Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 26-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 1 dari 75

Pratelan Isinipun Buku Punika

1. Sêrat Parasweda (Paramasweda) ... kaca 1

2. Sêrat Kalatidha ... kaca 1

3. Sêrat Jaka Lodhang I ... kaca 4

4. Sêrat Jaka Lodhang II ... kaca 11

5. Sêrat Sabdajati ... kaca 14

mêndhêt anak gêndhuk Lis Surini, anakipun dhimas R. Ng. Sutasumarna ... kaca 18

6. Sêrat Sabdatama ... kaca 17

7. Sêrat Căndranata ... kaca 19

8. Sêrat Wedhatama Piningit ... kaca 23

9. Sêrat Sabdajati Utama ... kaca 28

Panitya Kongsèr Phatori ... kaca 29

10. Sêrat Laksita Praja ... kaca 30

11. Sêrat Jangkêpipun Sabdatama ... kaca 33

Gêndhing Dhandhasèwu kaungêlakên ... kaca 35

12. Sêrat Riwayatipun Gêndhing Dhandhasèwu ... kaca 36

13. Sêrat Riwayatipun Gêndhing Tunggulwulung ... kaca 46

14. Sêrat Sambêtipun Sêrat Paramasweda ... kaca 50

15. Amèngêti Radèn Ngabèi Sutasumarna ... kaca 13

16. Tambahan katrangan bab kosokan rêbab ... kaca 52

17. Nama-namanipun peranganing rêbab dalah saprabotipun ... kaca 54

18. Cathêtan R. Ng. Prajapangrawit dados Bupati Anom ... kaca 61

--- 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 2 dari 75

Cathêtan

Kula (Prajapangrawit) nuju andhudhah sêrat-sêrat simpênan, wusana manggih Sêrat: Paramasweda babonipun kasêrat Karamasweda lajêng dipun ewahi Kyai Dêmang Warsapradăngga, dados Paramasweda, inggih punika cathêtan bab nama-namanipun cengkok rêbab, têtilaranipun bapa kula Kiyai Dêmang Warsapradăngga I, asli saking Ki Mlayadimêja I (asma timur Gus Salamêt, êmbahipun Mas Mlayasukarta, dados sadhèrèk Tăndhanagaran tunggil ibu Tăndhanagaran ingkang rama Radèn Mas Tumênggung Tăndha Wadana), nanging amung cathêtan nama: blaka, botên mawi katrangan punapa-punapa tur namung sakêdhik, nate dipun takèkakên dhatêng Ki Mlayadimêja wau, angsal jawaban amung sawatawis. Dèrèng marêmakên. Makatên wau punapa saking botên ngêrtos sayêktos, punapa pancèn kaangge wados, sagêd ugi.

Awit saking punika, nama-namaning rêbaban ingkang wontên ing cathêtan wau, lajêng dipun oncèki, dipun upadosi sagaduk-gadukipun. Sarta kawêwahan sawatawis piridan saking Sêrat Cênthini, dening Kiyai Dêmang Warsapradăngga I, kabiyantu Ki Mas Găndapangrawit (R. Ng. Prajapangrawit), lajêng dipun tata ukaranipun kadadosakên buku, kados ing

--- 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 3 dari 75

ngandhap punika.

Sêrat Paramasweda inggih punika amratelakakên nama-namaning cengkok rêbab kaurutakên denta ywanjananipun, kados ing ngandhap punika.

1. Ada raras

2. Ada niyah

3. Ada bêsus

4. Ada bêsutan

5. Ada trècèt

6. Ada unjalan

7. Ada loka

8. Atuturan (Atuturan)

9. Anduduk

10. Ukêl

11. Anggar èncèk

12. Èncèk

13. Nênthêng

14. Căndramara (Căndramara)

15. Rambat

16. Kosok bali

17. Dirga dungkapan

18. Drah kawilan

19. Tumpangsari

--- 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 4 dari 75

20. Tigastyèn

21. Sita parama

22. Pulaspa

23. Pahdarama

24. Pahda ayam-ayam a lan b

25. Juru darêsan

26. Nyênggrèng

27. Nyigar waspa

28. Nyigar ada

29. Ngancap

30. Anggarambyang, lêrêsipun manggèn ing aksara ha, dados angka 12

Mênggah wijangipun nama-nama wau, satunggal-satunggal katêrangakên sawatawis kalayan ringkês utawi cêkakan kados ing ngandhap punika.

1. Ada raras. Ingkang winastan Ada raras inggih punika anggarambyang raras, raras ingkang badhe kaungêlakên (ngiras ajak-ajak minăngka aba badhe mungêl).

2. Ada niyah. Ingkang winastan Ada niyah punika amung tumrap wontên ing gêndhing-gêndhing pelog (gêndhing pathêt 5, 6 tuwin pelog barang) dumunung wontên ing buka, kados ta: bukanipun gêndhing Kombangmara, Kêmbangmara, Agul-agul, Muntab, Jalaga, sasaminipun, tamtu mawi Ada niyah rumiyin

j123..21yt..t.j123..21yt

--- 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 5 dari 75

Yèn gêndhing pelog pathêt nêm, Sêmang, Rambu, Rêbêng, Kabor, Tamènggita, sasaminipun, manawi gêndhing Sarayuda, Gobêt, Mundhuk, Sangkawa, Mongkok, Sambul Gêndhing, Sambul Talèdhèk, Sambul Laras, lan sapanunggilanipun, inggih mawi makatên, nanging dhatêng y botên dhatêng t, mênawi barang, ada niyahipun warni kalih.

I. Sinom, Gêndrèh, Cacatingrat (Cacadingrat), Silirbantên, Ludira Gêndhing, sapanunggilanipun.

.j23j232.1yt..y..j23j232.1yt

II. Pramugari, Gêndari, Ludira Madura, sapanunggilanipun.

.3j232.u2y..y..3j232.u2y

3. Ada Bêsus. Ingkang winastan Ada bêsus punika inggih punika angangkah saening suwantênipun rêbab, larasipun sampun ngantos balero, sampun ngantos sasap, ingkang plêng, ingkang titi, titis, têtela.

4. Ada bêsutan. Ingkang winastan Ada bêsutan punika ambêsut, ambêsut laras kalih wilahan (rong raras) katindakakên ing jênthik wontên ing bagiyan ngambah alit (ngambah raras alit).

j6!..(pathet)
j!@653(gendhing)

5. Ada Trècèt. Ingkang winastan Ada Trècèt, [Trè...]

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 6 dari 75

[...cèt,] inggih punika saking ngambah agêng lajêng dhatêng 6 utawi 5 alit (ngêlik) tanganipun jariji panunggul têrkadhang jariji 4 pisan kausapakên ing kawating rêbab mangandhap.

6. Ada Unjalan. Ingkang winastan Ada Unjalan, inggih punika amêdhot utawi ngèndêlakên kosokan minăngka unjal napas (wirama), angêntosi wirama badhe nyandhak cengkok sambêtipun.

7. Ada Loka. Ingkang winastan Ada Loka, inggih punika angangkah sagêda angulah utawi angisèni lêlagon cêcengkoking gêndhing, upami gêndhing Gambirsawit salendro ngajêngakên kênong 1, 2, mawi cengkok căndramara utawi tumpangsari, makatên salajêngipun.

8. Atuturan. Ingkang winastan Atuturan, inggih punika ngrumiyini atêdah margi, gêgambaranipun kados ta: wiwitaning pathêtan lasêm, saking raras 6 alit lajêng dhatêng manis (raras jăngga alit).

6666j6!@...@@@!j!@65

Makatên sasaminipun.

9. Anduduk. Ingkang winastan anduduk, inggih punika upaminipun gêndhing Prawan Pupur (Parawan Pupur), ngajêngakên gong.

6532ju2u232u.y

duduk

Makatên sasaminipun. [sa...]

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 7 dari 75

[...saminipun.]

10. Ukêl. Ingkang winastan ukêl punika makatên

j654.2j654.2

(pelog, yèn salendro 4 nipun dipun santuni 3), wontên wilahan punapa kemawon, ugêr makatên wau winastan ukêl.

11. Anggar èncèk utawi Anggarèncèk, inggih punika sênggrengan salêbêting gêndhing ingkang sampun minggah saha ladrangan, tuwin katawanging ladrangan. Mênawi mirong dèrèng kenging mawi sênggrengan. Sênggrengan wau ingkang dipun gosok (kosok) namung raras nêm agêng tuwin 1, 2, 3 sêdhêng utawi barang pelog (barang agêng).

12. Èncèk. Ingkang winastan èncèk inggih punika I. Ngumbar y (y+ w nêm lan jăngga agêng), yèn gêndhing p5 ngumbar t lan panunggul agêng swaraning rêbab: ancrêg èncèng. II. Kadosdene (mèmpêr) sênggrengan, nanging kosokanipun majêng, upaminipun gêndhing minggahipun Kombangmara, sabibaripun kênong tiga, dhawah wilahan pelog.

.rr.rrty1ytrwqwgqSlenthem
...nrj.t.j.t.j.trtytrwrtjtrwgqRebab

makatên sasaminipun (manawi salendro anggosok nêm agêng).

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 8 dari 75

13. Nênthêng. Ingkang winastan nênthêng inggih punika nênthêng kawating rêbab miturut punapa ingkang dipun kajêngakên.

Nênthêng kawating rêbab pinatut kalayan rarasing gêndèr (patut-pinatut = pinathêt) wus pikantuk, inggih punika dipun laras kaangsalakên rarasing gêndèr raras y utawi t miturut punapa ingkang dipun kajêngakên. Makatên Sêrat Cênthini.

14. Căndramara. Ingkang winastan Căndramara inggih punika:

..2j355.55.62jy1.2.1Salendro
..2j355.55.6j2321121Pelog panunggul
..2j455.55.6j2321121Pelog panunggul
..3j566.j66..765j653.2Pelog barang

(Kosokan nyêla, duduk)

15. Rambat. Ingkang winastan rambat inggih punika

a.

jy12y3Salendro saha Pelog panunggul

b.

j235y6Salendro

c.

j356y!Saléndroj356y7Barang

16. Kosok bali. Ingkang winastan kosok bali punika makatên, miturut wêwatoning angrêbab (tiyang ngrêbab) punika sabên dhawah gong, kênong, kosokanipun kêdah mundur,

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 9 dari 75

nanging mênawi pinuju kosokan nyêla (nyêla angèjèg) badhe ngêlik, punika dhawahing êgong malah kêdah majêng, malah dados mênawi mundur lêpat, klintu, dipun gêgujêng ingkang mangrêtos wêwaton. Mila awit saking punika, lajêng winastan akosok wangsul.

17. Dirga Dungkapan. Ingkang dipun wastani Dirga Dungkapan inggih punika kosokan panjang (galur) lajêng sêndhal pancing, kados ta: wiwitaning pathêt sanga, buka Gambirsawit, Genjong, Genjong Goling, Damar Kèli, sasaminipun. Dados gêrbanipun inggih sêndhal pancing, amargi soka badhe sêndhal pancing, tamtu mawi kosokan panjang galur rumiyin.

18. Drah kawilan. Ingkang winastan Drah kawilan, inggih punika wiwitaning buka Lambangsari, Sarimadu, Widasari, Malarsih, Montro (Măntra).

...66j!653

lan sasaminipun.

19. Tumpangsari, inggih punika mênawi wontên raras pelog makatên

3565j65...3565j65...

pathêt, yèn salendro makatên

..56!56!

(sanga), gêndhing mênawi manyura minggah sawilah

..6!@6!@

20. Tigastyèn. Ingkang winastan Tigastyèn punika

a. Ukêl malêncat raras, kados ta: cengkokipun [cengkoki...]

--- 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 10 dari 75

[...pun] pathêt 5p

.j45j121.j45j121

yèn pathêt barang

.j56j232.j56j232

b. Ukêl nyêla wirama, kados ta:

..j45j245j45j245

(sêkaran pathêt 5p), yèn tumrap salendro 9

..j35j235j35j235

(pathêt), manawi manyura kainggahakên sawilah.

21. Sitaparama. Ingkang winastan Sitaparama inggih punika ukêl akêkadhalan, jariji 4 pisan gêsang, botên kalintu prênahipun, yèn ambêsut inggih jênthikipun ingkang kaangge ambêsut, wêwilêtanipun tansah sagêt adamêl raos ingkang sakalangkung amiraos, datan kewran saulah kridhaning gêndhing, inggih Sitaparama punika ingkang dados kêkandhanganing adèn-adèn. Wondene kula gambarakên sakêdhik, minăngka ular-ularing para marsudi pangawikan. Kados ing ngandhap punika:

I. Sitaparama a ~ II. Sitaparama b} sami dipun parabi: lagu kadhalan

III. Sitaparama c ~ IV. Sitaparama d} dipun parabi: cengkok manisrêngga

Sitaparama 4 warni wau, mênggah ancêr-ancêripun nut ăngka makatên:

--- 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 11 dari 75

a.

..56!656.5j352jy12.1

tumpangsari, kadhalan

b.

.56!.5j3523..2

c.

...yj23j33j32.j23j33j32.

d.

..j1yj12j2333j213j52.1

a, b, c, d wau amung tumrap wontên ing raras salendro. Bokmanawi taksih wontên panunggilanipun malih, namung ing ngriki (buku kula) sawêg dumugi samantên, tur nutipun dèrèng têpat.

22. Pulaspa. Ingkang winastan Pulaspa inggih punika cengkok makatên

...5.j6!@.j6!6.5

utawi

..!5j6!@..J6!6.5

sami tumrap raras salendro, amung yèn kangge manyura minggah sawilah.

23. Pahdarama utawi pada wirama, inggih punika pada wiramaning pathêt tuwin pada wiramaning gêndhing.

24. Pahda ayam-ayam utawi pada ayam-ayam, inggih punika a. kosokan nyêla, b. kosokan kandêl tipis (kados tulisan) mênawi tumrap rêbab inggih swantên sêru lirih, anjalari wêwahing raos kaendahan.

Taksih wontên sambêtipun. Kawrat ing kaca 50.

[tanda tangan: Praja Pangrawit]

--- 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 12 dari 75

Sêrat Kalatidha,

karanganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita Pujăngga agêng ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Sêkar Sinom

1. mangkya darajating praja | kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | ponang paramèng kawi | kawilêt ing tyas malatkung | kongas kasudranira | tidhêm tandhaning dumadi | ardayèng rat dening karoban rubeda ||

2. ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panêkare bêcik-bêcik | parandene tan dadi | paliyasing kalabêndu | malah sangkin andadra | rubeda kang ngrêribêdi | beda-beda ardane wong sanagara ||

3. katêtangi tangisira | sira sang paramèng kawi | kawilêting tyas duhkita | katamaning rèh wirangi | dening upaya sandi | sumaruna anarawung | pangimur manuhara | mèt pamrih melik pakolih | têmah suha ing karsa tanpa wêweka ||

4. dhasar karoban pawarta | bêbaratan ujar lamis | pinudya dadya pangarsa | wêkasan malah kawuri | yèn pinikir sayêkti | mundhak apa anèng ngayun | andhêdhêr kaluputan | siniraman banyu lali | lamun wuwuh [wu...]

--- 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 13 dari 75

[...wuh] dadi kêkêmbanging beka ||

5. ujaring panitisastra | awêwarah asung peling | ing jaman kênèng musibat | wong ambêg jatmika kontit | mangkono yèn nitèni | pedah apa amituhu | pawarta lalawora | mundhak angrêrănta ati | angur baya ngikêta caritèng kuna ||

6. kêni kinarya darsana | panglimbang ala lan bêcik | sayêkti akèh kewala | lêlakon kang dadi tamsil | masalahing ngaurip | wahananira tinêmu | têmahan anarima | mupus pêpêsthèning takdir | puluh-puluh anglakoni kaelokan ||

7. amênangi jaman edan | ewuh aya ing pambudi | milu edan nora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman mèlik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

8. samono iku bêbasan | padu-padune kapingin | inggih makatên mandhoblang | bênêr ingkang angarani | nanging sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arêp apa | muhung mahas ing asêpi | supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma ||

9. beda lan kang wus santosa |

--- 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 14 dari 75

kinarilan ing Hyang Widhi | satiba malanganeya | tan susah ngupaya kasil | saking mangunah prapti | Pangeran paring pitulung | marga samining titah | rumasa barang pakolih | parandene maksih tabêri ihtiyar ||

10. sakadare linakonan | mung tumindak mara ati | anggêr tan dadi prakara | karana wirayat muni | ihtiyar iku yêkti | pamilihing rèh rahayu | sinambi budidaya | kanthi awas lawan eling | kang kaèsthi antuka parmaning Suksma ||

11. ya Allah ya Rasululah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung ingkang nartani | ing alam awal akir | dumununging gêsang ulun | mangkya sampun awrêdha | ing wêkasan kadi pundi | mila mugi wontêna pitulung tuwan ||

12. sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aru-ara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng maladsih | sanityasèng tyas mêmatuh | badharing sapudhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga sawarga mèsi martaya ||

Sêrat Jaka Lodhang I, punika ugi karanganipun ingkang minulya Radèn Ngabèi Rănggawarsita.

--- 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 15 dari 75

Sêrat Jaka Lodhang I tatêdhakan saking sêratipun adhimas Sridiman, inggih Radèn Mas Sri Andaya Kusuma, babon saking sasana wilapa: ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kasêrat ing Kamlayan tanggal kaping 16 Robilulawal (Mulud) ing warsa Wawu ăngka 1881 amarêngi wuku Kuningan utawi kaping 5 Januari 1950.

[Tanda tangan: Prajapangrawit]

Jaka Lodhang (I)

1. Sêkar Dhandhanggula

1. tibra layu wayahe hyang rawi | rawat-rawat sinamar ing ima | amara sêmu sunare | rèrèh dènnya tumurun | lir kêpalang malang tumolih | labêt maksih karênan | myat rêsmining dhukuh | wismane răndha dhadhapan | mèsi sotya kang lagya sinarawèdi | dinadar ing jawata ||

2. ponang rêtna samana kaèksi | Kèn Limaran nèng ngayuning wisma | nyaponi palatarane | sakêdhap kèndêl mangu | kang sinapon tinolih pulih | wali-wali

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 16 dari 75

mangkana | kèh rondhon kang ruru | lir kênèng daya upaya | bok parawan pêgêl ing tyas nawung kingkin | têmah tunèng wêweka ||

3. katarucut ngucap pasanggiri | dewa sagung kang Maha Kawasa | saksinên ujar ngong mêne | sapa bangkit têtulung | ngilangêna kalesa mangkin | lamun jalu dadia | jatu kramaningsun | dene yèn sipat wanudya | ingsun rêngkuh sadulur sinoroh wadi | têkèng ari bawana ||

2. Sêkar Pangkur

1. jlêg samantara kawuryan | Jaka Lodhang tumurun marêpêki | kèn rara arsa lumayu | ponang wanara mojar | hèh ta rara tan nêdya sikara ingsun | mung ayun tanya kewala | ing mau ingsun miyarsi ||

2. sira prasêtyèng jawata | sapa bisa têtulung minangkani | laruding larahan ruru | rêgêding palataran | lamun priya sira sumarah winêngku | yèn wadon dadia kadang | sadulur sinoroh wadi ||

3. apa têmên ujarira | yèn cidroa kênèng upata yêkti | yèn sira nuhoni wuwus | nyata dining kusuma | ywa sandeya nugrahanta mèh dhumawuh | ingsun dutaning jawata | anêkani pasanggiri [pa...]

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 17 dari 75

[...sanggiri] ||

3. Maskumambang

1. rawat waspa kèn rara dupi miyarsi | ngungun sru nalăngsa | puwara aris nauri | dhuh walèh-walèh punapa ||

2. pan sanyata wuwus ulun kang kawijil | mêne mung sumăngga | paran gèn ulun nyinggahi | yèn wus karsaning bathara ||

3. suka ing tyas rewănda tandya samadi | hyang maruta prapta | kalesa katut sumilir | rêroncène tan winarna ||

4. Kinanthi

1. baskara diwasa surup | ginantyan wimbaning sasi | sêdhênge tanggal ping sapta | mănda prabane mranani | sêpên jroning padhukuhan | sunya sêbawaning janmi ||

2. wau ta kalaning dalu | ana karna kang tumiling | kadya mung myarsèng rêrasan | piwêling kang milangêni | dhuh rara ing benjang-enjang | ing wayah banguning rawi ||

3. sun mendra arsa anggaru | mring sawah si randhu kuning | sira rara rêratênga | sathithik kinarya ngirim | nora kudu salah endah | nanging susulna pribadi ||

5. Sêkar Balabak

1. byar raina kèn rara wus maring sêndhang | mamèt we | turut marga nyambi rêramban janganan | antuke | praptèng wisma wusing nyapu atêtêbah

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 18 dari 75

jogane ||

2. cêthik brama arêratêng tata-tata | sumbule | samantara kirimane wus samêkta | kabèhe | ngambil slendhang kèn rara nuli pamitan | renane ||

3. gendhong cêthing manggul sumbul sarwi ngêmban | kêndhine | gya umangkat sêmparèt agêgancangan | lampahe | praptèng têba winulat kawuryan sunya | gubuge ||

6. Sêkar Pucung

1. nguwuh uwuh | kakang nèng ngêndi sirèku | jare garu kakang | sawahe si randhu kuning | kari-kari tak golèki nora ana ||

2. nêngna wau | mêne gantya kang winuwus | nênggih radèn putra | ing Janggala Sang Apanji | nuju arsa bêdhag pikat amisaya ||

3. myang nênumpu | mring alas gung liwang-liwung | namur brangtanira | manganti panjamaning sri | nitih kuda ingiring ing Jodhèh Sănta ||

7. Mijil

1. sri kapyarsa trajanging turanggi | andhêge pinargok | kumriciking kêndhali linêpèh | myang pêsating sêsela lit-alit | thik talêthik krincing | bag-gêdibag barus ||

2. praptèng têba rahadyan umèksi | ana rare wadon | kawistara endah suwarnane | tinakenan wus sajarwa jati | radyan duk miyarsi

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 19 dari 75

ing driya kumênyut ||

3. gya tumurun mara mirakêti | paguting patêmon | nikèn rara kakênan ing tyase | asrah jiwa mring sang rajasiwi | tan pantara prapti | Jaka Lodhang nguwuh ||

8. Durma

1. hèh Limaran êndi pêpunjunganira | wus suwe sun antèni | katuwone sira | patêmon lan wong priya | lah apa nyata sirèki | wus pêthuking tyas | tan kogêl mulatèngi ||

2. gad-gadèng tyas radyan putra duk miyarsa | arsa ngayat jêmparing | rewănda sru mojar | babo ywa salah cipta | ingsun dinutèng dewadi | dadya pêcalang | mêmulang tuduh margi ||

3. Kèn Limaran pasthi jatukramanira | trah tumêrah mijèni | jroning pitung jaman | benjang sapungkurira | dhihin jaman andêrpati | kalawisesa | nèng Pajajaran nagri ||

9. Asmaradana

1. Dyan Sri Kala rajapati | kuthane ing Majalêngka | rinusak putrane dhewe | sumilih salin salaga | ngalih marang Bintara | adiati jamanipun | sajroning kalawisaya ||

2. rusake mring Pajang ngalih | aran jaman Kalajăngga

--- 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 20 dari 75

tan lawas angalih manèh | akêkutha nèng Mataram | rinakêt wong nangkoda | jaman kalasêkti iku | sirêp rêrêtuning praja ||

3. jaman kaping nêm angalih | kuthane ing Wanakarta | pan kalajaya jamane | puwara jaman ping sapta | kalabêndu ranira | pyarsakna lambanging sêmu | nanging sun linggih sadhela ||

10. Gambuh

1. Jaka Lodhang gumandhul | praptaning pang ngathengkrang sru muwus | wahanane yèn kalabêndu nêkani | tingaling janma sawêgung | tan lyan arta kang katonton ||

2. prandene malah larut | amêlarat lir binirat kerut | warna-warna wadaling kawula alit | pajêge rangkêp kang mupu | prajane sugih bot repot ||

3. tan ana warta tuhu | mari kangên wong sanak sadulur | niring tata sujana sarjana kontit | dursila kêndêl andarung | kang bandhol tulus mêndhosol ||

11. Sinom

1. rêrême rêtuning praja | sinapih nata ginaib | sinêbut ratu amisan | sudama papa linuwih | jroning maksih piningit | bêbasan kêsampar sandhung | akèh kang katambuhan | puwara jênêngiraji | pinandhita ||

--- 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 21 dari 75

mêngku adil paramarta

2. jêjuluk Sri Hèrucakra | ngadhaton katăngga pêthik | prajurite mung sirulah | kang molah luluh kapilis | sing amungkir kajungkir | mangsah mobah kabarubuh | saking karsaning Suksma | kinarya buwana balik | rêtuning rat binerating rèh raharja ||

3. menak sèsining buwana | tan ana winalangati | muwah muwuh sandhang boga | sirna kang durjana juti | tobat durtane sêbit | mulat wilalading ratu | turun ping catur sirna | tanpa karananing jurit | mung katawan lawan nêpsune priyăngga ||

12. Mêgatruh

1. ingsun tutur iku nguni wus kasêbut | jangkane Natèng Kadhiri | Sri Jayabaya duk rawuh | nèng wukir padhang nêlasi | ajar subrata kadudon ||

2. dènnya atur pasugatan warna pitu | kunir juwadah lan gêti | kajar sawit bawang pingul | puspa mlathi lan saruni | wardine măngka pasêmon ||

3. anjajagi kawaskithane sang prabu | sinêngguh datan udani | anane jaman kapungkur | tumêkèng katăngga pêthik | ing wurine kang gumantos ||

--- 11 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 22 dari 75

13. Sêkar Puthut Gêlut Salendro Manyura

1. jumênênge sri asmara kingkin | nuli praptaning nata | ing Nuswasrênggi sumundhul | wêkasaning praja | aran Ngamarta laya | iku măngka panutup ||

2. gya praptane kang aswa kalêngki | yèku Sri Jayabaya | awarna turăngga jamus | mungkasi bawana | nuju surya sangkala | nir tan rupa kadulu (2100) ||

3. praptèng kono jangkane wus titi | pama gancaring wayang | carangane kang dhinapur | nèng jroning rat Jawa | têkèng jaman wêkasan | têrahira tumurun ||

Ing ngandhap punika sêrat Jaka Lodhang II mawi dipun purwakani sandi asma, sinawung ing sêkar Kalut raras pelag[1] panunggul

1. Răngèh jlêg tumiba | gagaran santosa | wartane mèh têka | sikara karodha | tatage tan katon ||

2. Barang-barang ngêrong | saguh tanpa raga | katali kawawar | dhadhal amêkasi | tăndha murang tata ||[2]

--- 12 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 23 dari 75

1. Gambuh

1. Jaka Lodhang gumandhul | praptaning pang ngêthengkrang sru muwus | eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi | gunung mêndhak jurang brênjul | ingungsir praja prang kasor ||

2. nanging aywa kaliru | sumurupa kăndha kang tinamtu | nadyan mêndhak mêndhaking gunung wus pasthi | maksih katon tabêtipun | beda lawan jurang gêsong ||

3. nadyan bisa barênjul | tanpa tawing enggal jugrugipun | kalakone karsaning Hyang wus pinasthi | yèn ngidak sangkalanipun | sirna tata èsthining wong (1850) ||

2. Sinom

1. sasêdyane tanpa dadya | sacipta-cipta tanpolih | kang rêraton raton rantas | mrih luhur asor pinanggih | bêbêndu gung nêkani | kongas ing kanisthanipun | wong agung nis gungira | sudirèng wirang jrih lalis | ingkang cilik tan tolih ring cilikira ||

2. wong alim-alim pulasan | jaba putih jêro kuning | ngulama mangsah maksiyat | madat madon minum main | kaji kaji ambanting | dulban kêthu putih mamprung | wadon nir wadonira | prabawèng salaka rukmi | kabèh-kabèh mung marono tingalira ||

3. para sudagar ing argya | jroning jaman kênèng sarik | marmane saisining rat | sangsarane saya mêncit | nir sad èsthining [èsthi...]

--- 13 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 24 dari 75

[...ning] urip (1860) | iku ta sangkalanipun | pantoging nandhang sudra | yèn wus tobat tanpa mosik | sru nalăngsa narima ngandêling Suksma ||

3. Mêgatruh

1. bok parawan săngga wang duhkitèng kalbu | Jaka Lodhang nabda malih | nanging ana marmanipun | ing wêca kang wus pinasthi | èsthinên murih kalakon ||

2. sangkalane maksih nunggal jamanipun | nèng sajroning madya akir | wiku sapta ngèsthi ratu (1877) | ngadil parimarmèng dasih | ing kono karsaning Manon ||

3. tinêmune wong ngantuk anêmu kêthuk | malênuk samargi-margi | marmane bungah kang nêmu | marga jroning kêthuk isi | kêncana sêsotya abyor ||

Nalika ing dintên malêm Salasa Wage, tanggal kaping 5 Ramlan Wawu 1881 wuku Gumbrêg masa XII, utawi kaping 19-20 Juni 1950 ing praja pangrawitan jagongan mawi kalênengan, dipun sindhèni Nyai Bêkêl Marduraras. Wigatosing parlu wau, mahargya adhimas Sumardiyana anggènipun kakarsakakên dados abdi dalêm mantri ăngka I golongan garap kartipraja pusat Surakarta, kapatêdhan nama: Radèn Ngabèi Sutasumarna.

--- 14 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 25 dari 75

Sêrat Sabdajati,

ugi karanganipun ingkang minulya: Radèn Ngabèi Rănggawarsita, mawi sandi asma, sinawung sêkar Mêgatruh.

1. Mêgatruh

1. aywa pêgat budiya ronging pudyayu | marganing suka basuki | dimèn luwar kang kinayun | kalise panggawe sisip | ingkang tabêri prihatos ||

2. ulatana kang nganti bisa kêpangguh | galedhahên kang sayêkti | talitinêm [3] aywa kliru | larasên sajroning ati | dèn tumanggap dimèn manggon ||

3. pamanggone anèng pangèsthi rahayu | angayomi ing tyas êning | êninging ati kang suwung | nanging sajatining isi | isine cipta sayêktos ||

4. lakonana kalawan sabaring kalbu | yèn dèn obah nêniwasi | kasusupan setan gundhul | ambêbedhung gawa kanthi | isine rupiyah kêton ||

5. lamun nganti korup mring panggawe dudu | dadi pakuwoning eblis | mlêbu mring alam pakewuh | ewuh pananing kang ati | têmah wurung kabêsturon ||

6. nora kengguh mring pamardi rèh budyayu | ayuning tyas sipat kuping | kinêpung panggawe rusuh | lali pasihaning Gusti | ginuntingan kaya marnos ||

--- 15 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 26 dari 75

7. parandene sadaya kang samyandulu | ulap kalilipên wêdhi | akèh wong kang padha sujud | kinira yèn Jabarail | kautus dening Hyang Manon ||

8. yèn kang uning mring sang sajatining kawruh | kawruhan sajroning ati | yèn kang niru nora urus | uripe kaèsi-èsi | yèn tiniru dadi asor ||

9. nora ngandêl marang gaibing Hyang Agung | anggêlar sakalir-kalir | kalamun têmên tinêmu | kabêgyane anêkani | kamurahaning Hyang Manon ||

10. anuhoni kabèh kang duwe panyuwun | yèn têmên-têmên sayêkti | Allah aparing pitulung | nora kurang sandhang bukti | saciptanira kalakon ||

11. ki pujăngga nyambiwara wèh pitutur | saka mangunahing dhiri | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi | angalingkap têmah katon ||

12. para janma sajroning jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune saya dlarung | kèh tyas mirong murang margi | kasêtyane nora katon ||

13. katuwone winawas dahat matrênyuh | kênyaming sasmita yêkti | sanityasèng tyas maladkung | kongas wêlase kêpati | sulaking jaman prihatos ||

14. waluyane benjang

--- 16 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 27 dari 75

yèn wus ana wiku | mêmuji ngèsthi sawiji (1877) | sabuk lêbu lir majênun | galibêdan tudang-tuding | anacahkên sakèhing wong ||

15. iku lagi sirêp jaman kalabêndu | kalasuba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang bukti | sêdyane kabèh kalakon ||

16. pandulune ki Pujăngga durung kêmput | mulur lir bênang tinarik | nanging kasêrang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih sajatining ênggon ||

17. amung kurang wolung ari kang kadulu | tamating pati patitis | wus katon nèng luhkhil makpul | angumpul nèng madya ari | amarêngi ri Budha Pon ||

18. tanggal kaping gangsal antaraning luhur | Sêlaning taun Jimakir | tolu uma aryang jagur | sêngara winduning pati | nêtêpi ngumpul saênggon ||

19. cinitra ri Buda kaping wolu likur | Sawal ing taun Jimakir | candraning warsa pinetung | nêmbah muksa pujăngga ji (1802) | ki pujăngga amit layon ||

--- 17 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 28 dari 75

[Sêrat Sabdatama]

Ing ngandhap punika pêthikan sêrat Sabdatama, ugi karanganipun ingkang minulya Radèn Ngabèi Rănggawarsita, Kaliwon Pujăngga ing karaton Surakarta Adiningrat. (Pangkat kaliwon makatên mênggah ing sapunika bupati anom)

1. Sêkar Gambuh

1. ing antara sapangu | pangungaking kaanan wus mirut | morat-marit panguripaning sasami | sirna katêntrêmanipun | wong udrasa sanggon-ênggon ||

2. kêmat isarat lêbur | bubar tanpa daya kabarubuh | paribasan tidhêm tandhaning dumadi | bêjane ula dhahulu | cangkêm silite anyaplok ||

3. dhungkari gunung-gunung | kang gênêng-gênêng padha jinugrug | parandene tan ana kang nanggulangi | wêdi kalamun sinêmbur | upase lir wedang umob ||

4. kolonganing kaluwung | prabanira abang kuning biru | sumurupa iku mung soroting warih | wêwarahe para rusul | dudu jatining Hyang Manon ||

5. supaya padha emut | amawasa benjang jroning taun | windu kuning kono ana wewe putih | gêgamane têbu wulung | arsa

--- 18 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 29 dari 75

angrabasèng wêdhon ||

6. rasane wus karasuk | kêsuk lawan kala masanipun | kawisesa saking kwasaning Hyang Widhi | wahyaning wahyu tumêlung | tulus tan kêna tinêgor ||

7. karkating tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wahyu | yuwanane turun tumurun tan ênting | liyan praja samya sayuk | kèringan saênggon-ênggon ||

8. tatune kabèh tungtum | lêlarane waluya sadarum | tyas prihatin ginantyan suka basuki | wong ngantuk anêmu kêthuk | jro isi dinar sabokor ||

Amung samantên pamêthik kula ingkang kula manah parlu, lajêng sambêtipun, inggih punika: Sêrat Sabdajati kados ingkang sampun kula têdhak kawrat ing kaca 14 dumugi 16.

R. Ng. Projopangrawit

Cathêtan, pèngêtan mêndhêt anak Lis Surini.

Ing dintên malêm Akad Lêgi kalêrês wêdalanipun gêndhuk Lis Surini tanggal 24 Rabingulakir Wawu 1881 utawi kaping 11-12 Pèbruari 1950 wuku Marakèh măngsa VIII, gêndhuk Lis Surini anakipun adhi R. Sumardiyana wiwit tilêm ing Kamlayan.

--- 19 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 30 dari 75

Sêrat Căndranata,

inggih Căndra narendra, yasan Panjênêngan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV ing Surakarta Adiningrat.

1. Sinom

1. sêsinome ingkang căndra | laksitèndra nata nguni | yasanipun ingkang swarga | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara nguni | Surakarta kaping catur | wiwit jumênêngira | kang nêrahkên sriranèki | yèku Prabu Mangkurat ingkang pamungkas ||

2. Jêng Sunan Prabu Mangkurat | ing Kartasura prajadi | nata binathara tama | sudibya anjayèng jurit | marta aksamèng dasih | yitna wêkasane luhur | darma kêndêl waskitha | kasujanan santa titi | candranira anglêm bumi luhur raja ||

3. Sinuhun Paku Buwana | kang murwani asma salin | ping kalih ing Kartasura | rusuh pranataning nagri | dadya jêngkar sumarmi | pindhah dhatulaya agung | prajadi Surakarta | diningrat candranirèki | lir maeswa daniswara pajajaran ||

4. Jêng Sunan Pakubuwana | ping katri tuhu linuwih | santosa kuwating prana | santosa rahayu budi | binathara [binatha...] ||

--- 20 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 31 dari 75

[...ra] mungkasi | têtêg rosa têguh ayu | sudibya maharjèngrat | bratane iku amirib | Gilingwêsi Sang Prabu Cingkaradewa ||

5. Jêng Sunan Pakubuwana | kaping pat ingkang mandhiri | ambangun nagara mulya | pindha ratu wali mukmin | jatine kang miwiti | rusake karatonipun | nis panguwasanira | adil kukuming nagari | candranira lir prabu Kijing Wahana ||

6. narendra kang kaping pănca | Pakubuwana linuwih | sudira krêtarta tama | amumpuni jayèng bumi | asih sêsamèng dasih | kang bangun Srat Wedhaprabu | sakèh pustaka tama | surut tan panjang mandhiri | sugih donya lir Prabu Sri Dasawana ||

7. kaping nêm Sri Mahadipa | Pakubuwana linuwih | kêndêl bênêr tinggal nalar | turune sok gêdhag-gêdhig | yitna mrina ing galih | arsa jabêl prajanipun | pasisir măncapraja | pinulitik catur janmi | kênèng coba jêngkar mring Ambon nagara ||

8. Jêng Suhunan kaping sapta | Paku Buwana mandhiri | nata sadu darma maya | katungkul [katungku...]

--- 21 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 32 dari 75

[...l] wibawa mukti | prênah paman sang aji | kang nèng pulo Ambon iku | ping sapta tanpa ruba | pasisir măncanagari | estu kêna pulitiking băngsa Lănda ||

9. sinuhun kang kaping astha | prênah kadange pribadi | jêjuluk Pakubuwana | wêrdaning[4] garwa paminggir | rusak malarat nagri | tan lami jumênêngipun | nata guru minulya | kayungyun ing pandhitadi | mangkya kabul sinêbut nata pandhita ||

10. kang gumantya atmajendra | kang nèng pulo Ambon nguni | Pakubuwana ping sanga | iku ingkang amandhiri | miwiti kang mungkasi | kasugihaning praja gung | darma marta mring wadya | samêkta praja wus mranti | wali tama sumêngka srira bathara ||

11. narendra kang kaping sanga | ratu ambêg lir jahnawi | calon nata ping sadasa | sigit rahayu ing galih | ana prang catur benjing | yèn tan niti dadya rusuh | ajrih lamun nglairna | iku wiwitaning aji | ping sadasa winantu arja wibawa ||

12. lawan ana brata yoga | elok sasmita winadi | ana kang dadya sumêlang | mula prakara ing benjing | ping sawêlas gumanti | tan panjang jumênêngipun | mangsuli kang carita [cari...]

--- 22 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 33 dari 75

[...ta] | sampeyan dalêm sang aji | ping sadasa kasandhung godha rêncana ||

13. prakara gêng kang winahya | priyagung katri nyampêti | sajuga kang wrêsniwira | senapati pulo Jawi | ping sadasa mumpuni | ana gêng sujarahipun | sajuga wiji priya | pancêr saking sri bupati | kang kaping nêm sri narendra ingkang jêngkar ||

14. saking wadhah ibu papat | sajuga sing Kangjêng Gusti | Mangkubumi ingkang jêngkar | kalih Jayakartikèki | katri kang lenèng jurit | Kaliabu bawah Kêdhu | ing desa Tirtamaya | jêng pangeran amandhiri | Arya Adiwijaya tri sakawannya ||

15. Singaprana dhusun Sima | punika ugi nguruni | kang catur binasakêna | iku kumpul dadi siji | padha kang ahli pikir | awas kêkêraning ratu | kang gumantya sawêlas | sri maha narpati wiki | wrêdha darma sampêt nata mung sadhela ||

16. wudharing prasêtya nata | lan Kangjêng Guprêmèn Indhi | nulya ping rolas gumantya | ratu wira jayèng jurit | kiyating rat mumpuni | turun nata ping sapuluh | tuhu narendra wignya | santosa sabar ing galih | kang jumênêng ping tri wêlas winursita [wi...]

--- 23 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 34 dari 75

[...nursita] ||

17. nata dibya pandaming rat | takabul rèh silastuti | kaonang ing jagat raya | dadya pandaming sabumi | iku ingkang amirib | anglir Kangjêng Sultan Agung | Prabu Nyakrakusuma | narendra Mataram nagri | titi tamat pustaka căndra narendra ||

Wedhatama Piningit (M.N. IV)

1. Sinom

1. sêsinome tur uninga | wedhatama kang piningit | kang gumanti nata wrêdha | maksih sinêngkêr ing Widhi | iku ra-uru benjing | kang sumêla dadi ratu | turune ping sadasa | nutugkên wibawa mukti | kang sung sabda jêng gusti kaping sakawan ||

2. rambah kula yitnèng sabda | wontên Walandi Ostênrik | Winên nênggih kutha raja | malancong mring nagri Jawi | karsa minggah ing wukir | nyuwun prêmisi sang prabu | ningali kawahira | pucaking ardi Marapi | wangsulira sing ardi asung carita ||

3. dhatêng jêng gusti kaping pat | èngêt kula sangkalaning | gusti ngèsthi puji nata (1781) | wit crita ra-uru benjing | kobong wit saking agni | ngèsthi catur

--- 24 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 35 dari 75

slira ratu (1848) | pêcahing ardi sigar | Jogja Kêdhu risak sami | yèn ing Sala risake mung sawatara ||

4. Jogja karatone ilang | pêcahing arga umili | tirtandhut Sala lan Jogja | pêcah wus tan nunggil siti | pêcahing arga dadi | kali tanggung anjogipun | samudra kang lèr wetan | kang lèr praja risak sami | ing Madura mèh gathuk ing Surabaya ||

5. wirayat rêsi Walănda | payo padha dèn titèni | pinèngêtan bokmanawa | anak putu amênangi | si tuwan banjur mulih | marang Winên prajanipun | nahên ta ardi tlacap | amblês barêng gunung mrapi | rawa pêning ing Bahrawa mubal brama ||

6. risak tanah kilèn praja | kathah janma kang ngêmasi | antara mung pănca dina | kobong sagunging kang ardi | guprêmèn anulungi | myang pra raja liyanipun | durunging kobong arga | lindhu rambah kaping katri | jamanira sapungkure Jayabaya ||

7. nuju nata ping sadasa | iku ingkang amandhiri | prajadi ing Surakarta | yèn wirayat saking Jawi | taun têmbe ing wingking | sangkalanira pinetung | netra nêm [nê...]

--- 25 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 36 dari 75

[...m] ngèsthi buda (1862) | ing Mangkunagaran benjing | kasusahane tan lamintuk ngapura ||

8. Lan ana modhèl kang têka | pênyakit nganèh-anèhi | sawatara nuli sirna | ing tanah Jawi waradin | Sala Ngayogya kêni | laminya tri wulan iku | wirayate wong wignya | nuju panjênêngan aji | ping sadasa akrama Ngayogyakarta ||

9. sambung jêng gusti kaping pat | arum sabdanira aris | coba kang Rănggawarsita | dulunên têlênging ati | èsthinên aywa gingsir | sandika matur anuwun | Radèn Rănggawarsita | pănca driyanya kaèsthi | datan lama sapandurat tuk wêwêngan ||

10. lêrês aturipun tuwan | benjang kalamun marêngi | badhe pêcahing kang arga | lindhu rambah kaping katri | punika pancèn yêkti | kêpara dados sêsungut | kantun pituning dina | pitulas dina marêngi | pitu likur dina pêpungkasanira ||

2. Kinanthi

1. wirayat rinênggèng kidung | macapat sêkar kinanthi | kang badhe jumênêng nata | iku ura-uru benjing | kusuma têrahing nata | kang sinung panggalih suci ||

2. saking karsaning Hyang Agung | maksih sinêngkêr marmaning | akèh ingkang katambuhan [katambuh...]

--- 26 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 37 dari 75

[...an] | kajaba sujanma kang wis | sinung wruh dening Pangeran | iku kang sagêd mastani ||

3. dene wontêning dahuru | sasampuning ardi Mrapi | gung kobar saking dahana | sigar têngahira dadi | lèpèn mili toya lahar | lèr wetan anjog pasisir ||

4. myang amblêsing tlacap gunung | sarta ing Madura nagri | mèh gathuk ing Surabaya | sabubarira anuli | wiwit dahuru lon-lonan | saya lami saya dadi ||

5. wêkasan pan dadi agung | mungsuh tan pêrangan nanging | mungsuhe datan karuwan | polahe sagung pra janmi | kadya gabah ingintêran | montang-manting rêbut urip ||

6. pêpati kèh tumpuk undhung | akèh desa morat-marit | kathah kitha karisakan | kraton kalih risak sami | ya ta tan antara lama | wontên parmaning Hyang Widhi ||

3. Sinom

1. kusuma taruna tama | bêbisik satriya suci | linuwaran dening Allah | wus mari dènnya piningit | kinèn anyapih sami | kang dadya gung aprang rusuh | lan nyirnakkên durmala | sasamining suksma jati | gya tumindak nglakoni pakoning Allah ||

2. bêbasan [bêba...]

--- 27 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 38 dari 75

[...san] amung priyăngga | prasasat tan ngadu jalmi | prajurite mung sirulah | têtunggule langgêng dhikir | parandene kang wani | sêdya mangsah kabarubuh | kang mungkir têtumpêsan | wêkasan wus sirêp sami | ing anane ra-uru wus samya sirna ||

3. lan dursila malaning rat | laju salin jaman bêcik | miwah murah sandhang boga | durmala dursila ênting | enak atine sami | wong Jawa sadayanipun | wusnya têntrêm-têntrêman | anênggih satriya suci | pan jinunjung dening kathah madêg nata ||

4. ambawani tanah Jawa | jêjulukira narpati | Kangjêng Sultan Herucakra | inggih sang narendra adil | kawêntar asmanèki | têkèng tanah sabrang kêmput | tuhu musthikaning rat | yêkti kêkasihing Widhi | marma tansah pinundhi ing sabuwana ||

--- 28 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 39 dari 75

[Sêrat Sabdajati Utama]

Ing ngandhap punika panunggilanipun Sêrat Sabdatama saha Sabdajati, sinawung ing sêkar Gambuh (kula wastani sêrat Sabdajati Utama)

1. Gambuh

1. barkating bumi mamprung | ardaning wong sangsaya andarung | datan kêna tinahan malah andadi | ambyuk samya ambêg liwung | kadya wus karsaning Manon ||

2. ubaling pakarti dur | sinirêp ing puja nora mundur | kang pangajar pra sastrarja talak kardi | agama lêbur kasingkur | nora paja dadi obor ||

3. kèh tekad wuru riwut | rèhning pangupaya mêrêm ngriwut | bênêr luput ala bêcik tan praduli | nistha madya tama lêbur | mung ugêr olèh kemawon ||

4. rame arêbut puluk | suwe-suwe saya suk-dhinêsuk | golèk melik singa lena abilai | gêgêdhug saya mancungul | kang bandhol saya mênthongol ||

5. tyasing wong saya kuwur | singa apês pêpês dadya tawur | sugih miskin tyasnya ajur rontang-ranting | krana gumêlare rukun | nanging kaya prang rêrêmpon ||

6. karsane Hyang Maha Gung | kadi lagi kinarya pangugung | mring kang anggung anggugu murkaning ati | marma sakèh [sa...]

--- 29 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 40 dari 75

[...kèh] tulak tanggul | guna bisa tanpa dados ||

7. malah muwuhi ewuh | warna-warna tuwuhing pakewuh | wahanane mung saya muwuhi sêdhih | saya akèh kang kapiluh | udan tangis jroning batos ||

8. wit durung praptèng wêktu | sirna kanang jaman kalabêndu | ing gêndhinge kang samya andadar budi | têtulung yêkti tan wurung | salah kêdadèn sayêktos ||

9. ujaring pra pinunjul | ingkang kêna kanggo tulak tanggul | amung kudu bisa ngêdhêm-êdhêm ati | gumolong gêlêng gumulung | nglakoni karsèng Hyang Manon ||

10. nyênyirêp hawa napsu | amêrangi kahardaning kalbu | nyantosani ing panarimaning ati | lan tumindak rèh rahayu | dhinasaran andhap asor ||

11. ing kono bisa nêmu | kalis saking ruharaning kalbu | kombak-kombul kalembak aluning budi | luwar saking kalabêndu | antuk aksamèng Hyang Manon ||

Pèngêtan

Ing dintên Sabtu Kaliwon kaping 23 Rabingulakir Wawu 1881 (11 Phèbruari 1950) Ripiblik Indhonesiah Sarekat ngadêkakên panitya kongsèr patori wontên ing Surakarta.

--- 30 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 41 dari 75

Pêthikan saking sêrat kabar : Suluh Rakyat, tanggal kaping 24 April 1949.

Laksitapraja

1. Sêkar Sinom

1. kang jumênêng ping dwi wêlas | ilanging gupêrmèn Wlandi | sayuk sagung pra kawula | saiyêg saeka kapti | tumuju mring sawiji | angèdhêp satriya luhur | tan ngidhêp rajabrana | mung alam ingkang dèn pundhi | kirdyating tyas woring cipta ngèsthi jana ||

2. satriya dibya sunyata | wartanira nunggil kardi | wêcanira para kuna | ing gumuk asalirèki | ginondhol ing dhêdhêmit | binongkok dèn uwus-uwus | satêmah bangkit wudhar | cinolong wanara julig | pinilala kinalungan agni jênar ||

3. tan sirna malah kruraya | sang puthut anggêntur wêning | ingampingan pra kawula | gêgaman ludira putih | ngrabasèng kang dhêdhêmit | midana wanara pingul | ing kana katêmahan | băndayuda siyang ratri | long-linongan dhêmit prang kawula nglawan ||

4. dhêmite padha ampingan | kêthèke pating karêlip | kawula

--- 31 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 42 dari 75

saya santosa | kang katri mungkir jaladri | anut lakuning alip | kang dèn thiki sang aputhut | ngênêr para druhaka | ing siyang pantara ratri | caritanya udan tangis banjir bathang ||

5. puluh-puluh kadiparan | pan wus karsaning Hyang Widhi | lêlakone nungsa Jawa | manungsane kênèng sarik | bêbêndu gung nêkani | tidhêm tandhaning tumuwuh | pantoging kang cintraka | yèn samya anguntal alip | ciptanira lir wiku angèsthi tunggal (1873) ||

6. rarasira dèn pracaya | ngadêg ing gêgêring alip | beda lan kang wus santosa | ilange budaya yêkti | ronge tan amratani | gagapi kapêksa luput | wartane pra sarjana | siriking paningal pasthi | tataning rong lorone têtêp warsita ||

Bab sangkalan kasbut nginggil, ingkang dèkèki ăngka kula piyambak. Amargi, lir = kaya, watak 3, wiku 7, ngèsthi 8, tunggal 1, dados 1873.

Lajêng kula gadhah pamanggih malih, ambokmanawi karsanipun wontên ing taun Alip ăngka 1875, yèn makatên

--- 32 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 43 dari 75

botên lir wiku, nanging: ciptanira lir wiku angèsthi tunggal. Amargi, cipta punika: landhêp watak 5 wiku pitu, ngèsthi wolu, tunggal inggih satunggal, 1875. Dados ing taun Alip ăngka 1875 makatên bokmanawi.

[Tanda tangan: Prajapangrawit]

--- 33 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 44 dari 75

[Sêrat Sabdatama]

Pêthikan Sêrat Sabdatama ingkang sampun kasêrat kawrat ing kaca 17-18 wau prayogi dipun jangkêpi, murih wêtah sarta jangkêpipun sandi asma: Radèn Ngabèi Rănggawarsita ing Kêdhungkol Surakarta Adiningrat. Kasusulakên kados ingkang kasêrat ing ngandhap punika.

Sabdatama sinawung ing sêkar Gambuh

1. Gambuh

1. rasaning tyas kayungyun | angayomi lukitaning gambuh | gambir wana kalawan êninging ati | katênta kudu pitutur | sumingkiring rèh tyas mirong ||

2. dèn samya amituhu | ing sajroning jaman kalabêndu | yogya sami anyuda ardaning ati | kang nênuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon ||

3. ngajapa tyas rahayu | ngayêmana sasamèng tumuwuh | wahanane ngêndhak angkara kalindhih | ngendhangkên pakarti dudu | dinuwa luwar tibèng doh ||

4. beda kang ngaji pupung | nir waspada rubedane nunut | akêkinthil tan anggop anggung tut wuri | tyas riwut rawat dahuru | korup sinêrang ing goroh ||

5. ilang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpuk | saciptane wardaya

--- 34 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 45 dari 75

ambêbayani | ubayane nora payu | kari kataman pakewoh ||

6. rong asta wus katêkuk | kari ura-ura kang pakantuk | dhandhanggula lagu palaran sayêkti | nglêluri para lêluhur | abot sihing swami karo ||

7. galap gangsuling têmbung | ki pujăngga panggupitanipun | mangu-mangu pamanguning rèh arjanti | tinanggapan prana gambuh | katênta nawung prihatos ||

8. wartaning para jamhur | pamawasing wasita tanpa wus | wahanane jaman owah angowani | yèku sangsaya pakewuh | ewuh aya kang linakon ||

9. sidaning kalabêndu | saya ndadra ardaning tyas limut | nora kêna sinêrêp limpading budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angrêdon ||

10. tataning tumaruntun | panuntuning tyas angkara antuk | kaladesa wênganing karsa kaèksi | limput kalimput angaput | mawut sanggyaning dumados ||

Ing ngandhap punika minăngka candhakipun kaca 18

11. amung padha tinumpuk | nora ana rusuh colong jupuk | rajakaya cinancangan anèng jawi | tan ana nganggo tinunggu

--- 35 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 46 dari 75

parandene tan cinolong ||

12. diraning durta katut | angakoni ingkang gawe runtut | tyase katrêm karoban ayuning budi | budyarja marjayèng limut | amawas mangèsthi awon ||

13. ninggal pakarti dudu | kadarpaning parentah ginugu | mring pakaryan srêgêp têgên lan nastiti | ngisor dhuwur tyase jumbuh | tan ana waon-winaon ||

14. ngratani sapraja gung | kèh sarjana sujana ing kewuh | nora kewran mring wicara agal alit | pulih duk jaman rumuhun | tyase têtêg têguh tanggon ||

Pèngêtan angungêlakên Dhandhasèwu

Ing dintên malêm Anggara Kasih, tanggal 9 Jumadilakir Wawu 1881, utawi kaping 27-28 Marêt 1950, wuku Prangbakat măngsa X, ngungêlakên gêndhing Dhandhasèwu kasarêngakên ungêling găngsa kodhok ngorèk. Manggèn wontên ing kagungan dalêm pamulangan Pamardi Putri. Parlu nyuwunakên wangsuling panguwasa dalêm Ingkang Sinuhun P.B. XII dhatêng dewa ingkang Maha Kawasa.

--- 36 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 47 dari 75

Pèngêtan

Pèngêtan bab riwayatipun gêndhing 1. Dhandhasèwu katawang laras salendro pathêt manyura, 2. Dhandhasanti katawang raras salendro pathêt sanga, 3. Dhandhagêdhe katawang raras salendra[5] pathêt sanga, 4. Padaringan Kêbak, ladrangan raras salendro pathêt manyura, anglêluri bêtuwahipun para sêpuh tuwin para marsudi pangawikan. Sêrat pèngêtan saking têtilaranipun Kiyai Dêmang Warsapradăngga I abdi dalêm mantri niyaga kapatihan. Katêdhak Radèn Ngabèi Prajapangrawit, sri kabadya pangkat IV, sri nugraha (bintang) pangkat III saha bintang 200 taun. Abdi dalêm panewu amongraras bagean karawitan ing Surakarta Adiningrat.

Gotèk-gotèk ingkang badhe kawêdharakên punika, ing kina dipun kêkêr sangêt kaangge wados. Pilih-pilih ingkang pikantuk bêgja kalunturan ing sih pangawikan.

Kacariyos, gêndhing-gêndhing kasbut ing nginggil wau agêng sangêt pigunanipun. Bêtuwah

--- 37 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 48 dari 75

saking sasêrêpanipun Nyai Jlamprang, abdi dalêm miji panggêndèr niyaga kasêpuhan, ingkang misuwur gênderanipun, sinartan sugih gêndhing gêndèr dalah sasêkaranipun baku thuthukaning gêndèr ingkang lajêng katurunakên dipun barkahakên dhatêng putunipun jalêr, nama Ki Jiwatruna, abdi dalêm bêkêl niyaga kadipatèn anom. Sarta winêwahan pangandikanipun.

1. Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, komandhaning abdi dalêm prajurit jawi lêbêt, ing Surakarta Adiningrat, mantu dalêm Ingkang Sinuhun PB VIII

2. Radèn Mas Ngabèi Sutawidagda, abdi dalêm mantri bumi gêdhe, siswa Rănggawarsitan (putra Suryawinatan, prayagung bupati nayaka bumi gêdhe ing Surakarta).

3. Tuwin sanès-sanèsipun malih. Saking para marsudi pangawikan karawitan.

Gotèk-gotèk wau lajêng kaimpun dening Kyai Dêmang Warsapradăngga I, kados ing ngandhap punika.

Nalika ing taun 337, tinêngêran [tinêngêr...]

--- 38 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 49 dari 75

[...an] gora tri katon ing tawang, Sri Maharaja Kano ing Purwacarita, taksih anglastantunakên ngagêm gêndhing saking laguning sêkar kawi utawi sêkar agêng, lajêng kagungan karsa anganggit sarta ambabarakên laguning gêndhing minăngka amêwahi gêndhing-gêndhing ingkang saking sêkar gêng, inggih punika

1.Abusinta} Sami raras salendro
2.Dhandhasèwu
3.Dhandhasanti
4.Dhandhagêdhe
5.Padaringan kêbak

Ananging kala samantên dèrèng wontên tatanan pathêt, taksih sakarsa-karsa, asring kêminggahên, têrkadhang kêmandhapên ngantos angglogor.

Gêndhing-gêndhing wau lajêng kadhawuhakên waradin kaangge têtiyang sanungswa Jawi sadaya, inggih punika purwanipun ing tanah jawi wontên gêndhing gamêlan.

Nalika ing taun 1131 tinêngêran: rupa guna titising dewa, rajaputra ing Janggala, Radèn Panji Inokartapati [Inokarta...]

--- 39 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 50 dari 75

[...pati] kagungan karsa anata raras ingkang dados baku paugêraning swara supados maton wontêna watêsanipun. Sampun ngantos kêminggahên, sampun ngantos kêmandhapên ngantos angglogor, sagêda prênah sae lan sakeca katindakakên ing ngakathah, kados ta: mênawi minggah (ngambah alit) dipun watêsi (dipun pathêt) amung dumugi raras têngah alit. Mênawi mandhap amung dumugi raras jăngga agêng, yèn raras pelog panunggul sagêd dumugi panunggul agêng, karsanipun sang rajaputra: akarya wêwaton minăngka pamathêting swara ingkang sakarsa-karsa angămbra-ămbra tanpa watês. Binudi tinata runtut kalayan sampurna sagêda maton cêtha pêpathokanipun, têmahan lajêng dados paugêran agêng.

Lajêng anganggit lêlagon minăngka raras pamathêting swara, sampun ngantos anggêga karsaning priyăngga, lêlagon wau sarêng sampun dados lajêng winastan pathêt. Inggih punika mula bukanipun wontên pathêt saking Radèn Panji Inokartapati, titising Hyang Wisnu ingkang wêkasan, sakadang kadeyan [kadeya...]

--- 40 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 51 dari 75

[...n] ing Janggala. Sarêng ing taun 1132 tinêngêran nêmbah uninga titising dewa, kacariyos risang raja putra Radèn Panji Inokartapati sakadang kadeyan ing Janggala, kagungan karsa amigunakakên gêndhing-gêndhing iyasanipun Sri Mahaprabu Kano ing Purwacarita, inggih punika gêndhing:

1. Dhandhasèwu salendro pathêt manyura, kapigunakakên kinarya sarana kaagêm angaturi rawuhipun para dewa.

2. Dhandhasanti salendro pathêt sanga, kinarya sarana kaagêm angaturi rawuhipun para widadari.

3. Dhandhagêdhe salendro pathêt sanga kinarya sarana kagêm andhatêngakên para yitma (lêluhur dalêm).

Kasbut nginggil, sami kinanthenan minăngka wêwahing sarana, mawi asêsaji ingkang wangi-wangi, sinartan dêdupa amrik kumêlun tanpa kêndhat, ngantos sarampungipun [sarampungi...]

--- 41 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 52 dari 75

[...pun] (miwah sêkar campur bawur, saha mawi sajèn ciu).

4. Padaringan Kêbak salendro pathêt manyura, Padaringan Kêbak wau manawi wontên ing raras salendro pathêt sanga nama Loyo-loyo, kapigunakakên kinarya sarana kaagêm amberat sagunging ama, ingkang rawe-rawe rantas, ingkang malang-malang putung, wêkasan gêmah aripah karta tata têntrêm tur raharja, mirah sandhang miwah têdha.

Kasbut nginggil, mawi kinanthenan minăngka wêwahing sarana, mawi asêsaji jajan pêkên (jajan pasar) sinartan adêdupa amrik kumêlun, tanpa kêndhat ngantos ing sarampungipun, sarta mawi sajèn ciu.

Sadaya wau katindakakên kalayan puja samadi, sinartan suci, ênêng, êning, wêninging cipta pracaya, pracaya pasrah ing Hyang Suksma, makatên ingkang sampun katindakakên Radèn Panji sakadang kadeyan ing Janggala.

Pangandikanipun para linangkung marsudi pangawikan, manawi sagêd anêtêpi kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wau kalayan têmên-têmên, saèstu sinambadan ing sêdya.

--- 42 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 53 dari 75

Sarêng ing taun 1589 tinêngêran trus kaèsthi panataning ratu Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat Agung I ing Mataram (ingkang sumare ing Têgal Arum), kagungan karsa anata, amatonakên kagêmipun kagungan dalêm găngsa.

1. Monggang, Kiyai Udan Arum (Udan Arum) raras pelog, kagêm pakurmatan sabên miyos garêbêg, saha kagêm angurmati ajat dalêm tingalan jumênêngan dalêm nata.

2. Monggang Patalon, Kiyai Singakrura raras salendro, kagêm miyos watang sabên ing dintên Sêtu (sarêng jaman Ingkang Sinuhun P.B. IX Kiyai Singakrura wau lajêng dipun raras pelog).

3. Kagungan dalêm găngsa Kodhok ngorèk kasêpuhan, Kiyai Jatingarang raras pelog kagêm pakurmatan sabên miyos garêbêg, saha kagêm angurmati ajat dalêm tingalan dalêm wiyosan taun, utawi kagêm manawi abên-abên lan angrampog sima.

--- 43 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 54 dari 75

Kagungan dalêm găngsa Kiyai Jatingarang wau, kajawi mênawi kagêm abên-abên lan angrampog sima, mênawi mungêl (sanadyan raras pelog) mawi binarung ing gêndèr kalih pangkon. Gambang găngsa kalih pangkon, sami raras salendro, dene gêndhingipun (amung tumrap gêndèr kalihan gambang găngsa, ingkang kagêm ambarung ungêlipun kagungan dalêm găngsa kodhok ngorèk wau), kaparênging karsa dalêm dipun tata gêndhingipun kados ing ngandhap punika.

Ha. Garêbêg Mulud, gêndhing Dhandhasèwu

Na. Garêbêg Puwasa, gêndhing Dhandhasanti

Ca. Garêbêg Bêsar, gêndhing Dhandhagêdhe

Sanèsipun Garêbêg ngagêm gêndhing Dhandhagêdhe (sarêng jaman karaton Surakarta, Ingkang Sinuhun P.B. VII amung ngagêm gêndhing Dhandhagêdhe.

4. Găngsa Lokanănta (Lokanata), inggih punika kêmanak, kêthuk, kênong, kêndhang, gong, kagêm anabuhi bêksaning badhaya, badhaya gêndhing katawang, kagêm [kagê...]

--- 44 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 55 dari 75

[...m] pasamuwan agêng mahargya tingalan jumênêngan dalêm nata, mênawi tingalan dalêm wiyosan taun gêndhing Gadhung Malathi badhaya, ugi winastan gêndhing Anduk.

5. Găngsa agêng pelog tuwin salendro kagêm bêksan badhaya utawi wirèng, saha kagêm pakurmatan miyos dalêm, gêndhing Sri Katon ladrangan kêndhang kalih raras pelog pathêt barang.

6. Kagungan dalêm găngsa salendro Kiyai Lokananta pisusung Radèn Tumênggung Mayang ing Pajang, găngsa wau asli saking ing karaton Bintara (Dêmak) kapisungsungakên Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga ing Mataram. Kagêm pakurmatan kondur dalêm angadhaton saking miyos watang, utawi jêngkar dalêm sinewaka, gêndhing Durkajongan utawi Undur-undur Kajongan, katawang raras salendro manyura.

7. Carabalèn raras pelog, kagêm tabuhan bêksan Jêbêng utawi Tayungan.

8. Srunèn (Suling ?) kagêm tabuhanipun abdi dalêm prajurit.

--- 45 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 56 dari 75

9. Kagungan dalêm găngsa Sakhatèn, ingkang mungêlipun sabên Mulud taun Dal, awit saking kaparênging karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat I Mangkurat Agung ing Mataram, sabên taun ingandikakakên nabuh: kaungêlakên wontên ing bangsal pradăngga palataran masjid Agêng, wiwit tanggal kaping 5 Mulud wanci jam satêngah papat sontên, ing salajêngipun rintên dalu (kajawi malêm Jumungah dumugi bakda Jumungah) kaungêlakên ngantos dumugi tanggal kaping 12 (Garêbêg) ing wulan Robilulawal, sarta yèn wontên pasamuwan agêng kaungêlakên wontên ing sitinggil.

Sarêng jaman karaton ing Surakarta, wêwah sabên tingalan dalêm pawukon, saha wiyosan taun pramèswari dalêm ingkang taksih jumênêng.

Tamat riwayat Dhêndhasèwu.

--- 46 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 57 dari 75

Riwayatipun gêndhing Tunggul Wulung

Ing sadèrèngipun taun 1132 ing nagari Janggala kêrêp kataman ribêt, rêribêding nagari utawi ribêding praja, kados ta :

I. Kataman bêbaya pacêklik, dening tanêm-tanêman sami katrajang ing ama, botên kamêdalan utawi pêjah, anjalari awis têdha, têmahan kathah rêrêsah, kathah pêpêjah.

II. Bêbaya prang, pêrang sami băngsa utawi kadhatêngan parangmuka saking măncanêgari, ingkang adamêl gègèring para têtiyang, tansah botên têntrêm.

III. Kêrêp wontên jawah salah măngsa, jawah dêrês sangêt, tarkadhang mawi prahara.

Awit saking punika, nalika ing taun 1132, sinangkalan nêmbah uninga titising dewa, rajaputra ing Janggala, Radèn Panji Inokartapati sakadang kadeyan kagungan karsa amigunakakên gêndhing Dhandhasèwu.

1. Dhandhasèwu, kinarya sarana kagêm ngaturi para dewa.

2. Dhandhasanti kinarya sarana kagêm ngaturi widadari

3. Dhandhagêdhe, kinarya sarana andhatêngakên yitma.

--- 47---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 58 dari 75

4. Padaringan Kêbak utawi Loyo-loyo, Loyo-loyo punika inggih Padaringan Kêbak, nanging pathêtipun 9 kinarya sarana amberat sagunging ama (têrangipun kados ingkang sampun kapratelakakên ing kaca 40-41).

Sasampunipun amigunakakên gêndhing-gêndhing iyasan ing Purwacarita kasbut ing nginggil wau, taksih ing salêbêtipun taun 1132, sinangkalan netra uninga titising bathara, rajaputra ing Janggala sakadang kadeyan, kagungan karsa anganggit gêndhing raras salendro pathêt manyura, nama: Tunggul Wulung (kêthuk 2 kêrêp mirong minggah kêthuk 4) kapigunakakên minăngka sarana kaagêm nulak sagunging bêbaya, mawi kinanthenan malih măngka wêwahing sarana, asêsaji jajam[6] pasar kalayan adêdupa amrik angambar-ambar tanpa kêndhat ngantos sarampunging karya (sarampunging parlu), manawi kaslêpêg ing parlu, kenging kapuwung, ugêr adêdupa amrik kumêlun tanpa kêndhat sinartan puja samadi kalawan ênêng, êning, suci wêninging cipta pracaya, pracaya pasrah ing Hyang Suksma.

--- 48 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 59 dari 75

Gêndhing Tunggul Wulung wau, yèn sampun minggah mawi mandhêg, dipun sindhèni, cakêpanipun sindhèn makatên :

1. Ayu ayu ayu (jaya jaya jaya) ajiku si Tunggul Wulung

2. Ayu ayu ayu (jaya jaya jaya) dayane si Tunggul Wulung

3. Ayu ayu ayu (jaya jaya jaya) jayane si Tunggul Wulung

Awit saking karsanipun rajaputra ing Janggala sakadang kadeyan, gêndhing Tunggul Wulung wau mênawi kaangge wontên ing raras pelog pathêt barang, dipun namakakên (nama) Tunggul Kawung, kapigunakakên kaagêm sarana: nulak jawah, mawi winêwahan sarana malih, inggih punika asêsaji jajam pasar ingkang sinartan adêdupa amrik kumêlun angambar-ambar, lan sapanunggilanipun kados ubarampèning Tunggul Wulung kasbut ing nginggil wau.

Gêndhing Tunggul Kawung wau manawi sampun minggah, ugi mawi mandhêg, dipun sindhèni mawi cakêpan makatên.

1. Têrang têrang têrang, si kaki mêcok gêdhang kaliru konthole gowang

2. Têrung têrung têrung si kaki mêcok êbung, kasor lawan Tunggul Kawung.

--- 49 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 60 dari 75

Sadaya wau katindakakên kalayan puja samadi kanthi ênêng, êning, suci wêninging cipta pracaya, pasrah ing Hyang Suksma, têmahan kasambadan ing sêdya.

Tambahan katrangan saking ingkang nêdhak.

Cakêpanipun sindhèn gêndhing Tunggul Kawung wau, dangu-dangu lajêng ewah, ingkang mungêl kaliru konthole gowang, dipun enggokakên si kaki pacule gowang, ngantos gêndhingipun katut karan Pacul Gowang, malah wontên ingkang dipun salini babar pisan ingkang mlèsèd saking tujuanipun, inggih punika:

kêcipik akêcipik mas bèi kondur kodanan.

Dados akosok-wangsul, karsanipun ingkang kagungan pamanggihing kina nyuwun têranging jawah, lajêng ing sapunika malah amujèkakên jawah: mas bèi kondur kodanan.

Ingkang punika, pamanggih kula (Prajapangrawit) mênawi kapigunakakên kaangge nolak jawah prayogi dipun lastarèkakên [lastarè...]

--- 50 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 61 dari 75

[...kakên] ngangge cakêpan ingkang minăngka sarana panolaking jawah kasbut ing nginggil wau, lekoh botên dados punapa, jêr sawêg kaangge parlu (isarat) makatên pamanggih kula, wasana anyumanggakakên.

Tamat riwayatipun gêndhing Tunggul Wulung

__________

Ing ngandhap punika minăngka sambêtipun Sêrat Paramasweda. Inggih punika amratelakakên nama-namaning cengkok rêbab, makatên.

25. Juru darêsan utawi juru kadrêsan, inggih punika gêgambaranipun bukaning gêndhing Krawitan sasampuning sêndhal pancing wontên ing wilahan barang

...e..jty1j11j1121.jy122j1y2.g6
juru kadrêsan.y12.12gy

Juru kadrêsan utawi pathêt sanga ngêlik, pathêt jêngking

.5j6!!j!!j!!j!!j!!
juru kadrêsan

lan pathêt manyura ngêlik

...!j!!j!!j!!j!!
juru kadrêsan

makatên sapanunggilanipun (sasaminipun).

Ing sêrat Cênthini amastani: kosokan ngêcêk

--- 51 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 62 dari 75

26. Nyênggrèng utawi kasênggrèng (nyênggrèng rêbab utawi rêbabipun kasênggrèng), inggih punika asuka sasmita ngajak mungêl.

27. Nyigar waspa. Ingkang winastan nyigar waspa inggih punika lêlagoning raras barang miring (minur).

28. Nyigar ada. Ingkang winastan nyigar ada punika gêgambaranipun kados ta: bêbukaning pathêt kêdhu, saking nêm alit, lajêng dhatêng raras nêm agêng

j66j6666..21j32.1y

makatên sêsaminipun.

29. Ngancap. Ingkang winastan ngancap inggih punika: cengkok makatên

..2j355.556.j!@6.5.3

lan sasaminipun.

Dumugi samantên rumiyin tamat.

__________

Cathêtan namanipun gênderan lămba saha rangkêp tumrap gêndhing lan pathêt tuwin ada-ada.

Gênderan gêndhing

I. Kêmbang tiba, inggih punika gênderan lămba

II. Ukêl pancaran inggih punika gênderan rangkêp.

Gênderan pathêt lan ada-ada

I. Pipilan, inggih punika thuthukan amipil, pathêt saha sêndhon.

II. Lancar kêmbang tiba, inggih punika thuthukan ukêl malampah, pathêt saha sêndhon.

III. Sodhekan, inggih punika thuthukan ada-ada.

IV. Nyodhèk, inggih punika sasêkaran buntuting ada-ada.

__________

--- 52 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 63 dari 75

Tambahan katrangan bab kosokan rêbab

1. Kosokan limrah (wantah, adad, biyasa), inggih punika (kangge ancêr-ancêr) lampahing kosok miturut thuthukaning balungan malampah.

2. Anduduk (nduduk), inggih punika: cengkok utawi lagu ingkang sinartan kosokan ngèjèg sarêng wirama a. anduduk sarêng wirama, b. anduduk pada lagu.

3. Kosok-wangsul utawi căndramara, inggih punika: kosokan nyêla wirama.

4. Juru kadrêsan, inggih punika: kosokan anggantêr, ingkang dipun gosok amung sawilah, mênawi sêrat Cênthini dipun wastani: ngêcêg.

5. Êncèk, inggih punika: ngumbar, kosokipun dipun dhawahakên ing kawating rêbab kanthi ngêgèt (saèmpêr mêcok wit pisang) têmahan sagêd anjalari swantên: ancrêg èncèng.

6. Sêndhal pancing. Kosokan sêndhal pancing punika: ngosok kaping 5 majêng mundur rikat, kawiwitan saking kosokan mundur nanging tamban, dene ingkang kaping 4 rikat (buka Gambirsawit).

7. Nyênggrèng, inggih punika: ngosok rêbab kaumbar (darijinipun botên anutup kawating rêbab).

8. Sênggrengan utawi anggarèncèk, inggih punika: sênggrengan salêbêting gêndhing, nanging kêjawi ngumbar

--- 53 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 64 dari 75

inggih mawi nutup, amung inggil-inggilipun (alit-alitipun) kawatêsan dumugi laras têngah sêdhêng, sapangandhap dumugi panunggul agêng, langkungipun saking punika: botên kenging.

9. Nênthêng nglaras

10. Anggêrambyang, inggih punika anggrambyang laras ingkang badhe kaungêlakên (salendro utawi pelog).

Kasbut nginggil katrangan nama-namaning sasêkaran saha kosokan rêbab pancèn dipun sêngaja kadamêl cêkak aos, kangge ular-ularing wulangan, amargi nama namaning cengkok rêbaban ingkang sampun kapacak wontên ing buku ngriki ngantos 29 warni, ingkang matên[7] wau kula manah kêngloncèrên, amila lajêng kula tata malih murih ringkês, nanging kacakup sadaya, makatên pamanggih kula, malah bab nama-namaning cengkok gêndèr, manawi sagêd inggih karingkêsakên ingkang prayogi. Wasana mugi andadosakên kauningan.

Jumungah wage, tanggal 6 Ramalan (Pasa) ing warsa Alip 1883 utawi kaping 30 Mèi 1952.

RT Wiraguna

Kosok= gosok, amargi dumadosipun manungsa utawi kewan punika saking gosok.

[Tanda tagan: Warsadiningrat]

--- 54 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 65 dari 75

Nama-namanipun peranganing rêbab dalah saprabotipun.

[Grafik]

a. mênur

b. irah-irahan

c. mangol

d. kupingan

ê. kudhup utawi kudhup malathi

f. jênêng utawi watangan (watangan wau ing nginggil wontên bolonganipun kalih alit-alit, kangge margi kawat ingkang dhatêng mangol, bolongan wau winastan irung-irungan).

g. Popor ingkang nginggil (popor nginggil)

h. bongok

i. cakil

j. popor ngandhap

k. sikil

l. palêmahan.

Bathok rinêngga ing kampuh rapekan. Winêngku ing jamangan, ing nginggil tinutupan ing srawing, lumahing bathok winangkis ing babad (limrahipun babading maesa) babad wau kangge wadhah swantên (santên utawi srêntên) minăngka cêngkaling kawat.

--- 55 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 66 dari 75

Kawat rinêngga ing godhong pisang, dipun pasang ing sangandhaping swantên. Godhong wau winastan sumping, sangandhaping sumping kawatipun mawi dipun tangsuli murih sumpingipun botên malorot, ingkang kangge tangsul sêrating sêpêt. Tangsul wau winastan sêsêr.

Watangan utawi dêdêr (jêjêr) sampun katêrangakên ing nginggil, bilih wontên bolonganipun kalih minăngka margi kawat ingkang dhatêng mangol, bolongan 2 wau, winastan irung-irungan, dene kawatipun cacah kalih êlêr, kalih êlêr wau ingkang kaanggêp sêpuh ingkang raras nêm (mênawi pathêt gangsal pelog, inggih raras gangsal) manggèn wontên ing kiwa, dene ingkang kaanggêp nèm ingkang raras jăngga (mênawi pathêt gangsal pelog inggih raras panunggul, sami agêng sadaya, manggènipun wontên ing têngên), mila dipun sêpuhakên nêm utawi gangsalipun, amargi mênawi nglaras (nglaras ingkang kawitan) ingkang dipun raras rumiyin inggih ingkang raras nêm utawi gangsal wau, ingkang raras jăngga utawi panunggul dhawah kantun. Amila wontên wangsalan makatên. Mênur tumpang mêlathi kudhupe loro, kalap karo (kawat karo) bakyune lawan adhine.

Mangsuli bab bathok wau, ing bagian wingking (kurêpipun) winastan = bokongan

--- 56 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 67 dari 75

Bab Kosok

Ingkang dipun wastani kosok punika, inggih punika kosoking rêbab. Kadamêl saking kajêng ingkang ènthèng, rineka malêngkung pindha gandhewa, winastan rangkung (rangkung wau saking sindu sawarnan) rangkung wau lajêng dipun kênthêngi bobat kapal ingkang dipun pilih bobat kapal èstri, amargi langkung alus tinimbang bobat kapal jalêr kajawi alus, inggih lêmês, pikantukipun ambêningakên swantêning rêbab.

Kosok wau, ugi wontên perang-peranganing namanipun piyambak-piyambak kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

a. kadhalan

b. bendhan

c. kênthêng

d. sasap (saking lakên).

Rangkung wau wontên bolonganipun kalih, ing bongkot tuwin ing pucuk kaangge anangsuli kênthêng, bolongan wau winastan suluhan (saking wêwahanipun sadhèrèk Mas Păncapangrawit).

Kasbut nginggil wau grêngipun winastan: kosok utawi kosok rêbab (kosok).

Ukuran panjangipun kosok rêbab watawis 60 sènti.

--- 57 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 68 dari 75

Bab Kêplak

(Kêplaking kosok rêbab)

Kêplak punika kadamêl saking găndarukêm ingkang dipun campuri mata kucing (bangsaning malam), parlunipun kêplak wau kaangge anggosok bobat ingkang sampun kapasang ing rangkung murih pêrêt (botên lunyu, amargi mênawi lunyu rêbabipun utawi kawating rêbab dipun kosok botên sagêd mungêl).

Dene mênawi botên wontên kêplak, cêkap gănda rukêmkemawon sampun sae. Manawi botên wontên găndarukêm, inggih mênyan madu kemawon sampun lowung, nanging punika bêtahan (butuhan).

Bab Sumping Rêbab

Sumping rêbab punika ingkang sae piyambak godhong pisang, paedahipun sagêd angêmpukakên swantêning rêbab, dados sakeca kamirêngakên.

Bab Sêsêr

Sêsêr punika ingkang prayogi piyambak saking sêrating sêpêt kalapa, kangge anangsuli kawating rêbab, murih gandhèng botên buyar, dumunung wontên ing sangandhaping sumping paedahipun [pa...]

--- 58 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 69 dari 75

[...edahipun] sagêd ngêmpêlakên swara utawi dados uwat-uwating sumping (botên mêlorot-mêlorot), tur sagêd mitulungi sawatawis dhatêng ewahing panênthêngipun rêbab (kawating rêbab), nanging amung tumrap ingkang agêng (têngên), jăngga, utawi panunggulipun. Makatên, mênawi kirang agêng sêsêripun wau kaandhapna (kaplorotakên) kosok-wangsulipun yèn kirang alit sêsêripun kainggahna, makatên paedahipun sêsêr.

Bab bathok (bathoking kalapa)

Bathok rêbab punika ing ngandhap tuwin ing nginggil, sami dipun bolong kangge papan purus ingkang dipun wastani usus-usus. Usus-usus punika kadamêl saking dêling utawi kajêng jati, usus-usus ingkang manjing salêbêting bathok wau dipun damêl pêsagi, murih botên mingar-mingêr, ingkang wontên sajawining bathok, inggih punika ingkang têrus mangandhap tuwin manginggil kêdah gilig, amargi manjingipun dhatêng popor ngandhap lan popor nginggil amung abên sêrêt kemawon.

Gêgêring bathok wau kabolong bundêr

--- 59 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 70 dari 75

alit-alit. Wontên ingkang 5, wontên ingkang 9, têrkadhang amung 3 parlunipun kangge margi hawa supados bêning swantênipun. Dene bolongan bundêr wau manawi 5 winastan pandhawa, yèn sanga tapak wali sanga utawi dewa hawa sanga, yèn tiga winastan tri murti, mênawi 7 winastan swara (dados urutipun 3, 5, 7 tuwin 9), wontên malih ingkang bolong 4 [Grafik] nanging awis-awis. Nama-nama wau murih turut kula sêrat malih kados ing ngandhap punika.

1. ingkang bolongan 3, winastan tri murti

2. ingkang bolongan 4, winastan sarimpi

3. ingkang bolongan 5, winastan pandhawa

4. ingkang bolongan 7, winastan swara

5. ingkang bolongan 9, winastan dewa hawa sanga utawi nayaka, sawênèh amastani tapak wali sanga.

Jarwa dhosok

1. Rêbab, pangarêping bab

2. Kawat, kawadonan

3. Rangkung, barang kakung (inggih punika gosok rêbab)

--- 60 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 71 dari 75

Bab Santên utawi Srêntên

Ingkang winastan santên utawi srêntên punika cêngkal kawat rêbab, kadamêl saking kayu jati ingkang sampun garing sangêt, kados ta: saking sirap. Wosipun jati garing, têmbung srêntên utawi santên punika nama katêlah, dene ingkang lêrês nama: swantên.

[Grafik]

Grêngipun winastan swantên, nanging pêprincènipun (perang-peranganipun) wontên namanipun piyambak-piyambak, kados ing ngandhap punika.

a. ada-ada (wadhah kawat)

b. cangkring

c. adêg-adêg utawi dêdêr

d. lingir

e.bapang

f. plêmahan.

Ukuranipun kintên-kintên

a. (a) 1½ sènti panjangipun, dene wiyaripun 7 mili, punika lumahing cangkring ingkang minăngka dados wadhahipun ada-ada, dados panjang cêlakipun ada-ada wau miturut sapintên lumahing cangkring.

--- 61 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 72 dari 75

b. Cangkring 15 mili (15 mili = 1½ sènti) (panjanging lumahipun 1½ sènti, wiyar 7 mili).

c. Adêg-adêg (utawi dêdêr) 3½ sènti

d. Lingir (lingir ngandhap 2 sènti, lingir nginggil ½ sènti).

e. Bapang 12 sènti

f. Plêmahan (ing pucuk 3½ mili, dene ing têngah wiyaripun inggih sami akalihan lingir ngandhap, kasêbut aksara d ing nginggil wau).

Cathêtan

Nalika ing dintên Akad Lêgi tanggal kaping 2 wulan Sakban (Ruwah) ing warsa Alip ăngka 1883, utawi kaping 27 April 1952 wuku Langkir, amarêngi tingalan dalêm jumênêngan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. XII ing Surakarta Adiningrat, Radèn Ngabèi Prajapangrawit sri kabadya pangkat IV sri nugraha (bintang) pangkat III saha bintang 200 taun abdi dalêm panèwu amongraras kawisudha dados bupati anom amongraras, kapatêdhan nama sarta sasêbutan Radèn Tumênggung Wiraguna.

Nalika ing dintên Kêmis Kaliwon tg 10 Rabingulakir Jimawal 1885 (utawi 17 Dhesèmbêr 1953) wuku Warigagung R.T. Wiraguna kaparingan santun nama Radèn Tumênggung Warsadiningrat.

--- 62 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 73 dari 75

Anggêrambyang Rêbab

No. I. Pl. 5t...1.ytr.wqt...
qq
No. III. Pl. Bry...2.uy5.ewy...
ww
No. II. Pl. 6y....321..yt.jewjete.y..
ww
No I. Sl. 6y...2.1yt.ewy...
ww
No. II. Sl. 9y...jy12.1yt..y...
ww
No. III. Sl Manyuray...32..1yte..jy2y.y..
ww

__________

[Grafik: pêtunjuk titi laras dalam Rêbab]

--- [63] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 74 dari 75

Pl 5 ingkang ngambah têngah 3 (dhadha)

[Grafik: petunjuk titi laras dalam Rebab]

Pl 5 ingkang ngambah 4 (pelog)

[Grafik: petunjuk titi laras dalam Rebab]

--- [64] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950b), Warsadiningrat, c. 1950, #398: Citra 75 dari 75

Pl panunggul (pl 6)

[Grafik: petunjuk titi laras dalam Rebab]

--- [0] ---

[6 halaman kosong]

 


pelog. (kembali)
Garis bawah saya, bêrbunyi: Rănggawarsita basa kadhaton; dan basa kadhaton Rănggawarsita. (kembali)
talitinên. (kembali)
wêrdhaning. (kembali)
salendro. (kembali)
jajan (dan di tempat lain). (kembali)
makatên. (kembali)