Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 1 dari 44

--- [1] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 2 dari 44

Punika sêrat sujarah têgêse punika, pintêr sêja angarah-arah gawe kurup mêthik saking Sêrat Mustaka Rancang, kapirit saking ngèlmu iladuni, a[...]l[1] katêmune, duni andunungakên Mustaka Rancang, têgêse mustaka dhuwur, têgêse rancang angrancang gawe kurup, pananggalan, windu papat taun wolu, dina pitu pasaran lima.

Ing ngandhap punika katranganipun adêgipun nagari Majapait, nuju kurup Akadiyah, nuju windu Kunthara, taun 1388, windu Adi taun Dal, sasi Bêsar tanggal kaping 30, dina Akat Wage, wuku Wayang, sorene lajêng ngalèh kurup Sêtungiyah, tumêka Dêmak têkan Pajang umur 11 taun, nuju windu Sancaya, taun Je sasi Bêsar tanggal kaping 29, dina Sênèn Pon wuku Maktal sore, lajêng angalih kurup Jamngiyah, dumugi Tasura umur 28 taun, nuju windu Sangara taun Jimawal, sasi Bêsar tanggal kaping 29, dina Rêbo Pon, wuku Julungpujut, sore lajêng angalih kurup malih Kamsiyah dumugi Surakarta umur 79 taun, nuju windu Kunthara taun Ehe sasi Bêsar tanggal kaping 29, wuku Julungwangi ăngka taun 1748, sore lajêng [la...]

--- [2] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 3 dari 44

[...jêng] angalih kurup Arbangiyah, sapriki sampun angsal pitung dasa sakawan taun lumampah punika taun Je ăngka 1822.

Punika sami ngawruhana dunungipun windu sakawan nêptu sadasa.

Wi, têgêse wi wicara kang linuwih.

Du, têgêse du dunungakên windu sadaya punika.

Ing ngandhap punika katranganipun:

Windu Adi, têgêse adêging jagat lagi sawiji dumunung marang srêngenge, srêngenge iku sêrênging ati, mulane panas sorotipun.

Windu loro aran Kunthara, dununging kăntha-kanthining bumi lan langit, rina lan wêngi.

Windu têlu aran Sangara, têgêse nalika Gusti Kangjêng Nabi Adam tinitahake marang ing dunya lawan Babu Kawa, ginodha marang Iblis, mulane ana etung Iblis Adam Hawa.

Windu sêkawan aran Sancaya, dumununge pêcahing jagat, iki dinadèkake papat,

--- [3] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 4 dari 44

dumung[2] keblat papat, ana etung api angin banyu bumi.

Pêcahe windu papat dadi wolu, dumunung ana taun wolu. Sirah windu Adi, dadi sirah taun Alip, napsu siji dumunung mênyang rêmbulan, alam siji.

Taun Ehe nêptune lima, dumunung mênyang sangat nabi lima, mulane ana etung Amat, Jabarail, Ibrahim, Yusup, Ngijrail.

Taun Jimawal nêptune têlu, dumunung marang etung têlu, iman tokit makripat, têgêse iman, angimana, têgêse tokit anokitna, iya marang kakekating karêp, têgêse makripat iku wis amaspadakake mênyang panggayuh mau.

Taun Je nêptune pitu, dumunung mênyang sirahe sasi Sura, diarani sangar, sangaraning uwong, mulane tanggal sapisan sasi Sura diaranne[3] sangaraning taun, dumunung mênyang dina pêpitu.

Taun Dal nêptune papat, têgêse Dal iku dadi, dumunung dadine mênyang etung papat, cipta reta, rasa, pangrasa. Têgêse cipta [ci...]

--- [4] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 5 dari 44

[...pta] wali, têgêse reta tamantèn, têgêse rasa wangulu, kang wus ngalilani ngèlmu rasa, têgêse pangrasa sêksi.

Taun Be nêptune loro, têgêse Be bêbuka, bungah laki rabi, têgêse laki lêga olèh lanang, têgêse rabi bungah olèh bojo boja krama.

Taun Wawu nêptune nênêm, têgêse Wawu wani gunêming rasa, wis katêmu rasa.

Taun Jimakir nêptune têlu, têgêse Jimakir wis akiring taun kari dhewe, dumunung wadhah isi tutup, wadhah bumi, bumi wedok, isi awang-awang, timbangane bêbasane wa walat, tutup langit têgêse langit lanang, angurêpi bumi wedok.

Sira[4] dina At, [5] nêptune lima, têgêse Akat angangkati gawe sêsarat lima, sirah pasaran Lêgi, nêptune lima, têgêse Lêgi lêganing ati dumunung dhatêng sangat pitutur, kalangan pacak wêsi, slamêt rijêki, mulane ora masthi tanggal sapisan Ahmat pitutur, luguhipun[6] sangat nabi wontên tanggal, tanggal sapisan enjing Ahmat, tanggal pindho enjing Jabarail, tanggal ping têlu enjing Ibrahim, tanggal ping pat enjing Yusup, tanggal ping

--- [5] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 6 dari 44

lima Ngijrail, lungguhipun sangat pitutur, punika wontên pêkênan Lêgi enjing pitutur, Paing enjing rêjêki, Pon enjing slamêt, Wage enjing Pacakwêsi, Kaliwon enjing kalangan, dina pitu pasaran lima, kakumpulake dumunung dhatêng măngsa rolas, dumunung etung kawan prakara nginggil wau kangge sadaya. Etung têlu kanggo kumpule nêptu wêton din[7] pasaran sakalihan. Etung papat kanggo etung paningkah, nêptu dina pasaran sakalihan, etung lima kanggo etung kumpuling jênêng sakalihan, etung pitu kanggo samabarang, [8] awit ana etung tanggal sapisan Ahmat pitutur, awit sirah kurup siji, windu Adi taun Alip sasi sura tanggal sapisan Akat Lêgi, têgêse Akat angangkati gawe sangat siji, têgêse Lêgi lêga ing karêpanipun.

Taun Ehe sasi Sura tanggal sapisan Kêmis Kaliwon, têgêse Kêmis amisahe Amat lan pitutur, têgêse Kliwon wani pisah panêngên lan pangiwa.

Taun Jimawal, sasi Sura tanggal sapisan Salasa Kliwon, têgêse Salasa iku Salamêt pamisahe sangat dhuwur mau, Kliwon wani nêsêl [nê...]

--- [6] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 7 dari 44

[...sêl] ana omah kang têngah, mulane Kliwon iku awit diarani dina Gara Kasih Slasa Kliwon.

Taun Je sasi Sura tanggal sapisan Sêtu Wage, têgêse Sêtu wis tutug, têgêse Wage iku wadhahing wêsi, mulane diarani Wage iku Pacakwêsi.

Taun Dal sasi Sura tanggal sapisan Rêbo Pon, têgêse Rêbo karêp, têgêse Pon panggaweyan, panggawene dhuwur mau.

Taun Be sasi Sura tanggal sapisan, Sênèn Pon têgêse Sênèn sênêng, têgêse Pon panggawene wadhah.

Taun Wawu sasi Sura tanggal sapisan Jumungah Paing, têgêse Jumungah, nuju muwah-muwuh, têgêse Paing pangan, mulane Paing iku enjing rijêki.

Taun Jimakir sasi Sura tanggal sapisan, Salasa Lêgi têgêse Salasa slamêt, awal têkan akiring [a...]

--- [7] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 8 dari 44

[...kiring] taun, têgêse Lêgi lêga, awit awaling kurup Akadiyah, satunggal kurup sami umur satus kalih dasa taun.

Kurup Akadiyah, umuripun satus kalih dasa taun, nuju windu Adi taun Alip sasi Sura tanggal sapisan Akat Lêgi.

Kurup Sêtungiyah, nuju windu Sancaya, taun Alip tanggal sapisan Sêtu Kliwon, sarêng sampun angsal satus kalih dasa taun ngalih kurup malih.

Kurup Jamngiyah nuju windu Sêngara, taun Alip sasi Sura Jumungah Wage tanggal sapisan, sarêng sampun angsal satus kalih dasa taun ngalih kurup malih, Kamsiyah nuju windu Kunthara taun Alip sasi Sura tanggal sapisan Kêmis Pon, sarêng sampun angsal satus kalih dasa tau[9] ngalih kurup Arbangiyah, nuju windu Adi, taun Alip sa[10] Sura tanggal sapisan Rêbo Paing, sarêng sampun angsal satus kalih dasa taun ngalih [nga...]

--- [8] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 9 dari 44

[...lih] kurup malih. Kurup Salasiyah nuju windu Sancaya, taun Alip sasi Sura tanggal sapisan Slasa Lêgi, sarêng sampun angsal satus kalih dasa taun ngalih kurup Sênènngiyah nuju windu Sêngara taun Alip sasi Sura tanggal sapisan Sênèn Kaliwon, sarêng sampun angsal satus kalih dasa taun wangsul kurup Akadiyah nginggil wau, ananging botên tumbuk Akat Lêgi windu Adi, tumbukipun tigang dasa gangsal kurup, taunipun 4080 taun. Lungguhipun ăngka papat dhatêng windu, ăngka wolu dumunung dhatêng taun, angkaning kurup 35, ongkang[11] tigang dasa dumunung dhatêng tanggal, ăngka gangsal dumunung dhatêng sangat gangsal, milanipun botên mêsthi tanggal sapisan Ahmat pitutur. Lungguhipun sangat nabi wontên tanggal, tanggal sapisan enjing Ahmat, tanggal pindho enjing Jabarail, tanggal ping têlu enjing Ibrahim, tanggal ping pat enjing Yusup, tanggal ping lima enjing Ijrail. Lungguhipun sangat pitutur wontên pêkênan Lêgi enjing pitutur, Paing enjing

--- [9] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 10 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian atas].

rêjêki, mila botên mêsthi tanggal sapisan Ahmat pitutur, manawi tanggal sapisan wontên Lêgi, inggih punika ingkang nami Ahmat pitutur, manawi tanggal sapisan wontên Kaliwon enjing Amat kalangan, manawi tanggal sapisan Wage enjing Amat pacakwêsi, manawi tanggal sapisan wontên Pon enjing Amat salamêt, manawi tanggal sapisan wontên Paing enjing Amat rêjêki, manawi wangsul dhatêng Lêgi ugi kados nginggil wau.

Kula mirêngakên ingkang sampun kalampahan kapêthèkakên tanggal sapisan Amat pitutur, punika sangking dèrèng pinanggih panggalih, saya dèrèng manggih dunungipun kurup nginggil wau, awit kurup satunggal Akadiyah, sakpriki tigang èwu pitung atus sangang dasa taun, taun Jimakir ăngka 1.

--- [10] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 11 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian atas].

Awit kurup Arbangiyah ingkang lumampah punika rumiyin kurup Kamsiyah, windu Kunthara taun Ehe sasi Bêsar, tanggal kaping 29, wuku Julungwangi ăngka 1748, sore lajêng ngalih kurup Arbangiyah tanggal sapisan Jumungah Pon taun Alip, widonipun[12] nuju Sêngara, sasi Sura tanggal sapisan Rêbo Wage, wuku Kêlawu, [13] mulane diarani Arbangiyah, dumugènipun ing taun Jimawal ăngka 1821 sampun kalampahan lamènipun kados sapriki 73 taun, bokmanawi cocog saking petangku[14] benjing ăngka 1868 windu Adi taun Alip sasi Bêsar tanggal kaping 28 wuku Wukir ingalih kurup malih Salasiyah taun Alip sasi Sura tanggal kaping 1 Slasa Pon punika lêrês lêpat kula borongakên.

--- [11] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 12 dari 44

Punika pêsangatang[15] nabi punapa tanggalipun, taun Alip dhatêng Rêbu Wage Amat pacah.

15374263
7457673995854864

Amat Jabarail Ibrahim Yusup Ngijrail | Jabarail Ibrahim Yusup Ngijrail Amat | Ibrahim Yusup Ngijrail Amat Jabarail | Yusup Ngijrail Amat Jabarail Ibrahim | Ngijrail Amat Jabarail Ibrahim Yusup | Pitutur Kalangan Pacakwêsi Slamêt Rêjêki | Rêjêki Pitutur Kalangan Pacakwasi[16] Slamêt | Slamêt Rêjêki Pitutur Kalangan Pacakwêsi | Pacakwêsi Slamêt Rêjêki Pitutur Kalangan | Kalangan Pacakwêsi Slamêt Rêjêki Pitutur

Ingkang kasbut sumantên wau, nama pasangatan nabi, lampahipun angetang jam

--- [12] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 13 dari 44
1Tanggal Sapisan 12345
1Alip 12345
74AmatJabaEbraYusupNgijrah
64PacahKalangangPituturRêjêkiSlamêt
94SlamêtPacahKalangangPituturRêjêki
47SlamêtPacahKalangangPituturRêjêki
39RêjêkiSlamêtPacahKalangangPitutur
89RêjêkiSlamêtPacahKalangangPitutur
65PituturRêjêkiSlamêtPacahKalangang
55PituturRêjêkiSlamêtPacahKalangang
48KalangangPituturRêjêkiSlamêtPacah
78KalangangPituturRêjêkiSlamêtPacah
84PacahKalangangPituturRêjêkiSlamêt
94PacahKalangangPituturRêjêkiSlamêt

Nahas Tanggal

Sura17131925
Musu28142026
Rêjê410162228
Pasa511172329
Duka612182430
2 Sasi

--- [13] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 14.1 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian atas].

Tanggal pisan taun Ehe

15744387589
12345
NgijrailYusupElipJabaraAmat57JabaraElipYusupIbrahim
pacahkalangangpituturrêjêkislamêt34pacahkalangangpituturrêjêki
slamêtpacahkalangangpituturrêjêki79slamêtpacahkalangangpitutur
slamêtpacahkalangangpituturrêjêki69slamêtpacahkalangangpitutur
rêjêkislamêtpacahkalangangpitutur95[17]slamêtpacahkalangang
rêjêkislamêtpacahkalangangpitutur45rêjêkislamêtpacahkalangang
pituturrêjêkislamêtpacahkalangang38pituturrêjêkislamêtpacah
pituturrêjêkislamêtpacahkalangang88pituturrêjêkislamêtpacah
Kalangangpituturrêjêkislamêtpacah64kalangangpituturrêjêkislamêt
Kalangangpituturrêjêkislamêtpacah54kalangangpituturrêjêkislamêt
pacahkalangangpituturrêjêkislamêt47pacahkalangangpituturrêjêki
slamêt77pacah

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 15 dari 44

[Sampul belakang luar][18].

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 16 dari 44

Lampahing Naga Dina

1. Akat, sirah, kilèn, buntut, wetan ... srêngenge

2. Sênèn, sirah, kidul, buntut, lèr ... rêmbulan

3. Salasa, sirah, wetan, buntut, kilèn ... lintang

4. Rêbo, sirah, lèr, buntut, kidul ... bumi

5. Kêmis, sirah, lèr wetan, buntut, kidul kilèn ... gêni

6. Jumungah, sirah, lèr kilèn, buntut, kidul wetan ... banyu

7. Sêtu, sirah, kidul kilèn, buntut, lèr, wetan ... angin

--- [14] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 17 dari 44

Măngsa Kasa têngange pêcap[19] 4, asar pêcak 11, 41 dina

Măngsa karo, têngange pêcak 3, asar pêcak 10, 23

Katêlu pêcak 2, asare pêcak 9, 24 dina

Kapat, têngange pêcak 1, asar pêcak 8, 25 dina, tumbuk sadina sawêngi

Kalima, têngange pêcak 1, asar pêcak 8, 26 dina.

Kanêm, têngange pêcak 2, asar pêcak 9, 41 dina.

Kapitu, têngange pêcak 2 asar pêcak 9, 41 dina.

Kawolu, têngange pêcak 1, asar pêcak 7, 26 dina, tumbuk sadina sawêngi.

Kasonga, têngange pêcak 1, asar pêcak 8, 25.

Sapuluh, têngange pêcak 2, asar pêcak 9, 24 dina.

Dhêstha, têngange pêcak 3, asar pêcak 10, 23 dina.

Sadha, têngange pêcak 4, asar pêcak 11, 41 dina.

Katêlu, 24 dina, 2, 9.

Kanêm, 41 dina, 2, 9.

Kapitu, 41 dina, 2, 9.

Kapat, 23 dina, 1, 8 tumbuk sadina sawêngi.

Kalima, 26 dina, 1, 8.

Kawolu, 26, 1, 7 tumbuk sadina sawêngi.

Kasanga, 25, 1, 8.

Sapuluh, 24, 2, 9.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 18 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian bawah, satu paragraf sebelum bagian akhir].

Jumungah Paing ping 29, ½11 siyang.

Wontên prênjak mungal[20] ngubêngi griya, sangking kilèn lèr, mangetan lajêng mangidul, punika ngalamat punapa.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 19 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian bawah, tetapi posisi terbalik].

Sangaraning wulan

Sura, Sapar, sangaranipun Sêtu Ngahat.

Mulut, Rabingulakir, Jumadilawal, sangaranipun Sênèn Slasa.

Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah, sangaranipun Rêbo Kêmis.

Pasa, Sawal, Dulkangidah, sangaranipun Jumungah.

Bêsar, sangaranipun Sêtu, lan Akat.

Nahasing Wulan

Ingkang wontên nahasipun amung wulan pitu iji, Sura, Rabingulakir, Jumadilawal, Pasa, Sawal, Dulkangidah, Bêsar.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 20 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian bawah, tetapi posisi terbalik].

Nahasipun

Sura kaping 13 nahas, kala Kangjêng Nabi Ibrahim dipun obong dhatêng Raja Namrut.

Rabingulakir kaping 16 nahas, kala Nabi Yusup kacêmplungakên sumur.

Jumadilawal kaping 5 nahas, kala Nabi Nuh dipun kêlêm.

Wulan Siyam kaping 21 nahas, kala Nabi Mungsa prang kalihan Raja Pirngon[21]

Sawal kaping 3 nahas, kala Nabi Adam katurunakên sangking swarga.

Dulkangidah kaping 24 nahas, kala Nabi Yunus dipun untal ulam nun.

Bêsar kaping 25 nahas, kala Kangjêng Rasulolah kagutuk ingkang waja.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 11 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian bawah, tetapi posisi terbalik].

Pisarat Kesahan Têbih mawi Sumêrêp ing Dintên

Ing dintên Akat saratipun mawia sumping, punika lampahipun Nabi Yusup.

Sênèn anatab lêlandhêp, punika lampahipung[22] Bagendha Ngumar ingkang mlampah.

Slasa manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abubakar.

Rêbo kasaratan kudhung sinjang, awit lampahipun Nabi Ayub.

Kêmis saratipun tumênga langit, lampahipun Bagendha Ngali.

Ing dintên Jumungah saratipun kêmu, lampahipun Kangjêng Nabi Muhkamad.

Sêtu saratipun ngandhut siti kadèkèk pusêr, lampahipun Kangjêng Nabi Adam.

Yèn èngêt angsaripun wilujêng.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 10 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian bawah, tetapi posisi terbalik].

Yèn kesah têbih mawia sarat kados ing ngandhap punika, angsaripun wilujêng.

Ing dintên Akat, saratipun mawi sumping, lampahipun Nabi Yusup.

Sênèn asaratipun natab lêlandhêp, lampahipun Bagendha Ngumar.

Slasa saratipun manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abubakar.

Rêbo, saratipun kudhung sinjang, lampahipun Nabi Ayub.

Kêmis, saratipun tumênga langit, lampahipun Bagendha Ngali.

Jumungah, saratipun kêmu, lampahipun Kangjêng Nabi Muhkamad.

Sêtu, saratipun ngandhut siti kadèkèk pusêr, lampahipun Nabi Adam.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 23 dari 44

Cangkriman

[Dhandhanggula]

1. mung kêkalih garwane sang pêkik | kang sajuga putrane wus kathah | sami jalu sigit kabèh | gunggunge pitu likur | yèn sinêbut sawiji-wiji | ibune mèlu kocap | winuwus karuhun | panutupe ingkang rama | putra bapa pêjah nèng payudan sami | minule ing ngakathah. Wukon ||

2. kayon agung aèng kang winarni | mung sawiji wolu wastanira | ganti-ganti panganggone | êpangira winuwus | nora langkung mung rolas iji | sêkare tigang dasa | salong nyongalikur | amituhu ngoh[23] ing êpang | sêkar uwoh kang sapalih warni putih | cêmêng sapalihira. Batanganipun taun ||

3. kawarnaa kang guyup ing kardi | awisma gêng anèng dhêdhuwuran | tanpa wilangan korine | rukun dènnya dêdunung | gêdhongira pinetak sami | barang abahan wisma | mijil sangking tutuk | miwah prêlu damêlira | lamun sinikara barêng anuduki | katga kantun nèng brasa. Batanganipun tawon ||

4. rêtnaning dyah satata aguling | nèng paprêman sajujung kewala | tanpa nabda salamine | sampun prasasat lampus | ing satuwuh datanpa laki | ewadene ta uga | wau rêtnaning rum | anggarbini trêkadhangan | yèn ababar putra mêsat kadi angin | wèh baya mring kang kambah. Batanganipun mariyêm ||

Sinèng[24]

cinatur gusti lêlima | lumampah arsa mêmaling | papat wus manjing babahan | ing wisma tinujyèng kapti | sajroning wancak suji | kang kari nuli anusul | anutupi babahan | kang nèng jro kacêpêng sami | pinêjahan rah mili sangking babahan. Batangipun kinang ||

Kinanthi

ginodhi badan sakojur | saksana asru binanting | dangu kêkèjèk sang rêtna | cinandhak ngumbulkên inggil | tinadhahan tibanira | nèng asta sang dyah ngêmasi. Gangsingang ||

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 24 dari 44

[Mijil]

rêtnaning dyah lami mangun tèki | sajroning paturon | sangking dahat amati ragane | katarima nulya salin warni | busana sarwadi | kawasa pinunjul. Ênthung ||

[Durma]

byar rahina wijilira sangking guwa | nuju ing kawat wanci | saksana ngambara | tanpa wilis kèhira | praptèng gêgana anuli | tantara sirna | tibèng siti abrindhil. Sêkar Durma laron ||

[Pocung]

awis pangguh ki pucung lan garwanipun | yèn kangên saksana | tutur ing tăngga têpalih | jêlah-jêlèh wruha dènnya mong asmara. Kucing gandhik ||

Adêgipun Nagari Maospait 1301–1403 rusak, umur 102 taun.

Ing Dêmak adêgipun sami risakipun nagari Maospait. Risakipun ing Dêmak 1503.

Ing Pajang tunggil taun, taun kalihan risakipun nagari Dêmak.

Kala Arya Jipang nglurug dhatêng Pajang 1531.

Risakipun Pajang 1540, umur 43 taun, kraton.

--- [0] ---[25]

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 25 dari 44

Ing ngandhap punika kanggenipun bilih Danawa mara tamu.

Ladrang Sobrang Pathêt Nêm Salendro, kangge Danawa rêpatan salendra[26]

BK.w.ety.ytewety22..112ng1[..12356n57656531n21y1.131n23321ytengt..ty123n2.21yty1n2321y..5n67767567gn6....665n67767652n3.333565n321yt121gny.ytewetny1ytewetnny1ytewetny22..112gn1]

Ladrang Babar layar laras salendro pathêt sanga.

BK.2.3565323565321yngt[w.w[27].etnyuytewetnyuytewetny2321ytengt..ty112n1..12335n3.356765n35321ytengt22.3567n672.3567n672.3567n62321ytengt]

Kala dhalang ingkang kina-kina kados ta ladrang Bayar[28] Layar punika kanggenipun bilih Sêmar mabur, wangsalanipun Mara thole babarên layarmu. Wangsul jaman sapunika, dipun tekadi rampung kalihan Ayak-ayakan kemawon, botên sami gêsangakên kala kina.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 18 dari 44
[Alihaksara yang sesuai terdapat pada citra bagian atas dan bagian paling bawah].

Katranganipun gêndhing, kangge wêdalipun ringgit purwa, kloewarnja wajang poerwa.

1. Bathara Guru: Kawit

2. Bathara Endra: Kawit

3. Ngastina: Kabor, Damarkèli, Gandrungmangu

4. Basudewa: Krawitan, Kanyut

5. Dwarawati: Titipati, Kadukmanis

6. Cêmpalarêja: Puspawêdhar, Glondhongpring

7. Kumbina: Gandrungmanis

8. Wiratha: Tunjung karoban

9. Nglesanpura: Malarsih, lan Titipati

10. Kurupati: Lonthang utawi Rèndhèh

11. Măndaraka: Laranangis, lan Randhat

12. Widadari: Irim-irim utawi gêndhing Larasati

13. Ing Ngamarta: Tunjung Karoban.

Ingkang bêkta clêmpung wau pun Truna.

Ing dintên Kêmis Lêgi sontên wanci jam 5, wulan kaping 28 Jumadilakir ăngka 1824 nyadèkakên calêmpungipun Bapak Wăngsawijaya ing Adiwijayan, kaborong Bandara Angabèi Prajamartana, kaparingan arta 20 kalih dasa rupiyah.

--- No 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 27 dari 44

Ing ngandhap punika pratelanipun gêndhing wêdalipun ing ringgit purwa. Punapa ingkang mêdal kapantês gêndhingipun. Ada-ada dalah sakpathêtipun pangathik-athikipun ringgit sampun kapantês sadaya. Inggih namung lowung kenging kadamêl pèngêt.

Dewa ingkang rumiyin, kados ta jêjêr Bathara Guru utawi jêjêr Bathara Endra, gêndhingipun Kawit, gêndhing gêndèr, bilih jêjêr Ngastina gêndhing Kabor, ugi gêndhing gêndèr, manawi jêjêr ratu sanès-sanèsipun punika Krawitan. Yèn sampun jêjêr sasuwukipun gêndhing pathêtan nêm kadugèkakên pathêtipun. Sadugining pathêtan kèndêl lajêng ada-ada Gurisa, sakèndêling ada-ada, saupami ratu wau sigêg panggalih, sakèndêling ginêm pathêtipun Sêtradatan. [29] Yèn botên sigêg inggih amung pathêt padatan kemawon, utawi salêbêtipun ing jêjêran ingkang tamtu mawi tamu, dados gitaning jawi Ayak-ayakan patih mêdal janturan sêsêg. Sasampunipun tambaning wirama, patih wangsul lajêngan ayak-ayakan suwuk tanpa pathêt. Patih matur saparlonipun lajêng kinèn ngirit tamonipun, munduring patih pathêtan sangking nêm. Lêbêting tamu mawi ladrangan, kapantês punapa tamonipun.

Kados ta tamu Nata Ngamarta sakadangipun ladrang Mangu, Baladewa ladrang Diradamêta lan Rêmêng, Kăngsa ugi sami kalihan Baladewa ladranganipun. Yèn Pamade Srikaton, Sabrang bagus Kăndha manyura.

--- No 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 28 dari 44

Kurupati, ladrang Plupuh, yèn danawa rêpatan ingkang sowan ladrang Sobrang. Yèn ingkang sowan pêksi, Moncèr, Nangkula Sadewa Kêmbangpepe, Sangkuni Lere-lere, Pandhita Durna Kaki-kaki Tunggu Jagung, Răndhawidada ladrang Gonjang, Narpati Karna ladrang Sobah, Jalasêngara ladrang Erang-erang, yèn patih sabrang ladrang Kăndha nêm. Sasampuning mantês ladranganipun para tamu, yèn sang nata kondur ngadhaton Ayak-ayakan, dumugi ngajêng gapura kajantur, cengkokipun Panjangmas. Satêlasing pocapan Ayak-ayakan suwuk tanpa pathêt. Lajêng sasmita mundhut gêndhing punapa ingkang badhe kawêdalakên.

Saupami kadhatonan Banowati, gêndhing Damarkèli lan Gandrungmangu, suwuking gêndhing pathêt manyura agêng, kanthèn asta bujana, pathêt loloran.

Yèn kadhatonan Jêmbawati, gêndhing Kadukmanis lan Titipati, suwukipun gêndhing pathêt padatan kemawon.

Sêtyawati ing Măndaraka gêndhing Laranangis utawi Puspawêdhar pathêt manyura agêng, awit wawi Banowati.

Kadhatonan Mandura Basudewa, gêndhing Kanyut.

Kumbina Gandrungmanis, inggih mawi pathêt manyura agêng utawi Kanyut, yèn Kanyut botên pathêt manyura agêng.

Yèn kadhatonan taksih Kurupati, gêndhing Lonthang utawi Rèndhèh, sasuwuking gêndhing pathêt amung padatan kemawon.

Ing Lesanpura Glondhongpring, pathêtipun lasêm utawi Titipati

--- No 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 29 dari 44

Manawi Prabu Wiratha gêndhing Maskumambang, Tunjungkaroban utawi Gantalwêdhar.

Ing Cêmpalarêja, gêndhing Puspawêdhar pathêt manyura agêng utawi Glondhongpring, sasuwuking gêndhing yèn gong gulu pathêt lasêm.

Yèn kadhatonan Ngamarta, Tunjungkaroban pathêt lasêm, satêlasipun kadhatonan para ratu, adêg pasowan jawi.

Sata Korawa Kêmbangtiba, yèn Dursasana dipun adhêp tiyang Pagêlèn lan Citraksi, taksih wontên pagêlaran, punika gêndhingipun Prihatin lan Sêmukirang.

Bratasena lan Rukmara,[30] gêndhing Dhandhun.

Sămba Sêtyaki Udawa, gêndhing Dhaton Bêntar, yèn amung Patih Udawa ijèn wontên pagêlaran, punika tanpa gêndhing, amung srêpêgan kajanturakên, lajêng pocapan.

Burisrawa lan Rukmarata gêndhing Bolang-bolang.

Yèn dewa, Turirawa gêndhingipun.

Yèn Ugrasena lan Arya Prabu, gêndhing Murdaningkung.

Lesanpura Radèn Sêtyaki lan patih, gêndhing Prihatin utawi Dhaton Bêntar.

Cêmpalarêja, Drusthadyumêna Dhaton Bêntar.

Wiratha, Seta, Untara, Ratsăngka[31] gêndhing Titisari utawi inggih Dhaton Bêntar, sawêdal-wêdalipun ringgit yèn pasowanan jawi, sasuwukipun ing gêndhing lajêng ada-ada Gurisa, yèn badhe kapalan nimbali patih, badhe andikakakên ondhang jawi, punika ada-ada rumiyin, lêkas sangking laras nêm. Munduring patih ada-ada Hastakuswala lêkas saking nêm alit. [a...]

--- No 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 30 dari 44

[...lit.] Sasampuning dumugi ing jawi, rampunging dhawuh, patih wangsul mring ngajêngan malih, taksih ada-ada Hastakuswala, nanging larasipun santun lêkas sangking laras têngah, sawatawis angsal tigang cengkok mawi ompak-ompakan bêming kêndhang tinadhahan gong suwukan, mung jir ping tiga, kadadosakên ada-ada Mantaraman, tancêping patih lajêng kinèn bodholakên baris. Mêdaling patih inggih ada-ada malih, winastan ada-ada enjing budhal gumuruh, nama Mantaraman, patih mêdal jawi, suwuking ada-ada, lajêng tinêngran bêndhe ngungkung, lajêng cinandhak binukanan sangking gêndèr dene gêndhingipun sak kajêngipun ingkang gêndèr kemawon, sasampuning kapalan prampogan, prang lan gunungan, kapêtha ambabadi wana, sasuwuking srêpêgan gunungan dipun tancêpakên têngah kêlir mèncèng nêngên pathêt kêdhu, kèndêling pathêt rampung pocapan saprêlonipun, taksih kêdah mawi pathêtan sangking laras nêm rumiyin. Awit kadamêl ngaso ngiras kadamêl ngèngêt-èngêt gêndhingipun punapa ingkang badhe kawêdalakên.

Adêging para ratu sabrangan

Sabrang bagus gêndhing Udansore pathêt lasêm.

Yèn Durga gêndhing Mênyanseta pathêt ugi lasêm.

Manawi sabrang sèwu nagari Lana, Rindhik, mênggah manggènipun gêndhing kêdah wrêni tiga punika.

Wrêkudara kalihan Gathutkaca, gêndhing Dhandhun lan Gêndhu, suwuking gêndhing lajêng ada-ada Gurisa.

--- No 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 31 dari 44

Danawa karaton gêndhingipun Guntur lan Majêmuk, suwuking gêndhing ugi lajêng ada-ada Gurisa.

Kăngsa lan Sratimăntra[32] gêndhingipun Babad pathêt lasêm.

Yèn Prabu Dasamuka, gêndhing Paksibayan babad pathêt lasêm.

Dewa gêndhing Kocak pathêtipun inggih lasêm.

Prabu Kurupati gêndhing Jombang pathêtipun inggih lasêm.

Prabu Kakrasana, gêndhing Bujăngga utawi Lokanănta, pathêtipun lasêm, yèn Narayana dipun timbali kêng raka, majêngipun ladrang Sêkargadhung, Sêkargadhung ringgitan botên Sêkar gadhung cikowa-cikowa.

Prabu Jungkung Mardeya, gêndhing Lokanănta pathêt lasêm.

Yèn Ngamarta gêndhingipun Paksibayan lan Bujăngga.

Yèn para buron wana kalêmpakan, gêndhingipun ladrang Wani-wani, saupami dênawa prêpatan dipun timbali majêng punika inggih mawi ladrangan, Moncèr utawi Bêdhat, suwuk ada-ada Mantaraman.

Yèn Radèn Burisrawa wontên wana, tanpa gêndhing amung pathêt kemawon, dipun tutakên Togog lan Saraita.

Yèn kitiran putih Bathara Guru wontên ing Ngastina, gêndhing Mênyanseta, naming[33] guru wau botên wujud guru, wujud gunungan. Ingkang saupami dênawa raton ingkang jêjêr, sampuning nimbali dênawa prêpatan lajêng sami bodholan. Botên ngêmungakên danawa raton, sanadyan sabrang sanès-sanèsipun mawi nimbali dênawa rêpatan ugi lajêng bodholan dalah saprampoganipun danawa, satêlasing dênawa

--- No 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 32 dari 44

ingkang sami lumampah, prampogan kalampahakên piyambak, mawi dipun andhêgakên kakocapakên sawatawis lajêng bodhol malih, pun prampogan wau sabibaring prampogan gunungan katancêpakên têngah kêlir, suwuking srêpêgan lajêng pathêtan lindur lêkasipun kados sanga, nanging jêbul sanès plajêngipun. Mila kawêstanan pathêt lindur, sakèndêling pathêt lindur yèn mawi gara-gara, mathêt manyura, pocapan sawatawis lajêng ada-ada manyura, angocapakên gara-gara kocak têlênging gambiralaya kaya kinêbur, lajêng dados sampak, Nala Garèng Petruk mêdal sami gêlut, bibaring sami gêlut Sêmar mêdal sampak suwuk. Lajêng pathêt manyura, Sêmar takèn rare angon dangu kang putra sakalihan. Rarèn ngangèn[34] bêlaka, lajêng kinèn nimbali Nala Garèng. Majênging Nala Garèng Sêmar ura-ura kagok katanon. Sakèndêling kagok katanon Garèng dipun takèni Sêmar saprêlonipun, Garèng walèh bilih tas kêrêngan lan Petruk mawi banyolan. Petruk dhatêng mawi ura-ura Pangkur, uran-urane moyoki Garèng, sami kalêmpakan Sêmar Nala Garèng Petruk. Sasampuning banyol sawatawis, lajêng sami ngadhêp bêndaranipun, pathêtipun sanga, sakèndêling pathêt mungêl gêndhing sapantêsipun.

Punika bilih mawi gara-gara, manawi botên mawi gara-gara, mêntas pathêt lindur, pocapan sawatawis inggih lajêng pathêt sanga.

Katranganipun wêdaling Janaka tuwin para bambang-bambangan.

Yèn Pamade wontên Ngukir[35] Ratawu, gêndhing Kalunta, ngadhêp kang eyang.

--- No 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 33 dari 44

Yèn Ăngkawijaya, gêndhing Găndakusuma wontên Ngrêtawu.

Janaka wontên wana gêndhing Lagu Dhêmpêl.

Yèn wontên Madukara Bontit utawi Pêksi Kuwung.

Janaka wontên wana Gêndrèh Kêmasan, gêndhing gih Gêndrèh Kêmasan.

Yèn Janaka dados cèkèl gêndhingipun Dhêndhasanti lan Jongkang, sarupènipun Janaka wontên guwa panggenan sêpi-sêpi, punika gêndhingipun wrêni tiga 1. Lalêr Mêngêng, 2. Jongkang, 3. Dhêndhasanti.

Manawi Irawan lan Bagawan Jayawilapa, gêndhing Sumar lan Lala.

Manawi bambang wontên gunung gêndhing Lara-lara lan Sêmêdhang.

Manawi bambang gusèn, têgêsipun Bambang Sêtija, gêndhing Kêncêng, bambang saunduripun sangking rêdi, ingkang tamtu dumugi ing wana lajêng kapapag danawa cakil lan prêpatan, dados prang dênawa pêjah, Togog mundur, adêg bambang Sêmar sapranakipun sami ngadhêp. Badhe bodholipun ing bambang wau, mawi pathêt jingking, têlasing ompak-ompaking pathêt, kalajêngakên dados Ayak-ayakan. Ingkang pêrang Janaka botên mawi pathêt jingking, amung sêndhon pathêt sangking barang kemawon. Satêlasing pathêt lajêng Ayak-ayakan, sabibaripun pêrang sêkar, lajêng adêg ratu punapa sanès-sanèsipun. Gêndhingipun kados ing ngandhap punika. Manawi Prabu Krêsna, gêndhing Rondhon lan Sêmèru, Klompong.

Yèn Kumbina gêndhing Căndra.

Yèn prabu Ngastina Kêncèng Barong.

--- No 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 34 dari 44

Manawi nata ing Cêmpala, Lalêr Mêngêng.

Manawi Nata Wiratha gêndhing Mandul lan Sêmiring.

Nata ing Lesanpura, gêndhing La-êla utawi Căndra.

Baladewa inggih Căndra utawi Erang-erang Pagêlèn.

Sabrang bagus Songgèng.

Danawa raton gêndhingipun Gologothang, suwukipun ing gêndhing lajêng ada-ada Gurisa agêng nama Manggalan.

Manawi mêdal bangsanipun wêlasan gêndhingipun Talutur.

Nata ing Ngamarta, gêndhing Gandrung Mangungkung.

Saupami adêg para dewa, gêndhingipun Gègèrsore.

Nata ing Mandraka, gêndhing Căndra lan Madukocak.

Nrêpati Karna wontên wana kalihan Sata Korawa, gêndhingipun Ladrang Uluk-Uluk utawi Ladrang Giyak-giyak.

Yèn danawa rêpatan kalihan dênawa cakil, gêndhing Jangkrik Genggong.

Bilih danawa alasan jalêr estri, gêndhing Babad Kêncêng.

Manawi Dasamuka, Ladrang Kagok Madura.

Nata ing Mandura dêmdêman kalihan Sêtyaki, Kagok Madura.

Radèn Wrêkudara adêg kalihan para kadang kadeyanipun Bayu, punika Ladrang Uga-uga, suwuking gêndhing ada-ada Manggalan.

Bathara Guru lan Nrada, Madukocak lan Gègèrsore.

Boma Nrêrakasura, gêndhing Kêncèng Barong.

Bilih bambang anak răndha widada, gêndhing Gambirasawit.

Upami adêge astrèn[36] inggih Gambirsawit, Onang-onang.

--- No 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 35 dari 44

Narayana kalihan Rara Irêng, gêndhing Gambirsawit.

Narayana yèn kalihan Rukmini, gêndhing Genjong.

Bilih pandhita kalihan anakipun tri[37] gêndhingipun Bondhèt.

Măndraka bapakipun Narasoma, gêndhing Căndra.

Danawa raton kang dados Sinuhun ing Dwarawati jagongan kalihan Sumbadra nama Endhang Pandhandari, gêndhingipun Genjong Goling lan Jongkang, gêndhing gêndèr.

Sasampunipun amraceka gêndhing punapa ingkang kawêdalakên para ratu tuwin adêg sanèsipun ratu, gêntos santun pathêt manyura, ugi kapantês punapa wêdalipun ing ringgit. Dhudhukipun gêndhing ratu sampun manyura.

Manawi adêg Pandhawa pêpak, yèn taksih dalu Bujăngga Anom utawi Ramyang, yèn sampun katingan[38] trontong-trontong, gêndhingipun Bangbang Wetan. Suwuking gêndhing pathêt sastradatan.

Baladewa gêndhing Capang lan Dhalang Krahinan.

Basudewa gêndhing Pocung lan Bujăngga Anom.

Suyudana gêndhing Jongmèrukudus lan Gliyung.

Nglesanpura, gêndhing Glewang Gonjing lan Runtik.

Măndraka, gêndhing Pritjohan utawi Randhat.

Wiratha, gêndhing Montro Madura lan Jêlamprang.

Cêmpalarêja, gêndhing Runtik lan Gênès.

Sabrang Bagus gêndhing Kutut Manggung lan Kăndha Manyura.

Danawa raton gêndhing Liwung utawi Erang-erang Topèng, Ricik.

Manawi Gathutkaca lan Anoman, gêndhing Eling-eling Badranaya.

--- No 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 36 dari 44

Manawi Sêmar kalihan Kanastrèn wontên ing Klampis Cêmêng, gêndhingipun Loro-loro Gendhong, yèn Sêmar mabur ladrang Bayar Layar. [39]

Pandhita kalihan anakipun èstri mêdal manyura, gêndhing Montro utawi ladrang Gonjang utawi gêndhing Malarsih.

Para raja sèwu nagari, gêndhingipun ladrang Sumirat lan Liwung.

Dèwi Rara Irêng lan Patih Udawa, gêndhingipun Mêrak Kasimpir.

Sarupènipun para èstri, bilih adêg yèn mêdal salêbêtipun taksih sanga, gêndhingipun Gambirsawit, Lala, Onang-onang, Gênjong, manawi adêg sampun pathêt manyura, gêndhingipun Kutut Manggung, Lobong, Boyong, Malarsih, Montro.

Inggih cêkakipun gêndhing ingkang pancèn sakeca kangge wêdalan èstrèn, bilih gêndhing kasar inggih kangge ringgit dugangan.

Para setan Setra Găndamayu godha, gêndhing Dhêndhagêdhe.

Bilih Prabu Sri Dênta prang kalihan Wrêkudara, gêndhing Abusinta.

Bilih kangge ngruwat, mêdal sarupènipun ratu lêlêmbat, gêndhingipun Dhêndhasèwu, adêging Bathara Guru lan Kala, gêndhing Kawit, yèn lêkas ngruwat amung Ayak-ayakan kemawon utawi inggih ladrang Eling-eling Badranaya, punika kala kina, kadosdene Sêmar ingkang saupami mabur gêndhingipun ladrang Babar Layar, Nala Garèng bilih jogèt gêndhingipun Kêncrèng, dênawa cakil wontên wana gêndhingipun Jangkrik Genggong, bilih dênawa alasan gêndhingipun Babad kêncêng.

Ingkang kasêbut sadaya wau, kala dhalang ingkang pancèn sagêt, sampun tamtu bilih ngêdalakên ringgit kapantês punapa wêdalipun, gêndhing dalah sak pathêtipun kamanggènakên. Pramila gadhah rêgu lan gadhah gêsang.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 37 dari 44

Ing ngandhap punika ênut ladrang Kăndha 6 salendro.

BK.w.ety..12.12yyeyt.e.gnw[.e.te.nw.y.1.3.n2.3.2.3.n2.y.t.e.gnw .e.t.e.n2.3.2.1.ny.3.2.1.ny.3.5.3.ng2.3.5.3.n2.5.6.3.n5.6.5.6.n5.!.6.3.gn2.3.2.3.n2.5.3.1.ny.3.2.1.ny.e.t.e.gnw]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 38 dari 44

Punika ladrang Plupuh salendro pathêt 6.

BK.w.ety..12.12yyeyt.e.ngw [.e.t.e.nw.1.y.e.nt.y.t.y.nt.1.y.e.gnw .e.t.e.nw.1.y.e.nt.y.t.y.nt.1.y.3.gn2.3.5.3.n2.5.3.5.n2.5.3.5.n2.5.3.1.gny .3.2.1.ny.5.3.5.n2.5.3.5.n2.5.3.1.gny.3.5.1.ny.1.y.e.nt.y.t.y.nt.1.y.e.gnw]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 39 dari 44
1Kombangmarapathêt 525Glêndhèhpathêt 5B
2Kêmbangmarapathêt 526Jatikondhangpathêt 5B
3Larajalapathêt527Logondhangpathêt 5B
4Daradasihpathêt 51Krawitanpathêt nêm salendro
5Tejanatapathêt 52Titipatipathêt nêm salendro
6Kêmbang Mayangpathêt 53Prihatinpathêt nêm salendro
7Mayang Mêkarpathêt 54Dhaton Bêntarpathêt nêm salendro
8Tejasaripathêt 55Sêmu Kirangpathêt nêm salendro
9Taluturpathêt 56Lara Nangispathêt nêm salendro
10Căndrasaripathêt 57Mandul Pathipathêt nêm salendro
11Goyangpathêt 58Mênyan Setapathêt nêm salendro
12Kagoklaraspathêt 59Lokanăntapathêt nêm salendro
13Sawunggalingpathêt 510Turirawapathêt nêm salendro
14Sêmbur Adaspathêt 511Larasatipathêt nêm salendro
15Căndranatapathêt 512Erang-erangpathêt nêm salendro
16Taliwăngsapathêt 513Ranu Mênggalapathêt nêm salendro
17Sêmanggitapathêt 514Udan Sorepathêt nêm salendro
18Jalagapathêt 515Lanapathêt nêm salendro
19Pasangpathêt 516Babadpathêt nêm salendro
20Agul-agulpathêt 517Glondhongpringpathêt nêm salendro
21Muntabpathêt 518Lana Gêndhingpathêt nêm salendro
22Găndapangasihpathêt 519Rindhikpathêt nêm salendro
23Gondrongpathêt 520Mênggahpathêt nêm salendro
24Mayangsaripathêt 521Tunjung Karobanpathêt nêm salendro

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 40 dari 44
22Bujănggapathêt nêm salendro1SarayudaPathêt 6 pelog
23Paksi Bayanpathêt nêm salendro2Bondhan KinanthiPathêt 6 pelog
24Mongkokdhèlipathêt nêm salendro3MundhukPathêt 6 pelog
25Lungkèhpathêt nêm salendro4MongkokPathêt 6 pelog
26Maskumambangpathêt nêm salendro5Rambu GêndhingPathêt 6 pelog
27Gunturpathêt nêm salendro6GobêtPathêt 6 pelog
28Majêmukpathêt nêm salendro7PasebanPathêt 6 pelog
29Kocakpathêt nêm salendro8SêmangPathêt 6 pelog
30Dhandhunpathêt nêm salendro9Gonjang Anom GêndhingPathêt 6 pelog
31Gêndhupathêt nêm salendro10Gonjang Anom BêdhayaPathêt 6 pelog
32Lobaningratpathêt nêm salendro11KadukmanisPathêt 6 pelog
33Rèndèhpathêt nêm salendro12Andhong-andhongPathêt 6 pelog
34Udanasihpathêt nêm salendro13MiyanggongPathêt 6 pelog
35Sidawayahpathêt nêm salendro14Ela-elaPathêt 6 pelog
36Parinompathêt nêm salendro15Budhêng-budhêngPathêt 6 pelog
37Titisaripathêt nêm salendro16PangasihPathêt 6 pelog
38Kêmbangtibapathêt nêm salendro17Sambul lèwèkPathêt 6 pelog
39Mega Mêndhungpathêt nêm salendro18Sambul LarasPathêt 6 pelog
40Marasănjapathêt nêm salendro19RêbêngPathêt 6 pelog
41Kadukmanispathêt nêm salendro20RanguPathêt 6 pelog
42Godhêgpathêt nêm salendro21LonthangPathêt 6 pelog
43Gantalwêdharpathêt nêm salendro22Sambul GêndhingPathêt 6 pelog
44Puspawêdharpathêt nêm salendro23SêngkawaPathêt 6 pelog
45Jămbapathêt nêm salendro24TamènggitaPathêt 6 pelog

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 41 dari 44
25Kabor BêdhayaPathêt 6 pelog21GăndakusumaS.P. 9
26PêngawePathêt 6 pelog22SêmêdhangS.P. 9
27Layu-layuPathêt 6 pelog23SumarS.P. 9
28GendhongPathêt 6 pelog24Lara-laraS.P. 9
1BawaragaS.P. 925LarawudhuS.P. 9
2Gêndrèh KêmasanS.P. 926MandulS.P. 9
3DaradasihS.P. 927MadukocakS.P. 9
4DanarajaS.P. 928BontitS.P. 9
5Lonthang KasmaranS.P. 929Laku[40] kadhêmpêlS.P. 9
6RondhonS.P. 930KaluntaS.P. 9
7MawurS.P. 931Mênyan KobarS.P. 9
8GlompongS.P. 932Gègèr SoreS.P. 9
9KlênthungS.P. 933GanggongS.P. 9
10Lalêr MêngêngS.P. 934WăngsagunaS.P. 9
11Erang-erang BagêlènS.P. 935KêncêngS.P. 9
12Pala KalibêbêrS.P. 936GenjonggolingS.P. 9
13CăndraS.P. 937GambirsawitS.P. 9
14SêmiringS.P. 938GenjongS.P. 9
15SêmèruS.P. 939BondhètS.P. 9
16Rênyêp GêndhingS.P. 91PramugariPathêt Barang
17RênyêpS.P. 92SinomPathêt Barang
18SunggèngS.P. 93Endhol-endholPathêt Barang
19Kêncèng BarongS.P. 94Klèwèr
20Gandrung Mangun KungS.P. 95Gêndari

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 42 dari 44
6GêndrèhPathêt Barang2PritjohanManyura
7BêdhayaPathêt Barang3Cucur BawukManyura
8CangkêtPathêt Barang4PareanomManyura
9RimongPathêt Barang5Dhudha Jaluk LawangManyura
10MarasebaPathêt Barang6LoyoManyura
11JêntharPathêt Barang7Irim-irimManyura
12SangupatiPathêt Barang8GênèsManyura
13BèlèkPathêt Barang9Loro-loro GendhongManyura
14Jong Mèru BahgongPathêt Barang10Jaka LolaManyura
15Jong Mèru KudusPathêt Barang11Jaka LênthoManyura
16CacadingratPathêt Barang12SarimaduManyura
17Sêmbur AdasPathêt Barang13Gandrung ManisManyura
18Layar TukungPathêt Barang14PocungManyura
19Layar BantênPathêt Barang15JlamprangManyura
20Silir BantênPathêt Barang16MalarsihManyura
21Ludira GêndhingPathêt Barang17Banthèng WarèngManyura
22Ludira MaduraPathêt Barang18MontroManyura
23Babar Layar BêdhayaPathêt Barang19Kutut ManggungManyura
24Babar Layar GêndhingPathêt Barang20Răndha NunutManyura
25BandhiloriPathêt Barang21Kêmbang GayamManyura
26MuncarPathêt Barang22LambangsariManyura
27Lêmpung GunungPathêt Barang23Montro MaduraManyura
28Prawan PupurPathêt Barang24Montro KêndhoManyura
1PujăngganomManyura25MilingManyura

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 43 dari 44
26GêndrèhManyura1Brêmara5 bonang
27LaguManyura2Babar Layar5 bonang
28Damar KèliManyura3Sêlebrak5 bonang
29Mêrak KasimpirManyura4Klênthung5 bonang
30RandhatManyura5Glêndhêng5 bonang
31CapangManyura6Gondrong5 bonang
32Dhalang KrahinanManyura7Mêjêmuk5 bonang
33GliyungManyura8Pangrawit5 bonang
34Okrak-okrakManyura9Dhênggung Turulare5 bonang
35LêndhiManyura10Dhênggung Solur Kangkung5 bonang
36Bolang-bolangManyura11Dhênggung Asmaradana5 bonang
37Gonjing GlewangManyura12Dhênggung Bantên5 bonang
38RimongManyura13Dhênggung Laras5 bonang
39RamyangManyura14Dhênggong5 bonang
40LobongManyura15Kodhokan5 bonang
41BoyongManyura16BondhètBarang
42TalimurdaManyura17ParigêntangBarang
1Bujăngga GandrungBonang18Wêdhi Kèngsrê[41]Barang
2Kocak LayaBonang19TukungBarang
3SidamuktiBonang20SiringBarang
4SomantaraBonang21GondrongBarang
5Ima WinendaBonang

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1894b), Warsadiningrat, c. 1894, #372: Citra 44 dari 44
1KaborGêndèr25Bambangwetan
2KawitGêndèr26Sumirat
3JongkangGêndèr27Liwung
4Lagu DhêmpêlGêndèr28Rena-rena
5SawunggalingGêndèr29Manyarsèwu
6Badaringan[42] KêbakGêndèr30Bêdhat
7KêncêngGêndèr31Kêncèng
8DhêndhagêdheGêndèr32Moncèr
9DhêndhasantiGêndèr33Singanêbah
10DhêndhasèwuGêndèr34Alas Kobong
11Têmantèn AnyarGêndèr35Bindri
12Gadhung MlathiGêndèr36Loyo-loyo
13KlênthungGêndèr37Erang-erang Topèng
14Babar LayarGêndèr38Babad Kêncêng
15Mêndhang miringGêndèr39Wani-wani
16AbusintaGêndèr40Cina nagih
17SrêpêganGêndèr41Tukarmaru
18Pasang WetanGêndèr42Kagok Madura
19BêdhatiGêndèr43Eling-eling Badranaya
20BindiGêndèr44Rahab bala[43]
21Bubar NyutraGêndèr45Sobrang
22Ricik-ricikGêndèr46Plupuh
23GêdrugGêndèr47Kăndha Nêm
24Bendrongan48Galaganjur

 


Naskah rusak. (kembali)
dumunung. (kembali)
diarani. (kembali)
Sirah. (kembali)
Akat. (kembali)
lungguhipun. (kembali)
dina. (kembali)
samubarang. (kembali)
taun. (kembali)
10 sasi. (kembali)
11 ăngka. (kembali)
12 windunipun. (kembali)
13 Kulawu. (kembali)
14 petang. (kembali)
15 pasangatan. (kembali)
16 Pacakwêsi. (kembali)
17 rêjêki. (kembali)
18 Mulai di sini transliterasi dimulai dari belakang, naskah dibalik. (kembali)
19 pêcak. (kembali)
20 mungêl. (kembali)
21 Menurut sejarah Islam, Nabi Musa perang dengan Fir’aun pada bulan Sura tanggal 10. (kembali)
22 lampahipun. (kembali)
23 woh. (kembali)
24 Sinom. (kembali)
25 Dimulai dari belakang setelah sampul belakang dalam. (kembali)
26 salendro. (kembali)
27 Kurang satu ketukan. (kembali)
28 Babar. (kembali)
29 Sastradatan. (kembali)
30 Rukmarata. (kembali)
31 Wratsăngka. (kembali)
32 Suratimăntra. (kembali)
33 namung. (kembali)
34 rare angèn. (kembali)
35 Wukir. (kembali)
36 èstrèn. (kembali)
37 putri. (kembali)
38 katingal. (kembali)
39 Babar layar. (kembali)
40 Lagu. (kembali)
41 Kèngsêr. (kembali)
42 Padaringan. (kembali)
43 Wrahatbala. (kembali)