Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628

1. Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan
Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Bab Gêndèr

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Katitimangsan tanggal ping 7 wulan Siyam, taun Wawu 1865.

Sêrat Kridha[1] Purwaka anyariyosakên bab wosing ringgit purwa lajêng kajumbuhakên kalihan dêlêsing ngèlmi kasampurnan.

Nukilan saking suluk-suluk utawi saking wasitaning para sagêt iingkang[2] ulah kawruh kasidan.

Ing pangangkah kenginga kangge têtimbangan tumrap para ulah raos tuwin Kawruh Teosofi.

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Sêrat Wedha Purwaka

[Dhandhanggula]

rasa dadi srirèng hyang artati | wasitane para kawi swara | salwir kang kawuryan kabèh | jroning kang buwana gung | kang kumlêndhang ingkang kumrincing | myang kutu alang[3] taga | gulma lata lunglu[4] | tarlèn muhung rasaning Hyang | ya Hyang Suksma sumingit ing rasa dadi | uriping tri bawana ||

parandene pilih kang udani | nadyan ingkang sumaksa mangripta | tangèh wruh witing kadadèn | dening datan dumunung | ngandêling tyas yèn Hyang Suksmadi | nartani mring kang ngripta | dene wignyan dulu | lan anywara gônda myarsa

Sêrat Wedha Purwaka katêdhak ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 7 wulan Siyam, ing warsa Wawu ôngka 1865.

Sasampunipun panêdhaking sêrat Wedha Purwaka, lajêng kasambêt sêrat namanipun gênderan lômba saha rangkêp, wiwit ing kaca 31 lajêng kasambêt parama lagu. Sêrat Parama Lagu punika angêwrat nama-namaning cengkok sasêkaranipun gênderan. Saking Kiyai Dêmang Warsapradôngga I, abdi dalêm mantri niyaga kapatihan. Kawêwahan sawatawis, saha lajêng kaimpun dening Radèn Ngabèi Prajapangrawit, sri kabadya pangkat IV sri nugraha (bintang) pangkat III, saha bintang 200 taun, abdi dalêm panèwu amongraras bagian karawitan ing Surakarta.

[Tanda tangan: R. Ng. Prodjopangrawit]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Pambabaripun Radhio Prajapangrawitan.

Ing dintên Malêm Kêmis Lêgi tanggal 23 Bêsar Wawu 1881 utawi kaping 4-5 Oktobêr 1950, wanci jam 8 sontên.

Radhio Prajapangrawitan ingkang dipun dandosi R. Salamêt lumantar R.M. Supadma ing Sinduprajan Kamlayan sampun dados saha sampun kula tampèni, sampun sagêd waluya, kanthi waragad f 150 mawi mrêsèni ingkang sami anggarap f 25, gunggung f 175.

[Tanda tangan: Prodjopangrawit]

--- [1] ---

[...]

--- [2] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Sêrat Wedha Purwaka

1. Dhandhanggula

rasa dadi srirèng Hyang Artati | wasitane para kawi swara | salwir kang kawuryan kabèh | jroning kang buwana gung | kang kumlêndhang ing kumrincing |[5]myang kutu ala[6] taga | gulma lata lunglung[7] | tarlèn muhung rasaning Hyang | ya Hyang Suksma sumingit ing rasa dadi | uriping tri bawana ||

parandene pilih udani |[8] nadyan ingkang sumaksa mangripta | tangèh wruh witing kadadèn | dening datan dumunung | ngandêling tyas yèn Hyang Suksmadi | nartani mri[9] kang ngripta | dene wignyandulu | lan anywara genda[10] myarsa | têmah mangkya kumawawa murwèng kawi | tan lyan sing purbaning Hyang ||

lan tyas dat kadêrêng marsudi |[11] witing sêdyaning wardaya supadya |[12] dadya darsana ing têmbe | ing pra sewaya sunu | kang ngèstawa rèh wasita di | dimèn saya widada | tyas mardawa mardu | myang môngka pamberat arda | kang supadya aywa andadra mawrêdi | mawèh ruwidèng driya ||

de kang pinèt pindaning[13] pambudi | pralampita traping kalêpasan | yasaning sang pratamèng rèh | kanang wus sumarawung | maratani sanuswa Jawi | mangka langên wanahya[14] | pasamoan agung | winastanan wa purwa |[15] kang rinipta sing carmèng sato ingukir | rinarêgèng pradôngga ||

wêwarahe pra paramèng kawi | wadining rat yeka kang winêdhar | dhinapur mugwing[16] paramèn | dimèn tansah dinulu | mring sanggyaning sewaya siwi | marmanta rasakêna | wosing wasita yu | ywa katungkul anupiksa | miwah korup warganing carma cinawi |

--- [3] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

molah nèng kêkêliran ||

sing karsane Kangjêng Susunan Kalijaga |[17] kang mangripta rèh awayang purwa | rineka miring warnane | wit sangking sarak rasul | yèn wanangun[18] methok sinirik | laranganing agama | tinatêpkên[19] mêkruh | padha sinêdya brahala | muwah kadya nêmbah arca mangran warni | tan dadi Islamira ||

nanging eman yèn nora linuri | awit iku yêkti caritanya | lêluhur kang nêrahake | para nata sadarum | satalatah ing nuswa Jawi | trah-tumêrah praptèng mangkya |[20] si purwa ing dangu | marmanta kêdah ingandhar | nging ywa kongsi anêrak saraking nabi | dadya rinaptèng[21] carma ||

mrih carêma sagung kang nupèksi | nging wasise Sunan Kalijaga | winor rasa pangagite[22] | sinamar myang dhinapur | wêwayangan tinrap ing kêlir | sinolahkên dhêdhalang | rinêngga pinagung | nawulane kawarna |[23] sawadine iku dadi wasita di | woding kawruh kasidan ||

purwa madya myang wusana titi | racutane praptèng sangkan paran | turut runtut nora cèwèt | lair batin kacakub | wusnèng wayang winarnèng kêlir | marma ingaran wayang | wêwayangan tuhu | ya wayanganing jiwangga | dera siwah sasolah saplak nyèplêsi | tuhu darsanotama ||

mangkana ta wuryaning wêwardi | dhingin sangking ing jagad gêlaran | winijang siji-sijine | kang nanggap wayang iku | sajatane[24] Hyang Maha Wadhi |[25] kêlir iku akasa | dêbog bantala gung | balenconge surya cdrona |[26] de kang dadi dhêdhalang iku Tri Murti | wayang sanggyaning titah ||

kapidhone[27] tumrap ingsun iki | kang anagap[28] iya Sang Hyang Atma | kêkêlir angên-angêne | raga gêdêbogipun | dhêdhalange iku cipta sir | baleconge[29] pramana |

--- [4] ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

wayangira napsu | pêncar dadi pôncadriya | kang pradôngga môngka busanane dhiri | marmanta Sang Hyang Atma ||

kang ananggap duk durung ana sir | mosik karsa budi pôncadriya | kang ana mung atma dhewe | iya uripirèku | kang amurwèng osik myang wisik | katampan ing pangrasa | têgêse puniku | kang ananggap aparentah | mring ki dhalang murwèng lêlakon saratri | nanging ingkang ananggap ||

mung mangagya[30] sapisan wus dadi | traping lakon ing saratri pasan[31] | sakarsane dhalang dhewe | kang nanggap mung aminggu | tan aruwe[32] nora maoni | praptaning bangun enjang | wayang pêrang brubuh | têkyaning êbyar bubaran | kang nanggap amung kari anampani |[33] pamitane kaki dhalang[34] ||

dènirarsa umantuk ing panti | pan mangkana purbaning Hyang Atma | dènnya misik mring ciptane | muhung sapisan rampung | karsanira wus kasrah maring | myang hyang rasa pangrasa | mosik ing tyas tuhu | sakarsane Syang Hyang Cipta | ala ayu Hyang Atma mung nguningani | praptèng wêkasing gêsang ||

kang waspada panduking dumadi | yêgti kadi lakune ki dhalang | duk arsa mulyèng wismane | iya kudu kêpangguh | mring kang nanggap ingkang jaluki | lêlakon sorenira | dadi bisa jumbuh | mulih kadya wiwitan |[35] lah rasakna sagung anak putu mami | rarase kang sabda ja ||

2 Mijil

kaping têlu kawinarnèng kawi | rarasing lêlakon | wit ki dhalang arsa nglakokake | rèhing wayang winarna ing kêlir | kananggap[36] amangsit | mamrih lakonipun ||

kaki dhalang dupi wus nanggupi | amurwèng lêlakon | dyan anata saupakartine | tan antara kabèh wus miranti | pradôngga rinakit | wayange pan anggung ||

munggwing kêlir tinrap kênan[37] kering | gêgunung amanggon | nèng madyane kêlir nglela dhewe | ya ingaran kayon urip |[38] dyan ki dhalang

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

ligih |[39] sor balencong mungguh ||

baleconge[40] wus murup dumêling | mubyar padhang abyor | anêlahi kêkêlir sunare | katon cêtha sahaning kêlir |[41] ki dhalang tumuli | mênêng amanungku ||

ngèsthi lakon kang arsa rinakit | ing saratri kono | samantara wus kacakup kabèh | datan kewran mrih solahing ringgit | sigra amiwiti | pradôngga tinalu ||

barêng lawan kêkayon pinusthi | linolos lon-alon | nulya jêjêr apa lêlakone | upamane lakon Mintaragi | ya ing Suranadi | kang kocap rumuhun ||

Sang Hyang Endra ingkang minôngka wit | adêging lêlakon | ya mangkana praptèng sabanjure | kadhatonèn[42] myang paseban jawi | sabrangan tanapi | aprang gagal laju ||

pandhitanan prang kêmbang tumuli | sampak tancêp kayon | bali ana ing Kaendran manèh | aran pajar ulihan iyèki | lakon kang amulih | lawan jêjêripun ||

tan antara kinukut kang ringgit | myang salwir pirantos | wus tinata dèn ulihkên kabèh | bali marang asalirèng nguni | kaki dhalang pamit |

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

mulyèng wismanipun ||

pulih kari kang ananggap ringgit | lwir ka[43] wus kacriyos | ya mangkana iku sawadine | kang dhinapur lêlakon sawêngi | adêging ngaurip | wiwiting tumuwuh ||

ya ingaran purwa madya tuwin | wusanèng lêlakon | lêlakone jroning urip kiye | wiwit lair tumêkaning pati | mangkene kang wardi | wiwit jêjêripun ||

pathêt nênêm rasaning dumadi | saking sakarongron | kadhatonan yaiku têgêse | rahsa kumpul nèng swarga ngawiti | gya paseban jawi | iku têgêsipun ||

jabang bayi wus lair nèng jawi | sabrangan kacriyos | bayi uwus tumangkar karsane | darbe mosik sabarang kapengin | prang gagal kang arti | tumangkaring napsu ||

myang mêmangun biraining budi | barang kang karaos | jroning tyase tan kalawan sarèh | isthaning rèh bangbang angulati | saèsthaning kapti | tan kêni sinayut ||

praptèng marga kapêthuk rasêksi | mangrangsa[44] krura ngrok | angalangi sang bangbang karsane | nging sang arya maksa drêng bak pati | raksasa ingusir | ring prang sirna larut ||

nanging iku tan ana pêpati | lire kang mangkono | lagya mêmpêng kabèh karêpane | pèncadriya[45] durung ana gêmpil | pama puspa lagi | mèdêm nawung rumrum ||

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

babar gônda mamrak maratani | tumarunèng ronron | sabubare prang gagal pathête | salin sanga praptèng têngah wêngi | kayon mala mijil | sakêdhap dinaud ||

gya pandhitan maya têngah wêngi | lire yuswaning wong | ya wis têngah tuwuh ing wancine | ya ing kono barang kang kinapti | rarase wus salin | sarwa awas emut ||

dyan prang kêmbang wus ana pêpati | têgêse lamun wong | wus kawawa nayuti napsune | pan wus wiwit bangkit amatèni | pôncadriya kang mrah |[46] dur laksanèng kalbu ||

dupi praptèng wanci lingsir wêngi | rarase ginantos | ingaranan pathêt manyurane | lah ing kono upamane jatmi |[47] wus kambah sêsakit | amêraki lampus ||

dyan prang sampak têkyaning rasêksi | saking sabrang angrok | angrêrayah ngrabasèng prajane | kawus lumrah lêlakoning rigit |[48] Wrêkudara dadi | pamuk ing prang pupuh ||

riwut ngrampêt mrawasèng rasêksi | wuru prang rêrêpon |[49] tan antara buta sirna kabèh | tanpa sesa dèni[50] Bayusiwi | Bima sukèng ati | tayungan dyan kondur ||

wancinira wus praptèng byar enjing | bubar tancêp kayon | iya iku kulup upamane | wong wus krasa sangêt kang sêsakit | praptèng sakaratil |

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

katêkan rêridhu ||

gora-godha mrah[51] sasaring pati | ngrayah angraroyok | yèn kalepyan tan têkèng kajatèn | Bratasena kang mungkasi jurit | ya Sang Bayusiwi | têgêse puniku ||

Bayusiwi iku angin cilik | mungguh angining wong | iya napas nupus prapdikane |[52] ya ing kono jroning sakaratil | napas kang mungkasi | mênêng têmah lampus ||

dene pathêt pathokaning gêndhing | rarasing lêlagon | kaping têlu saratri saline | sore pathêt nênêm kang lumaris | praptèng têngah wêngi | pathêt sanga kulup ||

manyurane wus mèh gagat enjing | iku mungguhing wong | ing sajrone urip kita kiye | iya uga pinerang dadi tri | anom atanapi | ing satêngah tuwuh ||

nulya sêpuh ngarêpake pati | kang uwus katongton | sayêktine ya salin larase | pra nungkara sayêkti wus tampi | laraping kang wardi | mangkya kang winuwus ||

kayon kang yun winangsulan maning | sajatine babon | ya baboning kang dumadi kabèh | marmanira sadurunge ringgit | mêtu anèng kêlir | kayon kang rumuhun ||

ing sawêngi winêtokkên ping tri | wit karya pasêmon | yèn lakone ing dumadi kiye | iya nganggo purwa madya tuwin | wusana kang wardi |

--- 9 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

mêtu urip lampus ||

kang murwani muwah kang mungkasi | ya mung kang yun kayon | gajêg uwis abêbasane |[53] kakang barêp adhining wuragil | iya iku urip | nèng ngarsa myang pungkur ||

[Pangkur]

pasal ingkang ping sakawan | Sang Hyang Guru mangkya ingkang ginupit | awit mungguh Sang Hyang Guru | iku ingkang minôngka | bêbukane carita purwa ing dangu | kang nurunkên pra jawata | trah tumêrah praptèng mangkin ||

muni ing Paramayoga | Nabi Adam ya Hyang Adama nguni | kang nêrahkên Sang Hyang Guru | mangkana turutannya | Kangjêng Nabi Adam puniku sêsunu | Nabi Êsis ya Hyang Sita | Sang Hyang Sita asêsiwi ||

Sayid Anwar ya Nurcahya | Hyang Nurcahya tumuli asêsiwi | Sang Hyang Nurrasa sêsunu | Sang Hyang Wênang anulya | putra Sang Hyang Tugal[54] putra Hyang Nurcahya |[55] [...]|[56] têkèng Sang Hyang Tugaljati || [57] ||

pan wus nunggal sakaan |[58] lawan sira Sang Hyang Prasidajati | wasitane pra linangkung | iku uga minôngka | pralampita jumênêngirèng tumuwuh | mangkana pradikanira | lire Adam iku uwit ||

iya uwiting dumadya | Sang Hyang Sita iku karsa sajati | têmbung Arab winastan kun | pupu Hyang Nurcahya |[59] lire karsa nulya babar cahya ênur | ênur

--- 10 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

nuli murwèng rasa | myang pangrasa cipta êsir ||

ing kono gya sinung wênang | nunggal lawan witing sagung kadadin | lawan nata jagadipun | têgêse wus samapta | wujut titah asipat manuswa tuhu | kang ingakên marang nèng Hyang | myang jumênêng insan kamil ||

ya sampurnaning manungsa | sumarmanta sira Sa[60] Hyang Pramèsthi | nandhang cacat kaping catur | têgaknya[61] bêlang pêthak | kaping pindho asêsiyung pindha diyu | kaping tiga sukunira | apus pêpês amarênding ||

ping pat astanira siwah | dadi papat têgêse wong ngaurip | ganêpe dènnya tumuwuh | sayêkti kasandhangan | pêpêtênging wardaya awarna catur | apês rusak lali murka | nora kêna dèn singgahi ||

wus dadi busananira | sirnanira benjang yèn praptèng janji | lamun kang waspadèng ngèlmu | sayêkti bangkit berat | rêruwêding budaya kang patang dhapur | ingulihkên purwanira | sampurna lir wingi nguni ||

marmanta Hyang Jagat Nata | apêputra sasanga kang pangarsi | ajêjuluk Sang Hyang Sambu | ari aran Hyang Brahma | gya Hyang Êndra Hyang Wisnu nulya Hyang Bayu | Hyang Kala Hyang Mahadewa | Hyang Cakra asma ragil ||[62] ||

Hyang Sambo têgêse êsa | Sang Hyang Brahma iku dununge budi | Endra manah dunungipun | Bathara Wisnu rahsa | Bayu nyawa [nya...]

--- 11 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...wa] Hyang Kala têgêse napsu | Sang Hyang Mahadewa atma | Hyang Cakra cipta sajati ||

Bathara Asmara Cahya | wahanane ana ing badan dadi | babahan nawa sangèku | grananira kalawan | netra karna lesan murat mya[63] jêjubur | iya wiwaraning raga | dadi warananing Widhi ||

Sang Hyang Guru akahyangan | anèng swarga ingaran Suranadi | ya ing Guruloka iku | sajatine pramana | guruning wong dumunung nèng utêk kulup | Sang Hyang Endra swarganira | Endraloka dèn arani ||

jatine iku pranawa | kakekating rasa pangrasa êsir | dumunung anèng jêjantung | kang aran jana loka | kaswarganing manungsa têgêse iku | panggonaning rasa mulya | rasa ingkang dadi urip ||

nèng têlênging palandhungan | ingaranan wadi madi lan mani | manikêm kang kaping catur | jangkêp swarga têtiga | sajatine mung sawiji kabèh mau | ingaranan toya gêsang | anartani jroning dhiri ||

sumarambah tri bawana | Guru loka Endra loka ping kalih | jana loka kaping têlu | dadi adêging gêsang | dhuh sutèngsun rasakêna trusing kalbu | yèn sira wus bisa tômpa | sampurna jatining urip ||

Hyang Guru ngasta sanjata | apindha cis sarira tri pinusthi | iku tekading aluyut |

--- 12 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

pinêndêng ywa kalepyan | Sang Hyang Guru wa dyah Uma iku |[64] adêging gêsang amawa | kadunungan rasa jati ||

Hyang Guru nitih andana | sajatine Hyang Atma anitihi | budi lawan hawa napsu | Sang Hyang Kanekaputra | ka[65] minôngka pêpatihe Sang Hyang Guru | têgêse iku pangucap | utusane rasa jati ||

akèh yèn winarnèng sêrat | surasane ananya Hyang Pramèsthi | tumèmpèla mring tumuwuh | yêkti para nungkara | kang wus samya analèni wosing ngèlmu | baya nora katambuhan | mamrih gambuh ing pambudi ||

[Gambuh]

bab ping lima winuwus | Pandhawa kang ginupitèng kidung | iku uga pituduh adêging urip | kocap padhalanganipun | Pandhu Dewanata Katong ||

ing nguni kang sêsunu | kang pangarsa Puntadewa Prabu | panênggake Arya Wrêkudara nuli | Arya Parta kang waruju | mijil kêmbar sakarongron ||

sorahe pra linangkung | warna-warna dènnya sung dêdunung | anama rah Sri Pandhu Hyang Atmajati | duk arsa murwèng tumuwuh | ambabar rasa dumados ||

pangrasa hawa napsu | pêncar dadi pônca driya iku | Puntadewa têgêse ya rasa jati | pangarêping rasa catur | iya pônca driyaning wong ||

ya iku napas nupus | lan tan napas [na...]

--- 13 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...pas] anpas limanipun | ya pangrasa marmane kalima sami | nora pisah kudu kumpul | tan kêna gothang sawiyos ||

mula Pandhawa iku | lima samya anggarwa sang ayu | Dyah Drupadi wit Drupadi dèn têgêsi | rasaning manungsa tuhu | yêkti pônca driyaning wong ||

napas anpas lan nupus | myang tan napas samuha ya milu | kasrambahan rasaning rasa sayêkti | nanging kang kuwasa mêngku | pambarêp jatining raos ||

sawênèh asung tuduh | Puntadewa karsa dunungipun | Wrêkodhara iku nasikaning janmi | Dananjaya netranipun | Sang Nangkula karna roro ||

Sadewa dunungipun | iku tutuk mula wujudipun | ing wayangan Puntadewa kang dadya ji | ambêk paramarta sadu | bèrbudi lêgawèng batos ||

dene Sang Bayusunu | dadi senapatining apupuh | ambêk santa rosa santosa ing budi | gagah panggah sarwa saguh | têgên atangginas tanggon ||

dhasar ananing idhup | iya amung garana puniku | ingkang dadi senapati jroning urip | yèn granane mari ngambu | rasane lumpuh kalêson ||

dene Sang Parta iku | iya dadi prajurit linuhung | ambêk alus sarèh lan prayitnèng batin | tan kewran ing agal lêmbut | mrih ajur ajèr tan keros ||

--- 14 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

lamun ana pakewuh | Dananjaya kang nuksmèng alêmbut | anupiksa ananing kang sarwa rungsit | lire lamun ana mungsuh | mara sandi mrih kalêson ||

Dananjaya kang maju | ananggulang têlik mara sadu | nora kewran lumawan ing agal rêmit | manjing maring ajèr ajur | Arjuna luwih kuwaos ||

marmanta Sang Aprabu | Darmawôngsa mring ri Endrasunu | dahat dènnya marma lawan trêsna asih | yèn Sang Parta tan kadulu | alêleda lêlanandon ||

Sang Puntadewa Prabu | tyas mangonêng sungkawa kalangkung | yèn tan mulih punagine jroning galih | mung nêmah tumamèng latu | tan arsa jumênêng katong ||

mangkana pindhanipun | lamun mungguh adêging aidhup | yèn netrane wuta tan bangkit ningali | sayêkti susah tyasipun | jasat marlupa sru kepon ||

dene Nangkula iku | lan Sadewa dutane sang prabu | myang nampani sadaya dhawuhing aji | satriya ro barêng maju | tumanggap agnye sa[66] katong ||

ambêk lêgawa lugu | tyas nglênggahi ugêring wong agung | kang sinanggêm gumêlêng sajroning galih | mung arsa gugu mituhu | dhawuhe raka sang katong ||

marmanta sang aprabu | mring ari ro asihe saklangkung | sari ratri tan kêna pisanyari |[67] tansah dènnya

--- 15 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

runtung-runtung | kadya mimi mintunandon ||

mungguh ananing idhup | kang nampani karsaning tyas tamtu | karna lesan lesan kang mahyakkên angling | karna kang tômpa pitutur | saking jawi trusing batos ||

yèn karnanya myang tutuk | tuli bisu sru susah ing kalbu | marmanira mungguh adêging aurip | yèn patang prakara mau | agothang salah sawiyos ||

kuciwa uripipun | tan sampurna kamanungsanipun | iya iku Pandhawa môngka upami | tansa[68] rêrakêtan rukun | tan pêgat kudu anggalong ||[69] ||

[Mêgatruh]

pasal ping nêm mangkya kang arsa nutur |[70] ananing Sri Arimurti | iya Sang Sri Krêsna Prabu | iku pralampita jati | wahananing wujut roro ||

panunggale kawula lan Gusti iku | iya Sang Sri Krêsna yêkti | panjadmane[71] Sang Hyang Wisnu | wujud roro sipat siki | takêni[72] pisah sayêktos ||

lira-liru nora kêna parêng mêtu | lamun Sang Krêsna kaèksi | Sa[73] Hyang Wisnu tan kadulu | yèn Hyang Wisnu kang kaèksi | Bathara Krêsna tan katon ||

iya iku pama dat lan sipatipun | nguni duk masih ginaib | têgêse maksih dumunung | nèng jaman dêlahan nguni | sipate durung katongton ||

apan maksih kalimputan ing dat tuhu |

--- 16 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

wusana duk wus dumadi | ana ing kadunyanipun | êdating Hyang tan kaèksi | kalimputan sipating wong ||

kaping pindho upama jroning panêkung | pangrasa lan atma kaki | lamun nuju tan manungku | atma kalimputan dening | marang urubing pangraos ||

lamun nuju samadi mênêng manungku | Sang Hyang Atma kang ngliputi | marang ing pangrasanipun | marmanta jroning samadi | yèn maksih darbe pangraos ||

lire iku tan dadi samadinipun | mula babo suta mami | rasakêna jroning kalbu | panunggaling kula Gusti | yêkti ana warna roro ||

kang sapisan manunggal jroning panêkung | yèku pangrasanirèki | mung lagi mênêng malêbu | manjing maring atma kaki | durung sirna kang pangraos ||

marmanipun maksih bali dadi wungu | mung kaya tangining guling | bedane ênênging turu | iku aran mênêng lali | balik mênêng sajroning om (samadi) ||

iku iya mênêng nanging lawan emut | mulane winastan eling | awit ana kang tinuju | balik mênêng jroning guling | mênênge nora waspaos ||

dene lamun manunggal sajroning layu | lamun tan kawilêd dening | rêncananing hawa napsu | sayêktine iku mulih | maring êdating Hyang Manon ||

iya iku kang aran layu [la...]

--- 17 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...yu] khayaphu | uwus tan kêna ginustha |[74] wus waluya mulih luluh | pulih kadi nguni-uni | tan ana raos rumaos ||

mung jumênêng urip ing salaminipun | nguripi sagung dumadi | sato-sato kayu watu | kabèh kaèbêkan urip | ing jaba jêro tan mrojol ||

upamane ya kaya uyah sawuku | cinêmplungkên jalanidhi | yêkti dadi tanpa wujud | luluh ulih awor tasik | mulih dadi samodra rob ||

anguripi saananing sagara gung | karang parang jro jaladri | buwaya mina gung agung | kapithing pèthèk lan têri | kawratan tirta tan anggop ||

parandene ana kang satêngah muwus | ênênge jroning samadi | dinalih lamun puniku | wus nunggal kahanan jati | adhuh babo sutaning ngong ||

sayêktine kaki misih nyamut-nyamut | ênêng sajroning samadi | aran nênging madya kulup | kang mangkono iku lagi | ngemba rarasing Hyang Manon ||

durung kêna dèn andêlakên ing kewuh | lire jroning sakaratil | yèn durung nalèni kawruh | maksih kuwur tanpa èsthi | panthênging tyas tan gumathok ||

tan wun kadi kandhêla tanpa pandulu | pêtêng panduking pangèksi | dene ênênging panêkung | iku ya luwih utami | mangkene lire sutèngong [sutèng...]

--- 18 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...ong] ||

ênêng êning sajroning manungku kulup | iya iku dèn arani | wong amatêngakên laku | ka[75] supadya aywa lala |[76] mring ngèlmune paptèng[77] layon ||

marma parlu linaksanan sabên wêktu | wit upama kalpikadi (ali-ali) | ngèlmu môngka sotya luhung | samadane ingkang dadi | êmbanan êmas mancorong ||

dene Sang Sri Krêsna darbe pusaka nung | paringe Hyang Odipati | awarna rata mas murup | panatiking[78] rêtna adi | parit[79] kuda kinaota ||

kalih rakit warna-warna ulêsipun | ka[80] sajuga ulêse putih |[81] sunya sakti namanipun | bangkit silêm jroning warih | kalih ulês kuning kaot ||

sinung nama sukenthe kuwasa mabur | katrinira ulês abrit | ran bra puspa kuwasanipun |[82] abangkit tumamèng agni | kapat ulês irêng kaot ||

wasta ciptawalaha kuwasanipun | bakit amblês apratiwi | lan bêndhe têngraning pupuh | ran panca janya darbèni | prabawa limang pangwaos ||

kang sapisan kuwasa nêkakkên lindhu | wèh gêtêring ripu sakta |[83] kapandho[84] nêkakkên martya (gêni) | musuh kang parêk kabêsmi | katri prabawangin gumrot ||

wèh ruhara ring musuh makêtêr mirut | kaping pat prabawa wrêsti (udan) | akarya [a...]

--- 19 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...karya] atising musuh | ping lima pêtêng nglimputi | wè[85] liwung kuwuring panon ||

kaya kang wus kawasitèng layang suluk | prasidajati ing nguni | marmanta malih winuwus | nèng wedha purwa supadi | sangkêp surasaning raos ||

ring rèh marah rase Sang Krêsna Prabu |[86] dene pradikane kaki | têgêse rata mas kulup | iya raganing dumadi | kang nitih Sang Krêsna katong ||

iya iku Sang Hyang Atma têgêsipun | kakekating rasa jati | de pangirit kuda catur | abang irêng kuning putih | iya adêging punang wong ||

sayêktine winantu anasir catur | ingkang putih sangking warih | dadi toya rasa iku | lire bangkit nut sèng warih | ing benjang praptaning layon ||

lamun sira amangeran cahya pingul (putih) | nitis maring minèng kali | dene ta sampurnanipun | mung awor alusing warih | tan mulih mring alam laot ||

kuda jênar cahya kuning aslinipun | ya saking alusing angin | madyaning pun dadi nupus | lire bangkit mor maruti | ing benjang praptaning maot ||

lamun mangran maring cahya kuning iku | tan wurung nitis mring paksi | lawas sampurnane besuk | bali mring alusing angin | dene kuda bang sutèngong ||

--- 20 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...] |[87] | lire bangkit nuksmèng apa |[88] ing benjang praptaning layu | yèn mangeran cahya abrit | bakal korup kajalomprong ||

nitis maring sato khewan yitmanipun | sampurnanira umanjing | mring panasing Sang Hyang Banu (srêngenge) | dene kuda ulês langking | ya cahya irêng sayêktos ||

asal sangking pêpêtênging buwana gung | dumununge madya dadi | hawa kang mangrèh tyas liwung | lire bangkit malbèng bumi | ing benjang sapraptaning don ||

yèn mangeran maring cahya irêng kulup | nora wurung nitis maring | bôngsa gêgrêmêtan besuk | sampurnanira umanjing | mring suwung pêtêng bêgowong ||

dene lamun mangeran Hyang Atma besuk | yitmane yêkti manitis | maring manungsa saèstu | dadi tan têkaning jati | tan mulih awor Hyang Manon ||

mangkya bêndhe panca jannya marmanipun | dadi têtêngêring jurit | lire pratandhaning lampus | benjang yèn parêk ing pati | prabawaning bêndhe katon ||

limang warna kadya kang kawahyèng ngayun | iku kabèh mikatoni | yêkti karya wasing kayun | nanging yèn santosèng budi | kang pônca prabawa kasor ||

kèngsêr larut sirna sir pangwasanipun | wangsul mring asale lami | mênêng mari angrêridhu | puwara yitmanta dadi | mulya mulih ing Hyang

--- 21 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Manon

wus samono kewala kaya wus cukup | sorahe Sri Arimurti | lan bedaning ngracut ngukut | samadi lan têkèng pati | wong anom dipun waspaos ||

[Sinom]

têlas tekang pralampita | sasmitèng Sri Arimurti | pasal sapta anggupita | surasèng srat Dewaruci | ya Wrêkodhara nguni | rikalane anggêguru | maring Pandhita Durna | aminta kang tirta wêning | iya iku sasmita mangsah samadya ||

têgêse Pandhita Durna | yaiku sêdyaning kapti | awit sêdyaning wardaya | ya dadi guruning budi | iya pituduh jati | atas saking atma tuhu | bima têgêse tekat | barang karya kang kinapti | nadyan uwis ana sêdyaning wardaya ||

lamun nora kanthi tekad | utawa tan dèn lakoni | kabèh karkating parasdya | sayêktine nora dadi | pama arsa samadi | arsa wruh ing nyatanipun | kaanan jro samadya | nanging suthik angayoni | yêkti nora wruh rasane kang sanyata ||

wit gawat kaliwat-liwat | luwih rungsit luwih wêrit | marmanta Pandhita Durna | dènnya nuduh Bayusiwi | dènnya mrih toya sukci | tinêdahkên dunungipun | ne[89] wana Tikbrasara | kaprênah nèng soring wukir | Côndramuka iya ing Gôndamadana ||

pinurih andhungkarana [andhungkar...]

--- 22 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...ana] | ananing kang wukir-wukir | wit goning kang tirta marta | nèng guwa ngisoring wukir | luwih jro luwih wingit | pilih janma kang sumurup | yaiku pradikanya | Tikbrasara kang wanadri | wana alas lire pêpêtênging nala ||

Tikbra pradikane susah | sara lêlandhêp kang arti | mulane kinon inasak | têgêse yèn arsa mamrih | nungku samadi êning | nyirnakna pêtênging kalbu | myang salwiring duhkita | kang landhêp ngênani kapti | dèn birata aywa kacakra ing driya ||

lamun wus kaya mangkana | nulya kinèn dhungkar wukir | Côndramuka kalihira | ing Gôndamadana ardi | iku têgêse lagi | mawiti[90] traping panêkung | karêpe Côndramuka | hya wêwukiraning rai | iya iku wiwaraning pônca driya ||

dununge kinon ngênêngna | dayaning karna pangaksi | myang dayaning grana lesan | têrange mangkene kaki | karna ywa karya myarsa | saniskara kang karungu | netra aywa tumingal | sawarnane kang kaèksi | lawan mênêng aywa kinarya ngandika ||

yèn wus mangkana anulya | marêk mring ngisèring[91] wukir | Gendamadana[92] artinya | têlênging pangambu kaki | lire kinon ningali | pucuking garana iku | mandêng lakuning napas | aywa worsuh dèna[93] aring | lah ing kono kaki sira dèn prayitna ||

--- 23 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

praptaning kang pambancana | kang anèng jro guwa kaki | iku lire Bratasena | kinrubut ing ditya kalih | Rukmuka kang sawiji | Rukmakala kalihipun | têgêse nêpsu hawa | tansah katingal kalingling | nèng sajroning mênêng angêningkên cipta ||

nanging yèn sira wantala | santosa tan mebah[94] mosik | sayêkti sakêdhap sirna | têgêse Sang Bimasiwi | wus bangkit mamrih pata- |[95] nira sang ditya dwi wau | puwara tan antara | Sang Hyang Endra Bayu prapti | sung wasita yèn mrih kasidaning sêdya ||

Hyang Endra lire pangrasa | iya narendraning dhiri | Hyang Bayu têgêse napas | hayat têtalining urip | karêpe kang sayêkti | pangrasanira wus luluh | nunggal lakuning napas | lire sang samadi lagi | praptèng cêngêng pangrasane tan lumaksa ||

durung kêlêm mring pranawa | wusana sang mamrih êning | badhar dening rasa madya | mula durung antuk kardi | wit sangking kurang êning | kurang tekad tan tuwajuh | iku lire Sang Sena | durung nêmu toya wêning | apuwara bali mulih mring nagara ||

takon maning maring Durna | ênggone kang banyu sukci | têgêse sang mêsu brata | ngambali samadi maning | nekat mangsah bêk pati | marmanta Sang Bayusunu | pamit kadange papat | mlêsat kinapatkên[96] sami | pradikane [pradi...]

--- 24 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...kane] sira sang sudira brata ||

ya wus tan kewran dènira | mrih sirna rêncanèng kapti | ngracut ngukut pôncadriya | kêncêng tan oncat sawèni | saking sêkunging kapti | tan tolih ing ngarsa pukur |[97] puwara Wrêkodhara | anggêbyur ring jalanidhi | lire iku kabèh pangrasaning cipta ||

wus kukut manjing pranawa | parandene ana maning | bancana kang luwih arda | kang bangêt ambêbayani | yèku naga gêng prapti | janggêrêng saengga gunung | malang malang kumambang | nèng ruhuring jalaniddhi | kakarsana mangkas ngakak makikikan ||

Wrêkodhara duk tumingal | maras tyase kêkês tistis | ngrasa yèn nêmu bêbaya | kang aluwih bêbayani | nging rèh sêkunging kapti | sanadyan tumêkèng lampus | wus tan gumingsir ing tyas | pasrah mring kang murbèng pasthi | sigra tadhah ngaglah pagah ambêrgagah ||

wangwang risang nagaraja | sakêdhap wus praptèng ngarsi | kruraya manaut sigra | mring sira Sang Bayusiwi | mulêt suku kêkalih | arsa ambanting mrih rubuh | nanging Sang Wrêkodhara | panggah santosa tan kongkih | naga krodha angga ginubêt sadaya ||

kêmput puput praptèng jaga |[98] Wrêkodhara tan bisosik | sakala mèngêt manawa | darbe wasiyat prêmati | pôncanaka kêkalih | dyan cinublêsakên gupuh | naga

--- 25 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[99] kapidhara | uwal saking Bayusiwi | tan antara nagendra têrus palastra ||

iku lire jro pranawa | duk durung tumêke[100] êning | êning têlênging prapranawa |[101] ya maksih ana kang dadi | bancana gêgirisi | kamrih[102] badharing panêkung | dene ta ingkang dadya | yaiku sêrênging kapti | nglumpuk têmah mahanani uwasing tyas ||

mamanta[103] rineka naga | goraya anggêgirisi | nanging rèh sang mêsubrata | uwase wus dèn sayuti | tantara sirna dadi | bangkit nêng êning ing ngriku | ginambar Wrêkodhara | manjing têlênging jaladri | apuwara tinêmonan dewa bajang ||

jêjuluk Sang Marbudyèngrat | iya Sang Hyang Dewaruci | têgêse iku pangrasa | patêmon la[104] atmajati | tantara Bayusiwi | manjing mring jro gabanipun |[105] Sang Dewaruci yeka | pangrasa wus manjing maring | jroning atma wareka[106] manjing curiga ||

sirna kang rasa pangrasa | wus jumênêng êning |[107] nanging nêng ning jroning gêsang | durung nêng ning kang sajati | [...] |[108] [...] |[109] [...] |[110] mangsuli kulup tan kêni | lamun durung praptèng jamaning antaka ||

dene nèng jro guwa garba | Wrêkodhara aningali | punang cahyane kawana |[111] wus nora parlu pinikir | marga iku kang dadi | kakekating hawa

--- 26 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

napsu | kukut nèng jro pranawa | katingalane kawarni | nging wus mênêng mari nora angrancana ||

malah mawe[112] sêngsêming tyas | sabarang ingkang kaèksi | mung karya lamlaming driya | nanging yèn sajroning pati | nèng kono korup maring | cahya kang asri narawung | tan wun tibèng bêbaya | sasar tan mulya satiti (langgêng) | yèn nèng jroning panêkung tan dadi ngapa ||

marmanta Sang Wrêkodhara | anèng kono têntrêm aring | dening wus tanpa rancana | têlas pradikaning tulis | kang marna Dewaruci | dhuh dhuh babo sewayèngsun | rasakna jroning driya | rungsiting rêrasan iki | dèn kacakup pamucunging pralampita ||

[Pocung]

bab ping wolu amarna Sang Pandhusunu | ya Sang Dananjaya | nalikane mati ragi | kaya kang wus muni ing Wiwaha Jarwa ||

iya iku nora beda nunggal lagu | lungguhing pralambang | lawan layang Dewaruci | padha nawung wasita rèh matiraga ||

bedanipun lan Dewaruci ing ngayun | Arya Dananjaya | tinutur traping samadi | maratapa anèng wukir Ngendrakila ||

tingkahipun nalikanira manêkung | nungku pudya bata |[113] masila asta numpangi | jêmpol ngadêg ing ênêr tungtunging grana ||

sirna sampun kanang kamanungsanipun

--- 27 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

wus sarira sukma | tan wèntên kang piniyarsi | myang tan wèntên ingkang pinanduking tingal ||

nging jro kalbu pranawa Sang Pandhusunu | saksat Hyang Wisesa | tan samar pamoring gaib | nglinang suksma dumêling lingga bathara ||

praptanipun rancana jroning panêkung | larase tan beda | lan rasaning Dewaruci | mung lagune kewala salin salaga ||

ringkêsipun tingkahe Sang Endrasunu | dènnya mêsu budya | tan beda lan Bayusiwi | kala krodha dhungkar wukir Côndramuka ||

praptanipun punang apsasari pêpitu | ciptan saking cahya | angrancana mrih gumingsir | lawan dènnya monah wraha Mongmongmurka ||

saminipun Wrêkodhara monah diyu | Rukmuka kalawan | Rukmakala anèng wukir | praptanipun Rêsi Padya ya Hyang Endra ||

sung pituduh maring sira sang palungguh | kinon anêrusna | dènira mêsu samadi | datan lama Hyang Wisesa sung nugraha ||

lan asung wruh uwosing manah manêkung | ana rong prakara | dhingin mih[114] kamoksan jati | kang kapindho mrih wiryawèng nungsa pada ||

kang kadyèku Dananjaya ywa kalaru |[115] dènnya mêsubrata | yèn datansah anjurungi | ardèng driya pratèng pati kajantaka ||

iya iku tan siwah duk Bayusunu | katêkan jawata [ja...]

--- 28 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...wata] | Endra Bayu asung wangsit | mring Sang Sena jatine kang tirta marta ||

iya tuhu anênangi tan nèng gunung | kinon bali tanya | mring Sang Kumbayana Rêsi | Pandhusuta matèni Niwatakwaca ||

iya tuhu anênangi tan nèng gunung | kinon bali tanya | mring Sang Kumbayana Rêsi | Pandhusuta matèni Niwatakwaca ||

sarana hru pasopati saminipun | Bima monah naga | lan pôncanaka kêkalih | Dananjaya mukti anèng Tenjomaya ||

pitu tèngsu tanapi ingambil sunu | mring Endra Bathara | sinung garwa widadari | sapta ingkang ngrancana nèng Ngendrakila ||

padhane duk Bayusunu |[116] nèng jagat walikan | panggih lawan Dewaruci | lan non cahya kang wèh asmaraning driya ||

[Asmaradana]

titi dènnya marnèng tulis | warnining Wiwaha Jarwa | pasal sanga winiraos | surasèng srat Bratayuda | wasitaning sujana | yeka pralampitanipun | jadma[117] mangkat ing kasidan ||

mangkana dènnya mardèni | papan Têgal Kurusetra | iya ing Gendamayine |[118] iku kang minôngka jasat | kurune lirira |[119] pasetran dununging lampus | Gendamayi[120] mambu sawa ||

Pandhawa pangrasèng janmi | ya têlênging pencadriya |[121] Sri Krêsna moka[122] rasane | mula nora bisa pisah | rasa lawan pangrasa | salawase rakêt rukun | lir alun lawan samodra ||

--- 29 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

yèn dinulu katon kalih | jatine amung sajuga | rasa lawan pangrasane | Kurawa Ngastina pindha | hardaning napsu hawa | ingkang tansah angrêridhu | murih sasaring pangrasa ||

rêroncène yèn winarni | marmanta Bathara Krêsna | dadi pêpucuk kinokon |[123] mring Ngastina manrang karsa | têgêse yèn manungsa | arsa katêkan ing lampus | rasa môngka dutaning hyang ||

lire yèn parêk ing pati | rasanira wus karasa | sulaya lawan sabêne | yèku rasaning paningal | wus tan pati waspada | muwah rasaning pangrungu | wus suda nora têtela ||

tanapi rasaning lathi | dènnya ngrasakke sad rasa | pêdhês asin lêgi gurih | kêcut paid ya wus suda | mya[124] rasaning panggônda | arum amis bangê[125] langu | wus owah lan sabênira ||

karsaning kodrat supadi | pangrasa tata-tataa | mrih samaptaning kapatèn | ya sangkêping bratayuda | brata langku[126] yuda prang | yêktine jroning lêlaku | kalakon prang pôncadriya ||

dene jroning andèn[127] jurit | rèhing aprang bratayuda | ya dadi pralambang manèh | pralambang antêping tekat | tekat ingkang sanyata | nyatakake wosing kawruh | kawruh jatining kasidan ||

akèh yèn winarnèng tulis | surasane

--- 30 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Bratayuda | kang nawung gita kawêkèn | tan bangkit gayuh sadaya | wasise sang sujana | ing nguni ingkang mangimpun | tuhu putus ing kasidan ||

ing mangkya ingka[128] ginupit | pinèt kang parlu kewala | sajroning pêrang rêrêmpon | wit Nata Pandhawa budhal | saking nagri Wiratha | Bima kang moka[129] panganjur | Bima iku Bayusuta ||

Bayusuta angin cilik | wus muni ing pasal tiga | yaiku napas dununge | jalma arsa têkèng lina | yêkti napas kang môngka | pangarêp ngirit sawêgung | rasaning jasat sadaya ||

rikala têmpuh ing jurit | senapati Seta pêjah | Wara Bisma praptèng layon | Seta iya cahya pêthak | ya pangarêping cahya | abang irêng kuning dadu | kawêngku ing cahya seta ||

iku alusing tri murti | ya anasir pat prakara | kang anartani jasate | wus ginggang saking sasana | ya saranduning raga | Bismèku sêrênging kalbu | pan wus sirêp maring harda ||

Abimanyu senapati | mati dinêrês ing panah | panggah tan mingkêt sangking gèn | lah iku antêping tekad | sajroning alêlampah | têtêg panggah nora keguh | rinoban sakyèh rancana ||

Sêrat Weddha Purwaka wau panyêratipun botên kalajêngakên, amargi lajêng tumbas Weddha Purwaka ingkang cap-capan.

--- 31 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Cathêtan Bab Gênderan

Cathêtan namanipun gênderan lômba saha rangkêp tumrap gêndhing-gêndhing lan namanipun gênderan srêpêgan, pathêt, sêndhon, tuwin ada-ada (dados sanès namaning sêsêkaran), têtilaranipun Kiyai Dêmang Warsapradôngga I kados ing ngandhap punika.

I. Gênderan Gêndhing-gêndhing

1. Kêmbang tiba, inggih punika namaning gênderan lômba

2. Ukêl pancaran, inggih punika namaning gênderan rangkêp.

Kajawi punika, gênderan srêpêgan, winastan gênderan pancaran (laguning thuthukan pancêr têngên).

II. Gênderan Pathêt saha Sêndhon

1. Pipilan, inggih punika thuthukan amipil

2. Lancar kêmbang tiba, inggih punika thuthukan ukêl malampah utawi ngracik.

III. Gênderan Ada-ada

1. Sodhekan, inggih punika thuthukan ukêl kiwa têngên

2. Nyodhèk, inggih punika thuthukan sêsêkaran sêrêng wontên ing buntuting ada-ada.

--- 32 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

1. Gênderan kêmbang tiba, inggih punika gênderan lômba

2. Gênderan ukêl pancaran, inggih punika gênderan rangkêp.

Gênderan kalih warni wau, kacariyos kala rumiyin sami gadhah baku piyambak-piyambak, inggih punika gênderan lômba (kêmbang tiba) kaangge anggêndèri gêndhing ingkang taksih mirong (dèrèng minggah), mangke manawi sampun minggah, lajêng ngangge gênderan rangkêp (ukêl pancaran) ananging tatanan makatên wau ing sayêktosipun dèrèng anocogi yêktos kalihan raosipun gêndhing, makatên pamanggihipun Kiyai Dêmang Warsapradôngga I, awit saking punika, kiyai dêmang wau gadhah pamanggih, ingkang lajêng kaunjukakên ing Panjênêngan Dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV (misuwuring asma: Kangjêng Ngendraprastha), dhawuh dalêm sampun kaparêng, saha lajêng kadhawuhan nindakakên, pamanggih wau makatên.

Panganggenipun gênderan lômba saha rangkêp murih anocogi dhatêng raosing gêndhing prayogi botên bek-bekan. Têgêsipun, gênderan lômba dados darbèkipun mirong, gênderan rangkêp dados darbèkipun minggah, punika botên. Inggih meronga, minggaha

--- 33 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

ladrangana, kêtawanga, inggih gêndhinga punapa kemawon (kajawi gêndhing-gêndhing gêndèr ingkang sampun gadhah baku thuthukan piyambak), ugêr gêndhing ingkang araos rêgu, botên amrênèsi, punika kêdah ngangge gênderan kêmbang tiba (lômba), langkung-langkung tumrap gêndhing-gêndhing ingkang kagêm bêksaning badhaya Sarimpi, punika kêdah gênderan kêmbang tiba (lômba), lajêng gadhah raos luhur ngratoni.

Dene gêndhing-gêndhing ingkang anggadhahi raos prênès, langkung-langkung gêndhing prênesan, kados ta: Gambirsawit (Gambirsawit kalênengan utawi Gambyongan), Pangkur, lan sanès-sanèsipun bangsaning prênesan. Punika kêdah ngangge gênderan ukêl pancaran (rangkêp) mêsthi kemawon manawi wiramanipun sampun mapan.

Makatên ringkêsanipun pamanggih wau, bokmanawi sampun anyêkapi, amargi sampun wiyar sangêt maksudipun tumrap bab ing nginggil wau, kados ta: ingkang araos gambira, srigak, cakrak, utawi trênyuh, wêlasan. Sanadyan makatêna, inggih botên tilar kalih prakawis wau (prênès kalihan botên prênès). Tôndha yêktinipun (bukti), kados ta: 1. Gêndhing Majêmuk S. 6 (Majêmuk kalênengan minggahipun dipun wiramakakên tiga) sanadyan gêndhing sêrêng, rêgu, inggih gadhah raos nènès, radi prênès (inggahipun Majêmuk wau)

--- 34 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

2. Ladrang Kasmaran (Eling-eling Kasmaran) s. 9, sanadyan bangsaning luruh, trênyuh, wêlasan, ewadene inggih gadhah raos prênès, makatên salajêngipun.

Gênderan kêmbang tiba (lômba), amila winastan kêmbang tiba, amargi gênderan lômba punika pating talêdhok kados dhawahing sêkar cêpaka arum, sumawur angambar-ambar, sangêt amiraos, gadhah daya prabawa raos luhur.

Dene gênderan ukêl pancaran (gênderan rangkêp), amila winastan ukêl pancaran, amargi ingkang kiwa ukêl, ingkang têngên amancêri (pancêran=pancaran) raosipun gênderan ukêl pancaran punika gambira, srigak, cakrak, muyêg amiraos, gadhah daya raos berag. Makatên katrangan saking Kiyai Dêmang Warsapradôngga I (bapa kula) dhumatêng Ki Mas Gôndapangrawit, abdi dalêm miji panggêndèr kasêpuhan golongan kiwa (inggih punika kula: Prajapangrawit).

Sêrat cathêtan bab gênderan wau, sawontên-wontênipun kula kalêmpakakên, lajêng kula inggahakên ing buku ngriki.

Jumungah Lêgi tanggal 22 Ramlan Wawu 1881 (7 Juli 1950).

[Tanda tangan: Prajapangrawit]

--- 35 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

(Purwaka)

Sêrat pratelan bab nama-namaning cengkok sêsêkaranipun gênderan. Bêtuah saking bapa kula Kiyai Dêmang Warsapradôngga I (amila mawi kula sêbutakên Dêmang Warsapradôngga I, amargi wontên Dêmang Warsapradôngga II inggih punika kula, Prajapangrawit. Nalika dados abdi dalêm mantri niyaga Kapatihan, anggêntosi bapa kula).

Sêrat namaning cengkok gênderan wau dipun namakakên: Sêrat Paramalagu, sampun katata atharik-tharik, kaurutakên dêntaywanjananipun, kula kantun manggih saha kantun amêwahi sakêdhik.

Namaning cengkok gênderan ingkang kapacak wontên ing buku ngriki, salong kula dèkèki nut ôngka, nanging namung kaangge ancêr-ancêr kemawon, amung murih gampiling pandamêl kula nut makatên (pabênipun kula botên sagêd damêl nut ingkang yêktos). Cengkok-cengkokipun gênderan ingkang kasêrat ing buku ngriki, amung kula nuti satunggal kemawon, dados botên tangan kalih kiwa têngên piyambak-piyambak punika botên, nanging amung kula damêl nut gêrban, inggih gêrban saking glêgêring cengkok kemawon, ugêr cengkok-cengkok sasêkaraning gênderan tumuntên kêcanthèl rumiyin, botên kalajêng ical. Makatên èsthining manah [ma...]

--- 36 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...nah] kula. Wondene panyêrat kula makatên.

1. Gênderan kêmbang tiba (lômba) tumrap wirama kalih, ing dalêm sathuthukan andhawahi (inggih punika 4 pên = 4 napas utawi 4 wirama) isi wolung thuthukan gêndèr, ing dalêm sagodhagipun (sagodhag utawi samatsêtrip).

2. Gênderan ukêl pancaran (gênderan rangkêp) ugi tumrap ing wirama kalih (wirama biasa, limrah) ing dalêm sathuthukan andhawahi (4 thuthukan malampah) isi 16 thuthukan gênderan rangkêp (ing dalêm sagodhag utawi satunggal matsêtrip), nanging sarèhning ingkang dipun nuti punika namung namaning sêkaran, dados wontên ingkang kirang saking wicalan ing nginggil wau, inggih mênawi wontên ingkang kirang saking tatanan ing nginggil wau, prayogi dipun dèkèki katrangan lômba utawi rangkêp. Amung sêkaran ingkang winastan ukêl pakis, lômba, rangkêp, sami kemawon, nanging miturut petangan, ukêl pakis punika thuthukan rangkêp. Dados sanadyan gênderan lômba ukêl pakisipun inggih rangkêp, wiwit kina mila inggih makatên. Wasana andadosna kauningan.

Kamlayan, Surakarta, tanggal kaping 24 Ramlan Wawu 1881.

Utawi kaping 9 Juli 1950

[Tanda tangan: R. Ng. Prajapangrawit]

--- 37 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Sêrat Paramalagu, inggih punika sêrat ingkang amratelakakên nama-namaning sêsêkaranipun gênderan. Saking Kiyai Dêmang Warsapradôngga I, abdi dalêm mantri niyaga Kapatihan, kaimpun dening Radèn Ngabèi Prajapangrawit, Sri Kabadya pangkat IV, Sri Nugraha (bintang) pangkat III, saha bintang 200 taun. Abdi dalêm panèwu amongraras bagiyan karawitan, ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Dene namaning sêsêkaranipun gênderan, kados ing ngandhap punika.

1. Ada rancang

2. Ada raras

3. Ada rambat

4. Ada kawit

5. Adu manis

6. Ambalèndèr

7. Ukêl pakis

8. Ukêl kalut

9. Ukêl pipilan

10. Ukêl tarik

11. Ukêl sarayuda

12. Ompak sarayuda

13. Ompak jinêman

--- 38 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

14. Ombak banyu

15. Ninthing raras

16. Nitir

17. Côndralagu

18. Côndramêngêng

19. Cengkok paripurna

20. Rakêtan, inggih winastan: rakêtan adu manis

21. Rumpuk

22. Kêmpyung

23. Kêmpyung sinêla

24. Kudhup malathi

25. Dirga sêsuluh

26. Tuturan

27. Tumpang malathi

28. Salang gumun

29. Sêmar nampar

30. Sêmar nyampar

31. Sêkarteja

32. Sêkar tunjung

33. Siliran

34. Simparan

35. Samparan

36. Satriya wibawa

37. Sumêkar

--- 39 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

38. Sodhekan

39. Wilêt kalut

40. Lancar kêmbang tiba

41. Pada lagu

42. Petruk gandhul

43. Pinjalan

44. Pipilan

45. Puthut gêlut

46. Puthut sêmèdi utawi puthut samadi

47. Puthut amudhar

48. Pudhak mêkar

49. Pandhawa

50. Palaran

51. Pancêr angguguk

52. Pancaran

53. Nyodhèk

54. Mandradi

55. Mipil Padalagu

56. Madu brônta

57. Gêmbyang

58. Gêtêr

59. Gêtêr thêthêg

60. Ganggêng kanyut

61. Ganggêng kandhêg inggih ukêl kandhêg

--- 40 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

62. Brônta kusuma

63. Balenderan

64. Ngapinjal.

Mênggah wijangipun nama-namaning ukêl sêsêkaranipun gênderan satunggal-satunggal, katêrangakên kados ing ngandhap punika:

1. Ada rancang. Ingkang winastan ada rancang inggih punika: anggarambyang gêndèr miturut punapa ingkang dipun kajêngakên.

2. Ada raras. Ingkang winastan ada raras inggih punika: garimingan gêndèr utawi anggariming gêndèr ing salêbêtipun dipun bawani sêkar, tuwin andhêging gêndhing ingkang dipun sindhèni.

Mênawi tumrap ringgitan (wayangan) makatên, salêbêtipun dhalang anyalathokakên ringgit, yèn ginêm sêrêng, gêndèripun anggariming ada-ada, yèn wêlasan, anggariming tlutur, mênawi kewran ing galih (èmêng) anggariming sastradatan, yèn 6 pananggalan, yèn 9 rêncasih, yèn suka gariminganipun mêthik laguning jinêman, nanging amung kapêndhêt sakêdhik ingkang pantês wontên ing ngriku, mênawi botên wontên punapa-punapa (amung ginêm limrah, biyasa) gariminganipun mêndhêt lagu pungkasaning pathêt, wosipun, 1. Sampun ngantos katingal kêmba, 2. Anênuntun laras dhatêng dhalang, sampun ngantos balero.

--- 41 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

3. Ada rambat. Ingkang winastan ada rambat, kados ta: wiwitaning pathêt sanga, saha wiwitaning pathêt manyura, lan sasaminipun Â..5jty1256wÂ, yèn manyura kainggahakên sawilah.

4. Ada kawit. Ingkang winastan ada kawit punika gênderan laguning pathêtan Â.j21y3.3.3Â.j21y3.3.3Â kados wiwitaning buka Kawit. Mênawi kaangge laguning pathêt sanga kaandhapakên sawilah.

5. Adumanis. Ingkang winastan adumanis inggih punika, gangsal kalihan jôngga alit katabuh sarêng (kêmpyung adumanis) utawi 6 kalihan manis (salanggumun adumanis), ingkang nama manis punika raras jôngga alit. Atêr-atêripun larasing kênong manis, kênong jôngga alit.

6. Ambalèndèr (mbêlèndèr), inggih punika cengkok sêkaran makatên Â.y@ 2.y!1.y@2.y!1.1ytÂ, supados radi cêtha kula sêrat malih Â.y2@.y1!.y2@.y1 !.16yt5Â, ingkang nginggil (alit) bagiyan têngên, ngandhap (agêng) kiwa.

7. Ukêl pakis, inggih punika ukêl bagiyan kiwa Â..y121y121y1.1yt (Â.3y15213y16213y1 5.16yt5Â)

8. Ukêl kalut. Ukêl kalut punika makatên Âj.j.j1jyjtjy1j2j.j.j1jyjtjyj12Â (Âj.j.j1jyjtjy12j.j.j1jyjtjy12Â)

9. Ukêl pipilan, inggih punika sêkaran pathêt Â6!@6!6@!Â65..3222Â5j235321y6Â

--- 42 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

10. Ukêl tarik. Ukêl tarik punika makatên Â.jy1j1yt.jy1.q (sêkaran pathêt).

11. Ukêl sarayuda. Ingkang winastan ukêl sarayuda inggih punika: padaning pathêt gangsal (p. 5), padaning pathêt barang, tuwin padaning pathêt 6 salendro Â.ety.tetÂ.ety...w barang saha nêm salendro sami, yèn pelog 5.Â.wet.eweÂ.wet...q lajêng sodhekan.

12. Ompak sarayuda. Ingkang winastan ompak sarayuda, inggih punika ompak sastradatan, kêdhu, kaloloran, astakuswala, tlutur, jêngking, lan sanès-sanèsipun ingkang bangsaning ompak (nanging amung tumrap pathêt sêndhon lan ada-ada).

13. Ompak jinêman, inggih punika makatên (gênderan rangkêp) Â.....ety...ety..Â.321.2...y12.tewÂ

14. Ombak banyu, inggih punika gênderan sêkaran pathêt Â.y1t.256Â.y1t.256Â

15. Ninthing raras. Ingkang winastan ninthing raras inggih punika: ninthing (ninthing gêndèr) ninthing rarasing gêndèr, raras nêm utawi raras gangsal, kaangge anocogakên laras panênthênging rêbab, utawi calêmpung.

16. Nitir. Ingkang winastan nitir punika inggih nitir. Têgêsipun nitir, inggih punika nabuh utawi [u...]

--- 43 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...tawi] nuthuk wilahan satunggal (sawilah) katabuh kêrêp anggantêr (gantêr atêgês tanpa kèndêl).

17. Côndra lagu, inggih punika sêkaran lômba, ancêr-ancêripun nut makatên

Âw6wety1yÂ.1t2.j1231 Â.jytew.e.tÂ

18. Côndra mêngêng, inggih punika thuthukan gantungan, sêsêkaran lômba makatên:

Â.2.j1yttttÂ.2.j1yttttÂ

19. Cengkok paripurna, inggih punika sêkaran gênderan rangkêp, makatên:

.....1yt.....ety.....y12.....321...y12...1.y1t.2.35236!5.23521y6

kasambêt pudhak mêkar a.

20. Rakêtan, inggih winastan rakêtan adumanis. Ingkang winastan rakêtan adumanis inggih punika sêsêkaran utawi cengkok-cengkok sêsêlan ingkang minôngka isi: kaangge sêsambêtanipun sêsêkaran ingkang sampun wontên namanipun. Amila inggih wiyar sangêt pun rakêtan wau, sadaya sêsambêtan kenging winastan rakêtan adumanis.

21. Rumpuk. Ingkang winastan rumpuk, inggih punika sêkaran gênderan rangkêp. Makatên glêgêring cengkok: ...yÂ.1232526y1.1.1ytÂ...y.t.y.1.ty.y1Â

22. Kêmpyung. Ingkang winastan kêmpyung, inggih punika nuthuk wilahan kalih, lêt kalih wilah katabuh sarêng.

--- 44 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

23. Kêmpyung sinêla, inggih punika sêkaran gênderan rangkêp, glêgêring cengkok makatên:

Â..3.23123.231232Â.321.32.2321.32.Â

Â..3.23123.231232Â.321.32..1.1y12yÂ, inggih punika gênderan ladrang Dhêmpêl manyura.

24. Kudhup malathi, inggih punika sêkaran gênderan rangkêp, cengkokipun makatên: Â!6!@!5!6Â532y1.12Â, manawi kangge manyura, kainggahakên sawilah.

25. Dirga sêsuluh. Ingkang winastan Dirga sêsuluh inggih punika: nuthuk wilahan satunggal anggantêr panjang, ingkang atêgês suka tuntunan dhatêng kancanipun nabuh, ingkang katingal dèrèng sagêd dhatêng gêndhingipun ingkang sawêk mungêl, utawi mênawi wontên gêndhing bibrah (klintu) punapa badhe bibrah ing salêbêtipun mungêl, punika gêndèripun kêdah lajêng ngangge utawi migunakakên gênderan dirga sêsuluh, makatên mênggah kanggenipun gênderan dirga sêsuluh wau.

26. Tuturan. Ingkang winastan tuturan punika mèh mèmpêr kados dirga sêsuluh wau, nanging cakipun bèntên, inggih punika:

I. Angrumiyini cengkoking gêndhing ingkang badhe ngêlik, kados ta: ladrang Gonjang-Ganjing (Gonjang-ganjing Sarimpi, inggih punika Gonjang-ganjing ngêlik gong barang alit), ladrang Kêmbang Tanjung, Surung Dhayung,

--- 45 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

sapanunggilanipun ingkang lêrêsipun sabên kalih gong ngêlik, môngka rêbabipun sampun kalih gong, kêsupèn botên dipun êlikakên, punika gêndèripun kêdah lajêng ngrumiyini ngajak ngêlik, atêgês ngèngêtakên supados lajêng dipun likakên.

II. Cengkok sêsêkaranipun gêndèr, sampun ngantos adamêl kêcelikipun kônca ingkang dèrèng dhamang dhatêng gêndhingipun, kados ta: gêndhing Gambirsawit, Malarsih, badhe dhawahing kênong 1, kênong 2, gênderanipun kêdah puthut gêlut, kêjawi sakeca raosipun (kamirêngakên) dening anglênggahi lêrês, inggih ugi sagêd suka margi dhatêng dhawahing dhong, makatên sapiturutipun.

27. Tumpang malathi. Ingkang winastan tumpang malathi inggih punika: tutuping pathêt satêlasing pathêt, lajêng katutup makatên: yèn pathêt sanga Â.@!@t  yèn manyura Â.!6!eÂ

28. Salang gumun, inggih punika lêt sawilah.

29. Sêmar nampar. Ingkang winastan sêmar nampar inggih punika nyarug tigang wilah saking kiwa manêngên ing bagiyan tangan kiwa.

--- 46 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

30. Sêmar nyampar. Ingkang winastan sêmar nyampar, inggih punika kosok wangsulipun sêmar nampar wau, yèn sêmar nampar nyarug tigang wilah saking kiwa manêngên, nanging mênawi sêmar nyampar nyarug tigang wilah saking têngên mangiwa (thilêmong) ugi bagiyan tangan kiwa.

31. Sêkarteja. Ingkang winastan sêkarteja inggih punika gênderan pathêt. Yèn wontên laguning pathêt sanga makatên: Â.jytt.jy1111Â.jytt.jy1111Â (yèn manyura kainggahakên sawilah).

32. Sêkar tunjung. Ingkang winastan sêkar tunjung punika ugi gênderan pathêt Â....y3.516t5 Â kangge sanga utawi 6 S, yèn manyura kainggahakên sawilah.

33. Siliran, inggih punika nuthuk kalih wilah botên mawi lêt (tanpa lêt).

34. Simparan. Ingkang winastan simparan inggih punika nuthuk lêt tigang wilah pancêr angguguk BÂ.2@.26.2@.25.2@.26.2@35Ât!tw!.t!!y5.1!.2!.2 !16

35. Samparan, inggih punika thuthukan lômba Â.3jew.3. 2.5y31526 Â mirsanana kaca 48.

36. Satriya wibawa, inggih punika sêkaran gênderan lômba makatên

Â.yty1.tew.w.....Â

--- 47 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

plajêngipun dhatêng gangsal sagêd, lajêngipun dhatêng nêm sagêd, lajêngipun dhatêng jôngga sagêd.

37. Sumêkar, inggih punika sêkaran gênderan lômba makatên Â2356!65653!12523Â plajêngipun dhatêng t sagêd, lajêng y sagêd, dhatêng barang S sagêd.

38. Sodhekan. Ingkang winastan Sodhekan, inggih punika:

I. Sêkaraning gênderan gêndhing Abusinta utawi Dhêndhagêdhe (kangge ambarung gôngsa Kodhok ngorèk) sami gêndhing gêndèr salendro, mawi thuthukan sodhekan, inggih punika thuthukan nyaruk tigang wilah bagiyan têngên (ingkang kangge ambarung Kodhok ngorèk wau Dhêndhagêdhe).

II. Namanipun gênderan ada-ada, winastan sodhekan, inggih punika thuthukan ukêl kiwa têngên.

39. Wilêt kalut, inggih punika thuthukan mirongipun gêndhing Dhêmpêl, sadèrèngipun ngêlik (Dhêmpêl gêndhing gêndèr salendro manyura) nutipun wilêd kalut makatên .g2Â.ywyyywetytyyyjtewÂ

40. Lancar kêmbang tiba. Ingkang winastan lancar kêmbang tiba, inggih punika gênderan pathêt saha sêndhon, pathêt saha sêndhon ingkang thuthukan ukêl malampah (ingkang botên pipilan, winastan lancar kêmbang tiba).

--- 48 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

41. Pada lagu. Pada lagu punika sêkaran gênderan lômba, glêgêring cengkok makatên: Â32ytetewÂ.ewety1t (sanga).

Manawi kangge manyura kainggahakên sawilah.

42. Petruk gandhul (petruk anggandhul), inggih punika bagiyan kiwa (bagiyan tangan kiwa) amung kangge angêdhongi lêlagoning pathêt. Kados ta: wiwitanipun pathêt sanga, mawi dipun dhongi raras jôngga agêng, lajêng raras barang agêng, dene anggènipun nabuh dhongdhongan wau radi dipun kantunakên, inggih dipun gandhulakên wiramanipun (gandhul) mêkatên sasaminipun.

__________

Kula sêlani sakêdhik ing kaca 46 ôngka 35 samparan. Sarèhning nutipun sêkaran samparan wau dèrèng patos cêtha, amila nutipun kula damêl malih makatên:

Â.3jew6.3.2.5y 31526 Â nginggil têngên, ngandhap kiwa.

--- 49 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

43. Pinjalan. Ingkang winastan gênderan pinjalan punika, ingkang têngên sarêng wirama dene ingkang kiwa ngantuni (gênderan Jangkrik Genggong saha sêsêgan Kagok Madura enz), beda kalihan gambang akosok-wangsul, mênawi gambang pinjalanipun makatên. Ingkang kiwa sarêng wirama dene ingkang têngên angantuni (gambangan gêndhing Undur-undur Kajongan (Durkajongan) utawi katawang Sêgaran, nanging katawang Sêgaran wau sapunika sampun ngangge gambangan limrah, amung bukanipun taksih asring-asring dipun bukani gambang).

44. Pipilan. Ingkang winastan pipilan punika gênderan pathêt saha sêndhon inggih punika thuthukan amipil (botên ukêl malampah). Kados ta: gênderan ada-ada Garjitawatang, ada-ada Mijil, pathêt barang wantah, pathêt onêngan (saking raras 5) sapanunggilanipun.

45. Puthut gêlut, inggih punika puthut gêlut limrah ingkang sampun dipun mangrêtosi umum, puthut gêlut punika rangkêp inggih wontên, lômba inggih wontên, lan kathah warni-warni sangêt cengkokipun, wontên puthut gêlut wêtah (jangkêp) wontên ingkang namung njujug kemawon (botên wêtah) miturut laguning gêndhingipun.

--- 50 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Pancènipun sampun botên parlu kula sêrat nutipun, ewadene botên ketang namung glêgêring cengkok kemawon, inggih prayogi kula sêrat, sanadyan namung satunggal (satunggal rumiyin) inggih sampun kenging, amargi puthut gêlut punika pêpaka kados punapa warni-warni cengkokipun, nanging dhongipun inggih sami mawon. Dene bakuning puthut gêlut wêtah (gênderan rangkêp) punika makatên

.1yt y1yt 1.1y 1t.@.... .... 2356 56!5
@6!5 6!@! 565! 56532356 !656 21y1 21y1

dene puthut gêlut kangge gênderan lômba makatên (mêndhêt ingkang gampil piyambak)

!6!@
....1yt2
!@!6
....!t!y
@6@.!65
2vym12.1yt2
6!6@6!65
.y.t.y.1

46. Puthut sêmèdi utawi puthut samadi, inggih punika sêkaran gênderan lômba makatên:

6!656!6@
2.2.2.2.
6!6@6!65
.y.t.y.1
(bibar gong Gonjang-ganjing).

47. Puthut amudhar, ingkang winastan puthut amudhar, inggih punika: golongan sêkaran gênderan rangkêp. Gêgambaranipun kados ta: purwakanipun jinêman Gadhung Malathi, gêndhing gêndèr salendro pathêt sanga, [sa...]

--- 51 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...nga,] lan sasaminipun. Nutipun makatên

!.6.!.@
.........1.y.t.2........56!@!62!
!.6.@.!.6
56!@!6@!56!5!652.....ty1.y.t.1.y

48. Pudhak mêkar, ingkang winastan pudhak mêkar punika: sêkaran gênderan rangkêp. Murih radi pêpak, kula dèkèki tigang warni kados ing ngandhap punika:

Pudhak mêkar a

.35236!5.25321y6(sanga)

Pudhak mêkar b

565!65!6525321y6(sanga)

Pudhak mêkar c

..56565@!652521y(sanga)

Pudhak mêkar d

...t..1t..1t1t1y(sanga)

49. Pandhawa, ingkang winastan Pandhawa inggih punika: nuthuk wilahan kalih lêt gangsal wilah katabuh sarêng.

50. Palaran. Ingkang winastan palaran inggih punika sêkaran rangkêp, nutipun makatên (gêrban) wontên ingkang mastani narajumas.

.1.1.1.1.1.1.t...t.1...t...1.y.6

Sêkaran palaran wau kêrêp dipun angge wontên ing thuthukan dhawahi, kados ta: bibar gong minggahipun Bujôngga Tawang, saha minggahipun Ramyang bibar gong nêm, lan sasaminipun. Malah minggahipun gêndhing Agul-agul, sanadyan thuthukan malampah utawi gênderan Kêmbang Tiba (lômba) ewadene mênawi dhawah cengkok ingkang dipun kêndhangi kosekan

--- 52 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

punika gênderanipun inggih cengkok palaran wau, malah lajêng kamatonakên. Sabên mungêl gêndhing Agul-agul utawi kagok laras (raras tangis), manawi sampun minggah dumugi cengkok ingkang dipun kêndhangi kosekan punika gênderanipun kêdah cengkok palaran.

51. Pancêr angguguk, inggih punika sêkaran gênderan rangkêp (gambaranipun gênderan Pangkur barang bibar gong nanging sanès Pangkur lancaran, Pangkur ingkang sampun dados, dados wirama tiga inggih punika Pangkur biasa ingkang sampun dipun kêndhangi ciblon), thuthukanipun mèh angèmpêri cengkok simparan. Pancêr angguguk wau nutipun makatên

a.

777677777777677776
.3.3.3.3.3.3.356..yu..yu..2yu.u2

b. Mirsanana ing kaca 46. Mênawi kangge salendre[130] 9 saha pelog panunggul pathêt 6 kaandhapakên sawilah utawi botên mawi ôngka 7 nanging ngangge ôngka 1.

52. Pancaran. Ingkang winastan pancaran inggih punika gênderan srêpêgan, laguning thuthukan pancêr têngên.

53. Nyodhèk. Ingkang winastan nyodhèk inggih punika thuthukan sasêkaran ingkang araos sêrêng, [sê...]

--- 53 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...rêng,] wirama rikat srigak, dumunung wontên ing pungkasing ada-ada, inggih dados buntuting ada-ada (sadaya ada-ada kêdah dipun pungkasi gênderan nyodhèk).

54. Mandradi. Ingkang winastan Mandradi inggih punika sêkaran gênderan kêmbang tiba (lômba) ingkang glêgêring cengkok makatên

6!6!6!6têngên
.y..3235.6@!5352kiwa
5535635363565têngên
531yttw.ewety1tkiwa

Cengkok janturanipun gêndhing (ladrang) Jangkrik Genggong ngajêngakên gong gangsal (bibar kênong 3) saha ladrang Kagok Madura, inggih makatên bibar kênong tiga, ngajêngakên gong 5 pungkasaning lik, lan sanès-sanèsipun ingkang kenging dipun trapi cengkok makatên wau.

55. Mipil pada lagu. Ingkang winastan mipil pada lagu inggih punika gênderan sêndhon (saha pathêt kêdhu, lasêm) kados ta: sêndhon pananggalan, mawi singgêtan cengkok, ingkang glêgêring cengkok makatên:

.2635365.2635365.32y.1y2..yte.et

sêndhon pananggalan wau, mênawi wontên ing raras pathêt sanga nama rêncasih, kawiwitan saking raras manis.

--- 54 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Ingkang winastan raras manis inggih punika raras jôngga alit. Sêndhon pananggalan saha rêncasih wau, mênawi wontên ing pathêt manyura nama sastradatan, kawiwitan saking raras barang alit.

Kula wangsuli malih supados radi têrang, mipil pada lagu, ingkang winastan mipil pada lagu, inggih punika: singgêtaning sêndhon pananggalan (kados nut ingkang sampun kula sêrat ing nginggil wau), botên namung sêndhon pananggalan kemawon ingkang mawi lagu singgêtan, inggih ingkang winastan mipil pada laga[131] wau, nanging prasasat sadaya pathêt nêm (salendro pathêt nêm) sami wontên cengkokipun kados makatên wau (mipil pada lagu) amung ingkang kathah piyambak singgêtanipun (cengkokipun mipil pada lagu) wontên ing sêndhon pananggalan, rêncasih, tuwin sastradatan wau.

56. Madubrônta, ingkang winastan madubranta inggih punika sêkaraning gênderan kêmbang tiba (lômba), ingkang glêgêring cengkok makatên

@!#@6535.w.q.w.e

mênawi kangge barang angkanipun 1 kagantos 7.

57. Gêmbyang. Ingkang winastan gêmbyang inggih punika nuthuk kalih wilah lêt sakawan (lêt sakawan wilahan) katabuh sarêng.

--- 55 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

58. Gêtêr. Ingkang winastan gêtêr inggih punika thuthukan gêtêr bagiyan têngên (bagiyan tangan têngên).

59. Gêtêr thêthêg. Ingkang winastan gêtêr thêthêg inggih punika thuthukan gêtêr mawi thêthêg (thuthukan gêtêr nanging mawi thêthêg, ugi bagiyan tangan têngên).

60. Ganggêng kanyut. Ingkang winastan ganggêng kanyut inggih punika: sêkaran gênderan ukêl pancaran (rangkêp), dados baku wontên ing thuthukan sasêkaranipun gêndèr panêrus. Glêgêring cengkokan makatên

.2ty1235.2ty123565365365ty121215

61. Ganggêng kandhêg ugi winastan ukêl kandhêg. Ingkang winastan ganggêng kandhêg, inggih punika sêkaran gênderan ukêl pancaran (rangkêp) ingkang glêgêring cengkok makatên

.........wetewet

(manawi manyura kainggahakên sawilah), ganggêng kandhêg wau ingkang kathah (ingkang adhakan kêrêp katindakakên adat). Dados sêsambêtanipun sasêkaran blenderan.

62. Brôntakusuma. Ingkang winastan cengkokan brôntakusuma inggih punika sêkaran gênderan kêmbang tiba (lômba) makatên

656@!5356555356
yt21tyty.1y12y12
1y215y5y.1y12y12.

gênderan Gambirsawit kênong 3 mirong.

63. Balenderan utawi blenderan. Ingkang

--- 56 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

winastan blenderan inggih punika sêkaran gênderan ukêl pancaran (rangkêp) makatên

a.

!6!5!6!5
tyt2.y1.tyt2.y1.tyt2.y1.

b.

@6@5@6@5
.21y.21.21y.21..21y.21.

c.

.....ty1...y12...ty1.y12

mênawi kangge manyura kainggahakên sawilah lajêng kasambêt ganggêng kandhêg.

64. Ngapinjal. Ingkang winastan ngapinjal inggih punika sêkaran gênderan ukêl pancaran (gênderan rangkêp) gênderan ngapinjal punika ingkang kathah katindakakên wontên ing gêndèr panêrus, inggih lajêng dados sêkaranipun gêndèr panêrus, nutipun makatên,

2.262.252.262.25262.2625262.2625

mênawi kangge manyura kainggahakên sawilah.

Sasêkaranipun gêndèr panêrus, kajawi ganggêng kanyut kalihan ngapinjal wau, sanès-sanèsipun lajêng mêthik cengkok sêsêkaranipun gêndèr, kados ta: ukêl kalut, ambalèndèr, kudhup malathi, puthut gêlut, pudhak mêkar, ganggêng kandhêg, lan sanès-sanèsipun ingkang kenging dipun trapakên wontên ing gêndèr panêrus, wasana ing pamuji kula, sadaya katrangan kula wau, mugi dadosa wêwaton.

Tamat

[Tanda tangan: Prodjopangrawit]

--- 57 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Riwayatipun Gêndèr (cacahing wilahan gêndèr)

Pratelan wontênipun gêndèr dalah cacahing wilahan gêndèr (wiwitipun wontên gêndèr ingkang kawitan) wiwit ing Purwacarita ngantos dumugi ing Surakarta kados ing ngandhap punika.

I. Nalika ing taun 1086, tinêngêran angraras salira barakaning dewa. Panjênêngan Nata Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita kagungan karsa amêwahi ricikaning gôngsa surendra awarni gêndèr, gêndèr wilahan sadasa raras salendro, nginggil piyambak (pungkas têngên) raras barang alit mangandhap (pungkas kiwa) dumugi raras jôngga agêng, inggih punika purwanipun ing tanah Jawi wontên gêndèr.

II. Nalika ing taun 1131, tinêngêran rupa guna titising dewa, Radèn Panji Ino Kartapati rajaputra ing Janggala, inggih punika panitisipun Sang Hyang Wisnu ingkang wêkasan, kagungan karsa iyasa gamêlan sarancak jangkêp, saha karsa amêwahi wilahaning gêndèr 10 winêwahan sawilah, lajêng dados gêndèr wilahan 11. Wêwahanipun raras jôngga alit, inggih punika ingkang lajêng winastan raras manis, manggèn wontên nginggil piyambak (pungkas têngên), inggih punika purwanipun wontên gêndèr wilahan 11.

--- 58 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

III. Nalika ing taun 1433, tinêngêran gêni murub siniram ing wong. Adipati Bintara, inggih punika Radèn Patah, nênuwun ing para Wali lêstantunipun ringgit sarta gôngsa dados lêlangêning karaton. Lajêng karêmbag para Wali sadaya. Pinanggihing pangrêmbag: para Wali sami kagungan anggit amangun ringgit bèbèr sapirantosipun. Sarta amêwahi wilahaning gôngsa supados botên anut tabiyating gôngsa kabudan. Lajêng iyasa gôngsa sarancak jangkêp (pêpak), raras salendro, sami winêwahan wilahanipun, lajêng amêwahi wilahaning gêndèr 11 wilah, winêwahan sawilah, dados 12 wilah, wêwahanipun raras barang agêng wontên ing ngandhap piyambak (pungkas kiwa) dados urutipun makatên (saking pungkas têngên dumugi pungkas kiwa utawi saking alit dumugi agêng) nginggil piyambak (saking alit) raras manis, lajêng barang utawi panunggal, tumrap gêndèr pelog panunggul lajêng 6 lajêng 5, sapiturutipun dumugi barang agêng, yèn pelog panunggul dumugi panunggul agêng. Inggih punika mulabukanipun wontên gêndèr wilahan 12 (ingkang lajêng kagêm ing karaton, dumugi jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun [Si...]

--- 59 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

[...nuhun] Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping XII, ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, taksih ngagêm gêndèr wilahan 12 wau).

IV. Sarêng ing taun 1489, tinêngêran têrus ngèsthi sucining nabi. Ingkang Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri, nalika amakili karaton ing Dêmak, kagungan karsa amêwahi wilahaning gêndèr 12, winêwahan sawilah dados 13 wilah, wêwahanipun raras têngah alit wontên nginggil piyambak (pungkas têngên) dados urutipun saking nginggil makatên, nginggil piyambak raras têngah alit, lajêng manis, lajêng barang (utawi panunggul, tumrap gêndèr pelog panunggul) sapiturutipun dumugi barang agêng (yèn pelog panunggul dumugi panunggul agêng). Inggih punika mula bukanipun wontên gêndèr wilahan 13.

Ewadene sanadyan sampun wontên gêndèr wilahan 13, nanging ing karaton botên ngagêm, mênawi iyasa taksih nglastantunakên wilahan 12. Langkung-langkung kagungan dalêm gêndèr Kodhok ngorèk (ing karaton Surakarta) amung wilahan 10 kados gêndèr ing jaman Purwacarita. Amangsuli gêndèr wilahan 13 punika amung kangge wontên ing jawi.

V. Sarêng ing taun Je 1806, tinêngêran rahsa

--- 60 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

muluk madyaning jagad. Kangjêng Bêndara Radèn Mas Tumênggung Purwanagara, prayagung bupati nayaka bumi ing Surakarta, kagungan karsa iyasa gôngsa agêng pelog saha salendro komplid tumbuk nêm, agêng aliting raras sêdhêng (cêkapan) kanamakakên madya, gêndèripun wilahan 14. Nginggil piyambak raras têngah alit, lajêng manis, sapiturutipun mangandhap dumugi raras nêm agêng (nêm sangandhapipun barang agêng utawi panunggul agêng). Dados wêwahipun wontên ing ngandhap piyambak, raras nêm agêng, lajêng sami katiru ing jawi, amung ing karaton taksih ngagêm gêndèr wilahan 12.

VI. Amarêngi ing taun Je 1814, tinêngêran warna tunggal angèsthi sawiji, Kangjêng Bêndara Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat prayagung bupati nayaka kaparak têngên ing Surakarta, kagungan karsa iyasa gêndèr wilahan 20 pelog salendro dados satunggal. Sarêng sampun ambabar abdi dalêm niyaga kapatihan sadaya ingkang sagêd nabuh gêndèr sami kadhawuhan sinau angulinakakên, nanging mêksa kangelan, amung satunggal kalih ingkang radi sagêd nindakakên, inggih punika

1. Mas Lurah Sewapradôngga (kala taksih pangkat bêkêl).

2. Ki Niti Pradôngga, sami abdi dalêm kapatihan.

--- 61 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Mênawi abdi dalêm niyaga kasêpuhan, namung satunggal ingkang sagêd anggêndèr wilahan 20 wau, inggih punika: Ki Karsa Pangrawit (Jaba), kala samantên taksih dados wakil jajar têngên ngiras magang, dèrèng nama Karsa Pangrawit. Awit saking katarimah sagêd anggêndèr wilahan 20, lajêng kakarsakakên dados abdi dalêm miji panggêndèr niyaga kasêpuhan golongan kiwa, anggêntosi Ki Karsa Pangrawit, ingkang sampun kakarsakakên dados abdi dalêm lurah sêpuh niyaga kapatihan (Mas Lurah Warsa Pradôngga, inggih punika Kiyai Dêmang Warsa Pradôngga I, bapa kula Prajapangrawit) lajêng Mas Jaba wau nama nunggak sêmi Ki Karsa Pangrawit.

Kala samantên ingkang jumênêng nata ing Surakarta, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IX.

Kangjêng Bêndara Radèn Mas Tumênggung Purwanagara saha Kangjêng Bêndara Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat kasbut ing nginggil wau, sarêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV (inggih Kangjêng Ngendraprastha).

Sarèhning gêndèr wilahan 20 wau awis-awis ingkang sagêd nindakakên, amila botên sagêd sumiyar, wêkasan botên kagêm, tamat dêdongengan bab cacahing wilahan gêndèr. o.

1/10/1881 [Tanda tangan: Prajapangrawit]

--- 62 ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Bab nama-nama sêkaraning gênderan ingkang sampun kula pacak wontên ing buku ngriki, wiwit ing kaca 37 ngantos dumugi kaca 56 punika kula manah taksih dèrèng prayogi, amargi kêngloncèrên (anggêdhabyah sangêt). Awit saking punika, mênawi sagêd badhe kula ewahi, kula ringkêsakên, badhe kula rêmbag kalihan Adhi Mas Ngabèi Prawira Pangrawit.

Kaping 15 Ruwah Ehe 1884 (malêm Rêbo Pon) utawi kaping 28 - 29 April 1953.

[Tanda tangan: Wiraguna]

Dipun ringkêsakên kados rêbaban.

Slasa Pon tg. 6/10-’85 (8/6-’54)

[Tanda tangan: Warsadiningrat]

--- [0] ---

[27 halaman kosong]

[Sisipan]

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

KASÊSA.

Angka: 3/7: KA. II/64.

Bab: Kadhawuhan ngèstrèni.

Dhawuh dhumatêng: R.T. WARSODININGRAT.

Benjing ing dintên Jumungah kaping 13 Desèmbêr 1964 wanci jam 9 enjing, R.T. WARSODININGRAT kadhawuhan sowan njujug wontên Sidhikara, pêrlu ngèstrèni anggènipun ingkang nindakakên padamêlanipun pangagênging parentah karaton maringakên paringdalêm SRIKABADYO dhumatêng: 1. R. Soemarto Wirjopoetero, kadhawuhan mangangge cara Jawi jangkêp sowan karaton, utawi Internasional botên mawi jas. Kadhawuhna ngèstokakên sapêrlupun.[132]

Kaping: 17 Desèmbêr 1964.

Pangagênging parentah karaton,

Katandhan, Sêsêpuh KA. II.

[Tanda tangan]

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Soal-soal ujian malêbêt ing klas I saking pêndhahuluan.

1. Ingkang winastan titiraras, punika punapa titiraras wau, salendro, kalihan pelog, sami punapa botên. Utawi titiraras salendro, saha pelog, umumipun gêndhing jawi, sami kasêrat ngangge aksara punapa.

2. Ingkang winastan wirama, punika punapa.

3. Saron barung (kalêbêt saron panêrus, dêmung, tuwin slênthêm) ingkang raras pl. limrahipun cacahing wilahanipun wontên pintên wilah, (wilahan) larasipun kaurut saking

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

ngandhap (agêng) minggah-minggah, dumugi ing nginggil (alit) wontên namanipun piyambak-piyambak, punapa botên. Katêrangna.

4. Bonang sapangkon (saplangkan jangkêp) ingkang raras pl. isinipun pintên ingkang raras sl. isinipun pintên.

5. Gêndhing, ingkang winastan ladrangan (ladrang) punika ing dalêm sagong, wontên pintên kênong lan wontên pintên kêmpul.

Ing dalêm sakênong, wontên pintên pên (pintên thuthukan) lan wontên pintên kêthuk. Katêrangna.

28/8-53

W.G.

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Ôngka: 98/H.R/III/18

Bab: suwakipun gamêlan sêtu.

Dhawuh dhumatêng Radèn Tumênggung Wiraguna: paring sumêrêp, têrang dhawuhing timbalan dalên[133] kawrat sêratipun pangagêng sasana wilapa, katitimasan kaping: 18 Agustus 1953 ôngka: 728/II/'53 bab ungêling kagungan dalêm gôngsa patalon sabên ing dintên sêtu, sarèhning kagalih sakêdhik parlunipun, (kirang ingkang migatosakên) amila wiwit benjing ing dintên sêtu ngajêng punika salajêngipun: kasuwak rumiyin.

Punika lajêng kadhawuhna waradin dhumatêng prikônca abdi dalêm niyaga saanon-anonipun, supados sumêrêp sarta ngèstokakên saparlunipun.

Dhawuh kaping: 27 Agustus 1953, Pangagêng Amongraras

K/Yudadiningrat.

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Gênderan ladrang gonjang-ganjing sarimpi, S.9.

Buka sêmar nyampar, kêmpyung, lajêng sêmar nyampar dhawah gong, bibar gong, puthut sêmèdi wancah, ngajêngakên kênong satunggal, sêkaran pada lagu wancah.

Bibar kênong 1 Pipilan Petruk Gandhul, ngajêngakên kêmpul 1, pada lagu wancah, lajêng puthut sêmèdi ngantos kaping 4. Ngajêngakên gong pada lagu.

Lajêng wirama sampun mapan, sêkaranipun makatên.

1. Puthut sêmèdi.

2. Pada lagu.

3. Pipilan Petruk Gandhul.

4. Pada lagu ngancah.

5. Puthut sêmèdi kaping 4.

6. Pada lagu, dhawah gong, lajêng wangsul ôngka 1 malih.

Dene mênawi ngêlik makatên, sabibaring puthut sêmèdi ingkang pungkasan, lajêng nitir barang lajêng sêmar nyampar, lajêng puthut sêmèdi, nanging dhawahipun gong anggêmbyang (botên kêmpyung kados puthut sêmèdi ôngka 1), bibar gong lajêng

1. Côndramêngêng.

2. Wora-wari.

3. Rakêtan.

4. Pada lagu wancah, dhawah kênong 1.

5. Sewang gathuk, dhawah kêthuk 1.

6. Nrajumas, ping 2 kêthuk 2.

7. Côndralagu, (kênong 3).

8. Puthut sêmèdi, kêthuk 3.

9. Pada lagu, gong.

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

ABDULLAH RUSDI

DJOGOPUSARAN KÊMLAYAN – SOLO

Katur panjênênganipun: R.Ng. Pradjapangrawit.

Ing Kêmlayan.

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Nuwun, kula ngaturi uninga, nalika dintên Jumaat Wage tanggal kaping 29 Jumadilakir 1882 (6-4-'51) kula angemah-emahakên anak kaponakan kula èstri nama:

Munatun

anakipun sadhèrèk kula HASAN MA'RUF angsal

Moch. Sadjab B.K.

anakipun kamas KASAN TANOM ing Sêmanggi, ijab paningkahipun sampun kalampahan kanthi wilujêng.

Manawi botên wontên pambêngan satunggal punapa, benjing dintên Saptu Kliwon tanggal 6 Ruwah 1882 (12-5-'51) anak kula pangantèn kula panggihakên.

Ingkang punika, manawi sêpên alangan saha dhangan ing panggalih, benjing dintên Saptu kasbut nginggil wanci jam 8 sontên (Malêm Akad) panjênêngan sêkalihan kula suwun rawuh ing pondhok kula Jogopusaran Kêmlayan, parlu anjênêngi panggihipun anak kula pangantèn sakalihan, supados hambarkahi pangèstu wilujêng ing sapanginggilipun. Salajêngipun kula suwun andumugèkakên lêlênggahan, saha angrêsêpi atur pasugata kula dhahar ing sakawontênanipun.

Wasana sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

Katur kaping 7 Mèi 1951.

Atur pangabêkti kula

taklim

ABDULLAH RUSDI kêkalih.

Kula andhèrèk ngajêng-ajêng rawuh panjênêngan.

MLOJODARSONO.

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

GÊNDHING TUNGGALJIWA

Kêtawang pathêt sanga (9) Slendro

Buka:3303532yy212yegt
Umpak2:2=12p.2=1yngt
prawar-ganaga-ra ingnusan-tara
2=12p.2=1ynt
sa-da-ya-kakungputriwrêdhamudha
2=12p.2=1ynt
Ingmang-ke-kêdahguyubrukunsamya
2=12p.7=56ng7
sa-gê-dasa- i-yêksa- ekapraya
Awit:.=..7p76=56n7
Gumo-long go-longingka-yun
@=#@p!6=53ng5
mèngètia-ri-ra-yadi
.=.5p6!=@!n6
Wiwit-nya na-grimar-di-ka
5=75p25=32ng1
Tahunkapingsap-tanêng-gih
6=67p63=53n2
Naga-ri In-do-ne-si-ya
y=y2p12=yengt
murwanima-dêgpri-ba-di

Kêtêrangan:

= = kêthuk

p = kêmpul

n = kênong.

__________

Barang agêng (1)

Jangga (2)

Dhadha (3)

Gangsal (5)

Nêm (6)

Barang alit (7)

--- [0} ---

Koleksi Warsadiningrat (RNP1950c), Warsadiningrat, c. 1950, #628: Citra 1 dari 1

Umpak-2:

Ambantu, sepak trêjanging nêgari
Kang tansah, ngudi marang makmur sami
Bêbasan, ing mangke sagêd kaèksi
Tinonton, saking sajawining praja.

II

Tanggal pitulas Agustus
Surya sangkalaning warti
Tata keblating gapura
Kang gumêlar anèng bumi
Gumilang cahyaning praja
Pindha citraning swarga-di

Umpak-2:

Candrane, nêgara ing Nusantara
Sumorot, kadya kêncana sêsotya
Bumine, sabarang tinandur dadya
Rakyate, patuh taat mring nagara.

III.

Sabta warsi laminipun
Swasananira nagari
Kaneka-neka pinanggya
Apadene bab politis
Ing jêro jawining praja
Yèn dèn gagas jroning galiha

Umpak-2:

Pramila, kudu dèn jaga satuhu
Carane kudu tansah amituhu
Tindake, aja padha mung tumuju
Amurih, kêpenake awakkêmu.

IV.

Gêtêr gumun gêtun iku
Dene tumêkèng wanchi
Lamun ta dèn pikir panjang
Kang mangkono iku yêkti
Minangka rabuking praja
Kang ndasar demokrasi.

Umpak-2:

Bêcike, mikir marang nêgarane
Kalayan, sanak kadang masyarakate
Supaya, katêkan cita-citane
Mujudna, rakyat lawan nêgarane.

V.

Ing mangke panuwun ulun
Mring sudara kadang sami
Kuwajibanira samya
Dados wartaning nagari
Nagri dhasar kêrakyatan
Murih datan nguciwani.

Umpak-2:

Têbihna, sadaya ing sambekala
Bêrkahnya, Tuhan Kang Maha Kuasa
Samangke, kita sêsarêngan samya
Yaiku, njaga kêslamêtanira.

VI.

Tandang tanduk guyub rukun
Saiyêg saeka kapti
Ambantu marang nagara
Mrih sampurnaning nêgari
Ndêdhasar karakyatan
Aja mung wujud theorie.

Umpak-2:

Wajibe, urip nèng nagri mardika
Tandange, saiyêk saekapraja
Anjagi, ruwêt rêntênging nagara
Yaiku kuwajibanira samya.

VII.

Mujudna ingkang satuhu
Rakyat sehat makmur nagri
Tinêbihkên sambekala
Pikantuk bêrkahing Widi
Nêtêpi candraning praja
Gêmah ripah loh jinawi.

Umpak-2:

Sumangga, pra sudara nuswantara
Asarêng, nênuwun mring kang Kuwasa
Adhasar, jujur adil lawan suci
Nêtêpi, janjinira wingi uni.

VII.[134]

Mangkya, wêkasaning atur
Nèng pahargyan riraya di
Ping pitulas tanggalira
Agustus angkaning warsi
Tinêngran surya sangkala
Hono buto gondo jalmi.

(S. Sudarmo).

Catatan kaki:

1. Wedha (kembali)
2. ingkang (kembali)
3. walang (kembali)
4. punglu (kembali)
5. Kurang satu suku kata: kang kumlêndhang ingkang kumrincing (kembali)
6. walang (kembali)
7. punglu (kembali)
8. Kurang satu suku kata: parandene pilih kang udani (kembali)
9. mring (kembali)
10. gônda (kembali)
11. Kurang satu suku kata: lan tyas datan kadêrêng marsudi (kembali)
12. Lebih satu suku kata: wit sêdyaning wardaya supadya (kembali)
13. pindhaning (kembali)
14. winahya (kembali)
15. Kurang satu suku kata: winastanan wayang purwa (kembali)
16. munggwing (kembali)
17. Lebih tiga suku kata: sing karsane Kangjêng Sunan Kali (kembali)
18. winangun (kembali)
19. tinêtêpkên (kembali)
20. Lebih satu suku kata: trah-tumrah praptèng mangkya (kembali)
21. riniptèng (kembali)
22. panganggite (kembali)
23. Kurang satu suku kata: nawalane kawarnaa (kembali)
24. sajatine (kembali)
25. Widhi (kembali)
26. côndra (kembali)
27. kapindhone (kembali)
28. ananggap (kembali)
29. balenconge (kembali)
30. mangagnya (kembali)
31. pisan (kembali)
32. nyaruwe (kembali)
33. Kurang satu suku kata: kang ananggap amung kari anampani || (kembali)
34. Lebih satu suku kata: pamitane ki dhalang (kembali)
35. Kurang satu suku kata: mulih kadya wiwitannya (kembali)
36. kang nanggap (kembali)
37. kanan (kembali)
38. Kurang dua suku kata: ya ingaran kayon têgês urip (kembali)
39. linggih (kembali)
40. balenconge (kembali)
41. Kurang satu suku kata: katon cêtha saananing kêlir (kembali)
42. kadhatonan (kembali)
43. kang (kembali)
44. mangrangsang (kembali)
45. pôncadriya (kembali)
46. mrih (kembali)
47. janmi (kembali)
48. ringgit (kembali)
49. rêrêmpon (kembali)
50. dening (kembali)
51. mrih (kembali)
52. pradikane (kembali)
53. Kurang satu suku kata: gajêge uwis abêbasane (kembali)
54. Tunggal (kembali)
55. Guru lagu seharusnya: 12u, putra Sang Hyang Tunggal Hyang Nurcahya sunu (kembali)
56. Kurang satu baris (8a) (kembali)
57. Tunggaljati (kembali)
58. Kurang satu suku kata: pan wus nunggal sakaanan (kembali)
59. Kurang satu suku kata: pêputra Hyang Nurcahya (kembali)
60. Sang (kembali)
61. tênggaknya (kembali)
62. Kurang satu suku kata: Sang Hyang Cakra asma ragil (kembali)
63. myang (kembali)
64. Kurang dua suku kata: Sang Hyang Guru garwane Dyah Uma iku (kembali)
65. kang (kembali)
66. agnya Sang (kembali)
67. Kurang satu suku kata: sari ratri tan kêna pisah sanyari (kembali)
68. tansah (kembali)
69. anggolong (kembali)
70. Kurang satu suku kata: pasal ping nêm mangkya kang arsa tinutur (kembali)
71. panjanmane (kembali)
72. tan kêni (kembali)
73. Sang (kembali)
74. Guru lagu seharusnya: 8i, uwus tan kêna ginusthi (kembali)
75. kang (kembali)
76. Guru lagu seharusnya: 8i, kang supadya aywa lali (kembali)
77. praptèng (kembali)
78. pinatik ing (kembali)
79. pangrit (kembali)
80. kang (kembali)
81. Lêbih satu suku kata: kang sajuga ulês putih (kembali)
82. Lêbih satu suku kata: ran bra puspa kwasanipun (kembali)
83. Guru lagu seharusnya: 8i, wèh gêtêring ripu sakti (kembali)
84. kapindho (kembali)
85. wèh (kembali)
86. Kurang satu suku kata: ring rèh marah marase Sang Krêsna Prabu (kembali)
87. Kurang satu baris (12 u): lamun mangran maring cahya abang iku (kembali)
88. Guru lagu seharunya: 8i, lire bangkit nuksmèng api (kembali)
89. nèng (kembali)
90. miwiti (kembali)
91. ngisoring (kembali)
92. Gôndamadana (kembali)
93. dênnya (kembali)
94. mobah (kembali)
95. Guru lagu seharusnya: 7i, wus bangkit mamrih pati (kembali)
96. kinipatkên (kembali)
97. pungkur (kembali)
98. jôngga (kembali)
99. gêng (kembali)
100. tumêkèng (kembali)
101. Lêbih satu suku kata: êning têlênging pranawa (kembali)
102. kang mrih (kembali)
103. marmanta (kembali)
104. lan (kembali)
105. garbanipun (kembali)
106. warôngka (kembali)
107. Kurang dua suku kata: wus jumênêng ênêng êning (kembali)
108. Kurang baris ke-5: 7i (kembali)
109. Kurang baris ke-6: 8u (kembali)
110. Kurang baris ke-7: 7a (kembali)
111. kawarna (kembali)
112. mawèh (kembali)
113. brata (kembali)
114. mrih (kembali)
115. kaliru (kembali)
116. Kurang empat suku kata: padhane duk nalikane Bayusunu (kembali)
117. janma (kembali)
118. Gôndamayine (kembali)
119. Kurang satu suku kata: kurune salirira (kembali)
120. Gôndamayi (kembali)
121. pôncadriya (kembali)
122. môngka (kembali)
123. kinongkon (kembali)
124. myang (kembali)
125. bangêr (kembali)
126. laku (kembali)
127. andon (kembali)
128. ingkang (kembali)
129. môngka (kembali)
130. salendro (kembali)
131. lagu (kembali)
132. sapêrlunipun. (kembali)
133. dalêm (kembali)
134. VIII (kembali)