Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 10-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 1 dari 40
[Sampul depan]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 2 dari 40

Kasêrat anggènipun nêdhak amarêngi ing dintên Arbo Paing, tanggal kaping 29 wulan Ramêlan ing taun Jimawal ăngka 1821.

Rampunging panyêrat ing dintên Kêmis Pon kalêrês prêpêgan badhe bakda Siyam.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 3 dari 40
SangatĂngka jamNabi
67, 89, 1011, 121, 23, 4Ăngka tanggal
Wiwit jam nêm enjing ngantos jam sakawan sontên, lajêng kangge sadalu muput
Wiwit jam nêm enjingPitutur
Amat
Kalangan
Jabarail
Pacakwêsi
Ibrahim
SalamêtYusupRêjêki
Ngijrail
1 6 11 16 21 26
6Rêjêki
Jabarail
Pitutur
Ibrahim
Kalangan
Yusup
Pacakwêsi
Ngijrail
Salamêt
Amat
2 7 12 17 22 27
6Salamêt
Ibrahim
Rêjêki
Yusup
Pitutur
Ngijrail
Kalangan
Amat
Pacakwêsi
Jabarail
3 8 13 18 23 28
6Pacakwêsi
Yusup
Salamêt
Ngijrail
Rêjêki
Amat
Pitutur
Jabarail
Kalangan
Ibrahim
4 9 14 19 24 29
6Kalangan
Ngijrail
Pacakwêsi
Amat
Salamêt
Jabarail
Rêjêki
Ibrahim
Pitutur
Yusup
5 10 15 20 25 30

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 4 dari 40

Jumungah Paing kaping 22 Mulut Je 1822 balapan kapal

Angka TanggalWiwit jam
nêm enjing
pêndhak jam 6
SintaGalunganMaktalNêm kapitu sadha kasa iki1611162126
LandêpKuninganWuyePatang puluh siji dinanira
WukirLangkirMênahildhêstha karo tri likure2712172227
KurantilMandhasiyaPrangbakatkalima lan kawolu3813182328
Talu[1]JulungpujudBalangênêm likur dina winilis, kapat kawan kasanga
GumbrêgPahangWuguiya lima likur4914192429
WarigalitKuruwêlutWayangsapuluh lawan katiga
WarigagungMarakehKulawuiya sami patlikur dina winilis51015202530
JulungwangiTambirDhukuttumbuk kawolu papat
SungsangMêdhangkunganWatugunungGunggung wuku 30

--- No 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 5 dari 40
Ăngka UrutNamaning kawiKatranganPangerang-eranging wicalan
1ekasatunggalkuda ngrêrab pandêngan
2dwikalihkang kombang anglèng ing tawang
3tritigakang lêmbu nusu ing nginganke jarwane
4catursakawanbaita sumêngkèng ardi
5păncagangsalbaita amot sagara
6sadnênêmwêlut kang anglèng ing parang
7saptapituèngangsu pikulane banyu
8hasthawoluamèk gêni anggawa damar
9nawasangangambil banyu pikulane warih
10dasasadasasume wastra gumêlar kathah

Punika katranganipun ing kuwatakane taun tuwin pangerang-eranging taun.

Eka=bumi, dwi=lawang,[2] tri=gunung, catur=sagara, pănca=bawa,[3] sad=panganan,[4] sapta=prang, hastha=layanga, nawa=dahana, dasa=nata.

Eka=bumi, watake gumingsir.

Mênggah punika ingkang wasta dasanama kang dipun jarwakakên.

--- No 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 6 dari 40
Ăngka urutPangerang-erangipunĂngka katranganIng watakipun tuwin têgês
1Eka bumi | yèn ana ratu jumênêng sirah1Gumingsir | sarate ngaliha kadhaton akèh sungkawa
2Dwi lawang jalma | yèn ana ratu jumênêng sirah2larang pangan wong cilik akèh susah atine tanpa krana sah sangking sagsana
3Tri pandhita jalma | yèn ana ratu jumênêng sirah3akèh wong padha ngalih ing pomahane lawan ika mau ujare, baita amot sagara
4Catur palwa | yèn ana ratu jumênêng sirah4kabèh wong cilik dagang tan ana cuwa, ywana ratune kayu gung gumuling
5Pănca tawang | yèn ana ratu jumênêng sirah5akèh gara-gara, lan kayu gêdhe akèh rubuh dasa namane kasênên satu aglar ing pangenan
6Sad panganan | yèn ana ratu jumênêng sirah6tulus kang sarwa tinandur, murah sandhang pangan, wong cilik padha suka atine
7Sapta prang dewa yêksa
yèn ana ratu jumênêng sirah pitu ana prang gêdhe, lan akèh sadulur gèsèh atine.
8Hastha ngrêngga bratayuda
yèn ana ratu jumênêng sirah wolu ana prang gêdhe, wong cilik padha bakah lan sêntanane, êndi kang adoh

--- No 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 7 dari 40
Namaning Pangerang-erangIng watakipun
Nawa dahana marga sonya tan sêbawaYèn ana ratu jumênêng sirah sanga, panas parentahe, lan akèh wong padha laku dursila, nganiaya.
Dasa sapuluh, ratu satriya sêdhêng wastra gumêlar]Yèn ana ratu jumênêng sirah sadasa, rêja nagarane, sabarang anggon-anggone kawula ana kabèh, murah kang sarwa pinangan.
Namaning wulan sakpangerang-erangipunKatrangan taunWatakipun
Sura 1 | Akat, winastan Dite tênabaKlabangKathah êrah wutah
Sênèn, winastan Soma wrêcitaCacingKathah tiyang sakit sangêt tanpa krana
Salasa, winastan Anggara rêkathaYuyuKathah udan angin
Rêbo, winastan Buda maesaKêboKathah tanêman sami gêring, kêkathahên toya
Kêmis, winastan Rêspati mituna[5]MimiKathah jawah lan barat
Jumungah, winastan Sukra mangkaraurangKathah udan lan angin atis
Sêtu, Tumpak maendaWêdhusKathah tanêman sami purêt ludhês datanpa krana

Dene ingkang kasbut ing nginggil punika, kuwatakanipun sadaya kang gumêlar ing jagad. Manungsa, patik[6] iwèn, satu kewan tuwin ingkang bangsaning gumrêmêt gumêlar ing alam donya.

Dados tăndha têngêripun

--- No 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 8 dari 40

Eka bumi, watake gumingsir.

Yèn ana ratu jumênêng sirah siji sarate ngaliha kadhaton

Dwi lawang jalma akèh sungkawa

Yèn ana ratu jumênêng sirah loro, watake larang pangan, wong cilik akèh susah atine datanpa krana.

Tri pandhita jalma sah sangking sêksana

Yèn ana ratu jumênêng sirah têlu, watake akèh wong padha ngalih ing pomahane lawan ika mau.

Catur palwa baita rêmuk samodra

Yèn ana ratu jumênêng sirah papat, watake akèh wong cilik adagang ora nana cuwa, săngka yuwananing ratune.

Pănca tawang kayu gung gumuling

Yèn ana ratu jumênêng sirah lima, watake akèh gara-gara, lan kayon ingkang gêdhe-gêdhe akèh padha rubuh.

Sad panganan kasênên satu[7] aglar ing pangonan

Yan[8] ana ratu jumênêng sirah nêm, watake tulus kang sarwa tinandur, murah sandhang lawan pangan, wong cilik padha suka atine.

Sapta prang dewa yêksa

Yèn ana ratu jumênêng sirah pitu watake ana prang gêdhe, lan akèh sadulur gèsèh atine.

Hastha raja ngrêngga bratayuda

Yèn ana ratu jumênêng sirah wolu, watake ana prang gêdhe, wong cilik padha bakah lawan sêntanane, êndi kang adoh.

--- No 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 9 dari 40

Punika pratelanipun ing windu cacah sakawan iji tuwin mêndhêt ngalamatipun.

Ingkang rumiyin nama windu Sancaya, panggenanipun wontên lèr kilèn, watakipun kathah nagari risak, yèn wontên mêngsah dhatêng sangking êlèr kilèn, ngalamat risak nagarinipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Sancaya botên awèt panjênênganipun ing ratu.

Kaping 2 nama windu Adi

Panggenanipun wontên kidul wetan. Mênggah watakipun kathah kasupèn dhatêng tiyang sêpuhipun. Yèn wontên ratu ingkang jumênêng windu Adi, botên awèt ing panjênênganipuning[9] ratu.

Kaping 3 windu Kunthara

Manggèn wontên kidul kilèn. Watakipun botên wontên pandamêlan pêrang, ananing angsal satêngah windu wontên gêgêring agêng, yèn wontên mêngsah dhatêng sangking kidul kilèn awrat sanggènipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Kunthara, punika sae, apanjang panjênênganing ratu.

Kaping 4 windu Sangara

Lèr wetan panggenanipun. Kuwatakanipun botên wontên ing pandamêlan pêrang, nanging salêbêtipun angsal satêngah windu, awis têdha, yèn wontên mêngsah sangking lèr wetan ngalamat bêdhah nagarinipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Sangara sae tur yuwana, awèt anggenipun jumênêng ratu.

--- No 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 10 dari 40

Punika kuwatakanipun ing taun. Yèn wontên rare lair amanut ing taun sadaya gadhah watak.

Ingkang rumiyin taun Alip. Bayi lair kêdah lêrês sêdhêng rècèhe lan rêsik pikire, isinan botên dahwèn.

Kaping 2 taun Ehe

Watakipun kathah ingkang dipun manah, sangking kêkathahên manahipun, carobo salêbêtipun manah, wêgig manahipun, sabar ananging gih kakên.

Kaping 3 taun Jimawal

Pamanahanipun nuwaladhung momot lan jatmika, tuwin sagêt simpên kumêt donya.

Kaping 4 taun Je

Cêcatur tuhu têmên têmbung kiyas batin kakên kirang wasis tur limrah manahipun.

Kaping 5 taun Dal

Watakipun rêmên ngisis. Molah lilan botên pradulèn. Rêsik lair batine.

Kaping 6 taun Be

Watakipun mangêthoproh madon. Sok murungake bakal balubut.

Kaping 7 taun Wawu

Watak wêwah wicaranipun. Awon lan sae kirang guwaya, yèn kirang wulang calimut cangkêm karut.

Kaping 8 taun Jimakir

Watakipun dhiri angkuh amêm wicaranipun, angur dèn sanjanan aja marang liya.

--- No 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 11 dari 40

Punika malih kuwatakanipun ing wulan, kang tumrap manungsa lair, ing solah-bawanipun kêdah manut ing kawatakanipun wulan Sura.

Kang rumiyin wulan Sura, limrah manahipun, budi antar, kakên botên dangu, sanakipun tiyang ngapusi.

Kalih wulan Sapar, kirang guwayanipun, yèn kèndêl lêngus, manawi juwèh srudag-srudug, kirang tatakramine.

Kaping tiga Mulut, pintêr, dipun rêmêni mring wong agung, bekane dhiri lan wong wadon ala.

Kaping sakawan Rabingulakir, têmên sêca tuhu, dèn rêmêni marang tiyang tani, nandur sabarang tulus, nanging busuk pikiripun.

Kaping gangsal Jumadilawal, sagêt wicara, sêmu sêmbrana, parikêna tiba sêmu pikire, saru sanake wong ngapusi.

Kaping nêm Jumadilakir, manahipun botên lana, monyar-manyir parêngane, wong sugih kudu olèh.

Kaping pitu Rêjêp, busuk cukêng sugihan lalèn, sanake wong tani, yèn nêsu sok kasupèn.

Kaping wolu Ruwah, prasaja pikire, lumrah nalare, nora bêtah luwe, sanake wong ngapusi.

Kaping sanga Siyam, antêng pikire, bêtah luwe wani kari, miwah barang karya alon, yèn wani mundur isin.

Kaping sadasa Sawal, loma buja pikir, bisa ngenaki ati, sanake wong jurjana,[10] culika.

Ping sêwlas Dulkangidah, antêng jinêm bisa simpên wadi, lan momot sanake, wong ngula pandhita, pujăngga.

Kaping kalih wêlas Bêsar, manis pasêmone, tur guna nora kêtara, kangge para agung-agung.

--- No 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 12 dari 40

Punika kawining aksara kalih dasa, satunggal-tunggalipun dados namaning para tiyang, kabêkta kuwatakane ing tiyang sadaya.

HA : kèh wiragane, kang brêmara angling kitir dining maruta, wong jênêng agsara HA iku tan kêna kaungkulan budi, tan kêna pinoyokan, yèn kabênêran atine dijaluki awèh, yèn nêsu tan ana kang winêdenan.

NA : nanglèng sang wiru munggèng tumamèng yuda, surak gya nêmpuh ngalaga. Wong jênêng agsara NA, iku yèn ngucap kaduk kuwanène, ngatogakên ing nêpsune, yèn nêsu tan kêna ingalah, samane miwah lêluhure kang ngungkuli awake.

CA : catur parangmuka tumêmpuh kadya tan kalok ing panantang. Wong kang jênêng agsara CA, iku yèn èstri candhala kumèdhêp marang kakunge, aparentah kaku rumakêt lamun sêsanakan, nora lana kuwanène, iku wijile wong ala.

RA : rata sêmpal, kèdhêgan jagade kentir gumuruh. Wong jênêng agsara RA iku pintêr, aririh putungan atèn, yèn nêsu gêlis lêjare, lan sêmbrana pangucape iku.

KA : kongkang muni anyamêlèng, ngêlèng pan kogêla dadya mamrih kiwul. Wong jênêng agsara KA, iku ladak, wêkasane luwih bungah, yèn dèn ompak saingga Dasamuka, ing watake uwong iku.

DA : daliwara liwêran munggèng rana, kang turăngga tumamèng yuda, nêmpuh sura madilaga. Wong jênêng agsara DA iku èsêman yèn angling, bêbudène momotan. Katara barang karêpe, kêndêl pêrang, kêpara rabèn mungguh watêke wong iku.

TA : lawang pandhita, mumbul wiyati, sêkar sumawur sêkar kentir kèdêran [kèdêra...]

--- No 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 13 dari 40

[...n] ing angin, awor kumrisiking kang wuluh gadhing. Wong jênêng agsara TA, iku nawang-nawangakên alising ati, lan bêcikaning uwong, pangucape nora kêna ujar luput, ora ala, ora bêcik, kalêbu wong sêdhêng.

SA : sat mata tanggal sapisan. Saliring kawi mangingsêp ing kadhaton, ing ngabyantara prabu watêke, wong jênêng agsara SA, iku wasis samubarang kardi, lêmbut budine, madya pangucape, kuwanène uwong iku.

WA : wukir malela kadya cêmara kumrusuk awor kumrisiking kang wuluh gadhing. Wong jênêng agsara WA iku angkuh, nyênyêp pangucape, watake wongan macan mamitra datan lana, yèn nêsu lir macan tanpa kering.

LA : lina suksma salira mati, warêg tangkêpnya mangrêngkuh teja, gyanyar makuwur. Wong jênêng agsara LA iku anduwèni angkuh, yèn sêsanakan nora lana, bêbudène andhap, tan ana pangarahe, yèn nêsu anglir dênawa.

PA : punggêling buroning laron, măngsa gundhik. Wong jênêng aksara PA, iku cugêtan atèn, tan kawêtu ora lana ing karêpe, yèn wadon larang anak, pikire carobo, mulang sarak mring sudarmane, yèn aprang ajirèh, datan patut kinathik.

DHA : saguna lena anguwuh manyura, ing banyu kewran ing samubarang. Wong jênêng agsara DHA iku susahan atèn, guna ririh mantêp larang pikire, tur kêndêl kantêpane sêca tuhu

JA : jaliwara sang narpati amanah sarira rata, wah mangkule jalan thathit. Wong kang jênêng agsara JA iku lêmbut budine, anggawa danane, kagungan kèndêl lan arêngu ambêking kang wong.

YA : yagiri amênggah amilih atine, tansah akewuhan. Wong

--- No 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 14 dari 40

kang jênêng agsara YA iku alêngus tur goragodha, mulane susahan atèn.

NYA : nya mênggah gêdhe mungguh akathah wani mati ing rananggana. Wong jênêng agsara NYA iku gumisa kumawa ing batine tur nora pêcus.

MA : magêlah gila mangigêl gêlunging jagad. Kawidara widadari, samya mangalap. Wong jênêng agsara MA, iku agêdhe budine, ajênjêm bèr budine, mantêp ing ngayuda, pikir kumawa angêlun.

GA : gajah gadhingnya kagiri-giri, mangkrak lir singa nabda, kaduk ing ăndakara. Wong jênêng agsara GA, iku sugih nêpsu, kakon atèn panasbaranan, yèn rabi lola salah sawijine.

BA : binuwang ing parang rèjèng, dinulu andalêmi, pinaranan bayanaronge. Wong jênêng agsara BA, iku yèn wadon amênêng, agêdhe atine, yèn ala kaliwat, yèn bêcik kaliwat, lan sri gunung sinawang têka kadohan dupi pinaranan ala.

THA : thathit măndraguna wuwuh kalbunya, kewran sabarang rosa. Wong jênêng agsara THA, iku bodho kalingan pintêr, munggah ompakan, lomane sabarang lalèn.

NGA : ngongkang kadya cêmara gêgêta, kewraning galih lila lalah. Wong jênêng agsara NGA, iku bodho cêmurit.

Sampun têlas ing watakanipun agsara 20.

--- No 11 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 15 dari 40

Punika kuwatakanipun ing taun wulan sapisan.

Sura wulan kaping sapisan ing dintên Akat, Dite Tênaba, têgêse taun klabang, watake akèh gêtih wutah sangking sabda.

Yèn wulanipun Sura Sênèn, Soma wrêcita, têgêse taun cacing, watake kathah tiyang sakit sangêt datanpa krana.

Yèn wulan Sura dintên Salasa, Anggara rêkatha, têgêse taun yuyu, watake kathah jawah lawan angin.

Yèn wulan Sura dintên Rêbo, Buda maesa, têgêse taun kêbo, watake tanêman sami gêring, sabab kêkathahên toya.

Yèn wulan Sura dintên Kêmis, Rêspati mintuna, têgêse taun mimi, watake kathah jawah lan barat.

Yèn wulan Sura dintên Jumungah, Sukra mangkara, têgêse taun urang, watake kathah udan lan angin atis.

Yèn wulan Sura dintên Sêtu, Tumpak maenda, têgêse taun wêdhus, watake tanêman kathah sami puput ludhês datanpa krana.

Mênggah ingkang kasêbut nginggil wau, kangge tumrap dhumatêng sadaya manungsa tuwin pitik iwèn satu kewan kang gumêlar ing jagad.

Yèn botên kaparêng kemawon, sampun sami maibên sêrat.

--- No 12 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 16 dari 40

Punika lampahipun naga dintên, kaangge ngupados jampi tuwin kangge tiyang kasukan, saha kadamêl akêkesahan sae.

Ing dintên Akat, sirah wontên kilèn, buntut wontên wetan.

Ing dintên Sênèn, sirah wontên kidul, buntut wontên êlèr.

Dintên Salasa, sirah wontên wetan, buntut wontên kilèn.

Dintên Arbo, sirah wontên lèr, buntut wontên kidul.

Dintên Kêmis, sirah wontên lèr wetan, buntut wontên kidul kilèn.

Yèn dintên Jumungah, sirah wontên êlèr kilèn, buntut kidul wetan.

Ugi ing dintên Saptu, sirah wontên kidul kilèn, buntut lèr wetan.

Punika sangaran taun punapa wulanipun Sura, sampun ngantos purun nrajang, lan sangaran wulan tuwin lênggahing naga, sampun ngantos nrajang nêdha jampi, makatên malih yèn badhe krêsa tirah, tamtu botên priyogi, saha kesahang.[11]

Bêsar, pêthit lèr, sirah wetan

Sura, jatingarang kidul

Sapar, sangar Sêtu Akat

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, pêthit lèr wetan, sirah kidul, jatingarang kilèn, sangar Sênèn Salasa.

Jumadilakir, pêthit kidul, sirah kilèn.

Rêjêb, jatingarang lèr

Ruwah, sangar Rêbo Kêmis.

Ramêlan, Sawal, Duklangidah, pêthit kilèn, sirah lèr, jatingarang wetan, sangar Jumungah.

--- No 13 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 17 dari 40

Punika tampining măngsa, wanci têngange, layanganipun kapêcakan, minăngka tatêngêran. Ing ngandhap punika pratelanipun:

Ăngka UrutNamaning măngsaUmuring măngsaKatrangan sangking pêkênanWêdalipunPratelanipunĂngka
1kasa41Wage4pêcak3
2karo23Kliwon8pêcak2
3katêlu24Paing9pêcak1
4kapat25Paing9tumbuk
5kalima27Wage4pêcak1
6Kanêm43Wage4pêcak2
7kapitu43Kliwon8pêcak1
8kawolu26Lêgi5tumbuk
9kasanga25Lêgi5pêcak1
10kasadasa24Pon7pêcak2
11dhêstha23Kliwon8pêcak3
12sadha41Pon7pêcak4

--- No 14 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 18 dari 40

Punika ugi măngsa, wanci asar lêlayanganipun, kêdahing

Ăngka pêcakLayangan ing katranganipunNamaning căndra ingkang măngsa
10wontên kidulkang sotya murca ing êmbanan
9wontên kidulkang bantala rêngka
8wontên kidulkang suta manut ing bapa
7tumbukkang waspa kumêmbêng jroning kalbu
8wontên lèrkang pancuran sumawur ing jagad
9wontên lèrkang rasa mulya kasucian
8wontên lèrkang wisa kentir maruta
9tumbukpan eram[12] sajroning kayun
8wontên kidulwêdharing wacana mulya
9wontên kidulgêdhong minêp sajroning kayun
10wontên kidulkang sotya sinarawèdi
11wontên lèrkang tirta sah sangking sagsana

Pancasuda - Panujuman - Iladuni

DintênLêgiPaingPonWageKliwonDintênKapisanKaping kalihKaping tigaKaping sakawanKaping gangsal
Akatsumur sinabawasesa sagarasatriya wibawabumi kapêtaklêbu katiyup nganginAkattunaarjakagètarja agêngcilaka
Sênèntunggak sêmibumi kapêtaksumur sinabawasesa sagarasatriya wirangSênèntunaarjakagètarja agêngcilaka
Slasawasesa sagarasatriya wirangsatriya wibawalêbu katiyub nganginsumur sinabaSlasatunaarjakagètarja agêngcilaka
Rêbosumur sinabawasesa sagarabumi kapêtaksatriya wibawalêbu katiyub nganginRêbosusaharjasatruning Allaharja agêngkagèt
Kêmissatriya wibawalêbu katiyub nganginsumur sinabatunggak sêmibumi kapêtakKêmistunasusaharja agêngcilakakagèt
Jumungahsatriya wirangtunggak sêmilêbu katiyub nganginsumur sinabawasesa sagaraJumungaharjapawong sanaksatruning Allahtunaarja agêng
SêtuBumi kapêtaksatriya wibawawasesa sagarasatriya wirangtunggak sêmiSêtususaharjasatruning Allaharja agêng

--- No 15 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 19 dari 40

Awake dhewe, pêcak pira srêngengene. Badanipun piyambak, upami kapanggih pintên pêcakipun srêngenge.

Punika têgêsipun ing căndraNamaning măngsaUmuring măngsa
Taru gogrog wrêksa paruthulkasa41
Bumi rêngka randhu karukkaro23
Lunglungan nurut lanjarankatêlu24 tumbuk
Mangsane lagi pêpêt sumbêrkapat25
Mangsane laron padha barubulkalima26
Mangsane woh kang lagi anêdhêngkanêm41
Mangsane pênyakit dhatêngkapitu41 tumbuk
Mangsane ing kucing gandhikkawolu26
Gangsir ngênthir garèngpung ngèrèngkasanga25
Mangsane satu kewan mêtêngkasadasa24
Mangsane manuk nglolohdhêstha23
Mangsane kringêt padha mêtu[13]sadha41

Kasa, kapitu, wukune măndhasiya

Karo, kawolu, wukune tambir

Katêlu, kasanga, wukune prangbakat

Kapat, kasapuluh, wukune dhukut

Kalima, kasawêlas, wukune kurantil

Kanêm, rolas, wuku julungwangi

--- No 16 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 20 dari 40

Punika ing watakipun wulan, satunggal-tunggalipun lamun ngêdêgakên griya lan ngêlih griya, ingkang awon tuwin ingkang sae.

Ăngka urutNamaning WulanWêdalipun WulanKatranganing watakipun Wulan
1Sura7kobongan susahan atèn
2Sapar2ngalamat bêcik kèh rewanging uwong
3Mulut3ngalamat gêringan gêlis pêjah
4Rabingulakir5ngalamat bêcik rahayu tulus
5Jumadilawal6ngalamat akèh bêcik kang wong
6Jumadilakir1sanak kang bêcik têka kabèh
7Rêjêb2ana lena satu galak
8Ruwah4winêdèn sarta mêlat sira[14]
9Pasa5bêcik katêkan marang êmas picis
10Sawal7ala, gêlis ngalih sira iki
11Dulkangidah1sugih rêjêki sira iku
12Bêsar3tinêkan kêbo sapi

--- No 17 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 21 dari 40

Punika tunggil măngsa, kalamun majêng griyanipun

Namaning măngsaIng ngandhap punika pratelanipun ing watakUmuring măngsa
kasawarêg sabarang karsanya, langkung ing lêstari41
karongalamat tukaran sanak bojone lan tăngga23
katêlukabêsmèn kasayaban,[15] kamalingan iku ujaring kuna24
kapatluwih bêcik tur dinulur sakèhing èstri sira25
kalimangalamat sugih putra, tur slamêt ing petanganipun26
kanêmsugih gawe lan prakara sira iku41
kapituwatake dhewe, anak putu akèh padha asih41
kawolungalamat kapatèn sira wong èstri sira iku26
kasongangalamat kaprihatinan sira iku ing petunge25
kasadasaluwih sangking bêcik, watake karêpe kang rahayu24
dhêsthagêringan datan olèh tămba sira iku23
sadhanuli susah pisah lan rabi sira, iku jarene kuna41

--- No 18 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 22 dari 40

Punika yèn tiyang badhe ngalih griya, ametanga nêptuning dintên pêkênan.

Ingkang sae dhawah bumi yèn kapêt[16] durung kanti sataun ana kang mati.

Katêlu brêkapakan

Jalma kêmalingan, kang pêthi etanganipun.

Bumi, jalma, wana, kapêtak.

Suku - kêsêl

Watu - kêsandhung

Gajah - mênang

Baya - bilai

Ratu - kajèn

Ing nginggil punika petangan lamun lumampah têbih, watake kasamara piyambak.

Ing ngandhap punika petangan păncasudan. Ngetang nêtuning[17] dintên pêkênan, kinumpulkên dados satunggal, mêndhêt 7

Ăngka
1kantun satunggaldhawah wasesa sagara
2kantun kalihdhawah tunggak sêmi
3kantun tigadhawah satriya wibawa
4kantun sakawandhawah sumur sinaban
5kantun gangsaldhawah satriya wirang
6kantun nênêmdhawah bumi kapêtak
7kantun wilangan pitudhawah lêbu katiyub ing angin

--- No 19 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 23 dari 40

Ăngka urut

Namaning ing taun

Katranganipun

Namanipun ing wulan

Katrangan

Ăngka
1Alip11Sura7
2Ehe52Sapar2
3Jimawal33Mulud3
4Je74Rabingulakir5
5Dal45Jumadilawal6
6Be26Jumadilakir1
7Wawu67Rêjêb2
8Jimakir38Ruwah4
9Pasa5
10Sawal7
11Dulkangidah1
12Bêsar3

Ăngka

Namanipun ing dintên

Katrangan

Namanipun pêkênan

Katrangan

Ăngka
1Saptu91Kliwon8
2Akat52Lêgi5
3Sênèn43Paing9
4Slasa34Pon7
5Rêbo75Wage4
6Kêmis8
7Jumungah6

--- No 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 24 dari 40

Guladrawa

1. sinta landêp wukir lan kurantil | gara kasih talu gumbrêgira | warigalit warigagunge[18] | gara kasihe julung | sungsang lawan galungan kuning | langkir lan măndhasiya | gara kasihipun | julungpujud nuli pahang | kuruwêlut marakèh lan gara kasih | tambir lan mêdhangkungan ||

2. wuku maktal wuye lan mênail | gara kasih ana ing prangbakat | bala wugu wayangane | kulawu lawan dhukut | tibanira ing gara kasih | jangkêpe tigang dasa | wuku watugunung | paringkêl jalma lêlima | wuku nênêm kang katiban gara kasih | sataun ping sadasa ||

3. nêm kapitu sadha kasa iki | patang puluh siji dinanira | dhêstha karo tri likure | kalima lan kawolu | ngênêm likur dina winilis | kapat lawan kasonga | iya lima likur | sapuluh lawan katiga | iya sami patlikur dina winilis | tumbuk kawolu kapat ||

4. eka sapta măndhasiya iki | duwi hastha wuku tambir ika | tri nawa pêrangbakate | catur dasa ing dhukut | pănca dhêstha wuku kurantil | mila căndra sêsadha | iku têgêsipun | mangsane kanêm lan rolas | wis pinasthi gone wuku julungwangi | iku titining măngsa ||

5. lamun arsa sira mêmetangi | dina akat nêtune lêlima | sênen sakawan nêtune | slasanira têtêlu | rêbo pitu wolu ing kêmis | nênêm dina jumungah | iku yèn pinetung | ing dina sabtu sasonga | sadayane pan kawan dasa kêkalih | iku nêtuning dina ||

6. pasarane yèn dipun petangi | lêgi lima painge sêsonga | yèn lêrês wêruh nêtune | pasar pone pêpitu | wage papat sampun mênêri | kliwon wolu pinetang | têlung puluh têlu | nêtune dina pasaran | yèn ginunggung kumpule dadi sawiji | pitung dasa lêlima ||

7. sura pitu sapare kêkalih | mulut tiga bakda mulut lima | jumadilawal nênême | siji loro kacatur | pasa lima sawal mêtoni | sijine dulkangidah | bêsare têtêlu | sampun têlas yèn pinetang |

--- No 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 25 dari 40

yèn ginunggung kumpule taun lan sasi | katêmu sapta dasa ||

Asmaradana

1. sinta patine wong awig | landêp sato wana pêjah | wukir lolodan patine | kurantil dhandhangan ngurag | ing talune punika | pasareyan kèhing wuku | gumbrêge patining wrêgsa ||

2. warigalit jalma lalis | warigagung buron busik | minayu julungwangine | sungsang akèh manuk tiba | galungan wiji gagar | kuningan wrêksa paruthul | aja sira nandur wrêksa ||

3. langkir rare padha wani | ing măndhasiya punika | maesa mati mêgawe | julungpujude mangkana | wadrê anèng bêbara | pahang akèh manuk runtuh | labête tan măngsa wohan ||

4. kuruwêlut kapas agring | mêrakèh barungkah sêmpal | tambir lêsu sarirane | madhangkungan macan gêrah | maktal mina kasatan | wuye pasangane manuk | mênail wiji kapapas ||

5. prangbakat kayu waringin | sêmpal lawan uwitira | bala satriya kaluwèn | wugu sato tan mamăngsa | wayang baya angurag | kulawu kumpuling manuk | labête amăngsa wohan ||

6. dhukut wiji tanna urip | ing watugunung wêkasan | apagêra jaba kabèh | patine wrêksa sadaya | poma dèn kawruhana | ringkêl wuku têlung puluh | lan taliwangkene pisan ||

7. landêp wangke rêbo paing | ing warigalit punika | rêspati êpon wangkine[19] | kuningan sukra wagenya | ing kuruwêlut tumpak | ing kaliwon wangkenipun | ing wuku wuye punika ||

8. soma kaliwon puniki | ing wuku wayang punika | anggara manis wangkene | poma samya kawruhana | kang aran tali bathang | watêke ala tinêmu | sabarang ingkang kinarya ||

9. poma kawruhana sami | ingkang aran tali bathang | awon sabarang panggawe | sakathahing lara roga |

--- No 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 26 dari 40

kang aneng ngrêcapada |sadaya pan samya kumpul | anuju dina punika ||

Sinom

1. anênggih sêngkan turunan | ingkang winarna ing tulis | ponang pasaran lêlima | gènira anênêngêri | wage kaliwon lêgi | paing êpon jangkêpipun | nèng wuku tigang dasa | lampahipun gênti-gênti | wuku sinta gone awit lampahira ||

2. petunge ingkang lumampah | lêlima agênti-gênti | kang dhingin sapi gumarang | kuthila kang kaping kalih | ping tigane srigati | asu ajag ping patipun | kaping limane têpas | wus jangkêp kawan prakawis | nèng pasaran lêlima panggenanira ||

3. yèn nuju wage punika | sapi gumarang darbèni | tumurun miwah sumêngka | sapi gumarang darbèni | nulya kaliwonnèki | kuthila bubuhanipun | sumêngka tumuruna | kuthila ingkang darbèni | nulya lêgi srigati kang kabubuhan ||

4. wus jangkêp kawan prakara | sêngkan turunan winarni | apan tumrap wuku sinta | punika gènnya miwiti | gara wage puniki | sêngkane gumarang iku | nuli sukra paingnya | asu ajag kang nuruni | nulya wuku landêp kang adarbe lampah ||

5. ing soma kaliwonira | sêngkaning kuthila pasthi | rêspati poning punika | têpas ingkang anuruni | dite manis puniki | wuku wukir kang lumaku | sêngkaning êsri pratela[20] | nulya buda wage tampi | kang nuruni pratela sapi gumarang ||

6. nuli tumpak paingira | sêngkaning kuthila pasthi | anggara kaliwonira | wuku kurantil gumanti | kuthila anuruni | ing sukra pone puniku | sêngkane ngêpas pratela[21] | anulya ing soma manis | wuku talu punika ingkang lumampah ||

7. turunan srigati ika | nulya wagene rêspati | sêngkaning sami[22] gumarang | taluya ing Dite [Di...]

--- No 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 27 dari 40

[...te] Paing | wuku gumbrêg gumanti | turunan ajag puniku | Buda Kaliwonira | sêngkan kuthila marêngi | nulya Tumpak Poning ingkang lumampah ||[23]

8. turunan pas kang lumampah | anuli anggara manis | warigalit kang lumampah | anuju sêngkaning êsri | sukra wage gumanti | sapi gumarang tumurun | nulya soma paingnya | sêngkaning ajag wus pasthi | nulya wuku warigagung kang lumampah ||

9. rêspati kaliwonira | sêngkaning têpas duwèni | anulya Dipe[24] Ponira | ingkang wuku julungwangi | sêngkaning pas sayêkti | ing buda manis puniku | turunan sri prayoga | ing tumpak wage puniki | sumêngkane kang aran sapi gumarang ||

10. nulya gara paingira | wuku sungsang kang gumanti | turunane asu ajag | sukra kaliwone nuli | sêngkan kuthila yêkti | asoma êpon puniku | iku turunan êpas | wuku galungan gumanti | amarêngi rêspati manis dinanya ||

11. sêngkaning êsri punika | ing dite wage marêngi | ing wuku kuningan gantya | sapi gumarang nuruni | buda paing anuli | sêngkaning ajag puniku | tumpak kaliwonira | kuthila ingkang nuruni | anggara pon kang wuku langkir gumantya ||

12. anuju sêngkaning êpas | anulya ing sukra manis | turunan sri kang prayoga | ing soma wage gumanti | măndhasiya puniki | sêngkaning gumarang iku | rêspati pon punika | êpas ingkang anuruni | tumpak manis anggara wage pon buda ||

13. anuju sêngkaning êpas | anulya ing sukra manis | turunan sri kang prayoga | ing wage soma gumanti | măndhasiya puniki | sêngkaning gumarang iku | rêspati paing iya | asu ajag kang nuruni | julungpujut ing dite kaliwonira ||

14. iku sêngkaning kuthila | ing Buda

--- No 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 28 dari 40

Paing puniki | iku turunane êpas | anulya ing tumpak manis | sumêngkane srigati | anggara wagene iku | wuku pahang lumampah | sapi gumarang nuruni | nulya sukra painge ingkang lumampah ||

15. sasêngkaning asu ajag | soma kaliwone nuli | iku turunan kuthila | rêspati pone puniki | sêngkaning êpas yêkti | ing kuruwêlut gènipun | ing dite manisira | srigati ingkang nuruni | nulya buda wage mrakèh wukonira ||

16. sasêngkan sapi gumarang | anulya ing tumpak paing | turunane asu ajag | anggara kaliwon nuli | wuku tambir gumanti | sêngkaning kuthila iku | ing sukra pon punika | turunane ngêpas yêkti | nulya soma manis wuku mêdhangkungan ||

17. iku sêngkaning sri bêja | rêspati wagene nuli | turunan sapi gumarang | ing dite paing marêngi | sêngkaning ajag yêkti | wuku maktal kang lumaku | buda kaliwonira | kuthila ingkang nuruni | nulya tumpak êpone ingkang lumampah ||

18. punika sêngkaning êpas | anulya anggara manis | turunan srigati bêja | wuku wuye kang nuruni | sukra wage puniki | sêngkaning gumarang iku | soma painge ika | asu ajag kang nuruni | ing mênail rêspati kaliwonira ||

19. iku sêngkaning kuthila | nuli dite pon puniki | iku turunaning êpas | anuli ing buda manis | sasêngkaning srigati | prangbakat wuku lumaku | ing tumpak wagenira | sapi gumarang nuruni | nulya gara painge kang wuku bala ||

20. punika sêngkaning ajag | ing sukra kaliwon nuli | turunanipun kuthila | ing soma pone puniki | sêngkaning êpas yêkti | wukune wugu lumaku | rêspati manisira | punika turunan êsri | nulya dite wagene kang wuku wayang ||

21. sasêngkan [sasêng...]

--- No 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 29 dari 40

[...kan] sapi gumarang | anulya ing buda paing | turunane asu ajag | tumpak kaliwone ugi | sêngkaning kuthila pasthi[25] | anggara pone puniku | turuning pas pratela | anulya ing sukra manis | sêngkaning sri kulawu wuku lumampah ||

22. nulya soma wagenira | sapi gumarang nuruni | rêspati paing anulya | sêngkaning ajag sayêkti | wuku dhukut marêngi | ing dite kaliwonipun | turunane kuthila | nuli buda pon marêngi | sasêngkane ing êpas iku pratela ||

23. nulya tumpak manisira | ing watugunung jangkêpi | iku turunan sri bêja | wus jangkêp sadaya sami | sêngkan turunannèki | wus tamat sadayanipun | tan wontên kalangkungan | wuku tigang dasa sami | wasanane mantuk dhatêng wuku sinta ||

Santun Sêkar Durma

1. pandangone tumrap wuku tigang dasa | ingkang dipun petangi | wiwit wuku sinta | buda kaliwonira | wiwitan dangu puniki | rêspatènira | nuju jagur sayêkti ||

2. sukranira gigise ingkang lumampah | kerangan amarêngi | ing dite wagenya | wuku landêp lumampah | nohanèng ingkang marêngi | somane wogan | gara tulus sayêkti ||

3. buda wurung rêspati dadi ingetang | sukrane dangu malih | tumpak jagur sira | wuku wukir kang gumantya[26] | etange anuju gigis | soma kerangan | gara nohan wus pasthi ||

4. buda wogan rêspati ingkang lumampah | sukra wurung marêngi | tumpake dèn etang | nuju buda samana | gumantya wuku kurantil | dite ponira | ingetang dangu malih ||

5. dite paing etunge nuju kerangan | somane kang atampi | garanira wogan | [...][27] | budane tulus nampèni | rêspatènira | tibèng wurung sayêkti ||

6. tumpakira etunge wuku galungan [galunga...]

--- No 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 30 dari 40

[...n] | ingetang dangu malih | kuningan kang tămpa | ing dite woganira | kaetanga kang sayêkti | gigise soma | kerangan gara tampi ||

7. buda nohan rêspatiniraki wogan | sukra tulus nampèni | tumpak wurung tămpa | kuningan uwis sampurna[28] | kang nampèni wuku langkir | dite manisnya | ingetung tibèng dadi ||

8. soma dangu anggara jagur etungnya | budane tibèng gigis | rêspati kerangan | sukranira ing nohan | tumpaking wogan kang tampi | langkir wus tamat | măndhasiya kang tampi ||

9. dite pone anuju lampahnya ngarsa | soma wurunge tampi | anggara ingetang | tibèng dadya etungnya | buda nuju dangu malih | rêspatènira | tibèng jagur winilis ||

10. sukranira tibeng gigis lampahira | tumpak kerangan pasthi | măndhasiya tamat | julungpujut kang tămpa | dite kaliwone ugi | anuju nohan | somane wogan tampi

Kangge petang bilih badhe kêkesahan têbih, kêdah mawi sarat.

Ing dintên Akat, saratipun mawia sumping, lampahipun Nabi Yusup.

Sênèn saratipun natab lêlandhêp, lampahipun Bagendha Umar.

Slasa saratipun manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abubakar.

Rêbo saratipun kudhung sinjang, lampahipun Nabi Ayub.

Kêmis saratipun tumênga langit, lampahipun Bagendha Ngali.

Jumungah saratipun kêmu, lampahipun Nabi Muhkamad.

Sêtu saratipun ngandhut siti kadèkèk pusêr, Nabi Adam.

--- No 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 31 dari 40

Yèn arêp nêmokake bocah, laki rabi, yèn lor aja olèh kidul, nyabrang sagara gêtih, yèn kulon aja olèh wetan, nyabrang sagara wedang, ingkang bêcik kulon olèhna wetan, wètan olèhna kulon, kulon olèhna lor, lor olèhna têngah.

Jumungah kulon, Sêtu Akat lor, Sênèn Slasa wetan, Rêbo Kêmis kidul.

Sangarane sasi, Pasa Sawal Dulkangidah, sangarane Jumungah, Bêsar Sura Sapar, sangarane Sêtu Akat, Mulud Rabingulakir Jumadilawal, sangarane Sênèn Slasa, Jumadilakir Rêjêb Ruwah, sangarane Rêbo Kêmis.

Iki gone aksara rongpuluh, ha na ca ra ka wetan, da ta sa wa la kidul, pa dha ja ya nya kulon, ma ga ba tha nga lor.

Ha ka tha ja ga wetan, da ra na la ba kidul, pa da nga ca ya kulon, ma ta sa ba wa lor.

Iki naga sasi, Sura Sapar Mulut ana wetan, Rabingulakir Jumadilawal Jumadilakir ana kidul, Rêjêb Ruwah Pasa ana kulon, Sawal Dulkangidah Bêsar ana lor.

Iki ăngka tanah ing Arab, mungguh lakune padha lan sastra Jawa.

1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 - 8 - 9 - 10[29]

1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 - 8 - 9 - 10[30]

Iki păncasuda, ningkah lan ngadêgake omah, nêtuning dina pasaran kumpulna, buwangane nênêm. Yèn kari siji, 1 nuju padu, yèn kari loro, 2 kala kinantang,

--- No 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 32 dari 40

yèn kari têlu, 3 sanggar waringin, yèn kari papat, 4 mantri sinaroja, yèn kari lima, 5 macan katawang, yèn kari nêm, 6 nuju pati.

Kang ginawe ngetung mau iki, Jumungah 1, Sêtu 2, Akat 3, Sênèn 4, Slasa 5, Rêbo 6, Kêmis 7.

Kliwon 1, Lêgi 2, Paing 3, Pon 4, Wage 5.

Iki sasi lamun arêp angadêgake omah, mungguh pamilih.

Sura, ura-ura, kèh kang têka, Sapar akèh kang angabêkti.

Mulut, dumadak kang duwe omah apês, Rabingulakir, sakadah[31] sakerah rahayu, Jumadilawal akèh asih.

Jumadilakir gêringan, Rêjêb ngalamat ala, Ruwah bêcik tur rahayu, Pasa kêrêp katêkan bêja, Sawal sinatru ing wong.

Dulkangidah akèh asih sanake, Bêsar asring krêp kabêjan.

Iki Păncasuda kalêbu ing watak, pamèke saka ing dina pasaran, kumpulna buwangên pitu-pitu.

Yèn kari 1 wasesa sagara, yèn kari 2 tunggak sêmi, yèn kari 3 satriya wibawa, yèn kari 4 sumur sinaban, yèn kari 5 satriya wirang, yèn kari 6 bumi kapêtak, yèn kari 7 lêbu katiyub ing angin.

Iki kang ginawe petung mau, Jumungah 6, Sêtu 9, Akat 5, Sênèn 4, Slasa 3, Rêbo 7, Kêmis 8, Kliwon 8, Lêgi 5, Paing 9, Pon 7, Wage 4.

Iki wuku măngsa. Kurantil kasawêlas lan kalima, Julungwangi karolas lan kanêm, Măndhasiya kapitu lan kasiji, Tambir kawolu lan karo, Prangbakat kasonga lan katêlu, dhukut kasapuluh lan kapat.

--- No 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 33 dari 40

Iki măngsa bêncèting srêngenge, măngsa kasiji sirtan, kapithing, kasa têngangene wayangan pêcak 4, ngasare pêcak 11, umur 41 dina.

Măngsa karo asad, macan, karo têngangene wayangan pêcak 3, ngasare pêcak 10, umur 23 dina.

Măngsa katêlu, su, mayang katêlu têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9 umur 24 dina.

Măngsa kapat mijan traju, kapat têngangene wayangan pêcak 1, ngasare pêcak 8, umur 25 dina tumbuk sadina sawêngi.

Măngsa kalima, ngakrab klabang, kalima têngangene wayangan pêcak 1, ngasare wayangan pêcak 8, umur 26 dina.

Kanêm, kaos jêmparing, kanêm têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 41 dina.

Măngsa kapitu, jandi kaki-kaki, kapitu têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 41 dina.

Măngsa kawolu, dalwi, timba, kawolu têngangene wayangan pêcak 1, ngasare wayangan pêcak 7, umur 26 dina tumbuk sadina sawêngi.

Măngsa kasonga, yakut, iwak, kasonga têngangene wayangan pêcak 1, ngasare pêcak 2, umur 25 dina.

Măngsa kasapuluh, kambu, wowohan, têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 24 dina.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 34 dari 40

Măngsa dhêstha, sur, sapi, kasawêlas têngangene wayangan pêcak 3, ngasare pêcak 10, umur 23 dina.

Măngsa sadha, juj, krambak, karolas têngangene wayangan pêcak 4, ngasare pêcak 11, umur 41 dina.

Akat lakune srêngenge, Sênèn lakune ngrêmbulan, Slasa lakuning lintang, Rêbo lakuning bumi, Kêmis lakuning gêni, Jumungah lakuning banyu, Sêtu lakune angin.

Iki windu sêngkala arane, umure 10 taun, 1. windu antari, 2. windu manila, 3. windu sêngara, 4. windu murka, 5. windu murkara, 6. windu manggada, 7. windu kawănda, 8. windu tirta, 9. wintu seta, 10. windu baya.

Iki saat nabi 5 watake kabèh, tanggal ping 1 amat siniya-siya, tanggal ping 5 amat jam 9, 10 asring pinaido, tanggal ping 4 amat jam 11, 12 antuk kanugrahan, tanggal ping 3 amat jam 1, 2 kasiku wong agung, tanggal ping 2 Jabarail jam 7, 8 kangelan tan angsil, tanggal ping 1 Jabarail jam 9, 10 pinaido wong agung, tanggal ping 5 Jabarail jam 11, 12 pinarcaya wong agung, tanggal ping 4 Jabarail jam 1, 2 ruba ujar ala, tanggal ping 3 Jabarail jam 3, 4 kangelan tuk jar ala, tanggal ping 3, Brahim jam 7, 8 siniya-siya, tanggal ping 2 Brahim jam 9, 10 asring mèh bilai, tanggal ping 1 Brahim jam 11, 12 siniya karêpe murka, tanggal ping 5 Brahim jam 1, 2 cinacak wong agung, tangl[32] ping 4 Brahim jam 3, 4 kaburu bilai, tanggal ping 4 Yusup jam 7, 8 asring cinidra kadange,

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 35 dari 40

tangl ping 3 Yusup jam 9, 10 mring kawirangan, tanggal ping 2 Yusup jam 11, 12 tuk kanugrahan sugih singgih, tanggal ping 1 Yusup jam 1, 2 kasiku wong agung, tanggal ping 5 Yusup jam 3, 4 cinacat wong agung, tanggal ping 5 Ngijrail jam 7, 8 tansah tuk ujar ala, tanggal ping 4 Ngijrail jam 9, 10 kawêlèh karêpe, tanggal ping 3 Ngijrail jam 11, 12 kaprêcaya ngukum, tanggal ping 2 Ngijrail jam 1, 2 sring bilaèni liyan, tanggal ping 1 Ngijrail jam 3, 4 sring bilaèni dhewe.

Amat, tanggal samiJabarail, tanggal samiBrahim, tanggal samiYusup, tanggal samiNgijrail, tanggal sami
12345
678910
1112131415
1617181920
2122232425
2627282930
arane tungle, aryang, wurukung, paningron, was, mawulu.Têgêse ringkêl, godhong, jalma, sato, mina, manuk, wiji.Watake sagu kumbi, lalèn, lena, melikan, têkabur, kaliru.Mupangate mirangake, gawe upas, bêburua gawea, bêdhil mikata, garu maluku.Sirikane aja nandur mrih gadhong,[33] nandur ningkah dêge omah, babad alas, ngambil mina, gawe kurungan, nibakake wiji tan dadi.

Pringkêlan namanipun 6 iji

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 36 dari 40

[Sinom]

1. Taun Ehe sasi Sura | kurup Jalmangiyah Paing | lumaku sataun pisan | kurupe tan salin-salin | taun kang nênêm sami | alip jimawal je-nipun | be wawu jimakirnya | kanêmipun mapan tunggil | kang lumampah sami kurup Kliwon Buda ||

2. pananggalaning taun dal | kurub dintên kêmis lêgi | kathahe mung kawan wulan | sura sapar lawan malih | wulan rabingulakir | lan jumadilawalipun | sami kurup kamsiyah | mulud mamongiyah paing | madilakir wangsul kurup kliwon buda ||

Iki arane windu, 1. windu Sancaya, 2. windu Adi, 3. windu Kunthara, 4. sindu Sangara.

Kurup windu, săngka angkaning titi măngsa taun, dhihin kabuwanga, 2. rong taun, sakarine kabuwanga 32, ping pira ping pira yèn kari kurang saka 8 utawa 8 bênêr iku windu Sancaya, yèn luwih saka 8 utawa 16 iku windu Adi, yèn luwih saka 16 utawa 24 iku windu Kunthara, yèn luwih saka 24 utawa 32 iku windu Sêngara.

Punika sêrat sujarah, têgêse pintêr sêja angarah-arah, gawe kurup mêthik sangking mastaka rancang, kapirit sangking ngèlmu iladuni, ical lan katêmune, duni andunungakên, mustaka rancang têgêse mustaka dhuwur, têgês rancang ngrancang gawe kurup, pananggalan windu 4, taun 8, dina 7, pasaran 5. Ing ngandhap punika katranganipun adêging nagari Majapait, nuju kurup akadiyah, nuju windu Kunthara, taun 1388 windu Adi, taun Dal, sasi Bêsar tanggal ping 30, dina Akat Wage wuku Wayang, sore ngalih kurup saptungiyah, tumêka Dêmak satêkane Pajang, umur 11 taun, nuju windu Sancaya, taun Je sasi Bêsar, tanggal ping 29 dina Sênèn Pon,

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 37 dari 40

wuku Maktal sorene ngalih kurup jamngiyah, dumugi Tasura umur 28 taun, nuju windu Sangara, taun Jimawal sasi Bêsar, tanggal ping 29 dina Rêbo Pon, wuku Julungpujud, sorene ngalih kurup kamsiyah, dumugi Surakarta umur 79 taun, nuju windu Kunthara, taun Ehe sasi Bêsar tanggal kaping 29, wuku Julungwangi, ăngka taun 1748, sorene ngalih kurup arbangiyah, sapriki sampun angsal 74 taun Je punika ăngka 1822, yèn wontên ing taun Be punika sampun 16 taun, ăngka 1824 ngantos taun Alip dados wêwah 3 taun Alip punika 1827.

Wontên malih mugi sami anyumêrêpana dununge windu 4, wontên wêdalipun sadaya, wi têgêse wicara kang linuwih, du têgêse dunungakên windu 4 iji katranganipun ing ngandhap punika.

Windu Adi, têgêse adêging jagat sawêg satunggal, dumunung dhatêng srêngenge, têgêse srêngenge punika srênging ati, pramila bêntèr sorotipun.

Windu Kunthara, dununging kăntha-kanthining bumi lan langit rina wêngi.

Windu Sangara, gêse[34] Gusti Kangjêng Nabi Adam tinitahake marang donya kalawan babu Kawa ginodha ing iblis, pramila wontên petang iblis adam kawa.

Windu Sancaya, dumunung pêcahing jagat iki dipun dadosakên 4 dumunung dhatêng keblat 4, wontên petang gêni angin banyu bumi, pêcahipun windu 4 dados 8, dumunung wontên taun 8, sirahipun windu Adi dados sirah taun Alip, nêtonipun satunggal dumunung dhatêng rêmbulan, alam 1, taun Ehe nêtonipun 5 dumunung dhatêng sangat nabi 5, pramila wontên [wo...]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 38 dari 40

[...ntên] etang Amat, Jabarail, Ibrahim, Yusup, Ngijrail.

Taun Jimawal nêtonipun tiga, dumunung dhatêng petang 3 iman tokit makripat, têgêse iman angimana, tokit anokitna marang kakekating karêp, têgêse makripat sampun maspadakakên dhatêng panggayuh wau.

Taun Je nêtu 7, dumunung dhatêng sirahing sasi Sura, dipun wastani sangaraning tiyang, pramilanipun wulan sapisan Sura dipun wastani sangaraning taun, dumunung dhatêng dintên 7, taun Dal nêtu 4 têgêse dal punika dados, dumunung dhatêng petang 4 cipta, reta, rasa, pangrasa, têgêse cipta wali, têgêse reta têmanten, têgêse pangulu kang sampun ngalilani ngèlmu rasa, têgêse pangrasa sêksi, taun Be nêtu 2, têgêse bêbuka, bungah laki rabi, têgêse laki lêga, olèh lanang, têgêse rabi, bungah olèh bojo, boja krama, taun Wawu nêtu 6, têgêse Wawu wani gunêming rasa, wis katêmu rasa, taun Jimakir nêtu 3 têgêse Jimakir, wis akiring taun kèri dhewe, dumunung wadhah isi tungup, dhawah bumi, bumi wedok, isi awang-awang timbangane bêbasane wa, walat, tutup langit têgêse langit lanang angurêbi bumi wadon {ingkang wontên nahasipun ing wulan}.

Sura kaping 13 nahas, kala Nabi Brahim dipun obong dhatêng Raja Namrut.

Rabingulakir kaping 16 nahas, Kala nabi Yusup kacêmplungakên ing sumur.

Jumadilawal ping 5 nahas, kala Nabi Nuh dipun kêlêm.

Siyam kaping 21 Nahas, kala Nabi Mungsa prang kalihan Raja Pirngon.

Sawal kaping 3 nahas, kala Nabi Adam katurunakên sangking swarga.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 39 dari 40

Dulkangidah kaping 24 Nahas, kala Nabi Yunus din[35] untal ulam nun.

Bêsar kaping 25 nahas, kala Kangjêng Rasulolah kagutuk ingkang waja.

Sangaraning Wulan

Sura, Sapar sangaranipun Sêtu Ngahat

Mulut, Rabingulakir, Jumadilawal sangaripun Sênèn Slasa

Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah sangaranipun Rêbo Kêmis

Pasa, Sawal, Dulkangidah sangaranipun Jumungah

Bêsar sangaranipun Sêtu kalihan Ngahat.

Naga dintên tuwin pêkênan wrêni dalah manggènipun

Katranganipun kados ngandhap punika

1. Jumungah wetan wujut putih

2. Saptu Akat kidul wujut abang

3. Sênèn Slasa kilèn wujut kuning

4. Rêbo Kêmis lèr wujut irêng.

Namaning Pêkênan

1. Lêgi wetan wujut putih

2. Paing kidul wujut abang

3. Pon kulon wujut kuning

4. Wage lor wujut irêng

5. Kliwon têngah rupa blorok.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279: Citra 40 dari 40
[Sampul belakang]

 


Tolu. (kembali)
tawang (dan di tempat lain). (kembali)
bayu. (kembali)
pangonan (dan di tempat lain). (kembali)
mintuna. (kembali)
pitik. (kembali)
sato (dan di tempat lain). (kembali)
Yèn. (kembali)
panjênênganing. (kembali)
10 durjana. (kembali)
11 kesahan. (kembali)
12 anjrah. (kembali)
13 Mangsane kringêt padha ora mêtu. (kembali)
14 mulat sarira. (kembali)
15 kanayatan. (kembali)
16 kapêtak. (kembali)
17 nêptuning (dan di tempat lain). (kembali)
18 Lebih satu suku kata: warigalit wrigagunge. (kembali)
19 wangkene. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: sêngkaning sri pratela. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: sêngkane pas pratela. (kembali)
22 sapi. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: nulya Tumpak Êponing ingkang lumampah. (kembali)
24 Dite. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: sêngkan kuthila pasthi. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: wuku wukir gumantya. (kembali)
27 Kurang satu baris ke-4: 7a. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: kuningan wis sampurna. (kembali)
29 1 sampai 10 ditulis dengan Angka Arab. (kembali)
30 1 sampai 10 ditulis dengan Angka Jawa. (kembali)
31 sakêdah. (kembali)
32 tanggal (dan di tempat lain). (kembali)
33 godhong. (kembali)
34 têgêse. (kembali)
35 dèn. (kembali)