta, ing pangangkah sagêda tambah sumarambah ing ngakathah.

2. Nglêrêsakên, bokmanawi wontên ingkang saking pangintên kula lêpat.

3. Ngaturi katêrangan sapikantukipun.

Sapunika kula badhe ngaturakên preadvis perangan III angka 7, adêg-adêg 2.

--- 65 ---

Salêbêting sadaya gêndhing tansah sagêd kayêktosakên, bilih awon saening gêndhing punika racak-racakipun gumantung dhatêng awon saening wiramanipun.

Gêndhing Gangsaran, Kodhokngorèk, Munggang lsp. Sanadyan namung awujud eka, dwi lan tri swara, nanging sagêd nuwuhakên ngês tuwin kanikmatan ing raos awit saking wiramanipun, kangge bangsa manca gêndhing Jawi punika kêrêp winastan eentonig inggih punika: anjêlèhi, awit sami botên sagêd tumut ngraosakên wiramanipun.

__________

Centhangan:

Wirama punika lêrês jiwaning gêndhing, ananging wujudipun wirama punika: lampah.

Wondene gêndhing = lagu, ingkang acengkok sakêdhik sarta prasaja, dhasaring wiramanipun sêrêng sêsêg, punika ingkang mirêng sanalika kemawon sagêd ngêtutakên (anggêndhing), mila lajêng gampil katarikipun, têmahan karaos sêngsêm, dhatêng manah ambêdhêdhêg, gambira, bombong.

Limrahipun gêndhing pakurmatan, kados ta: Munggang, Kodhokngorèk tuwin Carabalèn lagu: Glangsaran = Gangsaran.

Lagu ingkang cengkok sakêdhik sadaya wau, gotèkipun gêndhing ingkang sêpuh. Limrahipun barang wêwangunan punapa kemawon ingkang

--- 66 ---

dumados rumiyin punika, langkung prasaja, dèrèng kathah cengkok saha kêmbanganipun.

Preadvis:

10. Ing gêndhing Jawi wirama makatên kaperang dados pintên-pintên warni, ingkang karingkês dados 3 bageyan: a. Gêndhing agêng, b. gêndhing madya, c. gêndhing alit, dados sami kalihan perangan gêndhing swara. Sêkar agêng (kawi), sêkar madya (têngahan, dhagêlan) tuwin sêkar alit (macapat), watakipun gêndhing lan sêkar tigang warni punika piyambak-piyambak, a. lêbêt, antêp, kêndho, b. cêkapan, c. ènthèng, cêthèk lan kêncêng.

__________

Centhangan:

Manawi ing Surakarta:

1. Gêndhing agêng punika: kêthuk 4 kêrêp, sakênongan 32 thuthukan, kênong 3 (4 gong), sasaminipun, utawi ingkang langkung.

2. Gêndhing têngahan: kêthuk 2 kêrêp, sakênongan 16 thuthukan, kênongan (4 gong) sasaminipun.

3. Ladrangan: kêthuk 2 (kados gêndhing sampun minggah), sakênongan 8 thuthukan, kênong 3 (4 gong).

4. Gêndhing Tlèdhèkan, punika sami Ladrangan, wirama tiga = (ciblon = gêmbyakan), kados ta: gêndhing Samiran, Bribil, Grompol,

--- 67 ---

sapanunggilanipun, punika gêndhing saking mancanagari, pasisiran, (sajawinipun praja kajawèn), manawi gêndhing ing Surakarta sarwa alus, nglangut, wilêt.

Ananging ugi wontên gêndhing yasan Surakarta, ingkang asring dipun wastani saking mancanagari, namung sajatosipun sanès. Nalika Sampeyan-dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV ing Surakarta, sadaya yasanipun tinêngêran nama mancanagari, kados ta: Lala Kali Bêbêr, Jongmèru Kudus, Kagok Madura, sapanunggilanipun.

5. Katawang, sami Ladrangan, namung kênong 1 (2 gong), kados ta: katawang Langêngita, sasaminipun.

6. Lancaran utawi Sêsêgan, kados ta: Kêbogiro, Manyarsèwu, Tropongbang, sasaminipun, manawi katambanakên kados Ladrangan.

7. Ayak-ayakan, botên ajêg petanging kênongipun ing dalêm sagongan.

8. Srêpêgan, botên ajêg petanging kênongipun ing dalêm sagongan.

9. Sampak, botên ajêg petanging kênongipun ing dalêm sagongan.

Preadvis:

11. Lagu swara punika ing salêbêting kagunan Jawi mêsthi ngangge wirama mardika (botên ajêg têtêp lampahipun). Wondene gêndhing gangsa makatên mèh sadaya ngangge

--- 68 ---

wirama ajêg. (Kajawi lagon tuwin ada-ada, awit gangsa kêdah tut wingking swaranipun ki dhalang).

__________

Centhangan:

Wirama punika ingkang ajêg cacahipun, manawi rikat rindhikipun mawi ulat-ulatan, manawi tanpa ulat-ulatan, lajêng pêjah, kêmba, botên gadhah grêngsêng utawi grêgêt, kula ngaturakên tuladha, upami gêndhing Gambirsawit, manawi ing Ngayogya, kêndhangan: Candra. Punika kêthuk kalih kêrêp, kênong 3 (4 gong). Ing dalêm sakênongan 16 thuthukan. Punika sèlèhing wirama manawi sampun kênong kalih = 32 thuthukan. Wiwitipun wirama sêsêg, sangsaya tamban lajêng dumugi 32 thuthukan, sumèlèh tamban ajêg 3 gongan. Lajêng anggrêmêt sêsêg atêr-atêr badhe minggah, dhawahing gong wirama sampun dados (wirama 2 punapa 3 ciblon), badhe suwuk inggih mawi sêsêgan, lajêng tamban. Tuladha ijêman sakêdhik makatên:

--- [69] ---

Buka5.612.2.2.121.3.2.16g5
Wirama 1 utawi lancaran{...+5235622.+.231n2
..3+2.12622.+.232n1
Wirama 2{..3+2.165..5+6165n3
22.+35621353+2.16g5

--- 70 ---

Titiswara Slendro:

1 = Barang,

2 = Gulu,

3.= Têngah,

5 = Lima,

6 = Nêm,

K = Kêthuk,

N = Kênong,

G = Gong

Titiswara kêndhang:

= dhah,

= dhung,

T = tak,

! = tong,

- = ktêk,

. = ktêk, botên katabuh.

Manawi gêndhing badhe minggah ugi mawi ulat-ulat.

Ing Surakarta, sadaya kabupatèn manawi grêbêg mawi gadhah pangkon gangsa. Namung kabupatèn Panumping gangsanipun Kodhokngorèk. Kacariyos: Kodhokngorèk wau kinanipun, urak senapati pêrang. Pundi bupati ingkang tumindak anglurug pêrang, ambêkta têngaraning ngayuda Kodhokngorèk. Kacariyos, sabên

--- 71 ---

wiwit bidhal mangsah pêrang, gangsa Kodhokngorèk punika tinatap (têmbungipun ngungêlakên gangsa), munya ngangkang, kados suwantên wontên ing awang-awang. Dayaning lagu sagêd damêl agênging manah gambira, bombong kêndêl pêrang, botên ajrih pêjah.

Pasaksèn ingkang taksih kula sipati, inggih punika manawi ing dintên agêng garêbêg, Sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X ing Surakarta, karsa miyos ing sitinggil binaturata, andhawuhakên ungêling Munggang, ngurmati wiyosing ajad dalêm gunungan, sasuwuking Munggang, dhawuh ungêling kagungan dalêm gangsa: Kodhokngorèk, lajêng ngunjuk kundhisi, dipun kurmati drèlipun abdi dalêm prajurit Tamtama lan Mijipinilih wontên ing sitinggil, sabên mayor kumandhanging prajurit ingkang badhe drèl sampun kumandho, wirama Kodhokngorèk lajêng wiwit ulat-ulatan sêsêg, ngantos satêlasing drèl nêm rambahan, wirama Kodhokngorèk sawêg tamban malih. Manahipun prajurit ingkang sami drèl, manawi mirêng Kodhokngorèk, ulat-ulatan badhe sêsêg, karaos: agêng, kêbak, ambadhêdhêg, gambira, bombong, ngantos sakala kasupèn dhatêng karibêdaning griya.

Preadvis:

11. Lagu swara ... lsp. (Kajawi lagon tuwin ada-ada, awit gangsa kêdah tut wingking swaraning ki dhalang).

--- 72 ---

Centhangan:

Pathêtan tuwin ada-ada punika manawi ing Surakarta ugi mawi waton kodrat, sabên ngambah, alit wiramanipun sêsêg sakêdhik, manawi ngambah agêng, tamban sakêdhik.

Preadvis:

11. Lagu swara ... lsp. sêkar gêndhing punika gêndhing ingkang karembak dados têmbang, kados ta: Kinanthi Puspawarna, Subakastawa, Tarupala lan sanès-sanèsipun, utawi têmbang ingkang dipun wiramakakên ajêg sarta kadadosakên gêndhing, kados ta: Pocung, Mêgatruh, Mijil, Brêmarawilasita, Manggalagita lan sanès-sanèsipun gêndhing ladrang, kêtawang sapanunggilanipun ingkang ngangge namaning sêkar macapat, sêkar têngahan, utawi sêkar agêng.

_________

Centhangan:

Kinanthi Puspawarna botên wontên, ananging katawang Puspawarna. Geronganipun: Kêmbang kêncur kacaryan anggung cinatur, sèdhêt kang sarira, gandês ing wiraga, kèwês yèn ngandika, angênganyut jiwa.

Subakastawa, inggih lagu katawang, sanès Kinanthi. Ananging geronganipun Kinanthi, sanès Kinanthi Subakastawa. Malah sadaya gêndhing ingkang botên gadhah gerongan piyambak, manawi [mana...]

--- 73 ---

[...wi] panjang limrahipun kagerong Kinanthi, saking cacahipun sabên sapada lingsa: 8. Manawi gêndhing cêlak kagerong Slisir, kados ta: ladrang Pangkur lancaran, kagerong: Parabe Sang Marabangun, sêpat domba kali Oya, aja dolan lan wong priya, gêramèh nora pasaja. (Gerongan katawang Puspagiwang).

Ing Surakarta wontên katrangan nama: Sri Utama, punika kados katawang Puspawarna, nanging geronganipun Kinanthi.

Tarupala inggih katawang, sanès Kinanthi. Saha geronganipun gadhah piyambak: Kara-kara sapanunggilanipun.

Têmbang ingkang dipun wiramakakên ajèg sarta kadadosakên gêndhing punika kados ta:

Ladrang Pangkur katingalipun manawi sampun tamban, wirama tiga, ciblon = gêmbyakan. Ladrang Dhandhanggula Maskentar, Pocung, gêndhing utawi katawang, Mêgatruh, Sinom Parijatha, Kinanthi Pawukir, Kinanthi Sandhung, Gambuh, Mijil Sulastri, Mijil Larasati, sapanunggilanipun.

Brêmarawilasita, ing Surakarta botên kangge gêndhing. Ananging gêndhing bonang wontên ingkang nama: gêndhing Brêmara.

Manggalagita, kangge bawa dhawah gêndhing Onang-onang, Pelog pathêt Nêm.

Ananging gêndhing Sinom wontên, Pêlog pathêt Barang, kêthuk sakawan kêrêp, minggahipun kêthuk sakawan. Sinom wau namung nama,

--- 74 ---

botên wontên ambêt-ambêtipun lagu sêkar Sinom.

Gêndhing Ludira, Pelog pathêt Barang, kêthuk sakawan kêrêp, kênong 3 (4 gong), minggah Kinanthi, punika inggih nama, botên wontên lagunipun sêkar Kinanthi.

Utawi gêndhing Lobong, Slendro pathêt Manyura, kêthuk kalih kêrêp, kênong 3 (4 gong), minggahipun inggih Kinanthi, tunggilanipun inggah-inggahan gêndhing Ludira.

Malah gêndhing Pangkur Bêdhayan, inggih botên mèmpêr babar pindah kalihan Pangkur sêkar.

Preadvis:

13. Gangsa (gamêlan) punika pirantos têtabuhan kangge ngungêlakên gêndhing. Peranganipun warni-warni sarta kenging kabage dados 4 warni, inggih punika pirantos kangge:

a. Yasa Wirama: kêndhang tuwin kêprak.

b. Yasa swara: rêbab, gêndèr (barung lan pênêrus), bonang barung lan pênêrus, gambang, suling, calêmpung tuwin saron pêking.

c. Rêksa wirama: kêthuk, kêmpul, kênong, gong, kêmpyang, kêtipung, kêcèr, kêmanak, bêndhe lan bèri.

d. Rêksa swara: bonang pênêmbung, gêndèr pênêmbung (slênthêm), saron dêmung tuwin saron limrah.

--- 75 ---

Centhangan:

Yasa wirama: 1. kêndhang tuwin kêprak, margi damêl atêr-atêr wirama: 2. namung rêbab, manawi ing Surakarta dados panggandhènging swara. Katranganipun: nadyan ta gangsa punika pêpak sarancak mungêl sadaya, manawi dèrèng wontên rêbabipun, swaranipun têmtu taksih pêdhot-pêdhot, dening sadaya pangkon wilahan, lantakan, pêncon, sami mungêl sarana katabuh. Manawi mawi rêbab, sanadyan gangsa tinabuh sora, mêksa taksih kapirêng rêbabipun, awit inggih katingal mirêng saking sêla-sêlaning thuthukan wau.

3. Bonang, damêl margi, nêdahakên, nuthuk rumiyin wilahan ingkang badhe dipun thuthuk balingan, thuthukanipun lamba kalihan imbal.

4. Bonang panêrus, ngrangkêpi thuthukan bonang, thuthukanipun tikêl kalihan thuthukan bonang.

5. Gêndèr, ngisèni kêmbangan sarana gêndèr, kêmbanganipun kados ta: gêmbyang, kêmpyang, wiwitan, munggangan, salang gumun, puthut gêlut, adu manis, ukêl pakis, labêtan, buron, sêmar nyampar, sapanunggilanipun.

6. Gêndèr panêrus: ngrangkêpi gêndèr.

7. Gambang, ngisèni kêmbangan sarana kêmbangan gambang, thuthukanipun nama ambanyu-mili, gêtêr, pinjalan, grontolan, sapanunggilanipun.

Dumugi ing ngriki kèngêtan têmbang ingkang kalimrah kangge mastani tiyang wicantên botên

--- 76 ---

urut, glagêpan, utawi tumandang ingkang cèwèt kirang kacakêp, katêmbungakên: anggrontol.

Wondene anggrontol ing ngriku pinangkanipun inggih saking kêmbanganipun thuthukan gambang grontolan wau, wiwitipun sajak kisruh, klèntu, ananging dhongipun inggih mantuk lêrês.

8. Suling, sêbulanipun cêlak, wilêt, anggandhuli, plèsèdan, sarta nyauri kêmbangan. Malah sanadyan ta sajak sapele, ananging manawi gangsa mungêl botên wontên sulingipun, inggih cêmplang. Suling punika kados adhinipun pasindhèning tlèdhèk.

9. Calêmpung punika ngêcêk, cakipun kados gêndèr panêrus.

10. Slênthêm, balung, kados jidharan, manawi ladrangan wirama kalih, panuthukipun: imbal.

11. Dêmung, balung, kados jidharan, manawi ladrangan wirama kalih, panuthukipun: imbal.

12. Barung, kalih, ngrangkêpi balung, manawi kangge ringgitan winastan: saron, panuthukipun rangkêp mawi kêmbangan utawi imbal.

13. Saron panêrus = saron pêking, thuthukanipun nacah. Sabên balung sathuthukan malampah, saron panêrus sakawan thuthukan, pramila lajêng karan: saron panacah. Saron panêrus punika sajakipun ugi sapele, tarkadhang namung katabuh lare. Mangka nyatanipun angèl, awit thuthukan ingkang larasipun alit punika,

--- 77 ---

rosa panggèrèdipun, suwantênipun cêtha lampahing thuthukan kados bonang panêrus, nanging botên mawi êlêt = gang. Inggih kêdah sagêd gêndhingipun.

14. Kêthuk, kangge petangan anjangkêpakên cacah.

15. Kêmpyang,

}

minangka kangge anjêjêgakên wirama, dados cocog manawiwinastan: rêksa-wirama.

16. Engkuk kênong,

17. Kêtipung (Panundhung),

18. Kênong, kangge atêr-atêr, têngêr, salampah, manawi sêkar kakawin sadirga. Thuthukanipun manawi nyarêngi gong, wiramanipun sarêng sadaya, manawi gadhah plèsèdan, anggandhul, kantun sakêdhik.

19. Kêmpul, kangge nyêlani kênong, tumrap ladrangan tuwin katawang. Namung sadèrèngipun mungêl kênong, dèrèng mawi kêmpul. Pramila ing nagari Surakarta, ladrangan punika kênongipun tiga, sakawan sarêng kalihan gong, nanging kêmpulanipun namung tiga, manawi katawang, kênong satunggal kalih sarêng gong, kêmpulanipun namung sapindhah.

Manawi ayak-ayakan, srêpêgan, sampak, kêmpul punika nyêlani kênong utawi nyarêngi.

20. Gong. Gong punika pada, têngêr sagêndhing utawi sacengkok.

--- 78 ---

21. Gong suwukan, kangge ngêgongi ringgitan, kangge ngêgongi ayak-ayakan, srêpêgan, sampak.

Kangge ngêmpuli ayak-ayakan Manura.[10]

Kangge ngêgongi sênggakan, cakêpan tumpi bundêr bokne bayèk.

22. Kêcèr alit, namung tumrap ringgit wacucal purwa.

23. Bêndhe, botên mawi.

24. Gong bèri, manawi kraton kanggenipun, gangsa Kodhokngorèk kangge nabuhi abên-abên sima kalihan maesa, tuwin rampogan sima.

25. Kêmanak, namung tumrap bêdhayan, gêndhing kêmanak, utawi tabuhan srimpèn, tuwin santiswara, trêbang.

26. Panêmbung, botên kalampah.

__________

Preadvis: perangan IV:

17. Ing dalêm sagongan, inggih sinêbut sawilêt. Gêndhing punika sagêd isi 2 kênongan, sagêd ugi isi 4 kênongan (gêndhing Majêmuk, anèh, margi isi 5 kênongan, punapa lêrês?)

__________

Centhangan:

Ing Surakarta, ing dalêm sagongan gêndhing punika sinêbut sacengkok. Mila manawi gêndhing gong-gonganipun warni kalih, upami: Udansore, punika ugi cengkok kalih. Gêndhing Kombangmara, cengkok sakawan mawi ompak. Ananging manawi gêndhing Gambirsawit, cengkok satunggal mawi ngêlik.

--- 79 ---

Dene ingkang winastan wilêt, saupami lagu, pancèn sampun dhong, nanging dadak mubêng kalangan, menggak-menggok, malih mandhap lajêng dhong.

Malah wilêtan punika manggènipun warni-warni, botên kenging kacarub sarta klèntu panganggenipun, kados ta:

Wilêtan: rêbab.
Wilêtan: sindhèning talèdhèk.
Wilêtan: gerongan gêndhing.
Wilêtan: sêkar agêng kangge waosan.
Wilêtan: sêkar agêng kangge ambawani gêndhing.
Wilêtan: sêkar macapat.
Wilêtan: suluking dhalang.
Wilêtan: pasindhèn badhaya srimpi.

Ing Surakarta wontên tuladha upami: pangrêbab, kosokanipun sae, gilig, tutupanipun botên nate blero, gêndhingipun kathah, namung wilêtanipun botên kados wilêtan rêbab, ananging kados sindhèning tlèdhèk, punika ugi cacad dening para ahli: sanès anggènipun, botên prayogi.

Wondene gêndhing Majêmuk punika anggèn kula mastani: gêndhing nyêbal, sawit inggih wontên panunggilanipun gêndhing ingkang sami nyêbal, botên limrah: kados ta: Miyanggong, Pelog pathêt Nêm, kêthuk 2 awis (kalih kênong) lajêng kêthuk 2 kêrêp. Gêndhing Lalêrmêngêng punika inggih makatên, kêthuk 2 awis, badhe gong kêthuk 2 kêrêp.

--- 80 ---

Gêndhing Gêndrèhkêmasan, Slendro pathêt Sanga, kênong 1 kêthuk 2 kêrêp, kênong 2 - 3 kêthuk 4 kêrêp, kênong badhe gong kêthuk 3 kêrêp, utawi taksih wontên pênunggilanipun, ingkang bangsa gêndhing nyêbal.

Punapa botên tirah utawi ganjil, sarèhning kênong 4 (5 gong), manawi manut kênongipun gênah ganjil awit 5 namung kêthuk 2 kêrêp punika. 16 thuthukan ing dalêm sakênongan, mangka 16 punika inggih jangkêp saha kenging kapara sakawan, dados inggih botên tirah, malah manawi ing Surakarta wontên kêndhanganipun piyambak, kalêrês kênong ingkang kaping tiga. Wondene ungêlipun makatên: (ijêman).

Kênong, 3 punika kêndhangan namung kangge gêndhing Majêmuk.

Titiswara, mriksanana tuladha wirama Gambirsawit.

--- [81] ---

Buka3.212.3212613g2
[..3+.212.3212613n2
312+31216..61235n3
..3+635613216.53n2
565+32126.123212n6
..3+.212.3212613g2]

--- 82 ---

Wondene kadadosanipun gêndhing ingkang nyêbal-nyêbal wau punapa pancèn dipun têmaha, punapa pancèn klèntu lajêng dipun lêstantunakên, kula nyumanggakakên. Namung ing Surakarta wontên kadadosan kalèntu kalajêngakên.

Nalika ingkang jumênêng Nata ing Surakarta, Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, misuwur Narendra Wali Mukmin, sarta lêbda sakridhaning karawitan, Ingkang Sinuhun wau kêrêp angasta ngringgit purwa. Gothèkipun para sêpuh, jaman jumênêng dalêm wau mumbul-mumbulipun karawitan saha padhalangan.

Kacariyos, Sampeyan dalêm Ingkang Sunuhun kaping IV wau pinuju ngasta ngringgit, pathêtipun taksih pathêt Nêm, wasana ingkang Sinuhun wau suluk saking laras wilahan Têngah = Dhadha, kados angkat-angkatan pathêt Sanga, sarêng sampun angsal sapada lingsa, karaos manawi klèntu, lajêng kasambêtan pathêt Kêdhu, namung tanpa umpak, jalaran sampun kaucapakên rumiyin, sasampunipun lajêng pathêt Sanga. Pathêt wau kalastantunakên, lajêng dipun paringi nama pathêt Lindur, awit dumadosipun kalihan satêngah sare. Pathêt Lindur wau lajêng kapanggènakên satêlasing pathêt Nêm, badhe santun pathêt Sanga, lêstantun dumugi ing sapunika. Miturut gothèk pathêt Lindur wau gêndhing-gêndhing ingkang sami nyêbal, inggih punika saking klèntu lajêng kalastantunakên.

__________

--- 83 ---

Preadvis. Angka 18:

c. Gêndhing agêng: sakênongipun isi kêthuk 4 utawi kêthuk 8 (inggih punika thuthukan 16 utawi 32 yèn lamba, sarta 32 utawi 64 thuthukan dados), bilih sampun andhawah, lajêng dados gêndhing, kêthuk 8 utawi kéthuk 16 (thuthukan 64 utawi 128).

__________

Centhangan:

Manawi ing Surakarta, gêndhing kêthuk 2 kêrêp, sakênongan 16 thuthukan, minggah kêthuk 4 sakênongan inggih 16 thuthukan.

Gêndhing kêthuk 4 kêrêp, sakênongan 32 thuthukan, minggah kêthuk 8, sakênongan inggih 32 thuthukan.

Gêndhing kêthuk 4 awis, sakênongan 64 thuthukan, minggah kêthuk 8, sakênongan malah namung 32 thuthukan.

Gêndhing kêthuk 2 awis, sakênongan 32 thuthukan, minggah kêthuk 4, sakênongan malah namung 16 thuthukan.

Kajawi ingkang minggah ladrangan.

Dene Krawitan, kêthuk 4 kêrêp, sakênongan 16 thuthukan, kênong 1 (2 gong), minggah ladrangan.

Gêndhing Jalaga, kêthuk 8 kêrêp, sakênongan 64 thuthukan, minggah kêthuk 16, sakênongan inggih 64 thuthukan, namung kênong 1 (2 gong), dados sagongan inggih namung 128 thuthukan.

--- 84 ---

Perangan V.

Preadvis, angka 21:

Laras Barang-miring punika ingkang sêpuh piyambak, tandhanipun: kangge salêbêting Ki Lurah Sêmar têtêmbangan, mangka Sêmar punika wayang ingkang sêpuh piyambak. Laras Barang-miring botên anggadhahi pirantos gangsa (ing jamaning laras Barang-miring tiyang Jawi dèrèng sagêd damêl gangsa, sawêg anggadhahi suling, gambang, calung tuwin kêndhang).

__________

Centhangan:

Ing Surakarta laras Barang-miring punika kangge ada-ada: Hastakuswala: saking wilahan Nêm alit, badhe kapalan, patih mêdal ing jawi undhang-undhang, patih wangsul majêng, ada-ada: Hastakuswala laras Barang-miring saking wilahan Têngah. Utawi manawi ada-ada Hastakuswala, laras Barang-miring ing pathêt Sanga, kangge nyuluki bambang badhe anjêmparing rasaksa.

Manawi uran-uranipun Ki Lurah Sêmar sêndhon Kagok Katanon: Manyura.

__________

Preadvis, angka 22:

d. Kangge unyon-unyon (gangsa mungêl soran) utawi klênèngan (klênyitan) ing wanci siyang, urut-urutan: enjing, siyang, sontên, kaanggêp sami kalihan urut-urutan: sontên, dalu, enjing.

--- 85 ---

Centhangan:

Ing Surakarta ingkang winastan nguyu-uyu makatên: upaminipun wontên tiyang mantu, kirang sadintên kalihan panggihing pangantèn, utawi midadarèni, sampun nabuh gangsa ingkang botên sipat kalênèngan, dèrèng mawi pasindhèn. Limrahipun mawi gêndhing bonang, kêndhang botên ciblon, namung minggah gêndhing wirama 2.

Dene klênèngan tuwin nguyu-uyu punika, manawi siyang tanpa pathêt Nêm Slendro, utawi tanpa pathêt Gangsal Pelog, mênggah urut-urutanipun makatên:

Wiwit jam 9 dalu pathêt Gangsal Pelog, utawi pathêt Nêm Slendro. Ing têngah dalu lajêng santun pathêt Nêm Pelog, Slendronipun pathêt Sanga, wanci jam 3 dalu pathêtipun Pelog santun pathêt Barang, wondene Slendronipun pathêt Manyura. Dumugi byar enjing, têrus dumugi jam 12 siyang, sawêg santun pathêt: Pelog pathêt Nêm, Slendro: pathêt Sanga. Dumugi jam 3 siyang santun pathêt: Pelogipun santun pathêt Barang, Slendronipun pathêt Manyura, dumugi jam 9 dalu,sawêg santun pathêt.

Dados ing wanci siyang punika: botên wontên pathêt Gangsal Pelog, utawi Slendro pathêt Nêm. Kajawi manawi ringgitan Purwa, wanci siyang (cara ing dhusun) kados wanci dalu, kaotipun walik enjing dados sontên.

__________

--- 86 ---

Preadvis, angka 23:

a. ... lsp. kanggenipun ing wanci sontên, kados pathêt Nêm ing salêbêting Slendro, raosipun ngalangut, sadhih[11] mêlasasih sapanunggilanipun.

__________

Centhangan:

Pathêt Nêm Salendro punika wiwitipun wanci jam 9 sonten, dene raosipun ampang rêgu botên sêdhih mêlasasih.

__________

Preadvis, angka 24:

e. Sok kapirêng nama, pathêt Nyamat-mas, punika sajatosipun: pathêt prênèsan, pathêt dêdamêlan kemawon, inggih punika yèn gêndhing pathêt Barang lajêng laras Barangipun dipun santuni Bêm, têmahan nuwuhakên laras nglangut lan sêdhih.

__________

Centhangan:

Manawi ing Surakarta nama pathêt Manyura Pelog, ugi pathêtan sampun kina, ingkang tamtu kanggenipun manawi ringgitan wacucal Gêdhog, wanci jam 9 sontên jêjêr pathêt Gangsal, wanci jam 12 dalu pathêt Nêm, kirang langkung jam 3 dalu pathêt Manyura Pelog, kangge sêndhonan Bancak Dhoyok, sabibaring sêndhonan Bancak Dhoyok, lajêng pathêt Barang dumugi sabibaripun.

--- 87 ---

Dene anggènipun lajêng karan Nyamat-mas, jalaran kangge ngungêlakên ladrang Pangkur, sasampuning wirama tiga, ciblon, raosipun angalangut nganyut-anyut, cakêpanipun sindhènan karuntutakên raosipun, inggih punika: Ni Mas Ratu Kali Nyamat, tilar wisma mratapa anèng wukir, tapa wuda sinjang rambut, nèng wukir Danaraja, apratignya tan nêdya tapihan ingsun, yèn tan antuk adiling Hyang, patine sadulur-mami. (Babad Dêmak).

Ni Mas Ratu kalihan Kali Nyamat, kapatuh dados: Nyamat-mas.

__________

Preadvis, angka 23:

f. Bab prayogi utawi botênipun ngawontênakên pathêt-pathêt enggal, sairib kados pathêt: Nyamat-mas, punapa dene ngawontênakên laras-laras enggal, sarana laras-laras (wilahan) têngahan, saèmpêr kados wilahan Pelog Barang (usul swargi R.M.H. Surjaputra).

__________

Centhangan:

Ngawontênakên pathêt enggal, prayogi. Lêrêsipun kalampahaning sêdya punika manawi wontên ingkang nandangi. Ananging manawi namung dipun rosani[12] kemawon, dèrèng tamtu sagêd tangi gêsang, namung dadosipun inggih nyarêngi kaparêngipun Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa.

__________

--- 88 ---

Preadvis 24 adêg-adêg kalih:

Punapa botên prayogi, anambahi dhapukan kêndhangan anyar, ingkang sagêd rampak tuwin runtut kalihan jaman sarta alam anyar.?

__________

Centhangan:

Kula condhong nambahi dhapukan kêndhangan anyar punika, ingkang cocog kalihan alam anyar. Namung pamanggih kula sarèhning ing Surakarta, sagêd ugi ing Ngayogyakarta, kêndhangan punika kathah sangêt warninipun, supados angsal anyar saèstu anggènipun ngupados modhèl, botên kalèntu barang ingkang sampun wontên, prayogi nyinau rumiyin warni-warnining kêndhangan wau. Wondene kêndhangan ing Surakarta ingkang sampun kula-sumêrêpi kados ing ngandhap punika:

I. Gêndhing kêthuk 2 kêrêp, kênong 1 (2 gong), minggah ciblon:

a. Pelog, kados ta: gêndhing Lala.
b. Pelog, minggah ladrangan kêndhang kalih, kados ta: Sumêdhang minggah ladrang Lompongkèli.
c. Pelog Barang, minggah ciblon, Boyong.
d. Slendro, minggah ladrangan kêndhang kalih, wirama 3, Tlutur.
e Slendro, minggah ladrangan kêndhang kalih, wirama 2, Kabor, minggah ladrang Krawitan.

--- 89 ---

f. Slendro, minggah ladrangan kêndhang satunggal, wirama 2, Gandakusuma, minggah ladrang Gandasuli.

II. Kêndhangan gêndhing Pelog, kêthuk 2 kêrêp, kênong 3 (4 gong):

a. Minggah gêndhing, kêthuk 4, kados ta: Kombangmara.
b. Minggah ciblon, kados ta: Lêmpunggunung.
c. Minggah ladrangan kêndhang 1 Laranangis, minggah ladrang Wêling-wêling.
d. Minggah ladrang ciblon, wirama 3, Larawudhu, minggah ladrang Clunthang.

Pèngêt:

Namaning gêndhing tuladha kêndhangan I (a b c d e f), II, III (a b c d), ijêmanipun rumiyin botên kula pratelakakên, sapunika kaêwrat kados ing nginggil, murih saya têrangipun.

Sawêg damêl tuladha 3 warni kemawon, kêndhangan angka I warni nêm, angka II warni sakawan, makatên ugi anagka III. Dados sampun

--- 90 ---

warni 14 kêndhangan. Dèrèng kêndhangan kosèk alus wirama 3. Kosèkan wirama 2. Ciblon lancaran, ciblon wirama 2, sapanunggilanipun.

Gêndhing kêthuk 2 awis, kêthuk 4 kêrêp, kêthuk 4 awis, utawi ladrangan Slendro lan Pelog, katawang, kêndhang 1 kêndhang 2, lancaran, gangsaran, kajawi ingkang sami gadhah kêndhangan piyambak, kados ta: Kagok Madura, Sobrang, Pisangbali, sapanunggilanipun, sami botên kula wijang satunggal-satunggal.

Dene kêndhangan ciblon = gêmbyakan, wiramanipun inggih tansah ewah-ewah manut jamanipun, makatên malih kêmbanganipun inggih tansah santun-santun, modhèl-modhèl.

Namung pathokaning kêmbangan, kêndhangan ingkang dados atêr-atêr, botên ewah, kados ta:

Kêmbangan batangan.
Kêmbangan jogèd mlampah.
Kêmbangan jogèd kèndêl, taliwan, lan sapanunggilanipun.
Kêmbangan kèngsêr.
Kêmbangan anduduk.
Kêmbangan malik.
Kêmbangan magak.
Kêmbangan ngaplak, sapanunggilanipun.

Wasana rêmbak kula sawêg samantên, botên langkung manawi wontên solah bawa kula ingkang kirang prayogi saha atur ingkang sisip, panjênêngan sadaya mugi karsaa angêgungna samodra pangaksama.

__________

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


Mungguh. (kembali)
lingsa. (kembali)
wanda. (kembali)
Rêtnajiwa. (kembali)
Makuthiwici. (kembali)
lingsa. (kembali)
lingga. (kembali)
têmbung. (kembali)
dhawah. (kembali)
10 Manyura. (kembali)
11 sêdhih. (kembali)
12 sarani/raosi. (kembali)