Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
» Băngsantaka: lampah 17 P 4-6-7 SM. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Kanigara, lampah 23, pêdhotanipun 8-8-7 ping 4 slendro manyura. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Nagabănda lampah 18 pêdhotanipun 5-6-7 pelog. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Kawitana lampah 17, pêdhotanipun 6-5. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Kulanthe lampah 12, pêdhotanipun 8-8-4-8 pelog barang. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Lindur lampah 20, pêdhotanipun 8-8-6-8-6-6-8. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Nagakusuma lampah 18, pêdhotanipun 6-6-6 kaping lima. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Patmawicitra, lampah 12, pedhotanipun 4-4 ping 4 P. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Rarabentrok, lampah 16, pêdhotanipun 8-8 kaping 6, salendro 9. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Sardulawikridita lampah 19, 6-6-7. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sêkar Sastrakusuma, lampah 12, pêdhotanipun 5-8-5-7 12 laras barang. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Sudirawarna, lampah 12 pêdhotanipun 5-6-5, laras pelok pathêt nêm. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
» Têpikawuri, lampah 17, pêdhotanipun 6-6-5 salendro pathêt manyura. Kategori: Bahasa dan Budaya > Gending dan Notasi.
Citra
Terakhir diubah: 11-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Catatan Redaksi: Naskah ini menyajikan notasi gamelan yang, kadang kala, telah mengalami sekian kali suntingan oleh si penggubahnya sendiri. Jadi berdampak pada kurang terjaminnya akurasi transliterasi dan atau penyesuaiannya dengan sistem notasi digital. Hal itu justru menjadi tantangan tersendiri bagi proses digitalisasi. Jika ada yang membutuhkan detail dari transkripsi notasi termaksud, sudilah kiranya untuk membandingkan terlebih dulu transliterasi dengan aslinya. Adapun versi aslinya tersedia dalam teks berikut atau di bagian Galeri.

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 1 dari 32

Sêkar Sardula Wikridita lampah 19, pêdhotanipun 6-6-7

lênglêng ramyanging[1] kang | sasăngka kumênyar | mangrêngga roning[2] puri | mangkèd[3] tanpa siring | halêp ningkang omah | lir mas murubing langit | têkad[4] sarwa manik | tawingnya sinawung | sasa[5] sêkar sinukci[6] | unggyan Banowati | ywana mrê[7] malangên | myang Nata Duryudana ||

Sêkar Băngsapatra lampah 17, pêdhotanipun 4-6-7

sampun mulih | kapi bala mulih | sigra lunga kabèhnya | ayya watwut | ing gunung sira Sang | Rama dewa manêmbah | tèn bunte kang | giri wara kabèh | mèruta tyasnya rigêd | ari atma | riri riri rikang | arsa manêmbah yungyun ||

paranta mi- | rah ingsun prihatin | waspanira gung mijil | tuhu dahat | ingkang tanpa karya | sêngkangnya rinêmêkan | gêlung rinu- | sak sêkarnya mawur | ingkang gambir mulathi[8] | upama tyas- | ira amangungkung[9] | mulate sira dyah ari ||

Sêkar Kinanthi Jawi lampah 8-8

Ăntagopa klênthung-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angundangi rowangira | kang samya anambut kardi | sawusnya ing kinudangan | tinanya sawiji-wiji ||

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 2 dari 32

Punika buku Sêkar Agêng gadhahanipun Mas Kapiman Mardawa putranipun Mas Dêmang Warsa Pradăngga mantri lurah niyaga ing kapatihan.

Gêndhing Santiswara yasan dalêm Kangjêng Bandara Agêng Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat

1. Wani-wani, salendro | 2. Ladrang Utama, salendro | 3. Lere-lere, pelog | 4. Andhong-andhong, pelog | 5. Randhu Kentir minggah Mêrang Mawut, pelog | 6. Sunggèng minggah Lompongkèli, salendro | 7. Prawan Pupur minggah ladrang Manis Bêtawi, pelog barang | 8. Montro Madura, salendro | 9. Lara Nangis minggah ladrang Wêling-wêling, salendro | 10. Godhong Năngka, pelog | 11. Jongkèri Sêmarang, salendro | 12. Pritjoan, salendro | 13. Damar Kèli minggah Kăndhamanyura, salendro | 14. Ladrang Randhat, salendro | 15. Sarayuda, pelog | 16. Senggangjati, pelog | 17. Lengko-lengko, salendro | 18. Angkruk, salendro | 19. Ela-ela Trêbang, pelog nêm | 20. Kaum Mudha, salendro | 21. Lungkara, salendro | 22. Jonggalana, pelog | 23. Sungrèngrana,[10] salendro | 24. Ganggongtirta,[11] pelog | 25. Têbukeyong, pelog | 26. Genjunggoling minggah Ladrang Kokcang, s. 9 | 27. Brondrong Mêntul, 9 S | 28. Ingkok Babah, Manyura pelog | 29. | 30. | 31. ||

--- 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 3 dari 32

Sêkar Patmawicitra lampah 12, pêdhotanipun 4-4 x 4

narpaputra myang garwa lan arinira | rêrêp anèng patapaning dyijawara[12] | yayah dadya kumalane ing asrama | kêkulêman miyating patmawicitra ||

Sêkar Kanigara lampah 23, pêdhotanipun 8-8-7 x 4

lêmês rawe-rawe winu | lan trêspati Si Dasamuka | amping-ampingan wrêksa | kidang mas saba malipir | patapan putri Mantili | dupi mulat arina | rambut mas agalibêdan | nèng satêpining patapan | Sinta mabur[13] bêbana | amita[14] kidang kancana | Raguputra mituruti | ri kinèn têngga srama... ||

Sêkar Nagabănda lampah 18, pêdhotanipun 5-6-7

anut lakune | Korawa ing nguni | patine Bimanyu[15] | kêna ing cidra | sigra Sang Sêtyaki | madêg ngambil sajata[16] | sarosa mênthang | langkap gya lumêpas | Burisrawa pinanah | pêgat jangganya | Burisrawa mati | katêkan nagabănda ||

Sêkar Sudirawarna, lampah 12 pêdhotanipun 5-7-5[17]

lir sapadèngsun[18] | tumiling mangulati | puspita ingkang | mèdêm endah kang warni | midêr ing taman | anon sêkar warsiki | kumênyuting tyas | baya ta jatukrama ||

--- 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 4 dari 32

Sêkar Palugon, lampah 16, 8-8 kaping 4

palugon laguning lêkas | lukita linuting kidung | kadung kadêrênga momor | mêmangun manah rahayu | ahyana kang tanah golong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

Sêkar Madurêtna, lampah 12, pêdhotanipun 5-7 x 4

Narpati Darma | putra myang Dananjaya | matur ing raka | Narendra Arimurti | saha waspa ing | madya wasananira | katur sadaya | mring sang rah madurêtna ||

Sêkar Puspanjana, lampah 13, pêdhotanipun 7-6 x 4

arsambêg Rêsi Gana | sidha yarpa santi | ring mega ana muka | netra tarpagatra | myang puspanjalinira | na katon mananya | lumrang kang brêmara ma- | raris ngantariksa ||

Sêkar Kusumastuti, lampah 13, pêdhotanipun 7-6-7

dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng narpati | amung ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||

Sêkar Băngsapatra, lampah 17, pêdhotanipun 4-6-7

dhuh Sang Prabu- | ningrat Narapati | sumbaga prawirèng prang | dibya sakti | myang pêkiknira ji | sor bathara asmara | kagunan myang | kaluwihanira | dewadi datan ana | kang tumimbang | nora wênang mulat | ing baktinta sang prabu ||

--- 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 5 dari 32

Sêkar Rini,[19] lampah 17, pêdhotanipun 6-6-5

mawur kang katrajang | endah ana wadya | ing Mahèspati | mung kang para raja | mangsah manggala | lan Sri Suryakètu | madêg mungrèng[20] rata | mênthang langkap sigra | mêndhung tiyungan | angin mêtu riris | Sang Prabu Manggada | Sang Prabu Srawangga ||

Sêkar Prawirasêmbada, lampah 12, pêdhotanipun 4-5[21]

narendra Krêsna | pangandikanira aris[22] | sarate iku | pujanên dèn waspada | sira wêruha | kabèh kang wêrit-wêrit | dadya tan ngawur | ran prawira sêmbada ||

Sêkar Têbukasol, lampah 9, pêdhotanipun 4-5

anjrah ingkang | puspita arum | katiyubing | samirana mrik | sêkar gadhung | kongas gandanya | mawèh raras | rênaning driya ||

Sêkar Solanjari, lampah 23, pêdhotanipun 6-6-6

tandya bala | padhawanbyuk[23] | gumulung mangusir | ring sata Korawa | kambah kungkih sru katitih | mirut karut kalarut | katut para ratu | tuwin sagung pra dipati | mirut ywata palayu | sigra praptanira | Asyatama têtanya lah | pagene ta | iki ywa padha lumayu ||

--- 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 6 dari 32

Sêkar Kuswalalita, lampah 23, pêdhotanipun 4-6-6-6[24]

sinawung kêndhang | suling anomana | ngidung-ngidung lawan | saraba syara suling rum | runtut larasing kidung ngêmbat têmbang têmbungnya binarung | pangêliking suling | butane suka ting cukakak tanjak | galeyah abêksa maju migut-migut | suka sakèhing punggawa Ngayodya | miyat ing buta ngigêl kathuwil parigêl ||

Sêkar Brêmara, lampah 11, pêdhotanipun 4-7

galak ulat | kadya thathit ambarung | kang pamulu | alus manis mawèh kung | sêmbada kang | dêdêg mandarana kung | anggorèh pan | dadya pantês malarkung ||

Sêkar Dhadhap Mantêp, lampah 13, pêdhotanipun 5-8

bayangan bayêm | bayêyêt agung ngrêmbuyung | rawe-rawe ring | rawan kara taru turi | karandhang gondhong | kadhondhong dhêndhêng asandhing | dhungdhungan gudhe | bengok bênguk manguk-manguk ||

Sêkar Sastrakusuma, lampah 12, pêdhotanipun 5-7

dhuh dhuh wong ayu | băngsa apa sirèku | cahya tis mênta | sudama andadari | sanggyèng kusuma | kang endah arum manis | sarine dadya | gusti ing ananira ||

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 7 dari 32

Sêkar Langênjiwa

Sêkar Langênjali, lampah 27, pêdhotanipun 6-6-7-8

Sri Ngastina Maha | Prabu Duryudana | alon ngandikanira | ariningsun Wrêkudara | dèn kaporèng[25] kene | sigra Arya Sena | anjujug Dhanyang Durna | ri saksana mangênjali | Wrêkudara rinang- | ku[26] lungayanira | babo siwoyèng[27] ngulun | sira kaki apa sida | angulati ingkang tirta prawiradi[28] | ya warih tata darma | măngka sucining dumadi ||

Sêkar Priyabada, lampah 17, pêdhotanipun 6-7-6-6[29]

ana ki wre tunggal kagiri-giri gêng | nyakra manggalak angkara ambêgnya | gora godha tanang- | ga tulungana | tinêpakkên pyar sat | buta kabarubuh | puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna | watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Sêkar Lonthang, isi sastra 4 kaping 9

rangu-rangu rongèh nolih marang garwa | ngiwarangi amirangrong sru mangarang | jimating prang pamulahing rèh asmara ||

Sêkar Salisir, lampah 8, pêdhotanipun 4-4

sang saya dalu araras | abyor kang lintang kumêlap | tistis sonya têngah wêngi | lumrang gandaning puspita ||

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 8 dari 32

Sêkar Sardulawikridita, lampah 19, pêdhotanipun 6-6-7

Sang Seta umangsah | krodhanira dening | patine ari kalih | tumanduk sabala | galak lir sardula | sêdhêng mangsa gumrêgut | prawira Wiratha | mangsah amangungkih | lir buta măngsa daging | Seta senapati | gumrit ratanira | mênthang langkap nglêpasi ||

Sêkar Găndakusuma, lampah 24, pêdhotanipun 6-6 ping 4

bumi gonjang ganjing | langit kêlap-kêlap | katon lir kincanging | rangsang[30] mawèh gandrung | sabarang kadulu | wukir moyag-mayig | sangking tyas baliwur | lumaris agandrung | dhuh ari Sumitra | tanaya paran rèh | kabèh sining wana | sangsoyeng[31] maringsun | tan wrin kasatriyan | tanu miyating rat | kombul atmaningwang | pijêr gandrung-gandrung ||

Sasadara Kawêkas, lampah 20, pêdhotanipun 7-7-6

merahina[32] sêmu bang | hyang haruna kadi ne- | trane angga rapuh | sabdaning kokila ring | kanigara sakêtêr | kinidungan ing kung | lir wuwusing winapan- | ca papêtaking ayam | wanèh ring pagagan | mrak manguwuh brêmara | samya ngrabasa uma- | ring para asyana rum ||

Kuswaraga, lampah 1?,[33] pêdhotanipun 8-8-7-8 ping 5

liring sêtya mirah ingong | janma kang lalu antaka | kalamun ngandika gusti | cidra marang dasihipun | yêkti sun suduk jiwa | wilangan wolu lan kalih | wastra limput raga gusti | ing sadasa dasa lamun | kabêbêting lulut ||

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 9 dari 32

Sêkar Astakuswala, lampah 23, pêdhotanipun 6-6-6-5

lamun ana wadya | dhêmên anggêgawok | mring barang karya | kumawruh marang ing | kagunan kabèh | kabangkitanira | mung ngrungu nanêmpil | tan duwe dhewe | nganggêp ngaku-aku | miwah lamun aprang | dhêmên andhingini | sru polah alok | ing batine dhêmpèk | kawanining liyan | kang mangkono iku | parnahna gupuh ||

Sêkar Saprêtitala, lampah 17, pêdhotanipun 6-6-6-5[34]

lênglêng gatine kang | awas saba-saba | nikang Ngastina | samantara têkèng | Têgalkuru narar- | yya Krêsna laku- | nira Parasura- | ma Kanwa Janaka | dulu Naradha | kapanggih ing raka | têgal milu ring kar- | ya sang bupati ||

Sêkar Asyandana, lampah 20, pêdhotanipun 7-7-6

siyang pantara ratri | amung cipta pukulun | tanna lyan kaeksi | mila katur kang cundha- | mani prasasat ragèng | ulun kang sumêmbah | munggêng[35] padanta prabu | myang kagêngan[36] ta singsim | sasat sampun prapti | katon asta pukulun | wulatên narapati | dhuh rama dewaningsun ||

Wisalya Arini, lampah 21, pêdhotanipun 7-7-7

enjing budhal gumuruh | sangking nagri Wiratha | gunging kang balakuswa | abra busananira | lir surya wêdalira | sangking ing jalanidhi | duk mungup-mungup anèng | anèng pucaking wukir | baranang pan[37] sumirat | kênèng saroting[38] surya | mega lan gunung-gunung ||

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 10 dari 32

Sêkar Nagakusuma, lampah 18, 6-6 kaping 5

balane Indrajit | sampun kathah ingkang | rêbah kabarubuh | ing wurin gya prapta | katutur gumrêgut | umangsah wre tadhah | anêrêg kasêrêg | katindhih wil kandhih | krodha Meganănda | sarosa mênthang | langkap anglêpasi | lir naga kusuma ||

Sêkar Kilayunêdhêng, lampah (22) 5-6-6-5

kadangmu padha | warahên dèn bêcik | besuk amandhêma | baris prayitna | aja sarănta | wong ing Dwarawati | tumpêsên pan iku | awak Pandhawa | ngandhut marangke | măngsa wurung dadi | mungsuh pan asandi | kewala bêcik | ri wusing gunêm | Korawa bubaran | pranata tuwa | kilayu nêdhêng ||

Sêkar Manggalagita, lampah 15, pêdhotanipun 8-7

wuruk iku măngka wiji | kang winuruk lir papan | pama kacang lan kadhêle | sinêbarna ing watu | yèn watune tanpa siti | kodanan kêpanasan | yêkti nora bisa thukul | yèn nora wicaksana ||

Sêkar Madubrăngta, lampah 13, pêdhotanipun 5-8

mangkana ta sang | lampahe wus prapta jawi- | ning kitha rikat | pangiriding rata syan- | dana[39] pindha pa- | nglayange kagaraja[40] | nagri Ngastina | katingal sangking mandrawa ||

--- 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 11 dari 32

Sêkar Kawitan, lampah 17, pêdhotanipun 6-5[41]

i rika ta Sang Gathutkaca | kinèn[42] mapak Arkasuta | têkapira Krêsna | Parta manahêr[43] | muji saptinira[44] | sang inujaran | wang wang masêmu | garjita arsa marêk | mawacana bagya | yan ana pakon | ri pati kya pati ||

Sêkar Basănta, lampah 14, pêdhotanipun 8-6

mangkana krodha Sri Krêsna | têdhak sangking gènnya | anggunêm sagsana madêg | tiwikramanira | wimbuh anèng palataran | jlêg agêng sagunung | patang gunung pitung gunung | lir Bathara Kala ||

Sêkar Lêbdajiwa, lampah 11, pêdhotanipun 4-7

mangu wiyat[45] | ing sètu gandrung-gandrung | payo yayi | lêlangên mring talaga | amèt kêmbang | kêmbang kang nuksmèng warih | tanpa rewang | yun mirah gandrung-gandrung ||

Sêkar Citramêngêng, lampah 12, pêdhotanipun 6-6 Kusumawicitra

dene panjalukmu | patine Sindurja | tamakna jêmparing- | ira pasopati | ratane Sri Krêsna | lagonge yya kari | aran Păncajahnya | anggonên ngajurit ||

risang mahayêkti | sawusing sêmèdi | mungging pracabakan[46] | dangu aningali | wijili[47] sasăngka | sangking graning ardi | karêna[48] tyasira | alon angandika ||

Sêkar Căndrakusuma, lampah 16, 8-8

kang kadi sudama gusti | sasăngka songan surya[49] | prabanya sumungsung aswa | raras ruming sari-sari | samya manukmèng[50] sarira | sumarmanira sukanta | ujyalanira sumunu | marbuka căndrakusuma ||

--- 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 12 dari 32

Sêkar Pangajapsih

monging ranu panusuling pagut pupuh | baya tan bantu ing brangti | kawi sêkar srana pambengkasira puh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêtya kula ngèstu pada | sarpa krêsna puspa rujit | mung andika masku | kang sung barubah ing galih ||

Sêkar Pranasmara

nèng Karang Kadhêmpê[51] lêledhang | Kyai Lurah Sêmar sapranakane | miyat kêbon-kêbon têgal | lan alèrèn sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sasêndhonan | sarwi jogèt gênti-gênti ||

Sêkar Pamularsih, lampah 15, 7-8-7-8

dihan[52] siswa umatur | marang risang mahayogi | sang wipra kadiparan | karsane Hyang Utipati | yogya salir warna[53] | kang gumêlar anèng bumi | mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||

Sêkar Mintajiwa, lampah 16, 8-8

rarasing rèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhan ing sah[54] | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna | ginusita ing sahari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||

Sêkar Jurudêmung

cirining surat ibêran | kêbo bang sungunya tanggung | sabên kèpi mirah ingsun | katon pupur lêlamatan | kunir pita kasut kayu | wulucumbu Madukara | paran margane katêmu ||

--- 11 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 13 dari 32

Sêkar Kuswarini

rasa madu sata wana kang kêkuncung | liringira mirah | manis mrak ati malatkung | liring tuwuh jayèng tirta | baya ingsun têmah mati | wruhan sungsang lungse măngsa | lamun kasèp tan tinolih ||

Sêkar Banjaransari, lampah 19, 6-6-6-6

dènira têmpuh prang | Sri Arjunasasra | lawan Radèn Sêmantri[55] | aliru prabawa | tan ana kasoran | mangkana sri narendra | mangun tiwikrama | têdhak sangking rata | mrêpêki mungsuhira | jawatèng ngawiyat | ngudanakên sêkar | lumrang banjaransari ||

Sêkar Surarêtna, lampah 12, 4-4[56]

lela-lela | linali sa- | ya kadriya | driyasmara | marang risang | kadi Ratèh[57] | Rate[58] ratu | ratuning wong | Cakrakêmbang | kêmbang jaya | kusuma a- | sih mring kula ||

Sêkar Sastrasurendra, lampah 12, 8-8[59]

Lênglênging driya | mangu-mangu mangun kung | kandhuhan rimang | lir lina[60] tanpa kanin | yèn tan tulusa | mêngku sang dyah kang tapa | Sang Dasamuka | muwusira[61] ngrarêpa ||

Irim-irim, lampah 22, 6-8[62]

eman-eman | dhuh kusuma | taruning rondhonira | yèn manggunga mangarang | sêkar arèn kadiparan | wiwara tan warana | lamun tan kawêdhara | kalêmbak gêng milu susah | pandayaning panitra | awèh wênganing driya | pêtir wisma sapa wêruh | wrêksa gumuling kisma | ambatang siring nala ||

--- 12 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 14 dari 32

Sêkar Pritanjala, lampah 19, 7-7 kaping 4

rikat lampahirèng rata tan antara | praptèng sukuning arga | eram tumingal ing | pakuwon asrine | dhêndhêng saengga praja | umyang[63] kang pradăngga | busêkan kang janma | wowor adêging kuda | kang jajari rata | amawa bandera | kumlap lir pritanjala ||

Sêkar Kumudasmara, lampah 15, 6-4-4-7-8

sang widayakèng praja | ing Nguntaragita nama | sira mandarêtna | sung wasita | ring pra siswa | gyah laksitaning jana | têngayuh têgyan tang durta | tinrap nèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||

Sêkar Căndrakusuma, lampah 16, 8-8 kaping 6

risang dyijawara kalih | sêpuh anèm samya kadang | Adisara kang atuwa | Adisana kang taruni | tanggap samya manuhara | ngancarani rawuhira | risang kusuma prawira | kang mindha căndrakusuma ||

sampeyan dalêm Sang Prabu | Pakubuwana mandhiri | kaping sadasa minulya | ing Surakarta nagari | antuk sihnya Sri Bagendha | Wilhèlminah Nata Dewi | bintang grut upsir nasao | sumangsang ing jăngga nglêngking[64] ||

Sêkar Ciptamaya, lampah 17, pêdhotanipun 5-5-7 pelog barang

sri narapati | ing nagri Bèlgi | angsung pratăndha warni | bintanging ordhê | leyopol Bèlgi | katur Kangjêng Sang Aji | ing Surakarta | Pakubuwana | ingkang kaping sadasa | jumênêngira | tuhu nugraha | minongwong ing Hyang Sukma ||

--- 13 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 15 dari 32

saptacatur

Sêkar Kênyakadhiri, laras salendro pathêt sanga

sabta[65] catur | dhuh kusuma puspalulut | tulusa wêlas ing dasih | kalêmbak gêng pandaya tumraping ranu | kang tansah kasangsaya | mêwahi gêng brangti | adhuh babo sang lir rêtna jiwaningsun | bayêm arda jênang sela | atêng[66] jatmika prakati | baya ta titisipun | dyah ari kênya kadhiri ||

Sêkar Lindur, laras salendro pathêt sanga

riris arda palwa nuting ranu | drêsing karsanira dèning kanyut | manise lingirèng gusti | wohing kamal mirah ingsun | èsêmira duk ing nguni | sidhat agung ing narmada | sajroning aguling | pangucape janma nendra | têka tansah dadya | linduran kewala | katon kang asung usadi ||

Sêkar Kulanthe, laras pelog pathêt barang

Sundari dara gèr | basas marang ning rèh | sawangane gustaningwang[67] | kadi karungrungan yêkti | sêkar arèn pamènipun | majas taru wit godhonge | netya manda ing pangaksi | dangu-dangu kawistara pasêmune[68] ||

Sêkar Palugăngsa, laras salendro pathêt sanga

layon wastra mirah ingwang | saniskara kadruwèng jro driyane | kadya ngimpi | ngangge lungsuran dika gèr | banèn kaduk pulangbrama | nadyan ta lêbur luluha | tan nêdya pisah lan gusti ||

--- 14 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 16 dari 32

Sêkar Rarabentrok, lampah 16, laras salendro pathêt sanga

wahyaning gita kinidung | rarabentrok | amèngêti | duka Gusti Kangjêng Sang Prabu | Pakubuwana mandhiri | kaping sadasa minulya | jumênêng kumandhur sangking | bintanging ordhê Nèdêrlan | linut srining gambirsawit ||

kang kataman larasmara | rarabentrok ngêlam-lami | paran tumamèng tilamrum | baya ruming sariranta | sumarma madu mênuhi | dhuh mas mirah sang kusuma | ambuka gandaning sêkar gambirsawit maratani ||

Sêkar Têpikawuri, lampah 17, 6-6 salendro pathêt manyura

palasa sapala | sêkarnya ya taru | nya sampun ruru | sêkarnya ya matap | ri pangnya ya matun | pamanyana bang | kapuwoting risang | sara gatiningkang | nirèng mantara | rinandhi rinênah | rining kayu nori | rinèndhènira ||

ulun caos atur | yèn pinujyèng karsa | mugi parênga | kalilana nyêkar | kang têpikawuri | tibèng montronya | binarung abarêng | anuting suwara | supaya ramya | wimbuh sukèng driya | bokmanawa suka | golong sêmbada ||

Sêkar Căndrawilasita, lampah 12, pelog pathêt nêm

karasèng tyas myating căndrawilasita | dhuh kusuma musthikane surakarti | kawulanta manganti-anti sihira | paran baya anggènjung sri pagulingan | narpaputra myang garwa lan arinira | rêrêp anèng patapaning dyijawara | yayah dadya kumalane ing asrama | kêkulêman miyat căndrawilasita ||

--- 15 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 17 dari 32

Sêkar Srimartana, salendro pathêt sanga

kontap utamaning katong | dènnya krêtatèng budaya | gung nginaki tyasing dasih | talela malading kayun | narendra bikmartêtama bêbisik Sri Palgunadi | Paranggêlung prajanira | mangkana ta sira prabu | yun sumiwèng Sang Arjuna | lêgawa srah kang dayinta | sukèng tyas yèn katampèna ||

Sêkar Kuswaraga, 8-8 kaping 5

sri maha jawata katong | andaka wulune rêta | tandya andika kusuma | bale nata rondhon pari | paran margane wak mami | kapithing kang subèng[69] rawa | nguswa ragane wong ayu ||

sêkar Mijil | eman-eman | wong bagus anangis angura gêguyon | sun opahi kêkitiran gêdhe | yasanira Sang Hyang Onêngjati | ilir-ilir sumilir | sumilir myang bayu ||

isik imong sutane si kaki | kidang wulung jalon | putunèki ari măngsa kiye | gumalundhung lir padhas sela tri | rupanira kadi | bugêl kayu sêmpu ||

kaping tiga anulya pinisik[70] | karnanira karo | cu palicu si palicu sareh | aja nangis yèn tan bisa nolih | githokmu pribadi | cêp mênêng wis turu ||

girang rambat sutrasna gung mijil | ing sarira putra Dyah Muninggar | golang-galing sare dhewe | sapa ingkang kakêbut | dhenok lamun cinokot mimik | maluwo wulu seta | eman mên nèk bintul | ron gêbang panglêlêt sata | prajurit gung sareya ingsun kêloni | bari bantali asta ||

--- 16 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 18 dari 32

Sêkar Patmawicitra, lampah 12, pedhotanipun 4-4 ping 4 P

3231321y
nar-pa-pu-tramyanggar-walan
3231555z6c!
a-ri-ni-rarê-rêpa-nèng
!!6556z@c#!
pa-ta-pan-ingdwi-ja-wa-ra
!!#@!655
ya-yahda-dyaku-ma-la-ne
32313635
ing-a-sra-makê-ku-lê-man
36351231
mi-yatingpat-ma-wi-ci-tra

--- [17] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 19 dari 32

Kanigara, lampah 23, pêdhotanipun 8-8-7 ping 4 slendro manyura

@@z@x#c@z!c#z1c63z1c2z2x3c1
Lê-mêsra-we-ra-wewi-nu
66z5c3z6c522z5c3z2cy
lantrês-pa-tiDa-sa-mu-ka
35z6c@6z5c3z6c5z3c2 
am-ping-am-ping-anwrêk-sa 
235z6c@6z5c3z6c5z3c2
ki-dangmassa-bama-li-pir
66z5c3z3x6c522z5c2z1cy
pa-ta-panpu-triMan-ti-li
12z3c522z3c2z1cy 
du-pimu-lata-ri-na 
#@z@x#c2z!c#z!x@cy3z1c2z2x3c1
ram-butmasa-ga-li-bêd-an
66z5c3z6c522z5c3z2cy
nèngsa-tê-pi-ningpa-ta-pan
35z6c@6z5c3z6c5z3c2 
Sin-tama-turbê-ba-na 
235z6c@6z5c3z6c5z3c2
a-min-taki-dangkan-ca-na
336522z5c3z2cy
Ra-gu-pu-trami-tu-rut-i

--- [18] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 20 dari 32
33z2c3z3c5z3c2z3c6z5x6c3 
riki-nèntêng-gasra-ma 

Bongsantaka: lampah 17 P 4-6-7 SM

y233   
dhuhsangpra-bu   
6655z6c5z3c2 
nang-ratna-ra-pa-ti 
222633211y
sum-ba-gapra-wi-rèngprang
1312   
di-byasak-ti   
132z2c311 
myangpê-kik-ni-ra-ji 
12z3c52z2c1z1c21
sorba-tha-raas-ma-ra
131z2c3   
ka-gu-nanmyang   
132z2c3z1c21 
ka-lu-wih-an-i-ra 
12z3c52z2c1z1c2z1cy
de-wa-dida-tana-na
!zx@c65z3c5   
kangtu-mim-bang   
2z3x2x1c2y233 
no-rawê-nangmu-lat 
33z!x#c3325z6x5c3
ingsak-titasangpra-bu

--- [19] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 21 dari 32

Nagabănda lampah 18 pêdhotanipun 5-6-7 pelog

32353  
a-nutla-ku-ne  
232353 
Ko-ra-waingngu-ni 
36z5c62z2c3z1cy 
pa-ti-neBi-ma-nyu[71] 
6656z!x#c3  
kê-naingci-dra  
33z2c1z1c2z1c23 
si-graSangSê-tya-ki 
36z5c222z2c3z1cy
ma-dêgngam-bilsan-ja-ta
32353  
sa-ro-samên-thang  
232353 
lang-kapgyalu-mê-pas 
36z5c222z2c3z1cy
Bu-ris-ra-wapi-na-nah
6656z!x#c3  
pê-gatjang-ga-nya  
333z2c1z1c23 
Bu-ris-ra-wama-ti 
365223z5c6z5x6c3
ka-tê-kanna-ga-băn-da

Sudirawarna, lampah 12 pêdhotanipun 5-6-5, laras pelok pathêt nêm.

Katranganipun wontên sasisih punika

--- [20] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 22 dari 32
6!z@c#!z@x#x!c6
lirsa-pa-dèng-sun

--- [21] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 23 dari 32

Salendro pathêt sanga

Sêkar Lindur lampah 20, pêdhotanipun 8-8-6-8-6-6-8

@@@!!@@z@c#z!x#x@c!z6c5
Li-risar-dapal-wanutingra-nu
556z6c!521z3c52z2x1xyct
drês-ingkar-sa-ni-rade-ningka-nyut
2222532z3x1cy  
ma-nis-eling-i-rènggus-ti  
556652z2x6x5c3z2c1  
woh-ingka-malmi-rahing-sun  
55z3c253112z2x1xyct  
è-sêm-i-radukingngu-ni  
1222z2x3c2z2x1c2y1  
si-dhata-gungingnar-ma-da  
z1x2cytz2x3c2z2c2zyc11    
sa-jro-nenga-gu-ling    
33335z5c!z5x6c32  
pa-ngu-cap-ejan-manen-dra  
3355z5x6c32    
tê-katan-sahda-dya    
22z1cyy2z1x2x2c1zyct   
lin-dur-anke-wa-la    
33z3c512z3c2z5x6c32  
ka-tonkanga-sungu-sa-di  

Sêkar Kulanthe lampah 12, pêdhotanipun 8-8-4-8 pelog barang

23555z5x6c2  
Sun-da-rida-ragèr  
777z7c67z@c#  
ba-sas-ma-ra-ningrèh  
6667#75556z7x@x#c7
sa-wang-an-egus-ti-ning-wang
356632zucyu
ka-dika-ru-rung-anyêk-ti
yu223z5c6z2x3c2zucy
sê-kara-rènpa-mi-ni-pun
77z7c6z7x@x#x7c5555z@x#x@c7
ma-jasta-ruwitgo-dhong-e
356z7c632zux2xucyu
ne-tyaman-daingpa-ngèk-si
yzux2c3zuc2u6777
da-nguda-nguka-wis-ta-ra
z6c5z6c7z5c7z5x7x3x6x2c3    
pa-sê-mu-ne    

--- [22] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 24 dari 32

Sêkar Rarabentrok, lampah 16, pêdhotanipun 8-8 kaping 6, salendro 9

!@@@@@#z!x@x#c!z6c5
Tê-mên-enakangdènan-ti
5!@@z@x#c@z@c!z!c5z@x#x!c6
gam-bir-sa-witdu-rungmu-ni
@z!c@z6x!c6z5c633z3c5z3c2
jêri-kuno-rabo-sên-i
256z!c@z!c5z5c6z5c21
witku-nangan-tisa-i-ki
5z!c5z5c3z2c311z2xc1z6c5
na-dyansa-jammu-nipingtri
t122z2c1z2x5c!z5x6c32
sê-rêng-edu-rungngên-dhon-ni
256z!c@z!c56z5c21
pa-na-buh-emi-sihu-thi
3532zyc1z1x2c1yt
tăn-dhadhê-mên-etrusnga-ti

Sêkar Sastrakusuma, lampah 12, pêdhotanipun 5-8-5-7 12 laras barang

67z@c#z6c7z5c3  
lêng-lêng-ingdri-ya  
567#z@c#z6c7z5x3c6
ma-nguma-nguma-ngunkung
567z7x6c3z5c7  
kan-dhah-an[72]ri-mang  
5z7x6c32z6c7z6c55z5x6x5c2
lirli-natan-paka-nin
u2z3c5z2x3c2zucy  
yèntantu-lus-a  
67z#c@66z6x3x7x5c72
mêng-kusangdyahkangta-pa
u2z3c5z2x3c2zuxycu  
SangDa-sa-mu-ka  
tyu2y2z3cu
wu-wus-i-rangra-rêp-a

--- [23] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 25 dari 32

Sêkar Nagakusuma lampah 18, pêdhotanipun 6-6-6 kaping lima

2z3c5z5c6z5c3z3c5z6c5  
Ba-la-neIn-dra-jit  
2z3c5z5c6z5c3z3c6z6x5c6z2c3z1cy
sam-punka-thahing-kangrê-bah
y12z3x5c2    
ka-ba-ru-buh    
22z2c!z!c#z!x@c6z5x3c6  
ingwu-rigyaprap-ta  
33z3c1z1c3z1x2x6c5z3c2  
ka-tu-turgu-mrê-gut  
z2c31y12z3x5c2  
u-mang-sahwreta-dhah  
33z3c!z!c3z!x@x6x5c32  
a-nê-rêgka-sê-rêg  
z2c31y12z3c2  
ka-tin-dhihwilkan-dhih  
222z3c22z3x5c6  
kro-dhaMe-ga-năn-da  
z2c31y12z3x5c2  
sa-ro-sau-mên-thang  
!#z@c#z!x@c6@z5x6c3  
lang-kapang-lê-pas-i  
z1c3333z3c6z5x3c6  
lirna-ga-ku-su-ma  

Sêkar Kawitana lampah 17, pêdhotanipun 6-5

2z3c566z6c52z3c56!
iri-kataSangga-thut-ka-ca
z!x@c656z5c3325z3c2 
ki-nonma-pagAr-ka-su-ta 
z3c633z3c6z6x5c62z2c1y 
tê-kap-i-raKrês-naPar-ta 
12z3x5c26z5x6c322z3c2z1cy
ma-na-hêrmu-jisak-ti-ni-ra
56z!c@z!x@c6z5x3c6z3c23  
sangi-nu-jar-anwa-wang  
36z5c2222   
ma-sê-mugar-ji-ta   
23z5c6z5c3z1c332z3c5 
ar-sama-rêgwa-ca-na-ba 
2z1c2y12z#x!c@   
gyayana-napa-kon   
z3x6c2z5c223z3c5z6x#x!x#x!c#   
ripa-tiknrê-pa-ti   

--- [24] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 26 dari 32

Sêkar Sardulawikridita lampah 19, 6-6-7

2z3c5z5c6z5c3z5c6z6x5x6c3 
SangSe-tau-mang-sah 
2z3c56!z!x@c65 
kro-dha-ni-rade-ning 
6z6c!z!x5x6x!c3323z2c3
pa-ti-nea-rika-lih
2z3c56!z!x@c6z5x6c3 
tu-man-duksa-ba-la 
2z3c533z3c2z3c1 
ga-laklirsar-du-la 
36z5c222z3c2z1cy
sê-dhêngmăng-sagu-mrê-gut
5z@c67653 
pra-wi-raWi-ra-tha 
512323 
mang-saha-ma-ngung-kih 
12332z5c3z3c2
lirbu-tamăng-sada-ging
z5c32221z2c6 
Se-tase-na-pa-ti 
2222z2c3z1cy 
gu-mritra-ta-ni-ra 
36z5x6x1c333z3x5c6z6x3x6c3
mên-thanglang-kapnglê-pas-i

Têpikawuri, lampah 17, pêdhotanipun 6-6[73] salendro pathêt manyura

#@666z!c3
Pa-la-sasa-pa-la
3333z3c56
se-kar-nyayata-ru-
z3c5@z6x5c36z1x5c3 
nyasam-punru-ru 
2233z6x3x5c21
sê-kar-nyayama-tap
3z2c311z1c2z1cy
ri-pang-nyayama-tun
#@66z!x5c3 
ma-pa-nya-nabang 
@z@c#!666
ka-pu-wot-ingri-sang
6666z6c!@
sa-raga-ti-ning-kang
#z@c##@6z@c6z!x@c# 
ni-rèngman-ta-ra 
2233z6c3z5c3
ri-nan-dhiri-nê-nah
yyy233
ri-ningka-yuno-ri
2z1cyz1x2cyte 
ri-nèn-dhèn-i-ra 

Lajêng katampèn ing gêndhing Montro

--- [25] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 27 dari 32

Sêkar Jurudêmung

puspa krêsna | wong angrangkung | kang salat sawising surub | asihe karya iriban | mênyan mandi panu biru | tan larang tohana lampus | kêndhal jram kapithing sumur | kadêrêng têmên wong ayu ||

Sêkar Gurisa

payo yayi padha lunga | wong loro bae lan sira | Radèn Maktal lon turira | kesah mring pundi paduka | dalu-dalu yun punapa | wong agung alon ngandika | yayi sira ywa sêsawa | sun arsa lumêbèng pura ||

Sêkar Jurudêmung

gulung gumulung tan tiba | loro arane gumulung | tanpa êjong tanpa larung | anata lulungan tiba | anibani kang gumulung | supadha ing cêcangkriman | ingkang têmbang Jurudêmung ||

Sêkar Jurudêmung Lara-lara

tarawas ing patalunan | sumăntra jroning manêngkung | salamine gustiningsun | ngong pêpuji rahayua | terong alit anaruntum | kalesa kang tinuruhan | sun anti luntur sihipun | lara-lara babo radèn ||

--- [26] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 28 dari 32

Gêndhing yasan dalêm kagêm gêndhing santiswara

1. Ladrang Utama, 9.S.
2. Andhong-andhong, 6.P.
3. Sunggèng, 9.S.
4. Lere-lere, 6.P.
5. Montro Madura, M.S.
6. Randhu Kentir minggah Mêrang Mawut M.P.
7. Lara Nangis minggah Wêling-wêling, M.S.
8. Godhong Năngka, M.P.
9. Damar Kèli minggah Kăndha Manyura, S.
10.

Pèngêt nalika dintên Kêmis kaping:12 Rabingulakir taun Je 1838. Utawi kaping:14 Mèi taun 1908 nampèni magangan nama Suranta, 2 Sutapa, sami anakipun Lurah Prawira Mlaya.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 29 dari 32

[Sisipan]

Cathêtan

I. Panyuwunan nama abdi dalêm niyaga nyuwun santun abdi dalêm amongraras.

II. Nyuwunakên ganjaran pangkat.

1. R. Ng. Prajapangrawit, ingkang sampun dipun rujuki.

R.M.T.H. Yudadiningrat kasuwunakên pangkat wadana amongraras bageyan karawitan, nyuwun nama: R. Riya Wêdana, Prajamardawa, ranglisipun nyuwun nyêpuhi panèwu.

2. M.Ng. Purwapangrawit saha R.Ng. Wirapradăngga, kasuwunakên pangkat panèwu amongraras bageyan karawitan.

3. M.Lu. Prawira Pangrawit, M.Lu. Mlaya Rêksaka, R.Lu. Purba Pangrawit, R.Lu. Gunamlaya kasuwunakên pangkat mantri amongraras bageyan karawitan.

4. R.M.Dê. Wignya Panêmbang, R.M. Nartaswara, M. Gati Pangrawit, R. Mlaya Darsana, M. Jaya Pangrawit, M. Jaya Mlaya, Gita Mlaya, R. Laksitaswara, R. Marmaswara, M. Bujagati, kasuwunakên pangkat lurah, ganjaran

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 30 dari 32

Ngaturakên cathêtan suwunan tumrap abdi dalêm amongraras bagiyan karawitan, lajêng katur pangagênging (kondhang) parentah amongraras, panjênêngan dalêm Kiyai Bêkêl Rad. Mès[74]. Tumênggung Arya Yudadiningrat, ngestokakên dhawuhipun panjênêngan dalêm Kangjêng Raden Mas Adipati Yudanagara. Ingkang punika nyumanggakakên...

Katur tanggal kaping 19 Nopèmbêr 1951

[Tanda tangan: Prajapangrawit]

Têmbang

1. Maca salagu panganggitipun para dewa, nalika ing taun 167.

2. Maca ro lagu, ing Kadhiri.

3. Maca tri lagu, ing Janggala taun 1131.

4. Macapat lagu, ing Dêmak taun 1433

Guru-panjang, ènthèng[75] lagu ~ cêkak, antêp[76] (wratasancaya)[77]

[Sisipan]

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 31 dari 32

Kumite Astawamulya

Kidul Tanggul, bawah kalurahan kampung Jayatakan Surakarta

Koleksi Warsadiningrat (KMG1908b), Warsadiningrat, 1908, #622: Citra 32 dari 32

Nuwun, Kumite Astawamulya ngaturi uninga, benjing dintên malêm Akat, tanggal kaping 29, wulan April ăngka 1934, angwontênakên pahargyan manggèn ing kalurahan kampung Jayatakan.

Ingkang punika dintên kasbut nginggil, wanci jam 6 sontên panjênêngan kula ajêng-ajêng rawuh anjênêngi pahargyan.

Katur kaping 26 Marêt ăngka 1934.

N.B. Ulêm supados kabêkta.

Kumite.

P 45 E.D.M.S. B4

 


ramyaning. (kembali)
ruming. (kembali)
mangkin. (kembali)
têkyan. (kembali)
sasat. (kembali)
sinuji. (kembali)
mrêm. (kembali)
mêlathi. (kembali)
amangun kung. (kembali)
10 Surèngrana. (kembali)
11 Ganggêngtirta. (kembali)
12 dwijawara. (kembali)
13 matur. (kembali)
14 aminta. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: patine Abimanyu. (kembali)
16 sanjata. (kembali)
17 5-7 x 5. (kembali)
18 satpadèngsun. (kembali)
19 Sikarini. (kembali)
20 munggwèng. (kembali)
21 5-7. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: pangandikanira ris. (kembali)
23 Pandhawambyuk. (kembali)
24 5-6-6-6. (kembali)
25 kaparèng. (kembali)
26 kul. (kembali)
27 siwayèng. (kembali)
28 prawita di. (kembali)
29 Sêkar Priyambada, lampah 13, pêdhotanipun 7-6. (kembali)
30 ri sang. (kembali)
31 nangsayèng. (kembali)
32 mèh rahina. (kembali)
33 angka tidak terbaca, mungkin: 16. (kembali)
34 6-6-5. (kembali)
35 munggèng. (kembali)
36 kagungan. (kembali)
37 bang. (kembali)
38 soroting. (kembali)
39 swandana. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: nglayange kang kagaraja. (kembali)
41 6-6-5. (kembali)
42 kinon. (kembali)
43 manêhêr. (kembali)
44 saktinira. (kembali)
45 miyat. (kembali)
46 pacrabakan. (kembali)
47 wijiling. (kembali)
48 karênan. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: sasăngka kasongan surya. (kembali)
50 manuksmèng. (kembali)
51 Kadhêmpêl. (kembali)
52 Nihan. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: yogya saliring warna. (kembali)
54 sih. (kembali)
55 Sumantri. (kembali)
56 4-4-4. (kembali)
57 Ratih. (kembali)
58 Ratih. (kembali)
59 5-7. (kembali)
60 lena. (kembali)
61 wuwusira. (kembali)
62 6-8-8. (kembali)
63 umyung. (kembali)
64 § sumangsang ing jăngga lênging. (kembali)
65 sapta. (kembali)
66 antêng. (kembali)
67 gustiningwang. (kembali)
68 pasêmone. (kembali)
69 sabèng. (kembali)
70 winisik. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: patine Abimanyu. (kembali)
72 kandhuhan. (kembali)
73 6-6-5. (kembali)
74 Mas. (kembali)
75 abot | antêp. (kembali)
76 ènthèng. (kembali)
77 Wrêtasancaya. (kembali)