Bêksa Jêmparing lan Jêbêng, British Library (Add MS 12325 b), awal abad ke-19, #966
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Bêksa Jêmparing lan Jêbêng[1]
--- [f. 11v] ---
Punika pemut, patrapipun kalangênan dalêm bêksa jêmparing, ingkang rumiyin lagon pakut[2] nêm pelog, anuntên kaucapakên.
Wau ta abdi dalêm dhalang ingkang kakrêsakakên cariyos, wontên ing ngrêsa dalêm, kakrêsakakên anyariosakên kagêngan dalêm Sêrat Suryaraja, nanging kapêthik kêdhik kimawon. Wondening ingkang kapêthik, sarêng sang prabu ing Banjarbinangun balik, purun amêngsah dhatêng ingkang raka, kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, dawêg kala sedanira prabu ing Banjarbinangun. Ingkang rumiyin samêntasira tanglêd wontên nêgari ing Pusêrangin, nanging sampun antawis lami, anuntên ingkang putra kakung kapundhut dhatêng kangjêng sang prabu ing Purwagupita, ingkang jumênêng sapunika, putranira Prabu Suryapamuja, lajêng kaangkat jumênêng nata wontên nêgari Banjarbinangun, dening[3] jêjulukira inggih têtêp kados panjênênganira ingkang rama rumiyin, Mahraja Suryapamuja, anglangkungi kasudigbyanira, sêkti amăndraguna, lan agadhah marasêpuh, wong agung ing Diradapura,
--- [f. 12r] ---
Maharaja Tilambara, inggih anglangkungi sura sudigbya, sêkti amăndraguna, yèn kala majêng ing sura madilaga, yèn tanglêd wontên ing jumantara, anitih pêksi garudha, yèn têrkadhang pisah lan titihanira, yèn tanglêd ing dharatan anitih titihanira dipăngga, têrkadhang dharat kemawon. Kalih dening Prabu Tilambara wau punika, agadhah putra kakung kêkalih anama Radèn Andrajala, kalih Radèn Andrasena, inggih sami anglangkungi kasêktènira, mèh sami lan ingkang rama.
Wau ta amangsuli kandhanira ing nguni, mila prabu ing Banjarbinangun balik purun amêngsah dhatêng ingkang raka, kanjêng sang prabu ing tanah Jawi, ingkang mila-mila Prabu Suryapamuja punika, anglangkungi kasudigbyanira, sêkti amăndraguna, kalih dening wawratira nêgari ing Banjarbinangun, sami lan nêgari ing tanah Jawi, wibuh kagasah dhatêng ingkang rama marasêpuh, prabu ing Diradapura Mahraja Tilambara, lan kawibuhan malih Prabu Suryapamuja, angandêlakên pasêdherekanira prajurit Prêsman lan Anggris. Mila prabu ing Banjarbinangun, kadugi mêngsah dhatêng ingkang raka kanjêng sang prabu ing Purwakăndha
--- [f. 12v] ---
malah-malah sarerehanira para raja sèwu nêgari sêdaya, sampun sami kadhawahan sadhiya ing aprang, sêmăngsa-măngsa kalanggara dhatêng prajurit ing tanah Jawi, badhe kapêthuk ing ayuda.
Ri sampunira kadya sapunika, sarêng kanjêng sang prabu ing Purwagupita mirsa, yèn ingkang rayi ing Banjarbinangun balik, sri nalendra anglangkungi ing gêgêtunira, dene têka anglampahi kados mêkatên. Malah kanjêng sang prabu ing tanah Jawi, sampun aputusan, saha amawi sêrat, animbali dhatêng ingkang rayi, prabu ing Banjarbinangun. Wondene prabu ing Banjarbinangun, sarêng katimbalan dhatêng ingkang raka mopo, benjing purun sowan, yèn wontên surya dados codra,[4] căndra dados surya, kalih dene malih, yèn wontên wanodya sagêd ulah kaprajuritan, wontên saluhur turăngga, wau ta kanjêng sang prabu ing Purwagupita, sarêng mirsa pamoponira ingkang rayi ing Banjarbinangun, kanjêng sri nalendra anglangkungi dukanira, lah ing ngriku kanjêng sang prabu ing tanah Jawi, anulya tindak anglanggar, badhe anggitik nêgari ing Banjarbinangun, kadhèrèkakên ingkang putra sêntana, [sê...]
--- [f. 13r] ---
[...ntana,] tuwin abdi dalêm bupati jawi lêbêt, lan para raja-raja ing tanah Jawi sêdaya, muwah bupati pasisir măncanêgari sêdaya sarêng lampahira prajurit ing tanah Jawi, dumugi nêgari Bêlambangan. Lah ing ngriku nêgari Wangsus[5] arêg,[6] raja ing Wangsul lajêng sadhiya badhe amêthukakên ing ayuda, sarta utusan ngunjuki priksa dhatêng prabu ing Banjarbinangun. Nutên[7] prajurit ing tanah Jawi ngangsêg dhatêng nêgari Wangsul, anulya kapêthukakên dhatêng prajurit ing Wangsulajêng[8] tanglêd sakalangkung dening rame, prajurit ing Wangsul sami kawon sadaya, prabu ing Wangsul tiwas kêsambut ing ayuda, wondening putranira ingkang kakung, ingkang nama Radèn Panji Jayèngrana, lajêng takluk dhatêng kangjêng sang prabu ing Purwakăndha, anulya kaangkat dhatêng kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, kajênêngakên nata wontên nêgari ing Wangsul, namanipun inggih kados ingkang rumiyin, anêtêpi Prabu Dewalêngakara[9] Wangsul. Ri sampuning kadya sapunika, wadya ing Wangsul agêng alit manahira mantuk kados wingi uni, lan prabu ing Wangsul ingkang tiwas agadhah [a...]
--- [f. 13v] ---
[...gadhah] sadhèrèk anèm wanodya, kapundhut lajêng kagarwa, dhatêng kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, kinarya sisihanira kangjêng sang prabu wanodya, ingkang sangking nêgari Cina, lan wontên malih putranira prabu ing Wangsul, wanodya, ingkang rayi Radèn Panji Jayèngrana, kapundhut lajêng kagarwa, dhatêng kangjêng pangeran adipati ing tanah Jawi, wondening wadya alit ing Wangsul sadaya, manahira mantuk kados rumiyin, malah sangsaya sih trêsnanira, dhatêng kangjêng sang prabu ing Purwagupita, tuwin dhatêng kangjêng sang raja pinutra, lah ing ngriku lajêng tindakira kangjêng sri nalendra ing tanah Jawi dhatêng nêgari ing Banjarbinangun, sawadyanira ing tanah Jawi sadaya, wondening Prabu Dewalêngkara lajêng kakêrsakakên andhèrèk sawadyanira sadaya, sarêng lampahira prajurit ing tanah Jawi, dumugi muwara ing Wangsul ingkang wetan, lajêng sami numpak ing baita.
Lagon.
Wau ta kocapa prabu ing Banjarbinangun, sarêng mirsa aturing utusan ingkang sangking nêgari Wangsul, sri
--- [f. 14r] ---
narendra sakêlangkung dukanira, nulya aparentah dhatêng Kiyana Patih Malangdewa, kinèn bantu dhatêng nêgari Wangsul, sarta kêkanthenan para raja sèwu nêgari sapalih, lajêng sami mangkat. Sarêng lampahira dumugi ing margi, Ki Apatih Malangdèwa mirsa warti, yèn nêgari Wangsul sampun bêdhah.
Wondening Kya Patih Malangdewa sarêng mirsa warti, yèn nêgari Wangsul bêdhah, rajanira kasambut ing sura madilaga, sarta putranira prabu ing Wangsul takluk, lajêng kaangkat jumênêng nata, wontên nêgari Wangsul. Kya Patih Malangdewa, sakêlangkung kanggêk manahira, lah ing ngriku Kya Patih Malangdewa, punapadening sakathahing para raja sèwu nêgari, lajêng abêbiting wontên ing Selaguntur, wondening panjanging biting punika, sangking Selaguntur, pangalèrira dumugi ing Selasampora, lampahan saonjotan ing turăngga, kajawi ingkangkang[10] kabitingan punika, batên wontên ingkang kenging kaambah ing baita agêng, utawi baita alit. Mila sapunika yèn kaambah ing baita agêng, pakèwêd dening alunira, sapunika marêngi [ma...]
--- [f. 14v] ---
[...rêngi] agêng, yèn kaajêngan baita alit, katulak dening sênjata mariyêm, kajawi margi ingkang kabitingan punika, inggih wontên margi malih, nanging mawi mingêr mangidul lajêng mangetan malih, kangjêng sri nalendra batên angêrsakakên, kêdah nênggêl anglêrês margi ingkang kabitingan punika kimawon, dening sakathahing putra sêntona, tanapi para raja-raja[11] ing tanah Jawi, muwah bupati pasisir măncanêgari sadaya, sarêng sami katantun angrangsang biting punika, utawi anugêl andhadhalakên, sami mopo sadaya, anutên putra dalêm ingkang sangking asrama, akêkasih Radèn Wasi Jayapurnama, punika ingkang munjuk dhatêng ingkang rama, sagah ambêdhah biting ing Selaguntur, kangjêng sang prabu ing tanah Jawi anglangkungi lêganira ingkang galih, anutên dipun dikakakên anglêksanani tumuntên, sarta kapatêdhan kanthi ingkang raka Radèn Wasi Jayalêdara, dening sakathahing putra sêntona, tanapi para raja-raja ing tanah Jawi sêdaya, tuwin bupati pasisir măncanêgari, sami kakêrsakakên jangkung wontên ing baita, sangking katêbihan,
--- [f. 15r] ---
dening Radèn Wasi Jayapurnama, lan Radèn Wasi Jayalêdara, saunduri[12] sangking ngrêsane ingkang rama, sarêng sami majêng dhatêng pabitingan, gènira sami ngambah ing samodra, kados angambah dharatan. Sarêng dumugi sangajênging biting, Radèn Wasi Jayapurnama, nulya amêdalakên pangwasa, ingkang biting kasênjata ing pangwasa angin, sarta lindhu, anulya tugêl biting ing Selaguntur, panjangira ingkang tugêl, udakawis kenging kadamêl margi lampahing baris. Radèn kalih nulya minggah dhatêng pambitingan, anulya kapêthukakên dhatêng patih Malangdewa, sakancanira para ratu sèwu nêgari sadaya, lajêng tanglêd sakêlangkung dening rame, nanging Kya Patih Malangdewa sakancanira, para ratu sèwu nêgari kawon, sami kaplajêng sêdaya, radèn kalih anutên wangsul sowan angaturi uninga dhatêng ingkang rama, yèn biting Selaguntur sampun tugêl, sarta dêdamêl ing Banjarbinangun sampun sami dhadhal sadaya, kangjêng sri nalendra sêklangkung lêga galihira, anuntên Radèn Wasi Jayapurnama, [Jayapur...]
--- [f. 15v] ---
[...nama,] anyaosi wot sawêr, badhe kadamêl margi, tindakira ingkang rama, tuwin prajurit ing tanah Jawi sadaya, wondening sawêr punika, yèn kala amusthi agênging awakira, udakawis sagunung anakan, dening panjangira yèn mênggaha dharatan, lêlampahan kawan jam, lampahing turăngga, anutên katindakan dhatêng ingkang rama, punapadening prajurit ing tanah Jawi sadaya, sasampunira ngancik têlatah ing Banjarbanangun,[13] kangjêng sri nalendra ing tanah Jawi, amêsanggrahan wontên i Selaguntur, nanging amung sakêdhap, anutên tindak majêng malih kangjêng sri narendra, antawis lampahan kalih ditên,[14] amêsanggrahan malih wontên ing Selagurniti.
Lagon.
Wau ta prabu ing Banjarbinangun, sarêng mirsa aturira Kyana Patih Malangdewa, lan aturira para ratu sèwu nêgari, ingkang sami kaplajêng sangking biting ing Selaguntur, yè[15] nêgari ing Wasul[16] sampun kabêdhah, dhatêng kanjêng sang prabu ing tanah Jawi, rajanira kasambut ing ayuda, ingkang putra kakung sampun takluk, lajêng kajênêngakên raja, wontên nêgari Wangsul, sarta biting ing
--- [f. 16r] ---
Selaguntur bêdhah, sri nalendra sakêlangkung dukanira, lan kawibuhan malih Prabu Suryapamuja, sarêng mirsa yèn ingkang raka kangjêng sang prabu ing tanah Jawi sampun amêsanggrahan wontên ing Selagurniti.
Lah ing ngriku prabu ing Banjarbinangun, akarsa mêthuk yudanira ingkang raka, kangjêng sri nalendra ing tanah Jawi, anulya tindak bodhol sawadya sakosyala, sarta kadhèrèkakên para ratu sèwu nêgari sadaya, punapadene ingkang rama marasêpuh, prabu ing Diradapura, tuwin pasêdherekanira prajurit Prêsman lan Nganggris, inggih sami andhèrèk sadaya, sarêng tindakira antawis lampahan satêngah wulan, sri nalendra angrêsakakên lêrêb, amêsanggrahan wontên ing Selarambat. Wondening pasanggrahan ing Selarambat punika, têbihira sangking pasanggrahan ing Selagurniti, antawis lampahan kalih likur dintên.
Wau ta kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, ingkang amêsanggrahan wontên ing Selagurniti, sarêng mirsa yèn ingkang rayi prabu ing Banjarbinangun mêthukakên ing ayuda, sampun badhol[17] sangking nêgari, lah ing ngriku ingkang garwa kanjêng sang prabu dewi, ingkang sangking nêgari Cina, ingkang kakrêsakakên dados senapati ing ayuda, saha ambêkta prajurit wanodya, badhe anggitik prabu ing Banjarbinangun. Mila ingkang kêrsa kangjêng sri nalendra, kadya sapunika, sawab rumiyin dawêg prabu ing Banjarbinangun katimbalan mopo, purun sowan, yèn wontên wanodya [wano...]
--- [f. 16v] ---
[...dya] sagêd olah kaprajuritan sanginggiling turanggi, sapunika yêktosipun wontên. Mila kayêktosan, kalih dening pêkantukipun. Mila ingkang kêrsa kangjêng sri nalendra, anindakakên ingkang garwa kimawon, kakintên prabu ing Banjarbinangun, sêmăngsa mirsa dhatêng ing kangbok, kangjêng sang prabu dèwi, dados èngêt yèn sami ingkang wăngsa piyambak, krêsanipun ingkang roda dados sumirih, kapanggih prayogènipun. Ewamêkatên yèn batên èngêt, mêksa andhatêngakên wirutanipun, kakintên ingkang garwa kimawon, kadugi anyampuni saprakawisipun ing ayuda, lah ing ngriku kangjêng sang prabu dèwi anulya tindak, sangking pasanggrahan ing Selagurniti, saha ambêkta ingkang prajurit priyayi wanodya, kathahira walung dasa sêkawan, sarta kadhèrèkakên ing putra sêntana, lan para raja ing tanah Jawi sadaya, prituwin bupati jawi muwah bubupati[18] pasisir, măncanêgari sadaya, nanging abdi dalêm wêdana lêbêt ingkang botên andhèrèkakên, dening abdi dalêm prajurit, ingkang kakêrsakakên andhèrèk, amung sapara sêkawanira, ingkang kantun, sarêng tindakira kangjêng sang prabu dèwi, antawis lêlampahan sawêlas dintên, amêsanggrahan wontên ing Guntursari.
Wau ta prabu ing Banjarbinangun, ingkang amêsanggrahan wontên
--- [f. 17r] ---
ing Selarambat, sarêng mirsa yèn ingkang raka kangjêng sri narendra batên tindak piyambak, awakil ingkang garwa, ingkang sangking nêgari Cina, saha ambêkta prajurit wanodya, Sang Prabu Suryapamuja sakêlangkung kagolira ingkang galih, dening katimbangan priyayi wanodya, awusana saklangkung wibuh dukanira, lah ing ngriku prabu ing Banjarbinangun, akarsa amêthukakên yudanira ingkang êmbok kangjêng sang prabu dèwi, anulya tindak badhol sawadya sakosyala, sarta kadhèrèkakên ing para ratu sèwu nêgari sadaya, sarêng antawis lampahan pitung ditên tindakira sri nalendra kèndêl, amêsanggrahan wontên ing Sokamimang.
Wau ta sang prabu wanodya, ingkang masanggrahan wontên ing Guntursari, anulya ngangsêg majêng malih, sarêng tindakira antawis lampahan kawan dintên, kangjêng sang prabu dèwi kèndêl, amêsanggrahan wontên ing Sêkargadhung, dening têbihira sangking pêsanggran[19] mêngsah, antawis lampahan samadya dintên.
--- [f. 17v] ---
Lah ing ngriku kangjêng sang prabu wanodya, tansah angrêsakakên asukan-sukan, kalangênan bêdhaya, utawi klangênan sarimpi, tuwin ababêksan. Mila kangjêng sang prabu ing tanah Jawi batên anjênêngi tindakira kangjêng sang prabu dèwi, dene sri narendra sampun pitajêng dhatêng ingkang garwa, tuwin dhatêng priyayi prajurit wanodya sêdaya, dene sami sura sudigbya sêkti amăndraguna, ngrênggani saliring karya, tur prawira ing ayuda.
Gêndhingipun sarayuda.
Ladrangipun èndhèl.
Sarêng ladrangipun èndhèl kantun sapratigan, anutên karêpakên karêpakên[20], rêp.
Lajêng kacriyosakên.
Gangsanipun ngalih dhatêng salendro patut[21] sanga.
Wau ta kanjêng sang prabu wanodya, punapadening prabu ing Banjarbinangun, ingkang badhe sami ayuda, sarêng sami dumugi sakilènipun ing Ardi Jêlamprang, wontên ngara-ara ing Sêkardhênta, lajêng sami atata baris. Prajurit [Prajuri...]
--- [f. 18r] ---
[...t] ing tanah Jawi barisira wontên kidul, dening prajurit ing Banjarbinangun, barisira wontên lèr, wondening prajurit ing Banjarbinangun, ingkang dados pênjawat têngên, ratu sèwu nêgari sadaya, sami kapalan, ingkang sapalih sami dharat. Wondening ingkang anindhihi, prabu ing Rancangrêtna, Mahraja Pujangkara, kalih prabu ing Rancangkêncana, Mahraja Dewapuspita, kalih bupati jawi Banjarbinangun sadaya, ingkang anindhihi Kyana Patih Malangdewa, kalih prajurit Prasman samya kapalan.
Wondening prajurit ing tanah Jawi, ingkang ngajêngakên bupati pasisir măncanêgari sapêngiwa, ingkang nindhihi prabu ing Bauwarna, Mahraja Suryalêmbana, kalih prabu ing Tasiksrêkara, Mahraja Padmanaba, anindhihi pasisir măncanêgari kilèn sadaya, punapadening putra dalêm kêkalih, ingkang sangking asrama, prajuritira akathah, sami trahing tiyang amaratapa, adusa dhirinira sadaya.
Wondening prajuri ing Banjarbinangun, ingkang dados panjawat kiwa, wong agung ing Diradapura,
--- [f. 18v] ---
Mahraja Tilambara, ingkang putra kêkalih, Radèn Endrajala, Radèn Endrasena, tansah ngarsanira ingkang rama, lan prajurit Anggris sami kapalan sadaya.
Wondening prajurit, ing tanah Jawi, ingkang ngajêngakên priyayi bupati pasisir măncanêgari, sapanêngên, sami kapalan sadaya, ingkang nindhihi Wong Agung Sindurêja, Mahraja Suryawijaya, kalih prajurit ing kadospatèn, wondening ingkang nindhihi kangjêng sang rajaputra nalendra ing tanah Jawi, kalih putra dalêm ingkang sangking nagari Cina, akanthi prajurit Wangsul, sami dharat sadaya, ingkang anindhihi Mahraja Dewalêngkara.
Wondening prajurit ing Banjarbinangun, ingka[22] dados dhadha bupati lêbêt, punapadening prajurit ing Banjarbinangun, têpang kalih prajurit Nganggris, Prasman sami dharat sadaya, saha amangku mriyêm, titak kalataka.
Wondening Prabu Suryapamuja, wontên wingking, anitih rata kêncana, apangirid [apang...]
--- [f. 19r] ---
[...irid] kuda dèji,[23] nung-anung tigang kêmbaran, sarta ginarêbêg prajurit, aran wong Jayèngkewuh, lan prajurit anrangwèsthi.
Wondening prajurit ing Purwagupita, ingkang ngajêngakên priyayi bupati Jawi, kiwa têngên, lan prajurit kapatihan ingkang nindhihi Radèn Arya Adipati Suryakusuma, sami akêkapalan sadaya, têpang lan Wong Agung Purwadikara, Mahraja Jayalêlana, prajuritira sami dharat sadaya, ingkang putra Radèn Bratasena, anindhihi prajuritira, atêpang lan prajurit wirabraja brajanala, kalih prajurit tamtama, tuwin prajurit kêtanggêl, samya kapalan sadaya, anultên[24] prayayi prajurit wanodya, prasamya munggèng turăngga, rampak pipit patraping baris, para niyaka radèn ayu sêkawan, wontên ing ngarsa, sami asongsong jênar, wondening kangjêng sang prabu sang dyah rêtna ing ayuda, anindhihi wontên wingking, anitih dipăngga seta, liman kina, sangking nagari Pusrêrangin, awasta Kyai Pujăngga ginrêbêg abdi dalêm surati, tuwin abdi dalêm magrêsantun.
Wondening [Wo...]
--- [f. 19v] ---
[...ndening] wawrating dêdamêl ing tanah Jawi, kalih ing Banjarbinangun, gasal wêlasan, kathah dêdamêl ing Banjarbinangun. Lah ing ngriku, anulya tanglêd, ngantos wangsul-wangsul, saklangkung dening rame, ngantos antawis dintên.
Gangsanipun anuntên kasangêtakên malih, lajêng gêndhing plajêngan.
Anuntên karêpakên, punika pangalihipun dhatêng găngsa salendro patut sanga.
Rêp.
Wau ta sarêng katalika dhatêng prabu ing Banjarbinangun, yèn ingkang êmbok kangjêng sang prabu wanodya, tindak majêng dhatêng sura madilaga piyambak, saha kadhèrèkakên ingkang prajurit prayayi wanodya sadaya, sri nalendra alangkung sukanira, lah ing ngriku prabu ing Banjarbinangun, karsa alambung sangking ngiringan, karsa kapanggih piyambak, lan ingkang êmbok kangjêng sang prabu dèwi, lah ing ngriku Prabu Saryapamuja, anulya majêng.
Rêp.
Anuntên kawin sêkar durma kawan pada.
1. sigra mangsah Sang Prabu Suryapamuja | wong Jayèngkewuh tuwin |
--- [f. 20r][25] ---
wadya anrangbaya | sinrêgakên anulya | têdhak sangking rata rukmi | sri naranata | nulya nitih turanggi ||
2. janjan jênar pun Kaladaru wêstanya | wong patang lêksa nuli | ginritkên mring kanan | kapering sangking mêngsah | arsa nglambunga nrêpati | ya ta kawarna | sang dyah rêtnaning jurit ||
3. wus uninga yèn kang rayi Banjarrukma | arsa ngawaki jurit | ya ta dyah kusuma | têdhak sangking dipăngga | anitih Ki Sena sêkti | sang rêtnaning prang | ngasta gandhewa gadhing ||
4. prajurit wanodya sinrêgakên anulya |[26] majêng mingêr mring kering | ngrêtap[27] kang turăngga | rampak lir pêksi nêba | niyakaning para putri | catur nèng ngarsa | kudanira manirig ||
Anutên karêpakên.
Rêp.
Lajêng kaucapakên malih.
Wau ta prabu ing Banjarbinangun, ingkang karsa kapanggih piyambak lan ing kangbok kangjêng sang prabu wanodya, sarêng Prabu Suryapamuja, aningali dhatêng priyayi prajurit wanodya sêdaya, sarta aningali dhatêng ing kangbok kangjêng sang prabu dèwi, sri narendra ana têka kumênyut manahira, anglangkungi sukanira sarwi agirang-girang, [agirang-gi...]
--- [f. 20v] ---
[Sama dengan f. 19v, dengan satu sisipan lepas kosong. Teks halaman utama tidak ditranskripsi ulang.]
--- [f. 21r] ---
[Sama dengan f. 20r, dengan satu sisipan lepas bertuliskan: "Punika Sêrat Gêndhing Bêksan." Teks halaman utama tidak ditranskripsi ulang.]
--- [f. 21v] ---
[Sama dengan f. 19v, dengan dua sisipan lepas kosong. Teks halaman utama tidak ditranskripsi ulang.]
--- [f. 22r] ---
[Sama dengan f. 20r, tanpa sisipan lepas. Teks halaman utama telah ditranskripsi pada f. 20r di atas.]
--- [f. 22v] ---
[...rang,] lah ing ngriku Prabu Suryapamuja, nulya amundhut cindhe sêkar kinarya êmban-êmban, sarta amiragakakên turangganira dèn sirigakên, sarwi ngandika.
I i Jawane kang mapagake maring aku iki, wêrtane prajurit wadon-prajurit wadon iku, dene padha endah-endah tênmên[28] rupane wanodya iki, sêlawase aku ana ngalam donya, durung tumon wanodya bisa ulah prajuritan ana sadhuwuring jaran lagi iki. Ya bocah.
Inggih lêrês timbalan dalêm, kula inggih dawêg priksa punika. Sarta lungguhe padha mêrdapa, pacake kaya wong lanang, sarwi gumujêng, upama aku duwea prajurit wadon ya dhêmên, sawab akèh pakolèhe, lan akèh kang dirasakake, ya bocah.
Inggih.
Ya besuk yèn mulih maring Banjarbinangun, dak gawe prajurit wadon kang ayu-ayu, kang ênom-ênom mana, sarwi gumujêng, priye bocah priyoga.
Inggih priyagi damêl.
Nanging yèn dak pikir ora susah gawe, iki bae ya wis cukup. Sênajan anaa [a...]
--- [f. 23r] ---
[...naa] kang tiwas siji loro bare, sêtun akèh sapratêlon, ya ta pira suwene anyulihi, ya bocah.
Inggih lrêrês[29] timbalan dalêm, nêgari dalêm ing Banjarbinangun, mila kathah putri ingkang sae-sae.
Dhasar ya mêngkono ya bocah.
Igih.
Apadene kang ana ngarêp papat ika, layak ika dèn ayune, dene padha wasis-wasis têmên olèhe angrawigake jarane, luguhe[30] padha mêrdapa, biyang têka saya kumêcêr aku, sarwi gumujêng.
Mara bocah padha mêguyua.
Lah ingkang songsong pradan ika layak bok ayu ratu. Ya Bocah.
Inggih, inggih punika kangjêng bok ijêngandika kangjêng sang prabu wanodya.
Dene gêdhe têmên titihane bok ayu ratu ika, patut pamulune irêng, buntute kaya kumbala, sarta ole[31] ngrawigake jarane, dene sêmune rada malang-malang kaya brêmara angusya sari. Apadene bok ayu ratu, dak sawang têka kene jajane dene amangkah-mangkah, wêdanane mêlok-mêlok kaya rêmbulan, mandahneya ing kanane dene gumêbyar, pasthi ambune kaya mayang mêkar,
--- [f. 23v] ---
mandahneya cakotane lathine bok ayu ratu, dene cumènêl mana, mandah cakotane lidhahe dene amulur mana, sarwi gumujêng.[32]
Ya ta măngsa wurunga tak wayuh bok ayu ratu besu,apadene dèn ayune papat sakancane prajurit wadon, iya tak alap kabèh.
Sarwi gumujêng.
Wau ta kangjêng sang prabu wanodya, sarêng aningali dhatêng prabu ing Banjarbinangun, ya mangkana pangudasmaranira kangjêng sang prabu wanodya, ika yayi Prabu Suryapêmuja amapagake marang aku, sarta anggawa prajurite ingkang bêcik-bêcik, baya-baya arêp angantêp aprang, iki kancaku prajurit wadon wong walung puluh papat, dimungsuhi prajurit sêmana wong patang lêksa, tak bobot kancaku prajurit wadon kabèh kaya ora anganggo anjaluk imbuh bantu manèh amungsuh wong patang lêksa, ora kayaa yayi prabu ing Banjarbinangun. Dene lali têmên marang kadange, kakang prabu ing tanah Jawa, arêp ditêkakake wirutane,[33]
--- [f. 24r] ---
[Halaman kosong dengan satu sisipan lepas bertanda "+". Teks sisipan lepas ditranskripsi di bawah dan berlanjut pada f. 24v.]
Yamyam tilam dewataning pagulingan | sintên ingkang gadhah mêmundri ayu wrênine | king Jawi rayi sampeyan pun Suryapamuja | bok ayu ratu bok ayu ratu ||
Sêkar gadhung kêcubung lara ngedani | mung sampeyan kang dados raosing manah | bok ayu, bok ayu ||
Sarwi gumujêng.
Sêlamine kawula jumênêng nata | mung sampeyan ingkang katingal raintên dalu | ingkang kula ajêng-ajêng | awusana sampeyan rawuh piyambak | wontên nêgari ing Banjarbinangun | ciptaning manah kawula | kados amanggih kumala | gêngipun sagunung Adam | kados katêdhakan widadari sangking syarga adi mulya | bok ayu ||
Brêming taru angsoka
--- [f. 24v] ---
[Sama dengan f. 23v, disertai lanjutan sisipan lepas dari f. 24r. Hanya teks sisipan lepas yang ditranskripsi di bawah.]
prêdapa wungu | botên krama kula pindha jimat pusaka | bok ayu ratu ||
Gumujêng.
--- [f. 25r] ---
sarta polahe digawe-gawe, lah ya ditotona[34] bae, mêngko ora na ratu kawirangan. Lah ing riku kangjêng sang prabu wanodya, anulya majêng.
Rêp.
Anutên kawin sêkar durma malih, naming sapada.
Prabu kênya tansah nrêgakên sing wuntat | songsongnya di rinukmi | lir daru gumêbyar | tuhu sang murtining prang | prajurit sêkti linuwih | tan măntra yèn dyah | lir Parta mangun jurit ||
--- [f. 25v] ---
[...]
--- [f. 26r] ---
[...]
--- [f. 26v] ---
Punika pemut, kêlangênan dalêm bêksa jêbêng, ingkang rumiyin lagon sêkar barang. Anuntên kaucapakên.
Wau ta abdi dalêm dhalang ingkang kakrêsakakên cariyos wontên ing ngêrsa dalêm, inggih kakêrsakakên nyariyosakên kagêngan dalêm Sêrat Suryaraja malih, inggih kapêthik kêdhik kimawon. Wondene ingkang kapêthik sarêng kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, kalih prabu ing tanah sabrang, nagrinira ing Purwakêncana, inggih ing Ngambarkumala, sami atalêdan sakêlangkung dening rame, ngantos abantên prajurit, mantri bupati tanapi raja, lah ing ngriku anulya wontên ingkang krêsa Gusti Allah ingkang Maha Gung, dhatêng nalendra kêkalih, angèndêlakên gènira ayuda, amrih ingkang andadosakên kaarjaning nêgari, têtêp basukining nalendra kêkalih, saha wadya sêdaya, andhatêngna pirêmbag ingkang patut. Lah ing ngriku anulya kèndêl, nalendra [nale...]
--- [f. 27r] ---
[...ndra] kalih gènira ayuda, lajêng sami atêpang rêmbag, lan kawibuhan, ing mangke sampun sami priksa, nalendra kalih yèn sami ingkang wăngsa piyambak, mijil sangking ingkang eyang piyambak. Sang prabu wanodya ing Endrakêncana, punapa dening sangking ingkang eyang, sang prabu wanodya ing Ngambarkêncana, lah ing ngriku lajêng nalendra kalih gènira arukun atêpang rêmbag, dados kalih-kalihing atunggil, wontên pasanggrahan ing Băndaraja, lah punika anuntên kadhatêngan mêngsah, sangking nagari ing Ngendrabuwana, dening nagari ing Ngenndrabuwana punika, anglangkungi agêngira, wondening mêngsah sangking Ngêndrabuwana punika wawratira nanging sapara tiganira ingkang kantun, nanging prabu ing Ngendrabuwana botên tindak piyambak, awakil ingkang rayi kalih kakung lan wanodya, dening wakilira ingkang kakung akêkasih Mahraja Surya Dewawêsesa, mawi kadhèrèkakên ing para raja sèwu nêgari, tanapi rota dênawa, wondening ingkang wanodya, akêkasih Sang Prabu Dèwi Rêtna Surya Dewati, inggih mawi kadhèrèkakên [kadhèrèkakê...]
--- [f. 27v] ---
[...n] para raja sèwu nêgari, sarta ambêkta ingkang prajurit prayayi wanodya, kathahira walung dasa walu, anuntên sami mangkat sangking nagari ing Ngendrabuwana, wadyanira anglangkungi dening kathah, akêthèn ayutan awêndran abaran. Sarêng sami mangkat sangking nagari Ngendrabuwana, siti ingkang kamargèn, lampahing dêdamêl agêng, jurang ingkang lêbêt, siti ingkang mênggrê, dados radin sadaya, punapa dening wana sami gêmpur sadaya, katrajang wadyabala, tuwi[35] kèdêk kèlês, dening liman turăngga, rata sêkatha, anuntên dumugi pasisirira nêgari ing Ngendrabuwana ingkang wetan, dening pasisir punika, têbihira sangking nêgari Ngendrabuwana, lêlampahan sangang wulan, pangalèripun inggih rêmi[36] pangidulipun lampahan sataun, sangking nêgari Ngendrabuwana, pangilènipun ragi mangidul, anglangkungi sangking têbih, dening ingkang mangetan sarêng katindakan nalendra kalih, sawadyanira, naming dipun lampahi pitung dintên. Dumugi pasisirira, nagari ing Ngendrabuwana ingkang wetan, dening lampahing dêdamêl têntaa kapêlak utawi kapêlak [ka...]
--- [f. 28r] ---
[...pêlak] apan botên, lumampah sapêkantukipun kimawon. Dening sakathahing wadyabala sarêng pirsa, yèn lampahira dumugi pasisir wetan, sami kagèt sadaya, wondening sakathahe para raja, sami kadhawahan parentah angambang sêgantên, anglalar margi, wondening pasisir ing Ngendrabuwana, ingkang wetan punika, têbihira sangking pasisir ing Purwakêncana, ingkang kilèn, alêlampahan tigang wulan. Sarêng ingkang margi, kalalar dhatêng para raja, alangkungi[37] pakèwêdipun,inggih wontên margi ingkang gampil mêngalèr lajêng menggok mêngetan, anglangkungi têbihipun, nanging sri nalendra kalih, botên angrêsakakên, kêdah nênggêl angetan lêrês kimawon. Lah ing ngriku sakathahing para raja, ingkang sami anglalar margi, sami kaundurakên sadaya, lah ing ngriku nalendra kalih, anulya tindak amrêpêki sêgantên, karsa amêntarakên pangwasa, anambak sêgantên, badhe kadamêl radinan. Wadyanira sami wontên [wontê...]
--- [f. 28v] ---
[...n] wingking têbih, wau ta sarawuhira nalendra kalih, wontên ing pasisir, ingkang alun sami anêmbrama, punapa dening isi-isining sêgantên kados ta ulam-ulaman karang-karangan, sami anêmbrama sadaya, dhatêng nalendra kalih.
Wau ta kocapa wontên parang, rakitira kados liman pinêlanan, sami majêng mangetan ajajar kalih, nanging botên têbih, sarta kaidrêran ing pudhak tanapi pandhan. Lah ing ngriku sang nalendra kalih, lajêng sami minggah dhatêng sela liman, sami jumênêng majêng mangetan, anênêdha ing Sukma ingkang linuwih.
Lagon.
Lah ing ngriku Prabu Surya Dewawêsesa, anulya sidhakê[38] asuku tunggal, anutupi babahan nawa sa,[39] amatèni păncadriya, pănca lêlima driya angên-angên, amatèni nêpsu kang limang prakara, êndi ta dununge, yah ăngga tan obah, atutuk tan ngandika, agrana tan anggănda, anetra tan [ta...]
--- [f. 29r] ---
[...n] aningali, talingan tan amiyarsa.
Tis agranasika, tis marang paningal, grana irung, sika pucuking irung, nanging sapucuking grana, ingkang pinancêr ing tingal, gènira angumpulakên tingal kalih kadadosakên satunggil. Lah ing ngriku sampun amor, lan Sukma Yyang Kang Wisesa, yèn ta amora dadi jumbuh, nanging yèn tan amora dadi nglangut panêmbahe, lah ing ngriku Prabu Surya Dewawisesa, sampun katrima panêdhanira, ing Sukma Yyang Kang Linuwih, punapa ingkang dèn cipta angin.
Sriwing, sriwing, sriwing.
Angin ingkang angilangakên gandaning kêmbang, maruta angin ingkang gawa gănda wangi, samirana angin ingkang angilangakên karingêt, bayu angin ingkang nêkakakên bayu, wrêrayang angin ingkang gawa lêlara, banamarga angin ingkang ngampad dêdalan, lesus angin ingkang ngibrêrakên kêleyang, plahara angin ingkang ngrungkadakên kêkayon, alimawar angin ingkang anglèngsèrakên sêgara, sindhung angin ingkang ambêdholakên gunung, wondening sapunika, ingkang dipun cipta angin sindhung, lah ing ngriku tan pantara anulya dhatêng.
Bêg-grêbêg, bêg-grêbêg, grêbêg-grêbêg.
--- [f. 29v] ---
Anuntên găngsa plajêngan, lajêng karêpakên.
Rêp.
Wau ta lampahing angin, sêmu-sêmunira,[40] kados ta jalma kadhawahan parentah, sarta anguwuh rowangira, kang kantun kinèn anusul ing pêdamêlan. Syaranira kadya grêrah angèbêki ing akasa, angin ingkang sangking kilèn mangetan, ingkang sangking wetan mangilèn, angin ingkang sangking kidul mêngalèr, ingkang sangking lèr mangidul. Ingkang angin sami ulêng-ulêngan, wontên sanginggiling ardi sèwu, lah ing ngriku ingkang ardi sèwu, anulya kapusus ing angin sindhung, ingkang ardi sèwu sadaya sami obah.
Wau ta ingkang ardi sèwu, sarêng kapusus ing angin sindhung, anulya bêdhol sadaya.
Gur. Gur. Gur.
Lah ing ngriku, sarêng bêdholira ingkang ardi sèwu sangking pratala, syaranira kaya ngrubuhna ngakasa, lajêng sami mumbul ing jomantara, ardi ingkang wetan, mangilèn, ardi ingkang kilèn, mangetan, ardi ingkang kidul sami mêngalèr, ardi ingkang êlèr sami mangidul. Ingkang ardi sami
--- [f. 30r] ---
aliwrêran, aulêng-ulêngan, wontên ing awiyat. Sêmu-sêmunira, kados ta, jalma kakarsakakên agêgêlak padamêlan. Sawênèh mawêntus sami ardi, syaranira anglir pendah gêlap sèwu, kaya ambêntarna pratala.
Lah ing ngriku sakathahing bêbujêngan wana, ingkang wontên sanginggiling ardi, sami kagèt kabrasat sadaya, tanbuh polahira, punapa dening sawarnining pêksi igih sami kagèt kagegeran sami mabur sadaya, aulêng-ulêngan wontên ing jomantara, wênèh mabur angilèn, ngetan ngidul ngalèr, wondening godhonging kêkajêngan, punapa dening sasêkaranira, sami rotag, gagrog[41] sadaya, mawur, miwah kocaking toya têlaga, sumiratira awor lan mawuting sasêkaran, dhawahira ing buntala[42], kados ta puspa warsa, wondening ardi ingkang tanglêd sami ardi sumyur ing tataling ardi, dhawah ing buntala, kados ta udan awu, ngantos anglimputi sang yyang pratonggapati, lan wontên ardi panggenaning sasêkaran, sarêng lumampah ing jomantara, yèn tiningalan sêmu-sêmunira, kados ta kêmbar mayang kadamêl ngarak pêngantèn, lan wontên ingkang ardi kadya sang dyah kinosya dening priya, mawuring sêkar-sêkaran,
--- [f. 30v] ---
lir kukêl[43] tulya kawêdhar, wondening ingkang brêmara umung, lir pamisêking dyah akarya rimang, kocaking têlaga, kadya luh kabarabas dhawah ing salang-salang, wondene kêkawênging mega, kasingsal lir sang dyah tulya kawudan dening sakathahing wadyabala, sarêng aningali solahing arga, sarta amirêngakên syaranira, manahira sami miris sadaya, lan akathah wadya ingkang sami dhawah, wênèh lajêng kalêngrê[44] gumuling ing pratala, sawab sangking sangêting lindhu, sarta kagêntur ing syara, ingkang sangsaya manahing wadyabala sami giras. Wondening sakathahing para raja, bupati, sarêng sami aningali solahing ardi, wontên ing jumantara, sarta syaranira kadya jalma surak, sami eram sadaya, lan asuka-suka manahira, lah ing ngriku ingkang ardi sèwu anulya dhawah ing samodra jumêgur syaranira, kocaking toya samodra, kadya kinêbur, sumiratira ing toya, ngantos angungkuli ardi, wangsuling toya kang sumirat dhawah ing samodra, kados jawah, obahing toya, saisi-isining sagantên, sami kagegeran sadaya, lah ing ngriku ingkang ardi sèwu, sampun tata atap dhêndhêng munjur[45] mangetan, sangking pasisir ing Ngendrabuwana [Nge...]
--- [f. 31r] ---
[...ndrabuwana,] têpi dumugi pasisir Purwakêncana.
Lagon.
Wau ta sarêng sampun katambak, anuntên kadamêl lêlurung tundha pitu, ingkang kidul tigang tundha, ingkang êlèr tigang tundha, ingkang têngah ingkang nginggil piyambak satundha, sasampunira dados lêlurung tundha pitu, anulya sang dyah sang prabu wanodya, ingkang angrêsakakên angrêga[46] tambak kinarya taman, dening taman punika sasêkaranira pêpak sadaya, punapa dening têtanêmanira pala gumantung, pêpak sami mawohi sadaya, dening lêlurung tundha pitu punika, pinggiranira sadaya, sami karakit taman, amawi toya umbul, tlaga mêmbêng, toya pancuran, toya bèji, myang tlaga lari, dèni[47] têtanêmanira, pala gumantung panggènanira, ing pinggir pisan. Lah ing ngriku nalendra kalih, anuntên sami mangkat sawadya, sakosyala, lampahing dêdamêl inggih amara pitu, ingkang mêdal lêlurung ingkang kidul pisan, tuwin lêlurung lèr ingkang ngandhap, rasêksa, dening ingkang mêdal [mêda...]
--- [f. 31v] ---
[...l] lêlurung ing nginggilira punika, para raja tuwin ararya bupati sawadyanira sadaya, dening lêlurung ingkang nginggil pisan tindakira sang tunggul nalendra kalih, nanging kadhèrèkakên ing wadyanira kêdhik, sarta ingkang prajurit prayayi wanodya. Wondening sakathahe prayayi prajurit wanodya, sarêng sami ngambah ing taman tambak, sami aningali sakathahing wowohan, pala gumantung pêpak sami mawohi sadaya, kados ta manggis durèn, năngka, salak, pêlêm pakèl, kuwèni, utawi jambêt, pijêtan, jêram dhuku, sawo, kapundhung, kokosan, jirak, kêpêl, rambutan, sami nêdhêng mangsanira amatêng sadaya, puna[48] dening pala kasimpar, sêmăngka, timun, krêrai, sami nêdhêng mangsanira kaundhuh, sarta aningali saening taman, ingkang toya umbul, tlaga mêmbêng, toya pancuran, toya bèji, myang tlaga lari, tanapi sêsêkaranira, sakathahing para putri, saklangkung sami rêmên sadaya, lah ing ngriku sakathahing para putri, sami angudhuhi [angundhuh...]
--- [f. 32r] ---
[...i] wowohan, sakarsanira piyambak-piyambak, lajêng sami adhahar, punapa dening sakathahing parêkan inggih sami angundhuhi wowohan, sasênêngira piyambak-piyambak, lajêng sami katêdha, wênèh wontên parêkan ingkang adoyan durèn arêbatan durèn, ingkang doyan năngka arêbatan năngka, lyaning kang arêbatan salak, sami kenging ngrêri awakira ngantos balur-balur, sawênèh wontên parêkan kaduk doyan pête jengkol, sami arêbatan pête jengkol, lajêng sami katêdha syaranira pating kalêthus, wontên ingkang rêbatan kapundhung manggis pijêtan, ngantos gablog-ginablog, cakar-cinakar, sami jêngkang-jinêngkangakên, wênèh dhawah gulung-ginulungakên, saklangkung dening rame, sinjangira kathetheran tan tinolih, kagungane katon tan kaetang, abdi dalêm dhalang ngantos botên sagêd anyariosakên, lan angraosakên, ngantos nyomlo kimawon. Wondening sakathahing para putri, sasampunira adhahar wowohan, [wo...]
--- [f. 32v] ---
[...wohan,] lajêng sami asiram, wontên ingkang siram toya umbul, ingkang siram ing têlaga lari, wontên ingkang siram ing toya pancuran, wontên kang siram têlaga mêmbêng, wênèh siram ing bèji, sami asukan-sukan acêciblon, wontên salêbêting toya sami anglangkungi sukanira, samêntasira siram, lajêng sami amundhuti sêkar-sêkaran, mênur lan gambir mêlathi, punapa dening sêkar sanèsipun punika, sami arêrêbatan sêkar, wontên ingkang kadamêl ukêl, wênèh kang kadamêl cundhuk, wênèh kaanggit kaonce-once. Wondening sang tunggul nalendra kalih, sarêng sami aningali, sakathahe ingkang para putri, sami angundhuh wowohan, tanapi ingkang siram ingkang arêrêbatan, sêkar parêkan rêbat wowonan, sri nalendra anglangkungi sukanira.
Wau ta sakathahing wadya sarêng sami ngambah ing taman tambak, sami eram sadaya, aningali saening pratamanan, dening panjanging tambak punika, têbihira sangking pasisir Ngendrabuwana wetan, dumuginira pasisir ing Purwakêncana ingkang kilèn, alêlampahan [alêlam...][49]
--- [f. 33r][50] ---
gari[51] ing Banjarbinangun, dening jêjulukira inggih têtêp kados panjênênganira ingkang rama rumiyin, Mahraja Suryapamuja, anglangkungi kasudigbyanira, sêkti amăndraguna, lan agadhah marasêpuh, wong agung ing Diradapura, Mahraja Tilambara, inggih anglangkungi sura sudigbya, sêkti amăndraguna, yèn kala majêng sura madilaga, yèn tanglêd ing jumantara, anitih pêksi garudha, yèn têrkadhang pisah lan titihanira, yèn tanglêd ing dharatan anitih titihanira dipăngga, trêkadhang dharat kimawon. Kalih dening Prabu Tilambara punika, agadhah putra kakung kêkalih, anama Radèn Endrajala, kalih Radèn Endrasena, inggih sami anglangkungi kasêktènira, mèh sami lan ingkang rama.
Wau ta amangsuli kandhanira ing nguni, mila prabu ing Banjarbinangun balik, purun amêngsah dhatêng ingkang raka, kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, Prabu Suryapamuja punika dhasar ambêk adigung, dening anglangkungi kasudigbyanira, sêkti amăndraguna, kalih dene wawratira nêgari ing Banjarbinangun, sami lan nêgari ang[52] tanah Jawi, wibuh kagasah dhatêng ingkang rama marasêpuh, prabu ing Diradapura, Mahraja Tilambara, lan kawibuhan [kawibuha...]
--- [f. 33v] ---
[...n] malih Prabu Suryapamuja, angandêlakên pasêdherekanira prajurit Prêsman lan Anggris. Mila prabu ing Banjarbinangun kadugi amêngsah dhatêng ingkang raka kangjêng sang prabu ing Purwakăndha, malah-malah sarerehanira para raja sèwu nêgari sadaya, sampun sami kadhawahan sadhiya ing aprang, samăngsa-măngsa kalanggar dhatêng prajurit ing tanah Jawi, badhe kapêthuk ing ayuda.
Ri sampuning kadya sapunika sarêng kangjêng sinuhun ing Purwagupita mirsa, yèn ingkang rayi ing Banjarbinangun balik, kangjêng sri nalendra anglangkungi dening gêgêtun angungun ing galih, dene ingkang rayi anglampahi kados mêkatên, malah kangjêng sang prabu ing tanah Jawi sampun aputusan, saha amawi sêrat, animbali ingkang rayi prabu ing Banjarbinangun. Lah ing riku kangjêng sang prabu ing tanah Jawi anulya tindak anglanggar, badhe anggitik nêgari Banjarbinangun, kadhèrèkakên ingkang putra sêntana, tuwin abdi dalêm bupati Jawi lêbêt, lan para raja ing tanah Jawi sasèwu [sa...]
--- [f. 34r] ---
[...sèwu] nêgari kawon, sami kaplajêng sadaya, radèn kalih anulya wangsul sewan angaturi uninga dhatêng ingkang rama, yèn biting Selaguntur sampun tugêl, sarta dêdamêl ing Banjarbinangun sampun dhadhal sadaya, kajêng sri nalendra sakêlangkung lêga galihira, anuntên Radèn Wasi Jayapurnama anyaosi wot sawêr, badhe kadamêl margi tindakira ingkang rama, tuwin prajurit ing tanah Jawi sadaya, wondening sawêr punika yèn kala amusthi agênging awakira, udakawis sagunung anakan, dene panjangira yèn mênggaha dharatan, lampahan kawan ojotan[53] lampahing turăngga, anuntên katindakan dhatêng ingkang rama, punapadene prajurit ing tanah Jawi sadaya, sasampunira ngancik têlatah ing Banjarbinangun, kangjêng sri nalendra ing tanah Jawi, amêsanggrahan wontên ing Selaguntur, nanging amung sakêdhap, anuntên tindak majêng malih, kangjêng sri nalendra antawis lampahan kalih dintên, amêsanggrahan malih wontên ing Selagurniti.
Anuntên lagon.
Wau ta prabu ing Banjarbinangun, sarêng mirsa aturira para raja sèwu nêgari, lan aturira bupati ing Banjarbinangun, ingkang sami kaplajêng sangking biting ing Selaguntur
--- [f. 34v] ---
yèn nêgari wangsul sampun kabêdhah dhatêng kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, rajanira kasambut ing ayuda, ingkang putra kakung sampun takluk, lajêng kajênêngakên raja, wontên nêgari Wangsul, sarta biting Selaguntur bêdhah sri nalendra sakêlangkung dukanira, lan kawibuhan malih Prabu Surya Pamuja sarêng mirsa yèn ingkang raka kangjêng sang prabu ing tanah Jawi sampun amêsanggrahan wontên ing Selagunturniti.
Lah ing ngriku prabu ing Banjarbinangun, akarsa mêthuk yudanira ingkang raka, kangjêng sri nalendra ing tanah Jawi, anulya tindak badhol sawadya sakosyala, sarta kadhèrèkakên para raja sèwu nêgari sadaya, punapadene ingkang rama marasêpuh, prabu ing Diradaradapura,[54] tuwin pasêdherekanira, prajurit Prêsman lan Nganggris, inggih sami andhèrèk sadaya, sarêng tindakira antawis lampahan satêngah wulan, sri nalendra angrêsakakên lêrêb amêsanggrahan wontên ing Selarambat. Wondening pasanggrahan ing Selarambat punika, têbihira sangking pasanggrahan ing Selagunturniti, antawis lamapahan[55] kalih likur dintên.
Wau ta kangjêng sinuhun ing tanah Jawi [...][56]
--- [f. 35r] ---
[...pahan] tigang wulan, sarêng katindakan nalendra kalih sawadyanira, nanging kalampahan sadintên, dumugi pasisirira nêgari ing Purwakêncana, ingkang kilèn, dening lampahing wadyabala tênta kapêlak utawi karêmbênakên batên, lampahira inggih sapêkantukipun[57] kimawon. Mila sakathahing wadyabala, sarêng sami pirsa yèn lampahira dumugi têlatah Ngambarkumala, sami kagèt sadaya, lah ing ngriku prabu kêkalih, nuntên sami mêntas ing dharatan, bawah ing Purwakêncana, antawis lampahan tigang dintên, sangking pasisir, nalendra kalih sami amêsanggrahan, anuntên mangkat malih, nanging Prabu Surya Dewawêsesa, botên angrêsakakên amêntarakên pangwasa, angripak lêlampahan, lampahing dêdamêl lumpah[58] sapêkantukipun kimawon. Mila Prabu Surya Dewawêsesa batên angrêsakakên, angripak lêlampahan, sawab sampun angambah têlatahing mêngsah, mênawi kawêstan[59] anumbak tambuh, sawab ingkang mêngsah kasêsa, kirang pranataning ayuda, dados kuciwa, sawab sami ratu prajurit linuwih.
Wau ta sarêng tindakira antawis sawulan, anuntên amangsanggrahan wontên Ngardi Manikcăndra, wondene pasanggrahan Ngardi Manikcăndra punika, ingkang sami anggarap, sawêrnènipun jim ing tanah sabrang, bawah ing Ngendrabuwana sadaya, mila sasampunira
--- [f. 35v] ---
dados ingkang pasanggrahan, anglangkungi bagusira, sarêng sampun antawis lami, anuntên mangkat malih sangking pasanggrahan Manikcăndra, nanging lampahing baris ing Ngendrabuwana, kapalih, ingkang sapalih badhe anggitik dêdamêl ing Purwagupita, ingkang sapalih badhe anggitik dêdamêl ing Wurwakêncana.[60]
Lagon.
Wau ta kangjêng sang prabu ing tanah Jawi, punapa dening prabu ing Purwakêncana, ingkang badhe kadhatêngan parangmuka, sangking nêgari Ngendrabuwana, wondening prabu ing Ngambarkumala, inggih kêrsa tindak piyambak, amêthukakên parangmuka saking nêgari Ngendrabuwana, anuntên ingkang rayi ingkang kinarya patih, ingkang ngêdhathon kilèn. Sintên ta dasanamane, dasa sapuluh nama aran, akêkasih Mahraja Păncarêsmi, igih Mahraja Păncarêsmi, inggih Mahraja Păncaasmara, inggih Păncasubrăngta, inggih Prabu Partasuteja, punika anênggulang tindakira ingkang raka, prabu ing Purwakêncana, nanging ingkang raka batên anglilani, kêdah tindak amêthukakên parangmuka piyambak. Prabu Păncarêsmi mêksa panuwunira, kêdah anênggulang tindakira ingkang raka, mila Prabu Păncarêsmi mêksa panuhunira gènira anênggulang tindakira ingkang raka, sawab nêgari ing bang kilèn punika, rerehanira Prabu Păncarêsmi sadaya, ing mangke kantos kaancikan parangmuka, raosipun lingsêm dhatêng sasami-sami, kalih dening anglangkuni[61] jrahira dhatêng ingkang [ing...]
--- [f. 36r] ---
[...kang] raka, lah ing ngriku nulya kalilan panuwunira Prabu Păncarêsmi, lajêng kakêrsaksakên[62] dados wakil, senapati ngayuda, sarta kapatêdhan wulucumbu ingkang parpat kêkalih, ingkang sêpuh awasta Bagus Kentholbadranaya, ingkang anèm awasta Bagus Kentholbadragati, dene rerehanira bupati lêbêt batên wontên andhèrèkakên. Wondene ingkang dhèrèk rerehanira bupati jawi sadaya, lan rerehanira para raja sèwu nêgari ing bang kilèn sadaya, lan dipun bantoni para raja sèwu nêgari bang lèr, sabupatinira jawi, lan kabantonan para raja sèwu nêgari bang wetan, sabupatinira jawi, punapa dening rajaning dênawa bang kidul, sabupatinira jawi, inggih sami kabantokakên sadaya.
Nanging nalendra patih tiga sakancanira bupati lêbêt, lan prajurit lêbêt sadaya, tanapi para putra-putra, sawadyanira sadaya, ingkang batên tumut kabantokakên. Wondene kangjêng sang prabu ing Purwagupita, inggih badhe tindak piyambak, amêthuk parangmuka sangking nêgari Ngendrabuwana, sarêng kangjêng sang prabu angrêsakakên tindak mêthuk parangmuka piyambak, rahadèn arya adipati, punapadene kangjêng sang raja pinutra, atanapi para raja-raja sadaya, muwah abdi dalêm bupati jawi lêbêt, unjukira yèn ngantosa kangjêng sri nalendra tindak amêthuk parangmuka piyambak, [piyamba...]
--- [f. 36v] ---
[...k,] sami asangêt panuwunipun. Mila sapunika sawab, ingkang raka prabu ing Purwakêncana, batên tindak piyambak, awakil ingkang rayi prabu Păncarêsmi kimawon. Wondening prabu Păncarêsmi punika, inggih anama raja nanging pêpatih, dados kandhap, sawab katimbangan pêpatih, wondening saosanipun unjuk wakil Rahadèn Arya Adipati Suryakusuma, putra dalêm sang rajaputra, tanapi ingkang rayi-rayi, muwah para raja-raja sadaya, nanging kangjêng sri nalendra batên angrêsakakên, krêsa anindaki amêthuk parangmuka piyambak. Mila sapunika sawab, mêngsah sangking Ngendrabuwana punika anglangkungi agêng, yèn angrêsakna wakil kakintên yèn batên nyanggi wawratira dêdamêl ing Ngendrabuwana, kalih dening dêdamêl ing Purwagupita, katimbang kalih dêdamêl ing Purwakêncana, agêng dêdamêl ing Purwakêncana, yèn angrêsakna wakil ingkang putra-putra, punapadene yèn awakila para raja-raja, dados kandhapan. Wondene ing mangke ingkang krêsa kanjêng sri narendra, awakil ingkang garwa kangjêng sang prabu dèwi, ingkang sangking nêgari Cina, ingkang kakrêsakakên dados senapatining ayuda, dêdamêl agêng katimbang kalih adi, sawab dening senapati wanodya, dados anyamèni kalih dêdamêl ing Purwakêncana, malah luhur senapati wanodya, kalih dening malih ingkang badhe kapêthukakên ngayuda sumêrêp, nanging têksih nyêka[63] bawanipun [bawa...]
--- [f. 37r] ---
[...nipun] karoban ing tanglêd. Wondening ingkang kêrsa kangjêng sri nalendra, kapasrahakên, kalindhungakên ing Allahu Tangala.
Wondening Rahadèn Arya Adipati Surya Kusuma, punapa dening kangjêng sang raja pinutra, inggih anyuwawèni, lah ing riku kangjêng sang prabu dèwi anulya tindak, sangking pasanggrahan ing Băndaraja, saha ambêkta ingkang prajurit priyayi wanodya, kathahira walung dasa sêkawan, lan kabêktan wulucumbu ingkang pêrpat kêkalih, ingkang sêpuh awasta Bagus Kentholsupala, ingkang anèm awasta Bagus Kentholsupali, punapa dening kangjêng pangeran adipati ing tanah Jawi, sasêntananipun sadaya, inggih sami kakêrsakakên andhèrèk, tuwin abdi dalêm bupati jawi lêbêt, muwah bupati pasisir măncanêgari, tanapi para raja-raja, ing tanah Jawi sadaya, lan para raja ing tanah sabrang, ing Banjarbinangun, sarerehanira para raja sèwu nêgari, sami andhèrèk sadaya, wondening ingkang jumênêng nata wontên nêgari ing Banjarbinangun punika, putra dalêm ingkang sangking asrama, Radèn Wasi Jayapurnama, akêkasih Mahraja Pujalêngkara, wondening ingkang jumênêng nata wontên nêgari ing Batarêtna, putra dalêm ingkang sangking nêgari Cina, akêkasih Mahraja Suryawigêna, inggih andhèrèk sarerehanira, para raja sèwu nêgari sadaya, dening Radèn Wasi Jayalêdara, jumênêng nata wontên nêgari ing Rancangkêncana,
--- [f. 37v] ---
akêkasih Prabu Măndralêngkara, nanging kakrêsakakên dados nalendra miji, dhatêng ingkang rama, inggih andhèrèk sawadyanira sêdaya, wondening ingkang jumênêng nata wontên nêgari ing Pusrêangin, putranira Prabu Jayalêlona, akêkasih Prabu Jayaparusa, ajêjuluk Mahraja Prabu Jaka, inggih andhèrèk sarerehanira, para raja sèwu nêgari sadaya.
Wau ta tindakira kangjêng sang prabu wanodya, ing tanah Jawi, punapa dening tindakira Prabu Păncarêsmi, sarêng antawis lampahan kalih wulan, kangjêng prabu dèwi, amêsanggrahan wontên ing Guntursawit, dening Prabu Partasuteja, amêsanggrahan wontên ing Gunturwarih, wondening sang tugul[64] nalendra kalih, ing Ngendrabuwana, sang prabu dèwi amêsanggrahan wontên ing Gulamilir, dening Prabu Surya Dewawêsesa amêsanggrahan wontên ing Sambijêne, sangking ing Ardi Manikcăndra, lêlampahan kalih wulan. Lah ing ngriku nalendra senapati sêkawan, anulya sami majêng malih, antawis lampahan sawulan, kangjêng sang prabu dèwi ing tanah Jawi, amêsanggarahan wontên ing Gunturmadu, wondening ingkang garap pasanggrahan punika, sawêrnènipun jim ing tanah Jawi, tanah sabrang, ingkang kabawah dhatêng ing tanah Jawi sadaya, mila ingkang pasanggrahan anglangkungi dening bagusira, punapa dening Prabu Păncarêsmi, amêsanggrahan wontên ing Selagiri, ingkang garap pasanggrahanira [pasang...]
--- [f. 38r] ---
[...grahanira] inggih jim ing tanah sabrang bawah ing Purwakêncana, punapa dening jim ing tanah sabrang bawah ing Ambarkêncana sadaya, ingkang pasanggrahan inggih anglangkungi bagusira, wondene nalendra senapati kalih, ing Ngendrabuwana, Sang Prabu Dèwi Rêtna Surya Dewati, amêsanggrahan wontên ing Găndamanik, dening Prabu Surya Dewawêsesa, amêsanggrahan wontên ing Găndasura, wondening ingkang garap pasanggrahanipun nalendra kalih punika, sawêrnènipun jim ing tanah sabrang, bawah ing Ngendrabuwana sadaya, ingkang pasanggrahan sami anglangkungi bagusira, lah ing ngriku sri nalendra senapati sêkawan, anulya sami majêng malih, antawis lampahan nyadasa dintên, sami langkung samadya ari, nulya dumugi ing ranagana[65], awasta ing Ardi Maniklaya, prajurit ing Purwakêncana, lajêng sami atata baris, wontên sakiduling Ardi Maniklaya, wontên ing ara-ara awasta ing Băndasena, barisira wontên wetan. Prajurit ing Ngendrabuwana, barisira wontên kilèn, dening rota dênawa ing Ngendrabuwana, dènira ajêng-ajêngan lan dênawa ing Ngambarkumala wontên kidul pisan, sangking Băndasena antawis lampahan kalih dintên, awasta ara-ara ing Kumbalarêtna, dening prajurit ing tanah Jawi, kalih prajurit ing Ngendrabuwana, ingkang sami ajêng-ajêngan wontên salèring Ardi Maniklaya, awasta ara-ara ing Kumalawêdhar, nulya sami atata baris, dening prajurit ing Purwagupita, barisira wontên wetan, prajurit ing Ngendrabuwana barisira [barisi...]
--- [f. 38v] ---
[...ra] wontên kilèn. Wau ta sang nalendra senapati sêkawan, sarêng sami aningali tataning baris, ana têka mèsêm sajroning galih.
Wau ta sri nalendra senapati sêkawan, sarêng sami majêng amrêpêki baris, tindakira ana têka rangu-rangu.
Wau ta sakathahing prajurit ing tanah Jawi, atanapi prajurit ing tanah sabrang sadaya, sampunira sami atata barisira, ana têka kumrangsang manahira.
Gêndhingipun têksih longgor lasêm, utawi gêndhing rangu-rangu, utawi gêndhing rangsang.
Anuntên karêpakên.
Rêp.
Wau ta ingkang ajêng-ajêngan wontên sakidul Ngardi Maniklaya, lajêng acampuh yuda, sakêlangkung dening rame, wondening ingkang kinarya tanglêd punika sênjata, dening sênjata punika, tênta angangge sênjata alit, krêbin utawi sênjata bainèt apan batên, ingkang kaangge tanglêdan sênjata mariyêm, pintên-pintên mariyêm ing Purwakêncana, ing Ngendrabuwana, atusan aewon. Wondening mimisira sênjata mariyêm punika, agêng-agêngira saêjun-êjun, sajêruk gulung, alit-alitara[66] sajêram lêgi, [lê...]
--- [f. 39r] ---
[...gi,] dening yèn kawawrat èstingarahira, sangking agêng-agênging maryêm lan kathahing mimis, akathah wadya ingkang pêjah kenging sanjata, saprandening sapunika kêdhik ingkang pêjah, kenging sênjata, wondening gènira tanglêd, wiwit wanci pukul walu enjing, sarêng wanci pukul sawêlas kèndêl, wadya alit lajêng sami anêdha sêkul ulam utawi panganan, dening para raja, punapa dening bupati-bupati inggih sami adhahar sêkul ulam, wênèh ngunjuk wedang tèh dhahar kuwih-kuwih, mawi adhahar roti, utawi dhêdharan wowohan, sawênèh angunjuk arak, utawi anggur, sarta kauyu-uyu ing gamêlan. Nanging narendra senapati kalih, têksih sami manggung wontên titihanira, kuda sêmbrani, sarta kasongan ing mega pêthak, kaplisiran ing kêkuwung obar-abir, ing têngah nginggil mawi teja ngadêg, sêmu-sêmunira kados ta bangsal witana katratagan, saha pinajang-pajang, anglangkungi dening bagusira, lan mawi kaserang [ka...]
--- [f. 39v] ---
[...serang] kilat thathit, andaru kalamêrcu, murub cahyanira, kang lumiyat rêrêm kaparêm. Sang yyang surya kasor sênênira, merang dening unjyala.[67]
Wau sarêng wanci pukul kalih, majêng tanglêd malih, wanci pukul gangsal bubar, samarga-marga sami angungêlakên gamêlan, ngantos dumugi ing pasanggrahan, lajêng sami asukan-sukan. Wondene prajurit ing tanah Jawi, ingkang tanglêd kalih prajurit ing Ngendrabuwana, wontên salèring ardi, sanès patrapira, dening prajurit ing Ngendrabuwana, animbangi patrapira prajurit ing tanah Jawi kimawon, dening tanglêdira priyayi prajurit wanodya, patrapira inggih sami kalih ingkang tanglêd wontên sakiduling ardi, tanglêdira wanci pukul walu, enjing, kèndêlira inggih pukul sawêlas, inggih mawi dhahar sêkul ulam, dhêdhaharan kuwih-kuwih, sarta adhahar roti, utawi dhêdharan wowohan, angunjuk wedang, adhahar manis-manisan. Wontên ingkang angunjuk anggur, sarta kauyu-uyu ing gamêlan, nanging kangjêng sang prabu wanodya
--- [f. 40r] ---
senapati kalih, têksih sami manggung wontên titihanira kuda sêmbrani, sarta kasongan ing mega pêthak, kaplisiran ing kêkuwung obar-abir, ingkang têngah nginggil mawi teja angadêg, sêmu sêmunira kados ta bangsal witana katratagan, sarta pinajang-pajang, anglangkungi dening bagusira, lan mawi kaserang ing kilat thathit, andaru kalamêrcu, murub cahyanira, kang lumiyat rêrêm kaparêrêm. Sang yyang surya kasor sênênira, merang dening ujyala.[68]
Wau ta sarêng wanci pukul kalih majêng tanglêd malih, bubarira wanci pukul gangsal, samarga-marga mawi angungêlakên gamêlan, ngantos dumugi ing pasanggrahan, lajêng sami asukan-sukan.
Wau ta saajêngira malih, prajurit wanodya ing Ngendrabuwana, anulya kapêthukakên, dhatêng priyayi prajurit wanodya ing tanah Jawi, anulya sami-mi[69] majêng, lajêng campuh yuda saklangkung dening rame.
Gangsanipun anuntên kasangêtakên malih.
--- [f. 40v] ---
Nanging têksih gêndhing longgor lasêm, utawi gêndhing rangu-rangu, utawi gêndhing rangsang. Anuntên gêndhing plajêngan.
Sarêng sampun tanglêd kaping kalih anutên karêpakên.
Rêp.
Wau ta sang dyah kusuma niyakaning prajurit wanodya, ing tanah Jawi, tanapi sang dyah kusuma niyakaning prajurit wanodya ing Ngendrabuwana, ingkang sami ayuda, ingkang kajênêngan kangjêng sang prabu wanodya senapati kalih, sakêlangkung dening rame tan wontên ingkang kuciwa, ya si pranyata yèn sami prajurit wanodya utama, tur sami sura sudigbya, asêkti amăndraguna, yèn mênggaha sawung utawi pêksi gêmak, sampun sami wudhu, sapunika amêngsah sami saenipun. Lah ing ngriku yudanira dadya sampyuh.
Pyuh.
Wau ta sang dyah kusuma, niyakaning prajurit wanodya ing Ngendrabuwana, ingkang karaos têksih rêkat sariranira, sarêng kasilir ing măndra maruta, anulya jumênêng.
Ge prang sasa mawi gantya surèng ayuda | dèn prayitna amungsuh sami wanodya | mungsuh sami prajurit wanodya utama | bêndara ||
--- [f. 41r] ---
Ge găndayoni | mardăngga syarèng kusuma | sêsambatnya lir gêndhing barang asmara | asmara ing ranagana | wong ayu ||
Ge găndamarum | puspita anjrah ing jiwa | tiksyèng lungid lir siniram gănda wida | lir winêdhar dening priya | wong ayu ||
Ge kumalarum panranging astra sênjata | dyah kalêsyan lir kinosya dening priya | marlêsu rasaning jiwa | kusuma ||
Ge lah kantuna | mukti sari nyakrawati | baudhêndha | kawula amit palastra | palastra ing ranagana | palastra ing adilaga | wong agung ||
Ge jait netra sasăngka katrang ing mega | tingal lindri wêdana agawe brăngta | kongas waja suteja kadya mutyara | kumênyut agawe brăngta | wong ayu ||
Ge sêkar sukma | gumilir ing jiwa radya | dèrèng lêpas sukmane layang-layangan | sarira katon gumawang | bêndara ||
Ge Sukmanăngsa janantya pirda swarajya | antènana wong agung ing lawang syarga | antènana nalendra ing lawang syarga | sampun cidra ing ubaya | wong agung ||
Sukma rasa mutyarsa sajati mulya | wong agung |
--- [f. 41v] ---
kapanggiha ing alam kang anung mulya | kang têtêp langgêng saharjya | syarga nraka sampun pisah lan panduka | wong agung ||
Rêp.
Wau ta sang dyah kusuma, niyakaning prajurit wanodya ing tanah Jawi, sarêng kasilir ing măndra maruta, karaos rêkat saliranira, sêkala èngêt yèn prajurit linuwih, lah ing ngriku adining kusuma, alon jumênêng.
Ge wuryèng taya sumèru puspa rêjasa | sarêng rêkat sagunung rasaning nala | tuhu yèn sami sudigbya | kusuma ||
Anuntên gangsanipun kasangêtakên malih.
Wontên wanodya utama, nuntên tanglêd malih. Anuntên găngsa antal malih.
Anuntên gangsanipun karêpakên malih.
Rêp.
Wau ta sang dyah kusuma, niyakaning prajurit wanodya ing tanah Jawi, ingkang têksih sami ayuda, kalih sang dyah kusuma niyakaning prajurit wanodya ing Ngendrabuwana, lah ing ngriku anulya sampyuh malih. [ma...]
--- [f. 42r] ---
[...lih.]
Pyuh.
Wau ta adining kusuma, niyakaning prajurit wanodya, ing tanah Jawi, sarêng kasilir ing măndra maruta, karaos rêkat saliranira, sêkala èngêt yèn prajurit linuwih, lah ing ngriku alon jumênêng, sang dyah arsa umalês.
Ge prang sasoma wanodya padha sudigbya | kari apa yèn ingsun nora malêsa | kari apa yèn nora bisa malêsa | padha prajurit utama | wong agung ||
Ge madukentar brêmarangkung kamarutan | sêsambatnya lir kombang kacuwan măngsa | wong agung ||
Ge pasrakara kang wuluh martèng asmara | sêsambatnya ya muluh gadhing rêmak kusuma | bêndara ||
Ge lêsming driya rasaning pamuk wiyoga | drawa mijil marlêsu rasaning jiwa | lir kinosya dening priya | kusuma ||
Ge lah kantuna awibawa saèstu rinarjèng nata | kawula amit palastra | wong agung | palastra ing ranagara | palastra ing adilaga | wong agung ||
Ge liyêp netra sawang sasi katawêngan | wong ayu | riyêm-riyêm pasêmone gawe brăngta | riyêm-riyêm lumayap agawe brăngta | bêndara ||
Ge Sukmantaya pinudya krêndha ngumbara | salira katon gumawang [gu...]
--- [f. 42v] ---
[...mawang] | sukmane layang-layangan | kusum ||
Ge Sukmanăngsa marantun ugara mulya | antènana wong agung ing lawang syarga | sapta jalma sampun liya kang masesa | saèstu sang sukmarendra | wong agung ||
Ge syargan taya sukma ing Jonggringsêlaka | wong agung | kapanggiha si bukur pêngarip-arip | si bale pêngangên-angên | syarga nraka sampun pisah lan panduka | wong agung ||
Rêp.
Wau ta adining kusuma, ingkang sami abăndayuda, wontên ngara-ara, ing kumala wêdhar, punapa ta wancine mangke, ingkang surya wanci tunggang ing acala, lah ing ngriku sang yyang pratănggapati, kèndêl, wontên nginggiling ardi, sêmunira sang yyang surya, kados ta angantosi, aningali dhatêng adining kusuma, ingkang sami ayuda, punapa dening ingkang tanglêd wontên sakiduling ardi, dening sang kirnaning payudan, kados ta ardi-ardi tuwin kêkajêngan sagêgodhonganira, myang sukêt-sukêtanira, sêdaya, muwah ingkang toya-toya, tanapi sela, sarêng kasênênan, sang yyang pratănggapati, sangsaya minuni sari, mawênês gumilar-gilar, [gumilar-...]
--- [f. 43~r] ---
[...]
--- [f. 43~v] ---
[...]
--- [f. 43r] ---
[...gilar] angraras anglayung-layung, wondening sang dyah kusuma, ingkang sami mundur sangking payudan, sêmune kaya ta pradapa sinêmpal sore, ana têkaa ijo ariyo-riyo, anglêlêntrèh sangsaya amimbuhing ayunira, kaya ta pêngantèn mêntas kinare-kare anyar, sêmune ana têka agawe brăngta, sarêng adining kusuma sampun sami mundur, punapa dening ingkang sami tanglêd wontên sakiduling ardi, lah ing riku sang yyang pratănggapati anulya sumurup.
Ge puspa teja wijiling căndra purnama | mêlok-mêlok mimba kênyaring wadana | sarêng mulya pisah dèni[70] ayuda | sarêng mundur sandyah[71] sangking ronagona[72] | wong ayu ||
Anuntên gangsanipun kasangêtakên malih.
Ngantos suwuk pisan.
Parikanipun sindhèn saprayoginipun.
Ge puspa teja wijiling căndra purnama | mêlok-mêlok mimba kênyaring wadana | sarêng mulya pisah dènira ayuda | sarêng mundur sandyah sangking ronagona | wong ayu ||
--- [f. 43v] ---
[...]
--- [f. 44r] ---
[...]
| 1 | Judul "Bêksa Jêmparing lan Jêbêng" merupakan penamaan editorial oleh Yayasan Sastra Lestari, disarikan dari pembuka bagian ini: "Punika pemut, patrapipun kalangênan dalêm bêksa jêmparing…" dan "Punika pemut, kêlangênan dalêm bêksa jêbêng…" (kembali) |
| 2 | pathêt. (kembali) |
| 3 | dene. (kembali) |
| 4 | căndra. (kembali) |
| 5 | Wangsul. (kembali) |
| 6 | orêg. (kembali) |
| 7 | Nuntên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 8 | Wangsul lajêng. (kembali) |
| 9 | Dewalêngkara. (kembali) |
| 10 | ingkang. (kembali) |
| 11 | raja. (kembali) |
| 12 | saunduring. (kembali) |
| 13 | Banjarbinangun. (kembali) |
| 14 | dintên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 15 | yèn. (kembali) |
| 16 | Wangsul. (kembali) |
| 17 | bodhol (dan di tempat lain). (kembali) |
| 18 | bupati. (kembali) |
| 19 | pêsanggrahan. (kembali) |
| 20 | kasirêpakên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 21 | pathêt. (kembali) |
| 22 | ingkang. (kembali) |
| 23 | tèji. (kembali) |
| 24 | anuntên. (kembali) |
| 25 | Halaman ini ditranskripsi dari faksimili duplikasi f. 22r yang tidak memuat dua sisipan lepas yang tampak pada citra ini. Sisipan pertama berbunyi: "Wondening sapunika prajurit ing tanah Jawi, lami kèndêl dhêdhêg watên sangarsaning biting, nanging batên sagêd cêlak. Mila sapunika yèn kacêlakan baita agêng batên kenging, pakèwêd dening alun." Sisipan kedua berbunyi: "Punika Sêrat Gêndhing Bêksan." (kembali) |
| 26 | Lebih satu suku kata: prajurit wanodya sinrêgakên nulya. (kembali) |
| 27 | ngêtap. (kembali) |
| 28 | têmên. (kembali) |
| 29 | lêrês. (kembali) |
| 30 | lungguhe. (kembali) |
| 31 | olèhe. (kembali) |
| 32 | Teks memuat tanda "+", yang tampaknya menandai tempat penyisipan sisipan lepas pada f. 24r yang berlanjut pada f. 24v. (kembali) |
| 33 | Dua halaman berikutnya (ff. 24r–v) memuat sisipan lepas yang berkaitan dengan bagian sebelumnya; kalimat ini berlanjut pada f. 25r. (kembali) |
| 34 | ditontona. (kembali) |
| 35 | tuwin. (kembali) |
| 36 | sami. (kembali) |
| 37 | anglangkungi. (kembali) |
| 38 | sidhakêp. (kembali) |
| 39 | sanga. (kembali) |
| 40 | Terdapat dobel sandangan: sêmu-sêmunira atau sêmu-sêmunera. (kembali) |
| 41 | gogrog. (kembali) |
| 42 | bantala (dan di tempat lain). (kembali) |
| 43 | ukêl. (kembali) |
| 44 | kalêngêr. (kembali) |
| 45 | mujur. (kembali) |
| 46 | angrêngga. (kembali) |
| 47 | dening. (kembali) |
| 48 | punapa. (kembali) |
| 49 | Dua folio berikutnya (ff. 33–34) tampaknya salah jilid; kalimat ini berlanjut pada f. 35r. (kembali) |
| 50 | Folio ini dan folio berikutnya (ff. 33–34) tampaknya salah jilid. Teksnya menyerupai, tetapi tidak sama persis dengan, bagian sebelumnya dari f. 11v ("...nêgari Banjarbinangun...") hingga f. 16r ("Wau ta kangjêng sang prabu ing tanah Jawi..."). (kembali) |
| 51 | nêgari: lihat f. 11v di atas. (kembali) |
| 52 | ing. (kembali) |
| 53 | onjotan. (kembali) |
| 54 | Diradapura. (kembali) |
| 55 | lampahan. (kembali) |
| 56 | Lihat f. 16r di atas. (kembali) |
| 57 | sapikantukipun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 58 | lumampah. (kembali) |
| 59 | kawêstanan. (kembali) |
| 60 | Purwakêncana. (kembali) |
| 61 | anglangkungi. (kembali) |
| 62 | kakêrsakakên. (kembali) |
| 63 | nyêngka. (kembali) |
| 64 | tunggul. (kembali) |
| 65 | rananggana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 66 | alit-alitira. (kembali) |
| 67 | ujyala. (kembali) |
| 68 | Sebagian alinea yang dimulai dengan "...sarta adhahar roti..." mengulang alinea sebelumnya. (kembali) |
| 69 | sami-sami. (kembali) |
| 70 | dènira. (kembali) |
| 71 | sang dyah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 72 | rananggana (dan di tempat lain). (kembali) |